Kôngsa Adu-adu, Anonim, 1910, #1294 (Pupuh 40-61)

JudulCitra

40. Mijil

1. Sang Arêsi Sugata lingnya ris | anggèr sang wiranom | amba nuwun jinarwan jatine | ing lampahan paduka puniki | mirêng amba nguni | Pandhawa sadarum ||

2. sirna saking paekan dayèki | Kurawa angobong | jroning bale sagala-galane | katêmahan jêng paduka maksih | sakadang lan bibi | sih sugêng sadarum ||

3. langkung suka sokur ing tyas mami | Wijakôngka alon | saurira sojar lampahane | amiwiti kongsi amêkasi | wasananirapti | anuhun pitulung ||

4. awit saking pitungkase nguni | risang brahmana om | dènirarsa suwitèng natane | ing Wiratha sagêda minta sih | pitulungirèki | Sugata Sang Wiku ||

5. anglantarna kature sang aji | kalakone borong | Sang Arêsi Sugata ature | inggih anggèr sampun walangati | amung yèn suwawi | ing karsa pukulun ||

6. rèhning jênêng paduka anênggih | ing karsa wus golong | namur kula apindha sudrane | langkung yogya dipun sêmbadani | môngka mirapêti | ing lampah puniku ||

7. bêbasane ayam saupami | jêjênênging jago | awat babon ywa katon lancure | lire atur kawula puniki | gonira sumiwi | ing jêng sang sinuhun ||

8. saliring kang pusaka ywa kongsi | kawistara katong | siningitna iku prayogane | bilih sampun kalampahan gampil | sumôngga ginalih | Ki Sêmar ing ngriku ||

9. atur kula ing wau kiyai | bilih botên condhong | èstunipun kawula mung dhèrèk | ing sakarsanira kangjêng gusti | Ki Sêmar nauri | lah inggih pakantuk ||

10. sambung rapêtipun wus prayogi | Wijakôngka alon |

--- 145 ---

saurira inggih paman dhèrèk | ing sakarsa andika sayêkti | Sugata Sang Rêsi | malih aturipun ||

11. anjawine wau atur mami | kaèngêtan ingong | duk kawula dados punggawane | ingkang eyang Abyasa Sang Rêsi | sakawite dadi | punggawa pukulun ||

12. ingkang eyang damêl pasanggiri | pan kagêngan pamor | sadipôngga kang pamor agênge | têtiyang ing Ngastina duk nguni | sintên kang kawawi | junjung pamor wau ||

13. pan ginanjar nênggih pangkat mantri | juga tan wontên wong | kawawia anjunjung pamore | nalikane samantên jêng mami | apan dèrèng ngabdi | kang eyang pukulun ||

14. maksih rêmên kawula tut wuri | marang kadang wadon | Nyai Bila punika êmbane | ingkang eyang risang maha yêkti | dupi kula myarsi | pasanggiri prabu ||

15. anêmpuh byat sumêdya ngayati | anjunjunga pamor | inggih Kyai Sêmar iku radèn | nalikane taksih dados patih | jêro ngong minta sih | kature sang prabu ||

16. kalampahan kang eyang marêngi | junjunga kang pamor | ngantos kula karya undhi radèn | dene kuwat kula tarlèn saking | darbe ji linuwih | karosan anêngguh ||

17. kangjêng eyang paduka duk uning | ing karosan ingong | èsmu ngungun akôntra rênane | ngungunipun de kula puniki | tiyang andhap alit | arosa kalangkung ||

18. saking rênanira jêng sang aji | misudhamba dados | punggawa tur kinarya kondhange | sinung parab Arya Bilawèki | wau atur mami | botên ta lumaku ||

19. dèn alêma miwah dèn ngunguni | mung sing sruning batos | lumampaha pun paman kajênge | aji karosan kagêma gusti | ing paningal mami | amung rinta iku ||

--- 146 ---

20. Wasi Birawa ingkang kawawi | ngagêma tan seyos | ing karosan kawula yêktine | Wijakôngka langkung nêmbadani | gya Birawa Wasi | awinisik sampun ||

21. aji karosan sampun abangkit | malih matur alon | sang arêsi marang Pandhawane | anggèr lamun sêmbada ing galih | arinta Sang Wasi | Birawa pukulun ||

22. mangkya namanipun kawula lih | karana ing kono | inggih Wasi Bilawa kajênge | dados pemuting ngalimut wingking | Wijakôngka Wasi | nêmbadani kayun ||

23. duk sêmana Sang Birawa Wasi | sampun karan yêktos | nênggih Wasi Bilawa karane | sawusira mangkana anuli | Sugata ngaturi | ing tumuntênipun ||

24. nyingidakên pusakanirèki | samana kalakon | ingkang nami pusaka sagunge | siningitkên madyaning wanadri | pasetran supadi | tan ana wong wêruh ||

25. gya Pandhawa sami dèn aturi | karsaa angaso | wontên wismanira Sugatane | dèn aturi rêrêm sawatawis | ri sêdhêng sang rêsi | wus sagêt umatur ||

26. marang Matswanata sri bupati | tan sawalèng batos | pra Pandhawa miturut karsane | Rêsi Sugata suka tan sipi | sampun budhal saking | Pantirêja dhusun ||

27. tan kawarna laminira sami | dènira nèng kono | pra Pandhawa gantya caritane | Risang Maha Prabu Matswapati | anuju marêngi | siniwèng wadya gung ||

28. pêpak sagunging punggawa mantri | dêmang sapangisor | panatus myang panglima panglawe | andhèr kadya lubèring jaladri | kang cakêt ngarsaji | kang ipe têtêlu ||

29. Sang Arya Kencakarupa tuwin | ingkang rayi karo | Radèn Arya Rupakencakane | Radèn Arya Rajamala katri | lênggah kursi gadhing | sang arya katêlu ||

30. dadya kondhang

--- 147 ---

bêbanthènging nagri | tanggulanging kewoh | tate tatal ngêlar jajahane | sampun kathah kayanira[1] sami | anawan paraji | sabrang pinêgatruh ||

41. Mêgatruh

1. nulya putra katiga ingkang sumambung | Dyan Seta Utara tuwin | Wratsôngka ingkang sumambung | ing wuri Rêkyana Patih | Nirbita lênggah mabukoh ||

2. lagya eca sang prabu imbalan wuwus | kalawan putra myang ari | ipe katiga kasaru | pisowanira Sang Rêsi | Sugata adu marojog ||

3. jujug ngarsa nata lungguh marikêlu | sri narendra lingiraris | paran Sugata lakumu | apa wigatining laris | Rêsi Sugata wotsinom ||

4. inggih gusti kalilana inggal matur | sampun tri ari puniki | kawula nampèni tamu | brahmana sami ngajawi | pinangkanipun ing pulo ||

5. tanah Ngatasmaruta kathah ing tamu | nênêm kang sajuga èstri | kang kalima sami jalu | namanipun ingkang èstri | Endhang Arini raning wong ||

6. Endhang Rini punika pan ibunipun | pra brahmana gangsal gusti | dene namine kang jalu | kang sêpuh Wijakôngkèki | Wasi Bilawa kang anom ||

7. pamadyane punika amijil wandu | Kandhiwrêhatnala nami | kang sumêndhi namanipun | cantrik Tantripala nênggih | wuragilipun kanang wong ||

8. inggih cantrik Damagranti namanipun | kanêm pisan yèn marêngi | ing karsa jêng sang sinuhun | ngumulun dadia abdi | badhe lumampah sapakon ||

9. nadyan têkèng antaka ayahan prabu | pun brahmana botên gingsir | amung punika pukulun | wigatine ingkang abdi | sri narendra ngandika lon ||

10. iya Rêsi Sugata mungguh aturmu | sayêktine sun tampani | ing mêngko [mêng...]

--- 148 ---

[...ko] brahmana mau | apa ta wus sira irit | apa isih anèng pondhok ||

11. Sang Arêsi Sugata nêmbah umatur | inggih wus kawula irit | nging têksih nèng ngalun-alun | ngandika malih sang aji | mara timbalana gupoh ||

12. lan iritên priyôngga mring ngarsaningsun | Rêsi Sugata wotsari | sandika nulya amundur | langkung sukaning panggalih | dènira nata wus condhong ||

13. nora dangu Rêsi Sugata awangsul | ing ngarsa nata lan ngirit | pra Pandhawa wusnya rawuh | pasewakan tata linggih | sri narendra rêsêp anon ||

14. marang para kang samya arsa ngumulun | saking rênaning panggalih | inggal panambramanipun | satêkamu padha bêcik | sarta padha karahayon ||

15. kang dinangu noraga nêmbah umatur | mundhi pangèstu sang aji | rahayu salampah ulun | mila kawulanta gusti | anumpal kèli kalakon ||

16. inggih prapta ngarsanta jêng sang sinuhun | kawulane minta urip | kaparênga angumulun | sri narendra ngandikaris | iya ingsun atêtakon ||

17. dipun padha pasaja aturirèku | paran kang sira bangkiti | Endhang Arini wotsantun | kasagêdan amba gusti | ngrukti akarya kêkonyoh ||

18. gônda wida sasamine burat arum | utawine bôngsa jampi | gya Wijakôngka umatur | gusti kawula mung bangkit | bôngsa petangan kemawon ||

19. nuli Wasi Bilawa ing aturipun | kasagêdannya anjawi | anglawung maesanipun | Wrêhatnala amung bangkit | mring gêndhing gêndhèng kemawon ||

20. tuwin bêksa cantrik Tantripala nêngguh | kasagêdannya nêgari | wasis ngolah kudanipun |

--- 149 ---

dene cantrik Damagranti | kasagêdanira kono ||

21. amiyara pitik iwèn saminipun | sri narendra suka myarsi | mèsêm angandika arum | he sira Endhang Arini | sun piji dadia pamong ||

22. momong putriningsun nèng jroning kadhatun | ngiras gêgulanga ugi | apa kawignyaning wadu | wus pitaya jênêng mami | mring sira marmane borong ||

23. dene Wijakôngka sun piji sirèku | dadia tôndha prayogi | têtêpa tukang ametung | he sira Bilawa Wasi | ingsun wisudha samêngko ||

24. ingsun piji dadia tukang anglawung | maesa marang wanadri | sarta dadi kondhangipun | abdi ngong jagal kang nami | Wêlakas sira môngka nom ||

42. Sinom

1. amung sira Wrêhatnala | sun paringkên nini putri | lan Arini ibunira | dadia kanthinirèki | mêmulanga sirèki | sastra luhung têmbang têmbung | lawan sira rangkêpa | mulang putraningsun katri | marang gêndhing gêndhèng olahirèng bêksa ||

2. dene Tantripala sira | dadia tukang nêgari | gadhuh titihan manira | kuda sirolaha ugi | si cantrik Damagranti | sun piji dadya sirèku | iya tukang miyara | ing kagungan ingsun pitik | iwèn miwah sasamine rajakaya ||

3. kaopène anèng sira | hèh Nirbita iku nuli | dhawuhna para kawula | manira sadayanèki | yèn ana abdi mami | anyar lêlima puniku | wus ingsun patah karya | sowang-sowang iku sami | paringana wisma pira beyanira ||

4. Nirbita sira suwuna | gonira maringi panti | prênahna ingkang prayoga | sandika aturing patih | wau nararya katri | Arya Kencakarupèku | myang Aryarupakenca | Arya Rajamala katri | mulat marang para

--- 150 ---

brahmana lêlima ||

5. uga ana wêlasira | sarta rêsêping panggalih | dènnya sami amêmêla | miwah dènnya anoragi | nanging cuwa sakêdhik | dene pasuwitanipun | lancang botên amarga | marang sariranirèki | ing kature marang Narendra Wiratha ||

6. marga sing Rêsi Sugata | punika cuwaning galih | ginagas-gagas sangsaya | karasa sariranèki | jinadha de Sang Rêsi | Sugata alancang tanduk | têmahan ewa mulat | marang Sugata Sang Rêsi | kang ingewan karasa mila rumasa ||

7. inggih kêlêpatanira | tansah anênutuh dhiri | sira Sang Rêsi Sugata | galihe ragi kalêmpit | roncene tan winarni | kang sulaya batinipun | Sri Narendra Wiratha | wus jêngkar dènnya sumiwi | kang sewaka wus bubar sowang-sowangan ||

8. wau sampun kalampahan | ingkang sami mindha rêsi | sampun pinaring pawisman | dening Nirbita Ki Patih | sangkêp sabeyanèki | sarta sapirantinipun | tan ana kêkurangan | mangkana ngalami-lami | Tôndha Wijakôngka myang sakadangira ||

9. kanggêpa suwitanira | langkung gêng sihirèng aji | lumintu ganjaran nata | marmeca tyasira sami | lamine tan winarni | nèng praja Wiratha ngriku | nuju sawiji dina | ing Katandhan amarêngi | pakumpulan lan kadangira sadaya ||

10. jangkêp dalah ibunira | lêlênggahan mungging panti | sira Tôndha Wijakôngka | ngandika ring para ari | yayi sun duwe pikir | ing lêlakon iki mungguh | apa nora prayoga | angaturana udani | marang kangjêng eyang Sri Bagawan Byasa ||

11. lamun gon ingsun suwita | marang kangjêng sri bupati | katampèn sinung pakaryan | ing sapangkatira ugi |

--- 151 ---

para ri awotsari | sami jumurung ing kayun | dalasan ibunira | mangayubagya ing siwi | Tôndha Wijakôngka malih angandika ||

12. yèn uwis padha sêmbada | karsèng ngong ingkang lumaris | kewala Sri Wrêhatnala | lan Bagong Sêmar ywa kari | he Wrêhatnala yayi | lumakua ingsun tuduh | marang srama Saptarga | umatura eyang rêsi | sakabèhing lêlakon sira atura ||

13. dhingin sira anuwuna | pamit mring sang raja putri | utawi mring narpaputra | yèn wus kaparêng anuli | lajua bae yayi | kang liningan nêmbah matur | sandika lajêng pangkat | Wijakôngka nabda malih | yayi Jagal Bilawa kayapa sira ||

14. ingsun durung amiyarsa | gonirèng lumakwèng kardi | paranta pakaryanira | nglêlawung maesa yayi | têka durung nglakoni | kapan gonira nglêlawung | apa kalêmpit sira | wulange Hyang Nagabumi | wong suwita yèn diandêl gustinira ||

15. nora kêna andaluya | kudu tumêmên ing kardi | Jagal Bilawa saurnya | iya mulane wak mami | pan durung anêtêpi | nglêlawung maesa iku | krana durung mangsanya | nglêlawung marang wanadri | iki uga dungkap ing môngsa nglawunga ||

16. mulane wus kaping pira | ênggon ingsun minta amit | mring si bapa Jagal Wlakas | apan durung dèn lilani | kang raka anauri | ywa mangkono ariningsun | mungguh pakaryanira | tan susah atari-tari | duga-duga prayogane anèng sira ||

17. durung mêsthi ramanira | Ki Jagal Wlakas mangêrti | lakune nglawung maesa | Jagal Bilawa miyarsi | kang rakandikanèki | rumasa ing lêpatipun | dènira ngeca-eca | wasana umatur aris | iya kakang wus padha karia arja ||

18. ingsun pangkat marang wana | nglêlawung [nglê...]

--- 152 ---

[...lawung] maesa aji | kang raka myang ibunira | sami jumurung ing kapti | mêsat sang bayusiwi | kang kari tyasira trênyuh | Endhang Arini sigra | lumêbu ing pura tuwin | para putra wus sami anambut karya ||

19. ing karyanya sowang-sowang | kawuwusa kang lumaris | sira Sang Jagal Bilawa | lampahira sampun prapti | wisma sarta kapanggih | Jagal Wêlakas ki buyut | gupuh dènnya nêmbrama | kaki dèn kaparèng ngarsi | suwe sira mau ingsun arsa-arsa ||

20. lalu ing panganti nyawa | kongsi lat gon ingsun bukti | lah marènggal nyai sira | wêdalna boganirèki | mêngko sun karsa bukti | iya kalawan sutamu | nauri lon Bilawa | wus bapa sun nora bukti | amung jaluk ing lilanira kewala ||

21. ingsun arsa marang wana | anglawung maesa aji | iki wus môngsa kalanya | Jagal Wêlakas nauri | paran yèn lumuh kaki | ingsun jak mangan sirèku | lan iki durung môngsa | besuk bae sasi ngarsi | sira umangkata anglawung maesa ||

22. Jagal Bilawa tan kêna | parikêdahe lumaris | nglawung maesa mring wana | wus tan kêna dèn palangi | Jagal Wêlakas kongsi | rawat luh panyandhêtipun | Bilawa asantosa | kudu umangkat samangkin | dangu dènnya diya-diniya ing karsa ||

23. wasana Jagal Wêlakas | tyase kapêksa nuruti | tan pêgat dènnya udrasa | sarwi pêgat-pêgat angling | dhuh babo anak mami | mung sira woding tyas ingsun | ya sun lilani sira | nanging turutana mami | payo kene dhingin padha mêmadhangan ||

24. Jagal Bilawa saurnya | wus nora susah kopikir | adat ingsun yèn lêlungan | nora kudua abukti | Jagal Wêlakas tuwin | semahe gupuh angrangkul | sarwi lara karuna | mênggah-mênggah

--- 153 ---

dènira ngling | adhuh nyawa sira uwis pirang dina ||

25. nèng kene durung sapisan | iya akarsa abukti | ing mêngko arsa lêlungan | prandene tan karsa bukti | mêlange ingkang ati | rèhne atêbih purugmu | yèn kalingsir nèng marga | bêcike sira sarati | nora ketang sathithik ayêm nèng têba ||

26. Bilawa pinêksa-pêksa | mêksa lumuh tan nuruti | pinurih sangu kewala | kênaa kinarya jampi | klingsir ana ing margi | prandene mêksa tan ayun | wuwusira mangkana | hèh bapa lan sira bibi | ingsun nora bungah sinangonan boga ||

27. wus luwih kamurahannya | ing dewa kang sipat asih | tarlèn jurungên kewala | ing puja murih basuki | tan sangsaya ing margi | pirangbara bapa ingsun | ing wuri iya bisa | kapanggih lan sira malih | lah wus karo padha karia raharja ||

28. sumêmprung Jagal Bilawa | umangkat sarta anggiring | mung kêkalih kang maesa | kang linawung jalu èstri | lêpas lampahirèki | ingkang kari sami ngungun | kunêng ing pajagalan | gantya kawuwusa malih | lampahira Risang Kandhiwrêhatnala ||

29. amit marang dalêm pura | miwah maring kadipatin | mring rajaputra katiga | sadaya sami nglilani | Wrêhatnala tan mawi | kampir mring Katandhanipun | lampah laju kewala | tan kari parpate kalih | Wrêhatnala wus atêbih lampahira ||

30. kapungkur praja Wiratha | tan winarna laminèki | manggung ngayam-ayam wana | mudhun jurang angunggahi | gêgênêngirèng wukir | malipiring lungur-lungur | sumêngka ing sasêngkan | narajang rêrèjèng curi | nusup bondhot bêbandhil tan tolèh wuntat ||

43. Pangkur

1. langkung saking kawlasarsa |

--- 154 ---

kunêng Wrêhatnala lampahirèki | mangsuli caritanipun | nênggih Rêsi Sugata | dupi para Pandhawa dènnya ngumulun | kanggêp antuk sihing nata | langkung dènira rudatin ||

2. wit saking ngrasa cinêla | dening risang ipe narendra katri | Arya Kencakarupèku | lan Arya Rupakenca | katri Arya Rajamala gêmpilipun | sihe mring Rêsi Sugata | sasolahtingkahirèki ||

3. manggung nora kabênêran | mung ingewan sinartu dèn saruni | nglêsing tyas Sugata Wiku | merang marang ing kathah | tarlèn namung muksa èsthining tyasipun | tan tolih kawulawarga | pinuntu tyase tan gingsir ||

4. samana sawiji dina | sang arêsi karsa sêsanjan maring | Katandhan apan kapangguh | kalawan Wijakôngka | sawusira sinambrama tata lungguh | Wijakôngka dêlingira | sapraptane paman rêsi ||

5. langkung kumêsaring driya | beda lawan sabênipun ing nguni | paman rêsi kang wêwangun | kadi nawung sungkawa | paran paman kang dados darunanipun | nauri Rêsi Sugata | inggih gèr lêrês dera ngling ||

6. yèn kula nawung sungkawa | saking gênge wirang ing dalêm batin | sambawanggèr yèn tan ngrungu | nadyan botên miyarsa | ing pawarta nanging tamtu wrin ing sêmu | inggih jêng eyang paduka | katrine tuna pandugi ||

7. dadya kirang waspadanya | panggalihe eyang paduka katri | kalingan ing nêpsunipun | salah cipta kewala | katêmahan salawana lawan ulun | sulaya batin kewala | karantênipun wit saking ||

8. gèn kawula nglantarêna | jêng paduka kala katur sang aji | kawula gêgampil laku | nguni botên umêdal | ingkang eyang punika margane rêngu | sarêng ing jênêng paduka |

--- 155 ---

kanggêp antuk sihing aji ||

9. punika saya kacêtha | salah tampinipun dhatêng pun patik | anggèr kawula sinêngguh | jajadha nyingkur karya | pan kawula karaos nênggih kang luput | sapintên merang kawula | mring kang eyang dalêm batin ||

10. miwah merang marang dewa | lamun botên cinupêt lampah niki | kalajêng-lajêng saèstu | dêdukane kang eyang | mring kawula sisip-sisip sêmbiripun | anglèpèti jêng paduka | punika anggèr punapi ||

11. botên jalaran sing kula | ingkang damêl wisunaning panggalih | milanggèr kawula prêlu | kapanggih jêng paduka | mung mêmêling kewala mugi dèn puguh | panggalih ingkang santosa | sampun wèngwèng pakarya ji ||

12. dèn mungkul sakadangira | sarta sangêt dipun mintèng dewadi | tumuntên kalakonipun | ing sasêdya paduka | kula rêrencangi lan puja manêngkung | mugi sinêmbadèng dewa | ing sakarsanira sami ||

13. ing mangke amit pun paman | karilana pun paman andhingini | manjat mring dêlahanipun | wusnya nabda mangkana | Sang Arêsi Sugata pangukutipun | ing raos myang jiwanggana | sampat pangrakiting pati ||

14. katarima dening dewa | nulya muksa saraganira nênggih | agara-gara jumêgur | keblat pat sêsauran | gumalêgêr agonjing kang jagad lindhu | lumrang rum-aruming gônda | puspita saingga riris ||

15. tuhu pandhita utama | Sang Sugata kinasihan dewadi | kang kari langkung angungun | sira Sang Wijakôngka | sakadange katêtangi ing tyasipun | têmahan nawung sungkawa | katiga udrasa sami ||

16. samana Sang Wijakôngka | duk miyarsa sojar Sugata Rêsi | kathah karaosing kalbu | langkung panlangsanira | marang dewa dumasa guna nênuwun | pangaksama sadosanya |

--- 156 ---

mangkana Wijakôngka glis ||

17. manutur pudyèng kamuksan | mring kang muksa nulya atur udani | marang jêng sri nara prabu | lamun Rêsi Sugata | wanci dalu muksa dalah raganipun | Matswapati Sri Narendra | sakala kalangkung kingkin ||

18. samuksane Sang Sugata | durung ana ing karsa sri bupati | ingkang ginantyakkên wau | dadya raja pandhita | tan winarna ingkang sami manahan[2] kung | kacarita Radèn Arya | Kencakarupa lan ari ||

19. Radèn Arya Rupakenca | Arya Rajamala kalane myarsi | Sugata pamuksanipun | dèrèng wus raosira | ing wardaya mring para Pandhawanipun | kalimput tan pisan ninga | yèn iku wayah pribadi ||

20. sinêngguh liyan kabrayan | langkung jarêm panasing tyas kapati | dènnya kanggêp lan sang prabu | dahat gêng ing sihira | nora pêgat tinari-tari ing kewuh | barang tingkah kabênêran | iku panase ing galih ||

21. arya katiga tan pêgat | dènnya budi sangsaranipun nênggih | wiwala sihirèng prabu | marang para Pandhawa | pirangbara kêna binudi mrih lampus | saking alusing tarekah | nora nyênyukêri galih ||

22. mangkana arya katiga | amarêngi nênggih dina sawiji | pakêmpalan dalêmipun | Arya Kencakarupa | ari karo tan têbih sumiwèng ngayun | Kencakarupa ngandika | babo ariningsun kalih ||

23. lah kayapa yayi sira | padha ingsun bobot budinirèki | paran bisane puniku | gêmpal sihirèng nata | marang Wijakôngka myang sakadangipun | sarta bisane asirna | ing kono budinên yayi ||

24. nora wus rasaning manah | ing margane Wijakôngka antuk sih | wit saking panawènipun | nguni Rêsi Sugata | nadyan [na...]

--- 157 ---

[...dyan] mêngko Rêsi Sugata muksa wus | parandene durung ilang | iya panase kang ati ||

25. marang Tôndha Wijakôngka | dènira gung tinari de sang aji | kongsi nalingsiring tanduk | rakanira sang nata | ujêr Tôndha Wijakôngka juru petung | tinari olahing praja | laku-lakunirèng adil ||

26. iku panase tyas ingwang | kang liningan matur saha wotsari | kakang mas kalamun pêthuk | lawan karsa paduka | tuwin yayi Rajamala yèn jumurung | purun sagolong ing karsa | nyuwun palilah sang aji ||

27. môngga adu-adu janma | kang minôngka sawung inggih pun yayi | Rajamala bilih saguh | anuwun minêngsahan | marang raka paduka sri nara prabu | mosa[3] wandeya sang nata | Wijakôngka kang tinari ||

28. kula dugi Wijakôngka | inggih lamun tinari de sang aji | kados kewala rinipun | nami Jagal Bilawa | kang ingaturakên môngka dados sawung | ngriku marganipun uga | antuk kaladesa nênggih ||

29. kalamun Jagal Bilawa | kinging[4] dipun ungkih dèn amrih pati | kalakone pêjahipun | kados sakadangira | amurina belani kadange lampus | pintên dayanipun kangmas | Si Tôndha sakadangnèki ||

30. suka kang raka ngandika | têka bênêr yayi pikirirèki | mungguh pakolihing tanduk | prayogane ing benjang | lamun parêng nuwun idi adu-adu | yudane anèng bacira | parêka lan sêndhang yayi ||

31. ya sêndhang kadadyanira | duk muksane ibu Dèwi Sukati | lamun kaparjayèng pupuh | arinta Rajamala | yèn kapupu ing yuda pamulyanipun | cinêmplungakên ing sêndhang | nirmala tan karya kingkin ||

44. Asmaradana

1. nadyan tumêkaning pati |

--- 158 ---

yayi môngsa kabanjura | anggêre misih sêndhange | kang rayi kalangkung suka | inggih sampun prayoga | sarwa sêmbada ing tanduk | paran yayi Rajamala ||

2. apa ta sira kadugi | ingadu dadi sarana | sambung rapêting lêlakon | dènnya mrih ing patinira | Si Tôndha Wijakôngka | tingkah iki luwih alus | kaya nora kawistara ||

3. Rajamala awotsari | kakang mas inggih sandika | kewala anut sapakon | botên kawula ngrêsula | ngadu dadi sarana | kêdhik nèng pakewuhipun | karsa paduka punika ||

4. manawi inggih manawi | dados salah dalihira | rakanta sri nara katong | sae punapa kakang mas | wong antuk panggrayangan | angungkih karaton dêstun | winastan tiyang punapa ||

5. tan wêruh petanging bêcik | ngêngiyas wadya Wiratha | madonkên wong saprajane | punapa tan makatêna | inggih tingkah punika | milane lamun panuju | ing panggalihipun kangmas ||

6. aluhung kewala mawi | pratingkah ingkang pasaja | pun Wijakôngka binêncèt | inggih ing sakadangira | kawula pan kaduga | kinrubut sakadangipun | môngsa kula gumingsira ||

7. mamrih patinipun nênggih | Wijakôngka sakadangnya | kang raka karo saure | iya ana bênêrira | yayi pikirmu ika | ananging panduganingsun | kaya-kaya nora dadya ||

8. iya ing salah pandalih- | ira rakanta sang nata | miwah wadya sadayane | yèn ingsun matur pasaja | nora pisan ngungkiha | karaton ping kalihipun | madonkên wadya Wiratha ||

9. kalawan malihe yayi | yèn nyata ratu utama | pasthi wruh kêdhap liringe | iya karsaningsun uga | kaya ge tinurutan | apa ing panuwun [panu...]

--- 159 ---

[...wun] ingsun | Rajamala aturira ||

10. inggih sumôngga ing kapti | kalamun botên kagêma | wau saking atur ingong | dene kawula kakang mas | inggih matur supata | bilih tyas kawula mêsgul | nglampahi karsa paduka ||

11. dewa ingkang ngudanèni | sampun ta ingkang dhumawah | ing sakit sanadyan layon | mantêp madhêp ing parentah | tuhu botên suminggah | tinêmpuhna gunung sèwu | arinta môngsa gingsira ||

12. Kencakarupa ngling malih | ya yayi ingsun tarima | ing prasêtyanira kuwe | dene kasidaning sêdya | kaya kang wus kawarah | panimbanging manah ingsun | kaya wus sarwa sêmbada ||

13. kunêng kang golongkên pikir | ubaya ing Soma ngarsa | dènnya yun nuwun idine | marang jêng sri naradipa | mangkana kacarita | Matswapati Sang Aprabu | ing ari Soma sewaka ||

14. lênggah bale pôncaniti | sinewa ing wadyabala | balabar kadi sabêne | pêpak pra mantri punggawa | satriya adipatya | dêmang panglima panatus | panglawe bêbundhêl desa ||

15. sangkêp sapangkate sami | sagolong-golong lênggahnya | ingkang cakêt ngarsa katong | sang narpaputra katiga | Radèn Seta Utara | Wratsôngka ing jajaripun | ingkang paman sang nararya ||

16. Kencakarupa utawi | Radèn Arya Rupakenca | Dyan Rajamala jajare | ing wuri Arya Nirbita | mantrimuka Wiratha | Tôndha Wijakôngka dhêku | lawan cantrik Tantripala ||

17. katri cantrik Damagranti | lênggah cakêt lan ki patya | sri narendra andikane | marang Tôndha Wijakôngka | hèh Tôndha dene gothang | marang ngêndi purugipun | arimu karo tan ana ||

18. kang liningan awotsari | pukulun jêng sri narendra | abdinta pun Bilawane |

--- 160 ---

amikul pakarya tuwan | kesah nglawung maesa | kilap wau purugipun | kados kewala mring wana ||

19. dene Wrêhatnala lagi | kesahe kawula duta | mring Satasrêngga parlune | manggihi pawong mitramba | nyênyèkèl wontên ngarga | Satasrêngga angsung wêruh | manawi mangke kawula ||

20. sampun têtêp dados abdi | paduka wontên Wiratha | mila makatên sang katong | duk ing nguni pangkat kula | winêling yèn kawula | katampèn amba ngumulun | pinurih suka uninga ||

21. sang nata ngandika malih | he putraningsun têtiga | kulup ingsun atêtakon | kayapa ing mêngko sira | winuruk Wêrhatnala | ing gêndhing gêndhèng puniku | utawine olah bêksa ||

22. apa na undhake kaki | putra têtiga turira | inggih wus kathah indhake | dhatêng gêndhing gêndhèng miwah | bêksa olah tênaga | sampun sairip sadarum | lan pun Kandhiwrêhatnala ||

23. sru suka Sri Matswapati | miyarsa aturing putra | lamun wus kathah indhake | kèndêle andika nata | Arya Kencakarupa | sumaruna nêmbah matur | pukulun jêng naradipa ||

24. lah ila-ila punapi | kang kawula lakonana | papa cintraka badhene | ingkang kawula têmaha | kapidêrênging karsa | parikêdah anênuwun | idi ing jêng sri narendra ||

25. kalamun panujwèng galih | kawularsa ngadêgêna | kalangan adu-adune | sawung nanging kang kinarya | têtiyang kang prawira | dene ta sêsawung ulun | pun ari mas Rajamala ||

26. kenging yèn dipun mêngsahi | ing sawiyah-wiyah jalma | para mantri punggawane | satriya ing sawiratha | kenging yèn nandhingana | yèn parêng karsa pukulun | inggih adêging kalangan ||

27. wontên ngalun-alun [nga...]

--- 161 ---

[...lun-alun] ngarsi | dene wau karsa kula | sampun dinalih badhene | kamipurun jêng paduka | tan pisan yèn mangkana | èsthining tyas mung arsa wruh | tètèripun Rajamala ||

28. ing prangipun wantah kadi | pundi kaprawiranira | marma sangêt atur ingong | kang mugi sampuna dadya | salah pandalih tuwan | utawine putraningsun | ing kadipatèn Dyan Seta ||

29. Utara Wratsôngka ugi | aja kaliru ing tômpa | kosêngguh ngungkih karaton | anggèr nora pisan-pisan | darbe cipta mangkana | mungguh sêtyane tyas ingsun | mring ramanira sang nata ||

30. dewa pasthi ngudanèni | saosike titahira | kang putra katri ature | paman kula ngatas karsa | adu-adu punika | kenging sawiyah wongipun | pinocung anandhingana ||

45. Pocung

1. adu-adu punapa totohanipun | yèn mawi punapa | minôngka totohannèki | ingkang paman aris nauri wacana ||

2. iya kulup mungguh ing prayoganipun | sinungana tohan | iya sapantêse ugi | anjawine tinohan ing rajabrana ||

3. apa nuntun minôngka sêsêging kayun | sakawasanira | nora nganggo dèn wangêni | Radèn Seta suka malih aturira ||

4. inggih ulun mangayubagya ing kayun | yèn makatên paman | punapa sêmbadèng galih | raka tuwan sri narendra andhawahna ||

5. mring sadarum têtiyang Wirathanipun | sintên kang kaduga | ngaturêna sawung jalmi | anandhingi ring pun paman Rajamala ||

6. dipun adu kadibyanira ing pupuh | sakêdhik tan ketang | mawi tinohan mas picis | ingkang paman nauri lah kulup iya ||

7. narpasunu malih mring paman umatur | dipun [di...]

--- 162 ---

[...pun] srantosêna | rumiyin pun kakang patih | kajêngipun undhang-undhang wong Wiratha ||

8. malihipun kawula priyôngga ayun | ngupa sawung paman | yèn sampun pakantuk pasthi | inggih nuntên ngaturi uning paduka ||

9. sakalangkung suka amiyarsa wuwus | Dyan Kencakarupa | sri narendra anambungi | iya yayi bênêr ature sutanta ||

10. sawusipun ngandika jêngkar sang prabu | manjing kênyapura | bubaran ingkang sumiwi | sri narendra praptane ing dhatulaya ||

11. putra têlu tinimbalan mring kadhatun | tan adangu prapta | Seta Utara myang ari | Dyan Wratsôngka marikêlu lênggahira ||

12. sang aprabu alon pangandikanipun | hèh kulup kayapa | ing panimbangirèng budi | ing karsane pamanmu Kencakarupa ||

13. têka nuwun idi ngadu-adu sawung | kalawan pasaja | supata lamun angungkih | ing karaton mara kono jajagana ||

14. karêpipun mètên saka sombang-sambung | sêmbadaning duga | watara miwah prayogi | apa nora kêna ing yudanagara ||

15. basanipun papan rupak iku kulup | lumuh kadhisikan | mangkono panêmu mami | ing têgêse dènira angadu jalma ||

16. tan liya mung panyoba mring pra wadya gung | yèn sami lumawan | Si Rajamala sor titih | wong Wiratha wus nora nana kang madha ||

17. têguh timbulira Rajamala iku | wus ginawe gampang | gêmpure Wiratha nagri | pan mung iku kulup ing panêmuningwang ||

18. nêmbah matur Dyan Seta dhawuh pukulun | nênggih kaluhuran | wontên tèmpèlipun ugi | nanging lamun makatên karsane paman ||

19. sakalangkung sêmbawa puruna matur | masajakkên karsa | mênggah ing pandugi mami | kados [ka...]

--- 163 ---

[...dos] ngungkih pêjahe pun Wijakôngka ||

20. karanipun antuk sih paduka prabu | wontên tandhanira | tingalipun botên sidi | mring pun Wijakôngka myang sakadangira ||

21. sukêr dulu dalasan nguni Sang Wiku | Sugata kabranang | ing panastènipun inggih | ngantos kalampahan pun Sugata muksa ||

22. sing jrihipun rumasa antuk sêsiku | ing sapêngkêrira | mèpuning wardaya maring | Wijakôngka sah ngangkah kalêpatannya ||

23. sang aprabu miyarsa aturing sunu | ana èmpêrira | nanging durung wus dènnya mrih | jagaruna batine Kencakarupa ||

24. lon amuwus iya ana èmpêripun | nanging kulup sira | dèn wêweka aja kongsi | kotampani lômba karsane pamanta ||

25. sira ngruruh jago dèn padha pakantuk | ing tangguhe uga | kang putra matur wotsari | yèn panuju kalawan karsa paduka ||

26. tuwan mundhut pitulung Ngastina Prabu | kawarti Kurawa | satus prawira ing jurit | sami karêm rêmêne ngêlar jajahan ||

27. kathah mungsuh ing sabrang sami kapikut | pun yayi Wratsôngka | prayogi lumakwèng mundhi | ing nawala dhatêng Prabu Drêstharata ||

28. dene ulun lumampah priyôngga ngruruh | têtiyang kang kêna | kinarya sawung prêmati | ingkang rama suka amangayubagya ||

29. bênêr kulup ing karêpira puniku | mara kaki sira | Wratsôngka ri benjing-enjing | lumakua priyôngga marang Ngastina ||

30. ingsun tuduh amawa nawalaningsun | Wratsôngka tur sêmbah | sandika kangjêng dewaji | lampah amba botên nganthi wadyabala ||

46. Kinanthi

1. mangkana dènira rêmbug | wus iyêg golong kang budi | pra putra nulya bubaran | enjinge [e...]

--- 164 ---

[...njinge] sang narpasiwi | tiga sami sêsowangan | Wratsôngka marang nagari ||

2. Ngastina aminta tulung | mundhi nawala narpati | sarta wêwêlinge têlas | Dyan Seta Utara sami | kesah ngupaya saraya | mring sabrang karsanirèki ||

3. kunêng kang ngupaya sawung | kawuwusa kang lumaris | marang nagari Ngastina | cinêndhak lampahe prapti | sira Rahadèn Wratsôngka | anjujug rêkyana patih ||

4. Arya Sangkuni agupuh | nglantarkên marang jro puri | ya ta Sang Sri Drêstharata | sêdhênge siniwèng cèthi | supênuh ing dhatulaya | kang lênggah cakêt ngarsaji ||

5. Sang Narpadayita Prabu | Kusuma Dèwi Gêndari | lagyeca imbal wacana | kasaru Arya Sangkuni | prapta angaturi wikan | praptane caraka saking ||

6. Wiratha ingkang tinuduh | sang narpaputra pribadi | Rahadèn Arya Wratsôngka | agupuh Drêstharataji | nimbali sang narpaputra | kinèn sumandhing alinggih ||

7. Dyan Arya Wratsôngka sampun | lênggah satatèng ngarsaji | sri narendra lon nambrama | yayi mas padha basuki | kang kari ana Wiratha | kang liningan awotsari ||

8. sami raharja ing pungkur | kakang prabu prapta mami | ingutus ramanta nata | kang dhingin jêng rama paring | pangèstu ring karaharjan | kaping kalihe aparing ||

9. pustaka kagawèng ulun | ingaturakên tumuli | tinampenan Drêstharata | sawusnya sinungkên maring | sira sang narpadayinta | kinèn amaca wus titi ||

10. atas pamiyarsanipun | Drêstharata Sri Bupati | surasanirèng pustaka | kadhadha tan ninang siji | suka alon angandika | iya yayi mas prayogi ||

11. langkung suka rênaningsun | ramanta karsanirèki | mundhut pitulung

--- 165 ---

maringwang | sutanta Kurawa sami | sinaraya dèn adua | lan paman Rajamalèki ||

12. hèh yayi Sangkuni gupuh | timbalana putra mami | warahên Si Duryudana | mrih ngirit arine sami | lumêbua jroning pura | sandika rêkyana patih ||

13. awotsêkar sampun mundur | tan adangu kyana patih | praptane ngirit Kurawa | môngka kang dadya pangarsi | sira Radèn Duryudana | atarap lênggah ngarsaji ||

14. Drêstharata ngandika rum | putrèng ngong prabu taruni | marma sira sakadangta | kabèh sami sun timbali | ana gawe kaki sira | pininta sraya ing jurit ||

15. lawan eyangira Prabu | Wiratha Sri Matswapati | sira kabèh putraningwang | aja na êsaking ati | lumakua saparentah | dèn padha mantêp ing budi ||

16. kang putra nêmbah umatur | inggih sandika dewaji | karsane benjang punapa | amba tinêmpuh nèng jurit | kang rama alon ngandika | mung nganti praptanirèki ||

17. marma lakunira kulup | sarênga pamanirèki | yayi mas Arya Wratsôngka | amatur prabu taruni | inggih sandika jêng rama | suka sagung kang miyarsi ||

18. Dyan Wratsôngka nêmbah matur | kakang mas sri narapati | rèh putra tuwan sandika | parênga amba minta mit | lajêng mantuk mring Wiratha | yêktine dèn arsi-arsi ||

19. lan ramanta Sang Aprabu | Sri Drêstharata jurungi | ya yayi sun sung pudyarja | ing lakunira nèng margi | Wratsôngka anuwun sigra | mêdal saking jroning puri ||

20. praptaning jawi wus laju | sawadyabala lumaris | kondur mring praja Wiratha | pra Kurawa atut wuri | tan ana kari sajuga | ing marga datan winarni ||

21. praja Wiratha wus rawuh | lajêng manjing jroning puri | tan kari para Kurawa | lan rama nata wus panggih | Wratsôngka umatur [uma...]

--- 166 ---

[...tur] nêmbah | ngaturkên sasolahnèki ||

22. lawan ing pangiritipun | para Kurawa tan kari | suka Matswapati Nata | kèhing Kurawa puniki | sami prawira ing yuda | ciptane sri narapati ||

23. sanadyan kasor ing pupuh | salah sawijine ugi | karo myang têlu têmtunya | ana kang unggul ing jurit | wus pinasthi ciptanira | Kurawa salah sawiji ||

24. bisa angentasi kewuh | samana wus dèn dhawuhi | Kurawa pinaring prênah | makuwon ing kadipatin | kalangkung sinuba-suba | sinung kasukan sakapti ||

25. mung anganti praptanipun | putra karo kang ngupadi | jago marang tanah sabrang | ya ta tan antara lami | kalawan Radèn Wratsôngka | Dyan Seta Utara prapti ||

26. dènnya ngupaya pakantuk | têtiyang ingkang prayogi | kinarya jago patohan | kêkalih saking nagari | ngatas maruta santana- | nira Sri Malawapati ||

27. tur kinarya punggawa nung | wus kondhang lamun linuwih | môndraguna ing ayuda | awrat sinôngga ing jurit | kang sajuga nama Arya | Saraya sajuga nami ||

28. Arya Sangkaya dibyanung | praptaning Wiratha nagri | Arya Saraya Sangkaya | wus ingaturkên sang aji | sang nata kalangkung suka | arya kalih pinartami ||

29. sinung pamondhokanipun | wontên kapatihan nênggih | sinugun sinungga-sungga | ya ta kocapa sang aji | dupi kang putra katiga | sampun sami antuk kardi ||

30. lajêng utusan paring wruh | mring risang nararya kalih | sarta amundhut katrangan | karsane benjang punapi | ingadêgipun kalangan | sang arya kalih mangsuli ||

31. benjang ari Soma ngayun | sêdhênge kalangan dadi | rinêngga adi pun kadya | tatane wong duwe kardi | supaya nora kuciwa | kang nêdya gambuh ningali ||

47. Gambuh

1. mangkana sang

--- 167 ---

aprabu | anuruti ipe karsanipun | ngalun-alun apan sampun dèn dandosi | rinêngga pêpasrènipun | tuwuhan adi kinaot ||

2. sarta sinungan panggung | sangajênging taruna sanêngguh | panggung palênggahanira sri bupati | rinêngga-rêngga kalangkung | adi kalamun tinonton ||

3. lan wontên malih panggung | wetan lakung[5] asri pasrènipun | yèku panggungira sang nararya kalih | Kencakarupa puniku | Rupakenca de kang kulon ||

4. ugi sinungan panggung | palênggahanira narpasunu | pan binangun rêrênggan kadya swargadi | pinggir pakalanganipun | pinagêr babêthèk bakoh ||

5. tan wus lamun cinatur | rêrêngganing pakalanganipun | sagêdira sira sang narpatisiwi | angladosi karsanipun | ingkang paman arya karo ||

6. sampuning sampat saput | pirantining kalangan myang panggung | rajaputra katiga lajêng ngaturi | uning panjênênganipun | paman ro ingkang supados ||

7. ing ari Soma ngayun | mêdalana pakalanganipun | Radèn Arya Kencakarupa nanggupi | gya parentah marang sagung | wadya santana jinatos ||

8. liring wadi sadarum | têmbe lamun pagut ing apupuh | ingkang rayi Rajamala yèn sor titih | tiwas dumugining lampus | poma ywa kongsi talendho ||

9. cinêmplungêna gupuh | marang sêndhang Ngamarta puniku | kadadyaning kang ibu Rêtna Watari | marganira waluyastu | Rajamala sang wiranom ||

10. marmane sêndhang wau | jinagia pra santana sagung | aywa kongsi kasêlanan liyan janmi | dipun wêweka ing kewuh | mring kartisampekaning wong ||

11. para kang tampi dhawuh | nyandikani sarta saur-manuk | wus mangkana tata-tata mung anganti | praptaning ri Soma ngayun | kunêng [ku...]

--- 168 ---

[...nêng] ganti winiraos ||

12. Pamadi lampahipun | prapta padhepokan ing Martawu | ingkang eyang Sri Bagawan Byasa lagi | lunggwèng pacrabakanipun | sapa kang sumiwèng kono ||

13. para wasi manguyu | cantrik janggan ajar-ajar puthut | Sri Bagawan Byasa tan samar umèksi | praptane Sang Pandhusunu | Dyan Parta ingawe gupoh ||

14. nêmbah sumungkêm suku | sah ingaras sarta ingêlus-lus | lungayane sêsambèn liniling-liling | sinambrama dhuh mas putu | babo padha karahayon ||

15. sira lawan kadangmu | Parta nêmbah alon dènnya matur | mundhi saking pangèstu tuwan sayêkti | pra wayah sami rahayu | pukulun de sowan ingong ||

16. tinuduh kadang sêpuh | kakang Wijakôngka prêlu atur | uning tuwan ing mangke sampun dumugi | Wiratha dènnya ngumulun | kanggêp antuk sihing katong ||

17. sadaya sampun katur | dènirantuk pakaryan sang prabu | sakadange asowang-sowang piniji | ing karya myang pangkatipun | suka sang rêsi lingnya lon ||

18. ya kaki bage sokur | ora liwat kang ingsun sêsuwun | dening dewa mugi-mugia lêstari | sihira jêng sang aprabu | sira sakadangmu babo ||

19. mung thithik kaki iku | ana kang dadi rasaning kalbu | kakangira Bilawa panawang mami | ing mêngko nêmu pakewuh | sisip-sisip têmah layon ||

20. ananging yèn panuju | kabênêran dadi marganipun | anampani kanugrahaning dewadi | mulane siranggèr gupuh | muliha poma wêkas ngong ||

21. aja wèngwèng ing ngênu | mêruhana gampang angèlipun | pakewuhe kakangmu Bilawa Wasi | samana Sang Parta sampun | winisik liring lêlakon ||

22. têlas wêwêlingipun | Radyan [Ra...]

--- 169 ---

[...dyan] Parta wotsêkar mit wangsul | ingkang eyang mangayubagyèng Pamadi | ri wusira nguswèng suku | mundur lan Ki Sêmar Bagong ||

48. Durma

1. lajêng lampahira Radèn Dananjaya | Saptarga wus kawuri | kunêng kang lêlampah | gantya malih winarna | ing praja Wiratha dupi | ubayanira | praptaning Soma ari ||

2. Sri Narendra Matswapati saha putra | katiga wus miranti | sawungnya sadaya | binêkta magêlaran | mungging panggung sri bupati | para Kurawa | andhèr sumiwèng ngarsi ||

3. dene sira Dyan Arya Kencakarupa | kalawan ari kalih | wus munggèng panggungnya | baris para santana | sêndhang kang dipun jagèni | pinggir bacira | binarisan bathithit ||

4. dening para pratiwa sapanêkarnya | têpung gêlang kang baris | wuri pabarisan | ewon wong kang umiyat | kumrêsêg arêbut ngarsi | wong padêdesan | myang pagunungan sami ||

5. jalu èstri kapilayu umiyata | kang lakon tigang ari | pitung ari prapta | kadarpane pawarta | miyat adu-adu jalmi | dadya kèbêkan | ing alun-alun ngarsi ||

6. nora kêna winilis kèhning wong miyat | samya pipit-pinipit | jêjêl yêl-uyêlan | pêpêt gèn dhêdhumpilan | tan wus yèn winarnèng tulis | ya ta mangkana | Kencakarupa nuli ||

7. aparentah mring ari Dyan Rajamala | kinèn mêdal dhingini | Arya Rajamala | tan lênggana umêsat | prapta madyaning ajurit | kiprah sinurak | wadya kang pacak baris ||

8. ing lor kulon kidul wetan pêparêngan | surak gumuruh atri | goraning kang swara | yayah guntur ngakasa | binarung gong gubar bèri | umung wurahan | kadya manêngkêr langit ||

9. ya ta Radèn Wratsôngka parentah sigra | Kurawa salah siji |

--- 170 ---

kinèn ngêmbarana | ingkang tampi parentah | Dursasana andhingini | amit manêmbah | marang Sri Matswapati ||

10. sarta marang sira sang narpati putra | rinilan mêsat aglis | praptaning ranangga | wus panggih yun-ayunan | Rajamala wêngis angling | aranmu sapa | lancang paksa kumaki ||

11. wani mapag wirodhane Rajamala | Dursasana nauri | sun putrèng Ngastina | ran Wira Dursasana | yèngsun kang arsa ngêmbari | santikanira | dèn popog bae bêlis ||

12. ing ayuda poma aja angucira | tandhing kalawan mami | kene payo apa | kang ana jênêngira | tamakna ingsun tadhahi | Dyan Rajamala | sigra molahkên bindi ||

13. gya binandul tinêmpuhakên ing lawan | Dursasana ngendhani | tunaning bindika | gumêbrug tibèng kisma | lir dhinungkar kanang siti | Dyan Dursasana | jangkah malês anggitik ||

14. ing lugora tarampile Rajamala | tinangkis lawan bindi | kumêpruk swaranya | bêl amijil dahana | Rajamala malês bindi | tinangkis uga | ing lugora pakolih ||

15. rame aprang bindi kalawan lugora | ganti mukul myang tangkis | tarampile sarta | awas cikate samya | dangu durung ana silip | pêpalu papal | pupuk tan bêbayani ||

16. kalihira buwang bindi alugora | karo rok rêbut pati | rukêt rêrangkutan | dêdêr dugang-dinugang | acaruk tarik-tinarik | Dyan Dursasana | karosane kapontit ||

17. duk pinêluk asta katêkuk amêndhak | sinêndhal wus katarik | wangkingan cinandhak | sigra ingundha-undha | kumitir nèng asta kalih | kadya likasan | sigra binanting siti ||

18. tiba kantêp [kantê...]

--- 171 ---

[...p] kantu Radèn Dursasana | sinurak wanti-wanti | gumrahe lir arga | guntur-gumuntur gora | samana kang nandhang kanin | wus ginosongan | ya ta prabu taruni ||

19. matag marang Durmagati kinèn mangsah | pêpulihing ajurit | Durmagati sigra | amit nêmbah ring raka | miwah mring narpatma katri | tanapi nata | rinilan Durmagati ||

20. ambêg mangsah amandhi lêlimpungira | anèng asta kumitir | praptèng rananggana | wêngis agora sabda | he mungsuh kaliwat luwih | paksa gumuna | dulunên asta mami ||

21. iki baya kang nguntapkên marang sira | lumarap limpungnèki | tarampile Arya | Rajamala limpungnya | mungsuh atikêl tinangkis | jumangkah sarta | malu saha sabindi ||

22. Durmagati kaledhon panangkisira | baune kênèng bindi | kalênggak jêrbabah | gumuling nèng bantala | duk arsa linut ing bindi | rikate Arya | Kutamarma ngalangi ||

23. anyênyiwo lan nitir candrasanira | rame tinangkis bindi | dadya kang kantaka | kêna rinêbut sigra | ginosongan wus sumingkir | ya ta kang pêrang | sih rame silih ungkih ||

24. dangu dènnya prang bindi lawan candrasa | durung ana kalindhih | wus datanpa guna | buwang gêgamanira | prang rukêt tarik-tinarik | pokah-pinokah | ngadu karosan kalih ||

25. midêr-midêr dinêdêr udrêg-udrêgan | gênti gon ganti babit | Radèn Kutamarma | kêrêp kapêlukira | kuciwa karosannèki | danguning yuda | repot sabên kapontit ||

26. kêrêp kèngêl pinêluk mêndhak kewala | rungkat tinarik kêni | ngundha mungging asta | binanting ing bantala | tibane kantêp sru kanin | wong kasêntanan | gumêrah surak atri ||

27. binarung ing gong bèri myang kalasôngka | kêkês wong kadipatin | jagone gustinya | maju-maju kuciwa |

--- 172 ---

samana kasaput ratri | sapih kalihnya | kang kalah nawung kingkin ||

49. Asmaradana

1. wau radèn arya kalih | katiga Dyan Rajamala | santana balakuswane | samya bujana drawina | anèng padalêmira | ngênting parisuka nutug | dènnya sah ungguling yuda ||

2. beda lawan jroning puri | Matswapati Sri Narendra | saya karasa galihe | dènira salah panarka | marang ipe katiga | nanging èringe kalangkung | karoban guna santika ||

3. môngka pra pratiwa mantri | sapraja siji tan ana | kinawasa pamawase | sang nata wadya samoa | dinuga pês kewala | mung punika marganipun | kêkêse tyas sri narendra ||

4. mila sang atmendra katri | tan pêgat ngêngimur rama | supaya sampun adados | ngêgungkên kêkêsing driya | mapan ingkang sarira | dèrèng rumasa bilih wuk | ing budi mrih ambudaya ||

5. utawine ingkang dadi | andêle wardayanira | para Kurawa sih akèh | linuhur nalare kaya | tiyang satus punika | asora kang sangang puluh | pasthi unggul kang sadaya ||[6]

6. wondene kalamun dadi | pandoning dewa kinarya | lêlampahan sayêktine | gampang gêmpiling darajat | sanajan Rajamala | wong siji minungsuh sèwu | môngsa na kang ngasorêna ||

7. mangkana ciptanirèki | sang narpaputra katiga | ing dalu tan winiraos | enjinge malih kocapa | sang nata saha putra | miyos kadi winginipun | sawadya lan upacara ||

8. miwah sawunge tan kari | mungging panggung wêwangunan | Raden Kencakarupane | nimbangi sakadangira | mungging panggung utara | pra santana barisipun | pajêg kadi winginira ||

9. sêndhang Ngamarta jinagi | prajurit [prajuri...]

--- 173 ---

[...t] tata barisnya | akapang têpung gêlange | nurut kênthêng pakalangan | pajêg tan ana siwah | sangkêp sapirantinipun | anulya Dyan Rajamala ||

10. mudhun saking panggung prapti | pabaratan kiprah-kiprah | anguwuh-uwuh sumbare | he kene sapa mapagna | jagone wong Wiratha | aja siji-siji maju | payo parênga umara ||

11. iya lêgane kang ati | lamun samyarsa ngrasakna | Si Rajamala saktine | môndraguna aprakoswa | kalok sujana priya | prawira tama pinunjul | awrat sinôngga ing yuda ||

12. ya ta tan bêtah miyarsi | prabu taruna Ngastina | amit marang sang akatong | myar[7] narpaputra katiga | linilan lajêng mangsah | mandhi bindi gung binandul | pinolahakên nèng asta ||

13. kumitir angilat thathit | ujwalanirèng kang gada | sêmbada lawan kang darbe | gung luhur rowa birawa | agagah tur prakoswa | sêdhêng tandhing kalihipun | gung luhur gagahe samya ||

14. praptaning papan sru angling | Arya Prabu Duryudana | aja girang-girang kowe | durung antuk sajêgira | tandhing kaya wak ingwang | lah ing mêngko sakarêpmu | sun uja aja ngucira ||

15. Rajamala latah angling | lah iya apa nèng sira | tibakna sun icipane | karsa angrasani sira | kayapa dibyanira | Dyan Duryudana agupuh | mutêr bindi gung pinolah ||

16. pinukulakên tumuli | pan tinangkis lawan gada | Dyan Rajamala awase | cukat tarampil ing yuda | tur wasis aprang gada | kalane têmpuh kumêpruk | mijil latune kumantar ||

17. kumêsar ingkang ningali | sabên mirêng prêking gada | kumêbul mêdal latune | kang miyat tyasnya naratap | kèh tukup karna maras | sawênèh mêrêm tan dulu | saking sangêt samarira ||

18. miyat solahe kang jurit | sêdhêng ramene prang gada | agada-ginada gêntèn |

--- 174 ---

gênti mukul gênti tadhah | molah midêr-idêran | dêdrêg-udrêg rêbut caruk | rok rupak pupak-pinupak ||

19. pur pupukan migunani | karone abuwang gada | salin salaga bêbintèn | babit-binabit ababag | rêbut gon dêdugangan | miwah dêdêr dêdrêg pêluk- | pinêluk apêpulêtan ||

20. yèn uwal tarik-tinarik | sarosa asêsêndhalan | mangkana ing sadangune | kang yuda ngabên karosan | kuciwa Duryudana | sor titih karosanipun | sinêndhal kajrungup tiba ||

21. duk tangi cinandhak kêni | pinithing binanting kêna | kantêp tibèng bantalane | sapandurat kantunira | nulya malih cinandhak | sinabêtakên ing watu | kumalasa sru kantaka ||

22. Rajamala nyandhak bindi | yun dèn jinur lawan gada | sata Kurawa kêbate | ambyuk pan aparêng mara | nyênyiwo Rajamala | wuri ngarsa keringipun | myang kêkanan pamrihira ||

23. ributa dènira jurit | têmah riwut Rajamala | rinoban ing mungsuh akèh | sru liwung pangamukira | mampang molahkên gada | nèng asta mubêng binandul | kang kababit babar pisan ||

24. rêbah nora mindho kardi | kabarubuh pra Kurawa | kababat ing bindi kabèh | wit pacing padhane ika | ingkang pinêrang pêdhang | tan rêkasa sêmpalipun | lèsèh Kurawa lir sarah ||

25. kang maju-maju kapontit | kèlês lêsah kasulayah | bêlasah rubuh alèsèh | sakarine bubar-bubar | mêlajar asasaran | kasaput ratri sinaru | ing têngara sêsapihnya ||

26. Rajamala mundur aglis | pinêthuk raka kalihnya | kinanthi binêkta mulèh | dene wau pra Kurawa | wus sami ginosongan |

--- 175 ---

binêkta mring pondhokipun | wus sami pinulasara ||

27. kunêng Kurawa kang kanin | miwah kang anggung kasukan | arya katri santanane | sami suka-parisuka | dènnyanggung ungguling prang | kawuwusa ing kadhatun | Matswapati Sri Narendra ||

28. pinarak kang putra katri | sri narendra angandika | hèh katiga putraningong | ing mêngko padha wruh sira | saktine Rajamala | satuhu lamun pinunjul | abot sinôngga ing yuda ||

29. kayaparan mêngko kaki | sun bobot budimu padha | pangupaya wêkasane | putra katêlu turira | inggih lêrês paduka | awrat sinôngga ing pupuh | rinta paman Rajamala ||

30. ananging pamanah mami | tarlèn ngêntosi punika | srayanamba arya karo | Saraya lawan Sangkaya | yèn kêkalih punika | maksa botên wagêt unggul | ngabên ayuda kanaka ||

50. Pangkur

1. punika pukulun lagya | budidaya inggih ngupaya malih | tiyang kang kenging sinawung | dene ta rayi tuwan | pinundhuta samêne rumiyin lamun | amba ngupaya Saraya | mila dintên benjing-enjing ||

2. mênang cacak kawon cacak | arya kalih ngong wêdalkên ing jurit | sang nata langkung panuju | atur rêmbaging putra | riwusirèng gunêm bubaran sang prabu | kunêng dalu tan winarna | ya ta enjingira malih ||

3. Sri Narendra Matswapatya | sampun miyos miwah upacara sri | myang putra mungging pêpanggung | ugi saupacara- | nira sarta pra prajurit barisipun | pajêg anèng pakalangan | atêpung gêlang bathithit ||

4. tan owah lir sabênira | arya katri ugi sampun mêdali | sawadya santananipun | pajêg ingkang pinatah | rumaksaka ing sêndhang lir sabênipun | têtiyang kang sami [sa...]

--- 176 ---

[...mi] miyat | tambah saya gung kang prapti ||

5. desa-desa pagunungan | ingkang têbih-têbih lakon sêsasi | kayungyun samya dêdulu | jalwèstri anom tuwa | dulur sêlur sêg-sêgan sanggèn-gènipun | rêbut ngarsa dhêdhumpilan | miwah apipit-pinipit ||

6. tan wus lamun winuwusa | wong nênonton gumrah swaraniratri | ya ta Rajamala sampun | miyos têngah kalangan | sarwi kiprah sêsumbar anguwuh-uwuh | hèh payo srayan Wiratha | mêtonana ing ajurit ||

7. ing kene lah payo padha | angrok bôndawala arêbut pati | gandhèng konca kantar bau | ngadu atosing tulang | miwah wulêting kulit myang kêncêngipun | ingotot sangganên iya | Rajamala dibyanèki ||

8. wau Rahadèn Utara | matag marang Arya Saraya nênggih | kinèn mêdali ing pupuh | ingkang ingatag sigra | amit nêmbah mring rajaputra katêlu | utawine sri narendra | ngidèni sigra mêdali ||

9. sarwi angatas badhama | gung pinolah mungging asta kumitir | praptaning rana kapangguh | lan Arya Rajamala | sru têtanya hèh srayan sapa aranmu | wani mapag yudaningwang | kang tinanya anauri ||

10. sun Adipati Saraya | pratiwane natèng Malawapati | ginala-gala ing pupuh | tate nanggulang mêngsah | sarta kêrêp tinandhing kadya dhapurmu | mulane pininta sraya | dening risang narpasiwi ||

11. hèh hèh sira Rajamala | dèn prayitna wulatên asta mami | iki kang karsa manutur | marang kamuksanira | wusnya nabda mangkana sang arya gupuh | lumarap badhamanira | kumêpruk tinangkis bindi ||

12. mijil dahana sru mubal | Rajamala sigra amalês bindi | tinangkis badhamanipun | langkung ramening yuda | tan kuciwa sami wasis kalihipun |

--- 177 ---

mangkana Dyan Rajamala | ragi repot ing ajurit ||

13. kaledhon panangkisira | dadya kêna jaja kang sisih kering | badhama kacêp sumunduk | ampuhe kang badhama | Arya Rajamala sakala sumaput | niba andhêpani kisma | surak wong ing kadipatin ||

14. gumêrah ambata rêbah | binarunging kalasôngka gong bèri | mawantu surak gumuruh | ya ta wong kasêntanan | miyat Rajamala sangêt kantunipun | gya rinêbut ginosongan | Dyan Kencakarupa aglis ||

15. parentah marang sêntana | ingkang rayi kinèn nyêmplungkên nuli | ing sêndhang aja kalalu | gupuh para sêntana | kang anggotong Rajamala apan sampun | cinêgurakên ing sêndhang | dupi kakum ing we bèji ||

16. sawatawis dangunira | Rajamala sampun waluya jati | akêbat panculatipun | malih marang payudan | sarwi kiprah sarwi mandhi bindinipun | kagyat Sang Arya Saraya | myat mungsuhe urip malih ||

17. durung wruh wigatinira | mung sinêngguh gêsang saking kasaktin | marma muntap krudhanipun | sira Arya Saraya | amarpêki badhamanira tumanduk | tinangkis bindi amudal | dahana anggêgirisi ||

18. cukat Arya Rajamala | mupuh bindi Saraya angendhani | tuna tumibèng bumi rug | dhungkar lêbu ulêkan | sru anitir bindi saking dènnya liwung | Radèn Arya Rajamala | sahasa wus ambêg pati ||

19. prandene Arya Saraya | nora miris badhama karya tangkis | sabên kapapag kumêpruk | mijil mubal dahana | gênti bindi gênti badhama ariwut | nanging Arya Rajamala | sakêdhik repot ing jurit ||

20. kêrêp dhompo ing pratingkah | sabên-sabên kaledhon ing panangkis | mangkana kênèng pêpukul |

--- 178 ---

pranaja ingkang kanan | binadhama kacêp sacêngkang cumêprut | kantu Rajamala niba | badhama dinudut aglis ||

21. mijil rahnya sumamburat | gulasaran dyan arya sangêt kanin | wong kadipatèn gumuruh | surak ambal-ambalan | Dyan Kencakarupa kagyat sigra dhawuh | mring wadya santananira | kinèn nyêmplungkên parigi ||

22. gupuh ingkang dhinawuhan | Rajamala ginotong binêkta mring | sêndhang cinêgurkên sampun | watawis dangunira | Rajamala nirmala waluya sampun | saking parigi manculat | praptèng madyaning ajurit ||

23. sarwi bêksa kiprah-kiprah | gora sabda payo rêbutên jurit | Rajamala sudibyanung | sakti amôndraguna | tate tatal ngêlar jajahaning mungsuh | tur winongwong dening dewa | awrat sinôngga ing jurit ||

24. he Saraya dèn prayitna | ingsun walês katiban bindi mami | dèn sambat bapa babumu | lan prayitnèng kamuksan | môngsa wurung luluh dening bindiningsun | sigra Arya Rajamala | sarosa pamukulnèki ||

25. tinangkis badhamanira | sêbit bindinira têrus nibani | muka Sang Saraya luluh | lêbur datanpa sisa | surak wadya kasêntanan sru gumuntur | yayah manêngkêr ngakasa | kang miyarsa kêkês wiwrin ||

26. wau ta Arya Sangkaya | awas mulat lamun Saraya mati | binindi mukane luluh | sigra Arya Sangkaya | amit nêmbah mring rajaputra katêlu | miwah ring jêng sri narendra | rinilan umêsat aglis ||

27. mawa lugora pinolah | lir kitiran mungging astane kalih | praptaning papan kapangguh | lan Arya Rajamala | tan sarônta Sangkaya pamalunipun | ngiwung ngiwa nêngên mapal | ing palu lugora nênggih ||

--- 179 ---

28. gugup Radèn Rajamala | kongsi kêrêp dhompo dènira tangkis | saking riwutirèng mungsuh | ngênirkên parikrama | saparane Rajamala sah ingêlut | sarta pinalu lugora | tingkahe anggêgirisi ||

29. nging nirdeya kêrêp tuna | Rajamala ingkang prayitnèng galih | duk arsa manculat gupuh | kasompok Sang Sangkaya | gya pinukul ing bindi mukane luluh | bathange tanpa kukuban | Sangkaya patinirèki ||

30. surak wong ing kasêntanan | wanti-wanti kadya manêngkêr langit | agora guntur-gumuntur | kêkês wong kadipatyan | duk samana kasapih Hyang Surya surup | bubar ingkang bêbarisan | dhasar pandhandhanging gêndhis ||

51. Dhandhanggula

1. sri narendra kondur marang puri | kèring dening kang putra katiga | ing jawi bubaran kabèh | radèn arya katêlu | lan sawadya santananèki | kondur mring dalêmira | wuwusên sang prabu | sapraptaning dalêm pura | putra katri sami tan karilan mulih | aginêm jroning pura ||

2. sri narendra dêlingira aris | pan wus tita iyèng pangupaya | anôngga kasantikane | pamanira he kulup | paran mêngko budimu kaki | sun bobot kayangapa | kang putra umatur | anjawine karsa tuwan | kaparênga kawula ngupaya malih | dhatêng liyan nagara ||

3. dene rayi paduka dewaji | inggih tuwan paringi andika | pinundhutana samêne | lamun amba pukulun | lagi ngupa sarayan malih | kang rama angandika | karêpira kulup | ingsun nora ngayubagya | yèn ta lata satêmah ngisin-isini | gawe kusuting praja ||

4. angilangkên luhur ingsun kaki | satêmêne kulup jênêng ingwang | wus ana kang sun dêlake | wit jênêng ngong pakantuk | wasitaning dewa ing ratri | kinèn ngambil saraya | kewala wong ingsun |

--- 180 ---

ingkang asuwita anyar | yèku Jagal Bilawa ingkang abangkit | ngentasana ing karya ||

5. marma mêngko sira ingsun tudi[8] | mring Katandhan katêmua sira | lan Tôndha Wijakangkane | têmbungên kadangipun | Si Bilawa lamun nyondhongi | manirambil saraya | arsa ingsun adu | lan Si Arya Rajamala | putra katri matur sandika wotsari | lèngsèr saking jro pura ||

6. mring Katandhan lampahe dyan katri | tan rinêngga ing marga wus prapta | Katandhan malbèng wismane | Wijakôngka anuju | lênggah bale watangannèki | sinewa kadangira | kêkalih nèng ngayun | Ki Tôndha kagyat umiyat | praptanira sang narpasiwaya katri | gupuh dènira mapag ||

7. tundhuk lajêng sumungku ing sikil | matur anoraga mêlasarsa | adhuh gustiningsun anggèr | tumêdhak mring don ulun | abdi tuwan botên angimpi | sasat katêkan dewa | gumyuring tyas ulun | dhuh gusti karsa punapa | arsa mundhut utamanggane pun patik | karya kèsèt prayoga ||

8. Radèn Seta mèsêm amangsuli | aja kaduk kajêron panômpa | iya Wijakôngka kowe | dene ta praptaningsun | ora marga saking punapi | ingsun iki dinuta | ing rama sang prabu | manawa lêga tyasira | kadangira Si Bilawa pininta sih | ing rama sri narendra ||

9. apan arsa ingadu prang tandhing | lawan paman Arya Rajamala | marma jêng rama pamase | mundhut rilanirèku | aywa dadya êsaking galih | kinira ingkang bisa | angentasi kewuh | arinira Si Bilawa | Wijakôngka umatur saha wotsari | inggih gusti sumôngga ||

10. sampun taha-taha ing panggalih | sampuning kang pun Jagal Bilawa | nadyan jiwamba wus dene | pinundhuta sang prabu | enjing sontên sumonggèng aji | ananging kuningana | pun Bilawa wau | lagi akesah kewala |

--- 181 ---

dhatêng pajagalan martuwi kiyai | nênggih Jagal Wêlakas ||

11. yèn suwawi paduka êntosi | ngong jujule dhatêng pajagalan | radyan putra lon dêlinge | iya lamun panuju | Wijakôngka ingsun umiring | marang ing pajagalan | supaya lakumu | dèn anggêp tan mindho karya | kang liningan matur sumôngga ing kapti | anulya budhal samya ||

12. marang pajagalan tan winarni | lampahira wus prapta ing kana | lajêng anjujug wismane | Ki Jagal Wlakas nuju | nênajèni dunungirèki | tilame Ki Bilawa | pan sinungan banyu | sêkar sataman kang sarta | saji-saji saliring sajèn sumaji | nèng dagan prênahira ||

13. Kyai Wlakas kagyat duk umèksi | praptanira Tôndha Wijakôngka | sarta ngirit narpatmane | Ki Jagal gupuh mêthuk | dharakalan nilar sêsaji | andhêku matur nêmbah | dhuh kamayan ulun | gustiku karsa sêsanjan | wawi gusti katuran mring wisma wingking | lênggah bale watangan ||

14. Radèn Seta mèsêm anauri | sira iku kaki ewuh apa | têka uthi sasuwene | Ki Jagal nêmbah matur | inggih gusti sawêg sêsaji | toya sêkar sataman | lawan inthuk-inthuk | gêdhang gantèn ayu samya | nênajèni kang kesah madyèng wanadri | supados rahayua ||

15. wontên paran sampun kawis-kawis | rajaputra angandika sapa | iya ingkang kesah kuwe | Ki Jagal nêmbah matur | suta amba Bilawa Wasi | mring wana nglawung mesa | kagêngan sang prabu | Dyan Seta kagyat miyarsa | asasmita Wijakôngka wruh ing wangsit | hèh paman Jagal Wlakas ||

16. putrandika puruge mring pundi | pun Bilawa dènnya nglawung mesa | Jagal Wêlakas ature | marang wana lèr ngriku | rayindika kalanirapti |

--- 182 ---

kesah nglawung maesa | pamitan maringsun | sun candhêt bêrot kewala | wangkalipun kewala karya pangarsi | cinandhêt botên kêna ||

17. katêmahan kawula turuti | Wijakôngka malih andikanya | paman prapta kula mangke | dinuta ing sang prabu | kinèn mundhut sutanirèki | Bilawa apan arsa | jinago ing pupuh | ingadu lan Rajamala | wasanane lampah ngong tan antuk kardi | lah punapa batala ||

18. inggih karsanipun sang siniwi | mila paman ancêr-ancêrana | ing wana pundi puruge | badhe kawula susul | Jagal Wlakas saure aris | anggèr yèn makatêna | kula tumut nusul | angiras gêrmani lampah | amung gusti kawula sang narpasiwi | kantuna wontên wisma ||

19. ngêntosana ing saprapta mami | ya ta rajaputra duk miyarsa | arum manis andikane | mring ngêndi ingsun milu | lumuh kari pakarya iki | lah payo padha pangkat | Bilawa sinusul | kang liningan asumôngga | adan budhal saking pajagalan nênggih | ngalèr ngetan purugnya ||

20. kunêng ingkang sêdya angulati | Ki Bilawa gantya cinarita | Sang Wrêhatnala lampahe | saking ngarga Martawu | pan ginêlak lampahe prapti | laladan ing Wiratha | nèng marga kapranggul | jalu èstri saradula | langkung gêngnya gra magalak gêgilani | ngênêr nandêr sahasa ||

21. Wrêhatnala prayitna ing galih | sinandêr ing kalih saradula | dyan linêpasan panahe | saradula kacundhuk | kalih pisan kêna babarji | kuwandanira muksa | tan antara dangu | wontên kêkalih jawata | nguwuh-uwuh manadukarèng Pamadi | kulup Parta mrenea ||

22. kang inguwuh kagyat malajêngi | wus anduga yèn iku jawata | praptèng don nata sêmbahe | sumungkêm sukunipun | sang

--- 183 ---

jawata suka lingnya ris | wus bangêt tarimèngwang | dèn sakeca lungguh | kaki sun pajari sira | wruhanira jawata ingsun puniki | Hyang Sambo araningwang ||

23. kang sawiji Hyang Brama kang nami | karo padha apapa cintraka | sarupa saradulane | kênèng wilalatipun | Sang Hyang Guru kalane swargi | padha palinggot bawa | ingsun bangêt wuru | lan ari ngong Sang Hyang Brama | têmah antuk upatane Hyang Pramèsthi | dèn dhunkên saking swarga ||

24. mêngko ruwat saking sira kaki | lah sapira panarimaningwang | jênêng ngong ingkang sarèhne | durung bisa amasung | malês ing sihira sumarmi | mung misik kang supaya | lêjar tyasirèku | ing nguni wêwêlingira | kaki Byasa mring sira durung patitis | têmbung ragi sinamar ||

25. iku kang matitiskên jêng mami | sira kaki pinrih nyurupana | pakewuh gampang angèle | gampange yèn wus wêruh | ing wadaka angèle kaki | ingkang môngka sarana | iku têgêsipun | sawadakaning lêlakyan | kakangira Bilawa tinandhing jurit | mungsuh Si Rajamala ||

26. Rajamala nora kênèng pati | anggêr isih sêndhang kadadyannya | ibunira duk muksane | mandoning ngalun-alun | mulane kêkalangan kaki | cinakêt lawan sêndhang | Rajamala mau | matia sari ping sapta | yèn dèn kinum toya sêndhang urip maning | marma tan kêna pêjah ||

27. Wrêhatnala myarsa ngrês ing galih | wus anduga yèn dadya bêbaya | kang raka pasthi apêse | Hyang Brama awas dulu | nora samar Parta prihatin | alon andikanira | bênêr pandugamu | nanging pandoning dewata | lamun arsa rumaksa titahirèki | kang ayu lan waspana ||[9]

--- 184 ---

28. pasthi ana kang minôngka dadi | sarana mrih patine Si Arya | Rajamala gampang bae | mungguh parigi mau | cêmplungana kang Cundhamani | yèkti nir sawabira | sabab kang mawèku | wus sampurna kamulannya | Rajamala lêstari patinirèki | dene Cundhamanika ||

29. nalikarsa cinêmplungkên warih | dhingin iku sinidhikaraa | ciptanên pawakastrane | wus kaki amung iku | wêkas ingsun liring wêwadi | amuhung jênêngira | manêrua laku | supaya bangkit anungka | sang jawata kêkalih sawusnya misik | ing wadaka gya muksa ||

30. karyanggana Radèn Pandhusiwi | samuksane Hyang Sambo Hyang Brama | malih anglajur lampahe | sarta laku sinêru | kunêng ingkang anggêlak laris | mangsuli caritanya | katri narpasunu | Wijakôngka Jagal Wlakas | prapta samadyaning wanantara nênggih | ngupaya rèh sri nata ||

52. Sinom

1. kapanggih kang dèn upaya | samana anuju guling | sumendhe sela gêgilang | kacarita bayusiwi | dangune nèng wanadri | dènnya nglawung mesanipun | kêkalih bêtanira | saking pajagalan nguni | mangke sampun winoran mesa sanambang ||

2. anjirap nèng sandhingira | wuri ngarsa kanan kering | wondene Jagal Bilawa | lamine nglawung anênggih | apan wus tigang sasi | Sang Bilawa durung antuk | dhahar kalawan nendra | kang pininta jroning galih | dènnya nglawung antuka bandhangan kathah ||

3. tinurutan dening dewa | ing saciptanira dadi | dupi bandhangan wus kathah | lagi marêm tyasirèki | Bilawa karsa guling | nglêrêmkên sariranipun | layap lagi kewala | marmane [marma...]

--- 185 ---

[...ne] kapati guling | Jagal Wlakas kanggêg de Bilawa nendra ||

4. matur marang Wijakôngka | dhuh babo anggèr puniki | wangune lagi kewala | arinta dènira guling | sabênipun anênggih | yèn layape dèrèng dangu | winungu têmah duka | kawula kalangkung ajrih | amungua mring kang sawêg eca nendra ||

5. anggèr aluhung kawula | kewala dipun pêjahi | tinimbang mungu kang nendra | suka andika patèni | Wijakôngka lingnyaris | paman wontên lêpasipun | kalamun saban-saban | kados amungua ajrih | balik niki lumakwèng pakarya nata ||

6. sampun wigih-wigih paman | gugah putranta kang guling | Ki Wlakas mopo kewala | pinêksa-pêksa mung ajrih | luhung dipun patèni | tinimbang lan kinèn mungu | dangu padudon sabda | wasana Wijakôngka ngling | paman lamun mung saking ajrih andika ||

7. mênèk sinartu kang putra | yèn wontên runtikirèki | ngong dhadhagane priyôngga | mangke satanginirèki | andika manggèn wuri | kula ingkang wontên ngayun | supados katingala | yèn kang gugah jênêng mami | Jagal Wlakas ature sih pangkêrêdan ||

8. gih anggèr lamun mangkana | mangke andika dhadhagi | gya majêng Ki Jagal Wlakas | gugah maksih briga-brigi | ingoyog wanti-wanti | Bilawa sih eca turu | oroke sêsênggoran | pêgêl Ki Jagal tyasnèki | dangu dènnya anggugah ing sutanira ||

9. ingosog-osog amêksa | kang nendra kapati guling | lagi nglilir bae nora | saking pêgêle kang ati | Jagal Wlakas ngupadi | lugora kinarya [ki...]

--- 186 ---

[...narya] mungu | jêngku myang garêsira | ingalugora tinitir | suprandene maksih eca-eca nendra ||

10. wali-wali ambudaya | rèh panggugahe kang guling | wus tita tan awungua | Jagal Wlakas brêbês mili | sarwi ngadhuh asêdhih | dhuh kadospundi puniku | anggèr rayi andika | dèn gugah nora anglilir | pundi wontên ginugah ing alugora ||

11. mêksa botên paja-paja | wus wêgah kula nglampahi | môngga andika priyôngga | anggugaha mring kang rayi | Wijakôngka nauri | paman Jagal sampun mutung | mapan gampil kewala | kaole gugah wong guling | ingkang lembon binubut wulu puhunnya ||

12. môngsa ngaping kalih karya | sapisan kewala tangi | paman dika lakonana | Jagal Wlakas matur inggih | majêng nuli amuntir | wulu puhune binubut | sinêndhal Kyai Jagal | cakekalan angunduri | kaduk gugup mundure tiba kalumah ||

13. wantune jalma wus tuwa | lara napase katangi | dènnya kalumah tan bisa | tangi têmah gulung koming | saking dènnya yun ningkir | ajrih manawa sinartu | napase mêgag-mêgap[10] | iga mêlar mingkus kèksi | nora pêgat sambat mati Jagal Wlakas ||

14. gumujêng Ki Wijakôngka | sigra dènira ngajêngi | wau ingkang wungu nendra | kagyat wulune jinênggit | dadya salah pandalih | dèn nukarta duganipun | dening bêburon wana | satanginira ngulati | ngosak-asik bêbondhot myang garumbulan ||

15. winiyak sru binubutan | ri curi ingorak-arik | kang rawe-rawe rinantas | malang-malang dèn putungi | sela-sela [sela-...]

--- 187 ---

[...sela] dèn soli | sinepakan gumalundhung | ngundhung-undhung tinêndhang | têmpuh sami sela basmi | mawa swara jumêglug gora èbêkan ||

16. tan panggih kang ingupaya | tandya krudhanya mawêrdi | kumrut Bilawa tumandang | kang wrêgsa gêng dèn bêdholi | rêbah winolak-walik | prandene nora kapangguh | kang dinuga nukarta | saking riwute gêng runtik | durung mulat marang kang sami ngupaya ||

17. tyasnya kasêsêlan arda | wau kalane udani | marang Ki Jagal Wêlakas | sinandêr gupuh murugi | ingkang sinandêr uning | Jagal Wlakas biyas payus | nyana lamun palastra | dene Bilawa wus dadi | krodhanira ngosak-asik jroning wana ||

18. marma kalane ingancap | Ki Wlakas tyasira ênting | gumêtêr anggaotannya | dhèngkèlên tan bisa tangi | napas sêsêg kapati | mung kantun kakêtêkipun | ulat sawang kunarpa | wau ta ingkang marani | Kyai Jagal cinandhak dening Bilawa ||

19. jinunjung asta kalihnya | sarwi sêrêng dènira ngling | lah dene iki si gêrang | ping pira wus sun tuturi | kalamun ingsun guling | sinrantèkna sawunguku | aja pisan ginugah | nadyan nèng panggawe luwih | prêlu iya sinarantèkna kewala ||

20. prandene si gêrang mêksa | gugah-gugah marang mami | Jagal Wlakas duk miyarsa | pangrasane anauri | nanging tan bisa muni | amung kacêmat-kacêmut | ya ta Ki Wijakôngka | mrêpêki lingira aris | hèh Bilawa kinapakakên punika ||

21. wong wus tuwa lara napas | dadak sira garênêngi | durung pasthi iku lêpat | dene lamun sira yayi | Bilawarsa dukani |

--- 188 ---

anglêluput wong tan luput | iya ingsun kewala | jurên luluhên dèn aglis | lamun sira grênêngi Jagal Wêlakas ||

22. ingsun ingkang nora lila | marènggal udhunna yayi | wong tuwa samare kathah | Bilawa sêndhu turnèki | mulane sun grênêngi | jêr wong tuwa tan wruh ngêdur | ping pira gonku mêkas | ywa gugah yèn ingsun guling | Wijakôngka mèsêm alon wuwusira ||

23. mau ingsun kang parentah | gugaha gonira guling | pan arsa ngong jak rêmbugan | wasana sawuse tangi | nêsumu sèlèh ngarsi | apa gawe manira yun | rêrêmbugan lan sira | wis mara tutugna yayi | nêpsunira nging aja mring sapa-sapa ||

24. ngamungna mring jênêng ingwang | apa ta arsa matèni | ya sun bae patènana | ywa gêgawa liyan yayi | mara ta yayi aglis | tutugna nêpsunirèku | Bilawa duk miyarsa | sirna dêdukanirèki | Kyai Jagal Wlakas sinèlèhkên sigra ||

25. langkung panalangsanira | Wijakôngka wruh ing liring | yèn kang rayi sampun sirna | dukane ulat kaèksi | sumèh sumringah wêning | dadya lon andikanipun | yayi prapta manira | anusul gonira mriki[11] | pan ingutus kalawan sri naradipa ||

26. kinèn animbali sira | pan arsa dèn adu jurit | winêtokkên pakalangan | kinarya jago sirèki | paran ta sira yayi | jinago dera sang prabu | apa ta amopoa | apa sira nyandikani | yayi amung lamun mopo jênêngira ||

27. yêktine ingsun priyôngga | nglakoni karsane aji | dadi jago tandhing lawan | gêni kang luwih gêngnèki | Bilawa dupi myarsi | kang raka andikanipun | sakala nênggak waspa | matur sêrêt èsmu ajrih | iya kakang apa ing sapakonira ||

--- 189 ---

28. saguh bae jênêng ingwang | sok uga jangji sirèki | nora anyipta mangkana | apa katura saiki | yêkti ingsun lakoni | kang raka lêga tyasipun | matur marang dyan putra | punika Bilawa gusti | sampun sagah dadosa sawung sang nata ||

29. ing mangke kula sumôngga | gèn paduka marentahi | Radèn Seta angandika | iya Bilawa sirèki | dèn rikat marang nagri | jujuga ing dalêm ingsun | Bilawa tan lênggana | gumrêgut umangkat aglis | linut dening prabawangin pôncawora ||

30. kang kari agêgancangan | ginêlak dènnya lumaris | cinêndhak lampahe prapta | ing praja lajêng umanjing | anjujug kadipatin | Bilawa wus anèng ngriku | lajêng binêkta marang | jro pura samana kèrit | dening narpaputra pocunge katiga ||

53. Pocung

1. praptanipun ing pura lajêng atur wruh | marang ingkang rama | sri narendra sigra mijil | lênggah mungging paningrat manggihi putra ||

2. sang aprabu alon pangandikanipun | putrèngsun katiga | bage sira lagi prapti | paran lakunira kulup ingsun duta ||

3. nêmbah matur Dyan Seta inggih pukulun | Tôndha Wijakôngka | mangke wus kawula irit | dalah Jagal Bilawa sumonggèng karsa ||

4. sang aprabu kalangkung sukaning kalbu | pangandikanira | he Bilawa sira mugi | ngentasana karya sira sun saraya ||

5. sesuk-esuk mêtonana ing apupuh | kang liningan turnya | iya ingkang mugi-mugi | antuk idi pangèstune sri narendra ||

6. sang aprabu malih pangandikanipun | putraningsun Seta | sira angsunga udani | marang pamanirarya katiga pisan ||

7. iya lamun panuju ing dina sesuk | banjur mêtonana |

--- 190 ---

ing kalangan kaya kang wis | putra katri manêmbah matur sandika ||

8. wusing rêmbug bibaran saking kadhatun | wus nglampahkên duta | ingkang ngaturi upêksi | mring kang paman Dyan Arya Kencakarupa ||

9. tan winuwus rêroncènira ing dalu | kawuwusa enjang | Sri Narendra Matswapati | karsa miyos lênggah mungging pêpanggungan ||

10. rajasunu katiga sawadyanipun | wus mungging panggungan | prajurit kang pacak baris | pajêg ngêpung kalangan atêpung gêlang ||

11. wong dêdulu dulur saya wuwuh-wuwuh | sanggèn-gèn kèbêkan | wau sang nararya katri | sampun mungging panggung palênggahanira ||

12. saha wadu wandawa pajêg lir dangu | kang rumêksa sêndhang | Radyan Kencakarupa glis | ngagnya marang ari Radèn Rajamala ||

13. pinrih mêtu rumuhun lir dangu-dangu | ingkang pinarentah | tan lênggana nulya mijil | mandhi gada sêsumbar anguwuh lawan ||

14. Sang Aprabu Matswapati sigra dhawuh | mring Jagal Bilawa | kinèn mêtoni ing jurit | dan Bilawa sandika anulya mêsat ||

15. sarwi mandhi gada wêsi pita nêngguh | kang saking Madura | sêmbada lawan kang mandhi | gung aluhur Birawa gagah prakoswa ||

16. tur arêgu jênggurêng jarot adhegus | rêngrênge Bilawa | satuhu amêmêdèni | lampahira mawa prabawangin gora ||

17. lir pinusus bayu mêsês mawa lesus | liwawar sumêbar | kèh wrêksa kapranggal sêbit | pang-pang pokah lir pinuntir ron balasah ||

18. lêbu muluk mulêg mêlêg mawèh limput | nglimpêti baratan | sadaya agiris miris | maras-maras prahara akarya uwas ||

19. ya ta wau Rajamala kagyat dulu | praptane Bilawa | kang ingajap-ajap yêkti |

--- 191 ---

têka gampang dènira ngadoni yuda ||

20. asru muwus Rajamala bocah dhegus | sira ingkang prapta | pêksa lancang kumawani | aprang tandhing lawan Arya Rajamala ||

21. iya lamun kêna sun owêl sirèku | bêcik amundura | Jagal Bilawa nauri | kalah mênang iku sapa ingkang karya ||

22. nanging mungguh pangrasaku ngatasipun | ngaurip punika | mapan sadarma nglakoni | sapa sêdya ayu rinêksa ing dewa ||

23. mara gupuh apa kang ana sirèku | tamakna maringwang | Rajamala sigra gitik | kang gada gêng sumêbut Bilawa endha ||

24. kang bumi rug orêg katiban gada gung | lir ginaru dhungkar | Bilawa malês anggitik | mupuh gada endha Radèn Rajamala ||

25. dangu pupuh-pinupuh tanpa pakantuk | wasis awas sira | cikat tarampile sami | tan kuciwa kalihe anjingga mudha ||

54. Durma

1. langkung rame dènira apêrang gada | gada-ginada gênti | durung ana ingkang | wani tumadhahana | gênti endha gênti gitik | sadangunira | tan ana kang asilip ||

2. wusnya tita tan migunani kang gada | nulya binuwang kalih | prang salin salaga | amung kalawan asta | udrêg dêdrêg silih ungkih | pokah-pinokah | kukuh tarik-tinarik ||

3. sêsêndhalan gênti binte bêbantingan | ulêt puntir-pinuntir | pêlak pêpêlukan | samana Rajamala | sakêdhik ragi sor titih | karosanira | kèngêl dinêdêl kêni ||

4. nanging maksih kukuh ing pamithingira | Risang Bilawa Wasi | mamrih angupaya | ungguling rananggana | èngêt kukunira nênggih | kang pôncanaka | sinundêpakên aglis ||

5. Rajamala sinundêp jajane kêna | kacêp rahira mijil |

--- 192 ---

aniba kantaka | ampuhe pôncanaka | Rajamala angêmasi | wadya santana | gupuh dènnya gosongi ||

6. gya cinêmplungakên ing sêndhang amarta | dangune sawatawis | nirmala waluya | tatu pulih sakala | Arya Rajamala nuli | kêbat manculat | mring pabaratan malih ||

7. sarwi kiprah-kiprah sinurak ing kathah | wadya lan wong ningali | surak bal-ambalan | yayah guntur ing arga | gumuruh ambalêbêgi | binarung swara- | nirèng gong gubar bèri ||

8. tan parungwan yayah amanêngkêr wiyat | wau ta kang winarni | Kandhiwrêhatnala | wus prapta pakalangan | angungun dènnya umèksi | ing wong umiyat | kathahira tan sipi ||

9. lawan durung cêtha ingkang mawa swara | dene sinurak atri | Kandhiwrêhatnala | matag Ki Lurah Sêmar | hèh kakang dipun pakolih | ngupaya tanyan | kang mawa surak iki ||

10. Sêmar Bagong aniti-niti têtanya | ing wong sandhinge linggih | wus jinatèn ingkang | mawa swara punika | Ki Sêmar matur bêbisik | niki bandara | raka dika wus jurit ||

11. mêntas mênang Rajamala kasor pêjah | ananging gêsang malih | cinêmplungkên sêndhang | niku margane gêsang | wangsule sinurak atri | wawi bandara | kartisampeka nuli ||

12. tinandukkên momor tiyang kasêntanan | Parta ngandika aris | iya kakang poma | dèn bisa ngupa marga | wêngane saka sathithik | baris santana | kênaa sun uculi ||

13. kang bramastra saking têbihan kewala | nulya sami lumaris | prapta pinggir sêndhang | Lurah Sêmar anjawab | mêmêla aminta warih | rèhning kasatan | kêna akarya jampi ||

--- 193 ---

14. jampi anggong sêntana kang rumaksaka | ing sêndhang wlas ningali | mring Ki Badranaya | wong tuwa mêlasarsa | api mêgap-mêgap kadi | anggong sanyata | sigra sinungan margi ||

15. duk piyaking baris Kandhiwrêhatnala | wus dangu dènnya musthi | kang bramastra ika | linêpasakên sigra | sumêbut nora katawis | tumamèng sêndhang | nênggih kang bramastradi ||

16. wus mangkana Sêmar apinyawuk toya | wusnyantuk gya sumingkir | wau ta kocapa | Rahadèn Rajamala | sampun yun-ayunan malih | Bilawa kagyat | èsmu ngungun ing galih ||

17. de wus mati mangke mungsuhira gêsang | jêngêr tan bisa angling | Radèn Rajamala | guguk wuwuse sora | dèn prayitna sira bêlis | lah pijêr apa | wulatên jênêng mami ||

18. Rajamala wong guna dira santika | payo manèh ajurit | Bilawa miyarsa | sumbare mêngsahira | sigra jangkah sarwi gitik | gada sarosa | tinangkis lawan bindi ||

19. pagutira lir guntur môngsa kasanga | jumêprèt gêgirisi | amijil dahana | kumêbul kantar-kantar | wèh giris ingkang ningali | atukup karna | mêrêm netrane kalih ||

20. saking samar miwah kabalbêging swara | kala paguting bindi | Rajamala sigra | jangkah malês anggada | Bilawa endha matangkis | gya maju jangkah | malês anggada gitik ||

21. rame gada-ginada ingkang ayuda | dangu durung sor titih | gada tanpa guna | sigra buwang kalihnya | karsa caruk rukêt malih | pêlak-pinêlak | bintèn babit-binabit ||

22. rame cêngkah makukuh jêngkang-jinêngkang | ngungkal ungkih-ingungkih | dêdêr akèdêran |

--- 194 ---

midêr ngidêri papan | gya pulêt puntir-pinuntir | agêgêlutan | Jagal Bilawa kêni ||

23. sru pinithing sarosa aparingisan | Bilawa mamrih budi | kinipatkên sigra | uwal mungsuh kasingsal | kontal tibane kabanting | tangi rumangsang | dinugang tiba malih ||

24. karingkangan kêrêp tinêndhang kalênggak | sigra tinarik kêni | sinêndhal kasingsal | ingundha mungging asta | sêbut binantingkên siti | kantêp tibanya | nulya dipun kakahi ||

25. wêwadhuke sinundêp ing pôncanaka | sinuwèk nguwir-uwir | rahnya muncrat-muncrat | mili kadya tirisan | Rajamala angêmasi | wadya santana | sumriwut ngrêbut wani ||

26. ginosongan cinêmplungakên ing sêndhang | ya ta toyèng parigi | kalane kinuman | bramastra de Sang Parta | kadya ginodhog ing agni | umob jatinya | amung nora katawis ||

27. dupi cinêmplungan bangke Rajamala | umob ting toya kèksi | molah mawalikan | mawa swara kumrangsang | bangke ajur lir jinuwing | mopol kewala | kagyat sagung kang jagi ||

28. dene sêndhang beda lan nguni-uninya | sabêne anggêsangi | bangke Rajamala | tan dangu awaluya | ing mangke têka matèni | umob wus kadya | ginodhog dening agni ||

29. marma wadya sêntana gupuh dènira | atur uningèng gusti | ing purwa wasana | sampun katur sadaya | kagyat wau arya kalih | Radèn Kencaka- | rupa lawan kang rayi ||

30. Radyan Rupakencaka sarêng udhunnya | têdhak gèning parigi | duk miyat umopnya | toya amawalikan | bangke jur kadya jinuwing | arya kalihnya | langkung ngungun ing galih ||

31. dangu-dangu

--- 195 ---

kumukus kang toya sêndhang | kumrangsang swaranèki | saya gêng kukusnya | andêdêl ing akasa | tantara swara kapyarsi | ing keblat papat | gumlêgêr gêgêtêri ||

32. bumi gonjing jinjang pan kadya ginoyang | otêr jagat lir miring | têdhuh sabawana | parêng asating toya | sêndhang lan sirnanirèki | kukus mangampak | sirna tilase wuri ||

55. Pangkur

1. amuksa sajatinira | Rajamala parêng ibunirèki | nirmala waluya jatu | sampurna ing kaanan | sampun nunggil lan pra dewa ing swarga gung | ya ta kang kari rahadyan | arya kalih katêtangi ||

2. saking sih trêsnaning kadang | karêrantan langkung dènnya prihatin | kang raka kalih amuwun | kadyangganing wanita | wadya kasêntanan aminggu sadarum | bela anawung sungkawa | sadaya sami anangis ||

3. amung Dyan Kencakarupa | miwah ari Rupakencaka sami | lipure ingimur-imur | dening wadya mituwa | pinupusa lamun pasthining dewa gung | dadya lipur sawatara | wasanardane katangi ||

4. radèn kalih sru kabangan | ambêbangun nalin-nalining galih | dadya muntap krudhanipun | songol ngandikèng wadya | mara kono dèn rame surakirèku | jagone natèng Wiratha | ingsun cacake pribadi ||

5. sawusnya nabda mangkana | Dyan Kencakarupa amundhut bindi | gya mring rananggana gupuh | wau Jagal Bilawa | dupi miyat bêbotohe kang umagut | gumrêgut Bilawa krudha | paran-pinaranan sami ||

6. ya ta kang nèng pêpanggungan | narpaputra katiga dupi mèksi | ingkang paman krudhanipun | langkung guguping driya | radèn katri dharakalan udhunipun | malajêngi ingkang paman | Wijakôngka duk udani ||

7. gustine katiga pisan | alumajêng yun nyapih kang ajurit |

--- 196 ---

Wijakôngka gupuh-gupuh | kang rayi pinlajêngan | samangkana kang wontên sajawinipun | kalangan Sang Wrêhatnala | uning Wijakôngka nyapih ||

8. kang raka Jagal Bilawa | gupuh dènnya angukut bramastradi | anulya rikat lumayu | malajêngi kang raka | kawuwusa narpaputra katri sampun | praptèng madyaning kalangan | kang raka dipun sungkêmi ||

9. sarwi alara karuna | pêgat-pêgat ature mêlasasih | dhuh paman wong tuwaningsun | padukarsa punapa | dhuh wêlasa mring wong Wiratha sadarum | rêksanên rusaking wadya | ngowêla kèhing pêpati ||

10. pati-pati krudha tuwan | yèn sèstua tuwan ngawaki jurit | môngsa wandeya puniku | wadya ing kasêntanan | anglut soroh amuk paduka kang tinut | dhuh paman mugi wêlasa | rakanta jêng sri bupati ||

11. utawine dhatêng kula | dene pêjahipun arinta saking | pêpasthènirèng dewa gung | pinupusa kewala | Radèn Seta lagya samantên turipun | kasaru wau praptanya | Rupakencaka nungkêmi ||

12. ing padanirèng kang raka | sarwi lara karuna turirèki | dhuh kangmas dhuh sampun-sampun | sampun dinawa-dawa | ing dêduka paduka kula sêsuwun | mugi tuwan sarèhêna | dene patine pun ari ||

13. sintên punika kang karya | tarlèn dewa mugi pinupus sami | luhung galiha pukulun | minta aksamèng dewa | dados botên agêng sikuning Hyang Guru | yèn tuwan lajêng-lajêngna | saèstu botên prayogi ||

14. wau Dyan Kencakarupa | kalanira tinangisan kang rayi | miwah pulunan katêlu | larut bramantyanira | katêtangi malih karantaning kalbu | ketang dènira alola | kadange katêmah lalis ||

--- 197 ---

15. rumasa gothang kanthinya | dadya bela udrasa luh umijil | sadaya asênggruk-sênggruk | kalima rêrangkulan | nahênta Sang Wijakôngka pajlêngipun[12] | praptèng ngarsaning Bilawa | sarwi alon dènira ngling ||

16. yayi sira arsa apa | ambrakuthu paran prasamu yayi | de ngimbangi arsa magut | dukane radèn arya | nadyan sira ingkang kataman ing bêndu | pantês bae lumawana | ananging pikirên yayi ||

17. nadyan radèn arya salah | durung pasthi kangjêng sri narapati | tegaa ing patinipun | payo mundur kewala | ewadene ing mêngko iya kalamun | ana dhawahe sang nata | yayi gampang dèn lakoni ||

18. ing mêngko mundur kewala | Radyan Bima datan sawalèng galih | anulya sami amundur | ya ta Sang Wrêhatnala | duk uninga raka kalih unduripun | dadya sira gêgancangan | nututi kang raka kalih ||

19. lampahe Sang Wrêhatnala | mêdal ngarsanira dyan arya kalih | Kencakarupa andulu | lampahe Wrêhatnala | dinuga yèn punika wadon saèstu | mirit dènira busana | sabusananirèng èstri ||

20. langkung kumêpyur tyasira | radyan arya kêna wiyoga kingkin | gung mangu-mangu mangunkung | kungkaling rèh asmara | salamine durung kagimir mring wadu | anêmbe punika ana | ardasmarane mring èstri ||

21. saking sru darpaning driya | Dyan Kencakarupa lajêng minta mit | mring putra andikanipun | dhuh anggèr tan kayaa | wong tuwamu bangêt sasaring panêmu | wus nglênggana luput ingwang | mring ramanta sri bupati ||

22. ora liwat kaki muga | sun suwuna aksamanirèng aji | supayane jênêng ingsun | tan kawratên druhaka | amung mangke anggèr lilanana ingsun | ngaso kaping kalihira |

--- 198 ---

nyarèhkên tyas ingsun kaki ||

23. ingkang putra matur nêmbah | inggih paman sampun mêlang ing galih | anggêr paduka pukulun | sampun lilih kewala | kasukana sakarsa môngka panglipur | lêmpara prihatin dahat | mangke ngong matur sang aji ||

24. kang paman nauri sabda | iya kaki bodho jênêngirèki | sawusnya mangkana laju | kondur arya kalihnya | radèn putra sasmita ring wadya sagung | wus kinèn sami bubaran | kawuwusa sri bupati ||

25. miyat lampahe kang putra | gya ingawe sang narpatmaja aglis | sami minggah ing pêpanggung | lênggahe ingkang rama | praptèng ngarsa putra tri nêmbah turipun | ing purwa madya wasana | sadaya sampun kawijil ||

56. Mijil

1. sang aprabu kalane miyarsi | sru sukaning batos | katêmahan luntur sih wêlase | marang ipe radèn arya kalih | angandika ririh | sêrêt lan rawat luh ||

2. kaki sira kewala kang bangkit | mring arimu karo | pêpulihên kulup tyase dimèn | alêstari menaka nèng ngriki | ingkang putra katri | sandika turipun ||

3. ri sampune mangkana sang aji | kondur angadhaton | ginarêbêg ing upacarane | miwah kering putranira katri | sapraptaning puri | ingkang putra sampun ||

4. akalilan mundur kadipatin | sami kinèn ngaso | dene Wijakôngka sakadange | kinèn mantuk mring wismanirèki | ing Katandhan sami | ngasoa rumuhun ||

5. dene wau kang para prajurit | sagung wadya katong | sampun kukut kalangan bubare | pra Kurawa ingkang sami kanin | dipun usadani | waluya sadarum ||

6. sarta sampun akarilan mulih | nora kacariyos |

--- 199 ---

unduripun Kurawa sakèhe | sampun mantuk mring Ngastina nagri | nahênta winarni | arya kalihipun ||

7. Dyan Kencakarupa miwah ari | nandhang gêng rudatos | awit Rajamala sapêjahe | ing pangônta-ôntaning panggalih | mring Bilawa maksih | paranirèng bêndu ||

8. kaya-kaya linaraga nuli | pinrêp pinrih layon | nanging radèn arya pangancame | mring Bilawa ing mangke katalip | de sruning wiyadi | mring brahmana wandu ||

9. nênggih Kandhiwrêhatnala nami | nalikane tumon | anèng ngalun-alun salampahe | têka bisa anênangi brangti | salamine lagi | punika nahên kung ||

10. saking dahat dènira prihatin | radèn têmah kepon | mungging tilam wus tan ana manèh | Wrêhatnala paraning panggalih | linilih tan lilih | ing tyas saya luluh ||

11. lalu lêlêngira wit kalingling | sasolahe katon | katon anèng têlênging tingale | tan owah wus têtêp mutêg mungging | tuntunging kang ati | tumanêm jêjantung ||

12. radèn arya ngêsah langkung sêdhih | ngadhuh gung salah ton | tan wus lamun pinurwèng tulise | dènnya nawung turida ring èstri | nahênta winarni | Rupakencaka nung ||

13. sampun lami pan dèrèng udani | yèn kang raka lamong | lênglêng marang Kandhiwratnalane | mung tinarka sungkawaning galih | pêjahe kang rayi | Rajamala wau ||

14. karsanira ing mangke ngaturi | mring raka supados | kewala mung mupusa pêpasthèn | susahira linipura dening | kasukan sakalir | êndi kang panuju ||

15. wus mangkana kang rayi marpêki | goning raka kono | nusul marang pakulinanane | samangkana kang raka wus panggih | mungging tilam sari | sarean [sarea...]

--- 200 ---

[...n] amujung ||

16. ingkang rayi marpêki alinggih | nèng sandhing paturon | nêmbah matur dhuh kangmas adene | ngêgungakên sungkawaning galih | kalajêng ayêkti | makatên pukulun ||

17. anênarik kadang warga pasthi | abela rudatos | lah punapa kangmas pakantuke | ing têtiyang damêl susah maring | santana myang abdi | prayogi linipun ||

18. ing kasukan suwawi kang pundi | panujuning batos | ari para sakarsa andhèrèk | ingkang raka kalane miyarsi | ature kang rayi | alon sauripun ||

19. yayi bênêr panarkanirèki | dinalih kat ingong | susah awit saking sapêjahe | Rajamala arinira yayi | ing samêngko yayi | wus manira pupus ||

20. ing pêpasthèn dene ingkang dadi | sungkawaning batos | satêmêne yayi tyas ngong kiye | kêna lara wiyoga ring èstri | kalane sun uning | wanodya lumaku ||

21. anèng têngah pakalangan yayi | ingiring wong loro | kang sawiji wus tuwa uwonge | lêmu cebol kapalang kang siji | agombak utawi | sêsikile impur ||

22. iku kongsi saparane yayi | kagagas kemawon | sarta manggung katon sasolahe | sajêg ingsun tumitah ngaurip | iya lagi iki | kêna sambang wuyung ||

23. ingsun miyat wanodya sabumi | sih lumrah kemawon | durung ana ingkang bisa kuwe | anggugaha brôngtasmara mami | ya lagi wong iki | bisa gawe gandrung ||

24. dene sawang-sawunge wong yayi | para iyan wadon | kaduk priya ing pasarirane | iku apa yayi kang murugi | gugah gênging brangti | kang rayi duk ngrungu ||

--- 201 ---

25. ingkang raka dènira nojari | gung rinaos-raos | ngemut-emut kang raka dhawuhe | dangu-dangu kemutan duk mungging | pakalangan lagi | nyapih karsanipun ||

26. ingkang raka dènnyarsa ngawaki | aprang lawan jago | Jagal Abilawa kono anèng | wadon liwat lan parpate kalih | duk emut anuli | jumbul sarwi matur ||

27. lêrês tuwan amba inggih uning | nging punika kados | tiyang ing kaputrèn pan abdine | putra tuwan priyôngga Ni Dèwi | Utari kang nami | Wrahatnala nêngguh ||

28. lah suwawi pinundhuta maring | putranta sang sinom | pasthi lamun dipun aturake | Dyan Kencakarupa duk miyarsi | ature kang rayi | kanthi sukanipun ||

57. Kinanthi

1. saking sare wungu gupuh | alon ngandika mring ari | yayi lamun mangkanaa | prayoga karyaa tulis | marang putranta sang rêtna | surasane yèn marêngi ||

2. abdine wadon sun pundhut | kênaa sun karya jampi | jampine wong larasmara | sawuse dadi kang tulis | nuli sira parentaha | wong wadon kang pantês mundhi ||

3. sêrat kang marang putramu | kang liningan awotsari | sandika sigra amentar | sawusnya dadi kang tulis | matah abdine wanodya | Sambita ingkang tinuding ||

4. amundhi nawala wau | Ni Sambita gya lumaris | malêbèng pura Wiratha | tan winarna anèng margi | gantya malih kawuwusa | caritane amangsuli ||

5. nalika sabibaripun | kalangan Bilawa nuli | binêkta Ki Wijakôngka | marang ing Katandhan mulih | ingiring Ki Wrêhatnala | sapraptanira ing panti ||

6. lêlungguhan mungging salu | Wijakôngka lingira ris | yayi mas Jagal Bilawa | tuhunên ingsun tuturi | mêngko aja lunga-lunga |

--- 202 ---

dipun jênak anèng panti ||

7. bangêt mêlange tyas ingsun | bokmanawa sira yayi | maksih dipun ônta-ônta | maring senapati kalih | Rahadèn Kencakarupa | lan Rupakencaka yayi ||

8. pikirên sapa wongipun | nora mrinaa ing galih | sadulure pinêjahan | nadyan karsane pribadi | gawe muga ngadu jalma | nanging ing bênêre yayi ||

9. iya adu-adu mau | nora tumêka ing lalis | mung sakalahe kewala | wasanèku têkèng pati | mulane panduganingwang | pangancame durung uwis ||

10. dene mêlange tyas ingsun | lamun jênêngira yayi | kapêthuk sanggèn-gènira | lan sira kabranang malih | muntap èngêt pangancamnya | nora wurung pindho kardi ||

11. apa nora gawe ewuh | yèn bêncèta mring sirèki | nora sira lawanana | jêr sira ing mamrih pati | upama sira manglawan | têmah dadi sèwu sisip ||

12. mula pamrayoganingsun | kewala jênêngirèki | sing panti ywa lunga-lunga | Jagal Bilawa mangsuli | iya apa prentahira | sayêkti ingsun turuti ||

13. Wijakôngka malih muwus | mring Wrêtnala hèh sirèki | uwis dangu praptanira | dene mau mèlu nyapih | umatur Ki Wrêhatnala | miwiti malah mêkasi ||

14. dènira lumakwèng tuduh | kang raka ngungun miyarsi | dènira sang sri bagawan | sadèrènge wus udani | sarta rumaksakanira | marang sakadangirèki ||

15. wasana andikanipun | Wrêhatnala iya uwis | rèh wus rampung karyanira | bêcike sira tumuli | malbua mring purantara | nyangkula karyamu malih ||

16. mênèk dipun ayun-ayun | lan gustimu sang suputri | kang liningan tan lênggana | wotsêkar mring raka kalih | amit karilan gya mêsat | lampahe datan winarni ||

--- 203 ---

17. sapraptanirèng kadhatun | kaputrèn jujugirèki | kagyat wau sang kusuma | praptanira Risang Kandhi- | wrêhatnala ngawe sigra | umajêng lênggah wotsari ||

18. sang putri andikanipun | suwe ingsun arsi-arsi | kang liningan aturi |[13] lêrês paduka sang putri | kang abdi milane lama | saking paranipun têbih ||

19. marma ing sarawuh ulun | ri sampunira tur pêksi | saliring rèh mlampah duta | tan dangu kèndêl ing panti | lajêng kewala mring pura | saking rumaos wus lami ||

20. botên lumados sakayun | nira sang sêkaring puri | sang rêtna mèsêm ngandika | hèh kêkasih ingsun nuli | karyamu sira candhaka | iku kang kumudasari ||

21. roncenên lan sêkar mênur | dhinapura surèngpati | yun ngong turakên kakang mas | katiga ing kadipatin | Wrêhatnala tan lênggana | ngastèng puspita inganggit ||

22. ya ta wau praptanipun | Ni Sambita mring kaputrin | kagyat sang kusumèng pura | nambrama he sira bibi | Sambita baya dinuta | marang kangjêng paman kalih ||

23. Ni Sambita nêmbah matur | inggih kawula tinuding | kang sêpuh paman paduka | kinèn ngaturakên tulis | katur tinampèn binuka | mangkana unining tulis ||

24. wusing pudya satatèngsun | marang sira nini putri | wiyose nini manawa | panuju rêna ing galih | abdimu Si Wrêhatnala | sun pinta utusên maring ||

25. wismèng ngong de pêrlunipun | lêlingsèna akêkirim | marmane iku sun pinta | kênaa sun karya jampi | karanèng sun brôngtasmara | kêna ing wiyoga kingkin ||

26. lawan Wêrhatnala mau | bangêt ing paminta mami | wus têlas pamaosira | sang rêtna gumujêng angling | hèh Ni Sambita

--- 204 ---

matura | ing jêng paman karsanèki ||

27. mêngko lamun uwis surup | kang pinundhut ingsun tuding | dadine nora kacuwan | kaya katêkan sakapti | Sambita mèsêm turira | dhuh lêrês paduka gusti ||

28. Ni Sambita nulya mundur | kawuwusa ingkang kari | risang kusumaning pura | dupi wus suruping rawi | ngandika mring Wrêhatnala | pêkênira ingsun tuding ||

29. marang padalêmanipun | paman Kencakarupèki | ngaturna kang buratwida | lawan dènira anganggit | surèngpati aturêna | kagêma wangkingannèki ||

30. mêne ana karsanipun | poma tumuruta bêcik | lamun karsane jêng paman | lan sira kalakon pasthi | agêdhe ganjaran ingwang | mung dèn bisa angladèni ||

31. kang liningan apikadung | ing pandugane wotsari | matur punika punapa | karsane kang paman gusti | dèrèng mangêrtos kawula | kang dados lajêring kingkin ||

58. Asmaradana

1. sang rêtna mêsèm nauri | nora susah ingsun pajar | mêngko sira wêruh dhewe | mara ta inggal mangkata | pasthi dèn arsa-arsa | Wrêhatnala nêmbah mundur | datan winarna ing marga ||

2. nahênta ing senapatin | Dyan Arya Kencakarupa | nuju lunggyèng pandhapane | saking sangêting wigêna | angga gagra kusika | anglong jiwa anglêlayung | wêwah manising wadana ||

3. dhasare satriya pêkik | nadyan sêpuh kang suwarna | pan durung ana liribe | sih kadya jaka kewala | dangu mangarsa-arsa | praptaning kang gawe wuyung | wit saking aturing putra ||

4. yèn wus suruping Hyang Rawi | dènira arsa anduta | nalika wau praptane | Risang Kandhiwrêhatnala | sing têbihan katingal | lan mandhi tadhahanipun | mèsi burat gôndawida ||

5. kumêpyuring tyas tan sipi |

--- 205 ---

Dyan Arya Kencakarupa | lir tinêbak mong tunane | gumyuring tyas sru arantas | saking lêganing driya | madêg sing dènira lungguh | ngawe sarwi angandika ||

6. majua kewala ngriki | dèn parêg lan lênggah ingwang | Wrêhatnala maju gupoh | lênggah cakêt matur nêmbah | gusti prapta kawula | dinuta sang kusumayu | ngaturakên buratwida ||

7. lawan roncèn sêkar gusti | kagêma mungging wangkingan | dyan arya mèsêm dêlinge | sarwi nyandhak astanira | Wrêhatnala kang kiwa | alon dènnya ngimur-imur | babo woding tyas turida ||

8. lah walèh-walèh punapi | sun sojari Wrêhatnala | wus lama manah ngong kiye | mring sira brôngta asmara | supe dhahar lan nendra | sun lipur-lipur tan lipur | mung sira kang kadriyana ||

9. rumasa sajagat iki | tan ana manèh wanodya | kang ingsun wulata tarlèn | Wrêhatnala amung sira | ing mêngko kayangapa | wus mangkene raganingsun | tan liya kasrah ing sira ||

10. ing sahagnyanira dadi | supadya dadya usada | ing asmara anggêr kowe | lumuntur sih wêlasira | iya mring jênêng ingwang | Wrêhatnala sun sêsuwun | mugi ambangun turuta ||

11. môngka pamurunging pati | Wrêhatnala aturira | dhuh gusti paran karsane | de salah cipta paduka | tiyang alit kawula | sayêktine botên patut | ngladosi karsa paduka ||

12. punapa ta kirang putri | putrèng nata tanah Jawa | kathah kang ayu warnane | ngungkulana warna amba | punika kang pantêsa | ngladosi karsa pukulun | dadose botên kuciwa ||

13. rajaputra rajaputri | sampun timbangan kewala | balik karsa tuwan mangke | kadêrêng brôngta asmara | marang sarira amba | kaloka ing jana

--- 206 ---

saru | dhuh gusti mugi èngêta ||

14. radyan arya nora kêni | ingaturan kang mangkana | malah nakêti wuwuse | iya têka bênêr sira | nging rasaning tyas ingwang | kang kaya wuwusku mau | wong sajagat iki baya ||

15. mung sira kang dadi pikir | gumrêgêd de Radèn Arya | Wrêtnala arsa pinondhong | duk sinambut kêbatira | oncat lajêng lumajar | sapuruge tinut pungkur | rirêmih samarga-marga ||

16. ing manuharèng mêmanis | Wrêhatnala wus tan kêna | malah mèsêm ing jro tyase | iki mêngko paranbaya | lêlakon kadadyannya | dene tumbuk padha kakung | kawasesa ing asmara ||

17. yèn kawênangana ugi | gawe beka pindho papa | bêcik sun oncati bae | lampahira Wrêhatnala | wus nora tolèh wuntat | wondene kang atut pungkur | ing ciptanira mangkana ||

18. marang ngêndia dèn ungsir | ngungsia lak-lakan naga | môngsa gingganga panglute | tan pêgat dènnya ngrêrêpa | miluta mrih luntura | ambangun turuta kayun | mangkana lampahe prapta ||

19. Katandhan lagya angancik | satêngahing pêpasaran | nalimpêt nikang-nikunge | radyan arya katilapan | mangu-mangu mangarang | nging rèh puwara kadurus | kadrawasaning gung rimang ||

20. ri mangkana siking galih | nêdya malêbèng Katandhan | ngupa patanyan yèn olèh | kawuwusa Wrêhatnala | dupi wus katilapan | kondur mring Katandhanipun | kapanggih raka kalihnya ||

21. nuju lêlênggahan mungging | têngahing wisma pêngkêran | akagyat mulat praptane | kang rayi kadhêpêg ngarsa | dêlinge Wijakôngka | adene sira kang rawuh | surup-surup ana apa ||

22. ingkang rayi

--- 207 ---

awotsari | matur rèh purwa wasana | angungun kang raka karo | rinasa nora sakeca | sêndhu andikanira | Wrêhatnala sira iku | misani kadangmu padha ||

23. kaya nora duwe budi | ana nalar kang mangkana | têka dadak mulih mrene | mêngko kalamun praptaa | Arya Kencakarupa | andangua prakarèku | iya marang jênêng ingwang ||

24. kapriye wangsulan mami | lawan kaping kalihira | wêruha kakangmu kuwe | muntap manèh dukanira | tan wurung gawe beka | lah paran kono budimu | mupung durung kalajênga ||

25. dyan arya tumêkèng ngriki | nauri Jagal Bilawa | payo dhêlik bae Jlamprong | mupung durung kawênangan | kang rayi tur sandika | sakalihan lajêng mundur | mêdal kori bêbutulan ||

26. sêdyane mring pasar malih | duk lagi mêngkêr katungka | Kencakarupa praptane | jujug gène Wijakôngka | kagyat sru dharakalan | noraga matur wotsantun | sèwu bagya kamayangan ||

27. abdi paduka ing ngriki | sasat katamuan dewa | suwawi lênggaha Radèn | Kencakarupa ngandika | bangêt ingsun tarima | Wijakôngka pambagemu | praptèng sun nèng wismanira ||

28. arsa têtanya yèn uning | bêburon laron manira | gajêg parane marene | Wijakôngka aturira | dangune kula lênggah | tan wontên sawijinipun | kidang manjangan kang prapta ||

29. dyan arya gumuyu angling | pan dudu kidang manjangan | mau ing bêburon ingong | wong wadon saking jro pura | ran Kandhiwrêhatnala | Wijakôngka apingungun | rahadèn bilih punika ||

30. inggih têmênipun mriki | ananging lagi kewala | mêdal kori butulane | lajêng kilap purugnya |[14] manawi dhatêng pasar | dyan arya lêga ing kalbu | mèsêm-mèsêm andikanya ||

31. ya bangêt panrima mami | Wijakôngka [Wija...]

--- 208 ---

[...kôngka] tuduhira | wus karia lunggyèng kono | ingsun jujule priyôngga | Wijakôngka sumôngga | dyan arya kalepat wangsul | marang pêkên sêdyanira ||

32. tinapis dènnya ngulati | bango-bango ingungakan | mangkana Wratnala tumon | yèn maksih dipun upaya | nlimpêt madosi raka | Bilawa singidanipun | wontên ngandhaping karoya ||

33. mangkana sampun kapanggih | mênggèh-mênggèh ambêgannya | Bilawa sêndhu wuwuse | he kêparat Wrahatnala | têka marene sira | sasat sira dadi canguk | môngsa wurunga dyan arya ||

34. pangupane têkèng ngriki | kayapa wruha manira | amasthi muntap dukane | Wrêhatnala aturira | inggih lêrês paduka | makatên ugi pukulun | pami kula kacandhaka ||

35. botên ngladosi sakapti | dukane kadawa-dawa | mring pun kakang botên wande | katut kabaranang duka | saya botên sakeca | tumuruta ing sakayun | kadospundi rèh kawula ||

36. jêr punika priya sami | kawênangana yèn priya | môngsa wandeya kature | dhatêng jêng sri naranata | saya kados punapa | lakon punika pukulun | Bilawa kalane myarsa ||

37. anggêrêng kalangkung sêdhih | têbah jaja wuwusira | hèh inggal minggata bae | lamun mêngko marenea | iya tinimbang-timbang | êndi kang bênêre laku | iku bae linaksanan ||

38. Wrêhatnala mundur aris | malih nalimpêt umpêtan | ya ta katungka praptane | Dyan Arya Kencakarupa | praptèng ngandhap karoya | andhêdhêp ana kadulu | kadya janggêrênging janma ||

39. anulya dipun parpêki | duk pêrak alon têtanya | hèh sujanma sapa kowe | lan apa sumurup sira | wanodya kang umpêtan | anèng têngah

--- 209 ---

pasar mau | kang tinanya saurira ||

40. êmbuh ingsun tan udani | kagyat Dyan Kencakarupa | dene kinoko têmbunge | malih alon atêtanya | sirèku wong punapa | kang tinanya sauripun | wêngise arsa andurma ||

59. Durma

1. ingsun iki gandarwo tunggu karoya | aja kosêngguh janmi | Dyan Kencakarupa | malih sru andikanya | jawane gandarwo wringin | atunggu pasar | pasthi wêruh sirèki ||

2. ing wong wadon kang umpêtan anèng pasar | Bilawa anauri | êmbuh sun tan ninga | inggal sira lungaa | aja kasuwèn cariwis | nèng ngarsaningwang | mêngko dakjêmpalani ||

3. radèn arya lir sinêbit talingannya | miyarsa sabda wêngis | nulya ingoboran | ingkang pindha gandarwa | cêtha kalamun anênggih | Jagal Bilawa | ngaku gandarwèng wringin ||

4. saya muntap bangun linalining nala | èngêt pêjahing ari | lan pangônta-ônta- | nira mangke kalakyan | padha ijèna kapanggih | rahadèn arya | sigra angrukêt wani ||

5. dyan ginoco Bilawa endha manêbak | mupak mangrampak wani | anglut saparannya | rame rok liru boja | acêngkah jênggit-jinênggit | dugang-dinugang | gêlut banting-binanting ||

6. pulêt pêluk apêlak têpak-tinêpak | dhupak-dhinupak gênti | kuwêl kêkuwêlan | parêng uwal kalihnya | dyan arya nêmpal pang wringin | agêng kinarya | palu-palu kumitir ||

7. Sang Bilawa wau nimbangi nyêmpal pang | pinusthi asta kalih | kumitir kinarya | palu pelag pinolah | lir likasan mubêng mungging | asta mangkana | dyan arya sru anggitik ||

8. sarosanya tinangkis palune timpal | sêmpal aboncah-bancih | kumrutug ronira | rantas dadya sêsarah | balasah klika kang cuwil |

--- 210 ---

palu suh brastha | sigra kang yuda kalih ||

9. parêng daut ing wrêksa turusing pasar | karya palu paluntir | pur pupuk kewala | nora dadi bêbaya | kêmuritên kang ajurit | andaut sela | sadipôngga gêngnèki ||

10. kalihira parêng nguculkên bêbalang | têmpuh madyaning jurit | pagute kang sela | jumêglug swaranira | kadya guntur gêgêtêri | kagyat kang cêlak | wong kiwa têngênnèki ||

11. sami miris ngungsi lumayu sasaran | atilar bale panti | bango-bango pasar | kambah ramening pêrang | ambalasah bosah-basih | rêbah katêrak | dènnya rok rêbut pati ||

12. wau Wasi Tôndha Wijakôngka mulat | ingkang ayuda kalih | nora kasamaran | nyapiha nora bisa | budine tarlèn tur uning | sri naranata | pedahe aywa sisip ||

13. ya ta wau palayune Wijakôngka | prapta sajroning puri | wus matur pratela | purwa madya wasana | sang nata gugup ing galih | putra katiga | ngandikan sampun prapti ||

14. nulya dhinawuhan dèn bangkit nyapiha | marang kang andon jurit | Seta sakadangnya | nêmbah matur sandika | kampir mring kasenapatin | gène kang paman | kang mudha dèn aturi ||

15. akarsaa ngrencangi panyapihira | Rupakenca agipih | gugup palajêngnya | marga datan winarna | kawuwusa kang ajurit | sêdhêng bênturan | ing sela gêng saèsthi ||

16. durung ana kaledhon panangkisira | sabên pur pupuk mungging | madyaning ranangga | têmpuhe kanang sela | lir guntur anggêgêtêri | dadya galêpang | sela gêng-agêng basmi ||

17. saya riwut kêkalih ingkang ayuda | têlas gêlaring jurit | sami mrih upaya | ungguling rananggana | dan gapyuk arukêt [a...]

--- 211 ---

[...rukêt] malih | pulêt gêlutan | gêgêt banting-binanting ||

18. abêbintèn babit-binabit anêbak | mupak piling-mapiling | myang pêlak-pinêlak | pêluk ulêt-ulêtan | mêlindêr puntir-pinuntir | midêr idêran | dêdêr asilih ungkih ||

19. kukuh cêngkah-cinêngkah pokah-pinokah | kalamun uwal kalih | ajangkah-jinangkah | gantya jêngkang-jinêngkang | Kencakarupa sor titih | karosanira | sabên kêna pinêndir ||

20. yèn pinêluk kêrêp kewala kalênggak | yèn dêdêr krêp kapontit | yèn dêdugangana | kêrêp kaledhon kêna | dinugang tiba kabanting | rikat wungunya | rumangsang ngrangsang wani ||

21. duk samana sêdhênge jêngkang-jinêngkang | Kencakarupa kêni | jinêngkangkên tiba | ana tigang panjangkah | tiba kalênggak atangi | arsa rumangsang | kasêlak Bima prapti ||

22. gya ingoncit-oncitakên sru linarak | jaja dipun jotosi | wêwadhuke ika | sinudhèt pôncanaka | barodhol ususe mijil | jêjaringannya | mêdal sinuwir-suwir ||

23. kapisanan Kencakarupa palastra | padharan nguwir-uwir | wau praptanira | Radèn Rupakencaka | Seta Utara myang ari | Radèn Wratsôngka | myang Wijakôngka wuri ||

24. duk umiyat radèn arya wus palastra | arsa dipun jêjuwing | Tôndha Wijakôngka | lumarag arinira | sarwi angandika aris | babo Bilawa | uwis kèndêla yayi ||

25. aja bangêt-bangêt gonmu mulasara | marang gustinirèki | Sang Jagal Bilawa | uninga ingkang raka | sakalangkung dènirajrih | nulya lumajar | lawan nalimpêt dhêlik ||

26. ya ta wau Dyan Arya Rupakencaka |

--- 212 ---

uning kang raka lalis | gupuh pinlajêngan | sumungkêm sukunira | sru kalara-lara nangis | sêsambatira | lir wadon ngusap wèni ||

60. Sinom

1. akathah sêsambatira | lan kang karaos ing galih | rumasa kalunglun lola | tinilar kadange kalih | tinon amêlasasih | rahadèn putra katêlu | sami bela karuna | marêki gène kang lalis | dadya radèn kapat sami têtangisan ||

2. wus misuwur wong sapraja | pêjahe sang senapati | Dyan Arya Kencakarupa | dening Bilawa ajurit | kocapa sri bupati | Matswapati duk karungu | kang ipe pêjahira | nèng Katandhan sri bupati | langkung gugup têdhak nora mawa wadya ||

3. amung para tuwanggana | kang miring sri narapati | ginêlak lampahe prapta | ing Katandhan wus kapanggih | miyat ingkang alalis | kalangkung pangungunipun | miwah myarsa tangisnya | kang rayi myang putra katri | ngêrês ing tyas kasok wêlas ing sihira ||

4. mring Radèn Rupakencaka | durung wus dènira nangis | sêsambate ngaru-ara | kadyangganirèng pawèstri | manggung nênêtah maring | raka ingkang sampun surut | dènira kamokalan | karsane dipun lakoni | katêmahanira mati siya-siya ||

5. kaèsi-èsi ing janma | tan bisa mati utami | utamane senapatya | mati madyaning ajurit | mungsuh samining aji | balik punika amungsuh | janma papa asudra | patine kaèsi-èsi | siya-siya saru kalokaning jana ||

6. datan wus sêsambatira | wau sang nata miyarsi | langkung ngêrês ing wardaya | dadya lon dènnya mêrpêki | lunggwèng wurining ari | alon pangandikanipun | yayi Rupakencaka |[15]

--- 213 ---

sarèhêna tyasirèki | dene patinira rakanta punika ||

7. yayi pupusên kewala | pandoning dewa wus pasthi | môngsa bisa nyinggahana | ngatasing titah puniki | amung darma nglakoni | ala ayuning tumuwuh | wus pinanci priyôngga | yèn sira têtaha ugi | dadi luput apa sira tan rumasa ||

8. yayi lamun dadi titah | apa manèh sira pikir | aluhung sira manaha | panuturing pati yayi | dimèn rakanirèki | tumuli sampurnanipun | kagyat ingkang liningan | anolèh dhêku wotsari | tanpa matur amung luhe marawayan ||

9. sang nata malih ngandika | paran karsanira yayi | ingwang kene rakanira | apa ta sira kukupi | binêkta marang puri | gampil ing panuturipun | Arya Rupakencaka | sarwi wotsêkar turnèki | kajawine ing karsa jêng sri narendra ||

10. layonipun rayi tuwan | punika bilih suwawi | sinampurnakakên uga | kewala wontên ing ngriki | pedahipun sang aji | daging miwah darahipun | ingkang sampun dhumawah | nèng siti Katandhan riki | sagêt purna waluya sami sakala ||

11. sang nata nauri sabda | wus prayoga iku yayi | mungguh karsa pêkênira | mara sampurnakna nuli | Rupakencaka aglis | sakala kèndêl manungku | pudya mring dewanira | minta panuturing pati | katarima ing dewa panuwunira ||

12. kumêbul mijil dahana | saking jaja gêng nglangkungi | brama murup marap-marap | kang seda sampun kabasmi | brama saya gêng dadi | urube yayah sumundhul | ing akasa kasalat | sumilak ing kanan kering | kapajaran dening urubing dahana ||

13. Dyan Arya Rupakencaka | durung wus dènnya sêmadi | kang pininta jroning

--- 214 ---

cipta | kang raka bangkita nunggil | lan dewa nèng swargadi | ya ta wau kang winuwus | sira Jagal Bilawa | têrang pandulune uning | marang sira Dyan Arya Rupakencaka ||

14. rèhning kêmbar kang suwarna | lawan raka kang wus lalis | dene liya-liyanira | Bilawa datan udani | kalingan dening agni | mung Rupakencaka iku | ingkang katingal ngegla | kèndêle lagya sêmadi | pan mangkana ciptane Jagal Bilawa ||

15. ebêlis dene punika | têka bisa urip maning | satuhu lamun santika | ing sakadangira ugi | wus mati bisa urip | kalamun awèta iku | gêsang anèng Wiratha | môngsa uwisa mring mami | ing pangônta-ônta mamrih patiningwang ||

16. sigra Sang Jagal Bilawa | gupuh dènira marpêki | ingkang sêmadi cinandhak | cinêgurakên ing gêni | dadya ingkang sêmadi | bela sedane katunu | dening Jagal Bilawa | ya ta kang kalêbèng gêni | nora ngaping kalih karya muksanira ||

17. wantuning trahing awirya | kang gara-gara dhatêngi | gêtêr patêr sabuwana | goyang jagate lir miring | bumi agonjang-ganjing | samodra rob ambalabur | sakala riris manda | dewa ngudankên wêwangi | samangkana sri narendra ing Wiratha ||

18. miwah kang putra katiga | sarta Wijakôngka tuwin | para abdi tuwanggana | têtela pandulunèki | solahira Sang Wasi | Bilawa dènnya durung wus | nêmaha kalêpatan | dene Rupakencakèki | tanpa dosa mati binelakkên raka ||

19. cinêgurakên dahana | sang nata kalangkung runtik | mangkana andikanira | he kêkasih ingsun Wasi | Wijakôngka sirèki | sayêkti priyôngga wêruh | solahe kadangira | Si Jagal Bilawa nênggih | amêmati ing wong ingkang tanpa dosa ||

20. layak bae lamun arya | Kencakarupa [Ke...]

--- 215 ---

[...ncakarupa] puniki | pinatenan ujêr ika | sikara amamrih pati | balik mau si yayi | Rupakencaka puniku | jêr nora duwe dosa | gêdhene ngucik prakawis | ing patine sadulure karo pisan ||

21. lamun nora sun têtêpna | ing tindake rajaniti | gawe bêncorahing praja | mêmêtêngi ratu adil | hèh Wijakôngka aglis | cêkêlên kadangirèku | Ki Tôndha Wijakôngka | gumêtêr kalangkung ajrih | mung Ki Jagal Bilawa paraning duka ||

22. kang rayi wus pinaranan | ngandika dèn age yayi | jênêngira tinimbalan | dening kangjêng sri bupati | laku kèrita mami | Jagal Bilawa umanggut | kèrit datan lênggana | sapraptanira ngarsaji | Tôndha Wijakôngka wotsêkar turira ||

23. gusti punika sumôngga | abdinta Bilawa Wasi | jêr punika wong dêdosan | sakarsa tuwan ngadili | midana mamrih pati | mapan sampun bunuhipun | Sri Narendra Wiratha | sira dangua kariyin | kayaparan panêmune arinira ||

24. mêmati wong tanpa dosa | Wijakôngka lingirèki | hèh yayi Jagal Bilawa | kapriye prasanirèki | dene sira matèni | Arya Rupakencakèku | mapan tan duwe dosa | mring sira agênge ngucik | ing prakara patine kadange samya ||

25. têka wani-wani sira | dyan arya sira patèni | sira cêgurkên dahana | Wasi Bilawa nauri | mêngko rungokna dhingin | mula wani-wani ingsun | nyêgurakên dahana | mring Dyan Rupakencakèki | iku mau sun sêngguh Kencakarupa ||

26. kang wus mati ing ayuda | ingsun sidhêp urip malih | ujêr sakadange uga | padha santika ing jurit | mênèk kaya ing nguni | Rajamala sabên lampus | bisa malih agêsang | dadi ing panarka mami | gêsang malih Dyan Arya Kencakarupa ||

27. mung iku panarkaningwang | uwis mati urip malih | dadi osike

--- 216 ---

tyas ingwang | yèn iku awèta urip | anèng Wiratha ngriki | sayêktine nora uwus | gone angônta-ônta | maringsun amamrih pati | ing wasana kalèru Rupakencaka ||

28. kang ana pinggir dahana | iku nyata luput mami | mêmati wong tanpa dosa | wondene mêngko wak mami | kêna pidanèng adil | wus bunuhe kukum lampus | iya môngsa selaka | wau sagunge kang myarsi | sami ngungun titika kadya punika ||

29. kaya wus pandoning dewa | patine sang arya kalih | dumadak Jagal Bilawa | mangkono pangrasanèki | dadya nglênggêr sang aji | sih ewuhaya ing tanduk | tindaking pangadilan | linulur nalare ugi | durung pantês Bilawa manggih pidana ||

30. durung kongsi pinutusan | prakaranira Ki Wasi | Jagal Bilawa samana | kasaru wau kang prapti | Sang Hyang Naradha tuwin | Bathara Yama tut pungkur | anjog ing ngarsa nata | sarwi suka asêsanti | sarta muwus manadukarèng narendra ||

31. hèh yoganing ulun padha | dèn lastarimbêg basuki | aja padudon ing karsa | wruhanta ing prapta mami | kaki prabu sayêkti | ingsun angêmbani wuwus | sira Hyang Jagatnata | kinèn mutusi prakawis | karanane kabèh padha kawêdhêngan ||

32. nora mulur nalarira | kalingan wite nalingsir | dhawuhe Hyang Giri Raja | kang kagawa jênêng mami | mungguh dosane Wasi | Bilawa punika antuk | pangapuraning dewa | wite rumasa yèn sisip | iku tata laire murih sarkara ||

61. Dhandhanggula

1. ing batine uga nora dadi | para dosanira Si Bilawa | dènira nêmah patine | arya kêkalih mau | kamulane mangkono kaki | awit Kencakarupa | Rupakencakèku | gone ngadu-adu janma | sakawite marsudi patinirèki | Bilawa sakadangnya ||

2. rèhning Bilawa sakadangnèki |

--- 217 ---

nora duwe cipta kang druhaka | katêmah kosok wangsule | si arya karo mau | tan tumêka karsanirèki | malah ing dhèwèkira | anêmahi lampus | ing sakadangira uga | dening Jagal Bilawa kang kaping kalih | uwis pasthining dewa ||

3. ing patine ipenira katri | dadi mêngko kaki nora kêna | sira amidana kuwe | Bilawa dosanipun | apuranên iku pan wajib | sinungên kasênêngan | ing sapantêsipun | lawan sun jatèni sira | Wijakôngka sakadange iku sami | kêkasihirèng dewa ||

4. lah wus samono bae ta kaki | ingsun cupêt carita manira | poma dipun bisa bae | dèn tartip pamomongmu | lah wus kaki sun arsa mulih | nulya Sang Hyang Naradha | lan Hyang Yama wau | sakalihan parêng muksa | ingkang kari langkung lêngganing[16] panggalih | dènira pinajaran ||

5. dening sira Hyang Kanekasiwi | rahyunipun dèrèng pinutusan | andhawahakên kukume | Bilawa dosanipun | kukum pêjah ingkang upami | sampun dhinawuhêna | katlajukan tamtu | sapira dhêndhaning dewa | tôndha maksih rinêksa Hyang Pramusidi | sang nata langkung suka ||

6. sigra dhawuh kondur marang puri | Tôndha Wijakôngka sakadangnya | pan sami kinèn andhèrèk | ing marga tan winuwus | sapraptane ing kênyapuri | Sang Prabu Matswapatya | animbali gupuh | Rêkyana Patih Nirbita | miwah para punggawa mituwa sami | Rêsi Sewasogata ||

7. wusnya sangkêp jêng sri narapati | lênggah munggwèng ngarsèng prabayasa | siniwèng mantrimukane | pra pratiwa misêpuh | miwah sagung brahmana rêsi | mangkana sri narendra | pangandikanipun | hèh patih sakancanira | marma padha sun timbali ngarsa mami | sun pundhut pikirira ||

8. wit mogane yayi arya nguni | ngadu-adu janma kang minôngka | jago Rajamala kuwe | sarta anuwun mungsuh | iya marang ing jênêng mami | iku apa ta nora | balilu pakewuh | gawe klilipe nagara | mêngko têmah sirna saking abdi mami | iya Jagal Bilawa ||

9. anadene [ana...]

--- 218 ---

[...dene] patine si yayi | Rupakencaka wong tanpa dosa | pantês dèn ulur nalare | nalikane ngong urus | Hyang Kanekaputra nêdhaki | ngêmban timbalanira | paduka Hyang Guru | patine Rupakencaka | nora dadi para dosane Si Wasi | Bilawa karanannya ||

10. mungguh patinira arya katri | awit kênèng kukum wêwalêsan | yayi katiga jatine | cipta arsa mrih lampus | Wijakôngka sakadangnèki | saking karsane dewa | iku kosok wangsul | karsane nora katêkan | katêmahan sakadange padha mati | dening Jagal Bilawa ||

11. kang mangkono mau iya saking | ing panimbang manira paranta | Wijakôngka sakadange | tampi ganjaran ingsun | pêpantêse apa hèh patih | padha timbangên uga | ki patih umatur | taksih pakèwêt punika | pêpantêse atampi ganjaran aji | nanging mênggah kawula ||

12. yèn tampia ganjaran kang warni | arta miwah kang astra busana | dèrèng timbang lan karyane | karantêne pukulun | pun Bilawa gone nglampahi | karya jêng sri narendra | mêng-amêngan umur | pantês ginanjara pangkat | kadospundi prikônca andika pikir | kula nêdha timbangan ||

13. pra punggawa misêpuh nauri | inggih pantês kewala punika | amung pangkat ganjarane | samana wus sabyantu | ing ature punggawa patih | anulya Rêsi Gana | sumaruna matur | saking panimbang kawula | nadyan tampi ganjaran pangkat ananging | prayoga dinangua ||

14. sarasilahira kang rumiyin | lamun darahirèng mahiswara | linêwihakên pangkate | saking kartiyasèku | lamun tuhu darahing alit | pinapantês kewala | sang prabu umanggut | mara kono timbalana | Wijakôngka sakadang ibunirèki | kèrita ngarsaningwang ||

15. samana wus tinimbalan prapti | Wijakôngka sakadange uga | Endhang Arini ibune | sang prabu wuwusipun | sira bae Endhang Arini | sun dangu dèn pasaja | têmêne sutamu | sapa ta ingkang ayoga | Endhang Rini umatur saha wotsari |

--- 219 ---

dhuh gusti ila-ila ||

16. punapa kang amba têmah gusti | yèn kumbia dinangu sang nata | suta kawula têmêne | putrane Prabu Pandhu- | dewanata Ngastina Aji | lagya samantên turnya | sang aprabu gupuh | umadêg saking lênggahnya | Wijakôngka rinangkul kinêmpit-kêmpit | dhuh babo siwayèngwang ||

17. dene sira kaki wus kawarti | sirna duk bale sagala-gala | sokur sira timbul manèh | wau sang mantri ngayun | parêmbean tumut marani | rinangkul Wijakôngka | tinangisan asru | dadya kang sami sumewa | kasok tyase sadaya abela tangis | sri narendra ngandika ||

18. lah wis padha kèndêla rumiyin | kabèh aja padha kaya bocah | dimène ditutugake | kang mau aturipun | Wijakôngka timbule malih | anulya awotsêkar | Wijakôngka matur | ing purwa madya wasana | sampun katur wite suwitèng narpati | wêlinge Antaboga ||

19. sri narendra kalane miyarsi | langkung ngêrês ing driya karantan | mring Pandhawa kasok sihe | wasana wuwusipun | kaki dadi ingsun balèni | lêlakone arinta | Si Bilawa mau | matèni eyange tiga | karane Si Kencakarupa utawi | Arya Rupakencaka ||

20. Rajamala iku kadangnèki | Sri Bagawan Byasa ing Saptarga | amung seje ibu bae | Kencakarupa mau | lawan Rupakencaka tuwin | eyangmu pramèswara | katri tunggil ibu | sing putri Kencakapura | Dyah Kekayi atmaja Kekaya Aji | natèng Kencakapura ||

21. dene Rajamala ibunèki | Dyah Watari atmajèng Pandhita | Maharsindradewa rane | wondene ibunipun | eyangira Byasa Sang Rêsi | iku kadang ngong tuwa | tunggil yayah ibu | Gôndawati aranira | Wijakôngka sakadange duk miyarsi | langkung pangungunira ||

22. dene ingkang rayi amatèni | katri pisan eyange priyôngga | punika dadi ngungune | ngandika malih prabu | hèh Nirbita samêngko iki | putranira Pandhawa |

--- 220 ---

saking karsaningsun | upamane lare mular | sun nêng-nêngi margane sirêp kang tangis | Kyana Patih Nirbita ||

23. ananggapi ing karsa narpati | dhêku nêmbah alon aturira | kaluhuran ing karsane | langkung umiring ulun | yèn suwawi karsa narpati | wanamarta kewala | punika pukulun | kinarya ngênêng-nêngana | wayah tuwan Pandhawa dimène sami | ababat wanamarta ||

24. sri narendra kapanujwèng galih | angandika sira wayah ingwang | Wijakôngka ing samangke | pêkênira sun tuduh | bêbadhea nagara kaki | madyaning wanamarta | gawenên kadhatun | sapira beyane uga | sun paringi poma kaki dipun bangkit | sira badhèni praja ||

25. lamun uwis paripurna benjing | asarupa rekaning puraya | sira balia marene | pan ana karsaningsun | ngong wisudha madêgmu aji | Ki Tôndha Wijakôngka | sakalangkung nuwun | ing sih parimarma nata | sri narendra malih angandika aris | mungguh praja Ngastina ||

26. mêngko aja sira pikir dhingin | prêlu sira kaki amikira | gonira bêbadhe kuwe | sarta benjang kalamun | wus kalakon madêg narpati | ing kono kaki lagya | sêdhênge sirèku | amikir praja Ngastina | aja mêlang ingsun kajibah bantoni | gonmu rêbat nagara ||

27. Wijakôngka wotsêkar turnèki | nêdya amituhu karsa nata | pinundhi ing sadhawuhe | mangkana wusing rêmbug | gya karilan bubaran sami | umantuk sowang-sowang | wau kang winuwus | Wasi Tôndha Wijakôngka | sakadange mantuk mring Katandhan sami | eca alêlênggahan ||

28. Wijakôngka angandika aris | yayi iki prayoganing lampah | angaturana priksane | iya marang Martawu | ingkang dhingin ngaturi uning | sedane kangjêng eyang | katri pisan mau | dening yayi mas Bilawa | kapindhone angaturana udani | yayi kalamun ingwang ||

29. awit saking [sa...]

--- 221 ---

[...king] karsane sang aji | kinèn babat madyèng wanamarta | bêbadhèni karatone | kang iku atur ingsun | ing sedane jêng eyang katri | apa tan dadi dosa | myang kaparêngipun | jêng eyang gon ingsun mangkat | marang wanamarta ing môngsa punapi | yayi apa sêmbada ||

30. ingkang rayi kapat awotsari | nêmbadani karsane kang raka | ingkang ibu apadene | ngayubagya ing kayun | Wijakôngka dêlinge malih | yogyane kang lumampah | marang ing Martawuy[17] | kewala Si Wrêhatnala | kang liningan sandika wusnya winêling | wêling anulya pangkat ||

31. pan ingiring parpatira kalih | Kyai Lurah Sêmar saha putra | Lurah Bagong ing lampahe | mangkana pan sinêru | kunêng ingkang anggêlak laris | mangsuli caritanya | Wijakôngka wau | sakadange pinondhongan | mring Ki Patih Nirbita kinèn manganti | asmarèng kapatihan ||

32. titi têlas panitraning tulis | mung samantên dènira mangarang | kang sêrat criyos purwane | anuju dintênipun | Soma wulan Sawal marêngi | tanggale kang pinetang | pan kaping nêmlikur | ing warsa Be kang lumampah | sangkalane tinêngran sirnaning tasik | mangèsthia satunggal ||[18]

--- [0] ---

...

--- [0] ---

...

--- [0] ---

...

Catatan kaki:

1. karyanira. (kembali)
karyanira.
2. manahên. (kembali)
manahên.
3. môngsa. (kembali)
môngsa.
4. kenging. (kembali)
kenging.
5. langkung. (kembali)
langkung.
6. sadasa. (kembali)
sadasa.
7. myang. (kembali)
myang.
8. tuding. (kembali)
tuding.
9. waspada. (kembali)
waspada.
10. mêgap-mêgap. (kembali)
mêgap-mêgap.
11. ngriki. (kembali)
ngriki.
12. plajêngipun. (kembali)
plajêngipun.
13. Kurang satu suku kata: kang liningan aturira. (kembali)
Kurang satu suku kata: kang liningan aturira.
14. Kurang satu suku kata: lajêng kilap ing purugnya. (kembali)
Kurang satu suku kata: lajêng kilap ing purugnya.
15. Halaman asli 203 dan seterusnya, dan langsung diurutkan menjadi 213 dan seterusnya. (kembali)
Halaman asli 203 dan seterusnya, dan langsung diurutkan menjadi 213 dan seterusnya.
16. lêganing. (kembali)
lêganing.
17. Martawu. (kembali)
Martawu.
18. Sengkalan: sirnaning tasik mangèsthia satunggal (Soma, 26 Sawal 1840 A.J., Senin, 31 Oktober 1910 A.D.). (kembali)
Sengkalan: sirnaning tasik mangèsthia satunggal (Soma, 26 Sawal 1840 A.J., Senin, 31 Oktober 1910 A.D.).