Panuntuning Damêl Ukara, Atmasudira, 1912, #596

JudulCitra
Terakhir diubah: 20-02-2019

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Sêrat Panuntuning Damêl Ukara

Anggitanipun Radèn Atmasudira.

Kaêcap ing kantor pangêcapanipun kangjêng guprêmèn ing nagari Batawi, taun 1912.

--- [1] ---

Sêrat Panuntuning Damêl Ukara

Anggitanipun Radèn Atmasudira.

Kaêcap ing kantor pangêcapanipun kangjêng guprêmèn ing nagari Batawi, taun 1912.

--- [2] ---

[...]

--- [3] ---

OEFENINGEN IN HET STELLEN DOORATMOSOEDIRA

BATAVIA LANDSDRUKKERIJ 1912.

--- [4] ---

[...]

--- [5] ---

Bêbuka.

Anggèn kula ngadani damêl sêrat: Panuntuning Damêl Ukara punika, amargi sêrat punika pêrlu sangêt kanggenipun wontên ing pamulangan Jawi kagunganipun kangjêng gupêrmèn, minăngka candhakipun sêrat: Wulang Sastra, anggitanipun kangjêng tuwan L.G. Bèrês. Sarèhning para sarjana ngantos sapunika dèrèng wontên ingkang kêparêng karsa mênggalih damêl. Mila ing sasagêd-sagêd saha sagadug-gadugipun, kula kêpêksa amurwani damêl sêrat anggitan punika, mênggah urut-urutanipun manut saha mêthiki saking buku-buku anggitanipun băngsa kulit pêthak, kados ta saking buku: hèt stèlên (Het stellen) anggitanipun ingkang minulya Tuwan S.F. KLEINBENTINK saha Tuwan

--- 6 ---

L.J. DE VRIES, sampun mêsthi kemawon anggèn kula mêthik wau namung kula pilihi pundi ingkang ing tanah Jawi ngriki wontên, sarta ingkang botên angèl dhatêng gagasaning murid-murid anggènipun badhe mangsuli dhatêng satunggal-tunggalipun pitakenan, ewadene manawi wontên satunggal kalih pitakenan ingkang kadugi murid kangelan anggèning mikir jawabanipun (= wangsulanipun) guru prayogi nêrangakên langkung rumiyin. Pikajêng kula murid-murid anggènipun damêl ukara, sagêd damêl ukara ingkang nyata, sampun ngantos damêl ukara ingkang goroh, elok-elok (= nglêngkara) kados ta: banyu sagara iku rasane asin. Punika ingkang kula anggêp ukara nyata, wangsul: ngêndikane simbah, kluwung iku sok ngombe banyu. Punika ingkang kula anggêp ukara nglêngkara, makatên sasaminipun.

--- 7 ---

Ingkang kaping kalih, buku anggitan kula punika, mawi kula salundhingi: dongèng, utawi anggitan sakêdhik-sakêdhik, prêlunipun sampun ngantos ambosêni. Saupami dongèng saha sanès-sanèsipun wau badhe kawulangakên, prayogi kapurih nglintu (= nyantuni) basanipun, liripun: pundi ingkang basanipun ngoko, dipun damêla krama, utawi kosokwangsulipun. Kasêrat mawi aksara Jawi utawi aksara Walandi.

Kenging ugi dipun wulangakên nalika guru mulang nyêrati têmbungipun guru (dictee) utawi dipun wulangakên manawi kalêrês piwulang ingkang namung dipun cariyosakên kemawon (mondeling) guru sagêd pitakèn punapa-punapa, mêthiki punapa ingkang kasêbut ing cariyos-cariyos wau.

Bilih murid-murid dipun purih damêl anggitan, kadosdene: dongèng ingkang pundi ingkang dipun pilih guru. Guru maos [ma ...]

--- 8 ---

[... os] rumiyin sapisan utawi kaping kalih, sasampunipun makatên, bilih buku panuntuning andamêl ukara punika dipun gadhuhakên dhatêng murid-murid, dipun kalêmpakna, supados panggarapipun anggitan botên nêdhak. Wondening basanipun sakajêngipun guru, kalimrahanipun krama, dipun sêrat mawi aksara Jawi utawi sastra Walandi. Prayoginipun dipun damêl gêntosan.

Kêjawi saking punika, sarèhning sawêg sapisan kala punika, kula reka-reka damêl anggitan, sampun mêsthi kemawon badhe ingèsêman saha cineda dening para sarjana, bab punika botên pisan-pisan badhe ambungkêrakên sêdya kula, uwos punika sagêdipun pêthak mêrgi gosokan kalihan tunggilipun, mila pangajap panuwun kula, manawi wontên wor-suhipun panganggening têmbung, saha gangsul pasang-rakiting ukara, miwah lêpating

--- 9 ---

panyêrat kula, para nungkara mugi angêgungna ing pangaksami, sukur sèwu bilih karsa anaruwe lêpatipun, saha lajêng kêparêng karsa paring wêwulang, dahat gênging pamundhi panuwun kula.

Sêrat damêlan kula punika puwungan sawujud-wujudipun, dene wontên têturutanipun, tinimbang kalihan botên wontên babarpisan, jangkêp saha sampurnanipun, kula sumanggakakên para mardi kasusastran. Amila para sarjana lajêng karsaa anggalih andamêl anggitan Sêrat: Panuntuning Andamêl Ukara wau, kula namung kantun andhèrèk ngangge kemawon, mayar, awit sêrat punika pêrlu sangêt wontênipun.

Magêlang kaping: 15 Fèbruari 1910.

Atmasudira.

--- [10] ---

[...]

--- [11] ---

1. Pitakon iki wangsulana. (wangsulane: krama).

Sapa, kang gawene:

1. Mandhe. | 2. Gawe gêlang utawa kalung. | 3. Gawe meja kursi. | 4. Andondomi. | 5. Gawe sêpatu. | 6. Gawe kijing utawa umpak watu.[1]

--- 12 ---

Tuladha:

1. Pandhe punika, damêlipun mandhe.

2. Dhukun punika, damêlipun anjampèni tiyang sakit.

2. Kapriye wangsulane pitakon iki.

1. Kang gawene mandhe iku sapa.

2. Kang gawene nambani wong lara iku sapa.

3. Kang gawene ngusiri iku sapa.

4. Kang gawene andondomi iku sapa.

5. Kang gawene mriksa prakara iku sapa.

6. Kang gawene olah-olah iku sapa.

7. Kang gawene nyukur iku sapa.

8. Kang gawene nacari iku sapa.

9. Kang gawene gawe roti iku sapa.

--- 13 ---

10. Kang gawene gawe sêpatu iku sapa.

11. Kang gawene gawe kijing utawa umpak watu iku sapa.

12. Kang gawene mulangi bocah-bocah kang padha sinau iku sapa.

13. Kang gawene ngajari lakuning jaran iku sapa.

14. Kang gawene gawe gêlang kalung iku sapa.

15. Kang gawene gawe meja kursi iku sapa.

Tuladha:

1. Ingkang damêlipun mandhe punika: pandhe.

2. Ingkang damêlipun anjampèni tiyang sakit punika: dhukun.

3. Apa kabisane kang kasêbut ing ngisor iki, (sabisa-bisa wangsulane gawenên beda-beda).

Banyak, mliwis, menco,

--- 14 ---

prakutut, gêmak, dara,

asu, kucing, kêbo,

sapi, jaran, tawon,

iwak loh, banyu, lênga,

gêni, êgrip, mangsi.

Tuladha.

1. Jago: sawung punika sagêd kaluruk.

2. Bèbèk: kambangan punika sagêd nglangi.

4. Murka.

Ana wong wadon miskin, duwe ingon-ingon babon siji, babon mau sabên dina ngêndhog siji, wong miskin ora narima, babone mung ngêndhog siji sadinane. Babone banjur dijuju ing pakane, karêpe supaya bisa ngêndhog loro utawa têlu ing sadinane, ananging luput pangirane, [pa ...]

--- 15 ---

[... ngirane,] awit barêng babone kêlêmon, banjur ora ngêndhog-ngêndhog manèh. Wong miskin kaku atine, babone nuli dicêkêl disêmbêlèh, pangirane ing jêro wus akèh êndhoge, iku nêdya diwêtokake kabèh, ananging ora ana apa-apane, mung isi gajih lan rêrêgêd bae. Wong miskin kaduwung bangêt, ananging kaduwunging ati kang mangkono mau tanpa guna, awit babone wis kêbanjur disêmbêlèh, dadi dhèwèke kêjabane kelangan babon siji, uga kapitunan êndhog siji ing sadinane.

Êliding dongèng mangkene: sing sapa ora narima marang panduman sathithik, wêkasane kapitunan.

5. Wangsulana.

1. Pandhe iku anggêmblèng apa.

--- 16 ---

2. Tuwaburu (= gêrma) iku ambêdhil apa.

3. Kêmasan iku gawe apa.

4. Mranggi iku gawe apa.

5. Undhagi iku ngukur apa.

6. Gêrji iku ambêdhahi (= motongi) bakal kulambi apa.

7. Kundhi iku ngobong apa.

8. Biyang sabrug nutu apa.

9. Kyai kaum nyêmbêlèh apa.

10. Gawene juru sungging iku nyungging apa.

11. Tukang pênatu iku ngêpeni apa.

12. Juru silêm iku nyilêmi apa.

13. Cina klonthong iku idêr apa.

14. Si Wăngsa manggul wadung mangalor mau arêp madung apa.

15. Mandhor bujang angirid garobag lima iku arêp angêmot apa.

--- 17 ---

Tuladha:

1. Pandhe punika anggêmblèng tosan.

2. Uwaburu[2] punika, nyênjata sangsam.

6. Ukara-ukara ing ngisor iki walikên.

Kaya ta:

Kucing nubruk tikus (yèn diwalik) tikus dipun tubruk kucing.

Lah iki kapriye dadine:

1. Mas panèwu nyilih gamêlanku.

2. Pangon angon sapi.

3. Jagakarsa ngirid maling.

4. Bêndara jêksa nanggap topèng barangan.

5. Juru sungging nyungging wayang.

6. Wong sadesa ambêndung kali.

--- 18 ---

7. Gêrma ambêdhil macan.

8. Wulung nyambêr kuthukmu siji.

9. Saradhadhu anjaga kunjaran.

10. Pulisi anggledhah omahe babah Kimsang.

11. Bêndara wêdana mriksa prakarane babah Kimsang.

12. Sujana angilangake ladingku.

13. Panêgar anêgari titihane bêndara patih.

14.Sabên bêngi kănca rundha, angrondhani omah-omah gupêrmèn.

7. Anggawea anggitan, kaya carita kang dakwaca iki, (têtêmbungane krama).

Tăngga busuk.

Ana răndha miskin, aran Bok Marinah, nyilih kêndhil marang tanggane, barêng wus [wu ...]

--- 19 ---

[... s] antara dina diulihake, ananging liniru cilik, kang duwe ora gêlêm nampani, calathune: yagene kêndhilku gêdhe têka kobalèkake cilik. Wangsulane Biyang Marinah: kêndhilmu manak, iki anake, dakwèhake kowe. Kang duwe kêndhil ngandêl marang wangsulan mangkono iku, banjur gêlêm nampani.

Antara rong sasi, Êmbok Marinah nêmbung nyilih kêndhil manèh, iya diwènèhi, dene kang disilihake, kêndhil cilik iku mau. Ananging banjur ora diulih-ulihake, sarèhne kêlawasên ing panganti, kang duwe marani, calathune: yagene kêndhilku ora kobalèk-balèkake. Wangsulane: kêndhilmu mati. Tanggane ora ngandêl marang wangsulan mangkono iku. Êmbok Marinah calathu manèh: dhèk biyèn kowe pracaya yèn kêndhilmu

--- 20 ---

manak, yagene saiki kowe ora ngandêl yèn iku bisa mati saanake. Tanggane nuli mulih karo garundêlan.

Êliding dongèng mangkene: sing sapa busuk gampang binalithuk ing liyan, mulane mumpung anom aja sah-sah pangudimu marang kapintêran.

8. Wangsulana.

1. Pitik iku yèn ngêndhog ana ing ngêndi.

2. Manuk iku yèn ngêndhog ana ing ngêndi.

3. Panyêbare pari iku ana ing ngêndi.

4. Ibumu yèn ambathik ana ing ngêndi.

5. Jaran iku yèn turu ana ing ngêndi.

--- 21 ---

6. Panyimpêne bêras iku ana ing ngêndi.

7. Pandhe iku yèn nyambutgawe ana ing ngêndi.[3]

8. Kêmasan iku yèn anggarap gawe ana ing ngêndi.[4]

9. Jagal iku yèn nyêmbêlèh kêbo utawa sapi ana ing ngêndi.

10. Pitik iku yèn turu ana ing ngêndi.

11. Pangêngone raja kaya iku mênyang ngêndi.

12. Prau kapal iku yèn labuh ana ing ngêndi.

13. Pangundhaning layangan iku ana ing ngêndi.

14. Panyimpêne pari iku ana ing ngêndi.

--- 22 ---

15. Panandure kopi iku kang akèh-akèh ana ing ngêndi.

Tuladha.

1. Ayam punika manawi nigan wontên ing patarangan.

2. Pangundhanipun layangan punika, wontên ing papan ingkang jêmbar saha tênggar.

9. Iki wangsulana manèh.

1. Palêthèking srêngenge iku jam pira.

2. Panandure palawija iku yèn măngsa apa.

3. Ing sasi apa akèh wong Jawa duwe gawe.

4. Yèn măngsa apa, akèh wong miskin mati kalirên.

5. Yèn ambênêri măngsa apa, murah bêras.

--- 23 ---

6. Yèn măngsa apa, sumbêran padha asat.

7. Yèn măngsa apa, sawah-sawah padha nêla.

8. Yèn măngsa apa, wong tani wiwit nyêbar lan anggarap sawahe.

9. Yèn sasi apa, akèh wong Jawa mênyang kubur angrêsiki kuburing lêluhure.

10. Ing sasi apa, akèh santri darusan ana ing langgar utawa ing masjid.

11. Yèn ambênêri dina apa, akèh bocah-bocah angunèkake mêrcon.

12. Yèn wis jam pira, mangsane murid-murid mulih saka ing pamulangan.

Tuladha:

1. Palêthèkipun surya punika, kirang langkung ing wanci jam nêm enjing.

--- 24 ---

10. Alun-alun.

Sabên nagara ana alun-alune, kang lumrah wangune pêsagi dawa. Alun-alun iku ing pinggir mubêng tinanduraran:[5] waringin, êprèh, cêmara sapêpadhane, supaya aub lan katon asri. Ngadat ing têngah tinanduran waringin siji utawa sakêmbaran, sarta pinagêran bata utawa pinancak suji mubêng, kayadene kinurungan, mulane diarani waringin kurung.

Kang akèh-akèh dununging alun-alun iku cêdhak lan kabupatèn, awit iku kang minăngka palataraning nagara, têrkadhang kinubêng ing ratan gêdhe, ing alun-alun ana paseban utawa sitinggile, kanggo pakumpulane para priyayi kang arêp sowan marang kabupatèn, ing sadurunge tumêka wancine. Kadhangkala [Ka ...]

--- 25 ---

[... dhangkala] paseban mau, sinilih ginawe panggonan ngêrès lurah desa, utawa priyayi kang kaluputan marang nagara.

Ing wayah sore yèn pinuju têrang, akèh bocah dolanan ana ing alun-alun, ana kang ngundha layangan, bal-balan, karetan, sapanunggalane. Wong tuwa-tuwa iya ana kang padha jêjagongan ana ing alun-alun, awit kapenak hawane, agawe sêgêring badan. Kalamăngsa yèn ana kumidhi utawa parameyan nagara, panggêlare parameyan mau iya ana ing alun-alun, awit iku papan kang adhakan lan bawera.

Sapa kang wus tau sumurup, alun-alun ing Ngayoja, utawa ing Sala, apa bedane karo alun-alune ing nagaramu.

--- 26 ---

11. Kakurangane ukara iki isènana.

Kaya ta:

Pitakone:

Ing wayah ... (apa) bocah angon anggirèkake rajakayane mênyang ing ... (ngêndi).

Wangsulane:

1. Ing wanci enjing utawi bakda luhur, lare angèn anggirèkakên rajakayanipun dhatêng ing pangenan. (ara-ara, utawi patêgilan, iya kêna).

Utawa mangkene:

2. Manawi surya sampun mèh sêrap, lare angèn anggirèkakên rajakayanipun dhatêng ing kandhang.

--- 27 ---

Lah iki isènana.

1. Yèn dina ... (apa) akèh bakul dodolan ana ing ... (ngêndi).

2. Yèn dina ... (apa) akèh santri lunga sêmbahyang luhur mênyang ing ... (ngêndi).

3. Yèn srêngenge wus ... (kapriye) lawa-lawa mêtu saka ing ... (apane) mibêr anggolèk pangan.

4. Ing wayah ... (apa) yèn ora mêndhung, lintang-lintang katon pating karêlip utawa pating galêbyar ana ing ... (êndi).

5. Sabên tanggal kaping ... (pira) para priyayi ing kutha sowan marang ing ... (êndi) nyadhong balanjane.

6. Ing wayah ... (apa) yèn panuju padhang bulan, akèh bocah-bocah

--- 28 ---

dolanan ana ing ... (êndi) utawa ing ... (êndi).

7. Sabên isuk jam ... (pira) tuwan dhoktêr tindak marang ing ... (êndi) aniliki lan nambani wong-wong kang padha lara.

8. Sabên dina ... (apa) wong-wong padha ngalumpuk ana ing ... (êndi) anacarake anake.

9. Sabên sore yèn măngsa ... (apa) tukang kêbon anyirami kêkêmbangan kang tinandur apa[6] ing ... (êndi).

10. Sabên dina ... utawa ... (apa) jarane bapakmu diguyang mênyang ing ... (êndi).

12. Ukara iku sok kêna diwolak-walik.

Kaya ta:

Ing wanci enjing lare angèn, anggirèkakên [ang ...]

--- 29 ---

[... girèkakên] maesanipun dhatêng ing pangenan.

Iku kêna winalik mangkene:

Lare angèn ing wanci enjing anggirèkakên maesanipun dhatêng ing pangenan.

Utawa:

Lare angèn anggirèkakên maesanipun dhatêng ing pangenan ing wanci enjing.

Mara ukara ing ngisor iki walikên, wiwitan saka têmbung kang aksarane ditulis jêjêg.

1. Manawi dintên pêkênan, kathah bakul sêsadeyan dhatêng ing pêkên.

2. Ing dintên Jumungah santri-santri sami kesah sêmbahyang Jumungah dhatêng ing masjid.

3. Manawi surya sampun sêrap, lawa-lawa [lawa- ...]

--- 30 ---

[... lawa] sami mibêr angupados têtêdhan utawi wowohan.

4. Ing wanci dalu lintang-lintang katingal pating karêlip wontên ing langit.

5. Sabên tanggal sapisan, para priyantun ing kitha, sami sowan dhatêng ing kantor nyadhong balănja.

6. Ing wanci sontên manawi padhang wulan, lare-lare sami dolanan wontên ing palataraning griyanipun.

7. Sabên jam wolu enjing tuwan dhoktêr tindak dhatêng ing griya sakit, amriksani tiyang-tiyang ingkang sami sakit saha paring jampinipun.

8. Sabên dintên Sênèn enjing tiyang-tiyang sami ngalêmpak wontên ing paseban, nacarakên anakipun.

9. Ing wanci jam nêm enjing ayam-ayam sami mêdal saking kombong- (= wranji) ipun, lajêng cêcèkèr ngupados têdha.

--- 31 ---

10. Sabên malêm Minggu kathah tuwan-tuwan ingkang kasukan wontên ing kamar bolah.

13. Anggawea anggitan bab alun-alun. (kados piwulang ăngka 10 kawaos rumiyin, sapisan utawi kaping kalih).

14. Mara têmbung iki wuwuhana katêrangan manèh.

Kaya ta:

Turu ... (turu nglênthêr, turu pulês, turu kêpati).

Nangis ... (nangis akêkitrang, nangis anggriyêng).

Lumayu ... (lumayu ngithar, lumayu anggêndring).

--- 32 ---

1. Ngadêg ..., lungguh ..., sila ..., lumaku ..., nulis ..., nangis ... .

2. Tatanên kang ... (tatanên kang ringkês), talènana kang ..., sabunên kang ..., gêbêgên kang ..., sosohên kang ..., golekana kang ..., saponana kang ... .

3. Sigarên ... (sigarên byak), tibakna ..., buwangên ..., dudutên ..., sabêtên ..., tugêlên ..., putungên ... .

15. Kakurangane ukara iki wuwuhana katêrangan manèh. (kaya piwulang ăngka 14).

1. Barêng kidang kang diburu ing gêrma krungu unining bêdhil, banjur lumayu ... malêbu ing ... .

2. Wagiya turu ... ana ing gandhog ... awit olèhe mêlèk ngêbyar.

--- 33 ---

3. Malêm Ngahad ngarêp iki aku bakal mangan ... ana ing omahe mas ... kabênêr nyêtauni anake.

4. Sanajan olèhe kêmulan ... ewadene isih karasa adhêm, awit kêmule kurang ... .

5. Sanajan bakul-bakul iku anggone lumaku mung ... ewadene têkane ing ... ora kawanên, awit pangkate saka ing omah isih bêngi.

6. Mulane lurah upas iku sila ..., ana ing ngarsane bêndara bèi ..., awit lagi anduwèni atur panuwun.

7. Biyang Ngadiya nangis ... ana ing ngèmpèr ... awit anake lanang lara bangêt.

8. Wong ukuman kang disapu kaping sêlawe ana ing ... sambate ... amarga [a ...]

--- 34 ---

[... marga] ora kuwat ngrasakake larane.

9. Gangsingan bumbung iku yèn diubêngake ana ing ..., bisa mudêd ... sarta sumêngung swarane.

10. Min, kayu kang pating jarêmplah iku, tatanên kang ... yèn uwis latare saponana kang kongsi ... .

Tuladha:

1. Sarêng sangsam ingkang dipun bujung ing gêrma, mirêng ungêling sênjata, lajêng lumajêng ngithar, malêbêt malih dhatêng ing wana.

16. Mênjangan lan tikus.

Ana mênjangan kêna ing jaring pasangane wong desa, banjur budi sarosane angarah uwale saka ing jaring, ananging [ana ...]

--- 35 ---

[... nging] tanpa guna, jaringe malah sangsaya ningsêti. Mênjangan êntèk karosane banjur angalumpruk, saking gêtêre marang pêpasthèn kang bakal anêkani, kawêtu sambate akèh-akèh, awit yèn kang masang jaring têka tumuli, ora wurung awake bakal dipêpurak.

Ora adoh saka ing kono, ana tikus lagi sêsaba anggolèk pangan, iku kang angrungu ing sêsambate, tikus enggal marani arêp wêruh, barêng andêlêng ana mênjangan kêna ing jaring, tikus bangêt wêlase, dhèwèke enggal tumandang anacah jaring, ora antara suwe jaringe rantas kabèh, mênjangan bisa uwal saka ing jaring, banjur lumayu anggêndring malêbu mênyang ngalas gêdhe, sarta bangêt panarimane marang tikus.

Êliding dongèng mangkene: wong iku wajib asih marang ing sapadha-padhane

--- 36 ---

tumitah, awit wong kang asor têrkadhang bisa mitulungi wong kang luhur pangkate.

17. Ukara iki wangsulana.

1. Wong mipis jamu iku nganggo apa.

2. Wong marut iku nganggo apa.

3. Wong nintingi glêpung iku nganggo apa.

4. Wong ngayaki bubukan bata iku nganggo apa.

5. Wong mêrêsi santên iku nganggo apa.

6. Wong nyaring jamu iku nganggo apa.

7. Wong nyigar jambe utawa gambir iku nganggo apa.

8. Wong nêgor kayu kang gêdhe iku nganggo apa.

9. Wong nulup manuk iku nganggo apa.

--- 37 ---

10. Wong ngurubake gêni iku nganggo apa.

11. Wong anggorèng kopi iku nganggo apa.

12. Wong nakêr bêras iku nganggo apa.

13. Wong nyithak bata iku nganggo apa.[7]

14. Panabuhe rêbab iku nganggo apa.[8]

15. Pangêname jala iku nganggo apa.[9]

16. Wong nyirami kêkêmbangan iku kang prayoga dhewe nganggo apa.[10]

Tuladha.

1. Tiyang mipis jampi punika ngangge: pipisan.

--- 38 ---

2. Pamipisipun jampi punika mawi: pipisan (mangkono iya bênêr).

18. Mara wangsulane pitakon ăngka 17, iku walikên. Supaya pirantine ana ing ngarêp.

Kaya ta:

1. Pipisan punika dipun angge mipis jampi.

2. Parud punika dipun angge marud.

Sabanjure.

19. Anggawea anggitan bab mênjangan lan tikus, kasêbut ing piwulang ăngka 16.

(Kawaos rumiyin, sapisan utawi kaping kalih).

--- 39 ---

20. Wangsulana.

1. Sapa kang mêsthi ngidêrake, layang-layang kang dikirimake mêtu ing pos.

2. Sapa kang mêsthi anjaga lan angrêsiki, sajroning pamulanganamu.

3. Sapa kang kudu mranata, tata têntrêming sajroning omahmu.

4. Sapa kang kuwajiban anjaga, tata têntrêming pakampungan.

5. Sapa kang kajibah anjaga, tata têntrêming ing kutha.

6. Sapa kang tinuduh anggolèk katêrangan, yèn ana wong kêmalingan utawa kelang-kelangan.

7. Sapa kang dibubuhi anjaga pangane wong-wong ukuman kang ana ing kunjaran.

--- 40 ---

8. Sapa kang tinuduh angulatake lan anjaga, nalikane wong-wong ukuman nyambutgawe ana ing jaba.

9. Sapa kang dipasrahi anjaga lan anggawe rêsiking pasar-pasar.

10. Sapa kang dipracaya nglumpukake pajêge wong cilik, kang katur marang nagara.

11. Priyayi apa kang gawene nampani pajêg bumi utawa pajêg sirah.

12. Sapa kang aniti pariksa lan anjaluki karcise wong kang padha nunggang sêpur.

Tuladha:

1. Ingkang ngidêrakên sêrat-sêrat ingkang dipun kintunakên mêdal ing pos punika, upas pos (= upas kliling).

--- 41 ---

21. Apa pagaweane, kang kasêbut ing ngisor iki.

Kaya ta:

1. Upas pos (upas kliling).

Upas pos punika padamêlanipun, angidêrakên sêrat-sêrat ingkang dipun kintunakên mêdal ing pos.

Utawa:

Padamêlanipun upas pos punika, angidêrakên sêrat-sêrat ingkang dipun kintunakên mêdal ing pos.

Iki gawenên mangkono.

1. Lurah kampung. | 6 mantri gudhang uyah.

--- 42 ---

2. Dhukun. | 7. Mandhor pasanggrahan.

3. Kaum. | 8. Tukang rangsum.

4. Dhalang. | 9. Tukang uwang.

5. Mantri cacar. | 10. Kondhèktur.

22. Jaran.

Jaran iku baguse ngungkuli sapi, palayune rikat, mulane jaran iku sok ditunggangi, dirakiti, utawa dimomoti.

Jaran kang ditunggangi jênênge jaran tunggangan, kang dirakiti jaran rakitan, dene kang dimomoti jaran momotan. Momotane jaran siji iku, kurang luwih bobot rong dhacin.

Kang ginawe tunggangan iku lumrahe milih jaran kang bêcik rupane, jujur

--- 43 ---

atine lan ora ana cirine, milih jaran kang mêngkono iku suwe olèhe. Dene jaran kang ginawe rakitan utawa momotan ora nganggo dipilih, mung anggêre rosa bae.

Ulêsing jaran iku beda-beda, abang, irêng, putih, kêmbang durèn, bopong, dhawuk, lêmah têlês, rajêg, plăngka lan sapanunggalane. Dene lakune iya warna-warna: adheyan, ngêdrap, mêndhapan, nyirig, ngawal, sapêpadhane. Bisane duwe laku warna-warna iku mau, kudu ditêgari dhisik, kang nêgari panêgar, awit bêbakune jaran iku mung bisa: mlaku, anjojrog, nêgar lan ambandhang. Jaran kang nakal iku angèl ajar-ajarane, ora beda karo uwong.

(mara banjurna).

--- 44 ---

1. Kapriye pangrumate, 2. Apa pakane.

23. Pitakon iki wangsulana.

Sabab apa (= apa kang dadi sababe, marga saka apa).

Pitakon : Sabab apa akèh prau kèrêm.

Wangsulane : Mila kathah baita kèrêm, awit ombakipun (= alunipun) agêng sangêt.

Mara iki wangsulana:

1. Sabab apa uwit kênari iku dhungkar (= sol).

2. Sabab apa waringin iku êpange ditutuhi.

3. Sabab apa wong ukuman iku disapu ping rongpuluh.

--- 45 ---

4. Sabab apa urubing lampumu ora bisa padhang.

5. Sabab apa adhimu wus rong minggu iki ora malêbu-malêbu sinau.

6. Sabab apa nalika dina Sênèn toko-toko tutup kabèh.

7. Sabab apa têkane sêpur kang saka ing ... ing dina iki kasèp.

8. Sabab apa dhèk dina Sênèn sakèhing wong nom tuwa padha dicacari.

9. Sabab apa Si Wăngsakarya upas karesidhenan diundur saka pagaweane.

10. Sabab apa wong-wong kang manggon ing padhukuhan Arjasari akèh kang lunga.

--- 46 ---

11. Sabab apa gêdhong kang disewa Tuwan Jakob saiki ora ana kang nyewa manèh.

12. Sabab apa sumur iki banyune buthêk.

24. Anggawea anggitan bab jaran.

Piwulang ăngka 22 guru maos rumiyin sapisan utawi kaping kalih.

25. Yagene (= genea).

Pitakon iki wangsulana manèh.

1. Yagene anggonmu lumêbu sinau kawanên.

2. Yagene layangmu suwèk lan sabakmu pêcah.

3. Yagene layangmu wacan ora kogawa.

--- 47 ---

4. Yagene kowe ora anggarap pagaweanmu etung ana ing omah.

5. Yagene wong tani iku akèh kang dhêmên ngingu sapi.

6. Yagene sapi puhan iku sok dipakani bubur.

7. Yagene macan iku diwêdèni ing wong.

8. Yagene kêkêmbangan utawa tanduran iku dirabuki.

9. Yagene yèn măngsa kêtiga ratan-ratan gêdhe ing sajroning kutha, esuk sore disirami.

10. Yagene sapi utawa kêbo iku sok dikêpuhi.

11. Yagene wong kang wus tuwa iku akèh kang nganggo tismak (= kaca mripat).

--- 48 ---

12. Yagene Pangundhaning layangan iku kudu milih papan kang jêmbar.

13. Yagene dhuku utawa jambu iku dibrongsongi.

Tuladhaning wangsulane:

1. Mila anggèn kula lumêbêt kêsiyangên, awit dipun dhawuhi andhèrèkakên konduripun eyang dhatêng ing sêtatsiyun.

2. Mila tiyang tani punika kathah ingkang rêmên ngingah lêmbu, awit lêmbu punika kenging dipun angge mitulungi panggarapipun siti.

26. Pitakon iki wangsulana.

1. Dhèk dina apa pangkate kakangmu mênyang ing Batawi.

--- 49 ---

2. Jam pira mangsane murid-murid lumêbu mênyang pamulangan.

3. Besuk dina apa wiwite ing nagara ana parameyan balapan jaran, rodha angin lan sapêpadhane.

4. Uwis pirang dina larane ibumu.

5. Dhèk dina apa pangkatmu saka ing Banyuwangi

6. Sasi Jawa saiki sasi apa, tanggal ping pira.

7. Parameyane ing kabupatèn mêngko bêngi apa.

8. Kowe mau ditimbali mênyang kawêdanan, ana dhawuh apa.

9. Dhèk wingi sapa kang rêrêsik ing gêdhong kulon.

10. Sida besuk apa, olèhmu pangkat boyongan mênyang ing Wanagiri.

11. Anakmu anggone malêbu sakolah dhokter ing Batawi saprene uwis pirang sasi.

--- 50 ---

12. Dhayohmu Sala, mêngko sore têkane kira-kira jam pira.

Tuladha:

1. Pangkatipun pun kakang dhatêng ing Batawi, nalika dintên Kêmis wingi punika, numpak sêpur ingkang pangkat jam pitu enjing.

27. Ukara iki wangsulana.

1. Tikus iku wêdi karo kewan apa.

2. Manuk dara iku wêdi karo manuk apa.

3. Ayam iku wêdi karo kewan apa.

4. Asu iku wêdi karo kewan apa.

5. Kodhok iku wêdi karo kewan apa.

--- 51 ---

6. Durjana iku wêdi karo sapa.

7. Prajurit iku wêdi karo sapa.

8. Murid-murid iku wêdi karo sapa.

9. Juru ngracik jamu anggawèni jamu warna-warna iku kanggo nyudhiyani sapa.

10. Undhagi anggawèni piranti rupa-rupa iku nyawisi sapa.

11. Wong lêlungan iku sok anggawa olèh-olèh, iku kang diolèh-olèhi sapa.

12. Guru anulis piwulang ana ing papan panulisan iku kanggo sapa.

13. Tukang sêpèn iku sabên esuk anggodhog wedang iku anggodhogage sapa.

14. Tukang pênatu iku sabên dina angumbahi barang rêgêd iku barange sapa.

--- 52 ---

Tuladha:

1. Tikus punika ajrih kalihan kucing.

2. Juru ngracik jampi andamêli jampi warni-warni punika, kangge nyawisi tiyang ingkang sami tumbas.

28. Ukara iki walikên, wiwitana saka têmbung kang aksarane ditulis jêjêg.

Kaya ta:

Tikus iku wêdi karo kucing (= yèn diwalik).

Kucing iku diwêdèni tikus.

1. Manuk dara iku wêdi karo alap-alap.

2. Ayam iku wêdi karo kuwuk.

3. Kêthèk iku wêdi karo macan.

4. Durjana iku wêdi karo priyayi pulisi.

--- 53 ---

5. Kodhok iku wêdi karo ula.

6. Prajurit iku wêdi karo upsire.

7. Murid-murid iku wêdi karo gurune.

8. Sadulurku lanang lagi nêdhak layang babad.

9. Wong tuwa iku trêsna bangêt marang anake.

10. Ngadiya nyuwèkake kulambiku lakên.

11. Cina klonthong idêr barang-barang.

12. Mantri kewan mriksa kewan-kewan kang lara.

13. Tukang lampu ngisèni lampu.

14. Wulung nyambêr kuthukku siji.

29. Kramakna:

Dhèk wingi sore kene apa ana lampor.

--- 54 ---

Ana, malah rame bangêt wong kang padha anggêbyagi gêdhège.

Sangkane saka ing ngêndi.

Kowe iku anèh, sok anaa lampor iya saka kidul.

Kowe apa uwis tau wêruh rupane.

Durung, lagi karungu kandhane wong akèh bae.

Aku kêpengin têmên bisa wêruh dhewe rupane.

Yèn aku sanajan durung tau wêruh, wis ngandêl bangêt, awit kang kăndha marang aku wis tau wêruh dhewe.

Caritane ana kang sok anggawa obor.

Iya nanging yèn lakune lampor nuju pêtêngan. Yèn padhang bulan iya ora.

Prakara iki, aku mêksa ora ngandêl, yèn durung wêruh dhewe.

--- 55 ---

Ngandêl karêpmu, ora karêpmu, nanging aja maido.[11]

30. Wangsulana:

1. Bêndara wadana lagi apa, ana ing ngêndi.

2. Ibumu, lagi apa, ana ing ngêndi.

3. Si Sambiya, lagi apa, ana ing ngêndi.

4. Kêbonwira, lagi apa, ana ing ngêndi.

5. Kusir, lagi apa, ana ing ngêndi.

6. Tikus iku anggondhol apa, saka ing ngêndi.

7. Kuntul iku nucuk apa, saka ing ngêndi.

8. Tukang lampu mau anjupuk apa, saka ing ngêndi.

--- 56 ---

9. Gurumu maca apa, saka ing ngêndi.

10. Murid-murid nêdhak apa, saka ing ngêndi.

11. Kundhi iku ngusungi apa, saka ing ngêndi.

12. Tukang pênatu iku ngumbahi apa, saka ing ngêndi.

13. Bocah wadon iku ngindhit apa, saka ing ngêndi.

14. Bakul èyèg iku kulak apa, saka ing ngêndi.

Wangsulane:

1. Bêndara wadana sawêg lênggah nyêrat wontên ing kantoran.

2. Lare èstri punika ngindhit kalênthing saking ing sêndhang.

3.Lare èstri punika ngindhit uwos saking ing pêkên.

--- 57 ---

31. Pitakon iki wangsulana.

1. Sapa kang nyêkêl iwake guramèh, panyêkêle nganggo apa.

2. Sapa kang anggosok ladinge, panggosoke nganggo apa.

3. Sapa kang andhangir patamanan, pandhangire nganggo apa.

4. Sapa kang nyukili kalapa, panyukile nganggo apa.

5. Sapa kang gawene nyirami kêkêmbangan, anggone nyirami nganggo apa.

6. Sapa kang anggodhog wedang, anggone anggênèni nganggo apa, têka sangit.

7. Sapa kang angguntingi rambutmu, anggone angguntingi nganggo apa, têka bisa rata lan pandhês.

--- 58 ---

8. Sapa kang anambani larane adhimu, tambane apa têka enggal mari.

9. Sapa kang padha ngênèni pari, anggone ngênèni nganggo apa.

10. Sapa kang bakal mêthuk eyangmu mênyang ing sêtatsiyun, pamêthuke nganggo apa.

11. Sapa kang andondomi kulambimu iku, anggone andondomi nganggo apa, têka enggal rampung.

12. Sapa kang mêcahi (= nugêli) gêdhah iki, panugêle nganggo apa, têka bisa papak.

Wangsulane:

1. Ingkang nyêpêng ulamipun guramèh pun Wăngsa, panyêpêngipun dipun sèsèr mawi sêngkêran ayam.

Utawa:

Ingkang nyêpêng ulamipun guramèh pun [pu ...]

--- 59 ---

[... n] Wăngsa, anggènipun nyêpêng dipun sèsèr mawi sêngkêran ayam.

32. Akal koja.

Ana koja lumêbu ing tokone sudagar sugih ing kutha Surabaya, saking kurang wêwekane, amêcahake gêdhah inêbing lêmari wadhah dagangan, marga kêsikut. Koja enggal lunga saka ing kono, lakune gêgancangan, kang duwe toko ora talompe, koja ditututi, kacandhak, banjur dicalathoni mangkene: Kisanak, napa dika botên rumăngsa, yèn mêcahake gêdhah inêbing lêmari kula. Kula mêsthi nêdha lintu. Koja amangsuli, kula botên ajêng mukir, yèn mêcahake gêdhah dika siji, ananging napa dika botên wêruh

--- 60 ---

dhewe, yèn anggon kula enggal lunga niki ajêng mulih anjupuk dhuwit, digawe nêmpuhi gêdhah kang pêcah wau.

Barêng kang duwe toko diwangsuli mangkono, koja banjur diêculake, ananging banjur ora têka-têka manèh. Mangkono iku andadèkake gêtune kang nyêkêl toko, ananging wuwuh ing pangrêtine.

33. Wangsulana:

1. Apa kang disigari dening tukang kayu nganggo wadung.

2. Apa kang disirami dening tukang kêbon nganggo gêmbor.

3. Apa kang arêp diplitur dening tukang plitur nganggo plitur wungu.

4. Apa kang diintêri wong wadon iku nganggo tampah.

--- 61 ---

5. Apa kang didhudhuki wong-wong desa iku nganggo pancong.

6. Apa kang dipariksani gurumu nganggo kaca praksana (= kèkêr).

7. Apa kang diêpeni tanggamu nganggo rigèn iku.

8. Apa kang arêp korêmpêlas nganggo rêmpêlas kêrtas.

9. Apa kang dipikun[12] wong desa nganggo bronjong liwat ing kana mau.

10. Godhong apa kang dirajangi bakul kêmbang nganggo lading iku.

11. Apa kang arêp dibrongsongi baturmu nganggo krênêng.

12. Têmbako apa kang sok diudut nganggo pipa.

Wangsulan:

1. Ingkang dipun sigari dening tukang kajêng ngangge wadung, dhongklak kajêng kênari.

--- 62 ---

2. Ingkang dipun sirami tukang kêbon ngangge gêmbor ... .

34. Wangsulana, (sabisa-bisa wangsulane gawenêm[13] beda-beda).

Kang kasêbut ing ngisor iki asale (= pinangkane) saka ing ngêndi, lan manèh têrangna, panggawane nganggo apa.

Kaya ta:

Kênthang, kubis, jagung, têmbako, gamping, wêdhi (pasir), bata, gêndhèng, iwak bandêng, kurma, arêng, watu, uyah tampêr, glêpung gandum, lênga patraliyun, sabun wangi, mêrtega.

Tuladhaning wangsulane.

1. Arêng sela punika asalipun saking ing tanah Eropah, dumuginipun [dumugini ...]

--- 63 ---

[... pun] ing tanah Jawi dipun mot ing baita.

2. Kênthang punika asalipun saking padhusunan ing tanah parêdèn, dumuginipun ing ngriki dipun rêmbat. Kêna uga: (dipun bêkta mawi grobag - kapal - sêpur) sapêpadhane.

35. Anggawea anggitan, kaya kang kasêbut ing piwulang ăngka 32. (Akal koja).

(Guru maca dhisik, sapisan utawa kaping pindho).

36. Wangsulana.

1. Sabên jam pira sore, bakul roti angidêrake roti marang para lêngganane.

--- 64 ---

2. Yèn wis apa (= kêpriye) tukang lêntera, nyumêdi lêntera-lêntera ing sauruting ratan gêdhe ing sajroning kutha.

3. Sabên jam pira (esuk, awan utawa sore) têkane tukang rangsum ambagi rangsuming wong-wong kang dikunjara.

4. Wiwit jam pira esuk, tumêkane jam pira awan, wong ukuman diirid nyambutgawe: nyapu ratan utawa liya-liyane.

5. Sabên dina apa, bakul-bakul padha mênyang pasar, andhasarake dagangane.

6. Wiwit jam pira esuk, pangon anggirèkake kêbo utawa sapine mênyang ing pangonan.

7. Suruping srêngenge iku kurang luwih jam pira, ana ing ngêndi.

8. Jarum kompas iku anuduhake keblat kang sisih êndi.

9. Yèn dina apa wong agama Nasrani, [Nasra ...]

--- 65 ---

[... ni,] padha lunga sêmbahyang marang ing greja.

10. Yèn dina apa, wong agama Islam, akèh kang padha sêmbahyang luhur mênyang ing masjid.

11. Ing wayah apa lan yèn nuju kapriye, akèh bocah dolanan ana ing palataraning omahe.

12. Yèn ambênêri dina apa, sabên wong amênganggo sarwa anyar, têka ing omahe sanak-sadulure kang kaprênah tuwa, prêlu anjaluk pangapura lupute.

Tuladha:

1. Sabên jam sêkawan sontên, bakul roti angidêrakên roti dhatêng lênggananipun.

--- 66 ---

37. Mara wangsulane piwulang ăngka 36.

Iku walikên, mangsane (= wêktune, wayahe) sèlèhna ing buri.

Kaya ta:

1. Bakul roti angidêrakên roti dhatêng lênggananipun, sabên jam sêkawan sontên.

2. Tukang lêntera nyumêdi lêntera-lêntera ing sauruting margi agêng ing salêbêting kitha, ing wanci sontên manawi sampun pêtêng.

38. Bênêr ing pamalêse.

Ana sawijining magang kadhistrikan, sănja mênyang omahing dhukun, kang ora adoh saka ing padunungane.

--- 67 ---

Sasuwene padha jêjagongan, magang takon sarta takon ngitungi awake. Kyai dhukun enggal anjupuk primbon, barêng wus diitungi sarta andêlêng primbone, magang diwêca yèn ing sawatara sasi manèh, dhèwèke bakal tămpa kanugrahan, yaiku diangkat dadi priyayi. Kyai dhukun anuli anjaluk opah. Wangsulane magang, kyai: dika niku ajêng mintêri kula, ngaku wêruh sadèrènge winarah, măngka dika kêsamaran, yèn dhatêng kula mriki, botên ngandhut dhuwit saigar-igara. Êmpun kula mulih, dika karia salamêt.

Êliding dongèng mangkene: aja enggal-enggal pracaya marang sakèhing ujar panggorohan, kang ora tinêmu ing nalar lan ora ana yêktine.

--- 68 ---

39. Apa kakurangane ukara iki sambungana.

Kaya ta:

Wong tani iku sabên ... (apa), lunga mênyang ... (ngêndi) aggarap ... (apa).

Wangsulane:

Tiyang tani punika sabên sontên kesah dhatêng ing patêgilan, andhangir tanêmanipun palawija.

1. Tukang susu iku sabên ... (ing wayah apa) anggawa ... (apa) mênyang ... (ngêndi).

2. Pagaweane tukang pênatu iku sabên ... (apa) angumbahi ... (apa) mênyang ... (ngêndi).

3. Lêlaran iku nalika malêm ...

--- 69 ---

(apa) nyolong ... (apa) ing omahe ... (sapa).

4. Wong wadon kang diirit pulisi iku, nalika ... (apa) ngutil apa, ana ing ... (ngêndi).

5. Pagaweane tukang kêbon iku, sabên ... (apa) anggawe rêsiking ... (apa) ing ... (ngêndi).

6. Upas pos iku sabên jam ... (pira) angidêrake ... (apa) marang ... (sapa).

7. Suraprayitna gêrma ing Dhadhapan, nalika dina ... (apa), anggone lunga ambêburu mênyang ing alas (êndi) olèh ... (apa) ... (pira).

8. Baturku wadon sabên ... (apa) dakpatah ... (apa), ana ing ... (ngêndi).

9. Kucing iku ... (dhèk apa), nubruk ... (apa) ana ing ... (ngêndi).

10. Pagaweane guru iku ... (sabên [(sabê ...]

--- 70 ---

[... n] apa) awèh piwulang apa-apa, marang ... (sapa) kajabane dina ... (apa, utawa apa).

40. Anggawea ukara kang sinambungan têmbung: sanajan, lan, ananging 10 ukara.

Kaya ta:

1. Samijan punika sanajan dêdêgipun agêng inggil, ananging botên anggadhahi kêkiyatan ingkang têmbang kalihan pawakanipun.

2. Sawêr wêlang punika sanajan alit, ananging bilih nyakot ambêbayani, sabab wisanipun mandi.

41. Anggawea ukara kang mangkene: ... rolas ukara.

Kaya ta:

Milanipun ... awit ...

--- 71 ---

1. Milanipun pun Sumarga dipun gêbagi bapakipun, awit anggènipun sakolah malincur.

2. Milanipun sêsêkaran ingkang dipun tanêm wontên ing pot punika sami alum, awit wingi sontên botên dipun sirami.

(mara banjurna).

42. Wong lêlungan lan bruwang.

Ana wong loro bêbarêngan lunga mênyang pasantrèn, dalan kang bakal diambah angliwati alas gêdhe, ora ana dalan liyane kang cêdhak kajaba mêtu ing kono. Ing sadurunge budhal wong loro mau aprajanji tulung-tinulung manawa nêmu pakewuh ana ing dalan, karone anyaguhi. Barêng [Ba ...]

--- 72 ---

[... rêng] anggone lêlaku ngambah alas, wus antara rong jam suwene, dumadakan ana bruwang gêdhe siji mêtu saka ing alas. Bruwang iku dhasar kaluwèn, mulane barêng sumurup wong loro iku enggal anyandêr. Nêdya dimăngsa. Santri kang siji cancingan acukat, enggal mènèk ing wit-witan. Sijine sarèhning wus kasompok, banjur niba ing lêmah ungkêb-ungkêb, ora obah-obah sarta angampêt ambêkan. Bruwang marani sarta angambus-ambus, sarèhning bruwang ora tau mangan bathang, mulane banjur ditinggal lumêbu mênyang alas manèh, awit wong mau kinira wus mati. Barêng bruwange wus adoh, wong kang mènèk mudhun, amarani kancane asêmu bungah, lan atakon: bruwang mau mituturi apa marang kowe, pandêlêngku dene cangkême ditèmpèlake [ditèmpè ...]

--- 73 ---

[... lake] ing kupingmu. Wangsulane kang tinakonan, aku diwêkas, ing têmbe aja ngandêl ujare wong jirih kang kaya kowe iku.

Ing sawuse mangkono, wong loro mau padha ambanjurake lakune, sarta bangêt ing pangati-atine, slamêt tumakêne ing panggonan kang sinêdya, sarta muji sukur ing Pangeran.

43. Gawea ukara kang mangkene: 12.

... anggènipun ... milanipun.

Kaya ta:

1. Pun ibu anggènipun ngawis uwos kêmirahên, milanipun botên dipun sukakakên.

2. Tukang pênatu punika anggènipun mênatu [mêna ...]

--- 74 ---

[... tu] kirang rêsik, milanipun pênaton wau dipun wangsulakên malih.

(mara banjurna).

44. Anggawea manèh 12 kang mangkene:

Anggènipun ... awit ... .

Kaya ta:

1. Pun Sambiya anggènipun nyêrat kirang cêtha sarta kathah lêpatipun, awit panyêratipun kasêsa.

2. Anggènipun mêthukakên songsong botên kapêthuk, awit katlisiban.

3. Anggènipun tumbas salak angsal agêng-agêng sarta mirah, awit sagêd pamilihipun saha talatos pangawisipun.

(banjurna).

--- 75 ---

45. Kakurangane ukara iki wuwuhana.

... awit ... .

kaya ta:

1. Sênthongipun rêgêd sangêt, awit botên nate dipun ... .

2. Sêgawonipun kêra sangêt, awit botên nate ... .

3. Pêksinipun dara sapunika kathah sangêt, awit ... .

4. Udhêng kula latar pêthak paringanipun êmbah taksih enggal, awit ... .

5. Kasuripun gênderan atos sangêt, awit ... .

6. Guru kula dintên wingi tansah duka kemawon, awit ... .

7. Anggènipun ngêpe gabah mawur-mawur, awit ...

--- 76 ---

8. Yatranipun ringgit dipun tampik, awit ... .

9. Pêsanggrahan ing lèpèn bêning, sapunika sawêg dipun pajang-pajang, awit ... .

10. Griyanipun Mas Tirta Taruna sapunika katingal risak sangêt, awit ... .

11. Dilahipun triyum ambalêrêt kemawon, awit ... .

12. Pun Wăngsa anggènipun ambabad rumput, botên sagêd pandhês, awit ... .

13. Pun ibu anggènipun wiwit ocal-ocal kêsiyangan, awit ... .

14. Anggènipun nêmpur botên sagêd angsal wos pêthak, awit ... .

46. Wong buthak.

Ana wong têlu lêlungan bêbarêngan,

--- 77 ---

kang siji juru cukur, kang siji murid ing pamulangan, sijine wong buthak, satêkane ing panginêpan, arêmbugan mêlèk gêntèn-gêntèn matang êjam, murih sirnaning mutawatir. Dene kang kabubuhan mêlèk dhisik juru cukur, juru cukur barêng andêlêng kancane karo pisan wus padha turu kêpati, banjur anyukur sirahe murid pamulangan mau. Tumêkane ing wayah bubuhane mêlèk banjur digugah. Murid tangi karo angêlus-êlus sirahe, barêng karasa kalimis, acalathu mangkene: he, juru cukur kêparat, ana, têka anggugah wong buthak, ora anggugah aku.

47. Anggawea ukara nganggo têmbung: mawi 12.

Kaya ta:

1. Kareta punika tumpakan ingkang mawi rodha sakawan.

--- 78 ---

2. Ingkang limrah băngsa Eropah punika manawi dhahar punapa-punapa mawi sendhok utawi garpu.

(banjurna).

48. Anggawea ukara nganggo têmbung: kalihan 12.

Kaya ta:

1. Anggènipun ngapilakên sampun kalihan tilêman, mindhak kalajêng tilêm.

2. Sawênèhing tiyang sêpuh amisanjangi makatên: tiyang ngobong (= ambêsmi) mêrang punika bilih kalihan andhodhok, dadosipun lăndha kirang mandi.

(banjurna).

49. Anggawea ukara nganggo têmbung:

1. Ing ... 5.

--- 79 ---

2. Dhatêng ing ... 5.

3. Wontên ing ... 5.

Kaya ta:

1. Bok Mas Jaya Sadana punika, sabên taun mindhak-mindhak ing kasugihanipun.

2. Pun êmbah botên wontên, sawêg kesah layat dhatêng ing Suryanagaran.

3. Murid-murid manawi wontên ing pamulangan, botên kenging gêgujêngan, kêdah mirêngakên punapa piwulanging gurunipun.

(banjurna).

50. Abdi kêsèd kaukum.

Bupati ing sawijining nagara kagungan abdi bangêt kêsède, anuju ing sawijining wêngi, abdi mau didhawuhi turu

--- 80 ---

ana ing ngarêp lawang pasareyane bêndarane, barêng ngarêpake bangun esuk anglilir, sarta karasa ngêlak bangêt, saking kêsède sanajan ngêlak kongsi ngorong mangkono, ewadene mêksa ora gêlêm tangi anjupuk banyu, ora liya mung tansah asêsambat mangkene: adhuh ngêlak têmên, adhuh ngêlak têmên, ambok iya anaa kang awèh banyu sacêgokan bae. Bêndarane ora bisa sare, amarga kabrêbêgan sêsambating abdi mau, abdi anuli ditimbali. Saking wêdine abdi kêpêksa kudu tangi, barêng sowan, dipangandikani mangkene: aku jupukna banyu kang rêsik sagêlas bae mênyang ing sumur buri kana. Sanajan ing wêktu iku pêtêng lan adhêm bangêt, abdi mau iya kudu nglakoni apa dhawuhing bêndarane. Abdi banjur lunga anjupuk banyu, sawuse [sawus ...]

--- 81 ---

[... e] olèh banjur diunjukake. Pangandikane ingkang bupati, aku ora ngêlak lan ora arêp ngombe, yèn kowe ngêlak, umbenên dhewe.

51. Pitakon ing piwulang iki, kudu diwangsuli mangkene.

Kaya ta:

Adhiku turu.

1. Olèhe turu adhimu kapriye. ... (kêpati).

2. Lan ing ngêndi. ... (ana ing bandhulan).

3. Ing wayah apa. ... (ing wayah sore).

Dadine:

Adhiku turu kêpati.

Adhiku turu kêpati ana ing bandhulan.

--- 82 ---

Dadine:

Ing wayah sore adhiku turu kêpati ana ing bandhulan.

Aku sinau.

1. Kowe sinau apa. ... (sinau piwulangku).

2. Saka ing ngêndi. ... (saka ing buku).

3. Ana ing ngêndi ... (ana ing pamulangan).

Dadine:

Aku sinau piwulangku.

Aku sinau piwulangku saka ing buku (= layang).

Aku sinau piwulangku saka ing buku ana ing pamulangan.

Mara iki gawenên mangkono:

Saparin anggambar.

1. Saparin anggambar apa ... (kranjang).

--- 83 ---

2. Ana ing ngêndi, ... (ana ing sabak).

3. Gambarane kapriye, ... (apik).

4. Kanggo apa, ... (kanggo kasênêngan).

Aku[14] padha nulis.

1. Kowe padha nulis apa, ... (aksara).

2. Ana ing ngêndi, ... (ana ing layangku tulisan).

3. Kanggo apa, ... (kanggo ambêcikake tulisan).

4. Kapriye panulismu, ... (sênêng bangêt).

Ngadiya dolanan.

1. Ngadiya dolanan apa ing ngêndi, ... (ana ing patamanan).

2. Karo sapa ... (karo Ngadimin).

--- 84 ---

3. Kapriye olèh-olèhe dolanan, ... (sênêng bangêt).

4. Wiwite dolanan jam pira ... (jam lima sore).

Asu anjugug.

1. Asune sapa kang anjugug, ... (asune tanggaku).

2. Dhèk apa ... (mau bêngi).

3. Sapa kang dijugug, ... (wong liwat).

4. Ana ing ngêndi ... (ana ing pakarangan).

5. Sabab apa dijugug ... (sabab nêpsu = sabab durung kulina).

52. Anggawea anggitan, kaya kang kasêbut ing piwulang 50.

(abdi kêsèd taukum).[15]

--- 85 ---

53. Bakul anggendhong.

1. Bakul iku anggendhong apa, ... (êndhog).

2. Arêp digawa mênyang ngêndi, ... (mênyang pasar).

3. Sabên apa, ... (sabên pasaran).

4. Arêp dikapakake, ... (diêdol).

Sadulurku wadon ambathik.

1. Sadulurmu wadon ambathik apa, ... (ikêt).

2. Kanggo sapa, ... (kanggo bapak).

3. Wiwite dhèk dina apa, ... (dhèk dina Sênèn).

4. Bathikane kapriye, ... (apik).

--- 86 ---

Ibuku ngiris.

1. Ibumu ngirisi apa, ... (roti).

2. Kanggo sapa, ... (kanggo aku lan adhi-adhiku).

3. Dhèk kapan, ... (mau isuk).

4. Dilandhêsake apa ... (dilandhêsake talênan).

54. Têmbung-têmbung ing ngisor iki, yèn ditata (= dilira-liru ênggone) bisa dadi ukara.

Kaya ta:

Ana, mênyang ing kali, juru amèk iwak, olèh tămbra lima, anjala.

Dadine ukara mangkene:

Ana juru amèk iwak, anjala

--- 87 ---

mênyang ing kali olèh tămbra lima.

Mara têmbung-têmbung iki rakitên, supaya dadi ukara kang apik.

Dhèk dina Rêbo, mênyang Surabaya, Sadikun karo bapakne, nunggang sêpur.

Sabên sore bapakku, kanggo kasênêngan, lungguh ing kursi malês, maca layang kabar.

Dhèk wingi, mênyang ing tanah pagunungan, olèh loro, ana gêrma ambêdhil kidang.

Yèn măngsa kêtiga, supaya aja ambalêdug. Ratan-ratan ing sajroning kutha, esuk sore disirami.

55. Bèncèng karêp.

Ana wong loro padha bathon tuku wêdhus siji. Ciptane kang siji ing sadurunge [sa ...]

--- 88 ---

[... durunge] disêmbêlèh wêdhus mau arêp dilêmokake dhisik, supaya mundhaka daginge. Pangrasane kang siji wêdhus mau wus katog lêmune, sêdhênge disêmbêlèh. Kajaba saka mangkono wus ora nukokake pakan lan ora muwuhi rêrêksan, ananging kancane bathon ora rêmbug, isih nêdya anglêmokake manèh, anuli dicalathoni mangkene: Kisanak, dika rungokake ujar kula, saparoning wêdhus kang dadi bagean kula, sesuk-esuk ajêng kula bêlèh, dene bubuhan dika kang saparo, yèn taksih mêksa ajêng dika ingu, ênggih napa ing sakarêp dika.

56. Têmbung-têmbung iki rakitên manèh, supaya dadi ukara kang bêcik.

Sukarsa sabên sasi, kanggo ambayar

--- 89 ---

pangan. Anjaluk kiriman dhuwit, kirim layang marang bapakne.

Pagaweane tawon iku sadina-dina, dikalumpukake ana ing talane. Angisêpi maduning kêkêmbangan.

Tukang kayu angêdhêgage los, direwangi kuli nênêm. Kanggo wadhah gamping ana ing sandhing krêtêk kang rusak.

Panggonane wong, ing tanah Prislan. Anggawe mêrtega iku.

Mêrtega kang dikirimake mênyang liya nagara, ginawe dagangan, banjur tinutup rapêt. Winadhahan tong utawa blèg.

Kanggone mêrtega iku, bisa amuwuhi enaking rasane. Kanggo

--- 90 ---

woworaning pêpanganan utawa olah-olahan.

57. Anggawea anggitan: bèncèng karêp (piwulang ăngka 55).

--- [0] ---

[...]

--- [0] ---

[...]

--- [0] ---

OEFENINGEN IN HET STELLEN DOOR

ATMÅSOEDIRÅ

BATAVIA LANDSDRUKKERIJ 1912.

 


§ jlagra | 7. Nambani wong lara | 8. Mriksa prakara. | 9. Olah-olah. | 10. Nyukur. | 11. Nacari. | 12. Gawe roti. | 13. Ngusiri kareta. | 14. Ngajari lakuning jaran. | 15. Mulangi bocah-bocah kang padha sinau. (kembali)
Tuwaburu. (kembali)
§ Panggonane pandhe nyambutgawe kaaranan: bêsalèn. (kembali)
§ Panggonane kêmasan nyambutgawe kaaranan: pêrapèn. (kembali)
tinanduran. (kembali)
ana. (kembali)
§ Ngangge: rimbagan. (kembali)
§ Ngangge: sênggrèng. (kembali)
§ Ngangge: coba. (kembali)
10 § Ngangge: gêmbor. (kembali)
11 (Pêthikan saking Sêrat Paramabasa). (kembali)
12 dipikul. (kembali)
13 gawenên. (kembali)
14 Kowe. (kembali)
15 kaukum. (kembali)