Ra.

112. Rai trumpah.
Ambasakake: wong saèn.

113. Rai gêdhèg.
Ambasakake: wong saèn.

114. Rupak sagarane. k.b.[1] jêmbar sagarane.
Ngibarat: wong kang budine ora mêngku, ora ambasakake: pangapura.

115. Rupak jagade.
Ngibarat: wong kapatèn sêsaban. Kang diarani [dia...]

--- 62 ---

[...rani] kapatèn sêsaban iku, wong kang ora didhêmêni ing wong sugih sêsêngitan, sugih satru, dadi wêdi lêlungan.

116. Rêgêm-rêgêm kêmarung.
Ngibarat: wong kang ora kêna diêmong, ora kêna diwêngku.
Rêgêm: gêgêm: wêngku: kêmarung: têrining pala kapêndhêm, kaupamakake: anggêgêm, kêmarung.

117. Rubuh-rubuh gêdhang.
Ngibarat: wong makmum sêmbahyang, ora wêruh ing donga pujine, mung manut ing akèh, yèn ngadêg milu ngadêg, yèn sujud milu sujud. Mulane kang kagawe ngibarat: rubuhing wit gêdhang, awit gêdhang iku manawa wis katêgor wohe, wite karubuhake, dadi kang kaupamakake imaming sêmbahyang, tundhunane wohing gêdhang kang kaundhuh, gadêboge kaupamakake makmum sêmbahyang, dadi rubuhing gadêbog katut mênyang tundhunaning woh mau.

118. Rênggang gula.
Ngibarat: wong kang ora bisa pisah karo bojo, anak, sanak sadulur, utawa mitrane. Kaupamakake nganti ngasorake rêngganging gula tangkêban anggone rakêt.

Ka.

119. Kainêban lawang tobat.
Ngibarat: wong kang ora katrima matobate marang Gusti Allah, têgêse: mati sadurunge tobat.

120. Kaêdus banyu sasiwur.
Ngibarat: samubarang kang ora ambabarmisani utawa wong akèh diganjar sathithik. Têrange mangkene: wong kaêdus banyu sasiwur masthi ora rêsik, malah-malah awake ora nganti têlês kabèh, mangkono uga pagawean, manawa ora sêngkud ing panggarape, utawa ora dikèhi kang anggarap, masthi ora rampung tumuli, mangkono uga wong akèh kaganjar mung sathithik, masthi ora akèh pandumane.

121. Kinjêng tanpa soca.
Ngibarat: wong kang ora wêruh tataning nagara, tuwin caraning desa, dadi ing saparan-paran ora [o...]

--- 63 ---

[...ra] olèh pencokan, kaupamakake: kaya kinjêng tanpa soca, yaiku tanpa mata.

122. Kênthung kriyung cakikèr asu gathik.
B. Wong padesan ana kang ngarani bêbasan têtêngêre bangun esuk. Sawênèh ngarani waton êtraping dhêndha manawa ana wong bandrèk lan nganti mêtêng, têrange mangkene.
Manawa wis krungu kênthunge wong nutu, kriyunge wong ngangsu, cakikèring ayam alas, juguging asu, iku pratôndha wis bangun esuk, mangsane wong desa padha magawe mênyang sawah.
Wondene yèn kagawe waton tibaning dhêndha, manawa ana wong bandrèk nganti mêtêng, wong desa kang nunggal lêsung, nunggal pangangson, nunggal pasabaning ayam, nunggal pasabaning asu iku padha kadhêndha kabèh.
Kriyung: iribing swara, swarane êjun, utawa lodhong dikrêbêkake ing banyu, pêpadhane kaya ta: kênthunge wong nutu, krêncinging dhuwit, grubyage wong lumaku, glothake wong ambalang.
Mulane gathik, kang gawe ngibarat juguging asu, awit yèn asu tinêmu padha asu banjur anjugug, utawa têmpuking asu kang tunggal desa ing wayah esuk. Mungguh lakène asu, mulane kabasakake: gathik, yaiku gulête asu lanang lan wadon ênggone lakèn.
Tunggal lêsung: tunggal pagêr, yon[2] wong omahe tunggal pagêr padha gêntèn-gêntèn nganggo lêsung siji kagawe nutu.

123. Kêcik-kêcik yèn wudhu.
Ngibarat: wong ana ing pajagongan, ing samôngsa ana kawruhe, prayoga ngudhoni calathu. Iku anjupuk bêbasane wong botohan, kalumrahane kang kagawe wudhu dhuwit, utawa dandanan, môngka wis ora duwe, banjur ngèntrèni kêcik utawa liyane, karêpe: sanajan kêcik kang kagawe wudhu anggêr isih mèlu ngabotohan mangkono uga wong ana ing pajagongan, sadhengaha kang kausulake, anggêr mèlu ngudhoni calathu.

124. Kècèk gêcrèk.
Iku bêbasane wong arêp gawe pagagan, manawa walang kècèk isih muni, durung kasèp anggone ambabad.

--- 64 ---

Gêcrèk: irib-iribing swara êmpaning gêgaman, kaya gêcrèke wong macul, gêcrèke wong pêpêthèl, sapanunggalane.

125. Kirik[3] munggah ing bale.
Ambasakake: wong nistha kadadèkake priyayi.

126. Krosake ing kene, gadêbuge ing kana.
Ambasakake: samubarang kang kagutuk lor kêna kidul.

127. Kere mênangi mulud.
Ambasakake: wong anggragas kaupamakake kaya kere mênangi sêdhêkah sasi Mulud.

128. Kêrubuhan gunung.
Ngibarat: wong nêmu kasusahan gêdhe, kaya ta: kêpatèn anak utawa bojo.

129. Urung munggah lumbung.
Ambasakake: sêlir kaunggahake dadi bojo, utawa wong rena kaanggêp bojo marang kang andêrêpake.
Rena: wong lêlungan dêrêp banjur ambruk, ora mulih yèn durung lêbar panèn.
Kurung: kurungan, sêngkêran.
Mulane sêlir karo wong rena kaupamakake: kurungan, awit ing atase wong Jawa sêlir iku kapingit, mungguha manuk dikurungi, dadi sêlir mau anak pingitan. Wondene wong rena kaupamakake kurungan, marga duwe bale pomahan iku kang minôngka kurungane.

130. Kèkrèk arèn.
Ambasakake: samubarang kang ngêmu sumêlang, diupamakake ngèkrèk godhong arèn, luput-luput kêna tlutuhing kolang-kaling, awit talutuhe gatêl.
Manawa bêbasan ing desa: wong amburu kidang utawa mênjangan, kacandhak ana ing liya bawah, kajaluk saparo marang wong bumi kang duwe bawah, iku diarani: kèkrèk arèn.

131. Kakehan krèsèk.
Ambasakake: wong kang kakehan sabawa.

132. Kadang konang.
Ngibarat: wong duwe sanak sadulur kang miskin ora diaku, utawa ora kapraduli, mung kang sugih bae dirakêti.
Kadang konang iku sanak sadulur kang sugih.

--- 65 ---

Konang, ngibarat: kasugihan utawa panganggo kang gumêbyar, kaya ta: êmas, intên lan sêsotya.

133. Kakehan galudhug kurang udan.
Ambasakake: wong kang kakehan calathu, utawa ngumbar kasaguhan kurang kayaktène.

134. Kadang tunggal wêlad.
Ambasakake: sadulur tunggal bapa biyung.
Wêlad: kuliting êpring kagawe nigas êmbing-êmbing.
Dadi karêping bêbasan: wêlad siji kagawe nigas êmbing-êmbinge bocah loro utawa luwih.

135. Kutuk anggendhong kêmiri.
Ngibarat: wong manganggo sarwa bêcik utawa mrabot, ngambah dalan gawat dhewe ijèn têrange mangkene: iwak kutuk iku pancèn kapangan, ana kang kaêpès, kapêcêl utawa kagèsèk, manawa kapêcêl adune kêmiri, môngka wong olèh iwak kutuk nêmu kêmiri, dadi kari mêcêl bae.
Mangkono uga wong mrabot ngambah dalan gawat ijèn, gampang pambegale, kari mlècèti bae.

136. Kutuk marani sunduk.
Ngibarat: wong nêmaha marang samubarang kang ambilaèni ing awake.
Sunduk: sujèn kagawe manggang kutuk utawa lele.

137. Kêtula-tula kêtali.
Ambasakake: wong kang kêlantur-lantur kêna ing beka.
Katali: kasindhêt, kagubêd, kabônda, kabandhang, kabeka.

138. Katali môngsa.
Ngibarat: samubarang kang kasèp ing wayah, kaya ta: wangêne wong said mung patang dina, môngka anggone said luwih saka wangên patang dina, iku aran katali môngsa, kaya kabandhang ing môngsa.

139. Katiban tai baya.
Ngibarat: wong katiban warta.

140. Kasasaban tapih.
Ngibarat: wong lanang kalah karo wong wadone.

141. Kasèp lalu wong mêtêng sêsuwêngan.
Ngibarat: samubarang kang wis lungse ing mangsane, kaya ta: wong dhèk ênome miskin, barêng tuwa sugih, kêmaruk nganggo-anggo kaya wong ênom.

--- 66 ---

Lalu: liwat, nglampu, lungse.
Ngadat kalumrahane wong Jawa, yèn mêtêng utawa wis tuwa ora nganggo suwêng iku marga kurang pantês.

142. Kêsampar kêsandhung.
Ngibarat: samubarang kang katangguhan, kaya ta: wong anggolèki barang ilang, wis kêsampar kêsandhung diarani dudu.

143. Kawak uwi.
Ambasakake: wong tuwa kang ora ana paedahe. Sabab uwi iku yèn uwis kawak, ora enak dipangan.

144. Kalah cacak mênang cacak.
Ngibarat: samubarang pangarah kang nganggo kacoba dhisik, (kabobot) kêna lan orane, kalah, ngibarat: ora makolèhi, dadi karêpe. Makolèhi utawa ora, kabobot utawa kacoba dhisik.
Cacak: coba, bobot.
Abah-abahe wong nênun ana kang aran cacak.

145. Kalênthing wadhah masin.
Ngibarat: tilasing wong sugih, samlarat-malaratane ya isih ana tilasing bôndha, utawa turune pujôngga, sabusuk-busukanea, sathithik-thithik iya wêruh Kawi.

Klênthing: jun cilik.
Masin: samubarang iwak dibêkasêm. Dadi karêpe mangkene: klênthing kang kagawe wadhah masin, saêntèking isih mambu, mangkono uga wong sugih, sanajan tibaa ing kamlaratan isih ana tilase ing sawatara.

146. Kalêbu ing bakungkung.
Ambasakake: wong kêna ing paeka.

147. Kalingan kondhang.
Ambasakake: guru kalingan sakhabat, têgêse: guru kêsilêp, kang misuwur pintêr sakhabate.
Kondhang: kocap, andêl-andêl, kanthi.

148. Kapok kawus dijibus wong ora urus.
B. Lonthe, dijamah ing wong lanang ora wêruh tata, ora mènèhi opahan, ora mêmanisi ujar.
Dijibus: dijamah.

149. Kapêngkok pagêr suru.
Ngibarat: wong nêmu pakewuh.
Suru: araning kêkadhon mawa ciri.

--- 67 ---

150. Kodhok nguntal gajah.
Ngibarat: samubarang kang nglêngkara.

151. Kajugrugan gunung mênyan.
Ngibarat: wong katêkan ing kabêgjan gêdhe, utawa wong cilik kadhayohan gusti.

152. Kaya kucing lan asu.
Ngibarat: wong cêcongkrahan, awit kucing lan asu iku ora atut.

153. Kaya têmpaling.
Ambasakake: wong solahe mobat-mabit nungsang jêmpalik, kaya wong nyolahake têmpaling.
Têmpaling: araning piranti amèk wiji sukêt tuton, utawa kagawe wisaya amèk walang sangit, warna tumbu utawa tenggok, tarkadhang kukusan, nganggo cêkêlan sairib kaya garan siwur, pratingkahe amèk wiji utawa walang sangit, kasabêtake ngiwa nêngên, dadi wijine sukêt tuton utawa walang sangit wau padha klêbu ing têmpaling. Mobat-mabiting têmpaling kagawe ngibarat solah tingkah kang rêkasa nungsang jêmpalik.

154. Kaya mutungna wêsi giligan.
Ambasakake: wong ngungasake kasêtène[4], ngebarake pratingkah kaya wis tau mutungake wêsi giligan.

155. Kaya ngandhut godhong randhu.
Ngibarat: wong lunyu ing wicara, têrange mangkene: godhong randhu iku yèn kawênyêt ayit, ayid iku ngibarat lunyuning wicara.

156. Kumênthus ora pêcus.
Ambasakake: wong kakehan umuk (umbag) wêkasan ora bisa.

157. Kumêthak.
Ambasakake: wong tumêguh.
Kêthak: irib-iribing unine têmpuhing kayu, watu, padha bangsane, kang ora pati gêdhe, panunggalane: glothak, glêthêg, glodhag.
Gula kêthak iku gula kang ora dadi, iku alot.

158. Kumêthak ngalathak.
Têgêse tumêguh candhala.
Ambasakake: wong tumêguh solahe saru.

159. Kêgêdhèn êndhas kurang utêg.
Ambasakake: wong kakehan angkuh kurang

--- 68 ---

dêduga.

160. Kêgêdhèn êmpyak kêcilikên cagak.
Ambasakake: wong bèr budi kêcilikên darajat, kaya ta: mantri duwe ambêg kaya bupati.

161. Kêgêdhèn êmpyak kurang cagak: kêgêdhèn êmpyak kêcilikên cagak.

162. Kêbanjiran sagara madu.
Ambasakake: wong karoban ing mêmanis, kaya ta: dialêm ing wong akèh, utawa kadhayuhan pandhita tuwin para alim.

163. Kêbo kabotan sungu.
Ambasakake: wong kang kabotan ngingoni anak putu sanak sadulur.

164. Kêbak sundukane: wis kêbak sundukane.
Ambasakake: wong kang wis akèh dosane.

165. Kêbak lubèr kocak-kacik.
Ambasakake: wong kang owah pikire, marga saka kakehan ngèlmu, brusah ing budi nalar kaupamakake kaya lubèr kocak-kacik.

166. Kêbo mutung ing pasangan.
Ngibarat: wong nglakoni pagawean ora nganti tumêka, marga ora digarap. Utawa wong lumaku gawe barêng kabubuhan pagawean abot, banjur sèlèh.

167. Kabêgjan kabrayan.
Ambasakake: wong olèh kasugihan utawa kauntungan, dhasar sugih santana abdi.
Kabrayan, saka: braya: anak bojo.

168. Kêbo bule mati setra.
Ngibarat: wong bêcik utawa duwe kapintêran ora ana kang milara nganti tumêka ing pati.
Setra: Kuburane wong Buda, nanging jisime ora kapêndhêm, mung kasèlèhake bae.

169. Kêthèk saranggon.
Ngibarat: wong sasanak-sadulure padha dadi durjana.
Ranggon: gubug nganggo cagak utawa ana ing wit-witan, pancèn kanggo tunggu tanduran.

170. Kang ambêbadra.
Ambasakake: wong bisa nyêmbadani nglêgakake pikarêpaning wong, utawa bêbakal.
Ambêbadra saka badra: ngrêmbulan.
Badra: rêmbulan, budi (ambêbudi) rêmbulan iku [i...]

--- 69 ---

[...ku] olèh saka padhange, andhanganake.
Ambêbudi, olèh saka bêbakal. Bêbakal sairib kaya wiwit anggarap samubarang kang dadi karêpe.

Da.

171. Diêlêtana sagara gunung sap pitu.
Ambasakake: pêpasthène jodho, kaupamakake kaêlêtan sagara gunung sap pitu, masthi ora wurung katêmu.

172. Dicuthata kaya cacing.
B. Mantêpe ing pasuwitan, sanajan katundhunga kacuthata kaya cacing, ora gêlêm lunga.

173. Dêrêp tinggal tumpukan.
Ngibarat: wong nglakoni samubarang pagawean, kang bakal ana kauntungane, satêngahing gawe ngoncati dadi eba olèh kauntungan, kaupamakake kaya wong dêrêp, barêng wis dadi tumpukan pari banjur ditinggal, dadi ora olèh bawon.

174. Drêman golèk momongan.
Ambasakake: wong wis duwe pagawean, golèk pagawean liya, kaupamakake: wis sugih anak, golèk momongan bocah manèh, utawa anjupuk anak.
Drêman: sugih anak, wêrdèn, têgêse: dadèn, liya saka iku atêgês: kaopan, rumasa.

175. Durung ilang pupuk lêmpuyange.
Ambasakake: wong dipadhakake bocah cilik.
Pupuk: gêgodhongan utawa oyod-oyodan kapipis, kapupukake ing êmbun-êmbunane bocah cilik, minôngka tômba.

176. Durung bisa sisi.
Ambasakake: wong kang kaupamakake bocah busuk.

177. Dikayu alakake.
Ngibarat: samubarang pagawean kang disangarake, utawa wong kang disarang, kaupamakake kaya kayu ala.

178. Dikêmpit kaya wade.
Ngibarat: wong diêmong dipilala, kaupamakake kakêmpit kaya wade.

--- 70 ---

Wade: gramèn arupa jarit.

179. Dikêbo ranggah.
Ambasakake: wong kagawe bantên, kaupamakake kêbo ranggah dibêlèh kagawe sidhêkah.

180. Dadi caplak andhêng-andhêng.
Ambasakake: wong ngala-ala bangsane, kaya ta: bangsane kabèh bêcik, dhèwèkne dhewe ala, iku diupamakake kaya caplak andhêng-andhêng ana ing awak.
Caplak: araning lêlara sairib kaya kutil.

181. Dadia dalan suthik kambah.
B. wong nyêkarakake uwong, wis ora gêlêm aruh-aruh. Upama dalan ora gêlêm ngambah.

182. Dadia sukêt suthik nyênggut: 181.

183. Dadia watu suthik anjupuk: 181.

184. Dadia banyu suthik nyawuk: 181.

185. Dudu bêrase ditêmpurake.
Ambasakake: wong mèlu mudhoni calathu, nanging sêling surup, dadi kang kadhapur, calathu kang seje karo kang diwudhokake.

186. Disaponana êrèk. Dibêndhènana êmung.
B. Wong mratakake prentah, utawa baturake kapintêrane uwong. Karêpe: kasaponana êrèk mau, kawaratakna kaya parabane wong, nyapu. Êmung kabayawarakake ing akèh, kaya mratakake prentahing ratu nganggo dibêndèni.

187. Dolanan ula mandi.
Ngibarat: wong nêmaha marang pagawean kang arêp ambilaèni.

188. Dijuju kaya manuk.
Ngibarat: wong diopèni sarta diwarêgi ing pangan.

189. Digêtak angob.
Ngibarat: wong kang didakwa ing samubarang, kaupamakake kaya wong lagi angop digêtak.

190. Digawe pitik putih raga tanpa mule.
Ngibarat: wong duwe kapintêran ora dirakêti ing wong, mung manawa ana pêrlune ing gawe bae digolèki, utawa dijaluki tulung, kaupamakake: kaya pitik putih digolèki mung manawa ana pêrlune kagawe mêmule.
Raga tanpa mule: raga tanpa aji, wong mêmule ora masthi nganggo pitik putih.
Mule: ruba, paring, mulyakake, ngurmati, ngajèni. [nga...]

--- 71 ---

[...jèni.]
Mulane wong sidhêkah diarani: mêmule, awit atur-atur utawa ngurmati, marang kang dimêmule, kaya ta: para nabi, para wali, para ratu.

191. Digêdhongana dikuncènana.
B. Wong sumendhe ing pêpasthèn, kaupamakake: sanajan digêdhonga, dikuncia, wis marang ing pasthi, môngsa wurunga klakon.

192. Dibêciki ambalang tai.
Ambasakake: wong dibêciki malês ala.

Ta.

193. Taine ana kacange dicuthiki.
Ngibarat: wong etung-etung marang kamelikan, kumêt cukêng ora watak wewehan, gêmi nganti tumiba ing nistha, saking owêlane: kaupamakake yèn ngising taine katutan kacang dicuthiki, dijupuk manèh.

194. Tunjung tumrap ing sela: tunjung tuwuh ing sela.
Ngibarat: samubarang kang nglêngkara.

195. Tikus mati ing lènge.
Ngibarat: wong kapatèn pasaban, utawa durjana kang kêrêp kabrabean, wêkasan nêmu bilai ana ing omahe dhewe.
Têrange mangkene: wong kapatèn pasaban masthi ngêndhêm ana ing omahe bae, marga kuwatir bokmanawa nêmu piala saka gêgêthingan utawa satrune. Dadi ora lunga-lunga nganti tumêka ing pati. Durjana kang kêrêp kaprabean iku kang kêrêp nutur-nuturake, wêkasan kaprungu ing prentah, kacêkêl utawa kapatenan ing omahe.
Lèng, ngibarat: omah.

196. Titip daging saêrêb: nitipake daging saêrêb.

197. Têsmak watu.
Ambasakake: wong ora wêruh marang samubarang kang pancèn katon, kaya ta: kuningan diarani êmas, gêlas diarani intên.

198. Têsmak dhingklik: têsmak watu.

199. Têsmak bathok: têsmak watu.

200. Talêbak-talêbik.
Ngibarat: samubarang kang ora mratani, salong kambah salong ora.
Talêbak: têbakane ômba.
Talêbik: têbakane ciyut.

--- 72 ---

Têbakan iku bêbasane wong bêsik, sapira olèhe kang kabêsik aran: têbakan utawa ômba ciyuting gêdhèg, tuwin alang ujure kothakan sawah iya aran: têbakan.

201. Têpung ropoh sambung kalèn.
Ambasakake: wong omah-omah kang têpung pagêr karo tanggane, utawa tunggal ilèn-ilèn banyu.
Ropoh: sairib kaya sangkrah.
Sangkrah: ri lan liya-liyane kang kadèkèkake ing dalan supaya aja nganti kambah ing wong. Yèn sangkrahan ing pagêr utawa saburining omah aran: ropoh.

202. Timun wungkuk jaga imbuh.
Ngibarat: wong kang ora kacacah, utawa mung kagawe tambal butuh.
Wungkuk: bungkik. Timun wungkuk marga lêlaranên, kunthing rada ambêngkuk, manawa wong adol timun mung kagawe jaga imbuh bae, ora mèlu kacacah didol.

203. Tumpêr cinawêtan wedang lêlaku.
Ngibarat: wong napas disingkiri ing sapêpadhane.
Kang diarani napas iku: wong kang sairib kaya anggawa cilaka, kaupamakake tumpêr dicawêti wedang lêlaku.

204. Têbah têmbung.
Ambasakake: wong duwe panjaluk, kang nganggo alad-alad karo calathu.
Têbah: gitik, tabuh, tabah.
Têbah, ngibarat andhodhog lawang utawa alad-alad. Têbah, ana manèh kang atêgês: adoh, kêlud.

205. Tunggak kêmadhuh.
Ambasakake: tilasan maru utawa satru, kaupamakake kaya tunggakan kamadhuh, awit kêmadhuh iku yèn kacêkêl utawa kasenggol anggatêli.

206. Tunggak jarak padha mrajak, tunggak jati padha mati.
Ngibarat: sawarnaning turuning cilik padha dadi priyayi, utawa pinaringan kamulyan, têdhaking bôngsa luhur padha apês, ora ana kang dadi priyayi, utawa olèh kamulyan.

207. Tunggal kokoh.
Ambasakake: wong tunggal pagawean utawa [uta...]

--- 73 ---

[...wa] panggaotan.
Kokoh: mangan karo jangan.

208. Tinggal kokoh.
Ngibarat: wong anggarap pagawean utawa dandanan, durung nganti tutug ditinggal, wêkasan ngalênthar.

209. Tinggal tapak jêro.
Ngibarat: wong anggingsiri ubaya, utawa nglincati kasaguhan.
Têrange mangkene: tinggal tapak iku ngibarat tinggal têtêngêr, utawa tondha, yaiku ubaya utawa kasaguhan.
Jêro, ngibarat: tangèh timbule.

210. Tunggal sarasa.
Ngibarat: pandum kang padha.
Manawa wong rêrêmbugan tunggal sarasa iku, kang wis golong rêmbuge, ora ana kang nyulayani. Yèn wong mêmitran kang wis tunggal kêkarêpane ora ana kang simpên wadi.

Sa.

211. Saubêng kandhange.
Ambasakake: sajêro utawa sawêwêngkone desa.

212. Sêndhang kaapit ing pancuran.
Ambasakake: sadulur têtêlu, lanang 2 wadon 1.
Sêndhang, ngibarat: wadon.
Pancuran, ngibarat: lanang.

213. Sandhing kirik gudhigên.
Ngibarat: wong cêdhakan utawa kumpulan karo wong ala, ora wurung katularan ala.

214. Sirah loro.
Ambasakake: wong makah bêndarane utawa gustine.

215. Sarik dalasan sandhung watang.
Ngibarat: samubarang kang dadi waril, utawa ambilaèni.
Sarik: walad: bêndu.
Sandhung watang: sandhungan bêbaya.

216. Srowal-srowol.
Ambasakake: wong ora duwe duga prayoga marang calathune.
Srowal-srowol: ora alus.

217. Sri gunung.

--- 74 ---

Ambasakake: samubarang kang katone saka kadohan bêcik, barêng dicêdhaki katon ala, kaupamakake asri kaya gunung, awit gunung iku bêcik kadêlêng saka kadohan, karo dicêdhaki.

218. Sakêcèh-kêcèhe.
Ngibarat: calathu satiba-tibane, kaupamakake kaya tibaning idu, masthi ora manggon, utawa ora kapilihake papan kang kurang prayoga.

219. Sakuku irêng.
Ngibarat: samubarang kang sathithik, kaya ta: wong calathu: ora tisna sakuku irêng, karêpe ora tisna sathithik
Kang diarani sakuku irêng iku, sajaliriting kuku irêng ing pucuk amarga saka rêrêgêd.

220. Sêkul pamit.
Ngibarat: wong nindaki pagawean wis kasèp, dadi mèh satêngah tanpa gawe, ora olèh patuwas, dadi karêpe kaoncatan sêga, yaiku patuwas.

221. Sadulur sinorohwadi.
Ngibarat: wong têtêpungan kang wis ora nganggo sigèn-sinigenan.
Sinoroh: sinarah, binarangake, diwènèhake.
Soroh: sarah, ambêbarang pawèwèh.
Sigi: wêweka, êlêr.
Karêpe: mitra kang diwènèhi ing wêwadi, yaiku kang dipitayani wadi, dadi wis ora ana simpên wadi.

222. Sêkul urug.
Ngibarat: samubarang kang ora ana paedahe, kaupamakake sega kagawe urug.

223. Setan nunggang gajah.
Ngibarat: wong ambudhug mumuk, mung murih kapenaking awak.
Pêthikan rama: ing têgêse yayi, ing urip puniki, yon ora amriha, salamêt sajroning pati, yèku setan nunggang gajah. Têgêse: wong urip iku adhi, yèn ora ngarah slamêting ana ing jaman kalanggêngan, dadi mung murih kapenaking awake dhewe.

224. Setan katon.
Ambasakake: wong parawadulan tansah ngadon-adoni wong supaya padua.

225. Satindak sapêcak.
Ngibarat: doh cêdhaking sanak sadulur, kaya ta sadulur nak-sanak karo sadulur têmênan.
Satindak ngibarat sadulur nak-sanak, sapêcak ngibarat sadulur tunggal [tung...]

--- 75 ---

[...gal] bapa biyung.

226. Satru kabuyutan.
Ngibarat: satru kang turun-tumurun.
Kabuyutan: dhôngka, brahala, candhi, patilasan.
Dadi kêna ditêgêsi: satru, awit saka bapa, tumêka mênyang anak putu buyut, utawa patilasaning satru, yaiku anak putu buyut.

227. Satru[5] munggèng rimbagan.
Ambasakake: amor condhonging bêbudèn, utawa pikarêpan.
Satu: bata.
Rimbagan: cithakan.
Dadi condhonging bêbudèn, kaupamakake kaya bata ana ing cithakan.

228. Suwe mijêt wohing ranti: êmpol pinêcok.
Ngibarat: samubarang pagawean kang gampang, utawa ora ngrakasakake.

229. Suwe banyu sinaring.
Ngibarat: samubarang pagawean kang ênggal linakonan.

230. Salin salaga.
Ngibarat: samubarang kang liru lambang utawa liru prakara.
Kaya ta: wong disuruhi mangan enak, wêkasan disuruhi nayuban.

231. Salaku jantraku.
Ngibarat: wong akon ngênut ing sasolahtingkahe utawa pikarêpane, sanajan mubênga kaya jôntra iya dikon niru.

232. Silêming gabus: timbuling watu itêm: kêlême prau gabus.
Ngibarat: samubarang kang ora kêna diarêp-arêp.

233. Sapikul sagendhongan.
Ngibarat: kacèke samubarang pagaweaning wong lanang karo wong wadon, yèn mungguha anggêgawa bobote wong lanang sapikul, wong wadon sagendhongan.

234. Sidhakêp ngawe-awe.
Ngibarat: wong sumêdya marèni pagawean ala, wêkasan isih malang tumolih, kaya ta: wong madati sumêdya mêdhot, wêkasan andêlêng wong nyêrèt rumasa kêpengin, banjur nyêrèt manèh.
Sidhakêp, ngibarat: marèni.
Ngawe-awe, ngibarat: nglakoni manèh.

235. Sajimpit sakojong.

--- 76 ---

Ngibarat: kèh sathithike wong wèwèh, utawa andum pilih kasih, kang disihi kapanduman akèh, kang ora disihi kapanduman sathithik.

236. Sumêngka pangawak braja.
Ambasakake: wong munggah marang suralaya saalus wadhage.
Sumêngka: munggah.
Pangawak braja: pangawak gêgaman. Dadi kaya gêgaman sawrangkane. Gêgaman iku ngibarat nyawa. Wrangkane ngibarat badan. Yèn ing jaman saiki kang kabasakake: sumêngka pangawak braja, wong duwe tekad anggayuh samubarang kang elok.

237. Sungsang buwana balik.
Ngibarat: kang dhuwur dadi èndhèk, kang èndhèk dadi dhuwur, kaya ta tilasing abdi dadi bêndara, tilasing bêndara dadi abdi sapêpadhane kang mangkono.

238. Sagêthok sakilan: satindak sapêcak.
Sagêthok: -ning kilan.

239. Songgom ègrèk-ègrèk.
Ngibarat: wong ora santosa dipitaya rumêksa samubarang.
Songgom, piranti wadhah padupan utawa kêndhi, kang digawe pring dinam, sairib kaya sosog.
Ègrèk-ègrèk: ora santosa, alan-alan.

Wa.

240. Wêruh ing grubyug ora wêruh ing rêmbug.
Ambasakake: wong katut marang samubarang kang ora sumurup wiwitane ing rêmbug.

241. Wirang ambarang.
Ambasakake: wong duwe wirang diwêruhake ing akèh, dadi kaupamakake ambarang.

242. Wêdi rai wani silit.
Ambasakake: wong kang wêdi sapangarêpan, barêng kang diwêdèni ora ana rumôngsa wani.

243. Wedang lêlaku tumpêr cinawêtan: tumpêr cinawêtan wedang lêlaku.

244. Wowor sambu, wutuhe: wowor saambu.
Ngibarat: samubarang kang nunggal dudu bangsane, nanging mêmadha warna, kaya ta: wong momor marang mungsuh supaya aja nganti katara, mêmadha solahbawaning mungsuh, dadi kaupamakake tunggal saambu.

245. Walik gêrèh.

--- 77 ---

ng wong siji nyôngga pasaosan rong ênggon, sawênèh ing wong ngarani:
ng. wong loro nglakoni pagawean gilir sadina sowang, kaupamakake pamaliking gêrèh kaêpe.

246. Wêlas têmahan kalis: wêlas wêkasan kalis.

247. Wadhuk bêruk.
Ambasakake: wong doyan mangan, ora ana warêg-warêge.

248. Wigah-wigih urang.
Ngibarat: wong nyênyêkêl samubarang kang anggang-anggang bae, marga saka jinja utawa sumêlang. Kaupamakake kaya wong nyêkêl urang, sumêlang manawa disapit.

249. Wong wadon cowèk gompèl.
Ngibarat: wong wadon, ing sakarêpe wong lanang nyolahake masthi kêna, kaya ta: dikanggokake dibuwang iya wênang, kaya upamane cowèk gompèl, kaênggo isih kêna, kabuwang iya wis pantês.

250. Wong mati ora kasasaban bumi.
Ngibarat: wong papa sangsara kaupamakake mati nanging ora kapêndhêm.

251. Wong mati urip manèh.
Ngibarat: wong papa wêkasan olèh kamulyan.

La.

252. Lahang karoban manis.
Ngibarat: wong bagus kawuwuhan bêcik atine.
Lahang: lêgèn.

253. Lincak gagak.
Ngibarat: wong ngalih-ngalih panggonan.

254. Lendheyan kayu aking: sèndhèn kayu aking.
Ngibarat: wong asaksi wong kang wis mati.

255. Lèndhi mahas.
Lèndhi: lonthe.
Mahas: nusup, kesah.
Ngibarat: lonthe dadi wong tani, lunga iku karêpe nglungani utawa ninggal pagaweane kang ala.

256. Lonjong êndhog.
Ngibarat: wong lumayu gêgancangan, saking gancanging playu awake nganti katon bundêr, ngungkuli bundêring [bundêr...]

--- 78 ---

[...ing] êndhog. Dadi prasasat isih lonjong êndhoge tinimbang karo kang lumayu.

257. Lonjong mimis: lonjong êndhog.

258. Lanang kêmangi.
Ngibarat: wong lanang kang apês sarta wêdèn.
Kêmangi, araning gêgodhongan pancèn kanggo lalaban, dadi wong lanang kang apês sarta wêdèn kaupamakake kêmangi, mung jaga lalaban bae.

259. Lir sarkara lan manis.
Sarkara: lêgi: madu.
Ngibarat: samubarang kang nunggal, ora kêna pisah, utawa ngibarat: loro-loroning atunggal, kaupamakake kaya madu karo lêgine, masthi ora bisa pisah.

260. Lir satu lan rimbagan: satu munggèng rimbagan.

261. Lir mimi lan mintuna.
Ngibarat: wong kang rukun bangêt.

262. Lawas-lawas kawongan godhong.
Ngibarat: wong suwita, lawas-lawas ora kanggo.
Têrange mangkene: godhong iku manawa mêntas kanggo ajang lan mêmungkus, amasthi banjur kabuwang. Kabuwang ning godhong mau ngibarat ora kanggone kang suwita.

263. Lalar gawe lêgèh golèk momongan: lêgan golèk momongan.
Lalar: lulur: kosok: upados.

264. Luput sanjata uwa.
Ngibarat: wong yuwana. Uwa: walat. Dadi karêpe kalis ing lêlandhêp utawa kalis ing walad.

265. Luput suwuk.
Ngibarat: wong ora kêna dipalangi utawa dipênggak. Suwuk iku sarana ngilangake lêlara, têgêse: tulak, pênging.

266. Luput sêmbur: luput suwuk.
Sêmbur, sarana kanggo ngilangake lêlêmbut, kaya ta: yèn ana wong kranjingan setan, banjur disêmburi ing dringo bawang, iku ngadat bisa mari.

267. Luput pêcing: luput sêmbur.
Pêcing: samubarang kang ambune ora enak, kaya ta: trasi, banyu pacêrèn, sapêpadhane, iku sok kanggo srana nglungakake lêlêmbut. Kaya ta: yèn ana wong kranjingan setan, banjur didulangi trasi, utawa diombèni banyu pacêrèn, sapêpadhane kang ambune ora enak, iku

--- 79 ---

adat bisa mari. Awit pitayane wong Jawa, lêlêmbut wêdi marang sarupaning ambu kang ora enak.

268. Lêdhok ilining banyu: lêbak ilining banyu (kasêbut I).

269. Ledhang nêmu pêdhang.
Ngibarat: wong nêmu bêja tanpa karana.

270. Lempoh didêri jagan.
Ngibarat: wong ora jangkah kudu ngangkah amêngku parentah gêdhe.

271. Lempoh ngidêri bumi: 270.

272. Lumpat kidang.
Ngibarat: wong anggarap pagawean ora urut panggarape, dilangkah-langkahi, salong kagarap, salong durung.

Pa.

273. Pancuran kaapit ing sêndhang.
Ngibarat: sadulur têtêlu lanang siji, wadon loro.

274. Punuk ati.
Ngibarat: wong amburu alêman.

275. Pandêngan lan srêngenge.
Ngibarat: wong cilik lêlawanan utawa cêcingilan karo wong gêdhe, ulape kaupamakake mandêng srêngenge.

276. Pandhan isi pandhoga.
Iku sêsamunaning têmbung: ngarani bôngsa luhur wawrat.
Pandhoga: woh pandhan. Dadi pandhan ngibarat: wadon, pandhoga ngibarat: wawratane.

277. Pandhita-pandhitaning antêlu.
Antêlu: êndhog.
Ngibarat: bôngsa pandhita sapanunggalane kang rêgêt atine. Kaupamakake, endhog, putihe mung ing jaba bae, ing jêro ora putih. Dadi karêpe: ing lair bae bêcik, ing batin duwe kandhutan ala.

278. Pandhitaning antiga: pandhitaning antêlu.

279. Pandhitaning êndhog: 277.

280. Pêcruk tunggu bara.
Ngibarat: wong dipêrcaya rumêksa pakarêmane, kaya ta wong madati dikon tunggu apyun adat kalumrahane banjur gumampang, gêlêm anjupuk utawa ngêlong, iku kaupamakake:

--- 80 ---

manuk pêcruk tunggu bara, masthi nucuki iwake kang ana ing bara, awit manuk pêcruk iku kang dadi pangane iwak banyu.

281. Pêking abuntut mêrak: êmprit abuntut bêdhug.

282. Padune kaya wêlud dilêngani.
Ngibarat: wong ora kêna diugêmi calathune, sok molah-malih, dibasakake: wong lunyu kaya wêlud dilêngani, mêsthi sangsaya lunyu.

283. Padune ngêri.
Ngibarat: wong landhêpan ing calathu, utawa nyênyêngit ing têmbunge, tumanduking têmbung kaupamakake: cumêngkring, kaya êmpaning êri.

284. Pidak sikil: pidak sikil jawil mungkur.

285. Pitik trondhol dibubudi.
Ngibarat: wong mlarat dipitnah, dijupuki barang darbèke.

286. Pitik trondhol saka ing lumbung.
Ngibarat: wong mlarat dipitaya rêrawat.

287. Pêt poèng.
Pêt, wancahane: pêpêt.
Poèng: pothol.
Ngibarat: wong mêmitran, kang wis tau têkan-tinêkanan, nuli salah siji utawa karo-karone ora têka-têka, iku kaupamakake: pêpêt karo pothol.

288. Pisah kêbo.
Ngibarat: wong laki rabi pêgat durung êsah, kaupamakake kaya pisahe kêbo lanang karo kêbo wadon.

289. Pilih-pilih têbu: milih-milih têbu.

290. Pil pol.
Pil, wancahane upil.
Pol, wancahane: êmpol.
Wutuhe têmbung: saupil saêmpol.
Ngibarat: wong kumêd kudu olèh, ora gêlêm kalonglongan, yèn wèwèh mung saupil, yèn anjaluk kudu olèh saêmpol.

291. Pupur uwis bênjut.
Ngibarat: wong wêweka sawiske[6] katiwasan.
Pupur ngibarat: jamu, olèhe wêweka.
Bênjut: êndhas utawa bathuk kang mêncono, marga saka tiba utawa kabêntus, iku ngibarat, katiwasan.

292. Pupur sadurunge bênjut.

--- 81 ---

Ngibarat: wong prayitna sadurunge katiwasan.

293. Pagêr klaras.
Ngibarat: rewang kang ora mitayani.

294. Pêthuk sungut.
Ngibarat: wong wanuh saka kadohan, mung kongkon-kinongkon utawa kirim-kiniriman layang bae.

Dha.

295. Dhukut kruwut.
Ambasakake: isèn-isèning desa utawa pomahan kang bôngsa kitri.
Dhukut: sukêt.
Kruwut: krokot.

296. Dhadhakan ngalayoni.
Dhadhakan: wêwinih, bêbuka.
Ngalayoni: nututi.
Ngibarat: rêmbug wis matêng, wêkasan ana rêmbug manèh, agawe mêntahing rêmbug ing ngarêp mau.

297. Dhêdhak mêrang.
Ngibarat: isèn-isène ing omah utawa ing desa, kaya ta wong calathu: omah utawa desa iki dakpêrcayakake ing kowe sadhêdhakmêrange.

298. Dhudha kêmbang.
Iku dhudha kang durung duwe anak, mungguha uwit-uwitan lagi kêmbang.

Ja.

299. Jênang dodol tumiba ing wêdhi.
Ngibarat: têmbung kang agawe ngêrêsing ati, utawa rêmbugan kang wis enak, nanging isih ana kang dadi sumêlang, ora kapenak linakonan.

300. Jarit luwas ing sampiran: wastra lungsêt ing sampiran.

301. Jurang grawah ora mili.
Ngibarat: wong sugih kasaguhan, ora ana kayaktène.
Grawah: gumrojog.

302. Jaka kêncur.
Ngibarat: Jaka kang durung diwasa, sawênèh ngarani: bocah lanang kang ora mênangi bapakne.

303. Jaka kumala-kala.

--- 82 ---

Ambasakake: jaka kang wis diwasa.

304. Jaka jêbug.
Ambasakake: wong wis tuwa durung rabi, utawa jaka kang ora payu rabi nganti tuwa.

305. Jawil mungkur: pidak sikil jawil mungkur.

306. Jalak ampir.
Ngibarat: wong lêlungan kang ora ngêmungake saparan bae, têgêse nganggo mampir-mampir.

307. Jamur tuwuh ing waton: jamur tuwuh ing sela.

308. Jêmbar sagarane.
Ngibarat: wong kang momot mêngku apura ing kaluputan.

309. Jingjang api goyang.
Ngibarat: wong kang ora anggugu kandhaning wong, nanging ing lair api-api eram kaya anggugu.
Jingjang: jinjang, gonjing, ora têtêp.
Goyang: obah, nanging goyang iku kaya têmbung Mlayu. Obah olèhe parang: gèdhèg, awit wong eram iku kalumrahane gèdhèg.

Ya.

310. Yatna yuwana lena kêna.
Yatna: eling, ngati-ati.
Yuwana: tulus, slamêt.
Lena: mati.
Ambasakake: wong prayitna slamêt, wong pêpeka tiwas.

311. Yuyurumpung ambarong ronge.
Ngibarat: Wong apês, nanging bale omahe isi santosa ora kêna digêgampang. Kaupamakake yuyu wis pothol supite, nanging eronge isih rungkut.
Rumpang[7]: gowong: sêmpal, pothol.
Ambarong: anggombyoki.
Barong: gombyok.

312. Yiyidan munggèng rampadan.
Yiyidan: iwak thethelan kang ala.
Ngibarat: ringgit dadi wong tani, durjana dadi sujana, utawa wong nistha tunggal gawe karo priyayi.

313. Yumana mati lena.
Yumana: slamêting ati, dhanganing ati.
Lena: mati, pêpeka.
Ngibarat: wong bêcik atine nêmu bilai

--- 83 ---

dening kurang prayitna.

314. Yoga angôngga yogi.
Ngibarat: sakhabat mindha guru.
Yoga: anak, puja, tingkah, damêl.
Angôngga: angawak, angawaki.
Yogi: pandhita.

Nya.

315. Nyundhang bathang banthèng.
Ngibarat: bôngsa gêdhe kang wis apês, kadadèkake priyayi.

316. Nyaruk wôngwa.
Ngibarat: wong ngrampèk satru.

317. Nyolok mata: nyolok-nyolok mata.
Ngibarat: wong mêmêlèhake utawa nêmaha marang kawirangan, ana sangarêpe sanak sadulur.

318. Nyalulu nêrwèlu.
Nyalulu: mlaku tanpa kanthi.
Nêrwèlu: kaya têrwèlu.
Ambasakake: wong mara ora diundang, kaupamakake: têrwèlu nyalulu.

319. Nyêmpal sambi mancal.
Ngibarat: wong suwita minggat mawa anggawa duwèke kang disuwitani.
Nyêmpal ngibarat anggawa.
Mancal, ngibarat minggat.

320. Nyathak anjalu watu.
Nyathak: anjanggol.[8]
Anjalu watu: kaya panguling watu.
Ngibarat: wong ngadhêp-adhêp uwong ora mawa diundang, kaya ta: wong ngadhêp wong lagi mangan sêmune kapengin.

321. Nyêngkorèk tai ing bathok.
Ngibarat: wong ngudhal-udhal alaning sanak sadulure dhewe.

322. Nyungkup kramat bêjat.
Ngibarat: wong ambêciki marang samubarang kang wis rusak, utawa têtulung marang wong musakat.
Kramat, iku têmbung Arab, têgêse: kasêktèn, mungguh wijange mangkene: kodrat utawa kuwasaning Allah, mukjijating nabi, kramating wali, kasaktèning dewa, istijrating kapir, pasareane wali iya diarani: kramat, anane[9] paribasan iki anduwèni [a...]

--- 84 ---

[...nduwèni] têgês pasarean.

323. Nyunggi lumpang kênthèng.
Ngibarat: wong olèh kaluhuran, ora ana pamêtune, kaupamakake nyunggi lumpang watu, tuwas abot ora ana pakolèhe.

Ma.

324. Mênêng-mênêng ngandhut godhong randhu.
Ngibarat: wong mênêng ing lair, batine duwe kandhutan ala, utawa lunyu ing wicara, padha karo ngandhut godhong randhu.

325. Mêndhak alingan padhang.
Ngibarat: wong sumêdya nyalamur, wêkasan katon ing akèh.

326. Mêndhang kabaratan.
Ngibarat: wong ngulandara ora karuan êdhoke.
Mêndhang: lêbu: balêdug.

327. Mênthêg-monthog.
Ambasakake: wong mongkog atine awit saka dialêm, utawa kaunggar kang dadi rasaning atine.
Mênthêg iku sairip kaya munthuk.
Monthog: mongkog.

328. Macan guguh, têgêse: macan ompong.
Ngibarat: priyayi gêdhe sanajan uwisa apês, mêksa isih kèringan ing sawatara. Kaya macan sanajan ompong iya isih diwêdèni.

329. Mêrang rai.
Ngibarat: wong mêmirangake utawa nacad marang liyan.

330. Maro tingal.
Ngibarat: wong suwita duwe pasuwitan manèh, sapêpadhane cipta kang ora mung siji bae.

331. Murwa sarira.
Ambasakake: wong rêrêsik banjur manganggo sarwa anyar, padhane ngadi-adi sarira.

332. Murba titih.
Ambasakake: wong numpangi calathu.
Murba: miwiti.
Titih: tunggang, tumpang, tindhih.

333. Mêkasi.

Ambasakake: wong duwe solahbawa kang beda [be...]

--- 85 ---

[...da] karo adat sabên. Dibasakake: mêkasi solahbawa, kaya wêkas-wêkasane ana ing ngalam donya, têgêse arêp mati.

334. Manu[10] angin: manu balung tanpa isi.
Ngibarat: wong manu samubarang kang tanpa khasil.

335. Midak têmbêlèk ora pènyèt.
Ambasakake: wong kang ora ana karosane.

336. Midak supata.
Ambasakake: nrajang supatane dhewe.

337. Mutah jamune pepe.
Ambasakake: wong lanang kang ora bisa anggulawat, awit saka kasok anggone kangelan, utawa mêntas kêna ing gêgêbug sapanunggalane.
Pepe: iku araning jamu, digawe anjamoni bocah dhèk isih bayi, saka wartaning dhukun, pakolèhe rosa dadi wong kang ora bisa anggulawat mau kaupamakake mutah jamune pepe, dhèk isih cilik. Karêpe ilang karosane.

338. Matèni kalangan.
Ngibarat: wong ngrusuhi tata, utawa gawe rusuh ana ing pasamuan, diupamakake wong matèni kalangane wong adu jago sapanunggalane.

339. Mata-mata kapèn.
Kapèn: kalingan.
Ngibarat: wong wêruh nanging ora waspada.
Kapèn, purbane: ape, wasesane: ngapèni.

340. Mutung pasangan: kêbo mutung ing pasangan.
Ngibarat: wong nglakoni pagawean durung nganti rampung banjur katinggal utawa ora digarap-garap, utawa wong lumaku ing gawe, pinuju ana prentah abot, banjur nyuwun lèrèh.

341. Mutungake wêsi giligan.
Ngibarat: wong rosa kuwat ing samubarang gawe, nanging sok ngungasake karosane.

342. Milih papan.
Ngibarat: wong kang bisa mangkat ing samubarang, kaya ta: pangkate ing wicara, solah tingkah sapêpadhane.

343. Malik kulambi.
Ngibarat: wong nyalamur, nyilibake bêndara utawa gustine, mênyang panggonane mungsuh sumêdya sakuthu.

344. Malik tingal.

--- 86 ---

Ngibarat: wong wis suwita, kudu anggolèk pasuwitan ing liyane.

345. Mulat tenge.
Mulat: andêlêng.
Tenge: tumolih.
Karêpe: mulat tumolih.
Ambasakake: wong kamitongtonên karasa kangên.

346. Mulas tai.
Ngibarat: wong karêm pêpanganan kang enak-enak kaupamakake mulas taine.

347. Mèlu salakujantrane.
Ngibarat: wong milu sasolahtingkahing wong.

348. Maling caluluk.
Ngibarat: wong alaku sandi nanging kabrabean ing calathu.

349. Malangkring.
Ambasakake: wong ngêntol. Utawa ngibarat: wong nêmu panggonan kapenak, kaupamakake manuk malangkring.

350. Mayit lêlaku.
Ambasakake: wong lumaku utawa lêlungan ijèn, têgêse: cêpak tumêka ing bilai utawa pati, dadi prasasat dadi bathang.

351. Mayangi, têgêse: ngubêngi, muyêngi.
Ambasakake: gêgêdhangane wong arêp owah, katon saka solahbawane nganèh-anèhi, ora lumrah karo wong akèh. Dadi kang diarani mayangi iku akale.

352. Mampang-mumpung, utawa mapang mumpung.
Mampang, mapang: mêthuk, menggok.
Mumpung: nuju.
Ngibarat: wong gawe solah sawênang-wênang, mikolèhake badane.
Mêthuk iku kagawe ngibarat: mangsah, maju utawa tumindak.
Nuju iku kagawe ngibarat: nuju anane ing samubarang.
Kaya ta: wong arêp anjêjupuk, andêlêng omah suwung ora ana kang nunggu, basane: tak anjupuk mumpung sêpi. Mangkono manèh wong calathu: ayo padha bungah-bungah mumpung urip.

353. Mambu ati.
Ngibarat: wong lanang duwe cipta dhêmên marang wong wadon.

--- 87 ---

Utawa: wong wadon duwe cipta dhêmên marang wong lanang.

354. Mambu kulit daging.
Ambasakake: wong kang kalêbu akrab. Kaya ta: si anu kae mambu kulit dagingku, têgêse: si anu kae kalêbu akrabku.

355. Mumbul-mumbul kaya tajin.
Ngibarat: wong kang ora kêndhak atine.
Tajin iku longlongan banyu ing wong ngliwêt. Wong ngliwêt iku yèn uwis umob banyune, banyu mau banjur kabuwang. Dadi atine wong kang ora bisa kêndhak iku kaupamakake kaya umobing tajin.
Tajin, Kawi: oncat, pisah.

356. Mubra-mubru balabur madu.
Ngibarat: wong sarwa sugih wuwuh akèh kabêgjane.
Mubra-mubru: ora kêkurangan.
Balabur: banjir balèbèr.

357. Môngsa ngontragna gunung.
Ambasakake: wong ngina marang lêlawanane, kaya ta: wong siji pêksa wani nglawani wong lima. Utawa wong apês pêksa wani nglawani bôngsa luhur. Kaupamakake ora bisa ngobahake gunung.

358. Mungal-mungil.
Ngibarat: ati kang mawa gajêg-gajêg. Kaya ta: wong arêp wèwèh gajêg-gajêg rila, gajêg-gajêg ora, sapêpadhane kang mangkono.
Mungal: moncol, muni, mangul.
Mungil: sairib kaya mingis.

359. Mênggik-mênthol
Ngibarat: samubarang kang ora lurus, kaya ta: landheyan, gandhewa, watangan, rêbab, sapêpadhane kang ora lurus gêdhe cilike.

Ga.

360. Gêni guntur nila bêna
Ngibarat: parentahe wong gêdhe manawa wis tumiba ora kêna disingkiri, kaupamakake kaya gêni nêmpuh, sarta angin gêdhe.
Guntur: jugrug, gilap, bandhêm.
Nila: Kw, angin.

361. Gênti tapak.
Ngibarat: wong lêlaku kang untap-untapan utawa mangan ganti ajang.

--- 88 ---

362. Gantung kêpuh.
Ambasakake: wong ora bisa salin-salin sandhangan.
Kêpuh: sirahing larak.
: bêkukaning kampuh kang ana ing ngarêp.
: araning kayu.
Dadi karepe: mung anggantung bêbêd siji, yaiku nganggo.

363. Gêndhon rêrukon.
Ngibarat: wong kang lakirabi kang atut aruntut.
Gêndhon: ungkêr panjalin.
Rêrukon: rêrukunan.

364. Gurêm thèthèl-thèthèl.
Gurêm: tumaning pitik.
Ngibarat: wong cilik duwe pangarah marang kang gêdhe dhuwur.
Kaupamakake: gurêm thèthèl-thèthèl.

365. Grêgêt-grêgêt suruh.
Ngibarat: wong dhêmên manawa kamigrêgêtên kaya andêlêng suruh kang ênom sarta kuning kudu dimamah.

366. Grubyug lutung.
Ngibarat: wong milu lumayu marang wong akèh. Ora sumurup sababe.

367. Gudèl nunut.
Ngibarat: wong milu-milu utawa telad-telad ora sumurup pêrlune utawa ora ana pakolèhe.

368. Gudèl bingung.
Ngibarat: wong kang muta tuli ora sumurup ing tata titi.

369. Gotong mayit.
Ngibarat: wong lêlungan adoh ngambah marga (dalan) gawat, mung wong têtêlu. Mulane diarani gotong mayit, sabab manawa salah siji nêmu tiwas, kang loro minôngka panggotonge. Manawa têlu pisan nêmu tiwas, mati utawa tatu, iya ora bisa tulung-tinulung, môngka basane bae mangkono. Wondene kang diarani gotong mayit mau isih ana manèh: teja gotong mayit, yaiku teja kang malang. 2: omah gotong mayit, yaiku omah kang ngarêp burine ana omahe mujur, utawa iring-iringan kiwa têngên ana omahe mujur, iku pitayane wong Jawa ora bêcik, dadi laku gotong mayit mau pasajane: mutawatiri, awit kurang santosa.

370. Gotong-gotong èncèk.

--- 89 ---

Èncèk: ancak cilik.
Ngibarat: wong têtulung marang wong duwe gawe ing bab kang ènthèng-ènthèng, utawa mung sawatara bae.

371. Gawe buwana balik.
Ngibarat: bôngsa luhur kagawe asor, bôngsa asor kagawe luhur, utawa samubarang pagawean kang kosok bali, kang tinggal saka kalumrahan.

372. Golèk karo èpèk-èpèk.
Ngibarat: wong anggaota ora nganggo sarana (pawitan).

373. Golèk-golèk katanggor wong luru-luru
Ngibarat: wong arêp ngarah duwèking wong, nanging kang arêp diarah mau pinuju ora duwe, sumêdya duwe pangarah marang duweking liyane. Têrange: upama aku arêp utang dhuwit marang kowe, kowe pinuju ora duwe, malah kowe arêp utang marang aku utawa marang liyane.

374. Gliyak-gliyak yèn tumindak.
Gliyak-gliyak: wong lumaku sakapenake, nanging ora lèrèn-lèrèn.
Ngibarat: wong nindakake pagawean kang ora kasusu-susu, ora sadaya-daya, digarap saenake bae, anggêr ora kêndhat-kêndhat.

375. Glathik sakurungan.
Ngibarat: wong nunggal ati, nunggal ing karêp, rusak padha rusak, raharja padha raharja.

376. Gedhe dhuwur ora pangur.
Ngibarat: wong tuwa kurang tata krama, kaupamakake durung pangur, dadi isih bocah.

377. Gadhangan jago patohan.
Ngibarat: wong prawira santosa ing budi, diupamakake jago kang pancèn kêna diêtohi.

378. Gambrêt singgang mêrkatak ora ana sing ngênèni.
Gambrêt: kênès.
Singgang: songgoling[11] pari kang wis kaêni thukul saka ing oyod, yèn awoh akèh kang gabug.
Ngibarat: wong wadon kênès, ora mrak atèni, dadi ora ana wong lanang kang dhêmên utawa ngarah, diupamakake singgang mrêkatak wohe, ora ana kang sêdya ngêni.

379. Gong lumaku tinabuh.
Ngibarat: wong mlaku ditakoni.

--- 90 ---

Ba.

380. Bêncèng cèwèng, têgêse: gèndèng cènèng: bancang cènèng.
Ngibarat: samubarang kang maro mratêlu ing gawe, utawa wong keron ing ati.

381. Buntêl kadut ora nginang ora ngêmut.
Ambasakake: wong kalangipan bangêt.

382. Bêndhul gêcing.
Ngibarat: samubarang kang ora lurus, kaya ta: tampar kang ora turut panggawene, ana gêdhe ana cilik.
Gêcing: anggênting: mênggik.

383. Bocah wingi sore.
Ambasakake wong apês ora daya ora rosa, kaupamakake bocah lagi lair wingi sore.

384. Bêras wutah arang mulih marang takêre.
Ngibarat: samubarang kang wis owah saka panggonan yèn dibênêrake arang kang bisa mulih kaya maune.

385. Bèr budi bawa laksana.
Ambasakake: wong gêdhe atine, samubarang kang wis dicalathokake masthi dilakoni.
Bawa: mukti, wiwit, mêdhar swara, labêt.
Laksana: laku, luwih.
Wondene kang gêdhe atine mangkono, wong kang ambêke ngungkuli sapadha-padha, yèn wèwèh ora mawa eram owêl, utawa etung-etungan.

386. Bolu rambatan lêmah.
Ngibarat: prakara utawa nalar kaurut kang tanpa wêkasan, ngalompra mrana-mrene, utawa wong èmbèt-ingèmbèt kang rambatan pangèmbète.

387. Baladewa ilang gapite.
Ngibarat: wong rowa nanging ora santosa, dadi kaupamakake kaya wayang Baladewa tanpa gapit.

388. Balung tinumpuk.
Ambasakake: anak loro kaningkahake nunggal sadina.
Balung ngibarat: anak.

389. Bapa kasulah anak kapolah.
Ngibarat: anak kajibah marang prakaraning bapa kang wis mati.

--- 91 ---

Kasulah: kapêthil, kasujenan, kapêthot.
Kapolah: kapolahake.
Kapêthil utawa kapêthot ngibarat: mati.
Kapolah ngibarat kajibah.

390. Banyu sinaring: suwe banyu sinaring.
Sawênèh ngarani ngibarat: wong anggêlarake wêweka, ngakèhake pangati-ati, ngawasake bêbudèning wong.

391. Bathang ucap-ucap.
Ambasakake: wong 2 mlaku adoh ngambah dalan kang gawat, mulane kaaranan bathang ucap-ucap, sabab manawa nêmu pakewuh kabegal cêdhak marang tiwase marga kurang santosa.

392. Bang-bang alum-alum.
Bang-bang, ngibarat: abanging ulat bungah utawa sêmuning kêkayon.
Alum-alum, ngibarat: alumiming ulat, susah utawa aluming gêgodhongan.
Bang-bang, ngibarat: raharja.
Alum-alum, ngibarat: rusak.
Dadi priyayi kang dipasrahi bang-bang alum-alum iku têgêse: kapasrahan gêmah rusaking nagara, karêpe wênang nindakake sabarang kang andadèkake raharjaning nagara, utawa ngilangake kasusahaning nagara.

Tha.

393. Thêruk-thêruk kaklumpuk.
Thêruk-thêruk: lêgog-lêgog.
Ambasakake wong bisa marang ngèlmu pêthèk sapanunggalane, ora lunga-lunga utawa ora nyambut gawe, nanging olèh kauntungan, awit saka diwènèhi wêjangi utawa têtindhih marang wong kang anjaluk idi utawa akon mêthèk.

394. Thikaume.
Thika: aksara, layang.
Ume: nglangi.
Ngibarat: wong duwe kabisan diwulangake marang liya nagara.

395. Thathit ngima untit, têgêse thahthit ana ing mega mobat-mabit.
Ngibarat: wong bôngsa luhur ngatonake kaluhurane.

--- 92 ---

Nga.

396. Ngênongi.
Ambasakake: wong nyalahi tibaning rêrasan, supaya rahabe.

397. Ngancur-ancuri.
Ngibarat: wong mikolèhake pikarêpane marang ing liyan, sarana têmbung manis. Wong agawe-gawe wicara, murih dadi padu. Iya diarani ngancur-ancuri.

398. Ngandêl tali gadêbog.
Ngibarat: wong pitaya marang wong kang ora santosa.

399. Ngêntèni kambanging watu itêm.
Ngibarat: samubarang kang ora kêna diêntèni.

400. Ngêntragnyana ambraja[12] lindhu.
Ngêntragnyana: ngobahake budi, karêpe ngumbar budi.
Ambraja lindhu kaya angin kang ngobahake lêmah.
Ngibarat: wong kang ora kêna diampah karêpe, (atine) wêkasan agawe ontran-ontran.

401. Ngontragake gunung.
Ngibarat: wong têtandhingan kang dudu bobote bisa ngalahake, kaya ta: wong siji bisa ngasorake wong lima utawa luwih, iya dibasakake ngontragake gunung.

402. Ngantuk nêmu kêthuk.
Ngibarat: wong enak-enak, utawa ora kangelan, nêmu bêgja.

403. Ngunjara setan.
Ngibarat: wong bisa mêkak nêpsune dhewe.

404. Ngorak-arik tai ing bathok, nyêngkorèk tai ing bathok.

405. Ngrupak jajahaning rowang.
Ngibarat: wong nacad utawa agawe apêsing kônca utawa bangsane dhewe.

406. Ngrupak jajahaning satru.
Ngibarat: wong agawe apêsing mungsuh utawa satru.

407. Ngrapêtake ing arênggang.
Ngibarat: wong bisa mawuhake wong sêsatron utawa rêrêngatan.

408. Ngrampèk kêthèk.
Ngibarat: wong anggape utawa manuh marang wong kang sok anglakoni pagawean ala, luput-luput dialani. Utawa kalepetan ing ala. Mulane [Mula...]

--- 93 ---

[...ne] mangkono awit kêthèk iku padha-padha bêburon culika dhewe.

409. Ngrabèkake sikut.
Ngibarat: wong lanang dhêmên senggolan karo wong wadon, utawa wong wadon dhêmên senggolan karo wong lanang.

410. Ngrabèkake mata.
Ngibarat: wong lanang dhêmên dêdêlêngan karo wong wadon, utawa wong wadon dhêmên dêdêlêngan karo wong lanang.

411. Ngrêbut kêmiri kothong: ngrêbut kêmiri kopong.
Ngibarat: wong madu prakara kang wis ilang, utawa madu samubarang kang ora ana paedahe.

412. Ngrangsang-ngrangsang tuna.
Ngibarat: wong kang cilaka kang kagayuh-gayuh tuna (luput) kaya ta: yèn dodolan tuna, yèn anjêjaluk ora olèh.

413. Ngikêt-ngikêti dhêngkul.
Ngibarat: wong makolèhake anak putu, utawa sanak sadulur marang bandara utawa gustine.

414. Ngidak gêni balubukan.
Ngibarat: wong nêmpuh pakewuh ora wêweka ora ngati-ati.

415. Ngadu singating andaka: nglincipi singating andaka.

416. Ngêtutake poncoting tapih: gondhelan poncoting tapih.

417. Nguwot gadêbog nyagak alu: nguwot gadêbog.

418. Nglêlêmu satru.
Ngibarat: wong nyaramani utawa ambêciki marang wong kang agawe piala marang dhèwèke.

419. Ngalapdho.
Ambasakake: wong wayuh guru.

420. Nglumahake ngurêbake, utawa: nglumah ngurêbake.
Ambasakake: wong besanan ping pindho kang dhisik urun wadon, kang kapindho urun lanang.

421. Nglangkahi pundhak.
Ngibarat: wong matur ing parentah ora mêtu saka lurah bêkêle.

422. Ngêlangi ing têngah mati ing pinggir: ngêlangi mati ing pinggir.

423. Ngulungake êndhase anggujêngi buntute.
Ngibarat: wong wèwèh lila ing lair, ing batin ora lila, gajêg diwènèhake, gajêg ora.

424. Ngopyahi dhêngkul: ngikêt-ikêti dhêngkul.

--- 94 ---

425. Ngadhêp cèlèng bolotên.
Ngibarat: wong nyêdhaki samubarang pagawean kang ala.

426. Ngadhêp kêbo gupak: sandhing kêbo gupak.

427. Ngadhang kêkucah.
Kêkucah: pêparing, kêkeceran.
Ambasakake: wong kang ngadhang sih pêparinging bandara utawa gusti.

428. Nguyahi sêgara: uyah kacêmplung ing sêgara.
Ngibarat: wong wèwèh marang wong kang wis sugih, utawa mêmulang marang wong kang wis bisa, sapêpadhane pagawean kang tanpa pakolèh.

429. Ngoyog-oyog turus ijo.
Ngibarat: wong ngarubiru marang wong tanpa karana utawa tanpa sabab, sawênèh ngarani ngibarat, wong andhêmêni bojoning liyan.

430. Nguyang lara nêmpur pati: nguyang lara anggenjah pati.

431. Ngêmpukake watu atos: ngêmpukake watu.

432. Ngêmut lêgining gula.
Ngibarat: wong dipitaya utawa dititipi samubarang, barêng kajaluk angèl, awit anduwèni melik marang ing titipane.

433. Ngubak-ubak suwakane dhewe.
Ngibarat: wong ngrusuhi wêwêngkon utawa kalerehane dhewe.

434. Ngubak-ubak banyu bêning.
Ngibarat: wong gawe rusuhing tata.

435. Ngungak-ungak pagêr arang: ungak-ungak pagêr arang

436. Ngangsu banyu ing kranjang.
Ngibarat: wong agêguru ora nganggo wêwulanging guru.

Papan ôngka: 3.

Ha.

1. Anirna daya
Salokane wong duwe prakara anggugat utawa ginugat, lêlendheyan wong kang wis mati: sèndhèn kayu aking.
Anirna: ngilangna.

--- 95 ---

Daya: kuwat, rosa.
Dadi ngilangake kuwating prakara, saking ora anane kang kagawe lêlendhean.

2. Anirna warsa.
slk. Wong duwe palêmahan disilihi ing wong katanduran kitri utawa liyane, tanpa layang tanpa sêsait, barêng kitri sapanunggalane mau awoh, palêmahan kajaluk marang sing duwe, tanduran sawohe kabèh, têrange mangkene:
Sarèhning anirna warsa iku têgêse: ngilangake taun, dadi ngilangake kangelane kang mulasara lêmah utawa wit-witan, nganti tumêka awohe, olèhe pirang-pirang taun kailangake kabèh, utawa têmbung warsa mau bokmanawa kagawe nyamun kayu taun, dadi ngilangake tanduran, wondene sêpining layang utawa sêsaid, kala panyilihe lêmah, iya olèh disalokani anirna warsa, dadi ngilangake taun yaiku sêpi saka titimôngsa, agawe pêtênging prakara. Mungguh warsa mau iya anduwèni têgês udan, nanging pangrasaku têgês taun kang olèh.

3. Anirna lingga.
slk. Wong nyamur ing panggonane durjana. Sarèhning: lingga atêgês badan, utawa: adêg, pangrasaku anggêr wong nyamur, dadi ya ora ing panggonane durjana, iya kêna disalokani: anirna lingga, awit têgêse: nyirnakake badan, karêpe: nyamur kayaktèn wujuding awak.

4. Anirna pandaya.
slk. Wong duwe prakara asèndhèn wong kang lunga. Pandaya: piranti, paekan. Dadi karêpe saloka mau, kailangan gêgaraning prakara. Iku kang ngibaratake piranti, sairib mèh padha karo anirna daya mau.

5. Anirna parosa: anirna parusa.
slk. Wong ambaèkake prentahing ratu, utawa paprintahing adil.
Parosa: parusa: piksa: pikukuh, wisesa.

6. Anara wasana.
slk. Wong ngujar-ujari wong tanpa sabab. Utawa jêksa ngajak rêrasanan karo wong kang anggugat utawa ginugat. Anara, purbasaka: sara: panah, dadi manah karo ujar.

--- 96 ---

7. Anir dhustha: anira dhustha.
slk. Wong nglungakake durjana.

8. Anir dhustha miruda wasana.
slk. Wong ngaku nglungakake durjana.
Miruda: minglar, oncat, wêdi.

9. Aniryukti.
sal. Wong kang pêtêng utawa ora yakti panarkane.
Yukti: têmên.

10. Ina riba.
slk. Wong kang nindakake prakara, kang wis ora tumindak ing pradata, marga saka kêkurangan waragad.
Ina. cacad, kurang.
Riba: pisungsung, kamelikan.

11. Ina kulina.
Wong lumuh sêsanakan utawa nênêmu ora abayawara.
Kulina: rakêt, sêngsêm, êtrape marang lumuh sêsanakan dadi kurang rakêt. Êtrape marang nênêmu, dadi lumuh bayawara, saking sêngsêming marang barang kang tinêmu.

12. Ina diwasa mangongsa ôngsa.
slk. Wong tanpa wêweka ing rumêksane marang anak kang isih jêjaka utawa prawan, nganti nglakoni dhêmênan ora wêruh. Têrange mangkene.
Ina: kurang, cacad, ngibarat, kurang pangati-atining rumêksane.
Diwasa: panuju, sumêdhêng, ngibarat anak lanang kang wis diwasa utawa jêjaka, utawa anak wadon kang wis prawan.
Mangôngsa-ôngsa: ngangah-angah, ngibarat sêdya arêp laku ala.

13. Ina sandi pralena.
slk. Wong nindakake prakara rêpit kurang samar[13] sarta pangati-atine, utawa masang borang[14] ing wayah bêngi, awane ora dijupuk nganti olèh uwong.
Pralena: pêpeka, lali.

14. Ina saksi, têgêse: cacat saksi.
slk. Wong asaksi wong wadon.

15. Ina sabda pralena.
slk. Wong calathu arêp ngalani uwong, banjur bilai dhewe, dadi bilai kang tinêmu ing badane, marga saka kurang pangati-atining calathune.

16. Ina pralaga.
slk. Wong padu paripadu. Asêsaid kari, dadi siide.[15]

--- 97 ---

kadhisikan ing lêlawanane.
Pralaga: prasabin, paprangan, lêlawanan, anane ing saloka iki anduwèni têgês: prasabên, yaiku: pisaid.

17. Amdriya[16] raksa.
slk. Wong but arêp ing samubarang.
Andriya: ambudi, mikir.
Raksa: jaga, pasajane: wong kang atine jaga-jaga bae.

18. Andaka ina tan wrin ngupaya: têgêse banthèng cacad ora wêruh paekan.
slk. Wong katarka maling ora ngaku, banjur katêmpuh anggolèki malinge, ora bisa nêmokake, mung ngaturake melik kang kajupuk maling mau, dadi wong mangkono iku kalêbu cacad, kêna ing panggrayangan mèlu maling utawa nglakoni dhewe. Dadi karêpe tan wrin ngupaya mau, ora wêruh ing paekane kang akon anggolèki maling.

19. Andaka katawan wisaya.
slk. Wong duwe prakara rumasa utawa sumurup yèn bakal kalah, banjur lunga minggat.
Andaka: banthèng.
Katawan: nêmahi, wantahan, kusung-kusung, kaboyong.
Wisaya: wangun, panggawe.
Banthèng, ngibarat: kang duwe prakara.
Boyong têgêse kang salugu ngalih, iku kagawe ngibarat minggat.
Wisaya, pandugaku, kagawe ngibarat awake kang minggat, dadi kaolèhake marang têgês wangun, yaiku dhapur utawa wanguning badan.

20. Andaka nglukari sari baud tan wrin baya. Têgêse: banthèng ngudhari kêmbang bisa ora wêruh ing pakewuhe.
slk. Wong lanang ngrangkul wong wadon liya.
Baud. Karêpe kang agawe saloka, saka panêmuku baud mau mung kaolèhake kalakon, dadi kalakon ing pangrangkule. Wondene kang kagawe upama ngrangkul têmbung nglukar. Sari utawa kusuma padha kagawe ngupamakake wong wadon, kaya ta: kusumaning puri, kusumaning adi, kusumaning dyah, dewaning kusuma, kusumaningrum, ruming sari, iku kabèh kanggo ngrêngga wong wadon.
Wong lanang iya kêna dibasani: dyah, kaya ta: pirang dina punang pranging kurukula[17] lawan pandhawa nde tandya ana

--- 98 ---

sura mati wêka Sang Wirithèsmara, prena sang wira sangkana manika matine sang dwija Dyah Utara paratra dro Nèrpati Salya surèng rana, têgêse: sigêg pirang-pirang dina pêrange kurawa karo pandhawa, mangkana nuli ana prajurit mati, putrane Sang Ratu Wiratha kang dhisik Wirasôngka jênênge mati dening Pandhita Drona, Radèn Utara mati dening Sang Prabu Salya, kêndêl ing prang.
Bratayuda, têmbang ping 12, pada ping 8 unine mangkene: ya ta tinirut krap Sang Sri Duryondana madhani Sèngkuni paningkas tanlèn Salya sira patuk, dwinira kiwat ngênu Sang Bisma Drona panalingan, Kurupati sira Prastha, Dyah Dursasana ring wugyat, têgêse: mangkana dipun tiru dening Sang Prabu Duryudana anyamèni, Sangkuni dados sirah, botên liya Salya dados cucuk, panjawate kiwa têngên Sang Bisma kalihan Drona minôngka andêl-andêl, ratuning kurawa wontên ing githok, Radèn Drusasana wontên ing wingking.

21. Andaka ngungak sari tan wrin baya. Têgêse: banthèng ngungak kêmang ora wêruh ing pakewuh.
slk. Wong lanang ngawasake wadon liya.

22. Andaka ngungas sari tan wrin baya. Têgêse: banthèng ngambus kêmbang ora wêruh ing pakewuh.
slk. Wong lanang nyara-nyara marang rabining liyan.
Nyara-nyara: mindha-mindha, ningkah-ningkah, karêpe: ngrêngkuh marang rabining liyan kacara utawa kapindha kaya bojone dhewe. Wondene karêpe ora wêruh ing pakewuh, ora wêdi ing pakewuh.

23. Andaka kitiran.
slk. Wong nyôngga parentah utawa ngubêng-ubêng parentah.
Kitiran: kitêran, manuk prakutut, utawa dolanan manawa kanginan mubêng.

24. Andaka môngsa prana tan wrin ing lingga. Têgêse: banthèng môngsa ati ora wêruh ing badan.
slk. Wong nyara-nyara marang randhaning rowange.
Têmbung prana kang kagawe ngibarat randhaning batur, mulane diarani ora wêruh ing awak, karêpe: lali yèn bandara, arêp maranggul batur wadon, bênêre dadi pangauban.

25. Andaka salinya. Têgêse: nyapuluh sêmbrana, ngakèhake sêmbrana.
slk. Wong nglêlèdhèk sato, wêkasane dicakot, utawa ditujah, dipengkal sapêpadhane kang tinêmu awit dening sêmbrana.

--- 99 ---

26. Andiyu raksa.
slk. Wong wani marang jaksa utawa marang parentah.
Andiyu: kaya buta, dadi wong kang wani marang jaksa utawa marang parentah kaupamakake: kaya buta, utawa kaya santosaning pikarêpan.

27. Andangkarda: wutuhe: andangka arda.
Andangka: ngudhar.
Arda: kalit (kalangkung).
slk. Wong duwe aturan ngômbra-ômbra kang ora karuwan wêkasane.

28. Andhudhuk apus kapêndhêm.
ng. Ngudhal-udhal utawa ngucapake prakara kang wis sirêp. Apus ing paribasan iki dudu apus panyandhak, dudu apus buntut, yaiku pring apus, nanging karêping paribasan: oyoding pring apus, iku kagawe ngibarat prakara, kapêndhêm ngibarat wis sirêp.

29. Ora endah katèwèl.
ng. Wong ora ngluwihi ing akèh, ora ngeram-eramake, kaupamakake kaya katèwèl, ganêpe paribasan iki: ora endah kaya katèwèl.
Katèwèl: gori cilik.

30. Ora iga ora kunca.
ng. Wong miskin bangêt, kaupamakake ora kêrisan ora bêbêdan, dadi mung kathokan bae.

31. Ora kêna ana bathuk kalimis.
amb. Wong blere, ora tampik marang wong wadon, anggêr klimis bae iya arêp.
Bathuk, ngibarat: warna.
Kalimis, ngibarat: rêsik.
Karêpe: dadi ya ora ayu anggêr rêsik.

32. Ora kêna diampu-ampu.
amb. Wong ora kêna dirosani utawa diwasesa. Ampu: rosa: kuwat.

33. Ora kêna dikarokos.
amb. Samubarang kang ora kêna digêgampang utawa diina.
Karokos: anggras: êkul.

34. Ora kêna disôngga miring. Têgêse: ora kêna digêgampang.
amb. Samubarang kang ora kêna dilakoni kanthi sêmbrana pêpeka.

35. Ora kêna wong pilis. Iku anduwèni têgês loro.
I. ora kêna bathuk kalimis.
II. amb. Wong ngêlud utawa muwuhi rêribêding liyan.

--- 100 ---

Têrange mangkene: manawa êtrape marang wong blere, pilis mau pilis ayon-ayon, kaya ta: pilis wungu, ijo, kuning sapêpadhane, kang ora kanggo tambaning lara, nanging supaya katona ayu. Manawa êtraping marang wong ngêlud rêribêding liyan, iya pilis kanggo jamu, dadi wong nêmu rêribêd mau kaupamakake wong lara, awit ora ana wong jêjamu yèn ora lara.

36. Ora kêna londho-londho.
amb. Samubarang kang ora kêna digawe ngarah apa.
Londho: kêndho.

37. Ora kêna longok-longok.
ng. Samubarang kang ora kêna digawe api ora.
Longok-longok: lungguh, ngadêg, utawa lumaku andêlêng ing dhuwur, sairib kaya langak-langak.

38. Ora dublong.
amb. Wong apês ora daya ora rosa.
Dublong: tai (kasar) karêpe: ora bisa ngising.

39. Ora tèlèr: ora dublong.
Tèlèr: umbêl (kasar) dadi karêpe ora bisa sisi.

40. Ora tèyèr: ora dublong.
Tèyèr: uyuh, karêpe: ora bisa nguyuh.

41. Ora tèyèng: ora dublong:
Tèyèng: tèyèr.

42. Ora satu.
amb. wong loro utawa têlu ora nunggal ing pamikir, utawa ora sarju.
Satu: tunggal, siji, bata.

43. Ora wêruh êndhas trasi.
ng. Wong lanang ora opèn marang pagaweane wong wadon, utawa kang ora gêlêm anglakoni pagawean nistha. Sarèhning trasi iku panunggalane bumbu olah-olahan, môngka olah-olahan iku pagaweaning wong wadon, mulane wong lanang kang ora opèn marang pagaweaning wong wadon, kabasakake ora wêruh êndhas trasi.
Yèn ditêpungake karo têgêse êndhas trasi kang wis kapratelakake mau, kang diarani êndhas trasi iku, saèmpêr kaya wong wadon, awit iku kang duwe bubuhan pagawean kang asor, dadi ganêpe unèn-unèn bokmanawa: ora wêruh ing garapan êndhas trasi. Dadi bêbasaning wong: wong wadon mono bisa apa, wêruhe mung êndhas trasi. Anduwèni rasa loro,

--- 101 ---

1. wong wadon mono bisa apa, sumurupe mung marang pagaweaning wadon.
2. wong wadon mono bisa apa, sumurupe mung marang trasi. Yèn wong lanang kang diarani wêruh êndhas trasi, dadi cupar, alia saka iku, ora wêruh êndhas trasi mau, bêbasaning wong ora anduwèni ering, utawa ora ngajèni marang wong, nyalothoni sawiyah-wiyah.
Pêthikan saka Kancil. Ditya asru wuwusira, tan wêruh êndhas trasi, akokêna sapa-sapa sayêktine duwèk mami, pasthi iki sun ambil, yèn kurdaa ingsun purun, iwak nulya pinangan, têlas datan ana kari. Wus binadhog iwak kang rong duman bebas.
Yèn mangkono ukarane dadi nêtêpi kang kari iku, bêbasaning wong: ora anduwèni ering utawa ora ngajèni marang wong-wong, dadi calathuning buta karêpe mangkene: aku ora ngawruhi si nistha utawa asor iwak iku akokna sapa-sapa kang duwe, satêmêne duwèkku.

44. Ora nyèthèk: ora dublong.
Nyèthèk: ngising (kasar).

45. Ora mambu enthong irus.
amb. Wong liya, kang eba ana ambu-ambuning sanak.
Enthong karo irus iku padha abahan pawon, dadi karêpe ora kalêbu panunggalane sanak, ora kaya enthong karo irus, iku panunggalane. Nanging paribasan iku dadi rêbutan, ana kang ngarani: kaya kang wis kasêbut mau, ana kang ngarani ambasakake: sanak sadulur kang kalis, dadi karêpe ora mèmpêr yèn tunggal bêdadok.
Bêdadok iku wangune kaya tumbu kanggo wadhah abahaning pawon kang warna: enthong, irus, ulêg-ulêg, sapêpadhane, dadi karêpe: ora mèmpêr nunggal wadhah. Wadhah iku ngibarat biyung.

46. Ora mambu sêga jangan: ora mambu enthong irus.
Nanging iya dadi rêrêbutan kaya kang wis kasêbut ing dhuwur mau, mulane sêga karo jangan kagawe upama, awit jangan iku adune wong mangan.

47. Ora mambu wong wadon.
amb. Wong wadon kang duwe pratingkah utawa bêbudèn kaya wong lanang.

48. Ora mambu wong lanang. Kosokbaline nomêr 47.

49. Ora mambu bocah.
amb. Bocah kang duwe bêbudèn utawa pratingkah kaya wong tuwa.

--- 102 ---

50. Ora gônja ora unus.
amb. Wong ala dhapure, yèn calathu ala utawa saru.
Alaning dhapure kaupamakake kêris tanpa gônja.
Unus, iku iya unusing kêris, ngibarat wêtuning calathu, utawa wicara.

51. Hèr gung raja manung. Wutuhing têmbung: hèr gung raja mana anung.
slk. Wong sugih sarta singgih kang utama atine.
Hèr: banyu. Gung: gêdhe. Iku kagawe ngibarat: kasugihan.
Raja: ratu, ngibarat: singgih.
Mana: ati, nung: anung: kawasa: linuwih.

52. Eka sabda. Têgêse: calathu siji.
slk. Calathuning wong tani kang wis kalakon ora manèh-manèh.

53. Akal buki.
amb. Akal tuwa.
Buki: mlinjo tuwa kang isine ing jêro wis atos sarta sêmu irêng.

54. Adêdamar tanggal sapisan kapurnaman.
slk. Wong sêsaid banjur padha lèrèn, ora anggugat utawa ora nindakake prakarane. Adêdamar tanggal sapisan iku ngibarat: anggone sêsaid, dadi acêcolok murih padhanging prakara, wêkasan kapurnaman, têgêse: kapadhangan ing rêmbulan purnama, ngibarat olèh padhanging ati. Dadi narima ebraning prakara marga saka kaduwung utawa wêlas marang kang ginugat.

55. Atêkên saksi.
slk. Wong paripadu asèndhèn aturing saksi, utawa ngunggahake aturing saksi ana ing layang aturane.
Ngunggahake aturing saksi ana ing layang iku apa ora bênêr.
Ora, kang bênêr mung kêna nyêbutakê jênênging saksi, parentah kang mriksani aturing saksi mau.

56. Atoyamarta: têgêse: abanyu adhêm.
slk. Wong ngloko ing ujar.

57. Ati bengkong olèh oncong.
ng. Wong duwe cipta ala olèh dalan.
Oncong: colok (têmbung desa), dadi padhanging oncong kagawe ngibarat: dalan.

58. Asaraya sudama.
slk. Wong mènèhi sarana marang durjana, kang aran upêt sapêpadhane.

--- 103 ---

Asaraya: akanthi, arowang.
Sudama: lintang, karêpe: anganthèni lintang, iku kang kagawe ngibarat upêt.

59. Asta candhala, têgêse: tangan bêngis.
slk. Wong pala-pinala.

60. Èstri nancah gandir nancah: têgêse: wadon menggok wuwuh menggok.
slk. Wong wadon duwe bojo nglakoni dhêmênan, nganggo anjupuk raja darbèking laki, (bojone) diwènèhake marang dhêmênane.
Dadi menggok iku kagawe ngibarat dhêmênan sarta anjupuk raja darbèke bojone. Lugune wong menggok mono lumaku ora bênêr, digawe sêsulihane nglakoni ora bênêr, dadi cidra, cidrane kang sapisan marga dhêmênan, ping pindho anjupuk raja darbèking laki, diwènèhake marang dhêmênane.

61. Èstri candhalêm aculikêm.
Candhalêm aculikêm iku têmbung keras, bênêre: candhala culika.
slk. Wong wadon dadi têliking maling.

62. Èstri candhalêm nir suka Bima pêksa linuding lara. Têgêse: wadon bêngis ngilangake bungah, Bima maksa katumpangan ing lêlara.
slk. Wong wadon ngrêbut bocah anaking wadon liya, diaku anake dhewe, kang ngrêbut kalah padune, sarta kadhêndha ing jaksa.
Nir suka, iku olèhe ngilangake bungahe kang duwe anak, marga saka dirêbut anake.
Bima paksa, kaya pamaksaning Bima, iku pratingkah pangrêbute.
Linuding lara, ngibarat dhêndhaning jaksa.
Nir: ilang: ngilangake.
Saloka mau kêna ditêgêsi mangkene: wadon bêngis ilang bungahe saka nandukake paksa kaya Bima, katumpangan lêlara. Dadi ilange bungah anggone nandukake paksa marga dikalahake sarta kadhêndha.

63. Èstri sagraha.
slk. Wong lanang motha-motha wadon liya.
Sagraha: sasomah, kaya somah. Sagriya: kaya griya. Dadi wong lanang mau pamotha-mothane marang wadon liya kaanggêp kaya bojone dhewe.

64. Asuwala saksi.

--- 104 ---

slk. Saksi kang ora sarju ing ati, utawa asuwala padha saksi.

65. Astha dhusthêm, durgayêm èstri, wiradra culikêm dhusthêm, rajêm wiradra, pêjah dhusthêm, èstriyêm. Têgêse: wêwolu maling kang wajib kinisas dalah kang wadon, ratu galak, mati ing maling dalah kang wadon. Karêpe saloka: maling yèn nganti nglakonana mêmaling ping 8 utawa yèn nganti wong 8 kang maling, iku wajib dipatèni dalah kang wadon. Mulane kang wadon mèlu dipatèni awit maling mau anggone nglakoni panas pêrih lara wirang, saka anggone anggolèkake pangan kang wadon, wondening galaking maling kaungkulan dening galaking ratu, maling galake mawa culika, ratu galake mawa wisesa, kang ditêgêsi mati têmbung: durgayêm, iku keras saka têmbung durga. Mangkono uga dhusthêm, culikêm, rajêm, èstriyêm, iku keras saka têmbung: dhustha. Culika, raja, èstri. Durga têgêse: kang bênêr, pakewuh, kagawe ngibarat pati. Kang ditêgêsi ratu iya rajêm mau. Saka layang Bratayuda. Akwèh tingkah watêk wiraya nucapaknèng lampa[18] agyat kèng don, tandya[19] praptèng Kuruksetra sira têlasa tingkah kuthatyanta Durga tangèh yan warnanên tusthaning manahira Sang Pandhu Pani anèng jro, sigrahêm sang watêk pandhawa makamuka Sang Krêsna lèn patikwèh rèhning senapati paring samaraya ginunêm sang wruhèng byuha Durga akwèh tingkah watêk wiraya pucapaknèng lampah agyat kèng don: kathah solahing para prajurit yèn kacariyosna ing lampah enggal dumugi ing panggenan.
Tandya praptèng Kuruksetra sira têlasa tingkah kuthatyanta durga. Anuntên dumugi ing têgal Kuru sampun sami damêl kitha sakalangkung pakèwêd. Kang diarani kutha luwih pakewuh iku kutha santosa, pakewuh yèn katêmpuh ing mungsuh.
Tangèh yan warnanên tusthaning manahira Sang Pandhu Pani, anèng jro: tangèh têlasipun manawi kacariyosna bingahing manahipun garwaning Pandhu wontên ing nglêbêt.
Sigrahêm sang watên pandhawa makamukang Sang Krêsna lèn partiwakèh: enggal pirêmbag para pandhawa, ingkang dados sêsirahing rêmbag Krêsna sarta punggawa kathah. Sarèhning senapati paring samaraya ginunêm sang wruhèng byuha durga. Pratingkahing senapati ing paprangan dipun rêmbag, ingkang uninga ing gêlar pakèwêd.

--- 105 ---

66. Usung-usung lumbung.
amb. Wong nglakoni pagawean kroyokan, kaupamakake ngusung lumbung.

67. Awak pèndhèk budi ciblèk. Têgêse: awak êndhèk budi asor.

68. Uwis jumêgur.
amb. Wong kang wis misuwur ing kabisan tuwin bêciking kalakuwane.

69. Awala saksi.
Wala: pagêr, ijèn, lômba.
slk. Wong asaksi bocah utawa mung siji, ora tumindak pasaksine.

70. Owal-awil owêl.
amb. Wong sok saguh mêmènèhi, nanging ora ana kayaktène.
Owal-awil samubarang kang wis obah marga saka ora kukuh tanjêbe, kaya ta: untu kang wis ogak-agik mèh runtuh. Dadi obah kagawe ngibarat wêtuning kasaguhan.

71. Alesus gumêtêr, utawa anglesus gumêtêr.
slk. Wong maido ing bêbênêran, ngarubiru ing adil, kaupamakake gumrêbêging lesus, utawa lesus gumrêbêg.

72. Alihan gung.
sal. Wong ora ngungasake kabisane.
Alihan: lumiya, sumingkir. Gung: gêdhe.
Gêdhe iku kagawe ngibarat kapintêran (kabisan) têrange: nyingkiri ngungasake kabisan.

73. Ilang jarakê kari jaile.
amb. Wong kang ilang kaprawirane kari ala utawa kanisthane. Kaprawiran, têgêse: kaprajuritan. Mungguh jarak kang kasêbut ing paribasan iki iya jarak kêpyar, kang digawe lênga, wong desa manawa arêp ngetung-etung, kang digawe ngècèri isi jarak. Jarak iku katêlahan duwèni têgês: etung. Yèn wong desa takon, katêmu pira jarake, têgêse: katêmu pira êtunge, dadi karêpe paribasan mau. Ilang etunge kaprawiran kari kanisthane. Iya ana wong desa milang nganggo kêcik, klungsi, krikil utawa dhuwit, nanging sadhengaha kang kanggo ngetung, anggone ngarani têka anjarak, têgêse: ngetung. Mangkono uga wong nagara kang kanggo ngetung gobog, manawa akon ngetung samubarang, basane: gobogên.
Aliya saka kang wus kasêbut mau, wong desa yèn arêp adu jago nganggo dietungi dhisik, jaya apêsing

--- 106 ---

jago, apathokan nêptuning dina karo pasaran, etungan iku kang nelakake jaya apêsing siji-sijine jago, kang wido, wiring galih, blorok utawa jali. Wondene têmbung: kaprawiran iku ora ngêmungake anduwèni têgês: kaprajuritan. Wong sugih, wong kèdhêp utawa wong kang budine rosa, iya kabasakake prawira, dadi kèdhêpe utawa kasugihane kabasakake: kaprawiran.

74. Apik kumripik nancang kirik.
amb. Wong laire sumuci-suci, ing batin ngandhut rêrêgêd.
Kumripik: mangan samubarang sathithik.
Nancang kirik: ngibarat: ngandhut rêrêgêd, awit ing atase bôngsa Islam, asu iku alane kewan rêgêd.

75. Apatra ina pracaya.
sal. Wong mradata mawa layang, ora mawa saksi.
Pracaya: pitaya, kagawe ngibarat saksi, awit kandêling prakara saka saksi.

76. Apêpikat gantung.
sal. Jaksa anggolèk wong padu paripadu, kaupamakake wong masang pikat digantung.
Pikat: kurungan piranti ngarah manuk.

77. Upaya saksi.
Upaya: golèk, paekan. Dadi saksi golekan utawa saksi paekan, yaiku saksi sanak sadulur.
sal. Wong saksi sanak sadulur utawa gawe saksi.

78. Upaya prabeda, têgêse: paekan gèsèh.
sal. Wong ora nuhoni jangji. Karêpe kang gawe saloka: ngêmpak-êmpak utawa ambudi paeka arêp anggèsèhi, yaiku nyêlêt basa kang wis kawêtu.

79. Hyang kalingga surya.
sal. Wong wicaksana, madhangi ing akèh.
Hyang: dewa, surak. Kalingga: kasalira. dadi dewa kasaliran srêngenge. Pasajane: dewa pangawak surya (srêngenge).

80. Ambauda daris. Punika sastra lampah gurunipun ambaud adaris.
Ambaud: nyagêd-nyagêd, sumagêd.
Adaris: atata.
sal. Wong duwe prakara, sawise kalah ngêtokake pêndèl liya, sumêdya ambêcikake awake.
Pêndèl: kabruking pitik, kagawe ngibarat jawab, utawa atur susulan.

--- 107 ---

81. Ambaud sabda.
sal. Wong mêmulang marang saksi.

82. Omah sadhuwuring jaran.
amb. Wong ngraman. Mulane dibasakake mangkono, awit wong ngraman iku mrana-mrene agawe rêrusuh utawa nênêlukake. Jaran kang ditunggangi kaupamakake omahe, dene ora jênak utawa arang ana ing omah, kêrêp nunggang jaran.

83. Amaha-maha: wutuhe têmbung anêmaha nêmaha. Têgêse anjarag-anjarag.
sal. Wong ambêbalang ngênani uwong, dadi nêmaha nêmu prakara utawa rêribêd.

84. Amis bacin.
ng. Ewuh pakewuh utawa rêribêd. Dadi yèn wong calathu: amis bacine dakpasrahake ing kowe, utawa dakbodhokake ing kowe, têgêse: ewuh pakewuhe dakpasrahake (dakbodhokake) ing kowe.

85. Ambuka sabda.
sal. Wong duwe prakara, durung kadangu ing parentah andhisiki atur, ngarani saksi, nuduhake omahe.

86. Amblês atilar dana.
sal.Wong sowan ing jaksa anggawa rêruba.
amblês: manjing, dadi manjing marang panggonan, (omahing jaksa) ngibarat sowan.

87. Ambali muka amigantaka. Têgêse: ambalik rai nyingkiri pati.
sal. Wong nyelaki janji arêp mêmènèhi, malik rai iku mengo, ngibarat: ora arêp, nyingkiri pati, ngibarat: nyingkiri anggone arêp kalonglongan. Kayata: jangji arêp mènèhi dhuwit utawa liyane, yèn nêtêpi jangji, masthi bakal kelangan kang kajangjèkake mau.

88. Ambima paksarsa dana. Wutuhe: ambima paksa arsa dana. Ambima: kaya Bima.
Paksarsa dana: paksa arêp ing dhuwit.
sal. Wong narka ngutangake marang wong, banjur nagih sarta aparipêksa.

89. Ambagat tan ana: anirna daya (sèndhèn kayu aking).
sal. Wong duwe prakara, asèndhèn wong kang wis mati.
Ambagat: andhanganake, ngrosakake. Dadi anggone nguwatake prakarane ora makolèhi, awit kang gawe sèndhèn wis ora ana.

90. Ambagaspati. Têgêse: kaya srêngenge.

--- 108 ---

sal. Wong saru solahe, digsura ing pangucap ana ing pasowanan, apadene murang tata, mila wani jaksa, pasajane wong panasbaranan, kang tinggal duga prayoga.

91. Ambegal sambi ngayang.
sal. Wong anjêjupuk ana ing pasar aling-aling tuku, utawa wong ambegal aling-alingan nyambut gawe. Angayang: aling-alingan, nganyang, ngrosani.

92. Ubut saksi.
sal. Wong duwe prakara. Gawe saksi ora mawa tampikan wong.
Ubut: carobo, ambalubut. Ing jaman kuna kang ora dadi pasaksène utawa kang nistha kagawe saksi.

1. abolêrêng wong tukang adol arêng.
2. anggalanthang wong tukang adol grabah.
3. anggêdhig wong tukang pandhe.
4. anggênjong wong tukang sayang.
5. malêrêng wong tukang mêlik.
6. cukit wong tukang adol trasi.
7. dulit wong tukang adol injêt.
8. anggêndhing wong tukang gawe gamêlan.
9. angurut wong tukang gawe kawat.
10. abibis wong tukang gawe êdom.
11. marakèh wong kundhi.
12. muntrêng wong mêdêl.
13. kumbah juru masuh (juru mutih).
14. kurakah jagal.
15. brangke blantik.
Mulane nistha kagawe saksi, marga saka asoring panggaotane, kaewokake wong lalawora, ora diandêl saature.

93. Upaya saksi.
sal. Wong ngêbang-êbang marang saksi.

94. Abang-abang lambe.
ng. lamising calathu, dadi calathu kang mung ngenaki ati bae.

95. Abanging lambe: abang-abang lambe.

96. Angun-angun angadu pucuking êri.
sal. Wong ambênêri, nandukake kalêpasaning budi, ngawasake kang dora lan kang têmên, mawang solah bawa utawa ulate kang agugat utawa kang ginugat.
Angun-angun: galak: banthèng, kang kaupamakake banthèng iku jaksa, angadu pucuking êri, ngadu kalincipan, ngibarat mawang pratingkah tuwin ulat apadene nglimbang ature kang paripadu.[20]

--- 109 ---

97. Angin silêm ing warih.
sal. Durjana kang ora katon sêdyane, kaupamakake angin manjing ing banyu.

98. Anggendholi buntuting macan.
amb. Wong kang anggugu ujaring durjana, utawa anut ing lakune.

99. Angguskara, têgêse: nyumur, kaya sumur.
sal. Wong duwe gugad, ora gêlêm anggugat. Mulane disalokani: sumur, awit sumur iku ora mili banyune, iku ngibarat gugat ora kalakokake. Guskara: sumur.

100. Anggupita sabda.
sal. Wong gawe-gawe utawa ngathik-athik ujar.
anggupita: nganggit, ngrumpaka.

101. Anggayuh ing tawang pêjah tan wikara.
sal. Wong saguh nyêkêl durjana, wêkasan ora bisa nyêkêl, andadèkake ing tiwase.

102. Anggampang tan wruh ing kunthara manawa.
sal. Wong mulihake barang silihan ora mawa paliwara utawa tutur marang kang duwe, ora kapikir bokmanawa ilang utawa diselaki.
Kunthara: reka, pratingkah, nglêngkara. Kaya ta: unèn-unèn: kuntharaning manitra: pratingkahing nulis, kunthara yèn labdèng karya: nglêngkara yèn olèh gawe. Putus ing kunthara rajaniti: putus ing pratingkah pangadilan.

103. Anglang angling.
Anglang: angon, angling: calathu.
Karêpe wong kang sêdya alaku ala, nanging mawa angon wong yèn pinuju sêpi iya sida anjupuk, yèn konangan, môngka disapa utawa diêlokake, calathu mawa samudana samubarang kagawe ngaling-alingi alane.

104. Angimbu cihna.
sal. Wong kêmalingan utawa kêbegalan, olèh nyêkêl piranti utawa gêgamaning durjana ora nganggo kaaturake ing parentah.
Cihna: tôndha: têngêr.

Na.

105. Nantang weya.
sal. Wong lêlaku ing wayah bêngi ora anggawa obor utawa kêpatèn obor, ora anjaluk tulung obor marang pomahan kang cêdhak, kacêkêl ang[21]

--- 110 ---

wong kang panuju amburu maling. Têgêse: weya: kêndho: pêpeka. Dadi kaupamakake wong ngajab rêribêd, utawa nêmaha pêpeka, wêkasan nêmu rêribêd.

106. nidra pramana.
Saloka iki olèh rong prakara:
1. Ngibarat: wong bêbedhangan.
2. Wong duwe pangangkah arêp matèni marang sawijining wong, api-api nyadulur marang kang kaangkah patine mau.
Pramana: waspada.
Dadi karêpe saloka mau: nyilibake pandêlêng, awit wong bêbedhangan, utawa wong ngangkah patining liyan, iku amasthi laku samun.

107. nututi balang atiba: nututi balang wis tiba: (kumêdhèp kasèp, I 159).

108. natas tali gumantung.
sal. Jaksa ngrampungi prakara karampungane ora tumindak. Natas tali iku kagawe ngibarat, ngrampungi prakara. Dene gumantung kagawe ngibarat: eba tumindake karampungan, dadi prakara isih gumantung.

109. Nistha wasa pariwasa.
sal. Durjana kang wis ngrusak pagêr banjur kacandhak.
Wasa: wênang: rusak. Pariwasa: paripêksa. Dadi anggoning parikudu ngrusak pagêr tumiba nistha awit banjur kacandhak.

110. Nistha pradana.
Pradana: sugih, ganjaran, loma.
sal. Wong nyilih ora ngakoni. Ganjaran utawa loma ngibarat panyaur, dadi nisthaning panyaur, karêpe: ora ngakoni.

111. Nistha pariwasa: nistha wasa pariwasa (no 109).

112. Nilib lurah.
sal. Wong duwe prakara nglangkahi lurahe.
Nilib: nyamar, karêpe: nyilibake lurah.

113. Nimur durjana: anir dhustha (no 7 III): anirna dhustha (no 2 I).
Nimur: nglungakake, ngiwakake.

114. Namur tilas.
sal. Wong ngidaki tapaking maling, katêtêpake dadi panunggalaning maling (durjana).
Ngidak tapaking maling: ngilangake labête.

115. Nimpêt aculawêt tan wrin baya.
Nimpêt: ngumpêt. Aculawêt: nyidhêm.
sal. Wong nyidhêm rajapati.

--- 111 ---

116. Nugraha ati kirda.
sal. Wong lanang mènèhi utawa nyilihi panganggo marang wadon liya, tanpa kawruhan marang bojo utawa akrabing wadon mau.
Nugraha: awèh, ganjaran. Ati: manah K.
Kirda: ulah karêsmèn. Dadi kêna ditêgêsi: mêmènèhi sumedya ambandrèk utawa dhêmênan.

117. Naga mamôngsa tanpa tlaya.
sal. Wong ngalih-ngalih tarkane.
Tlaya: têtêp, langgêng, cêgah. Mamôngsa, ngibarat: narka. Tanpa tlaya, ngibarat: ngalih-alih tarka.

118. Nibani tilas.
sal. Wong nalasah malang marang palêmahane wong liya tanpa tutur marang kang duwe, wêkasan nêmu nyina, iku kêna panggrayangan amitênah marang kang duwe lêmah mau.

119. Nibani sabda purusa.
sal. Wong ngumpah-umpah utawa mêmisuh ngêsot-êsotake ing wong tanpa sabab.
Purusa: paksa, kawasa, lanang.

120. Nunggaksêmi.
amb. Jênênging bapa tumurun kaanggo marang anak putu utawa sadulure.

121. Nanggung gêmpaling warôngka bêdhahing bêbêd.
Iku bêbasane: wong nanggung marang sawijining wong kang nêmu kaluputan, katimbalan ing parentah utawa bêndarane. Karêpe: nanggung slamêting badan.

122. Ningar kawanguran.
sal. Wong anjupuk rajakayaning liyan, kaya ta: kêbo sapi sapêpadhane, katarka mangan utawa ngrusak tanduran, ora ana nyinane.
Ningar: alingan. Dadi panjupuking rajakaya mau kang kagawe aling-aling anggone mangan utawa ngrusak têtanduran, barêng sêpi saka nyina, kawanguran utawa têtela manawa goroh.

Ca.

123. Cinintha kacôndra.
Cinintha: kabilaèn. Côndra: rêmbulan, warna.
sal. Wong maling nuju padhang bulan, wêkasan nêmu bilai.

124. Côndra kalamukan buda.
sal. Wong katarka ora bênêr utawa ora yakti.
Kalamukan: kaalingan pêdhut.
Buda: wuda: budi. Dadi karêpe saloka iki: [i...]

--- 112 ---

[...ki:] rêmbulan kaalingan mangkono dadi karêgêdan, ngibarat wong kang ditarka. Wuda ngibarat ilanging aling-aling, katon padhang rêsik, dadi têtela ora karêgêdan mau.

125. Candhak cêkêl.
amb. Wong ngutangake, nyêkêl barang duwèke kang utang, kasurupake panyaure.

126. Candhak rawun.
Rawun, têgêse: ngawud.
Candhak cêkêl mau, mung kacèke ora mawa milih barang, saka candhake bae.

127. Candhuk lawung.
amb. Katêmu karo sawijining wong, utawa têpung sarana lanturan.
Candhuk: cundhuk: kapêthuk.
Dadi lawung kang minôngka lantaran, awit lawung iku minôngka lantarane tumbak.

128. Cukêng wrêngkêng.
amb. Wong kumêt ing samubarang, ora kêna dimêmanisi calathu.
Cukêng: kumêt. Wrêngkêng: puguh, ora gêlêm ngalah.

129. Citra-wicitra.
Citra: warna, tulisan. Wicitra: warna linuwih, bagus, tulisan linuwih.
amb. Wong bagus sarta bêcik atine, manawa ngucap pangucape iya manis.

130. Catur manggala.
Catur: papat. Manggala: pangarêp, urang, panggêdhe. Kang diarani catur manggala: panggêdhe papat, yaiku: patih, pangulu, jaksa, pujôngga, padha dadi warôngkaning ratu, sêsilihing pangadilan. Subamanggala: têtabuhan.
Bratayuda: rika tanantara mangka dulura halêp têkaping mangiring têkyaning kang subamanggala gumuruh katon mijilèng wwang arum, rika tanantara mangkata dulura halêp têkaping mangiring. Ing ngriku botên antawis dangu lajêng bidhal, asêlur asri dening ingkang sami ngiring.
Subamanggala, têgêse manèh: 1. Kêpyuring udan, 2. Udan awor panas.
Tyani kang subamanggala gumuruh katon mijilèng wwang arum, têgêse: kalayan tabuhanipun gumêrah, katingal wêdaling parêkan.

131. Cawêta têkan wadone.
Iku bêbasane wong sêsumbar, ngunggul-unggulake awake. [awa...]

--- 113 ---

[...ke.] Ngêsorake mungsuhe, ora wêdi ditandhingana wong sanagara, sanajan dalasan wonge wadon cawêtana mèlu ngrubut iya ora wêdi.
Têrange mangkene: wong tumandang gawe kang kinira rêkasa, kaya ta: upama wong arêp mêmènèk, lumayu, utawa kêkêrêngan, adat manawa bêbêdan banjur dicawêtake, supaya aja nganti ribut[22] ing tandang, wondening wong wadon ora ana kang cêcawêt mung kagawe paribasan bae.

132. Cita wicita.
Cita: ati. Wicita: ati linuwih.
sal. Wong bêcik atine tansah katon manis ing ulat.

133. Calawênthah. Têgêse: rusuh.
amb. Wong nglakoni rusuh sawênang-wênang.

134. Cagak êlèk.
amb. Samubarang kang kagawe sarat nyayuti turu ing wayah bêngi utawa ambêtahake mêlèk, kaya ta: maca layang, andongèng, sapanunggalane.

135. Cagak ambèn camêthi tali.
amb. Wong santosa diandêl. Cagak ambèn ngibarat: santosa, ora kuwatir manawa ngowani. Camêthi tali, ngibarat: kukuh, wulêd.

136. Cebol anggayuh lintang.
ng. Nglêngkara, kaya ta: wong cilik duwe karêp marang kang gêdhe dhuwur, istingarah ora bisa katêkan.

137. Cebol anggayuh langit: cebol anggayuh lintang.

138. Cêblok kangkung.
amb. Wong têtawa kang saya mundhak akèh. Kaya ta: jaranku arêp kotuku tawaku satus rupiyah, barêng liya dina ana wong arêp tuku, tawaku f 110, liya dina mundhak manèh, iku dibasakake: cêblok kangkung. Awit kangkung manawa kacêblokake nêdya katandur, lawas-lawas nalosor saya mundhak dawa.

139. Cathok gawèl.
amb. Wong calak. Cathok têgêse: têpung, bangsaning pênding, gawèl: saud. Dadi têpung saud, yaiku nyênyaud têmbung, nêpungi calathu.

140. Cêthèthèt woh kudhu.
amb. Samubarang kang aèng, utawa eba lumrah kadadeyane, kaya ta: wêwulang utawa têkad bêcik, têmahan andadèkake bilai.
Cêthèthèt: kêcipir: manuk sikatan.
Kudhu: pace, dadi wêwulang utawa tekad bêcik, wêkasane andadèkake bilai, kaupamakake kêcipir awoh pace, awit wêwulang utawa tekad [teka...]

--- 114 ---

[...d] bêcik, kalumrahane iya bêcik kadadeyane.

Ra.

141. Rai dhingklik.
amb. Wong saèn: rai trumpah (112 II).

142. Rèntèng-rèntèng runtung-runtung.
amb. Wong atut rukun, kaya ta: atut rukune wong bêbojoan, utawa saduluran.

143. Rôndha kisi.
amb. Rôndha kang duwe anak lanang, iku anjupuk saka wujuding jôntra, kang kapasangan kisi. Dadi rôndha kang duwe anak lanang, kaupamakake jôntra dipasangi kisi.
Jôntra kaupamakake biyung, kisi, kaupamakake anak. Mungguh rôndha kisi mau yèn ana pagawean isih mèlu kacacah, dene yèn rôndha duwe anak wadon ora diarani, rôndha kisi.

144. Rôndha gabug.
amb. Wong nêmu rôndha kang ora duwe anak.

145. Rawi ratya grahana sute.
sal. Wong nêmu kawirangan, kaupamakake kaya srêngenge utawa rêmbulan grahanan. Rawi, têgêse: srêngenge.
Ratya: rêmbulan. Utawa rati. Sute: wirang: rusak.

146. Rupak sagarane.
amb. Wong kang ora ngambakake ngapura, ora amêngku.

147. Rumangkang rumingking: (maling kabunan, I 332).
sal. Maling kang lagi mara têkan ing latar banjur kacandhak.

148. Rog-rog asêm.
amb. Samubarang kang jag-jog, nuli akèh, nuli sathithik, kaya ta: udan, sadhela dêrês, sadhela mêndhung, banjur dêrês manèh, iku kaaranan udan rog-rog asêm, panjupuke saka wong ngêrog wit asêm, arêp kajupuk wohe, sakêrogan kang tiba tarkadhang akèh, tarkadhang sathithik.

149. Raga tanpa mule.
amb. Wong kang wis ora kajèn, utawa kang siningkang-singkang.
Mule, têgêse: ruba, aji, paring, mulya, kurmat. Wong sêdhêkah ana kang ngarani: mêmule, iku iya tunggale têmbung mule, mau. Wong nyaosi dhahar marang para nabi utawa wali, têmbunge mêmule, karêpe: atur-atur utawa mulyakake, minôngka tôndha kurmat.

150. Rubuh-rubuh gêdhèg: rubuh-rubuh gêdhang (117 II).
Gêdhèg iku yèn rubuh masthi salajur pisan. Wong makmum [ma...]

--- 115 ---

[...kmum] sêmbahyang mulane dibasakake rubuh-rubuh gêdhèg, têrange mangkene: panggonan kang wiwit rubuh marga kanginan utawa kadêdêl iku kaupamakake imame, salajuring gêdhèg kang mèlu rubuh, kaupamakake kang makmum sêmbahyang.

151. Rêbut koripan.
amb. Wong ngungsèkake umur, utawa rêbut panguripan.

152. Rêbut tuwuh: rêbut koripan.
Tuwuh: urip, thukul, timbul.

153. Rêbut tangguh.
amb. Wong rêbut pêthèk utawa rêbut kawruh.
Tangguh: tuju, pêthèk, palang, atur.

154. Rêbut sênêng.
amb. Sasênênganing ati. Kaya ta: ana rêrupan loro, padha prayoga adine. Mungguh sênênging ati ora masthi marang karo pisan, masthi mung salah siji kang dadi pamilih.

Ka.

155. Kausti sabda pralaya.
Kausti: kasêbut. Sabda: calathu, pralaya, mati.
sal. Patining durjana marga saka karubuhan rêrasan, dadi kalêbu ing alun-aluning durjana, utawa durjana mati saka calathune dhewe.

156. Kailangan lacak.
amb. Wong nglari durjana ora olèh lacak.

157. Kênès ora èthès.
amb. Wong wadon kang ora bisa ngaku bisa.
Èthès: bisa, (kasar).

158. Kuna Mrêbung.
amb. Samubarang kang wis lawas kalakone, kaupamakake nalika jaman Kartasura lolose Pangeran Balitar nalika pêrang ana ing desa Mrêbung.

159. Kanatalena.
sal. Prakara kang wis kalingan ratune seda, têgêse: wis salin ratu. Lena: mati, lali.

160. Kêndho tapihe.
amb. Wong wadon kang gampang pinrih ing karêsmèn.

161. Kondhang ciri.
Ciri, têgêse: cacad, tôndha, tulis.
sal. Wong kang wis misuwur ala.

162. Kunthara ora pakra.
amb. Wong duwe reka ora dhapur, têgêse: duwe reka ora kadadean. Pakra, têgêse: dhapur.

--- 116 ---

163. Kôntha jaga.
Kôntha, têgêse: warna, gulu. Jaga: rumêksa.
sal. Wong rumêksa ing kawirangan.

164. Kacurat-kacurut.
amb. Samubarang pagawean kang tuna wiwitan wêkasane, ing ngarêpe ora nyukupi, ing buri ora nyukupi. Kaya ta: aku duwe omah pangaji f 1000, dak dol mung payu f 600. Banjur daktukokake kreta, wusana kreta mau dakêdol tuna. Têgêse: kacurat-kacurut, kasurap kasurup.

165. Kacabênggala.
ng. Samubarang kang dadi têtuladan utawa dadi têpa tuladha kaya ta: wong mulang nyalathoni mangkene: si anu kae dadi kacabênggala, tuladên, olèhe dadi priyayi, sarta mukti dening kautamaning budi.
Têtuladan ala iya kêna dingibaratake: kacabênggala, kaya ta: ana wong nglakoni panggawe ala, banjur kaukum, iku dadi kacabênggalane sakèhing wong kang padha nglakoni panggawe ala. Mulane kacabênggala kaanggêp têtuladan, awit panganggêpe wong Jawa, padha-padha kaca gawean sabrang onjo dhewe.

166. Karunya budi.
sal. Wong wêlasan ing sapêpadhane.

Karunya: wêlasan. Runya: wêlas.

167. Krêti minôngka upaksi. Têgêse: gawe minôngka wêruh, karêpe: pagawean minôngka saksi.
sal. Wong katarka ngobong omah kacihna saka pagaweane. Kaya ta: agawe colok walirang, dimik sapanunggalane kang pancèn kanggo ngobong omah. Sanajan ora konangan ing pangobonge, colok walirangan wau prasasat saksi.

168. Karajawasa. Têgêse: kapara paksa, kapara rusak, kapara tiwas.
sal. Wong matèni wong ana ing sabêt saponing liyan.

169. Krêmi sampika wrêki kaka duratmaka wrêduôngga sardula wikridita.
Sampika: cacing. Wrêki: ulêr. Kaka: gagak. Duratmaka: maling. Wrêduôngga: lintah. Sardula: macan, wikridita: galak angluwihi. Iku salokane maling. Maling iku pêpadhane krêmi, cacing, ulêr, manuk gagak, lintah, sayêkti wajib pinatenan.
Kaka: parêkan, manuk gagak. Raka.

170. Kêrig lampit.
amb. Wong angkat-angkatan akêrig sabature kabèh, utawa wêtune prajurit kang kêtog kabèh, kaupamakake

--- 117 ---

angkat utawa wiyosing ratu, sakèhing abdi kang sipat lungguh lampit, padha andhèrèk utawa sowan kabèh.

171. Kêriga têkan cindhile abang: cawêta têkan wadone 132 II.
Bêbasaning wong, sêsumbar, ngunggulake awak ngêsorake mungsuh. Cindhel abang iku kagawe upama bayi, dadi karêpe aja sing mungsuh ing wong tuwa bae wêdia, sanajan bayine mèlu tumandang ngrubut ora nêdya diunduri.

172. Kurang ulat. Têgêse: kurang dêlêng, karêpe: kurang wêruh.
sal. Wong anggawa borang salong lolos ana ing dalan, wêkasan ngênani wong liya.

173. Kikar-kikir.
amb. Wong ngêngêlongi kaupamakake wong ngikiri.

174. Kakehan kokok-kikik.
amb. Wong kakehan reka (rèwèl) kang molah-malih utawa ora ajêg pikarêpane. Kokok: bonggol, panggêdhene kècu.
Kikik: asu kang dhasar cilik ora bisa gêdhe, dadi pikarêpan kang molah-malih kaupamakake kaya kokok sadhela, kapara kaya asu kikik, yaiku pikarêpan mênggik mênthol.

175. Kakung adiguna. Adiguna: gung adiguna.
sal. Wong ngêndêlake kabisane.

176. Kaduwung nguntal wêdhung.
amb. Samubarang pagawean utawa pratingkah kang dibanjurake utawa diunduri ora prayoga kadadeane, kaupamakake wong nguntal wêdhung, kaulu lara, kadudut iya lara.

177. Kadang konang mung yèn ana mêlik-mêlik: kadang konang (133 II).

178. Kadang katut.
amb. Sadulur mung katut kagawa saka salakirabi.

179. Kidang lumayu atinggal swara.
sal. Wong liwat ing ratan, utawa sabêt saponing liyan, mêmisuh nguwus-uwus, ora karuwan kang diarani, utawa salokane batur nglakoni panggawe ala, banjur minggat, kajibahake marang bêndarane.

180. Katai baya: katiban tai baya (139 II).
sal. Wong katarka ala.

181. Kitiran munggèng kayon.
sal. Wong andhandhang prakara utawa ngubêng-ubêng gugating uwong, tuwin wong nyilih (utang) banjur mungkir.
Wong kang nandhang prakara kaupamakake kaya kitiran ngajap têkaning angin, angin iku ngibarat prakara. Wong ngubêng-ubêng gugat, mulane kaupamakake kitiran, iku mung olèh saka mubênging kitiran,

--- 118 ---

mangkono uga upamane wong nyelaki utang, karêpe: mubêng ora calathu sabênêre.

182. Kitri rajakaya.
sal. Wong padu bab tanêm tuwuh kapangan ing ingon-ingoning uwong.

183. Kitri rajapati.
sal. Wong paripadu bab tibaning rajapati ana ing pakarangan, utawa ing sabêt sapon. Pakarangan iku pakêbonan utawa panggonan kang mung katanduran krambil. Purbane: karang, têgêse: ênggon, watu, parang, kaya ta: karang widadari: ênggon widadari. Karangulu: ênggon sirah, (bantal), parang sumong, parang ngêsong.

184. Kitri rajabukti.
Rajabukti têgêse: sawarnaning panganan.
sal. Wong rêbut-rinêbut têgal sawah sapêpadhane.

185. Kêtog ponjèn.
amb. Samubarang kang êntèk-êntekan, kaya ta: êntèking wragad, kêriging prajurit kabèh, ora ana kang kèri. Utawa mantu anak wuragil, kaupamakake nyuntak isining ponjèn.

186. Katiban daru.
Bêbasane: wong katamuan bandara utawa gusti, utawa wong cilik kadhayohan wong gêdhe, karêpe katiban bêgja.

187. Kasandhung ing watang.
ng. Samubarang pagaweanku[23] kang kapalangan dening matining sanak sadulur.

188. Kasandhung maesan.
ng. Samubarang pagawean kang kapalang ing susah.
Maesan: têtêngêring kubur, kaya pathok loro minôngka têtêngêr lanang wadone kang mati, yèn lanang maesane lancip, yèn wadon papak.

189. Kasirnan tilas.
sal. Wong nglari durjana ora olèh êdhok.

190. Kasirnapura.
sal. Prakara kang wis kalingan ing kutha bêdhah, utawa karaton rusak, dadi wis kadaluwarsa.

191. Kasurya côndra, miruda wacana.
sal. Wong duwe atur prakara wis kapathokan ing layang, wasana gingsir calathune, kaupamakake kapadhangan ing srêngenge utawa rêmbulan, dadi katon gorohe utawa narima ing karampunganing jaksa, iya mangkono salokane. Kasurya côndra karêpe: diwènèhi padhang, iya iku karampungan. Miruda wacana, ngibarat nampik.

--- 119 ---

192. Kawuk ora wêruh slirane.

amb. Wong cilik duwe tanaga kaya wong gêdhe, dadi ora wêruh ing cilike. Kawuk, bangsaning slira, dhapure wis padha, nanging ora lorèk.

193. Kawilut tara (kondhang ciri 161 III).
sal. Durjana kang wis misuwur alane.
Kawilut: kagubêd. Tara: gêdhe, sêru, bangêt, ora. Dadi kagubêd bangêt. Yaiku kagubêd ing suwur ala, têtela karubuhan utawa karoban ing suwur ala.

194. Kala daraki dyah.
sal. Wong lanang nuroni wadon sarana purusa. Kala, têgêse: nalika, kêndhang, buta, bêbaya. Daraki: nyanggamani.

195. Kalya amiruda ing nata.
Kalya, têgêse: kali, jaksa. Miruda: minglar, wêdi.
sal. Jaksa ngrampung prakara tanpa layang pakudhung karampungan, utawa ora munjuk ing ratu. Miruda nata, iku ngibarat nyimpang saka parentahing ratu.

196. Kapara kapere.
amb. Samubarang kang bêcik kêbêcikên, kang ala kalanên. Kapara, iku ngibarat bêcik. Kapere, ngibarat ala. Kaya ta, upama kang gêdhe kêgêdhèn, kang cilik kêcilikên, sapêpadhane kang mangkono.

197. Kapralina, têgêse: kêpatèn.
sal. Wong duwe prakara ora bisa sowan ing pradata, marga kêpatèn.

198. Kapralayah, têgêse, kêpatèn, kabilaèn, kalêbur (anirna daya) 1 III.
sal. Wong duwe prakara sèndhèn wong kang wis mati.

199. Kapralaga, têgêse: kalawanan, kapêrangan, kaprasabênan.
sal. Wong duwe prakara ora bisa sowan ing pradata. Amarga pinuju ana pêrang, utawa nuju kêkêrêngan.

200. Kaprajalena: kasirnapura (190 III).

201. Kaparag pèh.
ng. Wong katiban êdhoking prakara sapêpadhane, kaya ta: mulure ing prakara mau ana kang kajêdhêg.
Pèh (êpèh) panggonan sadhuwuring supit, (supit: bongkoting pupu), dadi karêpe: katuju êpèhe.

202. Kaparang pèh: kaparag pèh.
Kaparang, têgêse: kawatu, karêpe, katuju ing watu.

203. Kupita sabda pramana.
sal. Wong ngathik-athik utawa gawe-gawe calathu sakêjap [sakêja...]

--- 120 ---

[...p] netra. Kupita: gupita.

204. Kapalaya.
sal. Wong duwe prakara sèndhèn wong kang lunga.
Laya, têgêse: lunga: laku, pati.

205. Kapêdhotan wiji.
Ngi: wong ora duwe anak, utawa kapatèn anak.

206. Kudhung indhing: kasasaban tapih.

207. Kaya didadah lênga kêpoh.
amb. Wong kang solahbawane saru kaupamakake kaya wong alas, dhèk cilike didadah lênga kêpoh. Kêpoh iku kayu alasan, wondene bayi lumrahe didadah lênga klêntik.

208. Kamuran kara.
Kamuran: kailangan, kara: prakara, padhang, manis, barang.
sal. Wong arêp ngaturake bêbandan marang parentah ucul ana ing dalan.

209. Kamayang wiguhan (kamayung wiguhan).
Kamayang: kamayung: kapanci.
Wiguhan: prihatin, babahan.
sal. Maling kacêkêl ana ing babahan, utawa salokane wong kacandhak ala sajroning duwe prakara.

210. Kumêthak tan kacandhak.
amb. Wong tumêguh ora kasêmbadan.

211. Kagundhang saksi.
sal. Saksi kang wis kalêbon pawèwèh.
Kagundhang: kagondhang: kaulu. Gênêping têmbung kagundhang ing saksi, iku ngibarat pawèwèh marang saksi.

212. Kabrana saksi.
sal: Wong katiban rajatatu utawa rajapati ora sêsaid. Brana: tatu: dhuwit.

213. Kabali sura.
sal. Wong cilik nyanthulani dhêdhuwurane, karêpe: kuwalik unine, awit dudu bênêre wong cilik wani karo wong gêdhe.

214. Kabali swara.
sal: Wong ginugat amalês anggugat.

215. Kothilêm aculikêm prabêm atri dhusthêm culika kuthilêm durgamêm. Kothilêm culikêm, prabêm, dhusthêm, kuthilêm, durgamêm, iku padha têmbung keras, bênêre: kothila, prabu, dhustha, kuthila, durgama, têgêse unèn-unèn: kêthèk aculika ratu rame ala, culika kêthèk pakewuh, karêping saloka: maling kaupamakake kêthèk kang culika. Kêthèk culika

--- 121 ---

iku wis gêdêr yèn ratuning ala, pantês manawa nêmua pakewuh, utawa wajib dipatèni.

216. Kuthilêm dhusthêm. Têgêse: kêthèk ala utawa kêthèk maling.
sal. Wong andhêmêni rabining liyan, mawa malingi raja darbèke kang duwe rabi.

Catatan kaki:

1. kosokbalèn (kembali)
2. yèn (dan di tempat lain) (kembali)
3. Kere (kembali)
4. kasêktène (kembali)
5. satu (kembali)
6. sawise (kembali)
7. rumpung (kembali)
8. anjonggol (kembali)
9. ana ing (kembali)
10. madu (dan di tempat lain) (kembali)
11. bonggoling (kembali)
12. ambajra (dan di tempat lain) (kembali)
13. sabar (kembali)
14. barang (kembali)
15. saide (kembali)
16. andriya (kembali)
17. kurawa (kembali)
18. lampah (kembali)
19. tandyah (kembali)
20. parapadu (kembali)
21. ing (kembali)
22. ribêt (kembali)
23. pagawean (kembali)