Tasikmadu, Pigeaud, 1953, #1424

JudulCitra
Terakhir diubah: 09-04-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Panêmbramanipun Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Ariya Mangkunagara IV

Konjuk ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana IX nalika têdhak mariksani Pabrik Tasikmadu.

1. Căndrawilasita tumrap ing gêndhing katawang Citrasari, salendro pathêt manyura

1. dhuh gusti ulun | nambrama tur ba |[1] suki ing padukendra |[2] myang ri jêng pramèswari | lan ugi nata | myang jêng pangran dipati | sagătranira | kang tumrah Tasikmadu ||

2. êntyarsa ulun | lir sarkara ngalabdi[3] | kadrêsan sêkar |

--- 4: 127 ---

raraping ngawiyati | sumriking gănda | sumyar amaratani | ciptanirèng tyas | nugrahagêng kang prapta ||

3. saksat Bathara | Sadana lan Dèwi Sri | tumurun arsa | mawèh kanowaning janmi |[4] manuksma maring | tanêm tuwuh ing bumi | dadya sarana | climènirèng dumadi ||

4. marmanta ulun | mahargya sri bupati | de ta malabi | manonmu arjèng janji | yekang dumunung | nèng prajanta pribadi | dèn mangastuti |

--- 4: 128 ---

nata sulihing suksma ||

5. puwara ulun | umastawèng Hyang Widdhi | pajampuwa ta | Sang Iswara sarimbit | dirganing yuswa | dinulur ing sakapti | prasidanira | mardawèng Surakarta ||

6. titining atur | panêmbramaniraji | Raditya ari | tri wêlas sitarêsmi | ing wulan Saban | Jimawale kang warsi | sangsaya luhur | salira sang aji |[5][6][7]|

 


Kurang dua suku kata: nambrama tur basuki. Bandingkan: Padmasusastra 1898: "nambrama tur basuki | ing padukendra" Pupuh 1.1.2-3. (kembali)
Lebih dua suku kata: ing padukendra. (kembali)
ngalabi. (kembali)
Lebih satu suku kata: wèh kanowaning janmi. (kembali)
§ Taun Jawi 1805. Masèi taun 1876, wulan Sèptèmbêr. (kembali)
Tanggal: Raditya (Ngahad) tri wêlas (13) Saban (Ruwah) Jimawal: sangsaya luhur salira sang aji (AJ 1805). Tanggal Masehi: Minggu 3 September 1876. (kembali)
Kurang satu suku kata: salirane sang aji. (kembali)