Kalimataya, Anonim, 1904, #1533 (Hlm. 305–541)

Judul
Sambungan
1. Kalimataya, Anonim, 1904, #1533 (Hlm. 001–152). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
2. Kalimataya, Anonim, 1904, #1533 (Hlm. 152–305). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
3. Kalimataya, Anonim, 1904, #1533 (Hlm. 305–541). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
4. Kalimataya, Anonim, 1904, #1533 (Hlm. 541–582). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
Citra
Terakhir diubah: 14-07-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

31. Asmaradana

1. Bathara Krêsna |[1] ing samêngko kang turăngga | apa ta magsih mangkono | dènnya têtulung mring jalma | kang dinangu tur sêmbah | pan inggih

--- 306 ---

mêgsih pukulun | agung aparing kamulyan ||

2. kang dhatêng sêdaya gili | malah sinêbut pangeran | margi kathah nugrahane | sangking pun pandhita kuda | Sri Krêsna angandika | wruhanta kêkasih ingsun | iku kaliru paningal ||

3. nora wujut kuda yêgti | ingkang sinêbut pangeran | dene kang aran tuhune | ya dewa iya bathara | kang nitah marang sira | iku yêgtine sinêbut | ingkang pantês sira sêmbah ||

4. nanging iku tan asisip | pira dayane wong desa | sayêgti cupêt kawruhe | ilang ing pangandêlira | kang padha tanpa ngrasa | idhêpe amung kang asung | kanugrahane sakala ||

5. pun Anggira matur aris | dhuh pukulun batharèngwang | mugi-mugi Maha Katong | pun dasih anuwun [anu...]

--- 307 ---

[...wun] têdah | dununging kasampurnan | rèhne kawula pukulun | lalu kataman kasmala ||

6. panduka sri narapati | paringa marganing pêjah | dhatêng kawula samangke | sampun kadawèng ing lara | suka nuntên pêjaha | tan kuwawi sakit ulun | Bathara Krêsna ngandika ||

7. wruhanta Anggira mangkin | iya ing samêngko sira | durung praptèng antakane | mêgsih lami anèng donya | nanging aywa sandea | iya sun paringi surub | marang ing sampunanira ||[2]

8. Anggira matur wotsari | sarwa amaca udrasa | dhuh pukulun dewaningong | paran lamun makatêna | pun dasih tan kuwawa | nandhang sêsakit kêlangkung | sri bathara angandika ||

9. narimoa ing dewadi | sira mung kinèn ngantia |

--- 308 ---

mangsanira ing kapatèn | jêr samêngko durung măngsa | lawan sira sun ganjar | sawarga kang luwih agung | pun Anggira nuwun nêmbah ||

10. sarwi amatur wotsari | langkung panuwun kawula | inggih mugi maha katong | jêng panduka paring swarga | kang tanpa kira-kira | Sri Yudhisthira lingnya rum | hèh Anggira ingsun ganjar ||

11. tilam sajroning swargadi | kang luwih saking utama | lawan saisi-isine | pun Anggira nuwun nêmbah | Sang Parta angandika | hèh Anggira ingsun asung | pêpadhange swarganira ||

12. kang sinungan awotsari | Prabu Nangkula Sadewa | alon ing pangandikane | hèh Anggira ingsun ganjar | lêlanggênging suwarga | pun Anggira dhêngku nuwun | sira Arya Bratasena ||

--- 309 ---

13. lajêng dènira alinggih | marpêgi Kyai Anggira | Wrêkudara ngandikane | hèh kaki sun iya ganjar | marang sampurnanira | dene ta pawèwèh ingsun | dudu donya dudu swarga ||

14. amung basaningsun kêdhik | poma dèn bisa atămpa | hèh wus mènglènga dèn age | karnanira ingkang kiwa | sigra majêng sang arya | pun Anggira mènglèng sampun | karnanira tinungkulan ||

15. winisik yêgtine urip | urip tan kênane pêjah | Bratasena pamêjange | ngêrtèkakên sangkan paran | marang panunggalira | ing dêdunung kang dumunung | sawusnya lajêng alênggah ||

16. pun Anggira awotsari | matur sarwi latah-latah | dhuh dhuh adhuh gustiningong | langkung lêga ingkang [ing...]

--- 310 ---

[...kang] manah | inggih sakèh ganjaran | mung puniku amba suwun | kang mimba tirta sagara ||

17. langgêng tirtane kang wêning | wiyar datanpa wangênan | salami tan kêna kalong | dhuh tuwan inggih punika | kajênge tyas kawula | mung gusti kang luwih tuhu | tuhu utamèng tumitah ||

18. Arya Sena ngandika ris | sira kang dipun waspada | ing tămpa aja tumpangso | yèn sisip ing karêpira | têmah dada[3] bêncana | muga dèn santosèng kalbu | ing driya tan kêna kewran ||

19. lawan kawruhana malih | sêsikuning kasampurnan | ing paningal ywa salah ton | miwah aja tilar sarak | brata narimèng titah | sirnakna suraning kalbu | gurarèng tyas sirnakêna ||

--- 311 ---

20. kathah winarna ing tulis | wêwulange Bratasena | pun Anggira awotsinom | dhuh gusti inggih sandika | sakathahe rèh tuwan | Bathara Krêsna lingnya rum | hèh yayi mas ing Pamênang ||

21. paran wisikira yayi | iya marang Si Anggira | pun kakang pan arsa wêroh | Arya Sena aturira | kakang iku tan kêna | nora pae lan kawruhmu | sayêgti anunggal misah ||

22. upamane wong ajurit | mawarna usadèng yuda | sakarsa ingkang dèn anggo | amung ta ing êmpanira | beda-beda tan padha | wusing aprang padha kuwur | praptaning don amrih papan ||

23. papane pan nora sami | ana kang kègsi sawadya | tuwin magsih arja katon | kabèh iku kawruhira |

--- 312 ---

padha warana driya | durung sarana ing kalbu | tan wruh kang aran triloka ||

24. kalawan kang sapta bumi | sirèku ngancas ing têngah | tan dumunung sayêgtine | tanpa amrih kawêkasan | magsih kêna ing kewran | bisa dulu tan kadulu | sarirane padha lupa ||

25. yèn badane mung sawiji | têka nora bisa wijang | kudu pinisahkên bae | eman dene padha tuwa | tuwane tuwas tuwa | Bathara Krêsna angungun | ngênglêng kalimputing driya ||

26. upamane wong lumaris | kalayu ingkang mangkana | sêdya atut wuri kabèh | nanging wus tan măntra-măntra | nyandhak kang lumaksana | ya ta tan winarnèng wuwus | kawignyane Bratasena ||

27. Bathara Krêsna lingnya ris | hèh Anggira wus kariya | ingsun iki arsa wêroh |

--- 313 ---

iya marang gone kuda | kang padha pinangeran | pun Anggira nêmbah dhêngku | Krêsna Pandhawa gya budhal ||

28. sarta punggawa lumaris | gumuruh samarga-marga | ngeca-eca saparane | wau ta ing lampahira | wus praptèng dhusun Soda | samana kèndêl sang prabu | wontên jawi pakarangan ||

29. Sang Parta sigra nimbali | tiyang ing dhusun ing Soda | satunggal dangu saure | Bathara Krêsna ngandika | paran yayi wong ika | sira uwuh tanpa tutur | têgêse tan wruh narendra ||

30. mung pangidhêpane sami | dènira mangeran kuda | iku kabèh sagunging wong | Bathara Krêsna ngandika | hèh sira wong ing Soda | marenea dipun gupuh | kang liningan matur mêndhak ||

31. wus samya uningèng aji |

--- 314 ---

sagunging wong dhusun Soda | alon ngandika sang katong | hèh sun iki atêtanya | mring sira kang sanyata | payo warahana tuhu | iya paran marmanira ||

32. mau sira sun timbali | tan ana kang nanggapana | pijêr gawemu ta dhewe | umatur kang sinung ujar | gusti wasta kawula | inggih Tampuru pukulun | milamba tan gurawalan ||

33. dhatêng pangandika aji | sawêg sami atur sêmbah | ing jawata sadayane | bathara awarni kuda | agung kamurahannya | mulane tuwan kapungkur | ngawratakên ing pamuja ||

34. mring kuda asaji-saji | jêr kathah kang kanugrahan | karya kamulyane uwong | dhuh pukulun sri bathara | mugi kauningana | ing gusti dêdunungipun | parentah lawan panêmbah ||

35. yêgti awrat pangabêgti |

--- 315 ---

amrih rahayuning badan | yèn sampun luwar pujane | nuntên anglampahi karya | ing rèh sri naranata | wau sira sang aprabu | mèsêm ngungkurkên kang kuda ||

32. Pangkur

1. ngandika Bathara Krêsna | he Tampuru ingsun atanya malih | apa kanugrahanipun | pawèwèhe si kuda | alon matur kang dinangu awotsantun | gusti botên warna brana | dènnya sung sang kuda rêsi ||

2. amung sawabe akathah | punapa kang pininta angidèni | tan ngêmungkên wong sadhusun | sampun praptèng ngatanah | ngandika lon sêmana wau sang prabu | apa iku bisa mojar | pun Tampuru matur aris ||

3. inggih botên sagêd jalma | amung ingkang tinêngêran ing jalmi | yèn gêgrami nuntên payu | tikêlan pangajinya |

--- 316 ---

yêgti langkung sangking sabên-sabênipun | Bathara Krêsna ngandika | lah ingsun arsa udani ||

4. marang panêmbahanira | pun Tampuru matur sumăngga gusti | sigra têdhak sang aprabu | ingiring para kadang | miwah sagung pramèswari atut pungkur | punggawa kabèh tinilar | ing panti dhusun atêbih ||

5. sang nata lumêbèng wisma | lawan para ari lumêbu sami | ênggoning kuda puku |[4] samana wus katingal | nèng jro gubah kuda ulês janjam biru | sakalangkung kinurmatan | linangse sinari-sari ||

6. ngungun sang nata tumingal | dènnya[5] sagunging wong samya anggusti | ingakên jawata tuhu | liningga-lingga dewa | duk samana Bathara Krêsna andulu | awas wus tan kasamaran | marang kang karya [kar...]

--- 317 ---

[...ya] dumadi ||

7. yèn iku Sang Rêsi Durna | kang anugsma nitis marang turanggi | Sri Krêsna alon amuwus | marang kang ari Parta | hèh yayi mas paran ta iku gurumu | têka salah kasampurnan | Parta tumungkul wotsari ||

8. Sri Bathara malih mojar | marang sagung tiyang ing Soda sami | hèh ta kabèh wruhanamu | kang padha sira sêmbah | kuda iku ing samêngko ingsun pundhut | karana iku kang dadya | iya Dhannyang[6] Durna nguni ||

9. mêngko arsa sun ruwata | yèn alami gènira karya sisip | marang kabèh sira iku | jêr nguni Dhannyang Durna | karêm karya piala samèng tumuwuh | kulina panggawe ala | mulane iku nêmahi ||

10. panitise luwih

--- 318 ---

nistha | warna kuda sato kasoring jalmi | dene ta kabèh sirèku | wus akèh kang santosa | sangking kuda idine mawantu-wantu | lah ing mêngko ingsun bisa | angungkuli si turanggi ||

11. kalamun padha sandea | driyanira lah dulunên dèn aglis | sagunging wadhahirèku | ingsun kang ngisènana | nadyan ingkang wisma tèbih datan kantun | yêgti milu kailenan | ing sabdaku padha mangkin ||

12. mangkana dupi miyarsa | Ki Tampuru sakadang karuhnèki | marang pangandika prabu | pan arsa yêgtènêna | ana siji kang lumêbèng wismanipun | mulat sagunging wêwadhah | kagyat sêmana ningali ||

13. dene padha isi brana | kèh warnanya tan petungan kang rugmi | gawok dènira [dèni...]

--- 319 ---

[...ra] andulu | ngungun sagsana mêdal | praptanira pêpoyan mring rowangipun | ngungun sadaya miyarsa | têmahan konjêm ing siti ||

14. karuna matur anêmbah | dhuh pukulun sumăngga jêng dewaji | pun turăngga ruwatipun | sakarsa jêng panduka | salamine dhuh gusti ta dasihipun | sangking lalu guna dahat | sapintên kawruhing alit ||

15. yêgti tiwasing pamawas | kang saèstu mung amrih ing pakolih | utawi tiyang bêbruwun | lampah sadaya-daya | ing wêkasan tan tolih tularing saru | dhuh pukulun batharèngwang | dèn agung ngapurèng dasih ||

16. Bathara Krêsna ngandika | hèh sirèku kabèh aja prihatin | tan kurang ngapuraningsun | miwah jawatanira | yêgti padha nugrahani mring sirèku |

--- 320 ---

andhêngku ingkang liningan | sigra sang nata anuding ||

17. marang kang rayi Sang Parta | hèh yayi mas payo ta dipun aglis | nuli lêpasana gupuh | aja katrinèn sira | dèn abisa rumêgsa saruning guru | lamun iku kinèndêlna | akarya sêmanging ati ||

18. ing panyana wèh ruhara | ing paningal sayêgti nglalingsêmi | jêr mêngkono tingkahipun | kaliru ing wêkasan | Dhannyang Durna baya pangèsthine kuwur | sira yayi kuwajiban | nampurna tuhuning urip ||

19. sigra Arya Danangjaya | wruh ing karsa sêgsana angayati | Cundhamani pinusthi wus | anulya linêpasan | ponang kuda kawatgata ongga mawut | asirna sami sakala | ana swara ing wiyadi ||[7]

20. lir swaraning Dhannyang Druna | hèh sutèngsun kabèh

--- 321 ---

padha basuki | tulusa turun-tumurun | mêngku rat tanah Jawa | tan sangsaya sira kang akarya tuwuh | ya kabèh saisining rat | tan liya sangking sirèki ||

21. lah uwis padha karia | ingsun mulih marang kaanan mami | adhuh kabèh sutèng ulun | tutugna karyanira | anèng marcapada agawe pitulung | ing wong padha awlasarsa | sayêgti manggih basuki ||

22. agung kanugrahanira | ing bathara malês marang sirèki | sawusnya muwus kadyèku | kang swara tan kapyarsa | kapiting tyas sadaya sami angrungu | ngungun sagung para nata | mangkana Sri Arimurti ||

23. parentah kinèn ngrutia[8] | pakartining kamugsan wus miranti | tinutur sampurnèng lampus | dupa angalat-alat | sawusira sirêp ingkang ponang [po...]

--- 322 ---

[...nang] latu | Bathara Krêsna alênggah | lawan sagung para ari ||

24. sang nata alon ngandika | marang tiyang Soda kang munggèng ngarsi | hèh Tampuru dhawuh ingsun | ya kabèh marang sira | sun idèni kabèh pakaryanirèku | ingkang marang karaharjan | gonira ngupaya bugti ||

25. yêgti tulus mulyanira | ing saturun-tumurun pan basuki | lan manèh parentah ingsun | padha ambêcikana | Si Anggira kang wisma Pantihastèku | ika kêkasihing dewa | wong tuwa nandhang kaswasih ||

26. sêdaya matur sandika | wus mangkana lamine tan winarni | sang nata pan arsa kondur | lawan sakadangira | sampun lami jêngkarira sang aprabu | sangking nagari Ngastina | sêgsana budhal sang aji ||

27. gumuruh [gu...]

--- 323 ---

[...muruh] kang wadyabala | ngeca-eca sawadya gunêm sami | ing lampah nora kasusu | sinambi arêrasan | kang ginunêm samarga sampurnèng lampus | sampun têbih lampahira | sangking Soda sri bupati ||

28. samana malih winarna | lampahira wau sri narapati | anèng ing marga kapêthuk | tiyang pangawak kuda | sirah jalma watês sangandhaping bau | lambung mangisor turăngga | bisa anandêr kapati ||

29. nalikanira tumingal | lamun wontên baris agêng lumaris | tan taha anandêr gupuh | marêg ing ngarsa nêmbah | samya kagyat wau ta sira sang prabu | dadya kèndêl lampahira | gawok kang samya ningali ||

30. sang kasmala aturira | dhuh pukulun mugi paringa gusti | usada mring dasihipun |

--- 324 ---

kawula nuwun ruwat | sampun lami nandhang kasmala kêlangkung | yèn pukulun tan wêlasa | niaya isining bumi ||

31. sadaya isining jagat | yêgti amung sang nata kang darbèni | rusak miwah arjanipun | yogya kinawruhana | kalajênga rusak sagung kang tumuwuh | sintên ingkang kaelangan | sayêgti mung narapati ||

32. sigra Arya Danangjaya | angayati warastra Cundhamani | linêpasan wus kacundhuk | sirna anggane kuda | paripurna dadya manungsa satuhu | sêgsana umarêg nêmbah | ing ngarsa sri narapati ||

33. dinangu ing purwanira | nalikane kataman ing kaswasih | sang anismala umatur | gusti wasta kawula | Wilasraya mila pun dasih pukulun |

--- 325 ---

anandhang pangawak kuda | gusti purwanipun nguni ||

34. nalika prang Bratayuda | kapal ulun kataman ing jêmparing | pagas wit cangklakanipun | wangke kuda kalênggak | pan kawula rumangsang nuntên kalêbu | sangking jalakan turăngga | kawula adarbe gusti ||

35. lisah sangkal-putung wutah | amutahi baune kang turanggi | nuntên pulih kaninipun | pun dasih kaingkêman | daging atot[9] tuntum kadi gêsangipun | punika gusti purwanya | sang nata ngandika malih ||

36. lah ing ngêndi dunungira | Wilasraya umatur awotsari | dhuh pukulun sang aprabu | kawula ing Karsula | Sri Bathara malih angandika arum | hèh sira mèlua mring wang |

--- 326 ---

umiring salaku mami ||

37. kang liningan tur sandika | wus mangkana wau budhal sang aji | sawadyabala gumuruh | samarga alon-lonan | lamun wontên pandhita pinaran gupuh | tan pae rêrasanira | kinanthi kawruhirèki ||

33. Kinanthi

1. wau ta ing lampahipun | Sang Aprabu Arimurti | lan ari Nata Pandhawa | sawadyabala umiring | miwah sagung pramèswara | mèt sangu yun mugsanèki ||

2. mila rêmbên lampahipun | tumuntur lampahing sori | tinut saenggaring driya | samarga anêningali | sri`ning wana sri kawuryan | kathah ingkang sarwa sari ||

3. gambir-gambir arum-arum | ngrêmbaka pinggiring margi | gandanya nangsayèng awan | yayah nunggatèng lumaris | sumungsung raras rumira |

--- 327 ---

sagung ingkang sarwa sari ||

4. akarya sukaning kalbu | sagung ingkang para putri | ana ingkang ngalap sêkar | gadhung kênanga kumuning | prabusèt malathi dênta | cêpaka lawan widuri ||

5. wau ta ing lampahipun | sêmana sri narapati | prapta ing dhusun Karsula | sêdaya sami ningali | wontên jêjaka taruna | kêkalih nèng pinggir margi ||

6. satunggal anandhang wungkuk | sakit wuta kang satunggil | awit duk larene mila | sang nata samya mrêpêgki[10] | dinangu udrasanira | kêlawan wastanirèki ||

7. umatur wau kang wungkuk | dhuh pukulun sri bupati | pun Cêpuk wasta kawula | pun Capu ingkang satunggil | punika sami sudara | milaba[11] gusti anangis ||

--- 328 ---

8. kêraos sêsakit ulun | pêpancèn saking dewadi | sinungan wungkuk lan ina | sampun awit kala alit | tan wikan sangking purwanya | sang nata ngandika aris ||

9. hèh ta sapa wong tuwamu | apa tan ana nuturi | pun Cêpuk umatur nêmbah | gusti kang yoga ing dasih | pan sampun pêjah sadaya | mila kawula prihatin ||

10. ketang tanpa bapa biyung | milaba mular tan sipi | wontên pangungun kawula | gusti patikbra ing nguni | lan pun Capu sami kesah | anêdya ngirang-ngirangi ||

11. nênuwun dhatêng dewa gung | wontên sapucuking wukir | dene kang kawula sêdya | icala ing wungkuk mami | tuwin wutane riningwang | gusti ing panuwun mami ||

12. anggèn kawula nèng gunung |

--- 329 ---

sangsaya susah nyang dasih | dadya amêsu ing karsa | nêgês karsaning dewadi | wontên parmaning jawata | amba manggih sangsam lalis ||

13. labêting lapa kêlangkung | samya lami botên bugti | sangsam lajêng kula purak | andadah ngagar kang api | sangsam wau binakaran | binugti têtiyang kalih ||

14. nanging pun Japu[12] pukulun | sabên minta kula sungi | bêbalung kang botên eca | lajêng mêmintèng dewaji | sagêta wikan sakêdhap | jawata lajêng nuruti ||

15. sêgsana wutane mantun | kawula dipun tingali | yèn lagya nêdha kang eca | pun Japu lajêng aruntik | lajêng ngambil balung iga | gigir amba [a...]

--- 330 ---

[...mba] dipun gitik ||

16. kenging lêrês ingkang bucu | sanalika ical gusti | mantun kadya jinampenan | pun Japu lêstantun mari | sami suka sokurira | ing dewa ingkang udani ||

17. kawula tumuntên mantuk | lan pun Japu ari mami | dhumatêng dhusun Karsula | pukulun praptaning ngriki | wontên wangan nanggêl gêngnya | tan mawi sinungan margi ||

18. kêlalèn pan isi ranu | sinabrangan botên kêni | lêbêt rumpile kalintang | bêladhêr toyane mili | tanggêl lamun linumpatan | pinêgsa botên dumugi ||

19. măngka tyas amba pukulun | kadarpèng onêng kapati | lami pisah kadang warga | kasêlak ayun udani | wăngsa kula sêdayanya | têmahan ulun lumpati ||

--- 331 ---

20. pamilar kawula kadung | botên dumugi ing pinggir | mêgsih dhawah ing bêloran | pun dekung karaos sakit | amba minggah badêdêngan | ponang wungkuk dhatêng malih ||

21. inggal gènipun malêngkuk | gigir kawula puniki | patikbra ngungun kalintang | pun Japu wau ningali | dhatêng ing solah kawula | anggêgujêng tan sinipi ||

22. kapingkêl-pingkêl gumuyu | wêkasan wutane prapti | wangsul kadya mulanira | duk kesah dhatêng ing wukir | punika gusti purwanya | sêmana sri narapati ||

23. nalikanira angrungu | ature jêjaka kalih | suka gumujêng sang nata | gumêr kang samya ningali | ngandika Bathara Krêsna | hèh aja sira prihatin ||

24. ingsun aparing pitulung | ambengkas susahirèki | ajana prihatin [prih...]

--- 332 ---

[...atin] sira | wus maria sira kalih | luwara sangking duhkita | waluya padha samangkin ||

25. wau kang sinungan wuwus | marang Prabu Arimurti | waluya sami sakala | lajêng sumujut ing siti | kalihe sami ginanjar | paitan arta myang rugmi ||

26. sumungkêm kêlangkung nuwun | kakang adhi anèmpèni[13] | kêkucahe sri narendra | samana malih winarni | sigra Sri Bathara Krêsna | lawan sagung para ari ||

27. alami ing kèndêlipun | mamrih putusirèng kapti | dènnya wus lami lampahnya | anênggih sri narapati | dangu dènnya rêrêmbagan | yèn arsa kondur sang aji ||

28. sang nata sampun angutus | ratu wadana kêkalih | ing Wiratha lan Ngamarta | maring Ngastina rumiyin | kinèn aparing uninga |

--- 333 ---

ing raka Sri Manduraji ||

29. wus winêling sarèhipun | budhal kang punggawa kalih | nêngêna ingkang dinuta | marang Ngastina rumiyin | warnanên Sri Yudhisthira | lawan sagung para ari ||

30. mêgsih kèndêl nèng wana gung | wus dungkap parêg ing tasik | samodra kidul kawuryan | akarya inggaring galih | suka mulat ingkang toya | sri nata lan para ari ||

34. Sinom

1. umatur Bathara Krêsna | marang Yudhisthira Aji | pukulun yayi narendra | mugi mangèstua sami | panêdha amba mangkin | Sêkar Jayakusumèku | arsa ulun labuha | ing tasik inggih manawi | dadya tăndha paitanipun ing wuntat ||

2. nadyan wus anèng samodra | sayêgti puniku benjing | kenging pininta usada | ing wong kang duhkitèng galih | yayi [ya...]

--- 334 ---

[...yi] ing benjing wingking | misih sagêt atêtulung | Sang Prabu Yudhisthira | umatur mring raka aji | sakêlangkung inggih jumurung kawula ||

3. nulya sagung para nata | miwah ingkang para ari | tumindak nêdhaki sigra | anèng satêpining tasik | atap samya ningali | kacaryan rêsmining ranu | nuju gung kang udaya | sarah-sarah tinon asri | sêsipatan lir tinata apêpanthan ||

4. wau ta Sang Prabu Krêsna | sigra dènira angambil | Sêkar Wijayakusuma | sawadhahira tan kari | linabuh ing jêladri | sarwi angandika arum | hèh Wijayakusuma | muga duduha ing wuri | nèng samodra dadya paitaning wuntat ||

5. sawusira sinung ujar | karsaning jawata luwih | lajêng atuwuh têtiga | wêwadhahe kang satunggil | satunggilipun [satunggi...]

--- 335 ---

[...lipun] malih | punika tuwuh ing tutup | nalika sinung ujar | sinauran ing wiyati | gêtêr patêr dhêdhêt erawati ngakak ||

6. kadya milu mangastawa | sabdane Sri Arimurti | pinarêngan ing samodra | gara-gara ing jro tasik | ombak-ombak ngêbêgki | alun gumolong gumulung | ulêng manêmpuh parang | lir mangayubagya sami | dènnya anon narendra ngèsthi kamugsan ||

7. mina-mina wèh uninga | maring sagung pra nêrpati | dènnya yun mring kasampurnan | sagarwa kadange sami | otêr jroning jêladri | lir samêgta kusung-kusung | langkung kang tirta tama | tembak satêpining warih | rêruhunan nyana angkara tumingal ||

8. marang tumiyunging tirta | ya ta pakaryaning rêsi | mèt tirta ayun mêmuja | luhuring padhan ngrakêti | saingga [sa...]

--- 336 ---

[...ingga] asta kalih | tumungkul anyawuk banyu | lingkaping ron kanginan | kadya jêjubahnya nglangkip | sasolahe kasusu lir mangastawa ||

9. dènnya kasêlak tumingal | mring nata angestha pati | tan nyana kèri ing karya | sumusung ing tirta êning | mangkana sri bupati | wus budhal sawadyanipun | lampahe alon-lonan | mangenggar-enggar ing margi | aningali sining wana sri kawuryan ||

10. sarwi tan pêgat rêrasan | amrih basukining pati | mangkana Bathara Krêsna | ngandika marang kang rayi | lah Sena payo aglis | nutugkên arjaning kawruh | paran wêcananira | duk budhal Sorawataki | sira mêdharakên karsa |[14]|

11. wêwarahira riningwang | sasat madipaning bumi | kawêngku

--- 337 ---

jagat traya |[15] Bratasena matur aris | ya kakangku dewaji | iya kabèh atur ingsun | mungguh ing pangawikan | ing rèh jamaning kapatin | sampurnaning badan sangking tarakbrata ||

12. nanging dipun kawruhana | laku ingkang kalih warni | kang dhingin lakuning jaba | ing jro laku kaping kalih | lire brata ing jawi | mrih arjaning jisimipun | ya samêgtaning badan | nguda-uda barang budi | pikarêman kasêgtèn amrih raharja ||

13. aja kongsi anggêgawa | nisthaning badan puniki | pamatute mring kamugsan | supaya amêrta sami | pakantuk atêtèki | arjaning wuri binuru | nadyan jaman kamugsan | dadya pênêt kang mastani | tur sinêbut kapatène luwih arja ||

14. dene

--- 338 ---

kaping kalihira | lakuning jro kang winarni | nêpsu ingkang hawa manah | yèku bêncananing pati | benjang praptaning janji | sirêpên aja kawêtu | lamun tinurutana | karya weyaning pangègsi | ambêbawur ing nyana têmah ruhara ||

15. kang dhingin wêtuning dhahga | wahyaning arda ping kalih | ping tiga wijiling loba | suba kaping patirèki | kang padha dèn singkiri | dene kang dhahga liripun | karsa kang ngăngsa-ăngsa | kang tida[16] puniku nênggih | kawruhana babêndu tanpa ukara ||

16. ingkang loba pêpenginan | suba sangêt lirirèki | têgêse mungguh ing karsa | ingkang ala lawan bêcik | kadêrêng tan sinipi | yaiku ingaran nêpsu | benjang praptèng sêmaya | sayogya angati-ati | yèn kadarpa papa

--- 339 ---

papaning antaka ||

17. ingkang dhingini Ruminta | sasolahe ngambil warih | yêgti pralambanging pêjah | purwa lan wêkasannèki | duk manungsa puniki | tinitahkên saking luhur | mêngkono Ni Ruminta | nalika angambil warih | wadhah cilik praptèng sumur suka-suka ||

18. tur iku pinangkanira | kang we tumus ing jaladri | paradene[17] winadhahan | sakêdhik suka tan sipi | mungguh jalma puniki | sangking gaib asalipun | ginêmpil anèng donya | wujude manungsa iki | Ni Ruminta nguni ngangsulakên toya ||

19. mring sumur nulya karuna | awit datan antuk rugmi | branane kang padha ilang | dene wau ingkang warih | myang jaladri wus nunggil | tumus tinumusan iku |

--- 340 ---

pira ana mulyanya | tan pisah kalawan uwit | nora adoh upamane kang manungsa ||

20. tur wus padha wruh ing benjang | yèn arsa manggih linuwih | tunggal jati solah bawa | marang kang amurbèng gaib | prandene kèhing jalmi | tan ana kang gege lampus | ingkang mangkono iya | dupara titah puniki | sayêgtine rêtna luwih mring kaanan ||

21. mulane ing mêngko padha | nyandhi ras-arasing galih | ya sangking nêpsu sadaya | pangwasane angluwihi | dene Ruminta dhimin | kang dadi napsuning ranu | mawane kang bêrana | mungguh manungsa puniki | witning datan sinandhangan nêpsu hawa ||

22. yêgti ilang titahing hyang | cilik-cilik kudu

--- 341 ---

mati | jêr padha amrih sampurnan | yèku kawruhana sami | ana paekanèki | kinarya panyirêp napsu | bengkas ing sambikala | waspada narimèng galih | kang mangkono muga linêstarèkêna ||

23. mangkana Bathara Krêsna | lawan sagung kang miyarsi | sawadya sru pangungunnya | suka kacathêt ing galih | Sang Prabu Arimurti | mèsêm kaduga ing kalbu | myarsa sasmitanira | Sang Sena mindha jêladri | anglimputi ing sajagat pramudita ||

24. tan kandhêg ing lampahira | agunêm sarwi lumaris | guyup sakawula-warga | sinambi anêningali | langêning ka wanadri | kèh kawuryan sarwa arum | karya

--- 342 ---

inggaring driya | sagung ingkang para putri | sru kacaryan mulat asrining puspita ||

25. nêngna kang agung lumampah | wuwusên ingkang tinuding | duta raja kalihira | prapta Ngastina nagari | ya ta nuju marêngi | miyos tinangkil sang prabu | Bagawan Baladewa | ngampingi wayah narpati | Prabu Dipayana lênggah singasana ||

26. andhèr ingkang munggèng ngarsa | sagung kang para narpati | satriya mantri punggawa | rêkyana patih kêkalih | ing ngarsa tan atêbih | duta jumujug umatur | saliring rèh sadaya | katur miwiti mêkasi | suka sagung kang miyarsa asiyaga ||

27. Sri Baladewa parentah | ngruti[18] pamêthukirèki | wahana rata turăngga | jêmpona

--- 343 ---

kabèh rinakit | tuwin sri narapati | apan karsa badhe mêthuk | anulya sri narendra | jêngkar dènira tinangkil | abusêkan sagung bala ing Ngastina ||

28. wadya lit asalang tunjang | kadya ge uningèng gusti | dulur andhingini lampah | lir tanpa wêngkang kang margi | gumuruh jalu èstri | ana ingkang ngêmban sunu | magsih alit binêgta | tan etang pipit-pinipit | sru kadarpa umiyat ing gustinira ||

29. karaya-raya sapraja | kayungyun solahirèki | dènnyarsa gustine prapta | sêmana sri narapati | antara dina malih | budhalira sang aprabu | kalawan ingkang eyang | Bagawan Baladewaji | lan kang paman Arya Subrastha [Subra...]

--- 344 ---

[...stha] Narendra ||

30. tuwin sagung wadyabala | miwah kya patih kêkalih | Arya Dwara Danurwenda | samya umiring sang aji | gumuruh tanpa wilis | dene ingkang sami mantuk | tugur têngga nagara | amung wadya sawantawis | ya ta wau budhalira sri narendra ||

31. wus prapta jawining kitha | kèndêl sang sri narapati | masanggrahan jawi kitha | tan acêlak tan atêbih | sêdhêng dènnya anganti | ingkang eyang rawuhipun | nêngna prabu taruna | gantya malih kang winarni | lampahira nênggih Sri Nata Pandhawa ||

32. tinut ing sakarsa-karsa | samarga mangaring-aring | tan tungkul rêrasanira | amrih utamaning pati | lan sagung para ari | adina-dina anutug | ya ta wus tan [ta...]

--- 345 ---

[...n] winarna | lampahira sampun prapti | pasanggrahan tundhuk lawan ingkang wayah ||

33. wau ta prabu taruna | nalikanira ningali | nênggih rawuhe kang eyang | sigra lumajêng sang aji | kang eyang anututi | Sri Baladewa Sang Prabu | tuwin Arya Suhbrastha | mangkana Sri Parikêsit | sampun panggih kang eyang nungkêmi pada ||

34. samana Nata Pandhawa | trênyuh tyas dènnya ningali | mring wayah prabu taruna | rinangkul lungayanèki | Bathara Arimurti | dahat murcita ing kalbu | têmah samya karuna | Wara Sumbadra marpêgi | wayahira pinêluk sarwi udrasa ||

35. dhuh ragane sira nyawa | bakal kari kawlasasih | tinilar mring wong atuwa | mêgsih anom têmên gusti | lah muga sira kaki | tulusa umadêg ratu | wau ta

--- 346 ---

ingkang wayah | dahat nityasing panangis | sawusira rêrêm sami tata lênggah ||

36. wontên tarup wêwangunan | pasanggrahan rinênggasri | Sang Aprabu Yudhisthira | jajar lawan raka kalih | miwah kang para ari | samya lênggah anèng ngayun | miwah para punggawa | wus kumpul andhèr nèng ngarsi | sigra majêng wau ingkang para wayah ||

37. sira risang Patih Dwara | lan Danurwenda ngabêgti | maring sagung eyangira | sawusnya aganti-ganti | sagunging pra dipati | kabèh sami kumarubut | luware ngèstu pada | Sri Baladewa lingnya ris | sokur bagya saya tan ana sangsaya ||

38. umatur Bathara Krêsna | ngaturkên sarèhirèki | wiwitan praptèng wêkasan | awit bidhale ing nguni | kongsi apalakrami | Sêtyaka umadêg ratu | kang raka duk miyarsa |

--- 347 ---

langkung pangungunirèki | ing wasana suka sokur kang miyarsa ||

39. tuwin kang samya miyarsa | sadaya suka ing galih | sawuse anutug suka | samana lajêng miranti | Patih Dwara ngundhangi | budhal kang wadya panganjur | gumuruh balakuswa | wahana awarni-warni | Sri Narendra bidhalan wayah sang nata ||

40. sagung kang para dayinta | sadaya anitih joli | amot saparêgkanira[19] | tan ana dharat sawiji | gumuruh ing samargi | yayah lir jaladri têdhuh | wutah ngêlêbi dharat | balêdug nampêg wiyadi[20] | kang akambah ing wahana warna-warna ||

41. sungsunan kang sami mulat | rawuhe gustinirèki | atembak samarga-marga | wau ta sagunging baris | datan winarnèng margi | ing nagari sampun rawuh | lajêng umanjing pura | wau ta kang para putri | sigra manjing ing

--- 348 ---

dhatulaya sêdaya ||

42. wus panggih lan ibunira | anênggih Sang Dèwi Kunthi | tuwin Untari wus panggya | samya sukanirèng galih | rêntênging tyas sirna ing | nyana kadya anênamu | sêsotyadi minulya | dene ta wau sang aji | kantun anèng pasewakan saha wadya ||

43. lênggah nèng dhampar kêncana | wau Prabu Parikêsit | anunggil lawan kang eyang | Bagawan Yudhisthiraji | tuwin Sri Arimurti | miwah Baladewa Prabu | wus munggèng ngarsa nata | lawan ingkang para ari | Arya Sena jajar lan kang rayi Parta ||

44. Prabu Nangkula Sadewa | nunggal kya patih kêkalih | Arya Dwara Danurwenda | tuwin kang para narpati | miwah punggawa mantri | andhèr sumiwi ing ngayun | Bagawan Baladewa | wus kinèn anunggal [a...]

--- 349 ---

[...nunggal] linggih | lawan Arya Suhbrastha wus munggeng ngarsa ||

45. majêng kang samya sewaka | ing ngarsa sri narapati | wau ta kang kawuwusa | marêngi asalin warsi | taun surya winilis | mangkana sêngkalanipun | sarira trinèng arga |[21] tauning căndra winarni | sinangkalan janma winayanging swara ||[22]

46. wus dangu ing kèndêlira | nèng panangkilan sang aji | sarta wadya para nata | samana suka miyarsi | rêngganing candhi sari | kang rinakit ngalun-alun | wignyane Patih Dwara | samya ebat kang ningali | mendah baya yèn wus tinatrapan kêmbang ||

47. tur misih lugas kewala | parandene sampun luwih | wau ta Sri Yudhisthira | alon ngandikanirèki | hèh siwayèngsun kalih | ing

--- 350 ---

mangke wus mangsanipun | nuli sira rakita | kabèh êtrapana sari | lawan ingkang cêcaruhan dèn samêgta ||

48. pakartining kasampurnan | padha runtinên[23] dèn aglis | dene kaki karsaningwang | mung nganti sawulan malih | sandika awotsari | kyana patih kalihipun | dangu imbal wacana | kasaru rawuhirèki | Hyang Naradha cumalorot sangking wiyat ||

49. niyup maring panangkilan | wau ta sri narapati | gugup tumurun manêmbah | tuwin sadaya paraji | kang prapta ngandika ris | hèh sang nata yogyaningsun[24] | ya kabèh purwanira | praptèng sun kene tinuding | timbalane Bathara Suksma Kawêkas ||

50. kinèn amundhut kang cakra | lawan panah Cundhamani |

--- 351 ---

karone iku wus măngsa | pinulung maring swargadi | marga sirèku sami | angancas sampurnèng lampus | mula kalih gêgaman | pinisah sangking sirèki | karsaning hyang santosa ing pamugsanta ||

51. wruhanira iku nyata | kang măngka bêjaning pati | yèn mangkono non kasuran | miwah katrêsnan ingkang sih | sisip-sisip ta kaki | yèku dirgamaning lampus | suwara aru-ara | rêribêt angrêrubêti | tan tumanêm sayêgti amaro tingal ||

52. wruhanira yogyaningwang[25] | kang măngka bêncanèng pati | yèn mêgsah[26] anon kasuran | miwah katrêsnan ingkang sih | sisip-sisip ta kaki | yèku dirgamaning lampus | suwara aru-ara | rêribêt angrêribêtdi | tan tumanêm têmah [tê...]

--- 352 ---

[...mah] ana maro tingal ||

53. ngalih-ngalih ngalamatan | ing nyana amindho kardi | wêkasan dadi kapiran | karana kewraning galih | mila dipun patitis | titika aja kaliru | lawan dèn kawruhana | santosaning jaman pati | muhung anèng pandêlinge pikirira ||

54. wisaning pikir tananawas |[27] sêmang pangandêlirèki | lamun kăngsia mangkana | ing wardaya têmah gingsir | poma dèn ngati-ati | nora nganggo kaping kaluh |[28] luput kêna sapisan | sarèh ing kasampurnaning | dipun eling babo aja nganti tinggal ||

55. wisaning pikir tan awas | sêmang pangandêlirèki | lamun kăngsia mangkana | ing wardaya têmah

--- 353 ---

gingsir | poma dèn ngati-ati | kawruhana yogyaningsun | sarèhning kasampurnan | nora nganggo kaping kalih | luput pisan kêna pisan dipun awas ||

56. yèn wus sirna sangking donya | tan bali bêbakal malih | jêr wus tinutup maring Hyang | sampurna maring ginaib | wau ta sri bupati | Yudhisthira duk angrungu | lingnya Rêsi Naradha | tuwin sagung kang paraji | langkung ajrih andhêngku sarwi manêmbah ||

57. sira Sri Bathara Krêsna | sampun ngaturakên aglis | Cundhamani lawan Cakra | marang ing sang maha rêsi | tinampèn lajêng pamit | musna wus datan kadulu | wau ta sri narendra | wangsul palênggahan malih | saungkure jawata sami kasmaran ||

--- 354 ---

35. Asmaradana

1. sadaya ngungun ing galih | têmah ngênglêng ing wardaya | kang ponang Cakra mugsane | sampun sinantosèng driya | nênggih Bathara Krêsna | tan ana kaciptèng kalbu | amung kasampurnanira ||

2. ingkang kaèsthi ing galih | sawusira pêparentah | sang nata kondur ngadhaton | lan wayah prabu taruna | miwah kang para raja | makuwon sajuru-juru | samana kang cinarita ||

3. Bagawan Yudhisthiraji | sabên ari siniwaka | salaminira angantos | jangkêp praptaning sawulan | tansah agung sineba | kang nangkil kadya sêsulung | ulêngan rêbut tumingal ||

4. têkan wadya desa sami | gung alit manjing nagara | andulur sumiwèng katong |

--- 355 ---

nyana yèn tan malih mulat | gustine sêlak mugsa | bawane ratu mawiku | kumaranirèng kawuryan ||

5. tidhêm sanagara tistis | truh tumrah ing sabên dina | ngawêngi ngakawa[29] ngayom | ing sawulan kèh kawuryan | dêlajating duhkita | wilêting sudama wêlu | limêngan ing ngantarigsa ||

6. riyèm-riyèm sang hyang rawi | rinawatan dening warsa | saha samirana angrèp | pawana sruning drêsira | anindya mantri sigra | wruhing karsa sang mangapus | kasampurnan paripurna ||

7. tinata-tata tulyasri | para pangganing caruhan | mawarna gêgunungane | gunung kêmbang gunung lênga | gunung dom gunung arta | gunung Lawe gunung cupu | gunung konyoh gunung wastra ||

--- 356 ---

8. gunung sotya gunung rugmi | gunung sari myang woh-wohan | pala boga tumpêg kabèh | miwah dêdana sang nata | sêsawur sabên dina | kêthokan tigasanipun | supênuh mawarna-warna ||

9. tupêkan lun-alun sami | rarêngganing candhi kêmbang | Patih Dwara kawignyane | sakaning candhi rinêngga | bêbutan cinandhala | rinawe-rawe amawut | sari-sari sabawana ||

10. ginubah sinungan kitir | asri rêngganing wiwara | sapêg sampurna rênggane | kathah lamun winuwusa | asrining cêcaruhan | sakathahe para wiku | wus kinèn praptèng Ngastina ||

11. badhe jumurung ngastuti | ing mugsane sri narendra | wus mangkana [mangka...]

--- 357 ---

[...na] ing lamine | nênggih wus dungkap sacăndra | saya gêng kang pratăndha | têngara gora gumuruh | riwut pawana ruhara ||

12. riwis-riwis mawèh tistis | tidhêm mapraja[30] limêngan | kilat cêcala calèrèt | wor warsana maliyêran | dhèdhèt rawati ngakak | gunung-gunung gumaludhug | rindhu[31] tyase kang umiyat ||

13. gambira risang arsa nis | wuwuh santosaning driya | mangkana wau praptane | dungkap kalih dasa dina | punika ngangkat têrang | riris-riris angin surut | kari kumaraning jagat ||

14. samana datan winarni | sawusnya jangkêp sacăndra | anênggih wau sang katong | miwah Sang Bathara Krêsna | sampun sami siyaga | sakadang [sa...]

--- 358 ---

[...kadang] dayintanipun | angrasuk sarwa sugănda ||

15. mêpêki sariranèki | sarta sampun aparentah | kinèn sumiwia kabèh | otêr wong sajroning pura | cèthi parêkanira | busêkan samya gumuruh | samêgta arawat waspa ||

16. solahe wong dalêm puri | bingung samya bilulungan | udrasa ing saparane | sinayut-sayut tan kêna | malah mular andadra | drawaya sanagara gung | kongasing nata mangarang ||

17. wênèh ana ingkang kari | lare wang[32] sami udrasa | kawlasarsa sêsambate | dhuh paran ta iki padha | gusti samyarsa mugsa | adhuh lae gustiningsun | têkarsa tilar kadhatyan ||

18. babo eman padha lalis | rasaning tyas [tya...]

--- 359 ---

[...s] durung măngsa | angur umadêga katong | kinawula wong sajagat | têtêp kawiryèng donya | ana rowange amuwus | kang warnane rada pelag ||

19. dhuh bênêr wuwusirèki | witne sun iki kasmaran | mring Sang Parta mêmanise | nalika ingsun umarak | sêsaos dhêdhaharan | ginape sawuwus ingsun | sinomku dèn êmak-êmak ||

20. dèn êlus kăngsi marinding | badêdêngan lambung ingwang | badanku banjur ngalokro | kèthèr sasolahku nulya | Sang Parta sigra tandang | mung iku kayungyun ingsun | ana rowange angucap ||

21. wilangan lima ping kalih | puluh-puluh raganingwang | kudu mangkene ta kiye |

--- 360 ---

kaya piye gustiningwang | pêthane yèn amugsa | payo padha ngiring besuk | wruha ing gusti sêdaya ||

22. lajêng pra samêgta sami | kadêrêng pan arsa wikan | ing kamugsane gustine | kunêng tangising jro pura | parêkan êmban inya | busêkan pating bilulung | wuwusên Sang Arya Sena ||

23. nimbali wayahirèki | sira Arya Danurwenda | wus prapta ngarsa eyange | kya patih nungkêmi pada | sarwi asru karuna | Sena mênggak waspa mangru | mênggah ing driya karantan ||

24. sarwi angandika aris | babo sira dèn santosa | ing mêngko saungkur ingong | poma sira aja rudah | iya dumèh sun tilar | kèndêl Bratasena muwus | ngandika [ngandi...]

--- 361 ---

[...ka] sawêg rong kêcap ||

25. waspanira adrês mijil | kang wayah agung sinawang | kya patih rêmpu galihe | ketang katrêsnane eyang | radèn umatur nêmbah | adhuh jêng eyang pukulun | mugi-mugi dèn agsama ||

26. sampun kirang martèng mami | sintên waspada mulata | ing kawula salamine | pan namung paduka eyang | yêgti tuwan tan kewran | mrih karya duhkita kalbu | mring ambongkaring anggana ||

27. kya patih lajêng anangis | Arya Bratasena mênggah | tansah amulat wayahe | tinênga sinawang-sawang | agung arawat waspa | marawayan wêtuning luh | alon dènira ngandika ||

28. kang wayah dipun paringi | alah ênya iki gada | mung kari sira kang duwe | ênggonên [ênggo...]

--- 362 ---

[...nên] rumêgsèng praja | lan panah Bargawastra | watêke kulup ing besuk | tan giris nêmpuh ing yuda ||

36. Girisa

1. kya patih sampun atămpa | pêparinge eyangira | pusaka sarobèng yuda | gada lawan Bargawastra | Sang Sena malih ngandika | lan sira dipun waspada | among amêngku nagara | prihên arjane dèn kêna ||

2. aja kăngsi kawistara | kabèh saisining praja | amrihya[33] rahayunira | ngèstokna parentahira | lawan padha kawruhana | solah bêcik lawan ala | pangkatên papancènira | dadi tan sêsiring sira ||

3. pamongira maring wadya | aywa jrih lèmèring karsa | dèn samêgta abipraya | akunên kadang sanyata | emanên kang kadya

--- 363 ---

yogya | aja karêm adêduka | tan liyan sangking pêpatya | supaya anyudarsana ||

4. kabèh sawêwêngkonira | sira katêmpuh ing karya | tan liyan sangking pêpatya | karsane sri naranata | wus ginadhuhakên samya | marang risang mantrimuka | anyawadya nyudarsana | lêstarine barang karya ||

5. mulane dèn mrih utama | aywa kapingin sarama | yèku amêtêngi praja | nistha adile tan ana | mijil akale tan nyata | yèn karêm saramèng wadya | hèh poma aja mangkana | yêgti antuk dosèng nata ||

6. rèhing karya awasêna | dèn kêna sasolahira | kang wayah matur sandika | babo sira wayah ingwang | yèn sira jrih kasampurnan | aja pijêr [pi...]

--- 364 ---

[...jêr] arêrasan | mardia dèn babar pisan | [...] ||[34]

7. kang wayah umatur sigra | pukulun kang kinawasa | kawula nuwun uninga | sapdayu[35] kang mangkonoa | paran gèn amba wikana | yèn eyang datan paringa | sanyataning sastra cêtha | kang eyang alon ngandika ||

8. sarwi ambêkuh karuna | iya babo Ăntarêja | dene cacêblung ring kuna | waskitha limpat ing basa | lah payo inggal marêga | kulup dèn kaparèng ngarsa | sigra nêmbah sang apatya | parêg ngarsa eyangira ||

9. Sang Sena alon ngandika | mènglènga karna kang kiwa | lawan sira dèn abisa | nampani aywa sandea | dèn santosa adilira | kang wayah matur sandika | nulya winisik karnanya | ing rèh kasampurnanira ||

10. sampêt sadêdunungira |

--- 365 ---

wus kamot sira Sang Arya | Danurwenda awidagda | tan samar moring dumadya | tuhu wayah Bayuputra | tan kewran wrining warana | sawusnya gya mangarcana | ing eyang Sang Bratasena ||

11. sarwi alon aturira | dhuh eyang manah kawula | upami kadi kumbaya | botên ingisenan toya | dupi antuk sih panduka | wêwisik ingkang mangkana | kumbaya wus isi toya | wêning ngumala utama ||

12. kang eyang malih ngandika | upamane ingkang wrêgsa | sangking wiji tuwuhira | duk thukul anèng bantala | ingkang tuwuh dhingin lata | nulya nganakakên mugsa | sawusnya tuwuh kang patra | ngrêmbaka mijilkên pala ||

13. poma kaki kawruhana | kang mangkana nora beda | manungsa

--- 366 ---

sangking Hyang Ngisa[36] | nitahkên rasa manungsa | ingkang măntra patranira | de kagungan nêsu hawa | dadya nitahkên tênaya | dene wau ingkang wrêgsa ||

14. yèn cinêgah dene wrêgsa | kang patra nuli pralaya | iya sangking luhurira | ron pêjah praptèng witira | ya bali mring ngayotira[37] | mangkono ingkang manungsa | ing luhur mangandhap sigra | praptaning jaman mangkana ||

15. waluya tunggal samana | lawan wit purwaning Ngêsa | hèh kaki aywa sandea | dèn waspada dunungira | kang wayah matur sandika | sigra majêng mangarcana | ing padane eyangira | pinêluk lungayanira ||

16. kang eyang malih ngandika | sarwa drês mêdal kang waspa |

--- 367 ---

adhuh babo ingsun bêja | sira wus bangkit utama | kang wayah bela karuna | agung sumungkêming pada | kathah kang eyang karasa | tambuh raosing wardaya ||

17. langkung rêntêng kalihira | timbra[38] dahat sang apatya | dènnyarsa tinilar mugsa | rumăngsa kari anggana | wus mangkana ênêngêna | wêwulange Bratasena | mring wayah sang mantri mukya | sinamur rêroncènira ||

18. wuwusên wau kang prapta | utusane Sri Narendra | nimbali Sang Arya Sena | dinalih lamun sang arya | kandhêg dene wayahira | lir tumulih ring siwaya | miwah-miwah ing kawiryanira |[39] sang arya gya lumagsana ||

19. kèrit dutane sang nata | lawan Arya Danurwenda | mêgsih tut wuri kewala | samarga [sa...]

--- 368 ---

[...marga] sarwi karuna | kang eyang saya ardaya | atma lir pêcat sakala | myarsakkên ing wayahira | lir rêtna kentir ring toya ||

37. Maskumambang

1. ya ta wau lampahe Sang Bayusiwi | ingiring kang wayah | Danurwenda atut wuri | sagsana Sang Bratasena ||

2. nolèh marang kang wayah dhinupak aglis | samana sang patya | tampi sasmitaning kaki | gya wangsul mring pasewakan ||

3. lampahira Bayutênaya wus prapti | ngajênganing raka | ngandika Sri Arimurti | yayi Sena paran marma ||

4. kăngsi dangu yayi mas gănira prapti | kabèh kadangira | wus sampêt samêgta sami | iki mung nganti ing sira ||

5. alon matur sira Radèn Bayusiwi | mulane ta ingwang | kăngsi dangu nora prapti | ginubêl [ginu...]

--- 369 ---

[...bêl] ing wayahira ||

6. Danurwenda yèku ngrêrubêti pikir | ambêncanèng lampah | yèn aja banjur sun tangkis | mèh gingsir kênèng rubeda ||

7. alon angling Sri Bathara Arimurti | andupara sira | yayi kênoa ing gingsir | sapa ingkang kaya sira ||

8. kabèh iki kauban ing sira sami | wasitan karingrat | watistha prayitnèng pati | yayi kabèh amung sira ||

9. sawusira mangkana sampun miranti | mijil para garwa | kèrit dening ibu Kunthi | ginarbêg para pawongan ||

10. sru gumuruh tangise wong dalêm puri | wau ta samana | dene Sang Rêtna Untari | kadêrêng kêdah uninga ||

11. wus rinilan sigra budhal sangking

--- 370 ---

puri | kinanthi kang putra | Sang Aprabu Parikêsit | sêdaya wus sami budhal ||

12. akêkanthèn lawan garwanya pribadi | amung Sri Kunthiya | Bathara Krêsna kang nganthi | nulya praptèng pasewakan ||

13. orêg sagung wadyabala ingkang nangkil | miwah kang tumingal | kumêpyur kadi dèn iris | duk tumingal mring sang nata ||

14. mijil waspa kabèh wong Ngastina sami | mangkana sang nata | lawan ingkang para putri | wus lênggah ing singangsana ||

15. kang sewaka tan ewah pangkatirèki | kadi ing sabênnya | amung wêwah para putri | wau wus dangu wiyosnya ||

16. tan antara wau ta sri narapati | lajêng sami lênggah | mrêpêgi kang candhi sari | sagarwa kadang sadaya ||

--- 371 ---

17. para wiku umarêg sampun miranti | ya ta Prabu Krêsna | sasmita kang para aji | Baladewa ingaturan ||

18. nulya Prabu Baladewa amrêpêgi | Untari ingatag | sayogyane sira nini | kundura maring kadhatyan ||

19. lamun sira mêgsih katon ing sayêgti | kabèh wong tuwanta | sayêgti mandhêg tumolih | mring sira dene tinilar ||

20. lah wêlasa kabèh wong tuwanirèki | samona[40] Sang Rêtna | Untari trênyuh ing galih | wasana datan lênggana ||

21. sampun nitih jêmpana manjing jro puri | sru ardayanya |[41] yayah tan panon wiyatdi | sapraptaning dhatulaya ||

22. ênêngêna wau Kusuma Untari | ya ta kawuwusa | Bathara ing Dwarawati |

--- 372 ---

sampun umarêg ing ngarsa ||

23. alon matur mring kang ibu Dèwi Kunthi | dhuh bibi sumăngga | yèn wus samêgta ing galih | nuntên panduka manjinga ||

24. candhi sêkar sampun kadangon puniki | sigra sang lir rêtna | manjing salêbêting candhi | wau ta ingkang tumingal ||

25. trênyuh ing tyas lir coplok poking panggalih | kabèh wong Ngastina | kumêlap gingsir ing galih | wau ta umanjing sigra ||

26. rinacuting ing karsa mawanti-wanti | dangu tan sampurna | tuwin ingkang para rêsi | nityasa angmangastawa ||[42]

27. mêgsa datan prapta antaraning pati | kewran para putra | sigra Prabu Arimurti | amisik mring Yudhisthira ||

28. paran yayi mangkatên anglêlingsêmi | jêng bibi punika |

--- 373 ---

margêgêg kewala yayi | manawi pêthuk ing karsa ||

29. atêrêna Kalimausada nênggih | sigra sri narendra | ngambil Kalimausadi | sinawatkên ibunira ||

30. tan antara sirna angganya sang dèwi | jumêgur ngawiyat | sarêng murcane kintèki | jawata manadukara ||

31. ngudanakên kêmbang-kêmbang wangi-wangi | riris-riris gănda | wida tumêrah ing siti | lêga tyase para putra ||

32. sigra manjing Prabu Yudhisthira aglis | lawan ingkang garwa | amusthi êninging pati | tan antara lajêng sirna ||

33. sakuwănda kalihe nulya wiyadi | jawata ngawiyat | sung tăndha sampurnèng pati | orêg kang bantala obah ||

34. gonjang-ganjing kumocaking jalanidhi | nulya Prabu Krêsna | Sang Sena ingatag [inga...]

--- 374 ---

[...tag] aglis | Wêrkudara alon mojar ||

35. lah ta kakang ingsun ingkang angèrèni | tan arsa wak ingwang | milu pakartinirèki | suka Sri Krêsna parentah ||

36. mring Sang Parta kinèn umanjinga dhimin | mangsah Sang Arjuna | lawan garwanira kalih | praptaning jro candhi kêmbang ||

37. wus angrasuk sira sampurna tumuli | lawan garwanira | sru jumêgur ngawiyati | pratandhanira jawata ||

38. nulya ari Nangkula Sadewa manjing | candhi paripurna | sampurna wau sang kalih | ya ta mung kari Sang Sena ||

39. lawan ingkang raka Prabu Arimurti | alon angandika | samêngko paran ta yayi | aywa kasuwèn riningwang ||

40. sayogyane payo dhinginana yayi | ingsun arsa wikan | marang pakartinirèki | aywa kasuwèn [kasu...]

--- 375 ---

[...wèn] riningwang ||

41. kadangira kabèh wus antara sami | matur Bratasena | iya kakang dèn aririh | ing karsa dipun sêrănta ||

42. nora kêna kêlamun ing jênêng mami | pinarporèng ngarsa | kakang nganggo ngati-ati | tiwasa ing karsa tuna ||

43. tanpa gawe iya jênênge aurip | tan wruh kene-kana | wusanane nêniwasi | ing têmahan mindho karya ||

44. pae kadang-kadangira kabèh sami | yèn Si Bratasena | mangkono pakartinèki | adhuh durung paja-paja ||

45. dungkap marang kanyataaning aurip | uripe sapisan | arsa ginawe ping kalih | ing têmahan iku nistha ||

46. lah dulunên kakang ing mêngko sun iki | praptaning dêlahan | tinata rakiting pati | kanthi utamaning sêdya ||

--- 376 ---

38. Kinanthi

1. Bathara Krêsna lingnya rum | adhuh Sena ari mami | sun iki dahat kacaryan | marang ing wuwusirèki | paran karsa anunggala | Bratasena anauri ||

2. kakang iku wus katutup | lire wus prapta ing janji | kari gadhuh kanyatahan | iya sira lawan mami | mêngko ingaranan kadang | gaib yèn wus praptèng pati ||

3. lah payo kakang dèn gupuh | marganana ingsun iki | iya kasampurnaningwang | kudu nganggo marga sakit | yêgti panuntuning napas | iya kakang dipun aglis ||

4. bubutên kang wulu puhun | yêgti ingsun ngrasa sakit | ing kono marganing pêjah | nulya Prabu Arimurti | anjabut wulu Sang Sena | sawiji kang anèng sikil ||

5. wus kabêthot [kabêtho...]

--- 377 ---

[...t] wulunipun | Bratasena matur aris | dhuh kakang wus dadi marga | dene sun wus ngrasa sakit | sigra Arya Wêrkudara | păncanakanira kalih ||

6. kinêthok kêkalihipun | ya ta wau duk ningali | sira Sri Bathara Krêsna | kang rayi pinêluk aglis | adhuh yayi paran marma | mangkono tingkahirèki ||

7. Bratasena malih matur | lah kakang milane iki | sun tigas kang păncanaka | manawa ngregoni pati | jêr iku dadi busana | karya kasuraning galih ||

8. ing satêmah mangu-mangu | mulane kasêgtèn mami | bawurkên ninging nalanta | Prabu Krêsna brêsbês[43] mili | kang rayi agung sinapa | Bratasena buwang malih ||

9. gêgodhèg wok simbaripun | sadaya [sa...]

--- 378 ---

[...daya] wus pinrih rêsik | Sang Sena lamun sinawang | ical sipating sujalmi | sasampun mangejawantah | cahyanya wênês angrungih ||

10. sru sumorot angênguwung | mangkana Sri Arimurti | sigra rinangkul rinira | sarwi karuna sang aji | adhuh Sena ariningwang | mangkono tekadirèki ||

11. Wrêkudara malih matur | lah kakang jamaning pati | aja misih anggêgawa | rêgêding jisim puniki | pae lan kang padha pêjah | tanpa sinêdya sayêgti ||

12. yêgtine puniku kuwur | riwut angraoskên sakit | mungguh iki raganingwang | patine sinêdyèng kapti | didi[44] ing karsa tan samar | ing rèh samêgta ing kapti ||

13. samana kang samya ngrungu | Prabu Dipayana tuwin | kang eyang [e...]

--- 379 ---

[...yang] Sri Baladewa | miwah kang samya nèng ngarsi | ngênglêng sru kapidtèng[45] driya | trênyuh tyas kadya angimpi ||

14. dènira sami andulu | sagung ingkang para aji | maring kang sami amugsa | yayah nis kang sasotyadi | kang luwih pangajinira | rêntah têlênging jêladri ||

15. paran gonira anggayuh | sayêgti tan bisa ngambil | pinupus onêng kalintang | ilange sotya linuwih | kaya mangkana pamanya | rêntênging wong sanagari ||

16. Bratasena malih matur | lah kakang iku wus prapti | sasmitaning kasunyatan | ana prapta irêng prapti | pan iku lagya sapisan | karsaning kaanan jati ||

17. Bathara Krêsna angungun | ngênglêng angandika malih | paran yayi kang mangkana | Bratasena [Brata...]

--- 380 ---

[...sena] anauri | iya kakang iku jaman | padha misih sangking mani ||

18. nanging yèn kang salah surup | kagupuhên ing pangègsi | tibèng kono luwih sasar | jêr dulu ingkang dèn anti | Sena kèndêl wuwusira | ngêningkên karsanirèki ||

19. winisik ing karnanipun | kinumpul ing tyas sawiji | rinasuk pacuhanira | rinakit jagatirèki | nglela nora kêkalingan | Bathara Krêsna lon angling ||

20. adhuh Sena ariningsun | pagene sira tan angling | apa yayi anèng sira | Wrêkudara anauri | kakang iki manèh prapta | pratăndha kang kaping kalih ||

21. rêta kadulu maringsun | iya padha sangking mami |

--- 381 ---

yèn tan age-age karsa | tan wun kăngsi tibanèki | ya mêgsih panggawe sasar | Wrêkudara kèndêl malih ||

22. panarêgira tan asru | ing napas datan katawis | kang mulat nora graita | jatine wus anêngahi | Bathara Krêsna lon mojar | kang rayi sinapa malih ||

23. ya pagene ariningsun | têka sira kèndêl malih | apa ingkang katingalan | Bratasena anauri | lah iki pita katingal | ana prabane nêlahi ||

24. dene iki iya dudu | jatine kaanan jati | yèn kagimirên ing tingal | yagti dêdunung ing kuning | kabèh kadang-kadangira | kakang mung praptèng ing ngriki ||

25. pijêr padha kadung kawruh | nora sarănta ing budi | iya lamun jênêng [jê...]

--- 382 ---

[...nêng] ingwang | durung paja-paja ugi | kabèh iku angrêncana | anyampuri kang sajati ||

26. Sang Sena kèndêl tan muwus | ing karsa pinusthi malih | angayun-ayun kang nyata | Sri Krêsna graitèng galih | luwih têmên ariningwang | tyase amindha jaladri ||

27. kang rayi sinapa gupuh | paran kèndêlira yayi | apa maning katingalan | Wrêkudara anauri | ana jamman[46] warni seta | prabane anglêluwihi ||

28. parandene masih durung | sajatine kang sayêgti | nanging ta wus parêg uga | kakang mung kurang ping kalih | mangu-mangu Prabu Krêsna | ngênglêng dènira miyarsi ||

29. Sang Sena malih andulu | lir prabane ujwaladi | sumunu gumilang-gilang | lir wêwayangan payêgti[47] | sirna malih kang katingal |

--- 383 ---

sinamar jatining warni ||

30. kakang lah iki wus rawuh | jatining panunggal mami | sigra Sang Sena samêgta | sidhakêp astanya kalih | ngèsthi mring wujut satunggal | sri nata umangkat aglis ||

39. Sinom

1. mugsane Sang Wrêkudhara | saantarane pangègsi | lire mung sakêdhap netra | cahyaning sugsma[48] duk prapti | anglimputi sabumi | gumilang-gilang kalangkung | mung sagêbyaring kilat | sarêng lawan Bayusiwi | mugsanira mring kaananing panunggal ||

2. caritaning Bratasena | jatining Islam sayêgti | kakekate luwih mulya | duk kawêjang Dewa Ruci | anèng têngah jaladri | sinu[49] wêwisik satuhu | marang sang dewa bajang | Bratasena ing samangkin | jawining Slam wus pinanci [pi...]

--- 384 ---

[...nanci] rijallolah ||

3. yèku kang aran Sèh Senan | mangkana winarna malih | nênggih Sri Bathara Krêsna | lawan Sri Baladewaji | miwah Sri Parikêsit | myang sawadyabalanipun | nalikanya tumingal | Sang Sena mugsanirèki | netranira lir sinaput tanpa mulat ||

4. balêrêngi dening cahya | kadya katênggêngên sami | lape tan ana nyan[50] wikan | dupi sampurnèng pangègsi | sirna wus tan kaègsi | kabèh tyasira kumêpyur | muriring sru mangarang | rêntênging driya mung tangis | kingis kusus ngênêsi wong sanêgara ||

5. praptandhanirèng[51] duhkita | dêlajat saya gung prapti | sigra Sri Bathara Krêsna | samêgta mangkat tumuli | ing kamugsan pinusthi | sagsana sirna sang prabu |

--- 385 ---

ilang kamanungsannya | jumêgur ing ngawiyati | pêtêng dhêdhêt limêngan sapanangkilan ||

6. obah kang pra bala molah | lindhu orêg gonjang-ganjing | jinjang Sang Hyang Ăntaboga | gêtêr patêr ingkang wukir | lir sugsma kurdhèng bumi | winangsul ing awang-uwung | sigra kang pra pandhita | ngumpul sarêng mangastuti | amêminta ing dewa lêstarinira ||

7. karaharjaning kanang rat | tan antara andhatêngi | marmaning Sugsma Kawêkas | êruh limêngan sirna nis | riris ris wus ariris | samirana ingkang têdhuh | dhêdhêt papêtêng ilang | mung kari ngênglênging ati | trênyuhira wardayane sanêgara ||

8. wau ingkang para wayah | sru kakênan ing tyas tistis | myang Bagawan Baladewa | kagyat tan among

--- 386 ---

gêng wingit | èngêt ingkang samya nis | kapêtêg ing tyas sumaput | mêpêt driya mangarang | Prabu Dipayana Aji | mèh tan emut kalimput ngênglênging driya ||

9. labête magsih taruna | andhempok sri narapati | luntur sangking ing dhampar mas | sumaput munggèng ing siti | gupuh Baladewaji | kang wayah cinandhak sampun | pan sarwi tinangisan | dhuh emuta sira gusti | lamun dadya kalêngkaning pramuditya ||

10. wêlasa wong sanagara | kabèh kadang warga sami | yèn gusti têmah antaka | sapa ta ingkang siniwi | lawan kang nêdya kèri | yêgti mèlu kabèh lampus | milane sri narendra | dèn tulus asih ing bumi | duk miyarsa Sang Aprabu Dipayana ||

--- 387 ---

11. èngêt sanalika lênggah | ing dhampar sêsotya adi | pinupus papêsthènira | lipur tyas wong sanêgari | wau sri narapati | alon pangandikanipun | parentah amêmatah | panunturirèng[52] kapatin | lawan kinèn ambage kang candhi kêmbang ||

12. maring kang para pandhita | miwah kang badhe binêsmi | ki patih matur sandika | sampun binage tumuli | miwah ingkang binêsmi | pinanjingkên gêni murub | candhi wusing ngobaran | têlas sadaya tan kari | paripurna panuturirèng kamugsan ||

13. sang nata kundur ngadhatyan | bubar kang samya tinangkil | amakuwon [a...]

--- 388 ---

[...makuwon] sowang-sowang | marêngi salining warsi | taun surya winilis | winarna sangkalanipun | jroning pandhita mugsa | sarira gunaning rêsi |[53] taunira căndra mangkana ingetang ||

14. winuwus sêngkalanira | kacampuh oyaging wukir |[54] sêmana datan winarna | rêrêm antaranirèki | gunging ingkang prihatin | sanagara grah angadhuh | ing mangke wus sampurna | mari kang duhkitèng galih | sri narendra anuju sawiji dina ||

15. miyos tinangkil sang nata | pêpag[55] sagung kang sumiwi | andhèr ingkang para raja | miwah satriya bupati | supênuh păncaniti | kya patih kêkalih ngayun | sira Sarya Dwara |[56] lan Danurwenda [Da...]

--- 389 ---

[...nurwenda] tan têbih | ingkang parêg ing ngabyantara narendra ||

16. tuwin kang eyang Mandura | lan Suhbrastha jajar linggih | kanan keringe kang wayah | ngamping-ampingi tan têbih | risang prabu taruni | lênggah ing dhampar mas murub | pinatik ing sêsotya | lèmèk babut prangwêdani | sri kawuryan dhêdhampar rinaja rêngga ||

17. prabaning sapanangkilan | lir raditya tibèng bumi | sêmbada kang madêg nata | ruruh taruna rêspati | tuhu kêlamun pêkik | cahya amindha sitèngsu | ngasorkên langêning rat | kucêm kang samya anangkil | kaungkulan rêspatine prabunira ||

18. samana Sri Dipayana |

--- 390 ---

wus pinasthi ing dewadi | kalengkaning pramudita | tinitah narendra adil | tanah Jawi miwiti | ing mangke sira sang prabu | matur marang kang eyang | Bagawan Baladewaji | lamun badhe angadêgakên punggawa ||

19. para santana Ngastina | têdhake Kurawa nguni | lawan ari ing Mandura | miwah kadang Dwarawati | kang eyang sukèng galih | jumurung ing karsa prabu | sêgsana aparentah | sadaya kinèn nimbali | ingkang badhe samya kinarya punggawa ||

20. kya patih matur sandika | sampun sami dèn timbali | Mandura Radèn Sarsana | Radèn Dewana kang rayi | sutèng Wiratha nênggih | Radèn Sêsa kalihipun | lan rayi Dyan Satmata | sutane Hulmuna

--- 391 ---

katri | katigane anama Radèn Armata ||

21. kang rayi Prabu Udwara | dene wayah Dwarawati | sutane Arya Sarana | Radèn Sesa kang wêwangi | Dyan Saraba wêwangi | lawan wontên wayahipun | wasta Radèn Mambara | Arya Durbara kang siwi | ingkang wayah punika Radèn Durmuka ||

22. tuwin Rahadèn Sarata | sutane Wirutaruni | wayahe Sang Jayadrata | dene wayahe Drupadi | Drusthajumênasiwi | Radèn Dhêsthara ranipun | arine Sri Gusthaka | ing Ngamarta Sri Bupati | miwah sutanira Sang Prabu Mandraka ||

23. nênggih Sang Prabu Kisrawa | Arya Kèlu kang wêwangi | wayahe Sang Burisrawa | sadaya wus dèn timbali | praptèng byantara aji | sang nata sampun dhêdhawuh |

--- 392 ---

sagunging pra santana | kinarya punggawa sami | wus pinangkat sadaya kawiryawannya ||

24. sadaya nuwun sandika | sigra samya mangênjali | ing padane sri narendra | kang mêntas ngadêgkên nênggih | nulya malih nimbali | Dhanyang Prawa wastanipun | Bagawan Erawana | punika ingkang sêsiwi | wayahipun nguni Bagawan Mètreya ||

25. nênggih kinarya Bramana | nuwun sandika turnèki | wau ta sri naranata | wus dangu dènnya anangkil | jêngkar lumêbèng puri | kang sewaka bubar sampun | mring wisma sewang-sewang | samana datan winarni | lêlampahan nênggih sajroning sawarsa ||

26. wuwusên asalin warsa | taun surya kang winilis |

--- 393 ---

anênggih sêngkalanira | têrus madhaning sang rêsi | taun căndra marêngi | samono sêngkalanipun | pêksa angganing arga | cocapa[57] mêgsih winarni | wontên ratu sura prakosèng ngayuda ||

27. Maha Prabu Maheswara | ing Singgêla prajanèki | sutane Sri Bagadênta | ratu pratomèng ngajurit | sugih bala sinêgti | miwah ta pêpatihipun | kasub kaonang-onang | kasêntikaning ngajurit | ing nalika sêmana Sri Mahèswara ||

28. budhal marang ing Ngastina | anêdya malês pêpati | marang têdhaking Pandhawa | arsa pinurwèng ngajurit | karana duk ing nguni | ingkang rama sedanipun | Sang Prabu [Pra...]

--- 394 ---

[...bu] Bagadênta | Sang Arjuna kang matèni | pinarwasèng nalika prang Bratayuda ||

29. mila sakêlangkung duka | mangănta-ănta sang aji | praptèng talatah Ngastina | lajêng ngrayah ngrêrusuhi | sang nata sawadyèki | saha sami ngamug[58] punggung | nir baya nir wikara | suka samya mêmatèni | wadyabala gêng alit bêrêg maesa ||

40. Durma

1. Gègèr otêr mantri tampingan lumajar | manjing jroning nêgari | sigra tur uninga | maring sri naranata | nuju miyos sri bupati | aglar kang seba | supênuh păncaniti ||

2. wadyabala prawira kang para nata | andhèr byantara aji | sigra wong tampingan |

--- 395 ---

lajêng umatur nêmbah | katur sasolahirèki | praptaning mêngsah | miwiti amêkasi ||

3. sri narendra kagyat duk miyarsa turnya | gugup parentah nuli | maring Patih Dwara | sawadya para nata | ingkang eyang dèn aturi | praptaning mêngsah | kinèn mapaga jurit ||

4. lawan pamanira Sang Arya Suhbrêstha | kinèn nindhihi jurit | lan bocah Ngastina | kabèh matur sandika | nulya ngadhaton sang aji | kang wadyabala | siyaga ing ngajurit ||

5. tan antara sadaya samêgta budhal | rêrikatan wus mijil | ingkang wadyabala | kadya samodra wutah | bêlabar ngêbêgi bumi | gunging kang wadya | sagêgamaning jurit ||

--- 396 ---

6. pangiriting prang Bagawan Baladewa | lawan Suhbrêstha nênggih | Patih Danurwenda | miwah Arya Suhbrêstha | Wiratha saputranèki | Arya Kawakya | sagêgamaning jurit ||

7. miwah Prabu Sêtyaka ing Lesanpura | nênggih Prabu Sêtyaki | sawadyabalanya | lawan Natèng Ngamarta | Prabu Dêsthaka Sang Aji | samya gambira | praptèng jaban nêgari ||

8. nata baris balabar ngêbêgi papan | pajêg tan nguciwani | wau ta kocapa | baris mêngsah Singgêla | dupi katingalan sami | wadya Ngastina | angrèp sami umijil ||

9. sri[59] gumuruh wadya Singgêla umangsah | tan taha nêmpuh wani | duk ing angkatira | sangking nêgri Sigêla |[60]

--- 397 ---

tan ana kang nêdya urip | mala[61] tandangnya | tansah dènnya mangungkih ||

10. gumarêgut lir sardula amêmăngsa | samya byuk ambêg pati | sigra pinrabutan | dene[62] wadya Ngastina | gumuruh kagiri-giri | rame kang swara | tan ana nguciwani ||

11. ramene prang gêgaman sarêng têmpuhnya | lumarap ngilat thathit | danguning ngayuda | tan ana kang kasoran | sami prawirane kalih | mungsuh lan rowang | wus samya ambêg pati ||

12. pêtêng dhêdhêt balêdug nglimputi papan | kawur riwuting jurit | kumêl kiwuling prang | agênti long-linongan | Arya Nirbita kasilip | lena solahnya | sêdya madyaning jurit ||

13. dene[63] Patih Singgêla

--- 398 ---

kang amarjaya | wau duk aningali | Sang Arya Kawakya | lamun kang rama seda | bramantya anêmpuh wani | gêtêming yuda | ngungsir yudaning patih ||

14. lamun Arya Kawakya madyèng alaga | lawan raminirèki | Sang Arya Nirbita | sigra Sang Danurwenda | pêpulih nêngah ing jurit | singa cinandhak | tinapuk angêmasi ||

15. Kyana Patih Nirbaya gupuh anyandhak | Alugoranirèki | kêni Danurwenda | kasawat Ngalugora | Tantular sumyur nèng siti | nulya kacandhak | Sang Nirbita binanting ||

16. angganira Patih Singgêla tan kalap | mawut wus angêmasi | dene Danurwenda | ngamuk sura tan taha | tuhu prakosèng ajurit | punggawanira | Singgêla tumpês tapis ||

--- 399 ---

17. wus katingal dene Prabu Wageswara[64] | lamun patihe mati | miwah punggawanya | kathah kang kaparcondhang[65] | bramantya sigra ngawaki | mangsah anêngah | kotbuta sru mangungkih ||

18. pinarbutan dening sagung raja-raja | Ngastina yitnèng wèsthi | Patih Danurwenda | myang Natèng Lesanpura | miwah Natèng Dwarawati | miwah Ngamarta | Prabu Dhusthaka Aji ||

19. tinindhihan ing Bagawan Baladewa | samya ngawaki jurit | mapag yudanira | Sang Prabu Maèswara | ing aprang sampuna panggih | kinandhang-kandhang | dene kang para aji ||

20. Sri Narendra Singgêla wau duk mulat | lamun kinalang sami | sang nata gambira | tan kewran solahira | sura tan taha bêg pati | sigra narajang |

--- 400 ---

mring Danurwenda Patih ||

21. tinadhahan panggah sami prakosanya | datan kuciwa kalih | ngadu kaprawiran | datan ana kasoran | dangu-dangu sri bupati | kontit solahnya | ing yuda wus katitih ||

22. dyan tinêpak dening Patih Danurwenda | pêcah jajanirèki | sumyur wor ing kisma | galêpung angganira | wadya sasisaning pati | bubar sar-saran | ing yuda wus katitih ||

23. kang kacandhak lajêng sami tinawanan | lajêng sapih kang jurit | Prabu Baladewa | lan sagung para nata | wus samya ngumpul kang baris | maring paseban | ngasokakên wadyalit ||

24. Sri Bagawan dahat sungkawaning driya | lan sagung para aji |

--- 401 ---

sedane Nirbita | miwah Arya Kawakya | karănta-rănta prasami | wadya Wiratha | umyang sami anangis ||

25. bilulungan ardaya sarowangira | dènnya kelangan gusti | tambuh solahira | ura tataning wadya | lir sapu tanpa têtali | kuwur sêdaya | wong Wiratha kang kèri ||

26. wus sinapih marang Prabu Baladewa | ajana kang prihatin | dèn padha narima | yèn titahing jawata | lenane gustinirèki | wus janjinira | satriya mati jurit ||

27. wruhanira pêpacanganing utama | yêgti nisthaning urip | mulane ta padha | maria duka karsa | patine Nirbita iki | sanadyan nistha | têmah manggih utami ||

28. duk miyarsa sagung kang bala

--- 402 ---

Wiratha | mring pangandika aji | wus lêjar sadaya | pinupus papêsthènnya | karsaning jawata luwih | dadya samana | lêjar wus ngumpul sami ||

29. tunggil wadyanira para raja-raja | wau ta kang winarni | ing antaranira | lawan sirnaning mêngsah | sawusnya putus kang pikir | lajêng budhalan | tan winarna ing margi ||

30. praptèng pura kang sami mêntas ayuda | nulya atur udani | maring sri narendra | sêdaya tinimbalan | Patih Dwara kang angirit | praptèng byantara | nata wus tata linggih ||

31. Sri Bagawan Baladewa ingacaran | satata lan sang aji | lawan ingkang paman | Suhbrêstha Risang Arya | Sri Sêtyaka lan Sêtyaki | lênggah nèng ngarsa | satata lan sang aji ||

32. Patih Dwara jajar lawan [lawa...]

--- 403 ---

[...n] Danurwenda | miwah Ngamarta Aji | mangkana sang nata | nambrama ing pambagya | Bagawan BaladewaJi | atur pawarta | sasolahing tinuding ||

33. ing wiwitan kăngsi praptèng ing wêkasan | suka ngungun ing galih | sukaning kang mêngsah | sirnane tan kukupan | dene pangungunirèki | Arya Nirbita | lena madyaning jurit ||

34. lawan Arya Kawakya seda ing rana | sungkawèng tyas sang aji | têmah rawat waspa | kabèh kang anèng ngarsa | bela sungkawaning gusti | dadya samana | pinupus wus pinasthi ||

35. karsaning Hyang kang murbèng Jagat Pratingkah | wus têntrêm kang prihatin | gya ginanjar samya | kang mêntas sangking yuda | ing wastra warata sami | sagung

--- 404 ---

narendra | suka anggambuh sami ||

41. Gambuh

1. ngandika sang aprabu | aparentah maring para ratu | miwah marang rêkyana patih kêkalih | kang dadya karsa sang prabu | nagri Wiratha samêngko ||

2. ingaturkên kang ibu | dadia panandhon bae iku | mari dadi nagara lawan kinardi | udyana lêlangên prabu | miwah karsane sang katong ||

3. ingalih mring sang prabu | aran ing Ngandong Wilis wus mungguh | dene sagung punggawa Wiratha nguni | samya kinèn atêtunggu | ing lêlangên sang akatong ||

4. kya patih kalihipun | miwah sagung ingkang para ratu | tur sandika wus misuwur sanêgari | wadya Wiratha sêdarum | wus kalilan mulih bodhol ||

5. wau ta

--- 405 ---

para ratu | wus dangu nèng ngarsa sang aprabu | sampun sami pamit mijil dèn lilani | Prabu Sêtyaki mit sampun | mring Wiratha pura katong ||

6. nênggih kalilan sampun | praptaning jawi kang para ratu | amakuwon sajuru-juru prasami | ya ta sajroning kadhatun | nila kagumah ing wartos ||

7. Nirbita sedanipun | lawan Arya Kawakya ing pupuh | kêpiyarsa dening Sang Rêtna Untari | kagèt tyasira kumêpyur | trênyuh ing tyas sang lir sinom ||

8. kawuwuhan sang prabu | awêwarta marang ibunipun | sangsayarda ing driyane sang lir ratih | kang putra agung mangimur | amrih lipuring wirangrong ||

9. kang ibu sampun lipur | sri narendra matur karsanipun | ing Wiratha mantun kinarya [kinar...]

--- 406 ---

[...ya] nagari | mung dinamêl tamanipun | kang ibu măngka panandhon ||

10. kang ibu sukèng kalbu | gêntya malih mangkana winuwus | sawusira ing antara dina malih | nênggih Sri Sêtyaka Prabu | maring Lesanpura bodhol ||

11. datan winarnèng wuwus | lêlakoning pura jro sataun | kawuwusa anujoni salin warsi | tauning surya ingetung | sêngkalannya winiraos ||

12. sirna caturing paku |[66] taun căndra mangkana winuwus | sinangkalan guna rêtuning kang ardi |[67] wontên malih kang winuwus | ana ratu gung kinaot ||

13. sang nata prajanipun | ajêjuluk Drasisara Prabu | sura sêgti măndraguna ing ajurit | ing nguni ingkang sêsunu | Pratimeya Sang Akatong ||

--- 407 ---

14. ing nguni ramanipun | Partimeya[68] nênggih sang aprabu | sedanira Sri Pandhawa kang mêjahi | duk aprang nèng Têgal Kuru | kinasorkên ing prang pupoh ||

15. duk sêmana sang prabu | budhal saha bala wadyanipun | apan arsa malês ukum mring nagari | Ngastina arsa ginêmpur | sumêdya apêrang popor ||

16. samana lampahipun | Natèng Manggada sawadyanipun | apan kèndêl masanggrahan nèng wanadri | arêmbag lan patihipun | ing rèh tingkahing palugon ||

17. Patih Prataman matur | adhuh gusti pukulun sang prabu | pawartining Ngastina sugih prajurit | anom-anom sudibya nung | nêracak pratomèng kewoh ||

18. ngandika sang aprabu | iya

--- 408 ---

patih dèn yitna ing kewuh | pan wus gumyah pawartane padha sêgti | wong Ngastina yèn apupuh | sarèh solahe têtanggon ||

19. dene ta sira besuk | dèn abisa nut ing solah mungsuh | dadi nora kuciwa ngadu kasaktin | sagêndhinge mungsuh tinut | yêgti ing prang tan kaloloh ||

20. patih nêmbah umatur | dhuh pukulun ing karsa sang prabu | inggih langkung prayogi ambêgking[69] aji | anut ing karsaning mungsuh | botên kuciwa tinonton ||

21. kêlamun ambêg ratu | wasa-wasa kadarpa ing mungsuh | ing têmahan kasilip têmahan kontit | jêr mêngsah tuwan pukulun | anggulang jayèng palugon ||

22. nêmên pamujanipun | tapabratane sami binêntur | mila gusti

--- 409 ---

prajurite sêgti-sêgti | anom-anom bagus-bagus | tilar panggawe kang awon ||

23. pae tiyang pukulun | karêm piala sayêgti mêsum | manis ilang ulate sêmu nyênyêngit | wong Pandhawa nora kingguh | marang panggodha mangkono ||

24. dalah lêlarènipun | bêbayine kang mêgsih kêkuncung | anêracak sampun kaserenan sêgti | ocèh-ocèhane mungsuh | yêgti gêdhene sugih sot ||

25. sosote langkung ampuh | ambo[70] eram mirêng wartosipun | botên jamak bêbayi bisa nyalênthik | gêgithok lajêng abucu | angsal mripat yêgti cethok ||

26. botên katênta ulun | amuja ya kasêgtène mungsuh | amung inggih supaya yitnaning [yi...]

--- 410 ---

[...tnaning] wèsthi | sampun tuwan grusa-grusu | amrih sirnane kang mungsoh ||

27. ngandika sang aprabu | sira aku[71] luwih anggadêbrus | ngunggulakên kasêgtène mungsuh mami | nanging bênêr ing aturmu | amung dèn angatos-atos ||

28. sabarang rèh pitutur | ala bêcik sayêgtine pemut | ngelingakên alaning driya kalêmpit | ing parentah yêgti punjul | ing kawruh pan nora asor ||

29. kyana patih andhêku | sri narendra malih ngandika rum | yèn mangkono patih budhala tumuli | iku wus lami nèng ênu | kya patih parentah botdhol ||

30. ing marga tan winuwus | praptèng talatah Ngastina laju | angrêrayah ngrêrusak amêmatèni | gègèr dhusun sami suwung | binahak sami binoyong ||

31. mantri

--- 411 ---

tamping lumayu | lumêbèng pura marêg sang prabu | sri narendra anuju miyos tinangkil | ing păncaniti supênuh | pêpak ingkang para katong ||

32. andhèr kang prawita[72] nung | ri sêdhêng agambira prang pupuh | Sri Bagawan Baladewa munggèng ngarsi | lan Suhbrastha jajaripun | măngka pamukaning[73] kewoh ||

33. patih kêkalihipun | munggèng ngarsa lawan para ratu | duk sêmana praptane kang mantri tamping | jumujug ngarsa sang prabu | umatur sarwi wotsinom ||

34. katur sasolahipun | amiwiti lan wêkasanipun | praptanira ripu ing Manggada nêgri | jiwining[74] kitha kinêpung | gugup wau sang akatong ||

35. sigra parentah gupuh | mring Patih Dwara kinèn amêthuk | yudanira [yuda...]

--- 412 ---

[...nira] mêngsah Manggada kang prapti | ya ta sri bagawan matur | nuwun lalah[75] badhe miyos ||

36. nindhihi ing prang pupuh | nanging kang wayah datan panuju | kinèn gilir ingkang dèrèng manggut jurit | pênêt asoa karuhun | yuda kênaka gumantos ||

42. Pangkur

1. wau ta datan kawarna | wus ngadhaton wau sri narapati | kya patih parentah sampun | samêgta ing ngayuda | Patih Dwara têtindhihira prang pupuh | lawan nata ing Mandura | Prabu Udara Sang Aji ||

2. miwah nata ing Mandraka | nênggih Prabu Kisbawa anindhihi | panêtêking aprang pupuh | punggawa kang binêgta | Arya Sêgsa lan Saraba Arya Kètu | kapat Sang Arya Sasaga | sawadyabalanirèki ||

3. miwah wadya durandara |

--- 413 ---

wus samêgta sakapraboning jurit | tan antara budhal sampun | gumuruh swaranira | wadyakuswa sangking jro nagara brubul | wahana mawarna-warna | tan etung gunging kang baris ||

4. dupi praptèng ing jro kitha | wus katingal barise mungsuhnèki | Patih Dwara undhang gupuh | kinèn manggut ing yuda | sigra mangsah wong Ngastina kadi alun | nêmpuh baris ing Manggada | mungsuh rowang ambêg pati ||

5. nir baya lan nir wikara | carup uwor tan ana nguciwani | ing ayuda amrih kiwul | pêpati tan petungan | long-linongan wong Manggada akèh lampus | wor wangkene kuda liman | wahana akèh ngêmasi ||

6. awêngis wong ing Manggada | sru bramantya

--- 414 ---

Patih Drastawa aglis | angawaki ing prang pupuh | saha datanpa tata | kang katrajang mawut kang kacandhak lampus | wong durandara kang pêjah | kasambut madyaning jurit ||

7. Karmaka lawan Patima | myang Susalèn pêjah madyaning jurit | bramantya sang mantri ngayun | tuwin sagung punggawa | miwah para nata ngawaki prang pupuh | Patih Manggada pinapag | dene Saraba ing jurit ||

8. kasilir prange ki patya | gya cinandhak tinapuk angêmasi | lajêng manêngah mangiwung | wau Radèn Saraba | mobat-mabit dènira mangungsir kiwul | wong Manggada akèh pêjah | dene[76] Saraba ngajurit ||

9. ngisis wadya ing Manggada | asar-saran samya angungsi urip | sakarine [sakari...]

--- 415 ---

[...ne] ingkang lampus | tan ana nêdya panggah | langkung duka nênggih Pratisara Prabu | sigra mangsahkên matêngga | arsa ngawaki ajurit ||

10. praptèng madyaning payudan | ngamuk punggung nirbaya nadi wèsthi | mawa bindi sru mangiwung | sêgsana kinêmbulan | para nata Ngastina barêng tumanduk | anyênyiwo buri ngarsa | binalang sinupit-supit ||

11. wong Ngastina barêng surak | tri gumuruh yayah nêkêr wiyati | ing Manggada sang aprabu | sayarda kruranira | agambira kinêmbulan ing prang pupuh | tan kewran ing solahira | singa katrajang angisis ||

12. wong durandara kang pêjah | pun Karsula myang wadyèng Mandrakaji | kang sami pêjah ing pupuh | awasta pun Sambara | Kartimeya [Karti...]

--- 416 ---

[...meya] wong Mandura ingkang lampus | pun Maunydara[77] kêlawan | Durareka sarêng mati ||

13. Patih Dwara sru bramantya | sigra mapag yudane Sri bupati | pinarbutan wus kapangguh | Natèng Manggada tanya | apa sira ratu ing Ngastina Prabu | têdhaking Nata Pandhawa | dene warnamu rêspati ||

14. Patih Dwara asru ngucap | dudu ingsun iki amung pêpatih | Prabu Pratisara muwus | eman tan dadi raja | dene iya warnamu anom abagus | kalingane sira patya | kang mêmatah bumi-bumi ||

15. Sri Manggada lajêng nyawat | bindi maring kya patih gya nadhahi | sinarêngan sarêng ucul | warastradi pamungkas | têmpuh lawan bindi sarêng panah laju | ngênani [ngê...]

--- 417 ---

[...nani] natèng Manggada | pagas jangganya ngêmasi ||

16. wangkenya gumuling kisma | suka kabèh kang samya aningali | patine Manggada Prabu | sagung wadya Ngastina | parêng[78] surak gumuruh lir guntur sèwu | wau ta bala Manggada | sasisane ingkang mati ||

17. prasamya nungkul arisan | wus tinawan sinapih ingkang jurit | para nata samya ngumpul | marêp ing ngarsa patya | tuwin wadya prawira pratiwa nung |[79] tan antara lajêng budhal | sawadya manjing nagari ||

18. tan kawarna lampahira | sampun praptèng jro nagara kya patih | wus katur uningèng prabu | sadaya tinimbalan | manjing pura sadaya kang para ratu | kèrit Ki Patih Dwara |[80] miwah Danurwenda [Da...]

--- 418 ---

[...nurwenda] Patih ||

19. myang Bagawan Baladewa | lawan Arya Suhbrastha manjing puri | tuwin ingkang wadya kantun | sampun sami aseba | Sri Bagawan Baladewa tata lungguh | lan wayah sri naranata | tuwin Suhbrastha anunggil ||

20. dene ingkang para raja | jajar lawan rêkyana patih kalih | para punggawa ing pungkur | mangkana sang apatya | sampun matur sasolahira prang pupuh | wiwitan praptèng wêkasan | sang nata suka ing galih ||

21. tuwin kang samya miyarsa | para wadya punggawa ingkang kari | arsambêg sadayanipun | sirnane mungsuhira | wus mangkana samya ginanjaran sampun | wastra warastra kang indah[81] | kang mêntas amangun jurit ||

22. myang kabèh

--- 419 ---

ingalêmbana | suka nuwun prasamya anampani | wau Sri Mandura Prabu | lawan Natèng Mandraka | ing Ngamarta katiga apamit sampun | kundur marang prajanira | kalilan lajêng umijil ||

23. bubar kang samya sewaka | amakuwon sajuru-juru sami | sang nata manjing kadhatun | samana tan antara | prabu katri sêsarêngan budhalipun | wus lajêng ing lampahira | datan kawarna ing margi ||

24. praptèng praja sowang-sowang | suka sokur sarawuh ing nagari | nêngna ingkang para ratu | kang maring prajanira | tan kawuwus lêlakon sajroning taun | marêngi asalin warsa | tauning surya winilis ||

25. anênggih sêngkalanira | amarêngi bumi oyaging ardi |[82] tauning căndra ingetung | winangun [winang...]

--- 420 ---

[...un] sangkalanya | duk sêmana catur akarênèng gunung |[83] wau ta kang cinarita | wontên ratu sura sêgti ||

26. nama Prabu Inggardana | nguni putranira Sri Gardapati | ing Kasapta prajanipun | ing mangke sri narendra | saha wadya maring Ngastina lumurug | nêdya malêsi kang pêjah | mring têdhak Pandhawa nguni ||

27. marma mangkana sang nata | amurina sedane ramanèki | duk aprang nèng Têgal Kuru | ngêdali Bratayuda | Sang Arjuna nênggih kang mrawasèng pupuh | mila Sang Prabu Gardana | mring Ngastina andon jurit ||

28. ing sawadyabalanira | Kyana Patih Wikalpa datan kari | umiring ing gustinipun | ing marga tan winarna | praptanira Ngastina sadaya ngamuk | samana Sri Dipayana | anuju miyos tinangkil ||

--- 421 ---

29. sawadyabala narendra | ambêlabar andhèr ing păncaniti | wau mêngsah praptanipun | ing jro praja umangsah | saha bala mayuta maèwu-èwu | gègèr kang samya sewaka | gugup sigra mangsah sami ||

30. mêdali yudane mêngsah | wong Ngastina riwut solahirèki | mungsuh rowang pêrang têmpuh | sami krura kalihnya | lir prahara ruhara swaraning mungsuh | rame gantya long-linongan | wong Ngastina akèh kanin ||

31. ing yuda dèrèng siyaga | sru kabutuh kapêlag ing ngajurit | labêt ing solah kasusu | gugup kagèt kewala | sruning kuwur kawut kaamuk ing mungsuh | wadya lit samya sar-saran | angungsi wurining gusti ||

32. bramantya wirèng Ngastina | miwah sagung [sa...]

--- 422 ---

[...gung] pra ratu angawaki | umangsah angungsir kiwul | wadyèng Kasapta panggah | arame rok bandawala têpung bau | wau tan ana kasoran | ing ayuda amrih ungkih ||

33. dangu-dangu wong Kasapta | ing ayuda mangungkih tan pakolih | kaloloh pêpatihipun | sigra Radèn Dewana | pinêlandang Patih Kasapta sinuduk | pêjah kang kuwănda sirna | wong Kasapta samya ngisis ||

34. kèngsêr ngungsi ing gustinya | Sri Narendra Gardaka duk ningali | sirnane pêpatihipun | sang nata langkung duka | sigra mangsah ngawaki angamuk punggung | singa katêrajang bubar | kang kêcandhak angêmasi ||

35. pinarbutan para nata | Patih Danurwenda lajêng ngawaki | yudane Kasapta Prabu | rikat sang mantrimuka |

--- 423 ---

Sri Gardaka pinanggut sampun kapangguh | pupuh-pinupuh sarêng wal | sami prawirane kalih ||

36. kotbuta sami kruranya | mèh katimpah sira anindyamantri | èngêt ing wèwulangipun | kang eyang Bratasena | sakèh aji jaya kabèh tumpêg sampun | raris nalika mangkrak |[84] yèn sinawang apatih |[85]|

37. sarira kadi prabata | rema măngka ima manglimput wukir | sêgu lir galudhug sèwu | netra lir surya kêmbar | pangrasane sagung kang samya andulu | tuhu yèn lêlananging rat | Danurwenda Sang Apatih ||

38. angantêp yuda sang patya | dangu-dangu Gardaka Sri Bupati | kalimpe ing yudanipun | cinandhak mring sang patya | gya sinêmpal-sêmpal angganira prabu | wadya sakarine pêjah | giris [giri...]

--- 424 ---

[...s] manahe awingwrin ||

39. wruh ratune kaparcondhang | wong Kasapta gung alit mawut sami | sar-saran sasolahipun | wong Ngastina amulat | brasthaning kang mungsuh sigra sami anglut | ana kang kacandhak pêjah | ana kang anungkul urip ||

40. ing yuda wus tinêtêgan | para ratu ngumpul marêg ing gusti | sang nata sawadya wangsul | lênggah ing pasewakan | ginarêbêg ing wadya kang para ratu | praptèng păncaniti lênggah | ing dhêdhampar mas rinugmi ||

41. lan eyang Sri Baladewa | lan kang paman Suhbrastha datan têbih | ngarsa patih kalihipun | tuwin wadya punggawa | sri narendra dahat sukanirèng kalbu | sasirnaning mungsuhira | sri nata ngandika aris ||

--- 425 ---

43. Sinom

1. lah sira miyarsa warta | pinangkane mungsuh iki | lawan sapa jênêngira | Patih Dwara turnya aris | amba miyarsa gusti | ing Kasapta nêgrinipun | duk nalikaning sumbar | sutane Sri Gardapati | ajêjuluk punika Prabu Gardaka ||

2. Sri Bagawan Baladewa | nambungi wacana aris | hèh kulup rêkyana patya | wawêlinge yayi aji | eyangira ing nguni | mêmalangi maring ingsun | duk padha arsa mugsa | sun arsa milu pinênging | kinèn kari ing wuri akèh bêbaya ||

3. ngungkuli kang wus kalakyan | iki kulup nora sisip | sang nata alon ngandika | yèn mangkono kakang patih | dèn padha yitnèng wèsthi | sadina aja katungkul | nadyan mungsuh wus sirna |

--- 426 ---

tan tuna angati-ati | lawan sira undhangana tata bala ||

4. patrapên ing karyanira | sabên ratri aywa sêpi | midêr sajroning nagara | miwah jawining nêgari | dèn samêgta ing jurit | lan sawadyabalanipun | kalih-kalih punggawa | gêgantia sabên latri | sang anindyamantri umatur sandika ||

5. Sri Bagawan Baladewa | nyambungi wêcana aris | hèh kulup rêkyanapatya | ingkang lumaku ing latri | nganggo têngara bêcik | muwuhi yitnèng ing kewuh | dèn golong abipraya | dene kang punggawa kalih | budhalira aja awor lumaksana ||

6. siji mingêra manganan | sangking kering kang sawiji | padha nganggoa sêbawa |

--- 427 ---

muwuhi pangati-ati | asung wikan wong bumi | didi[86] nora wowor sambu | miwah tan ana weya | wong kang amiyarsa sami | jêr anguwuh marang kang rumêgsèng praja ||

7. pakolih padha prayitna | sayêgti tan ana guling | lawan ngêdohkên durjana | pêsthi lumayu anêbih | sakêdhap ana jalmi | mangkono pangrasanipun | tan wruh yèn amung swara | tan uning kênèng piranti | kaki ugêr cêcala prayitnèng praja ||

8. ki patih matur sandika | bubar kang samya tinangkil | sang nata kundur ngadhatyan | Patih Dwara wus ngundhangi | pakirtinirèng[87] lêtri | ing rèh pangandika prabu | sêdaya wus kadhadha | ing parentah sang apatih | tan winarna lêlakon jroning sawarsa ||

9. têntrêm arjaning [arja...]

--- 428 ---

[...ning] nagara | wuwusên asalin warsi | tauning surya ingetang | ya ta sêngkalanirèki | pêgsa suci nèng ngardi |[88] taun ing căndra kaetung | nênggih sêngkalanira | wisaya karêngèng[89] ngardi |[90] ênêng êna nênggih nagari Ngastina ||

10. wus têtêp arjaning praja | suka manahe wong cilik | ya ta malih kawuwusa | wontên ratu sura sêgti | prakosa ing ngajurit | jêjuluk Sayaka Prabu | sutane Sri Pasaya | ing Boja prajanirèki | mangke arsa murwèng prang nagri Ngastana ||[91]

11. budhal saha wadyanira | narendra sugih prajurit | sami prawirèng ayuda | tate anguwisi kardi | prawira pilih tandhing | mi[...] patihipun | awasta Minangsraya | măndraguna kaduk pikir | ing samêngko umiring

--- 429 ---

ing gustinira ||

12. marma sang nata mangkana | rumiyin sedanirèki | kang rama Prabu Drasaya | ing nguni ingkang matèni | Nata Pandhawa nênggih | duk aprang ing Têgal Kuru | samana Sri Sayaka | wus lami budhalirèki | sangking praja datan winarna ing marga ||

13. praptèng nagari Ngastina | angrayah desa paminggir | gègèr kèh ngungsi nagara | wong Boja ya nangsêgi |[92] gugup kang mantri tamping | sigra dènira lumayu | umanjing jro nagara | nêdya umatur ring gusti | praptèng pura sang nata nuju sinewa ||

14. pêpak sagunging punggawa | bupati miwah pra mantri | tan owah ing sabênira | wau ta kang mantri tamping | anjujug byantara-ji | dinangu nêmbah umatur | wiwitan lan wêkasan | sang nata duk amiyarsi | gugup ing tyas kyana patih dhinawuhan ||

--- 430 ---

15. kinèn amatah punggawa | miwah kang para narpati | kinèn umanggut ing yuda | sagung kang para bupati | sandika kyana patih | Sri Bagawan alon matur | ing wayah Sri Narendra | kêdah miyos ing ngajurit | mêthukakên yudane mungsuh ing Boja ||

16. kang wayah mangayubagya | têgêse anayogyani | ing karsanira kang eyang | Bagawan Baladewaji | wus jêngkar sri bupati | kondur manjing jro kadhatun | ing jawi asiyaga | tata kapraboning jurit | sri bagawan dadya pramukaning bala ||

17. kêlawan Arya Suhbrastha | miwah kya patih kêkalih | tuwin Sang Prabu Sêtyaka | narendra ing Dwarawati | sawadya amiranti | miwah ingkang pratiwa nung | tuwin Arya Dhêsthara | Arya [Ar...]

--- 431 ---

[...ya] Satmata lan malih | Arya Sêgsa kapat Sang Arya Sanjata ||

18. kalima Arya Saraba | sapanêkarira sami | tan kari wong durandara | sampun samêgta ing jurit | sigra budhal tumuli | swaraning bala gumuruh | têngarane sauran | lir guntur wukir sakêthi | tan winarna prapta sajawining praja ||

19. kapêthuk balaning mêngsah | têmpuh cucuking ngajurit | tan taha sami suranya | mungsuh rowang ambêg pati | rame arêbut titih | gumuruh pangguting pupuh | pêpati tan petungan | gantya long-linongan sami | ting bêlasah ing papan wangkene kuda ||

20. samya butêng ing ayuda | limpe-linimpe ing jurit | wong Ngastina punggawanya | mangsah amiyak wadyalit |

--- 432 ---

kotbuta sru mangungkih | tumpêsan balaning mungsuh | amung wadya Ngastina | rikat solahing ajurit | datan mawang mêlandang yudaning mêngsah ||

21. angisis wadya ing Boja | kèh ngungsi wurining gusti | bramantya Prabu Sayaka | sigra mangsah angawaki | ing yuda ambêg pati | sarêng lawan patihipun | sami angantêp ing prang | gumulung ngarsaning gusti | sarêng mangsah wruh prabune ngawaki prang ||

22. tan ana kang nêdya gêsang | yèn ratune tiwis[93] jurit | lajêng anêmpuh tan taha | wadya Ngastina nadhahi | sami surane kalih | prawirane parêng manggut | dangu ramene aprang | lir gora manêngkêr langit | baris Boja kèh sambat samya kabranan ||

23. wor panjrite kuda liman | prasamya anandhang kanin | mangkana [mangka...]

--- 433 ---

[...na] ingkang ayuda | mêgsih rame rêbut pati | gantya titih-tinitih | têmpuh-tinêmpuh ing dangu | tan ana kang kasoran | wong Boja wong Ngastinaji | tan angetang pêpati tanpa petungan ||

24. dangu-dangu wong ing Boja | sor titih madyaning jurit | prawirane wong Ngastina | wau ta sri narapati | ing Boja èsmu wingwrin | ing tyas kuwatir kêlangkung | dènnya wadyanya têlas | sang nata lajêng ngoncati | tilar baris nêdya karya pangupaya ||

25. wus mêdal sangking payudan | nyalimpêt sri narapati | patih ing Boja uninga | ratune ngucirèng jurit | mirut barisirèki | kya patih sigra lumayu | anut ing ratunira | wus kumpul lawan sang aji | wadyabala kang kêri [kê...]

--- 434 ---

[...ri] abilulungan ||

26. mawur-mawur asarsaran | prasamya angungsi urip | kabèh prajurit ing Boja | anglès umanjing wanadri | wadya Ngastina sami | ambêbujung kendhangipun | sagung para prawira | anandêr nitih turanggi | kang kacandhak wonging Boja rinampasan ||

27. kathah pêjah jroning wona | ana kang pinikut jurit | gusis tan măngga puliha | lêburan mungsuh katampis[94] | kang tan kacandhak ngungsi | ing pêpèrèng gunung-gunung | nêdya nusul gustinya | sêparan datan winarni | kawuwusa wadya punggawa Ngastina ||

28. kang samya bêbujung mêngsah | wus wangsul sadaya sami | marêg mring Sri Baladewa | nênggih ingkang para aji | wadya lit ngumpul sami | lajêng masanggrahan ngriku | nglêrêmakên wadyanya | Bagawan Baladewaji |

--- 435 ---

suka sokur ing dalu samya bujana ||

29. nutug abuja drawina | sadalu samya anggusthi | prakara sirnane mêngsah | dene pan sadaya sami | têka akudu jurit | praptaning don kadung-kadung | tumpês tapa kukupan | suka sagung kang paraji | Sri Bagawan Baladewa angandika ||

30. hèh siwayèngsun rapatya | paran ing karsanirèki | mungguh sirnane kang mêngsah | Arya Dwara matur aris | manawi amarêngi | ing karsa tuwan pukulun | sawantawis lêrêma | prayogi sami anganti | milanipun kawula matur mangkana ||

31. duk wau gamane ngaprang | ratune tumamèng jurit | sarêng lawan patihira | sirnanipun tan kaègsi | manawi angoncati | karya pangupayanipun | dene wadya panduka |

--- 436 ---

tan wontên ngrasa nandangi | dhatêng ratu ing Boja lan patihira ||

32. Sri Bagawan Baladewa | ngungun angandika aris | hèh kulup lamun sêmbada | dèn padha prayitnèng wèsthi | lawan lakunirèki | apa bêcik atur wêruh | marang sri naranata | sirnane mungsuhirèki | miwah atur uninga basukinira ||

33. Arya Dwara matur nêmbah | punika botên prayogi | jêr dèrèng sampurnèng pisan | wayah tuwan sri bupati | yêgti kagèt ing galih | wontên ta pocapanipun | gêmbèng karêm wadulan | ginalih tan amungkasi | kurang sarèh kasêlak ingalêmbana ||

34. sayêgti kêlamun duka | wayah tuwan sri bupati | jamak ambêking taruna | kagungan kalintu tampi | suka samya miyarsi | Prabu Sêtyaka [Sêtya...]

--- 437 ---

[...ka] sumambung | wontên kang wus kalakyan | Rati[95] Ngimantaka nguni | musnèng yuda wêkasan tan ngundurana ||

44. Durma

1. Ênêngêna kabèh wadya ing Ngastina | kang lagya samya gusthi | sirnane kang mêngsah | ya ta kang kawuwusa | Prabu Sayaka Sang Aji | lan patihira | kang nêdya anglês jurit ||

2. anèng wana têbih ingkang babaratan[96] | kaapit-apit margi | pilih kang uninga | dènira asingêtan | kalawan patihirèki | lawan kang wadya | sawatawis tut wuri ||

3. kawlasarsa solahira anèng wana | dènnya kasoran jurit | samana sang nata | rêmbag lan patihira | ngrarêpa ngandika aris | paran dayanta | patih mungguh wak mami ||

4. iki padha kakuya-kuya ing aprang | apa tan amalêsi | miwah yèn muliha | maring nagaraningwang |

--- 438 ---

kya patih umatur aris | dhuh batharèngwang | mênggah lampahirèki ||

5. tan sakeca lamun panduka mundura | satêmah nglêlingsêmi | wadya kang atêngga | ing praja mèsêm ing tyas | nadyan badhe amiranti | benjing badhe prang | bidhal sangking nêgari ||

6. mambu ilu makatên malih mênanga | wong Ngastina sinanti | pinanggut ing yuda | dhatêng wong alêlaran | jêr manahe sampun gêmpil | minta kasoran | yêgti wanine tipis ||

7. yèn punika kawangsulan ngantêp aprang | tan wande bêbayani | wadya tuwan têlas | mung kantun kawan dasa | pintên banggane ajurit | mênggah kawula | gusti amung kêkalih ||

8. rêmbag nungkul kêlawan aminta [ami...]

--- 439 ---

[...nta] sraya | dhatêng liyan nagari | pundi karsa tuwan | margi kalih punika | yèn panduka nungkul aris | satêmah nistha | garan kasile gusti ||

9. tuwan budhal ing wêkasan tanpa tuwas | ewamakatên gusti | kawula katêmpah | ngupaya kang saraya | minta tulung ing ajurit | manawi benjang | inggih sagêt malêsi ||

10. ya ta wau lagya imbalan wacana | kasaru ingkang prapti | baris gêng lumampah | gumuruh tan petungan | wadya Srawantipurèki | sikêp gêgaman | arsa ngrabosèng jurit ||

11. mring Ngastina umiring ing gustinira | Prabu Cindaka Aji | punika kang putra | nênggih Prabu Cundaka | dene karsane sang aji | asru murina | sedane ramanèki ||

12. nalika

--- 440 ---

prang Bratayuda kang marjaya | Nata Pêndhawa nênggih | milane sang nata | arsa amalês pêjah | ing mangke miyarsa warti | lamun Pandhawa | jumênêng Ngastinaji ||

13. sampun lami budhale sri naranata | sangking Sriwanti puri | sawadyabalanya | ngêbêgi wanawasa | wau ta kang kasor jurit | kagyat tumingal | marang sagunging baris ||

14. miwah Patih Minangsraya sami ngayap | nyana mêngsah kang ngungsir | gugup aprayitna | tan dangu katingalan | yèn dudu wong Ngastinaji | sira apatya | umatur maring gusti ||

15. dhuh pukulun baris katingal punika | kados badhe ajurit | dene wong Ngastina | solahipun katara | yèn suwawi sri bupati | sami rêrewang |

--- 441 ---

yèn purun dèn ungsèni ||

16. lamun inggih puniku botên kabala | ing Ngastina nagari | yêgti lamun kêna | ingungsèn pinèt sraya | wangsul yèn sampun kadasih | dhatêng Pandhawa | tan wande bilaèni ||

17. sira Prabu Samboja suka miyarsa | nadyan mangkono patih | pasthine wak ingwang | lamun ta ratu ika | tunggal lawan sêdya mami | sayêgti kêna | kinarya srayèng jurit ||

18. prayogane sira dhingin lumakua | dèn bisa aminta sih | kya patih sandika | wus mentar saha bala | kêkalih ingkang umiring | sampun kêpanggya | lawan cucuking baris ||

19. ingkang prapta tanya-tinanya agantya | wartan-winartan sami | suka wong

--- 442 ---

Srawanta | katur marang apatya | lajêng maring sri bupati | sasolahira | miwiti amêkasi ||

20. sru gumujêng prabu ing Sriwantipura | sampun kinèn nimbali | pêpatih ing Boja | praptèng byantarèng nata | dinangu umatur aris | sasolahira | sadaya katur sami ||

21. angandika anênggih Narpati Kandha | hèh matura sirèki | marang yayi nata | aja sandeyèng driya | iya ingsun kang malêsi | patih ing Boja | tur sêmbah nulya mijil ||

22. tan winarna praptèng ngarsane gustinya | matur rèhing tinuding | wiwitan wêkasan | suka prabu ing Boja | tan antara budhal nuli | sabalanira | sakarine tut wuri ||

23. sampun tundhuk lan natèng Sriwantipura |

--- 443 ---

Prabu Sayaka Aji | dahat anoraga | suka Prabu Sriwanta | bagya-binagya agênti | nata kalihnya | tan winarna pêpanggih ||

24. lajêng budhal gumuruh kang wadyabala | tan kawarna ing margi | praptèng pabarisan | wau bala Ngastina | gègèr prasamya miranti | sagung prawira | munya têngarèng jurit ||

25. wus atata baris Ngastina bêlabar | Prabu Baladewaji | lawan Patih Dwara | katiga Danurwenda | tuwin sagung kang paraji | sami amawas | sagung mungsuh kang prapti ||

26. katingalan yèn dudu baris ing Buja | nyana liyan nêgari | lintu lawaning prang | samana bala mêngsah | ingundhangan manggut jurit | sigra umangsah | sagung mungsuh kang prapti ||

27. katingalan yèn dudu baris ing Buja | lajêng têmpuh [tê...]

--- 444 ---

[...mpuh] ing jurit | rame swaranira | lir guntur wukir sasra | pra bala kadya ginonjing | wau kang aprang | pêpati sungsun tindhih ||

28. mungsuh rowang tan ana ingkang kuciwa | riwut tangkêping jurit | prawira Ngastina | krura samya bêg pêjah | wong Srawanti ambêg pati | sigra umangsah | dangu ramening jurit ||

29. sarêng pupuh-pinupuh sarêng anyawat | gêbang bindi-binindi | ludira bêlabar | anyilêm sagêlangan | tinon lir samodra gêtih | saya gung kang rah | sangking kèh kang pêpati ||

30. Patih Danurwenda ngamuk lawan gada | singa katiban tapis | tumpês ingkang mêngsah | miwah Prabu Sêtyaka | limpungnya tansah ngênèni | wadya ing Boja | miwah Srawantipuri ||

31. dangu-dangu prange wong Srawantipura |

--- 445 ---

katitih ing ajurit | ngisis kèh kasrakat | mirut ngungsi ing wuntat | duka Sri Srawantipuri | sigra umangsah | ing yuda apêpulih ||

32. miwah Natèng Boja kêkiwul ing aprang | lawan patihirèki | samya madêg yuda | sêgsana pinarbutan | para wadya Ngastinadi | Sang Danurwenda | samana anujoni ||

33. Patih Boja kêna pinalipit gada | galêpung awor siti | Sang Prabu Sêtyaka | panggih lan ratunira | ing Boja pinupuh kêni | datanpa sesa | ajur wus angêmasi ||

34. asêsumbar Sri Maha Prabu Sêtyaka | rêbutên ing ajurit | iki Sri Sêtyaka | pramukyane ngayuda | narendra ing Dwarawati | kang darbe garwa | Sang Rêtna Puspawati ||

--- 446 ---

35. kang angêlih nama Dèwi Sêtyawatya | putri luwih sabumi | Sri Candhakapuspa | ramane garwaningwang | ratu ing Srawantapuri[97] | ya ta winarna | Prabu Srawanta-puri ||

36. duk miyarsa sang prabu sêsumbarira | têtela duk miyarsi | lamun wangsanira | dadya wau sang nata | lumayu sigra ngundhangi | marang ing wadya | kinèn samya buwangi ||

37. gêgamaning aprang karsane sang nata | nêdya nungkul ing jurit | sakèhing gêgaman | pan sampun binuwangan | wadyanira ngumpul sami | tan nêdya nglawan | samana duk ningali ||

38. Sri Bagawan Baladewa lan Suhbrastha | miwah dyan patih kalih | myang wadya punggawa | ngungun dènnya tumingal | mungsuhe mirut ing jurit |

--- 447 ---

sagung gêgaman | prasamya dèn buwangi ||

39. gya sinandêr lawan Arya Patih Dwara | tinanya karsanèki | umatur manêmbah | natèng Srawantipura | ngaturakên pati urip | sagung gêgaman | sumăngga sêdayèki ||

40. milanipun kawula nungkul arisan | wontên purwane nênggih | gancaring carita | mangke kawula jarwa | Patih Dwara ngandika ris | yèn tuhu sira | amrih minta mêmanis ||

45. Dhandhanggula

1. yèn mangkono ing karsanirèki | bongkokana kabèh gêgamanta | tuwin wadya sakarine | kudu nganggoa tangsul | pratandhane kasoring jurit | natèng Sriwantipura | mituhu ing dhawuh | sêgsana kang wadyabala | binandanan miwah gêgamaning jurit | pan sampun binongkokan ||

2. wus binêgta [bi...]

--- 448 ---

[...nêgta] mring rahadèn patih | sampun praptèng pasanggrahanira | apanggih lawan eyange | Sri Baladewa Prabu | miwah Danurwenda apatih | miwah kang para nata | Ngastina wus kumpul | myang wadya punggawanira | ing Ngastina ngumpul umarêg prasami | marang Sri Baladewa ||

3. badhe ngaturakên purwe[98] nguni | milanipun atêmah tinawan | sang nata miwah wadyane | Sri Baladewa Prabu | angandika marang kya patih | kulup lamun mangkana | payo dipun gupuh | timbalana ngarsaningwang | sampun praptèng ngabyantara ngandika ris | Bagawan Baladewa ||

4. anambrama pambagya sang aji | lawan tanya nama pinangkanya | kang tinanya lon ature | nuwun inggih

--- 449 ---

pukulun | dene wasta kawula nênggih | inggih Sang Prabu Candha | Srawantipurèku | sutane Prabu Căndaka | milanipun kawula nungkul ing jurit | awit miyarsa sumbar ||

5. nalikane ramene ajurit | duk pêjahe sang prabu ing Boja | sarêng lawan pêpatihe | Sri Dwarawati Prabu | asêsumbar amêmiyarsi | kawulamut[99] yèn wăngsa | milane anungkul | margi wontên alurannya | pan salênthing mambêt gandane kajiwit | gancaring kina-kina ||

6. Sri Bagawan Baladewa angling | prayogane anak wêwaraha | gancare kuna-kunane | kang supaya dhêdhawuh | paprênahe sanak mêstani | dadi tan duna[100] dungkap | rèhning wong akumpul | Sri Cindha matur sandika | duk ing nguni Prabu Cidramuka [Cidramu...]

--- 450 ---

[...ka] Aji | nagri Srawantipura ||

7. nêngih apêputra jalu kalih | ingkang sêpuh Sri Cindhasurata | Srawantipura kuthane | kang anèm wastanipun | Prabu Cindhasupala Aji | tinanêm ing Srawantya- | pura nama ratu | dene Sri Cindhasurata | ing Srawantipura wau kang sêsiwi | Prabu Cindhakapuspa ||

8. Prabu Cindhakapuspa kang siwi | èstri nama Rêtna Puspawatya | kang sampun nga |[101] Rêtna Sêtyawatiku | garwanipun Sri Dwarawati | Prabu Cindhasupala | wau asêsunu | Prabu Cindhasratipura | ajêjuluk Prabu Supala ing nguni | punika asêsuta ||

9. jalu nama Sri Căndhaka nguni | [...] | gumantyèng rama kratone | dados kaprênahipun | pramèswari ing Dwarawati | kawula têmbung uwa | inggih lêrêsipun |

--- 451 ---

uwa misananing bapa | milanipun kawula nungkul ing jurit | punika purwanira ||[102]

10. duk miyarsa Baladewa Aji | miwah sagung kang samya miyarsa | sadaya suka galihe | Prabu Sêtyaka gupuh | marêpêki wak dika aris | lah kêlamun mangkana | sira putraningsun | kêponakan sangking garwa | katujune padha amanggih basuki | Prabu Cindha tur sêmbah ||

11. Sri Bagawan angandika aris | anak prabu yèku ramanira | Ni Sêtyawati lakine | nama Sêtyaka Prabu | Sri Srawanti nuhun wotsari | sawusira mangkana | Baladewa Prabu | dhawuh kinèn ngluwarana | balanira Srawantya kang kênèng tali | lawan kinèn samêgta ||

12. tan winarna ing laminirèki |

--- 452 ---

wus samêgta sadaya budhalan | kondur manjing praja kabèh | tan kawarna ing ênu | sampun prapta jroning nagari | samya atur uninga | maring sang aprabu | sadaya wus tinimbalan | mring jro pura sagunging kang mêntas jurit | punggawa lan pranata ||

13. Sri Bagawan Baladewa Aji | ingancaran alênggah satata | lawan Suhbrastha jajare | lan Sêtyaka Sang Prabu | dene para patih kêkalih | miwah wadya punggawa | Ngastina nèng ngayun | wus sinambramèng pêmbagya | kabèh nuwun sri bagawan matur aris | wiwitan lan wêkasan ||

14. kăngsi rambah-rambah ing ajurit | panungkule Sri Srawantipura | sadaya wus ngaturake | sang nata sukèng kalbu | gya ginanjar kabèh

--- 453 ---

waradin | miwah ingalêmbana | kang mêntas prang pupuh | Sri Prabu Srawantipura | nèng Ngastina agung kinurmatan luwih | dahat suka sokurnya ||

15. sira Prabu Sêtyaka apamit | kundur marang ing nagarinira | sampun kalilan angkate | lawan Srawanti Prabu | amit marang ing Dwarawati | sadaya wus kalilan | nulya sang aprabu | kundur maring dhatulaya | Sri Bagawan Baladewa sampun mijil | lawan sagung punggawa ||

16. praptèng jawi amakuwon sami | sowang-sowang sang Prabu Sêtyaka | lawan Srawantipurane | tunggil pakuwonipun | lawan ingkang paramèswari | sami suka kalihnya | dènnya manggih sunu | miwah Bagawan Watrika | dèrèng mantuk marang pratapanirèki |

--- 454 ---

mêgsih kinèn atêngga ||

17. ing sutane Dèwi Sêtyawati | sang bagawan nalika sêmana | natèng Srawantipurane | langkung dènnya sêsugun | dènnya panggih wongsaning[103] lami | samana tan winarna | ing antaranipun | Prabu Sêtyaka wus budhal | lawan garwa maring nagri Dwarawati | sawadya punggawanya ||

18. miwah Prabu Srawantya umiring | myang mratuwa Sang Rêsi Watrika | datan winarna lampahe | praptèng nagarinipun | Sri Sêtyaka lan pramèswari | miwah Sang Prabu Cindha | wus manjing kêdhatun | tuwin Bagawan Watrika | kinurmatan sinuba-suba mênuhi | ya ta tan winursita ||

19. laminira anèng Dwarawati | Prabu Srawantipura pamitan | wus lami ninggal purane | linilan [linila...]

--- 455 ---

[...n] budhal sampun | lan Bagawan Watrika pamit | mantuk pratapanira | sarêng bidhalipun | lan Natèng Srawantipura | ênêngêna kang samya budhalan mulih | wuwusên ing Ngastina ||

20. tan winuwus sajroning sawarsi | duk samana nuju salin warsa | ingetang taun suryane | nênggih sêngkalanipun | ing Ngastina ingkang marêngi | guna kartining arga |[104] taun căndra ketung | rêtu manising pandhita |[105] kawuwusa nagari Ngastina mangkin | katêkan parangmuka ||

21. sangking nagari Manggada malih | ajêjuluk Sang Prabu Purastha | punika kang nurunake | nênggih Pratipa Prabu | ing Manggada prajanirèki | milane sri narendra | lêlana don lurug | maring nêgari Ngastina | wit murina [mu...]

--- 456 ---

[...rina] sedane ramanirèki | duk prang ing Trajutrêsna ||

22. Prabu Bomantara duk ing nguni | lawanan prang lawan Prabu Krêsna | Sri Pratima suruhane | mring Dwarawati nglurug | Prabu Boma tumpês ing jurit | lawan suruhanira | kabèh padha lampus | samana Prabu Purastha | budhalira sangking Manggada nêgari | karsane sri narendra ||

23. arsa ngrabosèng ing Dwarawati | nulya praptanira tanah Jawa | miyarsa lamun arine | Pratisara Sang Prabu | mring Ngastina amurwèng jurit | lawan suruhanira | kabèh padha lampus | samana Prabu Purastha | budhalira sangking Manggada nagari | karsane Sri Purastha ||

24. yèn Ngastina kasor ing ajurit | Dwarawati kari sagêgêman | iya sapira banggane |

--- 457 ---

cilik arsa pinukul | duk samana praptanirèki | lajêng angrapit kitha | sangsaya anglarug | ngrabosèng jroning nagara | kawuwusa Maha Prabu Parikêsit | nuju siniwèng bala ||

25. pêpag sagung kang samya anangkil | para prawira wus munggèng ngarsa | tan pae kadya sabêne | pasewakan wus dangu | ya ta wau ing păncaniti | kagyat samya tumingal | gègèr wong gumuruh | wong cilik abilulungan | swaranira gumuruh atêr[106] tan sipi | sigra kinèn marigsa ||

26. wus lumampah punggawa kêkalih | sêsandêran sangking doh katingal | lamun ana baris gêdhe | tan antara wus wangsul | duta praptèng byantara aji | lajêng matur sang nata | katur sarèhipun |

--- 458 ---

yèn wontên mêngsah gêng prapta | balanira mayuta sakéthi-kêthi | wau ta duk miyarsa ||

27. obah ingkang anèng păncaniti | sri narendra sampun aparentah | kinèn umangguta kabèh | sandika sadayèku | sri narendra kundur[107] mring puri | dene kang wadyabala | wus samêgtèng kewuh | nulya budhal sigra-sigra | Sri Bagawan Baladewa anindhihi | lawan Arya Suhbrastha ||

28. tuwin sagung kang punggawa mantri | miwah kyana patih kalihira | wus budhal sagêgamane | swaranira gumuruh | wus kapêthuk mungsuh kang baris | lajêng têmpuh ing yuda | cucuking prang pupuh | rame suk arêbut papan | mungsuh rowang sami suranira kalih | sami kadarpanira ||

29. rukêt gantya [ga...]

--- 459 ---

[...ntya] long-linongan sami | udrêg dêdêr dinêdêr ulêngan | tan petungan gunging wangke | wong Ngastina prangipun | ngisis sami ngungsi ing gusti | mangsah prawiranira | sru mangungsir kiwul | nêrajang barise mêngsah | Arya Danurwenda mangiwur ing jurit | ngadêg yuda kênaka ||

46. Pangkur

1. sira Arya Danurwenda | maju ngrana gadane mobat-mabit | singa kang tinrajang gêmpur | ing gada tanpa sesa | kèh kasrakat angisis barise mungsuh | sakarine ingkang pêjah | samya angungsi ing gusti ||

2. bramantya Prabu Purastha | sigra mangsah katgada angajrihi | singa napda lajêng ngamuk | prajurit ing Manggada | Kyana Patih

--- 460 ---

Măndrapratama ariwut | angamuk sura tan taha | singa kang katrajang gusis ||

3. ngisis wadya ing Ngastina | awas mulat para prawirèng jurit | samya mangsah parêng kiwul | têmpuh padha prawira | tan kuciwa ngabên kasêntikanipun | patih Manggada kasoran | kaprawasèng ing ajurit ||

4. pêjah wangkene tan kalap | lêsah kèlês saking gunging kang baris | Natèng Manggada pan nêmpuh | sêgsana pinarbutan | dening Arya Danurwenda sampun tundhuk | têmpuh-tinêmpuh agantya | sami prawirane kalih ||

5. dangu-dangu sri narendra | ing Manggada yudanira kalindhih | kalimpe kêna ing pupuh | ajur datanpa sesa | wus palastra ing Manggada Sang Aprabu | lêburan [lê...]

--- 461 ---

[...buran] wadya Manggada | samya mawur ngungsi wuri ||

6. sar-saran arêbut papan | wong Ngastina ambêbujung mangungsir | wus mangkana tan winuwus | sirnane wong Manggada | para wadya Manggada prasamya kumpul | marêg mring Sri Baladewa | samya suka-suka ngênting ||

7. tan antara lêrêmira | dènnya nganti ngumpule wadyanèki | lajêng budhalan gumuruh | sawadya mring nagara | tan winarna lampahira sampun laju | praptèng praja tur uninga | marang kangjêng sri bupati ||

8. miwah kya patih kalihnya | sarerehan mungging ngarsa tan têbih | Prabu Baladewa matur | sasolahing ayuda | purwa têkèng wasana sirnaning mungsuh | suka Prabu Dipayana | sadaya ginanjar

--- 462 ---

sami ||

9. warata ingalêmbana | wus mangkana nalika bubar sami | Baladewa Sang Aprabu | sawadya ing Ngastina | sampun mijil makuwon sajuru-juru | duk sêmana ing Ngastina | lami têntrêming nagari ||

10. kacariyos sri narendra | sabên ari miyos ing păncaniti | siniwèng wadyabala gung | karsanira sang nata | amboga drawina sawadyabala gung | gung alit pinrih sukanya | tinutug sukaning galih ||

11. tan kêndhat ing sabên dina | dènira mrih milu wadya sang aji | sakarsa-karsa tinutug | têtêpa suwitèng rat | Prabu Dipayana ambage pinunjul | bisa mrih sukaning jalma | bisa mor tyas sinabdani ||

--- 463 ---

12. mila kabèh wong Ngastina | agung alit prasamya wêdi asih | anggusti jêng sang aprabu | lulut milutèng nata | sawêntara ing praja arja kêlangkung | ing sabdanira narendra | têkan nagri kanan-kering ||

13. kawêntaring rat wiryawan | yèn Sang Prabu Ngastina tyas linuwih | têtulung wadya malatkung | bengkasi kasusahan | palimarma pala martane mawantu | dêdana tan sita-sita | kêrtarta anyakrawati ||

14. wus mangkana tan winarna | lami-lami antara limang sasi | wuwusên asalin taun | taun surya ingetang | kawursita anênggih sêngkalanipun | èsthine kapat pandhita |[108] warsaning căndra winarni ||

15. anênggih sêngkalanira | kawursita [ka...]

--- 464 ---

[...wursita] tunggal swaraning ardi |[109] nêngna Ngastina kapungkur | wontên malih kocapa | wontên malih ratu Ima prajanipun | jêjulukirèng narendra | Prabu Dwirandha Sang Aji ||

16. ratu pratomèng ayuda | gung aluhur têlale kadya èsthi | kawêtu sasiyungipun | lèng tulale ngêmbaya | netranira malêlêng kadya sitèngsu | tuhu lamun salah rupa | sadaya balanirèki ||

17. ditya sami gung prakosa | tatulale siyunge samya mijil | kêtêr kanan keringipun | samya jrih kang tumingal | maring Prabu Dwirandha sabalanipun | nanging natèng Ngima-ima | tan nêdya angrêrusuhi ||

18. jrih sapu dhêndhaning dewa | ratu iku nguni ingkang sêsiwi | raja pandhita linuhung | karêm ulah [u...]

--- 465 ---

[...lah] mêmuja | tur manungsa dibya kasutapanipun | anama Prabu Nungkara | Ngima-ima prajanèki ||

19. nalika Prabu Nungkara | amêmuja ing dewa minta siwi | dènnya lami tan sêsunu | nanging salah praptanya[110] | dadya sinung atmaja arupa diyu | Prabu Dwiradha punika | sarta wadyanira nguni ||

20. sinung supataning dewa | samya rupa rasêgsa salah warni | merang Nungkara Sang Prabu | tan antara gya mugsa | kêratone ginantyan mring putranipun | anama Prabu Dwiradha | wus mangkana kang winarni ||

21. nênggih Sang Prabu Dwiradha | sawadyane sami nandhang prihatin | dene apêrak bagêblug | nagari Ngima-ima | wadyabala tan petungan ingkang lampus | aru-ara ing sapraja | giris praptane

--- 466 ---

nêgari ||

22. sang nata langkung duhkita | tilar dhahar miwah datanpa guling | kèsthi panthaning malatkung | nuju sawiji dina | Sri Dwiradha antuk wangsiting dewa gung | kinèn aminta sarana | yègti mulya kang nêgari ||

23. Sang Aprabu Dipayana | kinèn ngaturana têdhak tumuli | yêgti mulya sang aprabu | inggal lêksananana | Sri Dwiradha èngêt sigra miyos gupuh | animbali patihira | wasta Diradana Patih ||

24. mêgsih sêntananing nata | tuwin wadya punggawa wus sumiwi | alon ngandika sang prabu | hèh paman Diradana | wruhanira ingsun antuk kang pitutur | bathara asih maringwang | amangsit duk mau bêngi ||

25. sun kinèn minta sarana | mring Ngastina Sang Prabu Parikêsit | têdhaka mring prajaningsun | yêgti bisa

--- 467 ---

waluya | duhkitaning praja bisane rahayu | paran mangkonoa patya | sapa ingkang ingsun tuding ||

26. aturnya nuwalaningwang | kyana patih suka duk amiyarsi | Patih Diradana matur | pukulun yèn mangkana | wontên abdi panduka wasitèng kaduk | pun Santika lan Sandara | pantês mukaning dewaji ||

27. bisa basa silakrama | Sang Aprabu Dwiradha sukèng galih | tinimbalan prapta sampun | ing ngarsa sinung surat | mring Ngastina winêling ijêmanipun | wus kamot duta kalihnya | pamit napak ing wiyadi ||[111]

28. duta kalih angambara | tan winarna lampahirèng wanadri | nêngna duta kang tinuduh | wuwusên ing Ngastina | duk sêmana nuju sewaka sang prabu | sawadya [sa...]

--- 468 ---

[...wadya] punggawanira | supênuh ing păncaniti ||

29. Sri Bagawan Baladewa | lawan Arya Suhbrastha jajar linggih | kya patih kêkalih ngayun | wuri para punggawa | tuwin wadya punggawa warga ing pungkur | prajurit madra pratama | miwah wong durandarèki ||

30. kagyat kang samya sewaka | dènira non praptane duta kalih | sadhepok lênggah nêng pungkur | yitna wadya Ngastina | ditya kalih uninga yèn para ratu | samya sanèngga gêgaman | yêgsa kalih matur aris ||

31. nêmbah sangking katêbihan | dhuh gustiku sampun kalintu tampi | kawula tan ngaru-biru | inggih prapta kawula | malah badhe nênuwun ing sih pukulun | ya ta kang para pungawa | suka dènira miyarsi ||

32. tuwin sang

--- 469 ---

sri naranata | langkung suka ningali ditya kalih | tinimbalan mara gupuh | ing ngarsa sri narendra | langkung eram Santika Sandara dulu | marang pêkike kang warna | karya kasmaran ing galih ||

47. Asmaradana

1. cingak kang samya ningali | ana ditya salah rupa | gêng aluhur atulale | netrane andiwangkara | kabèh samya prayitna | dene ditya wau ngungun | kacaryan mulat ing nata ||

2. dangu nora bisa angling | ngênglêng datan bisa ngucap | lênguk-lênguk dhêlog-dhêlog | sinapa umatur nêmbah | duta sangking ing sabrang | Prabu Dwiradha kang ngutus | nagari ing Ngima-ima ||

3. kinèngkèn ngaturkên tulis | ing panduka naranata | kang sêrat sampun winaos | wus tinampèn [tina...]

--- 470 ---

[...mpèn] ing narendra | ditya malih turira | pukulun ijêmanipun | kang sêrat ngaturkên pêjah ||

4. sangking sangêt-sangêt gusti | nênuwun ing sih panduka | kang sêrat binuka age | sinuksma surasanira | têmbung angêla-êla | nulya ingaturkên gupuh | kang eyang Sri Baladewa ||

5. winaos lajêng pinaring | dhatêng Kyana Patih Dwara | myang Arya Danurwendane | sampun sami maos surat | kadriya têmbungira | sang nata ngandika arum | hèh sapa karo ranira ||

6. ditya kalih awotsari | kawula wasta Santika | pun Sandara satunggale | sang nata malih ngandika | hèh ditya wus matura | marang ing gustinirèku | surasane ingkang surat ||

7. iki ingsun dèn aturi | têdhak maring Ngima-ima |

--- 471 ---

kinarya sarana ingong | pagêring ing prajanira | supaya waluyaa | iya dene karsaningsun | nuruti panuwunira ||

8. pun Santika matur aris | sarwi tulalene molah | mobat-mabit sêmprat-sêmprot | ngrarêpa ing aturira | pukulun batharèngwang | sintên kang wajib pukulun | risaking jagat sêdaya ||

9. tan liyan mung pandukaji | baboning ing tanah Jawa | sang nata yogya angêmong | mêngku ing rat pramudita | nadyan liyan nêgara | jêr tuwan pan sampun kasup | kaonang ing jagat traya ||

10. amarasakên sêsakit | kang masthi sinung kamulyan | milane sang maha katong | tulunga wong kawlasarsa | susahe Ngima-ima | mulyaa sangking pukulun | yêgti amangèstu pada ||

11. mring

--- 472 ---

Ngastina sadayèki | nênggih Sang Prabu Dirada | tan wande srah nêgarane | katura angulubalang | tan mèngèng ing sakarsa | Prabu Baladewa muwus | asêrêng kaduk dêduka ||

12. hèh sira muliha aglis | waraha mring ratunira | tan angsung sarana ingong | jêr ratumu kaluputan | iku sasat marentah | nora kaparentah ingsun | pagene pinurih seba ||

13. maring Ngima-ima nêgri | jamake duwe paminta | kang sayêgti têka dhewe | ratumu tan parikrama | eling-eling yèn buta | butêng bêtah ngaru-biru | rusuh budine ngadama ||

14. malah karsaningsun mangkin | nadyan pratoa[112] priyăngga | sun tumpês sapunggawane | angucap Ditya Sandara | ratu iki agawat | têka muwus [muwu...]

--- 473 ---

[...s] nguwus-uwus | ilang kramaning narendra ||

15. ditya kalih asru angling | sarwi muluk angambara | lah iya ing besuk têmbe | ratuningsun pêsthi prapta | ngrusak nêgri Ngastina | eling-eling sira prabu | ambêcikana dandanan ||

16. sri bagawan anauri | iya sun cadhang sakarsa | nuli praptoa dèn age | ditya kalih sampun lêpas | wau ta sri narendra | parentah samêgtèng kewuh | mênawa anuli prapta ||

17. sok wisa padha miranti | lawan padha dèn prayitna | rinakita sadurunge | aywa kasupêg ing gêlar | wêwatêking rasêgsa | ing pangaribawa kasup | ajana lena ing tingal ||

18. nadyan iki durung prapti | sêdhêng sami kaprayitnan | jêr tan wruh sangkanparane |

--- 474 ---

sandika Sri Baladewa | miwah rêkyana patya | sang nata kundur ngadhatun | ing jawi sami siyaga ||

19. samêgta ing siyang lêtri | sawadya tan sinung kesah | agung pakumpulan kabèh | miranti gêgamaning prang | ngalun-alun gènira | wus pajêg pangantinipun | nahên gantya kawuwusa ||

20. antuking ditya kêkalih | pun Santika lan Sandara | datan winarna lampahe | rikat anapag gêgana | niyup praptèng prajanya | wus marêg ing ratunipun | anuju siniwèng bala ||

21. kagyat kang para rasêgsi | mulat praptaning Santika | lan Sandara dumarajog[113] | Prabu Dirada ngandika | hèh sira padha prapta | paran ing mêngko lakumu | duta kalih matur nêmbah ||

22. katur solahe tinuding |

--- 475 ---

wiwitan praptèng wêkasan | wau ta sang ditya katong | duk mirsa kêlangkung duka | atêbah-têbah jaja | anggêrêng lir gludhug sèwu | orêg palênggahanira ||

23. mukanya lir mêtu gêni | netra kumukus mawinga | tulalene nyêmprat-nyêmprot | gêdrug-gêdrug angandika | astane surawean | hèh patih paran ta iku | tan kêna minawong mitra ||

24. Ratu Ngastina sukêr jit | kumudu nglawani aprang | lan wong Ngima-ima kiye | ing mêngko karsaku paman | Ngastina ingsun rusak | dene Baladewa iku | asru sun wênyêt[114] lan kisma ||

25. kya patih umatur aris | dhuh gusti sumăngga karsa | luhung pêjaha rêrêmpon | sampun pijêr nandhang papa | suka ubayaning prang |

--- 476 ---

kalah sirna mênang ngukup | suka Sang Prabu Dwiraddha ||

26. lajêng parentah miranti | sawusnya samêgta budhal | tan kari sapunggawane | sikêp gêgamaning aprang | sampun margèng gêgana | dhêdhêt lir mêndhung ngêndhanu | sangking gunging wadyabala ||

27. mawa prabawèsmu riris | pangaribawaning ditya | angin pangêkêsan mungsoh | swaraning ditya wurahan | kadya gêlap wor udan | ing wiyat gora gumuruh | gêtêr praja kaungkulan ||

28. datan winarna wiyadi[115] | Ngastina sampun kungkulan | kaliput[116] sapraja kabèh | dhêdhêt tan wrin ing pêpadhang | gègèr wadya Ngastina | wus nyana praptaning mungsuh | sadaya kumpul samêgta ||

29. Bagawan Baladewaji | kalawan Arya Suhbrastha | tuwin mantri mukya karo |

--- 477 ---

wus yitna sapunggawanya | pêtêng saya gung prapta | wong Ngastina dumuk-dumuk | sigra Prabu Baladewa ||

30. Nênggalanira pinusthi | asru wijiling pawaka | sundhul ngawiyat urube | katon kabèh kang rasêksa | samya krura ngawiyat | wadya Ngastina andulu | ing warnane mungsuhira ||

31. dênawa makêthi-kêthi | gung luhur mawa gêgaman | nêracak padha têlale | wau ta kang anèng wiyat | sadaya sami kagyat | dènnya kawruhan rèhipun | merang kalamun mundura ||

48. Durma

1. asru mojar sira Sang Raja Dwiradha | hèh sapa iki patih | kang karya dahana | sundhul ing antariksa | dene ta luwih sinêgti | sirèku padha | kawruhan dening agni ||

2. sru umatur Kyana Patih Durandana |

--- 478 ---

punika ingkang kardi | Prabu Baladewa | mijil sangking Nênggala | ngungun sang ditya nêrpati | graitanira | wong Ngastina puniki ||

3. animbangi prawiraningsun ngayuda | sigra sri narapati | parentah manggut prang | ambyuk wadya dênawa | ing yuda wus dèn lilani | mring ratunira | tan ana nêdya urip ||

4. sarêng anggro èbêgan bala rasêgsa | niyup samya bêg pati | yitna wong Ngastina | sigra Kya Patih Dwara | sawadyabala ngêbyuki | warastra dibya | mangsah ditya kèh kêni ||

5. tanpa mêndha tanduking warastra wiyat | panah makêthi-kêthi | singa ingkang mangsah | rasêgsa sru kabuncang | ing jêmparing tibèng têbih | lêgsan awêndran | kang wus sirnèng ajurit ||

6. pira-pira kang mêngsah mangsah kabuncang | ing

--- 479 ---

panah tan ngundhili | kèh sambahting[117] ditya | angur suka matia | aja pijêr dèn buwangi | sarêng umangsah | ditya sisaning mati ||

7. Sri Dwiradha krura sru ngawaki yuda | lawan rêkyana patih | nawat sangking wiyat | badhama limpung kunta | wong Ngastina akèh mati | kenging sêsawat | Patih Dwara nulya glis ||

8. ngantêp malih nglêpasi ponang sênjata | tanpa sesa kang kêni | kabuncang katêbah | ditya malih umangsah | tansah kabuncang jêmparing | patih rasêgsa | Diradana[118] pêpulih ||

9. gya pinanah lawan Patih Danurwenda | sirna kenging jêmparing | katut tibèng têbah | yêgsa dipa malumpat | sangsaya kurdhaniraji | niyup mangandhap | kasêlak ing jêmparing ||

10. sawadyanya sakèrine ingkang pêjah | awêrata ngijèni | sadaya

--- 480 ---

kabuncang | ingèrèt tanpa sesa | nênggih risang yêgsa pati | sawadyanira | tibèng prajanirèki ||

11. nagri Ngima-ima sadaya wus rucat | mantun warni rasêgsi | amalih manungsa | siji tan rupa ditya | sami sukanirèng galih | sokur ring dewa | mulih jatining jalmi ||

12. miwah ingkang pagêblug sirêp sadaya | waluya kang kênèng gring | sagung wadyabala | sami marêg sang nata | kèrit mring rêkyana patih | praptaning ngarsa | sami suka angênting ||

13. sri narendra suka dènira ngandika | wruhanta paman patih | iki panêmunya | pamangsiting jawata | kinèn amêminta mami | sêrananira | Sang Prabu Parikêsit ||

14. ing samêngko paran iki karsanira | apa bêcik sun iki | seba mring Ngastina | ngaturkên panarima | kyana patih matur aris | dèrèng

--- 481 ---

prayoga | mêgsih kinggalên gusti ||

15. bilih karya panggraita kira-kira | yêgti dèn sujanani | luhung alêrêma | sêdhêng benjang sebaa | yèn sampun antawis lami | puniku kêna | sinusupan sayêgti ||

16. bêbasane mênggah kurdhaning pawaka | mêntas murub tan sipi | sanadyan sirêpa | uruping kang pawaka | yèn inggal panase mêgsih | hawaning mawa | nuntên antuk ron aking ||

17. murub malih kang dahana saya dadra | êmpane dèn wuwuhi | makatên upama | tuwan minangka sarah | ambyuka mring gêni malih | tan wurung sirna | pêjah sawadya sami ||

18. sri narendra suka malih angandika | lamun mangkono patih | sun tatêdha dewa | muga nêgaraningwang | ing Ngima-ima ing wuri | pan kadarbea | ratu ing tanah Jawi ||

19. lêstaria [lêsta...]

--- 482 ---

[...ria] ing nguni ratu niwoa | saosa bulubêkti | sêmana ing wiyat | gêtêr patêr sauran | jawata samya nêgsèni | prasêtyanira | Prabu Dwiradha Aji ||

20. wus mangkana sami nutugkên sukanya | sapraja agung alit | nêngna Ngima-ima | mangsuli ing Ngastina | kang mêntas amênang jurit | sarêng kandhanya | nanging kinarya gênti ||

21. sasirnane mêngsah ditya Ngima-ima | kabèh suka tan sipi | nulya praptanira | kang mêntas mênang yuda | sadaya ngandikan sami | lumêbèng pura | sêgsana lajêng kèrit ||

22. Sri Bagawan Baladewa lan Suhbrastha | tuwin kya patih kalih | sawadya punggawa | praptèng byantara nata | dinangu solahing jurit | alon turira | Sri Baladewa Aji ||

23. ing wiwitan wekasan sirnaning mêngsah | tan ana kang

--- 483 ---

ngêmasi | sadaya kabuncang | ing panah tan karuwan | dening warnane rasêgsi | tuhu punika | ditya lêthêging bumi ||

24. atulale punika sêdayanira | tinon anggêgirisi | ing mangke wikana | tibane kang rasêgsa | suka miyarsa sang aji | lajêng aboga | drawina amênuhi ||

25. kinurmatan sêdaya kang mêntas yuda | sinambrama sinung sih | sru tan sita-sita | sawusira mangkana | lajêng bubaran prasami | para punggawa | bubaran sarêng mijil ||

26. praptèng jawi amakuwon sowang-sowang | samana Ngastinadi | tulus raharjanya | têntrêm sawadyabala | lêstari kawula sami | tanpa sangsaya | wong Ngastina gung alit ||

27. sri narendra adina agung dêdona[119] | warata sanêgari |

--- 484 ---

tan ana kang papa | kabèh sajro nagara | mênuhi kucahing gusti | marwata suta | ingkang tampi mêmanis ||

49. Dhandhanggula

1. tan winarna rêroncènirèki | kawuwusa nuju salin warsa | ingetang taun suryane | nênggih sêngkalanipun | trustha yoganira kang rêsi |[120] taun căndra ingetang | sêngkalaning taun | panêmbahing rêsi sapta |[121] duk sêmana ingkang kinocapna malih | Sang Prabu Dipayana ||

2. nênggih nuju ari Soma Manis | sri narendra miyos siniwaka | munggèng păncaniti andhèr | sawadyabalanipun | pra punggawa satriya mantri | kang cêlak ngarsa nata | nênggih mantri ngayun | Arya Dwara Danurwenda | prabu kalih wurinira sang apatih | sira Arya Dastaka ||

3. lawan Arya Ambara lan malih | Arya Hèrnata Arya Satmata |

--- 485 ---

Arya Sêgsa Sêrabane | tuwin Sang Arya Kètu | Dyan Sarana Dênawa nênggih | wuri Arya Sarata | Arya Sanjayèku | Arya Subala kalawan | sira Arya Sarata wurine malih | lawan Arya Warsata ||

4. ingkang eyang Sri Baladewaji | lênggah satata lawan Suhbrastha | ing ngarsa kaparêg dhewe | samana sampun dangu | sri narendra dènnya tinangkil | Sang Prabu Dipayana | angandika arum | kakang Dwara wruhanira | ingsun arsa cangkrama marang wanardi | nênumpu sato wana ||

5. iya ngêndi alas kang prayogi | ing pantêse kinarya grogolan | Patih Dwara lon ature | pukulun sang aprabu | wontên wona kang pantês ugi | wasta pun Saraita | kêlangkung pikantuk |

--- 486 ---

kuciwa têbih nêgara | wontên malih wana kang langkung kinardi | lêlangên pagrogolan ||

6. wana ing Palasara prayogi | kilèn pratapaning Wagiswara | tur cêlak nagara dhewe | kathah sèn-isènipun | amung kêdhik kuciwanèki | nênggih kirang bawera | kang eyang sumambung | Sri Bagawan Baladewa | lan Suhbrastha kang sami amrayogani | wana ing Palasara ||

7. datan kadohan saking nagari | sri narendra pan nuju ing karsa | sang nata lon andikane | kakang Dwara dèn gupuh | nuli sira karyanên aglis | iya kang pagrogolan | Palasara iku | sira mênyanga priyăngga | dèn samêgta sandika rêkyana patih | sang nata gya ngêdhatyan ||

8. wus bubaran sagung ingkang nangkil | sami amakuwon [ama...]

--- 487 ---

[...kuwon] sowang-sowang | tan winarna antarane | kya patih samêgta wus | amiranti saupakarti | ing rèh anambutkarya | ing sawadyanipun | wus mangkana lajêng budhal | maring wana punggawa kapat umiring | sira Arya Sarămba ||

9. Arya Sasara Sarata tuwin | Arya Kèstu sapanêkarira | kapat wus sarêng budhale | datan winarna ngênu | sampun sami manjing wanadri | lajêng anambutkarya | adina gumuruh | angrakit kang pagrogolan | ênêngêna kang tansah anambutkardi | nèng alas Palasara ||

10. gantya ingkang winuwusa malih | nênggih nagari Tarajutrêsna | lagya siniwèng balane | jêkuluking Sang Prabu | Sri Kismaka ditya linuwih | prawira măndraguna | kaonang dibya nung | ing nguni ingkang pêputra |

--- 488 ---

Prabu Bomanêrakasura Sang Aji | nêgri Tarajutrêsna ||

11. Prabu Kismaka sugih prajurit | wadyanira prasami prawira | ing yuda pilih tandhinge | kathah punggawanipun | nayakane sami sinêgti | darbe bala bacingah | manungsa lan diyu | namane pêpatihira | nênggih Wirabantana Rêkyana Patih | ya ta wau sang nata ||

12. sampun dangu dènira tinangkil | Prabu Kismaka lon angandika | hèh patih paran wartane | ing Dwarawati iku | mêngko sapa ingkang gumanti | kratone Prabu Krêsna | kya patih umatur | lêrêse paman panduka | putranipun Prabu Krêsna kang taruni | nama Prabu Sêtyaka ||

13. sri narendra angandika aris | yèn mangkono bapa karsaningwang | payo samêgta dèn age | pan ingsun [ing...]

--- 489 ---

[...sun] arsa nglurug | maring nagri ing Dwarawati | ya kabèh balaningwang | manungsa lan diyu | kêrigên padha mèlua | kyana patih sêndika budhalan nuli | sang nata angêdhatyan ||

14. Patih Wirabantana ngundhangi | wadyanira manungsa lan ditya | gung alit kinêrig kabèh | paran ta lamènipun | wus samêgta budhalan aglis | sira Prabu Kismaka | sawadya gumuruh | swaraning bala rasêgsa | nrajang wona kadya udan sinêmèni | sangking gunging kang bala ||

15. tan winarna lampahirèng margi | praptèng Dwarawati lajêng ngêpang | nêgari liniput kabèh | karsanira sang prabu | ajana wong kang bisa mijil | ginagêring tyasira | dimène anungkul | gègèr wong desa lumajar | jalu èstri ngungsi lêbêting nagari | giris [giri...]

--- 490 ---

[...s] mulat rasêgsa ||

16. ambêbahak ing desa paminggir | angrêrusak wonge cinêkêlan | kêcandhak lanang pinatèn | binoyong wadonipun | kèh pinotha dipun jamahi | dadya sami sarsaran | ngungsi nusup-nusup | wus mangkana apiyarsa[122] | dene[123] Prabu Setyaka gugup nimbali | Kya Patih Udakarya ||

17. praptèng pura sang nata lingnya ris | paran patih iki dayanira | mungguh ing mungsuh praptane | balane luwih agung | tur bacingah manungsa lan wil | paran patih rehanta | apan[124] ingsun manggut | lawan yèn sira miyarsa | mungsuh iku têka nêgara ing ngêndi | kya patih matur nêmbah ||

18. amba miyarsa mungsuh kang prapti | sangking nêgari Tarajutrêsna | pulunan tuwan lêrêse | wasta Kismaka [Kisma...]

--- 491 ---

[...ka] Prabu | kang pêputra inggih ing nguni | raka panduka nata | Sri Boma rumuhun | kang mijil sangking ampeyan | milanipun prapta murina ing galih | sedane ramanira ||

19. èngêt ing tyas sang nata ing galih | witning mêngkono ya kayaparan | ing prang ewuh pakewuhe | anglawanana sunu | yèn kèndêla ambêbayani | Kya Patih Udakarya | manêmbah umatur | mênawi parêng ing karsa | inggih luhung nuwun bantu ing ajurit | dhatêng nagri Ngastina ||

20. Prabu Sêtyaka ngandika aris | iya bênêr patih aturira | sapa kang sun utus mangke | lan paran marganipun | dene baris mungsuh ngêbêgi[125] | matur rêkyana patya | kawula pukulun | kang sowan dhatêng Ngastina | tanpa [ta...]

--- 492 ---

[...npa] wadya amung lumampah pribadi | nilip anamur raga ||

21. sri narendra panuju ing galih | wus winêling ing solah sêdaya | kya patih amit wijile | praptaning wismanipun | lajêng budhal namur ing lêtri | ngangge amindha sudra | nilip lampahipun | tinilar marga ing wana | baris mêngsah tan ana kang graitani | lajêng ing lampahira ||

22. nusup-nusup sajroning wanadri | tanpa rewang Patih Kudakarya[126] | tan winarna ing lampahe | praptèng Ngastina esuk | duk sêmana nuju tinangkil | Sang Prabu Dipayana | ing sawadyanipun | wus dangu dènnya sewaka | Patih Dwarawati ing praptanirèki | anjujug ngarsa nata ||

23. samya kagyat sadaya kang nangkil | Patih Udakarya matur nêmbah | sampun [sa...]

--- 493 ---

[...mpun] katur sawêlinge | purwa wasananipun | sawêlinge ratunirèki | ya ta duk amiyarsa | sang nata angungun | tuwin sagung kang sewaka | samya ngungun sang nata ngandika aris | hèh paran Udakarya ||

24. apa sira winêkasan malih | marang ratunira uwa nata | Udakarya lon ature | pukulun sang aprabu | inggih amba gusti winêling | dhatêng wa jêngandika | pan nyuwun bêbantu | rèhning rumaos kasoran | yèn ngamungna wadya tuwan Dwarawati | tan wande têtumpêsan ||

25. sakêlangkung awrating ajurit | Prabu Kismala prakosèng yuda | amăncawarna balane | manungsa lawan diyu | mila uwa panduka gusti | sangêt panuwunira | bêbantuning pupuh | Sri Bagawan Baladewa |

--- 494 ---

langkung krodha duk miyarsa nuwun pamit | arsa tindak priyăngga ||

26. bêbantu prang marang Dwarawati | ingkang wayah Prabu Dipayana | datan panuju galihe | kang eyang kèndêl mangu | sri narendra parentah aglis | mring Patih Danurwenda | kinèn abêbantu | mring Dwarawati nagara | kinanthènan punggawa sêkawan tuwin | sawadyabalanira ||

27. kinèn milih punggawa prayogi | Arya Danurwenda tur sandika | wus winêling sêdayane | sang nata angêdhatun | bubaring kang samya tinangkil | kya patih tata-tata | badhe bidhal bantu | dhatêng Dwarawati praja | sawusira antara dina miranti | punggawa kang binêgta ||

28. Arya Hèrmata Satmata tuwin | Arya Sanjaya Arya Subata | samêgta

--- 495 ---

sagêgamane | myang sapanêkaripun | amiranti badhe ngajurit | kya patih atêngara | para wadya kumpul | gumuruh swaraning bala | tan petungan kadi trunaning udadi | asri apangkat-pangkat ||

29. pêpangkone kang para prajurit | tunggul daludal[127] awarna-warna | kilat-kumilat tejane | ngawêngi angênguwung | kèh warnane gêgaman jurit | datan antara budhal | risang mantri ngayun | sawadya punggawanira | miwah patih Dwarawati anuturi | barêngi lampahira ||

30. tri gumuruh swarane lumaris | lir prahorèng wana aru-ara | rusak kambah baris gêdhe | brastha kang kayu-kayu | jurang pèrèng kèbêkan jalmi | atêmah ara-ara | rampal kabarubuh | ya ta tan winarnèng marga | lampahira praptèng nagri Dwarawati |

--- 496 ---

sagung baris Ngastina ||

31. obah baris mêngsah aningali | praptaning wadya sangking Ngastina | atêr gya samêgta age | baris Ngastina nêmpuh | tinadhahan rame ngajurit | gantya sinuduk pêjah | manungsa lan diyu | kotbuta mangungsir lawan | wong Ngastina sura tan taha ing pati | ngasta yuda kênaka ||

50. Pangkur

1. kunêng ingkang păncakara | kawuwusa nênggih Prabu Sêtyaki | budhal sangking prajanipun | sawadyabalanira | marang nagri Dwarawati sang aprabu | arsa tininjo mring putra | sangking sru onênging galih ||

2. tan nyana yèn lagya yuda | mila lampahira datan miranti | samana ing praptanipun | Dwarawati nêgara | sri narendra sawadya kagyat andulu | nuju ramene ngayuda | wong Ngastina Dwarawati ||

3. nanggulang wong Trajutrêsna |

--- 497 ---

sri narendra kèndêl lajêng miranti | asru pangandikanipun | andangu mring apatya | sapa ingkang aprang awasna dèn gupuh | sigra kya patih tumingal | waspada umatur aris ||

4. pukulun ingkang ayuda | putra tuwan Sang Prabu Dwarawati | lawan Trajutrêsna Prabu | miwah wadya Ngastina | tan petungan punika kadi bêbantu | dhatêng putra pandukendra | wau ta duk amiyarsi ||

5. bramantya sêgsana budhal | saha wadya punggawa nlabung jurit | gumuruh parêng manêmpuh | wadya ing Trajutrêsna | kasêrakat ngisis karuban ing mungsuh | kang baris salèring kitha | larut tan ana ngundhili ||

6. tumpêsan punggawanira | ingkang baris anèng loring nagari | punggawanira kang lampus | wasta Nyuhwagra pêjah | dening Arya Hèrmata pinrêping [pinrê...]

--- 498 ---

[...ping] pupuh | senapatining manungsa | ing Trajutrêsna kang mati ||

7. wasta Dirdasrawa pêjah | dening Arya Satmata ing ajurit | sasisanira kang lampus | lumayu asarsaran | rêbut paran sowang-sowangan winuwus | ya ta Patih Danurwenda | lawan Sang Prabu Sêtyaki ||

8. sawadya manjing jro pura | kèrit marang Sang Prabu Dwarawati | sagung ingkang para ratu | miwah bala Ngastina | nayakane wus ngancaran tata lungguh | anunggil lan para nata | lajêng drawina mênuhi ||

9. sira Sang Prabu Sêtyaka | agung dènnya noraga ngasih-asih | mring sukaning tamunipun | sarwi apagunêman | rèhirèng prang Prabu Sêtyaki lingnya rum | anak prabu praptaningwang | tan nyana yèn bakal jurit ||

10. amung têtinjo kewala | sangking dahat onênge lan sirèki | dene

--- 499 ---

sira kaki prabu | amanggih parangmuka | têka nganggo nora cêcala maring-sun | Prabu Sêtyaka turira | inggih lêrês paman aji ||

11. sangking gugup tyas kapêlag | ing pakèwêt mêngsah mêpêti margi | tan wontên kawula utus | lumampah rêrikatan | yèn kăngsia kathah wadya kang lumaku | ing wuri atis kalintang | Prabu Sêtyaki lingnya ris ||

12. paran iki karsanira | mungsuh Prabu Kismaka luwih sêgti | apa ta nuli pinanggut | apa ta dèn antia | praptanira ing jro praja ratu mungsuh | ya ta Arya Danurwenda | nambungi wêcana aris ||

13. pukulun lamun sêmbada | pratingkahe aprang pênêt umijil | botên kuciwa ing pupuh | miwah papane wiyar | lawan wau rawuh panduka pukulun | sampun ngicipi ngayuda | paran yèn botêna [bo...]

--- 500 ---

[...têna] mijil ||

14. karya ciyuting pocapan | bok winastan kaduwunging ajurit | ya ta wau Sang Aprabu | Sêtyaki duk miyarsa | suka lajêng nayogyani aturipun | kang wayah Sang Danurwenda | tuwin Natèng Dwarawati ||

15. inggih jumurung ing karsa | tan antara lajêng ngundhangi baris | samêgta ing lampahipun | kantun budhal kewala | kunêng gantya kawuwusa baris mungsuh | kang mêntas kasoring yuda | wontên salèring nagari ||

16. samya bubar asar-saran | rêbut papan samya angungsi urip | wontên matur ratunipun | yèn baris lèring kitha | sampun risak katrajang barising mungsuh | bêbantu sangking Ngastina | tuwin ing Lesanpuraji ||

17. praptane lajêng angrisak | kathah pêjah wadya tuwan kang kari | ing mangke baris bêbantu | sampun [sampu...]

--- 501 ---

[...n] lumêbèng kitha | kurdha mangkrak wau Kismaka Sang Prabu | duk mirsa lajêng siyaga | ngumpulkên wadyanirèki ||

18. ingundhangan sigra budhal | tri gumuruh swarane kang ditya wil | nêdya ngangsêg karsanipun | campuh ing jro nagara | praptaning jro gègèr wong pating bilulung | kapyarsa kang para raja | gugup parentah umijil ||

19. kirap baris ing Ngastina | Lesanpura miwah ing Dwarawati | wong Trajutrêsna anêmpuh | tan nganti ingabanan | sru mangănta-ănta duk ing praptanipun | bêbantu sangking Ngastina | ngrusak baris kang lèr margi ||

20. kadya sardula mêmăngsa | wong Têrajutrêsna tan nêdya urip | pinarbutan parêng ambyuk | gya Lesanpura Nata | Dwarawati Ngastina parêng angrêbut | yudane wong Trajutrêsna | rame gantya silih

--- 502 ---

ungkih ||

21. gumêrgut mangrêbut lawan | long-linongan rame gêntos kalindhih | wong Trajutrêsna amirut | barise akèh pêjah | punggawa wil péjah madyaning prang pupuh | anama pun Gapodara[128] | kêlawan pun Păncadrasthi ||

22. katiga Prabawa pêjah | kapat Abirata kang sami mati | kalima Marota lampus | madyane ngadilaga | manungsane Trajutrêsna ingkang lampus | pun Suwirya ingkang pêjah | Astranisa sami mati ||

23. duka Sang Wirabagsana | ngamuk punggung kya patih apêpulih | ing sawadyanira ngamuk | ingkang kacandhak pêjah | sang apatih liwung madyaning prang pupuh | kalindhih wadya Ngastina | Arya Satmata ngêmasi ||

24. dene Patih Trajutrêsna | sigra Prabu Sêtyaki [Sê...]

--- 503 ---

[...tyaki] apêpulih | ing sawadyanira ngamuk | miwah Prabu Sêtyaka | Danurwenda kurdha sami ngungsir kiwul | Kya Patih Wirabatana[129] | pêjah pinrêping ajurit ||

25. dene Prabu Nglesanpura | ya ta wau Kismaka Sri Bupati | ngamuk wruh patihe lampus | sang nata sru bramantya | gêdrug bumi lir lindhu payudan gupuh | karasa bantala obah | kang ayuda èsmu miris ||

26. umangsah Prabu Kismaka | saha wadya sakarine kang mati | praptèng rana ngamuk punggung | nir baya nir wikara | lajêng kuwêl kiwuling wadya gumuruh | Prabu Kismaka makrura | singa kang kêcandhak mati ||

27. mawut ingkang katêrajang | wong Ngastina miwah wong Dwarawati | Lesanpura samya mirut | giris ngamuking ditya | kaparjaya Arya Hèrmata

--- 504 ---

alampus | dene Sang Prabu Kismaka | apan[130] wadya Dwarawati ||

28. kang pêjah madyèng palagan | pun Wiratma kaprawosèng[131] ajurit | sira Kismaka Sang Prabu | sangsaya pangamuknya | kadi banthèng kataton solahing mungsuh | malêlêng netra baskara | kang kêpapag lunga gêndring ||

29. sêgsana gya pinarbutan | dene Prabu Lesanpura ngawaki | miwah Sêtyaka Sang Prabu | lawan Sang Danurwenda | miwah sagung punggawa sarêng angamuk | campuh ing prang lêng-ulêngan | riwut tanna nêdya urip ||

30. ngêbyuki Prabu Kismaka | ing payudan warastra lir garimis | pan sarwi kinêpung-kêpung | kendhang saparanira | ing ayuda sinasiwo ngarsa pungkur | tan kewran Prabu Kismaka | dènira amrih pêpati ||

31. sangsaya gambirèng yuda | mobat-mabit [mo...]

--- 505 ---

[...bat-mabit] dènnya ngarah pêpati | dangu-dangu sang aprabu | rinupak ing ayuda | nêmpuh wani Prabu Kismaka anuju | ênggone Sri Lesanpura | campuh prang padha pribadi ||

32. samya ngantêp kaprawiran | tan kuciwa kalihe ngabên sêgti | sami prawira ing pupuh | dangu datan kasoran | kuwêl ukêl caruk-cinaruk mrih kiwul | dangu-dangu sri narendra | samya lena ing ajurit ||

33. têmah sampyuh kalihira | Lesanpura lawan Kismaka Aji | sirna madyaning prang pupuh | kuwănda sarêng mugsa | wadya Trajutrêsna sasisaning lampus | sadaya sami uninga | lamun ratune ngêmasi ||

34. samya mawur asar-saran | rêbut papan tan ana ingkang ngungsir | ngungsi jurang-jurang gunung | kali-kali lan wana | nusup-nusup tan ana [a...]

--- 506 ---

[...na] kang amrih kiwul | lir sapu wudhar suhira | mung kari anom sawiji ||

51. Sinom

1. wontên wadya Trajutrêsna | anggana kari ing jurit | anama pun Atawirya | anêdya nungkul pribadi | tan nêdya anglawani | sêmana sampun kapikut | wau ta Sri Sêtyaka | sadangunira ningali | lamun ingkang paman sampyuh ing ayuda ||

2. kêlawan Prabu Kismaka | sungkawa gêng sri bupati | têmahan mijil kang waspa | pratandhanira nêrpati | seda madyaning jurit | jawatèng wiyat gumuruh | ngudankên kêmbang-kêmbang | ngurmati sedanirèki | ratu karo mugsa jroning ngadilaga ||

3. riris amor samirana | gara-gara gêng kang prapti | pêtêng dhêdhêt pan antara |

--- 507 ---

gara-gara gêng kang prapti | muriring kang ngajurit | trênyuh tyas sadayèsmu luh | kaluluh sru mangarang | sawusnya ngarang-arangi | riris aris pêpêtêng sampun sampurna ||

4. sira Sang Prabu Sêtyaka | mêgsih mêgêng ing tyas wingit | nênggih Arya Danurwenda | tansah mangimuring galih | dupi lipur sang aji | sêgsana parentah kundur | marang sajroning pura | wadya sadayanta[132] kèri | praptèng pura lajêng aboga drawina ||

5. abêbingah wadyabala | Udakarya dèn dhawuhi | lêlayu mring Lesanpura | tuwin wadya ingkang kari | sampun kalilan mulih | nyarêngi duta sang prabu | samya sinung ganjaran | sangking notèng Dwarawati | samya suka wadya-bala Lesanpura ||

--- 508 ---

6. Kyana Patih Udakarya | sampun parentah tumuli | lêlayu mring Lesanpura | wus budhal ingkang tinuding | ya ta kocapa malih | ing Dwarawati Sang Prabu | wusnya samadya căndra | têntrême wadyanirèki | lajêng bidhal sowan mring nagri Ngastina ||

7. kèrit wadya ing[133] Ngastina | sawadya sisaning pati | Kyana Patih Udakarya | kèri atêngga nagari | mung kanthi sawantawis | sêdaya ngiring sang prabu | lawan têtawanira | wong Trajutrêsna tan kari | tan winarna lampahira anèng marga ||

8. praptaning nagri Ngastina | sang nata nuju tinangkil | dadya Patih Danurwenda | atur uninga sang aji | sadaya dèn timbali | mring pura kang mêntas pupuh | praptèng byantara

--- 509 ---

nata | nuju Sri Baladewaji | marêg ingkang wayah Prabu Dipayana ||

9. sadaya wus sinambrama | ing pambagya sri bupati | anuhun Prabu Sêtyaka | miwah Danurwenda Patih | dinangu matur aris | katur sarèh ing prang pupuh | wiwitan lan wêkasan | sedane Prabu Sêtyaki | sampyuh ing prang sadaya wus katur samya ||

10. suka ngungun sri narendra | nalikanira miyarsi | sukanya dene kang mêngsah | sirna madyaning ajurit | ngungunira sang aji | ingkang eyang sedanipun | Prabu ing Lesanpura | lina[134] madyaning ajurit | ya ta wau Sri Bagawan Baladewa ||

11. duk mirsa langkung sungkawa | karănta-rănta ing galih | Sri Sêtyaki sedanira | miwah

--- 510 ---

wayahe kêkalih | sami sirnèng ajurit | sang nata pan arawat luh | pinupus papêsthènnya | samya pasrah ing dewadi | ubayane satriya mati ing rana ||

12. nulya sang nata parentah | maring Danurwenda Patih | kinèn anuduh punggawa | marang Lesanpura Aji | lêlayu lawan malih | animbali putranipun | Sang Prabu Lesanpura | Dyan Songa-songa[135] wêwangi | Patih Danurwenda umatur sandika ||

13. ya ta tatêlukanira | wong Trajutrêsna satunggil | tinimbalan praptèng ngarsa | dinangu namanirèki | umatur awotsari | wasta kawula pukulun | inggih pun Antawirya | sang nata ngandika malih | prênah apa sira lan Prabu Kismaka ||

14. Ăntawirya [Ăntawir...]

--- 511 ---

[...ya] matur nêmbah | botên mambêt kulit daging | amung suwita kewala | ngawula măngka ngêmbani | sang nata ngandika ris | sapa sudarmanirèku | kang dinangu tur sêmbah | gusti kang yoga pun dasih | inggih nguni Sang Aprabu Bomantara ||

15. pukulun kang pinêjahan | dhatêng putrèng Dwarawati | kang nama Bambang Sêtija | gih Bomanrakasuraji | ulun dèn gumatèni | kinarya ngêmbani sunu | kagyat sri naranata | wasana ngandika aris | kalingane sira kang adarbe praja ||

16. luri sangking wong tuwanta | Têrajutrêsna nêgari | Ăntawirya nuhun nêmbah | sarwi sumungkêm ing siti | waspanira drês mijil | marawayan wêtuning luh | ing

--- 512 ---

tyas karănta-rănta | andikane sang siniwi | sri narendra sigra dènira parentah ||

17. dhawuh marang Danurwenda | Si Ăntawirya ing mangkin | ingsun adêgakên raja | ing Trajutrêsna nagari | sandika kyana patih | nulya ingestrenan sampun | Sang Prabu Ăntawirya | nuhun sumujut ing siti | sri narendra alon malih angandika ||

18. lawan nagri Trajutrêsna | sun paringkên uwa aji | karèha angulubalang | marang nagri Dwarawati | Prabu Sêtyaka Aji | kêlangkung panuwunipun | sêsampunnya mangkana | sêdaya linilan mijil | undurira kèrit Patih Danurwenda ||

19. praptèng jawi sowang-sowang | Sang Aprabu Dwarawati |

--- 513 ---

lawan Prabu Ăntawirya | pasanggrahanira nunggil | Danurwenda apatih | sigra dènira angutus | mring nagri Lesanpura | Arya Sêgsa kang lumaris | saha wadya nimbali Dyan Songa-songa ||

20. Raja Putra Lesanpura | Arya Sêgsa kang lumaris | ingiring panêkarira | kunêng kang mêgsih nèng margi | Lesanpura winarni | katêkan malatkung asru | sapungkuring kang rama | antara pêndhaking ari | sabên dina akèh dêlajat gung prapta ||

21. pêgsi dhandhang mawurahan | kathah kang munya ing latri | sonya[136] bêluk kang uritan | munya krura lir manangis | mawèh sasmita kingkin | sapraja trênyuh tyasipun | Rahadèn Songa-songa | karasa driyanirèki | ngunandika ana paran iki baya ||

--- 514 ---

22. ri wusnya antara dina | prapta dutèng Dwarawati | tuwin wadya Lesanpura | sasisane kang ngêmasi | kumêpyur radèn mantri | duta wau praptanipun | gugup tyas têrataban | sigra sinapa tumuli | duta matur wiwitan praptèng wêkasan ||

23. kăngsi sedane kang rama | wau ta duk amiyarsi | sira Radèn Sanga-sanga | pitung pandurat tan angling | minggu kodhêng kêpati | lir sata sinambêr wolung | ngênglêng nala kalanglang | ulêngan wong sanagari | kapiyarsa sangking jroning dhatulaya ||

24. gumuruh tangis ing pura | pawèstri umyung anangis | tidhêm sanagara dahat | kadaut tyas rontang-ranting | tistis tyas èsmu tangis | kongasing sasmita kusut | kasatmotèng punggawa | ing Lesanpura

--- 515 ---

nagari | ridhunira sawantara sabên dina ||

25. katungka utusanira | sangking Ngastina nêgari | Arya Sêgsa wus kêpanggya | kalawan rahadèn mantri | nênggih wus dèn carani | timbalanira sang prabu | Rahadèn Sanga-sanga | sandika sigra miranti | tan antara dina wus samêgta budhal ||

26. kèrit Radèn Arya Sêgsa | rêroncène tan winarni | duta Dwarawati ngiras | samya umiring nyarêngi | datan winarnèng margi | lampahira sampun rawuh | nagari ing Ngastina | sang nata nuju tinangkil | dadya nunggil pasewakane kang raka ||

27. nênggih Sang Prabu Sêtyaka | Arya Sêgsa sawadyèki | amakuwon sowang-sowang | sêlak kasaput ing wêngi | ya ta Sri Dwarawati | duk mulat ing arinipun |

--- 516 ---

Rahadèn Sanga-sanga | gupuh dènira mlayoni | gya rinangkul lungayane arinira ||

28. sampun binêgta alênggah | kang raka ngandika aris | dhuh yayi karia lola | tinilar mring paman aji | kari kawêlasasih | tinilar ing paman prabu | amung dèn bisa sira | mumpuni prajanirèki | mêngkonoa yayi wong katêmpuh tuwa ||

29. gagêntine ramanira | lawan tyasira ri mami | aja kèh rinasa-rasa | ing sedane paman aji | ngemana sira yayi | sapa kang dadi pamêngku | nêgara Lesanpura | tan liyan ingkang darbèni | amêngkoni nagara pan amung sira ||

30. kang rayi tansah manêmbah | tumungkul waspa drès mijil | sadalu dènnya rêrasan | angimur marang kang

--- 517 ---

rayi | sampun diwasèng latri | enjinge katur sang prabu | sadaya tinimbalan | kèrit Danurwenda Patih | manjing pura praptèng byantara narendra ||

31. kang eyang Sri Baladewa | nuju umarêg ngarsaji | sang nata nulya nambrama | mangimurira ing galih | mrih lipur sawantawis | karsanira sang aprabu | sawusnya dhinawuhan | gumantia narapati | amêngkoni nêgari ing Lesanpura ||

32. sandika Sri Sanga-sanga | sang nata ngandika malih | maring Arya Danurwenda | kinèn samya animbali | Radèn Sasana[137] tuwin | Radèn Dawana rinipun | kêkalih arinira | ing Mandura Sri Bupati | sami putranipun Rahadèn Wisatha ||

33. kalihnya wus dhinawuhan | Radèn [Radè...]

--- 518 ---

[...n] Dewana gumanti | pangkone Arya Hèrmata | Radèn Sarsana gumanti | Arya Satmata nguni | sandika kêkalihipun | sumujud ngarsa pada | sawusnya linilan sami | para ratu mantuk marang prajanira ||

34. sandika kang para nata | sadaya wus samya mijil | kèrit Arya Danurwenda | sapraptanira ing jawi | amasranggraha[138] sami | sagunging kang para ratu | antara tigang dina | budhalan kang para aji | kundur maring prajanipun sowang-sowang ||

35. amung Prabu Ăntawirya | andhèrèk mring Dwarawati | kongsi lami kinurmatan | ingêla-êla sinung sih | kunêng ing Dwarawati | Ngastina malih winuwus | sira Arya Duwara | wus mantuk sawadyanèki | praptanira dahat mênangi ngasmara ||

--- 519 ---

52. Asmaradana

1. Patih Dwara sadyaki |[139] praptèng nagari Ngastina | atur uninga sang katong | sadaya wus tinimbalan | umanjing jroning pura | praptèng byantara sang prabu | Patih Dwara matur nêmbah ||

2. katur sarèhe tinuding | dènnya karya pagrogolan | badhe kalangênan katong | sadaya sami samêgta | miwah kang sato wana | sampun munggeng jroning tarub | suka Prabu Dipayana ||

3. sang nata lajêng pawarti | dhumatêng Kya Patih Dwara | ing Dwarawati solahe | wiwitan praptèng wêkasan | wau duk Patih Dwara | ing driya ngungun kalangkung | myarsa ngandikaning nata ||

4. wêkasan rudah tan sipi | karănta-rănta ing driya | supe anèng ngarsa katong | pijêr angusapi [ang...]

--- 520 ---

[...usapi] waspa | lajêng kalilan mêdal | sawadyane sarêng mêtu | sampun atampi ganjaran ||

5. sang nata sigra nimbali | lurah pandhe anèng ngarsa | Êmpu Bratadi wastane | sri narendra aparentah | kinèn karya gêgaman | badhe kinarya nênumpu | anggêladhag sato wana ||

6. wêsi sampun dèn paringi | wêsi Srinandhi namanya | êmpu sandika ature | ponang tosan wus tinampan | lajêng binêgta mêdal | wus prapta ing wismanipun | wêsi lajêng binakaran ||

7. amêngangah dadya agni | sigra pinalu kang tosan | sumyur musna datan katon | Êmpu Bratadi abiyas | gugup kucêm netranya |

--- 521 ---

gumêtêr ajrih kêlangkung | nyana antuk kang dêduka ||

8. ki êmpu sigra andhêlik | anyênthir nèng padon omah | amung katon bêbokonge | datan ana ingkang wikan | ki êmpu nyananira | angur singêtana[140] ingsun | nèng kene datan kawuryan ||

9. onoa[141] dutaning aji | animbali marang ingwang | măngsa kawruhana ingong | dangu-dangu karsanira | lah iya raganingwang | iki umpêtan barukut | sang nata mangsi kewrana ||

10. lamun sri narendra runtik | yêgti wismaku binubrah | banjur sun katon mêngèngèh | yêgti saya dukanira | ingsun gya pinalara | tan enak lamun kadyèku | cabar tiwas ngur sebaa ||

--- 522 ---

11. kaya-kaya sri bupati | karya ngupakara ingwang | ki êmpu gya mijil alon | praptèng jawi ginagagas | patute raganingwang | kinêthok sun banjur lampus | paran anak bojoningwang ||

12. ing ngêndi gonira ngungsi | yêgti padha pinatenan | jêr trahing wong dosa katong | ki êmpu sangsaya biyas | lumayu asingêtdan | rabine angungun dulu | marang solahe kang lanang ||

13. wêlas lajêng amêrpêki | sarwi alon atêtanya | dhuh kyai paran ta kuwe | mêngkono ing solahira | ki êmpu alon ngucap | awarta mring rabinipun | wiwitan praptèng wêkasan ||

14. paran mêngkono ta nyai | kaya priye solahira | yêgti tan wurung pinatèn |

--- 523 ---

kang èstri nauri sabda | kyai lamun mangkana | ngungsia sêgara gunung | kabèh kagungane nata ||

15. pêsthi mêgsih dèn ulati | kabèh kabawah sang nata | ing ngêndi gone pinatèn | jêr wuwuh-wuwuh dosanya | kinongkon têka minggat | hèh kyai lamun pinuju | angur sirèku sebaa ||

16. ngaturakên pati urip | kyai lamun kabênêran | kaya-kaya tan pinatèn | jêr sirèku katingalan | wau duk amiyarsa | wuwuse rabinirèku | ki êmpu lêga tyasira ||

17. gya lumêbu dhatêng panti | Êmpu Bratadi busana | arsa sumiwèng sang katong | sawusnya sigra lumampah | laju sowan ing ngarsa | ki êmpu nêmbah umatur |

--- 524 ---

ngrarêpa ngaturkên pêjah ||

18. katur sasolahirèki | wiwitan praptèng wêkasan | sang nata ngungun galihe | ki êmpu wus ingapura | tan dadya dosanira | wêsi pinaringan liru | awasta wêsi garita ||

19. Êmpu Bratadi nampèni | wus binêgta nêmbah mêdal | sapraptanira wismane | wêwarta mring somahira | dhawuhe sri narendra | kalihe suka kêlangkung | wêsi lajêng ingobaran ||

20. duk arsa pinalu malih | wêsi garita dyan musna | tanpa karana musnane | ki êmpu gugup ing driya | sigra sowan sri nata | tan uwas sira ki êmpu | dene saya kaelokan ||

21. praptane byantara aji | ki êmpu umatur nêmbah | sampun katur sasolahe |

--- 525 ---

angungun sri naranata | tuwin kang amiyarsa | miyarsa aturing êmpu | pan sami gawok sadaya ||

22. sang nata ngandika aris | hèh êmpu sira sarèhna | dene iku luwih elok | manawana karsaningwang | ingkang amurwèng titah | sandika sira ki êmpu | pan sami gawok sadaya ||

23. ya ta Ngastina nêgari | prapta pratandhane duka | katêkan sêsalat gêdhe | miwah pagêblug gêng prapta | pêpati tan petungan | unèn-unène malat kung | tumpêg anèng jro nagara ||

24. tistis têngis sru manangis | gêdhasih munya angêsah | sanityasa sanityase | bêluk son-ason guritda | sami munya raina | dhandhang amunya ing dalu | lajêng amutah ludira ||

25. ingkang bumi gonjang-ganjing |

--- 526 ---

lindhu ping pitu sadina | kilat cancala cêlèrèt | ngampar mèh prapta ing kisma | sangking gunging têngara | jumêgur kang gunung-gunung | wiyat sumambirat abang ||

26. ingkang dhèdhèt erawati | ngakak tansah sabên dina | suntrut sapraja sênêne | miwah ingkang aru-ara | samya malbèng nagara | awarna-warna gumuruh | sami amêmăngsa jalma ||

27. kuwur tyase sanagari | kang tan mati sangking lara | sirna pinangan ing sato | wontên ingkang botên pêjah | gugup wismane kobar | sêsalat saya gêng rawuh | nagri sayarda andadra ||

28. sadina kang kapiyarsi | panjrite wong mati roga | miwah kang pinangan sato | ana alok-alok wisma | sirna dening sêsalat | sabên [sabê...]

--- 527 ---

[...n] dina pan gumuruh | jêlèhe wong awurahan ||

29. kongas sanêgara sêpi | kathah kang ngili ing paran | mangkana kang para katong | sami sungkawèng wardaya | sagung kang para wadya | sadaya susah kêlangkung | dènira non kaelokan ||

30. wau ta sri narapati | gru[142] sungkawanira dahat | kóngsi lami nora miyos | tansah nanêdha ing dewa | minta waluyanira | nagara saisinipun | sirêpa dêdukaning Hyang ||

31. supe dhahar lawan guling | sang nata jroning sungkawa | amêmpên anèng kadhaton | kang eyang Sri Baladewa | miwah Arya Suhbrastha | samya katuran nênuwun | anèng langgar[143] palanggatan ||

32. sira kyana patih kalih | sawadya para punggawa | bela sungkawaning katong | samya nanêdha ing dewa | arjaning kang nêgara | lêstaria sukanipun |

--- 528 ---

ya ta wau sri narendra ||

33. marêngi Anggara Kasih | mêtêg sungkawaning nata | mijil sangking jro kadhaton | naritis dènira nendra | wontên marmaning dewa | amangsit marang sang prabu | mangkana linge kang swara ||

34. hèh yoganingsun sang aji | sun tarima bratanira | sira jumênênga age | anèng samadyane latar | madhêp ing catur yoga | angucapa sira masku | kakilah iki mantranya ||

35. orêp mêrta sana tuwin | maswaha ya ta sang nata | kagyat wungu sang akatong | mituhu ujaring swara | sigra mring têngah latar | tuwin maca sastranipun | sarwi madhêp keblat papat ||

36. tan antara wontên kègsi | cumalorot sangking wiyat | dhawah ing ngarsa sang katong | kagyat Prabu Dipayana |

--- 529 ---

ya ta wus kawistara | lamun kang dhawah puniku | anênggih wêsi garita ||

37. lawan kang wêsi srikandhi | ing nguni ingkang amugsa | mangke asarêng praptane | nanging sami rupa rêca | sarwi amawa cahya | carita warni Hyang Guru | siji warni Dèwi Uma ||

38. wus cinandhak mring sang aji | sêmana lajêng raina | nulya tumindak sang katong | marang sanggar palanggatan | parêg ing eyangira | sri bagawan gupuh-gupuh | amêthuk wayah sang nata ||

39. sawusnya tata alinggih | ingkang wayah awêwarta | duk ing dalu sasolahe | wiwitan praptèng wêkasan | angungun sri bagawan | lan Suhbrastha sami ngungun | dene saya kaelokan ||

40. ponang arca wus pinaring | kang paman Arya Suhbrastha | sampun pinarnah karone | anèng sanggar palanggatan | sinaji rinarêngga |

--- 530 ---

sampêt paripurna sampun | ya ta kang ponang sêsalat ||

41. sirna wau kang gêgêring | waluya sami sakala | sanêgara suka kabèh | sato-sato pêlarasan | wangsul marang ing wana | unèn-unèn mari nguwuh | sapraja sokur ring dewa ||

42. marêngi asalin warsi | lumagsanèng kalih wulan | kaetang taun suryane | winarna sangkalanira | sirêp gatining swara |[144] tauning căndra pinetung | lumagsanèng sangan wulan ||

43. ing warsa mêgsih anunggil | ya ta ing sêngkalanira | anêmbah gunung swarane |[145] anênggih ingkang kocapa | Sang Prabu Dipayana | sêmana sigra dhêdhawuh | mring wadya badhe sewaka ||

44. kyana patih angundhangi | wadyabala ing Ngastina | yèn sang nata arsa miyos | gumêr sanêgara suka |

--- 531 ---

gustine arsa têdhak | dadya kabèh kusung-kusung | arsa mulat gustinira ||

45. nadyan kang têbih nêgari | gung alit manjing jro pura | nêdya sujud mring gustine | dènnya lami tan sewaka | mangke karsa kaulan | wau ta jêng sang aprabu | sampun miyos panangkilan ||

46. kinèn amatah kang baris | kang pantês têngga nagara | amung sawantara bae | kêrigan milu mring wana | sandika sang apatya | sang nata kundur ngêdhatun | bubar kang samya sewaka ||

47. kya patih lajêng ngundhangi | nanggênah kang têngga praja | Sri Baladewa Sang Katong | punika katêmpuh tuwa | pantês têngga nagara | lan Suhbrastha rowangipun | katiga Arya Dhêsthara ||

48. Arya Kètu uga kèri | sapanêkarnya sadaya | Dhannyang Prawasa kancane | panêkar [pa...]

--- 532 ---

[...nêkar] para brahmana | myang ingkang kawistara | sakănca bujăngga kantun | miwah wadya juru citra ||[146]

49. miwah wadya tukang wêsi | Êmpu Bratadi atêngga | sakancanira wong pandhe | sami tugur jroning pura | kang sami têngga praja | yitna samêgta ing kewuh | kanthi wadya durandara ||

53. Kinanthi

1. wau ta ing enjingipun | kya patih sampun miranti | pêpak ingkang upacara | miwah kang badhe humiring | têdhake sri naranata | pêpara marang wanadri ||

2. tinata punggawanipun | lampah jèjèr kalih-kalih | sigra têdhak sri narendra | praptaning ing păncaniti | wontên punggawa kang budhal | kêkalih kang mêcalangi ||

3. Arya Sêgsa kang rumuhun | lan Arya Saraba tuwin | sapanêkarnya wahana | turăngga datan atêbih | lawan sang sri naranata | sigra anunggal [anung...]

--- 533 ---

[...gal] ing wuri ||

4. budhalira sang aprabu | kadi trunaning udadi | para wadya pangkat-pangkat | asri busananirèki | tinon lir Bathara Surya | arsa madipani bumi ||

5. samarga kang lurung-lurung | kathah wong kang nêningali | lampahe sri naranata | dènnya cangkramèng wanadri | sawadya punggawanira | wus mangkana sri bupati ||

6. sampun prapta lampahipun | pasanggrahaning wanadri | sawadya wus masanggrahan | sowang-sowang amiranti | rinakit pakuwon nata | rinêngga-rêngga sarwadi ||

7. kinubêng têtarub agung | pinggir-pinggir binotrawi | kalangênan made kambang | majupat pakuwon aji | asrining kang sasêkaran | maripit pinggir [ping...]

--- 534 ---

[...gir] botrawi ||

8. jawining pakuwon prabu | wontên pêpanggungan alit | luhur cêlak pagrogolan | sampêt samya rinêngga sri | mênawi sang nata têdhak | ningali sato wanadri ||

9. lênggah anèng ing pêpanggung | dene pakuwoning abdi | tinata abêbitingan | bêbanjêngan marik-marik | kang darbe wus masanggrahan | wau ta ingkang winarni ||

10. nalika arsa lumêbu | Arywa Dwara Sang Apatih | ing pakuwon gya tumingal | wontên kênya ayu luwih | lênggah anèng sor dhayakan | tanpa rowang kawlasasih ||

11. rada kapering kapungkur | lawan pakuwon sang patih | Arya Dwara duk tumingal | kumênyut arsa mêrpêki |

--- 535 ---

sang arya graitanira | baya-baya sapa iki ||

12. Patih Dwara ngandika rum | têtanya sapa sirèki | anèng kene tanpa rowang | wangune kaya kênyadi | mêgsih wutuh sarinira | durung ana ingkang gêmpil ||

13. kang dinangu kagyat matur | kula tiyang ing wanadri | tanpa bapa tanpa biyang | wasta kawula puniki | manawi wontên kang sotah | amêstani pun Suyati ||

14. Patih Dwara alon muwus | pagene wontên ing ngriki | apa sira waranggana | atinjo marang ing mami | miwah ta lamun manungsa | apa ta sêdyanirèki ||

15. Kèn Suyati nêmbah matur | kawula manungsa yêgti | kaleyang kabur kanginan | satibane awak mami | angupaya [angupa...]

--- 536 ---

[...ya] pangengeran | manawi wontên kang sudi ||

16. Patih Dwara alon muwus | lamun sêmbada sirèki | payo milua maringwang | apa kang sira karsani | pèni-pèni kapatihan | yêgti sun wèhkên sirèki ||

17. wêngkunên sadayanipun | amugtia anèng bumi | musthikaning kapatihan | pantêse mung sira iki | sang arya dènnya ngandika | sarwi nyampar-nyampar sikil ||

18. Kèn Suyati langkung rêngu | mêngkona[147] osiking galih | dhuh wong iki sumangkean | wong bagus dadi pêpatih | têka dadak asikara | sêmune anyalawadi ||

19. Patih Dwara alon muwus | lah payo jarwakna aglis | saguhana raganingwang |

--- 537 ---

aja pijêr mênêng yayi | yèn saguh nuli sun gawa | marang pasanggrahan mami ||

20. Kèn Suyati nêmbah matur | dhuh pukulun sang apatih | botên sagêt raganingwang | suwita dhatêng priyayi | manawi kathah kang lêpat | tan wande anglêlèpèti ||

21. dhatêng kadang karuh ulun | pintên dayane wong cilik | yêgti tuna pangawikan | tan wruh caraning priyayi | Patih Dwara lon ngandika | aja sira walangati ||

22. tan pantês dadia batur | yèn sira mèlu ing mami | ajapên mugti ing jagat | dadya êmbanane aji | ngamungna bae lan sira | rewang sapati lan urip ||

23. sêmana sadangunipun | imbal wacana tyang kalih | nênggih Arya Patih Dwara | kêlawan Nikèn [Nikè...]

--- 538 ---

[...n] Suyati | nalika panduk tumingal | sasat rêmpu tiyang kalih ||

24. pyuhing wardaya sarêng suh | sumusup rêsêp prasami | tuhu karsaning jawata | nênuntun jodho ngulati | iya pira dohanea | tamtu katêmu pribadi ||

25. nadyan kalingana gunung | kapangkalana jêladri | karsaning dewa katêkan | mangkana Nikèn Suyati | mimbuh ing driya mangarang | kerut marang sabda manis ||

26. graitanira ing kalbu | nora kaya si wong iki | ngandikane mindha kilang | bisa angrarêmêt ati | baya wus karsaning dewa | sun kumpul lawan wong iki ||

27. kandhêg ing tyas amargiyuh | sang rêtna tan bisa angling | sêrênging tyas waspa mêdal | tumungkul èsmu marinding | kenging sabda rum mangkana |

--- 539 ---

pinupus-pupus ing galih ||

28. sang rêtna nêmbah tumungkul | Patih Dwara angling malih | payo nimas ngandikoa | aja dêduka mring mami | paran kèndêla kewala | apa ingsun katon wêrjit ||

29. mila tan arsa kêkaruh | maringsun katon sukêrjit | lalêthêg donya anèngwang | milane lumuh kêpati | Kèn Suyati matur nêmbah | dhuh pukulun sang apatih ||

30. botên katênta pukulun | lumuha dhatêng ing gusti | nugraha paran wak ingwang | kêlakona dadi patih | dhatêng panduka ing mangkya | de amba wau tan angling ||

31. ketang tanpa bapa biyung | anggèn kawula angabdi | mênawi antuk dêduka | sintên ingkang mituturi | tan wande manggih cintraka | Arya Dwara ngandika ris ||

32. lah aja sandea kalbu | paran [para...]

--- 540 ---

[...n] dadi susah ati | wêwêngkuning kêpatihan | yogya sira kang duwèni | payo maring pasanggrahan | aja pijêr anèng ngriki ||

33. wus mangkana lajêng tumut | mring pakuwon sang apatih | tan ana ingkang uninga | rèhning kasaput ing ratri | anjujug ing pasarean | sang arya nêkakkên kapti ||

34. wilêting asmara nutug | sadalu tansah karonsih | sih-sinihan tan sangsaya | wèntèh priya lawan putri | sadalu pinriyêmbada | rinêmih-rêmih wus kungkih ||

35. wus luwar dènnya mong lulut | sang dyah pinăndhong mring bèji | samya siram kalihira | sawusnya busana nuli | Arya Dwara gya siyaga | arsa marêg sri bupati ||

36. enjingira sang aprabu | têdhak arsa aningali | sato kang nèng pagrogolan | sawadya sami umiring | lajêng minggah

--- 541 ---

mring panggungan | para wadya wus sumiwi ||

37. anèng ngandhaping pêpanggung | amung kya patih kêkalih | kang parêg ing ngarsa nata | suka sang prabu ningali | sakèh ingkang sato wana | sang nata parentah aglis ||

38. maring punggawa sadarum | kinèn umanjinga sami | marang jroning pagrogolan | nyêpêngi buron wanadri | ajana nganggo gêgaman | manjinga agênti-gênti ||

39. sandika kang sinung dhawuh | Patih Dwara manjing dhimin | praptèng jro nyêpêng têgsaka | agêng langkung angajrihi | ingikal kinarya bêgsa | gambuh sang arya gya mijil ||

 


Kurang tiga suku kata, dan biasanya guru lagu i: Bathara Krêsna nanggapi. (kembali)
sampurnanira. (kembali)
dadya. (kembali)
Kurang satu suku kata: ênggoning kuda puniku. (kembali)
dening. (kembali)
Dhahnyang (dan di tempat lain). (kembali)
wiyati. (kembali)
ngruktia. (kembali)
otot. (kembali)
10 mrêpêgi. (kembali)
11 milamba (dan di tempat lain). (kembali)
12 Capu (dan di tempat lain). (kembali)
13 anampèni. (kembali)
14 Kurang empat suku kata: sira mêdharakên karsa enggal-enggal. (kembali)
15 Kurang satu suku kata: kawêngku ing jagat traya. (kembali)
16 ina. (kembali)
17 parandene. (kembali)
18 ngrukti. (kembali)
19 saparêkanira. (kembali)
20 wiyati. (kembali)
21 Tanggal: sarira trinèng arga (738 taun surya). (kembali)
22 Tanggal: janma winayanging swara (761 taun căndra). (kembali)
23 ruktinên. (kembali)
24 yoganingsun (dan di tempat lain). (kembali)
25 yoganingwang. (kembali)
26 mêngsah. (kembali)
27 Lebih satu suku kata: wisaning pikir tan awas. (kembali)
28 Biasanya guru lagu i: kalih. (kembali)
29 wangkawa. (kembali)
30 sapraja. (kembali)
31 ridhu. (kembali)
32 kang. (kembali)
33 amriha. (kembali)
34 Kurang satu gatra: ke-8 (8a). (kembali)
35 sabdayu. (kembali)
36 Esa. (kembali)
37 oyotira. (kembali)
38 tikbra. (kembali)
39 Lebih dua suku kata: miwah ing kawiryanira. (kembali)
40 samana. (kembali)
41 Kurang satu suku kata: sru ardayanira. (kembali)
42 amangastawa. (kembali)
43 brêbês. (kembali)
44 dadi. (kembali)
45 kapitèng. (kembali)
46 jaman. (kembali)
47 sayêgti. (kembali)
48 suksma. (kembali)
49 sinung. (kembali)
50 kang. (kembali)
51 pratandhanirèng. (kembali)
52 panuturirèng. (kembali)
53 Tanggal: sarira gunaning rêsi (738 taun surya). (kembali)
54 Tanggal: kacampuh oyaging wukir (761 taun căndra). (kembali)
55 pêpak. (kembali)
56 Kurang satu suku kata: sura Sang Arya Dwara. (kembali)
57 kocapa. (kembali)
58 ngamuk. (kembali)
59 tri. (kembali)
60 Singgêla. (kembali)
61 mila. (kembali)
62 dening. (kembali)
63 dening. (kembali)
64 Maeswara. (kembali)
65 kapracondhang. (kembali)
66 Tanggal: sirna caturing paku (740 taun surya). (kembali)
67 Tanggal: guna rêtuning kang ardi (763 taun căndra). (kembali)
68 Pratimeya. (kembali)
69 ambêging. (kembali)
70 amba. (kembali)
71 iku. (kembali)
72 prawira. (kembali)
73 pamunahing. (kembali)
74 jawining. (kembali)
75 lilah. (kembali)
76 dening. (kembali)
77 Maundara. (kembali)
78 sarêng. (kembali)
79 Kurang satu suku kata: tuwin wadya prawira pratiwa anung. (kembali)
80 Kurang satu suku kata: kèrit Ki Apatih Dwara. (kembali)
81 endah. (kembali)
82 Tanggal: bumi oyaging ardi (761 taun surya). (kembali)
83 Tanggal: catur akarênèng gunung (784 taun căndra). (kembali)
84 Kurang satu suku kata: raris nalika mangkarak. (kembali)
85 Kurang satu suku kata: yèn sinawang ki apatih. (kembali)
86 dadi. (kembali)
87 pakartinirèng. (kembali)
88 Tanggal: pêgsa suci nèng ngardi (742 taun surya). (kembali)
89 karasèng. (kembali)
90 Tanggal: wisaya karasèng ngardi (765 taun căndra). (kembali)
91 Ngastina. (kembali)
92 Kurang satu suku kata: wong Boja gya anangsêgi. (kembali)
93 tiwas. (kembali)
94 katapis. (kembali)
95 Ratu. (kembali)
96 pabaratan. (kembali)
97 Srawantipuri. (kembali)
98 purwa. (kembali)
99 kawulèmut. (kembali)
100 tuna. (kembali)
101 Kurang empat suku kata, dan biasanya guru lagu e: kang sampun ngalih namane. (kembali)
102 Kurang satu gatra: ke-2 (10a). (kembali)
103 wangsaning. (kembali)
104 Tanggal: guna kartining arga (743 taun surya). (kembali)
105 Tanggal: rêtu manising pandhita (766 taun căndra). (kembali)
106 otêr (dan di tempat lain). (kembali)
107 kondur (dan di tempat lain). (kembali)
108 Tanggal: èsthine kapat pandhita (748 taun surya). (kembali)
109 Tanggal: tunggal swaraning ardi (771 taun căndra). (kembali)
110 patrapnya. (kembali)
111 wiyati. (kembali)
112 praptaa. (kembali)
113 dumarojog. (kembali)
114 pènyèt. (kembali)
115 wiyati. (kembali)
116 kalimput. (kembali)
117 sambating. (kembali)
118 Durandana. (kembali)
119 dêdana. (kembali)
120 Tanggal: trustha yoganira rêsi (749 taun surya). (kembali)
121 Tanggal: panêmbahing rêsi sapta (772 taun căndra). (kembali)
122 kapiyarsa. (kembali)
123 dening. (kembali)
124 apa. (kembali)
125 ngêbêki. (kembali)
126 Udakarya. (kembali)
127 daludag. (kembali)
128 Gathodara. (kembali)
129 Wirabagsana. (kembali)
130 lawan. (kembali)
131 kaprawasèng (dan di tempat lain). (kembali)
132 sadaya tan. (kembali)
133 mring. (kembali)
134 lena. (kembali)
135 Sanga-sanga (dan di tempat lain). (kembali)
136 sona. (kembali)
137 Sarsana. (kembali)
138 amasanggrahan. (kembali)
139 Kurang satu suku kata: Patih Dwara sadayèki. (kembali)
140 singitana. (kembali)
141 anaa. (kembali)
142 sru. (kembali)
143 sanggar. (kembali)
144 Tanggal: sirêp gatining swara (750 taun surya). (kembali)
145 Tanggal: anêmbah gunung swarane (772 taun căndra). (kembali)
146 crita. (kembali)
147 mêngkana. (kembali)