Sandiasma
1. Sinom
1. kang kocap jêng sri narendra | gusthi têtikaning nagri | patih ngêngeras pandriya | rancakan angêrèh budi | dining para wargaji | tinata arja tan ayun | yayah manggung sulaya | kulina nala tan yukti | gagasira rêrasan kang tanpa karya ||[1]
--- 4 : 2 ---
2. Dhandhanggula
1. kang winahya jêng sang kusumanjing[2] | gusthi sastra tinuting sujana | pangringkêse ngeramake | rantaman amangapus | dibyanira para maharsi | têtika arjèng naya | manggih nugraha gung | kunane ana pandhita | gêgarane rakêt lan sang sidajati | pingit mring patyastana ||[3]
1 | § Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara. (kembali) § Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara. |
2 | § Ngusmanaji. (kembali) § Ngusmanaji. |
3 | § Kangjêng Gusti Panger [Pangeran] Adipati Arya Mangkunagara ping pat. (kembali) § Kangjêng Gusti Panger [Pangeran] Adipati Arya Mangkunagara ping pat. |