Kăngsa Adu-adu, Anonim, 1910, #1294 (Pupuh 18–39)
1. | Kăngsa Adu-adu, Anonim, 1910, #1294 (Pupuh 01–17). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang. |
2. | Kăngsa Adu-adu, Anonim, 1910, #1294 (Pupuh 18–39). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang. |
3. | Kăngsa Adu-adu, Anonim, 1910, #1294 (Pupuh 40–61). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang. |
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
18. Pocung
1. muwus sêndhu Kakrasana pageneku | wani nglarangana | kamulane jênêng mami | mapan dudu abdine Natèng Madura ||
2. têka antuk bêbêndu kalayan siku | apa karanira | sri narendra angawisi | ing wong gêgawean santosaning dhadhah ||
3. langkung rêngu Kakrasana ngadêg gupuh | kang rayi ingajak | Ki Udawa nora kari | lare tiga dandosi amaripurna ||
4. jagang kapurancang kang rusak binangun | waringin sêngkêran | dinandosan wus sarwapik | sampun [sa...]
--- 70 ---
[...mpun] mulya lir nguni-uni rakitnya ||
5. Kyai Buyut Ăntagopa dupyandulu | langkung susahira | kang putra ingarih-arih | dèn rêrintih kang mulya mrih rinusaka ||
6. iku lamun kapyarsa malih lan prabu | tan wande dêduka | ngêgêngkên dosa sayêkti | nanging Kakrasana pan wus nora kêna ||
7. karsanipun santosa wus nora keguh | lamun dèn emutna | rahadèn kapara runtik | malah-malah winêwahan rêrênggannya ||
8. sang rêtnayu Wara Sumbadra saklangkung | sukanirèng driya | winonging raka kêkalih | pan sinarah sinungku sukaning karsa ||
9. sang rêtnayu lan raka tansèng tut pungkur | anuju samana | ngrêrêngga dhêkah sinambi | among ingkang rayi Kusuma Sumbadra ||
10. kang winuwus praptanira Arya Prabu | Rukmaka sawadya | Ki Ăntagopa udani | gupuh-gupuh malajêngi ingkang prapta ||
11. asumungku ing sukunirarya prabu | sarwi sru karuna | ature amêlasasih | lah suwawi gusti marang dalêm wisma ||
12. arya prabu nuruti mring wismanipun | wus lênggah satata | Ăntagopa maksih nangis | aturira pukulun abdi paduka ||
13. sèwu-sèwu kalêpatan amba nêngguh | rèh wus tan kawawa | malangi karsaning gusti | putra tuwan akarya susahing manah ||
14. têka bangun kang dados awisan prabu | kawula èngêtna | wali-wali botên kêni | milanipun gusti kang abdi kewala ||
15. nadyan jinur linêbur dèn kongsi luntur | sumăngga ing karsa | arya prabu nabda wêngis | alah dene sirèku katêmpuh tuwa ||
16. nora tuwuh pituwas titising tutur | maring kaki putra | têka inguja sakapti | wantuning nom iku mung băndha kaduga ||
17. yèn kadyèku têtêp sira tan mituhu | sawêlinging nata | sambawa yèn tan miyarsi | lakon iki [i...]
--- 71 ---
[...ki] ina têmên Antagopa ||
18. arya prabu kathah-kathah dukanipun | wasana lingira | Ăntagopa karsa mami | pakaryane sutamu Si Kakrasana ||
19. lah rusakên inggal kewala ywa keguh | Kyai Ăntagopa | dèrèng kongsi anauri | kawuwusa sira Radèn Kakrasana ||
20. cat karungu saking dhadhah dènnya bêndu | Sang Arya Rukmaka | kathah-kathah andukani | Ăntagopa angèmbèt ingkang salira ||
21. sigra mlêbu mring wisma awas andulu | marang sang nararya | radèn katgada ing galih | kawistara jaja bang andik ing surya ||
22. ambêg purun katon gumrêgêt kadyayun | ngancap sang nararya | Ki Ăntagopa udani | Kakrasana kadya dukane tan kêna ||
23. asinayut Kyai Ăntagopa gupuh | rinangkul kang putra | sarwi tinangisan angling | babo babo anggèr sira arêp apa ||
24. purun-purun lumarag marang gustimu | baya kaya ngapa | mangkono tingkahirèki | arak mundhak andêdawa para dosa ||
25. yèn kalalu polahmu kang nora patut | apa tan wêlasa | anggèr marang jênêng mami | lêng pun bapa kewalanggèr patènana ||
26. rajasunu kanggêg tyasira duk ngrungu | wuwuse Ki Ănta- | gopa sarwi anangisi | têmah mirut rahadèn wirodanira ||
27. Kyai Buyut Ăntagopa malih muwus | lah mara nguncupna | asta ngabêktia nuli | marang gusti iku arine sang nata ||
28. ingkang sinung wuwus wangkot tan miturut | mung jêngêr kewala | arya prabu siking galih | bocah iki wantêre kagila-gila ||
29. bok dèn tulus dene sêmbada ing tangguh | gagah aprakosa | benjang sugiha kasaktin | Arya Prabu apitambuh angandika ||
--- 72 ---
30. hèh ki buyut apa ta iku sutamu | matur Ăntagopa | inggih punika kang abdi | suta kula kang sêpuh gagah taruna ||
19. Sinom
1. Dyan Arya Prabu Rukmaka | apasang sasmita pinrih | pitutur mrih amartapa | Ki Ăntagopa nanggapi | wasis ing kêdhap liring | kang putra malih rinangkul | lan ngawe Narayana | kang ingawe anuruti | manglbèng[1] wisma lênggah jajar lan kang raka ||
2. ki buyut alon wacana | babo karo putra mami | rèhning wus padha diwasa | sêdhênge jêngira sami | mangana warah yêkti | pituhunên tutur ingsun | padha dipun rumasa | sira sutane wong cilik | akuciwa cinêla ing sama-sama ||
3. iku kaki rasakêna | mungguh asale wong cilik | tan bisa mor ing samohan | karane durung angampil | drajat tigang prakawis | kawiryawan ing liripun | drajating kartiyasa | para nayakaning aji | kapindhone gunawan darajatira ||
4. kang para pandhita miwah | ingkang para wasis-wasis | katigane kaartawan | manggone kang para sugih | drajat têtiga ugi | gêgeyonganing tumuwuh | tumuwuhe manawa | ginayuh lawan pambudi | lah budinên tri iku salah satunggal ||
5. luwange ing kuna-kuna | kikisane wong ngupadi | darajat kang wus kawarah | tarlèn saking mati ragi | karêm ataki-taki | têtakona wiku-wiku | mungkula purohita | poma kaki dipun bangkit | amangarah wêwarah murih raharja ||
6. rèhing pati patitisna | yèn wus putus iku lagi | anitisêna kasidan | ing parasdya dimèn dadi | widada sihing Widhi | têmah kawasa amêngku | drajat tigang prakara | nadyantuka salah siji | wus kalêbu kabêgjanirèng tumitah ||
7. lamun ora mangkonoa | paran dadimu ing wingking | yêktine tanpa wêkasan |
--- 73 ---
maksih momor ing sasami | sami-sami wong cilik | kewala sukaning amung | muwah-muwah kèh pangan | muluse anandur pari | parikêdah ngluwihkên pala kasimpar ||
8. myang kapêndhêm sumapala | kinarya sambung yèn ladhis | isining lumbung linambang | lah mara limbangên ugi | mungguh rasaning ati- | nira manawa panuju | amor lan băngsa sudra | lan sira amomor kaki | băngsa kartiyasa kalawan pandhita ||
9. utawa mor pra nangkoda | miwah ingkang para sugih | rasakêna traping jalma | tanduke yèn marang rêsi | rêsêp sih sêmu ering | beda lawan tandukipun | marang para nayaka | wêdi sarta ngaji-aji | yèn momora nangkoda lulut kewala ||
10. asihe sêmu miluta | tanpa amrih tanpa kering | mulane kaki kang para | lêpas burus ingkang budi | kang dipun pinarsudi | kawiryawan lêpatipun | darajating gunawan | karo iku salah siji | kaki dhingin parsudinên murih kêna ||
11. luwange ing kuna-kuna | pira ta lamun winilis | sarjana miwah sujana | ing satanah Jawa iki | lêkase dènnya budi | widadaning sêdyanipun | tarlèn mung karêm olah | pujabrata taki-taki | tirakat gung umahas ing wana sunya ||
12. iku kaki lakonana | martapaa marang wukir | ing ngêndi sasukanira | Dyan Kakrasana nauri | iya ingsun lakoni | bapa sapakonirèku | tarlèn ingsun aminta | pandonganira kang mugi | ingsun lawan sutamu Si Narayana ||
13. dinulura liring sêdya | dening dewa kang linuwih | Ki Ăntagopa ngandika | srikutan astane kalih | ngusapi luh drês mijil | pêgat-pêgat wuwusipun | ya aja wancak driya | sapêngkêrira [sapêng...]
--- 74 ---
[...kêrira] jêng mami | ngrêrewangi cêgah dhahar lawan nendra ||
14. kang sun puja amung sira | babo sutaningsun kalih | sinêmbadana ing dewa | ing karsanira ywa tuni | samana radèn kalih | amit sarêng pangkatipun | nilapakên arinya | kang kari nglênggêr tan mosik | Ăntagopa anglir tugu sinukarta ||
15. netra malêlêng tan bisa | kêdhèp mung luhira mijil | adêrês kadya turasan | ingkang rinasa wit dening | pugale radèn kalih | ing mangke têka piturut | saprentah linêksanan | lêgawa nora gangsuli | katêmahan trênyuh tyase Ăntagopa ||
16. kongsi supe têtaminya | ingungkurkên dangunèki | dyan arya prabu ngandika | bage sokur-sokur mami | sutanira kêkalih | têka lêgawa ing kalbu | ing sapitêdahira | Ăntagopa jumbul anjrit | nolih nulya nungkêmi pada karuna ||
17. akathah sêsambatira | dyan arya prabu lingnya ris | wis aywa kèh kang rinasa | mundhak agawe prihatin | mêngko lêga tyas mami | sutanira amiturut | mring wararja mrih tama | sarèhna tyasira dhingin | Ăntagopa ing mêngko padha rêmbugan ||
18. Ki Ăntagopa tur sêmbah | suwawi punapa gusti | ingkang dados karsa nata | èstu kawula lampahi | sampun ingkang asakit | nadyan dumugining lampus | kang abdi mung sandika | yèn maksih makatên gusti | raosipun tyas kawula lêng pêjaha ||
19. saking rumasa tan bisa | apisah momongan mami | dyan arya prabu ngandika | karsane sri narapati | rèhning lêlakon iki | wus nora kêna sinuwuk | Kăngsa adrêng karsanya | dènira amamrih pati | marang sutanira [suta...]
--- 75 ---
[...nira] karo pisan |[2]|
20. ingkang kinarya dhadhakan | dènira mangun capuri | pinêtha bitinging kutha | winudi kukume pati | iya sutamu kalih | iku karsane sang prabu | sutamu karo pisan | kinèn lunga amartapi | dene putusing prakara jênêngira ||
21. tinrungku măngka lirunya | nanging pidanane nganti | kacêtha gone ngupaya | iya sutanira kalih | mangkono iku naming | minăngka gêlar sang prabu | supayane dadia | trimane prabu taruni | mula aja kosêngguh atamênanan ||[3]
22. pidanane sri narendra | mulane sira dèn bangkit | wirang isin lakonana | rumuhun labuh karyaji | idhêp-idhêp sirèki | anapakakên sutamu | Ki Ăntagopa nêmbah | inggih sandika jêng gusti | sampun ingkang rewa-rewa pinidana ||
23. sanadyan inggih sèstua | kawula dipun pêjahi | samêndhang botên ngrêsula | lagya samantên turnèki | wau ta ingkang prapti | wadya rêksasa gumuruh | dutane raja mudha | punggawarya Gêndhingcuring | lan panêkarira ngrurah padhêkahan ||
24. riwut tandange wil bala | dêgsura datanpa kering | ngrusak jagang kapurancang | gugup kang nèng jroning panti | arya prabu agipih | ngawe pra mantri misêpuh | kinèn sami nyêpênga | Ki Ăntagopa nulya glis | para mantri amikut Ki Ăntagopa ||
25. rinêjêng nulya binănda | linêbêtakên tumuli | ing bronjong binêkta mêdal | Ăntagopa api nangis | sambate mêlasasih | tarlèn putra karonipun | dhuh anggèr Kakrasana | Narayana putra mami | apa sira padha nora kulak warta ||
26. yèn ingsun kawêlasarsa | cinêkêl dutèng narpati | binronjong yun pinidana |
--- 76 ---
ing pati samêngko iki | ginawa marang nagri | dhuh anggèr rêbutên ingsun | bêbathang ingsun iya | candhinên ingkang prayogi | babo anggèr Kakrasana Narayana ||
27. ingsun apamit palastra | kari lola sira kaki | mari tinunggu wong tuwa | wong tuwamu kawlasasih | nêmu siyasat dadi | siya-siya patinipun | dhuh-adhuh Kakrasana | Narayana suta mami | bok iyaa sira amulih sadhela ||
28. nadyan ngong têkèng antaka | sok ugaa wus udani | ing warnamu karo padha | kêna karya sangu pati | lan sapa kang ngopèni | anggèr ing bêbathang ingsun | apa têka kapiran | iya raganingsun iki | salin cipta sambate asmaradana ||
20. Asmaradana
1. dhuh-adhuh Nyai Sagopi | sira anisa kewala | sutamu gawanên kabèh | mundhak kalepetan dosa | ngamungna jênêng ingwang | aja sira mèlu-mèlu | anglakoni pinidana ||
2. inggal bae Nyi Sagopi | lungaa saking jro wisma | nyai amung amit ingong | lilanira sun palastra | jurungên puja măntra | lêpasing kamuksan ingsun | wau kang anèng jro wisma ||
3. sira Sang Nyai Sagopi | kumêpyur tyasnya miyarsa | sinambat marang lakine | prandene miyarsa swara | ing jaba tanpa rungyan | wil bala agawe gugup | dènira ngrurah dhêkahan ||
4. anglês tyase Nyi Sagopi | ragi gugup wantunira | wanodya kênèng pakewoh | nora wêruh wadinira | Sagopi bilunglungan | saanane darbèkipun | wus kinukutan sadaya ||
5. ginendhong sarwa pakolih | putra ro sampun ingajak | kinanthi kanan keringe |
--- 77 ---
Kusuma Wara Sumbadra | kinanthi asta kanan | Larasati keringipun | agupuh linarak mêdal ||
6. putra ro akontrang-kantring | sru nangis saurut marga | têbih Sagopi lampahe | anèng jawi padhêkahan | Sagopi gêgancangan | wuwusên kang para diyu | ingkang ngrusak padhêkahan ||
7. solahe anggêgirisi | ting jalemprak ting galidrah | giri-giri anggêgiro | marang wong Widarakandhang | gugup abubar-bubar | sasaran ngungsi lumayu | atilar bale wismanya ||
8. dènira ngungsi mèt urip | giris giniro ing ditya | siji tan ana tumanggoh | sami gugup kamigilan | wantuning jalma desa | kêna gêlaring pra diyu | durmane abilunglungan ||
21. Durma
1. ditya Gêndhingcaluring suka tumingal | mring solahe wong dèsi | gugupe kalintang | siji tanna lumawan | lumayu ambêbêntusi | kang bale wisma | tinilar tan tinolih ||
2. amung ketang dènnya ngungsi amèt gêsang | parentah Gêndhingcuring | kinèn angrabosa | pawisman Ăntagopa | dan wadya wil parêng angrik | angrok rumusak | capuri morak-marik ||
3. wadya ditya campur lan wadya manungsa | pating bilunglung sami | kang wadya manungsa | tinunjang dening ditya | tandange dènnya ngrusaki | kang pakarangan | jagang wus dèn urugi ||
4. kagyat sira Dyan Arya Prabu Rukmaka | miyat solahing yaksi | jumênêng asarywa | nudingi sru ngandika | he sira wil kadipatin | pagene têka | murang krama sirèki ||
5. paran karyanira padha wani sira | gawe tingkah tan yogi | sapa parentaha | kanggêg kang wadya ditya |
--- 78 ---
dènnya tinudingan dening | Arya Rukmaka | andikane awêngis ||
6. dadya samya umatur kang wadya ditya | saking ki lurah gusti | Arya Bagaskara | prentah kinèn ngruraha | midana kang darbe panti | Ki Ăntagopa | sasutanira kalih ||
7. Kyai Gêndhingcuring saking dhawahira | nênggih prabu taruni | Sang Arya Rukmaka | asru andikanira | dudu ki prabu taruni | darbe wêwênang | atas jêng sri bupati ||
8. ingkang amisesa ngêtrapna pidana | apan jênêng ngong iki | dutane sang nata | kèn nyêpêng Ăntagopa | wus kêna sun bănda mangkin | arsa sun gawa | katur marang narpati ||
9. têka sira padha wani rumuraha | gawe susahing janmi | ingkang nora dosa | lah mara banjurêna | tingkahira kang kadyèki | wau Sang Arya | Gêndhingcuring miyarsi ||
10. kaluhuran sabda èstu kalingsêman | ingawe kang bala wil | miwah wus miyarsa | sambate Ăntagopa | marang sutanira kalih | Kakrasana lan | Narayana pinurih ||
11. angrêbata bêbathange sang wil arya | sampun kadugèng galih | lamun Kakrasana | lan Narayana mangkya | anis saking ing jro panti | tanbuh pinaran | nulya ngimpuni dasih ||
12. wusnya ngumpul budhal saking padhêkahan | nêdya samya ngulati | kanan keringira | dhukuh Widarakandhang | wontên mantrine pangarsi | undhagyèng guna | aran wil Tejamantri ||
13. kanthinira pêparap Ki Saraita | iku manggung tinari | karo tan kêna sah | ngidul ngetan parannya | golong lampahe wadya wil | Ki Saraita | umatur tur udani ||
14. niku wau ki lurah wontên wanodya | katiga dènira nis | mring ki kang minargan | puruge ngidul ngetan | gancangan [ga...]
--- 79 ---
[...ncangan] dènnya lumaris | sarwi karuna | tarlèn kang dèn sambati ||
15. Kakrasana Narayana tinangisan | pandugi kula kadi | nusul Kakrasana | wanodya lampahira | ki lurah lamun suwawi | linut linacak | bilih sagêt kapanggih ||
16. kang dipun prih gusti kula kadipatyan | manggut wil Gêndhingcuring | sampun anglêlacak | Kèn Sagopi lampahnya | kunêng lampahe wadya wil | gantya winarna | Arya Rukmaka dupi ||
17. mêngkêr wadya rêksasa ing kadipatyan | parentah marang dasih | kinèn angangkata | bronjonge Ăntagopa | ginotong wong kalih dèsi | binêkta budhal | marang jroning nagari ||
18. ing samarga-marga Kyai Ăntagopa | tan pêgat dènnya nangis | tarlèn kang sinambat | sutane Kakrasana | Narayana kèn nglêlari | kulaka warta | tinon ngêrês-êrêsi ||
19. tan wus lamun winuwus Ki Ăntagopa | sambate urut margi | gantya winursita | mangsuli caritanya | lampahe Nikèn Sagopi | saputranira | gancang samargi-margi ||
20. rêrikatan putra ro nangis mlasarsa | Wara Sumbadra angling | biyung iki paran | marang ing ngêndi baya | iya dènira angungsi | têka rêkasa | rikatan laku iki ||
21. ingsun uwis nora kuwawa lumampah | ngêthoke sikil mami | bok kèndêl sadhela | Sagopi saurira | babo anggèr sira gusti | aja komanah | anggêr gancang ing laris ||
22. lah wulatên ing wuri kae wil bala | nututi laku iki | lamun kacandhaka | tan wande winisesa | kaya ramanira gusti | Wara Sumbadra | muwus biyung Sagopi ||
23. jêr ku apa kang tinolih wong si bapa | bakal pidana
--- 80 ---
pati | kakang karo pisan | lunga nora karuwan | luhung nurut bae bêcik | iya wasisan | dimèn ingukum pati ||
24. lamun nora ingukum pati ya bela | priyăngga suduk dhiri | jêjaragan nêdya | sulung lêbu ing mawa | apa gawe awèt urip | nora tinêngga | ing kadang myang sudarmi ||
25. yèn ngungsia mèt gêsang dêstun yèn dêlap | dêlap-dêlape urip | Sagopi anyêntak | babo lah bocah apa | karaya-raya angungsi | pan amung sira | kênaa sun gondhèli ||
26. têka seje têmên lan ajaping manah | wuwuse Kèn Sagopi | sarwi akaruna | luh adrês marawayan | mangkana lampahirèki | rikataneya | wantune wong pawèstri ||
27. nora paja-paja tumimbang ing priya | bêbasane anênggih | ngarubyuk kawratan | ing pinjung wong wanodya | apêse yèn manggih wèsthi | têmah katungka | lampahe nawung kingkin ||
22. Asmaradana
1. sampun linancangan ing wil | satêmah kinalang-kalang | Sagopi lalu andheprok | gêtêring angga rumasa | tiwas mung cipta pêjah | ulate abiyas payus | yayah asawang kunarpa ||
2. pandheproke Kèn Sagopi | ngrangkul putra karo pisan | ing ngarsa kanan keringe | binathithit ing rêksasa | majate wus tan ana | wênganing budi sarambut | nging rèhning Hyang Maha Nasa ||
3. kumêdah rumaksa maring | titahe Wara Sumbadra | Sagopi têka abolong | tyase mosik èngêtannya | darbe aji kamayan | ciptane arsa tinanduk- | akên ring wadya rêksasa ||
4. tuwuh têtêging panggalih | tan giris ginora-godha |
--- 81 ---
ing wadya ditya sakèhe | ya ta wau cinarita | Ki Tejamantri arsa | aparipêksa amikut | mring semahe Ăntagopa ||
5. Tejamantri marêpêki | wuwuse tanpa rêringa | hèh Ăntagopa semahe | nututa sun cêkêl sira | lan sira balakaa | yèn kudu manggih rahayu | tutura ingkang pasaja ||
6. ewadene yèn sirapti | nêmu pati siya-siya | lan saputranira kabèh | sakarsamu yèn kumbia | satêmêne kewala | marang ngêndi kesahipun | Kakrasana Narayana ||
7. sumaur Nikèn Sagopi | dhuh ki lurah ngong pasaja | têmêne wong botên wêroh | puruge Si Kakrasana | Narayana Udawa | dene kesah kula ayun | ngupaya suta kawula ||
8. pan dèrèng kongsi kapanggih | lampah sampun katututan | mangke botên langkung borong | badan kawula punika | rèh tiyang alit kula | winisesèng gusti ayun | pinidana kukum pêjah ||
9. dosaning putra nglèpèti | yêktine botên suminggah | mung yèn parêng panuwun ngong | nadyan dipun pêjahana | badan kula priyăngga | putra kula wanodyayu | punika Wara Sumbadra ||
10. lah tuwan inggih alinging | ing wingking luhung kalapa | ing tuwan priyăngga dados | cèthi sampun lêga lila | kula puji ing dewa | benjang sêsuta ajalu | mugi dipun gombakana ||
11. manawi sampun awanci | sagêt nênêdha agungan | murih tinumbaskên bêlo | yèn dika yun sumewaka | pun gombak kalayua | dèn nêng-ênêngna puniku | ing bêlo măngsa mulara ||
--- 82 ---
12. Togog kalane miyarsi | Kèn Sagopi saurira | têka karasa ing tyase | kêna ing aji kamayan | sanalika lir buyan | rontog tyasira mar trênyuh | ngandika arawat waspa ||
13. adhuh aja sok anangis | babo sutaningsun gombak | sapira rêganing bêlo | anggèr ywa kalayu sira | sun seba mung sadhela | gya mulih momong sirèku | Ki Togog anuli lunga ||
14. sagon-gone sru anangis | sambat sutane si gombak | lah pira rêganing bêlo | wadya ditya kang tumingal | sami gumuyu suka | kapingkêl-pingkêl katungkul | ing guyu-ginuyu samya ||
15. saparane dèn tut wuri | Togog dening kang wil bala | ginuyu ing sagon-gone | sambat sutane si gombak | aja kalayu sira | anjaluka bêlo satus | măngsa nora katêkana ||
16. kang ngêpung sampun agusis | kaesisan Nikèn Ngrasa | lamun mandi kamayane | nulya malih alumampah | lan suta ro gancangan | sinêru anusup-nusup | sêsingup dènnya singidan ||
17. kawuwusa Tejamantri | durung wus dènnya tangisan | dlêminge mung bêla-bêlo | sambat sutane si gombak | tanbuh ing purugira | Ki Gêndhingcuring kapêthuk | mring Togog asru têtanya ||
18. kayapa lakonirèki | mau dènnyarsa nyêkêla | mring Ăntagopa semahe | Togog malêlêng saurnya | dhuh sutaningsun gombak | bêlo apa sira jaluk | anggêre mênêng kewala ||
19. Gêndhingcuring sru ambêkis | hèh Togog [Togo...]
--- 83 ---
[...g] sira tutura | ing lakunira kapriye | Lurah Togog asru nyêntak | apa bêlo pidêksa | thole gombak sira jaluk | mung aja klayu kewala ||
20. gumuyu wil Gêndhingcuring | edan Togog kênèng buyan | saure mung bêla-bêlo | bêlo iku bêlo apa | lan gombak gombak apa | he Saraita sirèku | Togog mau kênèng apa ||
21. nora kêna dèn takoni | saure mung bocah gombak | lan pira rêganing bêlo | gumuyu Ki Saraita | matur purwa wasana | sasolahira wus katur | Gêndhingcuring langkung duka ||
22. he dudu wong si kêpadhil | wong wus tuwa dadak edan | kênèng kamayan tan kraos | inggal sira Saraita | uyahna wadya ditya | pira kuwate wong wadu | sênggrangên macan kewala ||
23. măngsa abăndakalani | parentah Ki Saraita | wadya wil ginêrêg kabèh | anglut bujung anglêlacak | Sagopi lampahira | mangkana malih kabujung | ing ditya yudakanaka ||
23. Pangkur
1. duk lagyarsa akêcandhak | Kèn Sagopi dhèngkèlên sru anangis | kewala dheprok dalanggung | putra ro rinangkulan | têtangisan langkung saking kawlasayun | kunêng malih cinarita | sang panêngah Pandhusiwi ||
2. sampun sawatara lama | kalanira Pamadi anênêpi | saking jroning guwa samun | kondure akalunta | lir tinuju ing bingung Sang Pandhusunu | ing mangke miyarsa ana | wanodya ngiyêng anangis ||
3. pinarpêkan kawistara | wadon katri binujung ing rasêksi | karuna kawêlasayun | katgada Radèn Parta | ciptanira [ciptani...]
--- 84 ---
[...ra] Pamadi arsa têtulung | Kèn Sagopi pinarpêkan | tinanya aturirèki ||
4. ing purwa madya wasana | sampun katur wasana amalatsih | mêmêla aminta tulung | sinanggupan de Parta | sangking wêlas mulat wadon kawlasayun | kapindho mulat Sumbadra | kasok sihe Dyan Pamadi ||
5. mangkana andikanira | rikat bibi pêkênira sumingkir | kene têka wuriningsun | lan aja wancak driya | wirudhaning raksasa sun kang tumangguh | Sagopi srêp manahira | lênggah wurining Pamadi ||
6. Dyan Parta dèrèng anduga | yèn punika kadangira pribadi | nak-sanak saking kang ibu | ya ta wadya rêksasa | kang angêlut Kèn Sagopi purugipun | kanggêg dening pinalangan | ing janma taruna pêkik ||
7. wil Gêndhingcuring amatag | marang wadya kinèn ngrêbuta wani | wadya lit ajrih tumangguh | Gêndhingcuring bramantya | asru krodha agra magalak brakuthu | marpêki wêngis têtanya | he sapa aranmu kodhik ||
8. arubiru wadya ditya | angakua kewala aja kumbi | kaprênah apa sirèku | lan wanodya kang ana | wurinira iku bêbujungan ingsun | têtêpe wong jêjarahan | pagene sira alangi ||
9. nêmah dosa jênêngira | marang gustiningsun prabu taruni | Dyan Pamadi sauripun | yèn sira tanbuh ringwang | Kandhiwrêhatnala ing pêparap ingsun | balik sapa aranira | têka wani angêngkoki ||
10. bujung wanodya jarahan | apa sira nyêngguh ingsun tan dêling | kalamun wanodya iku | arsa sira niaya | Gêndhingcuring asugal mamak sirèku | yèn sira tanbuh[4] maringwang | ingsun Arya Gêndhingcuring ||
11. punggawa jro kadipatyan | alumaku [alu...]
--- 85 ---
[...maku] lan wêwênanging gusti | kinèn masesa Ki Buyut | Ăntagopa kang sarta | anjaraha wadone myang darbèkipun | saanane rajabrana | karane Ăntagopèki ||
12. kêna ing dosa nagara | wus tinêtêpakên ing kukum pati | marmane ulungna gupuh | ywa ngarubiru sira | Kandhiwrêhatnala alon sauripun | ditya kodhik doracara | cêmêring jagat nyukêri ||
13. kêna sira amisesa | marang wadon kang ana wuri mami | yèn wus pagas jangganingsun | bisa sira misesa | payo kene sun kêmbari sabudimu | Gêndhingcuring sru bramantya | kumrut ringas nubruk wani ||
14. Kandhiwrêhatnala panggah | sru tinubruk kanan endha mangering | napuk pilingan kumêpruk | dhupak pundhak kalênggak | Gêndhingcuring kêrêp tiba kajarungup | bêngêp raine sinepak | sirah puyêng tinampiling ||
15. wil mangkas mangsah sahasa | sarwi narik curiganira kèsthi | Wrêhatnala gya sinuduk | tinitir tan tumama | Wrêhatnala kasukêran jroning kalbu | mambêt gandaning raksasa | wangkinganira tinarik ||
16. duk Gêndhingcuring rumupak | sinarêngan sinundêp Pulanggêni | kêna wêwadhuke butul | bêdhah jaja ringannya | kapisanan Gêndhingcuring pêjahipun | kagyat sagunging wil bala | nêdya bela ambêg pati ||
17. kumrutug ngêbyuki lawan | Wrêhatnala kewran sigra amusthi | kang pawanastra sumêbut | nabêt bala kabuncang | dening bajra panjara wil bala kombul | gusis kabuncang ing bajra | siji datan ana kari ||
18. Sagopi suka tumingal | pinarpêkan sarya alon dènnya ngling | sangêt ing panuwun ulun | anggèr ing pitulungan | punapa kang kawula
--- 86 ---
walêsna dêstun | ing jiwa raga sumăngga | rumasa botên darbèni ||
19. saking kapotangan gêsang | tarlèn anggèr suta kula puniki | kalapa paduka besuk | lamun sampun diwasa | rèhning mangke maksih jêbêng botên langkung | ing galih dipun darana | Wrêhatnala anauri ||
20. sarwi balang liringira | Rêtna Wara Sumbadra kang pinêndir | gampil bibi prakarèku | anggêr wus sami arja | Rêtna Wara Sumbadra kalane pagut | ing liring dadya iriban | tumungkul dènnya ngendhani ||
21. sarwi nguwik-uwik lêmah | langkung merang sang rêtna dalêm batin | Wrêhatnala osikipun | rare iki kapara | wagu wêlu patute dhoso alêngus | amung mêmanise iya | sajagad dipun dhèwèki ||
22. lan kocake tingalira | kaya dudu darahe ing wong cilik | sun badhe dhosone besuk | dadi prak ati sarta | wagu dadi tênaga ênggone kidhung | dadi luwês dhèmês iya | parigêl miwah tarampil ||
23. pêpukiraning wadana | wiwit suluh benjang kuning dumêling | ujwalane angênguwung | wang-wang neja wangkawa | êndi ika ingkang kuciwa ing wangun | wong ayu sarwa sêmbada | mulus sarirane ramping ||
24. dalah jarijine ika | angudama ngêri angrêspatèni | dhuh-adhuh dene wong iku | gawe rasaning driya | lae lae bok iya gêlêma dulu | sakêdhap liring kewala | minăngka pituwas jurit ||
25. dangu Wrêhatnala dènnya | nawang marang sang rêtna tan nimbangi | kêrêp ngêsah ngadhuh-adhuh | mênggah atêbah jaja | apikêsêl dènira amêntas pupuh | pedahe dèn wêlasana | marang paraning tyas brangti ||
26. nanging Sang Rêtna Sumbadra | amung [a...]
--- 87 ---
[...mung] tambuh kewala tan nimbangi | radèn kathah solahipun | sêsangkribing ngarimang | kongsi pêgêl tyasira wasana muwus | hèh bibi têmêne sira | arsa ngungsi marang ngêndi ||
27. tyasira aja sandeya | bibi ingsun ingkang amêmanuki | dimèn tan sangsayèng laku | ana ingkang rumêksa | Kèn Sagopi ature gèr botên langkung | nyumanggakakên sakarsa | Wrêhatnala lingiraris ||
28. lah bibi luwih prayoga | muliha mring Widarakandhang malih | apa gawe kusung-kusung | ngungsi marang ing liyan | aja sira sumêlang mapan jêng ingsun | ingkang rumaksakèng sira | matur sandika Sagopi ||
29. anulya parêng umangkat | Kandhiwrêhatnala lan prêpat kalih | rumaksa datansèng pungkur | wus lêpas lampahira | kunêng ingkang mring Widarakandhang kondur | gantya ingkang cinarita | Arya Prabu lampahnèki ||
30. wus praptèng praja Madura | Ăntagopa sampun pinarnah mungging | trungkon de sang arya prabu | lajêng malêbèng pura | tundhuk anèng ngarsane kang raka prabu | umatur sarwi wotsêkar | mijilkên solah tinuding ||
24. Mijil
1. amiwiti malah amêkasi | rèntèh lir cariyos | ingkang raka anênggak waspane | ketang trêsnanira marang siwi | putranirèng aji | sangkêp bapa biyung ||
2. têka kênèng lêlakon mlasasih | tan pae lawan wong | trahing sudra kang lola lunglune | kalêlunta kasmala malatsih | kepon tyas sang aji | datansah kapiluh ||
3. kang sumewa sami bela tangis | Basudewa katong | sigra manjing sanggar langgatane | nungku puja mêmintèng dewadi | ingkang putra
--- 88 ---
katri | mugia lastantun ||
4. winantua nugrahaning Widi | saliring lêlakon | dumadia umanjing tapane | kunêng ingkang amanggung prihatin | gantya kang winarni | kadipatèn nuju ||
5. Risang Arya Kăngsa eca linggih | kang cakêt ing kono | Sang Suratimăntra sandhahane | pêpêk para kang ditya dipati | lagya gunêm kawis | tan lyan kang rinêmbug ||
6. ing Widarakandhang prakarèki | rèh sang putra karo | wus lunga nis ing padhêkahane | Ăntagopa kang minăngka ganti | tinrungku anganti | sakacandhakipun ||
7. Kakrasana Narayana sami | sampun ingupados | pra punggawa Madura akinèn | ngupaya mring rajaputra kalih | sapira anênggih | Kăngsa cuwanipun ||
8. lagya eca gunêm dènnya budi | bangkite kapanggoh | pan kasaru kang wadya dityakèh | kumarutug dhawah saking nginggil | ing nguni kang kêni | pawanastra anung ||
9. kathah ingkang kantu miwah mati | kagyat prabu anom | non wil bala lir riris dhawahe | sampun sami tinulungan nuli | Kyai Tejamantri | ingandikan sampun ||
10. praptèng ngarsa dinangu wotsari | sira Lurah Togog | angaturkên sasolah tingkahe | amiwiti malah amêkasi | kalane miyarsi | Kăngsa sakalangkung ||
11. dukanira ayayah sinipi | ngantirah[5] netra ro | wêngis muwus sira Togog mangke | jênêngira sun kanthèni malih | punggawa kang sakti | sudibya ing pupuh ||
12. balia mring Widarakandhang mrih | jagaruna kono | mênèk katon klilip ingsun mulèh | kêna sira wisesa upami | durung katon mulih | bêcik sira tugur ||
--- 89 ---
13. anèng dhêkah lan angintip-intip | ngingsêpa pawartos | dene Kèn Sagopi saputrane | wadon lamun katingala mulih | lah cêkêlên ugi | pan wus bênêripun ||
14. dadi jêjarahan Nyi Sagopi | saputrane wadon | yèn ana kang mêmalang nyaruwe | kêna sira misesa ing pati | Togog awotsari | sandika turipun ||
15. gya tinundhung kinèn mangkat aglis | Kyai Lurah Togog | kinanthenan punggawa jro dene | ingkang gantung lampah Adipati | Bantalangkarèki | punggawa gêgêdhug ||
16. sampun budhal sapanêkarnèki | lampahe gumuroh | ingkang kari ana kadipatèn | maksih jênak dènira alinggih | sang prabu taruni | ring paman amuwus ||
17. kadipundi paman ingkang budi | dika kula bobot | Sang Arya Suratimăntra ture | anjawine salin gêlar inggih | yèn pêthuk ing kapti | andika umatur ||
18. mring kang rama jêng sri narapati | dèn jak adon-adon | ngadu sawung nging măngka sawunge | têtiyang de sawung dika nênggih | sayêktine benjing | inggih jênêng ingsun ||
19. ramanira turana mêngsahi | sampun apilih wong | anggêr purun sintên kinarsakke | nadyan nyambat Dewa Suranadi | kula botên ajrih | kinrubuta sèwu ||
20. mila anggèr makatên kang budi | ing pamanggih ingong | lamun condhong kaparêng galihe | ramanira yèn benjang prang tandhing | kathah wong ningali | abên-abên wau ||
21. pandugèng ngong Kakrasana tuwin | Narayana nonton | lamun sami nontona kalihe | gampil anggèn kula amrih pati | punika ngong ungsir | pinrih sirnanipun ||
--- 90 ---
22. kapanujon sang prabu taruni | manggut ngandika lon | inggih paman langkung prayogane | benjang-enjang kawula sumiwi | mring rama sang aji | kalayan umatur ||
23. lir andikanira kang winuni | gih kados kemawon | kangjêng rama kathah miturute | kunêng kadipatèn tan winarni | mangkana marêngi | ri Soma anuju ||
24. Prabu Basudewa duk siniwi | ing wadya supênoh | ambalabar lir sabên-sabêne | para mantri punggawa panamping | panglawe patinggi | panglima myang umbul ||
25. ingkang cakêt lênggah ing ngarsaji | risang ari karo | Arya Prabu Rukmaka malihe | Ugrasena miwah kyana patih | Saragupitèki | sri nata lingipun ||
25. Sinom
1. ring ari Arya Rukmaka | yayi sira apa uwis | anêbar mantri punggawa | kang kopatah angulati | marang putramu kalih | lan sandining wêling ingsun | kang rayi matur nêmbah | lah inggih sampun dewaji | amba pilih kang para sêpuh kewala ||
2. tan ninang wêwêling tuwan | lagya samantên turnèki | Sang Arya Prabu Rukmaka | kasaru wau kang prapti | risang prabu taruni | lajêng wau ngaras suku- | nira kang rama nata | ingaras lungayanèki | sawusira lênggah jajar ingkang paman ||
3. Risang Arya Prabu Kăngsa | nêmbah matur ring ramaji | pukulun lamun sêmbada | panggalih tuwan suwawi | ngabên sawung sujanmi | kang ingabên saktinipun | myang kaprawiraning prang | de sawung kawula nênggih | mung sajuga pun paman Suratimăntra ||
4. tinandhingana sakarsa | paduka kangjêng dewaji | sanadyan dèn karubuta | mung anggêripun kadugi | pun paman anandhingi | wasana anuwun dhawuh | Sang Prabu Basudewa | angliring kang rayi kalih | kang liningan [li...]
--- 91 ---
[...ningan] ananggapi ing sakarsa ||
5. Sang Arya Prabu Rukmaka | sumaruna ngandikaris | kaki mêngko sun têtanya | mungguh adu-adu janmi | priye pranatanèki | apa mung sakalahipun | apa kongsi palastra | lan totohane punapi | Arya Prabu Kăngsa mêsèm aturira ||
6. ing sakarsanipun paman | kawula têka umiring | prandene kang karya tohan | mênggah yèn paman mas picis | anênggih saupami | paman kawon sawungipun | brana kawula kêkap | lamun kawon sawung mami | kalungsura lênggah kula rajamudha ||
7. makatên malih jêng paman | kalamun kangjêng ramaji | lamun karsa nandhingana | kang măngka totohannèki | karatonipun nênggih | yèn kawona sawungipun | jêng rama kalungsura | lajêng kawula gêntosi | botên pae yèn kawon sawung kawula ||
8. inggih lajêng dèn lungsura | pangkat ngong prabu taruni | dene kang karya kalangan | prayoga bacira ngarsi | sangajênging sitinggil | punika sinungan panggung | palênggahan jêng rama | bilih kaparêng ningali | pinggir ngalun-alun ingkang lèr kawula ||
9. iyasani pêpanggungan | kamota ing sawadya wil | kang wetan jêng paduka myang | sawadya pacara ampil | kang kilèn panggungnèki | paman Ugrasena mungguh | sawadya pacaranya | pinggir kalangan prayogi | kinêpunga ing prajurit sowang-sowang ||
10. miwah kang para dipatya | mangkua wadyanira ris | Sang Arya Prabu Rukmaka | pangandikanira ririh | iyanggèr wus prayogi | karsanira kang puniku | nanging ta coba-coba | rumuhun ingsun pribadi | ingkang nandhingana sawung pêkênira ||
11. pamanira Ugrasena | benjang kang gênti nandhingi | yèn pamanira [pama...]
--- 92 ---
[...nira] wus kalah | lagi ramanira aji | ingkang gênti nandhingi | nanging dhingin ingsun ngruruh | jago ingkang prayoga | ingadu mrih nêmbadani | sarèhêna kulup sawatara dina ||
12. sêdhênge gonira yasa | pêpanggungan uwis dadi | dadi nora na kuciwa | tinonton sakèhing janmi | sang prabu nêmbadani | Rukmaka pratikêlipun | Sang Rajamudha Kăngsa | langkung sukanirèng galih | sakarsane tan pinalang de kang rama ||
13. mangkana pan sampun dadya | ing rêmbag agolong pikir | anulya jêngkar Sang Nata | Kăngsa kondur kadipatin | wadya bubaran sami | ri kalih kèrit ngadhatun | sapraptanirèng pura | Sri Basudewa lingnyaris | kayaparan yayi sira nanggupana ||
14. mring putranira Si Kăngsa | sun bobot budinirèki | Sang Arya Prabu Rukmaka | ature sarwi wotsari | pukulun sri bupati | kaki Kăngsa kajêngipun | nuwun idi ing tuwan | angabên kang sawung janmi | ing panampi kawula gih pralampita ||
15. pikajênge gege măngsa | dènirarsa mêngku nagri | sadaya daya gumantya | ing jêng paduka sang aji | yèn botên dèn turuti | datan wande pandukipun | kasar têmah rêmpon prang | milane amba turuti | ngiras nyobi dibyane Suratimăntra ||
16. yêkti badhe katingalan | guna santikaning jurit | ing wingking gampil kewala | yèn wus wrin jro èthèknèki | upamine we kagi[6] | panabrange botên rangu | upamia dahana | wruh gêng alit urubing gni | panyirêpe èstu sagêt ngarah-arah ||
17. kang raka alon ngandika | iya bênêr ujarnèki | mêngko budimu kayapa | kang rayi malih wotsari | punika yèn suwawi |
--- 93 ---
lawan panggalih pukulun | pun yayi Ugrasena | kinèn lumampah pribadi | nyuwun bantu dhumatêng nagri Ngastina ||
18. kawarti para Kurawa | satus sami dibya sakti | punika tuwan suwuna | lamun Dhrêstharata Aji | kaparêng amaringi | kang para Kurawa satus | dados sêsawungira | Ugrasena de pun patik | angupaya sawung akesah priyăngga ||
19. nyuwun pitulungan para | wiku jêjangganing wukir | ngiras pantês atêtanya | dadyaning Madura nagri | punapa inggih kêni | rinêbat ing agal alus | pintên banggyantuk wêca | ingkang raka nayogyani | iya yayi padha mangkata priyăngga ||
20. ingsun wus bodhowèng sira | ing pangarahira murih | pakolihe kang linakyan | andhêku kang rayi kalih | linilan parêng amit | sakalihan Arya Prabu | mangkat arêbut paran | Ugrasena marang nagri | ing Ngastina Rukmaka lalu mring arga ||
21. sêsowangan lampahira | datan winarna ing margi | gantya malih kacarita | risang rajaputra kalih | Kakrasana lan ari | Narayana lampahipun | sira Jaka Udawa | tut wuri paraning gusti | rajaputra karo tansah turut arga ||
22. ing sabên goning pandhita | ngampiran dèn pruhitani | yèn wus sampat ing piwulang | rahadèn mundur ngupadi | pawarta dening rêsi | kang samya putus ing kawruh | yèn pikantuk pitêdah | pinaranan radèn kalih | puruhita mangkana salamènira ||
23. nanging raosing wardaya | wêwulange para rêsi | dèrèng wontên gawe lêga | milane rahadèn kalih | lalu ngalaya bumi | jajah wana turut gunung | titaning pangupaya | pruhita tan makantuki | patitising pati têtêsing
--- 94 ---
kasidan ||
24. arêmbag radèn kalihnya | Kakrasana ngandikaris | he yayi mas Narayana | kayapa rasaning ati | panglimbangira yayi | kawruh saking para wiku | apa iya wus kêna | sira arani patitis | rèhing pati pangawruh saking pandhita ||
25. kang padha uwis tinămpa | kang rayi turira aris | mênggah raosing kang manah | wulange kang para rêsi | sadaya têka sami | kewala tan undha-usuk | ingkang mring kasampurnan | myang panêmbah dèrèng dugi | he Udawa kadiparan lamun sira ||
26. manawa ana bedanya | Udawa umatur inggih | raosing tyas dèrèng lêga | mila kalamun suwawi | inggih lampah puniki | prayogi maksiha lalu | anênggih amêmarta | pandhita ingkang linuwih | mrih wulange dados sampating kadibyan ||
27. ngandika Dyan Kakrasana | wis mangkene bae yayi | payo padha rêbut paran | ngupaya wiku linuwih | ubanggi ing sajroning | sawarsa êndi kang antuk | pruhitan wikudibya | iku ngulatana nanging | jujug kene kang rumiyin angantia ||
28. kongsi ing sapraptanira | yayi ingkang têka kari | nadyan antuk lawan nora | yayi sajroning sawarsi | pinasthi angulati | ya ing kene jujugipun | iku aja na cidra | kang rayi sumonggèng kapti | sawusira dadi rêmbage rahadyan ||
29. anulya sewang-sewangan | rêbut paran anuruti | osiking tyasnya priyăngga | Udawa kang dèn tut wuri | Narayana dyan pêkik | mung anggana radèn sêpuh | mangkana Kakrasana | ngalor ngetan purugnèki | tanpa rowang tumindak badan sapata ||
--- 95 ---
30. dene Radèn Narayana | ngidul ngilèn purugnèki | kalawan Jaka Udawa | ing lampah datan winarni | kang cinarita dhingin | Kakrasana lampahipun | suka angayam wana | ing lampahira duk prapti | Ngargasonya kono pandhandhanging karsa ||
26. Dhandhanggula
1. ingkang aran Argasonya nênggih | lambungira ngriku wontên guwa | ing Pringgasonya namane | kalangkung saking singup | pinggir rongkop bondhot nangkêbi | Rahadèn Kakrasana | sapraptaning gunung | Ngargasonya mosik tyasnya | wit tinimbang-timbang ing budi manawi | maksiha ngupawipra ||
2. kadi badhe nênggih nora têbih | lan pangawruhira langkung yogya | mêminta marang dewane | mênèk luntur sihipun | èstu badhe lêga ing galih | yêkti datan kuciwa | kadadyaning pungkur | wusing ngikis tyas mangkana | Kakrasana kèndêl wontên Sunyagiri | karsa ambangun tapa ||
3. wontên jroning guwa kang winuni | nahên ta kang ambating sarira | amangsuli caritane | Narayana sang bagus | lan Udawa lampahe prapti | Argaliman tumingal | sapucuking gunung | katon umancur tejanya | pinarpêkan duk cêlak prastawa kèksi | asramaning pandhita ||
4. wus dinuga lamun wiku luwih | dan rahadèn pakantuk patanyan | ingkang pilênggah ing kene | Padmanaba Sang Wiku | luwih saking samaning rêsi | sampun lingga bathara | Padmanaba Wiku | mumpuni saliring guna | kasup kasutapanira sakridhaning | bawana wus kacupan ||
5. sampun ingkang saosiking janmi | tan wikana nadyan lêlampahan | ingkang dèrèng kalakone | sampun wikan sang wiku | tuhu têrus [têru...]
--- 96 ---
[...s] tingale sidik | Rahadèn Narayana | kalangkung kayungyun | Argaliman ingunggahan | nêdya puruhitèng Padmanaba Rêsi | sapraptaning asrama ||
6. kaparêngan Risang Maha Yêkti | lênggah mungging pacrabakanira | siniwèng para siswane | jêjanggan myang pêputhut | asupênuh andhèr ing ngarsi | mangkana praptanira | Narayana wau | ingawe sang dwijawara | kinèn laju Dyan Narayana mangarsi | sumungkêm ngaraspada ||
7. lungayane tansah ingarasi | sawusira alênggah satata | nunggil jêjanggan lênggahe | Padmanaba gumuyu | angandika mêmalat ati | ing kene Narayana | dèn kaparèng ngayun | kagyat ingkang sinung ujar | dèrèng jarwa ing nama têka udani | tuhu kasdiking tingal ||
8. jroning driya sêngkut Radèn Mantri | matur nêmbah ing ngriki kewala | ngarah punapa karane | prapta kula pukulun | inggih amung arsa nyukêri | ing pangasrama tuwan | sang rêsi angguguk | karênan noraganira | Narayana Sang Rêsi ngandika malih | anggèr ywa lumuh sira ||
9. karantêne darahing asrênggi | aja awor lênggah lan trah sudra | nyudakkên paribawane | sajatine sirèku | sutèng Basudewa kang saking | Badraini sang rêtna | sira kang panggulu | pambarêpe Kakrasana | saking Rêtna Maera[7] putrining aji | Sang Prabu Iratnyaka ||
10. wuragile ramanira putri | tunggil bibi radèn lawan sira | Wara Sumbadra arane | Narayana kumêpyur | duk miyarsa linge sang rêsi | manggung kagagas-gagas | kèh karasèng kalbu | wasana maca udrasa | sarirane tinêtah priyăngga saking | sinungkên Ăntagopa ||
11. mokal lamun kang rama sang aji | yèn tan sandeya angakên putra | mila siningitkên dene |
--- 97 ---
dinalih lingsêmipun | pan mangkana osiking galih | Sang Rêsi Padmanaba | malih alon muwus | radèn apa kang karasa | durung dugi gon ingsun wêwarah nuli | sira abela tămpa ||
12. sinêngguh yèn ramanta sang aji | sandeyèng tyas ngakên putra sira | pan nora mangkono anggèr | kamulane jênêngmu | lan sakadangira prasami | sinungkên Ăntagopa | ramanta sang prabu | mituhu têdahing dewa | rèhning praja ing Madura arsa kêni | cobanirèng jawata ||
13. kênèng lakon kambah ing pawèsthi | awit ana garwane ramanta | Rêtna Maerah namane | iku cinidrèng lulut | dening Gorawăngsa yaksaji | prajèng Gowarataka | Gorawăngsa mau | kawênangan pamanira | Arya Prabu Rukmaka yaksendra mati | pramèswari Maerah ||
14. karsane kang rama dèn patèni | Arya Prabu Rukmaka dinuta | nêlasa[8] Maerah kuwe | binêkta mring wana gung | kono nora têgêl matèni | têmah tinilar wana | Merah dangu-dangu | wêtêngane babar priya | kaparêngan arine Gorawăngsaji | aran Suratimăntra ||
15. ing sawadya sumêdya ngulati | Rêtna Maerah utawi arsa | malês ukum ing patine | kadangira wil prabu | marang praja Madura dupi | praptèng doning Maerah | kang ambabar mau | anulya ana brahmana | saking Wukirgoran Suwăngsa Rêsi |[9] karsa angambil putra ||
16. sutèng Maerah sinungan wangi | Jaka Kăngsa pêparap Maruta | nulya pinondhongan kabèh | marang brahmana mau | sauwise diwasa sami | rêmbag sinowanêna | ramanta sang prabu | lamun tan ingakên putra | tinêmah prang ramanira angakêni | Kăngsa pinutra-putra ||
17. malah jinunjung pangran dipati | nanging sadurunge [sadu...]
--- 98 ---
[...runge] Kăngsa prapta | duk sira maksih rarene | lan sakadangirèku | karsanira Hyang Odipati | kinèn amaringêna | Ăntagopa mau | pratondhanggèr jênêngira | kang rinêksa dening dewa kang linuwih | wasana mêngko Kăngsa ||
18. amiyarsa sajatining warti | yèn Sri Basudewa darbe putra | tiga siningitkên anèng | Widarakandhang dhukuh | Arya Kăngsa karsa angungsir | amurih sirnanira | sakadangirèku | ingkang kinarya dhadhakan | padhukuhan Widarakandhang rinakit | kutha rineka praja ||
19. iku margane Kăngsa angudi | kukum pati sira lan rakanta | rèhning bênêr panyuwune | dadya ramanta prabu | anuruti raja taruni | pratikêle nararya | Prabu Rukmaka mung | balilu kukum kewala | sira lawan kakangira kinèn anis | saking Widarakandhang ||
20. Ăntagopa pinikut kang dadi | lilunira[10] mêngko Ăntagopa | tinrungku pangadilane | durung tumibèng kukum | angêntèni gone ngupadi | sira lan kakangira | nanging kang angruruh | wus sami winêling uga | amung ulas-ulas dènira ngulati | Rahadèn Narayana ||
21. duk miyarsa dêlinge sang rêsi | rèntèh runtut urusing[11] carita | têmah cumêplong manahe | wasana radèn matur | wêca tuwan punika inggih | wingking kadi punapa | pun Kăngsa lastantun | amêngku praja Madura | Rêsi Padmanaba angandika aris | lah măngsa lastaria ||
22. benjang sirna dening sira yêkti | rakanira Radèn Kakrasana | kang pinasthi jumênênge | gumanti sang aprabu | nanging mêngko lagya kinardi | lêlakon karsanira | Sang Hyang Nataguru | mrih mêtu prihatinira |
--- 99 ---
angatêngi kasutapanira dhingin | yèn wus antuk nugraha ||
23. kono lagi babaring kadadin | Narayana angungun miyarsa | sang rêsi sidik tingale | durung warah wus wêruh | marma sêngkut amamèt pamrih | matur mêmalat driya | pukulun sang wiku | rèhning kawula punika | lare kogung tanggung punggung langkung saking | dama anistha papa ||
24. mila borong ing Sang Maha Yogi | amêmardi dipun pindha kadya | abdi kaparênga mangke | kawula amêmuthut | ing paduka nadyan adadi | panyêthiking badhiyan | lair batin sampun | narimah nyèkèl kewala | sang arêsi gumuyu wacana manis | iya dhasare sira ||
25. pan wus lama maniranti-anti | ênggon ingsun amêdhar kadibyan | mung kari sapisan kiye | wus karsaning dewa gung | mungguh liring kagunan mami | kang kawasa ngagêma | iya mung sirèku | mara majua sun wêjang | iki aji kawijayan wijayanti | tan ana kang ngagêma ||
26. sagunge kang titahing dewadi | kang kawasa ngagêm ajijaya | yèn wong tanah Jawa kabèh | pan amung wong têtêlu | Rêsi Byasa lan jênêng mami | katrine wara Bisma | Byasa sang awiku | benjang sinungkên kang wayah | pra Pandhawa jênêng ngong lumungsur maring | ing jênêng pêkênira ||
27. wus winêjang Narayana bangkit | liyane kang aji kawijayan | tinumplak sagung gunane | rahadèn sabên dalu | awinisik saliring aji | santikan kaprawiran | pangabaranipun | sadaya sarwa widagda | dyan dinadar tan malendo mratandhani | kawahyon ing gunawan ||
28. tan winarna lamine nèng wukir | liman puruhitèng Padmanaba | dupi wus dumugi mangke | wulangira sang wiku | kongsi têkèng kamuksan [kamuksa...]
--- 100 ---
[...n] nênggih | tan kari Ki Udawa | awinêjang jumbuh | lawan Radèn Narayana | wus tan kalih kasudibyanira sami | mangkana kacarita ||
29. Radèn Narayana ing sawiji | dina nuju kêkaring nèng jaba | ing srama Argalimane | Ki Udawa tut pungkur | Narayana rêrasan aris | Udawa ing samangkya | nèng lêganing kalbu | salawas ngong puruhita | durung kaya wêwêjangane Sang Rêsi | Padmanaba sanyata ||
30. wiku luwih aputus saliring | guna kabèh wêwulange nyata | êndi kang ninanga kabèh | ananging Udawèngsun | têka ana osik tyas mami | upamine anyoba | lan sang maha wiku | arsa ingsun ayonana | ing ayuda mênèk tan ana sor titih | pratăndha têmên dadya ||
31. lamun ingsun kasora ing jurit | tăndha durung dadi sadayanya | kang manira rêgêm kiye | Udawa mèsêm matur | asambawa karsanta yêkti | pundi wontên rahadyan | murit purun guru | mindhak siniku ing dewa | pedah napa guru arsa dèn ayoni | nyoba yudakênaka ||
27. Pangkur
1. Narayana mêsèm mojar | iya bênêr mokal ing karsa mami | nanging parikêdah ingsun | nyoba sang pinandhita | Ki Udawa sangêt-sangêt aturipun | mugi sinayut ing karsa | Narayana nora kêni ||
2. ginondhelan Ki Udawa | kaya dudu karsanira pribadi | anulya sumiwèng ngayun | Rahadèn Narayana | gajêg kanggêg gajêg parikêdah matur | mungga-manggu ing wardaya | dènira arsa nuruti ||
3. Sang Arêsi Padmanaba | nora samar osike rajasiwi | mèsêm pangandikanipun | radèn apa karsanta | dèn [dè...]
--- 101 ---
[...n] pasaja aja sira rangu-rangu | marenggal anggèr tutura | măngsa nora sun turuti ||
4. kang liningan langkung kagyat | osikira wau ragi kalêmpit | yèn sang pandhita atêrus | sidik paningalira | marmanira kalangkung gêgêtunipun | yèn kumbia kawadaka | aminggu matura ajrih ||
5. malih Rêsi Padmanaba | pagenea rahadèn sira kumbi | apa kosêngguh tan wêruh | grênêke atinira | sira arsa mintonkên kasudibyanmu | yun ngayoni jênêng ingwang | mara payo sun kêmbari ||
6. umêtua marang jaba | Narayana gupuh nungkêmi sikil | ature amêlasayun | dhuh sang maha pandhita | ila-ila punapa kawula pangguh | papa cintraka sapira | kang badhe kula lampahi ||
7. kalamun kamipuruna | ing paduka dhasar inggih sayêkti | wontên osike tyas ulun | kang makatên punika | nanging botên pisan-pisana yèn sèstu | ajrih sêsikuning dewa | botên langkung sang ayogi ||
8. kawula nuwun apura | Rêsi Padmanaba mèsêm lingyaris | hèh radèn karsanirèku | pan iya nora kêna | suminggaha wus karsaning jawata gung | yèn kabèh siswa manira | mung siji jênêngirèki ||
9. kang ngayoning dibyaningwang | marma anggèr têkakna tyasirèki | aja sumêlang yèn antuk | sêsikuning jawata | Radèn Narayana langkung rikuhipun | ature mopo kewala | tarlèn mung minta aksami ||
10. wasana pinêksa-pêksa | dening Padmanaba kinèn nuruti | apa ing saosikipun | dupi radèn pinêksa | sêdyanira amung lumaku sadhawuh | parentahe gurunira | tandya [ta...]
--- 102 ---
[...ndya] sami mêdal jawi ||
11. aprang wontên panataran | rame caruk rok rawak silih ungkih | aprang curiga adangu | tan ana kang kuciwa | ingkang kêna sami tan tumamanipun | wus dumugi prang curiga | nulya gantya prang jêmparing ||
12. arame panah-pinanah | tuju-atinuju tan ana silip | sami luwês wasisipun | rikat awase samya | dènira prang jêmparing dangu wus tutug | karo tan ana kuciwa | nuli ganti aprang bindi ||
13. rukêt malih kang ayuda | rêbut corok tan ana nguciwani | tan ana soring apupuh | nulya liru prabawa | mijilakên kasantikan kalihipun | warna-warna kang prabawa | ngênting gêndhinging ajurit ||
14. pur pupug papak kewala | nora nana kasor ungguling jurit | samya maras kang andulu | langkung ing marmanira | mangkana kang yuda salin gêlaripun | sami angabên karosan | adêdêr tarik-tinarik ||
15. ngrukêt sikut sêsêndhalan | Padmanaba kantun kawon taruni | sakêdhik sor rosanipun | tinarik mèh kasêndhal | kabêlêt ing lingsêm sor lan muritipun | dadya bêbangun bramantya | têmah tiwikrama wrêdi ||
16. amêkar sariranira | gêng aluhur yayah pangawak wukir | sarupa Hyang Kalamêrtyu | netra kadya baskara | ajêjatha sêsiyung-siyung kang luhur | mangandhap yayaha kadya | anggaru-garu kang bumi ||
17. sêsiyunge ingkang ngandhap | amanginggil yayah anyăngga langit | wuluning angga sadarum | asarupa kawaca | warna-warna curiga candrasa prasu | cakrastra limpung tomara | parêng swara gêgêtêri ||
18. jumêgur keblat sakawan | kadya guntur ngakasa tangkêp bumi | duk molah sajagat lindhu | moyag-mayig lir goyang | siyat-siyut gênjoting bumi
--- 103 ---
lir bubul | kadgada kang tiwikrama | gra magalak gêgirisi ||
19. gumlêgêr agora sabda | pendah gêlap sasra parêng amuni | mangkana pamuwusipun | ing kene Narayana | lah kêtogên budinira kang satuhu | wau Radèn Narayana | kêkês tyasira sru wiwrin ||
20. ngrêrêpa matur mlasarsa | dhuh pukulun tuhu pêpundhèn mami | kawula anuwun bêndu | amung sumonggèng karsa | sintên yogya ingkang nguntapna pukulun | inggih ing pêjah kawula | patitisna doning pati ||
21. sang rêsi kalane myarsa | langkung wêlas mirut wirodhanèki | tiwikramane kinukut | wus nirmala waluya | kadya nguni-uni Narayana gupuh | sumungkêm angaras pada | ature asêmu tangis ||
22. pukulun pêpundhèn kula | pangandika tuwan ingkang rumiyin | tinapis saliring kawruh | winêjangakên amba | têka taksih wontên prêmati puniku | pambanguning tiwikrama | paran punapa marêngi ||
23. kawula nyuwun winêjang | kadospundi sarekanira bilih | bangun tiwikrama nêngguh | mèsêm sang pinandhita | iya kaki mung kari sawiji iku | sira kang durung sun wêjang | mulane ing mau kaki ||
24. sira ingsun pêksa-pêksa | anêkakna kapti minăngka dadi | sarana gon ingsun nêpsu | têmah bisa banguna | tiwikrama supayane sira jaluk | mêngko sun paringkên uga | yèn sira kaki kadugi ||
25. ingkang dadi bratanira | Narayana umatur tuwan mugi | pajar punapa sadarum | kang dados bratanira | Rêsi Padmanaba muwus bratanipun | nora kêna amangana | dhengah kang tumuwuh bumi ||
26. lawan nora kêna nyandhang | sadhengah kang tumuwuh saking warih | lire kabèh ingkang cukul |
--- 104 ---
srana kasiram tirta | Narayana kaduga ing aturipun | samana sampun winêjang | rèhirèng tiwikramèki ||
27. Narayana wus widagda | langkung suka sokurirèng dewadi | dènnya jinurung sakayun | iku radèn rumasa | lamun punjul ing apapak dibyanipun | mrojol ing akêrêp uga | anggung dènnya ngraras ati ||
28. Mijil
1. lami-lami sang narendra siwi | tuwuh siking batos | yèn sang rêsi tan pêjaha mangke | têmbe ana murit kang kinasih | lir sariranèki | wêjangane jumbuh ||
2. sinung aji tiwikrama wrêdi | têmahe tan seyos | anyênyami mring kaluwihane | gung kagagas rahadèn rudatin | karsa nuwuna mrih | ing kamuksanèku ||
3. langkung ajrih marmane sang pêkik | tyasira wirangrong | kongsi lami radèn antarane | nora sumewaka ing Sa[12] Rêsi | Padmanaba nanging | tan samar ing kalbu ||
4. mring osike tyasira sang pêkik | dangu ngantos-antos | Radèn Narayana prasajane | kongsi lalu ing panganti-anti | rèhning sang arêsi | wus waskithèng kalbu ||
5. nora kasamaran ing sakalir | osiking tyas ingong | nadyan kridhaning rat iki kabèh | wus kawêngku mangkana sang rêsi | utusan nimbali | mring dyan narpasunu ||
6. praptèng ngarsa sang rêsi lingnyaris | sutaningsun babo | têka lami tan sumiwèng kene | apa radèn ingkang dadi pikir | narpaputra aris | matur awotsantun ||
7. inggih têmênipun sang ayogi | sru susahing batos | gung kagagas paduka wulange | dupi sampun kawula tampèni | rumaos pun patik | ing jagat pinunjul ||
8. kadi-kadi tan wontên nyamèni | kaluwihan ingong |
--- 105 ---
dêstun inggih amung sadèrènge | jêng paduka mêjang tiyang malih | bilih têmbe wingking | kèh-kèhing wongipun ||
9. puruhita ing tuwan sayêkti | winulang tan seyos | kados kala mulang kula dene | badhe wontên ingkang nyênyamèni | mung punika inggih | kagagas ing kalbu ||
10. parandene ingkang saupami | paduka samêngko | lajêng muksa punika èstune | rêgêmanta tan katrècèt maring | wong liyan anjawi | kawula pukulun ||
11. lah punika kados lumastari | kaluwihan ingong | tuhu tanpa timbang sêsamane | balik tuwan maksih sugêng dadi | raosing kang ati | manggung rangu-rangu ||
12. Rêsi Padmanaba gumuyu ngling | kulup yèn mêngkono | kalingane anjaluk patine | jênêng ingsun muksaa tumuli | Narayana myarsi | sabdane sang wiku ||
13. gupuh dènnya anungkêmi sikil | amuhun gêlolo | mêlasarsa rahadèn ature | sintên kula dhuh sang mahayogi | puruna kadyèki | iba gênging siku ||
14. kathah-kathah dènira mamèt sih | sang rêsi lingnya lon | aja mêlang kaki sajatine | ênggon ingsun tumuwuh mung nganti | panjanmanirèki | Sang Bathara Wisnu ||
15. ingkang ingsun ajap ing salami- | lami martapèngong | mung bisaa nunggil kaanane | Wisnumurti pasthining dewadi | jinurung jêng mami | anunggil sirèku ||
16. bênêr bae sira darbe osik | iya kang mangkono | mara kaki tangia dèn age | payo rêrêmbugan ingkang aris | sira sun turuti | kabèh sakarsamu ||
17. Narayana nulya tata linggih | ulatira cêlom | langkung jrihnya osike kawêlèh | kaucapan sagrênêking ati | Padmanaba Rêsi | pangandikanipun ||
--- 106 ---
18. iki kulup ing wilasa mami | pêpundhênên[13] yêktos | sêkar jayakusuma arane | panguriping wong sabumi iki | kang durung pinasthi | dewa pêjahipun ||
19. sira ungkulana pasthi urip | sawabe mêngkono | sêkar jayakusumèki anggèr | dunungêna ing têtopong kaki | lawan manèh iki | manira duwe hru ||
20. Awikunta cakra arannèki | pangruwating mungsoh | ingkang murkangkara candhalane | lêbur dening sanjata cakrèki | tan ana wong sakti | miwah têguh timbul ||
21. pasthi pêjah dening cakra kaki | satêmêne ingong | amung gadhuh kewala karone | kagêngan Sang Suman Wisnumurti | măngka wus manjanmi | kulup mring sirèku ||
22. upamane jênêng ingsun nyilih | ngulihkên samêngko | marang sira wus tan mêling manèh | nuli ingsun untapênèng pati | supaya anunggil | kaanan lan Wisnu ||
23. wus sêdhênge kang măngsakalèki | nora kêna mopo | kudu sira kang mulyakna anggèr | sampurnane ragèngsun puniki | tarlèn sing sirèki | wêlasana ingsun ||
24. Narayana trênyuh tyasnya rujit | pinêksa mung mopo | lênggah atumungkul rawat luhe | astanira anênurat siti | Padmanaba Rêsi | waskitha ing sêmu ||
25. lamun Narayana wrating galih | tandya lingira lon | lah cobanên paran pamusthine | kang sanjata cakra iku kaki | supayane wingking | angayatan kidhung ||
26. Radèn Narayana anuruti | cakra ngayap gupoh | sang arêsi kêbat panubruke | kang cakra pinênêr kulung ati | kawatgata mijil | rahira umancur ||
27. sumamburat bang niba sang rêsi | kagyat sang wiranom | dinudud kang sanjata cakrane | Padmanaba wus anata pati | kinukut patitis |
--- 107 ---
anggaotanipun ||
28. Narayana nangis anungkêmi | padanira karo | kathah-kathah lir wadon sambate | mêlasasih sang rêsi lingyaris | adhuh aja nangis | sira putraningsun ||
29. lawan aja sumêlang ing galih | wruhanira babo | ingsun nunggal sira kaanane | ananira ananingsun yêkti | uripira kaki | iya urip ingsun ||
30. kewala sun amêling sirèki | ing sapungkur ingong | sêsiliha aran sira anggèr | Padmanaba benjang madêg aji | anèng Dwarawati | ywa nilar ran ingsun ||
31. kasêbuta Padmanaba Aji | supayane dados | ing pêpeling wuri tan kalalèn | wusnya mêling Padmanaba Rêsi | narik jaman pati | sakala kalimput ||
32. dening cahya anggaotanèki | umancur mancorong | amranani ing sajagat kabèh | dangu-dangu kang cahya sayalit | umancur mung kari | sasada gêngipun ||
33. nulya cahya umayat dyan pêkik | umanjing wus awor | tuhu nunggil Wisnu kaanane | kaparêngan gara-gara prapti | sirnaning cahyaki | nèng swara jumêgur ||
34. keblat catur gêtêr parêng muni | kocak samodra rob | lindhu dhêdhêt gumênjot jagate | riwis-riwis udan angariris | lumrang găndawangi | kasmaran kang dulu ||
29. Asmaradana
1. kacarita radèn pêkik | wusnya sang rêsi manuksma | mring kang sarira têmahe | tyasira sinung pranawa | waskithèng saniskara | tan samar sakridhanipun | ing sajagat pramudita ||
2. aja kang osiking janmi | radèn yèn kasamarana | lêlakon kang wus kalakon | tuwin kang durung kalakyan | tuhu sampun uninga | lêga tyasira sang bagus | sru suka sokuring dewa ||
3. ngandika
--- 108 ---
marang kang abdi | hèh Udawa ing samangkya | wus lêga bangêt tyas ingong | rumasa nora kuciwa | wulange sang pandhita | apa manèh kang rinuru | lah payo ngupa kewala ||
4. dununge kangmas nèng ngêndi | dahat sandeyaning manah | Udawa ature alon | sumăngga anut sakarsa | nulya parêng budhalan | amit lan para manguyu | pêputhut miwah jêjanggan ||
5. sarta mêling mrih lêstari | rumêksesramarga liman | wusnya têlas pitungkase | Dyan Narayana Udawa | linggar saking patapan | ingkang sinêdya ing kayun | ngupaya Dyan Kakrasana ||
6. èngêt ubayane nguni | nalika arêbut paran | karo wus lêpas lampahe | datan winarna ing marga | gantya ingkang kocapa | ingkang amartapèng gunung | sira Radèn Kakrasana ||
7. wontên Girisunya nênggih | langkung pinati raganya | nora dhahar nora sare | minggu nora obah molah | mêlêng kang piniluta | kang linêkêtakên namung | wosing kang wahyu dyatmika ||
8. sruning karsa têmah bangkit | amêpêt kang păncadriya | pinuntu budine dados | tan samar dununging sêmbah | lawan ingkang sinêmbah | nora liya Sang Hyang Guru | ingugêr têlênging driya ||
9. wus antara laminèki | dènnya mindêng pujabrata | tan keguh ginuntur dene | dahana myang guntur toya | maruta samaneka | rahadèn santosèng kalbu | samangkana kacarita ||
10. Sang Hyang Brama anêdhaki | jumênêng nèng ngarsanira | Dyan Kakrasana dêlinge | mara kulup prastawakna | iyèngsun Sang Hyang Brama | Kakrasana awas dulu | lamun katêdhakan dewa ||
11. sigra dènira ngabêkti | katarima Sang Hyang Brama | malih alon andikane | kaki praptèng sun angêmban |
--- 109 ---
iya timbalanira | Hyang Giriraja amasung | nugraha mring jênêngira ||
12. wus kaparêng ingkang dadi | kajatira ingkang sarta | sira kapatêdhan anggèr | kang aji guna kaskaya | luwih kawijayanta | têguh wus tan ana kulup | braja ingkang nêdhasana ||
13. sarta sira nora kêni | kasayahan ing ayuda | iya iku ing sawabe | kang aji guna kaskaya | têguh tan kêna sayah | lan Hyang Giriraja masung | kanang sanjata nênggala ||
14. anggonên kunta ing jurit | panglêburing kalamurka | tan ana satru saktine | aja kang jênêng manungsa | katiban ing nênggala | nadyan jagat iki lêbur | ampuh sanjata nênggala ||
15. mara tampanana kaki | Sang Hyang Brama musus asta | mêdal saking èpèk-èpèk | sarupa cahya akadya | angkus sampun katampan | cahya ingkang pindha angkus | manjing astèng Kakrasana ||
16. langkung nuwun turirèki | Hyang Brama malih ngandika | Sang Hyang Guru timbalane | saluwarira sing tapa | kaki lajêng kewala | ningalana adu-adu | marang nagara Madura ||
17. Hyang Brama wasana angling | awêwarah jatinira | yèn Kakrasana putrane | Basudewa ing Madura | saliring lêlampahan | sampun sinojar sadarum | ngungun Radèn Kakrasana ||
18. nalikanira miyarsi | panjêlire Sang Hyang Brama | sojar saliring lêlakon | lagya mangêrti ing driya | yèn putrèng Basudewa | grahitanira ing dangu | amung sutèng Ăntagopa ||
19. têmah tyasnya katêtangi | kadgada mahambêg sura | nêdya umèstu dhawuhe | ing Sang Hyang Bathara Brama | Hyang Brama wusnya têlas | wêwêlinge muksa sampun | Kakrasana
--- 110 ---
karyanggana ||
20. garjita sang narpasiwi | sumêdya dhingin ngupaya | kadang nguni ubayane | arsa dèn jak ningalana | adu-adu manungsa | mring Madura linggar sampun | saking ing patapanira ||
21. lampahe datan winarni | jujug nguni ubayanya | têngah wana wulusane | samana sampun kapanggya | ari miwah Udawa | Kakrasana gupuh ngrangkul | mring ari Dyan Narayana ||
22. nêkakkên onênging galih | kang rayi sru tinangisan | kathah karaos galihe | wit wêcanira Hyang Brama | punika kang rinasa | Kakrasana lingira rum | apan maksiha karuna ||
23. bage yayi mas sirèki | sokur katêmu raharja | apa sira antuk gawe | kang rayi mèsêm tur sêmbah | kakang lampah kawula | inggih ing sapurug-purug | pruhitèng para pandhita ||
24. tan pae lan nguni-uni | nuju angsal puruhitan | pandhita ragi kinaot | aran Rêsi Padmanaba | dèrèng dugyantuk wulang | kasêlak sang rêsi surut | punika kangmas kawula ||
25. mupus narima ing batin | kêdah aluwih punika | yèn pêsthine botên kaot | têmah jedok tan tumêka | kawruh ingkang sanyata | mila narima ing pandum | layake botên apadha ||
26. lan jêng paduka sayêkti | dhuh kangmas mujur kawula | sakêdhik nêmpil bêjane | kang raka kagyat miyarsa | lah yayi bêja apa | iya ingkang sira jaluk | kang rayi alon turira ||
27. sintên ta ingkang winisik | ing aji guna kaskaya | kang raka jumbul dêlinge | pagene sira uninga | sapa ingkang wêwarta | kang rayi ature guguk | Hyang Brama ngatên kakang mas ||
28. Kakrasana ngungun myarsi | kang rayi [ra...]
--- 111 ---
[...yi] jinêngkang-jêngkang | hèh pagene yayi kowe | uninga sapa kang mêca | yayi sokur kewala | yèn wus waskitha ing kalbu | kang rayi lon aturira ||
29. dhuh kakang mas sintên mami | kalamun kumaspadaa | nênggih sayêktine anèh | kalamun parêng ing karsa | kula ngampil sanjata | nênggala badhe ngong ayun | munah satru kalamurka ||
30. kang raka guguk lingnyaris | ora kayaa yèn bocah | yayi Narayana kowe | kabèh-kabèh sira batang | têka ujar sêmonan | mêngko mêtu kumakimu | mawiku-wiku utama ||
31. iya sokur bae yayi | aduwea kawaspadan | ing benjang kewala mênèk | ingsun kaelang-elangan | ana kang tinakonan | Narayana sru gumuyu | bilah lir putra Madura ||
32. nganggo kaelangan benjing | wong papa tan duwe brana | panganggêpe lir wong sugèh | kalamun kula dadosa | Rajaputra Madura | gih pantês rêrasan lamun | badhe kaelangan brana ||
33. saya ngungune kapati | Dyan Kakrasana miyarsa | ingkang rayi pasêmone | wasana tanya tuhunya | kang rayi tur pasaja | saliring lampahanipun | nalikanira pruhita ||
34. marang Padmanaba Rêsi | ing purwa madya wasana | sampun katur sadayane | kang raka suka miyarsa | aganti cêcarita | dènira martopèng[14] gunung | wontên guwa Girisunya ||
35. ing purwa wasana ngênting | dyan karo samya asuka | langkung sokur ing dewane | puwara rêmbage arsa | marang praja Madura | aningali adu-adu | gambuh wêwêlinging dewa ||
30. Gambuh
1. parêng
--- 112 ---
pangkat katêlu | Kakrasana Narayana nêngguh | Ki Udawa nora têbih anèng wuri | wus alêpas lampahipun | nêdya kondur marang dhukoh ||
2. Widarakandhang ayun | ngampiri kang rayi karsanipun | Rêtna Wara Sumbadra sigêgên ganti | cinarita lampahipun | Ugrasena sang wiranom ||
3. ing Ngastina wus rawuh | jujug kapatihan nuli katur | marang Prabu Drêstharata sarta kerit | dening risang mantringayun | linantarkên marêg katong ||
4. praptaning jro kadhatun | pinanggihan Drêstharata Prabu | Ugrasena lênggah satatèng ngarsaji | sampun sinambramèng wuwus | Ugrasena awotsinom ||
5. matur mêmalat kayun | mênggah sowan kawula pukulun | tur uninga Madura kambah pawèsthi | wit saking pamothahipun | Kăngsa nuwun idi katong ||
6. yun ngabên-abên sawung | nging punika kang kinarya sawung | wil punggawa Suratimăntra kang nami | sinarah mêmungsuhipun | punika satêmah dados ||
7. sungkawaning tyasipun | kakang prabu ngrasa inanipun | dènira ing Madura sêpên wong sakti | mila kalamun panuju | pun kakang nuwun binanton ||
8. kenginga kangge sawung | pintên banggi nirnaknèng pakewuh | sintên malih inggih kang dipun tangisi | anjawi jêng sang aulun | Sri Drêstharata lingnya lon ||
9. aywa sumêlang kayun | yayi iya ingsun kang katêmpuh | anirnakna kewuhe kakangiraji | hèh yayi Suman dèn gupuh | timbalana putraningong ||
10. ya kewala sadarum | Arya Suman sandika gya mundur | saking ngarsa nata nora dangu prapti | ngirit para rajasunu | mangarsa Sang Prabu Anom ||
11. Suyudana ing ngayun | Sri Narendra Drêstharata muwus | babo putraningsun ki raja taruni | marma sira sakadangmu | sun timbali ngarsaningong ||
12. kaki [ka...]
--- 113 ---
[...ki] sira sun tuduh | têtulunga mring Madura kulup | yayi Basudewa kambah ing pawèsthi | sadaya sampun tinutur | wose kang dadi pakewoh ||
13. kang putra aturipun | asandika kadange tinantun | pra Kurawa sadaya anyandikani | wusnya mangkana sang prabu | mring Ugrasena lingnya lon ||
14. wis yayi mara gupuh | putranira pra Kurawa satus | gawanên mring Madura adunên benjing | lan Si Kăngsa sawungipun | kang liningan awotsinom ||
15. sandika botên langkung | nuwun idi unggula ing kewuh | prabu manggut Ugrasena wusnya amit | lan pra Kurawa gya mundur | sing pura lajêng kemawon ||
16. lampahira sinêru | tan winarna Madura wus rawuh | pra Kurawa sinungga-sungga sinung sih | sinarah sasukanipun | unggula kinarya jago ||
17. sigêgên ingkang manggung | nungku suka gantya kang winuwus | lampahira Arya Rukmaka anênggih | murang marga turut gunung | madik wong kênèng jinago ||
18. lampahira kalantur | kèh patapan ngampiran nênuwun | têdah para wiku pan dèrèng sawiji | kang bangkit atur pitulung | marmane langkung wirangrong ||
19. Rukmaka Arya Prabu | kongsi pêgêl panggalih pinuntu | ngikis budi mêmintèng marang dewadi | yèn botên antuk pitulung | jalma kang kêna jinago ||
20. suka lajêng alampus | samangkana antuk parmanipun | ing dewata radèn kawasitèng ratri | kinèn aminta pitulung | mring rêsi ran Brahmana om ||
21. Ngantalagati dhukuh | arya prabu suka tyasnya laju | alumampah ring srama Ngantalagati | cinêndhak lampahe rawuh | lan sang rêsi wus kapanggoh ||
22. ngênting pahargyanipun | brahmana om karênan ing kalbu | mring têtami sang arya prabu turnèki | noraga mêmalat kayun |
--- 114 ---
pukulun sang brahmana om ||
23. têmêne lampah ulun | anglampahi ing pakaryanipun | Kakang Prabu Basudewa kèn ngupadi | janma kenging karya sawung | arsa dèn abên ing pupoh ||
24. lawan wil sudibyanung | sawungipun Kăngsa Arya Prabu | ingkang nami Suratimăntra anênggih | wangsiting dewa pukulun | mung jênêng andika yêktos ||
25. kang sagêt sung pitulung | brahmana om gumuyu angguguk | saking nora kasamaran ing panggalih | sakridhaning rat sadarum | sampun kacupaning batos ||
26. noraga aturipun | inggih anggèr pintên bangginipun | cantrik kula kewala salah sawiji | sagah kinarya sêsawung | sagêt ngêntasi pakewoh ||
27. nging dhingin dipun tantun | lamun sampun mêdal sagahipun | kula amung nyumanggakakên sakapti | lah punika tiyangipun | kang badhe ngong turkên jago ||
28. nanging kuciwèng sêmu | dhoso wêlu kawongan ing gunung | botên wagêt micara atatakrami | dipun gêng aksamanipun | mring wong kang binadhe jago ||
29. nirnakna saru siku | Arya Prabu Rukmaka sumaur | inggih paman anggêre sagêt ngentasi | suwawi andika tantun | mupung mocung sami panggoh ||
31. Pocung
1. sang awiku alon ing pamuwusipun | he sira Birawa | lamun sêmbada ing kapti | anggèr sira pinundhut ing gustinira ||
2. Sang Aprabu Madura arsa dèn adu | dadia sarana | sinau munah pawèsthi | atêtulung ngilangêna kasusahan ||
3. Birawa sru saurira sakarêpmu | angrèh raganingwang | sanadyan têkaning pati | iya bae lumaku satêdahira ||
4. sang awiku lêga tyasira duk ngrungu | saure
--- 115 ---
Birawa | lêgawa tumêkèng pati | parêmbeyan rinangkul sarwi ngarasan ||
5. bage kulup sèwu suka sokur ingsun | jêngira lêgawa | sêmbada lan puji mami | lah wus mara miringa ing gustinira ||
6. dèn mituhu aja sawala ing kayun | manggut Sang Birawa | brahmana om turira ris | lah sumăngga sampun mituhu punika ||
7. arya prabu langkung trustha dupyandulu | mring Wasi Birawa | ngêngrêng sêrênge mêdèni | gêng aluhur rowa birawa sêmbada ||
8. layak patut angentasana ing kewuh | tangguhe tan inang | arya prabu nulya amit | mring sang maha pandhita jinurung karsa ||
9. arya prabu sasmita mring Birawèku | pinurih miringa | Birawa nanggapi liring | nulya amit ring kadang myang ibunira ||
10. myang Sang Wiku Wasi Birawa turipun | hèh sang pinandhita | wus lilanana wak mami | amit pêjah jurungên puja kewala ||
11. sang awiku gumuyu sarwi amêngkul | anggèr aja sira | nyêngguh anuduh mrih pati | amung murih pintêr kaki jênêngira ||
12. iya ingsun jurung puja ring rahayu | sapêngkêrmu uga | sun rowangi tajin bukti | miwah nendra sun sangoni puja brata ||
13. mung sirèku bangkita amberat kewuh | wusira mangkana | Wasi Birawa turnèki | hèh kadange narendra di ing Madura ||
14. ngong nênuwun lakumu dhingina gupuh | ngong wuri kewala | mêngko pasthi anututi | arya prabu suka anulya budhalan ||
15. wêlingipun Birawa kinèn anjujug | ing pawismanira | sampun dèn ancêr-ancêri | duk dinuga dyan arya prabu wus têbah ||
16. lampahipun Birawa kadgada cancut | gumrêgut umangkat | lumumpat ambêbênêri | wus binatêg ungkal bênêr ajinira ||
17. asumêmprung mawa prabawangin [prabawangi...]
--- 116 ---
[...n] musus | mêsês asasaran | kang păncawora rèh tarik | kang tinêrak rata têmah ara-ara ||
18. kayu-kayu kathah rêbah kabarubuh | prabawa Birawa | tuhu kasih ing dewadi | tan winarna ing lampahira nèng marga ||
19. sampun rawuh ing Madura arya prabu | wau pêparêngan | nora salenca ing wanci | Ki Birawa nulya kinèn arêrêpa ||
20. dalêmipun priyăngga dyan arya prabu | sru sinungga-sungga | dyan arya prabu tur uning | lan raka Sang Sri Narendra Basudewa ||
21. lamun sampun antuk sawung kang gêgêdhug | Prabu Basudewa | langkung sukanirèng galih | lajêng dhawuh mring putra prabu taruna ||
22. paman karo wus sami sadhiyèng sawung | benjang ri punapa | dènira du-adu janmi | duta nata apan sampun winangsulan ||
23. Soma ngayun sadhiyan sadayanipun | lajêng dèn wêdalna | kalangan samya rinukti | ing pêpasrèn pindha rakiting pajangan ||
24. sarta sinung têtuwuhan sri dinulu | pagêring kalangan | ingawêran janur kuning | panggung paju sakawan lèr kilèn wetan ||
25. miwah kidul sami binuntal binangun | linalangse sutra | linungsir sêkaran rukmi | myang pakaja nila widuri kumala ||
26. dangu lamun winuwus rinênggèng kidung | pasrèning kalangan | mangkana dugining ari | kang pinilih pan sami anjingga mudha ||
32. Durma
1. wusnya sangkêp uparêngganing kalangan | wuwusên wong sanagri | Madura kang myarsa | pawarta orêg samya | parikudu aningali | darpaning driya | mring adu-adu jalmi ||
2. dadya dulur jalma desa pawukiran | kang lampahan saari | tri ari pat dina | kèh prapta yun uninga | tuwa anom jalu èstri | praja Madura | kèbêkan wong ningali ||
3. dina-dina dulur sêlur wong kang prapta | kunêng wong
--- 117 ---
wukir-wukir | gantya kawuwusa | lampahe Kakrasana | myang Narayana wus prapti | Widarakandhang | anjujug dalêm panti ||
4. radèn kalih alênggah bale watangan | gupuh Nikèn Sagopi | Radèn Kakrasana | pinêngkul tinangisan | Lara Irêng mungging wuri | ngrangkul pêngkêran | sinungkêman ing rai ||
5. sami lara-lara dènira karuna | nulya Radèn Pamadi | parpat Bagong Sêmar | wus lungguh anèng ngarsa | wau ta Nikèn Sagopi | dènnya karuna | kasok mèpuning galih ||
6. sarwi awêwarah saliring lampahan | miwiti amêkasi | putra ro miyarsa | langkung ngunguning driya | ngrêsing tyas kagagas dening | Ki Ăntagopa | tinrungku ing nagari ||
7. katêmahan radèn kalih rawat waspa | ketang wêlasing galih | ing wong tuwa kêna | lakon dadya lêlaran | ginagas-gagas ing galih | wasananira | tyasira katêtangi ||
8. rèh ardaya dadya mêdal wirodhannya | Kakrasana sru runtik | netra angantirah | jaja bang winga-winga | sêrêng wuwuse awêngis | hèh Narayana | kayapa sira yayi ||
9. rasaning tyas miyarsa biyuha warta | aja mênêng sirèki | baya tan wêlasa | wong tuwa nêmu papa | sangsayarsa nêmu pati | tur siya-siya | apa nora prayogi ||
10. rinêbuta nadyan rêrêmpon ing yuda | mêmêngsahan nagari | yayi ingsun têmah | kang rayi aturira | kangmas mangke dipun ririh | rekaning karsa | sampun ge-age runtik ||
11. tiyang ingkang gêdhag-gêdhig tilar nalar | luwange tan prayogi | badhe katladugan | punapa tan èngêta | wasitaning dewa nguni | jênêng paduka | tan kinèn mêngsah nagri ||
12. amung kinèn ningali du-adu jalma | lawan pun bapa inggih | pan dèrèng
--- 118 ---
kantênan | katrap ing kukum pêjah | kang raka dupi miyarsi | èngêt sakala | dadyardanira lilih ||
13. kèndêl mangu tumungkul malih udrasa | kathah kraosing galih | Radèn Narayana | mèsêm-mèsêm turira | dhuh kangmas sintên puniki | têtiyang priya | taruna tur apêkik ||
14. dèrèng tate srawungan kula myang tuwan | têka wontên ing ngriki | jêr adarbe rara | kênya tinunggu jaka | nadyan Lara Irêng maksih | jêbêng tapihnya | napa tan mêjanani ||
15. adene pun biyung têka inggih rila | wong punika nênggani | Radèn Kakrasana | larut wirodhanira | arêsêp tyasnya ningali | mring Wrêhatnala | andikanira aris ||
16. layak yayi iku kang tinutur mana | mring si biyung Sagopi | wêwarta kalanya | binujung wadya ditya | wong iku ingkang nulungi | Dyan Narayana | mèsêm umatur malih ||
17. nanging jatinira sampun datan samar | mring Wrêhatnala yêkti | yèn kadang nak-sanak | dhuh kangmas kadangua | punapa karsane ugi | talatèn nêngga | rekane jagawèsthi ||
18. tyas kawula botên ngandêl botên duga | dhatêng tiyang puniki | Radèn Kakrasana | alon andikanira | adhi kula nilakrami | sintên sinambat | pundi pinăngka wingking ||
19. lawan paran ingkang sinêdya ing driya | Wrêhatnala wus dugi | yèn iku kang raka | nak-sanak kang winêca | kang eyang Byasa ing nguni | alon turira | noraga mêmalatsih ||
20. inggih ingkang sotah amastani kula | Wrêhatnala ran mami | ngumbara datanpa | pinăngka kawlasarsa | ing sêdya mung mitulungi | dadya kanthinya | sangsarane Sagopi ||
33. Kinanthi
1. sasolah tingkahe katur | dènnya mitulungi nguni | kongsi tumêkèng samangkya | karsane
--- 119 ---
anjaga wèsthi | mênèk malih winangsulan | ing duta wadya rasêksi ||
2. Kakrasana duk angrungu | Wrêhatnala turirèki | kasok tyasira mangkana | Wrêhatnala dèn prêpêki | rinangkul sarwi ngandika | inggih sokur bage adhi ||
3. dene jêngandika kasdu | têtulung wong kawlasasih | rumasa manah kawula | botên darbe kadang adhi | aliya jênêng andika | manjing dadi kulit daging ||
4. lan malih prasêtyaningsun | benjang kalapa pribadi | kadang ngong wadon punika | mangke dèn sarèh rumiyin | gampil lamun wus diwasa | adhi minăngkaa dadi ||
5. panyaure utang ingsun | mring andika jêr si adhi | bêbasanipun apotang | umur anênambak pati | marmane inggih punapa | kang kula walêsna adhi ||
6. Dyan Narayana sumambung | he kangmas mangke rumiyin | têka gampilan kewala | ing rêmbag botên sinaring | sasat sasoroh punika | enake ingkang nampèni ||
7. ing prasêtya kang kadyèku | lan malih mêsguling galih | dèrèng cêtha dèrèng prênah | wus rumakêt basa adhi | tumrêcêp adhi sakêcap | inggih punapa ing galih ||
8. sampun wontên rasanipun | kalamun tiyang puniki | nèng talêr-talêring kadang | misan miwah ngaping kalih | manah kula langkung ewa | utawi langkung anggêni ||
9. Kakrasana sauripun | yayi rasane kang ati | datan beda lawan sira | dene bab têtalêr yayi | êmbuh ingsun tan uninga | nging ngong anggêp kadang yêkti ||
10. tan lair panganggêp ingsun | ing batin wus rêsêp yayi | lan tan ngong beda lan sira | mungguh rasaning tyas mami | Dyan Narayana ngandika | mring Wrêhatnala amanis ||
11. hèh têtakon sun wong bagus | dèn pasaja aywa kumbi |
--- 120 ---
sirèku putrane sapa | Wrêhatnala awotsari | lawan tumungkul kewala | sarwi waspanira mijil ||
12. lir turasan wêtuning luh | kontra awratirèng galih | nulya Kyai Badranaya | kang nauri matur aris | andika puniku radyan | têka nênangi panggalih ||
13. kang sawêg anandhang giyuh | rèh kadangu pinrih jati | ri tuwan awrat matura | kewala dados jêng mami | ingkang umatur pasaja | asalsilahe kang rayi ||
14. punika putrane Pandhu | Dewanata Ngastinaji | patutan saking kusuma | Kunthi putri Madurèki | kadang Prabu Basudewa | putra Kunthiboja Aji ||
15. patutan lan Prabu Pandhu | têtiga ingkang pangarsi | aran Radèn Puntadewa | panggulu Sena kang nami | punika wuragilira | Kunthi Naribrăngta Dèwi ||
16. dados lawan putranipun | Sri Basudewa kapanggih | ing petang kadang nak-sanak | Narayana gumuyu ngling | yèn mangkono kakang Sêmar | lawan wong ingkang winangsit ||
17. dening Hyang Brama ing dangu | kalane nèng Sunyagiri | kaprênah kadang nak-sanak | ring[15] sêpuh ingkang winangsit | Kakrasana angujiwat | kang rayi dipun pleroki ||
18. cinawowo lathinipun | basaknea lamun muni | cangkême Si Narayana | bangêt gone jêlir-jêlir | lah marana tèmpèlira | mau gonku basa adhi ||
19. he Wrêhatnala riningsun | ngong jabêl kramèng ngong yayi | adeneku nora ilang | yayi gonira nulungi | mring kakangira priyăngga | hèh Lara Irêng ri mami ||
20. bagèkna arimu iku | ing krama ingkang prayogi | jêr marang kadang priyăngga | ngarah apa ari mami | kang liningan ragi awrat | pinêksa-pêksa sang dèwi ||
--- 121 ---
21. marang raka kalihipun | pijêr tumungkul tan angling | anyipta rikuh kewala | ginuyu ing raka kalih | nyat umadêg sang lir rêtna | sintruning netra kaèksi ||
22. lajêng malbèng wismèng pungkur | asru panangkêping kori | sira Kandhiwrêhatnala | ngliring nglut kalane laris | kang raka karo iriban | sami suka angèsêmi ||
23. Narayana megos muwus | ya ta lah Wratnala yayi | kaur-kaurmu umulat | ring wong mlaku ujêr maksih | nangis luhe daleweran | bisa nyambi balang liring ||
24. dayaa yèn bisa pagut | Kakrasana angèsêmi | kang rinasan meranging tyas | kacêthikan olah liring | tumungkul sih rawat waspa | Kakrasana ngandika ris ||
25. kakang Sêmar têtanyèngsun | mangke padha anèng ngêndi | kadang manira Pandhawa | Lurah Sêmar anauri | ing purwa madya wasana | sadaya kaatur sami ||
26. kang miyarsa langkung ngungun | Kakrasana nabda malih | mring kang rayi Narayana | hèh yayi paran ing kapti | dene gêtêring nagara | Madura du-adu janmi ||
27. dina iki pacakipun | apa sida aningali | Narayana aturira | inggih sumăngga ningali | matur Kandhiwrêhatnala | kawula inggih umiring ||
28. kang raka kalih umanggut | wau kang anèng jro panti | agêpah dènira mêdal | kang raka dipun sungkêmi | kakang aku lumuh pisah | mring êndi-êndi umiring ||
29. kapok ingkang uwus-uwus | sun pijêr sira apusi | padha bangkit nilapêna | aku nora bisa kari | kang raka gumuyu nabda | paranta jêr sira èstri ||
30. mèlu sapuruging kakung | yêktine nora prayogi | lan manèhe yayi ingwang | mapan arsa aningali | du-adu janma mring praja | iku kèh bêbaya yayi ||
31. yogya kewala akantun |
--- 122 ---
mung mêlinga bae yayi | minta olèh-olèh apa | yayi manira turuti | Dyah Sumbadra aturira | sungkan gêmang ingsun kari ||
32. kakang lamun sira lumuh | iya manira tut wuri | pira larane wong pêjah | yêkti ingsun suduk dhiri | Dyan Narayana anyêntak | hèh bocah apa sirèki ||
33. kumini kalangkung-langkung | wong nonton du-adu janmi | iku pasthi kèh bêbaya | têka sirarsa tut wuri | pae lamun palancongan | sakarsanira umiring ||
34. yèn iki aja sirèku | jêr sira rupaning èstri | yèn ana payo-payoa | kayapa polahirèki | arsa gawe sèwu susah | kang rayi wus nora kêni ||
35. dèn rih-irih dèn luk-êluk | sêdyane kudu umiring | Sagopi kang mêmiluta | nging sang dyah wus nora kêni | gêgêndhil gendholi raka | Kakrasana wlas ing galih ||
36. netra kaca-kaca muwus | iya uwis yayi uwis | arsa mèlu ya mèlua | anggêre aja anangis | wis biyung Sagopi sira | karia atunggu panti ||
37. sutamu tan kênèng êluk | sêdyane kudu umiring | biyung têka tegakêna | wis payo pangkat saiki | kang rayi ginondhong[16] sigra | sang anom parêng lumaris ||
34. Sinom
1. sampun lêpas lampahira | sira narpaputra kalih | Kakrasana Narayana | katri Lara Irêng tuwin | Wrêhatnala tan kari | saparpate kalihipun | miwah Jaka Udawa | Widarakandhang kawuri | kunêng ingkang lumaku agêgêlakan ||
2. kocapa praja Madura | praptaning ri Soma enjing | Sang Aprabu Basudewa | sampun amiyos ningali | lênggah panggung kang mungging | kidul ngarsèng sitiluhur | saupacaranira | panggung lèr ingkang nglênggahi | Arya Prabu Kăngsa saupacaranya ||
3. ngandhap panggung wadya ditya | kêrigan tan ana kari | sawiji sagung wil bala |
--- 123 ---
sangkêp sikêp ing ajurit | panggung kang wetan nênggih | Rukmaka Sang Arya Prabu | saupacaranira | jago Ki Birawa Wasi | nora têbah lan Arya Prabu Rukmaka ||
4. panggung kilèn linênggahan | Arya Ugrasena nênggih | saupacarane raras | kawot sêsawungirèki | para Kurawa sami | ginala-gala akewuh | kalangan têpung gêlang | binarisan ing wadyaji | ingkang êlèr barisan ing kadipatyan ||
5. ing wuri rintip arantap | atup gêbèl wong ningali | jalwèstri uyêl-uyêlan | bacira kèbêkan janmi | wau ta kang winarni | panggung kadipatèn sampun | mijilkên sawungira | wira Suratimăntrèki | mudhun saking panggung ginarbêg ing wadya ||
6. binarung ing kalasăngka | gamêlan munya sênggani | Suratimăntra akiprah | abêksa samargi-margi | praptèng papan sru angling | hèh payo sapa kang manggut | ing kene papagêna | iki sawung kadipatin | măndraguna kalokèng sujana priya ||
7. yèn wira Suratimăntra | kêrtarta sudibyèng jurit | wau Arya Ugrasena | matag Kurawa pinurih | inggal mudhun nandhingi | kang sinung parentah gupuh | Si Radyan Kartamarma | mawa lugora ngajrihi | mudhun saking panggung praptaning bacira ||
8. nênggih papaning ayuda | sampun yun-ayunan kalih | Suratimăntra aberag | kathuwêl bêksani gêndhing | kaduk wagu amiwir | asta maju migut-migut | sarwi agora sabda | hèh jago sapa wêwangi | angakua kewala mupung sih gêsang ||
9. nauri Dyan Kartamarma | hèh ditya kang ambêg sakti | sun rajaputra Ngastina | Kartamarma aran mami | ywa katungkul sirèki | girang-girang agumuyu | mara wulatên apa | kang anèng ing asta mami | kaya iki kang nguntapnèng pêjahira ||
10. nauri Suratimăntra |
--- 124 ---
iya tibakêna bêcik | sun tadhahane ing jaja | kaya tan cuwa sirèki | prang tandhing lawan mami | Dyan Kartamarma agupuh | amupuh alugora | gumadhug dipun tadhahi | dhadha sruning pamukul kuwating tadhah ||
11. kumêbul mijil dahana | pamalunira tinitir | wêntala datan tumama | kang pinalu eca ngibing | mungkur miwah amiring | tita kang palu-palupuh | Rahadèn Kartamarma | kumrut krudhane mawêrdi | buwang alugora karsane rumupak ||
12. lingsêm sinurak ing kathah | kanan kering balêbêgi | kadya guntur ing akasa | rug tumangkêp marang bumi | Kartamarma anarik | astaning ditya adêkung- | dinêkung sru dêdêran | midêr ing papan kang jurit | Kartamarma samana tinarik kêna ||
13. sinêndhal sampun akontal | ingundha-undha kumitir | gya binanting sru kalênggak | kongsi dangu kantyèng siti | sinurak kang wadya wil | rame gumêrah binarung | gong bèri kalasăngka | ebat kang samya ningali | prawirane Sang Arya Suratimăntra ||
14. tuhu prajurit utama | mangkana ingkang akanin | rajaputra ing Ngastina | sampun ginosongan[17] maring | pakuwon ingkang kari | sumbar angênguwuh mungsuh | payo kene papagna | jago ing Madura sami | aywa maju siji barênga kewala ||
15. wau tan bêtah miyarsa | Arya Dursasana amit | ing raka myang Ugrasena | rinilan mudhun tumuli | mring papan wus kapanggih | sarwi mandhi gadanipun | Dyan Arya Dursasana | solah kras wuwuse wêngis | hèh jagone Kăngsa iki kêmbarana ||
16. putra Ngastina panênggak | Dursasana surasakti | măndraguna ing ayuda | tate tatal anguwisi | ing karya kêrêp mami | ngêlar jajahaning mungsuh | sugal Suratimăntra | ywa ngucira [nguci...]
--- 125 ---
[...ra] ing ajurit | mêngsah ingsun kaya ta nora kuciwa ||
17. sigyarya Suratimăntra | krudha mêngkap nubruk wani | rog rukêt caruk arawak | rêbut corok kang ajurit | rame bindi-binindi | sruning panabêt sumêbut | tuna tibèng bantala | rug dhungkar lêbur kang bumi | lir ginaru malêbu-lêbu ulêkan ||
18. durung ana kang acidra | kalihe cikat tarampil | wasis olahing prang gada | awas myang kuwate sami | dangu tan migunani | buwang gada kalihipun | sigra apêrang rupak | candhak atarik-tinarik | rame dêdêr-dinêdêr midêr idêran ||
19. durung ana soring yuda | Dursasana kantun wêgig | ingolah sêndhal-sêndhalan | kaledhon panêndhal kêni | jinunjung asta kalih | pinolah ingundha muluk | tininggil anèng asta | sigra binantingkên siti | pinarêngan suraking wadya gumêrah ||
20. kantu Radèn Dursasana | jêrbabah gumuling siti | nulya sampun ginosongan | Kurawa kang kantun wiwrin | amung kabêlêt ngisin | mundur dadya briga-brigu | kongsi prabu taruna | Duryudana angêjèpi | pra Kurawa kinêjepan parêng mêdal ||
21. sadasa parênga mara | mawa gada miwah bindi | badhama limpung candrasa | gumrudug praptanirèki | pabaratan awêngis | wuwuse hèh buta jugul | kumprung ambêg prawira | ing mêngko dèn ngati-ati | sira ingsun krubut sadulur sadasa ||
22. dèn tanggon aja ngucira | Suratimăntra awêngis | aja sing ngrubut sadasa | nadyan sakêthi ing wuri | sayuta ngrêbut ngarsi | măngsa ta mundura ingsun | sigra sata Kurawa | parêng tandang ngrubut wani | anyêyiwo [anyêyi...]
--- 126 ---
[...wo] kanan keri wuri ngarsa ||
23. sarwi ambindi anggada | nglimpung wênèh anyuduki | pupuk tumibèng sarira | nora măntra lamun busik | tuhu prawira sakti | Suratimăntra ing pupuh | sinosoh ing gêgaman | lir sela rinocok dening | roning têbu tan pisan dadi bêbaya ||
24. wus katog pamupuhira | para Kurawa anuli | molah wil Suratimăntra | agalak krudha mawêrdi | nganan ngering bantingi | êndi kang kêna dinaut | sawusing ngundha-undha | sêbut binuwang atêbih | tibanira tiba ing jawi kalangan ||
25. nora dangu sirna gêmpang | Kurawa sadasa tapis | apan sami binuwangan | sangêt kantu nora eling | nulya malih ngudhuni | para Kurawa rongpuluh | sarwi mandhi badhama | lugora myang gada bindi | palu piling luwuk lori myang tarantang ||
26. gumruduk praptaning papan | parêng dènira anitir | ing badhama bindi gada | sarwi nyênyiwo ing jurit | wuri myang kanan kering | Suratimăntra tan kengguh | kabèh gamaning yuda | tibèng sarira kabasmi | nora măntra-măntra dadia bêbaya ||
27. pra Kurawa kalih dasa | sinaut saking sawiji | êndi kang dinaut kêna | binuwangakên atêbih | jawi kalangan nênggih | tibaning Kurawa kantu | tan dangu sirna gêmpang | saya surake wadya wil | agumêrah kadya guntur ing akasa ||
28. binarung tabah-tabahan | kêndhang gong gubar myang bèri | ramene datanpa rungyan | kêkês kang samya umèksi | Suratimăntra sakti | Kurawa kang kari mirut | lolos saking sajuga | mung kari raja taruni | Suyudana kasêlut kantun priyăngga ||
29. sampuna kabêlêt wirang | kadi sampun angesahi |
--- 127 ---
sinamun-samun amêksa | kăntra uwasing panggalih | payus asawang mayit | mangkana ri sêdhêngipun | kèndêl ingkang ayuda | dutane prabu taruni | prapta panggung palênggahan Ugrasena ||
30. nuwun pikawoning tohan | kadya kang wus kalbèng tarip | saajon sakêthi dinar | kathah pikawonirèki | Ugrasena bayari | ginotong ing wadya diyu | pan dadya rong gotongan | Kăngsa langkung sukèng galih | karsanira katêkan asmaradana ||
35. Asmaradana
1. maksih pajêg kang abaris | pan dèrèng sami bibaran | lagya têngange wancine | kèndêle ingkang ayuda | nênggih lagya ngasoa | mangkana Sang Arya Prabu | Kăngsa angatas ing karsa ||
2. sintên kang nandhingi malih | jago wil Suratimăntra | Prabu Kăngsa prasabêne | apan maksih tinandhingan | dening Dyan Ugrasena | sapisan êngkas kalamun | sawungira kapracăndhang ||
3. agênti ingkang nandhingi | Sang Arya Prabu Rukmaka | wus dadya ing prasabêne | kunêng ingkang ngaso lagya | kocap Dyan Kakrasana | sakadangira kang ayun | ningali du-adu jalma ||
4. ing ngalun-alun wus prapti | anjujug ringin sêngkêran | mamrih têranging panonton | jênak nora kapanasan | eca pikantuk papan | tan têbah pra arinipun | Lara Irêng Narayana ||
5. Wrêhatnala atanapi | Udawa Bagong lan Sêmar | sadaya kêmpal amanggon | mangkana malih kocapa | Arya Prabu Grasena | wus amatag kinèn magut | raja mudha ing Ngastina ||
6. sandika mêsat tumuli | mudhun saking pêpanggungan | obah kabèh kang anonton | kumêrsêg amamrih papan |
--- 128 ---
jêjêl uyêl-uyêlan | pipit-pinipit apêluk | dhêdhêsêgkan rêbut ngarsa ||
7. Lara Irêng kontrang-kantring | sêdhih sinêsêg ing janma | sumriwut kanan keringe | nora cêtha anupiksa | kalingan janma kathah | satêmah asênggruk-sênggruk | ririh dènira karuna ||
8. raka ro awas ningali | panangise Rêtna Rara | Narayana ngoso-oso | jêrku apa cah wanodya | kamini kalayua | têkaning don sira muwun | bisa têmên gawe beka ||
9. sang rêtna ririh nauri | wong ingsun dèn suk ing kathah | kalingan tan bisa mêlok | marèku kakang elikna | Narayana anyêntak | lah êmbuh-êmbuh anggêpmu | ngelik-elik wong umiyat ||
10. jêr inanira pribadi | parikudu ningalana | ya ketoka nora ketok | aja sira anênêtah | ing wong padha umiyat | Lara Irêng atumungkul | sarwi luhe daleweran ||
11. Dyan Kakrasana wlas mèksi | mring ari sang rêtna rara | kuciwa ing panontone | kang rayi cinandhak sigra | sarwi alon ngandika | wis rara aja amuwun | ing kene ancik-ancika ||
12. kalawan ingsun jagani | lah mara inggal manjata | dene iki ana pathok | sang rêtna ngunggahkên sigra | pundhake Wrêhatnala | kancikan sang rêtnaningrum | wêwangkongira sang rêtna ||
13. apan maksih dèn jagani | ing raka Dyan Kakrasana | kang ingancikan pundhake | dhêg-dhêgan kèndêl kewala | ing batin langkung suka | nadyan dèn ciki sataun | tyasira suka kewala ||
14. sêmănta sang dyah anjawil | mring raka lon aturira | kakang iki dudu pathok | yèn pathok măngsa [măng...]
--- 129 ---
[...sa] obaha | ambêkane kumrangsang | kang raka gumuyu guguk | obah manèh jêr pathoknya ||
15. dèn suk-êsuk wong ningali | deneku ingkang kumrangsang | ambêkane uwong akèh | ngêndi ana pathok bisa | ambêgan amung lagya | iya pamuwusmu iku | kang liningan saurira ||
16. kakang aku minggrang-minggring | lah mara dhunna kewala | dene pêpathoke kiye | bisa sêgu ingkang sarta | bisa agarayangan | ngêmèk-mèk pêpolok ingsun | Kakrasana dêlingira ||
17. iku kakangira yayi | Narayana kang ambeda | lah wus aja walangatos | iku pathok têmênanan | dudu pathok gadhungan | Narayana sru angguguk | kênèng tambêl raganingwang ||
18. nglabuhi si pathok iki | badhêdhêge kaya apa | layak kewala sagênthong | mungkruge pathok tyasira | sêgu kang sinêmonan | Wrêhatnala grênêngipun | wong kojur tan pilih marga ||
19. pinathokakên wak mami | ngrêkasa pundhak kinarya | cik-ancik cinara pathok | bau ilang nora nana | ingkang anarimaa | sang rêtna atas pangrungu | malih umatur ing raka ||
20. adene kakang puniki | pêpathoke garunêngan | kang raka asru dêlinge | bilaiku bocah apa | de pijêr cariwisa | apa ta bakale wêruh | mara ika tingalana ||
21. ingkang dèn adu ing jurit | mèh pagut kae kewala | dulunên ywa akèh-akèh | lara ingkang sira gagas | kunêng ingkang diniya- | diya ing dêling kawuwus | Arya Prabu Suyudana ||
22. ingkang umagut ing jurit | sapraptanirèng bacira | Suratimăntra nulyage | umapag ayun-ayunan | Rahadèn Suyudana | sigra ing pamupuhipun |
--- 130 ---
ing gada sarwi ngandika ||
23. măngsa luputa saiki | patimu wil gêlah-gêlah | Suratimăntra endhane | cukat tarampiling solah | gada tuna tumiba | ing siti rug dhungkar mawut | kumêbul lêbu ulêkan ||
24. mêlêg kumêlun nglimputi | kang ayuda kalihira | arame pêrang gadane | gada-ginada agantya | tan ana nadhahana | kang ginada endhanipun | gantya jangkah gitik gada ||
25. aganti dènnya ngendhani | ganti jangkah ganti gada | durung ana kang kaledhon | awas wasise pan samya | sabên kasompok ika | atangkis gada kumêpruk | lir paguting sela cala ||
26. rosane ingkang anggitik | kuwate ingkang atadhah | prêking gada duk tumêmpoh | kumêbul mijil dahana | suka kang sami mulat | ginuntur ing surak umung | binarunging kalasăngka ||
27. yayah amanêngkêr langit | ramene datanpa rungyan | maksih pêrang gada rame | apalu-pinalu pêlak | pêluk papal-pinapal | pulêt ganti gon angêlut | dangu gada tanpa guna ||
28. sarêng buwangira kalih | salin limpung bêbuntaran | tarampil towok-tinowok | corok ungkih ngangkah-angkah | kang kêna nora pasah | tumêbèng[18] jaja gumadul | limpung têmpak tanpa guna ||
29. parêng binuwang anuli | prang rupak têpak-tinêpak | pulêt pêpêlukan karo | gênti gon dugang-dinugang | dêdêr udrêg-udrêgan | cêngkah-cinêngkah akukuh | kungkal apokah-pinokah ||
30. bêbintèn babit-binabit | gêlut gulêt bêbantingan | akuwêl duk uwal karo | sarosa asêsêndhalan | mangkana Suyudana | kantun birawa gêng luhur | kuciwa sarosanira ||
31. tinarik sinêndhal kêni | kajarungup tibanira |
--- 131 ---
duk arsa wungu rahadèn | pinêluk mêndhak kewala | saking nora kawawa | nêmbadani rosanipun | kêna pinocung ing yuda ||
36. Pocung
1. wus kadêkung Suyudana gya jinunjung | tininggil ing asta | pinolah-polah kumitir | pan ingundha-undha akadya likasan ||
2. asumêbut binantingakên gumêbrug | kantu nèng bantala | kongsi dangu nora eling | wil Suratimăntra suka kiprah-kiprah ||
3. wadya diyu surake rame gumuruh | lir jugruging arga | sakêthi kagiri-giri | binarung ing gong bèri munya wurahan ||
4. kang andulu samya kêkês manahipun | tuhu tanpa lawan | Suratimăntra ing jurit | aprakoswa măndraguna ing ayuda ||
5. ya ta wau Suyudana ingkang kantu | sampun ginosongan | Kurawa langkung awiwrin | sami anglês tyasira lolos sadaya ||
6. nora kantun sawiji Kurawa murut | sang prabu taruna | Kăngsa nglampahakên tuding | tur uninga ring paman Dyan Ugrasena ||
7. sawungipun kawon mangkya anênuwun | pikawoning tohan | sakala dipun bayari | Arya Kăngsa malih angatas ing karsa ||
8. kang dèn adu sintên malih tandhingipun | Prabu Basudewa | samana sampun dhawuhi | marang ari Sang Arya Prabu Rukmaka ||
9. sawungipun kinèn mêdalna ing pupuh | ingkang dhinawuhan | apan sampun nyandikani | sigra dènnya matag mring Wasi Birawa ||
10. lan tinantun punapa kasukanipun | gêgamaning yuda | kang liningan anauri | sukanira pêrang mung kalawan asta ||
11. sigra mudhun Wasi Birawa sing panggung | ginarbêg pacara- | ning yuda lan dèn urmati | găngsa munya
--- 132 ---
umyang amurih gambira ||
12. duk lumaku obah malih kang dêdulu | samya rêbut papan | kumrêsêg pipit-pinipit | pilih ngarsa suk-sukan uyêl-uyêlan ||
13. awas dulu Wrêhatnala yèn puniku | kang magut ing yuda | raka Sang Birawa Wasi | dadya sira prayitnèng batin kewala ||
14. jroning kalbu Wrêhatnala krudha kumrut | têmah sariranya | gumêtêr wus dadi gêni | kawuwusa ingkang ancik-ancik pundhak ||
15. Kusumayu Sumbadra ring raka matur | kakang udhunêna | iki pijêr moyag-mayig | pêpathoke gêtêre kagila-gila ||
16. sru angguguk Kakrasana sauripun | gêtêr manèh rara | mulane amoyag-mayig | lah wulatên iki nèng prahara prapta ||
17. sang rêtnayu wuwuse kakang sun dulu | pêpathokmu iya | ana jamange rinukmi | lan rambute angosot dhêdhêngkul ingwang ||
18. dangu-dangu atêlês dalamakaku | lan karasa panas | têlêse kayaa kêni | ing karingêt kumyuse amurut mana ||
19. Bagong asru gumuyu sarwi amuwus | dhuh iku bandara | pathok dêbog dèn idêgi | dangu-dangu pasthi mêdal toyanira ||
20. èstunipun kumaringêt dhatêng suku | sang rêtna lingira | kakang pêpathokmu iki | ingsun wulat kêcah-kêcohe lir mucang ||
21. lon sumaur Kakrasana rara iku | dudu pathok mucang | kang mucang sandhinge linggih | sang kusuma ragi sêndhu aturira ||
22. mara iku sawuse amucang udud | ingsun wus pramana | kakang dudu pathok iki | tanganira jowal-jawil nora kêndhat ||
23. kakang ingsun nuli udhunna dèn gupuh | kang raka ngandika | mudhun paran sira iki | yèn mudhuna sayêkti tan bisa cêtha ||
24. lah ta uwus aja cariwis amuwus |
--- 133 ---
bêtahna kewala | nadyan pathok jowal-jawil | iku tangke sêmêne pragak angarang ||
25. dèn suk-êsuk ing wong kathah siyat-siyut | nabêt sukunira | sang rêtna wuwuse wêngis | ngêndi ana êpang anganggo gêgêlang ||
26. sira iku balilukên jênêng ingsun | yèn sira tan arsa | angudhunkên jênêng mami | lah ta mêngko kakang sun mudhun priyăngga ||
27. wuwusipun Kakrasana aja mudhun | dènira angasta | wêwangkong dipun kêkahi | dadya sang dyah kapêksa cik-ancik pundhak ||
28. kunêng wau kang samya awanwan[19] wuwus | ya ta lampahira | Wasi Birawa wus prapti | pabaratan ing wuri gung sinurakan ||
37. Pangkur
1. Kakrasana Narayana | mulat Warhatnala[20] kadi aruntik | kawistara krudhanipun | radèn kalih tan duga | yèn kang magut yuda punika tinamtu | kadangira Wrêhatnala | mèlu prayitna ing batin ||
2. ya ta wau lampahira | Sang Birawa praptèng madyaning jurit | Suratimăntra wus pangguh | kalih ayun-ayunan | sru têtanya hèh jago sapa aranmu | dhêdhapurmu têka beda | lan jago kang uwis-uwis ||
3. kang tinanya saurira | aja tambuh ingsun Birawa Wasi | kene kêtogên budimu | ingsun kêmbari uga | wil Suratimăntra sru anubruk purun | ing mungsuh pinrêp rinêmpak | dhinupak wil kajumpalik ||
4. wungune lajêng anêpak | nubruk nêbak ngrangkut ngrukêt ambabit | Birawa panggah apêluk | kuwêl parêng kêkawal | kang wil kêrêp kuwalik pinêlak linut | satibane tinut wuntat | surak wong Madura atri ||
5. lagyèki nèng kêlikira | wong Madura sadangune mung atis | kaul surake gumuruh | kadyarga
--- 134 ---
sèwu rêbah | wil Suratimăntra kêrêp sinurak sru | ing wadyabala Madura | mêdal krudhanirèng jurit ||
6. anggro sru agra magalak | ulat ringas riwut tandanging jurit | sajroning prang tyase emut | ingkang ingajap-ajap | rajaputra Madura kêkalihipun | pan sampun têrang ing warta | yèn kang sêpuh ulês putih ||
7. aran Radèn Kakrasana | ingkang anèm irêng sariranèki | Narayana aranipun | pêpukiring wadana | pan sairip kèh èmpêre lan sang prabu | dadya wil Suratimăntra | sadangunira ajurit ||
8. tan anggop dènira mulat | ngiwa nêngên maspadakkên pangèksi | ya ta wau kang kadulu | Rahadèn Kakrasana | langkung suka tarunging jago lan wau | sayêkti dumasa guna | ramene lawan samangkin ||
9. saking kalih kang ayuda | antuk tandhing prakoswanira sami | Suratimăntra ing tanduk | sêmune karepotan | gung ingêlut yèn cêngkah kêrêp kapêluk | lamun sêsêndhalan ika | kêrêp kajrungup ing ngarsi ||
10. yèn pulêta gêgêlutan | wil Suratimăntra kêrêp binanting | sabên sinurakan umung | mingak-minguk kewala | sangsayarda wirodhanira ing pupuh | sêsambèn amulat-mulat | marang rajaputra kalih ||
11. nora dangu katingalan | Kakrasana ngegla dènnya ningali | wus tan samar ing pandulu | Arya Suratimăntra | sigra ngikal lêlimpungira sumêbut | linêpaskên sinarêngan | rikalanira ngayati ||
12. tinêndhang de Sang Birawa | sru kalênggak Suratimăntra nênggih | gupuh ing panglêpasipun | limpunge têmah tuna | kênèng liyan sumunduk arangkêp pitu |
--- 135 ---
wong ningali ingkang kêna | pêpitu parêng ngêmasi ||
13. panêndhange Sang Birawa | sarosanya Suratimăntra kongsi | tibane kagulung-gulung | linut sapurugira | duk tinubruk wil ngendhani alumayu | dhêsêl jawining kalangan | mulat lêlimpunge tuni ||
14. kaplêsat kêna ing liyan | gya mangancap narpadma[21] dèn parani | Kakrasana kang tinubruk | sakêdhik ragi weya | saking nora anduga sajroning kalbu | yèn dèn ungsir sariranya | dening Suratimăntra wil ||
15. samana tinubruk kêna | wus linarak binêkta mlêbêt malih | marang jro kalanganipun | polah pinipit pisan | bêbangkekanira pinithing akukuh | Kakrasana paringisan | obah gègèr kang ningali ||
16. kadya gabah ingintêran | sumêbaring wong lumayu bêntusi | orêg jroning ngalun-alun | wau Dyan Kakrasana | kang pinithing yêktine nora kalimput | èngêt ing driya rèh ditya | sikara amamrih pati ||
17. sigra musus astanira | kang sanjata nênggala murup mijil | tinêbakkên jajanipun | sang wil Suratimăntra | kapisanan bêncah rahira sumêmbur | pinarêngan Sang Birawa | anêpak mukanirèng wil ||
18. rênyuh têkan mustakanya | wil Suratimăntra gumuling siti | kapisanan pêjahipun | wau Nararya Kăngsa | awas mulat yèn Suratimăntra lampus | anjog sing panggung angancap | Kakrasanarsa ngesahi ||
19. kasompok praptaning Kăngsa | saking wuri radèn sinêndhal kêni | apolah-polah pinêluk | kocap Dyan Narayana | miyat ingkang raka repot ing apupuh | saking dene dèrèng mapan | kasêlak dèn oncit-oncit ||
20. langkung murinaning driya | ciptanira [cipta...]
--- 136 ---
[...nira] radèn parênga mati | wus mangsah nêdya têtulung | wau wadya rêksasa | duk tumingal gustine amagut pupuh | sumêdya belambêg pêjah | kumrutug ngêbyuki pati ||
21. tinadhahan Sang Birawa | ingkang panggah mêgati playuning wil | Birawa wus pamuk punggung | amung kalawan asta | jêjêg binte dugang babit nyampluk dêkung | dêdêl wênèh ngadu kumba | rangkêp ro têlu babarji ||
22. pamuke Wasi Birawa | kadyandaka ingkang têtawan kanin | wil bala ingkang kapagut | tumpês tapis agêmpang | sirna ngarsa ing wuri ambyuk sumriwut | kunêng pamuke Birawa | wuwusên prabu taruni ||
23. kang angoncit-oncit radyan | duk tumingal Narayana belani | pangancape ambrakuthu | sigra Dyan Kakrasana | kinêmpit ing asta kanan langkung kukuh | Kakrasana tan bisabah[22] | praptaning Narayanèki ||
24. tinadhahan asta kiwa | sru sinêndhal Narayana katarik | apolah-polah pinêluk | kinêmpit asta kiwa | tan bisabah Wrêhatnala awas dulu | ciptarsa ambelanana | sêdhih tinangisan dening ||
25. Lara Irêng sru karuna | pundhakira apan maksih dèn ciki | jroning krudha rangu-rangu | dènira rumêksaka | ingkang ancik-ancik wontên pundhakipun | ewadene Wrêhatnala | andurma wus angayati ||
38. Durma
1. Sarotama pinusthi ingarah-arah | wuwusên kang pinithing | Radèn Kakrasana | kalawan Narayana | duk mulat Radèn Pamadi | angayat astra | èngêt sajroning galih ||
2. Kakrasana amusus asta kalihnya | astra nênggala mijil | murup mungging asta | Rahadèn Narayana | muwus astanira [a...]
--- 137 ---
[...stanira] mijil | wikunta cakra | katri parêng nibani ||
3. Wrêhatnala ngangkah bêbaune Kăngsa | kang sinipat jêmparing | asalah satunggal | Rahadèn Kakrasana | jaja kang dipun tibani | astra nênggala | Narayana nibani ||
4. mukanira Kăngsa tinapuk ing Kăngsa[23] | kaparêngan dyan katri | tibaning sanjata | siji tan ana ninang | baune Kăngsa kang kêni | kanan kapagas | dening Sarotamèki ||
5. jajanira bêncah tinêbak nênggala | muka rênyuh manguwir | tinibanan cakra | dening Sang Narayana | Kăngsa kapisanan mati | pagas baunya | bêncah jajanirèki ||
6. muka rêmuk têkan mustakane pisan | gumêbrug tibèng siti | uwal dyan kalihnya | saking pangasta Kăngsa | winulat sampun ngêmasi | langkung jrihira | lumayu radèn kalih ||
7. silulupan awor playune ngakathah | jalma kang nêningali | Radèn Narayana | Udawa kang ingajak | Kakrasanèngêt kang rayi | Wara Sumbadra | sampun cinandhak nuli ||
8. gya ginendhong Wrêhatnala sru linarak | payo lumayu adhi | yèn dipun upaya | dening sri naranata | wit kamipurun mêjahi | prabu taruna | tan wurung kukum pati ||
9. Wrêhatnala sêmu gugup aturira | kangmas dika rumiyin | kula botên tega | nilar kakang Birawa | kinrubut wadya rasêksi | rumiyin kula | têtulung ing ajurit ||
10. Kakrasana sigra akêbat lumajar | sarwi gendhong kang rayi | playune slulupan | awor playuning kathah | wau ta ingkang ajurit | Wasi Birawa | ngiwa nêngên matèni ||
11. wantuning wong sawiji binuting kathah | ragi repot kaèksi | tangkêping wil bala | suh ngarsa wuri prapta | kumrutug ngêbyuki pati | Sang Wrêhatnala | wêlas dènnya ningali ||
--- 138 ---
12. repotira kang raka Wasi Birawa | sigra musthi jêmparing | lan pinuja-puja | mijil saking gandhewa | jêmparing makêthi-kêthi | anarawantah | sumriwut ing ajurit ||
13. pan pinuja sinami kathahing ditya | marma makêthi-kêthi | mêlêg saking langkap | kumêbut marang lawan | wadya wil tumpês katapis | datanpa sisa | dening astra kasaktin ||
14. wadya ditya norana kari sajuga | tumpês dening jêmparing- | ira Wrêhatnala | dupi sampun têtela | têlasing wadya rasêksi | Sang Wrêhatnala | nalimpêt angulati ||
15. ingkang raka Kakrasana Narayana | durung wus dalêm batin | dènira umulat | marang Wara Sumbadra | lam-lamên manahirèki | kungkaling rimang | brăngta marang sang dèwi ||
16. kunêng ingkang manggung asmara turida | wau ingkang winarni | sapêjahe Kăngsa | tumpêse wadya ditya | sri narendra animbali | ari kalihnya | miwah para dipati ||
17. kinèn sami nututana ingkang putra | ngêndi paraning ngungsi | yèn ora kacandhak | lajêng dèn upayaa | sigra kang para dipati | mantri satriya | ngulati rajasiwi ||
18. ana ingkang anitih kuda dipăngga | dènira anututi | sagunging punggawa | tan kirang titi priksa | sabên tiyang dèn takèni | sapa wêruha | mring rajaputra kalih ||
19. kang uninga umatur atur pariksa | playuning rajasiwi | sapurug linacak | prandene tan kacandhak | kunêng wadya kang nututi | Sri Basudewa | nimbali ari kalih ||
20. dhinawuhan ngimpuni kang wadyabala | miwah kinèn nimbali | Sang Wasi Birawa | ri kalih lumaksana | Ugrasena kang ngimpuni | wadya Madura | wus kêmpal dadi siji ||
21. Arya Prabu Rukmaka [Rukma...]
--- 139 ---
[...ka] sampun kapanggya | lawan Birawa Wasi | wus kerit binêkta | ing panggung palênggahnya | Sri Basudewa narpati | praptaning ngarsa | prabu ngandika manis ||
39. Dhandhanggula
1. hèh Birawa sira sun takoni | poma dipun umatur pasaja | sapa kang pêputra kowe | marmane jênêng ingsun | anêniti marang sirèki | satêmêne ana kang | karasa tyas ingsun | duk mulat pukiranira | Sang Bira tumungkul ature aris |[24] iya ingsun pasaja ||
2. anggêr nora kabêncorah janmi | sira bae bisa nasabana | supaya nora kacênèn | sasolahtingkah ingsun | lamun sira nora abangkit | nasabi nora nana | angsile jêng ingsun | murih matura pasaja | Sri Narendra Basudewa anganthuki | Birawa aturira ||
3. satêmêne jênêng ingsun iki | putrèng Prabu Pandhu Dewanata | sing ibu Kunthi patute | têtêlu tunggal ingsun | ingkang sêpuh Dyan Darmasiwi | panênggake manira | nuli ariningsun | Si Pamadi malih ana | kadang ingsun patutan sing ibu Madrim | ro sami kêmbar priya ||
4. Si Nangkula Sadewa wuragil | Prabu Basudewa duk miyarsa | trênyuh tyasira rujite | kagyat kadya pinutu | gya rinangkul Birawa Wasi | sarwi sru tinangisan | pangandikanipun | pagene ingkang pawarta | sira kaki sakadangira ngêmasi | bale sagala-gala ||
5. dadi awu sirna jroning gêni | dyan umatur Sang Wasi Birawa | purwa madya wasanane | sadaya sampun katur | ingkang myarsa anglêsing galih | narendra ing Madura | malih wuwusipun | hèh kaki yèn mangkonoa |
--- 140 ---
sira iku pulunan ingsun pribadi | Kunthiku ariningwang ||
6. yèn mangkono prayogane kaki | kadang ibunira pondhongana | padha rêrêpa ing kene | Birawa aturipun | uwa prabu iku tan kêni | jêr putra-putranira | pan lagi lumaku | karsane Hyang Jagatnata | sira bae iya kang bisa nasabi | sandine tingkah ingwang ||
7. sarta mêngko ing sarèhne uwis | paripurna pakaryèngsun iya | nuli lilana bae |[25] arsa wangsul mring dhukuh | yêkti lalu pangarsi-arsi | kang padha anèng dhêkah | mung anganti ingsun | dènirarsa nutugêna | ing lêlakon sang prabu ngandika aris | ya kaki sun pêpuja ||
8. dening dewa katêkana nuli | ing sasêdyanira ywa kacuwan | dene pakaryamu kuwe | bangêt tarimaningsun | sasat sira ingkang nguripi | ing wong praja Madura | iki kaki ingsun | musakani marang sira | minăngkaa dadi ganjaraning jurit | kang gada wêsi pita ||
9. duk rumuhun pusakanirèki | Prabu Gorawăngsa Gwarataka | kang gada wêsi kuninge | ampuh tanna wong têguh | lan kaole gada puniki | benjang kêna kinarya | amunah ing satru | sêdhênge prang Bratayuda | tumpêse pra Kurawa saking gadèki | lah ênya tampanana ||
10. Arya Sena anuhun nampèni | nulya amit rinilan wus mêsat | kang kari angungun kabèh | lakone Pandhusunu | tan wus dènnya sami ngrasani | samana sri narendra | èngêt putranipun | andangu para punggawa | kang dinuta dinangu asaur-pêksi | matur botên kapanggya ||
11. sri narendra kapasuk ing kingkin | trênyuhing tyas anawung sungkawa | para punggawa
--- 141 ---
wus kinèn | ngupaya ing sapurug | pinacuhan sampun amulih | lamun nora kapanggya | kang putra têtêlu | kongsi jambul wanên pisan | sakubuking jagat raya dèn salisih | pangupa yèn tan panggya ||
12. mung antuka pawartanirèki | dene mangkya Kyai Ăntagopa | linuwaran sing larane | sarta jinunjung lungguh | dinadèkkên punggawa miji | Sagopi binoyongan | marang jro kadhatun | cinêndhak wus kalêksanan | karsa nata sadaya kunêng sang aji | kang gêng nawung sungkawa ||
13. gantya ingkang kocapa ing tulis | palayune Radèn Kakrasana | saking jrih ngrasa dosane | dènira kamipurun | amêjahi putra narpati | kesahe Kakrasana | wangsul marang gunung | ing Argasunya samana | lawan ari Lara Irêng amartapi | Rahadèn Kakrasana ||
14. sampun yasa pangasrama tuwin | pamidikan wontên Argasunya | sampun sêsilih namane | Wasi Jaladaraku | sru angluluh raga pinati | bantêr mring kasutapan | panalangsanipun | mring dewa minta aksama | dene Radèn Narayana playunèki | jujug Gadamadana ||
15. puruita ring wanara rêsi | wastanira Sang Kapi Jêmbawan | radèn sinulang-sulangke | yèn putranirèng prabu | Basudewa ing Madurèki | mangkya wus ingupaya | kang rama kalangkung | sungkawanira ing driya | Radèn Narayana karsane pinurih | ngatona mring nagara ||
16. kang supaya bisane kapanggih | lawan duta nata de dosanya | dènira matèni Radèn | Kăngsa tan dadya bêndu | malah dadya sukaning galih | saliring lêlampahan- | nira Kăngsa wau | winarah [wina...]
--- 142 ---
[...rah] sadayanira | Narayana ngungun kasdiking pangèksi | Rêsi Kapi Jêmbawan ||
17. wus tan kalih Padmanaba nguni | Narayana sagah ngatingala | yèn wus dumugi sêdyane | pruhita minta tuduh | sang arêsi suka nuruti | kunêng kang puruhita | gantya kang winuwus | lampahe Wasi Birawa | arsa wangsul mring srama Antalagati | wontên marga kapanggya ||
18. ingkang rayi Kandhiwrêtnalèki | sami sojar-sinojaran lirnya | kang linakon dhewe-dhewe | sami suka angungun | sukanira dene kapanggih | kadang wontên ing marga | pangunguning kalbu | kadya supêna kewala | kang linakon kadange nak-sanak sami | akênèng lêlampahan ||
19. nora pae sarirane kadi | wasanane kang rayi ingajak | kondur marang asramane | supayane ing laku | nora kandhêg tumolih-molih[26] | dènira mring Wiratha | radèn kalih sampun | umangkat saking ing marga | lampahira cinêndhak sampuna prapti | Antalagati srama ||
20. awêwarta Sang Birawa maring | brahmana om miwah ibunira | sami suka sadayane | anulya darma sunu | umatur ring sang mahayogi | rèhning dènnya pruhita | wêwulang wus tutug | kang inganti sampun prapta | amit arsa andumugèkakên laris | brahmana om ngandika ||
21. inggih anggèr sêdhênge samangkin | jêngandika mring praja Wiratha | amung pitungkas ngong bae | marganira pakantuk | pasuwitanira sayêkti | jujuga wismanira | Sugata Sang Wiku | mênggah Sang Rêsi Sugata | duk rumuhun punggawa Ngastina nami | nênggih Arya Bilawa ||
22. samuksane ramanta [ra...]
--- 143 ---
[...manta] sang aji | pun Bilawa tinundhung kang uwa | Sri Drêstharata wit dene | karêm ing atur burus | pan siniku Bilawa nuli | suwita mring Wiratha | antuk sihing prabu | Matswapati winisudha | dados raja pandhita mangkya sêsilih | nama Rêsi Sugata ||
23. Darmaputra sandika turnèki | sakadange amit wus linilan | pangkat saking asramane | Antalagati laju | lampahira datan winarni | langkung kawêlasarsa | kang anamur laku | cinêndhak lampahe prapta | wangkis praja Wiratha arêrêp sami | nèng desa Pantirêja ||
24. nulya rêmbag sakadange sami | prayoganing lampah dènirarsa | panggih Rêsi Sugatane | nonjok sêrat rumuhun | nora karya kagyat ing galih | rêmbagira wus dadya | pinatah lumaku | sira Kandhiwrêhatnala | binêktanan pustaka sarta winêling- | wêling anulya pangkat ||
25. praptèng praja têtakèn pakolih | padununge Sang Rêsi Sugata | Kandhiwratnala lampahe | cinêndhak wus kapangguh | lawan Rêsi Sugata nênggih | sang rêsi nilakrama | jinatenan sampun | Wratnala matur pasaja | Sang Arêsi Sugata kasok ing galih | kathah ingkang karasa ||
26. Wrêhatnala pan dipun tangisi | wusnya lêjar asatata lênggah | surating raka tinampèn | binuka de sang wiku | wus kadhadha surasanèki | Rêsi Sugata lingnya | inggih anggèr sokur | kula langkung ngayubagya | lah suwawi kularsa panggih pribadi | lawan raka paduka ||
27. Wrêhatnala sumăngga sakapti | wanci dalu dènira abudhal | mring desa Pantirêjane | ing marga tan winuwus | lampahira Sugata Rêsi | praptaning Pantirêja | pan sampun kapangguh | lan Brahmana Wijakăngka | kadang ibu sadaya sami
--- 144 ---
manggihi | suka angraras driya ||
1 | malbèng. (kembali) |
2 | Kurang dua suku kata: marang sutanira kêkarone pisan. (kembali) |
3 | atêmênanan. (kembali) |
4 | tambuh. (kembali) |
5 | ngatirah (dan di tempat lain). (kembali) |
6 | kali. (kembali) |
7 | Maerah. (kembali) |
8 | nêlasi. (kembali) |
9 | Kurang satu suku kata: saking Wukirgora Suwăngsa arêsi. (kembali) |
10 | lirunira. (kembali) |
11 | uruting. (kembali) |
12 | Sang. (kembali) |
13 | pêpundhènên. (kembali) |
14 | martapèng. (kembali) |
15 | nging. (kembali) |
16 | ginendhong. (kembali) |
17 | ginotongan (dan di tempat lain). (kembali) |
18 | tumibèng. (kembali) |
19 | awawan. (kembali) |
20 | Wrêhatnala. (kembali) |
21 | narpatma. (kembali) |
22 | bisobah (dan di tempat lain). (kembali) |
23 | cakra. (kembali) |
24 | Kurang satu suku kata: Sang Birawa tumungkul ature aris. (kembali) |
25 | Kurang satu suku kata: nuli lilanana bae. (kembali) |
26 | tumolih-tolih. (kembali) |