Rêtna Kasimpar, Jayasuwignya, 1930, #171

JudulCitra
Terakhir diubah: 04-08-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Rêtna Kasimpar

--- 1 ---

Rêtna Kasimpar, Jayasuwignya, 1930, #171: Citra 1 dari 83

1. Sinom

1. lir pradapa tumaruna | kintaka sinung kakawin | mamrih wilêting carita | sêngsêma kang anupèksi | mirit caritèng nguni | pinèt jêjêring pamuwus | Sang Prabu Jayapitana |[1] nawèng[2] Ngastina nagari | binathara maksih jêjaka sang nata ||

2. narendra langkung kawasa | băndha-bandhu kadang sami | satus kadange Kurawa | sami prawira sinêpi | mung sajuga kang putri | sumêla langkung ingugung | Sang Dyah Trusilawatya | kalangkung sulistyèng warni | warnanira kadya kancana rinêngga ||

3. anuju sawiji dina | sang nata lênggah tinangkil | Sang Prabu Jayapitana | siniwèng wadya gung alit | nèng dhamparira rukmi | samana kang marêk ngayun | kang paman Arya Gandara |[3] wasesa măngka pêpatih | tuwanggana sagunging wadya Kurawa ||

4. julig pangrèhing ukara | wasi[4] nandukkên mêmanis | limpat mring karti sampeka | widagda ing agal alit | kapering kering aji | Pandhita Durna Sang Wiku | mumpuni saliring guna |[5] putus kaprawiran sakti | sang awipra dadya brahmananing praja ||

5. ginuron sakadang nata | marma Kurawa sinakti | tinungkulan guronira | Pandhita Durna linuwih | saking sabrang Sang Rêsi | Baratwaja kang sêsunu | pandhita mêsubrata | wicaksana ing pangagsi[6] | marmanira Ngastina praja minulya ||

6. akèh praja kang kuncara | kang kasăngga ing pratiwi | kayoman ing ngăntariksa[7] | kasongan [ka...]

--- 2 ---

Rêtna Kasimpar, Jayasuwignya, 1930, #171: Citra 2 dari 83

[...songan] surya lan sasi | tan ana kang nyênyami | anglir Ngastina praja gung | kuncaraning kang praja | pasir wukir loh jinawi | gêmah ripah sapraja tan ana kurang ||

7. sabala santananira | ingugung karsane sami | dening Prabu Duryudana | kalaban dananing aji | ala ayu sinung sih | kabanjiran sihing prabu | mili kadya narmada | marma ciptanira sami | gung susêtya tadhah karyanirèng nata ||

8. supênuh samya aniwa | balabar lir jalanidhi | aglar anèng panangkilan | praptèng ngalun-alun radin | ingkang samya anangkil | sumungku ngarsa sang prabu | mulat nayaning nata | kadya anawung rudatin | marma sidhêm tanna sabawa kapyarsa ||

9. amung kumandhanging swara | sagung wadya juru rugmi[8] | pukulira sêsauran | pating carêngkling kapyarsi | lawan kang pandhe wêsi | karya gêgamaning pupuh | kancana rêngganing pura |[9] pêksi êngkuk anyalahi | nèng karoya karya asrining kang swara ||

10. tistis ing nala karasa | rasaning nahên rudatin | bela labuh sri narendra | dènira nawung wiyadi | tan adangu sang aji | ngandika marang sang wiku | dhuh bapa Sokalima | kadiparan kang panggusthi | pundhutane bêbana Sang Banowatya ||

11. langkung lăngka ngayawara | baya tat[10] bisa pinanggih | gajah seta srati kênya | karya pangaraking benjing | lamun tan antuk yêkti | ingsun datan sida dhaup | lawan rêtnèng

--- 3 ---

Rêtna Kasimpar, Jayasuwignya, 1930, #171: Citra 3 dari 83

Mandraka | waruju Dyah Banowati | matur aris pandhita ing Sokalima ||

12. pukulun sampun kageyan | karoban tyas walangati | nahên paduka wus duta | nimbali marang Pamadi | kalamun anyagahi | pundhutan paduka tuhu | pasthèkna yèn antuka | watak Pandhawa ing nguni | lamun sagah binantu para jawata ||

13. nulya kasaru praptanya | Kartamarma kang tinuding | marang Ngamarta nagara | nimbali Radèn Pamadi | samana laju kerit | sigra dènnya nguswa suku | Sang Prabu Suyudana | kalangkung sukaning galih | gya rinangkul lungayaning Sang Arjuna ||

14. sinambrama ing pambagya | ingêla-êla mêmanis | adhuh yayi ariningwang | tuhu kêkasih dewadi | wong bagus amrak ati | trêsna mring kadang satuhu | prawira widigdaya | baya basuki ing margi | praptanira anèng Ngastina nagara ||

15. Arjuna matur wotsêkar | pukulun sabda kakaji | tuhu rahayu ing marga | prabawa saking sang aji | ingkang ulun pêpundhi | dadya kayuwanan ulun | arinta pun Arjuna | agita dupi atampi | lir tinundhung dhawuh rinta Yudhistira ||

16. ing mangkya sampun sumewa | anèng ngarsa padukaji | cumadhong ingkang kinarsa | dhatêng arinta sayêkti | ulun namung sadarmi | lumakya nêkani tuduh | paduka sri narendra | labuh lara praptèng lalis | gya rumangkul mring ari Sri Suyudana ||

17. adhuh-adhuh ariningwang | kang satuhu

--- 4 ---

Rêtna Kasimpar, Jayasuwignya, 1930, #171: Citra 4 dari 83

wong asigit | ingsun ora bisa nămpa | sihira marang wak mami | datan pisan ri mami | sun pundhut lara lan lampus | pudyaningwang ring dewa | basukinira lumaris | minangkani apa sapamintaningwang ||

18. wruhanira ariningwang | ingsun anahên wiyadi | arsa krama mring Mandraka | antuk Sang Dyah Banowati | nanging mawa pêpanggil | têmbe lamun ngarak ingsun | nitiha gajah seta | kalawan kang srati putri | bêbanane sang rêtna tan kêna cidra ||

19. pamawase bapa Durna | mung sira ingkang mungkasi | dhuh-dhuh yayi ariningwang | minta pasumbang wak mami | benjang kalamun bangkit | bisa krama raganingsun | minta apa ta sira | măngka wêwalêsing kardi | dhuh Arjuna muga tulungana ingwang ||

20. mangkana wau Sang Parta | nalikanira miyarsi | ngandikaning raka nata | anglamar mring Banowati | kumênyut jroning galih | ketang duk sami pulangyun | anggung langên asmara | anutug ing sabên ratri | sru karasa sihira marang sang rêtna ||

21. sakala kadya nyêgaha | karsaning raka sang aji | nanging èngêt sanalika | kudanganing Manduraji | Basudewa Sang Aji | duk prapta kamuksanipun | dadya matur Sang Parta | sandika arsa lumaris | pamit sigra cinêgah kinèn rèrèha ||

22. andikaning Duryudana | adhuh Parta ari mami | karsaningsun tan kasêsa | rèrèha watara ari | onêng ingsun sayêkti | durung marêm apêpangguh | paran kudu mangkata |

--- 5 ---

Rêtna Kasimpar, Jayasuwignya, 1930, #171: Citra 5 dari 83

dahat kogêl ingsun yayi | marang sira durung ngaso sigra budhal ||

23. wotsari aris aturnya | Sang Parta marang sang aji | gampil dhuh kakang pinanggya | wuri kalamun wus panggih | pundhutanira sang dèwi |[11] paduka sampun adhaup | kalawan sang lir rêtna | Mandraka Dyah Banowati | tan sandea ulun tumamèng wiwaha ||

24. sang nata suka miyarsa | aturing ari sang pêkik | dadya laju jinurungan | ing pudyabasa astuti | wus nguswa pada aji | miwah marang Sang Awiku | Dhanyang Druna sru mojar | adhuh kulup anak mami | pudyaningwang rumêksa ing lakunira ||

25. muga antuka ing karya | saking sihirèng dewadi | rakanira sri narendra | bisa dhaup lan sang putri | gya mundur sang apêkik | saking ngabyantara prabu | wus laju lampahira | tinut parêpatnya katri | gya kinocap kang kari ing sitibêntar ||

26. Sang Prabu Jayapitana | nulya dhawuh marang patih | hèh-hèh paman ing Gandara | aywa ngandêlna sawiji | sira paman diaglis | sumusula maro laku | lawan sutanta samya | kadang Kurawa pinilih | ngupayaa bêbanane risang rêtna ||

27. gajah seta srati kênya | aywa kongsi datan olih | anêmbah matur sandika | Arya Sangkuni gya mijil | jêngkarira sang aji | sigra tumamèng kadhatun | wus panggih lan bunira | nênggih Sang Dèwi Gêndari | miwah ari Sang Rêtna Trusilawatya ||

28. sami lênggah madyèng pura | sigra wêwarta sang aji | marang ibu sang lir rêtna |

--- 6 ---

Rêtna Kasimpar, Jayasuwignya, 1930, #171: Citra 6 dari 83

kalamun nata wus nuding | ing ari Dyan Pamadi | miwah Sangkuni ing laku | ngupaya pundhutannya | wau Risang Banuwati | gajah seta ingkang surati wanita ||

29. lêga tyasira sang rêtna | dupi miyarsa aturing | putra Prabu Suyudana | sinigêg sajroning puri | gantya ingkang winilis | Patih Sangkuni wus pangguh | kalawan para putra | anèng paglaran prasami | nungsung warta dhawuhira sri narendra ||

30. Dursasana suraweyan | lir prakêmpa swara atri | kumruwuk para Kurawa | ngarubung marang kya patih | samya tanya pawarti | baya ana karyanipun | dhawuhirèng narendra | wuwusira kyana patih | mêgap-mêgap kasompok wuwus pra putra ||

31. adhuh para putraningwang | dirèrèh ingkang aririh | tan ana labêt ing baya | kadangira narapati | dene tandange sami | grusa-grusu kaya asu | mambu dhèndhèng bakaran | kumrubut arsa angutil | rungokêna sun warah ingkang pratela ||

32. rakanira sri narendra | ratu binatharèng bumi | kaping pira arsa krama | datan kalakon sayêkti | tur sugih êmas picis | kadang santana angrubung | inguja sakarsanya | tan ana labuh sang aji | êndi baya labuhira mring narendra ||

33. kaping tri praptaning mangkya | ngalamar marang Sang Putri | Banowati ing Mandraka | kari waruju ing mangkin | linacak wiwit nguni | kang pangarsa Sang Rêtnayu | Kusuma Erawatya | tumêka Dyah Surtikanthi | tan kalakyan [kalakya...]

--- 7 ---

Rêtna Kasimpar, Jayasuwignya, 1930, #171: Citra 7 dari 83

[...n] samya rinêbut ing liyan ||

34. ing mêngko Dyah Banowatya | darbe bêbana sang putri | luwih elok pundhutannya | gajah seta srati putri | mau rakanta uwis | minta sraya karyanipun | arinta Si Pamadya | kinèn ngupaya sayêkti | pundhutane mau Sang Dyah Banowatya ||

35. nanging ingsun pan dinuta | anganthi sira nak mami | ngrangkêpi lakune padha | ngupaya kang tibasampir | aywa kongsi tan olih | salah siji kang lumaku | mara nuli dandana | sapratêlon anak mami | Dursasana sagolongira prasamya ||

36. gadgadèng tyas para putra | anêmbang têngara muni | wadyanira sowang-sowang | ingkang piniji lumaris | sakala wus bathithit | turangganira mangayun | pating balêkèr swaranya |[12] budhal panganjuring jurit | tinindhihan sagung para rajaputra ||

37. Patih Sangkuni nèng wuntat | nitih kudanira langking | pinayungan kêrtas pita | ginarêbêg para mantri | Plasajênar akêrig | garubyug ing lampahipun | wus laju lampahira | mijil sajawining nagri | pan sinigêg gantya kang nandhang asmara ||

2. Asmaradana

1. kocap Sang Raksasa Aji | Timbultaunan nagara | kalangkung gêng myang luhure | sura sakti măndraguna | parabira yaksendra | Kurandhagni Sang Aprabu | anandhang lara asmara ||

2. kataman wiyăga kingkin | saking supênèng narendra | kadya panggih sayêktine | kalawan putrining nata [na...]

--- 8 ---

Rêtna Kasimpar, Jayasuwignya, 1930, #171: Citra 8 dari 83

[...ta] | Tasikmadu kang praja | Rêtna Juwita ranipun | parabira sang kusuma ||

3. samana nata gya mijil | nimbali pêpatihira | lawan sagung punggawane | anèng jroning dhatulaya | kya patih pamanira | wasta Yagsawagawasru | sinung wikan ing narendra ||

4. supênanira sang aji | wiwitan praptèng wêkasan | têmah langkung pangungune | samana sigra yaksendra | dhawuh karya kintaka | marang Kasendra Sang Prabu | amrih panglamar putrinya ||

5. Rêtna Juwita Sang Dèwi | kalamun kêna arisan | paran dadya pundhutane | kalamun kêkah sang nata | arsa pinrêp ing yuda | kyana patih sru jumurung | wus dadya ponang kintaka ||

6. anulya mundhut sang aji | punggawa ditya pilihan | têtiga kang arsa mangke | tinuduh ngampil nawala | saksana wus sumewa | raksasa katri gul-agul | pilih bobot yudanira ||

7. awasta Sang Kalasrênggi | Kalakathuwa kalawan | awasta Kalakarègèl | wasis ulah ngindrajala | laku manamur bala | samya winêling kang laku | sandika pamit sakala ||

8. mundur ditya manggala tri | undhang panêkare samya | kumrap siyaga lampahe | tan antara nulya budhal | lampahe wadya yaksa | samarga-marga ru-biru | marang padesan gegeran ||

9. dupi ngambah jajahaning | jawining Timbultaunan | nasak wana jurang pèrèng | kongsi prapta wangkit praja | Tasikmadu nagara | wadyanira kinèn tunggu | nèng wana jawining [jawi...]

--- 9 ---

Rêtna Kasimpar, Jayasuwignya, 1930, #171: Citra 9 dari 83

[...ning] praja ||

10. mung priyăngga Kalasrênggi | manjing nagara sakala | mangkana wau sang katong | Kasendra Sri Naranata | lênggah siniwèng wadya | ingkang kaparêk ing ngayun | sutendra Radyan Kasena ||

11. nêdhêng samya imbal angling | kasaru praptaning duta | sigra sumewa ngarsane | Kalasrênggi tanpa taha | mêndhak-mêndhak lampahnya | ingawe kinèn alaju | prapta parêk ing ngarsendra ||

12. wus lênggah matur wotsari | nêtêpi sarèhing duta | dhuh pukulun jêng pamase | kawula dinutèng lampah | putra paduka nata | Kurandhagni Sang Aprabu | Timbultaunan nagara ||

13. sapisan tur pudyastuti | katura paduka nata | nahên ingkang pênggalihe | ngaturakên kang nawala | patra katur paduka | kintaka anulya katur | tinampèn sang rajaputra ||

14. Dyan Kasena kang nampèni | binuka nulya winaca | nênggih wau surasane | kintaka kanthi pamudya | pangastuti kawula | Kurandhagni Sang Aprabu | Timbultaunan narendra ||

15. prakosa asura sêkti | digdaya prawirèng laga | angrèh raksasa balane | katura rama narendra | Risang Prabu Kasendra | kang maharjèng Tasikmadu | mugi sinambadanana ||

16. saking karsaning dewadi | putranta Rêtna Juwita | arsa ulun êmong dhewe | dadia timbanganingwang | anèng nagri manira | Timbultaunan praja gung | ngrênggani sèsining pura ||

17. paran ta bêbana aji | ulun linilan angarak | marêk paduka pamase | kalamun datan kapadhan |

--- 10 ---

Rêtna Kasimpar, Jayasuwignya, 1930, #171: Citra 10 dari 83

wau atur kawula | lah dèn santosa ing kewuh | tan wande pinrêp ing yuda ||

18. mangrurah prajanta yêkti | aywa kagyat praptaningwang | arsa sun tumpês yêktine | samana sri naranata | nalika amiyarsa | wêcaning srat kang kadyèku | kabangan sajroning driya ||

19. nulya pasrah mring putraji | Radyan Kasena awêca | marang yaksendra dutane | hèh duta matura sira | marang ratumu benjang | kadang ingsun sang rêtnayu | tan arsa tinuku brana ||

20. rajapèni êmas picis | nanging tinukua ing prang | kang dadya banjir maruse | gatgadèng tyas ditya duta | matur sagah sakala | ngaturi kêncèngan pupuh | gya kinèn mêdal ing jaba ||

21. rajaputra anututi | lan patih sawadyabala | Tasikmadu sadayane | nata kondur manjing pura | ya ta wau kocapa | Jayalukita agupuh | amêpak wadya siyaga ||

22. ing yuda budhal tumuli | prapta sajawining praja | Kalasrênggi lan wadyane | sinung warta lampahira | nulya samya samapta | amapag ing yudanipun | kang mijil saking jro praja ||

23. dèrèng dangu dènirangling | katungka wadya jro praja | dadya pêthuk ing prang rame | barubuh rusuh tandangnya | yudane yaksa samya | anubruk nimpar anaut | rusak wadyabala janma ||

24. pêpulih punggawa mantri | manggalane jro nagara | tinadhahan ditya kabèh | dangu-dangu samya linggar | katèmpêr yudanira | umangsah [u...]

--- 11 ---

Rêtna Kasimpar, Jayasuwignya, 1930, #171: Citra 11 dari 83

[...mangsah] Sang Mantri Ngayun | Jayalukita ing yuda ||

25. miwah risang rajasiwi | Radèn Kasena yudanya | angantêp mangsah kalihe | Kalasrênggi kang tumadhah | gambira solahira | kalangkung suka ing pupuh | magila-gila tandangnya ||

26. dangu yudanira kalih | karepotan ing tangkêpnya | dadya mundur sawadyane | binujung wadya raksasa | praptèng têngahing wana | kèndêl wau kang ambujung | ditya sami masanggrahan ||

27. kondurira rajasiwi | umatur ing rama nata | kalamun kasor yudane | mangkana Prabu Kasendra | kang putra gya dinuta | kinèn mèt sarayanipun | kang bangkit ngêntasi karya ||

28. nyirnakkên ditya kang maksih | tugur anèng jawi praja | dyan putra sandika ture | kinanthèn rèkyana patya | sigra lèngsèr lampahnya | kalihira namur laku | andhandhang wêkasing karya ||

3. Dhandhanggula

1. gantya ingkang pinurwa ing kawi | lampahira Sang Pandhutanaya | kalawan katri prêpate | budhalira sang bagus | nguni saking Ngastina nagri | wus lingsir diwangkara | prapta têpisipun | ing praja suruping surya | lêrêm anèng desa pinggiring nagari | andungkap tarataban ||

2. kawuwusa ing ratri sang pêkik | sru kagagas onênging wardaya | marang putri Mandrakane | Banowati Sang Ayu | kasatmata anèng pangèksi | gumawang jroning nala | katon citranipun | mêlok lir wulan purnama | katawênging ing ima-ima kang nipis | têtasik lêlamatan ||

--- 12 ---

Rêtna Kasimpar, Jayasuwignya, 1930, #171: Citra 12 dari 83

3. sru kagiyuh wiyoganing galih | Sang Arjuna kadi tan kawawa | anahên rasa kingkine | mung ketang sang rêtnayu | moblong-moblong kadya nakêti | arsa mungu kang nendra | kagyat sang abagus | guragap wungu asonya | langkung ngungun dadya bingung angrêrêpi | karya panglipur driya ||

4. putêking tyas daruna gêng kingkin | kagunturan ing krama sarkara | kelut kalimput angêne | nir kabudayanipun | lir kataman ing astra bahni | brastha tanpa upaya | puwaragung wuyung | wahya wiyadining driya | driyasmara maripih marêk ngênèni | nangsaya mawèh brăngta ||

5. ingimur-imur saya mrêpêki | pan linali saya angalela | lênge ing tyas angalèlèh | paran wasanèng gandrung | de kadêrêng darung kapati | kapatuh ing pantaka | pan têka kadarung | kadrawasaning gung rimang | rêming netra satata amikatoni | kuninge dyah kotama ||

6. taman-tuman tumontoning rêsmi | rêsêping tyas ing rêspatènira | nêkakkên langên asrine | sor kang angsana tunjung | tunjung merang marang maskwari | arka salu mawana | kucêm warnanipun | sari-sari sabawana | kasangsaya lan sira rêbut mêmanis | manungsung angsung gănda ||

7. gănda arut tinumrapkên maring | wandanira sumrambah warata | sumrik-sumrik sarandune | kongas mangêkês ing kung | madu-madu mathi sabumi | bubar padha tumêka | tumpêk-tumpuk sungsun |

--- 13 ---

Rêtna Kasimpar, Jayasuwignya, 1930, #171: Citra 13 dari 83

sêsêg anèng sariranta | kumarane kumêrap amrabawani | sangsaya wèh wiyoga ||

8. miwah lidhah lawan kilat thathit | apêpanthan pan samya anuksma | anèng liring ta rêmêne | marma lamun tumanduk | lir angganing sari sakalir | lumarap ngalap jiwa | lir juwitaningrum | sumawana surya căndra | myang kartika prabane amaratani | marang wadananira ||

9. sotya-sotya mustika di-adi | jagad raya wus ngumpul sadaya | dumunung tyasira anggèr | kuntap ngumala mrêdu | kasusilanirèng pawèstri | lan trêptining akrama | teja lan kêkuwung | kawangwang nèng imbanira | mêmanoni nênangi onênging ati | ananing sariranta ||

10. pradapaning ingkang taru rêsmi | raras rume lumarap mring sira | wus surêm ngalih warnane | sumirat wor ing tutuk | tuntung rêta ngrêrontog ati | sêsotya myang mutyara | cahyane sumuyut | cumandhi nèng wajanira | narawungi lir pendah tètèsing warih | kengis ngasmarèng cipta ||

11. alêlungan lêlangining langit | anganglangi lumênging ing kisma | tumungkul ngukêl sinome | sinatmata wèh trênyuh | trênyuhing tyas rudita gati | swara sangarcapada | kang mradăngga arum | lumêkêt rakêt ing sira | srining swara lir rininging pra apsari | kumênyut nganyut jiwa ||

12. têmah tumplak pêpak mrabawani | tri bawana kumarane mara | marak marang sira kabèh | kambah-kambuh kabrubuh | mring kusuma padha [pa...]

--- 14 ---

Rêtna Kasimpar, Jayasuwignya, 1930, #171: Citra 14 dari 83

[...dha] andasih | asih angèstu pada | ajrih bok sinêrtu | sinarda kalamun sira | musthikèng rat nadyan Supraba lan Ratih | pantês anyèthi sira ||

13. pakis mudha sêkar awoh tasik | kalunglungan tan ana sinêdya | jalidri ămba godhonge | mung ketang sang mawèh kung | katu alit wungu kang warni | kang balut tur jatmika | bajune dyah tanggung | kuning bentrok maya-maya | sêkar pisang basa kawining nagari | patut musthikèng praja ||

14. sutèng Endra watêsing kang tulis | sun watara janma marcapada | putêr kang tutul murdane | tan ana kang kadyèku | tapas arèn kang senthe wukir | duk kuna jare ana | sanjata pamupuh | putri adi ing Manggada | watang criga têpi wastra kang cinawi | kiraku durung padha ||

15. mênyan seta pangabaran pêksi | salawase sun anjajah praja | pagêr pura pulas jêne | bêbitinge yèn dinus | kakawining kang sêsotyadi | durung tau umulat | ăndakara murub | tangèh mirib warnanira | tambangprana pêlêm alit gănda wangi | urup sun doli karya ||

16. bale nata murwèng darbe siwi | kayaparan têmbe dadinira | gancar wayang upamane | lakone raganingsun | pacêt agung kang suling pêksi | tan bêtah raganingwang | putus ing pangawruh | kang kadi wulan purnama | kêndhal jêram pungkas ingkang bangun enjing | kadêrêng saput [sa...]

--- 15 ---

Rêtna Kasimpar, Jayasuwignya, 1930, #171: Citra 15 dari 83

[...put] driya ||

17. kongsi enjang datan antuk guling | sayêmpraba prababang nèng wetan | sata wana ting balêkèr | ramya kang samya ngangsu | ngindhit buyung saking ing bèji | Sang Parta lan parêpat | gya siyagèng laku | budhalira saking desa | manjing wana rêpêt-rêpêt bangun enjing | kêkêsing bun tumama ||

18. ambrêngêngêng brêmara mangungsir | sari-sari kang lagya umêkar | lumrèng kisma tinutake | angambar gandanyarum | kêthap-kêthap kang puspa putih | pradapaning kusuma | sumrik gandanipun | karya trênyuhing wardaya | rajaputra ketang rarêngganing puri | sari-sarining tilam ||

19. lir layoning kusuma sang dèwi | gêlung lukar linurah asmara | lêng-lêng ing tyas wau radèn | katêtangi ing wuyung | èngêt kala amangun gati | andon sih-sinihan |[13] kalawan Sang Ayu | Banowati ing Mandraka | nahên waspa Sang Parta osik ing galih | dhuh kakang kayaparan ||

20. paran baya wêkasing dumadi | raya-raya ari angumbara | mung nglabuhi pundhutane | wong ayu karya wuyung | pagenea mawa pêpanggil | datan jarwa maringwang | nguni-uninipun | bok ya minta kang bêbana | patah priya pangarih ingkang awasis | kulina ing asmara ||

21. paran têmbe ganjarane maring | arinira kang narutus wana | anèng jro tilam langêne | apa baya kinungkung | raganingwang anèng jro guling | mangrêpih yudasmara | mamungkasi kayun | sirarsa apalakrama | nora gampang

--- 16 ---

Rêtna Kasimpar, Jayasuwignya, 1930, #171: Citra 16 dari 83

sun aniwa masku ari | tumamèng jroning tilam ||

22. pan wus lêpas lampahnya sang pêkik | analasak jroning wanawasa | datan karuwan tujune | samarga anggung gandrung | Sêmar Garèng Petruk tan kari | samarga ura-ura | ngayêm-ayêm kalbu | kongsi tumêling kang surya | saya arda sunaring arka nanduki | wèh sumuking sarira ||

23. dadya kèndêl Sang Parta nèng soring | kandhayakan aliyêp lir nendra | kasêrêg saking aripe | ngalèyèh sèndhèn kayu | parpat katri pan samya linggih | rumêksa isthanira | nanging sami ngantuk | ayêm kasiliran samya | samirana mawa gănda wangi-wangi | nduki grananira |[14]|

24. pan sinigêg samana kang guling | jroning wana ana salah rupa | warna sato sajodhone | sardula ingkang jalu | lan tagsaka[15] gung kang èstri |[16] langkung dènnya kalapan | tagsaka amuwus | dhuh lakiningsun wong lanang | ingsun dahat lupa saking sru anglih |[17] paran ingkang kamăngsa ||

25. wus alama dèrèng antuk bukti | pagenea sira dadi priya | datan graita galihe | ngayomi rabinipun | dêstun têmên adadi laki | kongsi lupa wak ingwang | sira tan andulu | apa baya sira tega | kongsi ingsun nandhang lapa angêmasi | dêstun têmên ta sira ||

26. tangisira tagsaka ngranuhi | nguman-uman marang lakinira | sardulagung suwargane | runtag karantèng kalbu | saking wêlas mulat kang èstri | dadya pamit ngupaya | mèt mangsan

--- 17 ---

Rêtna Kasimpar, Jayasuwignya, 1930, #171: Citra 17 dari 83

pakantun | anurut nungsung lampahnya | samirana kang mawa gandaning janmi | sumêbut nilar somah ||

27. sang tagsaka tan tega tut wuri | anggalêsêr nurut tapakira | cakaring priya labête | mangkana sardulagung | praptèng prênah kang samya guling | janma catur sor wrêksa | kalangkung angungun | dadya sadhêpêk nèng wuntat | anakêti Ki Lurah Petruk marêngi | mulèt anggrayang wuntat ||

4. Pangkur

1. duk anggêpok badanira | sima kèndêl Ki Petruk kang anjondhil | anglirik wuri gya jumbul | malumpat gêgulungan | gêrêng-gêrêng sardula maksih anunggu | Garèng kagyat myarsa swara | malerok nuli ningali ||

2. ana lorèng-lorèng têngga | amrangangah cangkême gêgilani | anyêndhal Sêmar marucut | tan kangkat gya tinilar | kadhungsangan palayune numbuk-numbuk | gumêtêr angundang-undang | dhuh rama bêjamu prapti ||

3. ana tumpêng mara-mara | abang irêng putih kuning ngajrihi | baya iku karêmamu | wong tuwa karêm nendra | pasthi sira bokongmu ingkang sagumuk | Sêmar mirêng lamat-lamat | kagyat tyasira gya tangi ||

4. nolèh wuri wus waspada | lamun ana kang tunggu salah warni | Sêmar tan bisa lumayu | kesodan suraweyan | tanganira ngawe-awe jaluk tulung | Garèng Petruk binêlukan | nanging tan ana nulungi ||

5. parêpat katri wus mentar | nora eling dènnya rumêksa gusti |

--- 18 ---

Rêtna Kasimpar, Jayasuwignya, 1930, #171: Citra 18 dari 83

mangkana Sang Pandhusunu | rayam-rayam miyarsa | ing swarane panakawan kang lumayu | nging netya sangêt sêpêtnya | saking kapasuk ing arip ||

6. katgada sardula krodha | sigra nubruk Sang Parta angindhani | malumpat amangu-mangu | maksih kêjêp kang netra | mapan dèrèng waspada dènnya andulu | marang kang arsa sikara | sigra anggrayang jêmparing ||

7. gung tinubruk tansah indha | dangu-dangu waspada aningali | niyangkên jêmparingipun | lumêpas kawatgata | jajanira sardula têrusing wadhuk | wus sirna kuwandanira | kasaru taksaka prapti ||

8. kakarsana naut sigra | mring rahadèn asru dènnya ngindhani | jinêmparing sirahipun | pêjah kuwănda sirna | tan adangu babar katon jawatagung | widadiri-widadara[18] | Kumajaya lawan Ratih ||

9. jumênêng sarwi ngandika | ngawe marang Sang Pandhusiwi |[19] Arjuna mulat agupuh | umarêk ngaras pada | gung ngrêrêpa nyuwun aksaning tanduk |[20] awit datan wikan nyata | dene jawata kang kalih ||

10. mèsêm Sang Hyang Kumajaya | anambrama marang Sang Pandhusiwi | katujune sira iku | kang ngluwari ragèngwang | lan rakanta yayi Ratih kalihipun | marmane asalah warna | ingupatan Hyang Pramèsthi ||

11. datan dosa yêkti sira | malah-malah katarima ta ugi | angluwari cintrakèngsun | tuhu antuk panrima | nugra Hyang Wisesa mring sirèku |[21] lah ing mêngko alajua | marang

--- 19 ---

Rêtna Kasimpar, Jayasuwignya, 1930, #171: Citra 19 dari 83

Tasikmadu nagri ||

12. tulunga sungkawanira | Maharaja Kasendra gung wiyadi | darbe putri loro iku | kang tuwa namanira | Sang Dyah Rêtna Kasimpar kalangkung ayu | Rêtna Juwita taruna | ingkang darbe gajah putih ||

13. kang liman dahat lulutnya | anggraita tyasira kadi janmi | trêsna marang sang rêtnayu | Sang Dyah Rêtna Kasimpar | anèng taman unggyanira sang rêtnayu | kalangkung kalara-lara | ibu kuwalon kang kardi ||

14. sampating andikanira | sigra musna wau dewa lan dèwi | mangkana Dyan Pandhusunu | wus laju lampahira | tan adangu gya kêpêthuk lampahipun | ingkang mamèt srayanira | Tasikmadu Rajasiwi ||

15. sampunnya tanya-tinanya | sami jarwa lampahira sang kalih | Arya Kasena mitêmbung | dènnya aminta sraya | Dyan Arjuna nyagahi pamintanipun | wau kalangkung sukanya | nulya dhawuh marang Patih ||

16. Jayalukita samana | kinèn lampah ngruhuni atur uning | marang rama sang aprabu | dènira minta sraya | antuk karya satriya sudirèng kewuh | pêparab Radyan Arjuna | panêngah Pandhawa yêkti ||

17. kinèn amundhut pêthukan | titihannya kalawan kang prajurit | Jayalukita sumêmprung | tan antara wus prapta | manjing pura Tasikmadu nulya matur | marang Sang Prabu Kasendra | akarya sukaning galih ||

18. sigra siyaga pêthukan | sarêng budhalira saking nagari | datan kawarna ing dangu |

--- 20 ---

Rêtna Kasimpar, Jayasuwignya, 1930, #171: Citra 20 dari 83

nata siniwèng wadya | nèng paglaran lir amêthuk praptanipun | kang putra miwah kang sraya | kang arsa ingabên jurit ||

19. ambengkas wadya ragsasa | ingkang tugur anèng jawining nagri | tan antara nulya rawuh | risang pinèt saraya | Sang Arjuna kerit laju marêk sampun | sinambrama ing pambagya | dening wau sri bupati ||

20. kalangkung kalinggamurda | panambramanira narapati |[22] tinanya asaling pungkur | Parta ngakên satriya | saking nagri Ngastina kadange prabu | pêparab Radèn Janaka | sigra tinantun ing jurit ||

21. munah satru ditya murka | saking Timbultaunan ingkang nagri | arsa nglamar ing sang ayu | nanging nata tan rêna | darbe mantu ditya nadyan madêg ratu | wus sagah Radyan Arjuna | sang nata suka ing galih ||

22. osiking galih sang nata | yèn apranga kariyin têmah lalis | eman bagus warnanipun | luhung nuli dhaupa | lan putrèngsun nini dèwi mrih pakantuk | yèn bisaa apêputra | tinggal wiji lamun mati ||

23. Sang Parta nulya binêkta | manjing pura panggih lan Pramèswari | Clêkothana Sang Rêtnayu | putra Rêtna Juwita | sigra mêthuk ing raka sang mahaprabu | sêsampunnya tata lênggah | sang nata ngandika aris ||

24. dènira ngupaya sraya | pan wus olèh yayi satriya pêkik | saking Ngastina praja gung | kadange sri narendra | parab Radyan Janaka ingkang pinunjul | manawa [ma...]

--- 21 ---

Rêtna Kasimpar, Jayasuwignya, 1930, #171: Citra 21 dari 83

[...nawa] nuju tyasira | tan ingsun adu kariyin ||

25. lawan mungsuh ditya ingkang | tugur anèng jabanira nagari | arsa sun dhaupkên iku | kalawan putranira | nini Rêtna Juwita lamun pakantuk | dadya pantês sinaraya | dènira ngadoni jurit ||

26. aturira pramèswara | tan sarujuk lamun dhaup kariyin | têmbe lamun wusing pupuh | gampil sampun kantênan | jayanira ing yuda dadya pakantuk | măngka ganjaran paduka | wit punika lamun lalis ||

27. tan kecalan mantu nyata | putra tuwan botên krama ping kalih | sang nata ngandika arum | bênêr ing wuwusira | karsaningsun kasusu nanging katrucut | wijiling ubayaningwang | datan bisa angingkêti ||

28. pramèswari mêksa kêkah | gya sang nata mundhut lilahing sori | arsa dhinaupkên iku | lawan putra kang tuwa | Sang Rêtnayu Kasimpar nèng taman pungkur | măngka panancang rahadyan | dènnya sinarayèng jurit ||

29. nadyan ing têmbe tiwasa | wus sun têmah antuk bèbèting wiji | mung aja linyok wuwusku | sori sumanggèng karsa | gya Sang Parta binakta mring taman pungkur | panggih Sang Rêtna Kasimpar | siniwèng para mban cèthi ||

30. duk mulat rawuhing rama | langkung gugup mêthuk sigra nungkêmi | ing pada sang rama prabu | dahat jrih ngrêrêpa |[23] lir karuna aturira sang rêtnayu | dhuh kadingarèn jêng rama | paduka rawuh ing ngriki ||

31. bayarsa mundhut jiwamba |

--- 22 ---

Rêtna Kasimpar, Jayasuwignya, 1930, #171: Citra 22 dari 83

pun Kasimpar tadhah duka sayêkti | sumăngga karsa sang prabu | ulun darmi tumitah | nut ing karsa tan liya paduka tuhu | kang kawasa karya arja | pêjah gêsange wak mami ||

32. aris ngandika sang nata | dhuh sutèngsun tuhu têlênging ati | aywa kajêron ing tyasmu | ingsun arsa akarya | arjanira lamun panuju ing kalbu | wruhanira wêktu mangkya | prajanta nêmu rudatin ||

33. kinêpung wadya raksasa | wadyanira tan ana kang nguwisi | dadi minta sraya ingsun | satriyadi sudibya | saking nagri Ngastina kang luwih bagus | iki anèng wuriningwang | arsa sun dhaupkên nuli ||

34. lawan sira sutaningwang | dimèn mantêp dènira anglabuhi | marang prajanira iku | amunah satru ditya | dèn abisa sira angladèni mungguh | mamrih karênan ing driya | aywa sira walangati ||

35. sang rêtna datan matura | mung sumarah karsanira ramaji | ing pasêmon amituhu | nulya pinaèsana | marang para garwa pangrêmbe sang ayu | pinanggihakên sang rêtna | anèng pura tamansari ||

36. sawusnya anguswa pada | sri narendra kondur marang ing puri | pangantèn tinilar sampun | para sêlir tuguran | anèng taman sadalu datan winuwus | ya ta wau sang pangantyan | kalangkung asih sang kalih ||

37. wuyungira Sang Arjuna | mring kang raka Sang Rêtna Banowati | antuk panglipur satuhu | warnanira sang rêtna | datan têbih lan putri Mandrakanipun |

--- 23 ---

Rêtna Kasimpar, Jayasuwignya, 1930, #171: Citra 23 dari 83

sarêntêg pangawak dara | maya-maya kadya gadhing ||

38. sinawang lir putran dênta | galak ulat tajêm liringnya manis | netranya balut mawèh kung | imba nanggal sapisan | rema mêmak măndrawila wela landhung | awilis jait kang netra | gapyak gandês lamun angling ||

39. mrak ati tanggap ing karsa | graitane lantip anuju galih | payudara kalih mandul | niris dênta kengisnya | lir purnama wadana nawang sitèngsu | sambada lawan Arjuna | kalênglêng kang samya uning ||

40. kalangkung kalih sihira | kasok sami dènira pulangrêsmi | sang rêtna asih sumungku | marang priya ngawula | langkung ajrih ngêla-êla jro tyasipun | mèngêti wêlinging rama | pinèt saraya ing benjing ||

41. yèn siyang langên ing taman | kalangênan gajahira kang putih | dahat sihira sang ayu | marang kang liman seta | anggraita kaot tan bangkit calathu | kadi kêna pinarentah | tan susah sarana êcis ||

42. sinabdan kewala wikan | Sang Arjuna dadya kalangkung asih | mring gajah seta puniku | uninga yèn gustinya | palakrama lawan satriya linuhung | dahat dènira ngawula | saparan anggung kêkinthil ||

43. kasok sihira sang rêtna | kang dipăngga bangkit anut andasih | saari-ari tan tuwuk | nênggih wau Sang Parta | gung sinungga-sungga pasugatanipun | yèn ratri anggung pasihan | lan garwa apulang gati ||

44. labête satriya tama | tan katungkul [katung...]

--- 24 ---

Rêtna Kasimpar, Jayasuwignya, 1930, #171: Citra 24 dari 83

[...kul] dèniranggung karêsmin | èngêt kasagahanipun | dinuta mring kang raka | mèt sarana bêbananira sang ayu | wus panggih ingkang sinêdya | mung dèrèng nguwisi kardi ||

45. duk antara pitung dina | pamit marang garwanira sang dèwi | lamun arsa mangun pupuh | munah sagung raksasa | nging kang garwa maksih bondhèti kalangkung | sinamayan yèn kang yaksa | arsa anglut manjing puri ||

46. adrêng ing nala Sang Parta | garwanira sigra ingarih-arih | ingêmban sarwi rinungrum | amatak sêsirêpan | tan adangu nulya sare sang rêtnayu | pinarnah nèng tilamira | siyaga Sang Parta nuli ||

47. kanggêg duk mulat wadana | cahyanira sang rêtna nawangsasi | nanging sinayut ing kalbu | anglès marêk ing nata | matur pamit lamun arsa magut pupuh | cinêgah wus datan kêna | dadya jumurung sang aji ||

48. nata mijil siniwaka | angundhangi wadyanira waradin | kinèn samapta ing kewuh | arsa kinèn ngiringa | yudanira Sang Parta amunah ripu | datan dangu wus samapta | gya budhal bala umijil ||

49. Sang Rajaputra Kasena | lawan Patih Jayalukita ngiring | praptaning jawi wus pagut | lawan sagung danawa | anèng kuwu kagyat sigra mêpak sampun | nasahi wadya jro pura | gora gro swara ngêbêki ||

50. rajaputra gya sêsumbar | lah ta mêngko ditya ingsun pêpanggil | kari sapisan katèngsun |

--- 25 ---

Rêtna Kasimpar, Jayasuwignya, 1930, #171: Citra 25 dari 83

punagi marang sira | lamun bisa ngalahna sarayaningsun | nuli boyongên sang rêtna | kadang ingsun sang sudèwi ||

51. Kalasrênggi suka myarsa | ngrasa lamun arsa bangkit mungkasi | samya ijèn pêrangipun | dangu têmpuhing yuda | Sang Arjuna binut ing ditya têtêlu | datan kewran solahira | dènnya munah ditya katri ||

52. wus pêjah ditya punggawa | kang têtiga dening katga Pamadi | samana wadyaning diyu | samya krura narajang | parêng ambyuk gêgiro tri swaranipun | Sang Parta angêmbat laras | astra dibya kang pinusthi ||

53. ambrubul jêmparingira | kadya sulung ngêbaki ingkang jurit | sagunging ditya kacundhuk | purna sirna sadaya | mung karucil ditya lumayu umantuk | arsa angaturi wikan | marang ratunira aglis ||

54. wus bubar kang samya yuda | undurira baris manjing nagari | rajaputra kinèn matur | marang rama narendra | Sang Arjuna karasa sajroning kalbu | kasêsa arsa uninga | mring garwa tinilar guling ||

55. lan prêpat anyimpang lampah | nuju marang kang anjog tamansari | sinigêg wau winuwus | sadangunya Sang Parta | akaronsih lan garwanira Sang Ayu | Rêtna Kasimpar kasusra | ujare kang para cèthi ||

56. kayungyun Rêtna Juwita | anggung mothah marang kang ibu sori | minta dhaupa lan tamu | srayanira sang nata | kang nèng

--- 26 ---

Rêtna Kasimpar, Jayasuwignya, 1930, #171: Citra 26 dari 83

taman Arjuna langkung binagus | ing mangkya wus mangsah yuda | kawarta unggul ing jurit ||

57. kawuwusa pramèswara | gadgadèng tyas sihira marang siwi | ningsêti busananipun | gya têdhak maring taman | arsa nukup putra kuwalon tinêmu | kapêncil anuju nendra | anèng jroning tilamsari ||

58. Clêkothanawati sigra | narik patrêmira nulya pinusthi | Rêtna Kasimpar sinuduk | sakala wus antaka | rah sumêmbur kècèr anèng tilamipun | gya linarak ingkang sawa | cinêmplungkên sumur mati ||

59. ingurugan uwuh sigra | tan katara wangkenira Sang Dèwi | Rêtna Kasampar[24] kang lampus | Clêkothanawati gya | mentar wangsul sêsuci manjing kadhatun | abusana sarwa endah | anggambuh tabêting juti ||

5. Gambuh

1. ya ta wau winuwus | liman seta kang mulat sadarum | solahira Sang Dyah Clêkothanawati | graita dupi andulu | gustinira têmah layon ||

2. gya mêdhot janêtipun | mlayu nginthar ngupaya sang bagus | mêdal saking wangkitira tamansari | kadya anjujul lêlaku | dènnya yuda sang wiranom ||

3. lampahira kapêthuk | lawan Radèn Arjuna sing pupuh | prêpat katri samya mire langkung ajrih | tinarka liman puniku | amêta sumêdya rusoh ||

4. mung Sang Parta kang gupuh | mapagakên liman praptanipun | dupi panggya mêndhak wau liman putih |

--- 27 ---

Rêtna Kasimpar, Jayasuwignya, 1930, #171: Citra 27 dari 83

tulale anggrayang suku | angêmèk gigire githok ||

5. graita sang abagus | nulya nitih kang liman gya wangsul | prêpat katri tan têbah dènnya kêkinthil | sapraptaning taman laju | anjujug urugan uwoh ||

6. gajah ngubêngi sumur | nulya mêndhak Sang Parta wus mudhun | tlalenira angacung sajroning prigi | katon tetesan rahipun | kumêpyur wau sang anom ||

7. sigra dhawuh mring Petruk | kinèn dhudhah kang uwuh nèng sumur | Nala Garèng anglawani saking nginggil | tan dangu rêsik kang uwuh | sang rêtna katon wus layon ||

8. nulya ngunggahkên sampun | dening Petruk angacung mandhuwur | tinampanan Sang Parta lan prêpat kalih | kang sawa sampun kajunjung | sajabaning sumur katon ||

9. tatunira anêrus | pulung manah labête sinuduk | langkung wêlas Sang Parta dupi ningali | kang garwa ingêmban gupuh | anggung kinuswa sang sinom ||

10. binêkta marêk laju | mring kang rama risang mahaprabu | ing jro pura marêngi nata manggihi | ing putra dènnya umatur | sirnaning ripu sang katong ||

11. dhuh pukulun sang prabu | pan dinuta putranta sang bagus | atur wikan sirnaning ditya tan kari | sadaya wus samya lampus | dening jêmparing sang anom ||

12. kalangkung saktinipun | ing ayuda tuhu sudibyanung | mung priyăngga tan kewran binut ing jurit | anging putranta sang bagus | kasêsa

--- 28 ---

Rêtna Kasimpar, Jayasuwignya, 1930, #171: Citra 28 dari 83

onêng sang sinom ||

13. awit duk nilar pupuh | putra tuwan tinilapkên nuju | guling anèng sajroning kang tilamsari | sumêlangira sang bagus | bok wungu wau sang sinom ||

14. linglung dènnya angluru | marma gita dènira akondur | langkung suka sang nata dupi miyarsi | aturing putra kadyèku | sirnaning ditya amorot ||

15. miwah ketang kang mantu | langkung sihnya marang sang rêtnayu | dadya aris ngandika sri narapati | layak bae putriningsun | lagi sinihan sakloron ||

16. dèrèng pantara dangu | pan kasaru praptanya sang bagus | sarwi ngêmban sang ayu praptèng ngarsaji | nata kagyat sigra dangu | kumêpyur galih sang katong ||

17. Sang Parta aris matur | wau anèng taman antuk ulun | saking aprang pinapag ing liman putih | mêndhak pinrih numpak ulun | nèng gigir nulya ginendhong ||

18. prapta ing prênahipun | sumur pêjah jroning tamansantun | liman seta angsung sasmita mring mami | angacungkên tlalenipun | marang jro sumur kang kothong ||

19. mung kêbak isi uwuh | myang tetesan ludira tumruntun | nulya ulun dhawuh marang prêpat sami | ambucali kanang uwuh | dupi rêsik ana katon ||

20. layoning wanudyayu | ingêntaskên samana kadulu | putra tuwan yayi dèwi ingkang lalis | tabête tatu sinuduk | jajanira [jajani...]

--- 29 ---

Rêtna Kasimpar, Jayasuwignya, 1930, #171: Citra 29 dari 83

[...ra] kongsi botol ||

21. samana sang aprabu | duk umulat layone sang ayu | têbah jaja langkung karantan ing galih | waspa marawayan mêtu | gya dhawuh nimbali gupoh ||

22. para êmban lan babu | miwah cèthi sadaya ngalumpuk | duk dinangu ngaturakên pati urip | tan ana wikan satuhu | purwaning sang rêtna layon ||

23. sang nata langkung ngungun | nulya dhawuh pasanggirinipun | hèh sagunging wanita sajroning puri | sapa bisa angsung atur | sanyatane marang ingong ||

24. gêdhe cilik tinamtu | ingsun ganjar busana linuhung | yèn pinanggya iku ingkang amatèni | Rêtna Kasimpar putrèngsun | sun sêmbulèh yêkti kang wong ||

25. sun sudhèt wadhukipun | ingsun ganyang atine satuhu | sakèh janma tidhêm tan abisa muni | ajrih mulat dukanipun | akêrot waja sang katong ||

26. mangkana sang abagus | Dyan Arjuna nyèlèhkên sang ayu | pan pinangku sinundhang saking ing wingking | ngragasuksma tan kadulu | maksih amangku sang sinom ||

27. wus mêsat nulya cundhuk | lawan yitmanira sang rêtnayu | gya binoyong pinanjingakên tumuli | ingusadan tatunipun | waluya jati sang sinom ||

28. nulya nungkêmi suku | marang raka taruna langkung sru | kagyat mulat sang nata têdhak marpêki | amêngkul lungayanipun | miwah angêjum sêsinom ||

29. kumêmbêng waspanipun | adhuh

--- 30 ---

Rêtna Kasimpar, Jayasuwignya, 1930, #171: Citra 30 dari 83

nini sajarwaa gupuh | sapa ingkang anyikara sira nguni | baya sira bisa wêruh | sang dyah umatur wotsinom ||

30. dhuh pukulun sang prabu | ila-ila yèn dora ing atur | manggih papacintraka tuhu wak mami | kalamun angamu-amu | ing atur paduka katong ||

31. duk ulun maksih turu | kagyat mulat jinambak jêng ibu | arsa anjrit nulya tinukup wak mami | gya sinundêp jaja ulun | kalangkung sakit kang raos ||

32. gya supe gêsang ulun | datan wikan sasolahing laju | kadiparan raka ulun praptèng ngriki | mung supêna raosipun | anèng taman kang kinaot ||

33. nêdhêng lêlangên dulu | nulya prapta putranta sang bagus | anambita mring amba binêkta manjing | anèng wisma alit singup | byar èngêt marêk sang katong ||

34. mangkana sang aprabu | duk miyarsa ature sang ayu | sumung-sumung dukanira marang sori | pranaja malatu-latu | mrangangah kadya ingobong ||

35. gêgêt waja sumêbut | nyangking tlêmpak liniga wus laju | têdhak marang unggyanira Pramèswari | Clêkothanawati nuju | lênggah pribadi ngalosot ||

36. endah busananipun | lêlamatan pupurnya kadulu | lir purnama katawang ing ima nipis | muncar kang cahya sumunu | rumamyang amêlok-mêlok ||

37. sinjang cindhe asêmu | kang sumêkan jingga têpi patut |

--- 31 ---

Rêtna Kasimpar, Jayasuwignya, 1930, #171: Citra 31 dari 83

sarwi mucang amatak aji pangasih | sarawuhnya sang aprabu | ngêmbat talêmpak sang katong ||

38. wadana sumung-sumung | sru ngandika hèh mêngko patimu | pramèswara kagyat nulya matur aris | pukulun paran abêndu | marang dasih sang akatong ||

39. punapa dosa ulun | mugi karsa dhawuhna pukulun | langkung bagya kawula amanggih pati | kaasta paduka prabu | têtêp bêktining wong wadon ||

40. labuh praptaning lampus | tan kaliya jalaraning lampus | sri narendra pangandikanira wêngis | êmbuh ora idhêp ingsun | salusurên dipun panggoh ||

41. solahira kapungkur | apa ora angrasa satuhu | wus matèni sira marang nini dèwi | Rêtna Kasimpar sinuduk | jajanira kongsi botol ||

42. nulya cinêmplung sumur | ingurugan sagunging kang uwuh | mara inggal apa sira bisa mukir | Clêkothanawati matur | sintên ingkang angsung wartos ||

43. mung lêgane tyas ulun | sangêt têmên gêthinge mring ulun | kadi lênga katiban uncêg wak mami | dene têtêp namanipun | pantês kang biyung kuwalon ||

44. măngka jroning tyas ulun | tan ambeda lan sutamba tuhu | gih punika Rêtna Juwita putraji | kaot tan ngêdên wak ulun | sang nata ngandika songol ||

45. buh takrungu [tak...]

--- 32 ---

Rêtna Kasimpar, Jayasuwignya, 1930, #171: Citra 32 dari 83

[...rungu] aturmu | nanging ingsun wus datan anggugu | Clêkothana biyas wadana asalin | aris malih aturipun | sumăngga karsa sang katong ||

46. mung lilanana ulun | angabêkti paduka ing suku | măngka wêkas-wêkasaning angladosi | kalilan anulya ujung | amatak aji kinaot ||

47. pangèdhêpan sauyun | panglêrêpan sadaya kaimpun | sêsampuning sang rêtna dènnya ngabêkti | Prabu Kasendra tyasipun | alilih ngandika alon ||

48. kapriye raganingsun | nora măngga andulu rupamu | ya pagene sira bisa anglakoni | dadya juti momor laku | cangkelak wangsul sa katong ||

49. marpêki unggyanipun | Dyan Arjuna lan sang rêtnaningrum | aris mojar marang putra Dyan Pamadi | ora mantala wak ingsun | ibunira măngsa borong ||

50. lila patine ingsun | gya sandika ature sang bagus | nulya dhawuh marang Sêmar miwah siwi | kinèn mêjahana gupuh | sandika aturnya alon ||

51. wong katri angkatipun | marang puri dènira angluru | bêkta dhadhung miwah pênthung alu kalih | marpêki mring unggyanipun | Clêkothana kagyat alon ||

52. tanya mring Sêmar gupuh | winangsulan arsa matrap kukum | kinèn mundhut pati urip marang sori | andikane sang aprabu | tan kêna nginêp linakon ||

--- 33 ---

Rêtna Kasimpar, Jayasuwignya, 1930, #171: Citra 33 dari 83

53. Clêkothana sru muwus | ora gêlêm ingsun lamun lampus | pinidana sok uwonga raga mami | kajabane sang aprabu | pribadi kang karya layon ||

54. Sêmar mojar asêndhu | tan praduli wong dosa sirèku | ora nana sori miwah pramèswari | ukuman pasthi tinêmu | patinira dening ingong ||

55. Clêkothana tinubruk | nulya mêsat lumajêng sang ayu | dupi têbih mijilkên kasaktèn nuli | warni setan sirah gundhul | mangangas mata malerok ||

56. Sêmar cinakot sampun | gya kantaka mucicil tan emut | pinijêtan Nala Garèng nulya eling | gênti Nala Garèng ambruk | malirik akêjot-kêjot ||

57. Sêmar gugup anyêmbur | setan mêdal Nala Garèng emut | samya mlajêng kalihira angunduri | mring unggyaning Lurah Petruk | winangsit wadining kewoh ||

58. mangkrak krodha Ki Petruk | wis lungaa aku kang tumangguh | nora liya tandhinge kêkasih mami | dak ayonane puniku | Sêmar Garèng nulya ngêdoh ||

59. Petruk nulya angêbuk | ing wêtênge pan sarwi anguwuh | hèh Si Kendho ana gawe sira iki | mêtua bêbantu pupuh | jlêg katon kang aran Kendho ||

60. kinèn amêthuk gupuh | Kendho mangsah ing yuda akiwul | aprang lawan setan lundhu topèng rêgis | dangu dènira

--- 34 ---

Rêtna Kasimpar, Jayasuwignya, 1930, #171: Citra 34 dari 83

apupuh | Klunthungwaluh têmah kasor ||

61. anggêbrak unduripun | ngungsi marang ibune atutur | lamun kawon yudanira nunggal asli | kawon sêpuh prênahipun | marmanira dados tablong ||

62. Clêkothana angungun | nulya yitna narik patrêmipun | setan Kendho ajrih lumayu anggêndring | tutur marang Lurah Petruk | yèn mungsuhe wus alolos ||

63. ing mêngko biyangipun | aku wêdi mênèk dipun jamu | sigra manjing Ki Kendho marang kanthong lit | Ki Petruk mangsah agupuh | mawa pênthung alu bengkong ||

64. Clêkothana angacung | ngagar-agar patrêmira dhuwung | gya pinênthung dening Lurah Petruk aglis | githoke tugêl gumlundhung | kapisanan nulya layon ||

65. wus katur sang aprabu | binarsihan kang layon linarung | sri bupati lênggah lawan Dyan Pamadi | Rêtna Kasimpar nèng ngayun | rahadyan pamit sang katong ||

66. cinandhêt datan purun | nulya jarwa parlunirèng laku | sri narendra jumurung karsaning siwi | nitih dipăngga puniku | ingiring wadyaning katong ||

67. praptaning jawinipun | Tasikmadu kang praja gya wangsul | Dyan Kasena sawadyanya nulya bali | Sang Parta wau wus laju | nitih dipăngga kaloron ||

68. lan katri prêpatipun |

--- 35 ---

Rêtna Kasimpar, Jayasuwignya, 1930, #171: Citra 35 dari 83

datan kari nèng gigir sadarum | gajah seta graita lampahnya ririh | nalasak wana anêrus | mrih cêlak kalawan alon ||

69. datan kawarnèng ênu | sari ratri laju lampahipun | Sang Arjuna lan garwanira sang dèwi | nèng palana gigiripun | gajah kanthi ngatos-atos ||

6. Kinanthi

1. kunêng wau kang lumaku | anitih dipăngga putih | mangkya ganti kang kinocap | nênggih Ngastina nagari | Sang Aprabu Duryudana | siniwèng wadya gung alit ||

2. Rêsi Durna munggèng ngayun | kasaru Patih Sangkuni | ngirit kadang pra Kurawa | Dursasana nuli manjing | marang ngabyantara nata | umarêk sarwi wotsari ||

3. sinambrama pambagyayu | dening wau sri bupati | dinangu wigatinira | dènnya lumampah tinuding | angupaya liman seta | ingkang mawa srati putri ||

4. Sangkuni gita umatur | pukulun amba tinuding | angirit rayi paduka | sata Kurawa prasami | angupaya liman seta | anjajah wana myang ardi ||

5. măncapraja kongsi têpung | tan ana ingkang mrangguli | ingkang darbe liman seta | sêpên sadaya nagari | patikbra atadhah duka | tunaning amba tinuding ||

6. sang aprabu langkung ngungun | dupi miyarsa aturing | kang paman nayaka waktra | èsmu sungkawa ing galih | adhuh bapa Sokalima | paran karsanta ing mangkin ||

7. Dhanyang Durna aturipun | dhuh anggèr

--- 36 ---

Rêtna Kasimpar, Jayasuwignya, 1930, #171: Citra 36 dari 83

ywa walanggalih | arinta nênggih Arjuna | tamtu ingkang antuk kardi | pisungsung katur paduka | măngka sasrahan sang aji ||

8. samana nulya kasaru | gègère kang samya nangkil | nèng alun-alun kang prapta | gajah seta amarpêki | prapta têpining paglaran | gya mêndhak sakêdhap kadi ||

9. manêmbah dhatêng sang prabu | Arjuna mandhap tumuli | lawan parêpatnya tiga | mung kari wau sang dèwi | ngadêg malih liman seta | tênagane angajrihi ||

10. saksana mulat sang prabu | gita mêthuk mring kang rayi | wus tundhuk rinangkul sigra | kang rayi nguswa padaji | tinarik sarwi ngandika | adhuh yayi kadang mami ||

11. ora darbe kadang ingsun | kajaba sira Pamadi | kang tuhu ngêntasi karya | bisa ngrabèkakên mami | apa baya walês ingwang | kang rayi anggung kinêmpit ||

12. kinanthi nèng sitiluhur | nulya satata alinggih | dinangu Radyan Arjuna | paran yayi gyanmu olih | nênggih ingkang gajah seta | apa mawa srati putri ||

13. Arjuna nêmbah umatur | saking parmaning dewadi | sihira mring sri narendra | karya gampil kang lumaris | ulun sinarayèng yuda | marang Tasikmadu nagri ||

14. pasanggirinira dhaup | lan putrinira sang aji | pêparab Rêtna Kasimpar | darbe kalangênan èsthi | seta kadi anggraita | wrin sasmitane

--- 37 ---

Rêtna Kasimpar, Jayasuwignya, 1930, #171: Citra 37 dari 83

sang putri ||

15. tan susah sarana angkus | amung pinojaran yêkti | mituhu kang liman seta | kadi bangkit tata janmi | dadya mangke sratinira | Rêtna Kasimpar pribadi ||

16. sang nata suka kalangkung | nulya dhawuh marang patih | hèh paman sira mlakua | sun duta marang nagari | ing Mandraka atur wikan | lamun pundhutan sang putri ||

17. gajah seta sampun antuk | srati putri kang sayêkti | sun nungka ing lampahira | angarak saking ing ngriki | saksana Parta turira | pukulun lamun marêngi ||

18. sayogi lampah rumuhun | lampah nyarêngi ing ngarsi | bokmanawi Sri Narendra | Mandraka maibên maring | atur paduka punika | ulun kang masrahna ugi ||

19. sukèng tyas sang mahaprabu | iya bênêr ari mami | nanging ngasoa riningwang | watara ri mangkat nuli | sira marang ing Mandraka | aywa kasusu ri mami ||

20. arinta sang rêtnaningrum | kinèn mudhuna tumuli | panggih lawan ibuningwang | lawan kadangira èstri | Sang Parta nulya amapag | kang rayi kinèn ngudhuni ||

21. Garèng Petruk kinèn tunggu | gajah seta wus udani | gya mêndhak mandhap sang rêtna | umarêk ngaras padaji | nulya jêngkar sri narendra | tumamèng ing kênyapuri ||

22. panggih lawan ibunipun | Dèwi Gêndari nèng puri | wêwarta sri naranata | akarya sukaning galih | kang ibu

--- 38 ---

Rêtna Kasimpar, Jayasuwignya, 1930, #171: Citra 38 dari 83

dupi miyarsa | aturing putra sang aji ||

23. sang rêtna nambramèng sunu | lah ta babo putra mami | Arjuna raharja sira | lawan arinta ni putri | nuhun sumêmbah kalihnya | kapundhi dhawuh sang putri ||

24. mangsah karo nguswa suku | ing uwa Wara Diwati | wus satata lênggahira | nulya sugatanya mijil | samya bujana sang nata | lawan wau ari kalih ||

25. sampuning bujana nutug | linorot kang para cèthi | Arjuna sinung prênahnya | anèng sajroning kang puri | lan garwa Rêtna Kasimpar | gajah seta anyêdhaki ||

26. gancanging carita sampun | amung antara tri ari | Arjuna anèng Ngastina | gung sinungga amênuhi | dupi siyaga Kya Patya | Sangkuni nulyatur uning ||

27. katurira sang aprabu | kalangkung sukaning galih | nguntapakên sri narendra | siniwa anèng sitinggil | mulat untape kang wadya | samana budhal tumuli ||

28. Arjuna lan garwanipun | Rêtna Kasimpar anitih | liman seta nèng palana | ingurung-urung wadyaji | dadya tontonan samarga | wong praja jêjêl apipit ||

29. atap nèng têpi margagung | gawok kang sami umèksi | lir mulat pangantèn ngarak | Arjuna lawan sang dèwi | wus mijil saking nagara | gamêlan tansah amuni ||

30. samarga-marga tinabuh | karya gègèring

--- 39 ---

Rêtna Kasimpar, Jayasuwignya, 1930, #171: Citra 39 dari 83

sujanmi | padesan ingkang kamargan | samya gupuh aningali | kacaryan mulat sadaya | pangarake sang apêkik ||

31. kinira wau sang prabu | priyăngga kang nitih èsthi | angarak arsa akrama | marang Mandraka nagari | akèh kacelik kang janma | duk mulat marang sang pêkik ||

32. wus lêpas ing lampahipun | sagung wadyane Sangkuni | kawuwusa sri narendra | ing wuri samapta nuli | pitung dina nulya budhal | anusul lampahing ari ||

33. Dhanyang Durna têngga pungkur | lawan Warabisma Rêsi | kang kari atêngga praja | wus laju lampah sang aji | lawan sagung wadyabala | samana gantya winilis ||

34. praja Mandraka Sang Prabu | wus miyarsa kang pawarti | lamun Prabu Suyudana | wus budhal saking nagari | angarak kang liman seta | pisungsungirèng Pamadi ||

35. matrênyuh tyasira prabu | dhuh jagad dewa linuwih | karya pêpasthèning titah | ora ta kulup Pamadi | dènira bêbantu karya | pikramane putri mami ||

36. kaping tri dènira labuh | ing karya pan andêrpati | dene tan dadi ing karsa | tan sarju ing putri mami | muga jawata ing wuntat | karyaa pamalês mugi ||

37. mring Pamadi putraningsun | sadarahira ing benjing | antuka mugti[25] wibawa | saking kadarmaning galih | adhuh Pandhu ariningwang | kadarmanira lêstari ||

--- 40 ---

Rêtna Kasimpar, Jayasuwignya, 1930, #171: Citra 40 dari 83

38. tumurun mring sutanipun | mangkono karsèng dewadi | lêstari sambung lan ingwang | pagene tan dadya siwi | abêbesan lawan ingwang | paran dosaningsun yayi ||

39. mangkana Salya Sang Prabu | dangu locitaning galih | nahên waspa sri narendra | pangungunira tan sipi | nulya miyos siniwaka | sagung wadya samya nangkil ||

40. sang nata anulya dhawuh | marang patihira aglis | kinèn matah kang punggawa | dinuta ngulêm-ulêmi | marang sagung para nata | Ngamarta Kumbina nagri ||

41. Lesanpura Campala wus | piniji ingkang lumaris | miwah putra ing Madura | Ngawangga Sang Narapati | budhal lancaran sadaya | sumêmprung anitih wajik ||

42. mangkana ingkang kapungkur | nata nulya dhawuh malih | kinèn angrêngga ing pura | miwah sanggrahan paraji | tamu ingkang ingulêman | kya patih sandika nuli ||

43. jêngkarira sang aprabu | manjing pura panggya sori | satata lênggah ing madya | pinarêk putra sawiji | Banowati Sang Surêtna | ngandika sri narapati ||

44. dhuh nimas ingsun karungu | saking pawarta ing jawi | putranta Natèng Ngastina | wus budhal saking nagari | pangarake mawa liman | ingkang seta srati putri ||

45. pundhutane putraningsun | ni rara pan sampun olih | pisungsung saking Arjuna | ingkang sinarayèng kardi | mêngko wus ana ing marga | baya [ba...]

--- 41 ---

Rêtna Kasimpar, Jayasuwignya, 1930, #171: Citra 41 dari 83

[...ya] tan dangu gya prapti ||

46. Banowati duk angrungu | têtela dhawuhing aji | tan sarănta nulya mêdal | kondur marang dalêm adi | tumamèng paprêmanira | drawaya waspa drês mijil ||

7. Mijil

1. karêrantan wau sang sudèwi | angrêsirèng batos | de tan cundhuk kang dadi karsane | pan kapaksa dhaup Kurupati | tinampik Pamadi | kalangkung anjêtung ||

2. anglocita sajroning panggalih | wiyogane katon | mring Pamadi osik ing driyane | lênging nala samana rinêpi | adhuh awak mami | sangsaya kalantur ||

3. luwih lara laraning kang ati | tinampik priya nom | nora layak Si Pamadi kuwe | sun ladèni trêsna lair batin | datan anglabêti | tan trêsna maringsun ||

4. baya ana cacade wak mami | de tambuh maringngong | adhuh dewa jawata yêktine | kadiparan lêlakon wak mami | gung sangsasaya kingkin |[26] tan nuju wong bagus ||

5. sun punagi nadyan luput mangkin | têmbe raganingong | dadya răndha ja luput dhèwèke | sun nyênyèthi sira ari mami | wirang sun labuhi | pratignya tyas ingsun ||

6. sabubare Bratayuda benjing | aywa luput ingong | dadya anom Pamadi garwane | suka lila ingsun anyênyèthi | ingsun amurwani | amungkasi tuhu ||

7. lawan ingsun arsa

--- 42 ---

Rêtna Kasimpar, Jayasuwignya, 1930, #171: Citra 42 dari 83

apêpanggil | Suyudana Katong | aywa kongsi sang nata adarbe | butarêpan marang awak mami | lawan ari mami | Si Pamadi ingsun ||

8. lamun prapta ing Ngastina benjing | ingsun apatêmon | aywa kongsi sinujanan têmbe | wit Pamadi ingkang angsung mangkin | bêbana kang èsthi | seta srati wadu ||

9. pan wus putus pangrantaming galih | gya èngêt sang sinom | yèn kang rayi ngruhuni lampahe | gadgadèng tyas arsa amanggihi | gya wungu sang dèwi | siyaga sêsugun ||

10. datan wikan kalamun Pamadi | mawa garwa anom | putri adi kang măngka sratine | wus ginarwa dening Sang Pamadi | karya tibasampir | pundhutan sang ayu ||

11. kawuwusa Sang Dyah Banowati | ing galih sang sinom | datan èngêt marang pikramane | amung suka dènirarsa panggih | kalawan kang rayi | wau sang abagus ||

12. kacarita wau narapati | duk miyat sang sinom | dènnya nuli mijil ing ngarsane | netra suntrut kawistarèng galih | tan rêna sang dèwi | dènirarsa dhaup ||

13. lawan natèng Ngastina nagari | marmanta sang sinom | ismu rêngu nênggih polatane | langkung gita sa nata anuding | ing sori kang pinrih | ngrêrapu tyasipun ||

14. adhuh yayi umentara aglis | nusula mring tunggon | putranira katon

--- 43 ---

Rêtna Kasimpar, Jayasuwignya, 1930, #171: Citra 43 dari 83

tan sarjune | rêrapunên aywa kongsi kingkin | nanggapi sang aji | têmbe lamun dhaup ||

15. pramèswari sandika wotsari | sandika sang sinom | para cèthi umiring kabèhe | anèng jawi kandhêgira sami | amung pramèswari | kang manjing tilamrum ||

16. miyak samir sang rêtna kaèksi | mujung nèng paturon | nulya angling kang ibu dêlinge | adhuh intên putraningsun gusti | paran nandhang kingkin | sira arsa dhaup ||

17. ratu agung binathara yêkti | băndha-bandhu katong | paran karsa de mangkya yêktine | wus katêkan pundhutan ta ugi | gajah seta tuwin | kang srati dyah ayu ||

18. pisungsunge arinta Pamadi | tan dangu gya rawoh | nulya dhaup sira satuhune | aywa maras ramanta sang aji | wus ulêm paraji | kang naksèni dhaup ||

19. baya sira darbe karsa malih | paminta mring katong | ingsun ingkang bakal ngaturake | mring ramanta ring sang narapati | samana sang dèwi | wungu pungun-pungun ||

20. adhuh ibu tuhu pundhèn mami | yêkti raganingong | darbe ujar samêndhang kang dèrèng | katur rama risang narapati | nanging mung sadêmi | ing panyuwun ulun ||

21. benjing lamun prapta gajah putih | sinêngkêr wak ingong | miwah wau sang putri sratine | tuwin tiyang ingkang antuk kardi | anèng jroning [jro...]

--- 44 ---

Rêtna Kasimpar, Jayasuwignya, 1930, #171: Citra 44 dari 83

[...ning] puri | tan liya wong têlu ||

22. măngka patah wau sang kêkalih | ngladèni wak ingong | ngiras dadya têmbe pangarihe | kang dandosi miwah angladèni | tuwin busanani | wau kang sun suwun ||

23. yèn kalilan dangune puniki | sadaya angantos | jangkêpira pra nata rawuhe | kang ngulêman kangjêng rama aji | ulun pan lumirig | ing karsa sasatuhu |[27]|

24. lêga gyannya wau pramèswari | nulya ngandika lon | wus karia ingsun aturake | mring ramanta risang narapati | baya nganti-anti | sang nata maringsun ||

25. nulya mentar wau pramèswari | wangsul mring kadhaton | gya umatur ing raka liring rèh | saaturing putra sang rêtnadi | miwiti mêkasi | sang nata sukèng yun ||

26. pan kawarna ing dalu Sang Dèwi | Banowati sinom | anggung dènnya anganti praptane | mring kang rayi Rahadyan Pamadi | gêtêm ing panggalih | kawratên ing wuyung ||

27. gya ngrêrêpi sang rêtna aririh | nèng tilam angepon | datan ana êmban myang cèthine | kang umarêk marang sang rêtnadi | pribadi sang dèwi | wiyoga wulangun ||

28. sela adi sing sabrang nagari | sawangan karongron | dhuh sang pêkik wus katon citrane | kuda buntal bêlang seta sami | kadhal gung nèng bumi | lăngka awak ingsun ||

29. sorot surya ron kamal taruni [ta...]

--- 45 ---

Rêtna Kasimpar, Jayasuwignya, 1930, #171: Citra 45 dari 83

[...runi] | kinarsan sang anom | singaranu pancing kang manjinge | baya kêna maksih sun antèni | sela krêsna adi | têmbe wêkasipun ||

30. ujar putra nêdhêng nandhang sakit | kêkiring ron dados | darbe wêlas maringsun ing têmbe | kidang anjrit swaraning kang paksi | ron wangi rinagi | sun ngèngèri tuhu ||

31. thèklèk bungkul sêndhang gêng ing wukir | paran lêganingong | taru adi swarga ing dununge | sasat kadi tuk daru wak mami | pisang tanpa sari | duk gêbyar agapyuk ||

32. wisayaning paksi mawa tali | sakala tan anon | lapis cêrmin ganggêng wit unggyane | sasananing tyas rumasuk manjing | uwal ingkang pancing | lir murcatma tuhu ||

33. tapas arèn talutuh lir kanil | duk salulut karo | unduring prang kang măngka gêlare | datan uwal salulut ing ratri | ancur kang makarti | rumakêting kayun ||

34. saya ngrêbda tyasira sang dèwi | pangugunging batos | tanpa liyêp saratri tan sare | karêrantan ing driya matistis | kumêmbêng luh mijil | asruning wulangun ||

35. gagat wetan cingcinggoling muni | sayêmpraba katon | ambaranang lir basmi isthane | mungup-mungup sêsuluhing rawi | rumamyang nanduki | ing bumi sadarum ||

36. umyung sagung para cèthi sami | tangising paturon | marang bèji samya adus kabèh | abusana miwah nambut kardi | bubuhane

--- 46 ---

Rêtna Kasimpar, Jayasuwignya, 1930, #171: Citra 46 dari 83

sami | tan ana kalèru ||

37. sri narendra busana gya mijil | ginarbêg pra sinom | biyada kang ngampil-ampil kabèh | para kênya adi warna sami | upacara aji | gumrêdêg pararum ||

38. praptèng sitibêntar narapati | lênggah dhampar katong | siniwaka sagunging wadyane | kang kaparêk ngarsa sri bupati | Tuhayata Patih | miwah rajasunu ||

39. Rugmarata kapara ing ngarsi | sawatara katong | wiyosira kasaru praptane | Kyana Patih Sangkuni angirid | gajah seta tuwin | sagunging kêkintun ||

40. sing Ngastina sakèh rajapèni | samana agupoh | gajah mêndhak têpi paglarane | nulya mandhap Sang Parta myang swami | sang rêtna tan kari | kalihira laju ||

41. samya marêk ing ngarsa sang aji | nguswa pada karo | Kyana Patih Sangkuni lungguhe | nèng keringing rajaputra nuli | ngacaran sang aji | sinambrama arum ||

42. aturira anuhun kapundhi | dhawuhira katong | awotsari samana ature | dhuh pukulun nênggah[28] sri bupati | praptamba tinuding | putranta sang prabu ||

43. Suyudana atur pudyastuti | katura sang katong | miwah sagung ingkang pakintune | lan ngaturkên pundhutan sang dèwi | bêbananing krami | gajah seta mungguh ||

44. ingkang srati wanudya utami | katura sang sinom | putra tuwan anungka lampahe | dènnya ngarak sing

--- 47 ---

Rêtna Kasimpar, Jayasuwignya, 1930, #171: Citra 47 dari 83

Ngastina nagri | sumăngga sang aji | kang wau sadarum ||

45. mèsêm angling Mandraka Sang Aji | adhuh ariningong | sang nayakawaktra Ngastinane | sun tarima sadaya pakirim | paringe sang aji | kang marang wak ingsun ||

46. umatura ingkang tibasampir | ring nata putrèngong | lamun prapta sang nata ing têmbe | anyarèhna praptane paraji | ulêm ingsun sami | sagung para ratu ||

47. sadangune anganti paraji | gajah seta manggon | nèng jro pura măngka lêlangêne | putraningsun nênggih nini dèwi | lan sratine putri | miwah putraningsun ||

48. Si Pamade rumêksa ing puri | anèng jro kadhaton | ywa sandea ki putra yêktine | nora wurung sun dhaupkên benjing | amung ta anganti | ingkang para ratu ||

49. wus pinarnah pamondhoke sami | nulya kinèn ngaso | pra Kurawa sinugata kabèh | amênuhi sugataning aji | bubaran sang aji | jêngkar angadhatun ||

50. Sang Arjuna kalawan sang dèwi | umiring sang katong | manjing pura ginarbêg sagunge | para cèthi kèh rêrasan sami | dhuh lae tan ngipi | mangkya raganingsun ||

51. bisa panggih andulu sang pêkik | kang wênês pasêmon | pan saiba mêngko yèn panggihe | sang rêtnayu kuciwane iki | nèng wanita luwih | umiring sang bagus ||

52. karya ewuh marang sang sudèwi | cuwane

--- 48 ---

Rêtna Kasimpar, Jayasuwignya, 1930, #171: Citra 48 dari 83

sang sinom | kadya uwus ginarwa sêmune | mring sang pêkik tumrêcêp dènnyangling | timbung paran ugi | kalamun amuwus ||

53. Risang Parta angling yayi dèwi | marang sang lir sinom | apa baya kinadang patrape | kawuwusa lampahnya sang aji | wus prapta jro puri | alênggah kadhatun ||

54. panggya sori nèng madyaning puri | umarêk sang anom | putra-putri tan têbah lênggahe | gya wêwarta sang nata mring sori | miwiti mêkasi | dutanirèng prabu ||

55. sukaning tyas duk myarsa sang dèwi | angandika alon | manêmbrama mring putra kalihe | awotsari anuwun kapundhi | pambagya sang dèwi | raharja pinanggung ||

56. gya andangu sang nata mring siwi | purwaning lêlakon | dènnya antuk ingkang kudangane | gajah seta ingkang srati putri | Sang Parta wotsari | dadya lon umatur ||

57. amiwiti prapta amêkasi | wus katur sang katong | dahat ngungun dupi myarsakake | ing ature kang putra salêsih | anulya sang aji | gita dènnya nuduh ||

58. animbali ing putra sang dèwi | arsa sinung wartos | ing praptane kang rayi kalihe | myang caraka sing Ngastina nagri | paring bêbaning |[29] gajah seta sampun ||

59. sigra mêsat kênya kang tinuding | agupuh sakaro | praptaning don agupyuk ature | mring sang rêtna yèn Pamadi prapti | mawi garwa putri | măngka sratinipun [srati...]

--- 49 ---

Rêtna Kasimpar, Jayasuwignya, 1930, #171: Citra 49 dari 83

[...nipun] ||

60. putri Nata Tasikmadu nagri | sulistya sang sinom | kang wadana amirip warnane | lan sang rêtna mung kaot sakêdhik | kawon gandês manis | guwaya sumunu ||

61. langkung suka sang dèwi miyarsi | ing galih rumaos | datan kasor ing warna sêmune | dadya aris ngandika mring cèthi | dutaning ramaji | matura sirèku ||

62. ing jêng rama sun rasa wak mami | kalangkung kalêson | wit saratri tan antuk ngong sare | rada angluh awrat awak mami | kadi datan bangkit | umarêk sang prabu ||

63. yèn kaparêng kang sarati putri | miwah ta sang anom | ingsun suwun kewala marene | kinèn têngga sasêngkêran mami | wau wong kêkalih | kang yogya atunggu ||

64. nulak wangsul duta cèthi kalih | umarêk sang katong | gya umatur wau saature | sang rêtnayu panyuwune sami | sang nata jro galih | wus anduga tuhu ||

65. nulya dhawuh mring putra Pamadi | adhuh putraningong | lah ta kulup sira sayêktine | sun pracaya rumêksa mring nini | kadangira yêkti | mrih tulus adhaup ||

66. pan tinêdha sira kang nunggoni | sinêngkêr sakaron | pan anganti pra nata rawuhe | benjang dhaup pan sira pangarih | miwah kang maèsi | mrih busananing rum ||

67. datan kêna sakaro atêbih | lawan putraningong | lah ta mara paranana age | dimèn lêga tyasnya nini dèwi |

--- 50 ---

Rêtna Kasimpar, Jayasuwignya, 1930, #171: Citra 50 dari 83

wotsari sang pêkik | lèngsèr kalihipun ||

68. marang têngganira sang sudèwi | miwah ta sang sinom | gung winangsit sagung wêwadine | wus garjita wau sang sudèwi | tan sawalèng kapti | gênging bêktinipun ||

69. marang priya tan darbe saksêrik | winayuh pra sinom | kawursita Banowati mangke | wus siyaga pamapag kang rayi | sugata mênuhi | tan kuciwèng sêmu ||

70. dupi prapta Pamadi lan patmi | nèng tênggan sang sinom | gapyak tangkêp Banowati mangke | marang Sang Dyah Kasimpar sang dèwi | kinadang taruni | nadyan ingkang tamu ||

71. sru noraga wotsari ngastuti | lir kadang sayêktos | mring Sang Parta sang rêtna tan gawe | mung Sang Dèwi Kasimpar sinung sih | ujarira manis | rumakêt sihipun ||

72. lagya panggya wus rêsêp nanduki | nglingira sang sinom | adhuh yayi raharja praptane | tan angipi ngong bisa pêpanggih | lawan sira yayi | dadya kadang tuhu ||

73. tan kêna sah cakêt dènnya linggih | angapit sang sinom | Banowati nèng têngah lungguhe | kananira wau Sang Pamadi | Kasimpar nèng kering | cakêt abên dhêngkul ||

74. gung ngacaran sugatanya mili | tumrêcêp sang sinom | pan wus nutug dènnya bujanane | wau ratri kongsi lingsir wanci | nulya Banowati | amrênahkên gupuh ||

75. pondhokira kang rayi kêkalih | miranti pisugoh | saput sagung busana pasrène [pa...]

--- 51 ---

Rêtna Kasimpar, Jayasuwignya, 1930, #171: Citra 51 dari 83

[...srène] | tan atêbih antarane mungging | kering tênggan dèwi | nèng wuri kadhatun ||

76. sinung cèthi sadasa ngladèni | samya anom-anom | Sang Dyah Rêtna Kasimpar dununge | langkung sukanira ing panggalih | lan wau sang pêkik | alêrêm nèng ngriku ||

77. surup surya pasuguhnya cèthi | sari-sari katon | nyênyamikan dhêdhêg nèng ngarsane | lan pisalin busana di-adi | dyan putra lan putra lan putri |[30] kacaryan tyasipun ||

78. sinaludhah dhaharan mênuhi | mangkana sang anom | arsa mamèt ing driya karsane | nulya pamit ing garwa sang pêkik | arsa atêtuwi | mring sang dyah ing dalu ||

79. jinurungan samana wus mijil | sang dyah anèng gêdhong | mung anggubah pribadi sarine | kang kinarya kalungnya pribadi | Sang Parta andingkik | sing wuri tumanduk ||

80. nyikêp prênah payudara kalih | panguswa ring githok | kagyat jumbul sang rêtna anolèh | gya kinuswa gumrêgêt pinithing | marêngut sang dèwi | duk waspadèng dulu ||

81. miwal asta andikanya wêngis | gumagus iki wong | nora jamak kumlungkung galihe | lah ta êndi rabimu sang dèwi | Tasikmadu putri | kadang ingsun tuhu ||

82. aturira Sang Parta amanis | maksih kari tunggon | sun walêri nusul ring sun mrene | awit sayah lêlaku nèng margi | sariranya anglih | kalêson alumpuh ||

--- 52 ---

Rêtna Kasimpar, Jayasuwignya, 1930, #171: Citra 52 dari 83

83. arsa konyoh paringira mangkin | wus pamit maringngong | datan marak ing mêngko marene | seje dina kewala sumiwi | mring kangbok sang dèwi | musthikaning ayu ||

84. nulya gablog sang rêtna mring ari | ngujiwat malerok | baut têmên wong bagus lêlèmèr | manuhara mung karya lêlamis | basakna wong iki | tan darbe sih lulut ||

85. kêjêm kogug tan wêlas sêsami | niaya mring wadon | pintêr karya ru-ara yêktine | siya marang padhaning dumadi | tan wêruh nimbangi | trêsnaningsun tuhu ||

86. nora kaya luput ngong pribadi | sêmbrana nyalêmong | mêngko manggih sangsara dadine | luwih lara larane tyas mami | kapêgatan ing sih | têlênging jêjantung ||

87. ngêmbêng waspa sang rêtna dènnyangling | sêrêt ing saulon | pêgat-pêgat mangkana dêlinge | dhuh jawata kang sipat udani | pulungên wak mami | gêsang anggung ewuh ||

88. kayaparan raganingsun mangkin | wus bêcik alayon | tan kawawa anahên wirange | rèh wanodya tantuk padhaning sih | tujuning tyas mami | sayogya alampus ||

89. duk samana Sang Parta miyarsi | wuwuse sang sinom | langkung wêlas sang pêkik lênggahe | pan angrakêt rumangkul sang dèwi | sarwi ngarih-arih | manuhara rungrum ||

90. pan ingêjum srinataning dèwi | myang kinuswa alon | maksih adrês kang waspa wijile |

--- 53 ---

Rêtna Kasimpar, Jayasuwignya, 1930, #171: Citra 53 dari 83

marawayan pangarasan kalih | nirnakkên kang tasik | maksih sênggruk-sênggruk ||

91. wuwusira Sang Parta aririh | angrungrum sang sinom | adhuh nimas pêpujanku dhewe | musthikaning wanita sabumi | ratuning pawèstri | pêpathining ayu ||

92. gandês luwês gapyak amrak ati | sarêntêg adhenok | sapa baya tan mulung driyane | lamun mulat marang kang kadyèki | kuciwa wak mami | dudu pasthinipun ||

93. wit karsaning jawata linuwih | nut èsthining katong | baya nguni sang nata èsthine | lamun darbe putri kang linuwih | ing warna sayêkti | akramaa ratu ||

94. pan ing mangke kasambadan sami | putrine sang katong | katri pisan dhaup ratu kabèh | nadyan dadya pêpasthèn dewadi | sun pratignya yêkti | pinusthi ing kalbu ||

95. saline paduka akrami |[31] dadya garwa katong | anuruta ing lair bêcike | nadyan jroning galih liyan èsthi | marang awak mami | sun timbangi tuhu ||

96. kêrêp tinjo mring sira maskwari | ya sandeyèng batos | lan sun têdha ing dewa têmbene | sabubaring bratayuda jurit | sun boyong sayêkti | dadya rabiningsun ||

97. lan jamake putraning pra aji | sinaranan pupoh | yèku têmbe măngka patukone | bratayuda lawan dhaup mami | lan sira sang dèwi | mangke wus katrucut ||

98. puluh-puluh bêgjane wak mami | manggung dadya lakon | sun labuhi [la...]

--- 54 ---

Rêtna Kasimpar, Jayasuwignya, 1930, #171: Citra 54 dari 83

[...buhi] alara patine | rambah-rambah nèng Mandraka nagri | kuciwa wak mami | ora dadi ratu ||

99. dadya ora bisaa lêstari | ngladèni sang sinom | wus karsaning jawata yêktine | mung samene bisaningsun inggih | lan sira wong manis | aywa rangu-rangu ||

100. duk samana na swara kapyarsi | cêtha tumalawong | anagsèni[32] pratignya kalihe | lir jawata kang angsung sêsanti | hèh titah dewadi | aywa gung wulangun ||

101. wruhanira Kasimpar Sang Dèwi | apsari sayêktos | Dèwi Gagarmayang sajatine | dènnya mangkin manjanma mung dadi | sarana Sang Putri | Banowati mungguh ||

102. dhaupira lawan Kurupati | pinasthi Hyang Manom[33] | nanging rèhning sakaro driyane | aprasêtya sihira sakalih | jawata ngidèni | têmbe bisa pangguh ||

103. sabubaring bratayuda benjing | dhaupe sang sinom | lan Pamadi dadya boyongane | mung ing mêngko Kasimpar Sang Dèwi | miwah gajah putih | pinulung dewagung ||

104. aywa cuwa miwah angulari | sirnane sakaro | wit mung pujan iku sajatine | miwah nguni Tasikmadu Aji | jawata prasami | tinitah anamur ||

105. pan ing mêngko wus muksa sadasih | tanna labêt ing wong | mung rasaksa raja ing têmbene | angulari mring Mandraka nagri | kinira sang aji | angungsi ing laku ||

106. kèndêl lingnya jawata sêsanti |

--- 55 ---

Rêtna Kasimpar, Jayasuwignya, 1930, #171: Citra 55 dari 83

mangkana sang sinom | lilih dènnya rudita kalihe | wusnya lipur wit tamunya putri | sirna saking bumi | miwah duk angrungu ||

107. ing ujare wêca ling dewadi | têmbe bisa panggoh | dadya garwa lan Parta wêkase | nirmalaning sungkawa sang dèwi | pulih kadya nguni | sukanya kalangkung ||

108. datan siwah tangkêpira kalih | amung ta sang anom | Risang Parta duk mirêng wangsite | yèn garwanya Kasimpar Sang Dèwi | wus muksa samangkin | cuwanya anjêtung ||

109. dangu-dangu pinupus ing galih | wau ta sang anom | purna wau sakèh sungkawane | têmpuhing tyas myang kang anakêti | Rêtna Banowati | tinêmpuh wulangun ||

110. pan dinadak rinapih rêrêpi | lir brêmara andon | kang mangungsari puspitane |[34] ambrangêngêng mangungsir ing sari | rumêsêp ing galih | kadya wor ing kalbu ||

111. wus warata parewana mangkin | asmaraning wadon | wus kabuka gumrêgêt kalihe | gadgatèng tyas sinambitèng nuli | manjing tilamsari | sang kalih atêmpuh ||

112. kasok ing tyas asmara sang kalih | nutug ing palugon | kadya kaul nêkani karsane | pan wus lami dènnya nganti-anti | lir cintaka nganti | kang warsa tumurun ||

113. tan kawarna dènira karonsih | wau ta sang sinom | sru kabyatan ing nala kalihe | pan pinêntog sukanira sami | kadya amungkasi | usadaning wuyung ||

--- 56 ---

Rêtna Kasimpar, Jayasuwignya, 1930, #171: Citra 56 dari 83

114. sru ngalèlèh sang rêtna tan polih | kasok ing kalêson | kadya datan kawawa srirane | kumyus ingkang swanita umijil | wlas miyat sang pêkik | gya winawèng gupuh ||

115. mring patirtan samana sang dèwi | botrawi sakaron | ingusapan kang tirta martane | pasundhulan myang wadana nuli | waspada mangèksi | dyah suka ing kalbu ||

116. wusnya siram sêsuci sang kalih | ngrasuk busana ro | lêlêmêsan samana nyampinge | wastra cindhe katangi sang kalih | kinêmbar sang kalih | lir pangantèn têmu ||

117. bêburatan parêm lêson sami | gănda wida konyoh | sutra jênar nênggih kasmêkane | pita biru kang minăngka têpi | ingubêt mathithit | mathêt jaja mandul ||

118. mêmbat-mêmbut kang lir tiris gadhing | pinathêt mandhosol | wonga-wonga têngah anglowoke | sumaruwung mijil gănda wangi | pantês rimong plangi | ijo sêkar wungu ||

119. sigra sami dhaharan nyênyamik | anèng jroning gêdhong | sang rêtnayu ingugung karsane | mundhut pangku anging angladèni | awacana manis | ingsun jaluk pangku ||

120. tan lênggana Sang Parta nadhahi | pangkone cumaos | sarwi ngrangkul asta kêkalihe | ing madyane sang rêtna manginggil | anăngga kang kardi | bêruk amathuthuk ||

121. ngêmbut-êmbut lawan asta kalih | siji sewang manggon | jăngga manglung [mang...]

--- 57 ---

Rêtna Kasimpar, Jayasuwignya, 1930, #171: Citra 57 dari 83

[...lung] amèpèt pipine | anggung nguswa miwah nucup lathi | sang dyah asru bêkis | ngujiwat anyêndhu ||

122. ora layak akaul wong iki | linilan patêmon | tan rêringa nora nèng wismane | kuciwane tan tulus ing ati | tan wruh dèn labuhi | paksa kumapurun ||

123. sarwi nguswa Sang Parta mangsuli | pindho gawe kangbok | kang prasêtya sakaro-karone | wus sinaksèn ing dewa linuwih | witne raga mami | tan kurang lêlabuh ||

124. wit samana praptane samangkin | lara praptèng layon | mung mèt karya măngka dhadhakane | bisa panggya kang sawang lir sasi | mancorong gumrining | lan kang mêndut-mêndut ||

125. sapa kuwat mung nyawang kang warni | marusuh asengoh | gandês luwês parigêl tandange | bisa nuju ing karsa patitis | saiba badhidhing | anggulêta ingsun ||

126. mlerok angling sang rêtna anjiwit | jajane sang anom | wis ja ngame wong bagus baute | yèn padua pasthi ingsun kandhih | wus ta ari mami | dhahara puniku ||

127. kang sêgêran êndi kang kinapti | pasugatan ingong | mring wong ingkang katrima gawene | antuk dene ngupaya kang èsthi | măngka tibasampir | gyaningsun adhaup ||

128. lan dhèwèke yêktine kariyin | ganjarane katong | aris muwus Sang Parta dêlinge | nora katur astaningong iki | sawêk [sa...]

--- 58 ---

Rêtna Kasimpar, Jayasuwignya, 1930, #171: Citra 58 dari 83

[...wêk] nambut kardi | rumêksa kang mêmbut ||

129. tanggap muwus sang rêtna angliring | ambakna iki wong | ngaji pupung tan mawa dugane | baya yi karsa sun ladèni |[35] apa kang kinapti | dhaharan sadarum ||

130. Sang Arjuna tukua wak mami | paringna kakang bok | sakarsanta liyane sun dhèrèk | ugêrira tan rumagang mami | lagyewuh nyêkêli | lir kênthos amêmbut ||

131. gya ngujiwat tumandang sang dèwi | ngoncèki kang uwoh | jêram kêprok kinupas bayune | wus ijiran dinulangkên maring | Sang Parta nampèni | lan lathi amanglung ||

132. nyambi nguswa gantya sang rêtnadi | dhahar jêram kêprok | ijir sewang gantya tumanggape | wus mangkana sadangunya sami | dènnya dhahar kalih | dulang sang bagus |[36]|

133. kongsi nutug wau dènnya bukti | sinambi gêguyon | karongron sih tan bênggang pangkone | wusnya ngunjuk sakalih anuli | binopong sang dèwi | manjing jre[37] tilamrum ||

134. pan sadalu mut akaronsih |[38] tan ana kang anggop | srênging driya dahat wulangune | pan ing mangkya tinêkan sakapti | datan antuk guling | ngugung sukanipun ||

135. ambal-ambal dènnya langên gati | marma gung kalêson | sakalihe marlupa slirane | byar raina gya marang botrawi | siram sarêng sami | sinambi mangunkung ||

136. sapurnane dènnya siram kalih | busana kaloron | nulya lênggah nèng jawi gêdhonge | kasaru [ka...]

--- 59 ---

Rêtna Kasimpar, Jayasuwignya, 1930, #171: Citra 59 dari 83

[...saru] kang prapta para cèthi | nèng pondhok ajagi | samya gumarubyug ||

137. atur wikan musnane sang dèwi | datan ana katon | ingularan datan ana kabèh | tan pakantuk Kasimpar Sang Dèwi | Sang Parta nulyangling | ywa gugup sirèku ||

138. sajatine iku garwa mami | Kasimpar sang sinom | mung wayangan saking kawasane | ing jawata dènnya anuruti | gustinira mangkin | katêkan wus têmu ||

139. dadya nuksma mêngko dadi siji | lan gustimu manggon | marma iki ingsun têmpuhake | gustinira wiwit mau ratri | măngka liru padmi | kang musna ing dalu ||

140. salamine anganti sang aji | Ngastina Sang Katong | gustinira pan ingsun gawane | anyêlani wit wêca dewadi | lamun tan kadyèki | tan tulus ing pungkur ||

141. ya ta wau sagung para cèthi | lêga tyas cumêplong | mari gugup ing driya ajrihe | suka-suka sami angladosi | mring gusti sang kalih | dènnya sih alulut ||

142. nging tan ana jarwa liyan janmi | ajrih mring sang sinom | dadya rapêt satingkah-tingkahe | dèniranggung sinihan sang kalih | samana sang pêkik | wiweka ing kalbu ||

143. pamit marang sang rêtna tur uning | marang sang akatong | musnanira kang garwa kalihe | miwah liman seta samya anis | karsaning dewadi | jinurungan sampun ||

144. gya tumindak sang pêkik lumaris | mêmêling sang sinom | adhuh yayi aywa suwe-suwe | nèng ngarsane jêng rama sang aji [a...]

--- 60 ---

Rêtna Kasimpar, Jayasuwignya, 1930, #171: Citra 60 dari 83

[...ji] | gya pamit abali | mariki wong bagus ||

8. Sinom

1. sang anom nulya lumampah | priyăngga umanjing puri | umarêk ing sri narendra | samana nata nujoni | lênggah lan pramèswari | anèng paningrat kadhatun | gita ngawe kang prapta | kumêpyur nata ing galih | bokmanawa kang putra malih abeka ||

2. manguswa pada dyan putra | sang nata lan pramèswari | gya lênggah nèng ngabyantara | gupuh têtanya sang aji | paran prapta wigati | sira kulup maksih esuk | baya dinuta bakyunta |[39] Ni Mbok Rêtna Banowati | amuwuhi bêbananing parakrama ||

3. Arjuna matur wotsêkar | datan makatên sang aji | pisowan ulun umarak | ngarsa paduka sang kalih | ing dalu ulun tampi | wasitanira dewagung | kalamun pundhutannya | putra paduka sang dèwi | gajah seta miwah kang sarati kênya ||

4. jatine sami pêpujan | saking parmaning dewadi | anuruti ciptanira | putra paduka sang dèwi | utamanirèng krami | kang măngka sasrahanipun | ing mangkya wus katêkan | kuncaranira sang dèwi | kalihira nulya pinulung jawata ||

5. nanging putranta sang rêtna | datan garantês ing galih | sirnaning wau pundhutan | kalamun kang tibasampir | panyuwunira kang kari |[40] lastari panyêngkêripun | sadangunira angantya |[41] praptanira para aji | mung kawula tinanggênah

--- 61 ---

Rêtna Kasimpar, Jayasuwignya, 1930, #171: Citra 61 dari 83

nêngganana ||

6. kongsi têmbe panggihira | sang rêtna lawan kakaji | putra paduka sang nata | nênggih Suyudana Aji | ing Ngastina nagari | praptèng têmbe boyongipun | anèng nagri Ngastina | kawula ingkang umiring | mung punika ature putra paduka ||

7. sang nata ngungun miyarsa | lawan wau pramèswari | dadya pinupus wardaya | awit karsane dewadi | pinuwung dening mangkin | sang rêtna sampun miturut | arsa dhinaupna |[42] lawan Ngastina Sang Aji | gya ngandika sang nata marang Arjuna ||

8. dhuh kulup jênêng manira | pracaya mring sira kaki | saratènana ing karsa | kakangira aywa kongsi | lumuh winangun krami | sakarsane ingsun turut | ala bêcike sira | măngsa borong ta sirèki | amis bacin ananing praja Mandraka ||

9. Sang Parta dadya sandika | aturira awotsari | pukulun aywa sandea | dhatêng putranta sang dèwi | ulun ingkang mêmardi | supadya tulus miturut | tan wangkot karsanira | amung ing panyuwun mami | musnanira gajah seta lan wanudya ||

10. ywa kongsi nuli kajwara | sadèrènge praptèng panggih | kapyarsa sata Kurawa | manawi Paman Sangkuni | tuwuh anyujanani | dhatêng kawula pukulun | dene garwamba musna | anarka kang amis bacin | têmah

--- 62 ---

Rêtna Kasimpar, Jayasuwignya, 1930, #171: Citra 62 dari 83

kêmba putra paduka Ngastina ||

11. nyagahi sri naranata | Sang Parta tinundhung nuli | iya bêcik wuwusira | wis kulup balia nuli | tunggua anèng puri | kakangira aywa lumuh | nêmbah lèngsèr Sang Parta | samana wus prapta mungging | patênggannya Risang Rêtna Banowatya ||

12. nulya wêwarta Sang Parta | dènira matur sang aji | sang rêtnayu duk miyarsa | nulya anggablok ing gigir | sarwi anyêthot wêntis | bisa têmên wong abagus | karya sangsalan basa | ngugung karsane pribadi | nulya matur Sang Parta areka-reka ||

13. dhuh kakang bok aywa cuwa | ingsun arsa nyuwun pamit | watarari anèng jaba | amêthuk kaka Sang Aji | Yudhisthira kakaji | têmbe kalamun wus rawuh | ulun wangsul amarak | marang kakang bok ing puri | ing jrih ingsun kapati yèn kenging tarka ||

14. lan kakaji Mandura |[43] manawa myarsa sayêkti | solah ingsun anèng pura | saiba dukane mangkin | raganingsun amasthi | ginêcêg Nanggalanipun | adhuh kangbok marmanira |[44] lilanana ingsun pamit | angantia praptane para narendra ||

15. kumrengkang arsa wisata | samana sang dyah anjiwit | patènana bae ingwang | yèn sira tinggal umijil | sapa wani dukani | mring sira ingsun tumangguh | mapan sira wus padhang | kalilan rama sang aji | sapa wani sumêla anglaranana ||

16. kumêmbêng waspa sang rêtna | barabak kadya anangis |

--- 63 ---

Rêtna Kasimpar, Jayasuwignya, 1930, #171: Citra 63 dari 83

Sang Parta jumênêng sigra | api-api tan udani | nanging botên umijil | malah manjing gêdhongipun | asèlèh ingkang sara | curiga kalih anuli | tinututan sang rêtna saking ing wuntat ||

17. umiyat solahing Parta | dènira lukar jêmparing | kantun busana kang wastra | lêmêsan wau sang pêkik | sang dyah gablok sing wuri | bisa têmên karya gugup | anggodha mring ragèngwang | bêcik apa karya runtik | Sang Arjuna anolèh nguswa srinata ||

18. yèn kalilan raganingwang | mung yèn dalu manjing puri | kadya ingkang wus kalakyan | kakang bok ing nguni-uni | sang dyah nyêntak awêngis | pedah apa anênamun | pan sira wus kalilan | rina wêngi nunggu mami | mundhak minggat ingsun saking jroning pura ||

19. Sang Parta kadi sungkawa | saking sumêlanging galih | lamun têmbe sri narendra | ing Madura amiyarsi | kawarta saking nagri | kapyarsa sang rêtnaningrum | nênggih Wara Sumbadra | dadya elik ing panggalih | pan mangkana sungkawanira Arjuna ||

20. nanging sinamun ing nala | pinupus datan kaèksi | dadya nulya angandika | ing basa manis angrapih | mangungrum anglêlithing | wasising kakung anamur | aris mêmanuhara | sapa baya kang darbèni | sira nimas kang bentrok amaya-maya ||

21. sapa miyat kalanglangan | kang dulu wuyung kudu gring | kang miyat uyang kêkayang | kang

--- 64 ---

Rêtna Kasimpar, Jayasuwignya, 1930, #171: Citra 64 dari 83

mèksi linglung agingsir | manisira ngratani | mrak ati kadya sitèngsu | dhuh lae pujaningwang | ywa lali dasih ta benjing | lamun ulun têtuwi usadanana ||

22. mêmanisira kang măngka | usadaningsun akingkin | liringira kadya kilat | măngka daya ragèng mami | gandêsira yèn angling | kèwês kêdaling pamuwus | dadya usadaningwang | jampi marlupaning dhiri | ywa kalimput marang kawibawanira ||

23. Sang Parta dènnya wacana | sarwi ngarangkul sang dèwi | anggung angliling wadana | kinuswa-kuswa mawanti | kasok tyasira sami | ginunturan ing swararum | matrênyuh sang surêtna | kamayangan kadya ngipi | jroning nala kawratan kadya asmara ||

24. kumyus wijiling swanita | gumrêgês sarira atis | waspada wau Sang Parta | nulya winawa sang dèwi | sinarèkakên nuli | anèng sajroning tilamrum | ngalêntrih kadya antaka |[45] gya rinapu ngarih-arih | dhuh kakang bok aywa sandea ing driya ||

25. ingsun anuguri sira | kongsi boyong marang nagri | Ngastina miwah sang nata | anging kêrêp tinjo mami | marang sira sayêkti | nora bêtah yêkti ingsun | dangu tan mulat sira | warnanta asor apsari | tuhu sira musthikaning pra wanita ||

26. sinigêg sajroning pura | kang anggung samya karonsih | Sang Parta lawan sang rêtna | nêkani sakapti-kapti | inguja ari ratri |

--- 65 ---

Rêtna Kasimpar, Jayasuwignya, 1930, #171: Citra 65 dari 83

sor pangantyan lagya têmu | dènira pêpasihan | anèng Mandraka jro puri | êmban inya tan ana grantês sadaya ||

27. malah sukanya kalintang | umulat gusti sang dèwi | para cèthi kang tumingal | kacaryan dahat kapengin | dènira rakêt kalih | kadya ganggêng lawan lumut | anggung dhenceng-dhencengan | tan kêna pisah sanyari | Sang Arjuna dahat dènnya ngêla-êla ||

28. kong sapta arinira |[46] samana kang para aji | ingkang ingulêman samya | wus prapta anèng nagari | Mandraka para aji | sinung prênah kuwunipun | sowang-sowang wus tata | sugatanira mênuhi | tan kuciwa sang nata pamêthukira ||

29. Sri Yudhisthira Ngamarta | Arya Sena ingkang ngiring | sagarwane sami prapta | Drupadi lawan Arimbi | Madura Narapati | Erawati sorinipun | wus prapta nèng sanggrahan | Nata Kumbina tanapi | Lesanpura myang Campala Sri Drupada ||

30. wus pêpak sadayanira | samana nuju tinangkil | Sang Naranata Mandraka | manggihi tamu paraji | panêmbrama sêsanti | tinanggapan wuwus arum | mangkana gya katungka | rawuhe Sri Narapati | ing Ngastina Mahaprabu Suyudana ||

31. wus laju ing sitibêntar | pinêthuk ing para aji | mahargya sang rawuh lagya | nulya tata lênggah sami | manambrama sang aji | tinanggapan ing panuwun | sampating pangandika | rêmbag dhauping pangantin | benjang Soma mung

--- 66 ---

Rêtna Kasimpar, Jayasuwignya, 1930, #171: Citra 66 dari 83

kari ing tigang dina ||

32. pangrêngganing pura samya | sampun sampurna kang isi | jaba jro arsa miwaha | mangkana praptaning ari | samya siyaga sami | pangantyan pangarakipun | saking kuwu narendra | dènira manjing ing puri | ginarêbêk sagung ingkang para wadya ||

33. miwah tamu para nata | wus nyêgat anèng jro puri | mangkana kang kawuwusa | wau ta pangantèn putri | Banowati Sang Dèwi | wiwit enjing dènnya muwun | nadyan nênggih Sang Parta | kalangkung angarih-arih | mrih miturut dhaupira lan sang nata ||

34. mawanti prasêtyanira | Sang Parta dènnyarsa tuwi | têmbe marang ing Ngastina | sawêg karsa wau dèwi | Sang Parta kang maèsi | tasikan anggung sinapu | dalèwèring kang waspa | Sang Parta wêlas tan sipi | gung rinapih ingarih-arih sang rêtna ||

35. ingkang kinarya prêmbugan | tan karsa kapuk lan sami | rema wulu miwah êlar | nanging granane Pamadi | kinarya ngrêmbug tasik | kinèn gantèn datan ayun | kalamun tan mamahan | saking Sang Parta anuli | mulung lathi cinucup lathi sang rêtna ||

36. kocape dènnya busana | ngagêm wastra kampuh adi | sinambi aparewana | Sang Parta dènnya mangarih | mrih manuta sang dèwi | kongsi busana arampung | mamêling sang surêtna | yayi mêngko yèn sang aji | abujana tunggonana raganingwang ||

37. sampating busananira | Sang Rêtna

--- 67 ---

Rêtna Kasimpar, Jayasuwignya, 1930, #171: Citra 67 dari 83

Dyah Banowati | paèsane dhandhanggula | plarapan abuwêng kadi | pandhêlong kang panitis | alincip lir adu ujung | kalawan imbanira | anjait lir ngincang alis | godhèg panjang angujung ngaluwêng karna ||

38. jêjamang kancana rêngga | garudha mungkur ing wuri | udal-udal sinasotya | kinarukup sêkar mlathi | kancana kang sêsumping | surèngpati oncenipun | gajah ngoling gêgubahan |[47] jinala sêkar malathi | kadya ngore sumampir midhanganira ||

39. ing kering miwah ing jaja | kinonyoh ing burat kuning | gănda wida mulêg samya | atêmpuh gandaning mlathi | miwah jêbat kasturi | kongas gandanira arum | amarbuk ngambar-ambar | katut samirana sumrik | kadya mayang kang nêmbe mêkar wancinjang ||

40. nyamping cindhe wungu mawa | seredan lir kănca wuri | sumêkan sutra jo tuwa | kampuh langking tamansari | asingsêt nyonthong wuri | sêngkang bapang mirah wungkul | sinêling lawan rêtna | gumêbyar angilat thathit | sangsangannya tanggalan sungsun têtiga ||

41. kêlat bahu binggêl samya | kancana ingukir-ukir | sinotya tarètès muncar | kalpika maniking warih | samana Banowati | lir murca manungsanipun | kalamun ta sinawang | tan siwah kadya apsari | saking swarga tumurun mring marcapada ||

42. lêng-lêng mulat Risang Parta | karănta-rănta ing galih | nanging

--- 68 ---

Rêtna Kasimpar, Jayasuwignya, 1930, #171: Citra 68 dari 83

èngêt satriyanya | tan kêna gimir ing èstri | nirnakkên sura sêkti | marma langkung tyas sinayut | aris ing aturira | dhuh swawi kakang bok mijil | pan wus wanci inganti lan ibu rama ||

43. mandhêg mangu nampar wastra | anggung manolih kang kari | Sang Parta ngêjèpi sigra | kinèn lajua lumaris | sang rêtna wus umijil | pramèswari suka ngungun | umulat marang putra | kadya salin ingkang warni | langkung endah acêngêng kang samya miyat ||

44. wus lênggah wau sang rêtna | nèng ngajêng patanèn adi | ingapit kang pramèswara | lawan Drupada kang sori | warnanira sang dèwi | lir musna sinawang tuhu | sagung pawèstri jro pura |[48] tan bisa kêdhèp umèksi | langkung ngungun anjêtung sajroning nala ||

45. wasise Sang Arya Parta | dènnya ngrakit busanadi | aruntut sawanganira | kuciwa dhaup sang dèwi | lawan Sri Kurupati | datan lastari adhaup | kalawan Sang Arjuna | eman warnane sang dèwi | ora timbang warnane lan priyanira ||

46. sigêg wuwuse jro pura | samana kang anèng jawi | Sang Aprabu Suyudana | angagêm kaprabon aji | amakutha buka sri | grudha mungkur sotya murub | sêsumping orenira | cèn-oncèn mutyara adi | ulur-ulur sangsangan nagakawaca ||

47. kêlat bahu binggêl rikma |[49]

--- 69 ---

Rêtna Kasimpar, Jayasuwignya, 1930, #171: Citra 69 dari 83

kancana pinatik-patik | akampuh jingga pinrada | calana acindhe wilis | mawi kroncong sang aji | yèn sinawang tuhu mungguh | sariragêng pidêksa | sambada rowa kaèksi | lir Hyang Endra arsa siniwèng pra dewa ||

48. nitih gothaka sang nata | kuda astha kang pangirid | ingiring kadang kadeyan | sata Kurawa pra sami | panganjur kang lumaris | Sri Karna Ngawangga Prabu | tuhu bagus taruna | baranyak digdayèng jurit | lêncir kuning agilig sariranira ||

49. wus prapta gapura nulya | mandhap saking guthakadi | tinampan nênggih sang nata | lawan narendra kêkalih | Kumbina lan kang rayi | Lesanpura Sang Aprabu | anganthi sang pangantyan | umanjing marang jro puri | prapta laju ingarak kapanggihira ||

50. sang rêtna praptèng wiwara | kinanthi ing ibu sori | mêndhak nulya nguswa pada | mijiki pada sang aji | nulya akanthèn kalih | manjing madyaning kadhatun | jajar lênggah nèng têngah | ingapit-apit pra putri | garwanira pra tamu nata sadaya ||

51. para nata samya prapta | jawat astanira sami | mung Sang Rêtna Banowatya | manguswa pada paraji | kang prênah sêpuh sami | samya paring sapda[50] ayu | miwah para sori nata |[51] sadaya sampun waradin | tan antara para nata mring pandhapa ||

52. alangên bujana samya | andrawina lan paraji | lawan sagung pra punggawa | suka-suka amênuhi | datan anguciwani | pasugatanira prabu |

--- 70 ---

Rêtna Kasimpar, Jayasuwignya, 1930, #171: Citra 70 dari 83

dene para wanudya | pinisuka-sukèng puri | lawan sagung rabine para punggawa ||

53. tan ana ingkang kacuwan | sadaya tamu waradin | anutug kasukanira | sagung ingkang para mantri | panêkar punggawalit | nèng paglaran unggyanipun | dènira pinisuka | tan kêkurangan prasami | sagung tamu mênuhi sugatanira ||

54. kawuwusa wau sang dyah | tan dangu lênggah ing jawi | dupi tinilar sang nata | gya pamit marang bu sori | lamun puyêng sang dèwi | pamit manjing gêdhongipun | kang wetan dhatulaya | ingkang wus pinajang adi | tilamira pangantèn lamun apanggya ||

55. nanging Sang Parta tan ana | wit wau sampun umijil | umarêk kang raka nata | Yudhisthira Sri Bupati | apan lagya apanggih | dinangu darunanipun | matur jarwa Sang Parta | miwiti praptèng mungkasi | lêlampahan duk ngupaya gajah seta ||

56. langkung ngungun sri narendra | piduwung cuwaning galih | pinupus karsaning dewa | wêkasan suka tan sipi | amung Sang Jodhipati | tan eca raosing kalbu | dadyaris angandika | hèh Parta ingsun mamêling | aywa sira miwiti akarya durta ||

57. andhêku Radyan Pamadya | dhuh kakang langkung kapundhi | dhawuh paduka mring amba | datan sinupe salami | ulun namung sadrêmi | umilir karsa sang prabu | piniji amomonga | marang putra sang sudèwi | kinèn mardi pinrih manuta ing karsa ||

58. pan ing mangke kalampahan [kalampa...]

--- 71 ---

Rêtna Kasimpar, Jayasuwignya, 1930, #171: Citra 71 dari 83

[...han] | dhaupira sang sudèwi | lan Kakang Prabu Ngastina | ulun labuhi ngupadi | sasrahan gajah putih | tambêl sinarayèng pupuh | panuju unggul yuda | antuk kang karya lêstari | kongsi mangkya tan lana karsaning dewa ||

59. gya mentar Sang Arya Parta | tan tumut bujanèng jawi | wangsul manjing dhatêng pura | wit mulat sang rêtna dèwi | wus mentar saking ngarsi | praptanira puri laju | marang gêdhong paesan | sang dyah tan ana alinggih | kewran ing tyas Sang Parta sajroning nala ||

60. nulya matak lêlimunan | marang dhatulaya manjing | nurut gandaning kusuma | wus panggya sang rêtna dèwi | amung lênggah pribadi | sarwi tumungkul kapiluh | dangu wau Sang Parta | datan nadmata sang dèwi | pan inganti wijiling pasambatira ||

61. ririh pasambat sang rêtna | adhuh bathara dewadi | samantên titah sangsara | awit cuwaning kang ati | pêgat sihirèng kapti | sinambadana sang ulun | ulun arsa apanggya | lawan ariningsun mangkin | woding nala kang manjing thêlênging netra ||

62. lamun datan kasambadan | luwung pulungên wak mami | kadya Sang Rêtna Kasimpar | datan kadawa rudatin | sang dyah marêbês mili | marawayan wêtuning luh | langkung wêlas tumingal | Sang Parta dupi umèksi | dadya badhar wus lênggah kaparèng wuntat ||

9. Pangkur

1. anguswa thi-athinira | sang rêtnayu kagyat nulya nolih |[52] wit damar rumamyang kurung | datan pati apadhang | nging tan samar sang rêtna dupi andulu | kalamun wau Sang Parta | kang lênggah anèng ing kering ||

2. sun sêngguh sira

--- 72 ---

Rêtna Kasimpar, Jayasuwignya, 1930, #171: Citra 72 dari 83

acidra | datan bisa ngulari unggyan mami | wit ngalih nèng jro kadhatun | aris muwus Sang Parta | nora watak Arjuna cidra ing wuwus | lan datan kewran ngupaya | marang kang sinêdyèng kapti ||

3. anyêthot wêntis sang rêtna | nora jamak sira tuhu wong sigit | prasêtya marang ing wuwus | ingsun pan wis pracaya | marang sira kasaguhanira tuhu | wus datan mêlang tyas ingwang | mung ywa lali awak mami ||

4. Sang Parta angaras sigra | nora lali ingsun marang dewati | pathi-pathining wong ayu | kalamun tuhu sira | maksih trêsna marang raganingsun iku | pusthinên sajroning nala | ucapna pêparab mami ||

5. sakala pan ingsun prapta | nora cuwa mring sira angladèni | mamrih carêming wulangun | mêngko sira sun rêksa | yèn sang nata arsa anêkani kayun | sira nyuwuna pratăndha | sihira nata mring kami ||

6. wit bisane antuk karya | gajah seta srati putri sing kami | iku yakti dadya sêmu | sasmita panyuwunta | sri narendra pangawak dirada pingul | sucia panggalihira | anut pamêrdining èstri ||

7. aywa darbe butarêpan | marang ingwang lamun marêka benjing | têtuwi usada wuyung | wus mangkono kewala | ingsun pamit mêdal manawa linuru | mring kakang mas Wrêkudara | nyumêlangkên marang mami ||

8. sang rêtna gita anyandhak | wêntisira Sang Parta dèn tindhihi | lawan wêntisnya sang ayu | sarwi aris

--- 73 ---

Rêtna Kasimpar, Jayasuwignya, 1930, #171: Citra 73 dari 83

ngandika | ora olèh ingsun sira arsa mêtu | tunggonana raganingwang | pyarsakna wangsulan aji ||

9. kadyaparan patrapira | sun antèni kewala anèng ngriki | yakti kawanguran ingsun | saiba dukanira | sri narendra tumêka ing awak ingsun | mèsêm nyêthot angandika | paran mau sira manjing ||

10. dene tan ana kang mulat | miwah ingsun mau datan udani | Sang Parta lêgêg tan muwus | anggung anguswa-nguswa | myang mêmêluk marang madyanya sang ayu | amidih kang payudara | kasêsêk uswa katitik ||

11. gumrêgêt suruh kalihnya | pan tinahan-tahan datan ngêndhani[53] | saya srêng adrênging kayun | anêmpuh byat Sang Parta | sang rêtnayu winawa manjing tilamrum | Sang Parta nêkani karsa | agulêt yudanya kalih ||

12. dangu pangulahing rana | antuk tandhing samya widagdèng jurit | kasok wau kalihipun | pyuh nèng asmara samya | angga lêsu marlupa kadya kinulup | ngalèlèh sakalihira | Sang Parta èngêt ing wadi ||

13. trangginas sang dyah binêkta | mring botrawi kalihira sêsuci | gya nata busananipun | mangun tasik sang rêtna | ukêlira tinata wus pulih wangsul | tan owah cacênthungira | wangsul lênggahira kalih ||

14. pan anggung cucup-cucupan | kalihira tan lilih akaronsih | samana wus lingsir dalu | Sang Nata Duryudana | ingaturan manjing tilaming kadhatun | ragi kawuron sang nata | samana duk arsa manjing ||[54]

--- 74 ---

Rêtna Kasimpar, Jayasuwignya, 1930, #171: Citra 74 dari 83

15. ing gêdhong gita Sang Parta | lêlimunan anilap kang pangagsi[55] | sang nata datan andulu | mrêpêki sang surêtna | manuhara wuwusira bêkur-bêkur | sang dyah gumêtêr ing angga | duk sang nata parêk linggih ||

16. lukar busana sang nata | linadenan Sang Rêtna Banowati | suka sang nata ing kalbu | ngartika jro wardaya | yèn sang rêtna parigêl ing tandang-tanduk | sawusira sami lukar | sang rêtna binopong manjing ||

17. marang jungut tilamira | sri narendra arsa nêkakkên kapti | sang rêtna anyêngkah gupuh | sarwi matur ngrêrêpa | dhuh pukulun nêbihna ingkang bêbêndu | dasih ta pan kumawawa | nyuwani karsa sang aji ||

18. mapan wanita kawula | nadyan kawal sayêkti tanpa polih | nanging jawata linuhung | anggung aparimarma | saciptane ing titah sadaya sinung | sinambadan pangèsthinya | marmanta amba ing nguni ||

19. nyuwun bêbana paduka | gajah seta lawan sarati putri | têgêse panyuwun ulun | dhatêng paduka nata | sri narendra pangawak kang gajah pingul | nênggih panggalih paduka | kang tulus suci sang aji ||

20. anut sarèhing wanita | sori nata nênggih amba puniki | marmanta kang amba suwun | paduka sri narendra | lamun amba darbe kadang angkat tuhu | wus prasêtya lawan amba | wus dangu praptèng samangkin ||

21. nênggih arinta Arjuna | kang wus labuh mring paduka narpati | miwah

--- 75 ---

Rêtna Kasimpar, Jayasuwignya, 1930, #171: Citra 75 dari 83

ta sakadang ulun | katri kang samya wanudya |[56] labuh pati duk dhinustha ditya prabu | pun Arjuna tawan gêsang | dènira sampun labuhi ||

22. marma wit mangkya sang nata | ulun nyuwun lilah paduka aji | panggalih paduka prabu | aywa darbe sujana | mring Pamadi kalawan dasih ta ulun | upami cipta anyata | wus lami dhaup lan mami ||

23. têmbene nagri Ngastina | yèn Pamadi nuju tuwi ing mami | lilanana nulya pangguh | marang jro dhatulaya | ywa rêringa paduka mring awak ulun | adarbea butajêngan | dhatêng amba lan Pamadi ||

24. makatên panyuwun amba | yèn wus sagah sang nata pan lastari | ulun suwita sang prabu | lamun tan nyagahana | sande mangkya kewala ngong mijil lalu | saking pura ing Mandraka | arsa ngalaya ing bumi ||

25. lan malih sadangunira | nèng Mandraka ulun pamit sang aji | dèrèng ngladosi sang prabu | mangun langên ing tilam | benjing lamun praptèng Ngastina satuhu | kawula sumanggèng karsa | pukulun aywa agipih ||

26. sang nata lêgêk miyarsa | nging tan bisa sawala kang prajangji | dadya asagah sang prabu | sadaya kang paminta | kinarilan sambadanirèng panuwun | lêga tyasira Sang Parta | samana dupi miyarsi ||

27. gya mijil saking jro pura | lêlimunan tan ana kang udani | kawuwusa sang aprabu | ajrih mêksa sang rêtna | wit wus jangji asagah panyuwunipun | salamine nèng Mandraka |

--- 76 ---

Rêtna Kasimpar, Jayasuwignya, 1930, #171: Citra 76 dari 83

sang prabu nahên gung kingkin ||

28. sinigêg ingkang nèng pura | ingkang samya kasukan anèng jawi | saratri samya anutug | prapta enjang sadaya | gya binangun bujana siyang sang prabu | lawan sagung wadyabala | tan ana kacuwan sami ||

29. kunêng kang anggung bujana | ing Mandraka kawuwus kang dityaji | Timbultaunan Sang Prabu | samana wus miyarsa | sirnanira kang wadya caraka diyu | krodha wau yaksadipa | budhal lumurug tumuli ||

30. kêrig sagung wadya yaksa | praptanira Tasikmadu nagari | wus sêpi praja asuwung | anglarug[57] mring Mandraka | anglacak Sang Arjuna sarayanipun | kang nirnakkên butanira | samana wus ngancik nagri ||

31. Mandraka ajarah rayah | langkung rusuh tandangira para wil | gègèr sagung tiyang dhusun | angungsi marang praja | kagyat mulat kya patih punggawa sagung | têtanya karananira | dènira samya angungsi ||

32. aturira sagung janma | lamun ana ripu prapta para wil | tan wilangan wadyanipun | saking Timbultaunan | angulari Arjuna sarayanipun | Tasikmadu Sri Narendra | prapta Mandraka puniki ||

33. gatgada Rêkyana Patya | Tuhayata nulya têngara aglis | gong bèri munya angungkung | gègèr sagunging wadya | gêgolongan ngumpul sami kancanipun | tinindhihan pra punggawa | para ratu nèng sitinggil ||

34. tan dangu praptaning ditya | panganjuring baris anulya manjing | ngalun-alun [ngalun-a...]

--- 77 ---

Rêtna Kasimpar, Jayasuwignya, 1930, #171: Citra 77 dari 83

[...lun] nulya ngamuk | nirbaya nirwikara | tandangira barubuh ditya prangipun | saksana pinapag yuda | sadaya samya mangusir ||

35. rame rok băndayudanya | tanpa taha dènira mèt pêpati | gumarêdêg wadya diyu | mèh angêbaki papan | samya miris wadya janma duk andulu | kasor kasêsêr kang yuda | pra punggawa apêpulih ||

36. awas mulat para nata | atêtulung sami mangsah ngajurit | Baladewa Sang Aprabu | kalawan Wrêkudara | lan Arjuna Sang Karna ngambul akiwul | samya ngudanakên sara | kèh ditya samya katitih ||

37. yudanira Wrêkudara | lawan Natèng Madura kang pinilih | ditya punggawa binujung | ingusir Alugora | Wrêkudara ngundha gada ngangsêg sampun | amapag pêpatih ditya | ginada sapisan mati ||

38. krodha mulat sang yaksendra | apêpulih pêjahira sang patih | panggih Baladewa Prabu | samya tanya-tinanya | wuwusira sang yaksendra makrura asru |[58] lah sapa sira umapag | yudaningsun ing ajurit ||

39. baya prênah apa sira | lan Arjuna satruningsun sayêkti | Baladewa asru muwus | ingsun kadange tuwa | lan Arjuna aywa tanya pilih mungsuh | Ratu Madura ragèngwang | tan kuciwa angladèni ||

40. tandhing samining narendra | krodha nêmpuh yaksadipa ambindi | oncat Baladewa Prabu | anyampluk Alugora | indha wau

--- 78 ---

Rêtna Kasimpar, Jayasuwignya, 1930, #171: Citra 78 dari 83

yaksadipa malês nêmpuh | nalorong musalanira | ingendhan Baladewaji ||

41. dangu dènira ayuda | para ditya samya asilih ukih | corok-cinorok ing pupuh | kèh mati katibanan | jêmparingnya Arjuna lan Karna Prabu | nipis atis alorodan | tan dangu sirna para wil ||

42. pantara ditya punggawa | ngantêp yuda gumrudug andêrpati | Wrêkudara mapag pupuh | gada kadya likasan | pan pinutêr munggèng asta kanan nêmpuh | singa kasrèmpèt ing gada | sirna tan ana ngudhili ||

43. Karna Parta datan mêndha | angudani jêmparingira kalih | kumutug lir jawah nêmpuh | sirna kang katibanan | tumpês tapis ditya sadaya alampus | mung kari sang yaksadipa | tasih sarosa ing jurit ||

44. tandhing lan natèng Madura | dangu-dangu kalenan sang yaksaji | kênèng Nanggala gumêbrug | tiba klumah nèng kisma | dhêlak-dhêlak kinèn amupuha gupuh | anging sang nata tan arsa | yaksendra pêjah tumuli ||

45. wus sirna kuwandanira | giris mulat sagung ditya lit-alit | bubar ngungsi samya larut | marang ing wanawasa | sêsingidan marang jurang parang trêjung | mriyangyang dadya siluman | kawuwusa ingkang kari ||

46. tinêtêg unduring yuda | kang wadyalit kinèn samya bucali | wangke sadaya linarung | marang tirta narmada | sasirnane sawa sigra sang aprabu | wangsul dènira bujana |

--- 79 ---

Rêtna Kasimpar, Jayasuwignya, 1930, #171: Citra 79 dari 83

lawan sagung wadya aji ||

47. wus tata palênggahira | mangun suka andrawina sadasih | kawuwusa dangunipun | dènira mangun suka | nèng Mandraka samadya căndra sang prabu | Suyudana Sri Narendra | pamit kondur Ngastinaji ||

48. arsa malih binawahan | kang pangantyan anèng Ngastina nagri | ngulêmi kang para ratu | sadaya ingaturan | mring Ngastina angarak ing lampahipun | jumurung natèng Mandraka | samana siyaga sami ||

49. Patih Sangkuni pinatah | ngrumiyini lampahira sang aji | wus budhal sawadyanipun | miwah sata Kurawa | kang sapalih kinèn samapta amêthuk | anata kang pamiwaha | myang kuwuning para aji ||

50. sapta ari antaranya | budhalira wau kang para aji | datan kawarna nèng ênu | praptèng nagri Ngastina | wus pinarnah pakuwonira pra ratu | mênuhi kang pasugata | tan ana kang nguciwangni[59] ||

51. kongsi prapta madya căndra | nèng Ngastina wau kang para aji | tan winarna rêngganipun | wau kang pinangantyan | pan wus atut Banowati Sang Rêtnayu | kalawan Sri Suyudana | pra ratu anulya pamit ||

52. jinurungan gya sapamapta |[60] nulya budhal sawadyanira aji | sowang-sowang lampahipun | tan ana kang kacrita | wus raharja ing marga myang prajanipun | Arjuna umiring raka | marang Ngamarta nagari ||

53. anggung anandhang asmara | ketang dènnya nutug apulanggati | lan rakanira Sang Ayu | Banowati tan beda |

--- 80 ---

Rêtna Kasimpar, Jayasuwignya, 1930, #171: Citra 80 dari 83

gung kalanglang mring ari Sang Parta dangu | pan anggung nandhang wiyoga | wau rajaputra-putri ||

54. kacarita duk samana | sabên căndra Sang Parta atêtuwi | marang Ngastina anamun | tan ana kang uninga | tan winarna solahira amangunkung | nêkani karsa kalihnya | kongsi rapih Banowati ||

55. nèng Ngastina wus ajênak | wit Sang Parta kang kêrêp anêkani | Suyudana datan wêruh | krana tandang sang rêtna | datan surut bêkti sungkêm patrapipun | sang rêtna darbe pidikan | anèng sajêroning puri ||

56. kalamun Sang Parta prapta | jumujuging anèng pidikan putri | tan ana janma lumêbu | sanadyan sri narendra | datan kenging tumingal salêbêtipun | kalamun Sang Parta têka | Sang Parta pamit sang aji ||

57. manungku anèng pidikan | aturira arsa muja samadi | nênuwun putra sang ayu | sang nata tan nglêgewa | wit tan nate tarakbrata sang aprabu | manungku anèng pidikan | anggung bujana sang aji ||

58. sampat ruwiyaning gita | kang manitra anyuwun pangagsami[61] | kang karsa mulat sadarum | carita paprênesan | mèt tuladha ala ayuning pra arum | sesa-sesa kang nupiksa | bêkjane[62] raga pribadi ||

59. kang arda manggih ardaya | kang rahayu yêkti ayu pinanggih | adiling dewa puniku | tan kêna sinasaban | lair batin samya waspada kadulu | Hyang Manon datan kalingan | sagung sasolahing janmi ||

10. Gambuh

1. kang gambuh murwèng tuduh | kèh wanudya kalulun ing kalbu | kênèng godha

--- 81 ---

Rêtna Kasimpar, Jayasuwignya, 1930, #171: Citra 81 dari 83

ardaning priya tan yukti | dadya wong candhala iku | katêmah praptaning layon ||

2. duk wau kang tinutur | putrinira Mandraka Sang Prabu | mung têtiga warna sami ayu luwih | kuncara mring liyanipun | linamar kang para katong ||

3. pambayun Sang Rêtnayu | Erawati nênggih têgêsipun | pan rasaning tirta marta kang utami | prabawa ngayêmi tuwuh | suci ing galih sang sinom ||

4. akèh kang para ratu | kang anglamar lan kang dhusthèng laku | nging sang rêtna ing galih datan kagimir | ciptanira mung mituhu | mring ibu rama sang katong ||

5. anut sapangrèhipun | wit pracaya sihing rama ibu | sadhawuhe sayêkti dipun lampahi | kanthi susêtyaning kalbu | satêmah dhaup sang sinom ||

6. antuk ratu pinunjul | Sri Madura kêkasih dewagung | panuksmaning Sang Hyang Basuki linuwih | mangkana duk dhaupipun | mawa sasrahan kinaot ||

7. para dewa kang angsung | sèn-isèning kaendran kang mudhun | ingestrenan widadara-widadari | lastari saturunipun | jumênêng Madura Katong ||

8. kadwinira winuwus | Surtikanthi nênggih artinipun | tyasnya sang dyah salami gung ngati-ati | tarlèn patitis ing laku | duk pinacang maha katong ||

9. Suyudana Sang Prabu | datan sarju wit wikan satuhu | yèn sang nata panggalih datan utami | parimarmaning dewagung | Suryaputra kang kinaot ||

10. tinuntun driyanipun | nulya mulat kalangkung kayungyun | karo sami pratignya têkèng mêkasi |

--- 82 ---

Rêtna Kasimpar, Jayasuwignya, 1930, #171: Citra 82 dari 83

têmah dhaupirèng dangu | kaidèn jawata karo ||

11. Suryaputra linuhung | satriyadi sakti sudibyanung | trahing dewa panggalihira utami | gya mukti saturun-turun | makatên èsthi sang sinom ||

12. upama duk ing dangu | tinampanan mring Pamadi iku | yêkti sêtya marang priya angandhêmi | nging Pamadi atumambuh | kalangkung merang sang sinom ||

13. sêriking galihipun | mung angèsthi antuk priya agung | kang atimbang lawan Pamadi ing warni | tinêkan dening dewagung | tan siwah warna sang anom ||

14. kaping tri kang winuwus | Banowati têgêse kang têmbung | lir baita momot saliring pakarti | tan kuciwa warnanipun | tangkêp amot tyas angêmong ||

15. bangkit anuju kayun | marma ingkang ingarah kayungyun | Sang Arjuna satriya wasis mumpuni | kawawa anyêgah kayun | parandene mêksa kasor ||

16. bêkjane maksih emut | angandhêmi pacangane dangu | mung anggaro Banowati kang alamis | jinurung pangèsthinipun | angrangkêp priya kalangon ||

17. saking sihing dewagung | pan tinêkan saèsthining kayun | sabubaring bratayuda Banowati | binoyong Arjuna sampun | putranira tumpês karo ||

18. wêkasan sedanipun | sinambêlèh lir sato satuhu | dening Arya Aswatama lampah juti | duk arsa anyidrèng laku | anumpês Pandhawa katong [ka...]

--- 83 ---

Rêtna Kasimpar, Jayasuwignya, 1930, #171: Citra 83 dari 83

[...tong] ||

19. Parikêsit duk wau | maksih jabang pan kêna babêndu | amatèni pandung têtiga linuwih | Swatama Kartamarmèku | Karpa Pandhita kinaot ||

20. pêjahira tatêlu | sing jêmparing liru tandukipun | ingayoman Bathara Krêsna kang uning | ingêsotkên katrinipun | dadi sato luwih asor ||

21. mangkana labuhipun | kang wanita tan sêtya ing kakung | Banowati langkung ingugung sakapti | suka-suka among lulut | lan Arjuna krama mangro ||

22. têmah nistha pinangguh | siya-siya sedane sang ayu | marma iku wawasên sajroning galih | bêcik anulat ing laku | kang tulus praptaning êndon ||

23. titi wêwarah emut | amarsudi ayuning tumuwuh | aywa ngugung marang sukane pribadi | kalamun tan awas emut | satêmah patine awon ||

24. lir Banowati iku | putrèng nata kayoman satuhu | satriyadi widigdaya sura sêkti | parandene nampi kukum | labêt panggalih kang asor ||

[Tanda tangan Jayasuwignya].

 


Lebih satu suku kata: Prabu Jayapitana. (kembali)
natèng. (kembali)
Lebih satu suku kata: paman Arya Gandara. (kembali)
wasis. (kembali)
Lebih satu suku kata: mumpuni salwir guna. (kembali)
pangaksi. (kembali)
antariksa. (kembali)
rukmi. (kembali)
Lebih satu suku kata: kancana rênggèng pura. (kembali)
10 ta. (kembali)
11 Lebih satu suku kata. (kembali)
12 Lebih satu suku kata: pating blêkèr swaranya. (kembali)
13 Kurang satu suku kata: andon sih-sinisihan. (kembali)
14 Kurang satu suku kata: nanduki grananira. (kembali)
15 taksaka (dan di tempat lain). (kembali)
16 Kurang satu suku kata: lan taksaka agung kang èstri. (kembali)
17 Kurang satu suku kata: ingsun dahat lupa saking sru angêlih. (kembali)
18 widadari-widadara. (kembali)
19 Kurang dua suku kata: gya angawe marang Sang Pandhusiwi. (kembali)
20 Kurang satu suku kata: gung ngrêrêpa nyuwun aksamaning tanduk. (kembali)
21 Kurang dua suku kata: nugrahaning Hyang Wisesa mring sirèku. (kembali)
22 Kurang satu suku kata: panambramanira sang narapati. (kembali)
23 Kurang satu suku kata: dahat jrih angrêrêpa. (kembali)
24 Kasimpar. (kembali)
25 mukti. (kembali)
26 Lebih satu suku kata: gung sangsaya kingkin. (kembali)
27 Lebih satu suku kata: ing karsa satuhu. (kembali)
28 nênggih. (kembali)
29 Kurang satu suku kata: paring bêbananing. (kembali)
30 Lebih tiga suku kata: dyan putra lan putri. (kembali)
31 Kurang satu suku kata: saliyane paduka akrami. (kembali)
32 anaksèni. (kembali)
33 Manon. (kembali)
34 Kurang satu suku kata: kang mangungsir sari puspitane. (kembali)
35 Kurang satu suku kata: baya yayi karsa sun ladèni. (kembali)
36 Kurang satu suku kata: dulang sang abagus. (kembali)
37 jro. (kembali)
38 Kurang satu suku kata: pan sadalu muput akaronsih. (kembali)
39 Lebih satu suku kata: pa dinuta bakyunta. (kembali)
40 Lebih satu suku kata. (kembali)
41 Lebih satu suku kata. (kembali)
42 Kurang satu suku kata: arsa dhinaupêna. (kembali)
43 Kurang satu suku kata: lawan kakaji Mandura. (kembali)
44 Lebih satu suku kata: dhuh kangbok marmanira. (kembali)
45 Lebih satu suku kata: nglêntrih kadya antaka. (kembali)
46 Kurang satu suku kata: kongsi sapta arinira. (kembali)
47 Lebih satu suku kata: gajah ngoling gubahan. (kembali)
48 Lebih satu suku kata: sagung èstri jro pura. (kembali)
49 rukma. (kembali)
50 sabda. (kembali)
51 Lebih satu suku kata: miwah pra sori nata. (kembali)
52 Kurang satu suku kata: sang rêtnayu kagyat nulya anolih. (kembali)
53 ngêndhoni. (kembali)
54 Teks asli: tertulis halaman 764, semestinya halaman 74. (kembali)
55 pangaksi. (kembali)
56 Lebih satu suku kata: katri samya wanudya. (kembali)
57 anglurug. (kembali)
58 Lebih satu suku kata: wuwusira sang yaksendra makrura sru. (kembali)
59 nguciwani. (kembali)
60 Lebih satu suku kata: jinurungan gya samapta. (kembali)
61 pangaksami. (kembali)
62 bêgjane ( dan di tempat lain ). (kembali)