Ngéngréngan Kasusastran Jawa, Padmosoekotjo, 1953/56, #1180 (Jilid 1: Hlm. 069–150)

Judul
Sambungan
1. Ngéngréngan Kasusastran Jawa, Padmosoekotjo, 1953/56, #1180 (Jilid 1: Hlm. 001–068). Kategori: Bahasa dan Budaya > Pengetahuan Bahasa.
2. Ngéngréngan Kasusastran Jawa, Padmosoekotjo, 1953/56, #1180 (Jilid 1: Hlm. 069–150). Kategori: Bahasa dan Budaya > Pengetahuan Bahasa.
3. Ngéngréngan Kasusastran Jawa, Padmosoekotjo, 1953/56, #1180 (Jilid 2: Hlm. 001–063). Kategori: Bahasa dan Budaya > Pengetahuan Bahasa.
4. Ngéngréngan Kasusastran Jawa, Padmosoekotjo, 1953/56, #1180 (Jilid 2: Hlm. 063–123). Kategori: Bahasa dan Budaya > Pengetahuan Bahasa.
Citra
Terakhir diubah: 18-07-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

XI. Bêbasan.

Ing ngarêp wis ditêrangake manawa bêbasan iku unèn-unèn kang ajêg panganggone, mawa têgês entar, ngêmu surasa pêpindhan. Kang dipêpindhakake kaanane utawa sêsipatane wong. Wonge uga katut ing sajrone pêpindhan iku, nanging kang luwih ditêngênake: kaanane, tindak-tanduke. Sarèhne luwih ditêngênake, têmbung sing isi pêpindhaning kaanan utawa tindak-tanduke wong iku disêbutake ana ing ngarêp.

Bêbasan, kêrêp kamot ana ing Kasusastran. Ora mung ing Kasusastran kang ikêtaning ukarane gancaran bae, uga kang sinawung ing têmbang. Tuladhane:

Dhandhanggula.

Nadyan julig lakune wong maling | nora wurung bakal kawanguran | yèn wis kêbak sundukane | têmah camah tinêmu | saturune dipun cirèni | sinarang para rowang | dèn dohi sadulur | marma poma aywa padha | laku juti wasanane nêniwasi | kêbak rubêd rubeda || (Pm).

Unèn-unèn "wis kêbak sundukane" diarani bêbasan, isi pêpindhaning kaanane wong kang wis akèh bangêt kaluputane (kang wis konangan).

Bêbasan iku akèh bangêt kang anane gêgayutan karo lêlakon-lêlakon ing jaman kuna. Tuladhane:

1. Kang kasêbut ing dhuwur iku: Wis kêbak sundukane.

Ing jaman kuna, wong tuwa (bapa, êmbah), pêndhita, lêlurah utawa panggêdhe, lumrahe padha simpên sunduk kanggo nyunduki apa-apa kang kanggo ngeling-eling kaluputan. Yèn wong tuwa, kanggo ngeling-eling kaluputaning anak-putune, yèn pêndhita ya cèkèl-cantrike, yèn panggêdhe tumrap andhahane. Sabên ana kaluputan kang mêntas katindakake (nêrak kasusilan, nglanggar tata-krama, ora nêtêpi kuwajiban lsp.) sunduk iku diisèni barang kang kêna disunduk. Saya akèh kaluputane, saya akèh isine sunduk iku. Yèn sunduk iku nganti kêbak, pratandha wis akèh bangêt kaluputane.

2. Olèh etunge, luput sunduke. Mungguhing nalar utawa pikiran (yèn manut teori) wis bênêr; nanging barêng diêcakake (ing praktèk), wohe jêbul ora apik, ora marêmake.

--- 1 : 70 ---

Sunduk kang sinimpên dening wong tuwa, pêndhita utawa lêlurah iku adate wis dikira-kira dhisik, cukup kanggo nyunduki barang pira cacahe; upamane manut petung cukup kanggo nyunduk barang sèkêt. Wasana barêng sunduk iku wis dipigunakake, durung nganti isi sèkêt, jêbul sunduk iku wis kêbak. Mulane mangkono, amarga luput carane nyunduk, utawa bisa uga tarkadhang rada kêgêdhèn barang kang disunduk.

3. Padu jiwa dikanthongi. Wong kang pintêr bangêt padu. (Pintêr bangêt ngikal basa kang kanggo padu).

Dhèk jaman biyèn ana wong jênênge Jiwa, misuwur baud ngikal basa. Saking baude ngikal basa, yèn padu karo sapa bae mêsthi mênang, sanajan pancène mono kudu kalah, amarga dununge kaluputan ana ing Jiwa. Sanajan satêmêne Jiwa sing luput, wasanane bisa mênang prakarane, mung marga saka bangêting pintêre ngikal basa. Mulane ing jaman saiki manawa ana wong kang pintêr bangêt padu, ditêmbungake: Padu Jiwa dikanthongi.

Mulane pintêr padu, jalaran (dianggêp) wis nganthongi (niru) carane padu si Jiwa.

4. Kêlacak kêpathak. Wis ora bisa ngungkiri kaluputane, amarga wis kêbuktèn.

Ing jaman biyèn ana wong kelangan kêbo. Barêng dilacak (diturut lacake utawa tapake kêbo iku), tapake nganti têkan ing plataraning omahe wong sing nyolong. Barêng omahe wong iku digledhah, tinêmu ana pathake kêbo kang digolèki. Sarèhne wis kêbuktèn warna loro yaiku lacak lan pathak, wong sing nyolong kêbo iku wis ora bisa ngungkiri dosane manèh. Mulane ing jaman saiki, manawa ana wong kang wis ora bisa ngungkiri kaluputane manèh, amarga wis kêbuktèn, ditêmbungake: Kêlacak kêpathak.

5. Ngudang siyunge Bathara Kala. Nantang sudukan.

Ing carita padhalangan lakon "Amurwa-Kala", Bathara Guru njabut siyunge danawa aran Kala. Siyung kang dijabut iku disabdakake dadi kêris, lan kêris iku diarani Kalanadhah, têgêse: piranti kang kanggo mangsa dening Kala. (Nadhah, atêgês mangan, mangsa).

Wong nantang sudukan ditêmbungake: Ngudang siyunge Bathara Kala, amarga sudukan iku lumrahe nganggo kêris, kaya kêris Kalanadhah kang asale saka siyunge Bathara Kala kasêbut ing dhuwur.

Coba critakna aluraning carita lakon "Amurwa-Kala".[1]

Bêbasan iku cacahe akèh bangêt, prasasat tanpa wilangan.

1. Kêbak lubèr kocak-kacik. Wong kang owah pikire, lumrahe marga kabotan nglèmu gaib.

--- 1 : 71 ---

2. Lahang karoban manis. Wong kang rupane bagus (tumrap wanita sing arupa ayu) tur luhur ing budi (bêcik wêwatakane).

3. Nabok nyilih tangan. Namakake panggawe ala sarana kongkonan.

4. Kocak tandha lukak. Wong kang sugih omong (umuk), pratandha durung akèh kawruhe. Lukak = ora kêbak.

5. Suduk gunting tatu loro. Nindakake pagawean mung sawarna, kliru, wasanane agawe kapitunan luwih saka sawarna.

6. Nyangoni kawula minggat. Ndandani barang kang wis rusak bangêt, tarkadhang nganggo wragad akèh, mangka sadhela bae barang iku wis ora kanggo (dibuwang), amarga mêsthi bakal enggal rusak manèh.

7. Nitipake daging saêrêp. Têtêmbungane wong kang masrahake anake wadon marang wong lanang kang ngêpèk bojo. Saêrêp = sairis, satêngkêl, sablèbèk.

8. Ngaub awar-awar. Ngawula marang wong mlarat utawa wong kang ora darbe panguwasa.

9. Cêblok alu. Wong loro nandangi pagawean, tumindake sarana gêntenan (gilir-gumanti).

10. Ngrêgêm kêmarung. Momong wong kang angèl bangêt atèn-atène, kang bisa uga agawe cilakane wong kang momong.

11. Srama pinggir jurang. Pawèwèh kang bisa agawe cilakane wong kang wèwèh lan uga wong kang diwènèhi. Upamane pawèwèh kang adhêdhasar T.S.T. Srama = pawèwèh.

12. Lanang kêmangi. Wong lanang kang jirih, dipêpindhakake kêmangi, yaiku arane têtuwuhan kang godhonge sok kanggo bumbu pêcêl. Wong lanang kang jirih, ora wani bêrjuwang, bêcik dipêcêl bae.

13. Bêras wutah arang mulih marang takêre. Samubarang kang wis owah, arang-arang kang bisa pulih bêcik kaya maune manèh.

14. Ora ganja ora unus. Rupane ala, atine ala. Pêpindhane kêris, kang katon saka jaba yaiku ganjane, ora bêcik; barêng diunus, wilahane kêris iku uga ora kadunungan tangguh kang bêcik.

15. Sawat abalang wohe. Priya ngarah wanita, utawa wanita ngarah priya, kanthi minta sraya marang sadulure wong sing diarah, murih gampang kasêmbadaning pangarahe.

16. Ora uwur ora sêmbur. Ora mènèhi pawitan bandha lan uga ora mènèhi pituduh kang prayoga kanggo sanguning urip.

17. Ngagar mêtu kawul. Ngojok-ojoki murih dadining pasulayan (nggêgasah), nanging sing digêgasah ora pasah.

18. Nututi balang wis tiba. Nusuli basa kang wis kêwêtu, nusuli rêmbug.

19. Nututi layangan pêdhot. Ngupaya balining barang rèmèh kang wis ilang, upama kêtêmua ora gathuk karo rêkasane.

--- 1 : 72 ---

20. Kêrot tanpa untu. Darbe panjangka utawa ada-ada (inisiatip), nanging ora duwe srana (wragad).

21. Idu didilat manèh. Nyêlêd kasaguhan, njabêl janji kang wis dilairake.

22. Madu balung tanpa isi. Pêpadon utawa rêgêjêgan kang mung marga barang rèmèh (sapele, ora pangaji).

23. Kêna ing dhuyung. Kêna ing guna-srana, satêmah banjur nglunthung, nginthil manut bae marang wong sing namakake guna-srana iku.

24. Lawanan banda. Mêmungsuhan karo wong kang lagi nandhang apês. Pêpindhane kaya wong kang mêmungsuhan (pancakara) karo wong kang dibanda tangane, mêsthi mênang.

25. Ngangsu banyu ing kranjang. Maguru, barêng wis olèh kawruh, kawruh olèh-olèhane maguru iku ora dicakake.

26. Ngubak-ubak banyu bêning. Gawe rêrusuh ana ing panggonan kang tata-têntrêm.

27. Dikêna iwake, aja nganti buthêk banyune. Kang sinêdya bisaa kêna, nanging aja nganti agawe gêndra.

28. Êmban cindhe êmban siladan. Ora padha pangrêngkuhe marang siji lan sijine. Siladan = atèn-atèning pring kang diirati.

29. Bathang lêlaku. Wong siji, lêlungan (adoh) ngambah dalan kang mutawatiri, prasasat wis dipêsthèkake bakal dadi bathang (nêmu cilaka tumêka ing pati). Yèn wong loro "bathang ucap-ucap", wong têlu "gotong mayit".

30. Nyugokake bugêl kayu sêmpu. Njagokake wong kang kurang kapintêrane, amarga isih mambu sadulur utawa kagawa saka mitra-kulita. Bugêl kayu sêmpu iku yèn kanggo gêgênèn ora gampang murube, mlêmpêm.

31. Cikal atapas limar. Kabêgjan kang elok alangka. Upamane: tuku palêmahan, barêng digarap (didhudhuk), jêbul isi pêndhêman raja-brana.

32. Katon cêpaka sawakul. Disênêngi dening wong akèh. Sawakul iku mratelakake gêdhene, ora mratelakake kèhe.

33. Ramban-ramban tanggung. Ngèmbèt marang wong (narka utawa ndakwa), nanging ora bisa kanthi cumêplos, amarga ora wêruh jênênge.

34. Othak-athik didudut angèl. Rêmbuge sajak kapenak, gampang, nanging barêng ditêmênani jêbul angèl mulunge.

35. Gumêmbrang ora adang. Kelangan nganti êntèk-êntèkan. Pari gumêmbrang = kosong, marga dipangan ama.

36. Nglungguhi klasa gumêlar. Kari nêmu kapenake, kabèh-kabèh wis sarwa miranti.

37. Glundhung suling. Wong lanang kang nalika wiwit bêbrayan karo wong wadon, ora nggêgawa apa-apa. Kosokbaline:

--- 1 : 73 ---

Glundhung sêmprong. Wong wadon kang nalika wiwit urip bêbrayan karo wong lanang, ora nggêgawa apa-apa.

38. Mbalung usus. Kêkarêpan kang kêndho kêncêng. Pêpindhane usus, yèn nuju warêg ya kêncêng amênthêng-mênthêng, nanging sadhela bae dadi kêndho nglokro. Siswa kang awatak "mbalung usus", manawa mêntas dingêndikani guru ya sajak banjur mêmpêng olèhe sinau, kaya iya-iyaa kae, nanging sadhela bae dadi bali kêsèd manèh.

39. Dicuthat kaya cacing. Ditundhung (dikon lunga) kanthi cara kang siya bangêt.

40. Dudu bêrase ditêmpurake. Udhu rêmbug, nanging ora salaras karo bab kang lagi dirêmbug, ora salaras karo jêjêring gunêm.

41. Sêdhakêp ngawe-awe. Wis marèni marang panggawe ala, nanging ing batin isih kapengin nindakake manèh.

42. Wêdi rai wani silit. Wêdi adu-arêp, wanine mung ana ing buri.

43. Wong wadon cowèk gopèl. Wong wadon iku mung gumantung ing sakarêpe wong lanang. Pêpindhane cowèk gopèl, isih dikanggokake kêna, dibuwang iya kêna.

44. Pandêngan karo srêngenge. Lêlawanan karo wong kang nduwèni panguwasa.

45. Pandhitaning antêlu. Laire bae suci, batine rêgêd, sênêng marang panggawe ala. Antêlu = antiga, êndhog. Êndhog iku warnane ing jaba putih, ing jêro kuning.

46. Nyêmpal sambi mancal. Wong ngawula (suwita, ngabdi), minggat kanthi nggêgawa barang darbèke wong kang dikawulani.

47. Nyunggi lumpang kênthèng. Ngalap wanita darahing aluhur, niyate golèk pangayoman, nanging ora sumbut karo aboting tanggungane. Lumpang kênthèng = lumpang gêdhe saka watu.

48. Awak pèndhèk budi ciblèk. Turune wong asor tur ala wêwatakane. Ciblèk = araning manuk (prênjak).

49. Kêgêdhèn êmpyak kurang cagak. Kêgêdhèn panjangka kurang srana (wragad).

50. Durung kêbak kêsêlak jujul. Durung akèh kapintêrane (ngèlmune) wis ora kuwat, lumrahe banjur dadi ngênglêng kaya wong gêndhêng. Kêna uga ditêgêsi: durung akèh kawruhe, kêsusu arêp mamèrake.

51. Nyèrèd pring saka pucuk. Pagawean kang pancène gampang panggarape, dadi angèl, jalaran kliru patrape nggarap.

52. Adol lênga kari busik. Dundum, awake dhewe ora kêpanduman.

53. Nggutuk lor kêna kidul. Wong nyêmoni. Umpamane: mituturi [mi...]

--- 1 : 74 ---

[...tuturi] sarana ditibakake wong liya. Padha bae karo bêbasan: krosak ing kene, gêdêbug ing kana.

54. Lambe satumang kari samêrang. Olèhe mituturi wis wola-wali, sing dipituturi mêksa ora marèni (ora nggatèkake, ora nggugu, ora manut-miturut). Tumang = bata ganjêling pawon utawa luwêng. Tumangan = tunon, pangobongan.

55. Ora têmbung ora lawung. Njupuk baranging liyan (mung prêlu nyilih, dadi ora niyat dipèk ing salawase), nanging ora nêmbung dhewe marang wong sing duwe, lan ora kongkonan nêmbungake. Lawung = tumbak sagarane.

56. Diwènèhi ati ngrogoh rêmpêla. Diwènèhi kalonggaran (dimurahi), wasana njaluk supaya luwih dimurahi manèh, luwih diwènèhi kalonggaran manèh.

57. Ora thothok-jawil. Ora ngabari lan ora njaluk rêmbug marang wong kang pantês dijaluki pamrayoga.

58. Nggêgalak racak, nênangi kêmrêki, ngungkat-ungkat singgat. Nggugah kêkarêpan ala.

59. Sandhing kirik gudhigên. Sêsrawungan karo wong ala, ora wurung bakal kêtularan dadi wong ala. Padha karo: sandhing kêbo gupak (cêdhak kêbo gupak), utawa sandhing cèlèng bolotên. Bolot = guluh, rêrêgêding awak.

60. Lawas-lawas kawongan godhong. Wong ngawula (ngabdi) lawas-lawas mêsthi ora kanggo. Kawongan = kadunungan sêsipatan utawa wêwatakan.

61. Nyundhang bathang banthèng. Ndadèkake priyayi darahing aluhur kang wis apês. Njunjung (njagokake) darahing aluhur kang wis apês.

62. Nguthik-uthik macan dhedhe. Ngganggu-gawe marang wong kang wis lilih nêpsune, kang bisa uga njalari wong mau nêpsu manèh.

63. Singidan nêmu macan. Niyate nêdya nyamur sarta mêtu ing dalan kang kiwa, wasana malah banjur kêpêthuk wong kang wus ngrêti marang sêdyane, tur wong kang duwe panguwasa.

64. Ancik-ancik pucuking ri. Wong kang tansah ngandhut kuwatir.

65. Nglancipi singating andaka. Wêwadul marang panggêdhe (wong kang duwe panguwasa), murih dukane marang wong kang diwadulake.

66. Kêkudhung walulang macan. Nganggo aling-aling wong kang darbe panguwasa (sêngadi diutus utawa didhawuhi), supaya bisa kalêksanan sêdyane, marga wong sing ditêmbungi banjur darbe rasa wêdi utawa pakewuh.

67. Dakdhodhoge lawange, dakkinange jambe-suruhe. Aku kang bakal nglantarake rêmbugmu, kang bakal nêmbungake (nglamar), aja sumêlang atimu.

--- 1 : 75 ---

68. Nggênthong umos. Ora bisa ngandhut wadi. Dipracaya simpên wadi, jêbul sêperangan ana sing dilairake marang wong kang pancène ora kêna krungu. Manawa wadi iku dikandhakake kabèh kanthi glogok-sok, ditêmbungake: Nyumur gumuling.

69. Kêri tanpa pinêcut. Marga pancèn salah, sanajan ora didakwa, rumangsa ora kapenak atine. Mèh padha karo bêbasan: Kumrisik tanpa kanginan.

70. Gawe luwangan, ngurugi luwangan. Golèk utangan anyar, kanggo nyauri utange kang luwih dhisik.

Ora beda karo paribasan, bêbasan iku uga ana sing unèn-unène owah saka ing asline. Tuladhane:

1. Madu balung tanpa isi. Sok kêlantur dadi: Madu balung kêpesing.

Bisa uga ing jaman biyèn pancèn wis tau ana wong pêpadon prakara sapele kang nganti kapesing, amarga saka bangêting mathênthênge olèhe padu (ngotot bangêt).

2. Idu gêni. Kêrêp bae dilanturake (diimbuhi) dadi: Idu gêni riyak mawa, luwih-luwih ana ing padhalangan. Saupama pangimpun kêna muwuhi unèn-unèn, kapengin muwuhi "sisi listrik", supaya sêmpurnane muni: Idu gêni, riyak mawa, sisi listrik.

Tuladha siji êngkas, bêbasan kang kamot ing Kasusastran sinawang[2] ing têmbang:

Sinom. (Buku Pranacitra).

1. Wau Bagus Pranacitra | lagya kapêtêngan galih | amujung nèng pasarean | kongsi byar siyang tan tangi | harda sungkawèng galih | tan nendra kewala mujung | kang dadya raosing tyas | miyarsa ujar pawarti | Têmbang rawat-rawat titir pinajaran ||

2. Lidhah sinambungan karna | binandhung kalamun mangkin | angadêgakên kalangan | Tumênggung Prawira Mantri | kalangan puyuh tuwin | sawung gêng-gêngan tohipun | kang para botoh prapta | pra bagus para priyayi | para lurah ngabèi kalawan dêmang ||

Ukara "titir pinajaran", pancène kudu muni "titir pinajarake". Nanging sarèhning kawêngku ing paugêran "guru-lagune têmbang Sinom" kang gatrane wêkasan kudu tiba a, yaiku swara lêgêna, unèn-unèn "titir pinajarake" banjur kêpêksa owah dadi "titir pinajaran".

Unèn-unèn "lidhah sinambungan" bênêre: lidhah sinambung (tanpa panambang an). Nanging kanggo mburu guru-lagu lan

--- 1 : 76 ---

guru-wilangan, unèn-unèn "lidhah sinambung" kaulur dadi "lidhah sinambungan".

Pancèn, manawa kamot ing têmbang, paribasan, bêbasan, saloka, wangsalan, sanepa, isbat lan liya-liyane, kabèh kawêngku ing paugêraning têmbang, yaiku kawêngku ing guru-wilangan lan guru-lagune. Lire: samangsa prêlu, marga kêpêksa, têtêmbungane paribasan, saloka, bêbasan lan liya-liyane iku kêna kaulur utawa kaungkrêd, kêna owah swarane, manut kaprêluane guru-wilangan lan guru-lagune têmbang kang mêngku.

Titir pinajarake = dhawuh (prentah, kabar) kang ditundhakake.

Lidhah sinambung = timbal-tumimbal utawa tundha-tumundha, tumrap gunêm utawa kabar.

Karna binandhung = kuping kang wis rangkêp (iki têgêse wantah), maksude: mung krungu saka kandhane wong liya bae, ora krungu saka tuke.

XII. Saloka.

Wus kasêbut ing ngarêp, manawa saloka iku kalêbu ewoning têmbung entar, nanging unèn-unène ora kêna owah, ora kêna diganti, kudu ajêg panganggone, sarta mawa surasa pêpindhan. Sing dipêpindhakake "wonge". Mêsthi bae wêwatakane utawa kaanane wonge ya mèlu kasêbut, nanging sing luwih ditêngênake "wonge", mulane têmbung kang isi pêpindhaning wong (barang) dumunung ana ing ngarêp.

Tuladha: Asu bêlang kalung wang.

Asu, pêpindhane "wong". Bêlang, pêpindhane: asor, pidak padarakan.

Asu bêlang = wong asor.

Kalung wang, maksude: kêcèh dhuwit, sugih dhuwit, sugih raja-brana.

Asu bêlang kalung wang = wong asor, nanging sugih.

Tuladhane manèh: Kutuk nggendhong kêmiri.

Kutuk pêpindhane: wong kang ringkih (wong wadon).

Nggendhong, pêpindhane: manganggo, nyandhang.

Kêmiri, pêpindhane: mompyor, panganggo kang akèh pangajine.

Kutuk nggendhong kêmiri = wong ringkih (ora nggawa gêgaman, wong wadon) kang manganggo mompyor (akèh rêgane), lumaku ngambah dalan kang mbêbayani (ana begale), mêsthi gampang nêmu cilaka dening panggawene wong ala iku.

Saloka uga kêrêp tinêmu ing Kasusastran kang sinawung ing têmbang.

--- 1 : 77 ---

Tuladhane:

Dhandhanggula.

Jamak lumrah jaman dhemokrasi | kèh lêlakyan kang duk kuna-kuna | arang-arang karungune | wong cilik dadi luhur | kang wus dhuwur dadi kawuri | wolak-waliking jaman | têmêne tinêmu | tunggak jarak padha mrajak | tunggak jati padha mati têmah dadi | nampa papan kang papa || (Pm).

Tunggak jarak, pêpindhane: wong asor, rakyat jelata.

Mrajak, pêpindhane: ana turune sing dadi linuwih.

Tunggak jarak mrajak = turune wong asor dadi linuwih.

Tunggak jati, pêpindhane: wong luhur.

Mati, pêpindhane: curês, ilang, ora ana turune sing bisa dadi gêdhe.

Tunggak jati mati = turune bangsa luhur (wong gêdhe) dadi asor pangkate.

Saloka iku cacahe uga akèh bangêt, prasasat tanpa wilangan.

1. Gajah ngidak rapah. Wong kang nglanggar marang wêwalêre dhewe. Utawa: wong kang tindake ora salaras karo gunême, ora konsêkwèn.

2. Sumur lumaku tiniba. Wong kang kumudu-kudu dijaluki warah.

3. Cuplak andhêng-andhêng ora prênah panggonane. Wong kang njalari ala (sanak-sadulur, kanca lsp.) prayoga disingkirake.

4. Kêtepang ngrangsang gunung. Wong sèkèng darbe panjangka gêdhe. Utawa wong darbe panjangka kang ora majad karo kaanane.

Kêtepang = bangsa krokot kang sok mrambat ing wit, godhonge bundêr-bundêr.

5. Kêmladheyan ngajak sêmpal. Sanak-sadulur (mitra) kang ngajak marang karusakan.

6. Kêbo mulih ing kandhange. Pangkat kang wis oncat saka sawijining waris, wasana bisa bali manèh marang waris iku. (Pangkat kang têkane sarana pilihan, upamane pangkat lurah). Utawa: wong kang nalika isih mudha nyambutgawe ana ing papan kang adoh saka asale, barêng wis tuwa bisa nyambutgawe ing papan asale dhewe.

7. Kêbo nusu gudèl. Wong tuwa njaluk wuruk marang wong kang kaprênah nom.

--- 1 : 78 ---

8. Gong lumaku tinabuh. Wong kang kumudu-kudu ditakoni.

9. Têkèk mati ulone. Nêmu cilaka marga saka gunême dhewe.

Tuladhane: Arya Suman ing Plasajênar; marga saka wêwadule kang goroh marang Prabu Pandhudewanata, yaiku madulake kliruning tindake Gandamana nalika madêg senapati mramugarèni wadya kang nêdya nggêpuk Pringgadani (jaman sing jumênêng Ratu Pringgadani Prabu Drêmbaga), Arya Suman banjur dipilara dening Gandamana nganti sirna baguse lan banjur aran Sangkuni. (Sangka + uni. Olèhe malih arupa ala marga sangka unine kang ala, yaiku wêwadul kang ora nyata).[3]

10. Timun wungkuk jaga imbuh. Wong bodho (dudu wong kang kalêbu pilihan utawa pêng-pêngan), kanggone mung samangsa ana kêkurangan, dadi mung kanggo sèrêp.

11. Tigan kaapit ing sela. Wong ringkih (sèkèng) mêmungsuhan karo wong sêntosa (wong kuwasa) tur dibut loro.

12. Cêngkir kêtindhihan kiring. Wong kang kalah prabawa, marga kalah tuwa. Utawa: wong kêpengin omah-omah, durung bisa, marga sadulure sing luwih tuwa durung omah-omah.

13. Dudutan lan anculan. Wong loro kang wis kêkêthikan.

Anculan = mêmêdèn ing sawah, kang digawe lumrahe saka cumplung lan gombalan winangun wong-wongan, kanggo mêdèni ama (manuk).

Dudutan = piranti kang kanggo ndudut supaya anculan bisa manthuk-manthuk (obah), awujud tali kang kanggo nancang (nggandhèng) anculan siji karo sijine.

14. Jati kêtlusuban ruyung. Gêgolongane wong apik, klêbon (kêcampuran) wong kang ala wêwatakane. Utawa: klêbon têlik.

15. Bèbèk mungsuh mliwis. Wong pintêr mêmungsuhan karo wong pintêr, nanging sing siji kalah ubêd, kalah trampil, kalah kulina.

Bèbèk lan mliwis padha dene wasis nglangi, nanging bèbèk kalah trampil.

16. Bathok bolu isi madu. Wong asor, nanging sugih kaluwihan (pintêr).

17. Kurung munggah lumbung. Garwa ampeyan (garwa klangênan, sêlir) kaunggahake dadi garwa padmi.

18. Kutuk marani sunduk. Wong kang njarag marang kacilakan.

19. Ula marani gitik. Padha karo No. 18.

20. Kêthèk saranggon. Wong ala sagrombolan. Utawa: wong kang sasanak-sadulure padha dadi wong ala kabèh.

--- 1 : 79 ---

Ranggon = gubug kang acagak dhuwur ing têngah alas.

21. Tunggak kêmadhuh. Tilas maru utawa mungsuh.

Tunggak kêmadhuh iku nggatêli, pêpindhane maru utawa mungsuh.

22. Lahang karoban manis. Wong bagus rupane (ayu) tur bêcik bêbudène.

23. Pêcruk tunggu bara. Wong ala pinracaya rumêksa barang kang dadi pakarêmane.

Pêcruk = araning manuk, gêdhene padha karo drêkuku, warnane lumrahe irêng.

Bara = araning piranti kang kanggo misaya iwak.

24. Yuyu rumpung mbarong ronge. Omahe njênggarang gêdhe, nanging rêkasa uripe (mlarat). Mbarong = njlêgodhah gêdhe.

25. Macan guguh. Wong gêdhe, sanajan wis ilang panguwasane, mêksa isih katon mêdèni.

26. Gambrêt singgang, mrêkatak ora ana sing ngênèni. Prawan kênès ora ana sing nakokake, jalaran ora ana priya sing gêlêm ngalap bojo.

27. Bêlo mèlu sêton. Mèlu ing grubyug, ora wêruh ing rêmbug.

28. Jaran krubuhan êmpyak. Wong kang wis kanji bangêt. Pêpindhane kaya jaran kang wis tau krubuhan êmpyaking gêdhogan, sanajan gêdhogan iku wis didandani, mêksa wêgah dilêbokake ing gêdhogan mau.

29. Pitik trondhol diumbar ing padaringan. Wong ala watake tur mlarat, dipracaya rumêksa barang kang dadi pakarêmane, ora wurung ngêntèk-êntèkake.

30. Wedang lêlaku, tumpêr cinawêtan. Bocah karam-jajah (kang ora karuwan bapakne), disirik (didohi) dening wong-wong, dianggêp ora prayoga dikumpuli. Dadi kayadene wedang panas kang mili utawa tumpêr kang isih ana mawane gumlundhung, mêsthi disingkiri dening wong-wong, dioncati, marga wêdi marang panase.

31. Iwak kalêbu ing wuwu. Wong kang kêna ing apus kanthi gampang. Utawa: wong nêmu bêbaya kang wis ora bakal bisa ngoncati manèh.

32. Gajah tumbuk, kancil mati ing têngah. Wong gêdhe pasulayan karo wong gêdhe, wasana toging êndon sing disalahake wong sing apangkat cilik, lan wong sing apangkat cilik iku banjur nêmu cilaka.

33. Têngu ngadu gajah. Wong cilik ngadu wong gêdhe.

34. Asu gêdhe mênang kêrahe. Wong kuwasa (gêdhe pangkate), yèn prakaran karo wong cilik, sanajan sing bênêr wonge cilik, lumrahe sing dimênangake wonge gêdhe.

--- 1 : 80 ---

35. Asu munggah ing papahan. Ngrabèni tilas bojone sadulur tuwa. Papahan = paga.

36. Kawuk ora wêruh marang salirane. Nacad, ora wêruh manawa awake dhewe sugih cacad. Utawa: wong asor, bisa olèh pangkat, banjur ora ngèlingi marang sanak-sadulure.[4]

37. Tumbu olèh tutup. Olèh jodho kang cocog bangêt atèn-atènane.

38. Klênthing wadhah masin. Wong ala, sanajan wis marèni, mêksa isih katara tabête tindak-tanduke kang ora apik.

39. Timun mungsuh durèn. Wong ringkih lêlawanan karo wong sêntosa.

40. Kêbo ilang tombok kandhang. Barang sing ilang, digolèki ora bisa kêtêmu, malah wong sing kelangan ngêtokake wragad (sangu) sing kanggo nggolèki barang mau.

41. Kêbo kabotan sungu. Wong kang ora bisa nyukupi wragading anake, marga saka akèhing anake.

42. Êmprit ambuntut bêdhug. Prakara sapele, wasana dadi ngambra-ambra gêdhe.

43. Dhalang krubuhan panggung. Wong kuwèlèh ing gunêm, kêpêksa cêp-klakêp ora wani nyuwara manèh. Pêpindhane kaya dhalang kang lagi pocapan, dumadakan panggunge ambruk ngêbruki awake.

44. Bung pring petung. Bocah kang wlagang bangêt (longgor, gêlis gêdhe).

45. Gagak nganggo laring mêrak. Wong asor darbe tindak (tiru-tiru) kaya wong gêdhe.

Sawênèhe paramèng-basa (ahli basa) mratelakake, manawa kang diarani saloka iku têtêmbungan kayadene paribasan utawa bêbasan, nanging ngêmu surasa pêpindhan kang angèl bangêt digagapi maksude. Tuladhane:

1. Gêni guntur nila bêna. Gêni = pêpindhane wong gêdhe (panggêdhe). Guntur = jugrug, gêlap, pêpindhane dhawuhe panggêdhe. Nila (anila) = angin. Nila bêna = angin gêdhe, ora kêna ditanggulangi. Têgêse: ora bisa mbadal prentahing panggêdhe, dhawuhe panggêdhe kudu ditindakake. Manawa nganti nglirwakake dhawuhe panggêdhe mêsthi bakal nêmu cilaka kayadene wong sing kêjugrugan gêni utawa kêtêmpuh ing angin gêdhe.

2. Thathit ngima unthit = têgêse lugu: thathit ana ing mega mobat-mabit. Maksude: panggêdhe kang ngatonake panguwasane (bisa nggawe cilakaning andhahane).

3. Srêngenge pine, banyu kinum, bumi pinêndhêm = têgêse lugu: srêngenge diêpe, banyu diêkum, lêmah pinêndhêm. Maksude: têlu iku pêpindhane ratu, warangkapraja lan jaksa,

--- 1 : 81 ---

samangsa ngadili prakara. Pamriksane têrang, kaya padhange srêngenge; putusane adil, kaya jêjêge banyu ana ing wadhah; têmbunge manis, nandhakake andhap-asor, ora nyawiyah marang wong sing diadili.

4. Singa papa ngulati mangsa = têgêse lugu: singa (macan) sangsara golèk mêmangsan. Maksude: panggêdhe kang uripe kêcingkrangan (rusak ekonomine), mênyang ing desa ing adesa ngupaya kabutuhan.

5. Manuk mencok dudu pencokane, rupa dudu rupane = samubarang kang nyalawadi kudu tansah dikawekani.

6. Giri suci, jaladri prawata, surya sasangka, anila tanu = têgêse lugu: gunung bayu (suci iku sipating banyu), sagara gunung, srêngenge rêmbulan, angin bunglon. Maksude: para sing ngadili prakara sêntosaning panggalihe kaya gunung, rêsike kaya banyu bêning, pamêngkune jêmbar kaya samodra, têrange pamriksane kaya srêngenge, manise têmbunge nêngsêmake kaya rêmbulan, tibaning putusane kaya angin kang nêmpuh kêkayon (ora kêna owah, ora molah-malih kaya bunglon).

7. Bahni nêmpuh warih = têgêse lugu: gêni nrajang banyu. Maksude: wong gugat-ginugat, barêng wis diadili, wong sing prakaran salah siji nggugat marang jêksa (sing ngadili).

8. Brêmara amangun lingga = têgêse lugu: kombang ngrêngga salira. Maksude: priya mamèrake baguse utawa kaluwihane ana ing ngarêpe wanita.

9. Gora gêtih nêmu riris = têgêse lugu: gêtih gêdhe (= gora) nêmu udan. Maksude: wong kêrêngan nganti nganakake raja-tatu ana ing papaning liyan, sing duwe omah misah (nyapih) nganti mèlu kêtaton.

10. Praja kabalimurda = têgêse lugu: nagara kasungsang sirahe. Maksude: ratu nggugat marang kawulane (rakyate).

11. Andaka kêtaman wisaya = têgêse lugu: banthèng kêna ing pasangan (piranti). Maksude: wong prakaran, barêng rumangsa bakal kalah, banjur lunga (minggat).

12. Dênta-dênti, kusuma-warsa, sarira cakra = têgêse lugu: gadhing (untu), kêmbang-udan, pangawak jêmparing (kang bundêr). Maksude: pangadilan kang jêjêg, pêpindhane kayadene untu, yèn wis modod ora bisa mingslêp manèh; kêmbang, yèn wis mêgar ora bisa dadu kuncup manèh; udan kang wis tumiba ora bisa bali manèh; tibane putusan kayadene tumamane sanjata cakra.

13. Durniti wiku manik rêtna adi = têgêse lugu: tindak ala pêndhita sêsotya linuwih. Maksude: wong pintêr ora gêlêm mintêrake liyan iku kurang prayoga; wong bêcik ora nggawe kabêcikan (lêlabuhan, bakti-darma) iku iya kurang utama.

--- 1 : 82 ---

14. Durjana mati-raga = têgêse lugu: maling prihatin. Maksude: wong ala atekad pati (ngêtohake nyawane).

15. Tirta candra gêni raditya = têgêse lugu: banyu rêmbulan gêni srêngenge. Maksude: pangadilan kang jêjêge kaya banyu (ing sajroning wadhah), pandangune marang sing diadili kanthi têtêmbungan manis ngrêsêpake, tibaning putusan gumathok (adil), marga pamriksane wis kanthi tliti.

16. Sara prana pêndhita murcita = têgêse lugu: panah ati pêndhita kantaka (klêngêr, sumaput). Maksude: wong bêcik nêmu cilaka, marga muruki ngèlmu kadurjanan utawa mènèhi srana marang durjana.

17. Patra laksana amangun satmata = têgêse lugu: godhong, laku, nindakake, pandêlêng. Maksude: wong kagugat (Indonesia: dituntut) banjur reka-reka gawe layang (palsu) diaturake marang pangadilan. (Patra = godhong, ngibarat: layang, sabab ing jaman biyèn layang iku ditulis ing godhong tal utawa rontal kang banjur mingsêd pakêcapane dadi: lontar).

XIII. Cangkriman.

Cangkriman iku têtêmbungan utawa unèn-unèn kang kudu dibatang maksude. Têmbunge liya capeyan utawa badhean (bêdhekan).

Cangkriman iku kêna diperang dadi papat, yaiku:
a. Cangkriman kang awujud têmbung wancahan.
b. Cangkriman kang awujud pêpindhan utawa irib-iribing barang.
c. Cangkriman kang ngêmu surasa blenderan.
d. Cangkriman liya-liyane.

A. Kang awujud têmbung wancahan.

1. Pak bo letus. Têpak kêbo (ana) lelene satus.

2. Pakbomba, paklawa, pakpiyut. Têpak kêbo amba, têpak ula dawa, têpak sapi ciyut.

3. Wiwawite, lêsbadhonge. Uwi dawa wite, talês amba godhone.

4. Pipiru, ndhangdhangmoh, thongthongjur. Sapine (padha) kuru-kuru, kandhange (wis) amoh, tlethonge ajur.

5. Burnas kopên. Bubur panas kokopên.

B. Kang awujud pêpindhan (irib-iribing barang).

1. Sega sakêpêl dirubung tinggi. Salak.

--- 1 : 83 ---

2. Pitik walik saba kêbon. Nanas.

3. Êmbokne wuda, anake disarungi. Pring lan bung.

4. Maling papat oyak-oyakan. Undar (piranti kanggo ngikal bênang, kalêbu praboting tênun).

5. Gajah nguntal sangkrah. Luwêng, kêrên.

6. Êmbokne diêlus-êlus, anake diidak-idak. Andha.

7. Sing êndhèk didhudhuki, sing dhuwur diurugi. Timbangan, traju, dhacinan.

Cangkriman kang awujud pêpindhaning barang, manawa kamot ing Kasusastran kang sinawung ing têmbang, lumrahe nganggo têmbang Pucung. Tuladhane:

I. Bapak Pucung blêgêr sirah lawan gêmbung | padha dikunjara | mati sajroning ngaurip | mbijig bata nuli urip sagêbyaran ||

II. Bapak Pucung rupane saengga gunung | tan ana kang trêsna | sabên uwong mêsthi sêngit | yèn kanggonan dèn lus-êlus tinangisan ||

Batangane: I. Rèk, II. Wudun.

(Pêthikan saka Têmbang Jawa).

Kang sinawung ing têmbang saliyane Pucung, kaya ta:

Balabak.

1. Kabalabak jroning jagad gêdhe ana | yêktine | jagad cilik sinorotan surya kêmbar | pindhane | soring surya ana gunung gung sajuga | blêgêre ||

2. Nèng dhêdhampèng gunung gêdhe ana sêndhang | adhèmpèt | sêndhang loro arang wijiling kang tirta | nyatane | sandhing sêndhang mawa guwa gung sajuga | nging gêdhe ||

3. Guwa growong awis-awis kawistara | wujude | lumrah lamun sinêbut guwa siluman | lugune | lamun mênga amba yèn tumutup rata | tangkêpe ||

4. Jroning guwa kinarya umpêtan baya | ndhêpèpès | bajul putih rinajêg wêsi santosa | galigèn | yèn ngantia bajul ucul wèh bêbaya | lwih gêdhe || (Pm).

Batangane:

Jagad gêdhe = jagad sing gumêlar iki, alam-donya.

Jagad cilik = manungsa (angganing manungsa).

Surya kêmbar = mripat cacahe loro.

Ngisor surya ana gununge siji = irung.

--- 1 : 84 ---

Ngisor gunung ana sêndhang loro = bolongan irung cacahe loro.

Sandhing sêndhang ana guwane gêdhe = cangkêm.

Guwa gêdhe iku (cangkêm) growongane arang-arang katon, marga lumrahe cangkêm iku tansah mingkêm, kêjaba manawa pinuju gunêman. Cangkêm kang tansah mlongo, ora kulina mingkêm, pancèn ora bêcik. Sanajan ing wêktu mangan (kêcap), cangkêm kudu mingkêm, angop prayoga ditutupi.

Jroning guwa kinarya umpêtan baya = ilat. Ilat iku lumrahe warnane sêmu putih, mulane kasêbut: bajul putih.

Rinajêg wêsi santosa = untu.

Yèn baya putih nganti ucul mbêbayani bangêt = manawa ilat nganti nguculake (ngucapake) têtêmbungan kang kurang prayoga, mêsthi mbêbayani tumrap urip pasrawungan (masyarakat).

C. Cangkriman kang ngêmu surasa blenderan.

Cangkriman kang isi blenderan iku pambatange kudu luwih ngati-ati bangêt. Kudu ditimbang-timbang têmênan, digathuk-gathukake. Manawa kurang pangati-ati, mêsthi bakal kêblèndèr têmênan. Mangka yèn nganti kêplèsèd ing têmbung, adhakane digêguyu.

Tuladhane:

1. Wong wudunên iku sugih pari.

Têmbung "pari" maksude: wancahane têmbung paringisan.

Pancèn wong wudunên iku kêrêp pringisan ngrasakake larane, yaiku manawa wudune nuju kêsenggol ing apa-apa.

2. Ngetung usuk, wiwit esuk saprene kok isih têrus bae.

Ngetung usuk, maksude: têturon mlumah. Wong têturon mlumah iku madhêp mandhuwur, dadi kayadene maspadakake usuk; tumrap têmbung blenderan dikandhakake ngetung usuk.

3. We hla, ora idhêp isin. Wong wis diwasa kok ngguyu tuwa. Maksude: nangis.

4. Dhèwèke wis anguk-anguk kubur. Wis lara bangêt, wis mèh mati.

5. Wah, anake lanang wis wiwit kluruk. Maksude: wis wiwit ngangkat birahi, katandha kêrêp ura-ura, têtêmbangan utawa mênyanyi kang sajak isi rasa gêmbira.

6. Wingenane aku sowan Pak Guru, diparingi suguhan opak-angin. Maksude: ora disuguh apa-apa, ora mêmangan apa-apa. Yèn ta mangana, ya mung mangan angin, tanpa opak.

7. Apa durung krungu kabar, manawa bakale wong adol cita padha digantungi? Sing padha digantungi iku bakal-bakal klambi kang diêdol. Dadi têmbung bakal ing ukara iku padha karo: bahan, dudu têmbung bakal kang atêgês calon.

--- 1 : 85 ---

8. Wah, ing pasar ana lêlakon anèh. Masa, wong adol pitik jare padha disrimpungi. Sing padha disrimpungi iku pitike, dudu wong sing adol.

9. Ah, saru bangêt. Wong adol mbako kok diambungi. Sing diambungi iku têmbakone, dudu wong sing dodol têmbako.

10. Ah, ora mêntala aku wêruh suwe-suwe. Hla wong adol tempe jare diwudani. Sing diwudani iku tempene, yaiku diudhari bungkuse, supaya wong-wong padha sumurup sapira gêdhening isine, apik lan orane.

11. Apa mèmpêr, ta? Wong adol krambil kok dikêpruki? Sing dikêpruki krambile.

12. Yèn arêp ngombe, duweku mung anggur cap senggot. Maksude: banyu sumur, panimbane nganggo senggot.

Ana uga cangkriman awujud têmbung-têmbung blenderan kang sinawung ing têmbang, kaya ta:

Dhandhanggula.

Ula-ula tan ana kang mandi | aja wêdi singa nêmonana | waton êmpuk pijêtane | ana mênir sabêruk | banyu pait yèn tètès lêgi | banyu bisa sêkolah | nora bisa luluh | sapa bisa ngukur meja | ucêng-ucêng nèng banyu tan bisa urip | tan kuwat mêlèk sakjam || (Pm).

Batangane:

Ula-ula, karêpe: balung gêgêr. Pancèn ora ana balung gêgêr sing mandi.

Singa, maksude: sadhengah wonge. Dudu têmbung "singa" kang atêgês: bangsane macan.

Waton, dudu kang atêgês balunganing ambèn, nanging kang atêgês: janji, anggêr.

Mênir sabêruk, maksude kèhe, dudu gêdhene.

Tètès, maksude: dudu sing kalêbu têmbung kriya, nanging sing kalêbu têmbung aran, yaiku bangsaning sêtrup.

Banyu bisa sêkolah, iku: kèhe. Aja manèh sing mung sêkolah ora bisaa, hla mbok rong kolah, têlung kolah ya bisa.

Luluh, kang dikarêpake: jênênging kewan (bangsane luwing).

Ngukur, maksude: kang linggane kukur.

Ucêng-ucêng, sing dikarêpake: dudu iwak cilik, nanging sing têmbunge liya "dêlês", mêsthi bae ora bisa urip ana ing banyu (ora bisa murup).

--- 1 : 86 ---

Mêlèk sakjam, maksude: mêlèk sing gêdhene padha karo jam, mêsthi bae ora ana wong kuwat, luwih-luwih sing gêdhening lèke padha karo jam tembok, saya ora ana wong sing kuwat. Dadi dudu mêlèk kang suwene saêjam utawa 60 mênit.

Cangkriman liya-liyane.

Cangkriman sing ora kêlêbu ing golongane cangkriman kang kasêbut ing a, b utawa c, upamane cangkriman karangane Pujangga kang kasêbut ing ngisor iki:

Sinom.

(Pancène kudu katulis sastra Jawa).
1. Sigra kang bala tumingal, acampuh samya mêdali (Ajine siji).
2. Lir thathit wilêting ganda, dhanyang gung manguncang niti (Ajine loro).
3. Benjang Sang Ngaji mijil, lathinya mêdali wuwus. (Ajine têlu).
4. Kutha Surawilaga, kaya buta singa wargil. (Ajine papat).

10. Pasthi jangga dhêndhanya mangambak baya. (Ajine sapuluh).

Cangkriman kasêbut ing dhuwur iku kanggo mbatang aksara Jawa. Mangkene carane:

A nulis sastra Jawa (siji bae), wong liya ora kêna ngrêti aksara sing katulis dening A iku. Sing ditulis A upamane aksara "ja".

B sing arêp mbadhe aksara sing katulis dening A iku, nglagokake têmbang Sinom kang kasêbut ing dhuwur iku saka salarik, lan sabên-sabên tiba ing wêkasane larikan têmbang iku, panêmbange mandhêg, nuli takon ana lan orane ing larikan iku aksara kang wis katulis dening A. Manawa ana larikan kang dijawab dening A "ora ana", B nulis angka nol (das). Yèn larikan kang dijawab dening A "ana", B nulis angka manut ajining larikan kaya kang kapratelakake ana ing saburine.

Mangkene gênahe:
Larikan kapisan "ora ana", B nulis angka das.
Larikan kapindho "ora ana", B nulis manèh das.
Larikan katêlu "ana", B nulis angka 3.
Larikan kaping papat "ora ana", B nulis manèh das.
Larikan kaping lima "ana", B nulis angka 10 (sapuluh).
Sawise rampung panêmbange, B nuli nggunggung: das + das + 3 + das + 10 = 13.

--- 1 : 87 ---

B banjur ngetung, cacah 13 iku dicocogake karo urut-urutane aksara Jawa wiwit saka ha têkan nga, tiba ing aksara apa. Tinêmune, sing nomor 13 iku aksara ja.

B banjur nêmbang manèh, têmbange uga Sinom, mangkene:

Manira sagêd mraceka | aksara ingkang tinulis | padha wong prawirèng sastra | angadu lungiding pikir | manira angulati | sastra cêtha jroning kalbu | dèn panggah ing wacana | aywa maleca ing janji | sun batange punika pan aksara "ja" ||

Carane ngarang têmbang cangkriman kang diênggo batang aksara (Jawa).

Aksara Jawa 20 (dêntawyanjana) urut-urutane lan ajine siji-sijine (ana ing cangkriman) mangkene:

hanacarakadatasawala
12345678910
padhajayanyamagabathanga
11121314151617181920

1. Ha kudu mung dumunung ing perangane têmbang kang ajine 1.
2. Na kudu mung dumunung ing perangane têmbang kang ajine 2.
3. Ca ing perangane têmbang kang ajine 3, utawa 1+2.
4. Ra ing perangane têmbang kang ajine 4, utawa 1+3.
5. Ka ing perangane têmbang kang ajine 1+4, utawa 2+3.
6. Da ing perangane têmbang kang ajine 2+4, utawa 1+2 +3.
7. Ta ing perangane têmbang kang ajine 3+4, utawa 1+2+4.
8. Sa ing perangane têmbang kang ajine 1+3+4.
9. Wa ing perangane têmbang kang ajine 2+3+4.
10. La ing perangane têmbang kang ajine 10, utawa 1+2+3+4.
11. Pa ing perangane têmbang kang ajine 1+10.
12. Dha ing perangane têmbang kang ajine 2+10.

--- 1 : 88 ---

13. Ja ing perangane têmbang kang ajine 3+10, utawa 1+2+10.
14. Ya ing perangane têmbang kang ajine 4+10, utawa 1+3+10.
15. Nya ing perangane têmbang kang ajine 1+4+10, utawa 2+3+10.
16. Ma ing perangane têmbang kang ajine 2+4+10, utawa 1+2+3+10.
17. Ga ing perangane têmbang kang ajine 3+4+10, utawa 1+2+4+10.
18. Ba ing perangane têmbang kang ajine 1+3+4+10.
19. Tha ing perangane têmbang kang ajine 2+3+4+10.
20. Nga ing perangane têmbang kang ajine 1+2+3+4+10 (ing kabèh gatrane têmbang).

Wêwaton ing dhuwur iku saupama diêcakake ing têmbang Dhandhanggula, mangkene:
1. Gatra kapisan lan kapindho, isi aksara: ha, sa, la, pa, ba, nga.
2. Gatra katêlu lan kapat, isi aksara: na, ka, da, wa, la, dha, nya, ma, tha, nga.
3. Gatra kalima lan kanêm, isi aksara: ca, ka, ta, sa, wa, la, ja, nya, ga, ba, tha, nga.
4. Gatra kapitu lan kawolu, isi aksara: ra, da, ta, sa, wa, la, ja, ma, ga, ba, tha, nga.
10. Gatra kasanga lan kasapuluh, isi aksara: pa, dha, ja, ya, nya, ma, ga, ba, tha, nga.

Dadine têmbang Dhandhanggula upamane kaya ing ngisor iki:
1. Sapa bisa basa alus-apik, bakal ingasihan ing pasaban.
2. Wani ngalah moh mathènthèng, nyênyadhang dadi dhuwur.
3. Gonyak-ganyuk cucuting lathi, bisa wèh ngajak swala.
4. Wong rada takabur, suthik ngalah yèn tumanggah.
10. Briga-brigi ngêpak mring pêpadha janmi, pasthi bêbaya nyêdhak. (Pm).

XIV. Dasanama.

"Dasa" kalêbu têmbung wilangan kang atêgês: sapuluh. (Eka, dwi, tri, catur, panca, sad, sapta, astha, nawa, dasa).

"Nama" atêgês: aran utawa jênêng.

"Dasanama" atêgês: jênêng nganti sapuluh kèhe, darbèke wong siji. Utawa: wong siji darbe jênêng sapuluh.

Tuladhane, Sang Sinatriya ing Madukara, asmane: 1 Janaka, 2 Arjuna, 3 Dananjaya, 4 Parta, 5 Pamade, 6 Bambang Kêndhiwratnala, 7 Margana, 8 Endraputra, 9 Kombang Ali-ali,

--- 1 : 89 ---

10 Prabu Karithi. Ganêp sapuluh, malah pancène isih ana manèh asmane.

Tumrap kawruh Kasusastran, têmbung "dasanama" ora mung tumrap ing jênêng bae, uga tumrap têmbung-têmbung akèh (tarkadhang cacahe nganti 10 têmênan, malah ana sing nganti luwih) kang padha têgêse utawa mèh padha têgêse. Tuladhane:

I. Têmbung-têmbung: 1 kawêntar, 2 kalok, 3 kaloka, 4 kasusra, 5 kasub, 6 kondhang, 7 kongas, 8 komuk, 9 kombul, 10 kaonang-onang, 11 kajuwara, 12 kajanapriya, kabèh atêgês "misuwur". Sanajan ora sapuluh trêp, luwih, uga diarani "dasanama".

II. Têmbung-têmbung: 1 murda, 2 mustaka, 3 ulu, 4 utamangga, 5 kêpala, 6 raksi, 7 sirah, kabèh atêgês "êndhas". Sanajan ora ana 10, uga diarani "dasanama".

Asmaradana.

Duk samana Sang Maharasi[5] | lênggah anèng pacrabakan | dèn adhêp ing para cèkèl | cantrik manguyu jêjanggan | puthut tanapi endhang | wêwasi myang uluguntung | pêpak andhèr munggwing ngarsa || (Pm).

III. Têmbung-têmbung: 1 cèkèl, 2 cantrik, 3 manguyu, 4 jêjanggan, 5 puthut, 6 endhang (cantrik wadon), 7 wasi, 8 uluguntung, sanajan satêmêne têgêse ora padha trêp (marga ana klas-klasane), nanging sarèhning nunggal golongan uga kêna diarani "dasanama".

Wong kang nêdya nggilut Kasusastran Jawa, prêlu sugih kawruh "dasanama", supaya samangsa gawe rêriptan kang sinawung ing têmbang ora kêcipuhan marang tibaning dhong-dhing utawa guru-lagune siji-sijine têmbang.

Têmbang "Kinanthi" ing ngisor iki ngêmot têmbung-têmbung "dasanama". Prêlu diwaca bola-bali. Pakolèhe, kajaba ngrêti marang dasanamane têmbung-têmbung, bisa kulina marang guru-wilangan lan guru-lagune têmbang Kinanthi. Sukur bage manawa guru-wilangan lan guru-lagu iku banjur bisa kasalira.

--- 1 : 90 ---

Têmbung kang dikurung mung kanggo nyukupi guru-wilangan lan guru-lagu bae; ingatase dasanama, ora katut kêpetung.

1. Pandhita maharsi wiku | dwija wipra ajar muni | yogiswara dwijawara | suyati rêsi mahyêkti | Dewa apsara dewata | jawata sura hyang (luwih) ||

2. Widadari surawadu | apsari dèwi bathari | lanang jalêr jalu priya | wadon dyah wanita rini | kusuma rêtna juwita | wanudya dayinta gini ||

3. Uwong jana janma manus | anak suta sunu siwi | tanaya weka atmaja | ibu biyung biyang wibi | rena umi (myang) puyêngan | bapa yayah rama sdarmi[6] ||

4. Ratu aji katong dhatu | nata narendra narpati | sri pamasa narèswara | bumipala bumipati | narpa raja naradipa | buminata sribupati ||

5. Pramèswari narpawadu | narpapadni natadèwi | sori (lan) narpadayinta | (dene) patih nindyamantri | mantrimuka mantriwrêdha | wrangkapraja mantringarsi ||

6. Mungsuh parangmuka satru[7] | senapati pramugari | senapatya narawara | hulubalang brêtyapati | bala wadya wrahatbala | tantra balakoswa (sakti) ||

7. Buta ditya yaksa diyu | klana asura dnawa wil | jaran swa aswa turangga | kuda (lan) titihan wajik | gajah dirada dipangga | asti liman dipa èsthi ||

8. Mati layon lalis lampus | lena pralaya ngêmasi | padhêm antaka palastra | mangan nadhah boga bukti | lunga merad mentar mendra | linggar wisata lès anis ||

9. Pêrang rana yuda pupuh | laga bandayuda jurit | kewuhan kawêkèn kewran | kanca rowang rewang kanthi | nêpsu bêndu krodha duka | muntap bramantya amuring ||

10. Kêris katga criga suduk | patrêm (kagêm para putri) | pêdhang sabêt (lan) candrasa | gada bindi dhêndha lori | panah astra sara bana | warastra nraca jêmparing ||

11. Gandhewa langkap (lan) busur | laras panglêpas jêmparing | gaman badhama sanjata | kareta rata pêdhati | ratangga yana wimana | siyaga samêkta mranti ||

--- 1 : 91 ---

12. Kadhaton kraton kadhatun | dhatulaya pura puri | omah panti syasa wisma | seba marak ngadhêp nangkil | sitiluhur sitibêntar | (iku atêgês) sitinggil ||

13. Gunung ardi wukir mèru | ancala parwata giri | prabata arga aldaka | alas jênggala wanadri | kali bêngawan narmada | udan warsa jawah riris ||

14. Sagara samodra laut | tasik jladri jalanidhi | iwak matswa ulam mina | kaga kukila (twin) paksi | ula sarpa (ya) taksaka | cacing lusi (miwah) wrêjit ||

15. Banyu warih tirta sindu | hèr Arjuna we jahnawi | jala tuban (ya) udaka | blêdhèg gêlap erawati | gludhug guntur grah gurnita | gêtêr-patêr (nggêgirisi) ||

16. Kêbo mundhing misa ndanu | kaya pindha pendah kadi | lir mimba (lan) yayah kadya | galak rota krura (ugi) | wirodra lodra wiroda | sakèh sagung sanggya salwir ||

17. Bêcik tama adi luhung | yogya endah èdi pèni | jênêng parab sambat asma | bisikan têngran wêwangi | bangke kunarpa kuwanda | bojo kalulut kucumbi ||

18. Anjing sona srênggalasu[8] | kêthèk wre wanara kapi | juris rewanda palwaga | macan mong sardula (kenging) | kombang brêmara sadpada | lara roga gêrah agring ||

19. Mlaku lumaksana laju | laksita mlampah lumaris | turu sare guling nendra | wruh wrin upiksa udani | myat anon uninga wikan | arêp arsa ayun apti ||

20. Omong micara amuwus | mojar nabda wacana ngling | katon kawuryan kawangwang | kasatmata kèksi kengis[9] | karêp praya abipraya | sumêdya parasdya kapti ||

21. Ati driya prana kalbu | nala tyas wardaya galih | kêndêl sudira nirbaya | tatag tanggon sura wani | kalah kasor kawon kandhap | kandhah kalindhih kêtitih ||

22. Kêsêngsêm lênglêng wulangun | mangunkung kasmaran brangti | krungrungan brangta kandhuhan | sênêng trustha sukèng kapti | harsaya harsana girang | sêrik êru rêngu runtik ||

--- 1 : 92 ---

23. Rusak rurah punah swuh rug | brastha rêmak rabasa (nir) | sêdhih turida duhkita | margiyuh rimang rudatin | tikbra rudita sungkawa | wigêna katrêsnan kingkin ||

24. Sumaput kantaka kantu | kapidhara datan eling | slamêt raharja yuwana | rahayu swasta basuki | kwatir sumêlang sandeya | wancakdriya walang-ati ||

25. Misuwur kaloka kasub | kondhang kasusra kawarti | kontap kalok kajuwara | kaonang-onang (linuwih) | kawêntar kajana priya | wêdi wingwrin ulap giris ||

26. Pintêr guna wignya putus | nimpuna widigda wasis | lêbda limpad (tur) widura | bodho blilu mudha pingging | kumprung punggung jugul dama | dhewe priyangga pribadi ||

27. Sirah utamangga ulu | kumba murda mustaka (twin) | gawe kardi karti karya | sotya rêtna nila manik | cikbèn darapon supadya | supaya murih supadi ||

28. Awak raga angga tubuh | mata sotya netra èksi | gulu tênggak jangga lungyan[10] | rambut rema keswa wèni | sikil paduka sampeyan | tatu labêt brana kanin ||

29. Bumi bantala (puniku) | pratala kisma pratiwi | mandhala buwana jagad | basundara basundari | langit akasa gagana | antariksa wyat wiyati[11] ||

30. Rêmbulan candra sitèngsu | basanta lèk badra sasi | sitarêsmi sasadhara | srêngenge raditya rawi | radite baskara arka | diwangkara bagaspati ||

31. Lintang wintang sasa (kasbut) | kartika sudama (tuwin) | sorot kirana ujwala | sunu sênên anyunari[12] | padhang pranawa pramana | irêng krêsna (kenging) langking ||

32. Putih seta dwala pingul | ijo royo-royo wilis | kuning jênar kapuranta | abang rêkta dadu abrit | merah jingga ambaranang | obong wlagar tunu basmi ||

33. Gêni api brama apyu | dahana pawaka agni | angin braja samirana | sindhung riwut maruta (twin) | bayu barat aliwawar | dalan ênu dlanggung gili ||

34. Wêkasan têmah panutup | puwara wasana iti | rampung palêstha pulastha | tansah anggung manggung titir | datan anggop sanityasa | wangi arum amrik minging || (Pm).

--- 1 : 93 ---

XV. Pêpindhan.

Ing sadurunge ngandharake bab "pêpindhan", prêlu ditêrangake dhisik bab pilah-pilahe kang diarani pêpindhan, candra, basa rinêngga lan liya-liyane kang ana gêgayutane karo pêpindhan.

1. Pêpindhan.

Têmbung "pêpindhan" asale saka têmbung lingga "pindha" karangkêp purwane lan olèh panambang an.

Pindha, atêgês: kaya. Dasanamane: lir, pendah, kadi, kadya, yayah.

Sing diarani "pêpindhan" iku unèn-unèn kang ngêmu surasa pêpadhan, irib-iriban, èmpêr-èmpêran. Dhapukaning ukarane nganggo têmbung "pindha" utawa "dasanamane"; tarkadhang tanpa têmbung "pindha" utawa "dasanamane", nanging ana têmbunge andhahan kang ngêmu têgês "kaya".

Diarani "pêpindhan", marga dhapukaning ukara ngêmu surasa: pêpindhan, irib-iriban utawa pêpadhan. Dadi sing luwih diwigatèkake "dhapukaning ukara".

2. Candra.

Nyandra, atêgês: nggambar utawa amarna "kaendahan utawa kaanan" sarana pêpindhan. Dadi sing luwih diwigatèkake "gêgambaraning kaendahan utawa kaanan", dudu dhapukaning ukara kang ditêngênake. Dhapukaning ukara, yaiku pêpindhane mung kanggo srana panyandra.

3. Basa rinêngga.

Têmbung "rinêngga" atêgês: dipajang, dipacaki, dipaèsi, têmbunge Kawi "kinarawistha". Basa kang dirêngga utawa dipacaki, diarani basa rinêngga utawa basa pacakan, sawênèh ana sing ngarani basa brêgasan.

Mungguh carane ngrêngga utawa macaki basa nganti dadi basa rinêngga iku tarkadhang nganggo têmbung Kawi, tarkadhang nganggo basa dakik-dakik kang ora lumrah kanggo ing padinan. Dadi tumrap basa rinêngga, kang luwih diwigatèkake "basane".

Sakabèhe unèn-unèn utawa rumpakan kang isi basa brêgasan utawa basa pacakan, basane kalêbu ing "basa rinêngga".

Tuladha I: Grana rungih pindha kêncana pinatar.
Ukara ing dhuwur iku:
1. Manut dhapukaning ukarane, diarani: pêpindhan.
2. Manut isine, yaiku isi candraning irung kang wangune bêcik lan warnane ngrêsêpake (kuning kaya mas kang digilapake sarana patar), diarani: candra.

--- 1 : 94 ---

3. Manut basane, marga nganggo têtêmbungan kang apik sajak dakik-dakik, diarani basa rinêngga utawa basa pacakan, basa brêgasan.

Tuladha II: Kêsit kadya thathit, cukat kadya kilat.
1. Manut dhapukaning ukarane, diarani: pêpindhan.
2. Manut isine, yaiku isi candraning tandang kang sarwa kêbat-cukat-trêngginas-trampil, diarani: candra.
3. Manut brêgasing basane, diarani: basa rinêngga.
4. Manut swarane, ing perangan ngarêp ana sing nunggal swara karo ing perangan buri, diarani: purwakanthi guru-swara.

Tuladha III Malang gambuhi.
1. Manut têgêse sing lugu, yaiku "kaya walang gambuh", diarani: pêpindhan.
2. Manut surasane unèn-unèn, yaiku: pêpindhane wong jêjodhoan sing wadon luwih gêdhe (awake) tinimbang sing lanang, diarani: bêbasan.

Dadi, manut dhapukaning ukarane diarani pêpindhan, lan manut maknane diarani bêbasan.

Walang-gambuh iku wadone luwih gêdhe tinimbang lanange.

Tuladha IV: (Kaya) Gajah ngidak rapah.
1. Manut dhapukaning ukarane, diarani: pêpindhan.
2. Manut maknane diarani: saloka, yaiku nyalokakake wong kang nglanggar marang wêwalêre dhewe, wong kang tindake ora salaras karo gunême, wong kang ora konsêkwèn.
3. Manut swarane, ing perangan ngarêp ana sing nunggal swara karo ing perangan buri, diarani: purwakanthi guru-swara.

Tuladha V: Kêkêjêra kaya manuk branjangan, kopat-kapita kaya ula tapak-angin; daksaut daksabêtake prabatang, sirna-ilang kuwandamu.
1. Manut dhapukaning ukarane, diarani: pêpindhan.
2. Manut isining ukara, diarani: ukara sêsumbar.
3. Manut brêgasing basane, diarani: basa rinêngga utawa basa pacakan.

Tuladha VI: Rênggang gula, kumêpyur pulut.
1. Manut dhapukaning ukarane, diarani: pêpindhan.
2. Manut urut-urutaning têtêmbungane, yaiku têmbung kaanan sinambungan têmbung aran, diarani: sanepa. (Macaa bab sanepa ing Ngéngréngan Kasusastran Djawa jilid II).
3. Sarèhning basane uga kalêbu brêgas, kêna diarani: basa rinêngga utawa basa pacakan.

Sarana tuladha warna nênêm ing dhuwur iku, mêsthine wis cukup cêtha mungguh beda-bedane kang diarani pêpindhan, candra,

--- 1 : 95 ---

basa rinêngga lan liya-liyane kang mula pancèn angèl sêsilahane.

Saiki mbanjurake bab pêpindhan, mligi bab pêpindhan bae.

Mêsthi bae ora kabèh pêpindhan abasa dakik-dakik, lan ora kabèh pêpindhan isi panyandraning kaendahan utawa kaanan.

Ing ngisor iki ana tuladha-tuladha pêpindhan warna-warna, ana sing dhapukaning ukarane nganggo têmbung "pindha utawa dasanamane", ana sing nganggo têmbung andhahan sing ngêmu surasa "pindha utawa kaya", lan ana manèh sing mung nganggo têmbung lingga bae, nanging bisa ngêmu surasa "pindha utawa kaya".

1. Abange kaya godhong katirah. Utawa: abang angatirah, yaiku mripate wong nêpsu.

2. Putih mêmplak kaya kapuk diwusoni.

Diwusoni = dirêsiki nganggo wusu. Wusu iku piranti kanggo ngrêsiki kapuk kang wujude kaya sêndarèn utawa gêndhewa cilik.

3. Kuning pindha mas sinangling.

Sinangling = disangling, digosok nganggo sangling (piranti kanggo nggilapake mas).

4. Kaya jambe sinigar. Têgêse: padha rupane, utawa: kêmbar mungguhing rupa.

5. Kaya jangêt kinatêlon. Sêntosa bangêt, kaya sêntosaning tali kang digawe saka walulang tur dirangkêp têlu.

Jangêt kinatêlon iku ing jaman biyèn araning paguyubane wong têlu, yaiku: Dr. Ciptomangunkusuma, R.M. Suwardi Suryaningrat (Ki Ajar Dewantara) lan Dr. Douwes Dekker (Setyabudhi).

6. Kaya jangkrik mambu kili. Tandang kang cukat, kaya arêp nyaut-nyauta marang mungsuhe, waringutên.

7. Kaya banthèng kêtaton. Tandang kang katon nggêgirisi.

8. Kaya sikatan nyambêr walang. Tandang kang cukat bangêt.

9. Jogède kaya mêrak kêsimpir. Kêsimpir = sèngklèh tumrap swiwi.

10. Kaya mimi lan mintuna. Rakêt bangêt, prasasat ora tau bênggang sanyari, tansah rêruntungan.

Mimi lan mintuna iku araning kewan sagara, wujude kaya yuyu, nanging gêdhe.

Sing lanang diarani mimi, wadone diarani mintuna.

11. Mbranyake kaya Samba. Tumrap wanita: kaya Srikandhi.

Mbranyak iku araning polatan kang sajak ndhangak, gunême sêmu santak.

12. Ruruhe kaya Sumbadra. Tumrap priya: kaya Janaka.

--- 1 : 96 ---

Ruruh iku araning polatan kang sêmu tumungkul, gunême sajak sarèh, nanging pakolèh.

13. Swarane kaya mbêlah-mbêlahna bumi. Upamane swaraning pêtake Amir Ambyah ratu ing Pusêrbumi, utawa pêtake Bagendha Ali (mantune K.N. Muhammad).

14. Têpunge kaya banyu karo lênga. Kalis bae, ora rakêt.

15. Cêthile kaya Cina craki.

Craki = bakul dodola crakèn (adon-adoning jamu).

16. Cahyane ngalêntrih kaya rêmbulan karainan.

17. Panase kaya mêcah-mêcaha gundhul.

18. Sumbare kaya bisa mutung wêsi gligèn.

Gligèn = giligan.[13]

19. Parine lagi gumadhung.

Gumadhung = kaya gadhung, warnane ijo kaya ijone wit gadhung, yaiku pari ing salêbare mratak, durung wiwit kuning. Ula gadhung, warnane ya ijo kaya ijone wit gadhung.

20. Parine nêdhêng gumadhing. Mèh tuwa, warnane putih sêmu kuning, kaya warnaning gadhing gajah.

21. Brêngose Hitler nglalêr mencok. Brêngos kang cêndhak lan wangune kaya lar lalêr kiwa-têngên.

22. Lambeyane mblarak sêmpal. Kaya blarak sêmpal, yaiku lambeyan kang kumlawene tangan katon ngleyang dawa.

23. Tutus kajang. Araning dondoman kang arang bangêt, dadi kayadene traping tutuse kajang.

24. Dêdêge wong iku ngringin sungsang. Peranganing awake ing sisih ngisor gêdhe, ing sisih dhuwur cilik.

25. Polahe ngaru napung. Bingung, pêpindhane kaya wong adang, lagi ngaru lan uga wiwit napungake.

26. Jarite si Kênès suwèk nyangkêm-kodhok. Suwèk awangun maju têlu kaya cangkême kodhok.

27. Tukua salak sing mêdhi. Sing mêmpur utawa mlupur kaya wêdhi.

28. Dhadha-manuk = dhadha sing mungal.

29. Pipane mênyu = pipa kang awarna irêng mawa bêlang-bêlang sêmu kuning kaya pênyu.

30. Sirahe nggandhèn = kaya gandhèn, yaiku ngarêp-buri maju.

31. Brêngose Arya Dursasana ula-nglangi, dene brêngose Arya Wrêkudara ngulêr kèkèt.

32. Barêng olèhe awèh pamrayoga ora dianggo, si Suta banjur mungkur gangsir. Ora gêlêm cawe-cawe manèh, êmoh mèlu ngrêmbug.

33. Sarèhning ora duwe dhuwit, sanajan adoh, kêpêksa mlaku ngodhok bae. Kaya kodhok, maksude: mlaku dharat, ora nênunggang.

--- 1 : 97 ---

34. Kêris ing jaman Majapait saprana, lumrahe tanpa kêmbang-kacang lan lambe-gajah. Rêrêngganing wilahan kêris kang awangun kaya kêmbang-kacang lan kaya lambening gajah.

35. Aku luwih sênêng nganggo wrangka gayaman. Wangun kaya wohing gayam.

36. Gawe nam-naman mênyan-kobar iku apa angèl, ta? Kaya mênyan kang diobong (warnane), yaiku nam-naman putih kacampur irêng. Sing pangêname mênyan-kobar lumrahe rana utawa aling-aling kang saka kepang.

37. Dèwi Anjani tapa nyanthuka ana ing dhampènge tlaga Madirda. Kaya canthuka, têgêse: kaya kodhok, yaiku ndhêpèpès ana ing dhampènging tlaga.[14]

38. Omahe Sudyana awangun klabang-nyandêr. Kaya klabang kang nyandêr utawa ngoyak apa-apa, yaiku omah kang awangun dawa.

39. Kandhange motor mung awangun gêdhang-salirang. Kaya wanguning lirangan gêdhang; yaiku mung aêmpyak siji mawa cagak papat (sabên padon).

40. Para Pandhawa, kajaba Puntadewa, padha agêlung minangkara. Kaya mangkara, têgêse: kaya urang. Maksude: wanguning gêlunge kaya angganing-urang kang diblêngkukake.

41. Puntadewa, pambarêping Pandhawa, agêlung kêling (kêkêling). Kaya gêlunge wong ing Kêling.

42. Ali-ali gunung-sapikul iku ali-ali sing amripat têlu, warnaning mripate têtêlu iku beda-beda (ora ana sing padha).

43. Omahe pak Naya sing mêntas dibangun iki glathik-mungup. Apayon gêndhèng (abang), ing sisih ngarêp apayon kang warnane putih (sèng). Dadi banjur kaya warnaning cucuk glathik, yaiku: abang, pucuke putih.

44. Ing jaman biyèn, akèh wong lanang kang padha gêlungan kadhal mènèk. Wangune kaya angganing kadhal kang mbênêri mènèk.

45. Wanguning gandhewa iku lumrahe ngadhal-mêtêng. Kaya kadhal kang kabênêr mêtêng, yaiku ing têngah gêdhe.

46. Panase sumêlèt. Kaya tibaning sabêt utawa pêcut.

Pêpindhan iku akèh bangêt kang kamot ing Kasusastran kang sinawung ing têmbang. Ing ngisor iki tuladhane:

--- 1 : 98 ---

Sinom.

(Abimanyu-kèrêm, M. Soekir).

1. Busananya Sri Narendra | topong mas pinatik-patik | ajamang mas sungsun tiga | grudha-mungkur mangka kancing | utah-utah rinukmi | sumping surèngpati mungguh | samya pinatik rêtna | dawala ngiras têtali | prabangkara salimpêt rajawrêdi-bang ||

2. Asangsangan kêbo-mênggah | lur-ulur nagarajadi | klat-bau naga-ngangrangan | bêbinggêl nagendra rêsmi | paningsêt cindhe sari | pênding pinatik rêtna byur | calana cindhe sêkar | kampuh parang kusumadi | uncal-wastra uncal-kêncana badhong mas ||

3. Adhuwung tinatur rêngga | ing rêtna lan manik-manik | anggar salorok kêncana | dening sunare rêtnadi | kapagut prabèng rawi | ting pancurat ting palancur | madhangi pasewakan | lir kilat barung lan thathit | yayah lintang sèwu linggar bêbarêngan ||

Grudha-mungkur = pêpêthan (kaya) manuk garudha, sing digawe mas, kanggo kancing gêlung, trape mungkur.

Kêlat-bau naga-ngangrangan = wangune kaya (ula) naga, kang digawe saka blebekan mas ditatah (katon arang trawangan).

Bêbinggêl nagendra = wanguning gêlang kaya angganing ratune naga.

Lir kilat barung lan thathit = pating clèrèt pating glêbyar kaya gêbyare kilat lan clèrèting thathit.

Yayah lintang sèwu linggar bêbarêngan = kaya lintang 1000 kang alihan bêbarêngan.[15]

Dhandhanggula.

(Tripama M.N. IV. Isi pêpindhaning watak).

1. Yogyanira kang para prajurit | lamun bisa padha anulada | kadya nguni caritane | andêlira Sang Prabu | Sasrabau ing Maèspati | aran Patih Suwanda | lêlabuhanipun | kang ginêlung tri prakara | guna kaya purun ingkang dèn antêpi | nuhoni trah utama ||

--- 1 : 99 ---

2. Lire lêlabuhan tri prakawis | guna bisa saniskarèng karya | binudi dadi unggule | kaya sayêktinipun | duk mbantu prang Magada nagri | amboyong putri dhomas | katur ratunipun | purune sampun têtela | aprang tandhing lan ditya Ngalêngka aji | Suwanda mati ngrana[16] ||

3. Wontên malih tuladan prayogi | satriya gung nagari Ngalêngka | Sang Kumbakarna namane | tur iku warna diyu | suprandene nggayuh utami | duk awit prang Ngalêngka | dènnya darbe atur | mring raka amrih raharja | Dasamuka tan keguh ing atur yêkti | de mung mungsuh wanara ||

4. Kumbakarna kinèn mangsah jurit | mring kang raka sira tan lênggana | nglungguhi kasatriyane | ing tekad datan purun | amung cipta labuh nagari | lan nolèh yayah-rena | myang lêluhuripun | wus mukti anèng Ngalêngka | mangke arsa rinusak ing bala kapi | punagi mati ngrana ||

5. Yogya malih kinarya palupi | Suryaputra Narpati Ngawangga | lan Pandhawa tur kadange | lèn yayah tunggil ibu | suwita mring Sri Kurupati | anèng nagri Ngastina | kinarya gul-agul | manggala golonganing prang | Bratayuda ingadêgên senapati | ngalaga ing Korawa ||

6. Minungsuhkên kadange pribadi | aprang tandhing lan Sang Dananjaya | Sri Karna suka manahe | dene sira pikantuk | marga dènnya arsa malês sih | ira Sang Duryudana | marmanta kalangkung | dènnya ngêtog kasudiran | aprang rame Karna mati jinêmparing | sumbaga wirotama ||

7. Katri mangka sudarsanèng Jawi | pantês lamun sagung pra prawira | amirida sakadare | ing lêlabuhanipun | aja kongsi mbuwang palupi | manawa tibèng nistha | ina èsthinipun | sanadyan tekading buta | tan prabeda budi panduming dumadi | marsudi ing kotaman ||

De = dene.

--- 1 : 100 ---

Yogyanira = prayogane, bêcike.
Nulada = nyontoa, nirua.
Nguni = biyèn.
Andêlira Sang Prabu = kang pinracaya, gêgêdhug, senapati.
Lêlabuhan (krama: lêlabêtan) = jasa, kabêcikan.
Ginêlung = ingèsthi, ingugêman.
Guna = kapintêran.
Kaya = barang-barang sing kanggo panguripan.
Wong akaya = wong sugih barang-barang sing kanggo panguripan.
Rajakaya = rajaning barang kang kanggo panguripan, têtunggule barang-barang, yaiku: kêbo, sapi lan jaran.
Purun = ing ukara iku atêgês: wani (kêndêl).
Saniskarèng karya = kabèh, sagunging, sanggyaning, salwiring.
Dhomas = wolung atus. Samas = patang atus.
Tan keguh = têtêp atine, ora kêgiwang.
Mangsah jurit = magut yuda, maju pêrang.
Lênggana = suthik, moh, ora gêlêm.
Tan lênggana = gêlêm.
Nglungguhi kasatriyane = nêtêpi.
Tekad = antêping ati.
Ing tekad datan purun = ora nêdya wani marang Rama, mung nêdya labuh nagara.
Punagi = kaul, nadar, prasêtya.
Palupi = lêpiya, kupiya, tuladha.
Lèn yayah = liya bapa.
Tarlèn = ora liya (tak lain).
Agul-agul = gêgêdhug, andêl-andêl.
Manggala = panggêdhe, gêgêdhug.
Sumbaga = misuwur, diurmati, pantês dialêmbana.
Wirotama = wira + utama = kêndêl bangêt.
Sudarsana = tuladha, conto.

Têmbung pêpindhan ana uga kang kêlantur owah saka asline, kaya ta:

Basa "nggandhèk", têgêse: basa kaya basane gandhèk, yaiku kaya gunême abdidalêm (abdining ratu) kang pakaryane nindhakake dhawuhe Sang Prabu marang nayaka utawa marang priyagung liyane. Gandhèk, têmbunge manca diarani ordonans (tarkadhang dijawakake: rêdênas), cacahe mêsthi loro. Sanajan gandhèk ing Suralaya (gandhèke Sang Hyang Siwah) cacahe uga loro, yaiku Hyang Patuk lan Hyang Têmboro.

Basa "nggandhèk", kaya basane gandhèk, owah adi basa gandhèk, owah manèh kêlantur nganti têkan saiki dadi "basa bandhèk".

Sarèhne bab iku gandhèng karo sêjarah basa, prêlu ditêrangake rada dawa. Mangkene mungguh mula-bukane ana basa bandhèk iku.

Ing sadurunge jaman Pajang, pakêcapane basa Jawa "miring".

--- 1 : 101 ---

Kanjêng Sultan Pajang kagungan karsa mbangun basa Jawa, yaiku pakêcapan "miring" diganti pakêcapan "jêjêg". Sing didhawuhi gunêman nganggo pakêcapan jêjêg kang dhisik dhewe yaiku "gandhèk". Wong-wong kang padha krungu gunêmane gandhèk iku ngarani manawa gunêm sing aswara jêjêg iku gunême gandhèk utawa basane gandhèk, lan lawas-lawas basa sing kaya mangkono pakêcapane diarani "basa gandhèk".

Sarèhne ing jaman samana dhalang iku prasasat kêna diarani dadi gurune wong akèh, saka kêparênging panggalihe Kanjêng Sultan Pajang, para dhalang didhawuhi migunakake "basa gandhèk", lan manawa ndhalang ana ing ngêndi-êndi, caritane wayang siji-sijine dalasan anta-wacanane kudu katindakake nganggo "basa gandhèk". Ya para dhalang iku sing njalari sumêbare basa gandhèk kang ing jaman saiki ditêmbungake basa "bandhèk". (Dhalang, asale saka têmbung: udhalan, têgêse: juru mêdharake carita, tukang nglairake carita. Ngudhal, atêgês: ngêtokake, nglairake. Têmbung udhalan, dicêkak dadi dhalan, banjur mingsêd owah dadi "dhalang").[17]

XVI. Candra.

Ing ngarêp wis ditêrangake manawa "nyandra" atêgês: nggambar utawa amarna kaendahan utawa kaanan sarana pêpindhan. Dadi "dudu pêpindhane" sing diarani candra. Pêpindhane iku mung dumunung kanggo "srana" olèhe nggambar utawa amarna kaendahan utawa kaanan.

Ing carita padhalangan ana sing unine mangkene:

Yèn cinandra suwarnane Sang Dèwi Wara Sumbadra, pranyata kurang candra luwih warna (rupa). Têgêse: sanajan suwarnane Sang Dèwi wis dicaritakake "kaendahane" nganggo pêpindhan kang pinunjul, isih luwih endah warnane utawa rupane Sang Dèwi tinimbang karo kaendahane barang sing kanggo mêmindhakake. Dadi olèhe nyandra "isih kurang", olèhe ngalêmbana kaendahane "isih kurang".

Wong nyandra iku ora mêsthi nganggo têtêmbungan sing dakik-dakik, ora mêsthi nganggo basa rinêngga utawa basa pacakan. Kêrêp bae wong nyandra mung nganggo têtêmbungan sing lumrah bae, kaya ta:

1. Drijine mucuk êri.
2. Bangkèkane nawon kêmit.
3. Lakune macan luwe.
4. Irunge ngudhup mlathi.
5. Athi-athine ngudhup turi.
6. Kempole ngêmbang pudhak.
7. Swarane ngombak banyu.
8. Wange nyangkal putung.
9. Poconge manjangilang.
10. Jogède mêrak kêsimpir.

--- 1 : 102 ---

Wondene panyandra sing nganggo basa rinêngga utawa basa pacakan, mêsthi bae ya akèh bangêt, kaya ta:
1. Idêpe tumêngèng tawang.
2. Grana rungih pindha kêncana pinatar.
3. Rema mêmak ngandhan-andhan sêmu wilis.
4. Waja kengis mêngês-mêngês manglar kombang.
5. Polatan ruruh jatmika arang ngandika.
6. Pamulu pindha prada binabar.
7. Netra liyêp alindri mantêsi.
8. Èsême pindha madu pinusthika.
9. Asta nggêndhewa dênta.
10. Dhasar sulistya ing warna sinêmbuh tyase ngumala.

Mungguh kang lumrah dicandra, yaiku:
a. Angganing manungsa lan bab kang gêgayutan karo manungsa.
b. Angganing danawa lan bab sing gêgayutan karo danawa.
c. Kaananing alam.
d. Candra kang tumrap liya-liyane.

A. Candra kang tumrap manungsa.

Asmaradana.

1. De Sang Dèwi Badrahini | garwa Prabu Basudewa | pêputra siji asmane | Kusuma Wara Sumbadra | tiba sampir miyosnya | Anggara Kasih pinuju | ri sêdhêngirèng purnama ||

2. Sang putri Banoncinawi | rum-arum Dyah Bratajaya | yèn cinandra suwarnane | kurang candra luwih rupa | nyata tan ana mimba | slira sèdhêt singsêt lurus | pindha gambar wêwangunan ||

3. Pamulu ambêngle kiris[18] | pindha parada binabar | ruruh wingit pasêmone | jatmika arang ngandika | tajêm mawa prabawa | rema mêmak ngêmbang bakung | sêmu willis ngandhan-andhan ||

4. Netra jait liyêp lindri | ngujwala pindha kartika | landhêp tan galak liringe | alis njlirit alit pindha | adaning taru-lata | kêkincange wèh nahên kung | idêp tumênga ing tawang ||

5. Larapan nyela cêndhani | sêsinome micis wutah | grana rungih pêpindhane | kadya kêncana pinatar | lathi manggis karêngat | waja ramping miji timun | sumunar wênês nglar kombang ||

6. Athi-athi ngudhup turi | mawingking malêngkungira | aramping pangarasane| ndurèn juring maya-maya | kêthêkan lir antiga | patut lir gadhing binubut | anglunging gadhung kang jangga || (Pm).

--- 1 : 103 ---

Tibasampir = kalung usus (nalika lair).

Anggara Kasih = Slasa Kliwon.

Arane dina (saka Sênèn) ing têmbung Kawi: Soma, Anggara. Buda, Rêspati, Sukra, Tumpak lan Dite.

Arane pasaran (saka Pon) ing têmbung Kawi: Palguna, Cêmêngan, Kasih, Manis lan Jênar.
Sèdhêt = singsêt lan bêcik wangune, tumrap awake wong wadon.
Pamulu = wujuding praèn.
Wingit = tajêm mawa prabawa.
Wilis = ijo. Jênar = kuning. Bintulu = biru. Rêkta = abang. Irêng = krêsna, langking. Putih = seta, pingul.
Maya-maya = sêmu padhang sumamar (warna ijo).
Nggêndhewa dênta = warnane pakulitane lêngên.
Dênta = untu, maksude untu gajah (gadhing).
Nggula satêmlik = wangune lambe, yaiku kang tiipis adhamis.
Mêmak = kêtêl sarta lêmês.
Ngandhan-andhan = ngombak banyu.
Liyêp = ciyut, nanging manis, nêngsêmake.
Lindri = liyêp.
Ada (ada-ada) = ragangane godhong.
Taru-lata = bangsane wit rambat.
Idêp tumêngèng tawang = pucuke mayuk mandhuwur.
Grana rungih= cilik mbangir.
Pinatar = dikikir, maksude: digosok.
Rêngat = bênthèt, mlêkah, mèh pêcah.
Nahênkung = nandhang brangta, nandhang kedanan, kêpencut.
Wênês = rêsik sumringah sêmu ijo.
Antiga = antêlu, êndhog.
Nggandhewa pinênthang = wangune lêngên.
Manggis karêngat = warnane lambe, yaiku abang (ora marga digincu).

Candrane manungsa nêpsu.

1. Lir sinabit talingane, jajabang mawinga-winga, sinabêta mêrang sagèdhèng, bêl dadi gêni.

2. Angga pindha mubal dahana, netra andik angatirah, imba têpung, idêp mangada-ada, waja gathik, kumêdut padoning lathi. Saking bangête nggêgêt waja, kêcoh marus ariyak ludira.

Sinabit = sinêbit = sinuwèk, siniwal.
Mawinga-winga = abang mêngangah.[19]
Angatirah = kaya godhong katirah (abang).
Andik = mancêrêng.
Mangada-ada = ngadêg njêgrag.
Marus = ludira, gêtih.

--- 1 : 104 ---

Candrane wong minum.

1. Eka padmasari = minum sasloki agawe sumringahing rai, pêpindhane kaya sumringahing kêmbang trate (tunjung, kumuda, pangkaja). Padma = kêmbang trate kang awarna abang.

2. Dwi amartani = minum 2 sloki marakake luput ing pati. Mrêta = mati. Amrêta = ora mati. Amrêtani = agawe amrêta, marakake kalis ing pati.

3. Tri kawula busana = wong minum 3 sloki wiwit darbe polah nganèh-anèhi (owah date), pêpindhane kaya abdi kang manganggo sacara bêndarane.

4. Catur wanara rukêm = minum 4 sloki kaya wanara mêre-mêre ana ing wit rukêm (maksude: gunême wiwit kaya wong ndlêming).

5. Panca sura panggah = minum 5 sloki atine tatag tanggon sugih kuwanèn, sarwa kêduga nadhahi gêgaman, sêpi ing rasa was-sumêlang.

6. Sad guna wêweka = minum 6 sloki sirna pangati-atine.

7. Sapta kukila warsa = minum 7 sloki pêpindhane kaya manuk kang kadhêmên marga kodanan, njêdhindhil. Warsa = udan (ana uga kang atêgês taun).

8. Astha sacara-cara = minum 8 sloki solah-tingkahe wis ora karuwan, tinggal tata, lali kasusilan, tarkadhang cucul panganggo barang (wuda).

9. Nawa gra lupa = minum 9 sloki, awake wis lungkrah ngalumpruk tanpa daya, marga wis kakehan polah wiwit lagi minum 3 sloki.

10. Dasa yaksa mati = dasa buta mati. Minum 10 sloki pêpindhane kaya danawa mati, nglêgorong mênêng bae, ora obah-obah.

Candraning wadya-bala lan paprangan.

1. Untabing wadya-bala pindha wrêdu - angga sasra. Kang nganggo abang kumpul padha abang kaya alas kobar (utawa: pindha wukir kawlagar). Kang nganggo irêng kumpul padha irêng kaya gagak rêraton. Kang nganggo putih kumpul padha putih kaya kuntul nêba (kuntul sarawa). Kang nganggo kuning kumpul padha kuning kaya podhang rêraton.

2. Swaraning gong, bèri, puksur, tambur, têmpuk lan gathiking watang sarta bêngingèhing jaran, kaya mbêlah-mbêlahna bumi; polahe wadyabala kaya gabah dèn intêri. Tandange kaya banthèng kêtaton. Kèhing pêpati kaya babadan pacing. Ing paprangan prasasat banjir gêtih asarah bangke.

--- 1 : 105 ---

Durma.

Ramening prang pindha têdhuh maliwêran | mimis saengga riris | krêcêking warastra | myang krêbêting kang dwaja | saksat bêntar ing wiyati | padha sudira | kang aprang mamrih tandhing ||

B. Candraning danawa. (kang sarwa nggêgirisi).

1. Angga pindha prabata, netra lir baskara kêmbar, grana pindha canthiking baita, tutuk lir wiwaraning guwa, godhèg-wok simbar jaja wuluwawar.

2. Antop-sêgu pindha gludhug sèwu, pêtak lir gêlap ngampar.

3. Asumping pring sadhapur, asabuk ula-lanang, akalung ula wêlang (pangimpun kêpengin ngimbuhi: asogok untu pêdhang, acuthik kuping klewang.

Mijil. (Arjunasasrabahu, R. Ng. Sindusastra).

Agêng inggil gagah godhèg-wok bris | netrane kadya mong | wuluwawar sumingkal alise | simbar-jaja pan kadya walingi | idêpnya angisi | wulune ngrêmbuyung ||

Godhèg = wulu ing pipi.
Wok = wulu ing sangisore janggut.
Jenggot = wulu ing janggut.
Wulu-puhun = wulu-cumbu = wulu ing jêmpol sikil.
Wulu-wawar = wulu utawa rambut sing dawa-dawa.
Wulu-kalong = wuluning awak kang lêmbut sarta lêmês.
Simbar = bris, wulu ing dhadha.
Sumingkal = kaya singkal. Singkal iku perangane wluku kang katancêban kêjèn.
Alis sumingkal = alis kaya singkal, maksude: kandêl bangêt.
Simbar jaja pan kadya walingi = wulu ing dhadhane gêdhe-gêdhe lan dawa-dawa kaya sukêt wlingi, yaiku sukêt kang lumrahe tuwuh ana ing rawa, gêdhening wite nganti sadriji, dhuwure nganti 2 mètêr.
Idêpnya angisi = idêpe kaya kisi, rambuting idêp gêdhene sakisi-kisi. Kisi iku piranti kanggo ngikal bênang, dawane watara 2 dm, gêdhene watara sajênthik (panganggone ditancêbake ing jantra, kalêbu praboting tênun).

C. Candraning kaananing alam.

Candraning kaananing alam iku akèh bangêt, kaya ta: candraning alam ing wayah esuk, ing wayah sore, ing wayah bêngi, ing gunung, ing sagara, ing padesan lan liya-liyane, kêroncèn yèn ta ditulisa ing buku iki kabèh.

--- 1 : 106 ---

Ing ngisor iki mung didèkèki tuladha candraning alam kang gêgayutan karo solan-salining mangsa.

1. Sotya murca saking êmbanan. Ing mangsa Kasa wit-witan akèh kang brindhil. Sotya pêpindhaning gêgodhongan, êmbanan pêpindhaning wite.

2. Bantala rêngka. Mangsa Karo akèh lêmah padha mlêthèk (nêla).

3. Suta manut ing bapa. Mangsa Katêlu wi-gêmbili-gadhung wiwit katon padha mrambat. Suta pêpindhaning wi-gêmbili-gadhung, bapa pêpindhaning rambatane.

4. Waspa kumêmbêng jroning kalbu. Mangsa Kapat tuk padha pipêt (buntêt), mulane saupama gawe sumur ing mangsa iku, bisane nganti mêtu banyune ya kudu jêro bangêt. Waspa pêpindhane banyu tuk, kumêmbêng ora bisa mêtu (ora gampang mêtu), kalbu pêpindhaning tuk (kang ngandhut utawa simpên banyu).

5. Pancuran mas sumawur ing jagad. Mangsa Kalima wiwit ana udan dêrês, banyu wiwit akèh, mulane wong tani padha wiwit ngolah lêmah (mangsa labuh).

6. Rasa mulya kasucian. Mangsa nênêm akèh woh-wohan kang enak mirasa.

7. Wisa kentar ing maruta. Mangsa Kapitu akèh lêlara. Wisa pêpindhaning wijine lêlara. Kentar ing maruta (kabuncang ing angin) pêpindhaning wijine lêlara sumêbar têkan ing ngêndi-êndi (warata), satêmah lêlara tular-tumular.

8. Anjrah jroning kayun. Mangsa Kawolu mangsane kucing padha gandhik.

9. Wêdharing wacana mulya. Wêdharing = wêtune. Wacana = gunêm, ing ukara iku maksude: uni. Mulya = luhur, linuwih, ing ukara iku atêgês: apik. Mangsa Kasanga akèh garèng muni, gangsir ngênthir.

10. Gêdhong minêp jroning kalbu. Mangsa Kasapuluh akèh kewan mêtêng, manuk ngêndhog.

11. Sotya sinarawèdi. Têgêse têmbung: intên digosok. Sotya pêpindhaning anak (manuk), sinarawèdi utawa digosok pêpindhaning linoloh. Ing mangsa Kasawêlas utawa Dhêstha akèh manuk ngloloh.

12. Tirta sah saking sasana. Tirta pêpindhaning kringêt, sasana atêgês panggonan, pêpindhaning awak; sah atêgês: pêdhot, oncat, bundhat, kesah, ora ana. Ing mangsa Karolas utawa Saddha ora ana wong kringêtên, marga ing wêktu iku mangsa bêdhidhing. Yèn wong kadhêmên pirang-pirang, tarkadhang padha gêgêni (Pranata mangsa).

--- 1 : 107 ---

Durma (Isi candraning alam).

Tan pantara bayu-bajra maliwêran | gêtêr-patêr mawrêdi | gênjot kang bantala | kartika tibèng kisma | drês sumawur sang Hyang Riris | kocak samodra | lindhu mawanti-wanti || (Punarbawa II).

Tan pantara = tanpa + antara, maksude: tanpa antara, têrus bae, tanpa ana lête.
Bayu-bajra = angin gêdhe.
Maliwêran = lêliwêran, sajak mubêng lêliwêran, kaya pinusus (tumrap angin).
Gêtêr-patêr = têmbung saroja, siji-sijine atêgês blêdhèg.
Gêtêr-patêr mawrêdi = swaraning blêdhèg (kang nggêgirisi) saya mundhak-mundhak.
Gênjot = orêg, obah kang bangêt.
Kartika = wintang, lintang, sasa, sudama.
Kisma = pratiwi, bantala, lêmah.
Riris = warsa, udan.
Mawanti-wanti = mawantu-wantu, ambal-ambalan, ora lèrèn-lèrèn, tanpa pêdhot.

D. Candra liya-liyane.

1. Pasugatane mbanyu mili = kaya banyu mili, kaya ilining banyu, ora ana pêdhote.

2. Tulisane mbata sarimbag. Awangun pêsagi-pêsagi kaya ijèn-ijènaning bata (tumrap aksara Jawa). Manawa tulisan aksara Jawa kang apik awangun ngêtumbar, sajak bundêr kaya kêtumbar.

3. Tulisane ngêri. Kaya êri, yaiku lancip-lancip (uga tumrap aksara Jawa).

4. Swarane tri-gumuruh pindha sasra canthuka warsa. Rame bangêt kaya swarane kodhok 1000 kang padha ngorèk bêbarêngan, marga bungah dene ana udan tumiba.
Tri (atri) = rame. Sasra = sèwu. Canthuka = kodhok.
Warsa = udan. Ana uga têmbung warsa kang atêgês taun.

5. Surake mbata rubuh. Surake wong pirang-pirang bêbarêngan, pêpindhane kaya swaraning ambruke bata tumpukan, mak brêg.[20]

--- 1 : 108 ---

6. Mantu, mbata rubuh. Mantu luwih saka siji dibarêng. Kosokbaline: mantu mbanyu mili, upamane: sabên taun mantu sapisan, siji-siji.[21]

7. Wangsulane saur manuk. Wangsulan kang ora barêng, pêpindhane kaya ocèhing manuk pirang-pirang, sêsauran.

8. Yèn kaku kaya alu, yèn lêmês kêna ginawe tali. Candraning wêwatakane Wrêkudara. Yèn wis mbrêngkunung ora kêna diêluk, ora bisa mêndha dening têmbung manuara, lan ora luntur dening mêmanising pitutur. Nanging yèn pinuju gampang, hla dikon apa bae mêsthi tumandang.

9. Cahyane ngalêntrih kaya rêmbulan karainan. Pucêt sêmu lêsu.

10. Panase kaya mêcah-mêcahna gundhul. Tumamane ing gundhul (sirah) njalari ngêlu, rasane gundhul kaya mêngkap-mêngkap arêp pêcah.

11. Sowane Radèn Janaka mêndhak-mêndhak (ngrêpèpèh-ngrêpèpèh) pindha sata manggih krama. Mêndhak-mêndhak sajak andhap-asor angasih-asih kaya tandange jago kang kêtêmu babon.

12. Sukèng tyas marwata suta. Sênênging ati (ne) sagunung anakan.

13. Tindake Sang Dèwi Srikandhi nusup ngayam-alas. Nusup-nusup mênyang ngêndi-êndi ngambah gêgrumbulan, nrajang bêbondhotan kaya lakune ayam-alas.

14. Tindake macan luwe. Lêngkèt-lêngkèt, lambunge kiwa-têngên sêmu obah.

15. Tandange Radèn Gathutkaca kêbat-cukat-trêngginas-trampil. Cukat kadya kilat, kêsit kadya thathit. Endha mangiwa, endha manêngên, pindha prênjak tinaji.

Prênjak tinaji = prênjak ditibani lêlancip (bedhor), maksude dipanah utawa dilêpasi pasêr.

16. Kaya sikatan nyambêr walang. Uga mratelakake tandang kang rikat. Wondene kaya banthèng kêtaton, candraning tandang kang nggêgirisi bangêt.

17. Krêsna lan Janaka iku pêpindhane: kaya suruh lumah lan kurêbe; dinulu seje rupane, ginigit padha rasane. Katone ing lair kaya beda, sabab Krêsna mbranyak grapyak, Janaka luruh jatmika arang ngandika; nanging panggalihe padha, tekade ora beda (sependirian). Tarkadhang ditêmbungake: Kaya gêni lan urube; gênine Sri Krêsna, urube Janaka. Utawa: kaya madu lan manise; madune Sri Krêsna, manise dumunung ana ing Janaka.

--- 1 : 109 ---

I. Pangkur. (Candrane Krêsna nalika tiwikrama).

1. Jumangkah anggro sêsumbar | lindhu gêtêr-patêr kang bumi gonjing | gumaludhug guntur-kêtug | gora rèh gara-gara | kadya bêlah bumi gunung manggut-manggut | umob jaladri prakêmpa | pênyune kumambang wingwrin ||

2. Tuhu yèn Wisnu Bathara | durung tumon pantês ambadhog bumi | angêmah wukir ginilut | kêlar mangan-mangan rat | sagunging kang gêgamaning prang akumpul | ting karogèl ting karêlap | ting palêngkung ting paluntir || (Bratayuda).

Anggro = mbêngok kaya panggêrone macan utawa singa barong.
Guntur-kêtug = têmbung saroja, siji-sijine atêgês blêdhèg.
Gora rèh gara-gara = sêru njalari (agawe) gara-gara.
Gunung manggut-manggut = gunung manthuk-manthuk, maksude: gunung orêg moyag-mayig.
Prakêmpa = prakampa = lindhu, orêg, gonjing.
Umob jaladri = sagara mawalikan (kaya dene umob).
Sagunging = salwiring, sanggyaning, sakèhe, kabèh.
Wingwrin = wêdi.

II. Girisa. (Candrane awak wis tuwa).

Wakingsun upama surya | lingsir kulon wayahira | parêk ing surupe uga | adoh marang timbulira | pira lawase nèng donya | kauripaning manungsa | mangsa nganti satus warsa | uripe nèng alam donya || (Wulangrèh P.B. IV).

Lingsir = wis ngglewang, wis nisih, wis ora ana ing têngah bênêr (tumrap surya).
Lingsir kulon = tumrap candraning manungsa wis aumur kliwat saka satêngah tuwuh.
Parêk ing surupe = cêdhak ing patine, wis mèh mati.

XVII. Gugon-tuhon.

Gugon (gugonan, gugon-gugonên) = sipat utawa wêwatakan kang gampang bangêt nggugune marang gunême wong utawa dêdongengan.

Tuhon = wêwatakan kang gampang tuhu utawa mituhu marang gunême wong utawa dêdongengan.

Gugon-tuhon = 1. Têmbung watak kang maknane: wêwatakan kang gampang nggugu lan mituhu marang gunêm utawa dêdongengan kang pancène mono ora prêlu ginugu utawa pinituhu. 2. Têmbung aran kang maknane: gunêm utawa dêdongengan [dêdo...]

--- 1 : 110 ---

[...ngengan] kang dening wong-wong sing gugon-tuhonan dianggêp nduwèni daya; manawa nganti ora digugu lan ora ditindakake, wong-wong sing ora nggugu lan ora nindakake iku bakal nandhang ora kapenak uripe.

Gugon-tuhon iku kêna digolongake dadi têlu, yaiku:
A. Gugon-tuhon kang salugu.[22]
B. Gugon-tuhon kang isi wasita sinandi.[23]
C. Gugon-tuhon kang kalêbu pêpali utawa wêwalêr.

A. Gugon-tuhon kang salugu.

Kang kalêbu ing golongan gugon-tuhon kang salugu yaiku bocah (anak) lan wong kang (manawa manut dêdongengan) dadi pêpintaning mêmangsane Bathara Kala, yaiku kang kalêbu golongane bocah (anak) Sukrêta lan wong kang kalêbu ing Panganyam-anyam.

Kang diarani bocah (anak) Sukrêta yaiku bocah (anak) kang manawa manut kapracayan, bisane waluya lan lêstari urip, kudu diruwat sarana ditanggapake wayang lakon Amurwa-Kala. Bocah (anak) Sukrêta kang wis diruwat, wis ora kalêbu ing petung dadi pêpintaning mêmangsane Bathara Kala, satêmah bisa slamêt uripe.

Ing ngisor iki kapratelakake cacahe anak (bocah) kang kalêbu Sukrêta, sinawung ing têmbung[24] Asmaradana.

1. Wèh brangti putra mung siji | ontang-anting lamun priya | unting-unting wujud wadon | kasêbut aran anggana | luwih saka sajuga | nging kadange samya lampus | kantun satunggal kang gêsang ||

2. Anak loro jalu-èstri | aran kêdhini-kêdhana | yèn kang tuwa sipat wadon | lamun priya kang atuwa | anom wujud wanita | kêdhana-kêdhini iku | wondene kêmbang sapasang ||

3. Anak loro kabèh èstri | de yèn padha wujud priya | ugêr-ugêr lawang rane | anak têlu siji priya | kaprênah anèng têngah | tuhu iku kang kasêbut | pancuran kaapit sêndhang ||

4. Yêkti lamun kosokbali | sêndhang kaapit pancuran | kang têngah awujud wadon | yèn têtêlu kabèh priya | cukit-dulit ingaran | gotong-mayit anak têlu | kabèh awarna wanita ||

5. Anak papat ran sarimpi | yèn kabèh sipat wanudya | dadi aran kosokbalèn | lawan kang karan saramba | papat pra samya priya | nanging keblat-papat kasbut | yèn papat jalu-wanita ||

6. Anak lima pancagati[25] | kalamun kabèh wanita | Pandhawa yèn lanang kabèh[26] | ipil-ipil ya pipilan | lima kang siji priya | anak lima papat jalu | iku sinêbut padangan[27] ||

--- 1 : 111 ---

7. Lima wujud jalu-èstri | lumrah ingaran sapasar | tan têmtu akèh wadone | anak akèh kang ambabar | ajêg agêgiliran | gênti-gêntèn wadon-jalu | ingaranan gilir-kacang ||

8. Tan ajêg gilir-gumanti | ingaranan lumpat-kidang | dene kang kocap garêndhèl | pirang-pirang sipat priya | wasana kang wêkasan | wadon tumiba waruju | kosokbali uga kêna ||

9. Anak akèh wadon siji | dununge kaprênah têngah | iku ingaranan gendhong | lamun priya kang panêngah | pathok arane kaprah | wondene sumarak iku | priya kang akadang kathah ||

10. Ananging kabèh pawèstri | utawa èstri sajuga | kadang akèh lanang kabèh | anak nênêm lanang lima | wadon tiba wêkasan | Pandhawa nyadhangi iku | dene kang kasêbut kêmbar ||

11. Kang lair anunggil wanci | kêkalih wujud wanita | utawa yèn priya kabèh | dhampit yèn jalu-wanita | gondhang-kasih manawa | pakulitan kosokwangsul | bule lawan warna krêsna ||

12. Yèn kêmbar utawa dhampit | lair tan nunggal sadina | tawanggantungan jênênge | lair kabuntêl kêndhangan | yèku bungkus ingaran | lair loro nunggal bungkus | lumrahe karan karêndha ||

13. Bocah cacad wiwit lair | iku kang kasbut sumala | yèn lair durung mangsane | ingaran bocah jêmpina[28] | wondene yèn margana | kang lair anèng dêlanggung | nuju biyung alêlungan ||

14. Wahana lair mbênêri | biyung anèng pasamuwan | bocah lair wêktu gègèr | dahuru kasbut wuyungan | kang kocap julung-sarab | lair hyang surya mèh surup | ana manèh julung-sungsang ||

15. Duk laire ambênêri | têngange jam rolas awan | yèn kang jênêng julung-caplok | lair wayah sandya-kala | barêng surup hyang arka | dene julung-kêmbang iku | barêng lan plêthèking surya ||

16. Bocah ingaran cêmani | irêng mulus pakulitan | wungle[29] yèn putih warnane | kasêbut bocah salewah | lamun muka awarna | palihan abang lan pingul | kiwa têngên nora padha ||

17. Ana manèh tibasampir | kalung usus duk ambabar | sarwa luwês yèn wis gêdhe | tiba-ungkêr lairira | usus anggubêd angga | tanpa ri-ari ran wungkul | thok-thing yèn cilik kang sirah[30] ||

18. Sinêlan uruting siwi[31] | pambarêp banjur panênggak | pandhadha nuli candhake | yèn wong darbe anak lima | nomêr papat ingaran | sumêndhi nuli waruju | urute pitung turunan ||

--- 1 : 112 ---

19. Bapa-ibu kaki-nini | uga kasbut prênah êmbah | nuli buyut canggah warèng | udhêg-udhêg candhakira | ganêpe turun sapta | kang wêkasan gantung-siwur | iku kabèh kawruhana || (Pm).

Anadene tindak-tanduke manungsa kang kalêbu ing panganyam-anyame Bathara Kala, ora akèh, kaya ta:

I. Tumrap wong lanang.

1. Keyong mlompong. Gawe omah, wis dipayu, nanging tanpa tutup-keyong, yaiku manawa kang digawe iku omah kang awangun srotongan. (Omah awangun joglo, limasan, gêdhang-salirang, padha tanpa tutup-keyong).

2. Omah maga-sesa. Gawe omah lagi dipayu saperangan banjur lèrèn, ora ditêrusake. Dudu "lèrèn" kang atêgês "ngaso", nanging kang atêgês: pancèn ora ditêrusake. Maga-sesa = kagol, kacuwan.

3. Omah bubrah. Gawe omah durung rampung, wasana omah iku ambruk.

4. Pasangan putung. Wong ngolah lêmah nganggo wluku utawa garu, pasangane wuku utawa garu iku nganti putung.

II. Tumrap wong wadon.

1. Wong mêmipis nganti nugêlake gandhik. Gandhik iku aluning pipisan.

2. Wong adang nganti ngrubuhake dandang kang kanggo adang.

B. Gugon-tuhon kang isi wasita sinandi.

Wasita sinandi iku atêgês: pitutur kang sinamun, ora dilairake akanthi mêlok utawa ora dikandhakake ing salugune.

Gugon-tugon kang isi wasita sinandi uga lumrah diarani aradan, sing akèh-akèh nganggo dikanthèni têmbung "ora ilok" kang satêmêne atêgês "ora apik". Tuladhane:

Aja kêkudhung kukusan, mundhak dicaplok baya, tur ora ilok.

Kêkudhung kukusan, pancèn ora ilok utawa ora bêcik. Sabab:

1. Yèn kukusan rêsik sing kanggo kudhungan, banjur dadi rêgêd, njalari rêgêding sêga kang didang nganggo kukusan iku. Manawa kukusan rêgêd, sirahe bocah (wong) kang akudhung kukusan iku sing banjur dadi rêgêd, tarkadhang gupak sêga barang. 2. Wong akudhung kukusan mripate kêtutupan kukusan, ora bisa ndêdêlêng kanthi cêtha, marakake numbuk-numbuk (yèn mlaku). Dadi kêkudhung kukusan iku pancèn nyata ora prayoga (ora ilok, ora bêcik).

Gugon-tuhon kang kalêbu ing golongane iku, akèh bangêt panunggalane:

1. Jêndhela mênga. Srêngenge wis mèh surup, jêndhela durung ditutup.

--- 1 : 113 ---

2. Made tanpa lingkapan. Omah tanpa (digêlari) klasa. Made = omah. Madekambang = balekambang, omah kang kinubêng ing banyu, kinubêng ing blumbang, omah satêngahing rawa utawa sagaran.

3. Buwang tuma. Petan (metani) olèh tuma mung dibuwang bae, ora digitês.

4. Adêg lante. Simpên gulungan lampit sarana didêgake.

5. Lumah pipisan. Arêp mêmipis, durung nyadhiyakake barang sing arêp dipipis, wis nglumahake pipisan.

6. Pajang tanpa samir. Nata bantal-kasur ing sênthong têngah tanpa tutup utawa lurub. Pajang = sênthong têngah, kamar kang dumunung ing têngah.

7. Kasur tanpa pramada. Kasur gumêlar ing paturon (ajêg) tanpa sêpre.

8. Ngandhut tampah = wong mêtêng lungguh nèng tampah jarene bisa njalari jabang-bayi wanguning awake bundêr kaya bulus. Ngandhut = mêtêng. Lagi ngandhut utawa ora, bocah utawa wong tuwa, lananga wadona, ora prayoga lungguh ing tampah (ora ilok).

9. Lumbung tanpa dhêdhasar. Simpên pari ana ing lumbung tanpa dilèmèki. Lumrahe lumbung iku dilèmèki godhong kluwih, isi pêpuji muga-muga parine nganti têkan ing wêktu panèn manèh bisa turah, bisa luwih yèn dipangan sapanenan.

10. Sumur ing ngajêngan. Gawe sumur ana ing ngarêpaning omah (ing plataran) ora ilok. Mêsthi bae ora ilok, hla wong mbêbayani manawa sumur dumunung ana ing ngarêpan.

11. Pawon mangetan. Pawon kang adêge madhêp mangetan, ora ilok. Iya bae ora ilok, wong sing olah-olah banjur silo, marga plêthèking srêngenge saka ing wetan.

12. Nggitês ngênggon. Metani wong, barêng olèh tuma, tuma iku mung digitês ana ing sirahe wong sing dipetani. Ora ilok, marakake rêgêding sirah, tur manawa panggitêse kêsêron, bisa uga sing dipetani muring, marga sirahe kaya diglitho.

13. Lung ngajêng. Nênandur wit-rambat nèng ngarêp omah, hla rak marakake pêtênging pandêlênge wong-wong kang lêlungguhan ana ing ngarêpaning omah.

14. Pawuhan cêlak wisma. Pawuhan cêlak omah mêsthi bae ora prayoga bangêt, sabab pawuhan iku rak rêgêd bangêt, hla wong papan rêrêgêd warna-warna.

15. Ngingah dhandhang. Ngingu manuk gagak, ora prayoga. Manut kapracayan Jawa, gagak iku kajaba rêgêd marga pangane bangsa bathang, darbe pangajab ala marang manungsa, sok mujèkake supaya wong nêmu cilaka (mati). Ndhandhang = mujèkake nêmu cilaka.

--- 1 : 114 ---

16. Nyapu dalu. Nyênyapu ing wayah bêngi, kêjaba jogan utawa plataran sing disaponi lumrahe ora bisa rêsik marga ora cêtha pandulune sing nyapu, manawa mlêdugi barang-barang (panganan, paturon lsp.) uga bisa mbêbayani.

17. Kurêb ajang. Bakda mêmangan, ajange dikurêbake, tanpa diasahi dhisik.

18. Wuh-obong. Rêrêsik (nyapu), uwuhe diobong ing sanalika iku (mangka rak bisa uga akèh uwuhe sing isih têlês).

19. Ngêndhêg uwuh. Nyapu, uwuhe ora dibuwang pisan.

20. Uwuh longan. Mbuwang uwuh (kulit apa-apa, gêgodhongan) ana ing ngisor ambèn utawa paturon.

21. Uncal uwuh. Mbuwang uwuh mêtu ing jêndhela.

22. Mangan ngore. Mangan karo ngore rambut, bisa uga ana rambute sing tiba ing panganan. Malah yèn duwe tuma, bisa klakon ana tumane sing tiba ing panganan.

23. Tan sêsawur. Wong kang ora tau dêdana, ora tau wèwèh apa-apa marang wong sing sangsara uripe.

24. Tan mêmule. Ora tau eling marang lêluhure kang wis sumare. Mule (mêmule) = mulyakake, ngluhurake (memuliakan).

25. Anjangkar. Ngundang wong-tuwane sarana nyêbutake jênênge.

26. Wisma bangbangan. Gawe omah nganggo lungsuran ragangan omah lawas.

27. Durung mantu wis gawe omah. Wong gawe omah iku wragade akèh bangêt, lan mbutuhake pangalaman akèh. Wong sing durung tau mantu iku lumrahe isih nom, durung akèh pangrêtine bab gawe omah, durung ngrêti manawa gawe omah iku akèh wragade.

28. Sanggar cungkup. Gawe omah, ragangane (payone) kêcampuran ragangan (payon) tilas cungkup.

29. Rêspati-Sukra. Makarti ing dina Kêmis sore (malêm Jêmuwah).

30. Mantu pawon. Ngijabake ana ing pawon.

31. Usap-wastra. Ngusapi rai utawa cangkêm (upamane mêntas mangan) mung nganggo jarit sing diênggo bae, ora nganggo srêbèt utawa kacu.

32. Kandhang omah. Ngingu raja-kaya tanpa kandhang, olèhe turu raja-kaya ana ing omah (kumpul karo wong).

33. Mangan paturon. Mangan ana ing paturon (mangka ora lagi lara).

34. Mangan mlaku. Mêmangan apa-apa karo mlaku (upamane yèn pinuju dolan-dolan).

35. Turu waton. Turu ana ing watoning ambèn. (Hla rak mbêbayani, gampang tiba).

--- 1 : 115 ---

36. Micêk. Turu ing wayah sandya-kala. Wayah sandya-kala (tumrap wong-wong ing padesan) iku wayahe akèh pagawean, nglêbok-nglêbokake piranti-piranti sing kanggo makarti nalika awan, hla kok turu. Gênah ora ilok bangêt.

37. Supatanan. Wong sok supata iku pratandha wong ala, cangkêm gatêl. Luwih ala manèh manawa wis dhasar nyata kêluputan, ndadak supata barang. Prayogane wong iku awatak satriya, samangsa luput wani ngaku kaluputane, lan wani ndhadha kanthi dhadhag marang paukumane.

38. Wadhehan. Sênêng ngliga (utawa wuda), ora ilok. Saru, tur gampang masuk angin.

39. Ndhêkok. Mapan turu ing wayah esuk. Nyata ora ilok, sabab esuk iku rak wayahe wong-wong (mangkat) nyambutgawe, hla kok malah ndhêkok.

40. Ngêbluk. Mapan turu ing wayah têngange. Têngange iku lagi ngarêpake wêktu mangan, aja turu. Yèn arêp ngaso, bêcike bakda mangan bae.

41. Sukêr wisma. Bêbuwang (ngising) ana ing jêro omah. Ah, ngrêgêdi lan njijiki.

42. Sukêr dalan. Bêbuwang (ngising) ana ing dalan. Ngrêgêdi dalan, agawe jijike wong sing liwat ing kono.

43. Ngaglah. Ngadêg ana ing lawang. Hla rak ngrepoti wong sing mlêbu-mêtu.

44. Mangan panas. Mêmangan apa-apa (ratêngan) kang isih panas. Iku rak mbêbayani tumrap kasarasan.

45. Mangan sangga ajang. Mêsthi bae ora prayoga; yèn pangane wutah, kapitunan, luwih-luwih yèn ajange tiba nganti pêcah.

46. Wanita lungguh jegang. Yak, wis gênah ora ilok, hla wong saru dinulu. Sanajan priya, lungguh jegang ya murang tata.

47. Mangan karo ngadêg, wêtênge dadi dawa. Têmbung "wêtênge dawa" iku mung kanggo mêmêdèni, supaya nggugu, ora madoni. Satêmêne wong mangan karo ngadêg ya aran tinggal tata. Malah manut tata-carane mangan sing sêmpurna, kajaba lungguhe kudu bêcik, manganggone nalika mangan kudu rêsik (luwih-luwih manawa bêbarêngan karo wong akèh, ana ing asrama upamane), panyêkêle sendhok ya kudu bênêr, kêcap karo mingkêm lan ora kêna nywara, lêbar mangan ora kêna nganti antop sêru.

48. Wèwèh dijaluk bali, gulune gondhokên. Wong wèwèh kudu rila lair-batin, lan ora prayoga manawa wèwèh kanthi pangarêp-arêp piwalêse (gêntèn diwènèhi). Saya ora prayoga bangêt manawa wèwèh dijaluk manèh, agawe tatuning ati.

--- 1 : 116 ---

49. Aja ngidoni sumur, mundhak suwing lambene. Idu kang tumiba ing sumure bisa njalari ora apike banyu sumur. Luwih-luwih idune wong kang duwe lêlara nular.

50. Aja lungguh ing bantal, mundhak wudunên. Yak, wis cêtha saru, hla wong bantal iku kajang-sirah kok dilungguhi.

Kajaba saka iku isih ana gugon-tuhon kang kalêbu wasita sinandi, kang gêgayutan karo dêdongengane Nyai Rara Kidul, kaya ta yèn pinuju ana tundhan.

Yèn pinuju ana tundhan, wong tuwa-tuwa padha prentah marang anak-putune, supaya padha nggêbyagi gêdhèg, cikbèn aja nganti ana wadya-balane Nyai Rara Kidul sing kèri tumèmplèk ing gêdhèg, mundhak kêna ing sêsikune Nyai Rara Kidul; iku uga isi wasita sinandi, jlèntrèhe mangkene:

Tundhan, têgêse: ditindakake sarana tundha-tumundha, utawa: apa-apa sing kudu ditundhakake, saka siji marang sijine.

Manut katrangan kang adhêdhasar kawruh (wetenschappelijk), tundhan kang kêprungu kumrusuk iku satêmêne swara jumêguring alune sagara kang banjur kabuncang ing angin. Barêng wong-wong ing sandhing pasisir kidul krungu swara kumrusuk (gumuruh), awèh kabar marang wong-wong kang dêdunung ing saêlore sarana nabuh kênthongan utawa lêsung, lan wong-wong sing tampa kabar mau banjur ngabarake marang wong-wong ing saêlore manèh uga sarana kênthongan utawa lêsung. Mangkono sapiturute tundha-tumundha utawa "tundhan".

Lakuning angin kang nggawa swara kumrusuk (gumuruh) mau adhakane katutan wijining lêlara warna-warna (kruma).

Wijining lêlara iku bisa uga ana sing tiba ing omah kumanthil utawa tumèmplèk ing gêdhèg, mulane wong tuwa-tuwa padha prentah nggêbyagi gêdhèging omah.

Wondene katrangan kang manut dêdongengan gugon-tuhon, mangkene:

Nyai Rara Kidul iku asmane sing satêmêne Dèwi Nawangwulan, yaiku widadari kang wis tau kagarwa dening Jaka Tarub. Sang Dèwi kêpêksa pêdhotan trêsna karo Jaka Tarub, nuli nêdya kondur mênyang Kahyangan utawa Kawidadarèn. Geneya Dèwi Nawangwulan tega pêdhotan trêsna karo Jaka tarub? Kapriye dêdongengane?

Satêkane ing Kahyangan, para Dewa lan para Widadari padha ora karsa nampa Sang Dèwi Nawangwulan, marga kajaba wis kamanungsan, Sang dèwi dianggêp wis ora suci manèh, ora patut yèn ta dêdunung ana ing Suralaya. Cêkake Sang Dèwi wis ora kêparêng dêdunung ana ing Kahyangan utawa Kawidadarèn.

Sang Dèwi Nawangwulan kêpêksa tumurun manèh mênyang Marcapada, dêdunung ana ing têlênge samodra kidul, ngêrèhake [ngêrèh...]

--- 1 : 117 ---

[...ake] para lêlêmbut kang padha manggon ana ing samodra. Sang Dèwi ganti asma, yaiku Nyai Rara Kidul.

Nyai Rara Kidul iku darbe mitra kulita kang uga manjing dadi besan, yaiku kang ngratoni para lêlêmbut ing puncake gunung Mrapi. Kala-kala Nyai Rara Kidul tindak mênyang gunung Mrapi, diirid wadya-bala lêlêmbut. Saking kèhe wadya-bala kang ndhèrèkake, ing langit kêprungu swara kumrusuk kang diarani tundhan. Wong-wong padha ngurmati tindake Nyai Rara Kidul kang mahawan wiyati iku, sarana nabuh kênthongan utawa lêsung, supaya aja nganti kêdukan Nyai Rara Kidul. Dene bocah-bocah padha diprentahi nggêbagi gêdhèg mbokmanawa ana wadya-balane Nyai Rara Kidul sing kêsasar banjur mlêbu ing omah, aja nganti kêbanjur kèri, mundhak agawe dukane. Manawa Nyai Rara Kidul nganti duka, marga ana wadya-balane sing kêsasar lan têrus kèri, wong saomah mêsthi bakal nandhang ora kapenak kabèh (padha lara), bisa uga nganti tumêka ing pati.

C. Gugon-tuhon kang kalêbu pêpali (wêwalêr).

1. Têdhak-turune Panêmbahan Senapati, samangsa mangsah yuda ora kêparêng nitih titihan bathilan, yaiku titihan kang wulune ing surine utawa ing buntute dikêthok.

2. Wong-wong ing Banyumas ora kêna lêlungan ing dina Sêtu Paing.

3. Wong-wong ing Kêndhal (mêsthi bae sing bangsa Jawa) ora kêna gawe omah gêdhong.

4. Wong-wong Kudus kang manggon ing sawetane kali, ora kêna bêbesanan karo wong-wong kang manggon ing sakulon kali.

5. Wong-wong ing Bagêlèn ora kêna nganggo jarit (ikêt, kêmbên) gadhung-mlathi. Lan wong-wong ing desane Bagêlèn asli, padha ora kêna nandur kêdhêle lan ngingu sapi.

Mungguh gugon-tuhon kang kalêbu wêwalêr (pêpacuh, pêpali) iku asale saka sabdane lêluhur utawa wong kang cakal-bakal ing panggonan iku. Marga lêluhur utawa wong kang cakal-bakal panggonan mau wis tau ngalami ora kapenak utawa nêmu cilaka kang jalaran saka nindakake sawijining bab, banjur nganakake pêpali marang anak-putune, supaya aja padha nindakake bab mangkono iku.

Tuladhane:

1. Nalika mangsah yuda mêngsah Arya Panangsang (Arya Jipang), Panêmbahan Senapati nitih titihan kang surine bathilan, dene Arya Panangsang nitih titihan kang jênênge Gagakrimang. Lagi bae padha ayun-ayunan, durung ngadu tyasa,

--- 1 : 118 ---

dumadakan titihane Sang Panêmbahan mbandhang. Kajaba kalingsêman, Sang Panêmbahan uga mèh bae manggih cilaka. Jalaran saka iku Sang Panêmbahan banjur ngêndikakake wêwalêr (pêpali) mangkene: "Saturun-turunku, manawa magut jurit aja nunggang jaran bathilan."

2. Sang Adipati ing Banyumas manggih cilaka nalika tindakan ing dina Sêtu Paing. Sang Adipati ngêndikake wêwalêr: "Anak-putuku lan kawulaku kabèh dakwêwalêri, ora kêna lêlungan ing dina Sêtu Paing".

Nganti saprene wong-wong ing Banyumas isih akèh bangêt kang ngèstokake pêpali iku, yaiku padha ora wani lêlungan ing dina Sêtu Paing.

XVIII. Purwakanthi.

Purwa, atêgês: wiwitan.

Kanthi, atêgês: gandhèng, kanca, nganggo, migunakake.

Purwakanthi, atêgês: nggandhèng kang wis kasêbut ana ing purwa utawa wiwitan. Maksude: perangan kang buri nggandhèng kang wis kasêbut ana ing perangan wiwitan utawa purwa, utawa kang wis kasêbut ana ing perangan ngarêp. Wondene sing digandhèng iku swarane utawa aksarane, tarkadhang têmbunge.

Tuladha I: Sapa jujur, bakal luhur.

Ing perangan kang wiwitan utawa ing perangan ngarêp ana swara ur, yaiku ing têmbung "jujur". Swara "ur" iku digandhèng dening perangan kang buri, utawa kasêbut manèh ana ing perangan kang buri, yaiku ing têmbung "luhur".

Sarèhne perangan kang buri nggandhèng "swara" kang wis kasêbut ana ing perangan wiwitan utawa purwa, unèn-unèn iku diarani "purwakanthi guru-swara", têgêse: purwakanthi kang awêwaton utawa paugêran "swara", sabab sing dikanthi utawa sing digandhèng "swara".

Tuladha II: Sapa salah, mêsthi sèlèh.

Ing perangan purwa utawa wiwitan (ngarêp) ana aksarane l, yaiku ing têmbung "salah". Aksara l iku digandhèng (disêbutake manèh) ana ing perangan kang buri, yaiku ing têmbung "sèlèh".

Sarèhne ing perangan kang buri nggandhèng aksara kang wis kasêbut ana ing perangan kang ngarêp (purwa, wiwitan), unèn-unèn iku diarani "purwakanthi guru-sastra", têgêse: purwakanthi kang awêwaton utawa paugêran "sastra" utawa "aksara", sabab sing dikanthi utawa sing digandhèng "sastra" utawa "aksara".

Tuladha III: Bayêm arda, ardane ngrasuk busana.

Ing perangan kang buri uga ana têmbunge "arda". Ing

--- 1 : 119 ---

Ngéngréngan Kasusastran Jawa, Padmosoekotjo, 1953/56, #1180 (Jilid 1: Hlm. 069–150): Citra 1 dari 5

pangrasa, têmbung "arda" iku mlaku utawa "lumaksita"; unèn-unèn iku diarani "purwakanthi lumaksita".[32]

Dadi purwakanthi iku ana warna têlu, yaiku:
I. Purwakanthi guru-swara.
II. Purwakanthi guru-sastra.
III. Purwakanthi lumaksita (purwakanthi basa).

Kabèh wong, malah kabèh bangsa, umume padha sênêng marang unèn-unèn kang dhapukane nganggo "purwakanthi". Tumrap bangsa Jawa, sênênge marang purwakanthi kêwilang kaduk; nganti ing paribasan, ing bêbasan, ing saloka, ing pêpindhan, ing têmbang lan ing gancaran, ing gunêman padinan, ing padhalangan, kabèh padha kêsrambahan purwakanthi. Malah ana dhapukaning rêriptan kang "kudu" nganggo purwakanthi, yaiku parikan lan guritan.

1. Paribasan nganggo purwakanthi: Gêcul kumpul, bandhol ngrompol.
2. Bêbasan nganggo purwakanthi: Ora têmbung ora lawung.
3. Saloka nganggo purwakanthi: Gajah ngidak rapah.
4. Pêpindhan nganggo purwakanthi: Cukat kadya kilat, kêsit kadya thathit.
5. Wangsalan nganggo purwakanthi: "Jarwa kaga, kaga kitêr antariksa".
6. Lêlagon kang nganggo purwakanthi: Kêmbang mlathi, warna pèni ganda wangi.
Lan liya-liyane.

Wondene bab Parikan lan Guritan tinêmu ana ing Ngéngréngan Kasusastran Djawa jilid II.

I. Purwakanthi guru-swara.

Kajaba tinêmu ana ing dhapukaning ukara gancaran, parikan lan guritan, Purwakanthi guru-swara uga tinêmu ana ing lagu-lagu dolanan, lêlagoning gêndhing lan têmbang.

Tuladhane:

Lagu dolanan "Buta-galak" Slendro pathêt Manyura.

(Pêthikan Padhalangan HBS Solo).

.Â.666Â2.23Â5365Â3
Bu-taga-lakpo-lah-mulun-jak-lun-jak
.3Â6636Â5536Â5533Â2
mla-kuci-krak-ci-kraknyan-dhakkun-canu-litan-jak

--- 1 : 120 ---

Ngéngréngan Kasusastran Jawa, Padmosoekotjo, 1953/56, #1180 (Jilid 1: Hlm. 069–150): Citra 2 dari 5
..2Â1321Â2.y2Â3365Â3
nga-dêgba-lima-nèhru-pa-mutingca-lo-nèh
..3Â6636Â5536Â5533Â2
ku-wibu-rona-padaksêng-guhbu-ronkanga-nèh
..Â.66!Â@@@#Â656!Â@
hlawongko-wewewesingma-rah-ma-rah-i
(Ping pindho)
..5Â6!56Â3..3Â5635Â2
ga-we-musokngo-noga-we-musokngo-no
.22Â22zyc1Â2.2.Â2.2.Â2
A-yopa-dhaba-liprogprogprogprog
Â.222Â2.22Â23y1Â2
ga-loka-ema-ta-nea-mê-le-rok
2.Â2.2.Â2.22Â23y1Â2
rokrokrokrokku-lit-eam-bêng-kê-rok
2.Â2.2.Â2.
rokrokrokrok
.6Âz!x.c@6k53Âz5c6z2c5Â3.1 j21Ây
yaku-lit-eam-bêng-kê-rok
Têmbang Pêdhotan Brondongmêntul.

(Slendro pathêt 9)

53z2c6z6x.c!5z3x2x1x.x2x3c5z5x6c5z3x.c2
Dhuhya-yisê-kar-ema-war
53z2c6z6x.c!5z3x2x1x.x2x3c5z5x6c5z3x.c2
sê-kar-epa-ngan-tèna-nyar
ztxyc1z1x.x2x3c5z2x5x3x2x3x2x1xyxtcyy.. 1z2x.c3z1x2c1zyx.ct
wa-yahso-rengeng-gar-eng-gar

--- 1 : 121 ---

Ngéngréngan Kasusastran Jawa, Padmosoekotjo, 1953/56, #1180 (Jilid 1: Hlm. 069–150): Citra 3 dari 5
j.5k3k.k k kz2c6Â6j.6jz!c@kz6xkx.xkx!c6Âk5k k k6k kz3c55
risê- dhêngi-rasu-mu-nar ya ba-pak
Jinêmanj.5k3k.kz2c6Â6j.6jz!c@kz6xkx.xk!c6Âzk5xkx.xk6x!x c@
risêdhêng-i-rasu-mu-nar
j.5zk5kck6k kz6c!Âj!5j 6j52 5k3kz.ck2yÂzj1cy
tyas-e bi-ngarwong lo-ro bu- sa-na kêm-bar
2z1x.x2x3c5z2x5x3x2x3x2x1xyxtcyy..5555z3c2z5x.c2
bron-dongja-gungsingmbron-dongwongsê-nêng
z1x.x2c1zyct
ngi-dung (Pm).

II. Babo kakang wong sing nêmbang, swara gandhang pindha grantang, angumandhang têrang gamblang. (Jinêman): mula kondhang konang-onang (yo kakang); mula kondhang konang-onang, pindha dhalang Kandhabuwana yèn mayang. Brondong kacang, sing mbrondong wong wasis ngarang (Pm).

III. Babo biyung wong sing ngidung, swara arum pindha cêmplung, cahya wênês angênguwung. (Jinêman): wanda jangkung amalat-kung (dhuh biyung); wanda jangkung amalat-kung, jangga manglung rema landhung ngêmbang bakung. Brondong jagung, sing mbrondong kabotan gêlung (Pm).

Katrangan:

Ngenggar-enggar = nyênyênêngake ati.
Ri sêdhêngira = ing wêktune, mbênêri.
Busana kêmbar = panganggone padha.
Cêmplung = bangsane sitêr.
Wênês = rêsik sumringah.
Wandane têmbung = awak-awake têmbung.
Amalat-kung = njalari kasmaran.
Jangga manglung = nglunging gadhung.
Gandhang = sêru lan kêprungu cêtha.
Grantang = gambang saka pring. (Cundhukna karo ukara: Sambate kaya grantang).
Kondhang = kaonang-onang, misuwur, kalok, kaloka, kajuwara, kongas, kontap, kasusra, kombul, kawêntar, kasub, kajana-priya, misuwur.
Sumunar = sumorot.
Ngidung = nêmbang.
Bingar = sênêng.
Ngênguwung = sumorot.
Kuwung = teja, sorot.
Wanda = awak.
Jangkung = lêncir.
Landhung = dawa.

--- 1 : 122 ---

Ngéngréngan Kasusastran Jawa, Padmosoekotjo, 1953/56, #1180 (Jilid 1: Hlm. 069–150): Citra 4 dari 5

Kandhabuwana = asmane Bathara Wisnu nalika tumurun ing marcapada dadi dhalang (kasêbut ing lakoning wayang "Amurwa-Kala", yaiku lakon kang lumrah dianggo ngruwat).

Lêlagon Bancak-Dhoyok warna têlu

(Laras Pelog pathêt 6).

I. Godhong nangka.
jz6c!zj!c@6jz3c5jz5c65j.5666j.55zj6c53
Kangmaskêm-bangnang-kaga-baha-rangpê-pu-yêng-an
j.3j5 35j.33j.3zj3c5zj5c66356zj!c@65
ba-pak ba-pakba-pak,wongsa-pra-jadakpi-lihsinglêb-da
3211jz1c2yz1c2312
ba-sa,kang-ê-masgo-dhong-enang-ka
5zj6c5zj6c5j5 56j56j.33.}ping pindho
wongsa-pra-ja nda-randaranda-ra
3zj3c5zj6c56356zj!c@653211
wongsa-pra-jadak-pi-lihsinglêb-daba-sa,kang-ê
zj1c2yjz1c23jz1c22
maskêm-bang-enang-ka
II. Srundèng - gosong
6j6j j 65jz@c#!j.!j6 !jz@c#6zj3c5jz5c66.
Esa- run-dènggo-songsê-ga go-longja-ngante-rong
#@#z!c@6jz3c5jz5c6622223123
mu-la-nenya-run-dènggo-songlèhnyrun-dèngdi-sam-bio-mong
y12y1312
kangê-massa-run-dènggo-song

--- 1 : 123 ---

Ngéngréngan Kasusastran Jawa, Padmosoekotjo, 1953/56, #1180 (Jilid 1: Hlm. 069–150): Citra 5 dari 5
III. Glathik incêng-incêng.
j123j.2jz3cyjz1c23.j.5j65j3.2jz3cyjz1c23
Gula-thikin-cêng-in-cêng,a-ngin-cêngsê-la-nega-lêng
j.5666j.6jz3c5jz5c66j6jjj j j j 6j3j 65
a-nama-nuken-dhol-en-dholndhol ndholkêcen-dhol
53653212..
a-nu-cukkêm-bangsa-dhom-pol
11111jz1cy.z1cj233..6!@j#z!c@65kz!xkx6xkx5c32
yènma-nuk-ama-nuktu-hupen-cok-an-enèngwitwa-ru
312312..2j3j j 5j6j 5j6j 56.@#jz!c@65kz!xkx6xkx5c32
yama-nuk-etu-hu.E-nak a-pa o-wa- o-wada-dima-nuktu-hu
56j.66j.636553653212
i-jihe-nakda-digu-rumu-langka-wruhnyê-barngèl-mu

Têtêmbungan padinan kang nganggo purwakanthi guru-swara, kaya ta:
1. We hla dadi kapiran-kapirun; gaga ora matun, sapi ora nuntun.
2. Jarene kêpengin maju, hla kok jêbul wêgah sinau.
3. O, ora idhêp ing dur; barêng wis makmur, banjur lali marang sadulur.
4. Kudu jujur, sing sapa kêpengin luhur.
5. Aja dahwèn ati opèn, manawa kowe kêpengin kajèn.
6. Aja dupèh mênang, banjur atindak sawênang-wênang.

--- 1 : 124 ---

7. Jarene ing jaman aklak rusak iku, tarkadhang sing srakah disêmbah, sing suci dadi kawuri.
8. Kapriye têgêse unèn-unèn "kukuhing iman", "sarana oman?"[33]
9. Têmbungmu mbok sing sarèh, murih pakolèh.
10. Atine ora bisa luntur dening pitutur, ora bisa luluh dening pituduh, lan ora bisa mêndha dening têmbung manuara.
11. Sipating guru iku rak mung "tut wuri", "ndayani".
12. Ya ngene iki rêkasane dadi wong cilik; pagaweane iplik, bayare sathithik.
13. Ah, pancèn kuwat dhasar karo ajar. Hla wong wis digulawênthah 4 taun kok kêmprohe ora marèn-marèni.
14. Prêlune apa ta bab iku kokandhak-kandhakake marang wong-wong? Hla kok anèh têmên; wirang, mbêbarang.
15. Si Suta ki wong lagi mujur, satiba-tibane tansah nêmu kasur.
16. Aja nggêdhèkake kasênêngan, elinga marang unèn-unèn "wong bungah-bungah têmah nêmu susah, wong suka-suka wasanane nêmu dêduka".
17. Wong prakaran iku padha dene kapitunane; sok ditêmbungake: sing kalah diolah, sing mênang dipindhang.

II. Purwakanthi gurusastra.

Ing pagunêman padinan uga sok kêprungu têtêmbungan sing nganggo purwakanthi guru-sastra, kaya ta:
1. Wong urip mono sing prawira, ta. Luwih bêcik kalah wang, tinimbang kalah wong.
2. Niyat jêjodhoan, aja mung mburu sênêng bae. Kudu ngèlingi wêwaton warna têlu, yaiku: bèbèt, bibit lan bobot.
3. Wong nêdya ngrêti marang gaib iku kudu bisa ulah ênêng, êning, wasanane bisa uninga.
4. Sing sapa goroh, growah.
5. Swargane wong duwe anak anung anindita, tumêkane tuwa nêmu mulya.
6. Kêkudanganku marang kowe, klakona mêngku kamulyan.
7. Radèn Rara Utami misuwur putri susila, sinêmbuh panggalihe ngumala. (Ngumala = kaya kumala. Kumala = sêsotya, barleyan).
8. Wong urip mono kudu têgên, rigên lan mugên.

Ukara kang dhapukane nganggo purwakanthi guru-sastra (tarkadhang uga bêbarêngan karo purwakanthi guru-swara, dicampur), [dicam...]

--- 1 : 125 ---

[...pur),] diarani ukara wilêtan. Ukara wilêtan iku têtêmbungane sajak pêpulêtan, têmbung sing siji ing pangrasa kaya mulêt ing têmbung sijine.

Tuladha-tuladha ing dhuwur iku satêmêne uga wis kalêbu ewoning ukara wilêtan.

Ing ngisor iki panunggalane:

1. Dèwi Wara Sumbadra polatane ruruh, tindak-tanduke sarwa rèrèh, ririh angarah-arah.

2. Kêkarêpan kang kukuh-bakuh, kinanthenan ing wêweka, marakake klakoning panjangka.

3. Ati tatag, watak têguh tanggon, tan tinggal tata-trapsila, adate bisa ngentasi karya.

4. Aywa mbêrung, mbrêkunung kêdêrêng ndlarung.

5. Watak-wantune wanita utama, tindak-tanduke tansah titi angati-ati.

6. Ati jujur, budi luhur, pantês dadi wong dhuwur.

7. Watak mugên, ati têgên, tandang rigên, gênah agawe sugih guna-kaya.

8. Sing wajib jinunjung dadi panganjur iku pêlajar sing jujur.

9. Putri ing Cêmpalawati, Sang Kusumaning Ayu Dèwi Wara Srikandhi, ulate galak kaliwat-liwat, liringe lêpas lir kilat.

10. Pêmudha ora gumêndhung, dhadhag wani ndhadha kaluputan, pantês ginadhang-gadhang dadi panggêdhe.

11. Satindak-tanduke tansah katon, gumantung tuntunging ati, tumêtêp ing jêjantung.

12. Sagunême agawe gawok; pancèn wêgig ngrêngga basa.

13. Cangkêm cucut, kêrêp kêtrucut têmbunge lacut, dadi cacad.

14. Murid kang dhêmên nganggit-anggit, gampang tinarbuka ing lêlungid.

15. Wong kang awatak sarèh, polatane sumèh, adate mitrane akèh.

16. Watak jail-muthakil, budi nguthuh kêthaha, tindak nylêkuthis, sakêthi anglêlêthêki.

17. Watak ladak ora sumanak, têmbung santak sajak nyêntak-nyêntak, bisa njalari wong liya kêcêngklak.

13.[34] Cangkêm cucut, kêrêp kêtrucut têmbunge lacut, dadi cacad gêdhe.

19. Siswa wasis, wajib asung wêwarah.

20. Bisa mbrastha kabèh rubeda kang ngrêribêdi.

--- 1 : 126 ---

Têmbang kang ikêtaning ukarane nganggo purwakanthi guru-sastra, kaya ta:

I. Dhandhanggula.

(Kêpèk tilaran K.B. Citrasantika).

Tibra layu wayahe Hyang rawi ... Sastra w.
rawat-rawat sinamar Hyang lima ... Sastra m.
Amara sêmu sunare ... Sastra m. lan s.
rèrèh dènnya tumurun ... Sastra r.
lir kêpalang malang-tumolih. ... Sastra l.
labêt masih karênan ... ..........................
myat rêsmining dhukuh ... Sastra m.
wismane randha Dhadhapan ... Sastra dh.
mèsi sotya kang lagya sinarawèdi ... Sastra s.
dinadar ing Jawata ... ...........................

II. Mijil.

(Srikandhi maguru manah).

Toya mijil saking lambung wukir ... Sastra k.
gumrojog toyanjog ... Sastra j.
tirta jroning jurang gumarènjèng ... Sastra j.
lir tinalang kêkalène mili ... Sastra l.
têtilase limit ... Sastra l.
lêlumute lunyu ... Sastra l.

III. Maskumambang

(Punarbawa jilid II)

Angêndhanu si mêndhung andhudhuh sêdhih ... Sastra dh.
kêdhêr kêdhap-kêdhap ... Sastra dh.
kang pêpadhang lir kalindhih ... Sastra dh.
dhêdhêp-tidhêm sabuwana ... Sastra dh.

IV. Wirangrong

(Purnarbawa jilid II).

Gatra siji karo sijine nunggal sastra t, kajaba gatra wêkasan.

Karêrantan rontang-ranting | rêntênging tyas gung katongton | katêtangi panggrantêsing kalbu | brangtaning tyas kèksi | narawung kawistara | surêm-kucêm kang wadana ||

Kajaba saka iku ana têmbang kang wêkasane gatra siji karo sijine padha nunggal sastra, kaya ta:

V. Kinanthi.

Pinggir sêndhang ana gadhung | rumambat ing klapa gadhing | pinencokan manuk podhang | sajodho tan ana tandhing | jroning gêdhong ana endhang | milihi wohing kurandhing ||

--- 1 : 127 ---

Ana manèh têmbang kang ikêtaning ukarane ing kabèh wiwitane gatra lan wêkasane gatra pada nunggal sastra.

Tuladhane:

VI. Sinom.

Adhuh yayi mbok iyaa | akarya têpang manuhi | usadane kasusahan | amung sira kang ngêsahi | ing batos miwah lair | èstu kula tan lumuhur | ugêr wus kalampahan | atêpang sêpên bilai | èsthining tyas rut-runtut praptèng dêlahan ||

Manawa têmbang Sinom ing dhuwur iku katulis ing sastra Jawa, katon cêtha yèn kabèh wiwitan lan wêkasaning gatrane padha nunggal sastra ha. Mangkono uga têmbang Dhandhanggula iki:

Hamèngêti dhawuhing Illahi | Hanggayuha hadining klakuhan | Hupayanên haja kahot | Hing rasaning lafal Hu | Hiku mangka talining Gahib | Hèsthinên nganti paham | Hengga têkèng mahut | Hasêsadon lintang Johar | Hawal-hakir sining bawana mênuhi | bêk jati-nugraha ||

(R. Ng. Ranggawarsita)

Katrangan:

Wêwatoning panulis (Indonesia: ejaan) ing jaman biyèn beda karo ing jaman saiki.

III. PURWAKANTHI LUMAKSITA. (PURWAKANTHI BASA).

Purwakanthi lumaksita sing akèh-akèh tinêmu ana ing wangsalan lan têmbang. Bab wangsalan, katêrangake ana ing buku Ngréngréngan Kasusastran Djawa jilid II.

Têmbang kang nganggo purwakanthi lumaksita iku kajaba kapenak dirungokake, uga gampang diapalake.

Tuladhane:

I. Sinom.

(Kalatidha, R. Ng. Ronggowarsito).

Amênangi jaman edan | ewuh-aya ing pambudi | milu edan nora tahan | yèn tan milu anglakoni | boya kaduman melik | kalirên wêkasanipun | dilalah karsa Allah | bêgja-bêgjane kang lali | luwih bêgja kang eling lawan waspada ||

--- 1 : 128 ---

Ing têmbang Sinom dhuwur iku têmbung-têmbung kang kasêbut luwih saka sapisan (dadi ing pangrasa kaya-kaya lumaksita), yaiku:
1. Edan, kasêbut ing gatra kapisan lan katêlu.
2. Milu, kasêbut ing gatra katêlu lan kaping papat.
3. Bêgja, kasêbut ing gatra kawolu lan kasanga.

II. Sinom.

Angajia tata-krama | ngajia basa kang bêcik | ngajia duga-prayoga | ngajia wêruh wêwadi | sêmu lawan lêlungid | ing êsit-wangsit dèn wêruh | aywa mbawur kewala | lawan dèn bisa nyurupi | mring watêking wong siji-siji punika ||

Ing têmbang iku têmbung "ngaji" kasêbutake nganti kaping papat. Ana ing gatra kang kaping pira?
Tata-krama = krama-niti, pranatan lan cara (kang bêcik), tata-trapsila.[35]
Basa kang bêcik = basa kang alus lan ora natoni ati.
Duga-prayoga = ukuran kang mapan (trêp) mungguh olèhe ngajèni marang liyan, ora kurang lan ora kaduk; kêpara ngajèni, nanging ora ngrèmèhake awake dhewe.
Wêruh ing wadi = ora nganti nggêpok bab kang kira-kira bisa agawe ora sênênge liyan, bisa wêruh ing watêse êndi kang kêna kalairake lan êndi kang ora kêna kawêdhar.
Wêruh ing sêmu, ing lêlungid, ing êsit-wangsit = ngrêti marang grênjêting atine liyan sarana kaungak saka polatane, têmbunge lan solah-bawane.

III. Kinanthi.

1. Kukuse dupa kumêlun | ngêningkên tyas sang apêkik | kawêngku sagung jajahan | nanging sangêt angikibi | Sang Rêsi Kanekaputra | tumurun saking wiyati ||

2. Kagyat ri sang kapirangu | pinêngkul kinêmpit-kêmpit | dhuh sang rêtnaning bawana | ya ki tukang walang-ati | ya ki tukang ngênês ing tyas | ya ki tukang kudu gêring ||

3. Ana ndadak milu-milu | kaya polahe wong cêplik | lali yèn kalêngkaningrat | ing bawana amurwani | musthikaning jagadraya | dhêmên lalèn sangga-runggi ||

(Sêrat Rama, R. Ng. Yasadipura I).

--- 1 : 129 ---

Katrangan:
Kumêlun = nglandêng, katon mumbul gêgulungan.
Ngêningkên tyas sang apêkik = sang binagus (yaiku Ramawijaya) muja-samadi.
Kawêngku sagung jajahan = bisa priksa (isine) saindênging bawana.
Nanging sangêt angikibi = nanging samar (panggalihe tidha-tidha) bangêt. Kikib = ora blaka, ora dikandhakake sanyatane.

Sanajan nalika iku Ramawijaya priksa (isine) saindênging bawana, nanging priksane kurang pana; pêpindhane kaya bab sing ora diblakakake (agawe samar).

Sang kapirangu = wong sing atine lagi ngalami rangu-rangu utawa gojag-gajêg. (Gandrung-gandrung kapirangu = gandrung bangêt; saking gandrunge njalari pikire gojag-gajêg ora bisa jêjêg, satêmah banjur ndlêming).
Pinêngkul = dirangkul (gulune), pratandhane sih-trêsna.
Rêtnaning bawana = sêsotyaning jagad, maksude: kang pinunjul ing jagad.
Walang-ati = kuwatir, was-sumêlang, sangga-runggi.
Gêring = lara, sêdhih bangêt. Ing dhuwur iku maksude: nglêlara atine dhewe, agawe sêdhihe atine dhewe.
Wong cêplik = wong cilik, wong rucah. Cêplik = suwêng cilik, ing dhuwur iku dianggo pêpindhane wong cilik utawa wong asor, wong rucah.
Kalêngkaning rat = sêsotyaning jagad, maksude: kang pinunjul ing jagad.
Musthikaning jagadraya = sêsotyaning jagad, rêtnaning bawana, kalêngkaning rat.

XIX. Susulan.

Kajaba têmbung saroja, têmbung yogyaswara, têmbung sandi, têmbung plutan lan liya-liyane kang wis kasêbut ing ngarêp, isih akèh têmbung-têmbung sing bisa dadi rêrêngganing basa, kaya ta:

1. Têmbung camboran.

Uba-rampe, silih-asih, mas-picis, bulu-bêkti, raja-pèni, guru-bakal, guru-dadi, galap-gangsule, silih-ungkih, tunggang-gunung, tibra-layu, sandi-kala, kêmbar-mayang, gagar-mayang, sisip-sêmbire, duka-cipta, jaga-wèsthi, bau-suku, bau-dhanyang, dodhog-wêsi, tuna-dungkap,

--- 1 : 130 ---

glondhong-pangarêng-arêng, sapu-dhêndha, bau-dhêndha, kêrig-lampit, bala-bacingah, grêgêt-saut, anta-wacana, wulu-wêtu, wulu-cumbu, banyak-dhalang, gêthok-tular, tapak-jalak, pacak-baris, rajêg-wêsi, ambak-ambing, tangkêp-pelas, saput-dhêngkul, saput-lêbu, sabuk-wala, sandi-asma, sawung-galing, arda-walika, cundhuk-mêntul, thêk-kliwêre, gugur-gunung, pathok-bangkrung, gondhang-kasih, saru-siku, gantung-boja, gantung-kawin, tuwa-buru, tuwa-rawa, arda-walepa.

2. Têmbung kosok-balèn.

A. Kosokbalèn lugu.
Ulun >< pukulun.
Mara >< para.
Manira >< pakênira.
Ulon-ulon >< dagan.
Srigunung >< sritaman.
Panênggak >< sumêndhi (sumêndhe).
Wêweka >< pêpeka.
Yatna >< lena.
Kyai (Ki) >< nyai (nyi).
Milir >< mudhik.
Anor-raga >< gumêndhung.
Ngarsa >< wuri, wuntat.
Kêris dhapur naga tapa (lêncêng) >< kêris dhapur naga lumaksana (mawa luk).

B. Sok dianggo bêbarêngan.
Jaka-rara
Jalu-wanita
Yayah-rena
Yayah-wibi
Kakang kawah-adhi ari-ari
Piyak ngarsa-tangkêp wuri
Ngrupak jajahaning mungsuh-ngêlar laladaning rowang
Siyang-ratri
Ngalap-nyaur
Panas-tis (Tis = atis, adhêm)
Agal-alus
Kaki among - nini among
Guru-bakal - guru-dadi

C. Kosokbalèn mawa antara.
Lanang, wadon, wandu.
Kalah, mênang, sampyuh (pur).
Nom, tuwa, satêngah tuwuh.
Adhêm, panas, mangêt-mangêt.
Mati, urip, kantaka (kapidhara).
Êndhèk, dhuwur, pidêksa.
Tuna, bathi, pog.
Awan, bêngi, sandi-kala.

--- 1 : 131 ---

Purwa, madya, wasana.
(Wadhah) kêbak, kosong, sanyangking.
Sugih, miskin, cukup.
Anyêp, asin, manda-manda.

3. Ngêmu surasa "kabèh".

Saniskara
Sagunging
Sanggyaning
Salwiring
Samubarang
Sajêg-jumlêg
Salumahing bumi
Sakurêbing langit
Saindênging bawana
Sacindhile abang
Saranduning angga
Sadhêdhak-mêrange
Badan sakojur
Sajêge urip
Sadina muput
Sawêngi natas
Sasore bêndhe
Sakesuk jêpluk

4. Atêgês cilik bangêt, sadhela bangêt lsp.
Samêndhang
Saêndhêg amun-amun
Sadrahing angin
Sasiliring bawang
Saluguting kolang-kaling
Sarambut pinara pitu
Sagêbyaring thathit
(Dipangan) sakêthokan
(Didêlêng) sakêplasan
Kari saanjatan iki
Yèn nginanga durung abang, idua durung asat
Sapangu
Sapanginang
Saumuring jagung
Sapambalang (dohe)
Samatra
Sapandurat
Sakêdhèp netra
(Diombe) saêndhêgan
(Disawang) satleraman
Sagêdhagan iki larang sandhang

5. Tan (datan), tar, ora.
Tansah (tan = ora. Sah = pêdhot)
Tan pae
Tan sipi
Tan prabeda
Tan wun
Tan lyan
Tan pantara
Tan lênggana
Tan darana
Tan arsa bukti
Tan pasah ing braja
Tan kêna kinaya-ngapa
Tanpa wasana
Lêmbut tan kêna jinumput
Ora têdhas tapak-paluning pandhe
Tan ana sabawane walang salisik
Ora gutuk
Ora sumbut
Tanpa guna
Tanpa timbang
Tanpa wilangan
Tanpa tandhing
Prasasat tanpa têpi (jêmbare)
Tanpa pêpindhan
Tanpa suwala
Tanpa upama (sênênge)
Tanpa sama (ora ana sing madhani)
Tanpa sabawa
Tarlèn
Gêgodhongan tan ana obah.
Samirana datan lumampah

--- 1 : 132 ---

6. Kriya awujud lingga.
Asrah bongkokan.
Asok bulu-bêkti.
Asung pitulung.
Soroh amuk.
Têbah jaja.
Cancut tali-wanda.
Suduk salira.
Labuh praja.
Bela sungkawa
Imbal wacana.
Imbal sabda.
Cêthik gêni.
Kêmbul bujana.
Tinggal glanggang.[36]
Cêgah dhahar.
Bêdhol jangkar.
Sikêp gêgaman.
Tadhah dêduka.
Pasang sêmu (ulat).
Kêrig lampit.
Colong playu.[37]

7. Kriya awujud tanduk lsp.
Nusup ngayam-alas.
Nalasak wana-wasa.
Nggege mangsa.
Nguncupakên asta.[38]
Ngadi sarira.
Manjing dhatulaya.
Nêmbang têngara.
Nyaru wuwus.
Ngêtog tênaga.
Mênthang langkap.
Nglêpasakên warastra.
Ngrasuk kaprabon jurit.
Njêrokake jagang.
Nambut silaning akrama.
Madal tamba.
Ngampil upacara.
Njrêbabah ndhêpani lêmah.
Nêmpuh byat.
Ngrasuk busana.
Ngiwa langkap.
Mandhi gada.
Ngikal gada.
Ngêmbat lawung.
Ngundha gada.
Mundhi dhawuh.
Ngêmban timbalan.
Nyadhong dhawuh.
Minta sraya.
(Lungguhe) nyagak talang.
Ngêmping lara.
Masang kapurancang.
Mbalang liring.
Ngincangake alis.
Madal sumbi.
Nggantung laku.
Murang marga.
Mangsah yuda (jurit).
Magut pupuh (jurit).
Mèsêm pêndhêm.
Ngguyu tuwa.
Nungsung warta.
Nungsung guyu.
Nggenjah pati.
Ngore rema.
Ngraga suksma.
Nyapu parangmuka.
Ndhêpani nagara.
Ngrangsang bètèng.
Ngganthol kapurancang.
Madal pasilan.
Mbuwang tilas.
Mancal donya.
Mancal kêmul.
Musthi sanjata cakra.

8. Dhapukan bawa-ma.
Sumungkêm ing pêpada.
Matur cumanthaka.
Sumangga karsa.
Sakêthi jumurung.
Lumaris, lumaksana, lumaksita.
Sumêngka agraning wukir.
Tumurun ing jurang-trêbis.
Dumrojog tanpa larapan.
Bocah wayah gumajang kèwèr.
Nêdhêng gumanda-rasa.

--- 1 : 133 ---

Sumarah ing Hyang Suksma.
Tumênga ing akasa.
Gumantung tuntunging ati.
Pêdhèt gumêmpol.
Sumêngka pangawak braja.
Tumungkul ing pratiwi.
Bocah tumloncong.
Dêgan kumêruk buntut.

9. Dhapukan tanggap-ka, tanggap-di.
Sèbêt byar katalika.
Kapracondhong madyaning rana.
Kasambut madyaning rana.
Kajonjang sumangga asta.
Katuwêk sumangga jaja.
Katigas sumangga jangga.
Kajênanga kaebora.
Digawe karang-abang.
Ditigas-pancing.
Disêndhal-mayang.
Disêndhal-pancing.
Disundhul-puyuh.
Dipacar-wutah.
Diuntal-malang.

10. Dhapukan tanggap-na.
Miyos tinangkil.
Ginarêbêg para manggung-kêtanggung.
Ingayap para biyada.
Pinarak ing dhampar dênta.
Sinewaka para wadya-bala.
Sinawuran sari.
Ginanda-wida jêbat-kasturi.
Kinêbutan ing lar-badhak.
Pindha tugu sinukarta.
Winongwong jawata.
Dinirgakna ingkang yuswa.
Kinêpung wakul binaya mangap.
Tinatah mêndat jinara mèntèr.
Bojana pinanggih wingking.
Lir madu pinusthika.
Lir tinubruk mong tuna, sinambêr ing gêlap lêpat.
Aja gêla cineda, ingalêm aywa macucu.
Tinarbuka.
Sinuksmèng wardaya.
Sinidikara.
Kinarawistha.
Mitra sinarawèdi.
Ingêla-êla.
Dinama-dama.
Winisudha.
Pantês sinudarsana.
Tinanggênah.
Samad-sinamadan.
Pinatik sêsotya.
Pangantèn binayangkare.
Sinuba-sinukarta.
Agêlung minangkara.

11. Atêgês putra, turun, trah (darah).

Panambang a (Sangsêkêrta) kang sumambung ing têmbung kang mratelakake araning bangsa utawa jênênging wong, atêgês: putra, turun, trah (darah). Tuladhane:

1. Pandhawa = putrane Pandhu.
2. Kurawa (Korawa) = turune bangsa Kuru.
3. Ragawa = putrane Dèwi Ragu (Dèwi Sukasalya), yaiku Ramawijaya.
4. Purawa (Porawa) = putrane Prabu Puru.

--- 1 : 134 ---

5. Yadawa = turune bangsa Yadu.
6. Madawa = turune bangsa Madu, yaiku Krêsna.
7. Sindawa (Sêndawa) = turune bangsa Sindu, yaiku Jayadrata.
8. Aditya = putrane (turune) Dèwi Aditi.
9. Ditya = putrane (turune) Dèwi Diti.
10. Danawa = putrane (turune) Dèwi Danu.

Pèngêt.

Manut buku Mahabarata, Sang Hyang Daksa pêputra 13, putri kabèh, yaiku: 1 Dèwi Aditi, 2 Dèwi Diti, 3 Dèwi Danu, 4 Dèwi Kala, 5 Dèwi Danayu, 6 Dèwi Sinhika, 7 Dèwi Kroda, 8 Dèwi Prada, 9 Dèwi Wiswa, 10 Dèwi Kadru, 11 Dèwi Kapila, 12 Dèwi Muni, 13 Dèwi Winata. Putri 13 iku kabèh kagarwa Bathara Kasyapa, rêsi ing Kaswargan. Ya putri 13 garwane Bathara Kasyapa iku sing nurunake para dewa ing Suralaya, para manungsa ing Marcapada, para gandarwa, wanara, buta, manuk, ula lan sakabèhe kutu-kutu walangataga.

12. Têmbung pamiluta.

Têmbung pamiluta iku têmbung sing diênggo miluta utawa milut; lumrahe diucapake dening priya tumuju marang kêkasihe, yaiku wanita kang ditrêsnani bangêt.

Têmbung pamiluta iku lumrahe isi pangalêmbana utawa panyandra marang kêkasih. Wondene carane ngalêmbana utawa nyandra marang kêkasih sarana dipêpindhakake:

I. Barang kang endah warnane, kaya ta: rêmbulan, lintang.
II. Barang bangsane pèni-pèni raja-pèni, kaya ta: mas, intên lan dasanamane.
III. Barang sing diaji-aji bangêt utawa dipundhi-pundhi, bangêt kaya ta: jimat, pêpundhèn.
IV. Peranganing anggane manungsa kang wigati bangêt, kaya ta: maniking mata, tuntunging ati.
V. Nyawa, utawa raga sanyawane, kaya ta: jiwangga (jiwa + angga = nyawa + raga).

Kang kalêbu têmbung pamiluta, kaya ta:
1. Maskwari (masku + ari) = adhiku kang pindha kêncana.
2. Mas-mirahku = kêkasihku kang pindha mas-sêsotya. (Mirah = intên awarna abang).
3. Intên-intêne pun kakang.
4. Mêmaniking bumi. (Manik = rêtna, sêsotya, intên).
5. Kumalaning bumi. (Kumala = kalêngka, sêsotya, rêtna, intên).
6. Musthikaning jagadraya. (Musthika = rêtna, sêsotya, barleyan).

--- 1 : 135 ---

7. Kusumaning para kênya.
8. Maniking mataku, kang tansah gumantung tuntunging ati, tumêtêp ing jêjantung. (Manik = têlênging mata).
9. Nimas jêjimatku, pêpundhène pun kakang.
10. Maskwari, jiwanggaku.
11. Kang apindha sudama. (Sudama = lintang, sasa, kartika).
12. Kang cahyane ngasorake sunaring sasi. (Sasi = rêmbulan).

XX. Panutup.

Minangka panutupe buku Ngéngréngan Kasusastran jilid I iki, pangripta asung rumpakan têmbang-têmbang Macapat kang ngêmot jênêng-jênênge godhong, kêmbang, pêntil, woh, talining barang-barang, araning kriya lan sapanunggalane kang kêrêp tinêmu ana ing wangsalan.

Têmbang-têmbang Macapat ing ngisor iki prêlu diwaca bola-bali. Pakolèhe, sapisan: bisa ngrêti jênêng-jênênge godhong, kêmbang, woh, lan sapanunggalane kang kamot ing têmbang iku. Kapindho: bisa ndayani landhêping pangrasa marang guru-wilangan lan guru-lagune têmbang. Sukur manawa banjur bisa nyalira guru-lagu lan guru-wilangane têmbang iku.

I. Sinom

(Araning godhong)

Sinom araning ron kamal[39] | cêthèthèt godhong kêcêpir | procot jambe wuni mojar | lombok sabrang lêmpyang lirih | êlarmanyura êpring | tela jlegor turi pêthuk | mlinjo so blêdhèg jarak | gamplêng katès jompong jati | Smarakandhi randhu uga baladewa || (Pm)

II. Asmaradana.

(Araning kêmbang)

1. Sang kusuma ngasmarani | sèdhêt kêncur jambe mayang | kara kèpèk kopi blanggrèng | durèn dlongop kadi kapas | ucêng so blimbing maya | kacang bundhêl drèngès suruh | pête pêndul pandhan pudhak ||

--- 1 : 136 ---

2. Nipah dongong pohung ingklik | jambu karuk kimpul pancal | cubung torong cêngkèh polong | glêgês têbu cêlung dhadhap | kêthêkêr kêmbang salak | kanthil gadhing randhu karuk[40] | garut grêmêng nangka babal ||

3. Krambil manggar jangglêng jati | kêmbang kelor ran limaran[41] | gêdhang tuntut jantung ontong | bêsêngut kêmbange kacang | kasêbut bundhêl uga[42] | kluwih onthèl arèn dangu | kêpungkur araning kêmbang[43] || (Pm).

III. Pangkur.

(Araning pêntil).

Pêpêntile tan kawuntat[44] | nangka tèwèl kasêbut uga gori | krambil dêgan cêngkir bluluk | so kroto bêsngut kacang | jambu randhu karuk yèn asêm cêmpaluk | pêntil jagung ran jantenan[45] | blêbêr jambe blibar manggis || (Pm).

IV. Mijil.

(Araning woh).

Mijil uwoh arèn kolang-kaling | êso aran mlinjo | turi klenthang kanthil kasbut gandhèk | pocung kluwak kêsambi kêcacil | wohing gêbang krandhing | bêngkowang bêsusu || (Pm).

Sang prabu utusan gandhèk sakêmbaran = utusaning ratu kang pakaryane maringake layang utawa nundhakake dhawuh-timbalane sang prabu marang nayaka utawa priyagung liyane. Gandhèk iku cacahe mêsthi loro. Yèn gandhèk ing Suralaya: Hyang Patuk lan Hyang Têmboro.

Woh kang durung kasêbut: katak, yaiku woh uwi utawa gêmbili kang dumunung ana ing cangklakaning godhong.

--- 1 : 137 ---

V. Durma.

(Araning wiji utawa isi).

Klênthêng randhu jêbug jambe kang wis tuwa[46] | plêm pêlok botor cipir | wuku wiji kapas | bêton isining nangka[47] | asêm klungsu raning wiji | malinjo klathak[48] | isi sawo ran kêcik || (Pm).

VI. Pucung.

(Araning anak).

1. Mêrak uncung warak plêncing kêthèk munyuk[49] | cêcak ran sawiyah | asu kirik cèlèng gênjik | mêntas lair lumrahe ingaran jagar[50] ||

2. Bulus kêtul sapi pêdhèt udhèt wêlut[51] | lele ran jabrisan[52] | bèyès yuyu kodhok prêcil | kasbut cebong yèn buntute durung bundhat ||

3. Pitik kuthuk bèbèk mêri banyak blêngur | kutuk ran kotesan | beyongan kocolan kenging | baya krete kucing cêmèng kroto ngangrang ||

4. Cindhil tikus tobil kadhal babi gêmbluk | wil anak danawa | menthog èndhèl uga minthi[53] | karan komprèng anake kidang-mênjangan[54] ||

--- 1 : 138 ---

5. Cêmpe wêdhus macan gogor gajah blêdug | gudèl nak maesa | jaran bêlo brangti tongti[55] | kor nak tuma sênggutru anak kêndhêla[56] || (Pm)

VII. Dhandhanggula.

(Araning omah lan wadhah).

1. Omah-wadhah rinipta mrih manis[57] | kanthong dhuwit endhong wadhah panah[58] | pranji pitik kombong bèbèk | rong ula susuh manuk[59] | krangkèng macan warangka kêris[60] | lèng gangsir êsong landhak | papon wadhah apu | pragèn bumbu plangkan tumbak[61] | slêpi rokok gayor gong bothekan jampi | epok wadhah kinangan ||

2. Padaringan bêras lumbung pari | tulang jangkrik kêbo sapi kandhang[62] | tala tawon sudhung cèlèng | kurungan wadhah manuk | gupon dara sêlon tarasi[63] |

--- 1 : 139 ---

gêdhogan kandhang jaran | tangsi saradhadhu[64] | sêmbahyang mêsjid lan langgar | klênthèng Cina greja Protestan Katolik | loji panggêdhe Landa[65] ||

3. Dhompèt dhuwit patarangan pitik | bango omah kinarya dodolan | grêdhu papaning pajagèn | tumrap tanduran gubug | hotèl papan sipêng swatawis | pasanggrahan kang kaprah | palêrêban gunung | bangsal gêdhong gêdhe endah[66] | bale-mangu iku kinarya ngadili | wong nglanggar khukum praja ||

4. Omah madyèng taman panti-sari | padhepokan dununging pêndhita | pacrabakan iku nggone | Sang Wiku mulang-muruk | myang mêmêjang mring cèkèl-cantrik | yèn bale-mandhakiya | kinarya manêkung | uga ran sanggar pamujan | lawan sanggar palanggatan nunggal arti | lan sanggar pamidikan ||

5. Kasbut sanggar pamêlêngan ugi | ingkang kaprah karan gêdhong-gajah | iku musiyum yêktine | ing Jakarta sinêbut | gêdhung-arca kalokèng nagri | Yoja Sanabudaya | ing Sala sinêbut | Pahêman Radyapustaka | ana dene wisma kang kinubêng warih | ingaran bale-kambang[67] || (Pm).

--- 1 : 140 ---

VIII. Maskumambang.

(Jênênge garan).

Doran pacul ukiran garaning kêris | landheyan yèn tumbak[68] | payung dhandhan popor bêdhil[69] | pancing walêsan grip sopak || (Pm).

IX. Kinanthi.

(Araning tali).

1. Kanthi tali aran kênur[70] | gandhèng walêsan lan pancing | uwêd talining panggalan | jangêt sangkal klanthe caping[71] | suh sapu sêndhêng gandhewa[72] | jala-jala[73] tali kêlir ||

2. Sawêt pasangan gong pluntur[74] | ambên lapak tali-goci[75] | layangan bêkukung klamar[76] | apus-buntut munggwing wingking | kolor têtalining sruwal[77] | karsèt rantening arloji ||

3. Kêluh irung jêjêt wêngku | pat-upat pêcut ing puncrit | ulur bênanging layangan | sêndhêng sêndarèn yèn godhi | têtaline lar pênjawat[78] | êlis talining kêndhali || (Pm).

--- 1 : 141 ---

X. Gambuh.

(Arane kriya utawa tukang).

1. Raning kriya dèn gambuh[79] | tumbak-kêris ginawe ing êmpu[80] | jlagra natah watu wrangka-gandar mranggi | undhagi bêkakas kayu | molang iku bakul kêbo ||

2. Blandhong nêgori kayu | blantik jaran grêma ambêburu | kusir dhokar supir motor masak koki | kyai ngaji guru muruk | dhalang mayang êmban momong ||

3. Tukang nambani dhukun | yèn pangobèng mbathik nanging buruh | tukang gawe grabah lêmah aran kundhi | niyaga kang tukang nabuh | gamêlan yèn bêdhug mrêbot ||

4. Srati pakartinipun | ngrumat gajah jaran gamêl kasbut | yèn panêgar tukang ngajari turanggi | pakathik mung tukang nuntun | pandhe gawe arit-bêndho ||

5. Jurukunci nèng kubur[81] | nggolèkake jodho banjarwaru[82] | sayang nggarap barang kang saking têmbagi | bajag mbegal anèng laut | grêji iku tukang dondom || (Pm).

XI. Mêgatruh.

1. Datan pêgat mangan sakabèhe makluk[83] | cèlèng nggogos glathik nisil | macam[84] nggaglag mbadhog diyu[85] | kewan galak mangsa daging | ula nguntal baya nyaplok ||

2. Wre ngrakoti ngrikiti lan nacah tikus | nyênggut tumrap kêbo-sapi | nocok pamangane asu | nothol-nucuk bangsa pitik | banyak bèbèk anênocor ||

--- 1 : 142 ---

3. Uwong awan madhang sore mancal-kêmul[86] | sarapan ing wanci enjing | dhahar mungguh bangsa luhur | boga bukti nadhah Kawi[87] | buka-saur yèn pasa wong || (Pm).

XII. Asmaradana.

Têturune ngasmarani | turun siji iku anak | putu turun kaping pindho | buyut têlu canggah papat | warèng turun ping lima | udhêg-udhêg gantung-siwur | turun nênêm lan kasapta || (Pm).

XIII. Sinom.

1. Pra anom padha mèngêta | kang wus kaprah dèn slamêti | lakon wayang Murwakala | rinuwat linuri-luri | atmaja ontang-anting | kêmbar dhampit lawan bungkus | pancuran kapit sêndhang | sêndhang kapit pancuran twin | kang sinêbut sarimpi miwah saramba ||

2. Tanapi kêmbang sapasang | Pandhawa lan gondhang-kasih | padangan lawan pipilan | miwah gêdhana-gêdhini | gêr-ugêr lawang tuwin | tawang-gantungan lan wungkul | tiba-ungkêr jêmpina | jadah wungle tiba-sampir | apa dene cêmani miwah salewah ||

3. Margana miwah sumala | wahana wuyungan lair | parêng lan sêraping surya | julung-caplok dèn arani | yèn julung-sarab wanci | hyang arka lagi mèh surup | ingaran julung-sungsang | lair parêng bêdhug muni | julung-kêmbang parêng lan plêthèking surya[88] ||

Dhandhanggula.[89]

Raning swara rinipta mrih manis | buta ngêrik ula-naga ngakak | jaran mbêkèr ambêngingèh | manuk prêkutut manggung | menco ngocèh gangsir angênthir | kodhok ngorèk wanara | mêre gêmak mêlung | mrak nyêngunglong kêbo mbêngah | dara bêkur gajah ngêmprèt jangkrik ngêngkrik | macan nggro mbaung sona ||

--- 1 : 143 ---

XV. Pangkur.

(Araning wêktu)

1. Byar wanci jam nênêm ênjang | parêng lawan palêthèking hyang rawi | gumatêl jam sanga esuk | pêcat-sawêt jam sdasa | gya têngange uga kasbut wayah bêdhug | marêngi jam rolas awan | nuli luhur jam satunggil ||

2. Lingsir-kulon diwangkara | wus jam loro lamun asar ing wanci | jam papat gya tunggang-gunung | yèku wayah jam lima | tibra-layu jam satêngah nênêm iku | rêpêt-rêpêt sandi-kala | jam nêm uga kasbut maghrib ||

3. Bakda-maghrib tabuh sapta | tandya isa satêngah wolu bêngi | bakda-isa wus jam wolu | sirêp-bocah jam sdasa | yèn sirêp-wong wayah jam sawêlas punjul | gya bêdhug-dawa jam rolas | yèn lingsir-wêngi jam siji ||

4. Titiyoni winursita | udakara wanci jam kalih ratri | jagokluruk-pisan iku | ndungkap wanci jam tiga | bêdhug-têlu uga karan wayah subuh | jam sakawan sinauran | sawungkluruk kaping kalih ||

5. Jago-kluruk ping tlu wayah | wus jam lima nuli sinambung wanci | saput-lêmah saput-lêbu | jam satêngah nêm enjang | tan andangu hyang surya wus mèh mancungul | marbabak-bang gagat-rina | tandya byar jam nênêm enjing ||

XVI. Kinanthi.

(Wara utawa dina, wuku).

1. Pancawara uga kasbut | dina Pasaran jinarwi | Palguna Pon yèn Cêmêngan | Wage Kasih Kliwon nuli | Manis karo Lêgi padha | Jênar iku têgês Paing ||

2. Sadwara uga sinêbut | Paringkêlan mêngku arti | pangapêsan nêm prakara | Tungle ringkêl godhong nênggih | Aryang iku ringkêl janma | Wrukung ringkêl kewan yêkti ||

3. Paningron iku satuhu | ringkêl mina warni-warni | Uwas ringkêling kukila | Mawulu ringkêling wiji | tan prayoga anyênyêbar | wiji pari calon winih ||

4. Saptawara dina pitu | Soma Sênèn aywa lali | Anggara Salasa Buda | Rêbo yèn Rêspati Kêmis | Sukra Jumah Sêtu Tumpak | Dite Ngahad Minggu ugi ||

5. Asthawara dina wolu | Sri Endra Guru Yama twin | Lodra Brama Kala Uma | Sangawara Dangu nuli | Jagur Gigis Krangan Nohan | Wongan Tulus Wurung Dadi ||

6. Wuku iku têlung puluh | Sinta Landhêp Wukir tuwin | Kurantil Tolu tumulya | Gumrêg lawan Warigalit | Warigagung sinambêtan | Julungwangi Sungsang nuli ||

--- 1 : 144 ---

7. Galungan Kuningan banjur | Langkir Mandhasiya nênggih | Julungpujut lawan Pahang | Kuruwêlut Mrakèh Tambir | Mêdhangkungan miwah Maktal | Wuye tanapi Manail ||

8. Prangbakat Bala sinambung | Wugu Wayang Kulawu twin | Dhukut Watugunung têlas | pangripta têtanya mangkin | dêdongengan kadi-paran | tuwuhe wuku sakawit ||

XVII. Sinom.

A. Tanggale 1 Sura warsa Jawa.

Pra anom padha mèngêta | Rêbo Wage warsa Alip | Ehe Ngahad Pon tumanggal | Jimawal Jumah Pon nênggih | warsa Je Slasa paing | Dal Sêtu Lêgi sumusul | Be Kêmis Lêgi tanggal | Wawu Sênèn Kliwon ngancik | yèn Jimakir Jêmuwah Wage tumapak ||

Nging mangke maju sadina | Slasa Pon tanggale Alip | Ehe Sêtu Paing dadya | Jimawal ing Kêmis Paing | warsa Je Sênèn Lêgi | Dal Jêmuwah Kliwon nuju | Be Rêbo Kliwon nulya | Wawu Ngahad Wage wiwit | yèn Jimakir Kêmis Pon tapaking tanggal ||

B. Tanggale siji-sijine sasi Jawa.

Ji-ji Sura tlu-ji Sapar | Mulud papat-lima nuli | Bingulakir nêm-ma tu-pat | Madilawal Madilakir | ro-pat yèn Rêjêb tri-tri | sasi Ruwah lima-têlu | nêm-ro Pasa yèn Sawal | ji-ro Dulkangidah ro-ji | sasi Bêsar wêwaton papat-sajuga ||

Katrangan.

1. Tanggale 1 Sura siji-sijine taun Jawa iku sabên kira-kira 120 taun banjur maju sadina. Watara 120 taun kêpungkur awêwaton Aboge, têgêse: Alip Rêbo Wage; saiki awêwaton Asapon, têgêse: Alip Slasa Pon; besuk kurang-luwih 120 taun êngkas maju manèh dadi Anêning, têgêse: Alip Sênèn Paing.

2. Upamane arêp nggolèki tanggale 1 Jumadilawal ing taun Dal, manut wêwaton Aboge, dadi manut têmbang A ing pada kapisan.

1 Sura taun Dal tiba dina Sêtu Lêgi. Sêtu Lêgi iku ing têmbang pada B kasêbut "ji-ji Sura". Dadi Sêtu Lêgi = ji-ji. Dina "ji" tiba "Sêtu", pasaran "ji" tiba "Lêgi".

1 Jumadilawal, ngèlingi pathokan ing têmbang B ana ukara "tupat Madilawal". Têmbung "tupat" wancahane "pitu-papat", têgêse: dinane tiba nomêr 7, pasarane nomêr 4.

Dina nomêr "ji" ing taun Dal tiba Sêtu, nomêre "tu" Jêmuwah.

--- 1 : 145 ---

Pasaran nomêr "ji" ing taun Dal tiba Lêgi; nomêre "pat" Wage.

Dadi tanggal 1 Jumadilawal taun Dal tiba dina Jêmuwah Wage.

XVIII. Dina naas.

Dina naas warna têlu, yaiku:
a. Dina (tanggal) patine wong-tuwa (bapa-biyung lan mara-tuwa).
b. Dina patine sasi lan patine taun. (Patine = wêkasane).
c. Tanggal nalika ana Nabi nandhang sangsara, yaiku: 13 Sura, N. Ibrahim diobong Raja Namrud. 3 Mulud, N. Adam diturunake saka swarga. 16 Rabingulakir, N. Yusup dicêmplungake sumur. 5 Jumadilawal, N. Nuh kinêlêm samodra. 21 Pasa, N. Musa pêrang karo Pirngon. 24 Dulkangidah, N. Yunus diuntal iwak.

XIX. Windu.

Windu iku araning petungan wêktu. Sawindu ana 8 taun, araning taune: Alip, Ehe, Jimawal, Je, Dal, Be, Wawu, Jimakir.

Windu iku ana warna papat, yaiku:
1. Windu Adi, atêgês: linuwih.
2. Windu Kunthara, têgêse: ulah.
3. Windu Sangara, têgêse: banjir.
4. Windu Sancaya, têgêse: srawung.

Saiki windu Sancaya, wiwite dhèk taun Jawa 1891, wêkasane besuk taun 1898. Banjur ganti windu Adi 1899 - 1906, Kunthara 1907–1914, Sangara 1915–1922, lan sabanjure sabên 8 taun ganti windu.

XX. Tumbuk.

Tumbuk têgêse gathuk. Tumbuk-yuswa (tumbuk-umur) têgêse: umure mbênêri tumbuk, gathuk. Sing gathuk yaiku dinane, pasarane lan liya-liyane.

Tumbuk-yuswa iku ana warna têlu, yaiku:

1. Tumbuk-taun, umur 8 taun trêp (taun Jawa). Sing gathuk, yaiku: dinane, pasarane, sasi lan tanggale, taune.

2. Tumbuk-pawukon, umur 16 taun trêp. Sing gathuk, yaiku: dinane, pasarane, sasi lan tanggale, taune, pawukone.

3. Tumbuk-windon (tumbuk-gêdhe), umur 32 taun trêp. Sing gathuk, yaiku: dinane, pasarane, sasi lan tanggale, taune, wukune, taune, windune.

--- 1 : 146 ---

XXI. Wuwuhan.

(Bab sing gêgayutan karo wayang).

1. Sandhangan lan rêrêngganing wayang.

1. Topong-makutha (makutha-lancip), makutha agême Krêsna, Baladewa lsp.

2. Topong-kêthu (makutha-têmpak), topong agême Bathara Guru, Karna lsp.

3. Kêthu-dewa (barang sêmbêt diubêdake ing sirah), agême Bathara Surya, Brama, Bayu lan para pêndhita.

4. Kêthu-têmpak agême Pragota, Sêngkuni lsp.

5. Grudha-mungkur, yaiku pêpêthan sirahe manuk garudha kang trape mungkur (cucuke mangap) dianggo kancing-gêlung.

6. Utah-utah, rêrênggan kang dumunung ing angaping cucuke garudha-mungkur.

7. Ukup, blebekan mas ing gêlung perangan dhuwur (tutup gêlung).

8. Jamang, blebekan mas awangun maju-têlu kang trape ing bathuk lan pilingan. Jamang iku ana warna loro:
a. Jamang sada-saêlêr, agême putran lan bambangan.
b. Jamang sungsun (nganti sungsun têlu), agême para ratu.
Bocah desa sok gawe lan nganggo pêpêthan jamang saka godhong nangka.

9. Sumping, rêrênggan kang diklowongake ing godhoh-kuping. Sumping warna lima:
a. Sumping surèngpati, agême para ratu.
b. Sumping wadêran, agême bambangan lan satriya, kaya ta Janaka lan sapanunggalane.
c. Sumping gajah-ngoling, agême para putri.
d. Sumping kêmbang-kluwih, agême Nakula, Sadewa lsp.
e. Sumping pudhak-sinumpêt, agême Wrêkudara.

10. Suwêng, rêrêngganing kuping (tumrap wayang wadon lan lanang).

11. Kalung, rêrêngganing gulu. Ana warna loro:
a. Kalung rante.
b. Kalung tanggalan utawa kêbo-mênggah, wangune kaya saparoning rêmbulan utawa kaya sungu kêbo kiwa-têngên.

11.[90] Ulur-ulur, rêrênggan saka gulu kumlawèr ing wêtêng lan gathuk karo pênding (timang).

--- 1 : 147 ---

13. Praba, rêrênggan saèmpêr swiwi kang trape ing gigir.

14. Kêlat-bau, rêrênggan kang trape ing bau. Ana warna têlu:
a. Kêlat-bau naga-mêmangsa (naga-ngangrangan), agême para ratu.
b. Kêlat-bau clumpringan, agême para punggawa.
c. Kêlat-bau bogêman, agême darah Bayu (Anoman lan Wrêkudara).

15. Gêlang, rêrênggan ing ugêl-ugêl tangan. Ana warna papat, yaiku:
a. Gêlang nagendrarêsmi, agême para ratu.
b. Gêlang-kana (rangkêp loro bundêr kabèh, utawa sing siji awangun maju-pat), agême para satriya, para putri.
c. Gêlang clumpringan (rangkêp loro kang digandhèng sarana pêpêthan clumpringe pring), agême para punggawa.
d. Gêlang candrakirana, agême darah Bayu (Anoman, Wrêkudara).

16. Sabuk, bangsane sêtagèn saka bludru utawa cindhe.

17. Pênding, bangsane sabuk sing digawe saka blebekan mas (slaka).

18. Timang, cathokaning sabuk kang awangun kaya gèspêr. Timang kang ditrètès sêsotya diarani jlebrah.

19. Kêris, trape sarana:
a. Disangkêlit, dumunung ing buri (ing gigir).
b. Disothe, dumunung ing ngarêp (ing wêtêng).
c. Dianggar, dumunung ing ngiringan (ing lambung).

Perangane kêris:
a. Wilahan, adhapur naga-tapa (lêncêng) utawa naga-lumaksana (mawa luk), sing digawe saka wêsi aji, sing nggawe êmpu.
b. Ukiran, yaiku garane kêris, tumancêp ing pasi.
c. Mêndhak, rêrêngganing kêris kang dumunung ing sangisor ukiran, minangka karahe.
d. Gandar utawa sarungan, sing digawe saka kayu, sing nggawe mranggi.
e. Pêndhok, yaiku sing mbungkus sarungan, sing digawe saka mas (slaka utawa mamas), adhapur buton (rapêt, buntu) utawa blewah (mawi bêlekan). Pêndhok kang ditrètès sêsotya jênênge slorok.
f. Wrangka, awangun ladrangan (jamprak) utawa gayaman (kaya woh gayam), sing digawe kayu. Yèn gandar sarta wrangkane ora sambungan (sing digawe saka kayu satêngkêl), diarani gandar-iras.

--- 1 : 148 ---

Perangane wilahan kêris:

a. Pasi, yaiku sing ditancêbi ukiran lan mêndhak.
b. Ganja, yaiku perangan wilahan ing sangisore mêndhak. Yèn ganjane gandhèng-kêkêt karo wilahane (sing digawe saka wêsi aji mung satêngkêl) diarani ganja-iras. Ganja-iras iku ora bisa pêthil saka wilahane.
c. Kêmbang-kacang lan lambe-gajah.

20. Patrêm utawa kêris-pabelan, kêris cilik agême putri.

21. Pêdhang (klewang), sing nganggo lumrahe para danawa. Pêdhange Dasamuka cêndhak (cilik), jênênge candrasa. Pêdhange Umarmaya (ing wayang golèk) arane pêdhang kangkam.

22. Pêngasih, rêrênggan saka barang sêmbêt kang sumampir ing ukirane kêris.

23. Dodot (kampuh), bangsane jarit.

24. Kunca, yaiku poncoting dodot kang nglèmbrèh. Dodotane wayang iku lumrahe mawa kunca luwih saka siji, mung darah Bayu (Anoman, Wrêkudara) sing carane dodotan mung nganggo kunca siji.

25. Kêpuh (kêpuhan), perangane dodot kang diukêl ing sadhuwur bokong (kaya ta Wrêkudara).

26. Cênthingan, perangane dodot putri kang nglèmbrèh ing bokong.

27. Simparan, perangane tapih (putri) kang kangsrah ing lêmah (dumunung ing antarane dlamakan-sikil kiwa lan têngên.

28. Sêmêkan (pamêkan, pasêmêkan), klambi putri kang trape kaya kêmbên (tutup payudara).

29. Lungsèn, rêrênggan (saka barang sêmbêt) sing nglèmbrèh saka pasêmêkan. Rambut ing êmbun-êmbunan (kang lumrahe ditata gathuk karo gêlung supit-urang) uga diarani lungsèn.

30. Kalung-pasêmêkan, rêrênggan (saka barang sêmbêt) kang gandhèng karo pasêmêkan têrus sumampir ing pundhak lan mamburi gathuk karo cênthingan.

31. Gradhèn, rêrênggane kêthu-dewa utawa kêthu-têmpak kang dumunung ing perangan buri (sadhuwur githok), sing digawe saka barang sêmbêt. Mungguha tumrap ikêt utawa blangkon, gradhèn iku minangka koncère.

32. Dawala kayadene gradhèn, nanging dumunung ana ing topong-makutha (topong lancip) utawa ing topong-kêthu (topong-têmpak).

33. Jubah agême para dewa lan para pêndhita. Dewa sing tanpa jubah mung Bthr Guru.

--- 1 : 149 ---

34. Sêpatu, sing mêsthi ngagêm para dewa lan pêndhita. Gathutkaca sok dicaritakake ngagêm trumpah pada-kacêrma (ora dianggo padinan), iku salah pakêcapane, bênêre "paduka-carma", têgêse: trumpah utawa bangsane sêpatu saka walulang. (Paduka atêgês sêpatu utawa trumpah, carma atêgês walulang).

35. Slendhang, rêrênggan saka barang sêmbêt sumampir ing pundhak, sing mêsthi ngagêm para dewa lan pêndhita.

36. Endhong, wadhah panah. Sing mêsthi utawa ajêg nggendhong endhong kaya ta Srikandhi (isi panah salakon, cacahe papat).

37. Badhong, rêrênggan awujud blebekan mas awangun tanggalan utawa kêbo-mênggah, trape gumantung ing antarane pupu.

38. Uncal-kêncana, blebekan mas gandhèng karo badhong, trape gumantung, lumrahe pucuke (yaiku ing sisih ngisor) lancip.

39. Uncal-wastra, rêrênggan awujud barang sêmbêt kang trape nglèmbrèh (kaya kunca).

40. Kathok, sruwal kang mung têkan ing dhêngkul, trape ana ing sajabane clana.

41. Clana, sruwal dawa sing têkan ing poloking sikil. Sing akèh-akèh wayang iku kajaba nganggo kathok uga mawa clana (wayang priya); nanging ana uga sing mung nganggo kathok (tanpa clana), kaya ta Wrêkudara.

42. Kroncong, yaiku gêlang ing ugêl-ugêl sikil.

43. Panji-panji, sruwal têkan ngisor dhêngkul lan mawa bênik.

2. Perangane topong (makutha).

Kajaba perangan sing diarani jamang, grudha-mungkur, utah-utah lan dawala, topong utawa makutha (makutha-lancip utawa makutha-têmpak) iku ana perangane sing diarani:

Nyamat, perangan ing dhuwur dhewe (pênthole), sing digawe saka mas utawa sêsotya.

Modangan, yaiku blebekan mas blêngkêre makutha.

Karawistha, yaiku blebekan mas awangun mlêngkung sing gathuk karo jamang lan karo grudha-mungkur.

3. Gêlunge wayang.

1. Gêlung supit-urang utawa gêlung minangkara, kaya ta gêlunge Wrêkudara, Janaka.

2. Gêlung kêkêling, kaya ta gêlunge Puntadewa.

3. Gêlung gêmbêl, kaya ta gêlunge Jayadrata.

--- 1 : 150 ---

4. Carane nganggo dodot.

1. Dodotan katongan, yaiku dodotan mawa uba-rampe sapêpake, lire: nganggo clana, kathok, sabuk, pênding, sampur, ulur-ulur, uncal-wastra, badhong, uncal-kêncana, kunca luwih saka siji, kêris mawa pêngasih, kroncong.

2. Dodotan putran padha karo dodotan katongan, nanging tanpa uncal-wastra.

3. Dodotan punggawa padha karo dodotan putran, nanging tanpa kathok (mung mawa clana bae); punggawa rucah tanpa badhong, tanpa uncal-kancana, tanpa uncal-wastra.

4. Dodotan rampekan iku dodotane patih utawa prajurit, mawa clana utawa panji-panji. Bedane, patih lumrahe mawa pêngasih sumampir ing kêrise.

5. Dodotan akunca siji iku agême darah Bayu, yaiku Anoman lan Wrêkudara. Bedane, Anoman nganggo badhong lan uncal-kêncana, nanging Wrêkudara lugas.

6. Dodotan putrèn ana sing nganggo kalung-pasêmêkan lan ana sing ora.

5. Bokongan.

Dodotane wayang iku ana sing mawa bokongan lan ana sing ora.

Bokongane wayang ana warna têlu, yaiku:
1. Bokongan bundêr atêpi lus-lusan agême para ratu, kaya ta: Prabu Matswapati, Prabu Basudewa, Prabu Krêsna lsp.
2. Bokongan bundêr atêpi sêmbulihan agême katongan-timur utawa putran, kaya ta: Arya Prabu, Samba, Pamade lsp.
3. Bokongan lonjong agême Prabu Drupada lan Puntadewa.

6. Wangune mripat wayang.
1. Thêlêngan, kaya ta Wrêkudara.
2. Kêdhêlèn, kaya ta Sêtyaki.
3. Kêdhondhongan, kaya ta Kartamarma.
4. Plêlêngan, kaya ta Kumbakarna.
5. Kêlipan, kaya ta Sêmar.
6. Kriyipan, kaya ta Narada, Durna.
7. Pananggalan, kaya ta Cakil.
8. Gabahan, kaya ta Arjuna.

Tamat.

 


§ Macaa buku Wayang purwa, Sarasilah mawa sêsuluh. (kembali)
sinawung. (kembali)
§ Macaa buku Wayang Purwa, Sarasilah mawa sêsuluh. (kembali)
§ Kawuk iku mênyawak utawa salira sing wis tuwa. (kembali)
Lebih satu suku kata: Duk samana Sang Maharsi. (kembali)
§ Bênêre kudu: sudarma, nanging marga mburu guru-wilangan lan guru-lagu, banjur dadi sdarmi. (kembali)
§ Ripu. (kembali)
§ Srênggalasu = srênggala + asu. (kembali)
§ Kawistara. (kembali)
10 § Tumrap ukara gancaran: lungayan = gulu. (kembali)
11 § Jumantara, tawang, widik-widik, dirgantara. (kembali)
12 § Cahnya,[cahya] praba, prawa. Têmbung "prawan" (prawa + an), têgês: barang (yaiku bocah wadon) kang nêdhêng ngêtokake prawa (sumorot raine). (kembali)
13 § Gligèn, kalêbu têmbung plutan. (kembali)
14 § Macaa buku Wayang Purwa. Sarasilah mawa sêsuluh. (kembali)
15 § Ndêlênga bab XXI perangan I: Sandhangan lan rêrêngganing wayang. (kembali)
16 § Têkan kene (rong pada saka wiwitan) mêtu ing Ujian S.G.B. tanggal 9-7-1958. (kembali)
17 § Ing jaman kuna dhalang iku diarani "widu", yèn kêbênêr nindakake kuwajiban panganggone sarwa putih. (kembali)
18 keris. (kembali)
19 § Kaya kêmbang sêpatu (bunga raja). Wrêdu - angga = lintah. Wrêdu = ulêr. (kembali)
20 § Surak mbata rubuh = surake wong pirang-pirang bêbarêngan, swarane kêprungu barêng kaya swaraning rubuhe tumpukan bata. (kembali)
21 § Surak mbata rubuh = surake wong pirang-pirang bêbarêngan, swarane kêprungu barêng kaya swaraning rubuhe tumpukan bata. (kembali)
22 § Isine saperangan saka kalawarti "Panjangmas". (kembali)
23 § Isine saperangan saka kalawarti "Panjangmas". (kembali)
24 têmbang. (kembali)
25 § Uga kasêbut Pandhawa pancala putri. (kembali)
26 § Utawa Pandhawa pancala-putra. (kembali)
27 § Uga diarani Pandhawa madhangake. (kembali)
28 § Upamane olèhe nèng guwa garba 7 sasi. (kembali)
29 § Utawa bule. (kembali)
30 § Thokthing = thothok + kathing. (kembali)
31 § Ora kalêbu Sukrêta, mung kanggo nyêmpurnakake pêprênahan lan aluraning lêluhur. (kembali)
32 § Utawa purwakanthi basa. (kembali)
33 § Oman, têmbung dialect, maksude: mêrang, gagang pari. (kembali)
34 Urutan nomer seharusnya 18. (kembali)
35 § Krama, satêmêne atêgês laku. (kembali)
36 § Atêgês: kalah pêrange. (kembali)
37 § Atêgês: kalah pêrange. (kembali)
38 § Atêgês: nyêmbah. (kembali)
39 § Kamal = asêm. (kembali)
40 § Gadhing = 1 kêmbang kanthil, 2 untu gajah, 3 krama-inggil: umbêl. Sang Nata sarean ing kanthil-gadhing = ambèn sing digawe untune gajah. (kembali)
41 § Godhong kelor uga kasêbut: limaran, dadi padha karo araning kêmbange. (kembali)
42 § Bundhêl utawa bêsêngut = arane kêmbang utawa pêntil kacang. (kembali)
43 § Gatra iki isi sasmitane têmbang apa? (kembali)
44 § Gatra iki isi sasmitane têmbang apa? (kembali)
45 § Sawênèh panggonan ana sing ngarani kêmbang jagung putrèn. (kembali)
46 § Jaka jêbug = jaka kang wis tuwa. (kembali)
47 § Yèn bêtoning kluwih diarani bêthêm. (kembali)
48 § Sawênèh panggonan ana sing ngarani klathak iku gorengan mlinjo. (kembali)
49 § Yèn anak lutung jênênge kowe. Uncung, yaiku anak mêrak, lumrah kanggo sasmitane têmbang apa? (kembali)
50 § Jagar iku anak cèlèng kang isih cilik bangêt, yèn wis rada gêdhe diarani gênjik. Tlondho = anak gangsir, anak jangkrik. (kembali)
51 § Bêbasan "ênggon wêlut didoli udhèt" têgêse sing wantah "ênggon wêlut didoli "anak wêlut". Mangkane: Wong pintêr diumuki kapintêran. Dene sidhat iku wanguning awake ya kaya wêlut, nanging buntute gèpèng lan ora lancip kaya buntut wêlut. Sidhat kang wis tuwa bangêt, dadi ya gêdhe bangêt, diarani pêlus. (kembali)
52 § Sawênèh panggonan, ngarani anak lele: lêndhi. (kembali)
53 § Minthi iku anak enthog kang isih cilik, èndhèl sing wis rada gêdhe. (kembali)
54 § Anak kidang diarani komprèng, mangkono uga anak mênjangan. (kembali)
55 § Brangti utawa brati iku turune bèbèk karo enthog. Yèn bêkisar turune pitik karo ayam-alas, bêkikuk turune pitik karo bêkisar, warèng turune pitik karo pitik-kate. Dene bihal turune jaran karo kuldi. (kembali)
56 § Anak tuma jênênge kor, dene lingsa iku êndhoge tuma. Kêndhêla = kinjêng. (kembali)
57 § Gatra iki isi sasmitane têmbang apa? Apa sababe? (kembali)
58 § Putri sing ajêg nggendhong endhong yaiku Dèwi Wara Srikandhi. Isi panah pira? Kanthonge Umarmaya diarani kasang. (kembali)
59 § Rong iku luwih gêdhe tinimbang lèng. Sing luwih gêdhe tinimbang rong diarani song utawa êsong. Lèng, upamane: lèng kombang, lèng gangsir. Rong, upamane: rong ula, rong yuyu. Song, upamane song landhak, song mênyawak. Song iku growongan kang dumunung ana ing bambinge kali, utawa tlaga. Wondene sing luwih gêdhe tinimbang song diarani guwa. (kembali)
60 § Wrangka iku sing digawe kayu, kalêbu sandhangane kêris. Wrangka lumrah ditêmbungake wadhah kêris, satêmêne kliru, sabab kang minangka wadhahe kêris satêmêne sarunge kêris diarani gandar, uga saka kayu. Gandar iku kang dibungkus ing pêndhok (saka mamas, slaka utawa mas). Gandar-iras, gandar lan wrangka kang ora sambungan. Wrangka iku warna loro, yaiku wrangka awangun gayaman lan ladrangan. (kembali)
61 § Plangkan sing digawe saka kayu (blabag), dibolongi. Kang lumrah ditancêpake ing bolongan plangkan kaya ta: landheyane tumbak, payung gêdhe (payung upacara), têkên, tarkadhang uga cêmêthi. (kembali)
62 § Tulang, wadhah jangkrik, sawênèh panggonan ana sing ngarani clunthang. (kembali)
63 § Pagupon, linggane: gupu, têgêse: aub, ayom, (atêr-atêr pa + panambang an). (kembali)
64 § Tangsi sok ditêmbungake asrama, satêmêne kurang mungguh, sabab asrama iku atêgês: pratapan ngiras pamulangan. Sing rada mèmpêr diarani asrama iku pawiyatan calon Guru (S.G.B. utawa S.G.A.). (kembali)
65 § Ing jaman panjajahan, omahe panggêdhe Walanda kaya ta kontrolir, asistenresiden, residen, gupernur, diarani loji. (kembali)
66 § Ing kraton ana bangsal warna-warna (jênênge), kaya ta: bangsal pangrawit, bangsal manguntur lsp. Pantisari = omah ana ing satêngahe patamanan. (kembali)
67 § Gatra iki uga isi sasmitane têmbang. Têmbang apa? (kembali)
68 § Landheyan iku garan tumbak, mung garane bae. Dene tumbak sagarane jênênge lawung. (kembali)
69 § Sing diarani dhandhan iku lumrahe garane payung gêdhe (payung upacara). Wondene dhandhang utawa cucuk-dhandhang iku arane piranti kang lumrahe kanggo ndhongkèli watu; sing digawe wêsi, wangune lancip. (kembali)
70 § Gatra iki isi sasmitane têmbang apa? (kembali)
71 § Sangkal iku garane pêthèl utawa wadung, taline sangkal diarani jangêt, sing digawe saka walulang. Dene "jangêt kinatêlon" iku araning pirukunan (pakumpulan) kang diadani dening: R.M. Suwardi Suryaningrat, Dokter Ciptomangunkusumo lan Dr. Douwesdekker. (kembali)
72 § Gandhewa utawa langkap iku kanggo nglêpasake jêmparing, taline diarani sêndhêng. Taline sêndarèn uga diarani sêndhêng. Sêndarèn iku apa, ta? (kembali)
73 § Sing diarani jala-jala iku têtalining kêlir papaning mayang, dudu talining kêlir kang dikèrèk munggah-mudhun kae. (kembali)
74 § Wangsalan "pusara pangikêt gangsa" jawabane ya "pluntur", kasêbut ana ing ukara candhake kang unine mangkene: Ing saparan tumutur tan nêdya kari. Têtalining bonang lan kêthuk uga diarani pluntur. (kembali)
75 § Tali-goci iku tali kang dumunung ing gêgêre layangan. (kembali)
76 § Bêkungkung iku kanggo masangi (ngêrah) macan, mawi kala, taline kala iku diarani klamar. (kembali)
77 § Kolor, têmbunge liya: usus-usus. (kembali)
78 § Lar pênjawat iku lar gêdhe ing swiwi, yèn lar gêdhe ing buntut (tumrap jago), diarani lancur. (kembali)
79 § Isi sasmitane têmbang apa ing gatra iki? (kembali)
80 § Êmpu tukang gawe gêgaman kang saka wêsi-aji, yaiku gêgaman kang sok diwarangi. (kembali)
81 § Jurukunci ngrumat pasarean (kuburan) kang kramat. (kembali)
82 § Banjarwaru sing nglantarake rêmbug (nglamar), ora padha karo jomblang. (kembali)
83 § Gatra iki isi sasmitane têmbang apa? (kembali)
84 macan. (kembali)
85 § Pamangane macan, singa lan danawa uga lumrah katêmbungake mangsa. (kembali)
86 § Mancal-kêmul iku mangan ing wayah sore kang ora nganti warêg. (kembali)
87 § Boga, bukti lan nadhah iku têmbung dasanama, siji-sijine atêgês mangan. (kembali)
88 § Têgêse têmbung-têmbung kang diêcap kandêl, ndêlênga buku Sarine Basa Djawa kaca 24. (kembali)
89 XIV. Dhandhanggula. (kembali)
90 12. (kembali)