Yudayana, Sastra Utama, 1912, #1615 (Pupuh 26–38)

Judul
Sambungan
1. Yudayana, Sastra Utama, 1912, #1615 (Pupuh 01–15). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
2. Yudayana, Sastra Utama, 1912, #1615 (Pupuh 16–25). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
3. Yudayana, Sastra Utama, 1912, #1615 (Pupuh 26–38). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
Citra
Terakhir diubah: 12-03-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

26. Dhandhanggula

1. awit rukmi iku wus tan dadi | sangsayanta dumunung nèng sira | kang măngka usada gêdhe | marang janma sadarum | kang koncatan sandhang lan bukti | pun Tantrandhêku nêmbah | tan watawis dangu | matur mring jêng sri narendra | dhuh pukulun jêng dewaji amba mugi | pun Tantra kalilana ||

2. matur yêktosira kang pêpasthin | mênggah dhawuh paduka punika | kasinggihan sadayane | samêndhang tan kalintu | mung raosing tyas amba gusti | jêne kang kathahira | samantên saèstu | dede amba kang sinungan | mring jawata dene sayêktinirèki | paduka kang kagungan ||

--- 131 ---

3. pinaringan mring dewa linuwih | mila makatên karananira | pêpindhan kanyataane | kados ta kala ulun | taksih wontên ing wisma nganti | dumugi ing ngarsendra | kang kawula kukus | ngantos binêkta wisata | dede rukmi namung tuhu sela langking | amba tan darbe cipta ||

4. lamun sela badhe dados rukmi | saèstunya taksih warni sela | nadyan amba puja kinèn | dadya kêncana tatur | yêkti andupara ywan dadi | sarêng nèng ngarsa tuwan | sela kang kinukus | dumadak dadya kêncana | mila têtêp jêng paduka andarbèni | karana saking sabda ||

5. tuwan nulya sela dadya rukmi | bilih pakarti amba mung sela | mila amba dahat jrihe | ywan wantuna andhaku | kanang rukmi punika gusti | bokmanawi kawula | mring dewantuk siku | tan wande ngaping dwi papa | têlas turnya pun Tantra sri narapati | miwah para punggawa ||

6. langkung ngungun miyarsa turnèki | dangu-dangu ciptanya sang nata | yun kakeras saking dene | lunturing sih sang prabu | mring pun Tantra alon derangling | hèh Tăntra têka dahat | bênêr turirèku | satuhune dhasar iya | dhasar ingsun mêsthi darbe rukmi iki | anadene sêdyanta ||

7. saka wisma arsa minta bukti | marang ingwang kang sayêktinira | sun paringi panuwune | malah mangko

--- 132 ---

sira sun | angkat dadi bêbuyutnèki | ing Cibaragung desa | sira ingsun tuduh | mêngkonana wong karaman- | nirèng desa Cibaragung kabèh iki | arana buyut Tantra ||

8. sarta sira mangko sun paringi | rupa êmas saklapa agungnya | măngka pawitanta gone | dadi buyut Cibragung | lawan siranggoa beyaning | angarjakake desa | dèn bisa amêngku | marang karèrèhanira | kang supadya mring sira mituhu asih | sumungku pakonira ||

9. bisa amèt tyase rowangnèki | piniluta ing pangupa boga | supadya tulus asihe | hèh Tantra wruhanamu | kyèhning titahing dewa iki | lamun wus kasamaptan | sandhang buktinipun | sayêkti tan ana ingkang | nêdya alêleda sabarang pakarti | marma sira dèn bisa ||

10. amarsudi mrih widadanèki | saniskara kang supadi dadya | panuntuning krahayone | têlas sabda sang prabu | Buyut Tantra matur wotsari | langkung bingah ing driya | duk samana sampun | kalilan bidhal mring desa | Cibaragung ngêbrêgi tilasirèki | papaning buyut lama ||

11. nata saha bala bidhal malih | nêdya kondur mring praja Ngastina | tan rinuwi laksitane | rawuh ing praja dalu | nata laju tumamèng puri | mung sang arya kadwinya | pêpanggihan sampun [sa...]

--- 133 ---

[...mpun] | lan Patih Sutiksna miwah | Arya Prabu Sudarsana lan wadya ji | kang samya têtuguran ||

12. anèng păncaniti nulya sami | wartos-winartos liring laksita | purwa praptèng wasanane | kang myarsa samya ngungun | sarta sokur mring dewa luwih | wusnya mangkana nulya | bibaran sadarum | samya mantuk sowang-sowang | tan rinuwi antawising laminèki | samana santun warsa ||

13. jroning warsa iwa amarêngi | măngsa sitra surya sangkalanya | sapta tus nawa dasane | nênêm langkunganipun | candrasangkalanya winilis | astha tus lan dwi dasa | mangkana winuwus | garwanya Sri Gêndrayana | Dèwi Padmawati mangkya babar mijil | wanita langkung endah ||

14. mangkya pinaringan nama Dèwi | Yuniyuta yayah rena dahat | asih marma mring putrine | duk samana sang prabu | andhatêngkên suka lan kyèhning | wadya ji cinarita | lamanya gyanipun | suka-suka endrawina |[1] kawan dasa dintên kawan dasa ratri | duk samana kang eyang ||

15. Prabu Gandaprawa myang Sang Rêsi | Sidhakara kapinujon sowan | duk catur dasa arine | bibar kasukanipun | ingkang eyang kadwi gya pamit | mantuk sampun linilan | nulya bidhal kondur | sêsarêngan angkatira | lampahira kêkalih [kê...]

--- 134 ---

[...kalih] datan winarni | sigêg prajèng Ngastina ||

16. gantya kawuwusa duk ing nguni | kumaranya Prabu Drawilaka | sumawana kumarane | kang rayi bujangga gung | Arya Ardhawalika taksih | anêdya malês mring Sang | Gêndrayana Prabu | mangkya sang kumara dwinya | pirêmbagan derarsa ngupaya margi | anandukkên panyidra ||

17. dhatêng praja ing Ngastina malih | duk samana wontên kadwi ditya | kang pêjah prang lajêng dhèrèk | mrênyanyang dadya silum | nama ditya Triwanda dening | satunggalira nama | Wandani puniku | kala taksih sami arja | wontên praja Nungsa Kambana ditya dwi | măngka pruwitanira ||

18. wadya yêksa kawignyan salwiring | agal alus amancala warna | tur ngiras măngka êmbane | Sri Drawilaka Prabu | siyang ratri tansah kinathik | mangkya yaksa kadwinya | kang samya tinantun | kang dadya dayaning tingkah | dera arsa nyidra mring Ngastina malih | ture ditya Triwanda ||

19. mrayogèkkên mlampah ganti-ganti | pamrihira bokmanawi prapta | apêsing sarira têmbe | wontên ingkang kêkiwul | bilih sagêd unggul ing jurit | tan kadangon ing lampah | de sarananipun | prayoginya ari nata | Arya Ardhawalika santuna warni | turăngga kang prayoga ||

20. ditya Triwanda [Tri...]

--- 135 ---

[...wanda] amalih warni | nangkodenggal saking tanah sabrang | sarta sêngadia badhe | tur kuda mring Sang Prabu | Gêndrayana dene manawi | sagêd katampèn mangkya | gampil tandukipun | mila mangkana karana | wil Triwanda amiyarsa kang pawarti | mangkya Sri Gêndrayana ||

21. lagya rêna turăngga kang saking | sabrang mila masang kaladesa | mrih tumanduk panyidrane | kala samana Prabu | Drawilaka myang ingkang rayi | Arya Ardhawalika | samya sukèng kayun | saksana gya linaksanan | sanalika sang arya wus malih warni | kuda gêng kang ulêsnya ||

22. dhawuk tutul jangkêp panitiking | katuranggan de ditya Triwanda | mimba nangkoda warnine | tinon kadya satuhu | saking sabrang kang lagya prapti | miwah sêsilih nama | Sadhana ranipun | wusnya mangkana gya bidhal | nuntun kuda dene ditya pun Wandani | lan Prabu Drawilaka ||

23. taksih kantun wontên kahyanganing | parayangan ing kana lampahnya | sang mancala warni dwine | dupi cêlak praja gung | nulya kèndêl kasaput ratri | wontên madyaning wana | Sang Triwanda diyu | ambudi pangrekadaya | amrih sampun kawistara kanang sandi | sang nangkoda Sadhana ||

24. sigra anyêpêng sato wanadri | ingkang galak kathahnya sadasa | mong warak gajah lan banthèng | nulya

--- 136 ---

pinuja gupuh | datan dangu wus malih warni | kabèh dadya manusa | măngka rowangipun | sinigêg laksitanira | kang anamur gantya kawuwusa mangkin | radyagêng ing Ngastina ||

25. nuju ratri malêm Kêmis Manis | Arya Prabu Sudarsana lagya | nganglang jroning pura ijèn | duk wanci bangun esuk | ngajêngakên wijiling rawi | Sang Arya Sudarsana | kapinujon langkung | ngajênging sanggar langgatan | lah ing kana kagyat amiyarsa tangis | sang arya wus acipta ||

26. ingkang karuna punika yêkti | arca kadadosanirèng tosan | Srikandhi nguni milane | angintên kang kadyèku | suwaraning karuna sami | lir duk mangsit ing kina | mangkya Arya Prabu | Sudarsana sigra marak | amêrpêki unggyaning arca kang nangis | dupi wus cêlak nulya ||

27. punang arca nguwuh wanti-wanti | kaya mangkana panguwuhira | babo marêka dèn age | marang ing ngarsaningsun | iya ingsun arca kang mangsit | mring sira duk ing kuna | sang nararya gupuh | marêk ngarsaning gupala | sarwindhêku mangkana dènira angling | dhuh dhuh pêpundhèn ingwang ||

28. kang satuhu măngka sêsulihing | jawata kang asung parimarma | paran kang dadya gatine | dene nguwuh maring sun | baya ana karya kang gati | mara age wêdharna | sang arca sumaur | dhuh dhuh arining

--- 137 ---

sri nata | ingkang dadya kêkasihing dewa yêkti | mangkene marmanira ||

29. sira ingsun uwuh wanti-wanti | ingsun arsa pitutur mring sira | kawruhana satuhune | ing dina besuk esuk | bakal ana mungsuh kang prapti | yun nyidra kakangira | praptane anamur | arupa nangkoda sabrang | sêngadine tur atur rakanirèki | ran nangkoda Sadhana ||

30. sajatine nangkoda puniki | kumaraning ditya sêkti ditya | ing nguni dadya êmbane | Sang Drawilaka Prabu | de bature janma sadèsi | iku sayêktinira | dudu wong satuhu | nanging kabèh sato wana | ingkang galak pinuju dadi sujanmi | dene kang rupa kuda ||

31. iku sajatine rinirèki | Prabu Drawilaka bujoga ran | Arya Ardhawalikane | kabèh iku ing besuk | padhanjujug ing păncaniti | sira dipun prayitna | nanging wêkas ingsun | sira babo dipun sabar | bokmanawa têmah dadya tan prayogi | mung antinên manawa ||

32. wus kanyatan kewala dèn aglis | nuli sira kêbat umangsaha | dadi katarima têmbe | barang karyanirèku | lawan sira aywa wêwarti | mring liyan poma-poma | wruhanira kulup | prayogane wong ngawula | iku bêcik dhèrèka karsaning gusti | ya[2] andhingini

--- 138 ---

karsa ||

33. wong kang nêdya dhèrèk karsèng gusti | iku adoh ing sêsikunira | lah uwis pan amung kuwe | kang dadi wêkas ingsun | poma sira èstokna kaki | lan sun ididèni sira |[3] mugantuk rahayu | kaki gonira rumêksa | mring rakanta ywa nganti antuk bilai | lah ing kana sang arya ||

34. Prabu Sudarsana sukèng galih | sarta nêdya tinut satuduhnya | duk samana lèngsèr age | praptèng jawi byar esuk | laju kondur sêdyanirèki | busana dènirarsa | nangkil mring sang prabu | ya ta mangkya kawuwusa | duk ing ari Rêspati Manis wancènjing | Sang Prabu Gêndrayana ||

35. miyos siniwakèng păncaniti | Patih Sutiksna myang ari nata | tuwin pra punggawa andhèr | samya nangkil supênuh | datan ewah lir sabênnèki | tan dangu sri narendra | anulya dhêdhawuh | mring Patih Arya Sutiksna | ywan samangkya karsanya jêng sri bopati | Juragan Karma mangkya ||

36. winisudha mangrèhkên sakyèhning | pra nangkoda sapraja Ngastina | yèka măngka wadanane | pra juragan sadarum | awit arsa ingangkat dadi | punggawa datan arsa | milanira amung | kalilan mangrèh nangkoda | miwah klilan tumamèng ing păncaniti | ing dintên pasewakan ||

37. kang

--- 139 ---

sinung sih sandika turnèki | sawusira mangkana anulya | juragan angunjukake | kanang barana agung | gurubakal myang gurudadi | măngka bêbuktènira | katur mring sang prabu | sri nata kalangkung suka | lajêng pinaringkên mring Sutiksna Patih | pinrih bagi warata ||

38. samana Juragan Karma nuli | ginanjar mring jêng sri naranata | curiga myang wusanane |[4] calimprit miwah duduk | dhawuhira Gêndrayana Ji | ywan gêgramèn mring sabrang | dêdamêl sadarum | pêparingnya sri narendra | binêktaa dadosa kaprabonnèki | minăngka tandhanira ||

39. ywan ingabdèkkên jêng sri bopati | kang sinung sih matur nuhun sarya | sumêmbah ngèstupadane | duk samana kasaru | katupiksa saking sitinggil | ywan soring wringin kêmbar | wontên kang kadulu | nangkoda sing sabrang prapta | sri narendra dhawuh kinèn animbali | kerid mring ngarsa nata ||

40. sarencangnya miwah kang turanggi | gya dinangu nama lan pinăngka | miwah kang dadya sêdyane | kang prapta aturipun | amba saking tanah ing Kêling | ran nangkoda Sadhana | dene milanipun | amba nguyu-uyu prapta | mring ngarsendra karana miyarsa warti | saking para nangkoda ||

41. ingkang dhatêng saking tanah Jawi | ywan samangkya Prabu Gêndrayana [Gêndra...]

--- 140 ---

[...yana] | pinuju angrêsakake | milala kuda agung | saking sabrang wijilirèki | milamba wau nêdya | ngèstupada prabu | miwah tur-atur turăngga | mung sajuga kawula kintên prayogi | kagêm titihan nata ||

42. Prabu Gêndrayana duk miyarsi | dahat suka punang kuda nulya | kinèn bêkta mring ngarsane | lah ing kana sang prabu | duk umiyat ciri myang wanci- | nira kanang turăngga | dahat rêmênipun | sigra dhawuh dhatêng wadya | gamêl kinèn anyêpêngi kang turanggi | kang lagya prapta enggal ||

43. wadya gamêl kang dipun dhawuhi | tur sandika gya sami rumagang | ing karya turăngga age | binusanan pinatut | punang kuda saya mantêsi | sêmbada gêng inggilnya | solahira patut | wiraga kadya angajap | tumuntêna tinitihan sri bopati | Sri Gêndrayana dahat ||

44. kayungyuning tyas miyat turanggi | sigra têdhak saking palênggahan | saksana ngasta apuse | kuda cinengklak gupuh | tinitihan binêkta maring | samadyaning bacira | sira Arya Prabu | Sudarsana myang Sang Arya | Sutiksna sawadyanya mingêr ningali | mêngkêrkên palênggahan ||

27. Pangkur

1. ngajêngakên pakitêran | Arya Prabu Sudarsana ningali | mring raka panitihipun | tansah dènnya prayitna | margi mèngêt [mè...]

--- 141 ---

[...ngêt] wangsiting arca ing dalu | mangkya sampun kanyataan | mila gya ngandika ririh ||

2. mring Patih Arya Sutiksna | kakang patih bilih mangkya manawi | wus tinitihan sang prabu | kularsa gêntos nyoba | anumpaki kuda punika ywan sampun | katingal êntraging kuda | dika timbangana nuli ||

3. supadya ing wingking nulya | datan mindho karya babar pisani | kyana patih dupi sampun | tampi cipta sasmita | kang kadyeka saklangkung kagyat ing kalbu | dene dahat datan nyana | ywan wontên mêngsah kang prapti ||

4. wowor sambu amêmindha | dene lirnya kang cipta sasmitaning | Sang Sudarsanarya Prabu | mangkya yèn kanyataan | kadadyaning turăngga ing wuri laju | nangkoda kawisesaa | Patih Sutiksna wus tampi ||

5. sang nayaka waktra miwah | arya prabu dahat prayitnèng galih | ya ta mangkana kawuwus | Sang Prabu Gêndrayana | panitihnya lena tan wrin ing pakewuh | amung datansah kacaryan | mring wiraganing turanggi ||

6. duk samana panandêrnya | kang turăngga sangsaya sru kaèksi | kang suku catur kadulu | gonggang kalawan kisma | kadya kilat sumiyut saengga mabur | katawis pamakêmira | ing ngriku sang mindha warni ||

7. tan wikan yèn pinaryitnan | pamirêngnya nalika Sang Apatih | Sutiksna

--- 142 ---

awawan wuwus | lan Prabu Sudarsana | pan dinalih ngalêmbana tingkahipun | turăngga babêktanira | wau Sri Gêndrayana Ji ||

8. kawêkèn pamathêtira | ngantya rêntah pangastaning cêmêthi | kèthèr ing panitihipun | tinon ngantos mèh dhawah | Arya Prabu Sudarsana awas dulu | yèn raka sri naranata | mèh dhawah saking turanggi ||

9. sigra anututi mêsat | kadya mibêr pêsatira sang pêkik | botên sawatawis dangu | kuda wus katututan | gya cinandhak glanganing kêndhalinipun | kuda kèndêl panandêrnya | sang arya prabu wotsari ||

10. ingkang raka ingaturan | tumêdhaka saking luhur turanggi | mila makatên sinuhun | kuda punika kadya | dede sawadosnya wau amba dulu | kang raka datan lênggana | gya têdhak saking turanggi ||

11. wangsul dhatêng siti bêntar | Arya Prabu Sudarsana gêntosi | ingasta sarunganipun | săngga wêdhi pinancad | pan mandhêlong gêgêring kuda kadulu | pinolahkên apusira | tan kêni uwal sakêdhik ||

12. pinathêt sinêngkrak-sêngkrak | pan inguja kuda sakarsanèki | nglumba-nglumba nubruk-nubruk | yun lumajêng pinêkak | sawêg kèndêl sinêngkrak kêndhalinipun | dhasare kêndhali rangah | manjing laklakan turanggi ||

13. atêmah

--- 143 ---

gêgubrah êrah | dêrodosan marus swanitanèki | ting dalèwèr turut wulu | tutuknya mangap-mangap | kapadal ing kêndhali ngantya mèh kantu | gêrêng-gêrêng nujah-nujah | wau risang Sadusiwi ||

14. sangsaya asru dènira | amisesa mrih sirnaning turanggi | lah ing kana sang anamur | dupi sangsaya sora | pamisesanira Sudarsana Prabu | kirig ngêrik têmah badhar | dadya rasêksa gêng inggil ||

15. mustakanira taksaka | yun manaut tinêpak mring sang pêkik | gulayaran dhawahipun | duk jumangkah tinepang | dhawah kantêp tanginya angunggut-unggut | manaut sang arya indha | sarwi nilari têmpiling ||

16. galuyuran gundam-gundam | kawarnaa kang anèng păncaniti | nangkoda sakancanipun | duk myat turăngga badhar | lajêng angrik sanalika dadya diyu | janma sadasa wus badhar | dadya buron wana malih ||

17. arsa ngrangsang sri narendra | tinadhahan dhatêng Sutiksna Patih | pra punggawa samya gugup | amalandang mring mêngsah | datan dangu ditya Triwanda wus lampus | kantun Sang Ardhawalika | ingkang taksih andon jurit ||

18. mêngsah Prabu Sudarsana | sri narendra miwah pra punggawa ji | sigra dènira têtulung | nanging Sang Sudarsana | tur sasmita sampun ngantos dipun tulung | mung kajagia kewala | karana [kara...]

--- 144 ---

[...na] mêngsahirèki ||

19. langkung sêkti măndraguna | Prabu Gêndrayana pan sampun tampi | sasmita sang arya prabu | lajêng mire kewala | duk samana yudanya sang arya prabu | lan Arya Ardhawalika | samya angantêp kasaktin ||

20. dangu tan wontên kasoran | silih ungkih rok băndawala pati | tandangnya sang arya prabu | kêbat tarampil cukat | ywan tinubruk tan kêni malah anapuk | kadya anubruk wayangan | sang arya tuhu linuwih ||

21. duk sawatawis dangunya | Sang Arya Ardhawalika kasilib | kenging ginoco ing dhuwung | pêjah kuwănda sirna | datan dangu lajêng wontên taksaka gung | panjang anêmburkên wisa | sigra naut mring sang pêkik ||

22. sang arya sampun prayitna | risaksana gupuh nyandhak jêmparing | Sarotama duk ing ênu | tilarannya kang rama | duk ing nguni anênggih pusakanipun | satriya Andanangjaya |[5] pun Sarotama pinusthi ||

23. lumarap saingga kilat | kang taksaka kacundhuk tutuknèki | pêjah wangke tan kadulu | kacariyos punika | sirnanira Ardhawalika satuhu | ya ta Prabu Gêndrayana | dupi miyat ywan kang rayi ||

24. ungguling yuda tumulya | pinurugan rinangkul gya kinanthi | dhatêng păncaniti wangsul | dupi wus sami lênggah | Prabu [Pra...]

--- 145 ---

[...bu] Gêndrayana manis dènnya muwus | dhuh dhuh arine pun kakang | kang satuhu jayèng jurit ||

25. katuju ana yayi mas | kang waspada marang ing tindak juti | mungguh tan ana sirèku | baya ingsun wus sirna | kêni cidranirèng taksaka kang namur | dadya kuda dhawuk pelak | miwah nangkoda rasêksi ||

26. dangu dènnya ngalêmbana | Arya Prabu Sudarsana wotsari | puwara anulya matur | rèh wangsiting sang arca | ingkang raka dahat suka nrimèng kalbu | puwara sokur ring dewa | sarta dhawuh mring kang rayi ||

27. sabên ratri dhinawuhan | kinèn nganglang dhatêng sajroning puri | sandika kang sinung dhawuh | wusnya mangkana nulya | Prabu Gêndrayana kondur angadhatun | pra wadya samya bibaran | mantuk mring wismanirèki ||

28. duk samana tan kacrita | laminèki mangkya wus santun warsi | warsa cukila lumaku | ing măngsa mănggakala | angkanira surya sangkala pinetung | pitung atus sangang dasa | pêpitu langkungirèki ||

29. duk lumaris catur căndra | dene căndra sangkalanya winilis | astha tus lawan salikur | lumaksa pănca căndra | rinuwiya Radya Ngastina anuju | ari Soma Krêsna enjang | sri nata miyos siniwi ||

28. Sinom

1. pêpak kyèhning wadyabala | nèng ngarsendra samya nangkil | tan ewah [e...]

--- 146 ---

[...wah] lir saban-saban | ya ta mangkana sang aji | dhawuh dhatêng kya patih | ywan samangkya karsa prabu | arsa ambangun pura | wêwangunaning nagari | winêwahan rakit rêrêngganing praja ||

2. amargi panggalihira | praja Ngastina puniki | yèn mênggah janma wus wrêdha | lêpiyaning kina bilih | nata tan karsanggalih | mring praja wangunanipun | tan prayogi labêtnya | Sang Arya Sutiksna Patih | miwah Arya Prabu Sudarsana samya ||

3. dahat jumurunging karsa | karsendra yun bangun nagri | eca dera imbal sabda | kasaru praptanirèki | pruitanya sang aji | brahmana sing Ngawu-awu | Krêsnawasu kang nama | praptanya Ngastina nagri | laju jujug ing păncaniti kewala ||

4. ing kana Sri Gêndrayana | duk myat gurunira prapti | gugup mêthuk gurawalan | duk tundhuk nulya kinanthi | astanya mring sang aji | nulya ingacaran lungguh | satata lan sri nata | sang brahmana anuruti | sawusira sinambrama ing pambagya ||

5. Maha Prabu Gêndrayana | nulya wêwarti salwiring | lêlampahan kang pinanggya | sapêngkêrira sang rêsi | purwa wasana titi | Sang Brahmana Krêsnawasu | dahat ngunguning driya | nulya gêntos awêwarti | salwiring rèh wontên Ngawu-awu praja ||

6. ing purwa praptèng wasana | wusnya mangkana sang aji | ngandika mring

--- 147 ---

sang brahmana | mangkana wahyanirèng ngling | pruwitamba sang rêsi | rawuh paduka satuhu | anèng radya Ngastina | de dahat kapasang yogi | dene kula arsa ambangun wangunan ||

7. ning praja ingkang wus wrêdha | miwah badhe amêwahi | rêrakitanirèng praja | paduka anulya prapti | kang dados bingah mami | de wontên kang kula tantun | myang nyuwun pangèstunta | widadaning rèh kadadin | rahayuning karya datanpa sangsaya ||

8. sang brahmana mèsêm mojar | dhuh dhuh suhunaning bumi | mênggahing karsa paduka | mrih ngenggalkên samukawis | rêrêngganing nagari | punika prayogi tuhu | dhasar sampun kacêtha | kotamaning narapati | duk ing kina kang samya bangun wangunan ||

9. mêwahi rakiting praja | pamrihira sampun nganti | sinêbut ran ratu cacad | makatên ingkang kawarti | duk ing kina suwargi | eyang paduka sadarum | nata Pandhawa kina | cariyos kang kawrat munggwing | sêrat Wedha nalika jumênêngira ||

10. nata agung binathara | wontên Ngastina nagari | inggih lajêng bangun pura | ngrakit rêrekaning nagri | sarta agung paring sih | misudha wadya bala gung | salaminira tansah | angluhurkên andandani | wadyabala kang papa miwah kasudran ||

11. ambingahkên kasusahan | madhangkên pêtênging galih | milanya [mi...]

--- 148 ---

[...lanya] lajêng kacipta | dening Sang Hyang Utipati | ywan trah Pandhawa jroning | jaman catur bab lêstantun | kawêngku têdhakira | eyang paduka sang aji | canggah Arya Dananjaya sadayanya ||

12. punika lupiyèng kina | ingkang paduka lêluri | satuhu botên atilar | kotamaning narapati | tansah dera anggalih | mrih arjaning rat sawênggung |[6] dèntên mangkya paduka | arsandugèkkên nglêluri | lêlabêtan kang dahat prayoginira ||

13. pun bapa mangayubagya | nanging yèn sarju ing kapti- | nira anggèr sri narendra | luhung galiha lyannèki | mila makatên gusti | mugi kuningana tuhu | pêpasthèning jawata | tan susah bangun nagari | ngenggalakên salwiring rêngganing praja ||

14. ing têmbe saèstu wignya | sagêd sarwa enggal yêkti | sampun malih ingkang praja | yèn botêna dipun kardi | enggal mring dewa luwih | dalah samukawisipun | ugi kinarya enggal | punika mugi sang aji | kagaliha murih ing sayêktinira ||

15. wondene prapta kawula | wontên ngarsa paduka ji | botên katênta yèn arsa | ngidini bangun nagari | èsthining manah saking | sabrang praja Ngawu-awu | muhung badhe wêwarta | ywan ing têmbe sri bopati | badhe apêputra kakung panuksmanya ||

16. jawata Sang Hyang Kesawa [Kesa...]

--- 149 ---

[...wa] | nanging sanès sapuniki | taksih lêt satunggal êngkas | dene bilih sampun lair | bobotan kang samangkin | garwa paduka jêng ratu | pêputra malih priya | sinêbut namanirèki | Radèn Narayana inggih panjanmanya ||

17. jawata Sang Hyang Kesawa | inggih Sang Hyang Wisnumurti | ingkang amangejawantah | benjing dadya narapati | binathara sinêkti | sinêmbah samining ratu | tan mawi pinukul prang | sèsining jagad sakalir | samya lulut asih mring putra paduka ||

18. margi saking kaprawabawan |[7] ing kautamanirèki | putranta kang wirotama | têmah nungkul saking aris | malah-malah ing benjing | wiyosipun putra prabu | paduka katamuan | jawata Hyang Utipati | dhinèrèkkên pra dewa ing Suralaya ||

19. ngidèni pambabarira | garwendra Dyah Padmawati | ing têmbe diwasanira | Radèn Narayana inggih | jumênêng narapati | binatharèng rat sawêgung | dene jêjulukira | kinarilan mawi nami | Sri Bathara Prabu Aji Jayabaya ||

20. angênggèni kitha enggal | mênggah kadibyanirèki | putranta kang kalbèng wêca | ngungkuli para maharsi | ingkang kawical sami | putus ing kawruh sawêgung | nadyan wontêna sasra | brahmana pandhita rêsi | botên wontên kang nimbangi kadibyannya [kadi...]

--- 150 ---

[...byannya] ||

21. miwah kang kasaktènira | putranta jêng sri bupati | Prabu Aji Jayabaya | ananging kuciwanèki | pun bapa tan mêningi | anênggih ing miyosipun | Rahadyan Narayana | karana sampun pinasthi | mring jawata manawi Sang Hyang Kesawa ||

22. tumurun mring ngarcapada | amba gya sumêngka pêsthi | sumawana ing samangkya | amba ngiras nyuwun pamit | pun bapa mugi-mugi | kalilana badhe mantuk | mring kalanggêngan amba | paduka kantuna mukti | awibawa bawani sanuswa Jawa ||

23. dene pun bapa ing benjang | ugi badhe apêpanggih | kalayan pramananira | jawata Hyang Wisnumurti | kang badhe manjanma mring | putra tuwan jêng sinuhun | riwusira mangkana | sanalika Sang Maharsi | Krêsnawasu musna sami sanalika ||

24. sarêng nulya wontên swara | jumêgur ing ngawiyati | yayah angèbêki jagad | ing kana Gêndrayana Ji | miwah wadya kang nangkil | sadaya samya angungun | maèsmu gêtun dahat | de pangungunira dening | tuk sasmita ywan badhe enggaling praja ||

25. datan wontên ingkang wignya | anggayuh kadadyannèki | gêgêtunnya dene dahat | datan anyana sayêkti | ywan Krêsnawasu Rêsi | têka musna tan kadulu | puwara sri narendra | dahat sungkawa ing galih | akarana kaicalan gurunadya [gu...]

--- 151 ---

[...runadya] ||

26. saksana anulya jêngkar | gya kondur tumamèng puri | Kya Patih Sutiksna miwah | sawadyanya mantuk sami | samana kang rinuwi | Sang Sri Gêndrayana Prabu | saking sangêting tikbra | ngantos lami tan tinangkil | tansah nungku wontên paprêman kewala ||

27. tilar nadhah lawan nendra | gung kagagas ing panggalih | pan amung sasmitanira | guru kang wus muksa nguni | de tan wignya sayêkti | narbuka kanyatanipun | mêngêng èmênging driya | ginagas gêgês tan dugi | tan rinuwi antawising laminira ||

29. Asmaradana

1. kasmaran asantun warsi | pramaduta măngsa pusa | warsa surya sangkalane | lagya lumaksana căndra | angkanira pinetang | saptatus lan sangang puluh | wêwolu langkunganira ||

2. candrasangkalanirèki | duk lumaksana dwi căndra | angkaning warsa etunge | wolung atus kalih dasa | kêkalih langkungira | ya ta samana winuwus | pramèswarinya srinata ||

3. Dyah Padmawati ing mangkin | ambabar mijil wanita | kalangkung endah citrane | mring rama sinungan nama | Narihoyi Sang Rêtna | ananging pahargyanipun | tan patyagêng lir sabênnya ||

4. karana sri narapati | taksih angêmu rudita | Kya Patih Sutiksna kinèn | tuguran sakancanira | saptari laminira [lami...]

--- 152 ---

[...nira] | duk samana jroning taun | Pramaduta datan ana ||

5. kang rinuwi jroning tulis | samana asantun warsa | prasutpadi warsa rane | duk lumaksana dwi căndra | ăngka surya sangkala | sapta tus lan sangang puluh | sasanga langkunganira ||

6. utawi duk tigang tèngsi | candra sangkala pinetang | astha tus tiga likure | manggasri măngsa lumaksa | duk samana sri nata | taksih anandhang wulangun | ing muksane gurunira ||

7. saking sangêting rudatin | dadya nata karsa têdhak | cangkrama mrih lipur tyase | midêr mring jawining praja | tan mawi upacara | mung tiga pandhèrèkipun | nênggih Kya Patih Sutiksna ||

8. lan Arya Sindurja tuwin | katrinya Juragan Karma | dene kang têngga prajane | Arya Prabu Sudarsana | miwah para punggawa | brahmana myang para êmpu | myang prajurit wirotama ||

9. sadaya prasamya pinrih | tuguran sapanêkarnya | nèng păncaniti ênggone | winuwus laksitanira | Sang Prabu Gêndrayana | duk praptèng ra-ara dhusun | ing Sumbrêng sang nata kagyat ||

10. miyat ayam jalu èstri | sakalangkung kathahira | ngêmpal nèng ngriku sabane | sarta gung samya kêkablak | kaluruk sêsarêngan | kadya ngajap arsa tarung | ayam wau sadayanya ||

--- 153 ---

11. tan ngêmungkên sawungnèki | lancur babon miwah dhara | asêsarêngan kluruke | ngungaskên kasuranira | ing kana sri narendra | dahat gawokirèng kalbu | gya dhawuh mring Ki Juragan ||

12. Karma pinurih ningali | sarana ngèlmi calungnya | murih wikan karanane | sata kluruk sêsarêngan | saksana gya winawas | kala samana kadulu | wontên rajah Kalasura ||

13. cinitra ing papan rukmi | kapêndhêm madyèng ra-ara | gya ingaturkên sang katong | kang dadya darunanira | kasuranirèng sata | nata duk miyarsa ngungun | èsmu gawok ing wardaya ||

14. sang nata nulya mrêpêki | dhatêng panggenaning sata | têmah bibar sadayane | samya lumajêng sar-saran | Sang Prabu Gêndrayana | duk myat sata samya mabur | tandya rikat pinarpêkan ||

15. ya ta wau sri bupati | duk nèng madyèng ara-ara | nulya ical sungkawane | malah kêdah arsa duka | gya dhawuh Sang Sutiksna | sakancanya kinèn dhudhuk | tekang rajah Kalasura ||

16. tur sandika kang sinung ling | nulya animbali janma | dhusun Sumbrêng sadayane | tan watawis dangu prapta | kerid dening lurahnya | wasta Sarodhaka Buyut | duk praptèng byantara nata ||

17. nulya samya dèn dhawuhi | andhudhuki pêpunthukan | madyaning ngara-arane |

--- 154 ---

kang nêdahkên prênahira | Risang Juragan Karma | botên sawatawis dangu | punang rajah Kalasura ||

18. ingkang munggwing papan rukmi | katingal gêngnya sabendha | tinon kalangkung mancorong | saksana sigra ingalap | dhatêng Juragan Karma | nulya katur mring sang prabu | tinampèn gya pinariksan ||

19. dangu datansah liningling | tinon wontên sastranira | mungêl rajah yèn agême | jawata Sang Hyang Kesawa | Sang Prabu Gêndrayana | dahat sukanirèng kalbu | puwara nulya ngandika ||

20. dhatêng Sang Sutiksna Patih | hèh kakang Patih Sutiksna | wruhanira rajah kiye | satuhu paringing dewa | karana rajah ika | ana cirine kasêbut | kagungan Sang Hyang Kesawa ||

21. lah mara dulunên iki | waspadakna kang trawaca | sarwi ngulungkên rajahe | kang rajah nulya tinampan | ingilo gantya-gantya | sadaya gawok kalangkung | miyat warnining kancana ||

22. tan wontên risak sakêdhik | cirinira taksih cêtha | mungêl bilih kagungane | Bathara Wisnu ing kina | Patih Arya Sutiksna | manêmbah sarwi umatur | dhuh pukulun sri narendra ||

23. tan gèsèh dhawuhira ji | cirinipun kanang rajah | mungêl bilih kagungane | jawata Sang Hyang Kesawa | ywan makatên wêcanya | Sang Brahmana Krêsnawasu [Krêsnawa...]

--- 155 ---

[...su] | sumawana pra pandhita ||

24. tan wontên dora sakêdhik | dadya tuhu wus têtela | ywan panjênêngannya badhe | anitahakên sewaya | kakung panuksmanira | jawata Bathara Wisnu | inggih Sang Hyang Narayana ||

25. amargi titikannèki | ingkang kinarya pratăndha | gih punika kadibyane | Sang Hyang Wisnu ing samangkya | sampun wontên paduka | dumugi ing têmbenipun | tumurun mring putra tuwan ||

26. ingkang winêca rumiyin | mung punika tur kawula | lah ing kana sri pamase | duk amiyarsa turira | Patih Arya Sutiksna | sanalika nulya emut | wêcaning para pandhita ||

27. bilih badhe darbe siwi | kakung măngka panuksmanya | Sang Hyang Wisnu wêkasane | sang nata sokur ring dewa | nulya paring ganjaran | mring sakyèhning tiyang dhusun | ing Sumbrêng samya kawratan ||

28. miwah sri natandhawuhi | dhumatêng Buyut Sarodha | mangkya dhinawuhan kinèn | amêmêtri ara-ara | tilas panggenanira | rajah Kalasura wau | miwah sinabdan ing benjang ||

29. unggwan punika ing wuri | dadya panêpèning janma | kang mêminta saranane | saniskaraning parasdya | ya ta Buyut Sarodha | nêmbah sandika turipun | wusnya mangkana sri nata ||

30. bidhal saking Sumbrêng dèsi | karsa

--- 156 ---

kondur dhatêng praja | karana nata têdhake | sampun tri ari dangunya | onêng mring garwa putra | tan rinuwi lampahipun | sarawuhira ing praja ||

31. laju kondur ngênyapuri | Sang Arya Sutiksna muwah | Arya Sindurja katrine | Juragan Karma wus samya | panggih lan ari nata | Sang Sudarsanarya Prabu | miwah para punggawendra ||

32. kang samya tuguran munggwing | păncaniti sawusira | bagya-binagya kalihe | kang têngga praja wêwarta | nênggih arjaning praja | de kang umiring sang prabu | wêwarti dera lêlana ||

33. suka kang samya miyarsi | puwara sokur ring dewa | duk sawatawis dangune | gya mantuk asêsowangan | samana kacarita | marêngi santuning taun | tumanggap warsa anggila ||

34. surya sangkala winilis | wolung atus tinêngêran | barakan suwung langite | dene kang căndra sangkala | angkanira pinetang | wolung atus kawan likur | têngraning căndra sangkala ||

35. nênggih yoga paksa murti | marêngi măngsa kartika | anênggih kang kacariyos | ing praja Ngastina mangkya | Sang Prabu Gêndrayana | dènira jumênêng ratu | watawis kawan wlas warsa ||

36. saking karsaning Hyang nuli | kadunungan tyas angkara | murka ing puwara supe | mring sagunging puja brata | satêmah dina-dina | kasukan [kasuka...]

--- 157 ---

[...n] bujana nginum | lan sakyèhning para wadya ||

37. ywan nuju siniwèng dasih | mawi boga andrawina | dene manawi sang katong | datan lênggah sinewaka | wungu ardaning driya | sabên ari tansah rêngu | dêdukanira tan pêgat ||

38. saha nata asring-asring | nyakiti wadya tan dosa | mila samana prajane | kontra surêm sunarira | karana nata arda | tur sirna subratanipun | cinarita duk samana ||

39. praja Ngastina kaèksi | bibrah tataning prajarja | nyarambahi pra wadyane | tan wontên ingkang kanggenan | ing budi kasudarman | gung alit anèm lan sêpuh | samya ngumbar ardèng driya ||

40. duk samana kang sumingkir | tan kalabêtan tyas arda | datan angkara ciptane | mung ari nata Sang Arya | Prabu Nèm Sudarsana | awit saking karêmipun | dhatêng ulah puja brata ||

41. kang mangkana dadya awis | kontra wontên pasewakan | karana kang samya caos | mung ngèli karsèng narendra | tan pisan karsa nyêgah | karsaning nata kang limut | kalimputing kaarsayan ||

42. mila tan pêgat sêmadi | wontên ing pura priyăngga | kang pinintèng sêmadine | tarlèn muhung amêminta | aksamaning jawata | mring ingkang raka sang prabu | miwah pra wadya sadaya ||

43. mung pinaringanaeling [pinaringana...]

--- 158 ---

[...eling] | ywa nganti kadawa-dawa | ardaning karsa sang katong | duk samana rinuwiya | saking dahating brata- | nira Risang Ar Prabu |[8] Sudarsana ri narendra ||

44. dupi wus antuk dwi tèngsi | wontên parmaning jawata | tinarima subratane | Arya Prabu Sudarsana | dadya ing sanalika | Sang Sri Gêndrayana Prabu | èngêt mring kaprabonira ||

45. marêngi măngsa manggasri | mangkana Sri Gêndrayana | mèngêt ywan ratu kinaot | pinunjul datanpa sama | tur binatharèng jagad | ing ri Soma Manis esuk | Sang Aprabu Gêndrayana ||

46. karsa amiyos tinangkil | pêpak sagung pra punggawa | kang nangkil nèng ngarsa katong | dene arindra Sang Arya | Prabu Nèm Sudarsana | duk ingkang raka sang prabu | karsa miyos siniwaka ||

47. mring păncaniti tan mawi | ăndrawina lir adatnya | nulya sumiwi ge-age | mabukuh ngarsaning raka | lawan Patih Sutiksna | Arya Danurja tan kantun | ing wuri para satriya ||

30. Pangkur

1. miwah para santanendra | datan ewah lir sabên-sabênnèki | ing păncaniti supênuh | karana sri pamasa | radi dangu tan siniwi mring wadya gung | kang nangkil tanpa sabawa | angin kèndêl tan lumaris ||

2. lir nêngga sabdaning nata | duk samana sri

--- 159 ---

nata manabda ris | dhumatêng sang mantringayun | Patih Arya Sutiksna | hèh rêngênta kakang patih karsaningsun | manira arsa cangkrama | mring Saraita wanadri ||

3. kya patih umatur nêmbah | karsa nata kawula mung umiring | kinèn umatah wadya gung | kang umiring cangkrama | miwah ingkang kantun rumêksèng praja gung | sarta mangrukti wisaya | nênumpu sato wanadri ||

4. sandika kang dhinawuhan | wusnya dhawuh nata tumamèng puri | para wadyendra sadarum | nulya samya bibaran | winursita enjingnya sang mantringayun | sigra angundhangi wadya | kang badhe dhèrèk sang aji ||

5. miwah kang atêngga praja | măngka tindhih kang rumêksèng jro puri | Sang Sudarsanarya Prabu | kanthi Arya Danurja | miwah Arya Sunjaya myang para êmpu | sawadyanya juru citra |[9] para brahmana myang rêsi ||

6. sanèsnya dhèrèk sadaya | duk samana dènira amiranti | sampun samapta sadarum | nata anulya budhal | laksitanya datan kawarna ing ênu | dupi praptaning Wulusan | ing Saraita anuli ||

7. samya karya pasanggrahan | rinuwiya duk samana sang aji | dahat arsayaning kalbu | mila kalantur ngantya | sapta ari nata dèrèng karsa kondur | tansah bêbujung arakat | anggrit ngitêr warni-warni ||

--- 160 ---

8. pananduking kang wisaya | mila angsalipun sato wanadri | sakalangkung kathahipun | tur buron warna-warna | sigêg ingkang gung kasukan anênumpu | gantya mangkya kawuwusa | kang nèng Ngastina nagari ||

9. sakyèhning para punggawa | ingkang sami têngga praja winarni | siyang ratri tansah tugur | wontên ing pagêlaran | duk samana sajuga ari anuju | ri Soma Pon wancinira | ing ratri sirêping janmi ||

10. Arya Prabu Sudarsana | karsa nganglang dhatêng sajroning puri | mung pribadi lampahipun | têka praptaning pura | laksitanya dingkik-dingkik kadya pandung | kyèhning gêdhong jinêjêpan | tan wontên swara kapyarsi ||

11. miwah sawarnining pandam | samya pêjah mila pêtêng kapati | mung saênggèn kang kadulu | sorotira kang pandam | prênahira paprêman panggenanipun | garwendra sang pramèswara | Sang Rêtnayu Padmawati ||

12. sanalika pinarpêkan | mring sang arya jinêjêp saking jawi | tan wontên sabawanipun | ya ta sang namur sigra | mundur ririh angalih pangintenipun | mila mangkana sang arya | karana jroning panggalih ||

13. tansah trataban kewala | samangkana panglocitaning lyali | dhuh apa darunanipun | dene salawasira | ingsun nganglang anèng sajroning kadhatun | sotaning [sota...]

--- 161 ---

[...ning] tyas nora kaya | samêngko gung sênag-sênig ||

14. ratri iki sun watara | bakal ana bêbaya kang nêkani | nanging yèn anaa ripu | sayêkti mawa ana | tandhanira unining bênce lan tuhu | bintit kolik miwah têkak | măngka sasmitanirèki ||

15. lamun bakal ana dhustha | kabèh sêpi tanna sabawanèki | mratandhani ana ripu | nanging tyas ingsun tansah | manggung maras was-uwas ingsun tanpa wus | ing kana wusnya nglocita | sang arya prabu lumaris ||

16. dhatêng sanggar palanggatan | karsanira sang arya amung apti | angaso saking sapangu | dupi laksitanira | sarêng prapta nèng palataraning tajug | sang arya kagyat ing driya | miyarsa swaraning tangis ||

17. kadya tangising wanita | kongsi giyêng sêsêg sêrêt kapyarsi | sang arya kalangkung ngungun | duk arsa ingulatan | gyaning tangis mangkana locitanipun | dhuh iki wong wadon apa | bêngi-bêngi têka nangis ||

18. de dahat tanpa rêringa | sun watara baya sang pramèswari | saking bangêt onêngipun | tinilar mring sri nata | ya ta wusnya manglocita kang kadyèku | sang arya arsa tumindak | mrêpêki prênahing tangis ||

19. nulya [nu...]

--- 162 ---

[...lya] amiyarsa swara | nguwuh-uwuh mangkana lingirèki | dhuh babo sang arya prabu | mara kita mrenea | wruhanira kang karuna iku ingsun | sang arya mèngêt sakala | mring arca papundhèn aji ||

20. nulya marêk gurawalan | tumama mring salêbêting panêpin | dupi wus nèng ngarsanipun | punang arca pusaka | Arya Prabu Sudarsana sigra dhêku | sarta muwus angrêrêpa | dhuh sang arca kang sayêkti ||

21. kang măngka sarananira | kuwasaning jawata kang linêwih | amba kalilana matur | pitakèn sang waskitha | de kawula sadangunipun lumaku | nganglang salêbêting pura | tan amiyat ika-iki ||

22. utawi botên miyarsa | sabawanya walang ingkang salisik | muhung raosing tyas ulun | manggung atarataban | kadya arsa tinêkanan ing pakewuh | milamba laju angiwa | sumingkir mriki puniki ||

23. sotaning tyas muhung nêdya | anêntrêmkên taratabaning lyali | ywan wus têntrêm sêdya wangsul | langlang sajroning pura | dupi wontên ngajêng panêpèn angrungu | giyêng swaraning udrasa | ngantya sêsêgên kang tangis ||

24. kula dalih kang udrasa | pramèswari kakang bok Padmawati | onêng dhatêng kakang prabu | de gyan kula

--- 163 ---

tumindak | sumêdyarsa ngyêktoskên kaananipun | wasana dupyamba arsa | lumaksa ngulati tangis ||

25. gya inguwuh wantya-wantya | guguping tyas kawula bokmanawi | sang arca ingkang anguwuh | mring amba kadya saban | mila amba enggal marêk ngarsanipun | sang arca manawi arsa | paring wangsit kang wigati ||

26. sang arca lon saurira | basa manuhara winor mêmanis | yayah ngla-êla ing wuwus | mangkana sabdanira | dhuh titahing jawata kang ambêg sadu | wruhanira iya ingwang | kang manguwuh mring sirèki ||

27. marmane ingsun karuna | sasuwene mung saka gon sun asih | marma marang sira kulup | dene karananira | ing sawêngi iki sira bakal antuk | bakal cinobèng bêbaya | bilai gêdhe nêkani ||

28. atas karsaning jawata | mungguh ingkang dadya marganirèki | panyoba mring sira kulup | iya kumaranira | mungsuhira Dhahyang Suwela ing ênu | tumêka angejawantah | ing samêngko uwus manjing ||

29. mring sajroning dhatulaya | mawa rupa naga kang luwih mandi | ing samangkya wus dumunung | nèng jroning pasarean- | nira kakangira pramèswari prabu | nèng ulon-ulon gonira | dinalih [dina...]

--- 164 ---

[...lih] kakangirèki ||

30. Prabu Gêndrayana nendra | anèng kono tan sumurup yèn lagi | têdhak cangkrama nênumpu | dhuh radèn saupama | nganti suwe sayêkti yèn datan wurung | kakangira pramèswara | sirna sasiwayanèki ||

31. kênèng wisaning taksaka | marmanira radèn sira dèn aglis | nuli manjinga kadhatun | tumama mring paprêman | bokmanawa kakangira sêlak lêbur | kataman wisaning naga | nanging wêkas ingsun kaki ||

32. poma-poma dèn santosa | aywa was-was dene yèn sira kongsi | nora santosa budimu | sayêkti nêmu papa | salaminya mulane dèn eling kulup | manawa tyasmu santosa | sêtya tuhu mring dewadi ||

33. lah ing kono marganira | bakal antuk kamulyan kang sajati | ing wuri turun-tumurun | yêkti amêngku praja | sowang-sowang lah uwis radèn dèn gupuh | mangkata marang paprêman | yèn kasuwèn bokmanawi ||

34. kadhinginan dening wisa | lah ing kana sang arya prabu dupi | miyarsa warsitanipun | kanang arca pusaka | kang mangkana ing tyas sakalangkung gugup | tan ngantya nêgês karana | saksana anulya pamit ||

--- 165 ---

35. badhe amunah taksaka | duk samana wus jinurung basuki | lah ing kana arya prabu | dahat kadgadèng driya | sigra mêsat saking ing panêpèn laju | tumama mring pasarean- | nira Dèwi Padmawati ||

36. duk praptèng jawi wiwara | tiningalan kori maksih kumunci | saksana ingusap gupuh | punang kori wus mênga | tan sarănta Sang Sudarsanarya Prabu | umanjing dhatêng paprêman | nèng dagan prênahirèki ||

37. tiningalan ingkang raka | Dèwi Padmawati sakeca guling | angêloni putranipun | dene sangandhapira | wontên inya kêkalih sakeca turu | mangkana sang namur sigra | mêndhak manggèn sawingkinging ||

38. ilo-iloning kang dilah | ingkang wontên daganira sang putri | tan ana sabawanipun | sarwi angawasêna | salêbêting pasareannya jêng ratu | wus dangu dènira mawas | nginggil miwah kanan kering ||

39. tan dangu punang taksaka | wus katingal sumaladhang nèng nginggil | pasareannya sang ayu | agêngira sapucang | sirahnya gêng tutuknya ngablak kadulu | mancorong kumaranira | duk badhe naut sang putri ||

40. lah ing kana sang nararya | Prabu Sudarsana prayitnèng wèsthi | tan darana sigra cancut | wau kanang taksaka | duk umiyat klebatnya Sang Arya Prabu | Sudarsana kang kawuryan | umanggèn nèng sawingkinging ||

41. ilo-iloning kang pandam | pan dinalih Sang Sri Gêndrayana Ji | awit sami warninipun [warni...]

--- 166 ---

[...nipun] | mila taksaka dhustha | langkung suka cipta kalêrêsan tuhu | dene badhe kasêmbadan | dera akarya bilai ||

42. dadya wau kang taksaka | tan sarănta sigra dènnya murugi | mring gyannya sang arya prabu | duk wus parêk unggyannya | punang sarpa gupuh dènira manaut | sang arya sampun prayitna | duk nalorong saking nginggil ||

43. gupuh nulya sinarêngan | jangganira cinandhak sarwi narik | curiga taksaka laju | tinigas dening kadga | wus palastra gêmbunging taksaka gupuh | wus tinêngkêr-têngkêr dadya | sadasa kathahirèki ||

44. duk samana cinarita | kanang sarpa nalika dèn pêjahi | pinrang ing kris jangganipun | rudiranira nyiprat | sumêmburing rah nyiprati wêntisipun | Dyah Padmawati kang nendra | gupuh nulya dèn usapi ||

45. dening Prabu Sudarsana | ciptanira sang arya bokmanawi | wisaning taksaka wau | nyakiti mring sang rêtna | lah ing kana Dèwi Padmawati jumbul | sigra wungu dènnya nendra | dèrèng pramanèng pangèksi ||

46. mung umiyat daganira | wontên janma kakung sang dyah nulyanjrit | sarya manambut ing sunu | mijil saking paprêman | para nyai kêkalih kagyat duk ngrungu | panjêritnya gustinira | dadya lajêng anututi ||

47. mêdal saking ing paprêman | dipun nyana ywan wontên maling sêkti | arsa ngrurah pagêr ayu | wau ta sang nararya | Prabu Sudarsana dangu datan muwus | sarta datan kesahkesah [kesahk...]

--- 167 ---

[...esah] | lir kamitênggêngên yêkti ||

31. Mijil

1. dupi sang dyah umijil mring jawi | sigra samya alok | bilih sajroning pura samangke | wontên duratmaka mara sandi | gègèr sajro puri | pra inya sadarum ||

2. samya tangi gumêtêr umèksi | gustinira repot | mijil sing paprêman sru panjrite | nuntên wontên parêkan sawiji | kang minăngka dadi | kamisêpuhipun ||

3. sigra marêk umatur wotsari | dhuh murtining sinom | lah punapa gusti darunane | miyos saking paprêman sarwyanjrit | Dèwi Padmawati | dangu dèrèng muwus ||

4. lurah inya anulya nimbali | mring wadya sang katong | ingkang samya tugur sadayane | samya ngaso wontên păncaniti | datan dangu nuli | prapta gumarudug ||

5. dupi prapta ngarsanya sang dèwi | mangkana sang sinom | lon manabda wadyaningsun kabèh | sumurupa ing sajroning puri | ana maling sêkti | cêkêlên dèn gupuh ||

6. têtindhihing wadyendra kang kêmit | Arya Danurja nom | langkung gugup duk myarsa sabdane | Dèwi Padmawati ywan ing puri | wontên maling sêkti | sakalangkung gugup ||

7. sigra mangsah sawadyanya sami | samêkta ing kewoh | malbèng pura ngêpung paprêmane | kyèhning kori pan samya jinagi | dene kang umanjing | jungut langên santun ||

8. namung Arya Danurja pribadi | ya ta duk praptèng jro | langkung kagyat dera myat kang anèng | jro paprêman [paprê...]

--- 168 ---

[...man] gustinya pribadi | prabu sadusiwi | nyandhing wangkenipun ||

9. kang taksaka gya têtanya aris | dhuh gusti sang anom | lah punapa kang dadya krantêne | jêng paduka pan dinalih juti | miwah tuwan nyandhing | wangke taksaka gung ||

10. Sang Arya Prabu Sudarsana ngling | tingkah kang wus klakon | purwa madya têkèng wasanane | Sang Arya Danurja duk miyarsi | ngungunnya tan sipi | dangu datan muwus ||

11. mung sidhakêp astanya kêkalih | saking sruning gawok | tan antara sang arya nulyage | wangkening sarpa binêkta nuli | mring ngarsa sang dèwi | wanci wus byar esuk ||

12. lah ing kana Dèwi Padmawati | duk nalika anon | têngkêlaning sarpa sadayane | langkung kagyat miwah duk umèksi | kang kinintên juti | risang arya prabu ||

13. gya dinangu paran karananing | purun tumamèng jro- | ning paprêman têmah karya kagèt | ingkang rayi umatur wotsari | satingkahing ratri | sadaya wus katur ||

14. Dèwi Padmawati duk miyarsi | aturnya sang anom | langkung ngungun gêtun wêkasane | dèniranjrit ngêlokakên juti | salêbêting galih | ing rumaosipun ||

15. kapotangan gêsang mring kang rayi | puwara nabda lon | mring kang paman Arya Danurjane | paman arya rèhne jênêng mami | puniki pawèstri | tinilar ing kakung ||

16. mungguh ingsun sidhêm nalar iki | bêbasane babo | sadawaning catur bok ing têmbe | sri narendra miyarsa pribadi [priba...]

--- 169 ---

[...di] | tan wurung wak mami | kacurnan ing lulut ||

17. marma prayogane sira nuli | tur uningèng katong | pênêd anuduha wadya bae | umatura mring jêng sri bopati | saaturirèki | Sudarsana Prabu ||

18. kabèh turna poma aywa nganti | cicir kang lêlakon | kang sinung ling sandika ature | miwah ngraos saklangkung prayogi | karsanya sang dèwi | kang makatên wau ||

19. wusnya mangkana pra wadya nuli | wus kalilan miyos | samya wangsul mring patugurane | Arya Danurja duk praptèng jawi | anuduh wadya ji | tur wikan sang prabu ||

20. dhatêng pacangkraman wus winêling | salwiring lêlakon | duk samana duta budhal age | lêlancaran wahana turanggi | tan winarnèng margi | ing sapraptanipun ||

21. laju tumama byantara aji | kang duta wotsinom | gya umatur purwa puwarane | Prabu Gêndrayana duk miyarsi | kampita tan sipi | nata nulya dhawuh ||

22. lamun arsa kondur mring nagari | kang sinung ling gupoh | tata-tata miranti budhale | paripurnanya dera miranti | gya budhal tumuli | swaranya gumuruh ||

23. Kyana Patih Sutiksna tan têbih | enggaling cariyos | sampun prapta jro praja nulya ge | sri narendra laju manjing puri | sakyèhning wadya ji | sadaya tumuntur ||

24. lah ing kana jêng sri narapati | rawuh ing kadhaton | nawung duka tan sarèh sabdane | dhawuh kinèn nimbali kang rayi | kinèn manjing puri |

--- 170 ---

myang sang mantringayun ||

25. sapraptanirèng byantara aji | sri nata duk anon | mring kang rayi dahat bramantyane | winga-winga wêngis wijiling ngling | hèh pèdhêp sirèki | tuhu nora urus ||

26. eling-eling cêplik saking wukir | dhêdhasare awon | tan wrin bêcik mamak pandulune | baya kurang katrêsnan ngong iki | kang marang sirèki | dadak karya dudu ||

27. Arya Prabu Sudarsana myarsi | dukanya sang katong | dahat ajrih tumungkul lênggahe | mukanira lir konjêm ing siti | drês waspanirèki | pan kadya ingêpuh ||

28. dhasar sang arya gêng bêktinèki | dhumatêng sang katong | sotaning tyas măngka lêlirune | sudarmanya mila tansah nangis | Dèwi Padmawati | miwah pra wadya gung ||

29. datan pêgat matur bêbolèhi | mrih lilih tyan[10] katong | nging sri nata tan amyarsakake | saking sangêt gung dukanirèki | malah-malah kadi | ingunggar kang bêndu ||

30. lah ing kana sri narendra nuli | gupuh dèniranjog | saking dhampar mrêpêki sang anom |[11] Arya Prabu Sudarsana sarwi | nyandhak kang asta dwi | gya kinêthok gupuh ||

31. watês ugêl-ugêlira kalih | mangkana sang anom | duk umiyat rêntahing astane | datan pisan-pisan darbe liring | rêngatnya tan kèksi | salêbêting kalbu ||

32. Maskumambang

1. mung kumambang dhatêng papêsthèning Widhi | miwah santosanya | tarlèn mung ngèstokkên wêling- | ngira [ngi...]

--- 171 ---

[...ra] sang arca pusaka ||

2. kang kapyarsa nalika wontên jro puri | de wêdaling waspa | umèngêt garwanirèki | Dyah Padmasari saiba ||

3. rudatinnya ywan mirêng sariranèki | mangkya pinidana | mring raka jêng sri bopati | duk samana para inya ||

4. para cèthi kang sumiwi ing ngarsa ji | duk samya umiyat | asta dwi tumibèng siti | samya kumêsar tyasira ||

5. rawat waspa langkung wêlasnya tan sipi | tumungkul ing kisma | jrih dukanira sang aji | dadya cêp tanpa sabawa ||

6. lah ing kana Prabu Gêndrayana nuli | dhawuh mring kya patya | ywan mangkya karsa narpati | Arya Prabu Sudarsana ||

7. dipun tundhung saking Ngastina nagari | kinèn angantukna | dhatêng Manikmaya wukir | kinanthenan punggawendra ||

8. kang masrahkên dhatêng Sidhikara Rêsi | myang kinèn dhawuhna | kang dadya dosanirèki | miwah tugêlaning asta ||

9. dhinawuhan ambêktakakên dwinèki | têlas sabda nata | tur sandika kang sinung ling | gya sami kalilan mêdal ||

10. Arya Prabu Sudarsana sampun kerid | dhatêng kyana patya | sapraptinira ing jawi | Patih Sutiksna anulya ||

11. dhawuh Arya Danurja sakancanèki | kinèn andhèrèkna | dhatêng Manikmaya wukir | winêling-wêling kang dadya ||

12. dhawuhira Sri Gêndrayana Narpati | Sang Arya Danurja | sandika gya bidhal nuli | kunêng kang lagya wisata ||

13. mangkya gantya kawuwusa garwanèki [gar...]

--- 172 ---

[...wanèki] | Arya Sudarsana | kang nama Dyah Padmasari | nalika amyarsa warta ||

14. lamun ingkang raka ing samangkya tampi | dêdukaning nata | tinundhung saking nagari | myang kinêthok astanira ||

15. duk samana Rêtna Dèwi Padmasari | dahat rudahing tyas | saking kasaput ing sêdhih | satêmah niba kantaka ||

16. dupi wungu pungun-pungun gya lumaris | sêdyaning wardaya | cipta datan sagêd kari | anututi ingkang raka ||

17. tanpa rowang wisata amung pribadi | mung kudhung sêmêkan | tan ketang pringganing margi | saking gêng trêsna mring raka ||

18. duk samana wontên inyanya sang putri | Kèn Walèri nama | duk umiyat gustinèki | wisata sarwi karuna ||

19. Kèn Walèri gupuh dènira nututi | sotaning tyasira | tarlèn mung nêdya umiring | sapuruging gustinira ||

20. samangkana wisatanira sang dèwi | dènnya sumusula | saking adrênging panggalih | tan dangu sampun kacandhak ||

21. wontên sajawining praja duk umèksi | dhatêng ingkang raka | tan mawi rêringa maring | sakathahing wadyabala ||

22. tan sarănta gupuh dènira bondhèti | dhatêng ingkang raka | sarwi lara-lara nangis | sêsambat amêlasarsa ||

23. karya trênyuh tyasing wadya kang umiring | dene tan anyana | sang dyah sagêd anututi | sira Sang Arya Danurja ||

24. langkung wêlas myarsa sambatnya sang dèwi | mila sigra dhawah | kèndêla dera lumaris [lumari...]

--- 173 ---

[...s] | wontên sangandhaping wrêksa ||

25. pinggir margi duk wus sarèh sawatawis | gyanira udrasa | sang rêtnayu Padmasari | miwah Arya Sudarsana ||

26. tan rinuwi sêsambatira sang kalih | kyèhnya kang miyarsa | samya ngrês duk aningali | wusnya rêrêm sawatara ||

27. Sang Danurja parentah kinèn lumaris | daya-daya prapta | anèng Manikmaya giri | ing marga tan winursita ||

28. sapraptaning wukir Manikmaya nuli | katur sang pandhita | ywan wontên duta narpati | saking nagari Ngastina ||

29. lawan wayah sang arya prabu sarimbit | ya ta sang pandhita | langkung kagyat duk miyarsi | karaosing driyanira ||

30. tan darana nulya kinèn ngancarani | gya laju tumama | mring sanggar unggyan sang rêsi | Arya Prabu Sudarsana ||

31. lan kang garwa gupuh dènira nungkêmi | padanya sang tapa | sarwi lara-lara nangis | sêsambatnya mêlasarsa ||

32. ingkang eyang Sang Sidhikara Maharsi | trênyuhing tyas dahat | duk miyat wayah sarimbit | cipta ywan antuk dêduka- ||

33. nirèng raka Sri Gêndrayana Narpati | gupuh atêtanya | adhuh wayah ingsun kaki | paran kang dadya karana ||

34. karunanta karya kagyating tyas mami | dene sira prapta | sarimbit atawan tangis | sarta ingiring punggawa ||

35. payo nuli sajarwaa ingkang dadi | darunèng rudita | sang arya prabu duk myarsi | pandangunira kang eyang ||

36. datan sagêd umatur mung tansah nangis | pakèwêd kang dadya [da...]

--- 174 ---

[...dya] | aturira mring sang rêsi | sang pandhita saya dahat ||

37. ribêding tyas tan wrin darunaning kingkin | anulya Sang Arya | Danurja ngaturkên gipih | dhawuh timbalan sang nata ||

38. purwa madya wasana pan sampun titi | Rêsi Sidhikara | langkung sungkawa tan sipi | rawat waspa marawayan ||

39. gya tumênga sarwi ngunjal uswanèki | gung karănta-rănta | puwara mupus ing pasthi | pastha[12] pêpasthèning dewa ||

40. ala ayu datan kêni dèn singkiri | Rêsi Sidhikara | nabda amangsuli ririh | ywan wus dadya karsa nata ||

41. botên langkung amung anuwun kapundhi | Sang Arya Danurja | amit sampun jinurungi | gya budhal sapanêkarnya ||

42. rinuwiya Sang Sidhikara Maharsi | sapêngkêring duta | tan pêgat muja sêmèdi | mêminta aksamèng dewa ||

43. anuwunkên waluyanira sang pêkik | wignyaa waluya | pulih malih astanèki | kadya duk suwaunira ||

44. lah ing kana sang rêsi sampun angsal sih | parmaning jawata | katarima pudyanèki | prapta Hyang Kanekaputra ||

45. saking wiyat sang rêsi gya mangênjali | Hyang Naradha nabda | wruhanta hèh kaki rêsi | Sidhikara praptaningwang ||

46. ngêmban timbalannya Sang Hyang Utipati | kinèn maringêna | marta kamandhanu warih | minăngka usadanira ||

47. wayahira Prabu Sudarsana kaki | kinarya mulihna | kang tugêl astane kadwi | dhawuhe Hyang Girinata ||

48. lan maninge ywa dadi [da...]

--- 175 ---

[...di] tyasira yêkti | prakara wayahnya | Arya Sudarsana dening | tămpa dêdukaning kadang ||

49. iku sajatine pan uwis pinasthi | karsaning jawata | mung kinarya anyêpuhi | subratane wayahira ||

50. marmanira cinoba mring dewa luwih | awit nora lawas | têmbe wayahira kaki | Arya Prabu Sudarsana ||

51. bakal anampani ganjaran linêwih | nugrahaning dewa | anggêntèni madêg aji | mêngkoni praja Ngastina ||

52. têlas dhawuhira Hyang Kanekasiwi | Rêsi Sidhikara | myang putra Sadhana wasi | miwah Prabu Sudarsana ||

53. duk miyarsa dhawuhe Hyang Utipati | kang kadya mangkana | umatur nuwun kapundhi | dhêku konjêm ing bantala ||

54. patrapira lir mêmuja mring dewadi | Bathara Naradha | nulya muksa tan kaèksi | ya ta Rêsi Sidhikara ||

55. nulyambuka cupu ingkang mèsi warih | kamandhanu marta | ingusadakkên tumuli | èpèk-èpèk dwi pinasang ||

56. siniram ing marta kamandhanu warih | sanalika nulya | mulya kadya wingi uni | karya sarkaraning driya ||

33. Dhandhanggula

1. ya ta Rêsi Sidhikara tuwin | ingkang wayah miwah garwanira | dahat sokur mring dewane | mangkya gantya winuwus | amangsuli laksitanèki | duta Arya Danurja | sapanêkaripun | ing marga tan winursita | mangkya sampun praptèng Ngastina nagari | laju tumamèng pura ||

2. umarêk ing byantara [bya...]

--- 176 ---

[...ntara] narpati | kerid dhumatêng Patih Sutiksna | praptaning ngarsa sang rajèng | Arya Danurja matur | saaturnya sang maha yêkti | Maharsi Sidhikara | aturira turut | purwa praptaning wasana | Prabu Gêndrayana dupi amiyarsi | turing Arya Danurja ||

3. dahat ngungun gêtun sêmunèki | ing wêkasan nata rawat waspa | mèngêt dhumatêng kadange | mung sajuga tur sampun | sami lola tanpa sudarmi | têka kasupèn dahat | pamatraping ukum | datan mawi sawatara | duk samana bibaran dènnya siniwi | Arya Danurja muwah ||

4. Patih Sutiksna sakancanèki | sadayanya wus kalilan mêdal | sri nata malbèng pura ge | pra wadya samya mantuk | sowang-sowang mring wismanèki | rêke gantya winarna | duk antuk dwi tèngsu | rinuwi kumaranira | Prabu Drawilaka myang kumaranèki | wadya raksasa nama ||

5. ditya Wandagêni duk ing nguni | sasirnane kumaranirarya | Ardhawalika sêdene | nênggih kumaranipun | wil Triwanda dening sang pêkik | Nararya Sudarsana | nalika puniku | kumarèng Sri Drawilaka | pirêmbagan kalawan ditya Wandagni | ywan ing samangkya arsa ||

6. mangrabasa Ngastina nagari | dene karsanira sanadyana | tumêkèng sirna ing têmbe | sok ugi wus kalaku | ngrisak praja myang jroning puri | miwah nêdya sampyuha | kalawan Sang Prabu | Gêndrayana sawadyanya | arsa dèn jur linêbur aywana kari | lah

--- 177 ---

ing kana rasaksa ||

7. Wandagêni sampun dèn dhawuhi | angêtoga ing kasêktènira | karana lampah samangke | kantun pungkasanipun | botên badhe ming kalih kardi | mangkana aturira | Wandagêni diyu | dhuh pukulun ywan panujwa | karsa nata paduka langkung prayogi | amaliha dirada ||

8. laju ngamuk dhatêng păncaniti | katujua dintên pasewakan | dene amba kang ngrabasèng | pura sarana latu | bokmanawi sawastu dadi | karang tunu sadaya | myang saisinipun | samêndhang măngsa kantuna | mung punika pukulun pamanggih patik | kajawi karsa nata ||

9. Prabu Drawilaka duk miyarsi | pratikêlnya Wandagni raksasa | dahat pinujwèng driyane | kala samana laju | bidhal dhatêng Ngastina nagri | sampun warni dirada | kalangkung gêngipun | ngungkuli dirada wantah | dene ditya Wandagni mêsat wiyati | nut lampahing maruta ||

10. sêdyanjangkung saluhuring puri | ing Ngastina kunêng lampahira | mangkya gênti caritane | ing Manikmaya gunung | arya prabu sagarwanèki | tansah botên sakeca | ing panggalihipun | yèn siyang tan arsa dhahar | datan nendra sang arya kalaning wêngi | marmanira mangkana ||

11. dahat onêng mring raka narpati | miwah dahat sandeyaning nala | jroning cipta kadya badhe | wontên bêbaya rawuh | kang mrih curna Ngastina nagri | lah ing kana sang arya | umarêk sang wiku | Rêsi

--- 178 ---

Sidhikara minta | pamit arsa sowan dhumatêng nagari | karana tyas sandeya ||

12. dhatêng raka nata bokmanawi | kalampahan amanggih bêbaya | awit nguni kumarane | Sang Drawilaka Prabu | taksih ngănta-ănta sang aji | mangkya tuhu tan ana | kang pantês têtulung | anglampahi lara pêjah | kajawi mung sariranira pribadi | sang wiku lon maluya ||

13. wayah ingsun Sudarsana kaki | kaya paran anggèr pêthanira | lamun sira bali manèh | karana jêng sang prabu | nguni bangêt dukanirèki | marang ing jênêngira | kalakon tinundhung | sira saka ing Ngastina | sarta astanira kadwi dèn kêthoki | lawan ing mangko sira ||

14. durung lawas waluyanta kaki | bokmanawa atêmahan krangkat | têmbe dadi lara manèh | prayoganira kulup | sarèhêna tyasira kaki | apa manèh sanadyan | sirèku umantuk | mring Ngastina angantia | timbalane kakangira sri bopati | yèn èngêt marang sira ||

15. sêdhêng astanira mulya jati | dadya datan akarya sandeya | marang ing tyas ingsun kiye | Sang Sudarsana Prabu | duk miyarsa sabdèng sang rêsi | kêdah drêng karsanira | tan kenging sinayut | sigra matur mring kang eyang | dhuh jêng eyang mênggah kang dadya tur patik | parêng botên parênga ||

16. kawula kêdah anyuwun pamit | mring Ngastina ing dintên punika | raosing tyas amba dene | dahat sandeyèng kalbu | sanadyana [sana...]

--- 179 ---

[...dyana] tumêkèng lalis | saèstu amba têmah | labêt kadang sêpuh | wau ta Sang Sidhikara | duk miyarsa aturing wayah sang pêkik | langkung èmêng ing driya ||

17. dangu-dangu nulya dèn lilani | nanging saking sandeyaning nala | dhatêng wayah sang wiranèm | puwaranya sang wiku | sêdya ngatêr laksitanèki | Sang Arya Sudarsana | tan winarnèng ênu | sang wiku anulya bidhal | dene ingkang garwa Dèwi Padmasari | kantun wontên pratapan ||

18. kunêng lampahira sang maharsi | lawan wayah Prabu Sudarsana | ganti winursita malèh | ing Ngastina praja gung | nujwèng ari Rêspati Manis | Sang Prabu Gêndrayana | siniwakèng wadu | pêpak sagung wadyabala | datan ewah kadya saban-sabannèki | samana sri pamasa ||

19. angandika mring Sutiksna Patih | pan makatên sabdanira nata | kakang sotèng tyas sun mangke | têka onêng satuhu | mring riningsun kang kawlasasih | yayyarya Sudarsana | nanging lamun ingsun | têdhaka mring Manikmaya | sayêktine boya kalakon wit dening | sun rasa upamanya ||

20. yèn mandira jênêng ingsun iki | gung aluhur yayah kayu gurda | yayi Sudarsana kuwe | upamanya dhêdhukut | ingkang tuwuh ing pèrèng miring | sayêkti luwih nistha | saru yèn dinulu | dene yayi Sudarsana | upamanya ingsun timbalana yêkti | pinilaur pralaya ||

21. awit merang cacad astanèki | nalikane nampani pidana | kya

--- 180 ---

patih nêmbah ature | dhuh pukulun sang prabu | kasinggihan dhawuh narpati | mênggah rayi paduka | Sudarsana Prabu | sayêkti inggih mangkana | dèn pilalah ngantos tumêka ing lalis | yèn ta malih wangsula ||

22. mring Ngastina jêr tuwan pribadi | ingkang kêkirangan titipriksa | matrapkên pamidanane | puwara traping kukum | atumpangso dhawahing adil | nir paramartanira | mung nut ardèng kalbu | midana datanpa kira | tur salêrêsipun dèrèng katrap taksih | kanthi angêmu rasa ||

34. Kinanthi

1. mila tan prayogi tuhu | manawi paduka gusti | lumuh mring aturing wadya | măngka kalêbwèng palupi | cacading nata punika | yèn pariksa kirang titi ||

2. de kaluhuraning ratu | ywan kathah wadyanirèki | ingkang sami wicaksana | miwah wadya bèr kuwanin | ambêk sura sasaminya | dene ingkang katrinèki ||

3. wadya ingkang bratanya gung | sakawan punika pasthi | dadya kluhuraning nata | ingkang waskithèng sakalir | catur wadya ingkang guna | wiweka ing agal alit ||

4. ambêk nawung kridha putus | marang basa tatakrami | punika pantês kagêma | ing saatur-aturnèki | mung punika sri pamasa | kautamèning narpati ||

5. catur prakawis saèstu | yèn tinilar botên kenging | pukulun manawi tilar | saking sakawan prakawis | saèstu kenging sinêbat | cacad kang agêng sayêkti ||

6. ya ta mangkana sang prabu | duk [du...]

--- 181 ---

[...k] miyarsa turing Patih | Sutiksna ingkang mangkana | sapandurat datan angling | karana raosing driya | lêrês tan ana kang sisip ||

7. duk samana datan dangu | dènira aginêm kawis | kasaru ing rawuhira | kang eyang Gêndara Aji | Sang Aprabu Gêndraprawa |[13] karya kagyatnya sang aji ||

8. umiyat ing rawuhipun | kang eyang Sri Gêndara Ji | têka anêlangke datan | botên mawi dèn aturi | ing kana sri nata têdhak | gurawalan angurmati ||

9. duk samana sarêng tundhuk | ingancaran lênggah nuli | wus sira atata lênggah | gya sinambramèng pambagi | Maha Prabu Gêndrayana | angrêrêpa turirèki ||

10. bagya kamayangan tuhu | rawuh paduka mariki | nalangke tan ingaturan | akarya gitaning lyali | bokmanawi wontên karsa | jêng eyang ingkang wigati ||

11. dene eyang rawuhipun | datan cêcala rumiyin | ya ta Prabu Gandraprawa |[14] mangsuli aturira ris | manis winor manuhara | dhuh anggèr sotyaning bumi ||

12. botên katênta pukulun | ywan wontên karya wigati | mung dahat onêng kawula | dhatêng padukendra gusti | duk pun kaki wontên praja | raosing tyas kêtir-kêtir ||

13. wontên paribasanipun | yèn siyang tan pati bukti | yèn ratri tan arsa nendra | marma klampahan pun kaki | akadhêmpalan mrih prapta | prajèng Ngastina puniki ||

14. saking dahat onêngipun [o...]

--- 182 ---

[...nêngipun] | dhumatêng paduka aji | manawi wontên bêbaya | kumêdah mirsa pun kaki | têlas turnya Sri Gêndara | Sri Gêndrayana duk myarsi ||

15. kang eyang andikanipun | dahat ing pangungunnèki | puwara gangya[15] wêwarta | kawontênaning praja di | sakondurira kang eyang | dumugi panundhungnèki ||

16. Sang Sudarsanarya Prabu | miwiti malah mêkasi | duk samana lagya eca | dènira imbalan angling | ing kana Sri Gêndraprawa | langkung ngungun duk miyarsi ||

17. dene ngungunipun wau | dene ta elok sayêkti | gêgêtunira ing driya | de rinta sri narapati | Arya Prabu Sudarsana | ingukum tan sawatawis ||

18. nihan sapantara dangu | duk eca imbalan angling | kasaru gègèr kapyarsa | puyêngan pating jalêrit | kadya gabah ingintêran | wontên dirada mêta ngrik ||

19. tanpa sangkan dhatêngipun | prapta laju mobat-mabit | singa katarajang bubar | ting salêbar ngungsi urip | giris myat dirada nyarap | waringutên solahnèki ||

35. Pangkur

1. ing wuri miwah ing ngarsa | griya-griya risak ingobrak-abrik | têtiyang pating bilulung | lumajêng asar-saran | ngungsi sowang-sowang samya rêbut dhucung | kang kacandhak mring dipangga | ingabên lan wrêksa lalis ||

2. mangkana punang dirada | saya liwung pamuknya gêgirisi | lah ing kana botên dangu | punang dirada kurda | ngênêr dhatêng păncaniti lampahipun [la...]

--- 183 ---

[...mpahipun] | ngobrak-abrik pasowanan | samya swuh abosah-basih ||

3. lêbur tumpur ting sulayah | lah ing kana Sri Gêndrayana Aji | miwah kang eyang Sang Prabu | Gandaprawa Gêndara | myang punggawa Ngastina gung alit gugup | arsa nanggulang dirada | tan dangu dirada prapti ||

4. nêmpuh mring para punggawa | kang kacandhak sirna sing dêntanèki | tinlale binuwang sêbrung | wênèh wontên kantaka | sinawatkên dhawah ing wrêksa gung-agung | ya ta Prabu Gêndrayana | dahat ing dukanirèki ||

5. saksana mangsah priyăngga | mêthukakên pamukira sang èsthi | punang dirada duk dulu | mring Prabu Gêndrayana | saya liwung dahat sru bramantyanipun | dirada gya tiwikrama | gêngira kagiri-giri ||

6. prasasat prabata suta | têlalenya lir pendah carat warsi | lir widyuta dêntanipun | gêrêng gora swaranya | karya giris sakyèhning ingkang karungu | pangêmprètirèng dirada | yayah balêdhèg sakêthi ||

7. ing kana Sri Gêndrayana | sinandêr ing èsthi kang bêbayani | kacandhak tinlale gupuh | kinêplèkkên ing kisma | gya dèn idak ingilês-ilês ing suku | tinon dahat kawlasarsa | ngalumpruk sariranèki ||

8. yayah tan wignya gulawat | saking sangêt pamasuhing kang èsthi | agêmanira sang prabu | jêjamang karnantera | miwah katga saha punang kêlatbau | samya malêsat ing angga | sri nata ciptanirèki ||

9. amung tumêkèng [tumê...]

--- 184 ---

[...kèng] antaka | nanging rèhne sri nata mangkya taksih | jinangkung ing jawata gung | mila datan pralaya | namung lêsah ngalumpruk saengga kapuk | mangkana punang dirada | tan kêndhat pangamuknèki ||

10. dhatêng Prabu Gêndrayana | pinrih lalis nanging tan têkèng lalis | mangkya gantya kang winuwus | nênggih laksitanira | Rêsi Sidhikara lan Sang Arya Prabu | Sudarsana dupi prapta | jroning Ngastina nagari ||

11. langkung kagyat dupi mulat | kyèhning janma gègèr pating jalêrit | kadya binujung ing mungsuh | ya ta Sang Sudarsana | gya têtanya kang dadya karananipun | dera lumayu sar-saran | kang dinangu tur upaksi ||

12. matur yèn praja Ngastina | ing samangkya gègèr katêkan èsthi | praptanya laju angamuk | mring punggawèng Ngastina | pra wadyendra kathah kang tumêkèng lampus | malah raka padukendra | tiwas ingamuk mring èsthi ||

13. ingilês-ilês ing kisma | ing samangkya nèng bacira kang èsthi | taksih ngamuk mring sang prabu | ya tarya Sudarsana | riwusira têrang pamiyarsanipun | yèn kang raka păncakara | lawan èsthi bêbayani ||

14. kadgadèng tyas gya umêsat | tiningalan lampahnya kadya thathit | sang rêsi kapitèng kalbu | nututi gurawalan | duk sang wira dupi praptèng alun-alun | umiyat yèn ingkang raka | dèn obat-abitkên èsthi ||

15. Prabu Sudarsana dahat | bramantyanya mung sumêdyambelani | saksana [saksa...]

--- 185 ---

[...na] gupuh manrambul | duk parêk sang dwipăngga | gya cinandhak tulalenira akukuh | gajah polah datan obah | tinapuk sirahirèki ||

16. pêcah rahira dêladag | gajah sirna kuwănda tan kaèksi | mangkana Sang Arya Prabu | Sudarsana wusira | nyirnakakên kang dwipangga dhawah kantu | kantaka supe ing purwa | duksina ya ta Sang Rêsi ||

17. Sidhikara dupi prapta | păncaniti kapanggih lan sang aji | ing Gêndara miwah sagung | punggawa ing Ngastina | ingkang mêntas nanggulangi pamukipun | punang dwirada kang mêta | tundhuk gya warti-winarti ||

18. tantara nulya lumampah | mring bacira sumêdyarsa ningali | mring wayah dènira campuh | yuda lawan dwipangga | dupi prapta samadyaning alun-alun | miyat dwipangga wus sirna | nanging kang wayah kêkalih ||

19. kapanggih sami kantaka | Prabu Gandaprawa miwah sang rêsi | miwah punggawa sadarum | samyanjêrit karuna | wit dinalih sri nata tumêkèng layu | gya samya nungkêmi pada- | nira jêng sri narapati ||

20. tan dangu nulya binêkta | dhatêng păncaniti kadwi kang kanin | sapraptaning sitiluhur | Sang Rêsi Sidhikara | nulya ngambil tirta marta kamandhanu | siniramkên mring kang wayah | kadwi dupi sampun kêni ||

21. punang kamandhanu tirta | kadwinira apungun-pungun sami | wus èngêt kadya suwau | ya ta Sri Gêndrayana | kagyat dangu dhumatêng sang mantringayun | he kakang Patih Sutiksna | sapa

--- 186 ---

kang tulung mring mami ||

22. Patih Sutiksna manêmbah | ari tuwan kang rawuh mandhêm èsthi | Sang Sudarsanarya Prabu | nata dupi umiyat | mring rayindra dahat arsayaning kalbu | gya rinangkul lungayanya | kumêmbêng waspa drês mijil ||

23. Arya Prabu Sudarsana | rawat waspa tumungkul mangênjali | eyang dwi myang punggawa gung | samya bela karuna | tan antawis dangu Sidhikara Wiku | miwah Prabu Gandaprawa | agêntos warti-winarti ||

24. awit lêlampahanira | saking praja miwah saking ing wukir | dumugi sasirnanipun | kanang dirada durta | tinuturkên kang miyarsa samya ngungun | puwara sokur ring driya | wusnya mangkana anuli ||

25. bibaran saking paseban | Prabu Gêndrayana tumamèng puri | kang eyang kadwi tumuntur | miwah ari sri nata | Arya Prabu Sudarsana datan kantun | samya tumama ing pura | umantuk kang wadya aji ||

36. Durma

1. sêkar Durma gumantyèng yudakênaka | ing mangkya kang rinuwi | ing warsa anggila | ing nalika punika | antawis mung lêt saari | lan sirnanira | tekang dwipangga putih ||

2. sri pamasa duk arsa boga drawina | lawan kang eyang kadwi | miwah ari nata | Sang Arya Sudarsana | miwah sakyèhning wadya ji | duk wus samêkta | adan prasamya bukti ||

3. tan winarna ramening kang suka-suka | duk lagya anêngahi | ramening drawina | kasaru myarsa swara | gègèr ing sajroning puri | para parêkan |

--- 187 ---

pating balêbêr wingwrin ||

4. samya mêdal lumajêng mring pasewakan | tur uninga sang aji | ywan sajroning pura | wontên dahana mubal | tanpa sangkan praptanèki | langkung agêngnya | ambêsmi jroning puri ||

5. ya ta sri narendra miwah ingkang eyang | Sang Sidhikara Rêsi | myang Sri Gandaprawa | miwah para punggawa | gugup samya manjing puri | praptaning pura | punang dahana kèksi ||

6. ngalad-alad angèbêki dhatulaya | mangkana sri bopati | kontrang-kantring dahat | gya ngimpuni pra garwa | putra myang sèsining puri | kang dèrèng kobar | nanging kantun sakêdhik ||

7. duk samana Prabu Gandaprawa muwah | Sang Sidhikara Rêsi | sami matak măntra | mrih sirêping dahana | nanging dahat tanpa kardi | punang dahana | tan mêndha sayandadi ||

8. mubalira yayah sundhul ing akasa | wisma sajroning puri | wus brastha sadaya | pamuking kang pawaka | sansaya kagiri-giri | gêrêng swaranya | tinon sulaking agni ||

9. ngalad-alad yayah kang arga dahana | kawuwusa Sang Rêsi | Sidhikara miwah | Sang Prabu Gandaprawa | kadwi wus sirna kabasmi | gya wontên swara | jumêgur ing wiyati ||

10. gorèng swara angèbêki sabuwana | măngka pratandhanèki | sampurnèng kamuksan | ya ta Patih Sutiksna | miwah para punggawa ji | sadaya datan | bakit ananggulangi ||

11. ardanirèng dahana dadya prasamya | umarêk [umarê...]

--- 188 ---

[...k] mring ngarsa ji | ngaturi uninga | ywan kadwi eyang nata | Rêsi Sidhikara tuwin | Sri Gandaprawa | samya muksa kabêsmi ||

12. lah ing kana Maha Prabu Gêndrayana | dahat dènnya rudatin | tan dangu sri nata | amarpêki dahana | pra punggawa samya ngiring | sandeyaning tyas | manawi sri bopati ||

13. kasalad ing dahana kang ngalad-alad | saha kuwatos bilih | sri natarsa bela | umanjing jro dahana | mila arindra sang pêkik | Dyan Sudarsana | datansah wontên wingking ||

14. ngira raka nata datan kenging pisah | duk parêk lawan agni | Prabu Sudarsana | dahat sungkawanira | kèngêtan muksanirèki | sang parampara | Sidhikara Maharsi ||

15. lawan Prabu Gandaprawa ing Gêndara | ya ta Gêndrayana Ji | duk arsa umangsah | nyirêp punang dahana | Sang Sudarsana anuli | ngêningkên cipta | sigra dènnya sêmèdi ||

16. astanira sêdhakêp asuku tunggal | amuntu ciptanèki | nutupi babahan | nawa sasanga muwah | ngêningkên păncadriyèki | èsthining karsa | minta sirnaning agni ||

17. lah ing kana katarima pujanira | tan dangu punang agni | sirna sanalika | ya ta Sri Gêndrayana | miwah para punggawa ji | kagèt ing driya | dènira aningali ||

18. kang dahana sirna datanpa karana | duk manolèh ing wuri | sri narendra kagyat | karana kawistara | kang dadya sirnaning agni | saking arindra | taksih

--- 189 ---

mêsu sêmadi ||

19. sri pamasa miwah sakyèhning punggawa | dahat sukanirèki | dadya sri narendra | gupuh mrêpêki rinya | rinangkul jangganirèki | kinuswa-kuswa | ngandikanya rum manis ||

37. Dhandhanggula

1. sinung sabda manuhara manis | dahat dènira mangêla-êla | yayah mêmalat driyane | dhuh babo ariningsun | Sudarsana ingkang sayêkti | kadangira pun kakang | dhuh dhuh yayi prabu | apa kang sun walêsêna | marang sira dene dahat wanti-wanti | utang urip mring sira ||

2. Arya Prabu Sudarsana dupi | amiyarsa sabdanya kang raka | sigra ngudhari astane | gya nêmbah sartandhêku | nèng ngarsendra konjêm ing siti | mangkana kawuwusa | lagya imbal wuwus | kasaru ing rawuhira | Hyang Naradha tumurun saking wiyati | kagyat ingkang tumingal ||

3. samya konjêm mabukuh ing siti | angurmati mring Sang Hyang Naradha | kadya sêmèdi patrape | Hyang Naradha gya dhawuh | dhawuhakên timbalannèki | Sang Hyang Jagad Wasesa | dhumatêng Sang Prabu | Gêndrayana myang arindra | sabdanira hèh yoganing ulun kaki | wruhanira kang dadya ||

4. praptaningsun mring Ngastina iki | ngêmban timbalan Hyang Girinata | ingsun kinèn dhawuhake | dêduka mring sirèku | awit Sang Hyang Wisesa uwis | waskitha marang sira | miwah Sang Hyang Guru | wus pana mring solahira | apadene sira duk mau wis angling | rumăngsa kapotangan ||

5. urip arsa [ar...]

--- 190 ---

[...sa] malês mring rinèki | iya kaki Prabu Sudarsana | ing samêngko ingsun kinèn | amundhut nyatanipun | dera arsa malês rinèki | awit ing nguni sira | wus kalakon tuhu | inguripan mring rinira | nganti ping nêm pratelane siji-siji | kang dhingin arinira ||

6. nyirnakake ditya wadyanèki | rasaksendra Prabu Drawila |[16] ing Nungsa Kambana anèng | madyèng alas rumuhun | kapindhone arinirèki | anyirnakake ditya | rasêksi lan diyu | kang padha amalih rupa | mindha endhang kalawan brahmanèng wukir | padha tur-atur jênang ||

7. iya iku kadwi dutanèki | Prabu Drawilaka raksasendra | kinèn anyidra karyane | dene kang kaping têlu | arinira wus akarya nir | turăngga ingkang saka | nangkoda ing ênu | kang sajatine nangkoda | iku ditya mrih juti amindha warni | dene arupa kuda ||

8. kumaraning Ardawalika wil | arinira Prabu Drawilaka | kang murih pati sêdyane | mring sira de ping catur | arinira dene wus bakit | nyirnakake taksaka | nèng jroning kadhatun | yèn ajaa arinira | kaki Arya Prabu Sudarsana nuli | sumurup mring taksaka ||

9. garwa saputranira amêsthi | sida sirna pakartyèng taksaka | wasanane parandene | sirèku dadi kolu | amidana marang rinèki | tan nganggo sawatara | bêbasanirèku | apatrap sawênang-wênang | tanpa

--- 191 ---

tolih marang kadang jalu siki | dadi wun têtêp sira ||

10. ratu tanpa parikrama yêkti | datan nganggo titi lan pariksa | sêpi ing paramartane | dene ping limanipun | sira lawan sawadyanèki | dèn amuk ing dirada | uga èsthi iku | sirna saka arinira | tur ing nguni mêntas sira pisakiti | kinêthok astanira ||

11. sajatine kang arupa èsthi | ditya ingkang măngka satrunira | iya iku kumarane | Sri Drawilaka Prabu | kaping nême arinirèki | nyirnakake pawaka | kang bêsmi kadhatun | ing samêngko nêm prakara | wus kalakon sirna saka rinirèki | dene kang dadya brama ||

12. nuli ngobar puranira kaki | iya ditya panunggalanira | Sri Drawilaka arane | ditya Wandagni iku | buta julig anglêluwihi | tur sêkti măndraguna | prawira ing kewuh | manjing ajur ajèr bisa | amancala sakalir kang dèn karêpi | prandene bisa sirna ||

13. dening rinta marmanira kaki | têgêsira sira kapotangan | urip rambah kaping nême | mring rinira satuhu | lah ta apa piwalêsnèki | mara nuli têkakna | mumpung nèng ngarsèngsun | sun arsa anêksènana | têlas sabdanira Hyang Kanekasiwi | ya ta Sri Gêndrayana ||

14. duk miyarsa pangandikanèki | Hyang Kanekaputra kang mangkana | dadya sungkawèng driyane | cipta ywan antuk bêndu- | ning jawata ingkang linuwih | langkung panalangsanya [panalang...]

--- 192 ---

[...sanya] | puwara umatur | angrêrêpa rawat waspa | aturira mêlasasih ngasih-asih | dhuh sang maha bathara ||

15. mênggah dhawuh paduka sakalir | èstu lêrês tan wontên kang lêpat | purwa praptèng wasanane | mung kawula satuhu | ingkang dahat manawung sisip | mring sang maha bathara | miwah yayi prabu | rèhning kawula samangkya | wus rumaos manawi kawula tampi | dukèng Hyang Girinata ||

16. dhuh pukulun tan langkung samangkin | pun Gêndrayana amung atadhah | nênggih pangupadrawane | sang maha bathara gung | saupami dipun dhawuhi | papa papa punapa | kawula jumurung | mung nêdya lumaksèng titah | bilih dhawah ing pêjah pêjah punapi | kang amba lampahana ||

17. nadyan ajur luluh katiyub ing | kumêndhang pun Gêndrayana datan | pisan-pisan bilih badhe | amingkarèng satuduh | sayêkti mung badhe nglampahi | sapudhêndhaning dewa | têlas sabda prabu | Sang Hyang Naradha ngandika | kaki prabu sokur manawa sirèki | wus wikan sisipira ||

18. yèn mangkono tampanana nuli | dêdukane Sang Hyang Girinata | iya samangko karsane | sira mangkya linungsur | karaton ta Ngastina nagri | nuli sira babada | karya praja besuk | ana alas ing Mamênang | sarta nora kalilan sumêne malih | kudu mangkat samangkya ||

19. sagarwa putranira ywa kari | apadene prajanta Ngastina | atas saka ing karsane | Hyang Girinata tuhu |

--- 193 ---

pinaringkên arinirèki | Ki Prabu Sudarsana | jumênênga ratu | binatharèng nungswa Jawa | dene sira mangko narimaa dhingin | anèng ngalas Mamênang ||

20. nênuwuna mring dewa linuwih | bokmanawa têmbe katarima | dewa paring aksamane | dhawuhe Sang Hyang Guru | sira klilan anggawa Patih | Sutiksna sakancanya | punggawa kang sêpuh | marma mangkana wruhanta | Si Sutiksna ing têmbe bakal mijèni | putrèstri panuksmanya ||

21. apsari kang panêngran Dèwi Sri | dene sira puwaranya bakal | nuwuhake putra têmbe | jalu panuksmanipun | Sang Hyang Wisnu jumênêng aji | arana Narayana | wus pinasthi tuhu | dadi jatukramanira | lan sutane Patih Sutiksna sayêkti | iku ing têmbe bakal ||

22. nurunake wijining para ji | nungswa Jawa praptèng punghaskala | dene kang dadi patihe | arinta kaki prabu | arinira Sutiksna Patih | aran Arya Sunjaya | iku wêkas ingsun | ing têmbe turunanira | dadi siji lan turune rinirèki | tulus bawani Jawa ||

23. lah ta mara payo kaki aji | Gêndrayana lamun dhasar sira | mituhu marang dewane | nuli mangkata gupuh | ywa kasuwèn kudu saiki | yèn sirarsa mingkara | sayêkti tan ayu | kadadak ing sapudhêndha- | ning jawata bineda sipatirèki | lawan janma manusa ||

24. samangkana Sri Gêndrayana Ji | miwah sakyèhning para punggawa | ingkang [ing...]

--- 194 ---

[...kang] samya myarsakake | Hyang Nradha dènnya dhawuh | têmah sami dahat gêng kingkin | mung tansah rawat waspa | dangu-dangu mupus | wus pêpasthèning jawata | mung sumendhe mring karsaning dewa luwih | puwara tur sandika ||

25. Prabu Gêndrayana tandya nolih | dhatêng Patih Sutiksna sawadya | mrih tata-tata bêktane | tanggap kang sinung dhawuh | tan winarna solahirèki | lyanira tata-tata | dupi sampun rampung | Sri Gêndrayana sagarwa | putra wadya ingkang kalilan umiring | pindhah dhatêng Mamênang ||

38. Asmaradana

1. kasmaran dènnya lumaris | tinon dahat kawlasarsa | arêreyongan lampaha |[17] sapêngkêrnya sri narendra | Sang Hyang Naradha nabda | mring Sudarsanarya Prabu | dhuh dhuh kaki Sudarsana ||

2. ywan ing mêngko karsanèki | Sang Hyang Jagadnata sira | mangko pan kinarsakake | dadya nata binathara | anèng praja Ngastina | sarta dèn lilani tuhu | ambawani kang bawana ||

3. lawan sira dèn paringi | nama Prabu Sudarsana | ya Sri Yudayaka katong | iya Prabu Darmayana | dene pêpatihira | Patih Sunjaya ranipun | arine Patih Sutiksna ||

4. miwah sira dèn dhawuhi | mulyakkên pura kang rusak | kang mêntas padha kaobong | ya ta Prabu Yudayaka | manêmbah tur sandika | miwah nguswa padanipun | jawata Sang Hyang Naradha ||

5. wusnya mangkana anuli | Hyang Kanekaputra muksa | ya ta mangkana sang katong [ka...]

--- 195 ---

[...tong] | Maha Prabu Yudayaka | lênggah ing dhampar rukma | siniwèng wadya sawêgung | tan ewah lan ingkang raka ||

6. sigra dhawuh dhatêng patih | kinèn angrakita pura | lir ing nguni miwah kinèn | lêlayu mring Manikmaya | sung warta yèn kang eyang | muksa kabasmaran sampun | myang boyongi ingkang garwa ||

7. Rêtna Dèwi Padmasari | miwah kinèn utusana | mring Gêndara paring wêroh | muksane Sri Gandaprawa | sandika kang sinabdan | mung punika tamatipun | kang nami srat Yudayana ||

8. tinêngêran tamatnèki | sinrat nèng kantor Singkawang | sasêlaning karya gatos | karana ingkang mangripta | duk padununganira | mêningi jaman dahuru | Cina campur lawan Dhayak ||

9. sumêdya mêngsah Kumpêni | dadya kyèhning pênjualan | kathah kang samya dèn èntrèg |[18] kawula piniji karya | nampi sakèh bramastra | purlad ahtêrlan myang pistul | wiwit ing Ogustus wulan ||

10. dumugi Oktobêr tèngsi | jroning warsa kawan wêlas | duk tanggal ping nawa wlase | tuk warta ywan jasat amba | ingêlih kang pakaryan | mantri pulisi ranipun | pindhah dhatêng tanah Banjar ||

11. nanging sanès Banjar nagri | bawah rêsidhèn Banyumas | ing Banjarmasin yêktine | ugi Borneo pulonya | sisih kidul prênahnya | pangkatnya ngêntosi dhawuh | mila mugi koningana ||

 


ăndrawina. (kembali)
ywa. (kembali)
Lebih satu suku kata: lan sun idèni sira. (kembali)
busanane. (kembali)
Andananjaya. (kembali)
sawêgung. (kembali)
Lebih satu suku kata: margi saking kaprabawan. (kembali)
Kurang satu suku kata: nira Risang Arya Prabu. (kembali)
crita. (kembali)
10 tyas. (kembali)
11 Biasanya guru lagu e: anèm. (kembali)
12 pasthi. (kembali)
13 Gandaprawa. (kembali)
14 Gandaprawa. (kembali)
15 gantya. (kembali)
16 Kurang satu suku kata: rasaksendra Prabu Drawilaka. (kembali)
17 Biasanya guru lagu e: lampahe. (kembali)
18 Pada teks asli kata "(suwak)" ditulis di luar gatra. (kembali)