Jôngka Jayabaya, Tanaya, 1938, #798

Judul
Sambungan
1. Jôngka Jayabaya, Tanaya, 1938, #798. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri
2. Jôngka Jayabaya, Tanaya, 1938, #798. Kategori: Bahasa dan Budaya > Pawukon dan Primbon
Citra

Serie No. ... DJAJABAJA Regi F 0,30

Sêrat Jôngka Jayabaya

Sèh Bakir

Jilid I

Ngêwrat pralambang jangkaning jaman ing jagad punika, dalah katêranganipun. Wiwit jaman unggul-unggulipun adêging kautaman utawi dayaning agami, ngantos dumuginipun jagad pralaya.

__________

Têtêdhakan saking sêrat-sêrat kina sêratan tangan, mawi katandhing sarta katiti R. Tanaya.

Tjitakan jang pertama

Diterbitkan dan didjoeal olih
Boekhandel "SADOE BOEDI"
SOLO 1938

--- [1] ---

Sêrat Jôngka Jayabaya

Sèh Bakir

Jilid I

Ngêwrat pralambang jangkaning jaman ing jagad punika, dalah katêranganipun. Wiwit jaman unggul-unggulipun adêging kautaman utawi dayaning agami, ngantos dumuginipun jagad pralaya.

__________

Têtêdhakan saking sêrat-sêrat kina sêratan tangan, mawi katandhing sarta katiti R. Tanaya.

Tjitakan jang pertama

Diterbitkan dan didjoeal olih:
Boekhandel "SADOE BOEDI"
SOLO 1938

--- [2] ---

Hak pengarang diperlindoengi olih wet!

--- 3 ---

Pamêdhar

Wiyosipun, Sêrat Jôngka Jayabaya Sèh Bakir ingkang kula titi punika arupi sêrat kêkalih, ingkang satunggal kula cirèni A, satunggalipun kula cirèni B.

Sêrat A, sinawung sêkar macapat 4 pupuh sarta mawi slunthingan gancaran, wiwitanipun pupuh asmaradana 16 pada, lajêng pupuh sinom 40 pada, nuntên pupuh pangkur 40 pada, lajêng pupuh dhandhanggula 9 pada, nuntên slunthingan gancaran, tamat. Titimasaning panyêrat (panêdhak) nalika taun Jawi 1816, Hijrah 1304, Masèhi 1887.

Sêrat B sinawung sêkar macapat namung 2 pupuh, wiwitanipun pupuh sinom 40 pada, lajêng pupuh pangkur namung 35 pada, jugag, botên kasêrat titimasa kala panyêratipun (panêdhakipun) nanging kenging kinintên-kintênakên bilih panêdhakipun sêrat wau sampun jajahan sèkêtan taun ingkang kapêngkêr, untap-untapan kalihan titimasa panêdhakipun sêrat A.

Mênggah saking pandugi kula, bakunipun Sêrat Jôngka Jayabaya Sèh Bakir punika, bokmanawi namung kados ingkang kasêbut ing sêrat A lan B pupuh sinom 40 pada lan pupuh Pangkur 40 pada sampun tamat. Dene ing sêrat A pupuh asmaradana 16 pada ing wiwitan, lan pupuh dhandhanggula 9 pada salajêngipun slunthingan [slu...]

--- 4 ---

[...nthingan] gancaran ing pungkasan, punika kados-kados namung saking wêwahanipun ingkang nêdhak utawi mulyakakên kemawon. Sêrat B kados-kados dèrèng têbih susatipun kalihan bakuning babonipun sakawit, namung kuciwa dening ing pupuh pangkur namung wontên 35 pada, dados sambêtipun dumugi 40 pada taksih kirang 5 pada, jangkêpipun kêkirangan punika kapêksa mêndhêt ing sêrat A kemawon.

Sêrat Jôngka Jayabaya Sèh Bakir punika kados-kados cêcangkokan saking Sêrat Jayabaya kina, ingkang anyariyosakên pralambangipun satunggal-tunggaling karaton ing tanah Jawi, dene Sêrat Jayabaya kina punika kacariyos sampun rambah-rambah kabangun, yèn miturut sêrat anggitanipun Paduka Tuwan C.F. Winter Sr., Javaansche Zamenspraken I kaca 355, pratelanipun Sêrat Jayabaya kados ing ngandhap punika:

1e. Sêrat Jayabaya, ing kina ingkang nganggit Êmpu Salukat ing Mamênang, kala panjênênganipun Prabu Jayabaya.

2e. Lajêng kaanggit malih dhatêng Susuhunan Giri II.

3e. Anuntên kaanggit malih dhatêng Pangeran Adilangu, kala jaman karaton Kartasura.

Sêrat ingkang 1e punika samangke kados sampun botên kasumêrêpan wujudipun, dene sêrat ingkang 2e kalihan 3e

--- 5 ---

taksih wontên wujudipun, arupi sêrat-sêrat sêratan tangan, limrahipun namung kangge simpênan sarta dipun ajèni ing tiyang Jawi, nanging ugi sampun nate kapacak wontên ing dalêm kalawarti basa Walandi. Ing sasampunipun wontên Sêrat Jayabaya bangunanipun Pangeran Adilangu, lajêng kasusul wontênipun Sêrat Jayabaya bêbangungan enggal, karanganipun para sarjana tuwin karanganipun pujôngga karaton, kados ta: Sêrat Jayabaya ingkang mawi sêkar, (kasêrat nalika taun Dal 1743 sinangkalan guna catur swarèng rat),[1] Sêrat Jayabaya Sèh Bakir, Sêrat Jayabaya ing Pustakaraja, Sêrat Jayabaya Jôngka, saking Kitab Musarar, Sêrat Jayabaya ingkang moncèr, Sêrat Jayabaya Pramanasidhi, Sêrat Jayabaya Pranitiwakya. Kawontênanipun sêrat-sêrat Jayabaya wau, saya dangu saya wêwah moncèripun, lan wontên ingkang kasêbut kaalusakên, inggih punika Sêrat Pranitiwakya. Mênggah kasusastranipun sêrat-sêrat Jayabaya bêbangunan enggal wau, katawis yèn kasusastran ing Surakarta, dêdamêlan sawêg kala ing salêbêtipun abad Jawi ingkang kaping wolulas, ugi lajêng kasundhul tuwuhipun sêrat-sêrat Wêca, kados ta: Sêrat Côndralaksitanipun para nata ing tanah Jawi ingkang sampun kawahya lan ingkang dèrèng winahya, sêrat Côndralaksitanipun ingkang jumênêng ing praja Utara, Sêrat Imam Mahdi utawi Ratu Adil, Sêrat Imam [I...]

--- 6 ---

[...mam] Mahdi ingkang moncèr, Sêrat Sabdatama, Sêrat Jakalodhang, Sêrat Wedhatama piningit, Sêrat Wirayat Gaib, Sêrat Kaol, Sêrat Jôngka pêthikan saking dongèng kêthèk oglèng, Sêrat Kaoling Sêrat Jôngka, tuwin sanès-sanèsipun. Mênggah kasusastranipun sêrat-sêrat wêca wau, ugi kasusastran ing Surakarta, sanadyan kasusastran ing pondhok pasantrèn utawi kasusastran kapujanggan, sami dêdamêlan ing akiripun abad Jawi ingkang kaping wolulas, dumugi abad Jawi ingkang kaping sangalas. Inggih sanadyan suraosing jôngka utawi wêca sadaya wau taksih sarwa pêtêng, ewadene ing sêmu kawistara yèn sagêd anarik manah, mila inggih dipun ajèni.

Sêrat Jôngka Jayabaya Sèh Bakir punika bokmanawi cangkokan saking Sêrat Jayabaya kina bangunanipun Pangeran Adilangu ing jaman Karaton Kartasura, kaêmpurakên kalihan têturutanipun cariyos babading karaton tanah Jawi, kawêwahan dêdungkapanipun ingkang ngarang piyambak, mèmpêripun inggih makatên.

Samangke kula pacak dados kalih jilid, ingkang jilid I pêndhêtan saking sêrat A, pupuh asmaradana 16 pada. Ngêwrat pralambang [pra...]

--- 7 ---

[...lambang] jangkaning jaman ing jagad punika, wiwit jaman unggul-unggulipun adêging kautaman utawi dayaning agami, ngantos dumuginipun jagad pralaya. Kawêwahan sorogan, minôngka katêrangan.

Dene ingkang jilid II pêndhêtan saking sêrat B, pupuh sinom 40 pada, lajêng pupuh pangkur 35 pada, nuntên sambêtan pêndhêtan saking sêrat A, pupuh pangkur pada ôngka 36 dumugi pada ôngka 40 sampun kula damêl tamat. Amratelakakên têturutaning babad tuwin jangkanipun tanah Jawi, wiwit kaisèn manusa saking Ngêrum ngantos dumugi kiyamatipun pulo Jawi. Ugi kawêwahan sorogan sawatawis, minôngka katêrangan.

Ing ngriki botên mêndhêt têdhakanipun sêrat A pupuh dhandhanggula 9 pada, dalah slunthinganipun gancaran, awit ing ngriku namung anyariyosakên sajarah awit Kangjêng Nabi Adam dumugi para nata ingkang angadhaton ing nagari Janggala. Wusana mugi andadosakên kauninganipun ingkang sami nupiksa.

Surakarta, Januari 1937.

R. Tanaya.

--- 8 ---

Pralambang jangkaning jaman ing jagad punika.

1. Asmaradana

1. kayu ingkang wasta ajir | dadi sandhang salaminya[2] | duk kapanggih lan garwane | ing ngriku pan salin jaman | ingaran jaman krêta | wolung èwu warsa iku[3] | dhahar sawulan sapisan ||

2. duk samana nulya awit | manusa kenging duraka | kenging pêjah salamine | sagung wong gamane panah | dawane randhuwana | satus dhêpa inggilipun | lêmbu sukune mung tiga[4] ||

3. pramanèng Hyang wontên daging[5] | lumrah manusa kuwasa | nulya salin jaman manèh | gêgênti jaman dwapara | ngalam nabi sadaya | lamun dhahar kathahipun | amung ping kalih sawulan ||

4. gamanira tigang warni | panah pêdhang lawan gada | maksih kuwasa ponang wong | gunging rêrasan wong donya | kalawan wong ngakerat | dhuwure gurda lan randhu | apan amung sèkêt dhêpa ||

5. lêmbu ingkang nyôngga bumi | kantun kalih sukunira[6] | pramanèng Hyang gêtih gone[7] | limang èwu warsa ika[8] | nulya salin jamannya | jaman kali kang sumambung | jaman wali pan sadaya ||

6. jaman wali kang kêkalih | mukmin kas lawan mukmin ngam | dhahar ping tiga siyange | pra wali ingkang maksih kas | dhahar pindho sawulan | wali kang apês puniku | dhahar ping tiga sawulan | ||

--- 9 ---

7. lêmbu ingkang nyôngga bumi | sukune kantun satunggal[9] | pramana kulit ênggone[10] | dhuwure kang randhuwana | amung salawe dhêpa | kênèng duraka wong iku | lan apês ing têmênira ||

8. gêgamane wuwuh malih | kêris towok lawan tumbak | rong èwu warsa lamine[11] | asalin jaman sangara[12] | ing alame punika | mukmin ngam ing lampahipun | rina wêngi mêmanganan ||

9. tan ana ing marêmnèki | lumrahing wong ambêk raran | pramana nèng sukêt gone | dhuwure kayu pan suda | mung kalih dasa dhêpa | kang nyôngga bumi wus rubuh | suku sirna kalih pisan[13] ||

10. datansah kang bumi iki | gara-gara angin prapta | bumi wus ilang brêkate | suda wirange wanita | pinundhut ing Hyang Suksma | pan ilang adiling ratu | wong wadon atata priya ||

11. kawula lali ing gusti | pan gusti lali kawula | pêkir lali agamane | wong gêdhe kèh nganiaya | wong cilik kèh dursila | lali bapa lawan guru | ilang sihe wong kêkadang ||

12. gêgamane amêpêki | barêng dadi gêgamannya | patine ing gêgamane | wuwuh bêdhil kalantaka | mriyêm gurni gurnada ||

--- 10 ---

lumrah wong ambêk arusuh | jumênêng wong akèh mlarat ||

13. sèwu warsa laminèki | kang jumnêng alam sangara | abali ngalam krêtane | ing ratune waliullah | lami nèng ngalam donya | satus taun laminipun | anumpak ari kiyamat ||

14. apan ta sampun pinasthi | lawase ing ngalam donya | marang kang murbèng alame | apan ta mung tigang lêksa | tri èwu catur warsa | puniku ingkang akantun | wus parêk dina kiyamat ||

15. tan prapta ing satus warsi | mati wiji kang tumitah | arata ing jagad kabèh | tan ana wong anak-anak | tan ana wong gaota | tiba gaibing Hyang Agung | tan wikan dina kiyamat ||

Kasambêtan jangkaning jaman ing tanah Jawi.

16. wontên carita winarni | tumrap ing dalancang Jawa | saking Kuran pinangkane | kayadene tanah Jawa | duk taksih dadi wana | dèrèng wontên jalmanipun | wong anom dèn kawruhana ||

Taksih wontên sambêtipun, ingkang badhe kawêdalakên, inggih punika: Sêrat Jôngka Jayabaya Sèh Bakir jilid II, amratelakakên têturutaning babad tuwin jangkanipun tanah Jawi, wiwit kaisèn manusa saking Ngêrum, ngantos dumugi kiyamatipun pulo Jawi.

__________

--- 11 ---

Sorogan, minôngka katêrangan.

1). Cariyos lêlampahanipun Kangjêng Nabi Adam lan babu Kawa, ing nalikanipun nandhang dosa, lajêng katurunakên dhatêng ing donya.

2. Maskumambang

1. ana kayu satunggal lan kayu ajir | awêlas tumingal | mring Adam Kawa ngling aris | godhong sun sira ambila ||

2. sigra mêrak Adam Kawa ngisor ajir | mêthik godhong nulya | karya tutup ngurat sami | wudêl watês jêngkunira ||

3. ing sawuse pinêthil godhonge ajir | kang kayu samana | godhonge ngalinthing sami | ingaran kayu cêmara ||

4. ana maning kayu kang wêlas ningali | marang Adam Kawa | saparan-paran lumaris | tanpa angsal pangauban ||

5. ingaranan kayu garu anyêluki | ngriki Adam Kawa | angauba ngisor mami | kang kayu langkung ngrêmpayak ||

6. sapraptane Adam Kawa pinggiring wit | godhong kayu sirna | mangkêrêt dalah samangkin | blujut tanpa godhong wrêksa ||

7. Maha Suci ngandika mring Jabarail | hèh sira turuna | Si Adam lan Kawa nuli | tibakna ing ngalam donya ||

8. lan naga mrak kayu loro garu ajir | padha turunêna | marang ngalam donya aglis | sigra Jabrail malekat ||

9. samangkatnya samya tinurunkên sami | Adam tibanira | nèng pucak ardi Sêrandil | Ni Babu Kawa tibanya ||

--- 12 ---

10. tanah Siyêm mrak naga tiba jaladri | kayu tibèng arga | mangkana Adam kawarni | langkung tobat ing Hyang Suksma ||

11. kalanira tumiba saking ing langit | tanggal kaping tiga | nuju Mukaram kang sasi | muji tobat lan istigpar ||

12. ardi Srandil tanah Selan iku benjing | pan dadya nagara | Selong wong Jawa ngarani | ya Sêrandil Selong Selan ||

13. siyang dalu Bagendha Adam anangis | sangsaya kagagas | pisahe lawan kang rayi | Babu Kawa tan kawruhan ||

14. luhira drês Nabi Adam tibèng siti | anglir pendah jawah | kang luh dadya mirah sami | tanah Selan kawaratan ||

15. langkung adi warnine mirah kaèksi | tumênga ing tawang | Nabi Adam aningali | langit kasapta narawang ||

16. wela-wela tan môntra-môntra nèng langit | lohkil makpulira | nong godhonge sajaratil | muntaha surate munya ||

17. lampahane kang sarira sampun muni | anglampahi papa | kangelan sarya prihatin | miwah ing sakecanira ||

18. sadèrènging dumadi tutuging pati | pan mungêl sadaya | wujude wong siji-siji | sawuse atas rumiyat ||

19. lohkil makpul sujud Nabi Adam siti | sarta wontên ayat | parmaning Hyang kapiyarsi | kinèn mujia rabbana ||

20. dhuh Pangeran badan kawula pribadi | ingkang nganiaya | lamun tan Tuwan kasihi | yêkti dados tiyang tuna ||

--- 13 ---

21. kasihana badan kawula puniki | Nabi Adam sigra | nyangêti dènira muji | ngeklaskên lair batinnya ||

22. dungkap satus taune pucaking ardi | Srandil gunung Selan | pajar salat subuh nabi | kalih rêkangat gya salam ||

23. Jabarail prapta ingutus Hyang Widhi | maringkên apura | Ni Kawa kinèn ngulari | saênggone dèn kapanggya ||

24. nulya têdhak Nabi Adam saking ardi | joge ngandhap Selan | lajêng midêr nglaya bumi | Jabrail nulya amisah ||

25. marang Siyêm Dèwi Kawa kawlasasih | tangise tan pêgat | luhira drês tibèng siti | saparane dadya mirah ||

26. amêthukkên malaekat Jabarail | dhawuhkên apura | lah Kawa dika ulari | rakanta Adam mring Mêkah ||

27. sigra mangkat Jabarail atut wuri | kalane samana | jagad maksih dadi siji | saparan tanpa sagara ||

28. jroning masrik mahgrib datanpa jaladri | maksih nèng pinggiran | pisahe kala Nuh Nabi | prakêmpa kinêlêm toya ||

29. dadya pisah bumi pulo-pulo sami | ana ciyut jêmbar | pinasthi karsaning Widhi | mangkana ingkang balayang ||

30. Babu Kawa kalawan Jêng Adam Nabi | wus angsal sawarsa | dènira jajah lumaris | prapta tanahe ing Mêkah ||

31. pranggul anèng ara-ara tarwiyahi | suku ardi Ngarpat | rêrangkulan sarwi nangis | tangise sokur maring Hyang ||

--- 14 ---

32. sampun musna wau malekat Jabrail | Adam lawan Kawa | nèng sukune Ngarpat ardi | ginantyan mêgatruh sêkar ||

3. Mêgatruh

1. midêr-midêr Adam Kawa runtung-runtung | ngupados sênêng ning galih | kang dèn ênggyani karuhun | tanah Arab dèn jajahi | Ngrum Indhi mangidul ngulon ||

2. mangalore marang Bulkin Barjah laju | mring Kusniamalebari | alaryan wontên ing ngriku | pitulungira Hyang Widhi | sela gung ing jro garowong ||

3. guwa cara wisma barang prantinipun | rêsik radin wiyar asri | pinetak-petak ing watu | alus anglir dèn patari | mawi nêp-inêp kang bolong ||

4. sela tipis sasisih tumancêp watu | ngandhap nginggil têlèng mawi | gampil mênga minêpipun | candhelane angubêngi | kiwa têngên umbul brobol ||

5. cêlak lèpèn agêng wêning toyanipun | tanah pasir wiyar radin | ara-ara wananipun | kyèh kayu gung buron aring | Adam Kawa ngriku ambrok ||

6. sarta Adam Kawa prasamya asujud | ngatas karsaning Hyang Widhi | nulya Jabarail rawuh | bêktanggon-anggonirèki | kala nabi madêg katong ||

7. nèng sawarga tampa[14] cicir mêksih wutuh | makutha badhong ||

--- 15 ---

ting-anting | kêlatbau binggêlipun | kampuh lancingan kulambi | lan Kawa kang anggon-anggon ||

8. raja kaputrène maksih sami wutuh | wus pinaringake sami | Jabarail wuwusipun | Adam karsaning Hyang Widhi | paduka madêga katong ||

9. anèng donya pan iki palangkanipun | kala madêg nèng sawagi | kang dikaratoni besuk | nak putu dika pribadi | dika kang nuduhna kang wong ||

10. paringing Hyang puniki kitab sapuluh | kang dera wulangkên benjing | mring kang bala anak putu | lan pasaa bèl nglakoni | sabên wulan aja towong ||

11. tigang dina purnama wêkasanipun | sandika aturing nabi | musna Jabarail mabur | cinêndhak lampahannèki | Nabi Adam kang cariyos (sajarah babading karaton nusa Jawi, sêrat-sêratan tangan) ||

__________

Serie No. ... SECH BAKIR Regi F

Sêrat Jôngka: Jayabaya Sèh Bakir

Jilid II

Amratelakakên tuturutaning babad tuwin jangkanipun tanah Jawi, wiwit kaisèn manungsa saking Ngêrum ngantos dumugi kiyamatipun pulo Jawi

__________

Têtêdhakan saking sêrat kina seratan tangan, mawi katandhing sarta katiti R. Tanaya.

Tjetakan yang partama

Diterbitkan dan didjoeal olih:
Boekhandel ''SADOE BOEDI''
SOLO 1938

--- [1] ---

Sêrat Jôngka: Jayabaya

Sèh Bakir

Jilid II

Amratelakakên tuturutaning babad tuwin jangkanipun tanah Jawi, wiwit kaisèn manungsa saking Ngêrum ngantos dumugi kiyamatipun pulo Jawi.

__________

Têtêdhakan saking sêrat kina seratan tangan, mawi katandhing sarta katiti R. Tanaya

Tjetakan jang partama

Diterbitkan dan didjoeal olih:
Boekhandel ''SADOE BOEDI''
SOLO 1938

--- [2] ---

Hak pengarang diperlindoengi olih wet!

--- [3] ---

1. Sinom

1. Sinoming kang Jayabaya | duk suwunge tanah Jawi | maksih wana langkung pringga | isine mung para dhêmit | pêri pêrayangan jin | miwah sagunging lêlêmbut | kalawan brakasakan | gandarwa lan banaspati | ilu-ilu janggitan lawan kêmamang ||

2. nênggih ingkang kawuwusa | Jêng Sultan Ngêrum winarni[15] 13) | angsal parmaning Hyang Suksma | kadhawuhan ing Hyang Widhi | ngisèni pulo Jawi | nênggih Jêng Sultan ing Ngêrum | kya patih tinimbalan | praptèng ngarsa awotsari | sang aprabu alon wijiling wacana ||

3. hèh patih ingsun tatanya | marang sira kang sayêkti | wartane ing pulo Jawa | apa ta sira udani | kabare isih sêpi | durung isi manusèku | ya isih dadi wana | kya patih matur wotsari | inggih gusti dèrèng isi kang manusa ||

4. ujare para nangkoda | gusti kang sampun udani | kang layar mring tanah Jawa | tan wontên ingkang nglangkungi | kabaripun pawarti | nênggih kathah ardinipun | pulo mujur mangetan | sakilèning pulo Bali | sri narendra alon wijiling wacana ||

5. hèh patih sira mundhuta | wong rong lêksa somah aglis | tandurên ing pulo Jawa | dimène gaga sêsabin | sandika turing patih | sigra nêmbah lèngsèr gupuh | saksana

--- 4 ---

nulya pêrat | wong rong lêksa somah prapti | wusnya pêpak ingêmot marang baita ||

6. ing marga datan winarna | gancaring carita prapti | pra jalma rong lêksa somah | ingisèkkên pulo Jawi | kyana patih gya mulih | wus prapta ing nagri Ngêrum | gantya ingkang winarna | ingkang kari pulo Jawi | têtumpêsan sami tinêluh ing setan ||

7. Jalma kalih lêksa somah | kantun tiyang kawan dèsi | wus bubar mulih samana | ing marga datan winarna | prapta Ngêrum nagari | katur maring sang aprabu | yèn janma kathah risak | dèn môngsa dening dhêdhêmit | duk miyarsa Jêng Sultan eram ing driya ||

8. Jêng Sultan Ngêrum ngandika | timbalana Sèh Subakir | wus prapta ngabyantarendra | jêng sultan ngandika aris | bapa sira sun tuding | layara pulo Jawèku | sira masanga tumbal | sakèhing kang ardi-ardi | dimèn lunga lêlêmbuting tanah Jawa ||

9. wong Kêling sira angkatna | prênahna ing pulo Jawi | samêkta sagêgawannya | nulya angkatna dèn aglis | layarna pulo Jawi | lan sira patih ywa kantun | Sèh Bakir aturira | sandika pamit tumuli | wus amèbèbèr layar numpak tanah Arab ||

10. wus prapta ing Kêli[16] praja | dhawuhkên mundhut sujalmi | ron lêksa somah binêkta | laju layar pulo Jawi | Sèh Bakir

--- 5 ---

kang winarni | ing marga datan winuwus | jujug ing rêdi Tidhar | tumbal pinasang tumuli | wus waradin ing pucuk ngardi sadaya ||

11. nuli ampuhan gung prapta | gara-gara udan angin | gumlêgêr swaraning arga | teja kilat obar-abir | pêtêng mêndhung nglimputi | gègèr sagunging lêlêmbut | jin setan samya mentar | banaspati atut wuri | ilu-ilu janggitan lawan kêmamang ||

12. wewe pêri parayangan | angili marang jaladri | gandarwane mèlu bubar | thethekane atut wuri | sadaya bubar tangi | datan kêlar wêlakipun | gantya malih winarna | wuwusên Danghyang kêkalih | gih punika pinituwa brakasakan ||

13. Sang Hyang Sêmar aranira | lan Sang Hyang Togog satunggil | dhêdhukuh wontên ing wana | wana sukune kang wukir | ing Marbabu kang ardi | samana kêkalih kumpul | wong loro jêjagongan | sira Togog tanya aris | Danghyang Sêmar kagèt dènira miyarsa ||

14. Danghyang Sêmar lon wuwusnya | ki raka wontên punapi | sagung dhêmit kagegeran | gara-gara apa iki | bumi agonjang-ganjing | prakêmpa asindhung riwut | bayu bajra liwêran | kulon iki ubar-abir | lan gumlêgêr swarane wong anèng arga ||

15. Danghyang Togog lon saurnya | reyang iki tan [ta...]

--- 6 ---

[...n] udani | masa bodhoa ing sira | Dhanghyang Sêmar gya wêwarti | yèn sira yun udani | ki raka rêsi saking Ngrum | prapta ing pulo Jawa | arsa ngrusak para dhêmit | pirantine pinasang sakèhing arga ||

16. dawêg ki raka ngandika | manggihi lawan sang rêsi | utusane kangjêng sultan | Ngrum kang nênung pra dhêdhêmit | ingsun arsa kapanggih | maring rêsi ingkang rawuh | kang nênung brakasakan | sakèh dhêmit padha wêdi | kagegeran dhêdhêmit ing nuswa Jawa ||

17. Dhanghyang Togog lon angucap | gih dawêg adhik prayogi | sampun kongsi kêlayatan | ki raka dawêg di aglis | ing marga tan winarni | wus prapta panggih sa[17] wiku | wontên ing ardi Tidhar | tuwan Sèh Bakir ningali | pan dumrojog praptane tata alênggah ||

18. tuwan Sèh Bakir têtanya | kisanak andika pundi | manira têmbe katingal | sapa pakênira kalih | lawan arsa punapi | dene prapta ngarsaningsun | Dhanghyang Sêmar turira | inggih kawula ing ngriki | arsa panggih lawan paduka kewala ||

19. sang pandhita lon ngandika | wartane ing pulo Jawi | ya durung ana manusa | suwung pan isih wanardi | Dhanghyang Sêmar nauri | kawula sajatosipun | tiyang Jawi ing kina | sadèrènge dika prapti | adhêdhêkah wontên sapucuking arga ||

20. sampun sangang èwu warsa | tuwan kula wontên Jawi | dhêdhukuh [dhê...]

--- 7 ---

[...dhukuh] ing ardi Tidhar | sawêg angsal sèwu warsi | langkung taun puniki | sang pandhita gawok ngrungu | sira iku wong apa | apa ta sayêkti jalmi | umurira dene ta kaliwat-liwat ||

21. pan ingsun durung tumingal | wong umur salêksa warsi | Nabi Adam langkung panjang | panjênêngan sèwu warsi | sira iku kiyai | balakaa marang ingsun | apa dudu manusa | dene têka nglêliwati | umurira dene ta kaliwat-liwat ||

22. lamun janma durung ana | kang umur salêksa warsi | Dhanghyang Sêmar aturira | sayêkti amba puniki | pan inggih sanès jalmi | Dhanghyang tanah Jawi ulun | Dhanghyang sêpuh priyangga | titise Jêng Kawa Dèwi | kang jêjuluk Manikmaya inggih kula ||

23. Sang Hyang Sis inggih kawula | Sang Hyang Wênang inggih mami | Sang Srigati inggih kula | Wargutama inggih mami | Jayakusuma tuwin | pan inggih jêjuluk ulun | miwah Ki Jaka Pandhak | Sang Hyang Ismamaya gih mami[18] | gih kawula kang pêparab Sang Hyang Sêmar ||

24. sanadyan ing kina-kina | duk ibu kula rumiyin | kang ngruntuhakên ing rahsa | ingikut maring ijajil | anyipta rahsa aglis | ingêmorkên kalih sampun | anulya dados amba | lamun tuwan dèrèng uning | gih punika gancare badan kawula ||

25. sawargane para dewa | sadaya gih darah mami | lan para [pa...]

--- 8 ---

[...ra] dhanghyang sadaya | tanah sabrang miwah Jawi | sadaya turun mami | miwah sagunging lêlêmbut | inggih nak turun amba | jin pêri sagung dhêdhêmit | ilu-ilu gandarwa pan putu kula ||

26. dene ki raka punika | titise Siti Sundari | ngong karya kadang sudara | dhêdhukuh wontên ing Jawi | mila kawula mriki | pêpanggih lawan pukulun | anyuwun takèn warta | dhatêng paduka sayêkti | lah punapa andika angrusak praja ||

27. Sadaya nak putu amba | sarupane sami ngili | kenging tênung taragnyana | paduka ingkang miranti | ngusi[19] maring jaladri | sakèhing wadya lêlêmbut | sang pandhita lon mojar | manira iki kiyai | ya dinuta dening Jêng Sultan Ngrum ingwang ||

28. apan kinèn ngisènana | jalma pulo Jawa iki | dimène tangkar-tumangkar | ambubak anèng wanardi | kang sun isèkkên iki | wong Kêling nagaranipun | cacah rong lêksa somah | iku karsaning Hyang Widhi | nora kêna yèn sira amalangana ||

29. Dhanghyang Sêmar aturira | sokur jumurung sakêthi | yèn karsanipun Jêng Sultan | ing Ngrum dhawuhing Hyang Widhi | dhinawuhan ngisèni | ing pulo Jawa pukulun | kinèn bubaki wana | nanging ta panuwun mami | turun amba tumuta ngadani Jawa ||

30. Tuwan Sèh Bakir ngandika | mêngko kyai sun tuturi | karsaning Hyang Maha Mulya | lêlakone Jawa benjing | winatês [wina...]

--- 9 ---

[...tês] ing Hyang Widhi | rong ewu lan satus taun | kono anuli sirna | awit saking taun iki | satus taun durung ratu nora praja ||

31. iku karsaning Hyang Suksma | tataning wong kadya pêksi | yèn wus jangkêp satus warsa | lawan punjul sèkêt siji | Hyang Suksma karya aji | ing Gilingwêsi kadhatun | lawan ing Panaraga | iku wit kanggo narpati | ajêjuluk Mahraja Selaprawata ||

32. iku kaki sira monga | sira amora lan jalmi | sangkalanira sang nata | ratu ingkang nata jalmi (151)[20] | mung satus warsa benjing | Gilingwêsi sirnanipun | miwiti jalma buda | anêbut turune sami | kang ingucap tan liyan Dewa Bathara ||

33. sirnane Selaprawata | nulya na karsaning Widhi | akarya ratuning Jawa | titise Hyang Wisnumurti | ngadhaton Mêdhangkawit | satus taun sirna besuk | Hyang Suksma karya titah | ingkang dadi ratu maning | ratu loro iku karsaning Hyang Suksma ||

34. siji ngadhaton Ngalêngka | abala sagung rasêksi | ing Pôncawati sajuga | titise Hyang Wisnumurti | bala wanara benjing | paramarta ratu iku | dene ta Togog sira | ngêmonga sira ing benjing | kang jumênêng ratu ing praja Ngalêngka ||

--- 10 ---

35. besuk rusake Ngalêngka | tumpês tapis datan kari | amung pitung puluh warsa | sirnane karatonèki | Hyang Suksma ningtah[21] malih | ingkang ajumênêng ratu | ngadhaton ing Wiratha | lawan Madura ing benjing | sèkêt warsa karatone nuli sirna ||

36. Hyang Suksma nuli anitah | karaton Ngastina benjing | Ngamarta Pudhak Satêgal | lawan Ngawu-awu Langit | lawan ing Dwarawati | poma kyai iku besuk | sira ngêmonga benjang | watêse jumênêng aji | satus taun sirnane karatonira ||

37. iku karsaning Hyang Suksma | sirnane karaton benjing | padha pêrang lawan kadang | awite rêbut nagari | iya êmongên kyai | kang jumênêng ratu iku | sirnane sampyuh aprang | nulya karsaning Hyang Widhi | Mlawapati kalawan Bojanagara ||

38. iku padha turunira | iya Wisnu kang anitis | nanging ta ing wêkas ingwang | marang sira kang sayêkti | alame ratu kalih | aja sira êmong besuk | sira muliha dewa | satus taun sun watêsi | nuli sirna Hyang Suksma akarya titah ||

39. kêkutha ing Galuh benjang | sèkêt taun kang nagari | sirnane Galuh nagara | nulya ana ratu maning | ing Sindhula prajèki | mung sawidak taun besuk | nulya ana narendra | ing Mêndhangkamulan kaki | ratu iku amangan padha manungsa ||

--- 11 ---

40. patang puluh taun sirna | ratu pandhita gumanti | saking Arab pinangkannya | Kusuma Aji namèki | pinanjingan ing eblis | kabèh lanat iku besuk | anganggit sastra Jawa | pan iku dèn luri-luri | aja sira angêmong sapungkurira ||

2. Pangkur

1. mung sawidak taun sirna | nulya malih Hyang Suksma nitah aji | ajêjuluk Sang Sripunggung | pêpatih jugul mudha | angadhaton nèng sukune ardi Lawu | karta pranataning praja | madêg adiling narpati ||

2. satus taun nuli sirna | nulya malih Hyang Suksma nitah aji | Koripan kadhatonipun | satus taun gya sirna | turun têlu jêjêge karaton iku | nuli karsaning Hyang Suksma | anitahkên ratu malih ||

3. sakawan titahing Suksma | akêkutha Jênggala lan Kêdhiri | Ngurawan lan Singasantun | iku sira ngêmônga | ngawulaa satuhu sira ing besuk | sira anganggowa aran | Ki Prasônta tur prayogi ||

4. Ki Togog sira arana | Prajawada benjing ingkang prayogi | titising Bathara Wisnu | poma sira ywa pisah | pan jumênêng ing Jênggala kuthanipun | aran Panji Rawisrêngga | digdaya prawirèng jurit ||

5. satus taun nuli sirna | karsaning Hyang nitahkên ratu malih | Pajajaran kuthanipun | ngalih saking Jênggala | satus taun sirnane [sir...]

--- 12 ---

[...nane] karaton iku | ya kongsi turun ping tiga | rusake lawan kang siwi ||

6. ya iku mung wêkas ingwang | pan ing kono amora dhêmit maring | wis mariya momong ratu | iku karsaning Suksma | sira kinèn amora lan nak putumu | dhêdhukuha sira benjang | sukune ing ardi Kêndhil ||

7. sira angêliha aran | Ki Rumandi iku luwih prayogi | Ki Togog sira ing besuk | dhukuha ing Lodhaya | angaliha Ki Barjanu ranmu besuk | sirnane ing Pajajaran | nulya karsaning Hyang Widhi ||

8. ratu agung adhining prang | akêkutha ing tanah Majapahit | satus taun sirnanipun | kongsi turun ping tiga | rusakira kutha Majapahit besuk | aprang lawan atmajanya | nulya karsaning Hyang Widhi ||

9. nitahkên ratu ing Dêmak | akèh sagung para wali ngajapi | saking nagri liya iku | pan sami amêmulang | anglampahkên sarengate kangjêng rasul | wus sirna jamaning Buda | pra sami agama suci ||

10. wus samya agama Islam | masuk maring agamane jêng nabi | kutha Dêmak sirnanipun | sawidak taun sirna | punjul papat sirnane kutha puniku | nulya karsaning Hyang Suksma | anitahkên ratu malih ||

--- 13 ---

11. ing Giri lawan ing Pajang | Kalajôngga jêjuluke narpati | umure salapan taun | sirnane kuthanira | apan nuli ana karsaning Hyang Agung | nitahkên ratu Mataram | jêjuluk Sangkala Sakti ||

12. digdaya prawirèng yuda | prakosane ngadoni ing ajurit | ratu sakti digdayanung | sambada tanpa sama | iya iku turune pandhita luhung | Senapati jêjuluknya | para ratu akèh nangkil ||

13. dhumatêng ing tanah Jawa | wiwit iku dumugi ing Matawis | sèwu limang atus taun | warsa tênggak sirahnya | ngumur satus taun ing kutha Matarum | nganti ping patang turunan | nulya karsaning Hyang Widhi ||

14. rusake kutha Mataram | pan binêdhah wong Makasar lan Bugis | Madura rowang sakuthu | lawan putra priyangga | wus alami jangkêpe watêsing umur | nulya karsaning Hyang Suksma | nitahkên narpati maning ||

15. kêkutha ing Wanakarta | sakulone kutha ing Pajang nênggih | sapirowang ratunipun | sirnane kratonira | laminira satus tigang dasa taun | para mêngsah nuli prapta | nangkodha akèh dhatêngi ||

16. rusake ing Kartasura | pan kabêdhah dening wong Cina benjing | nulya karsaning Hyang Agung | nitahkên ratu Jawa | angadhaton [angadha...]

--- 14 ---

[...ton] kulone Mataram iku 14) | siji sawetaning Pajang 15) | wus jaman sangara benjing ||

17. wong Jawa akèh pitênah | maring mitra karuhan lambung kèring | kèh nganiaya sadulur | dora carane kathah | lawan suda pamêtuning budi besuk | ilang pirange wanodya | kèh priya etung pawèstri ||

18. setan wis amor manusa | nora kêna kinawruhakên ing bêcik | jaman sangara puniku | kèh bapa lali anak | anak lali maring bapakne satuhu | wong patèn-pinatèn kathah | akèh wong kurungan eblis ||

19. lan akèh musibat prapta | bêbêndune Hyang Suksma andhatêngi | tênung muni gumaludhug | anèng bumi prakêmpa | gonjang-ganjing bumi mobah gunung gugur | gunung gêmpal ladhu prapta | udan awu miwah tasik ||

20. clèrèt taun angrêgantang | obar-abir kilat thathit dhatêngi | akèh wong kang aprang pupuh | ana mati kobongan | saya lawas mundhak akèh kang bêbêndu | musibating tanah Jawa | arang manungsa kang eling ||

21. akèh wong nglampahi murka | bocah cilik wis padha etung dhuwit | wong agama saya sêngkut | nanging tanpa tatanya | kèh wong padha tumbas-tinumbasan besuk | wong dagang akèh kang tuna | dalah pawitane ênting ||

--- 15 ---

22. kèh anjamah padha priya | tanpa marêm anjamah maring èstri | akèh wong kang padha lacut | wong dursila andadra | wit-awite alane wong padha lacut | wong tanpa dunung katriwal | wong dursila akèh sugih ||

23. akèh wong maido kitab | akèh wong kang dorakkên kang abêcik | kèh lali maring Hyang Agung | akèh nêmbah brahala | ana ingkang ngarêpakên ing lêlêmbut | ana kang mangeran arta | ana mangeran sêrani ||

24. kang ngadani tanah Jawa | iya maksih nangkoda nguwasani | satus warsa iku besuk | musibat saya kathah | sangsaya kèh wong lali maring sadulur | setan amor lan manusa | akèh wong kang lali gusti ||

25. Hyang Suksma anitah raja | duk timure babaran ing Sêrandil 16) | maksih têdhak Kangjêng Rasul | ibu wijil Mataram | sêselongan iya iku wijilipun | kang ngadani tanah Jawa | kang jumênêng ratu adil ||

26. ratu iku langkung mlarat | datan mawi sangu sadat sadawir | mung sumendhe mring Hyang Agung | tan ana japa wikan | pan kêsampar kêsandhung tan ana wêruh | pan pudhak sinumpêt ika | timbule kang tunjang[22] putih ||

27. mungsuh ngarêp akèh sirna | ingkang sêdya wani akèh ngêmasi | tumpês tapis akèh larut | balane mung sirullah [siru...]

--- 16 ---

[...llah] | mung kalabang kalajêngking balanipun | kaki iku kang waspada | sira ladènana benjing ||

28. abala sagung lêlêmbat | anjurungi maring sang ratu adil | anadene kuthanipun | alas bumi kêtôngga | sonya reka kadhatone sang aprabu | nama Sultan Herucakra | enak manahe wong cilik ||

29. ilange wong dora cara | wong dursila durjana juti ênting | bobotoh padha kabutuh | awit adil sang nata | akèh suci ing masjid kang mèlu sujud | eling maring kabêcikan | padha dadi santri curit ||

30. pajêge wong cilik suda | sawah sajung pajêg sadinar mangkin | winatêsan namung sèwu | dadya dhaharing nata | datan mundhut langkungipun saking sèwu | ratu iku lumah asta | blaba asih maring dasih ||

31. asih mring samining titah | datan ana kang kuciwa sakêdhik | iya namung satus taun | jumênêng adil nata | sasirnane kutha ing Kêtôngga besuk | nulya ana ratu kêmbar | iya akêkutha benjing ||

32. saloring ardi Baita | ingkang siji kuthane iku benjing | ana ing Madura besuk | lamine sèkêt warsa | sasirnane Hyang Suksma nitahkên ratu | kêkutha Waringinrêbah | iya namung sèkêt warsi ||

--- 17 ---

33. Waringinrubuh wus sirna | nulya ana gumantya ratu malih | kang sinêdya kuthanipun | ana ing Baleberan | Surawidigdaya sirna kuthanipun | anuli wong Prênggi prapta 17) | ngratoni ing tanah Jawi ||

34. manusa Jawa pan kathah | ingusungan marang sang ratu Prênggi | sèwu-sèwu sabên taun | mung tigang dasa warsa | nulya[...][23] Sultan Ngrum utusan tulung | patih maju sawadyanya | anu[...] maring wong Prênggi ||

35. wadyèng Rum yutan mawêndran | tanpa etung layar mring pulo Jawi | arsa numpês karsanipun | wong Prênggi tapis sirna | bêdhahira sang nata Waringinrubuh | jinunjung dadya narendra | akêkutha Maospait ||

36. têlung puluh taun sirna | sampun jangkêp ngumure tanah Jawi | gunung Sumbing nulya gugur | Mrapi mubal dahana | myang Mêrbabu sadaya pan sami gugur | gunung Tidhar mubal toya | sirnane ing pulo Jawi ||

37. wus têlas ing tutur ingwang | ingsun arsa budhal marang Ngrum nagri | masa borong saungkurku | saturun-turunira | sira mônga kaki ing sapungkur ingsun | poma dipun lampahana | dèn eling ing wêkas mami ||

38. sampun jêngkar sang pandhita | Dhanghyang Sêmar ngêtêrkên dhatêng gisik | Dhanghyang Togog aturipun | wus sami kur-ungkuran [kur-ungkur...]

--- 18 ---

[...an] | Dhanghyang Sêmar kalawan pandhita iku | wus sami babad nèng wana | nulya sami tata sabin ||

39. Dhanghyang Sêmar dadya tuwa | Dhanghyang Togog ingkang dadya pêpatih | awor lawan manungsèku | sinêmbah dening kathah | pan sadaya nuruti parentahipun | tan wontên purun malanga | dhumatêng tiyang kêkalih ||

40. Wus tamat ponang carita | Jayabaya kabare ingkang nagri | saking kitab asalipun | mukarar aranira | anak putu padha titènana besuk | lakune para narendra | nagari lir madu gêndhis ||

--- [0] ---

Sorogan minôngka katêrangan.

13). Ngêrum punika: nagari Rum Turki, kala samantên karajanipun dumunung ing tanah Brusah, salèripun tanah Arab, ingkang ing mangke kalêbêt wêwêngkonipun ing tanah Turki Asiyah.

(Radèn Ngabèi Rônggawarsita, Pustaka Rajapurwa, Pratamakandhêh.)

14). Karaton ing Ngayogyakarta Adining praja

15). Karaton ing Surakarta Adiningrat

16). Srandil tanah Selan, Selong wong Jawa ngarani, ya Sêrandil Selong Selan, (sajarah babading karaton nusa Jawi, sêrêt-sêratan tangan)

17). Prênggi = Frank ( Radèn Mas Mangkudimêja, Pararaton 3 kaca 107.

Prênggi = Ispanyol = Spanye (D. van Hinloopen labberton, Theosophie untuk Boedi-Oetama kaca 11)

Frengistan punika namaning Eropa ing dalêm basa Pèrsi. ("De Informatie" Aftevering XV, kaca 7).

--- [0] ---

[1 halaman kosong]

Catatan kaki:

1. Sengkalan: guna catur swarèng rat (1743 A.J., 1815/16 A.D.). (kembali)
Sengkalan: guna catur swarèng rat (1743 A.J., 1815/16 A.D.).
2. § Mariksanana: sorogan, minôngka katêrangan, ingkang kapacak ing wingking. (kembali)
§ Mariksanana: sorogan, minôngka katêrangan, ingkang kapacak ing wingking.
3. § Ing jaman krêtayuga yuswanipun Sang Hyang Pramana sakêthi taun. Yèn ing jaman krêtoyuga gêsanging Pramana dumugi salêksa taun (Êmpu Widhayaka, Panitisastra, sêrat-sêratan tangan). (kembali)
§ Ing jaman krêtayuga yuswanipun Sang Hyang Pramana sakêthi taun. Yèn ing jaman krêtoyuga gêsanging Pramana dumugi salêksa taun (Êmpu Widhayaka, Panitisastra, sêrat-sêratan tangan).
4. § Limrahing lêmbu asuku sakawan, yèn ing agami Brahma, jaman punika saèstunipun sakawan, inggih punika: krêtayuga, tetayuga, dwaparayuga, lan kaliyuga. Ing jaman [ja...]

--- 16 ---

[...man] krêtayuga, kautaman utawi dayaning agami taksih wêtah, salajêngipun sabên santun jaman, kautaman utawi dayaning agami suda saprapat, dados yèn kalaras kalihan agami Brahma bab kawontênanipun jaman, suku sakawan punika dados pralambang adêging kautaman utawi dayaning agami. Dene lêmbu asuku tiga dados pralambang kautaman utawi dayaning agami namung kantun tigang prapat. (kembali)
§ Limrahing lêmbu asuku sakawan, yèn ing agami Brahma, jaman punika saèstunipun sakawan, inggih punika: krêtayuga, tetayuga, dwaparayuga, lan kaliyuga. Ing jaman [ja...]

--- 16 ---

[...man] krêtayuga, kautaman utawi dayaning agami taksih wêtah, salajêngipun sabên santun jaman, kautaman utawi dayaning agami suda saprapat, dados yèn kalaras kalihan agami Brahma bab kawontênanipun jaman, suku sakawan punika dados pralambang adêging kautaman utawi dayaning agami. Dene lêmbu asuku tiga dados pralambang kautaman utawi dayaning agami namung kantun tigang prapat.
5. § Ing jaman krêtayuga, Sang Hyang Pramana ingkang dados witing ngagêsang punika prênahipun wontên ing pulunging manah, sawêg taksih siniwi ing swarga. Yèn ing jaman tratoyuga prênahipun Sang Hyang Pramana wontên têngahing paningal (Êmpu Widhayaka, Panitisastra, sêrat-sêratan tangan).
Ing jaman krêtayuga, Bathara Rêsi Narayana jiwaning sagung tumitah awarni pêthak, yèn ing jaman tretayuga, Hyang Narayana jiwaning sagung dumadi, kuliting sariranipun abrit, (Mahabarata, bab 148 perangan Tirtayatra ing Wanaparwa). (kembali)
§ Ing jaman krêtayuga, Sang Hyang Pramana ingkang dados witing ngagêsang punika prênahipun wontên ing pulunging manah, sawêg taksih siniwi ing swarga. Yèn ing jaman tratoyuga prênahipun Sang Hyang Pramana wontên têngahing paningal (Êmpu Widhayaka, Panitisastra, sêrat-sêratan tangan).
Ing jaman krêtayuga, Bathara Rêsi Narayana jiwaning sagung tumitah awarni pêthak, yèn ing jaman tretayuga, Hyang Narayana jiwaning sagung dumadi, kuliting sariranipun abrit, (Mahabarata, bab 148 perangan Tirtayatra ing Wanaparwa).
6. § Ing jaman dwaparayuga, kautaman utawi dayaning agami namung kantun kalih prapat utawi sapalih. (kembali)
§ Ing jaman dwaparayuga, kautaman utawi dayaning agami namung kantun kalih prapat utawi sapalih.
7. § Ing jaman dwaparayuga, prênahipun Sang Hyang Pramana wontên ing daging lawan êrah. (Êmpu Widhayaka, Panitisastra sêrat-sêratan tangan). | Ing jaman dwaparayuga, Sang Narayana ngrasuk warni jêne.

--- 17 ---

(Mahabarata, bab 148 perangan Tirtayatra ing Wanaparwa). (kembali)
§ Ing jaman dwaparayuga, prênahipun Sang Hyang Pramana wontên ing daging lawan êrah. (Êmpu Widhayaka, Panitisastra sêrat-sêratan tangan). | Ing jaman dwaparayuga, Sang Narayana ngrasuk warni jêne.

--- 17 ---

(Mahabarata, bab 148 perangan Tirtayatra ing Wanaparwa).
8. § Ing jaman dwaparayuga, Sang Hyang Pramana yuswa sèwu taun langkung satus taun kalihan satus wulan (Êmpu Widhayaka, Panitisastra, sêrat-sêratan tangan). (kembali)
§ Ing jaman dwaparayuga, Sang Hyang Pramana yuswa sèwu taun langkung satus taun kalihan satus wulan (Êmpu Widhayaka, Panitisastra, sêrat-sêratan tangan).
9. § Ing jaman kaliyuga, kautaman utawi dayaning agami namung kantun saprapat. (kembali)
§ Ing jaman kaliyuga, kautaman utawi dayaning agami namung kantun saprapat.
10. § Ing jaman kaliyuga Sang Hyang Pramana manggon wontên ing kulit lawan ing wulu puhun (Êmpu Widhayaka, Panitisastra, sêrat-sêratan tangan).
Ing jaman kaliyuga, Hyang Narayana ngrasuk warni cêmêng, Mahabarata bab 148 perangan Tirtayatra ing Wanaparwa). (kembali)
§ Ing jaman kaliyuga Sang Hyang Pramana manggon wontên ing kulit lawan ing wulu puhun (Êmpu Widhayaka, Panitisastra, sêrat-sêratan tangan).
Ing jaman kaliyuga, Hyang Narayana ngrasuk warni cêmêng, Mahabarata bab 148 perangan Tirtayatra ing Wanaparwa).
11. § Ing jaman kaliyuga yuswaning Pramana enggal-enggal kados upaminipun gêbyaring kilat wontên ing mêndhung. (Êmpu Widhayaka, Panitisastra, sêrat-sêratan tangan.) (kembali)
§ Ing jaman kaliyuga yuswaning Pramana enggal-enggal kados upaminipun gêbyaring kilat wontên ing mêndhung. (Êmpu Widhayaka, Panitisastra, sêrat-sêratan tangan.)
12. § Jamanipun tanah Jawi punika dados tri kali, têgêsipun dados tigang jaman agêng.
1. Jaman ingkang wiwitan, dipun wastani jaman kaliswara, laminipun 700 taun surya utawi 721 taun côndra, wiyosipun salêbêtipun jaman punika, tanah Jawi kathah ungêl-ungêlan kumaraning jagad, asring wontên kapiyarsa swaraning gara-gara gêtêr-patêr dhèdhèt erawati, sarta kathah lêlampahan ingkang elok, awit dening kathah manusa ingkang sumêngka pangawak [pangawa...]

--- 18 ---

[...k] braja dados dewa, kathah jawata ngejawantah tumêdhak dhatêng ngarcapada.
2. Jaman ingkang têngahan, dipun wastani jaman kaliyuga, laminipun 700 taun surya utawi 721 taun côndra, wiyosipun salêbêtipun jaman punika, ing tanah Jawi asring wontên barubah ing bumi, ngantos bêlah dados pulo alit, sarta sagunging bumi kathah ingkang tuwuh salah kadadosan, awit dening manusa ingkang pêjah kathah sami anitis, ugi taksih wontên sawatawis lêlampahan ingkang elok.
3. Jaman ingkang wêkasan, dipun wastani jaman kalisangara, wiyosipun salêbêtipun jaman punika, ing tanah Jawi kathah jawah salah masa, sarta kathah lèpèn banawi ngalih panggenan, dangu dhatênging kabêgjanipun manusa, angêdhikakên panarima, awit dening tekading manusa sami angugêmi kawruhipun piyambak-piyambak (Radèn Ngabèi Rônggawarsita, Pustaka Rajapurwa I, purwaka).
Ing jaman kalisangara lêburing jagad sadaya. (Pangeran Sujanapura, inggih Pangeran Karanggayam I, Nitisruti, sêrat-sêratan tangan) (kembali)
§ Jamanipun tanah Jawi punika dados tri kali, têgêsipun dados tigang jaman agêng.
1. Jaman ingkang wiwitan, dipun wastani jaman kaliswara, laminipun 700 taun surya utawi 721 taun côndra, wiyosipun salêbêtipun jaman punika, tanah Jawi kathah ungêl-ungêlan kumaraning jagad, asring wontên kapiyarsa swaraning gara-gara gêtêr-patêr dhèdhèt erawati, sarta kathah lêlampahan ingkang elok, awit dening kathah manusa ingkang sumêngka pangawak [pangawa...]

--- 18 ---

[...k] braja dados dewa, kathah jawata ngejawantah tumêdhak dhatêng ngarcapada.
2. Jaman ingkang têngahan, dipun wastani jaman kaliyuga, laminipun 700 taun surya utawi 721 taun côndra, wiyosipun salêbêtipun jaman punika, ing tanah Jawi asring wontên barubah ing bumi, ngantos bêlah dados pulo alit, sarta sagunging bumi kathah ingkang tuwuh salah kadadosan, awit dening manusa ingkang pêjah kathah sami anitis, ugi taksih wontên sawatawis lêlampahan ingkang elok.
3. Jaman ingkang wêkasan, dipun wastani jaman kalisangara, wiyosipun salêbêtipun jaman punika, ing tanah Jawi kathah jawah salah masa, sarta kathah lèpèn banawi ngalih panggenan, dangu dhatênging kabêgjanipun manusa, angêdhikakên panarima, awit dening tekading manusa sami angugêmi kawruhipun piyambak-piyambak (Radèn Ngabèi Rônggawarsita, Pustaka Rajapurwa I, purwaka).
Ing jaman kalisangara lêburing jagad sadaya. (Pangeran Sujanapura, inggih Pangeran Karanggayam I, Nitisruti, sêrat-sêratan tangan)
13. § Ing jaman kalisangara, kautaman utawi dayaning agami sampun sirna. (kembali)
§ Ing jaman kalisangara, kautaman utawi dayaning agami sampun sirna.
14. tanpa (kembali)
tanpa
15. § Mariksanana: sorogan, minôngka katêrangan, ingkang kapacak ing wingking. (kembali)
§ Mariksanana: sorogan, minôngka katêrangan, ingkang kapacak ing wingking.
16. Kêling (kembali)
Kêling
17. sang (kembali)
sang
18. Lebih satu suku kata: Sang Hyang Ismaya gih mami. (kembali)
Lebih satu suku kata: Sang Hyang Ismaya gih mami.
19. ngungsi. (kembali)
ngungsi.
20. Sengkalan : ratu ingkang nata jalmi (151 A.J). (kembali)
Sengkalan : ratu ingkang nata jalmi (151 A.J).
21. nitah. (kembali)
nitah.
22. tunjung (kembali)
tunjung
23. Naskah sobek (dan di tempat lain). (kembali)
Naskah sobek (dan di tempat lain).