Ngalamat
1. Kinanthi
1. kinanthi riniptèng pemut | makirtyaning kang sayêkti | măngka tan wrin darunanya | duk ing aldaka Marapi | mubal amijil dahana | tinon dahat gêgirisi ||
2. swara gêtêr gumaludhug | mawanti datan ngêndhani | saking mandrawa kapyarsa | karya ru-araning kapti | lir grah kapitu swaranya |
--- 95 ---
sotaning tyas mawèh tistis ||
3. tan wruh gati purwanipun | muhung tibaning kang riris | awu malêtuk pyur anjrah | tanapi kang guntur pasir | anglir bun tibaning kisma | rata rêsik kadya tasik ||
4. satêmah ariris têdhuh | Hyang Bagaskara tan kèksi | kawêngan ing ampak-ampak | pêtêng dhêdhêt ing wiyati | ngêndhanu abang sumirat | sunaring dahanèng wukir ||
5. samana ing wanci dalu | kang ari Anggara Manis | nênggih wasesa sagara | satêngah sanga marêngi | lèking Sapar kaping sapta | nuju wuku Warigalit ||
6. pan Lodra Wogan Wurukung |
--- 96 ---
nêdhêng sadasa wus akir | Wawu gumiliring warsa | kang tansah lagya gumanti | sangara pan sinangkalan | janma muluk bujăngga ji |[1][2]
7. titi brastha aywa limut | yogya kinarya palupi | lêpiyaning kang wahana | wahananing nguni-uni | sinamur samaring basa | basa kang amrih basuki ||
1 | § Taun Jawi 1801, taun Walandi 1872, wulan April. (kembali) § Taun Jawi 1801, taun Walandi 1872, wulan April. |
2 | Tanggal: Anggara Manis (Slasa Lêgi) sapta (7) Sapar Wawu: janma muluk bujăngga ji (AJ 1801). Tanggal Masehi: Selasa 16 April 1872. (kembali) Tanggal: Anggara Manis (Slasa Lêgi) sapta (7) Sapar Wawu: janma muluk bujăngga ji (AJ 1801). Tanggal Masehi: Selasa 16 April 1872. |