Pandaya Sastra Jawa, Puspakusuma, 1913, #536

JudulCitra
Terakhir diubah: 09-06-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Pandaya Sastra Jawa.

Anggitane Radèn Puspakusuma.

Kaêcap ing pangêcapanipun Tuwan H. A. Benyamin, ing nagari Sêmarang, ing taun 1913.

--- [1] ---

Pandaya Sastra Jawa.

Anggitane Radèn Puspakusuma.

Kaêcap ing pangêcapanipun Tuwan H. A. Benyamin, ing nagari Sêmarang, ing taun 1913.

--- [2] ---

[...]

--- [3] ---

PANDAJA SASTRA DJAWA.

DOOR

RADEN POESPAKOESOEMA.

Semarang-Drukkerij en Boekhandel H. A. Benjamins, Semarang, 1913.

--- [4] ---

[...]

--- [5] ---

1.

Ukara iki kramakna:

Omah-omah gêdhong kang ana ing pinggir ratan gêdhe, sabên numpak măngsa katiga, kudu padha dilabur.

Omah-omah wis têlung taun, têka durung ana antarane duwe anak.

Omah-omah adoh sêpur iku watake ora sugih dhayoh.

Masjid iku akèh kang cêdhak kabupatèn, mangku alun-alun.

Yèn ora gêlêm nyambutgawe, arêp bisa olèh sandhang pangan saka ngêndi.

Pikolèhe suwita marang priyayi iku, bisa wêruh marang tatakrama lan udanagara.

Ulih-ulih marang dhukun iku arupa sêsandhangan utawa pêpanganan.

--- 6 ---

Wong carita iku yèn dibolan-balèni, kang ngrungokake kêmba.

Wong mati iku sok ditêmbungake mulih ing jaman kalanggêngan.

Ratan iku yèn digawe dalan grobag mêsthi rusake.

2.

Sabên gawe ukara, kudu kang têmên, kang nyata, aja mung upama bae. kaya ta:

Aku ora duwe dhuwit. - iki mung upama bae.

Kêbo iku ulêse lamus utawa bule. - iki nyata.

Coba têmbung-têmbung iki gawenên ukara sing bêcik:

Salah-salah - luput-luput - nêmbe - cakêt - bisa - pintêr - garing - aking - jênak - tutut - cumbu - kuru - gêring - apik.

3.

Kapriye kosokbaline:

Pêndhok bunton - ...

--- 7 ---

Badan alus - ...

Manuk ingon - ...

Sagara rob - ...

Mantu gêdhèn - ...

Isinan anjêjaluk - ...

Bocah ludhuk -...

Rêmbulane surup - ...

Banyune wuwul - ...

Iwak asinan - ...

Prau labuh - ...

Atine burus - ...

Têmbaga puthon - ...

Pêdhang warangan - ...

Praèn lancap - ...

4.

Isènana:

Gêdhang tadhah ...

Klambine tanpa tadhah ...

--- 8 ---

Mathine tadhah ...

Godhong suru ...

Omah gêdhang ...

Jungkat jêruk ...

Ratane anggêgêr ...

Tulisane ambata ...

Surake ambata ...

Dondomane tutus ...

Topi pacul ...

Wong wadon bau ...

Pituwase bau ...

Nganggo layang bau ...

Blandare sinăngga bau ...

Klobote ngêlar ...

Pêdhang iki ngêlar ...

Untune ngêlar ...

Lungguhe sila ...

Lungguhe dhalang sila ...

--- 9 ---

5.

Iki wangsulana lan têgêsana pisan:

Gadhung iku ngêndêmi, apa mêndêmi.

Bênêre rata danawa, apa rota danawa.

Bênêr êndi pêdaringan, karo padêringan.

Bênêre madal pasilan, apa madal pasihan.

Pancène dipăncawara, apa dipăncawora.

Prabayasa karo prabayaksa, iku bênêr sing êndi.

Bênêre sêga garing, apa sêga aking.

Pancène andana warih, apa andanawa rih.

Rikma mêmak ngandhan-andhan, karo rema mêmak ngandhan-andhan, iku bênêr sing êndi.

Bênêre wayah candhikala, apa wayah sambekala.

6.

Nanah uwuk iku têgêse: nanah wurung.

Lah iki kapriye têgêse:

Uwuking prakara. - ... prakara.

Kurang sayuk. - kurang ... .

--- 10 ---

Turu kêpati. - turu ... .

Among raga. - ... raga.

Disarang kănca. - ... kănca.

Ora mambu bocah. - ora ... bocah.

Sungkan sinau. - ... sinau.

Urup lan gawene. - ... lan gawene.

Durung dijatoni. - durung di ... .

Nguntapake têkan. - ... têkan.

Kakèhan lingsèn. - kakehan sa ... .

Sugih umbag. - sugih ... .

Kêbo lawung. - kêbo ... .

Digobyog bae - di ... bae.

Dhasar ala kandhutane. - dhasar ala ... .

7.

Surasmara, garbane têmbung: sura + asmara.

Sarwendah, garbane têmbung: sarwa + endah.

Bisoncat, garbane têmbung: bisa + oncat.

Dadyojat, garbane têmbung: dadi + ojat.

--- 11 ---

Jalwèstri, garbane têmbung: jalu + èstri.

Satyayam, garbane têmbung: sate + ayam.

Kêbwalasan, garbane têmbung: kêbo + alasan.

Panggarba kang mangkene iki kaaranan: sastra laku.

Ing layang-layang têmbang mêsthi mrangguli têtêmbungan kang mangkono iku.

Coba iki garbane têmbung apa:

Malêbèng puri, sitinggil, prawirèng jurit, byantaraji, nagendrasmara, sang wirotama, surendra bawana, sang siptèku, tatwèng jaja, lagyantuk, sugyarta, kalokèng rat, utamangganira, lumwèng karya, ascaryèng tyas, sandeyèng galih, turidasmara, murwèng gita, sêdyarsa, tumêngèng tawang.

8.

Têmbung: kèrèk, iku kanggo mratelakake wilanganing gambir, kaya ta: tadhahe gambir sadina-dinane rong kèrèk.

Coba ukara iki wuwuhana têtêmbungan kang mangkono:

--- 12 ---

Nyiliha lampit patang ... .

Cacah ... kang kobong omah pitu.

Cacah ... anggone tawu olèh pira.

Pête sa ... isine pirang mata.

Jaene rong ... bisa pêdhês.

Peloge sa ... slendrone iya sa ... .

Krambil sadhompol jênênge sa ... .

Gêdhang siji jênênge sa ... .

Êduk salêmbar jênênge sa ... .

Ambêkan sapisan jênênge sa ... .

Kirimana ... patang tampang.

Cukupe ... rong gêmuh.

... sakojong rêga têlung kêthip.

... sakayuh dadi klambi siji.

... sadhapur nganti bisa salawe lonjor.

... sawuli ana pirang êlas.

... salakon cacahe papat.

... sapitrah rêga sêtali.

... sabungkul rêgane pira.

--- 13 ---

... sauyun iku pirang lonjor.

9.

Cilik mênthik, têmbung mênthik, kanggo katêrangan bangêting cilike.

Coba cêcak-cêcak iki isènana têtêmbungan kang mangkono iku:

Putih ...

Irêng ...

Bêning ...

Pêtêng ...

Rêmuk ...

Padhang ...

Têlês ...

Ajur ...

Adoh ...

Bodho ...

Rapêt ...

Suwung ...

Adhêm ...

Sêpi ...

Abang ...

Asat ...

Garing ...

Panas ...

Sugih ...

Pait ...

10.

Sing nraju mas iku pundhake.

--- 14 ---

Sing saur manuk iku ...

Sing lonjong botor iku ...

Sing landhêp dhêngkul iku ...

Sing arang kranjang iku ...

Sing ngombak banyu iku ...

Sing amblarak sêmpal iku ...

Sing mucuk êri iku ...

Sing ngudhup turi iku ...

Sing ngudhup mêlathi iku ...

Sing ngêmbang bakung iku ...

Sing anggandhewa gadhing iku ...

Sing angêlung gadhung iku ...

Sing anjêruk purut iku ...

Sing nyela cêndhani iku ...

Sing nunggak sêmi iku...

Sing andamar kanginan iku ...

Sing kaya jangkrik mambu kili iku ...

Sing gilang-gilang iku ...

Sing asawang layon iku ...

--- 15 ---

Sing ngêmbang pudhak iku ...

Sing angatirah iku ...

Sing nusup ngayam alas iku ...

Sing nganti kaya mimi lan mintuna iku ...

Sing nganti kaya babadan pacing iku ...

11.

Ukara ngisor iki pêthikan saka layang pakêm padhalangan lan liya-liyane. Isènana:

Radèn Gathutkaca dicaritakake otot ..., balung ..., kulit ..., driji ..., dhêngkul ..., sikut ..., sungsum ... .

Bisa mabur tanpa ..., mlêtik tanpa ... .

Apa ora kulak ..., adol ..., yèn Urubisma iku ratu sêkti măndra ..., ora têdhas sisaning .... .

Yèn nginanga durung ..., idua durung ... .

Katigas sumăngga ..., katuwêk sumăngga

--- 16 ---

..., kajonjang sumăngga ..., botên anggrantês saluguting ... .

Mata-mata ... kaya kowe kulup Prêmadi.

Aja gênti mara, ... mara dak kêmbari ..., ora-orane dak tinggal ... .

Pucuke manèh yèn ..., bêbongkote ... bae.

Nagara panjang a ..., pasir a..., loh jinawi, gêmah ..., tulus kang sarwa ..., murah kang sarwa ... .

Apa mundhut pèni-pèni raja ..., guru ... guru ... .

Sowane Radèn Janaka mêndhak-mêndhak kaya ... .

Teja-teja sulaksana, tejane wong anyar ..., wingking pundi kang ..., ngajêng pundi kang ..., tigas ..., sapa sinambat ing ... .

12.

Ing ngisor iki têmbung kawi kang kasrambah sabên dina, dadi

--- 17 ---

kêna diarani mèh anggêr wong wêruh têgêse, ngêrti panganggone. Aku wis tau krungu dhewe wong desa kang caturan nganggo têmbung kawi digawe krama.

Sabên dhalang, yèn carita mêsthi disêlani têmbung kawi, kang nonton kok iya padha ngêrti. Mung bae yèn dikon nêgêsi akèh kang ora patitis, dadi mung dilaras, diêpèk sunduk prayogane. Kang mangkono iku kurang sampurnane, mulane têtêmbungan ing ngisor iki têgêsana kang patitis:

Nendra, suta, usada, sukma, tirta, seta, pingul, dawala, krêsna, langking, pita, jênar, ranu, atmaja, andaka, palwaga, warih, sunu, sona, rewănda, kêncana, yoga, srênggala, wre, rukmi, tanaya, kukila, pascima, parwata, giri, aldaka, ancala, kintaka, nawala, netra, pratima, samodra, maruta, wisaya, bacira, bantala, kasatmata.

13.

Iki panunggalane ăngka 12 kang wis kadhapur ukara, jawakna kang cêtha:

--- 18 ---

Netra lir baskara kêmbar.

Dahat kalingga murda.

Wêrdu ăngga sasra.

Kasambut madyaning rana.

Arda walika.

Kasiliran ing samirana.

Dinirgakna ingkang yuswa.

Atêbah jaja.

Analasak wanawasa, sumêngka agraning wukir.

Kukila kang among dhustha.

Kang citrane kaya panji.

Swaraning pradăngga ngrangin.

Surak atri pindha ampuhan.

Saksana magut jurit.

Para manggalaning praja.

Awahana turăngga miwah èsthi.

Yaksa aji ing Ngalêngka.

Wrêksa langking sisaning agni.

--- 19 ---

Tajin dhahar lawan guling.

Tan èngêt purwa duksina.

14.

Iki kramakna:

Aku ora sumurup sababe dadi kêkêrêngan.

Surupe srêngenge iku ora ajêg.

Yèn wis ditakêr, nuli disurupi nganggo bêruke dhewe.

Ijal-ijol barang iku sok malah kêsurup.

Praune labuh ing babagan Cilacap.

Mulane diganjar nagara, sabab wis labuh pati.

Saiki wis numpak măngsa labuh.

Etung lima mung anggarap têlu, tur salah kabèh.

Udan salah măngsa iku apa.

Patine marga disalahi sadulure dhewe.

Sing mangsuli salah siji bae, dadi ora kumruwuk.

Sok mangkonoa kowe iku kêsèd mêmaca.

Biyèn sok mrene, saiki barêng duwe bayar, banjur pêt poèng.

--- 20 ---

Têka banjur ora karuan jêbule, dhuwit ora, barang ora.

Yèn jam papat durung têka, iya pancèn ora mrene.

Yèn wis têkan prapatan lor pasar, menggok ngetan.

Ora ngubêngake jăntra, kêtêkan wong edan.

Ora kaya anake wong sugih, kêtêkan sabarang karêpe.

Yèn gêlêm marèni nakal, iya dak tukokake gondhang-gandhung.

Waras sadina, larane pêndhak dina.

15.

Mati ilate, têgêse: ora bisa ngrasakake lêgi gurihing pêpanganan. Têmbung mati ing ukara iku kaaranan têmbung entar.

Ukara kang nganggo têmbung entar ing ngisor iki têgêsana:

Jêmbar sagarane.

Thukul turune.

Kêthul atine.

Akèh sêsandhungane.

--- 21 ---

Anggadho ati.

Cagak êlèk.

Tamparane matêng.

Mêntahi rêmbug.

Pêtêng atine.

Ala kandhutane.

Gilig rêmbuge.

Ilang klilipe.

Rupak pandêlênge.

Dawa tangane.

Idu gêni.

Bocah atos.

Panèn mata.

Akèh pawone.

Aku ora mêrêm.

Mêndêm drajat.

Atine gêdhe.

Atine dhuwur.

Pait wèwèh.

Padhang pikire.

16.

Panambang: ta= mu. Panambang: ira= e.

Coba têmbung-têmbung iki panambangana: ta, ira:

Raka, rama, ari, wisma, sudarma, karsa, apura, aksama, ubaya, siswa, praja, pustaka, kabudayan, lungaya, pusaka, kadarman, kadibyan, raga, garwa, busana.

--- 22 ---

17.

Cangkriman iki wangsulana:

Yèn bumi winalik, cêkêlanmu apa, yèn bumi rinata, tungganganmu apa.

Loro ganjil, têlu ganêp, iku apa.

Kang ămba dhewe iku godhong apa.

Kacang nunggang jaran iku karêpe kapriye.

Biru iku bisane wungu dikapakake.

Sing duwe ora gawe, sing gawe ora nganggo, sing nganggo ora wêruh, iku apa.

Sagara apa kang salawase ora ana banyune.

Anake tapihan, biyunge wuda, iku apa.

Anake gêlungan, biyunge ngore, iku apa.

Sing cêndhak kinêthokan, sing dawa sinambungan, iku apa.

18.

Pangrasaku sabên wong padha duwe wêwangsalan, nanging sarèhne sok ora dipikir têgêse, dadi banjur ana

--- 23 ---

kang kliru, kaya ta: pasêmone wong anendra, diucapake pasêmone wong ngalendra.

Lah mara isènana kapriye karêpe wangsulan ngisor iki:

Senthe jurang iku: kajar.

Umpak dêdêring curiga iku ...

Kêmangi gagange wulung iku ...

Ula dumung măncawarna iku ...

Wanara Anjaniputra iku ...

Wrêksa kang rineka janma iku ...

Jangkrik genggong saba talun iku ...

Giyota kandhêg samodra iku ...

Pêksi muluk kinêplokan iku ...

Pêksi munya nèng gantangan iku ...

Pring anom rinujit miring iku ...

Kang taji mawa gandhewa iku ...

Andhêging ukara kidung iku ...

Jawata pindha Arjuna iku ...

Putra panênggak Pandhawa iku ...

--- 24 ---

Janma kang nglalu antaka iku ...

Mulwa rêngka iku ...

Teja bengkok iku ...

Enthong palwa iku ...

Kukus gantung iku ...

Rotan buntal iku ...

Sarpa krêsna iku ...

Kisma bêncah iku ...

Kunir pita iku ...

Jênu tawa iku ...

Puspa rujit iku ...

Pala rêkta iku ...

Jalak pita iku ...

Singa ranu iku ...

Widhêng galêng iku ...

Songsong prana iku ...

19.

Têmbung-têmbung iki gawenên ukara:

I. kunca - kănca, rundha - răndha,

--- 25 ---

tumpa - tămpa, unta - ănta, kalunthangan - kalonthangan.

II. titik - titig, pupuk – pupug, bubuk - bubug, sarak – sarag, susuk - susug.

III. nginêp - nginêb, urup – urub, sarap - sarab, antêp – antêb, untap - untab.

IV. ulat - ulad, sèrèt – sèrèd, irit - irid, sarat – sarad, lêtlêt - lêdlêd.

20.

Soca: krama inggil - mata uwong.

Soca: ngoko krama - mata êpring.

Siram: krama inggil - adusing wong.

Siram: ngoko krama - adusing tanduran.

Coba goleka têmbung kang kêna ditêgêsi mangkono, sêpuluh bae.

--- 26 ---

21.

Ana têmbung sawatara kang kalêbu ing rimbag loro, marga kagawa ing têgêse, kaya ta:

Sudukên, yèn kang têgêse akon nyuduk, iku rimbag: agnyaning tanduk kriya wantah, yèn kang têgêse krasa kaya disuduki wêtênge, iku dadi rimbag: guna.

Têmbung-têmbung ing ngisor iki têgêsana mangkono:

Tamparên, mimisên, kapalên, pancingên, lombokên, ulêrên, glonggongên, bubuhên, dudukên.

22.

Isènana têtêmbungan kang cundhuk karo têmbung ngarêpe utawa ing burine:

Agêlung pare ...

Kasêmêkan ... tinêpi.

Nyamping kinonang-konang ...

Ngagêm lisah jayèng ...

Kêris kang ... tangguhe.

--- 27 ---

Kampuh kang ... sigine.

Nuju ari ... wiyăngga.

Dhapur jigja ... wulung.

Lèmèk babud prang ...

Sêsêngkang panata ...

Sêsupe soca ...

Ginarêbêg para manggung, ... , srimpi.

Kinêbutan ing lar ...

Sang nata kondur ...

Manjing ing dhatu ...

23.

Kapriye madyane ukara iki:

Iku ora kêna.

Kudu dimangkènèkake.

Aja dimangkonokake.

Lah iku isih dhoyong.

Bodho têmên kowe iku.

Iku lho anane wong kêsèd.

--- 28 ---

Dhèk cilike ora gêlêm sinau.

Ora tau gêlêm têtakon.

Lah saiki sing kapitunan sapa, rak iya kowe dhewe, ta.

Amrih aja nganti kêbanjur, wiwit saiki udinên.

Aja nganggo isan-isin têtakon.

Poma lakonana tumuli.

24.

Wangsulana:

Kowe apa tau nonton wayang.

Wayang iku pirang rupa.

Sabab apa kok banjur diarani wayang.

Kang digawe wayang iku apa.

Panggawene wayang purwa iku kapriye.

Lah kang digawe tuding, cêmpurit lan gêgêle iku apa.

Wayang purwa sakothak iku pêpake nganti ana pira.

Yèn sing alus garapane, iku bisa nganti rêga pira.

Genea raine ana sing dipulas abang, ana sing putih, ana sing ijo.

--- 29 ---

Wayang-wayang iku nyaritakake apa.

Sing nglakokake jênênge apa.

Yèn kabênêr kanggo, wayange dijèjèr-jèjèr kiwa têngên, iku jênênge dikapakake.

Kang lagi dicaritakake iya dijèjèr-jèjèr, nanging adhêp-adhêpan, iku jênênge dikapakake.

Sêbutna lakone sêpuluh bae.

Sing ora tau kanggo marang wong Jawa, lumrahe lakon apa.

Lah tabuhane apa.

Pananggape kapriye, opahe pira.

25.

Banyu iku rupa-rupa: banyu asin, banyu ...

Kang rêsik dhewe banyu ..., sabab iku kadadeaning ..., dadi prasasat banyu pa ..., ing basa Walănda kaaranan .... .

Banyu iku ana kang bêning, ana kang ... .

Kang mêsthi bêninge iku banyu ..., nanging iya ora ... kaya banyu pa ... mau.

--- 30 ---

Rasane sêgêr utawa ...

Kanggone akèh bangêt, iya iku: digawe adus ...

Banyu tuk panas, kêna ginawe ..., yèn diombe rasane ...

Banyu kang arêp diombe kudu di ... dhisik, nuli diwadhahi ..., di ... kang rapêt, aja nganti klêbon ...

Yèn ungsum lêlara, banyu kang arêp diombe kudu di ... dhisik.

Sumur-sumur kudu dicêmplungi ... utawa disoki jejeran ...

26.

Alugora - gêgamane Baladewa.

Kalanadhah - kêrise Dananjaya.

Tunggulnaga - ...

Ăntrakusuma - ...

Rujakpolo - ...

--- 31 ---

Rujakbêling - ...

Basunănda - ...

Sêkardwijan - ...

Lokananta - ...

Cundhamanik - ...

Pasopati - ...

Balasrèwu - ...

Kalimasada - ...

Păncanaka - ...

Dhêngênputra - ...

27.

Têmbung-têmbung dwilingga ngisor iki gawenên ukara kang bêcik lan nyata:

Tumpa-tumpa, papan-papan.

Ulas-ulas, kêlara-lara.

Dipotha-potha, ulan-ulan.

Ngirup-irup, dialub-alubi.

Ulap-ulap, alap-alapan.

--- 32 ---

28.

Yèn gawe layang kiriman, prayogane nganggoa adangiyah, bêbukane pada luhur, pada madya utawa pada andhap. Wiwite layang nganggo pada guru utawa ugêr-ugêr. Têtêmbungane kang pasaja, dene yèn kang dikirimi layang mau mitra kang wis rakêt bangêt, dhasar nunggal paguron, iku kêna nganggo têmbung rêrênggan lan sapanunggalane kang anèh-anèh, ngiras kanggo ngeling-eling kang wis disinau lan kanggo ngasah nalar sawatara. Mungguh tuladhane kaya dene ngisor iki:

Sêrat sarta ingkang ... winantu sang ... pahargyan saking ... pun sudarma, siswa pa ... anu, lumarap ing ... ning ... sudibya mas anu, saha ... ing ...

Sasampunipun ingkang ... kula, wiyosipun: sampun sawatawis lami ... botên nate ngaturi ... ing ... ki raka,

--- 33 ---

sabab saking ... manah, kathah ing ... . Rèhning samangke sawatawis ragi ..., arinta mêrlokakên ngaturi ... kawontênanipun ing ... sapunika.

Watawis sampun ... wulan sapriki, pri ... kula ... i ... anu sami sae ka ... damêl pakêmpalan, langên marditaya. Wosipun pakêmpalan wau, anggêgulang rakêt rukuning ..., sinau jogèd manut ..., ngicalakên watêk rikuhan wontên ing ..., taksih wontên malih panunggilanipun. Urunanipun sabên wulanipun ..., kêmpalipun, ...dintên sapisan, wontên ing ..., katamtokakên sabên malêm ... wiwit jam ... dumugi jam ... .

Wontênipun sapunika, kula sa ... katingal ..., kilap ing ... .

Amung punika atur ... kula, botên langkung ... ngajêng-ajêng pêparingipun ki raka ...,

--- 34 ---

kangge ... kangên miwah pa ..., manah.

Kasêrat ing ... ping ... .

Ingkang ...

27. [1]

Wangsulana:

Kae dolanan apa jênênge.

Sing duwe reka dolanan mangkono iku mau-maune băngsa apa.

Watara taun pira anane.

Pamrihe apa ta bal-balan iku, yèn kasliyo rak iya ambilaèni.

Ămba dawaning papan nganti pirang mètêr, lan manèh sing dipilih kudu papan kang kapriye.

Mara aranana prabote.

Bal iku kang digawe apa, dawa-dawane dhiamètêre pirang mètêr, bobote nganti pirang gram, pangupakarane kapriye.

--- 35 ---

Bal-balan iku kudu ana bocahe pira, sêbutna jênênge lan kawajibane.

Yèn arêp wiwit, patrape kapriye, suwene nganti pirang jam.

Apa larangane, kapriye paukumane.

Lah tandhane yèn mênang iku kapriye.

30.

Wangsulana nganggo têmbung krama:

Kapriye cara-carane ing desa, yèn kabênêr komplang, lurahe mati utawa dilèrèni.

Kang padha dadi jago mau apa nganggo kelangan ragad.

Yèn desa gêdhe, nganti bisa êntèk pira.

Kang mangkono iku apa bêcik.

Lah kang ora kêna dadi jago iku sing kapriye.

Olèhe pilihan ana ngêndi, kang anjênêngi sapa.

Patrape pilihan kapriye.

Kang ditêtêpake dadi lurah jago sing êndi.

--- 36 ---

Yèn ana jago loro kang olèhe wong padha kèhe, êndi kang ditêtêpake.

Têtêpe lurah desa iku sing maringi piagêm sapa.

Apa kang dadi pangan lan pêpancène lurah desa.

__________

--- [0] ---

PANDAJA SASTRA DJAWA.

DOOR

RADEN POESPAKOESOEMA.

Semarang - Drukkerij en Boekkandel

H. A. Benjamins, Semarang. 1913.

 


29. (kembali)