Pustakaraja Purwa, Angabèi IV, c. 1900, #1320

JudulCitra
Terakhir diubah: 05-10-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Sêrat Pêthikan Pustakarajapurwa[1]

1. Dhandhanggula

1. manising kintaka manulad ring | ruwiyanirèng pustakaraja | prajèng Wiratha jamane | Sri Basupati Prabu | kang kasumbung narendra luwih | konang dining kanang rat | kadarmanta nulus | lastari saparibawa | mrabawani ing jagad tanpa sêsiring | tyas santa martotama ||

2. tuman tumanêm ring darmastuti | titikaning narpati sudibya | ngungkuli samèng pamase | nahan ta sang aprabu | sada kalanira ing nguni | jroning supanu warsa | surya sangkalantuk | pănca tus sadasa juga | ratu tunggal panata têngraning warsi |[2] etang taun candrama ||

3. pănca tus nêmlikur tinêngraning | rarasing kang panêmbah tinata |[3] tanggaping warsa wimbane | masa kartikanipun | kacarita Sri Basupati | sawusira bubaran | rajawedhanipun | arsa wrin kabyaktanira | pangwasaning lisah pranawa ing nguni | kasipatkên ning netra ||

4. myang tinètèskên ing karna kalih | samantara wontên kang kawuryan | taman langkung sri rarase | madyaning udyanèku | kèksi wontên kang prasa dadi | catur wisma kênaka | lajêng sang aprabu | têdhak mring taman punika | sakamantyan kacaryan dera mangaksi | sèn-isène

--- 232 ---

mawarna ||

5. sangkêp sanggyaning warna di-adi | sarwa pèni rêngganing wisma mas | dahat karyeram rakite | nulyana janma jalu | pêkik prapta angancarani | matur saha tur sêmbah | nguncupkên astèku | ingarasakên ing grana | têmbungnyaris suwawi kakang narpati | paduka ingandikan ||

6. ing kakanta kakang prabu kalih | Sri Basupati kagyat jroning tyas | mulat kang prapta tanduke | dènnya nyèthi puniku | saha sêmbah nguncupkên jari | tiniyupkên ing grana | tan pinundhi ngêmbun | kadya tataning pra dewa | sarta dènnya saraba têmbung nimbali | nanging winêngku ing tyas ||

7. ing wêkasan sang nata nuruti | kerit praptaning made kênaka | prabu prastawèng tingale | kalamun wontên ratu | jajar lênggah jalu lan èstri | nèng amparan sêsotya | siniwakèng wadu | lawan wontên ingkang lênggah | nèng amparan malih sakawan kèhnèki | ngapit kang pindha nata ||

8. dupi parêk Sang Sri Basupati | sinambrama ingancaran lênggah | ing dhampar rêtna dêlinge | narendra ingkang jalu | marang ingkang lênggah angapit | lah kayangapa suka | bungahe atimu | kabagyan katêmu sira |

--- 233 ---

kadangira kang pancêr ingkang sinung ling | nêmbah nguncupkên asta ||

9. ingarasakên nasika sami | ratu jalu malih angandika | marang kang sumiwi kabèh | kang tarap anèng ngayun | sira apa ya padha sami | arsayèng driyanira | katêmu puniku | lan kadangira kang nyata | mêtu barêng sadina lawan sirèki | kang sinojaran nêmbah ||

10. angudhupakên tangane sami | kapundhi anèng ing embunira | nata priya nambramage | mring Wiratha Sang Prabu | sira padha rahayu yayi | anèng kene praptanta | Basupati Prabu | kawêkèn wangsulanira | arsa tanpa krama pakewuh manawi | sinaru basanira ||

11. têmah manthuk kewala sang aji | narendra priya tan kasamaran | yèn pakèwêt panggalihe | kang rayi sang aprabu | dyan ngandika ing têmbung manis | mèt kramanuhara |[4] dhuh kalinganipun | yayi prabu dèrèng wikan | lamun darbe kadang kadi kula ugi | kang botên karawatan ||

12. gih punika ingkang mijil saking | marga ina sakawan kèhira | ingkang botên mêdal mangke | saking marga inèku | pan kêkalih kathahirèki |

--- 234 ---

wangsulannya sang nata | walèh yèn dèrèng wruh | ratu jalu malih nabda | ingkang măngka witipun kula udani | jatining kadadosan ||

13. pan mangkatên nalikane nguni | ibu garbini duk lèking măngsa | ambabada ing raose | êmar sariranipun | lan kumêsar ingkang panggalih | têmah ngwontênkên kula | kalihan puniku | rakanta ratu wanodya | pan kasêbut ing wasta kula marmarti | wêdal kula ing jaja ||

14. sarêng dungkap wating jabang bayi | wontên malih kang ngruhuni mêdal | saking ing marga inane | dèn wastani puniku | pan kêkawah dadose singgih | rakandika punika | kang awarni pingul | tan pantara wêdalira | kang bêbayi saking marga ina malih | dumados yayi nata ||

15. nuntên kasundhul wêdalirèki | ari-ari dadose arinta | kang sipat jênar warnane | tan antara kasundhul | wijiling rah punika dadi | rinta kang sipat rêta | sarêng praptanipun | pupak pusêr dadosira | gih arinta kang sipat cêmêng puniki | lente kanang punika ||

16. ingkang sampun kacaritèng ngarsi | wontên malih kadang kang

--- 235 ---

winastan | lair sarêng sadinane | inggih pantaranipun | yayi nata kang sarêng mijil | botên namung manungsa | kewala puniku | sanadyan yoganing dewa | danawa lan sato paksi buron warih | tuwin băngsa siluman ||

17. punika sami kasêbut yayi | dados warga lamun pinêtria | sakèh kadang ta yêktine | ambaurêksa tuhu | inggih dhatêng ari narpati | mênggah pamêtrinira | saking ta puniku | rêsikan kêrêp dêdupa | madu pala mênyan ratus wangi-wangi | langkung malih prayoga ||

18. asring-asring dipun sidêkahi | de mêmulenipun yayi nata | dhumatêng ing sadhèrèke | ingkang botên puniku | mêdal saking marga inèki | sêkul golong kalawan | pêcêl ayamipun | ulam sato paksi lawan | ulam toya jêjanganan warni-warni | mawi sêkar rab-urab ||

19. campur bawur pisang agung tuwin | sêdhah wohan ayu lawan lisah | wangi myang sundhul-langite | sarta santên lan juruh | winadhahan dados satunggil | kanthi tape myang opak- | angin tindhihipun | timah sataksawe ika |

--- 236 ---

de mêmulenipun sadhèrèk kang mijil | saking ing marga ina ||

20. sêkul golong gangsal kèhirèki | winadhahan ingkang takir ponthang | dene ulam-ulamane | ulam sagantênipun | ulam rawa ulam banawi | mawi winehan gantal | kalih supitipun | winungkus dadya satunggal | tinumpangkên saluhuring ponthang dadi | etang saponthangira ||

21. anyawungkus mawi sêkar kanthil | gangsal jodho ing saponthangira | katumpangan sajodhone | dene têtindhihipun | timah-sawe ping gangsal ugi | tinumpangkên ing ponthang | gangsal petangipun | dadose anyawe sewang | pamulène sadhèrèk kang sami lair | sarêng sadintên ika ||

22. uwos kêtan liniwêt ing kêndhil | kinêpangakên sakêndhilira | akanthi sêkul golonge | jangane mênir jagung | pêcêl pitik kalawan malih | awasta sêkul mênggah | inggih ta puniku | kang dipun êdang wosira | pantun slamêt mawi sajèn sêkar kanthil | lawan sêkar kênanga ||

23. timah sataksawe kang têtindhih | kang ngêpang para cantrik [ca...]

--- 237 ---

[...ntrik] kewala | mawia bawa swarane | asêsanti puniku | pan mangkatên kang mantrastuti | hong mangarcanamaswa | ha sang hyang mahayu | hayu hayu hayunira | surak hayu dhuh puniku yayi aji | manawi kalaksanan ||

24. ing pamulènipun wau yêkti | saèstonipun sami rumêksa | tan pêgat siyang ratrine | nanging sajatosipun | ing pamule wau ta yayi | mung manjing kautaman | ing satuhonipun | tan susah mawi sarana | kinamulèn anggêr dipun awas eling | kewala wus prayoga ||

25. dene utamènipun sayêkti | sampun ngantos kêndhat ing panyambat | maring para sadhèrèke | rikala dhahar ngunjuk | yèn alênggah sarta lumaris | lamun wontên gatinya | manggih alang ewuh | wah malih yèn nambut karya | sampun lupa prayogi sinambat sami | namung yèn arsa nendra ||

26. sampun sinêja ingajak guling | kinèn ambaurêksa kewala | mangkatên ing panyambate | marmarti kadang ingsun | kakang kawah dhi ari-ari | gêtih lan pusêr ika | kadang ingsun catur |

--- 238 ---

kalima pancêr kang nora | kasat mata kang boya kawratan sami | kadang ingsun kang padha ||

27. lair saking marga ina sami | lan kang tan mêtu ing marga ina | kadang ingsun sakabèhe | kang lair barêng iku | lawan ingsun padha saari | ramanta anèng ngarsa | ibunta nèng pungkur | payo anadhah lan ingwang | pan mangkatên upamine yayi aji | têmbungirèng panyambat ||

28. sampun supe ing ari myang ratri | yèn dhahar ngunjuk lênggah lumampah | namung inggih lamun sare | kinèn baurêksèku | sariranta sagarwa siwi | kadang waduwandawa | rajatadinipun | wêwêngkon sèsining pura | yèn amanggih karya lan anambut kardi | pinardi ngrencangana ||

29. yèn bucal saliring kalesa sami |[5] sinambata kinèn nampurnakna | dadya sukci nirmalane | namung wêkasanipun | yèn ing têmbe tumêkèng janji | sadhèrèk wau samya | ruwatên sadarum | kang supadi sampun dadya | pangrubeda ru-biru bekaning pati | praptanira dêlahan ||

30. pangruwatipun ciniptèng batin | sun angruwat kadangipun papat | kalima lawan pancêre | ingkang padha dumunung | anèng badan ingsun pribadi |

--- 239 ---

marmarti kakang kawah | adhi ri-ariku | gêtih pusêr kadang ingwang | ingkang padha nora katon lawan malih | kang nora karawatan ||

31. kadang ingsun ingkang sami mijil | saka ing marga ina kalawan | tan mêtu marga inane | lawan saduluripun | ingkang lair barêng saari | kabèh padha sun ruwat | sampurnaa iku | nir ing mala waluyaa | ing kaanan jatine pangwasa mami | têlas pituturira ||

32. raja jalu wangsulannya Sang Sri | Basupati langkung sukanira | ayun ngèstokkên saliring | kang sinojarkên wau | sarta lajêng tanya sang aji | karantêne punapa | de beda puniku | ing ngriki pangarcanannya | warni-warni kang rama mangsuli aris | yèn ing ngriki punika ||

33. panêmbahipun pangkat kêkalih | bilih panêmbahirèng kawula | dhatêng ing gusti patrape | anguncupkên astèku | dyan pinundhi ngêmbunerèki | sungkêmnya ngèstupada | dene sêmbahipun | ing anom dhatêng ing tuwa | anguncupkên asta ingaraskên nênggih |

--- 240 ---

dhatêng pucuking grana ||

34. sungkêmipun nguswa jêngku yayi | Prabu Basupati duk miyarsa | lêga karênan driyane | saksana pamit kondur | sapraptaning pura sang aji | kacarita samana | linakon puniku | wêlinge raka sadaya | sawatawis wulan sang sri narapati | undhanging wadyanira ||

35. nata pangkat panêmbahing dasih | sakulawarga ngirib wulangnya | ingkang raka sadayane | kang wus kawahyèng dangu | kawimbuhan ing pamrayogi | pra nata nêkêm karna | sarta jajanipun | kurmatirèng janma wrêda | mring taruna kang luhur pangkatirèki | dhêku anêkêm karna ||

36. kurmating guru mring sabatnèki | kang băngsa luhur anêkêm jaja | nalika kalumrahane | undhangira sang prabu | amarêngi măngsa manggasri | maksih salêbêtira | ing warsa supanu | wus kabyawara warata | tatakramaning panêmbah silastuti | kontap ing liyan praja ||

37. dadya têtuladan praptèng mangkin | yèku ing purwane anèng tata- | krama cara panêmbahe | pangkat andhap lan dhuwur | beda-beda

--- 241 ---

sêmbahe sami | myang pangabêktènira | ana ngaras jêngku | wênèh nguswa dalamakan | linaluri kawicaksananing aji | Basupati Wiratha ||

 


Judul berdasarkan pada daftar isi. (kembali)
Tanggal: ratu tunggal panata (511 taun surya). (kembali)
Tanggal: rarasing kang panêmbah tinata (526 taun căndra). (kembali)
Kurang satu suku kata: mèt krama manuhara. (kembali)
Lebih satu suku kata: yèn bucal salir kalesa sami. (kembali)