Layang Carakan, Padmasusastra, 1917, #177

Deskripsi judul
Teks sambungan
1. Layang Carakan, Padmasusastra, 1917, #177. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri
2. Layang Carakan, Padmasusastra, 1917, #177. Kategori: Bahasa dan Budaya > Pengetahuan Bahasa
Citra
Layang Carakan, Padmasusastra, 1917, #177: Citra 1 dari 2
Layang Carakan, Padmasusastra, 1917, #177: Citra 2 dari 2

TJARAKAN DJAWA

Layang Carakan

Anggitane Kyai Padmasusastra, wong mardika kang amarsudi kasusastran Jawa ing Surakarta.

Kaêcap ingkang kaping tiga.
Kaêcap ing pangêcapanipun N.V. Mij. ALBERT RUSCHE & Co. SURAKARTA 1917.

--- [1] ---

Layang Carakan, Padmasusastra, 1917, #177: Citra 1 dari 1

Tjarakan Djawa

Layang Carakan

Anggitane Kyai Padmasusastra, wong mardika kang amarsudi kasusastran Jawa ing Surakarta.

Kaêcap ingkang kaping tiga.
Kaêcap ing pangêcapanipun N.V. Mij. t/v. d/z. ALBERT RUSCHE & Co. SURAKARTA 1917.
(Tjarakan, 1, 1000.

--- [2] ---

Layang Carakan, Padmasusastra, 1917, #177: Citra 1 dari 1
[...]

--- 3 ---

Layang Carakan, Padmasusastra, 1917, #177: Citra 1 dari 1

TJARAKAN DJAWA

1. 1. Aksara Jawa iku kèhe rong puluh, ingaran: Carakan.

Swarane jêjêg, kaya swarane aksara Walônda, â, carakan ini kaya-kaya makolèhi ginawe sinau bocah-bocah kang lagi wiwit jajal-jajal maca, bisa mêngakake atine sarana pitutur gampang, wêwarahe iki minôngka ijoane piwulanging guru, mungguh rupa lan urut-urute kaya ing ngisor iki:

a n c r k, f t s w l, p d j y v, m g b q z.

Lumrahe bocah-bocah, carakan iku sok winalik

z q b g m, v y j d p, l w s t f, k r c n a.

--- 4 ---

Layang Carakan, Padmasusastra, 1917, #177: Citra 1 dari 1

2. Aksara kang kajèjèr padha lêgêna kaya ing ngisor iki, ingaran: sinaroja, ing Layang Paramasastra aran guru laku, têgêse: ugêring laku, dene sinaroja, têgêse: kasungsun, utawa karangkêp. Têgêse lêgêna: ucul, utawa: wuda, dadi isih rêsik durung disandhangi, swarane jêjêg, kaya ta:

an, nt, cr, rk, kl, fw, tt, sa, ww, lr, pl, dd, jl, ys, vw, mt, gg, bs, jq, sz,

aw, nw, cl, rw, kg, fr, tl, sw, wn, lt, pf, dr, jn, yt, vn, mj, gn, bw, gq, zy.

3. Aksara kang sinaroja têlu, ing Layang Paramasasrta iya aran: guru laku, unine kang siji ngarêp beda karo kang lore[1] buri, kang ngarêp muni: a utawa kaya muni: ê, ingaran: rubuh, awit satêmêne dudu pêpêt, iya lêgêna bae, kang muni: â, ingaran: jêjêg, kaya ta:

agm, ngr, cln, rjs, krn, frn, tlg, slk, wtr, lln, pln, ddk, jlf, yys, vfs

--- 5 ---

Layang Carakan, Padmasusastra, 1917, #177: Citra 1 dari 1

mlk, ggl, bqr, qrq, zly

aks, nrk, crk, rwn, kws, fan, tny, sgr, wcn, llr, pwk, ddr, jnk, yyg, vvn, mrn, ggn, brn, qwl, zlg.

4. Wusana aksara kang sinaroja papat kang seje unine ingara: camboran wutuh, ing Layang Paramasastra iya uga aran: guru laku, têgêse: pamoring têmbung loro kang ora kêna pinisah, dene yèn têmbung loro mau padha, ora aran camboran wutuh, aran: dwilingga, swarane jêjêg kabèh, kaya ta:

arar, ngps, crcr, rjml, kmjy, dsrt, ttwr, stwn, wntr, lrlp, pnrg, dnrj, jyby, ysrt, vnvn, mjrg, grgr, bytk, qrqr, zywr.

5. Ana uga sinaroja lima utawa nênêm, nanging pancèn têmbung loro, dadi ora aran camboran, utawa dwilingga, mung sinaroja bae, iya kêlêbu ingaran: guru [gu...]

--- 6 ---

Layang Carakan, Padmasusastra, 1917, #177: Citra 1 dari 1

[...ru] laku, mulane aksara purwaning lingga têmbung kang têlung wanda, karubuhake swarane, kaya ta:

ajmrn, rjswl, prnyk, mabqr, agmjw, ngrsl, krnap, krslr, kwsngr, sfywfn, pntagm, bqrnrf.

2.6. Mungguh aksara mau ana kang kudu disandhangi, disandhangi mono diwuwuhi rêrupan seje, ana ing ngarêp utawa ing burine, lan ing ngisor utawa ing dhuwure, tuwin mawa patèn, utawa pangkon, apamanèh mawa pasangan zie 7. dene gunane patèn lan pasangan mau bisa ngilangake uwiting swarane aksara kang dirakêti, mungguh rupaning sandhangan lan patèn mau kaya ing ngisor iki,

Sandhangan swara

i ulu têgêse: êndhas
u suku têgêse: sikil
[ taling of taring têgêse: kuping têngên
[ o taling tarung of tarung têgêse: kuping kiwa
e pêpêt têgêse: êmbun-êmbunan

--- 7 ---

Layang Carakan, Padmasusastra, 1917, #177: Citra 1 dari 1

Sandhangan panyigêging swara

h wignyan of sagyan of wisarja, têgêse: cangkêm
/ layar of ulu layar, têgêse: mata
= cêcak of cêcêk têgêse irung of nungswara

Sandhangan wyanjana

] cakra of sadarga, têgêse: dhadha
} kêrêt of srêngkara têgêse palanangan
- pengkal of baksya têgêse tangan têngên (tangan kiwa zie 93 III gêmbung)
\ patèn of pangkon K.N. pêjahan, K.D.

7. Aksara rong puluh kang wis muni ing piwulang ôngka 1 mau ana pasangane, kèhe iya rong puluh, rupa lan dununge tuwin urut-urutane kaya ing ngisor iki,

H N C R K F T S W L P D J Y - M G B Q Z

Mung pasangan W lan L bisa muni barêng karo aksara kang ambukani wanda, ingaran: panjingan, kaya ta: kWg, kLs zie 93 W gêmbung, mangkono manèh pasangan K L yèn karakêtan suku, cakra, kêrêt, pengkal lan gêmbung, mulih dadi aksara, zie 95.

--- 8 ---

Layang Carakan, Padmasusastra, 1917, #177: Citra 1 dari 1

8. Sarèhne sandhangan mau beda-beda unine, supaya ora bisa lali, kudu mawa apalan kaya ing ngisor iki,

Mimidiulu
Yuyudisuku
Leleditaling
Gogoditaling tarung
Sêgadipêpêt
Jadahdiwignyan
Acardilayar
Bawangdicêk[2]
Yatradicakra
Grêmadikêrêt
Wadyadipengkal

Dadi mung kari nglèrègake bae, sarèhne yèn aksara ma, diulu muni mi, yèn ha, iya hi, sapiturute mangkono.

9. Ing ngisor iki têmbung rong lingga kang mung mawa sandhangan swara, ulu, ing Layang Paramasastra aran: guru sastra, têgêse: guru aksara, sing dianggo ngeling-eling, mimi, yèn aksara purwaning lingga kang karakêtan ulu, swarane

--- 9 ---

Layang Carakan, Padmasusastra, 1917, #177: Citra 1 dari 1

aksara wêkasaning lingga, jêjêg, â, nanging yèn kang karakêtan ulu aksara wêkasaning lingga, aksara purwane lingga: rubuh, a, kaya ta:

ailail, nilpkj, cirial, rizriz, kiriqint, fipyn, titims, sitikw, wikqsini, liyfin, pirbr, dirikit, jiwmmi, yyiaji, viyviy, minkli, girint, bisbs, qiknwl, zimgiri.

10. Saiki wuwuh disuku, iya aran guru sastra, sing dianggo ngeling-eling: yuyu, dene bab rubuh jêjêging swara padha karo piwulang ôngka 9, ing dhuwur iki, kaya ta:

aumfik, nusjw, culfw, rupkpi, kurupti, fupwzi, tugipri, surpti, wukubl, lurirtu, pursni, dudkisi, junijuli, yufngri, vubvub, munsik, gurunfi, bufify, qunuqunu, zupkr.

11. Saiki wuwuh ditaling, iya aran guru sastra, sing dianggo ngeling-eling: lele, nanging yèn ngarêpake sandhangan swara: ulu lan suku, swarane rubuh muni: è ora e, kaya ta:

--- 10 ---

Layang Carakan, Padmasusastra, 1917, #177: Citra 1 dari 1

[arwti, [nk[nk, [c[k[r[k, [rk[rk, [krtbs, [fwkusum, [tjmy, [sltl, [wfrg, [ll[ll, [pni[pni, [d[w[d[w, [jdidr, [ykuffi, [vwufin, [mjpsgi, [g[gms, [brislk, [q[qli[l, [zlikli.

12. Saiki wuwuh ditaling tarung, iya aran, guru sastra, sing dianggo ngeling-eling, gogo, nanging yèn ngarêpake sandhangan swara, ulu, lan suku, swarane rubuh muni: ò ora ó, kaya ta:

[aorffi, [nojwuzu, [co[bo[lo, [rofml, [kofwibisn, [forpti, [toytuli, [socbqr, [woluaiji, [lokpl, [podisri, [do[soati, [jodipti, [yogtm, [vofk, [mogwuzu, [gor[god, [bomtk, [qonqni, [zo[kobs.

13. Saiki wuwuh dipêpêt, iya aran guru sastra, sing dianggo ngeling-eling: sêga, nanging ana aksara loro kang kudu sinalinan pasange.

I. re liniru aksara: pa cêrêk: x

II. le liniru aksara: nga lêlêt: 2

--- 11 ---

Layang Carakan, Padmasusastra, 1917, #177: Citra 1 dari 1

Swaraning pêpêt salawase ora tau rubuh, tansah jêjêg bae, sarta ora tau dumunung ana wanda wêkasan, kajaba yèn nyigêg aksara, kaya ta:

aeri[aori, nesukepti, cemerkuru, x[boXgi, ke[bospi, fekukumuni, tebuwuzu, secpti, wefimemefi, Xzwzi, peqiwesi, depfw, jenutw, yetibs, velvel, menrge[d, genimw, bersbau, qeruqu, zeziseg.

14. Saiki wuwuh diwignyan, ingaran: guru lagu, têgêse ugêring laku, sing dianggo ngeling-eling: jadah, kaya ta:

s[aoah, tnhjw, cchjiw, frhrtu, mkhbumi, ffhbyi, tthwesi, bshan, swhgdu, klhge[d, rphtebu, wdhan, jjh[fs, yyh[rn, [vovhkuwi, mmhme[soyi, seghtmu, bbh[tysi, kqhkqh, mzhmzh.

15. Saiki wuwuh dilayar, iya aran, guru lagu, sing dieling-eling: acar, kaya ta:

--- 12 ---

Layang Carakan, Padmasusastra, 1917, #177: Citra 1 dari 1

a/yfm/, n/pfyit, c/m[rk, r/[r[bk, k/tm/m, f/mwi[ss, t/tri, s/ful, w/skusum, l/grud, p/tjumen, dd/ri, j/wsut, y/psfi, v/tni, m/gwti, g/bruci, b/gw, zq/rq/, z/cpf.

16. Saiki wuwuh dicêcak, iya aran guru lagu, sing dianggo ngeling-eling: bawang, kaya ta:

a=sn[st, n=symnh, c=ghwesi, r=s=rum=s=, k=sike[bo, f=f=Xmh,t=k/tum=k/, s=sykqh, w=kw, l=l=zn, p=ghbufi, d=d=muni, j=jiby/, y=bqri, v=gi[by, m=gkl, g=gn/mf, b=[k[kli, zq=zq=, z=[gokequ.

17. Saiki wuwuh dicakra: yatra, dikêrêt, grêma: lan dipengkal: wadya: kabèh iku padha ingaran: guru anta, têgêse: guru luwih: padha karingkês bae, kaya ta:

b]t[sn, kk]sn, sizp]n, byubj], b}mr,sb}gf, pu[lop}c, w-krn,wf-bl, snit-s, ap]set-.

--- 13 ---

Layang Carakan, Padmasusastra, 1917, #177: Citra 1 dari 1

18. Sandhangan warna sawêlas ing dhuwur mau durung nyukupi marang têmbung sakabèhe, kudu winor sakênane, iya iku pamoring sandhangan têlung prakara, ingaran guru wancah utawa guru walaka, kang ginawe baku sandhangan panyigêging swara lan sandhangan ywanjana, iya iku h / ] lan - dene } ora bisa dadi baku, kang dianggo ngeling-eling iya kaya piwulang ôngka 8 ing dhuwur mau, jadah, acar, bawang, yatra, lan wadya, nanging kudu kaeja sakênane:

I. dah, dih, duh, dèh, doh, dêh, car, cir, cur, cèr, cor, cêr, wang, wing, wung, wèng, wong wêng,

II. tra, tri, tru, tre, tro, trê, trah, trih, truh, trèh troh, trêh, trar, zie blz 15 ekrar, trang, tring, trung, trèng, trong, trêng,

III. dya, dyi, dyu, dye, dyo, dyê, dyah, dyih, dyuh, dyèh, dyoh, dyêh, dyar, dyir, dyur, dyèr, dyor, dyêr, dyang, dying, dyung, dyèng, dyong, dyêng.

--- 14 ---

Layang Carakan, Padmasusastra, 1917, #177: Citra 1 dari 1

19. Ing ngisor iki pamoring sandhangan têlung prakara kêsêbut piwulang ôngka 8, ing dhuwur iki, didhapur têmbung sakênane, kaya ta:

I. h karo sandhangan swara. Pedah apa, tuduh marga, dadèhana, adoh Ngawi, kêdêh-kêdêh.

II. / karo sandhangan swara. Arca wutah, kocar-kacir, tuku cucur, nabuh kêsèr, brati nocor, kacêr mabur.

III. = karo sandhangan swara. Bawang lanang, luwing dawa, sawunggaling, gowèng pinggir, nyai blawong, suwêng kokar.

IV. 1. ] karo sandhangan swara. Sasarabau, sri pamasa, asru kurdha, aja srèi, gawe sroja, langkung srêdha.

2. ]h karo sandhangan swara. Pasrah bumi, kang disuprih, aja kisruh,

--- 15 ---

Layang Carakan, Padmasusastra, 1917, #177: Citra 1 dari 1

ngisor êprèh, saya kêproh, srêh ...

3. ]/ karo sandhangan swara. Kang wis tinêmu mung ana têmbung aran siji: ekrar.

4. ]= karo sandhangan swara. Tukang mranggi, sêpi mamring, gawe mrungga, rada mèmrèng, wi: kêmrôngga, aja mrêngkang.

V. 1. - karo sandhangan swara. Sêtyaboma, dityi (Kw. buta wadon), dadi mêrtyu, kang kadyèku, ora tyori, tyê ...

2. -h karo sandhangan swara. Kopyah abang, pyih, byuha mangkara, kyèhing bala, anggêdhobyoh, byêh.

3. / - karo sandhangan swara. Gêbyar-gêbyar, nong-nong gyir, tiba sumyur, byar-byèr, kalapa kopyor, pyêr ...

4. = - karo sandhangan swara.

--- 16 ---

Layang Carakan, Padmasusastra, 1917, #177: Citra 1 dari 1

Aja ngomyang, babah imying, ubyang-ubyung, madyèng rana, nganggo robyong, muni pyang-pyêng.

Pamoring sandhangan ing dhuwur mau kang durung tinêmu mung ana kaya ing ngisor iki, Tyê, tyih, tyêh, lan tyêr.

20. Ing mêngko nyumurupake ganêpi têmbung sakabèhe, ora nganggo mawang kaya kang uwis, iku kudu nyigêg aksara sarana patèn, utawa pasanganing aksara rong puluh ing salah sawiji, padha ngrakêti marang aksara kang sinigêg, sarta kudu kaeja ping nêm, kaya piwulang ôngka 18, kaya ta: upamane patining aksara: ka, da, ta, sa, la, pa, ma, ga, lan ba.

Ana manèh aksara kang kêna sinigêg, kaya ta:

! murdanyapadhane karo patining na: dantyazie 13 en 84.
v talawya
Ùmurdanyapadhane karo patining sa: dantya
$ talawya

Ana manèh nganggo tinunggalan aksara swara, A I U E O lan aksara rekan, k+ f+ p+ j+ g+ iku wis nyukupi marang têmbung sajagad.

--- 17 ---

Layang Carakan, Padmasusastra, 1917, #177: Citra 1 dari 1

Murih ora lali marang aksara sapuluh kang kêna sinigêg kaya ing dhuwur mau, saking beda-bedaning kêdale, kudu mawa apalan kaya ing ngisor iki: jajan, babak, cacad, papat, nanas, babal, dhadhap, jam, tatag, lalab.

Ejane mangke:
jan, jin, jun, jèn, jon, jên, bak, bik, buk, bèk, bok, bêk, lan sapiturute.

21. Kawruh nyigêg aksara na, sapiturute tumêka ba, kanthi pasangan ha, sapiturute tumêka Z lêgêna banjur sinambungan i ulu, sapiturute sandhangan swara lan wyanjana, kaya ta:

--- 18 ---

Layang Carakan, Padmasusastra, 1917, #177: Citra 1 dari 1

Lêgêna.

Jaran abang, rujak nôngka, cacad ceko, sêrat rama, bagaskara, bakal dadra, usap tangan, kalam siji, tatag wantêr, larab limar.

Ulu.

Salin pola, pitik dhara, masjid jipang, amit yuda, baris nyabrang, bêdhil mêtêng, kacip gambir, êjim biru, wêgig thar-thir, khabib Ngarab.

Suku.

Umun-umun, jukuk nila, udud cubung, atut runtut, pupus kuning, kumpul daya, tutup teko, kaum salat, tutug watês, ngeyup langgar.

Taling.

Damèn pari, sèmèk dhahar, sèrèt jingga, mèmèt yuyu, bèyès nyapit, kètèl murni, krêtèp gilap, dhèhèm bae, cêgèg thungul, sungèp ngali.

Taling tarung.

Takon apa, rokok nipah, oyod cangkring, bobot ringgit, laos kunci, adol durèn, êsop tômbra, anom sigit, sosog wilah, umob lubèr.

Pêpêt.

Jintên putih, watêk dhukun, nglawêd jamu, slamêt yuwana, têgês [têgê...]

--- 19 ---

Layang Carakan, Padmasusastra, 1917, #177: Citra 1 dari 1

[...s] nyata, sambêl miri, kêrêp goroh, karêm bathik, sawêg thukul, mêngkurêp ngambèn.

Cakra.

Para widadari ing kaendran, bêksa mawi kêprak, dohe sagrad etungan bumi, Kangjêng Pangeran Cakraningrat, ing nagara Prasman pêrang gêdhe, tuwan amral, sampun prapta, ing Prambanan, lajêng anggêbrag meja, kalêrês akrab.

Cakra ulu.

Sang Bimasuta tan wrin baya, mangsah ing rana angrik lir rasêksa, ing kitha Madrid kathah Walandi, sami suka-suka ngombe anggur abrit, Nabi Edris, benjing wulan April iksamên, kula sampun tumbas grip pabêr, rasukan kula grim cêmêng sampun dados,

--- 20 ---

Layang Carakan, Padmasusastra, 1917, #177: Citra 1 dari 1

waosan kula sêrat drig wêdalan Amstêrdham, sacêlaking krib ngajêng sampun kathah lare sêkolah.

Cakra Suku.

Krun ngajêng sampun kapasangan dilah, Sêmar Petruk Nala Garèng, Tuwan Jongbrud jagi kèrkop, Raja Namrut ratu kapir, matrus kapal pambêkane rusuh, pokrul jendral ing Batawi, tuwan oprup ing Samarang, saedrum kalihan kula, brangkal ing latar kae dibrug bae cikbèn rata, drub iku araning bukakan wêkasan mainwis.

Cakra taling.

Sang nata wontên ing kaputrèn, para nyai sami pêtrèk-pêtrèk, jêbêngipun anjêbrèd, lêgundêr anggawa slomprèt, mênyang Jèbrès ajar-ajar, êdrèl muni jaran jondhil, Tuwan Jusèp Krèp kagèt, trèm wèi ing Batawi,

--- 21 ---

Layang Carakan, Padmasusastra, 1917, #177: Citra 1 dari 1

swaraning sata wana jêgrag-jêgrèg, sinêm tumane angrèb.

Cakra taling tarung.

Aja sok dhêmên satron, jêruk kêprok iku lêgi, sinrod ing bagaskara, cêprat-cêprot swarane wong gawe puli, aja sok dhêmên kêmpros, bêndungan Malangjiwan ambrol, jukukna prop anggur ing lêmari, wong prombèng julig bangêt, grog jênèwêr: banyu tawa, angrobi mungsuh.

Cakra kêrêt.

Alas Krêndhawahana iku angkêr, awakku prak-prêk bae, sakalangkung srêdha ing galih, mungkrêt kasaguhane, udan brês barate kaya pinusus, mak prêl tugêl dadi têlu, tanah parêdèn sakalangkung asrêp, suduk sarira kalihan patrêm,

--- 22 ---

Layang Carakan, Padmasusastra, 1917, #177: Citra 1 dari 1

tumbas griya angêbrêgi, wontên ing dhusun Trêban.

Pengkal.

Sanadyan Sang Dananjaya, sampun damêl krapyak mênjangan, kyating jagad kasipu, tyas mirong murwèng gambuh.

Pengkal ulu.

Angyitnani: 1001. No. II, 558. 2. v.o.

Pengkal suku.

Apyun Rêmbang candunira bèji, aja nganti dhumpyuk, têbêng-têbêng kang swanita kumyus, Radèn Drêsthadyumêna dhatêng, Tuwan Hyum 244 Winter 140, 2. v.o., gumrubyug ingkang wadyakuswa.

Pengkal taling.

Swaraning kêpyak wayang kyèk-kyèk, athik èmpyèg bae polahmu kuwe.

Pengkal taling tarung.

Jangji tigang wulan bayar kropyok, karingête gumrobyos,

--- 23 ---

Layang Carakan, Padmasusastra, 1917, #177: Citra 1 dari 1

griya limasan gêbyog mubêng.

Pengkal pêpêt.

Swarane balung putung mak krêpyêk, angyêktosakên, ing nagara Marsèlyês 244 Winter 96. 3. v.o., lumaku barêng grêbyêg-grêbyêg.

22. Ôngka Jawa iku cacahe sanga, sapuluh kêlêbu das, urut sarta arane kaya ing ngisor iki:

; 1 ; [1] aksara; ga,
; 2 ; [2] nga lêlêt, utawa aksara luluh,
; 3 ; [3] panglingan; nga, utawa nga; dipengkal,
; 4 ; [4] ingaran ma; miring,
; 5 ; [5] ingaran ma; kurung,
; 6 ; [6] pasangan da, utawa aksara swara; e,
; 7 ; [7] aksara; la, utawa aksara luluh,
; 8 ; [8] pa, palya, utawa aksara mahaprana,
; 9 ; [9] aksara; ya, utawa môndaswara,
; 0 ; [0] ingaran das, utawa sandhangan swara i,

1 padhane ; 1 ; padhane I, siji
2 padhane ; 2 ; padhane II, loro
3 padhane ; 3 ; padhane III, têlu
4 padhane ; 4 ; padhane IV, papat

--- 24 ---

Layang Carakan, Padmasusastra, 1917, #177: Citra 1 dari 1

5 padhane ; 5 ; padhane V, lima
6 padhane ; 6 ; padhane VI, nênêm
7 padhane ; 7 ; padhane VII, pitu
8 padhane ; 8 ; padhane VIII, wolu
9 padhane ; 9 ; padhane IX, sanga
10 padhane ; 10 ; padhane X, sapuluh
11 padhane ; 11 ; padhane XI, sawêlas
14 padhane ; 14 ; padhane XIV, patbêlas
19 padhane ; 19 ; padhane XIX, sangalas
20 padhane ; 20 ; padhane XX, rong puluh
21 padhane ; 21 ; padhane XXI, salikur
30 padhane ; 30 ; padhane XXX, têlung puluh
40 padhane ; 40 ; padhane XL, patang puluh
50 padhane ; 50 ; padhane L, sèkêt
60 padhane ; 60 ; padhane LX, suwidak
90 padhane ; 90 ; padhane XC, sangangpuluh
100 padhane ; 100 ; padhane C, satus
101 padhane ; 101 ; padhane CI, satus siji
200 padhane ; 200 ; padhane CC, rongatus
300 padhane ; 300 ; padhane CCC, têlung atus
400 padhane ; 400 ; padhane CD, patang atus
500 padhane ; 500 ; padhane D, limang atus

--- 25 ---

Layang Carakan, Padmasusastra, 1917, #177: Citra 1 dari 1

900 padhane ; 900 ; padhane CM. sangang atus
1000 padhane ; 1000 ; padhane M. sèwu
1896 padhane ; 1896 ; padhane MDCCCXCVI. sèwu wolung atus sangang puluh nênêm.

900 padhane ; 900 ; padhane CM. sangang atus
1000 padhane ; 1000 ; padhane M. sèwu
1896 padhane ; 1896 ; padhane MDCCCXCVI. sèwu wolung atus sangang puluh nênêm.

23. Pada kang kanggo ing layang tanpa têmbang kaya ing ngisor iki,

¥ pada luhur
¦ pada madya
§ pada andhap
?0? guru utawa ugêr-ugêr
? adêg-adêg, utawa ada-ada
.0. pancak
, pada lingsa
. lungsi
; pangkat.

Pada luhur kanggo wong gêdhe yèn kirim layang marang wong cilik, kosokbaline pada andhap, kanggo wing cilik yèn kirim layang marang wong gêdhe, dene pada madya kanggo ing sapadha-padha.

Guru: kanggo ing layang carita utawa pratôndha sapêpadhane.

Adêg-adêg kanggo bêbukane ukara anyar.

Pancak kanggo panutuping layang ing larikan wêkasan [wêkasa...]

--- 26 ---

Layang Carakan, Padmasusastra, 1917, #177: Citra 1 dari 1

[...n] pisan, sadhupuring[3] titimôngsa.

Pada lingsa: kanggo pungkasaning gatra,

Lungsi: kanggo pungkasaning ukara.

Pangkat: kanggo têtêngêr angkataning têmbung kang arêp dikandhakake.

Kang diarani sagatra iku êntèking ucap ing dalêm sanapas, kaya ta:

Kala wingi sampeyan kula ajêng-ajêng botên saèstu rawuh, sagatra.

Dene kang diarani saukara, iku êntèking prakara sawiji kang diucapake, kaya ta:

Sampun lami anggèn kula ngupados kapal tumpakan, sagatra, nanging botên sagêd nrênjuhi ingkang sae, sagatra, angsal-angsal sarêng dipun pitulungi dhatêng saudara ijêngandika Tuwan Pit, sagatra, unèn-unèn ing dhuwur iki, saukara, nanging yèn sinambungan ukara mangkene: manah kula sampun marêm. Saukarane ana marêm, yèn sinambungan manèh: mila kula nyuwun pangapuntên botên sagêd nyaosakên bilih kapal wau kapundhut kagêntosan, saukarane ana, kagêntosan, dadi kèh sathithiking gatra ora kêna diugêmi dadine ukara, tarkadhang akèh tarkadhang sathithik, mawa-mawa cuthêling rêmbuge.

--- 27 ---

Layang Carakan, Padmasusastra, 1917, #177: Citra 1 dari 1

Pada lan dirga kang kanggo ing têmbang kaya ing ngisor iki:

¥¡¥ purwa pada
¦¢¦ madya pada
§£§ wusana pada
o raswadi lirune pada lingsa tiba lêgêna,
Û ulu mêlik lirune pada lingsa tiba ulu,
Ú suku mêndut lirune pada lingsa tiba suku,
{ dirga mure lirune pada lingsa tiba taling utawa taling tarung.

Bocah-bocah kang sinau maca, sawise nyumurupi piwulang ôngka 1 tumêka 20, cukup mung nyumurupi piwulang ôngka 21, iki wis bisa maca, awit ora ana têmbung kang mrojol saka ing bab 21 mau, ewasamono murih lanyahe prayoga nganggo wacan kaya ing ngisor iki.

--- 28 ---

Layang Carakan, Padmasusastra, 1917, #177: Citra 1 dari 1

Wacane Layang Carakan.

Kadhapur piwulang ing sapakolèhe kaya sasisih iki.

--- 29 ---

Layang Carakan, Padmasusastra, 1917, #177: Citra 1 dari 1

HET EENVOUDIG WERKWOORD

24. n Wis lumrahe watêking ngaurip gêthing andêlêng marang wong sugih, nanging dhêmên andêlêng sêlute, iku yèn bisa aja mêngkono, kinosoka bali dhêmêna marang wong sugih supaya olèha barkahe, dadi bisa kêtutugan dhêmêne kang kaping pindho.

Wong nandur krambil iku padha uga lan nandur anak ana ing pamulangan, bungahe bakal kêtêmu ing buri langgêng nganti tumêka ing pati.
! Andhêdhêr angkuh iku tuking panggawe ala.
Paribasan nuthuk pongge iku saking gampange.
v Anjarag marang kaluputan iku kêlêbu ing bêbêsan, ngêmping lara anggenjah pati (J.Z.I. 107.1 v. o. nguyang).
Manusa yèn bisa nyuda utawa nyirnakake karêpe kang sunat, iku bakal bisa nutugi karêpe kang pêrlu.
m Paribasan ambungkêm cangkêm ana ing pajagongan, iku mêtu saka ing rêribêd.
Wong dhêmên mêthèk bêgja cilakaning uwong, iku amarga koncatan ing kawruh padhang.
= q Anggugu ujare wong tuwa-tuwane sarta gurune, iku [i...]

--- 30 ---

Layang Carakan, Padmasusastra, 1917, #177: Citra 1 dari 1

[...ku] bakal ora kêduwung.

Ki Padma yèn ngarang layang dialêm dhewe, awit saka trêsnane marang awake.

ca, sa, ja.

25. Nacad alaning wong iku gampang bangêt, siji mangkene, loro mangkono, nanging anggunggung cacade dhewe adate ora kobêr.

Paribasan: kêbo nusu gudèl, iku ana ing jaman kaliyoga, anak putune Ki Padma, pintêr-pintêr, nanging Ki Padma dhewe bodho leyo, kang kêbuka mung kasukan pèi, linuwih ing jagad têtêlu.

Yèn kowe nêja nêcang jarit mupung esuk, sêcange godhogên dhisik sing tanak.

HET TRANSITIEF WERKWOORD.

26. n Wong ênom yèn anduwèni melik marang têtinggalane wong tuwane, iku tuking budi ala, awit ing batin dhêmên tininggal ing wong tuwane mau, dadi ngajap kang ora bêcik, anggege môngsa, iya iku kalakuan nistha.

--- 31 ---

Layang Carakan, Padmasusastra, 1917, #177: Citra 1 dari 1

Wong nêtêpi marang kuwajibane, iku wis ngambah dalaning kautaman.

! Andhisiki karsaning bêndara, iku ora mêsthi kêbênêran.

Panakawan cilik iku gawene mung nuthuki upêt.

v Anjajagi kawruhing liyan, iku panitike saka gêgaweane layang, wong baud calathu ora mêsthi baud gawe ukara.

Nyulayani karsaning nagara ora mêsthi tinarima, sanadyan bênêr.

m Ambêciki marang pêpadhaning tumitah, iku unusaning manusa urip, Ki Padma: mung bisa kôndha bae.

Paribasan: bisa mrangkani kudhi, iku satêmêne wong pintêr kang bisa ngêwori caturing liyan kang ora gawe panujuning atine, dudu ngêmong ratu mudha (zie Tekawêrdi têmbung wiwitan, pada 8), iku ênggone ngêmori karsane amarga wangwang utawa duwe pamrih olèha ganjaran.

= z Anggêmènibaranging bêndara, iku pêpêthinganing kawula.

Ngrasani alaning wong, iku ora mung gawe pitunaning wong kang dèn rasani, iya uga gawe pitunane

--- 32 ---

Layang Carakan, Padmasusastra, 1917, #177: Citra 1 dari 1

dhewe.

HET CAUSATIEF WERKWOORD.

n Andadahake bayi marang dhukun, iku mung kêlêbu ing adat kuna bae, sanadyan ana lêlakon kang anggêgirisi, kaya ta: kêsliyoning otot, kèngsêring balung nganti dadi lan tiwase iya ora bisa gawe mirising ati.

Nutugake budi arda iku pakolèhe mung ngrusakake ati lan awake dhewe.

! Andhêngakake kaluputaning liyan ana ing pasamuan, iku wong tinggal duga prayoga.

Aku mung sadêrma nuthukake (niyaga) opahe kowe sing nampani.

v anjagakake kasaguhaning liyan, iku prasasat ngandêl kang ora ana.

Andhap asor iku nyudakake darajat, nanging yèn ora andhap asor ora bêcik, apa ora mêngkono.

m Ambênêrake kaluputane kancane iku ora mêsthi kêtrima, nanging yèn ora ambênêrake: cacad, duwe kandhutan drêngki, dadi kudu mawang langit lan nganggo êmpan [êmpa...]

--- 33 ---

Layang Carakan, Padmasusastra, 1917, #177: Citra 1 dari 1

[...n] pan.[4] Manuhake marang pakarêman iku kêlêbu wong tanpa budi, awit nikmating rasa suwene barêng lan gêbyaring kilat.

= z Anggêdhèkake atining bocah kang amarga saka ing pangugung iku prasasat awèh wisa marang awake dhewe.

Nglêbokake anak ing pamulangan, iku padha uga lan anglêbokake dhuwit ing celengan kang ora binubak ing salawas-lawase, sarta bakal olèh uyahan saka gone ora motangake.

HET TOESTANDSWOORD (OEM)

28. a Maju munduring kapintêraning murid, iku dadi têtanggunganing guru.

Kiyik kang kumêdom tuwa-tuwane kang kumêlar, iku sayoga ingêtim.

n Wong pancèn ora ethor bok aja kumini,

w Sampeyan dalêm miyos jumungahan,

Jaman saiki akèh rôndha sing kumalanjar.

p Matia sêk, tak arani dudu kowe.

--- 34 ---

Layang Carakan, Padmasusastra, 1917, #177: Citra 1 dari 1

Bocah cilik mono sing dhêngêr cilike, aja sok kumintêr.

m Kae rak ampak-ampak, mung rupane bae kumêndhung.

b Bok aja sok gumisa, mundhak digêguyu kancamu ngaji.

Sumiliring angin anrajang tandur ingkang sawêg gumadhung, ebahing tandur toyaning sabin katingal gumêbyar, adamêl lam-laming manahipun ingkang tumingal.

ZUIVER PASSIEF. KA EN KÊ. OBJECTIEF PASSIEF.

29. a Kautus papriksa marang bêndungan Karangturi.

r Tataning gêlar wus karusak dening mungsuh.

l Prihatine ora kêna kalipur.

ACCIDENTEEL PASSIEF.

a Kandhêging laku amarga kêpalang banjir.

r Atiku wis krasa yèn bakal kocidrani.

--- 35 ---

Layang Carakan, Padmasusastra, 1917, #177: Citra 1 dari 1

l Olèhmu milihi aja kongsi kliru.

OBJECTIEF EN ACCIDENTEEL TRANSITIEF PASSIEF.

31. Pamanahe Radèn Lêksmana katampanan tangan kiwa dening Radèn Abimanyu. Pakintun sampeyan sêrat samsan[5] kêtampèn.

Panggawamu bêras ing bagor iku yèn kalakonan wong loro iya bisa kêlakon.

Candunipun kaababan rumiyin kajêngipun ênèm. Ulam kutuk manawi dipun sênjata botên susah dipun kengingakên, mimisipun kadhawahna ngajêngipun kemawon, amêsthi pêjah kababan.

Punapa sampeyan sampun kalilan mundur, bilih sampun kalilan kula aturi mampir dhatêng griya kula.

Besuk kapan gonmu bakal katêkanan besan, yèn wong kêtêkan besan iku dikurmat, sarta dibêcik bojakramamu, awit yèn ora mêngkono sok nyatur.

Katatonan dening satrunipun. Kêtaton apane.

--- 36 ---

Layang Carakan, Padmasusastra, 1917, #177: Citra 1 dari 1

Pangracikipun jampi botên mawi kaêmoran walirang, kraosipun mawi walirang pandugi kula kamoran.

Pangukurmu sawah iku yèn katibanan cêngkal saka kene amêsthi luput, ora wurung kowe sing kêtiban duka.

Bocah-bocah iku apa wis padha kaêduman jaburan, olèhmu bagi aja nganti ana sing ora kêduman.

Kêkasihing dewa ing jaman kuna yèn pêrang kaudanan kêmbang, nanging ing jaman saiki ora mêngkono, iya kodanan banyu, ayake wis mari dikasihi marang dewa, bêcik ora pêrang bae.

Paseban ngalun-alun wis kaobongan dening brandhal, gênine sumawur kaya udan tiba ing kampung Kauman, têmahan ing kono kobongan kabèh.

Dalan têrusan kang mênyang omahku kapatenan dening pulisi, dadi aku saiki kêpatèn dalan.

ACCIDENTEEL PASSIEF.

Wisesa na bawa ka.

32. Aku ora kêprungon pisan-pisan yèn kang Artadaya [Artada...]

--- 37 ---

Layang Carakan, Padmasusastra, 1917, #177: Citra 1 dari 1

[...ya] ing kapatihan, kêtiwasan, môngka akèh kabisane lan kapintêrane, apa saka kainan, apa sing dadi jalaraning kabilaène. Wis sawatara dina iki kêmalingan, banjur kêkecon nganti êntèk kêntekan, nalika têkaning kècu pinuju udan dêrês, Kang Artadaya mlayu andhêlik mênyang kêbon, sanadyan kodanan nganti kalêbus iya ora lunga-lunga, awit saka jirihe, barêng ngalih mênyang pakiwan dilalah (verkorting van takdir Allah) kêbrukan senggot nganti kêtaton pundhake, banjur ngalih mênyang ngisor krambil katiban biluluk êndhase, wusana kêtêkan bilai manèh dhèk wingi sore kobongan, barange akèh sing ora kêtututan, iku kêna diarani wong cilaka muput, sarupaning nyawa dianggo kabèh.

ACCIDENTEEL PASSIEF

Bawa wa ca ka.

33. Kaantêpane mitraku timbang lan kabêcikan tuwin kautamane, dhasar gêdhe kawicaksanane, kasêmbuh sugih kaluwihan, putus ing ngèlmu kasampurnan, watitis [wa...]

--- 38 ---

Layang Carakan, Padmasusastra, 1917, #177: Citra 1 dari 1

[...titis] sumurupe marang kamulyaning pati, widagda patrap sumusupe ing jaman kailangan, mulane kasugihan lan kaluhurane apadene kapriyayène: langgêng, awit tansah mintir danane marang wong kamlaratan.

HET SUBJECTIEF PASSIEF.

Tak, ko, di.

34. Tak. Yèn lêga atimu anakmu sida tak jaluk, arêp tak lêbokake marang pamulangan, sarta bakal tak wragadi sapintêre.

Kula sakalangkung dhangan, nanging kula sanjang dhatêng rayi sampeyan tiyang èstri rumiyin, punika inggih sampun kula lêbêtakên dhatêng pamulangan patikêlir,[6] kula wastani sami kemawon, kok jêbul sanès.

Paring dalêm pêksi pêrkutut: gêring, badhe abdi dalêm jampèni rumiyin, manawi sagêd saras, abdi dalêm kauli badhe abdi dalês[7] tumbasakên sêngkêran pradan.

Ko. Bêdhile apa wis kojupuk, lan apa wis banjur korêsiki pisan, lan manèh aku apa wis kotukokake obat mimise, angkatku ambêdhil cèlèng [cè...]

--- 39 ---

Layang Carakan, Padmasusastra, 1917, #177: Citra 1 dari 1

[...lèng] sesuk: wayah bangun.

Yatranipun rak sampun sampeyan pêndhêt piyambak wontên ing bênèt, lajêng sampeyan lêbêtakên ing kanthongan rasukan, malah sampeyan paringakên pun Krama ingkang satangsul, sampeyan dhawahi numbasakên jampinipun titihan sampeyan.

Titihanipun dhawuk raka dalêm kangjêng, kala rumiyin rak sampun nate panjênêngan dalêm sambut, sarta lajêng panjênêngan dalêm titihi dhatêng ing Bacêm, wontên ing Bacêm panjênêngan dalêm sabrangakên ing banawi.

Di. Kêrismu wis diputih sarta banjur diwarangi pisan, sorene ditampakake marang kongkonamu, aku ora sumurup yèn banjur digawa minggat, bêcik nuli disuwunake layang biwara kênaa digawe anggolèki.

Wade kula rong sawit dikêmpit têng Bok Jatruna, tuture êmpun diênyang ing wong limalas rupiyah glindhing, nanging kula dèrèng awèh.

Prayogi dipun uja kemawon, lare sampun agêng, dipun pêkak môngsa kenginga: botên.

--- 40 ---

Layang Carakan, Padmasusastra, 1917, #177: Citra 1 dari 1

HET OUDPASSIEF (IN).

35. Radèn Panji Wangsèngsari satriya ing Mandura, karsa ngadibusana, ngagêm dhêsthar anglung rêsmi tinêpi ing renda mas, paningsêt cindhe binara ing kêmbang suruh, rasukane sutra ijo, sinulam ing banyu êmas, ngagêm wangkingan dhapur nagasasra sinêlut ing intên barliyan sinêling mirah, ginombyokan kêmbang gambir malathi, gêgubahan surèngpati, dhasar bagus sarira jênar binonyo ing gôndawida sarta jinêbadan, singa mulat tarataban.

RECIPROQUE.

36. Radèn Panji Wangsèngsari têgar liwat ing slompretan, maripit panggonaning bakul dhasar, agawe gègèring ngakèh, kinira andaru runtuh, para bakul padha atinggal dhasar, lumayu rêbut dhisik, tunjang-tinunjang dhêsêk-dhinêsêk, jorog-jinorogake, wêdi yèn kasèp liwate, lali olèhe dol tinuku, sarta kêmpit-kinêmpit wade, apadene lali olèhe tampan-tinampan dhuwit. Kocapa

--- 41 ---

Layang Carakan, Padmasusastra, 1917, #177: Citra 1 dari 1

bok jagal, kêsabêt ing liring tatas têtalining atine, ngênglêng dadak-dadakan, paraning cipta mung marang sang binagus ... .

Têmpuking ubaya paran-pinaran, gapyuk rangkul-rinangkul, onêng-ingonêngan, bok jagal kagunturan iba sasrênggara, cuthêl.

FREQUENTATIVE VORM.

37. Bok ayu olèh kula adol sate têng tangsi wingi: laris bangêt, nanging nalika kula lagi mlêbu, ati kula tansah tarataban mawon, awak kula nganti andharodhog, awit kula dèrèng tau dodol mriku, wani kula wau wong liwat têka andalidir mawon, basa têkan tangsi: nyai-nyai gumrubyug padha têka sarta kubrubut padha jajan, dhasar kêbênêran sate kula kumrinyis, nyai-nyai liyane pating klawe padha ngundang, kula sêmayani: mêngke. Nyai-nyai wau barêng êmpun olèhe mangan sate banjur padha lunga pating salêbar, ayake ajêng padha kowah.

Ing tangsi ngriku lagi wayah surup mawon ting pal êmpun padha disumêdi gumêbyar pating klêncar abyor kaya raina, nanging kula rada wêdi panggonane romah sakit, Landane [La...]

--- 42 ---

Layang Carakan, Padmasusastra, 1917, #177: Citra 1 dari 1

[...ndane] sing lara padha pating glêrêng, sing jagani dadi kongkonan wong pranteyan, panganggene pating trambal, lan pating srêmpal, polahe yak-yakan, pating blêbêr sajak kêsusu, watir kula mangke gèk ngroyok dodolan.

Ca, ja, olèh sêsêlan saka sarojaning aksara wêkasaning lingga.

38. Lakune wong picakan pating cênunuk (canuk) nanging bangsat pating cêngingak (cingak) malah pating cananang.

Bocah yèn angguyu cuwawakan, iku patut dicuwowo.

Pating cênganguk (canguk) iku anu apa, barêng anu pating cêngèngès.

Tiba Anjêkangkang (jêngkang) tangine anjêginggat (jingkat niet jinggat).

Wong anjuwèwèh (juwèh) ora ana nêng-nênge.

Lupute anjêgogos, iya ajêthathus (jathus).

OBJECTIEF DENOMINATIEF.

39. Utusan dalêm maringakên badhe rasukan, dhatêng abdi

--- 43 ---

Layang Carakan, Padmasusastra, 1917, #177: Citra 1 dari 1

lêm[8] kaliwon gêrji ing Kauman, pundhutan saking pacinan toko makowan, damêlan Indhu, tênunanipun tiyang tumbasan Pèrsi, sutra tulis sêsêkaran, sarta gêgodhongan, sinulam ing jênang[9] êmas, nanging namung cêkapan kagêm takwa, tangkêpipun kadhawahan andèkèki rangkêpan sutra jêne, karsa dalêm wau kêsêsa, ingkang kautus panakawan lojèn, namung samiran kemawon, botên dhuwungan sarta botên rasukan, lampahipun kadhawahan enggal-enggalan, dumugi ing slompretan kapêthuk saduluranipun, rêmbagan turut margi, lajêng kèndêl linggihan wontên sangandhaping kêkajêngan, dangu-dangu sulaya dados kêrêngan, tabokan tuwin bithèn, tiyang atusan ngrubung sami ningali, ngatos dados pisahaning kathah. Wusana wontên prajurit carangan, sami kêkapalan, gladhèn sêsandêran, ngidak-idak ingkang kêrêngan wau.

EXESSIEF.

40. Pilang-pilang anakmu si thole isih ana umure, lawong tumpa-tumpa ganjaraning Pangeran, sing dhisik plênthingên, banjur gabagên, wuwuh-wuwuh sikile lara tamparên, yèn kumat rasasane[10] kaya gringgingên, wah kêrêp [kêrê...]

--- 44 ---

Layang Carakan, Padmasusastra, 1917, #177: Citra 1 dari 1

[...p] mimisên.

Bok ayumu mêntas duwe anak iki: lara kamisandhanên, banjur kamikakon, mulane banjur kadhêmên, mari-mari yèn wis kringêtên, iku tambane apa.

Sing kodondomi iku klambine sapa, klambine anakmu si thole. Lêngênane kuwe apa ora kêdawan. Iya rada kêdawan sathithik, tinimbang kêcêndhakên mêngko cluthak. Mêsthine iya mêngkono, anuwa kae rak bêcik dinyamlêngake bae.

Saiki kowe kok wis wanên. Wis wanên manèh lawong wis nyandhak sèkêt lumaku iki umurku, saiki aku yèn tangi turu ora kaya dhèk isih ênom, nganggo ayub-ayubên, yèn ana angin sathithik bae banjur kamikêkêlên.

Si Menta Hartana dhèk wingi mrene, aku nganti sêdhih ngrungokake olèhe kêjuwêtên duwe panjaluk utang dhuwit, tak wangsuli yèn aku lagi sêpi, ora ngrèwès, uring-uringên dak tundhung mulih. Dhasar kêbangêtên yèn Si Menta kuwe, dhèk wingi mêntas saka omahku iya utang dhuwit, nanging aku wis wêruh watake yèn utang aras-arasên nyaur, mulane ora tak wènèhi, nanging isih jêgogos bae [ba...]

--- 45 ---

Layang Carakan, Padmasusastra, 1917, #177: Citra 1 dari 1

[...e], aku grêgêtên tak usir kaya asu.

SUBSTANTIEF.

41. Ing dina Sênèn Kêmis kangjêng radèn adipati sowan mênyang ngêndi.

Sowan dhatêng pagêlaran, sajêngkar dalêm ingkang sinuhun saking sinewaka: lajêng mundur dhatêng pasowan pakapalan, andhawahakên karampungan parapabên, saking pasowan pakapalan asring mampir dhatêng paresidhenan (manawa bênêre karesidhenan).

Pasebane para bupati lid lan mas pangulu anggarap prakara kadurjanan lan parapadu, ana ngêndi.

Wontên pasowan bale mangu kapatihan, sapunika nama pasowan pradata agêng.

Panggêdhening pangadilan sapa.

Inggih kangjêng radèn adipati.

Layang paturan panyuwune pangapura pasakitan lupute saka paukuman pati, iku sapa.

Punika padamêlanipun gripir, kala rumiyin jaksa.

Pausur iku apa.

Punika wragadipun prakawis parapabên, satusipun [satusi...]

--- 46 ---

Layang Carakan, Padmasusastra, 1917, #177: Citra 1 dari 1

[...pun] gangsal rupiyah.

Prakara kadurjanan apa ora nganggo pausur.

Sumêrêp kula bilih pangadilan ing Surakarta: botên.

Sapa sing bayar dhuwit pausur.

Ingkang tampi pamênang.

Apa ora sing kalah.

Botên.

Bokmanawa kliru sêsurupamu.

Kados botên, awit kula sampun nate dados korining pradata agêng.

ACHTIEF EN PASSIEF IMPERATIEF.

A, ên, ana, na.

EN PROPOSITIEF.

42. Ayo padha jêntolan pèi. Kowe (a) anjupuka kêrtu ana ing bèsèk, gajêge akèh sing kocar-kacir ana ing longan, jupukana pisan, kêrtu kuwe rong lakon, pilihana salakon bae. Kowe (b) mênyanga warung tukua gula bubuk, sapacitane. Kowe (c) anggodhoga wedang, lorak anglo sing cilik bae karo tepasana [tepasa...]

--- 47 ---

Layang Carakan, Padmasusastra, 1917, #177: Citra 1 dari 1

[...na], dadi ora sangit. Kowe (d) ngodhoga[11] suruh mênyang kêbon, tuku bêngi-bêngi môngsa olèha, tingmu kuwi sumêdên, dadi ora cênunukan, tinge rêgêd têmên, sesuk rêsikana. Asu kuwe glibêdan bae, balangên watu cikbèn mêtu mrana. Wedange nèk wis tuwa gawenên, cèrète jogana banyu. Aku kêpengin ledre prok, ayahene apa isih, coba aku tukokna sêtèng bae. Panganane kuwi dadèkna siji ana ing panjang, aja pating tlêning ana ing wungkusan ngono, tak jupuk kulambi dhisik, adhême ora jamak, ledrene êndi tak pangane, mêngko tenonge tak ungkabane dhewe.

Tamat.

--- [0] ---

Layang Carakan, Padmasusastra, 1917, #177: Citra 1 dari 1

[Grafik]

Layang Carakan, Padmasusastra, 1917, #177: Citra 1 dari 2
Layang Carakan, Padmasusastra, 1917, #177: Citra 2 dari 2

Catatan kaki:

1. loro (kembali)
2. dicêcak (kembali)
3. sadhuwuring (kembali)
4. papan (kembali)
5. sampun (kembali)
6.  partikêlir (kembali)
7. dalêm (kembali)
8. dalêm (kembali)
9. bênang (kembali)
10. rasane (kembali)
11. nggodhoga (kembali)