Murid, Padmasusastra, 1898, #1494

JudulCitra
Terakhir diubah: 02-12-2020

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Murid

Javansch Ieerling

1. Kinanthi

1. dhuh siswa sumitraningsun | marma sira sun suruhi | prapta anèng ngarsaningwang | purwèngsun ngrungu pawarti | lamun sira wus linilan | tilik mring prajanta sami ||

2. rèhning panjênênganingsun | rumasa sira bantoni | pamulanging siswaningwang | kang tansah gilir gumanti | sakancanira sogata | kang wus lêbdèng pamarsudi ||

3. awit saking pakonipun | wantyanta sang maha muni | graning pawiyatèng Jawa | ing Surakarta nagari | Dr.[1] Palmer kasumbaga | Van den Broek ingkang wêwangi ||

4. ing mêngko ta jênêng ingsun | nglairkên sukaning galih | myang dahat panrimaningwang | mring wantyanta sang ayogi | tuwin marang sira padha | kang wus bantu wèh wara di ||

5. saking rênane tyas ingsun | sumapala amaringi | lêlangên mring sira padha | têmbang tinumrapkên gêndhing | sanadyan kurang prayoga | mung

--- 304 ---

minăngka tandhaning sih ||

6. nihanta kang wus tinutur | ingsun aparing basuki | ing marga mring sira samya | pra siswa ingkang umulih | mring prajanta sowang-sowang | aywana sangsayèng margi ||

7. amung ta pamujiningsun | sapraptanira ing panti | panggih lawan yayah rena | myang kada[2] warganta sami | suka rêna tur raharja | praptaning wêwangên nuli ||

8. ywa wiyang enggala wangsul | dèn ngrasa sira antuk sih | mring jêng guprêmèn Nèdêrlan | kang asung marganing bukti | tuwin marganing kamulyan | èstokna pitutur mami ||

9. titi panêmbramèng kidung | cinitrèng Anggara ari | limalas ingkang candrama | ing sasi Rabingulakir | taun Be sangkalanira | mangkat lunga ngèsthi siwi |[3][4]|

 


Baca: dhoktor. (kembali)
kadang. (kembali)
§ = 1800. (kembali)
Tanggal: Anggara (Slasa) limalas (15) Rabingulakir Be: mangkat lunga ngèsthi siwi (AJ 1800). Tanggal Masehi: Selasa 4 Juli 1871. (kembali)