Tasikmadu, Padmasusastra, 1898, #1496

JudulCitra
Terakhir diubah: 02-12-2020

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Tasikmadu

Z.H. den Susuhunan

Ing ngandhap punika panambramanipun Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara IV konjuk saandhaping Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana IX nalika têdhak mariksani pabrik Tasikmadu = Săndakara (wetan bênawi).

1. Sêkar agêng lampah 12 tumraping gêndhing Katapang: Citrasari, salendro pathêt manyura.

1. dhuh gusti ulun | nambrama tur basuki | ing padukendra | myang ri jêng pramèswari | lan umi nata | myang jêng pangran dipati | sagotranira | kang tumrah Tasikmadu ||

2. êntyarsa ulun | lir sarkara ngalabi | kadrêsan sêkar | raraping ngawiyati | sumriking gănda sumyar amaratani | ciptanirèng tyas nugraha gêng kang prapti ||

3. saksat Bathara | Sadana lan [la...]

--- 313 ---

[...n] Dèwi Sri | tumurun arsa mawèh kanowaning janmi | manuksma maring tanêm tuwuh ing bumi | dadya sarana | climènirèng dumadi ||

4. marmanta ulun mahargya sri bupati | de ta malabi | manonmu arjèng janji | yèkang dumunung nèng prajanta pribadi | dèn mangastuti nata sulihing Suksma ||

5. puwara ulun | umastawèng Hyang Widhi | pajampuwa ta | sang iswara sarimbit dirganing yuswa | dinulur ing sakapti | prasidanira | mardawèng Surakarta ||

6. titining atur | panêmbramanira ji | Raditya ari | tri wêlas sitarêsmi | ing wulan Saban | Jimawal tekang warsi | sangsaya luhur | salira sang aji |[1][2]|

 


§ = 1805. (kembali)
Tanggal: Raditya (Ngahad) tri wêlas (13) Saban (Ruwah) Jimawal: sangsaya luhur salira sang aji (AJ 1805). Tanggal Masehi: Minggu 3 September 1876. (kembali)