Koleksi Warsadiningrat (MNA1924b), Warsadiningrat, c. 1924, #621

Judul
Sambungan
1. Koleksi Warsadiningrat (MNA1924b), Warsadiningrat, c. 1924, #621. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
2. Koleksi Warsadiningrat (MNA1924b), Warsadiningrat, c. 1924, #621. Kategori: Bahasa dan Budaya > Karawitan.
Citra
Terakhir diubah: 18-08-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Buku sêsindhen badhaya ing Ngayogyakarta Hadiningrat

Atmamardawa[1]

HANDELMAATSCHAPPY

voorheen van Emmerick & Co

SOERABAYA

[Sampul depan dalam]

--- [1] ---

Cathêtan

Ing dintên Salasa Lêgi tanggal kaping 5 Bêsar Je 1854 utawi kaping 8 Juli 1924, karsa dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan P.B. X ing Surakarta Hadiningrat.
I. Bandara R.M.Ng. Yasadipura
II. Bandara R.M.Ng. Sujanapura.
III. Bandara R.Ng. Sutakusuma.
IV. Mas Ngabehi Gunapangrawit.
V. Mas Ngabehi Gunasêntika.
VI. Mas Ngabehi Atmamardawa. VII. Mas Lurah Atmawignyaswara, Mlayasudira tuwin prayantun badhaya.

Batak

I. Raden Ajêng Intên
II. Raden Rara Yatun, pangirit Raden Riya Suganda kaliyan Raden Kliwon Pujastuti sarta prayantun badhaya sawatawis[2] punapadene panewu mantri estri.
I. Nyai Lurah Udakara.
II. Nyai Lurah Sularsih.
III. Nyai Lurah Sumarsono.
IV. Nyai Lurah Among Busana, sami kautus dhatêng ing Ngayugyakarta, nyumêrêpi joged badhaya tuwin sindhenipun[3].

Atmamardawa

--- [2] ---

[...]

--- [3] ---

[Tanda tangan 'Atmamardawa']

Bawa Swara Wiyosan

Para lêlangên narendra | tumameng ngabyantaraji | mradapa susela darma | andhandhanggula calunthang. o. ||

Katampen gêndhing Dhandhanggula Calunthang

Amurweng reh kasujanan | tumanduk langên swara | ingkang kinarya bêbuka.o. ||

Pamurtining kalukitan | mangrêngga kadarman nata | pariminta suselarja. o. ||

Kêng Sinuwun Kangjêng Sultan | kang sudibya angrênggani | yugyakarta hadiningrat. o. ||

Ambêk tyas susela darma | sih ing wadya mahambara | pra punggawa asih trêsna. o. ||

Sumungkêming pada nata | ing tyas tan ana rudita | palamarta[4] ing sêsama. o. ||

Cinandra sang prabu anom | tinon lir Hyang Wisnumurti | jawata angejawantah. o. ||

Têtungguling dewa mulya | pituruning madyapada | mêmangun prajarja mulya. o. ||

Kaojating bumitara[5] | kêtarta[6] manca ngamanca | salir bawaning narendra.o. ||

--- [4] ---

[...]

--- [5] ---

(Badhaya)

Bawa Swara Gênjong

[Notasi]

Kang pinurwa yudanya sang dyah ing ngajrak | lawan putri Kandhabumi neng Mêdayun | marpinjung kang dadi gêndra. ||

Katampen gêndhing Gênjong. o.

Awit sindhen ngajêngakên gangsa.

Kawarnaa | banakamsi.o. ||

Êngge | ing nagari | ing kandhabuwana | karsa badhe palakrama | nglamar putri | ing Mêdayin.o. ||

Êngge | sang aprabu | darbe kadang kênya | kêkasih dyah Banawati | sêkti langkung | istijradnya.o. ||

Êngge | kang dinuta | mring nagri Mêdayin | sang dyah wus budhal sawadya | prajurestri |

--- [6] ---

apratama.o. ||

Êngge | kathahira | nênggih kalih atus | wanodya apêpilihan | kadya priya | tanpa petung.o. ||

Êngge | sang kusuma | langkung digdayanya | anitih swandana grudha | tan winarna | marga prapta.o. ||

Gangsa dhawah (mênawi Surakarta minggah)

Ing nagri Mêdayin | laju tata pasanggrahan | kocapa wong agung menak | dupi amiyarsa warta.o. ||

Lamun ingkang rama | tilas ingkang marasêpuh | karsanya sang jayeng murti | ngarangulu | dyah marpinjung.o. ||

Arinya Muninggar | langkung sumêlanging galih | tandya utusan ambantu | nênggih kang putra priyangga.o. ||

Risang Prabu Rara | ing ngajrak dyah Kuraisin | kinen bantu |

--- [7] ---

mring Mêdayin | marang kêng garwa kêkalih.o. ||

Dhawah ladrang Uluk-uluk

[Notasi]

Êngge babo | sang rêtna sudara wêrti | sirtupilaeli[7].o. | babo | myang prajurit | babo | estri pêpilihan.o. | babo | andhahan prajurit priya | yêkti datanpa wilangan kathahira.o. | babo | ing margi datan winarna | sampun prapta. ||

Êngge babo | nênggih nagari Mêdayin | cundhuk lan narendra.o. | babo | tandya matur | babo | saneskareng lampah .o. | babo | dyah katri marang udyana | dalêmira | anênggih sang dyah marpinjung.o. | babo | sang dyah kalih amanitih | kang garudha. ||

Êngge | babo [ba...]

--- [8] ---

[...bo] | prabu rara | kuraisin | sri narendra ngajrak.o. | babo | tandya mêsat | babo | gêgana lir kilat.o. | babo | sri ngajrak tanpa wahana | kadi thathit | amusthi kang pêdhang kangkam.o. | babo | kocapa dyah Banawati | aneng wiyat. ||

Êngge | babo | ingkang akarsa andhustha | sang rêtna marpinjung.o. | babo | nitih grudha | babo | wauta duk mulat.o. | babo | wontên prajurit wanodya akêkalih | manitih garudha dibya.o. | babo sang rêtna wus aprayitna | pan dinuta. ||

Êngge.o. | babo | lamun praju | rit Kuparman | anjaga Mêdayin.o. | babo | sang kusuma | babo | gya jarwa jinarwa.o. | babo | saniskaranireng |

--- [9] ---

lampah | sru brêmantya[8] | tandya campuhing ayuda.o. ||

Gangsa suwuk.

Bawa swara katawang

Gêndhing Subakastawa

[Notasi]

[Kinanthi][9]

Tinon kêkalih sanging rum | dyah rêtna sudara wrêti | sir tupelaeli sang dyah | kêkalih kuciweng jurit | tandya sami ken mundura | marang sang dyah kuraisin.o. ||

Katampen gêndhing Subakastawa

.o. | sang dyah kagyat dulu[10] | sang rêtnayu Banawati.o. | marang prabu rara ngajrak | kusumeng dyah kuraisin.o. | kang jêjakadi ingobar | langkung brêmantyaning galih.o. ||

.o.o | tandya manêbda sru[11] | saparanmu prajurit[12].o. ||

--- [10] ---

aja mati tanpa aran | lanthang[13] kumewat awani.o. | mêthukake yudaningwang | angakuwa mupung urip.o. ||

.o.o | risang prabu rara[14] | aja tambuh iya ingwang.o. | putrane wong agung menak | iya trah ngajrak nêgari.o. | ingsun wus mêngku karaton | gumanti ngajrak nêgari.o. ||

.o.o | iya ingsun prabu[15] | ing ngajrak mêngku wadya jim.o. | kuraisin sapa kasih | kumini ambêg sumêkti.o. | ingsun kadange taruna | narendra ing Kandhabumi.o. ||

.o.o | iya kang jêjuluk[16] | sang aprabu Banakamsi.o. | ingsun sang dyah Banawati | dinuta mring kaka prabu.o. | amundhut dewi marpinjung | kinarya sori narpati.o. ||

.o.o | yata prabu rara[17] | duk miyarsa sêbda[18] sang |

--- [11] ---

dewi.o. | lir tinêpak mukanira | tandya campuh ing ajurit.o. | lir krudha mangalap bosa | sambêr-sinambêr agênti.o. ||

Sêrbêgan[19] (Ayak-ayak)

[Notasi]

Êngge.o. | amung risang prabu rara | babo | lir kilat mahawanira | sami digdaya ing yuda | sabêt sinabêt agênti | babo | yata wau duk tumingal.o. ||

Sang dyah rêtna | Banawati | kang garudha | babo | angalepreh ibêrira | prabu rara awas mulat | yen mêngsah esmu kuciwa | babo | sinarah dibyaning yuda.o. | ngasta jêbeng | ngayuda manarik pêdhang | babo. ||

--- [12] ---

Pêrang lajêng antal.

Êngge.o. | dyah Banawati sêkala | babo | dheprok anuwun aksama | sêmana sang rêtnaning dyah | mradapa angranu[20] pada | babo | sumangga sang prabu rara.o. ||

Ri sêksana | sampun kacakuping yuda | babo | kang wadya prajurit kênya | binoyong marang Mêdayin | katur mring sang jayeng murti | babo | wong agung sarêng miyarsa.o. ||

Sakalangkung | trêsnanireng jro | ning wardaya | babo | sokur ing Hyang Suksmanata | wadya ing kandha buwana | kang para prajurit riya | babo. ||

Êngge.o. | pangagênge | tur uninga | babo | direng [di...]

--- [13] ---

[...reng] sang prabu taruna | kampiteng tyas prabu jaka | tandya nglurug ing ayuda | ing ênu datan winarna | ing ênu datan winarna.o. ||

[Tanda tangan 'Atmamardawa]

--- [14] ---

Bawa swara Dhandhanggula Kentar

Brastha samudyeng wirama | pra swarjananing asinggih | tuhu pratameng wiraga | andhandhanggula kinentar. ||

Gerong

Amurweng reh kasujanan | tumanduking langên swara.o. | ingkang kinarya bêbuka | pamurtining kalukitan | mangrêngga kadarman nata | pariminta suselarja. ||

Kang Sinuwun | Kangjêng Sultan | kang sudibya angrênggani.o. ||

Yogyakarta Hadiningrat | ambêg tyas susela darma | sihing wadya | mahambara pra punggawa asih trêsna.o. ||

Sumungkêming pada nata | ing tyas tan ana rudita.o. ||

Palamarta[21] ing sêsama | cinandra sang prabu anom | tinon lir Hyang Wisnumurti | jawata angejawantah.o. ||

Têtungguling dewa mulya | pituruning madyapada.o. ||

Mêmangun prajarja mulya | kaojat ing bumitara | kêtarta[22] manca ngamanca | salir bawaning narendra.o. ||

____________________

Kêndhangan Ngayudya, kêthuk kalih kêrêp (Condra)

[Notasi kêndhang]

--- [15] ---

(Badhaya)

Gêndhing Genjong (of Gênjong) kalajêngakên ladrang Uluk-uluk, suwuk lajêng bawa swara katampen katawang Subakastawa lajêng ayak-ayakan[23] salendro pathêt sanga.

[Notasi]

Ladrang Uluk-uluk

[Notasi]

Subakastawa

[Notasi]

--- [16] ---

[...]

--- [17] ---

(Srimpi)

Bawa swara gêndhing Lobong (sêkar Citramêngêng)

Risang maha prabu | arsa asiwaka | ing bangsal kancana | munggeng dhampar rukma | manggihi tamunya | pra agung Ngayugya | myang manca nagara | kathah samya prapta. ||

Kêtampen gêndhing Lobong

Karsa dalêm maha prabu.o. | nuju ari Sêtu Wage | kaping tri Jumadilakir | Alip jalma panca ngesthi | jagad[24].o. | jêng sri sinung pakurmatan | dening kangjêng gupêrnêmen | ambawani Yugyakarta.o. | wontên loji karêsdhenan | kundhisi ngunjuk sapanyê[25] | jêng tuwan angandharakên.o. | mring sagung para nung-anung | tuwin tamunya sadaya | jumênêng dalêm jêng sultan.o. ||

--- [18] ---

Datan winarna solahnya | sanes ari pan gumantya | jroning pura pakurmatan. ||

Gangsa Dhawah

Dhansah tanapi bêdhaya | keh tamu manca ngamanca | êngge | jendral Magêlang Residhen | Sala myang para Pangeran | bibar pukul kalih dalu.o. | sanes ri enjing kocapa | pra abdi dalêm acaos | êngge | pakurmatan warna-warna | tuwin pra murid sakolah | kadugi kalih wlas golong.o. | arak-arakan arame | sawêneh kang bangsa Cina | êngge | anyaosi pakurmatan | dalu leyong myang long-longan | kathah yen rinênggeng kondha.o. ||

--- [19] ---

aneng alun-alun ler | kocapa jêng sang sudibya | êngge | amangun karsa iyasa | pasindhen srimpi pratama | amundhut ingkang carita.o. ||

Lajêng dhawah ladrang Sri Kondur

Êngge | sêrat ringgit purwa | duk nalika dyah srikandhi | tinandhing prang | lan patih simbar manyura.o. | babo | aran dyah Suradiwati | putri saking nagara Tartaripura.o. | babo | dene dyah Cêmpalaharja | ngambar kongas | pantês ing salêlewanya.o. | babo. ||

Êngge.o. | titis ingkang sêpda[26] | kêtarteng[27] rat pramudita | sang kêkalih tan ana ingkang kuciwa.o. | babo | sang rêtna suradiwatya | dhasar ayu pratignya putus ing |

--- [20] ---

karya.o. | babo | sang kêkalih wang sinawang | pagut liring kawisikan ing ayuda.o. | babo. ||

Êngge | sêksana gya campuh | tinon samya apratistha | awirageng bêsus wirameng sarira.o. | babo | rêbut papan ing ayuda | silih ungkih prawira dibyeng ngalaga.o. | rêspati anjungkar angin | tan kuciwa kêkalih sami digdaya.o. | babo. ||

Êngge | gya nyandhak warastra | sara pamungkasing karya | ngêmbat-êmbat pinanthêng kadi putunga.o. | babo | lumêpas kadi kilat | kang warastra tan ana kang miyatani.o. | babo | tandya sareh kang warastra | kyat maharda angunus ingkang curiga .o. | babo | campuh rukêt ing ayuda [a...]

--- [21] ---

[...yuda] | silih ungkih kêkalih sami digdaya.o. ||

Srêbêgan[28] rêp[29]

Ngabên tikswaning curiga | samya wulêting kusika | tuhu prajurit pinunjul | babo | kêkalih kang bandayuda | wau risang Dananjaya | duk mulat kang mangun aprang | babo | dinugi tanpa wusana.o. ||

Sasmita marang ing garwa | sinung warastra pamungkas | harda dhêdhali tumanduk | babo | myang kyai hardapusara.o. ||

Rante tumanduk ing mêngsah | sang rêtna Tartaripura | sampun kajodhi ing yuda | babo | kawarna wus dadi garwa | mireng satriya Arjuna | binêta mring Madukara | babo | datan winarna solahnya.o. | aneng nagri Madukara [Madu...]

--- [22] ---

[...kara] | uparêngganing akrama | sang rêtna Suradiwati | babo ||

[Tanda tangan 'Atmamardawa']

__________

Gêndhing Lobong wau minggahipun Pareanom, nanging mênawi Ngayudya dipun wastani Glebak. Mênggah dhongipun sami kemawon kaliyan Lobong minggah Pareanom ing Surakarta, amung ladranganipun ingkang beda, inggih punika dhawah ladrang Sri Kondur, kêndhang satunggal.

Ladrang Sri Kondur

[Notasi]

--- [23] ---

Nalika ing dintên Kêmis Kaliwon tanggal kaping 20 Jumadilakir Jimawal 1853 utawi kaping 8 Februwari 1923, karsa dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan P.B X ing Surakarta Hadiningrat (kala samantên dereng jumênêng Wicaksana)

I. Bandara R.M.Ng. Sujanapura kanthi:
II. Nyai Lurah Udakara
III. Mas Ngabehi Atmamardawa (dados urdênas enggal)
IV. Mas Lurah Atma Wignyaswara.
V. Mas Bêkêl Wignya Panêmbang.
VI. Ki Anggamlaya, kautus dhumatêng Pakualaman Ngayugyakarta nyumêrêpi joged sarimpi gêndhing Mrak Kasimpir dalah sêsindhenipun[30].

--- [24] ---

(Bêndhe mungêl kaping 3)

Suluk pathêt pelok nêm (6 agêng)

[Notasi]

Mulat mara sang pinuja | mêmayu hayu mataya | kabul subur timbul kombul | bal tumimbal purneng tata | sri lumêkas lumaksana | tindak pêcak napak mapan kering kanan | titis nêtêpi wirama | apranyata | pêpintan pênêding tindak. ||

Sakendêling pathêt lajêng mungêl gêndhing ladrang Langênbranta kangge lampahipun srimpi,

dipun wastani Kapang-kapang (wirama lancaran) (kêndhanganipun sabrangan)[31]

[Notasi]

Sasuwuking gêndhing lajêng pathêt

--- [25] ---

[Notasi]

Rumêsêp saruming[32] sêkar | babo | mangsah prênah madyeng rênggi | riyêm-riyêm | mangarcana sila panggung | mituhu ing tata bêksa. ||

Sakendêling pathêt dipun bawani sêkar Kusumaswara dhawah kêndhang mrak kasimpir.

Bawani bawa swara | byakta byapta[33] | bayantara | babada | bibit banar | babar kebar | mrih sumêbar | berawa baku basa | bangsa kita tanah jawa (marsudyeng ngulah raga) | mamundhiya kawruh bêksa. ||

Lajêng katampen ing gêndhing Mrak Kasimpir

--- [26] ---

Sindhen Mrak kasimpir

[Kinanthi]

1. Bêbuka têmbang tinêmbung | swara binarung lan gêndhing.o. | wilêd lêlagu salaras | sebak lumembak ywa lirih.o. | laras runtuting wirama | maweh wêwahana asri.o. ||

2. Jinêm jênjêming pangrungu | ngarah pêpathêt pinêsthi.o. | mathuk gathuk kanang bêksa | mestuti jangkêping gêndhing .o. | wirama pinanci cêkap | nyupak nyamlêng kang sayogi.o. ||

Dhawah ladrang Kêmbangpepe

[Girisa]

1. Êngge | kunêng gantining carita | lêlangên srimpi punika | sinawung sawignyan bêksa | joged tumraping dyah rêtna.o. | minangka mardi sarana | mijeni solah miraga | mring sanggya para wanudya | têtêping mring kasusilan.o. ||

--- [27] ---

2. Prasaja tingkah budyatma | ywa nganti kasandhang harda | karya nuwuhkên tan yuga | mila ta joget sinungan.o. | pakêm tanduk pinathokan | lambung jêjêk traping badan | toleyan myang pacak jangga | sumawana suku asta.o. ||

3. Ginulang solah kang lêbda | thik-athikan pinardiya | trampil lêmês luwês wignya | pandêng panduk kanang nitya.o. | pinilala kang jatmika | tuhu ngirit waton kina | lamun wus bangkit mangkana | nityasa arja sakarsa.o. ||

4. Nadyan silih nora bêksa | tumanduk len-lening patrap | kadya tungtum mring sarira | lênging kang joged kadyeka.o. | mila sayogya wanita | lêstari budi tan pêgat | samantên pigunanira | utameng kawignyan bêksa.o. ||

--- [28] ---

Lajêng dhawah katawang Cêndhanilaras

[Girisa]

1. Êngge.o. | wauta jêjêring kandha | apan mêthik duk rikala.o. | wara Srikandhi sang rêtna | putri adi ing Cêmpala.o. | putra sang prabu Drupada | dhaup lan Raden Janaka.o. | dhawah ing sampir pangantyan | prang tandhing tikaswara dibya.o. ||

2. Êngge.o. | mêngsah sang dyah larasatya | raja ya Raden Arjuna.o. | neng taman rinêngga abra | pinriksanan ibu rama.o. | tan kari narendra Krêsna | para dipati nararya.o. | liya punika tan kêna | manglesing jêmparing kandhap.o. ||

3. Êngge.o. | dyah Srikandhi dereng nrima | dadya nyuwun pêrang panah.o. | sang dyah Larasati panggah | ing wusana tinurutan.o. | sang kanthi santun busana | pantês ngarja |

--- [29] ---

prajuritan.o. | gumêndheng gandhang tumimbang | samya dyah Sura wanita.o. ||

4. Êngge.o. | busana rukma sêsotya | kumênyar cahya dumilah.o. | anglir sorap sari kêmbar | karya rimang kang amulat.o. | sang yuda wus yun-ayunan | aneng samadyaning taman.o. | musthi langkap lan warastra | kang endhong sandhing sinandhing[34].o. ||

Pêrang wirama sêsêk, bibar pêrang wirama tamban, dipun sindheni malih

1. Êngge.o. | kang ningali miris maras | uwas yen kapara tiwas.o. (jantur)[35] | wau sang dyah bandayuda | ubêt-ubêt bat-ebatan.o. | nêtêr putêr kakitêran | tanggên rigên ber kasuran.o. | tan kewran monah[36] mrih papan | sang dyah Srikandhi gya ngatag.o. ||

--- [30] ---

2. Êngge.o. | kinen dhingini kang mêngsah | rêtna rarasati nulya.o. | ngêmbat ruwana kumêdhap | tikaswara ngênêr tumiyang.o. | lumêpas rikat lir kilat | rumêpak tumuju mêngsah.o. | tanggap wêgig sang pinanah | tangkis langkap sru masêlat[37].o.(ngadêk)[38] ||

3. Êngge.o. | dhawah têbih saking prênah | tuhu winasis sang rêtna.o. | dyah Srikandhi malês sigra | kang laras ingêmbat-êmbat.o. | warastra ingênêr nyipat | nyamlêng pandêng nratas dungkap.o. | trangginas dyah Larasatya | panangkis tan kakilapan.o. ||

Pêrang, bibar pêrang dipun sindheni malih

1. Êngge.o. | dadya hru datanpa dadya | putus pêpês |

--- [31] ---

tibeng kisma.o.(Jantur)[39] | sang kalih ngêtok kasuran | bêntarakên kawiragan.o. | tangkis panah pinanahan | tan ana ingkang kasoran.o. | dhasar samya sêkti sura | dangu-dangu sang dyah rêtna.o. ||

2. Êngge.o. | Srikandhi ledhok panulak | kêni kang jaja tan prana.o. | dhawah gumuling ing kisma | wungu nyat langkung brantya.o. | mangunus patrêm narajang | arsa mrajaya kang mêngsah.o. | Rarasati prayitna kyat | sura ngunus patrêm lawan (ngadêg)[40] ||

3. Êngge.o. | gugup kang para nararya | sang kalih pinisah sigra.o. | êmban inya angrêrampa | dyah Srikandhi kapidhara.o. | binoyong malêbeng pura | saking sru sangêting wirang.o. | saparipurna narimah | dadya klakon dhaup lawan.o. ||

--- [32] ---

4. Êngge.o. | satriya ing Madukara | nanging tan linêgeng gita.o. | puwara titi mangarang | ing ari Anggara mulya.o. | ping nawa Rabingulawal | Jimawal angka jinarwa.o. | rinêngga candra sangkala | guna gati murti putri.o (1853) ||

Lajêng pathêt

[Notasi]

Laras tandanging abêksa | babo | langên srimpi | kandhêk ngarsa | kawistara | piwulang sampun kadhadha | gya lumengser sing ngayunan. ||

Lajêng mungêl ladrang Durma

[Notasi]

(lancaran)

--- [33] ---

Suwuk Durma lajêng pathêt

[Notasi]

Ludhang dheyang anyênyadhang | dhondhong nyadhong udhu | puji-puja | jati | sêja | ujud tumuju raharja | brastha gêmpang kang rubeda. ||

Tamat

[Tanda tangan 'Atmamardawa']

[Girisa]

4.[41] Satriya ing Madukara | nênggih Rahadyan Pamadya | denya uwus kalaksanan | kang dadya ubayanira | raja putri ing Cêmpala | wara Srikandhi sang rêtna | lulus kagarwa sang Parta | wus titi ing caritanira [Simbol Wasanapada] ||

--- [34] ---

(Kêndhangan Lala Gandrung utawi Lala Gandrung-gandrung)

Kêndhang kalih merong mrak kasimpir Pakualaman Ngayugya.

[Notasi Kêndhang]

Kasbut nginggil kêndhanganipun geseh kaliyan kêndhangan ing Tejakusuman, sami ngayun[42]

__________

Girisa manggenipun wontên sanginggiling sêkar Kumudasmara ing ngajêng wau

Lêng lêng lumyat ta laladan | ling-lingên lukita rêtna | nyakup nyukulke kagunan | nênangi mindêng widada | dadi ing wanodya mulya | mindêng mandining panonah | munah manuh ninging manah (ing satêmah katarimah) ||

--- [35] ---

(Wirama lancaran)

Gêndhing Mrak kasimpir Ngayugyakarta kagêm bêksan srimpi, dipun bukani bawa swara sêkar Kumudasmara katampen ing gêndhing Mrak kasimpir minggah ladrang Kêmbangpepe, lajêng dhawah katawang Cêndhanilaras, sadaya kêndhang kalih, larase pelog pathêt nêm (pelog bêm)

[Notasi]

Kêmbangpepe

[Notasi]

Cêndhani laras

[Notasi]

[Tanda tangan 'Atmamardawa']

Cêndhanilaras manawi prang wirama sêsêk (kados wireng dhadhap kreta), cengkokipun gêndhing ngangge cengkok ingkang botên ngêlik, dados tansah gong jangga, bibar prang ngêlik malih, suwuk botên dhawah gerong.o.

--- [36] ---

Kêndhang kalih sabrangan, kangge ngêndhangi ladrang Langênbranta saha ladrang Durma (bangsaning Kapang-kapang) Ngayugyakarta.

[Notasi kêndhang]

Kasbut nginggil kêndhanganipun geseh kaliyan kêndhang Tejakusuman, sami Ngayugya

__________21/9/'68

Dalah thuthukanipun balungan ugi geseh kaliyan thuthukan ing Tejakusuman

__________[43]

--- [37] ---

Gêndhing dolanan Ênthik (ladrangan ciblon) kasêling kaliyan Eling-eling pelog nêm.

[Notasi]

Gêndhing dolanan ladrang Jêruk jingga pelog nêm (ciblon)

[Notasi]

Gêndhing dolanan Prit aking (bokmanawi salendro manyura ciblon)

[Notasi]

Engêtipun Mas Lurah Atmapradangga (Langênjiwa) Prit aking punika larasipun pelog nêm, yen makatên badhe dhawah gong thuthukanipun kêdah ngambah pelog.

--- [38] ---

Gêndhing dolanan ladrang Lintang rêmbulan kasêling kaliyan Pangkur salendro pathêt sanga (kêndhang ciblon).

[Notasi]

Gêndhing dolanan Cublak suwêng utawi wis antuk têlung kênthung laras salendro pathêt manyura (kêndhang ciblon)

[Notasi]

(cathêtan)

Gula ganthi dhawahipun gêndhing ladrang Eling-eling Kasmaran lugu.

Bibi tumbas timun salendro manyura gêndhingipun mempêr Gandariya gandhung.

Sluku bathok salendro manyura gêndhingipun mempêr Angkruk.

Jambe thukul pelog manyura gêndhingipun mempêr Kinanthi sandhung.

Jamuran lugu dipun angge katawang sêlananipun Rajaswala salendro sanga.

Ilir-ilir S manyura sêling Lere-lere.

--- [39] ---

Gêndhing dolanan ladrang Jambe thukul, kasêling Kinanthi sandhung pelog pathêt nêm (kêndhang ciblon) saking Dhandhanggula turulare dipun sêlani dolanan, dumugi pada Dhandhanggula lajêng katampen gêndhing.

[Notasi]

Kasbut nginggil punika gêndhingipun taksih lêpat katawang Jambe thukul P[44] manyura kêndhang 2 (ingkang lêrês)

[Notasi]

Gêndhing dolanan Kate-kate dipanah ladrangan salendro pathêt manyura (kêndhang ciblon) katampen ing gêndhing kados ing ngandhap punika.

[Notasi]

--- [40] ---

Ladrang Titikung

Gêndhing dolanan Titikung salendro manyura saking dolanan Titikung lajêng katampen ing gangsa ladrangan ciblon

[Notasi]

~~~~~~~~~~

I. Ladrang Surengdriya (A) pelog barang (Mangkunagaran)

[Notasi]

Kasbut nginggil bukanipun kula piyagah piyambak, amargi kula dereng sumêrêp (ing babon cengkok ngêlik rumiyin) sakeca pundi kaliyan dipun bukani makatên [Notasi]

~~~~~~~~~~

II. Ladrang Surengdriya (B) ugi pelog barang (Mlayadimêjan) kangge gêndhing wireng Ajisaka, bukanipun kula inggih dereng sumêrêp.

[Notasi]

Buka Surengdriya ingkang lêrês makatên

[Notasi]

Ingkang lêrês Surengdriya I saking Mangkunagaran.

[Sampul belakang dalam]

[Sampul belakang luar]

________________

 


tiap huruf dari 'Atmamardawa' diletakkan di sudut. (kembali)
* prayantun badhaya 9. (kembali)
sindhenanipun. (kembali)
paramarta. (kembali)
bumintara. (kembali)
krêtarta. (kembali)
Kurang jelas artinya. (kembali)
bramantya. (kembali)
Bait-bait yang berikut mempunyai guru wilangan dan gatra yang tidak cocok. Memang têmbang Kinanthi sering begitu, mungkin karena disesuaikan dengan kepentingan gendhing. (kembali)
10 Kurang dua suku kata: duk andulu. (kembali)
11 Kurang dua suku kata: amanêbda asru. (kembali)
12 Kurang satu suku kata: sapa aranmu. (kembali)
13 lancang. (kembali)
14 Kurang dua suku kata, dan semestinya guru wilangan 'u'. (kembali)
15 Kurang dua suku kata. (kembali)
16 Kurang dua suku kata. (kembali)
17 Kurang dua suku kata, dan semestinya guru wilangan 'u'. (kembali)
18 sabda. (kembali)
19 Srêpêgan. (kembali)
20 angraup. (kembali)
21 Paramarta. (kembali)
22 krêtarta. (kembali)
23 kata 'lajêng ayak-ayakan' ditulis di sisi bawah teks. (kembali)
24 Tahun 1851. (kembali)
25 sampanyê. (kembali)
26 sabda. (kembali)
27 krêtarteng. (kembali)
28 Srêpêgan. (kembali)
29 sirêp. (kembali)
30 sêsindhenanipun. (kembali)
31 '(kêndhanganipun sabrangan)' ditulis di sisi kiri teks arah vertikal. (kembali)
32 aruming. (kembali)
33 byakta. (kembali)
34 sinandhang. (kembali)
35 '(jantur)' ditulis di sisi kanan teks arah vertikal. (kembali)
36 manah. (kembali)
37 malêsat. (kembali)
38 '(ngadêk)' ditulis di sisi kanan teks arah vertikal. (kembali)
39 '(Jantur)' ditulis di sisi kanan teks arah vertikal. (kembali)
40 '(ngadêg)' ditulis di sisi kanan teks arah vertikal. (kembali)
41 Urut darimana bait ini? (kembali)
42 mulai 'Kasbut nginggil' ditulis dengan pencil hitam. (kembali)
43 mulai 'Kasbut nginggil kêndhanganipun' ditulis dengan pencil hitam. (kembali)
44 Maksudnya 'P' = Pathêt. (kembali)