Pralambang Kênya Candhala
1. Gambuh
1. kumêdah nyêkar gambuh | dasih paduka pun rara wijung[1] | ingkang sawêg pinardi nyindhèni gêndhing | dèrèng sagêd amung nurut | ing karsa gusti sang anom ||
2. mring lagu maksih kadung | iramane dèrèng patos atul | saking dene kadêrêng arsa malês sih | marmanta darbe panuwun | aksamanira sang anom ||
--- 4 : 58 ---
3. salendhang kênya ing rum | têtêmbange găngsa kang tinabuh | wêwangsalan ingkang tinunggil ing gêndhing | tămbra krêsna kiswa lumung | parênge gusti sang anom ||
4. dewanirèng sitangsu | sikarane kang băngsa lêlêmbut | candranira wanodya angganggu ati | wêru gêng kang klapa trênyuh | yèn busana sarwa mompyor ||
5. kiswa tinambang jumbuh | cêplik panjang ingkang jamur wungu | gêlung malang cundhuk kêmbang dhuwur kuping | wangke sisaning mong kantun | pantês lamun pindha borok ||
6. wida wadana rêmu | rêkathagêng pulas răngka dhuwung | pupu jênar kadi kapithing sinungging | alis gamêng lir bêtatung | yèn luntur pating calerong ||
--- 4 : 59 ---
7. kadang Wiratha Prabu | têmbung dhalang sasmitaning nêpsu | salin rupa mari grêgêtake ati | kutha Madura kang kidul | wêkasan kaya Ni Thowok ||
1 | § wijung = cèlèng. (kembali) § wijung = cèlèng. |