Panêngêran Aksara, Angabèi IV, c. 1900, #1330

JudulCitra
Terakhir diubah: 16-08-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Panêngêran aksara

--- [0] ---

Aksara A. dipun wastani păncawisaya, têgêsipun piranti gangsal prakawis, 1. pirantinipun manah uwas, 2. pirantining kabingahan, 3. pirantining lali, 4. pirantining bingung, [bi...]

--- 313 ---

[...ngung,] 5. pirantining pangling. Gangsal prakawis punika amratandhani watêkanipun ingkang katitik aksara Agêng kodhêngan manah, sarta botên lana ing pasumitran.

Aksara E dipun wastani păncasora, têgêsipun swara gora utawi agêng, gora swara gangsal punika pikajêngipun makatên. 1. ebahing kêkêtêg, 2. ebahing ugêl-ugêl, 3. ebahing bun-bunan, 4. ebahing têlak, 5. ebahing jubur, inggih punika kêkêtêging manah sadaya, pikajêngipun manah ebah punika kêtir-kêtir, ing ngriku amratandhani ingkang katitik aksara E watêk jirih sarta karêm dhatêng pêprênesan.

Aksara I dipun wastani păncapranawa, têgêsipun pranawa gangsal prakawis, 1. sukcining dat, 2. sukcining sipat, 3. sukcining asma, 4. sukcining apêngal, 5. sukcining asma sajati, pikajêngipun ingkang katitik aksara Ingkang watak karêm dhatêng ngèlmi pangawikan sapanunggilanipun, utawi lana dhatêng ing pawong mitra, botên tampi ing kasaenan.

--- 314 ---

Aksara O dipun wastani păncayêkti, têgêsipun têmên gangsal prakawis, 1. têtêp, 2. idhêp, 3. sapêkêt, 4. rumakêt, 5. mantêp, amratandhani watak darana, sumêrêp dhatêng Pangeranipun. Manawi wontên ingkang katitik aksara O watak jatmika, sarta asih dhatêng ing yayah rena, langkung trêsna kadang kadean pawong mitra, ananging têka botên wontên pasulayaning păncajati, yèn kirang kulinanipun mandar bêsat ing kasaenan gangsal warni wau. Mila makatên jalaran sampun kalêbêt ing paribasan kadhinginan tuwuh, têgêsipun dèrèng măngsa sampun kadunungan budi pakartining ngèlmi, satêmah ura, botên magêpokan utama, mila kêdah saranti ing pamardi manawi sampun wanci.

Aksara Utawi dipun wastani păncawarna, têgêsipun cahya ingkang mêdal saking gangsal prakawis, 1. cahya wungu, inggih punika tangining kajêng, minăngka kaananing jim wungu, 2. cahya biru, inggih punika mokaling kajêng minăngka kaananing jim biru, 3. ijêm, inggih punika kêkahipun [kêkahi...]

--- 315 ---

[...pun] kajêng, minăngka kaananipun jim ijêm, 4. cahya dadu, inggih punika gingsiripun kajêng, minăngka kaananing jim dadu, 5. cahya jingga, ih punika dhusthaning kajêng, minăngka kaananing jim jingga, mila kabasakakên cahya măncawarni punika nyimpang saking cahya kawan prakawis, irêng, abang, kuning, putih, babaripun cahya măncawarni punika, ingkang wungu ajêng dhatêng darbèkipun ing liyan, ingkang biru karêm dhatêng ujar pêprênsan, ingkang ijêm karêm dhatêng nalar pangiwa, ingkang pasah dhatêng pambagusipun ing eblis, ingkang dadu karêm dhatêng pitênah, ingkang jingga karêm dhatêng pakarti juti, kagetan manah, ing ngriku anglabêti wêwatêkanipun ingkang katitik ing aksara U.

Aksara Rê, dipun wastani păncayuda (pêtêng), têgêsipun prang gangsal prakawis, 1. prang catur, karêm ujar-ujaran ingkang botên prayogi, 2. prang sabil inggih punika ingkang sagêd anyêgah manah juti, 3. prang kewuh inggih punika ingkang sagêd damêl nalar pakèwêd, 4. prang jiwa.

--- 316 ---

Inggih punika ingkang sagêd andamêl sangsaraning badan, 5. prang kêmbang, inggih punika ingkang rêmên andamêl pêpucukipun parapabên. Pikajêngipun ingkang katitik aksara Rê watêkipun kêrêp kapêtêngan manah, jalaran napsonipun tansah dipun ingis kemawon.

Aksara Lê, dipun wastani păncaweya, têgêsipun weya gangsal prakawis, weya saking luwe, weya saking doyan turu, weya saking sangsara, weya saking lupa, weya saking karêm sêmbrana, bilai gangsal bab wau kêdah binerat ing budi, pambirating arip, kaslamura pakarti rubana, têgêsipun lêlangên kasaenan, pambirating lupa, mangenggar-enggar ing driya, nyênyêngêr sarira, pambirating sêmbrana, karêm angrungu carita kanthi mungkul ing karya, pambirating sangsara, kêrêpa nalăngsa dhatêng Ingkang Maha Kawasa.