Wulang Basa (Jilid 2), Sastradiarja, 1918, 1931, 1933, #1211

Judul
Sambungan
1. Wulang Basa (Jilid 2), Sastradiarja, 1918, 1931, 1933, #1211. Kategori: Bahasa dan Budaya > Pengetahuan Bahasa.
2. Wulang Basa (Jilid 3), Sastradiarja, 1918, 1931, 1933, #1211. Kategori: Bahasa dan Budaya > Pengetahuan Bahasa.
Citra
Terakhir diubah: 21-05-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Wulang Basa

Kangggo ing pangkat 3.

Anggitane Mas Sastradiarja, up sindêr pamulangan.

Kang kapindho

Katiti sarta kaewahan sawatawis dening ingkang nganggit.

Kaêcap ing kantor pangêcapane kangjêng guprêmèn ing nagara Batawi taun 1933.

--- 2 : [1] ---

Terima dari Depot pada tanggal ...

Mulai dipakai pada tanggal ...

Tidak terpakai lagi mulai tanggal ...

Wulang Basa

Kanggo ing pangkat 3.

Anggitane Mas Sastradiarja, up sindêr pamulangan.

Kang kapindho.

Katiti sarta kaewahan sawatawis dening ingkang nganggit.

Kaêcap ing kantor pangêcapane kangjêng guprêmèn ing nagara Batawi taun 1933.

--- 2 : [2] ---

[...]

--- 2 : [3] ---

JAVAANSCHE TAALEN STIJLOEFENINGEN

SAMENGESTELD DOOR MAS SASTRODIARDJO HOOFD SCHOOLOPZIENER

TWEEDE DEEL

VERBETERDE DRUK

LANDSDRUKKERIJ-1933-BATAVIA.

--- 2 : [4] ---

[...]

--- 2 : [5] ---

Wiwit jilidan kaping kalih punika wontên wêwulang ingkang kajêngipun ngramakakên, utawi ngokokakên, sarta nêrangakên panganggenipun têmbung ngoko, krama, krama inggil tuwin madya. Pamurihipun supados lare sagêd nyêrat saha rêmbagan ngangge têmbung-têmbung wau ingkang ragi lêrês. Punapadene sumêrêp dhatêng panganggenipun têmbung krama utawi krama inggil ingkang ngokonipun kalih utawi langkung.

Sadaya wulangan ingkang ragi angèl, prêlu karêmbag saha katêrangakên rumiyin.

________

Cap-capan taun punika wontên ewah-ewahan sawatawis.

________

--- 2 : [6] ---

[...]

--- 2 : [7] ---

1. Kramakna:

Aku arêp mênyang Sêmarang.

Apa kowe arêp grip.

Kowe diarêp-arêp bapakmu.

Karêpku aku arêp nyambut gawe ana ing pabrik.

Olèhmu nulis aja mung sakarêp-karêpmu bae.

Apa iya kowe arêp tuku jaran kore.

Yèn kowe arêp, mêngko sore arêp dakwènèhi bakal klambi lenah.

Omahe Sêtra marêp mangidul ngarêpake dalan gêdhe.

Kowe marêpa mrene, bakal daktuturi sawijining prakara kang prêlu.

--- 2 : 8 ---

2. Gênêpana:

Olèhe angguyu nganti kapingkêl-pingkêl.

Olèhe lumayu nganti ...

Olèhe nangis nganti ...

Olèhe anggendhong nganti ...

Olèhe mangan nganti ...

Ênggone nulis kongsi ...

Ênggone turu kongsi ...

Ênggone slulup kongsi ...

Ênggone minum kongsi ...

Ênggone ngabotohan kongsi ...

Pamacane nganti ...

Panjaluke nganti ...

Pambatange nganti ...

Pangarahe nganti ...

Panggawene omah iku nganti ...

3. Gawenên ukara kosokbalèn.

Kaya ta:

--- 2 : 9 ---

Adol uyah, tuku jangan, mênging dolanan, akon sinau.

Sabanjure.

Adol, mênging, anjaluk, ambêndung, munggah, ngulukake, adu, ngajak, matèni, ngrêsiki, gawe, ngalêm, ngêtrapake, nurokake, ngêpe, andhudhuk, tămpa, ngrikatake, anjêrokake, nyêkêl, nglêbokake.

4.

Êndhas, kramane: sirah, krama inggile mustaka.

Lah iki kapriye krama inggile:

Êndhas, mata, cangkêm, irung, kuping, pipi, rai, rambut, alis, idêp, janggut, gulu, pundhak, tangan, dhadha, wêtêng, gêgêr, bokong, sikil, dhêngkul, kentol, dlamakan, bau, sikut, driji, susu.

--- 2 : 10 ---

5. Rampungna:

Aku arêp mênyang omahmu dumadakan kowe mrene.

Kêbone arêp didol dumadakan ...

Siman arêp lumêbu sakolah dumadakan ...

Mau esuk aku mênyang sêpuran dumadakan ...

Layange durung diwaca, dumadakan ...

Layange lagi dadi, kari-kari ...

Jana tuku manuk, kari-kari ...

Arite lagi mêntas diungkal, kari-kari ...

Lagi arêp wiwit nulis, kari-kari ...

Jaka lunga mênyang kutha, kari-kari ...

Yès[1] wis nuli kramakna.

6. Têmbung kang dikurung salinana padhane:

Ana wong duwe anak lanang pitu, iku kêrêp padha (sulaya). Saking kêrêping (padu), [(pa...]

--- 2 : 11 ---

[...du),] (kongsi) (ngowakake) pagaweyane.

Anuju sawiji dina bapakne (ngundang) anake pitu mau, sarta (diulungi) sapu sada niji, calathune : Sapa kang bisa (nikêl) sapu sada iku, (dakwènèhi) satus rupiyah. Anak lanang pitu (banjur) padha (tumandang) (ngêtog) karosane. (Ngarah) nikêl sapu sada mau, ananging ora (kêlar), calathune: (Nglêngkara) yèn ana wong kang bisa (nikêl) sapu sada iki.

Sapu mau banjur dijaluk bapakne, suhe (diuculi) sadane (dicoklèki) gampang bae. Wong mau (nuli) calathu marang anak-anake: Ênggèr, sapu iku (pêpadhane) awakmu, yèn kowe (kukuh rukun) karo sadulurmu, masthi (ora gampang) (tumiba) ing (tiwas).

7. Ngokokna:

Kula badhe dhatêng pêkên.

--- 2 : 12 ---

Sampeyan badhe dhatêng pundi.

Badhe rasukan punika sampeyan bêdhahi.

Kula botên badhe tumut-tumut nglampahi awon.

Sarèhne sampeyan punika taksih badhe, kêdah ngatos-atos.

Sintên ingkang bêbadhe wontên wana wetan punika.

Ingkang ambadhèni dhusun punika nama Kyai Sadrêpa.

Kula sagah andamêlakên rasukan sampeyan, anggêr sampeyan sagah ambadhèni.

8. Isènana:

Wong kang srêgêp lan gêmi masthi enggal sugih.

... masthi ora kurang mangan.

... masthi digêthing wong akèh

... masthi digêguyu ing wong.

--- 2 : 13 ---

... masthi kajèn kèringan.

Wong sêmbrana ora bakal ...

Murid nakal ora bakal ...

Yèn ora nunggang sêpur ora bakal ...

Yèn lakumu rada rikat ora bakal ...

Wong pintêr lan srêgêp ing gawe ora bakal ...

Wong kang kalakuwane bêcik ora bakal ...

9. Wêwulang ing Bab 8 Iku Gawenên Kosokbaline. Upama:

Wong kang kêsèd lan ngêbrèh, ora bakal enggal sugih.

Wong tumêmên masthi bakal katêkan sêdyane.

Sabanjure.

--- 2 : 14 ---

10. Sabên Têlung Têmbung Dadèkna Saukara kang Bêcik. Upama:

Kêbo, didol, pugal.

Kêbone Sajaya didol marang jagal, awit pugal bangêt.

Murid, diukum, nakal. Sawah, luku, banyu. Lara, jamu, mari. Rêndhêng, udan, jêblog. Katiga, udan, blêdug. Pasar, rame, ngutil. Guru, etung, blabag. Wong, lurah, slamêtan. Priyayi, kantor, nampani blănja.

11. Kramakna:

Kowe iku têka lucu têmên. Pangantène durung têka. Ênggone maca wis têkan ngêndi. Wong dituturi têka ora anggugu. Panjaluke ora katêkan. Aku ora bisa nêkani panjalukmu. Satêkamu ing Surabaya, kowe anjujug omahe sapa. Wingi omahe

--- 2 : 15 ---

Sarija katêkan sadulure kang omah ing Magêlang. Têkaku ing kene dikongkon ngundang kowe. Kowe lumakua dhisik satêka-têkane, sesuk dak nusul. Nalika bapakne Si Wăngsa lara bangêt, sadulure nom tuwa ditêkakake kabèh.

12. Rampungna:

Kêbo majêr, yaiku kêbo wadon kang ora bisa manak.

Wit ambajug yaiku ...

Banyu mambêg yaiku ...

Sawah tadhahan iku ...

Babon dêrês iku ...

Dhudha iku ...

Răndha iku ...

Lanjar iku ...

Pokol iku jaran ...

Jaka iku ...

--- 2 : 16 ---

Wong kunthing iku ...

Kêmbang wigar iku ...

13. Têmbung-Têmbung kang Dikurung Salinana Padhane:

Ana wong nonoman, (nglakokake) kreta (ngambah) (dalan) gêdhe, (mandhêg) sadhela, takon marang wong desa: Apa mêngko sore bisa (têkan) ing nagara. (Saure): Manawi lampah sampeyan (rindhik) inggih (dumugi).

Kusir ora (ngrèwès) marang calathune wong desa mau, jarane, (nuli) di (sandêrake). Ora antara suwe kretane (katanggor) ing watu, (nuli) angglewang, (glindhingane) tugêl (siji). Calathune: Saupama laku-laku (rindhik) (kiraku) ora mangkene. Mulane bênêr (ujare) bêbasan: ing (samubarang) pratingkah kudu kang (cancingan) nanging (kanthia) sarèh (lan ngarah-arah), dadi ora tumêka ing (tiwas).

--- 2 : 17 ---

14. Ngokokna:

Kula sawêg dhatêng saking kitha. Dhatêngipun wanci punapa. Dhatêng Sala prêlunipun punapa. Pun Suma prentah dhatêng bêrahipun kapurih nêgor dêling. Sampeyan kêdah ngèstokakên dhawuhing guru sampeyan. Sêrat punika badhe kula kintunakên dhatêng Pacitan. Tiyang punika dhatêng pasarean Kithaagêng prêlu badhe andhatêngi kajat. Manawi dèrèng kadhatêngan sêdya kula, kula dèrèng marêm. Kula badhe lumampah kemawon sadhatêng-dhatêngipun.

15. Banjurna:

Yèn kowe ora bisa, ora susah kok garap.

Kêbo kuru iku ora susah ...

Wong srêgêp ing gawe ora susah ...

--- 2 : 18 ---

Bocah kêsèd ora susah ...

Sawah loh ora susah ...

Yèn kowe wis wruh dalane, ora susah ...

Yèn kowe nyata rêsik, ora susah ...

Yèn kira-kira bisa têkan sadina, ora susah ...

Yèn kowe wis ora miturut prentahku, ora susah ...

Yèn saka panêmumu kêbo iku isih rosa, ora susah ...

16. Manèh:

Tinimbang nganggur bêcik maca.

Tinimbang bêburuh, bêcik ...

Tinimbang ngantuk rêrenggotan, bêcik ...

Tinimbang turu awan, bêcik, ...

--- 2 : 19 ---

Tinimbang braokan mangkono, bêcik, ...

Tinimbang jaranku nganggur, bêcik, ...

Tinimbang kloyongan turut dalan, bêcik, ...

Tinimbang ora mangan, bêcik ...

Tinimbang nyênyolong, bêcik, ...

Tinimbang ngêmis mangkono iku, bêcik ...

17.

Kapriye krama inggile: lumaku, adus, dolan, rabi, tuku, anjaluk, andêlêng, ngrungokake, nugang, ngombe, mangan, turu, tangi, dandan, awèh, kăndha, akon, takon, linggih, calathu, watuk, lara, mari, gêlêm, mènèhi, nyêkêl, nêpsu, wêruh, mêndêm, mèlu, lunga, kramas, dipetani, jaritan, ikêt-ikêtan.

--- 2 : 20 ---

Banjurna:

Kowe ora susah mèlu, mundhak ngrêrubêdi.

Adhimu aja koajak, mundhak ...

Aja dhêmên umuk, mundhak ...

Aja sok nyênyolong, mundhak ...

Aja anggawa dhuwit akèh-akèh, mundhak ...

Jaranmu aja komomoti akèh-akèh, mundhak ...

Dilunjak-lunjak mêksa ora gaduk.

Ditututi mêksa ...

Dak candhak-candhak mêksa ...

Ditolah-tolèh mêksa ...

Diarêp-arêp mêksa ...

Diirit-irit mêksa ...

19.

Têmbung-têmbung iki gawenên ukara kang

--- 2 : 21 ---

bêcik: olèhe, ênggone, nganti, dumadakan, kari-kari, wusana, masthi, ora bakal, ora susah, luwih bêcik, tinimbang, katimbang, mundhak, mêksa.

Tuladha:

Olèhe.

Pêlêm olèhe ngundhuh adhimu mau gawanên mrene, nuli pilihana, kang mêntah imbunên.

20. Isènana:

Sariman watêke brangasan, yèna ... rêmbug kang ... sathithik bae banjur ... Ora mung ... lan bocah-bocah ... kang dinêpsoni, sanajan kewana ... têtuwuhan iya.

Anuju sawijining ..., Sariman dolan-dolana ... patamanan, mêthika ... rêgulo [rê...]

--- 2 : 22 ---

[...gulo] siji banjur diambu, nanging ... karasa lara, ... diêntup ing ... kang ana ... kêmbang. Sarimana ... bangêt, banjur ... wêdhi ... marang talaning tawon kang ana panging kayu. Tawone bubar ... Sariman. ... saking ... larane nganti ora bisa ... bapakne wêruh, Sarimana ... digendhong mulih sarta di ... nganti samarine.

21. Wuwuhana:

Saking bangêting lara, Sarija nganti kuru bangêt.

Saking kurune, pipine ...

Saking suwene udan, omahe ...

Saking sêruning pambêngoke, adhine ...

Saking gêdhene awake, lawange ...

Bêciking kalakuwane marakake ...

Tabêrine nyambut gawe agawe ...

Alaning budine andadèkake ...

Bêciking garapane agawe ...

--- 2 : 23 ---

Gorohe marakake ...

Umuke andadèkake ...

22. Têmbung-Têmbung kang Dikurung Salinana Kosokbaline:

Jarane Sariman (gêdhe lan bêcik), dêdêge (dhuwur), awake (dawa), gulune (kokok), buntute (landhung), kuncung lan surine (landhung tur lurus), mathine (bêcik), watêke (kuthuk), nanging lakune (rikat), yèn ditunggangi utawa dirakitake (ora tau) mogok, utawa ambandhang. Yèn mandhêg sanajan (ora dicêkêli) iya (mênêng) bae.

23. Ngokokna:

Kula dipun sukani kajêng sabongkok, nanging botên ajêng. Griya punika manawi sampun dipun gêndhèng masthi sagêd pajêng

--- 2 : 24 ---

sèkêt rupiyah. Kajêng kula badhe mêndhêt kajêng dhatêng wana punika, nanging sarèhning sasampeyan[2] criyos yèn sampun dipun awisi, inggih wangsul kemawon. Criyosipun sampeyan badhe nglêbêtakên paos, punapa botên siyos, têka wanci makatên taksih wontên griya.

24. Wuwuhana:

Kakehan ênjêt kurang gambir.

Kagêdhèn êndhas kurang utêk.

Kakehan uyah kurang ...

Kêtuwan wêdêlan kênomên ...

Kêgêdhèn êmpyak kurang ...

Kêgêdhèn wadhah kurang ...

Kêjêron sumur kêcêndhakên ...

Kakehan gludhug kurang ...

Kakehan duduh kurang ...

--- 2 : 25 ---

25. Isènana, Manut Pitakon kang Dikurung:

Omahe Sakrama bêcik, payone (apa), pagêre (apa), lawange (apa), jandhelane (apa), rêrênggane (kapriye). Platarane (kapriye) tur ditanduri (apa) asri (dikapakake). Pagêre pakarangan, (apa) lawangane nganggo (apa). Pawone dumunung ing (êndi) saka ngomah didekoki[3] (apa) supaya yèn panuju, (apa) wong kang saka (ngêndi) mênyang (êndi) ora kodanan. Sumure (dikapakake) lan banyune (kapriye). Wong kang durung tau wêruh, ngira yèn iku omahe (sapa).

26. Critakna Kaya Bab 25[4]:

--- 2 : 26 ---

Omah ala. Bocah nakal. Jarit bêcik. Murid kêmproh. Wong ala. Wong bêcik. Bocah pintêr. Kutha rame. Desa sêpi. Bocah têmên. Pamulangan gêdhe.

27. Têmbung-Têmbung kang Dikurung Salinana Padhane:

Bocah lanang kang (aran) Si Sudi, calathu marang bapakne: Bapak, (sanjangipun) guru kula, wontên tanah ingkang sitinipun isi êmas, kenging (dipun dhudhuki). (Pamanah kula) prayogi sami ngalih (gêgriya) dhatêng tanah ingkang mêdalakên pèni-pèni punika. (Awit) ing ngriki sitinipun awon, botên wontên pamêdalipun mas.

Bapakne (sumaur): Sudi, kowe aja anduwèni (pangira), yèn gampang (pandhudhuke) êmas ing tanah (mănca), kang (kocatur) iku. (Satêmêne) pandhudhuke (luwih dening kangelan), dene

--- 2 : 27 ---

lêmah ing kene (panggarape) gampang, tur muwuhi (kakuwatan) sarta bisa (mêtokake) êmas, mulane aja kowe kapengin ngalih (kadi) kene.

28. Wangsulana Nganggo Têmbung Krama:

Apa kowe sida mênyang Batawi.

Apa kowe wis lumêbu ing pamulangan calon guru.

Apa kowe wani nglêboni eksamên guru bantu.

Apa anakmu wis kosakolahake.

Apa bapakmu olèhe lunga wus têka.

Apa adhimu besuk sasi ngarêp iki sida têtak.

Apa pangantène wis dipaèsi.

Apa kêbomu wis kêlar dimagawèkake.

--- 2 : 28 ---

Apa sadulurmu kang lara ana rumah sakit biyèn wus mari.

Apa ing kene ana pamulangan Walănda.

29. Gawènên Ukara Ngloro:

Saka, dadi, agawe, awèh, kêrêp, kêncêng, kêndho, antêng, arêp, maju.

Tuladha:

Saka

1. Omah iki sakane gêdhe bangêt.

2. Aku iki lagi têka saka dolan, têka koajak dolan manèh.

30. Apa Kosokbaline:

Ala atine, dhêmên goroh, ambêk wêlasan, băngsa luhur, bêcik kalakuwane, gêdhe atine, akèh bêgjane, tabêri sinau, dhêmên têtulung, nagara [na...]

--- 2 : 29 ---

[...gara] rame, kurang têrang, anak kuwalon.

Tuladha:

Ala atine-bêcik atine.

31. Isènana:

Sarija bocah tabêri sinau, sabên dina (apa gawene) ana ing pamulangan, (kapriye ênggone sinau). Yèn wis mulih saka pamulangan sawise (apa) lan salin sandhangan nuli (nyambut gawe apa). Sabên sore (apa gawene) nganti wêngi. Yèn esuk sawise adus lan rêrêsik, (apa gawene) nuli (mênyang êndi).

Mulane (kapriye paganggêpe guru lan bapa biyunge marang Sarija).

32. Apa Krama Inggile:

Aku, kowe, omah, bojo,

--- 2 : 30 ---

Anak, tunggangan, palinggihan, panganggo, ikêt, jarit, sabuk, kathok, dodod, kuluk, mulih, mudhun, mêtu, êmbok, imbuh, ajang, jênêng, batur, manak, jaran, ngadêg, mutah, duwe gawe, nginêp, mêtêng, salamêt, mari, bubur, bênêr, lanang, wadon, ati, mikir, nyêkêl, putu, ngundang, cucul, idu, omah-omah, minggat, cukur.

33. Têmbung-Têmbung kang Dikurung Iku Salinana Padhane:

Sêndhang

(anuju) panas bangêt bocah lanang aran Si Paing mênyang sawah. Raine (kongsi) mangar-mangar, saking (bangête ngêlak) ilate (nganti) karakêt, ing cêthak. Anuli nêmu sêndhang ana sangisore wit gayam, [gaya...]

--- 2 : 31 ---

[...m,] banyune (luwih) bêning. Si Paing (nuli) gombe, saking (adhêming) banyu lan kèhing pangombene, kongsi mèh (klêngêr). (Satêkane) ing omah banjur (kacandhak) ing lara kadhêmên. (Sêbute): Sapa sing (nyana), yèn sêndhang kang banyune bêning (ana) wisane. Bapakne (nyauri): Paing, (jalarane) laramu iku ora saka banyu ing sêndhang, (sanyatane) saking kurang (wêwekamu), (tuwin) saking kurang (duga-dugamu).

34. Sakrama Salinana Bêndara Wadana:

Sakrama saanak bojone arêp ngêdêgi gawe, Sakrama lanang wadon wus padha dandan, panganggone sarwa bêcik. Anake iya padha dipanganggoni kang bêcik-bêcik. Kang lanang nganggo klambi jas, kathok, sêpatu, kaos lan topi. Dene kang wadon diênggoni klambi

--- 2 : 32 ---

rok, sêpatu, kaos lan kalung dinar. Sawuse rampung Sakrama nuli prentah marang bature dipurih ngundang kreta sewan. Barêng wus têka, nuli padha mapan linggih, Sakrama ana bak buri jèjèr lan bojone, anak-anake padha linggih ing bak ngarêp, bature linggih ing kusiran. Kreta nuli dilakokake.

35. Rampungna:

Aja mung sinau bae, iya kudu nyambut gawe ngrewangi wong tuwamu.

Aja mung kakangmu kang koundang, ...

Aja mung klambi bae kang kok kumbah, ...

Aja mung gurumu bae kang koajèni, ...

Aja mung sadulurmu bae kang kosihi, ...

Ora mung bapakmu kang sugih, ...

Ora mung kowe dhewe kang diundang, ...

--- 2 : 33 ---

Ora mung kowe kang pintêr, ...

Ora mung sêpur kang rikat, ...

Ora mung sagara kang kêna diambah kapal, ...

36.

1. Jaran kêna dirakitake.

2. Kêbo kêna dirakitake.

3. Sapi kêna dirakitake.

Ukara têlung warna iku jêjêre (kang dicritakake) sapisan: jaran, kang kapindho: kêbo, kang katêlune: sapi. Dene critane utawa katrangane padha: kêna dirakitake.

Ukara têlung warna iku yèn didadèkake siji muni: jaran, kêbo lan sapi padha kêna dirakitake.

Lah mara golèka ukara kang padha critane nanging jêjêre beda, nuli dadèkna siji. Anaa 10 ukara bae.

--- 2 : 34 ---

37.

1. Kêbo dilukokake.

2. Kêbo digarokake.

Ukara rong warna iku jêjêre padha, nanging critane beda, yèn didadèkake siji muni: Kêbo dilukokake lan digarokake.

Mara gawea ukara kang kaya iku anaa 10 bae.

38. Sakrama Salinana Bêndara Patih

Sakrama lara bangêt, wis pirang-pirang dina ora bisa mêtu saka ngomah, awake kuru bangêt, guwayane pucêt, ora doyan mangan panganan kang enak. Sadhela- sadhela anjaluk ngombe. Sakèhing jamu ora ana kang marasake. Anak bojone bangêt susahe, sadhela-sadhela padha nangis. Yèn ora olèh [o...]

--- 2 : 35 ---

[...lèh] jamu kang bêcik, kiraku Sakrama bakal tumêka ing pati.

Upama:

Bêndara patih gêrah sangêt, sampun pintên-pintên dintên botên miyos saking dalêm, ...

39. Rampungna:

Apa iya kowe wingi têka ing omahku.

Apa nyata bapakmu ...

Apa bênêr anakmu ...

Apa iya jaranmu wingi ...

Apa nyata kabare ...

Apa bênêr udan iku kadadeyan ...

Iya bênêr aku ora sumurup dhewe, nanging ...

Iya bênêr gurune mardi bangêt, nanging ...

Iya bênêr kowe ora luput, nanging ...

--- 2 : 36 ---

Iya bênêr bapakmu sugih, nanging ...

Iya bênêr kowe ora nglakoni dhewe, nanging ...

Iya bênêr aku kang akon, nanging ...

40. Ukara ing Ngisor Iki Wuwuhana Katrangan Wayah, Yaiku kang Dadi Wangsulane Pitakon:

Dhèk kapan, (dhèk apa) utawa: besuk kapan, (besuk apa):

... kajaba dina Minggu aku lumêbu sakolah.

... aku bokmanawa bisa tămpa sèrtipikat, (layang pratăndha tamat sinau).

... adhiku lagi bisa ambrangkang.

... para priyayi nampani blănja mênyang kantor.

... pamulangan libur têlung puluh lima dina.

Sariman ... tiba anggone mènèk jambu, saiki larane durung mari.

--- 2 : 37 ---

Kaji-kaji lan santri-santri ... padha sêmbahyang ing masjid.

Ing tanah Jawa kene ... wis ora ana pêrang.

Wong-wong Jawa ... durung ana kang nganggo rèk.

41.

jaran mangan sukêt. Yèn diwalik muni: sukêt dipangan jaran.

Lah ukara iki walikên.

Sarijah ngisèni klênthing mênyang sêndhang. Jaran mangan sukêt garing ana ing gêdhogan. Pitik wido iku nuthuli karag ana ing tampah. Kowe makanana jaran abang kae. Aku arêp makani bèbèk. Apa kowe kang tuku klambi putih iku.

42. Ukara ing Ngisor Iki Jêjêre Wuwuhana Katrangan Samathuke, Nuli Walikên Kaya Wêwulang Bab 41.

--- 2 : 38 ---

Pitik nuthuli upa. Bocah sinau etung. Kêbo mangan sukêt. Jalak nucuki ulêr. Kusir nglakokake kreta. Masinis nglakokake sêpur. Upas palayangan ngêtêrake layang. Pandhe gawe arit.

Upama: pitik walik nuthuli upa.

Upa dithuthuli pitik walik.

43. Ngokokna:

Kangjêng bupati karsa têdhak dhatêng pasiraman ing umbul, garwa putra sami andhèrèk sadaya. Abdi jalêr saha èstri inggih kathah ingkang andhèrèk. Têdhakipun nitih kreta apa ngirid kapal sakawan, para putra nitih kareta apangirid kapal kalih, dene para pandhèrèk sami numpak dhokar utawi dhilman. Sarawuhipun ing umbul lajêng siram sarta lêrêp ing pasanggrahan. Sasampunipun lêrêp sawatawis [sawa...]

--- 2 : 39 ---

[...tawis] dangu lajêng kondur, wilujêng botên wontên alangan satunggal punapa.

44. Wuwuhana Katrangan Mratelakake Panggonan:

Jarak iku ditandur i[5] sawah kang ora kêna digadhu.

Rajakaya didol ing ...

Murid-murid padha sinau ing ...

Sêpur mandhêg ing ...

Kapal api lêlayaran ana ing ...

Prau labuh ana ing ...

Kêbo dilukokake ing ...

Pitik ngêndhog ing ...

Manuk wulung nyambêr pitik digawa ...

Wong iku têka saka ...

Aku arêp sinau ing ...

Wong adol wowohan ing ...

--- 2 : 40 ---

Kreta sêpur didandani ana ing ...

Têbu digiling ana ing ...

45. Têmbung-Têmbung Iki Gawenên Ukara Warna Loro Utawa Luwih, Kaya Ta:

Dhatêng.

1. Kula badhe dhatêng pêkên.

2. Bapak sawêg dhatêng saking Surabaya.

Murid punika badhe pamit dhatêng gurunipun.

Dhatêng (3), kajêng (2), badhe (3), kraos (2), maos (2), ngajêngakên (2), pajêng (2), nyêrat (2), dhawah (2).

46. Gawea Ukara 10, Nganggo Katrangan: Marang (Mênyang) Sapa Utawa Apa. Kaya ta:

Aku dikongkon bapak ngêtêrake layang marang lurahing desa Karangtêngah.

--- 2 : 41 ---

Yèn sida sesuk aku arêp tuku kulambi mênyang toko Wlănda.

47. Kramakna:

Bocah-bocah, sabakmu kumbahên kang rêsik, gripmu lancipana, layangmu samakana ngaggo dluwang kang rêsik. Yèn kowe têka saka pamulangan pirantimu rumatên kang bêcik, aja kodokok ing saênggon-ênggone bae, supaya ora gêlis rusak utawa ilang. Mangkono uga yèn kowe wis bubar sinau ing wayah sore, pirantimu iya balèkna manèh marang panggonane sarta tatanên kang bêcik aja nganti pating blêsar. Panganggomu iya rêksanên kaya pirantimu mau, aja nganti rêgêd utawa suwèk. Yèn katon rêged nuli kumbahên, dene yèn ana kang suwèk banjur dondomana.

--- 2 : 42 ---

48. Wuwuhana Katrangan kang Mratelakake Panggonan, Kaya Bab 44:

Bèbèk dhêmên saba ing banyu.

Praune sudagar iku kèrêm ...

Sêpur nunjang kêbo ...

Aku wêruh manuk nusuh ...

Kacêkêle maling kang lumêbu ing omahe Si Suta ...

Ing ... ana dalême tuwan kontrolir.

Dhèk wingi ... ana wong ngutil kacêkêl.

Omahe Suma ing ... ambruk, katrajang ing lesus.

Apa bênêr ing ... kêrêp ana begalan.

Aku ora wani lumaku ..., awit dalane rungkud bangêt.

49.

Gawea ukara 10 kang ana têmbunge: saka, utawa saka ing.

--- 2 : 43 ---

Manèh 10, kang ana têmbunge: têka utawa: têka ing

Upama:

Aku mau kadhayohan wong saka Batawi.

Bangêt bungaku kowe gêlêm têka ing omahku.

50. Isènana Têmbung Krama Inggil:

Sabên jam gangsal enjing bêndara wadana mêsthi sampun (tangi turu) lajêng (adus), sarta (dandan), sarampungipun, ... nuntên, (mlaku-mlaku) wontên ing patamanan utawi ing radinan. Jam 7 ... sarapan sarta ... wedang kopi. Watawis jam satêngah wolu ... ing kantoran, ... sêrat-sêrat utawi ... papriksa. Manawi ... dhatêng parêdèn, ... titihan, manawi (mêtu) margi agêng ... kreta.

--- 2 : 44 ---

51. Têmbung kang Dikurung Salinana kang Padha Têgêse:

Kasanging wong (priman)

Ana kere loro aran Pak Nistha lan Pak Dama. Pak Nistha anggawa (kasang) siji, (disampirake) ing pundhake, dadi kang sasisih (gumantung) ing dhadha, sisihe ing (gigir) ora suwe lumaku. (Anuli) Pak Dama têka, dadi padha bêbarêngan. Pak Nistha mau turut dalan (nyatur) (cacading) wong, nanging (cacade) dhewe ora (digêpok) pisan. Wêkasan Pak Dama (nyauri): (Èmpêre) (cacading) liyan iku (kodokokake) ing kasangmu kang (gumantung) dhadhamu, supaya (tansah) katon, kênaa (kocatur). Cacadmu dhewe (koprênahake) ing kasang kang ana ing (gigir), (supaya) aja katon ing mata. Kang iku (rêmbugku), (olèhmu) [(o...]

--- 2 : 45 ---

[...lèhmu)] nyampirake kasang walikên, (ingatase) kowe (pakolèhe) luwih bêcik.

52. Ngokokna:

Wulan kapêngkêr punika kangjêng bupati kagungan damêl mantu, mikramakakên putra-putrinipun asma Radèn Ajêng Kusiyah dhaup kalihan Radèn Mas Sarengat putranipun kangjêng bupati ing nagari anu. Tamunipun para bupati ngamănca kathah, kangjêng tuwan residhèn sarta asistèn residhèn inggih rawuh. Tamu Walandi sarta priyantun alit-alit tanpa wicalan. Ingkang kadhawahan manggihi tamu priyantun alit kyai lurah patih saandhahanipun.

53. Wuwuhana:

Yèn kowe wis adus, nuli dandana kang singsêt.

--- 2 : 46 ---

Yèn kowe dadi priyayi, aja ...

Yèn kowe tinitah sugih, aja ...

Yèn jaranku kodol, aku tukokna ...

Yèn aku wus pintêr, masthi gampang ...

Yèn bapak dadi lurah desa, iba ....

Yèn Siman duwe omah gêdhong, iba ...

Yèn gunung iku anjêblug, masthi agawe ...

Yèn pitik iki dakingu, bakal ...

Yèn aku wus mêtu saka pamulangan, sumêdya ...

54. Isènana lan Kramakna:

Babon.

Ana ... wadon tuwa miskin, ... ingon-ingon babon siji, ... dina ngêndhog siji-siji, nanging sing duwe ora

--- 2 : 47 ---

... olèh ... siji ing sadinane. Babone banjur ... ing pakan, ciptane, ing ... masthi bisa ... loro utawa ... . Nanging luput, ... kang mangkono iku, awit babon mau dadi ... bangêt, mulane ... ngêndhog-ngêndhog manèh.

55. Gawenen Ukara kang Bêcik:

Ala bêcik, gêdhe cilik, adhêm panas, lêmu kuru, dawa cêndhak, nom tuwa, lanang wadon, maju mundur, ămba ciyut, mêrêm mêlèk, lunga têka, mlêbu mêtu, êndhèk dhuwur, jêro cêthèk, kandêl tipis.

Upama: kursi kang ana ing gudhang kae ala bêcik gawanana mrene kabèh,

56. Bêndara Anu Salinana: Kula.

Bêndara anu badhe tindak dhatêng Ngayogyakarta, tindakipun badhe nitih sêpur ingkang saking ngriki jam 9 enjing. Barang barang [ba...]

--- 2 : 48 ---

[...rang] bêbêktanipun sampun kaadhawuhan nyadhiyakakên, abdi ingkang kadhawuhan andèrèk inggih sampun sadhiya. Nuntên wontên abdi satunggal ingkang kautus pados kreta andhong badhe titihanipun bêndara anu dhatêng sêtatsiyun. Botên dangu kreta dhatêng, barang bêbêktan lajêng kainggahakên kreta, bêndara anu nitih, abdi ingkang andhèrèk numpak ing kusiran. Kreta lajêng lumampah.

57. Isènana

Aku êmoh mèlu kowe, yèn kowe ora gêlêm nunggang sêpur.

Omahku bakal dak dandani, yèn ...

Kowe masthi ora bisa pintêr, yèn ...

Ing kene bakal murah banyu, yèn ...

Bapakmu masthi nêpsu, yèn ...

Krêtêg iki bakal kèli, yèn ...

Aku rewangana macul, yèn ...

--- 2 : 49 ---

Macan iku bakal mati, yèn ...

Kowe aja tiru-tiru aku, yèn durung ngrêti têmênan marang ...

Etungan iku ora susah koetung, yèn durung ...

58.

1. Wit pêlêm kang awoh iku rubuh.

2. Wit pêlêm kang rubuh iku awoh.

Ukara loro iku têgêse mèh padha bae.

Mara gawea ukara katêrangane kêna diwolak-walik mangkono, anaa 10 bae.

59. Isènana:

Wontên priyantun èstri rêsikan sangêt, saking ... rêsikan ngantos ..., tiyang sumêrêp, langkung malih ... sanak ... saha rencangipun sadaya. Anuju ... dintên, ... jawah, sadhèrèkipun ... lare jalêr dhatêng griyanipun. Sarêng ...

--- 2 : 50 ---

mantuk lajêng dipun ..: satêkamu ing kana ... kowe mau kèsèd. Wangsulanipun: Inggih bêndara, malah ... kaping kalih, sapisan kala kula dhatêng ... malêbêt, kaping kalih kala kula ... badhe mantuk. Mila makatên awit kula sumêrêp, ingkang ... dalêm rêmên sangêt dhatêng ... kèsèd.

60. Kang Dikurung Iku Salinana Krama Inggil:

Sêrat saha sêmbah pangabêkti (kula) mugi (katur) ing (sampeyan) ingkang (dados) wadana ing dhistrik Caruban, kitha Madiun.

Nuwun wiyosipun (kula) ngaturi (priksa) ing (sampeyan), nalika tanggal 11 wulan punika (kula) sampun tampi (sêrat sampeyan), mênggah suraosipun (kula) sampun mangrêtos sadaya.

--- 2 : 51 ---

Ingkang punika mugi sampun (dados panggalih sampeyan) (kula) botên sagêd (mituruti karsa sampeyan), mulang (anak sampeyan) ing wanci sontên, awit (kula) taksih gadhah têtanggêlan mulang Wlandi.

Wasana (kula) namung (nêdha) pangapuntên (sampeyan).

Atur ing tanggal kaping 12 Juni 1913.

Kula mantri guru Caruban,

Sastrasewaya.

61. Rampungna:

Yèn ajaa daktulungi, masthi sida mati klêlêp.

Yèn ajaa dakjaluk, ...

Yèn ajaa disakolahake, ...

Yèn ajaa diukum ...

Yèn ajaa didol, ...

Yèn oraa dak tambani, ...

--- 2 : 52 ---

Yèn oraa diundangake dhokar, ...

Yèn ora dilapurake tumuli, ...

Yèn oraa daksangoni, ...

Yèn ora barange dilelang, ...

Yèn ora dak lirokake jaran, ...

62.

1. Kêris kang dak dol iki apêndhok mas.

2. Aku adol kêris apêndhok mas.

3. Kêris apêndhok mas dak dol.

Ukara têlung warna iku têgêse mèh padha bae.

Saiki gawea ukara kang kaya iku 10.

63. Ukara kang Kasêbut ing Bab 61 Kramakna.

64. Ngokokna:

--- 2 : 53 ---

Sampeyan badhe tindak dhatêng pundi, têka enjing sangêt.

Namung badhe mlampah-mlampah kemawon. Wangsul sampeyan badhe tindak dhatêng pundi.

Dipun utus kangjêng bupati nimbali bêndara patih.

Nimbali bêndara patih wontên punapa.

Badhe kadhawuhan mêthuk rawuhipun kangjêng tuwan residhèn dhatêng sêtatsiyun.

Punapa kangjêng bupati botên sagêd tindak mêthuk piyambak.

Botên, awit sawêg gêrah untarên.

65. Gênêpana:

Iya yèn kowe sida têka, yèn ora aku rak kêcêlik.

Iya yèn dhèwèke kêtampan pasuwitane, yèn ora rak kudu ...

--- 2 : 54 ---

Iya yèn kowe sida tămpa ganjaran, ...

Iya yèn bapak duwe dhuwit, ...

Iya yèn adhimu ora nakal, ...

Iya yèn guru sing anyar iki ora kêrêng, ...

Iya yèn kaline ora banjir, ...

Iya yèn omahmu ora trocoh, ...

Iya yèn atimu têmên, ...

Iya yèn mêngko ora udan, ...

Iya yèn sawahmu mêtu, ...

Iya yèn sida wayangan, ...

66. Kramakna:

Sariman, pêlêm gandhik kae undhuhana, banjur jupukana lan usungana mênyang gandhok. Yèn wis pilihana, kang matêng wadhahana rinjing gawanên mrene, dene kang mêntah pasrahna Sarinah mèn diimbu.

--- 2 : 55 ---

Sarinah tuturana, ênggone ngimbu pêlêm aja diwadhahi rinjing, mundhak ora gêlis matêng. Konên madhahi gênthong bae, lan konên nutupi sing rapêt, nanging ing dhuwur aja ditumpangi badhiyang, mundhak matênge kabrangas, rasane ora pati lêgi.

67. Rampungna:

Bocah iku nangis sarta nututi biyungne.

Gunung anjêblug iku ngêtokake awu sarta ...

Kêthèk iku nyolongi jagung sarta ...

Wong iku ngubêngi sawahe sarta ...

Guru iku mulang murid sarta ...

Kangjêng bupati lênggah ing pandhapa sarta ...

Saradhadhu iku ambêdhil mungsuh sarta ...

Prahara mau bêngi ngrubuhake omah sarta ...

--- 2 : 56 ---

Kêbo iku anggèrèt waluku sarta ...

Sêpur iku anggawa wong sarta ...

68. Wuwuhana Têmbung Krama Inggil:

Bapak wis (têka), saiki lagi ..., (klambine) lan ... kadhawuhan ngêpe. Sariman (dikon) tata ..., yèn wis rampung (dikon kăndha). Yèn bapak ... aku lan Sariman kudu ngladèni. Aku kang (ngimbuhi) Sariman ngisèni gêlas, ..... Sarampunge dhahar bapak .... ing kursi malês karo ... layang kabar. Ora suwe banjur ..., (tangine) kira-kira jam papat.

Yèn wis rampung banjur kramakna.

69. Rampungna:

Sanajan, klambine rêgêd, isih diênggo bae, awit ora duwe salin.

--- 2 : 57 ---

Sanajan mêndhunge kandêl, ... awit ...

Sanajan udane dêrês, ... awit, ...

Sanajan jarane babak, ... awit, ...

Sanajan anake akèh ... awit, ...

Wong iku ora sida lunga, sanajan, ... awit, ...

Kowe ora munggah pangkat, sanajan ... awit, ...

Dhokarmu durung kêna dianggo, sanajan, ... awit, ...

Kiraku mêngko ora sida udan, sanajan ... awit ...

Wong desa kêkurangan pangan, sanajan, ...awit ....

70. Dadèkna Ukara kang Bêcik:

Sanajan _____ mêksa _____awit.

Sanajan _____ kudu _____ awit.

Sanajan _____ iya _____ awit.

Yèn _____ iya sok _____ jalaran.

--- 2 : 58 ---

Yèn _____ sanajan _____ masthi _____ jalaran.

Sanajan aku _____ iya _____ awit.

Wong ala _____ sanajan _____ iya _____ awit.

Tuladha:

Sanajan wong tuwaku padha mênging, aku mêksa mèlu nglêboni eksamên mênyang pamulangan calon guru, awit aku kêpengin bangêt dadi guru.

71. Têmbung-Têmbung kang Dikurung Salinana Padhane:

Ana priyayi (gêdhe) mriksani kunjara, (sumêdya) (angluwari) sawijining (dêdosan) kang (kinunjara) ing kono. Iku didangu mungguh (sababe) dene (kongsi) (kalêbu) ing kunjara, (ature): amarga saka (cilakane) awake. Dadi ora (walèh satêmêne) (dosane). Kabèh gênti-gênti didangu

--- 2 : 59 ---

kaya kang siji mau, ana kang matur saka (cilakaning) awake, ana kang (ngarani) saking (tuna) adiling parentah, dadi padha ngaturake (rêsike) dhewe-dhewe, kaya-kaya (têmên yèn ora dosa). Mung siji barêng didangu (walèh) bae, (ngakoni) dosane, sarta ngarani wus (bênêre) (kalêbu) ing kunjara. Priyayi mau nuli (ngandika) marang kang (rumêksa kunjara), supaya wong iku diluwarana.

72. Wêwulang ing Bab 71 Tulisên Manèh Nganggo Têmbung Krama, Sarta Pangandikane Priyayi lan Ature Sakitan Tirokna.

73.Têmbung-têmbung Iki Gawenên Ukara kang Bêcik:

Lan, sarta, uga, iya, lan manèh, yèn, manawa, iya yèn, yèn oraa, yèn ajaa.

--- 2 : 60 ---

Tuladha: Besuk liburan ngarêp iki aku arêp mênyang Surabaya, awit aku durung tau wêruh Surabaya, lan manèh si paman iya ngarêp-arêp marang aku.

74. Isènana kang Bêcik.

Wong Dhêmên Padu.

Ana bocah lanang loro padha sadulur, kang ... aran Jagung ... Si Jangkrik. Ananging ... ora kaya sadulur, kêrêp ... padu, agawe ... dhewe, lan kasusahane ... tuwa-tuwane.

Anuju sawiji ... padha ... gumêdêr, kang pinadu ... rèmèh. Anuli bapakne têka. ... loro mau ... isin marga dening ... cêcongkrahan. ... tumungkul bae.

Bapakne ... kang dadi wêwinihing ..., banjur calathu: Ênggèr, kowe padha ... padu [pa...]

--- 2 : 61 ---

[...du] ana ing ngarêpan aku. Pangarêp-arêpku sadurunge kowe .... padu, wisa ... kayadene isinmu ... aku. Iku bakal, ... tumrap kowe sakaloron.

75. Kapriye Ngoko lan Kramane:

Dika, ajêng, têng, wikana, ênggih, makotên, makètên, niki, niku, napa, êmpun, pripun, okèh, êla, ninga, kentun, kriyin, ture, nêdha nrima, samèntên, samontên, mawon, mang, samang.

Panulise mangkene:

Dika, kramanipun: sampeyan, ngokonipun: kowe.

76. Wangsulana Nganggo Têmbung Krama:

Yagene kali iki ora kêna disabrangi.

--- 2 : 62 ---

Yagene kowe wingi ora sakolah.

Yagene bêndaramu ora tau tindakan.

Yagene kowe ora seba mênyang kabupatèn.

Yagene titihane bêndaramu mati.

Apa prêlune kêbon dipagêri.

Apa prêlune omah digêdhègi.

Apa prêlune ratan didokoki krikil.

Apa prêlune wong adus esuk sore.

Apa prêlune jaran yèn arêp ditunggangi nganggo dilapaki dhisik.

77. Dadèkna Ukara kang Bêcik:

Mulane _____ awit.

Sarèhne _____ mulane _____ supaya.

Yèn _____ masthi _____ mulane _____ supaya.

--- 2 : 63 ---

Supaya _____ kudu.

Prêlune _____ supaya _____ mulane.

Samăngsa _____ masthi _____ mulane _____ supaya.

Yèn _____ kudu _____ supaya.

Mumpung _____ kudu _____ supaya.

Tuladha:

Mulane kowe ora pati diajèni ing kănca-kancamu, awit watêkmu ala, yaiku kêrêp nyatur alaning liyan.

78. Rampungna:

Sarèhne aku ora bisa awèh apa-apa marang kowe, mulane mung pituturku bae tampanana, bokmanawa ing têmbe ana kanggone.

Sarèhne jaranku kotunggangi, mulane aku silihana ...

Sarèhne bocah iku nakal, dadi ...

Sarèhne lalangmu kari, mulane ...

Sarèhne krambil iku dhuwur bangêt, mulane ...

--- 2 : 64 ---

Aku ora sida mèlu kowe, jalaran, ...

Ratan iki ora kêna diambah ing kreta, jalaran, ...

Omahe durung kêna diênggoni, jalaran ...

Pring iki ora kêna digawe tumbu, jalaran ...

Aku ora bisa gawe kêre, jalaran ...

79. Sadăngsa Salinana Bêndara Patih:

Sadăngsa sugih, omahe gêdhong gêdhe, pirantine pêpak. Bature akèh, pagaweyane pininta-pinta, ana kang nata lan rêsik-rêsik sajroning omah, ana kang ngupakara jaran, ana kang ngumbahi sandhangan lan liya-liyane. Yèn Sadăngsa lanang wadon mangan, batur-bature masthi padha ngladèni. Mangkono

--- 2 : 65 ---

uga yèn panuju lêlungan, bature masthi ana kang mèlu. Cêkake Sadăngsa iku kalêbu golongane wong kang sênêng uripe.

80.

Gawea ukara nganggo têmbung: sarèhning, jalaran, awit, mulane, kudu, sanajan, dadi, supaya, karêbèn, bokmanawa, masthi, ora kêna ora, ora-orane.

Upama:

Ora-orane yèn kowe mênang gêlut karo Sariman, awit gêdhene, gêdhe Sariman, rosane iya rosa Sariman.

81. Sang Prabu Salinana Sudagar Sugih:

Bocah lanang miskin-miskin.

Ana ratu, ing wayah esuk miyos saka [sa...]

--- 2 : 66 ---

[...ka] kadhatone, karsa amêng-amêng, ningali bocah lanang siji, sandhangane ala kuciwa, nanging bêcik sêmune. Anuli pinaringan dhuwit nêm rupiyah, kadhawuhan nukokake sandhangan kang prayoga. Esuke sang prabu mau amêng-amêng manèh, ningali bocah pirang-pirang, undha-usuk alaning panganggone. Apa baya karêpe, dene padha ngumpul ana ing kono. Sawênèh ana kang ngacungake tangane nyuwun dhuwit, ananging ora diparingi. Banjur padha dibubarake dening para abdi kang andhèrèk.

82. Rampungna:

Wong sêmbrana, ora tau katêkan sêdyane.

Bocah nakal ora tau ...

Wong wêkêl lan mantêp, ana ngendi-ngêndia ...

Wong cêthil salawase ...

--- 2 : 67 ---

Wong loma ora tau ...

Atiku grêgêtên, barêng krungu yèn ...

Aku gumun bangêt, wêruh ...

Aku wis bosên mangan sêga jagung, mulane ...

Saking murkane iwak sapirang-pirang ...

Dina iki aku bêgja bangêt, dene ...

Aku ora ngira yèn kowe bisa dadi priyayi, awit ...

83.Têmbung-têmbung kang Dikurung Salinana Padhane:

Babon lan Mêrak

Ana wong desa duwe anak lanang siji, aran Si Kacung, (calathu) marang bapakne: Bapak, babon sampeyan, (pamanah kula) (prayogi) dipun sadèni kemawon. (yatranipun) lajêng katumbasna mêrak jalêr kalihan mêrak èstri. Iba (saenipun sinawang), yèn sami (saba) utawi ngigêl ing latar ngriki. Bapakne [Ba...]

--- 2 : 68 ---

[...pakne] (mangsuli): Lah olèhe êndhog (saka) ngêndi, Kacung. Mêrak yèn ngêndhog (ora akèh). Măngka (ingon-ingonku babon) sabên taun êndhoge mèh satus. Kang iku kowe (sumurupa), yèn sabarang kang (adi lan asri rupane), ora masthi (maedahi) dhewe.

84. Têmbunge Ngoko Salinana Krama:

Dika ajêng têng pundi, kang.

Ajêng têng pasar, dhi, nukokake jarit anak dika.

Tuku jarit mawon têka dika dhewe, napa bakyu botên bisa.

Bisane bisa, nanging saniki lagi ontên prêlune, nutugake olèhe tandur. Lah dika ajêng têng pundi.

Ênggih ajêng têng pasar, dawêg ta, barêng.

Dawêg, sing dika pikul niku napa.

--- 2 : 69 ---

Kêdhêle, mung satêngah dhacin, ajêng kula ênggo nglunasi pajêg.

Dika duwe kêdhêle, kula niki pripun, ajêng dodolan botên ontên sing didol, ajêng nyambut gawe botên ontên sing amburuhake. Dawêg pisahan, dhi, kula ajêng golèk jarit.

Dawêg, kula ajêng ngantingake kêdhêle.

85. Wêwulang Bab 84 Salinana Krama Lugu. Kaya ta:

Sampeyan badhe dhatêng pundi, kang.

Badhe dhatêng pêkên, dhi, numbasakên sinjang anak sampeyan.

Sabanjure.

86. Têmbung kang Dikurung Iku Salinana Kosokbaline:

--- 2 : 70 ---

Sing sapa ngêtokake dhuwit (luwih) saka tampane iku (tuna).

(Kabêcikane) wong aja ko (lali-lali).

Yèn kowe arêp wêruh (bêcike) wong takokna marang (mitrane).

Wong kang (ngalêm) marang kowe iku durung masthi yèn (sênêng) marang kowe.

Wong (sugih) durung masthi yèn uripe (bungah).

Wong (luhur) pangkate durung masthi yèn (wicaksana).

Kowe (aja wêdi) yèn nglakoni (bênêr).

87. Rampungna:

Barêng wong iku wis warêg, banjur akèh rêmbuge.

Barêng wong tuwane wus padha mati ...

--- 2 : 71 ---

Barêng barang têtinggalane wong tuwane wis êntèk, ...

Barêng ênggone dadi sudagar wis lawas, ...

Barêng anake wus mêntas kabèh, ...

Sawise dadi priyayi, ...

Sawise rampung sawahe, ...

Sawise tamat sinaune, ...

Sawise bisa maca cara Mlayu ...

Sadurunge aku lumêbu sakolah, ...

Sadurunge bapak duwe kreta, ..

Sadurunge kali iki dikrêtêgi, ...

Sadurunge sudagar iku sugih, ...

88 Sura Salinana Bêndara Patih:

Sura arêp lunga karo sing wadon, saiki lanang wadon wus padha dandan. Sura ikête modang, klambine lakên, jarite sidaluhur, sabuke cindhe, kathoke mori putih, kêrise gayaman, [gaya...]

--- 2 : 72 ---

man, Bok Sura klambine sutra irêng, kêmbêne bathik udan riris, gêlungane kondhe. Suwênge mata intên apanunggul mirah, ali-aline mas tinrètès ing barleyan.

89. Rampungna:

Sabubare nonton gambar sorot, aku banjur nonton kumidhi jaran.

Sarampunge nulis layang, ...

Saulihe saka dolan, ...

Satêkane ing Surabaya, ...

Saundure saka kabupatèn ...

Sawêtune saka pamulangan, ...

Sapatine bapakne, ...

Saungkure bapa biyungne, ...

Sabubare kapatèn nganti saprene, ...

Salungane saka ing kene, ...

Sadadine lurah ana ing desa iku, ...

--- 2 : 73 ---

Satêkane saka lêlungan, ...

Saangkatku saka ing nagara iki, ...

90.

1. Kowe arêp mênyang ngêndi.

2. Sampeyan badhe dhatêng pundi.

3. Sampeyan badhe tindak dhatêng pundi.

4. Panjênêngan dalêm karsa têdhak dhatêng pundi.

5. Dika ajêng têng pundi.

Iki gawenên kaya mangkono.

Kowe iku anake sapa.

Apa kowe doyan kwèni.

Kowe arêp tuku apa.

Bapakmu lunga mênyang êndi.

Apa adhimu wis wani nunggang jaran.

Yèn kowe sida mênyang Kêdhiri, aku mèlu.

91. Têmbung-têmbung iki Gawenên Ukara Warna Loro Utawa Luwih:

Ditêtêpake (2), madu (2), kala (2),

--- 2 : 74 ---

Margi (2), tutuh (2), tuwuh (2), betah (2), langkung (2), wuluh (2), lêga (2), têka (2), alus (3), dangu (3), pupus (2), katiga (2).

Tamat.

_________

--- 2 : [0] ---

[2 halaman kosong]

--- 2 : [0] ---

JAVAANSCHE TAALEN STIJLOEFENINGEN

SAMENGESTELD DOOR MAS SASTRODIARDJO HOOFD SCHOOLOPZIENER

TWEEDE DEEL

VERBETERDE DRUK

LANDSDRUKKERIJ-1933-BATAVIA.

 


yèn. (kembali)
sampeyan. (kembali)
didokoki. (kembali)
§ Prakawis punika sadèrèngipun kagarap kêdah karêmbag kalihan murid (lesan). (kembali)
ing. (kembali)