Salokantara
--- 393 ---
1. Dhandhanggula
1. panitraning sasmita marêngi | Buda Manis tanggal kaping astha | Sura Kapat ing mangsane | anuju wuku Dhukut | taun Alip dèn sangkalani | trus sabda pandhitèng rat |[1][2] kang pinurwèng têmbung | nagari ing Lokantara | kang umadêg Nara Prabu Darmapati | ratwambêk pinandhita ||
2. cinarita darbe putra kalih | maksih kênya sami yu utama | miyos saking padêmine | putra ampeyan agung | pambajênge sira sang Dèwi | Susilawati nama | nênggih arinipun | Darmawati panêngrannya | sori nata ri wusing pêputra kalih | tan tulus lajêng seda ||
3. sri narendra tan akrama malih | saking dening kacangkol ing putra | ngêmungkên garwa pangrêmbe | nanging sira sang prabu | sakalangkung asih mring siwi | ingêmong sakarsanya | sasolah dèn ugung | wit tan darbe putra priya | kang sayogya gumanti madêg narpati | dadya rêtna susila ||
4. kang ginadhang-gadhang dadi wiji | putri [pu...]
--- 394 ---
[...tri] adi kasub pramudita | Lokantara tanpa tondhe | cinăndra warnanipun | dêdêg srêntêg amilangoni | rema kêtêl tur panjang | ngendrawila lurus | larapan lètèr warata | grana rungih thi-athi turut taritip | pêparadaning karna ||
5. netra lindri tajêm masopati | idêp dêkung alis roning imba | sumambung otot wilise | atêpung adu ujung | karna madya kêngkêng atipis | pipi pêpêg ngalela | asengoh marusuh | wang janggut kadya jinăngka | tutuk dhamis kang lathi gula sathêmplik | mêsês masêmu rêkta ||
6. kang wadana lêkêr pindha sasi | kalanira nêdhênging purnama | sumêblak sêmu lawêne | jăngga kêkêr aturut | lan midhangan wêlar rêspati | bongoh kang payudara | wonga-wonga nguwung | wêwêngkon wêwêg warata | sauruting kulit anyapaka gadhing | pada kadya ginrinda ||
7. pamulune manis sêmu wingit | tur jêtmika akaduk pasaja | limpat [li...]
--- 395 ---
[...mpat] pasang graitane | busana sarwa mungguh | yèn ngandika amêrak ati | lampah glenoh sêmbada | rêsêp kang andulu | pambêk amêngku balaba | mring santana asih mring dasih kaswasih | tuhu putri utama ||
8. kathah para putraning narpati | myang satriya ingkang măncapraja | samya ngêbun-êbun sore | mangkana ta sang ayu | sabên-sabên tinari krami | mring rama sru lênggana | wit dèrèng panuju | sêngadi momong sarira | maksih mudha dèrèng sagêd anglampahi | awêrit karsanira ||
9. sawadine kang tinêdhèng batin | nadyan krama mugi ta angsala | ingkang kadya pangèsthine | tan amrih warna bagus | sugih brana wibawa mukti | mung milih sinatriya | trahing băngsa luhur | kang mahambêk sadu dibya | măndraguna wirotama ing ajurit | krêtarta dadya sraya ||
10. marma tansah wagugên ing galih | sri narendra wruh sêmuning putra | lumuh misesa karsane | saking gênging
--- 396 ---
sihipun | lan tan samar watêking siwi | amung sandeyèng nala | sira sang aprabu | sadaya para narendra | myang satriya kang samya minta sang putri | èwêd gèn mangsulana ||
11. binalaka datan wurung dadi | aprang rame nagri Lokantara | sayêkti akèh mungsuhe | wusana sang aprabu | minta sraya narendra luwih | nagri gêng ing Sidyana | bisikaning ratu | sri mahadibya sumbaga | sugih bala prawirèng prang sura sêkti | kang sagah nanggulanga ||
12. duk miyarsa satriya para ji | ingkang samya minta ing sang rêtna | Sri Darmapati srayane | rêp-rêp sirêp atakut | tan anyipta amurwèng jurit | wêkasan amiluta | mamèt ing tyasipun | sanadyan tan katampana | panglamare amung nêdya abadhami | luluse dadi mitra ||
13. têmah lami sang dyah tan akrami | ingkang rama pan agung sungkawa | mangke lalu diwasane | mangkana ta winuwus | sang kusuma lêsmining puri | prapta wiyoganira |
--- 397 ---
atikbra mangun kung | kathah karaos ing nala | dene sira atmaja sêpuh pribadi | misesa jroning pura ||
14. măngka pandam lan pangaubaning | para kadang myang para santana | sapraja Lokantarane | lan malih pra rinipun | kathah sampun nêdhêng birai | wus samyantuk pacangan | dadya mandhêg mangu | kapalang sariranira | durung krama sangsaya gènnya ngranuhi | atajin dhahar nendra ||
15. kawimbuhan panggagasing galih | ingkang rama wus sêpuh kang yuswa | dene mangke tan adarbe | sudara nunggil ibu | priya ingkang sayogya benjing | gumantyèng Lokantara | sang kusumaningrum | sarira sampun rumasa | nadyan wajibira kadaring pawèstri | tuna pangrèh mring praja ||
16. sru karantan karănta rêntênging | ruditèng tyas drawaya kang waspa | amêwês ing sarirane | sang dyah niba ing kasur | supêg pêpêg sumungkêm guling | yayah kadya murcita | murca atmanipun | ing wanci satêngah tiga |
--- 398 ---
dalu wungu pungun-pungun animbali | kêkalih cèthinira ||
2. Kinanthi
1. Ni Wasita wastanipun | kalawan Ni Mbok Sudati | ngandika kusumèng pura | biyang wayah apa iki | Ni Sudati matur nêmbah | kêtilêman kula gusti ||
2. botên pirsa wancinipun | tanya mring kancanirèki | èh Wasita wayah apa | mênawa sira udani | sumaur Nyai Wasita | padha uga lan sirèki ||
3. sasuwene ingsun mau | mêlèk adhakon pribadi | nuli turu layap-layap | sakêdhap têka angimpi | anèh têmên impèn ingwang | baya wahanane bêcik ||
4. sang rêtna têtanya arum | apa sira gunêm sami | Wasita matur anêmbah | kawula nyupêna gusti | angling malih sang kusuma | Sudati tanggapên aglis ||
5. apa ta ing impènipun | sandika Nyai Sudati | ngatag marani Wasita | payo tuturna tumuli | sun rungokne kang pratela | Wasita ngling gonku ngimpi ||
--- 399 ---
6. katone jêng sang aprabu | lênggah anèng ing pandhapi | lawan gustiku sang rêtna | ingayap parêkan cèthi | sang dyah mungkur dènnya lênggah | kang rama megos sakêdhik ||
7. nuli ana kukus rawuh | kumêlun saking ing jawi | mulêg nampêg jroning pura | pêtêng dhêdhêt anglimputi | gustimu lan ingkang rama | tinub nganti tan kaèksi ||
8. ana suwara jumêgur | ngumandhang ngêbêki bumi | nalika ana kang swara | kukus mandhêg tan lumaris | ya ta wau kang kêtingal | dibya sumbaga narpati ||
9. jumênêng nèng ngarsanipun | gustiku sri narapati | sarya sru andikanira | Yayi Prabu Darmapati | pundhutên banderanira | paringêna nini putri ||
10. bandera sigra pinundhut | pinaringakên sang putri | sawusira tinampanan | dibya sumbaga narpati | ngandika marang sang rêtna | lah ta nini dipun aglis ||
11. gawanên bandera iku | kêbutêna nganan ngêring | sang dyah anurut kewala | gya
--- 400 ---
mangêbyok nganan ngering | kukus sirna tanpa krana | tumuli ingsun atangi ||
12. Ni Sudati manthuk-manthuk | abêcik impènmu kuwi | sang rêtna sadangunira | miyarsakkên dènnya angling | ana kêraosing driya | ngandika sang kadi ratih ||
13. Wasita sira sun utus | aja pijêr angacipris | mêtua kono takona | wayah êjam pira iki | kang liningan sigra mentar | sakêdhap pan sampun prapti ||
14. dhuh gusti kawula sampun | kautus dangu kang wanci | dawêg kèndêl pukul tiga | ngandika malih sang putri | Sudati sira dhisika | tatanên lungguhan mami ||
15. kana nglatar kulonipun | balumbang ika kang rêsik | Sudati tur sêmbah mêsat | palênggahan wus dèn indhit | ginêlar ing prênahira | sang dyah gya tumurun ririh ||
16. saking pasareyanipun | akêkirap nata wèni | sêmêkan sinjang kawudhar | labête mêntas aguling | wus pinulih tan kêtara |
--- 401 ---
nging tan kêncêng kadya nguni ||
17. ri wusing dandos sang ayu | ngagêm rimong sarung alit | anggantèn sarwi lumampah | pan nasar sadak cinangking | pantês dadya kang wiraga | saking dalêm wus umijil ||
3. Mijil
1. amarêngi kang purnama sidhi | sasăngka wus ngayom | angênani botrawi toyane | sumunar mring wadana sang putri | gumêbyar kaèksi | lir andaru nawung ||
2. rêbut sorot lan toyaning bèji | kèh mina salah ton | ting saluru lumêbèng êronge | ana milar tumiba ing siti | panyanane sami | rêmbulan kang runtuh ||
3. lênggah majêng mangetan sa[3] putri | tansah rimong-rimong | cèthi kalih aparêk ênggène | sang kusuma atêtanya aris | Wasita sirèki | apa ta wis wêruh ||
4. ingkang aran lintang bimasêkti | tuduhêna ingong | Ni Wasita alon ing ature | kula gusti sampun priksa yêkti | punika nèng nginggil | ngêrgêmêng kadulu ||
--- 402 ---
5. ambêrgagah isthane kang sikil | ing ngajêng dèn êmplok | Nagarota panjang nèng ngarsane | tanganipun wingking malang kêrik | kang ngajêng manduk ing | naga sirahipun ||
6. ikang[4] cêmêng munthêr anèng ngigil[5] | lintangipun abyor | gih punika gusti gêgêlunge | ngajêng kêdhik pupuk kang mastani | kang cêmêng jalirit | tutuk lawan irung ||
7. sang rêtna ngling sun uwis udani | caritakna ingong | bimasêkti paranta purwane | Ni Wasita umatur wotsari | cariyosing nguni | mula-mulanipun ||
8. duk Sang Sena puruhita maring | Dhanghyang Druna kinon | angupaya tirta prawitane | tinuduhkên ênggone kang pasthi | têlênging jaladri | Sang Sena mituhu ||
9. linampahan anggêbyur jaladri | tan mèngèng sapakon | gya sinaut ing naga wêntise | păncakara nèng têngah jaladri | kang naga pinusthi | păncanaka lampus ||
10. Dhanghyang Druna sayêktine sandi | dènnya darbe pakon |
--- 403 ---
amung murih Sang Sena pêjahe | ing wusana amanggih basuki | tur sarira suci | punjuling tumuwuh ||
11. milanipun dumugi samangkin | karsaning Hyang Manon | bimasêkti minăngka gambare | janma ingkang têmên anglampahi | wus pasthi pinanggih | barang kang kinayun ||
12. sang kusuma sarêng amiyarsi | tyasira cumêplong | lir ginugah wungu wiyogane | cèthi kalih gya kinèn sumingkir | sang dyah sru sêmadi | umênêng manêkung ||
13. amaladi asêmadi êning | anêgês Hyang Manon | sumungku ring dewa panêmbahe | datan samar mring kang murwèng urip | pinêndêng patitis | mung osiking kalbu ||
14. tan antara wau ingkang prapti | sing wiyat cumlorot | Rêsi Naradwanjog nèng ngarsane | dhuh-dhuh babo putuku wong kuning | luwarana nini | gonira manêkung ||
15. ngong dinuta ring Hyang Utipati | ingkang murbèng tuwoh | andhawuhi mring sira nah anggèr | panuwun ta ingkang jatukrami |
--- 404 ---
mèh kurang sathithik | durung wêktunipun ||
16. kêtêmune jodhonira benjing | jalaran sang katong | prabu dibya sumbaga tuduhe | nadyan rupa sikêp lan pakathik | aja sira tampik | yaiku jodhomu ||
17. bakal dadi kondhangira benjing | ngukuhi kaprabon | lan nurunkên têmbe sabanjure | lah wis nini karia sun mulih | sang dyah mangastuti | pan sarpi[6] andhêku ||
18. sampun murca ingkang paring wangsit | wau ta sang sinom | buka tingal amudhar astane | lêjaring tyas sirna kang prihatin | katrimèng dewa di | sakarsa jinurung ||
19. sangsayimbuh cahyane sang putri | dinulu mancorong | lir sudama katrangan prabane | prapta duta nugrahaning Widhi | maruta sumilir | mawa riris arum ||
20. cèthi kalih tan sinung udani | nalika sang sinom | panggih lawan Rêsi Naradane | wis mangkono prabawaning Widhi | yêkti tan kaèksi | ing samarganipun ||
--- 405 ---
21. duk samana sampun bangun enjing | mega bang tumonton | katamaning aruna prabane | surêm kucêm kartika myang sasi | mèh wantah aputih | nir ujwalanipun ||
22. sêdhêng mêkar ingkang sarwa sari | sajroning kadhaton | sumêr sumrik sumrambah gandane | ya ta wau kusumaning puri | sawusing sêmadi | siram karsanipun ||
23. sang kusuma angandika aris | Sudati sun kongkon | undangana kancanira mrene | konên gawa pasatan lan mangir | sabun srêbèt rai | canela ywa kantun ||
24. Ni Sudati wus mentar nimbali | kancanira kinon | samya bêkta sang dyah pamundhute | Ni Sudati tan wangsul cêcawis | brêsihan rinukti | padupan lan ratus ||
25. gănda wida burat lan wêwangi | sadaya cumaos | rêtnaning dyah wus têdhak jambane | pra pawongan andhèr anèng jawi | sami angêntosi | cakarwok arubung ||
26. wus palastha dènira wêwarih | sing
--- 406 ---
jamban umiyos | arêrimong ngiras pasatane | sêmbagi jo corak sêkar tluki | wor sarira kuning | maya muyêk sêmu ||
27. rema mêlês winudhar tumitih | wastra kang rumimong | glaprut sêkar sataman keswane | sumarambah lêngêng ting parêlik | saking doh kaèksi | kadya lintang runtuh ||
28. lir citrane apsari ing nguni | nalika yun kinon | de Hyang Endra bancana tapane | Sang Arjuna mring Ngendrakilardi | sadèrènge sami | sadaya ingêdus ||
29. tirta marta turuhaning sasi | lan surya dèn êmor | tinadhahan jun rêtna wadhahe | pan mangkono isthane sang putri | ginrêbêg pra putri | malbèng dalêm agung ||
30. nahan ingkang juwitaning puri | wuwusên sang katong | duk samana tamiyan dutane | sira dibya sumbaga narpati | kang măngka duta ji | sri nata pangayun ||
1 | § = 1779. (kembali) § = 1779. |
2 | Tanggal: Buda Manis (Rêbo Lêgi) astha (8) Sura Alip: trus sabda pandhitèng rat (AJ 1779). Tanggal Masehi: Rabu 13 November 1850. (kembali) Tanggal: Buda Manis (Rêbo Lêgi) astha (8) Sura Alip: trus sabda pandhitèng rat (AJ 1779). Tanggal Masehi: Rabu 13 November 1850. |
3 | sang. (kembali) sang. |
4 | ingkang. (kembali) ingkang. |
5 | nginggil. (kembali) nginggil. |
6 | sarwi. (kembali) sarwi. |