Yudayana, Sastra Utama, 1912, #1615 (Pupuh 16–25)

Judul
Sambungan
1. Yudayana, Sastra Utama, 1912, #1615 (Pupuh 01–15). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
2. Yudayana, Sastra Utama, 1912, #1615 (Pupuh 16–25). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
3. Yudayana, Sastra Utama, 1912, #1615 (Pupuh 26–38). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
Citra
Terakhir diubah: 12-03-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

16. Mêgatruh

1. samangkana pun Umbul Supala wau | lan pun Mitra dèn lilani | dènyarsa tuwi mring dhukuh | Dhadhapan lèring nagari | lampahe tan cinariyos ||

2. wrêdhèng Sambirata Sumayana Umbul | sakancanya dèn dhawuhi | ngondurkên brana sang prabu | jinujugkên wismèng Patih | Sutiksna binaktan wartos ||

3. ingkang tampi dhawuh sandika umatur | samana jêng sri bopati | sapandhèrèknya tri laju | bidhal midêr-midêr malih | sarêng laksitanya anjog ||

4. prênah kidulira ing Jambawa dhusun | samya mandhêg aningali | janma dwi awawan wuwus | ngadêg nèng madyaning margi | kang satunggal muwus songol ||

5. tudang-tuding amalangkrik astanipun | siki dhêku langkung ajrih | nanging tan watawis dangu | kang ajrih gênti malangkrik | muwus sora bêngak-bêngok ||

6. kang satunggal gêntos dhêku andhêkukul | kurmat sakalangkung ajrih | mangkana sadangunipun | gêgêntosan jrihirèki | sang laksita langkung gawok ||

7. sri narendra gumujêng maèsmu ngungun | pangandikannya sang

--- 70 ---

aji | hèh Karma janma dwi iku | dera samya wawan angling | gênti unggul gênti asor ||

8. lah wawasên kalawan ngèlmumu calung | baya ana ingkang mawi | sabab jroning kisma iku | apa ta isinirèki | Juragan Karma wotsinom ||

9. sigra dènnya mawas saking ngèlmu calung | tan dangu matur sang aji | dhuh pukulun kang kadulu | jroning kisma wontên kêris | langkung sae mawi pamor ||

10. milanira janma kêkalih puniku | gêntos unggul gêntos ajrih | sadangunya wawan wuwus | gêgêntosan angidêki | lêrês panggenaning pamor ||

11. Prabu Gêndrayana nuntên gêntos dulu | trawaca sajroning siti | kang kèdêkan janma wau | wontên curiga satunggil | lêligan kalangkung elok ||

12. nata nulya mrêpêki kang wawan wuwus | arya dwi tansah umiring | Juragan Karma tan kantun | samya myarsakkên dera ngling | janma dwi kang apadudon ||

13. janma kadwi tan wikan lamun sang prabu | tan keguh dèn parêpêki | ngeca-eca dènnya nganyur | mangkana wicaranèki | kang ngadêg wuwuse songol ||

14. hèh samangko sira kudu nêmbah mring sun | karana ingsun tan wêdi | mring sira lamun sirèku | tan mituhu prentah mami | yêkti sira ingsun gorok ||

15. ingsun pocok utamangganira tuhu |

--- 71 ---

lawan sira kudu gêlis | rikatna ilining banyu | iki kang tutug ing dèsi | ing Karja panggonan ingong ||

16. kang sajuga angrêrêpa wuwusipun | dhuh dhuh inggih kakang inggih | sawastu kula pituhu | punapa sarèhirèki | kula lampahi kemawon ||

17. andupara yèn kula nêdya apurun | mring pun kakang kang sinêkti | tatag tur tanggon ing tangguh | măngka kula tanpa kanthi | sêpên sarananing pupoh ||

18. tan watawis dangu ingkang kasor wau | mingsêr-mingsêr angidêki | pênêr pêpêndhêman dhuwung | ngadêg nyat amalangkêrik | sarwi muwus mêwês ing wos ||

19. hèh hèh babo apa abamu amuwus | maringsun anggêre muni | apa kokira wak ingsun | dinalih wêdi sayêkti | mring dhapurmu lir cobolo ||

20. mangan têki pêpatutmu anaruthuk | mara cobanên saiki | ayonana kadibyanku | sayêkti sira kapusthi | sirna dening tangan ingong ||

21. malah mêngko sira anêmbaha gupuh | maringsun sarta dèn aglis | bantêrna ilining ranu | maring Ngentaenta dèsi | saêloring Karja dhukoh ||

22. lamun sira nora nuli amituhu | mring sapangrèh ingsun iki | yêkti sun tigas murdamu | răndha bojonira mêsthi | babo aywa kêlap-kêlop ||

23. lah ing kana tiyang ingkang mêntas unggul [ungg...]

--- 72 ---

[...ul] | gêntos dhêku wuwusnèki | dhuh dhuh inggih adhi sampun | aywa sandea ing galih | sarèh dika kula rojong ||

24. anglêngkara manawi pun kakang purun | mingkara dhatêng pun adhi | awit sotaning tyas ingsun | tan wontên kang kula kardi | purun mring dika sang anom ||

25. milanira rakanta amung mituhu | punapa karsanta yayi | makatên sadangunipun | gêntos-gêntos tingkahnèki | sang nata kalangkung gawok ||

26. gya pirêmbag wisikan prayoginipun | mrih sagêdipun angambil | andhudhuk pêndhêman dhuwung | Juragan Karma turnèki | dhuh gusti sri nara katong ||

27. bilih janma kêkalih punika dipun | wisesa sing kuwasa ji | saèstu manawi nutut | găndra pintên tiyang kalih | nanging sanalika yêktos ||

28. sami purun karana janma dwi wau | sawêg sami dèn panjingi | hawaning tosan linuhung | dados purunipun saking | saening katga myang pamor ||

29. miwah saking pamawas amba pukulun | têtiyang kalih puniki | kados tan wontên sumurup | mring gusti jêng sri bopati | mila sandeyaning batos ||

30. bilih purun sayêkti akarya saru | kajawi saking karsa ji | yèn saking pamanah ulun | panjênêngan paduka ji | karsa anglimpe mrih amor ||

31. kang supados sagêd [sa...]

--- 73 ---

[...gêd] gêntos ngidêk dunung | lêrêsing pêndhêman kêris | bilih paduka pukulun | sampun wignya angidêki | janma dwi gampil kemawon ||

32. winisesa saèstu datanpa bayu | tur botên băndakalani | wit wus oncat hawanipun | dhuwung kang wontên jro siti | mangkana sri nara katong ||

33. lawan arya kadwi ngayubagya tuhu | nata laju marêpêki | amomori tingkahipun | janma dwi kang wawan angling | tan dangu sri nata gêntos ||

34. sagêd angidêki prênahirèng dhuwung | lajêng ngawe arya kadwi | Juragan Karma tan kantun | sami praptèng ngarsa aji | janma dwi duk sami anon ||

35. nulya sami mêndhak dhodhok ngarsa prabu | wusnya mangkana sang aji | andangu janma dwi wau | hèh apa sira kêkalih | padha tan wêruh maring ngong ||

36. tiyang kalih aturira tan sumurup | sang nata ngandika malih | wruhanamu iya ingsun | ratunira kang mbawani | buwana kang angadhaton ||

37. ing Ngastina Prabu Gêndrayana ingsun | ya ta têtiyang kêkalih | duk miyarsa sabda prabu | kagyat dahat èsmu ajrih | ciptantuk dukaning katong ||

38. têmah samyandhêku sujud mring sang prabu | nata nulya muwus aris | hèh sira sapa aranmu | lan ngêndi wismanirèki | apa karane padudon ||

--- 74 ---

39. kang dinangu sarwi nêmbah dènnya matur | dhuh pukulun bathara ji | amba punika pukulun | karamanipun ing dèsi | Karja dhusun ingkang katon ||

40. wasta amba wasiyating tiyang sêpuh | pun Jagra dene puniki | sadhèrèk nèm prênahipun | karamanipun ing dèsi | Ngentaenta dhusun kang lor ||

41. wastanira pun Santara praptanipun | ing ngriki punika sami | nêdya angilèkkên ranu | kinarya ngêlêbi sabin | Karja Ngentaenta dhukoh ||

42. dene ingkang dadya tingkah amba wau | saèstu tan ngrumaosi | kajawi sami pirêmbug | badhe lampahirèng warih | têlas ature janma ro ||

43. Prabu Gêndrayana sapandhèrèkipun | samya dahat ngungun dening | hawaning tosan puniku | têka kuwawa nglimputi | ciptaning manungsa yêktos ||

44. lah ing kana Prabu Gêndrayana gupuh | ngandika mring janma kadwi | hèh Jagra lawan arimu | Si Santara wruhanèki | ênggonira apadudon ||

45. rêbut unggul gênti kasor gênti unggul | iku ana ingkang mawi | dudu karêpira lugu | bumi kang sira idêki | ana curiga kinaot ||

46. dadinira karo pisan sira iku | padha kalimputan dening | hawaning curiga luhung | marma padha rêbut inggil | gantya sura gantya kasor ||

47. kang sinung ling

--- 75 ---

andhêku maèsmu ngungun | dene datan ngrumaosi | sang nata anulya dhawuh | kinèn sami andhudhuki | pêndhêman curiga kaot ||

48. pun Santara myang pun Jagra sigrandhudhuk | tan dangu pandhudhuknèki | punang katga wus kadulu | gya katur marang sang aji | dhapuring katga kacriyos ||

49. punang dhuwung tilam upih dhapuripun | satuhu sae kang warni | ananging kuciwanipun | sampun risak sangêt sami | tritipên risak kang pamor ||

50. labêt saking nèng jro kisma sampun dangu | wusnya tamat dènnya mèksi | katga pinaringkên gupuh | dhatêng sang arya kêkalih | miwah Juragan Karma non ||

51. samya gêtun amulat risaking dhuwung | wusnya mangkana janma dwi | sami ginanjar brana gung | minăngka pawitannèki | dènnya têtanèn non-unon ||

52. sarta sampun linilan ngilèkkên ranu | kadwi sawusira tampi | ganjaran matur anuhun | nulya mendra sing ngarsa ji | sri nata myang arya karo ||

53. miwah pun Juragan Karma sami laju | tan rinuwi duk lumaris | duk prapta kilèning dhusun | ing Limaya sri bopati | kèndêl soring kaluwak nom ||

17. Pocung

1. sang aprabu kagyat dera andêdulu | janma langkung kathah | rubung-rubung angubêngi | sangandhaping witing asêm anyrêkakah ||

--- 76 ---

2. yèn dinulu samya suka sukèng kalbu | pinetang kathahnya | pănca wlas jalu lan èstri | katingalan kadya arsa kêkesahan ||

3. sang nalamur miwah kang umiring laju | nyêlak sor mandira | dupi rawuh sangandhaping | witing asêm janma kathah sami miyat ||

4. dahat gugup mêndhak dhodhok makidhupuh | miyat sri narendra | nata dangu lon derangling | ingkang dadya pangayune tyas punika ||

5. sapa iku kang dadya pangayunipun | lawan pinangkanya | kabèh saka desa ngêndi | tuwin kabèh apa bae kang sinêdya ||

6. paran iku dene suka sukèng kalbu | apa karananya | kang dinangu awotsari | dhuh pukulun jêng dewaji kuningana ||

7. wasta ulun pun Daruna pragakipun | tiyang ing Limaya | dhusun wetan kang kaèksi | anak wrêdha Umbul Darpa ing Limaya ||

8. milanipun wontên ing ngriki pukulun | sami suka-suka | ing nguni sudarma patik | Umbul Darpa kasangsaya nandhang roga ||

9. kala wau bapa kawula pukulun | Kyai Umbul Darpa | saking sangête kang sakit | kadya sampun mèh dumugi ing antaka ||

10. anak putu samya têtuwi sadarum | ing sadangunira | mêtiki Sudarpa Kyai | nulya wontên sadhèrèk sajuga prapta ||

11. prênahipun nak-sanak de wastanipun | nênggih pun Somada [So...]

--- 77 ---

[...mada] | punika ingkang wêwarti | mring kawula miwah dhatêng para kănca ||

12. yèn ing dhusun Gajahoya wontên dhukun | langkung sagêdira | Brahmana Sudha kang nami | wartosira yèn ngusadani tyang roga ||

13. mêsthi mantun sanadyan wus praptèng layu | ujêr wangkenira | dèrèng ical yêkti bakit | saras pulih kadya wingi uninira ||

14. dupi ulun mirêng rêmbag kang kadyèku | mupakat lan sanak | sadhèrèk kang samya tuwi | bapa kula Umbul Darpa wau nêdya ||

15. dipun usung dhatêng Gajahoya dhusun | ciptanya sanadyan | bapa wus tumêkèng lalis | anggêr sagêd dumugi ing wismanira ||

16. kyai dhukun Brahmana Sudha misuwur | pêsthi yèn waluya | tan drana sudarma patik | gya kabêkta bidhal saking ing Limaya ||

17. dipun usung pinikul ing jolang bambu | rinêmbat gêntosan | sarêng dumugi ing ngriki | bapa amba dumadak wignya micara ||

18. ungêlipun nêdha kèndêla sapangu | dupi sinèlèhna | tan dangu antawisnèki | bapa amba waluya tanpa usada ||

19. lajêng mantun pulih kadya wau-wau | lêsu lungkrah sirna | labêting loyop kaèksi | kawistara kadya janma tangi nendra ||

20. milanipun sadhèrèk amba sadarum | samya bingah-bingah | suka

--- 78 ---

de tan dipe yêkti | dhuh pukulun mung punika atur amba ||

21. sang aprabu miyarsa kalangkung ngungun | sang nata anabda | mring Umbul Darpa rum manis | hèh ta Umbul Darpa sira sajarwaa ||

22. duk sirèku pinikul saka ing dhusun | ing Limaya prapta | ngisoring wit asêm iki | apa baya kang katingal ing netranta ||

23. aturipun Umbul Darpa dhuh pukulun | kangjêng sri pamasa | kauningana sang aji | duk kawula nandhang roga badan amba ||

24. raosipun badan kawula sadarum | sakalangkung panas | tan miyat sawiji-wiji | namung pêtêng amindêng sadangunira ||

25. dupi sampun prapta ing ngriki pukulun | sasoring mandira | raosing badan sumilir | amba nulya anêdha kèndêl sakêdhap ||

26. sarêng sampun kèndêl tan watawis dangu | gêgêr tuwin sirah | raos lir kasêmpyok warih | asrêpipun lir asrêping tirta marta ||

27. basanipun asrêping toya sawindu | anglimputi badan | kawula sakojur dadi | waluyanya sakathahing roga amba ||

28. mung puniku atur kawula pukulun | Prabu Gêndrayana | saha tri pandhèrèknèki | dahat ngungun puwara sang nata nabda ||

29. lah dèn gupuh Juragan Karma sirèku | gya sira wawasa | apa baya ingkang mawi | kang

--- 79 ---

sinung ling sandika nulya amawas ||

30. aturipun Juragan Karma pukulun | ing sajroning kisma | wontên cêcupu kang mèsi | lisah tala kang măngka dadya usada ||

31. sakèhipun sêsakit sayêkti mantun | Prabu Gêndrayana | langkung suka manabda ris | hèh kawulaningsun kabèh wong Limaya ||

32. padha sira dhudhukana kisma iku | pênêr gonmu raywan | Umbul Darpa myang kang siwi | pun paragak Daruna matur sandika ||

33. gya dhinudhuk jinênêngan mring sang prabu | tan dangu katingal | sajuga cêcupu adi | gya pinêndhêt ingaturkên sri pamasa ||

34. gya sinambut kinandhut dhatêng sang prabu | nata gya manabda | mring Umbul Darpa rum manis | wruhanira Umbul Darpa waluyanta ||

35. iku sabab jroning kisma ana cupu | mèsi lênga tala | iya iku măngka dadi | kêkanthine usada sakèhing roga ||

18. Kinanthi

1. nanging lênga tala mau | ing samêngko wus pinasthi | ing jawata kang winênang | yèn dadya kagungan mami | anadene kanang wrêksa | asêm iki sun sabdani ||

2. ing têmbe dadyanggonipun | pamidhanganing sujanmi | singa kang kataman lara | lamun ginawa mariki | ngaub soring asêm wrêksa | sayêkti anuli mari ||

3. dene thêthukulan iku |

--- 80 ---

kang cêdhak gonira linggih | sun arani kayu girang | karana sira duk prapti | sacêdhaking thêthukulan | nuju padha sukèng kapti ||

4. lan padha girang gumuyu | mulane ing têmbe wuri | yèn ana janma anandhang | kasmala yèn dèn kêbuti | ron asêm sarta ron girang | sawabe nulya glis mari ||

5. Umbul Darpa duk angrungu | dhawuh sabdanya sang aji | miwah paragak Daruna | sasutanira kang ngiring | sami umatur sandika | jumurung karsa narpati ||

6. tan dangu lan sabda prabu | nulya na swara kapyarsi | gêtêr patêr sêsauran | tăndha yèn sabdaning aji | nata agung binathara | jinurung ing dewa luwih ||

7. ya ta mangkana Ki Umbul | Darpa myang sawangsanèki | miwah paragak Daruna | ginanjar ing rajatadi | kinèn akarya pawitan | dènnya mrih pangupa bukti ||

8. kang sinung sih matur nuwun | sumujud konjêm mring siti | mangkana Sri Gêndrayana | karsa kondur mring nagari | margi nalika punika | wus lami têdhakira ji ||

9. onêng dhatêng garwa sunu | miwah wadyabala aji | tan dangu anulya bidhal | sigêg têdhaknya sang aji | mangkya gantya kawuwusa | pasisir lèr wetan nagri ||

10. ing Ngastina duk ing ênu | pasanggrahannya Sang Aji | Drawilaka nata yêksa | ing Nungsa Kambana nagri | duk ing

--- 81 ---

nalika punika | Sri Drawilaka yêksa ji ||

11. kalangkung tikbraning kalbu | rumaos de sampun lami | tilar praja arsambêdhah | prajèng Ngastina tan bangkit | tansah kinuncang ing dewa | kinarya bingung ing mangkin ||

12. Prabu Drawilaka nuju | apirêmbagan lan ari | Sang Arya Ardhawalika | lawan para punggawa ji | dadosing pirêmbag arsa | nandukkên cidra rumiyin ||

13. karsanira sang aprabu | angiras ngupaya margi | supadya benjang yèn bidhal | sing pasanggrahan pasisir | wontên ingkang tinuruta | tilasing marginirèki ||

14. miwah ngiras anyênyuluh | tingkahing para prajurit | Ngastina awrat ènthèngnya | benjing pamaguting jurit | ywa nganti ming kalih karya | sokur yèn wignya mungkasi ||

15. dening cidra kang linaku | dadya tan karya susahing | para wrahatbala yêksa | samana wontên dityèstri | măngka êmbananing nata | Kèn Wilakanya kang nami ||

16. lakining rasêksi wau | rasêksa langkung sinêkti | awasta Ditya Rudraksa | jalwèstri samya linuwih | wignya amancala warna | sakalir kang dèn karêpi ||

17. bangkit manjing ajèr ajur | mangkya karsaning yaksa ji | kadwi pan arsa dinuta | tumamèng Ngastina nagri | anyidra Sri Gêndrayana | sawadyabalanirèki ||

18. yèn lêbda [lê...]

--- 82 ---

[...bda] karyèng pituduh | wil Rudraksa myang kang swami | pan arsa ginanjar praja | Nungsa Kambana sapalih | kang sinung ling duk miyarsa | sabdanya sang raksasa ji ||

19. Kèn Wilakanya umatur | dhuh gusti kula sang aji | kawularsa lumaksana | amung ing sapêngkêr patik | mugi-mugi binantua | nênêdha mring dewa luwih ||

20. jinurungana ing laku | mangkya amba nyuwun pamit | bidhal mring praja Ngastina | nglampahi dhawuhira ji | Sri Drawilaka duk myarsa | dahat arsayaning galih ||

21. mangkana andikanipun | iya biyung sun jurungi | sun rowangi cêgah nadhah | guling sakuwasa mami | sira karo pajampua | widagdaa ing pamurih ||

22. lêbda akarya ing laku | sang rasêksa lan rasêksi | matur nuhun nulya mêdal | dupi sapraptaning jawi | sigra sami malih warna | dadya manusa kêkalih ||

23. wil Rudraksa dadya jalu | Umbul Druma ranirèki | Kèn Lakanya kang wanodya | asêsilih Kèn Subranti | gya lumaksana kadwinya | tansah atêtanya margi ||

24. ingkang dumugi praja gung | ing Ngastina ngingsêp warti | kang sinaptan mring sri nata | tan rinuwi lampahnèki | mangkya wus cêlak Ngastina | miwah sampun antuk warti ||

25. mangkya Gêndrayana Prabu | sawêg rêmên anyêlaki | sakyèhning para brahmana | sumawana karêm [ka...]

--- 83 ---

[...rêm] bukti | jênang dodol ingkang eca | lah ing kana sang anilip ||

26. dahat arsayaning kalbu | ciptanira antuk margi | dènnya masang kaladesa | nandukkên upaya sandi | kadwi nulya malih warna | tan siwah brahmana rêsi ||

27. Brahmana Druma ranipun | Kèn Subranti mangkya dadi | Endhang Supranti ranira | ngakên saking Kandha wukir | sarta nulya karya jênang | dodol ingkang lêgi gurih ||

28. kinathahan bumbunipun | klapa miwah gêndhisnèki | supadya raosnya eca | sarta winor darubêsi | wisa sing Nungsa Kambana | ingkang sakalangkung mandi ||

29. dupi karyanya wus rampung | nulya winadhahan upih | ginendhong marang ni endhang | gya bidhal maring nagari | ing marga tan winursita | ing wuri winuwus gênti ||

19. Pangkur

1. winuwus prajèng Ngastina | duk samana lingsir dalu kang wanci | arindra Sang Arya Prabu | Sudarsana kang lagya | anganglangi dhatêng sajroning kadhatun | kagyat amiyarsa swara | tangis anggiyêng katiling ||

2. kadya tangising wanita | duk samana gya ingulatan dening | Sudarsana Arya Prabu | kyèhning tunggon jinajah | kyèhning wisma myang paprêmannya jêng ratu | dhinêdhêp sêpên kewala | swarèng tangis gung kapyarsi ||

3. anggiyêng tan pêgat-pêgat | têmah karya

--- 84 ---

kawêkènirèng galih | sang arya atêmah ngungun | mangêngên angupaya | darunaning udrasa ingkang rinungu | duk laksitanira prapta | sangajênging sanggar nuli ||

4. punang tangis saya cêtha | malah kadya manguwuh-uwuh gati | dhumatêng sang arya prabu | kinèn kampir mring sanggar | samangkana sang arya kagyat kalangkung | gya nyipta lamun suwara | saking jro sanggar panêpin ||

5. mila tandya pinurugan | ya ta dupi praptèng sanggar kang tangis | kèndêl lajêng nguwuh-uwuh | mangkana sabdanira | dhuh Sang Arya Prabu Sudarsana gupuh | marêka ing ngarsaningwang | sira ywa sandeyèng lyali ||

6. satuhune kang udrasa | iya ingsun saking wêlas tan sipi | mangkana sang arya prabu | dahat gawok ing driya | mila lajêng têtanya lon sabdanipun | lah ta sira iku sapa | dene nywara tanpa warni ||

7. kang swara sigra maluya | andupara yèn ana swaranèki | têka tanpa rupa tuhu | wruhanta kang nyuwara | iya ingsun gupala pusakanipun | eyang ta Sri Dipayana | kadadyan wêsi srikandhi ||

8. marmanya nguwuh mring sira | wruhanira ingsun arsa mêmangsit | marang sira kang satuhu | wruhanta benjang-enjang | bakal ana bêbaya kang momor sambu | yèn sira datan prayitna | rakanira sri bopati ||

9. yêkti sirna

--- 85 ---

sanalika | marma gupuh umarêka mariki | nuli sun paringi wêruh | ya ta wau sang arya | duk miyarsa ing wicara kang kadyèku | gupuh marêk gurawalan | mring ngarsaning arca sarwi ||

10. muwus angrêrêpa lingnya | dhuh sang arca kang satuhu kêkasih | ing jawata kang linuhung | lamun mangkono sira | iku kêna sun anggêp dadya rêruhur | karana tumitahira | anèng ing Ngastina nguni ||

11. pêpantaran lawan eyang | Maha Prabu Darmasarana nguni | rèhning mangkono sirèku | kudu asih lan wêlas | iya marang wayahira kakang prabu | Gêndrayana miwah mringwang | ing samangko ingsun yêkti ||

12. bakal manut sarèhira | lah ta payo nuli wêdharna aglis | ripu kang bakal tinêmu | wuwusipun sang arca | wruhanira babo kaki arya prabu | dina sesuk kakangira | kondur derandon lumaris ||

13. midêr-midêr alêlana | lan Juragan Karma kang mrih patitis | amawas kang ngèlmu calung | besok ana kang prapta | amêmindha brahmana saendhangipun | arane Brahmana Druma | endhange Endhang Supranti ||

14. ngaku saka wukir Kandha | praptanira atur-atur kang dadi | kasêptananing sang prabu | yaiku rupa jênang | jênang dodol panindaking tindak dudu | wêkas ingsun marang sira | sesuk manawa sang aji [a...]

--- 86 ---

[...ji] ||

15. arsa andhahar kang jênang | pisungsunge brahmana marasandi | sira anyêgaha gupuh | supaya aja sida | wruhanira sajatine jênang iku | dudu jênang sajênangnya | jênang mèsi wisa mandi ||

16. dene kang mindha brahmana | lawan endhang iku sajatinèki | rasêksi kalawan diyu | duta Nungsa Kambana | kongkonane Prabu Drawilaka tuhu | panunggalane kang sira | tumpês anèng wana nguni ||

17. praptaning praja Ngastina | padha kinèn nyidra kakangirèki | yèn sira tan awas tuhu | ing besuk kakangira | padha sanalika yêkti bisa lêbur | tanpa kukupan marmanya | sira kang prayitna yêkti ||

18. sarta benjang sira padha | amêthuka rawuhe sri bopati | mrih ana rowangirèku | kang ngawruhi ing tingkah | bokmanawa rasêksa rasêksi mau | ambăndakalani sabab | awit wus lumrahirèng wil ||

19. padha sinung kaprawiran | sinerenan ing guna myang kasêktin | dene ta pitutur ingsun | marang sira rahadyan | poma aywa kongsi kajarwèng lyan tuhu | lamun durung kanyataan | bokmanawa sira kêni ||

20. ing pangira-ira têmah | tanpa karya pangrêksanta mring nagri | têlas arca wuwusipun | lah ing kana Sang Arya | Prabu Sudarsana dahat dènnya ngungun [ngungu...]

--- 87 ---

[...n] | mring wuwusira sang arca | dene waskithanya kadi ||

21. jawata mangejawantah | ing wêkasan tan lênggana ing wangsit | sarta dahat sokuripun | puwara amaluya | dhuh sang arca palimarmanira iku | dahat panarimaningwang | marang sira kang sayêkti ||

22. sun pituhu dêlingira | mung pamintaningwang mring sira yêkti | amung muga-muga tulus | sihira salaminya | maring kakang prabu miwah marang ingsun | dene sira iku măngka | gêntining lêluhur mami ||

23. kang uwis padha minulya | sawusira mangkana sang sinung ling | Sudarsana Arya Prabu | sigra mijil sing sanggar | praptèng jawi pura laju dènnya jujug | wismaning Patih Sutiksna | duk samana wus byar enjing ||

24. panggih lan nayaka waktra | gya tinanya ingkang dadya wigati | dene gita rawuhipun | Sang Arya Sudarsana | gya wêwarti sandi manawi ing dulu |[1] antuk wangsiting jawata | ywan ing mangke sri bopati ||

25. kondur saking alêlana | kyèhning para punggawa kinèn sami | samapta dènnyarsa mêthuk | sarta kinèn sudhiya | samaptaning ngayuda de praptanipun | sri nata badhe katungka | praptaning bêbaya yêkti ||

26. nanging wêlinging jawata | dèrèng kenging winêdharkên samangkin | yêkti miwah doranipun | ing mangkya kanyataan | lah ing kana Patih

--- 88 ---

Sutiksna duk ngrungu | pangandikanya sang arya | dahat gugup ing panggalih ||

27. sigra angrasuk busana- | ning ngayuda sarta lajêng ngundhangi | mring sakyèhning punggawa gung | kadya pawartosira | ari nata Sudarsana Arya Prabu | amargi salaminira | pangawasannya sang pêkik ||

28. sampun saingga jawata | marma sami angandêl ing pawarti | tan winursita gyanipun | tata-tata samapta | dupi sampun sampat sapirantinipun | gya bidhal mring jawi kitha | sang arya prabu anitih ||

29. awarni rata gothaka | titihannya Sri Gêndrayana Aji | kyèhning punggawa sadarum | sami wahana kuda | sarta jangkêp sadêdamêling prang pupuh | kadyarsa anglurug yuda | tan rinuwiya nèng margi ||

30. sapraptaning jawi praja | dèrèng têbih gya kapêthuk sang aji | sang arya myang mantringayun | tuwin para punggawa | langkung suka de kanyataan satuhu | sabdanya Sang Sudarsana | gya majêng samya ngabêkti ||

31. wusnya mangkana sri nata | langkung kagyat dene para wadya ji | pamêthuknya mring sang prabu | kadya satatanira | arsa mangsah ing yuda miwah anglurug | dinangu paran marmanya | Sang Arya Sutiksna Patih ||

32. miwah Prabu Sudarsana | aturira sami kumbi yèn apti | manggih bêbaya pakewuh | turira mung sinamar |

--- 89 ---

wit sapêngkêrira sri nata ing ngênu | para wadyendra sadaya | sami samaptèng ngajurit ||

33. dene ingkang pinaryitnan | rèhne nguni ratunirèng rasêksi | ing Nungsa Kambana durung | sirna dene kang sirna | sawatawis sawêg wadyabalanipun | sandeyanya bokmanawa | cidra andhatêngi malih ||

34. sri nata duk amiyarsa | langkung suka lajêng gantya wêwarti | rahayunira ing purug | tuwin arjaning praja | puwaranya sarêng sami suka sokur | wusnya mangkana sri nata | nitih rata lan kang rayi ||

35. Arya Prabu Sudarsana | dene Patih Sutiksna myang sakyèhning | para punggawa sadarum | samya wahana kuda | laju bidhal tumamèng marang praja gung | ing marga tan winursita | sapraptaning păncaniti ||

36. sri narendra kèndêl lênggah | ari nata miwah Sutiksna Patih | sumiwi nèng ngarsa prabu | dene para punggawa | samya nangkil nèng wurining mantringayun | tan dangu Sri Gêndrayana | dhawuh mring Sutiksna Patih ||

37. angsal-angsal rajabrana | karsa nata kinèn ambagea tri | wondene tumanjanipun | kang saduman kinarya | andandosi murih saening praja gung | miwah karya anulunga | mring sagunging para dasih ||

38. ingkang sami sudra papa | kang saduman kinèn ganjarkên maring | pra wadya nata kang sampun [sampu...]

--- 90 ---

[...n] | umiring alêlana | yèka măngka kang dadya ganjaranipun | dene ingkang sapanduman | binage wadya gung alit ||

39. ingkang samya têngga praja | ingkang kinèn matur sandika nuli | ambagi rajabrana gung | ya ta kala samana | lagya eca imbal wacana kasaru | praptanira sang brahmana | Druma lan Endhang Supranti ||

40. sapraptanirèng Ngastina | laju jujug marêk mring păncaniti | sri nata myang punggawa gung | samya kagyat ing nala | gya dinangu nama miwah sangkanipun | tuwin kang sinêdyèng karsa | kang dinangu turira ris ||

41. dhu-dhuh[2] suhunaning jagad | kang sinêmbah sèsining rat sakalir | kauningana pukulun | amba brahmana tapa | saking wukir Kandha dene wasta ulun | pun Druma de semah amba | awasta Endhang Supranti ||

42. dene kang dadya sêdyamba | amung nuwun arsa tur pangabêkti | rèhning pamiyarsa ulun | saking ing katêbihan | ywan ing mangkya gusti kangjêng sang aprabu | karsa nyêlakkên sakèhnya | para brahmana ing wukir ||

43. milanira amba dahat | kêdah sumawita jêng sri bopati | kajawi saking puniku | pisowan amba miwah | semah amba tuhu dahat kamipurun | anyaosakên kang jênang | dodol damêlan pribadi ||

44. ingkang sampun kalampahan | tiyang kiwa

--- 91 ---

têngêning Kandha wukir | sami kabelan kalangkung | dhatêng jênang kawula | miwah kathah sanak pawong mitra ulun | ingkang ngakèn mring kawula | damêl jênang lêgi gurih ||

20. Dhandhanggula

1. kadya ingkang amba bêkta gusti | margi jênang dêdamêlan amba | kêni kinarya sêsajèn | yèn mêmuja nênuwun | mring jawata ingkang linêwih | liya jênang punika | tan kenging satuhu | kinarya sêsaji nêmbah | mring jawata de ingkang konjuk puniki | tuhu jênang pêng-pêngan ||

2. dene pandamêl kawula gusti | mawi klapa tan sabarang klapa | milih kalapa wêdale | ing Madura pukulun | mila ingkang sampun kawuri | angabèlakên tiyang | nulya datan purun | bukti jênang sanèsira | mungna jênang dêdamêlan amba gusti | punika wujudira ||

3. têlas turnya sang amarasandi | lah ing kana Prabu Gêndrayana | lan sagung wadyabalane | samya tan wikan tuhu | miwah datan wontên andugi | ywan punika rasêksa | kang amarasandu | têlik kang mangendrajala | mindha warna dinalih brahmana yêkti | mung arindra sang arya ||

4. Prabu Sudarsana kang udani | ingkang tansah angawaskên solah | ing brahmana lan endhange | akarana ing dalu | wus winangsit mring arca jroning | pura sanggar planggatan | mila ciptanipun | Arya

--- 92 ---

Prabu Sudarsana | ywan ing mangkya tumanduk panyidranèki | sawastu gya jinangkah ||

5. yun tinigas murdanirèng juti | samangkana Prabu Gêndrayana | arum manis andikane | hèh brahmana sirèku | têka kabênêran sayêkti | ing atur-aturira | jênang dodol iku | dhasar kasêptanan ingwang | jênang dodol kang mirasa lêgi gurih | lamun mangkono sira ||

6. karo bisa nuju karsa mami | lah ta mara age saosêna | Endhang Supranti nulya ge | anyaosakên sampun | tinampenan binuka nuli | saking bêbuntêlira | ya ta Sadusunu | tansah prayitna ing tingal | dupi jênang dodol pan arsa binukti | Sang Arya Sudarsana ||

7. sigra nampèl mring astanira ji | jênang rêntah sande dènnya dhahar | langkung kagyat sri pamase | ngandika èsmu rêngu | lah pagene têka kadyèki | yayi ing tingkahira | dene sira iku | sun ugung sun êla-êla | sun kasihi puwara mangko kadyèki | dêgsura patrapira ||

8. baya iku pamalêsirèki | babo yayi apa karananya | dene sira wani nampèl | gya maring tangan ingsun | ingkang arsa sun karya bukti | lamun mangkono sira | tan patut satuhu | pinarêkna marang nata | pantêsira sira mung ana ing wukir | kumpul [kumpu...]

--- 93 ---

[...l] lawan wong kompra ||

9. nistha dama tan wruh yudanagri | duk samana Arya Sudarsana | duk myarsèng raka dukane | datan irip tyasipun | kawistara saengga kadi | ingunggar kasuranya | ciptanira amung | arsa ngrabasèng bêbaya | wusananya sang arya matur wotsari | dhuh susuhunan amba ||

10. tuhu tan pisan-pisan manawi | amba darwa cipta kang mangkana | sawastunya amung badhe | rumêksa kadang sêpuh | ingkang sampun pinasthi dadi | pêpandaming buwana | mila kala wau | amba kamipurun nyêgah | ing karsendra andhahar jênang puniki | margi wontên sababnya ||

11. yèka jênang mawi wisa mandi | dene ingkang amindha brahmana | kadwi kalihan endhange | punika yêktosipun | ditya jalu lawan rasêksi | kang măngka dutanira | Drawilaka Prabu | natèng wil Nungsa Kambana | kinèn nyidra nyirnakkên jêng sri bopati | ya ta ingkang mêmindha ||

12. brahmana myang endhang duk miyarsi | aturira Arya Sudarsana | langkung merang ing driyane | dene sêsandinipun | kawanguran sadayanèki | mila datan sarănta | lajêng dènnya mundur | anglès tanpa wara-wara | sapraptaning bacira lumayu gêndring | sarta badhar warnanya ||

13. dadya diyu kalawan rasêksi | ya ta Arya Prabu Sudarsana | dèrèng ngantos [nga...]

--- 94 ---

[...ntos] dupi[3] ture | awas paningalipun | ywan brahmana lan endhangnèki | kadwinya samya oncat | sigra dènnya bujung | kadya thathit pêsatira | sing ngarsendra nututi palajêngnèki | rasêksi lan rasêksa ||

14. datan dangu dènira nututi | dupi prapta madyaning bacira | kacandhak nulya prang rame | caruk rok ing prang pupuh | ditya krodha naut sang pêkik | endha sarwi andhupak | wil Rudraksa kantu | tangi anyandêr tinêpak | galayaran sumaput tangi mangêrik | Sang Sudarsana panggah ||

15. binut kalih ing ngarsa lan wuri | datan kewran ing panangkisira | cikat têrampil tandange | lah ing kana Sang Prabu | Gêndrayana myang punggawa ji | duk umiyat sang arya | prabu aprang pupuh | mêngsah rasêksi rasêksa | kadadyaning brahmana myang endhangnèki | gupuh sami amêdal ||

16. sigra dènnya têtulung ing jurit | dangu-dangu ditya karepotan | wil karoban mêngsah akèh | nulya oncat lumayu | sarwi asru dènira angling | hèh-hèh ratu Ngastina | ing samêngko ingsun | kasoran kalawan sira | nanging antènana babo ratu mami | Sang Prabu Drawilaka ||

17. nora suwe yêkti anêkani | babo-babo sira dèn prayitna | tan wurung kono margane | sirnanira satuhu |

--- 95 ---

Prabu Gêndrayana mangsuli | hèh ditya aja susah | kakehan pamuwus | sagêndhingmu sun tan wangwang | riwusira mangkana sri narapati | mring păncaniti lênggah ||

18. ari nata myang Sutiksna Patih | sawadyènya marêk byantarendra | wusnya rêrêm sang wiranèm | umatur mring sang prabu | dhuh pukulun kangjêng dewaji | suwawi yêktosêna | sining jênang wau | tinêdhakna maring sona | yêkti wontên kanyataannya tur patik | nata mituhu nulya ||

19. dhawuh mundhut sona mring wadya ji | datan dangu sona sampun prapta | nata nulya dhawuh kinèn | nguncalan jênang wau | sona tanggap jênang binukti | tan watawis dangunya | pun sona malêdug | dadyawu gaotanira | lah ing kana Prabu Gêndrayana tuwin | pra wadyendra sadaya ||

20. duk ningali sona sirnanèki | langkung jêtung angungun kalintang | sang nata lon andikane | dhuh dhuh adhuh riningsun | pêparinging jawata luwih | mangko wus kanyataan | ujarira mring sun | de kang dadi ngungun ingwang | ora ngapa mung tujune sira yayi | kasinungan waskitha ||

21. mring jawata manawa sirèki | tumambuha marang jênêng ingwang | baya raganingsun kiye | wus lêbur dadya awu | kadya sona ingkang ambukti | jênang kang mawa wisa | sang arya andhêku | miwah para punggawendra |

--- 96 ---

samya ngalêm mring ari nata sinêkti | waskithèng saniskara ||

22. wusnya mangkana langkungannèki | punang jênang kinèn anglabuha | dhatêng ing Jamuna lèpèn | miwah sri nata dhawuh | mring wadya ji kinèn miranti | sudhiya ing ayuda | prayitna ing kewuh | bokmanawi kadhatêngan | mêngsah saking Nungsa Kambana nagari | wusa sami samapta ||

23. Patih Sutiksna sandika nuli | nata jêngkar kondur ngênyapura | pra wadya ji sadayane | sêsowangan umantuk | mangkya sigêg Ngastina nagri | gantya kang kawuwusa | ing saoncatipun | wil Rudraksa Kèn Lakanya | lajêng mantuk mring pasanggrahan pasisir | marêk Sri Drawilaka ||

24. nêmbah sarwi tawan-tawan tangis | Prabu Drawilaka langkung kagyat | anyipta cabar karyane | gupuh pandangunipun | kayaparan lakunirèki | dera marang Ngastina | lah mara dèn gupuh | tutura ingkang pratela | dene sira têka dadak nganggo nangis | kadya wong pêpucungan ||

21. Pocung

1. aturipun Ditya Rudraksa pukulun | amba wun lumaksa | dhumatêng Ngastina nagri | kalih pisan kawula mindha manusa ||

2. non pangrungu nênggih Sri Ngastina Prabu | nalikamba prapta | nujwa mendra sing nagari | alêlana kanthi wadya tuwanggana ||

3. amba antuk warti mangkya [mang...]

--- 97 ---

[...kya] wontênipun | Narendra Ngastina | lagya karêm anyêlaki | pra brahmana pinrih samya gunêm rasa ||

4. malihipun nata pakarêmanipun | dhêdhaharan jênang | dodol ingkang lêgi gurih | amba nulya mêmindha dadya brahmana ||

5. pun Lakanya ingkang măngka endhangipun | ran Brahmana Druma | kalawan Endhang Supranti | miwah karya jênang dodol mawi wisa ||

6. amba tunggu ngantos praptanira Prabu | Gêndrayana miwah | sawadyanya kang kuliling | sarêng prapta nulya lênggah siniwaka ||

7. botên dangu kawula nulya tumuntur | tumamèng pasowan | gya dinangu nama patik | miwah sangkan saha wigatining prapta ||

8. amba matur bilih saking Kandha gunu |[4] ran Brahmana Druma | kalihan Endhang Supranti | sowanira muhung nêdya puruhita ||

9. lan tuk-antuk warni jênang dodol luhung | Prabu Gêndrayana | dahat arsayaning galih | gya pinundhut jênang pan arsa dhinahar ||

10. mèh kapuluk wontên arinya sang prabu | aran Sudarsana | anampèl astanira ji | jênang rêntah botên saèstu dhinahar ||

11. dahat bêndu mring ari kang nampèl wau | kèh-kèh dukanira | puwara aturirèki | jênang wau dede jênang sajênangnya ||

12. mawi

--- 98 ---

racun dene brahmana puniku | satuhune ditya | dutane nataning yêksi | Prabu Drawilaka ing Nungsa Kambana ||

13. dupi ulun mirêng ture ari prabu | dahat maras ing tyas | gya morod saking ngarsa ji | tinututan dhatêng Arya Sudarsana ||

14. dupi tundhuk amba dwi badhar sadarum | têmah păncakara | rèhne arining narpati | langkung sêkti digdaya tur wicaksana ||

15. awasipun sasat jawata linuhung | marma amba oncat | dinugi yèn tan ngudhili | têlas turnya Ditya Rudraksa mangkana ||

16. lah ing ngriku Prabu Drawilaka dhawuh | dhatêng arinira | kang warni sarpa wêwangi | Arya Ardhawalika kinèn samapta ||

17. ing prang pupuh samangkya arsa lumurug | mring praja Ngastina | sandika kang dèn dhawuhi | tan winarna tingkahing pangrakitira ||

18. dupi sampun samapta budhal gumuruh | sagunging danawa | diyu rasêksa rasêksi | ingkang măngka dadya panganjuring lampah ||

19. tuduh laku gêdhig manggala gul-agul | pun Ditya Rudraksa | ing margi datan ginurit | sapraptaning minggiran praja Ngastina ||

20. para diyu samya angrêrayah dhusun | angobongi wisma | sipat jalu dèn pêjahi | èstrinira kang kacandhak gya jinamah ||

21. dhusun-dhusun ing sakiwatêngênipun | kang dèrèng kaambah | tiyangira [ti...]

--- 99 ---

[...yangira] samya ngungsi | malbèng praja wênèh ngungsi wana arga ||

22. Prabu Drawilaka miwah wadyanipun | nglarug ngrampit kitha | kawuwusa sri bopati | Maha Prabu Gêndrayana duk samana ||

23. nuju miyos siniwakèng sitiluhur | pêpak kang sumewa | pra wadya ji gung lan alit | samya nangkil tan ewah lir adatira ||

24. datan dangu kagyat miyarsa gumuruh | gègèring sujanma | pati-pati bêbêntusi | salang tunjang ting jalêrit tangisira ||

25. sang aprabu gupuh anulya angutus | wadya amariksa | punapa darunanèki | tan watawis dangu kang dinuta prapta ||

26. nulya matur dhuh gusti jawi praja gung | wontên parangmuka | dhatêng de wartinirèki | raja ditya ing praja Nungsa Kambana ||

27. lah ing ngriku Prabu Gêndrayana langkung | dahat bramantyanya | sigra têdhak sri bopati | arsa mêthuk parangmuka ingkang prapta ||

28. Arya Prabu Sudarsana myang wadya gung | Sang Patih Sutiksna | gugup umiring sang aji | mêdal saking praja kapêthuk dênawa ||

29. măngka sunguting barising bala diyu | lajêng acampuh prang | rame rok asilih ungkih | mêngsah rowang samya gêntos amarjaya ||

30. ramening prang gêntos long-linongan dangu | tan wontên kasoran | dangu-dangu bala janmi | ing Ngastina kalindhih

--- 100 ---

kathah kang pêjah ||

31. duk samana wadya panêkar kang lampus | kasambut ing rana | wontên sadasa kèhnèki | wastanira anênggih pun Karmajaya ||

32. Jayagati pun Prameya tiganipun | catur Darmasura | Măntrasagotra sadnèki | sapta Opanasa hastha pun Wikatha ||

33. pun Wikara lan Martana jangkêpipun | de manguri wadya | têtiga kang têkèng lalis | pun Kardhama mintarsa Jagalocita ||

34. pandêlêgan pitu kang tumêkèng lampus | nênggih pun Lumenggang | Wiratraya kadwinèki | katrinira kang awasta pun Pratipa ||

35. caturipun pun Prastama namanipun | mintuna Durwyasa | sapta Dyumêna rannèki | wadya ăndhamoi ingkang pêjah tiga ||

36. pun Wiwrita Wiralocana dwinipun | tiga pun Wiruta | dene wadya alit-alit | tan petungan kang sirna madyaning laga ||

37. lah ing ngriku Prabu Gêndrayana langkung | duka sigra mangsah | ngawaki jurit pribadi | wadya ditya ing Nungsa Kambana dhadhal ||

38. kang kapupu sirna samadyaning pupuh | sawêlas kathahnya | wil Drumêksa kadwinèki | wil Jambawa wil Saksa myang wil Gohmuka ||

39. wilutaksa wil Marica hasthanipun | wasta wil Mantragna | Pragosa Goraksa tuwin | Bajramuka [Bajra...]

--- 101 ---

[...muka] dene panêkar gandarwa ||

40. ilu-ilu ănja-ănja ingkang lampus | datanpa petungan | Prabu Drawilaka tuwin | ingkang rayi Sang Arya Ardhawalika ||

41. kamisêpuh ing diyu ingkang kasêbut | wil Maricikundha | lajêng samya apêpulih | ngamuk punggung sura tan taha nirbaya ||

42. ambêg lampus singa kang katrajang mawut | kang kacandhak pêjah | pangamuknya gêgirisi | kadya banthèng kabranan pamangsahira ||

43. ya ta wau Prabu Gêndrayana gupuh | ngêtog kasudiran | Sang Sudarsana tan kari | dangu-dangu Prabu Drawilaka sirna ||

44. pinarjaya dening Gêndrayana Prabu | kuwandanya sirna | amranyanyang tan kaèksi | kantun Arya Ardhawalika umangsah ||

45. dènnya ngamuk kot biksu nanging tan dangu | sirna pinarjaya | dening Arya Sadusiwi | yitma sirna mranyanyang nunggil lan raka ||

46. dene Ditya Maricikundha wus lampus | dening Sang Sutiksna | kuwănda sirna tan kèksi | wadya alit sasisane kang palastra ||

47. rêbat purug sar-saran dènnya lumayu | samya ngungsi gêsang | cinarita sirnanèki | wadya rota danawa nulya na swara ||

48. nguwuh-uwuh ing ngawiyat prênahipun | hèh Ratu Ngastina | ing samêngko jênêng mami | ngaku kalah têtandhingan lawan [la...]

--- 102 ---

[...wan] sira ||

49. lairipun nanging sajatine ingsun | durung têkèng laya | maksih awor kumandhanging | awang-uwung lah ing besuk antènana ||

50. pamalêsku samăngsa lena tingalmu | sira sawadyanta | yêkti sirna dening mami | ya ta Prabu Gêndrayana duk miyarsa ||

51. gya sumaur iya apa sagêndhingmu | sayêkti sun panggah | angêntèni mring sirèki | kapan bae praptanira ing Ngastina ||

22. Asmaradana

1. kasmaran sawusirèki | bibar ingkang păncakara | Sang Sri Gêndrayana Katong | kondur saking ing payudan | lênggah ing sitibêntar | siniwi wadyabala gung | tan dangu sri nata nabda ||

2. mring ari nata sang pêkik | Arya Prabu Sudarsana | miwah pra punggawa kinèn | prayitna ing saniskara | nganglangi jawi praja | miwah sajroning kadhatun | sariratri aywa pêgat ||

3. gêgiliran gênti-gênti | mring pangintening bêbaya | mirantia gêgamane | yèn ratri wadya kang nganglang | samya bêktaa pandam | gêgolongan lampahipun | kajawi saking punika ||

4. sri nata dhawuh mring patih | samangkya warising wadya | kang samya tumêkèng layon | nèng madyaning rananggana | kinèn anggêntosana | lungguhe sudarmanipun | sadaya matur sandika ||

5. nata

--- 103 ---

nulya ngênyapuri | Arya Prabu Sudarsana | miwah para wadya katong | umantuk sowang-sowangan | duk samana winarna | laminya datan winuwus | samangkya asantun warsa ||

6. duk lumaksana dwi tèngsi | ing warsa suryasangkala | angkaning warsa winiyos | sapta tus nawa dasa pat | utawi lumaksana | tri căndra sajroning taun | căndrasangkala angkanya ||

7. astha tus astha wlasnèki | sajroning warsa kilaka | măngsa Manggasri samangke | rinuwi pramèswarindra | Dyah Padmawati mangkya | dènira garbini sampun | ambabar mijil wanita ||

8. kalangkung endah ing warni | mring rama sinungan nama | Dyah Mahanari namane | rama ibu miwah eyang | dahat arsayèng driya | duk samana sang aprabu | arsa andhatêngkên suka ||

9. salêbêting sapta ari | rintên dalu andrawina | lan sagung wadyabalane | miwah wus atur uninga | mring wukir Manikmaya | miwah mring eyang Sang Prabu | Gandaprawa ing Gêndara ||

10. enggaling ruwiya dupi | andungkap salapan dina | eyang Sri Gandara katong | wus praptèng praja Ngastina | de Rêsi Sidhikara | tan sowan kapambêng rawuh | sri nata ambangun suka ||

11. duk samana salêbêting | kasukan Sri Gêndrayana | sigra matur awêwartos | mring eyang Sri Gandaprawa [Ga...]

--- 104 ---

[...ndaprawa] | saliring lêlampahan | ing purwa wasana urut | puwara Sri Gandaprawa ||

12. sukur mring dewa linuwih | de Sang Prabu Drawilaka | sampun sirna sawadyane | winuwus Sri Gêndrayana | dera amangun suka | laminya ngantya dwi tèngsu | sabibaring mangun suka ||

13. Sri Natèng Gêndara pamit | ananging gya pinambêngan | mring wayah Ngastina Katong | karana kumaranira | Sang Prabu Drawilaka | taksih ngajab-ajab ayun | anyidra priyangganira ||

14. dadya ingaturan nganti | ing sawatawis laminya | Sang Sri Gandaprawa Katong | tan lênggana ing paminta | ya ta ing tigang căndra | tan wontên ingkang winuwus | sarêng dungkap catur căndra ||

15. kala samana rinuwi | ibunya Sri Gêndrayana | Dyah Gêndrawati samangke | rogarda sakyèhning măntra | sami datanpa guna | kyèhning usada sadarum | tan ana ingkang tumama ||

16. Prabu Gêndrayana tuwin | kang eyang Sri Gandaprawa | ing driya langkung kawêkèn | dènnya mrih usada ingkang | amaluyakkên roga | mangkana sang mantringayun | miwah Arya Sudarsana ||

17. tinimbalan malbèng puri | sawusnya praptèng ngarsendra | gya pirêmbag prayogine | angaturi ingkang eyang | Sang Rêsi Sidhikara | duk samana sang aprabu | andangu [anda...]

--- 105 ---

[...ngu] mring Sang Sutiksna ||

18. wadya kang arsa tinuding | sagêda tri ari prapta | karana sang dyah gêrahe | dahat sangêt yèn langkunga | saking ing tigang dina | tan katututan satuhu | mangkana Patih Sutiksna ||

19. umatur dhuh jêng dewaji | kajawi karsa paduka | prayoginira datan lèn | kang pantês dinuta enggal | mungna abdi paduka | Pisaca Pisaci kruhun | sagêd prapta sanalika ||

20. amargi băngsa Pisaci | yèn lumaksa tan prabeda | lan samirana rikate | utawi ngiras anyoba | ing kaantêpanira | duk ing nguni dènnya saguh | yèn wontên karsa paduka ||

21. ingkang enggal lan wigati | pukulun manawi datan | pun Pisaca kang lumakwèng | ywan utusana manungsa | saèstu randhat dahat | tan prapta astha ri tuhu | mangkana Sri Gêndrayana ||

22. duk miyarsa turing patih | dahat arsayaning driya | de èngêt kalamun darbe | kêkasih băngsa Pisaca | sigra amundhut dupa | miwah burat gănda marbuk | tan dangu sampun sudhiya ||

23. Prabu Gêndrayana nuli | ngêningkên kapti anyipta | dhatêngipun kêkasihe | Pisaci lawan Pisaca | tan dangu nulya prapta | tanpa sangkan praptanipun | wus nèng ngabyantara nata ||

24. sarwi sumungkêm ngastuti | ya ta Prabu Gandaprawa | myang

--- 106 ---

pra wadya sadayane | samya kagyat ing wardaya | de tan wontên uninga | saking pundi sangkanipun | wusnya sinambramèng sabda ||

25. sang nata nulyandhawuhi | mring Pisaci lan Pisaca | kadwinira samya kinèn | dhatêng wukir Manikmaya | ngaturi ingkang eyang | sang rêsi pinrih arawuh | mring Ngastina sanalika ||

26. dene uwosing wigati | wus winêlingkên sadaya | Sang Pisaca Pisacine | matur sandika gya musna | saking byantara nata | kacariyos kampahipun |[5] Pisaci lawan Pisaca ||

27. mung sakêdhap netra prapti | graning wukir Manikmaya | lajêng marêk ing ngarsane | Sang Maharsi Sidhikara | samana sang pandhita | dahat kagyatirèng kalbu | gya dinangu sira sapa ||

28. lan băngsa apa sirèki | apa kang dadi karsanta | kang dinangu lon ature | kawula băngsa Pisaca | Pisaci rayat amba | sowan kawula sang wiku | dinuta wayah paduka ||

29. Sri Gêndrayana Narpati | angaturi mring paduka | karana ibu sang katong | Dyah Gêndrawati samangkya | kataman ing rogarda | mila suprih enggal rawuh | sumăngga kawula bêkta ||

30. tan lênggana sang maharsi | samana anulya bidhal | mangkya gênti cinariyos | rinuwi praja Ngastina | sapêngkêring Pisaca | sang prabu kagyat kalangkung |

--- 107 ---

myarsa swaraning karuna ||

31. Prabu Gêndrayana tuwin | eyang Sang Sri Gandaprawa | sigra tumamèng kadhaton | para punggawa tut wuntat | dupi sawêg lumampah | wontên abdi èstri mêthuk | ingutus sang dayitendra ||

32. tur uninga yèn kang umi | Dyah Gêndrawati wus seda | sri nata dwi langkung gawok | sungkawa karănta-rănta | dupi prapta gyanira | ibu kang wus praptèng layu | sang nata lan ingkang eyang ||

33. karuna kadya pawèstri | Sang Patih Sutiksna dahat | kagyat kuwur wardayane | tansah matur kathah-kathah | mrih lipuring sungkawa | miwah lajêng adhêdhawuh | mring kănca para punggawa ||

34. sadayanya kinèn sami | mêdal atata-tataa | sarta ngrukti pirantine | pantesawa kang kinarya | sudhiya kang wus laya | kang kinèn sandika matur | sigra mêdal tata-tata ||

35. angrukti kanang piranti | ya ta samana katungka | Sang Sidhikara praptane | miwah Pisaci Pisaca | jlêg wontên ngarsa nata | tanpa sangkan rawuhipun | mangkana Sri Gêndrayana ||

36. miwah ingkang pramèswari | saha Prabu Gandaprawa | duk aningali rawuhe | Sang Maharsi Sidhikara | saya asru karuna | karănta-rănta ing kalbu | lajêng sami amêminta ||

37. gêgubêl dhatêng sang rêsi | Rêsi Sidhikara dahat |

--- 108 ---

èmênging tyas gya wêwartos | angêngimur angrêrêpa | ing sabda palamarta | sarta pinuntuwèng kalbu | ywan wus pinasthi ing dewa ||

38. tan kenging ginayuh malih | luhung sami amupusa | lan malih ibu sang katong | punika wus janjinira | kondur dhatêng suwarga | anusul rama pukulun | suwarga Sri Yudayana ||

39. dupi lipur sawatawis | Maharêsi Sidhikara | matur mring wayah sabdane | dhuh dhuh anggèr sri narendra | pun kaki botên nyana | bilih dados sedanipun | dene gyan kawula bidhal ||

40. saking Manikmaya wukir | sanalika gya binêkta | mring Pisaca Pisacine | tur mung sakêdhèping netra | wus prapta ing ngarsendra | dene kang akarya ngungun | de tan ngêntosi kawula ||

41. ciptaning manah pun kaki | mila gupuh nulya sowan | sapintêna ing sangête | gêrahnya ibu paduka | ywan sagêd katututan | măntra kawula sawastu | waluya sami sakala ||

42. puwara sarêng pun kaki | prapta ing ngarsa paduka | ibu paduka wus layon | punika pratandhanira | ywan wus karsaning dewa | mila amung samya mupus | kanthi pêpuntoning cipta ||

23. Kinanthi

1. gêsang punika pukulun | tan wande nêmahi pati | ywan ta botên makatêna | sawastu tan wontên wiji | ingkang tuwuh angrêmbaka | têmahan [tê...]

--- 109 ---

[...mahan] ingkang kaèksi ||

2. mung jamaning awang-uwung | karana tan wontên yêkti | panunggilannya kang laya | miwah ingkang gêsang malih | mila jamaning manuswa | mawi wontên ingkang mati ||

3. miwah wontên ingkang idhup | punika wigatinèki | badhe ngenggalakên măngsa | manjangkên laksitanèki | dhuh anggèr jêng sri narendra | ywa kadurus ing prihatin ||

4. ya ta mangkana sang prabu | duk myarsa sabda sang rêsi | miwah Prabu Gandaprawa | ragi rêrêm kang panggalih | lilih ing sungkawanira | nanging dèrèng sagêd angling ||

5. dadya amung tansah dhêku | tan antara dangu nuli | kasaru ing lêbêtira | pra pandhita myang wadya ji | samyambêkta pantesawa | sapirantosnya mêpêki ||

6. utawi ing alun-alun | wus sudhiya amiranti | kang prêlu badhe kinarya | ambêsmi layonirèki | mangkana Patih Sutiksna | duk myarsa sirêping tangis ||

7. nulya tur wikan sang prabu | ywan ing jawi wus miranti | mugi tumuntêna samya | angrukti layonirèki | karana ywan ngantos lama | tan prayogi labêtnèki ||

8. ya ta Gêndrayana Prabu | dahat panuju ing galih | lajêng samya dhinawuhan | anucèni mring sang lalis | kang kinèn samya tumandang | ya ta dupi sampun rêsik ||

9. kang sawa winotkên gupuh [gu...]

--- 110 ---

[...puh] | dhatêng pantesawa sarwi | binalonyo găndawida | burat jêbat lan kasturi | gandanya amrik angambar | sawusnya mangkana nuli ||

10. kanang pantesawa wau | pinarnahkên salêbêting | pura sanggar palanggatan | sarta tinuguran kyèhning | pra pandhita myang punggawa | gêgiliran gênti-gênti ||

11. rinuwia lêrêmipun | layon kawandasa ari | nanging datan cinarita | dènnya ngrêngga panglabuhing | tètèsing sawa mangkana | enggaling carita dupi ||

12. jangkêp catur dasa dalu | punang layon binêkta mring | panggenan derarsa ngobar | ya ta Sang Sutiksna Patih | miwah ari nata Arya | Prabu Sudarsana ngiring ||

13. sumawana Sang Aprabu | Gêndrayana myang Sang Rêsi | Sidhikara miwah risang | Prabu Gandaprawa sami | têdhak angurmati prapta | kèndêl wontên păncaniti ||

14. rêngganing layon supênuh | saksat pangupakaraning | pangantyan mijil sing pura | kyèhning janma gêng lan alit | ing praja miwah ing desa | tembak samya nêningali ||

15. nèng têpining alun-alun | kaèbêkan kyèhning janmi | sasampunira mangkana | punang pantesawa nuli | binasmi madyèng bacira | punang pawaka kaèksi ||

16. ngalad-alad urubipun | yayah sumundhul ing langit | parêng lawan swaranira | pra brahmana miwah

--- 111 ---

rêsi | pandhita para pukaha | ingkang samya amêmuji ||

17. sampurnaning ingkang murud | dhatêng doning têpêt suci | ya ta sasirêping brama | punang pantesawa wus nir | sanalika lajêng prapta | pêtêng dhêdhêt anglimputi ||

18. miwah tumurun ingkang truh | tan patya gêng riwis-riwis | ing ngawiyat kapiyarsa | swara jumêgur ngèbêki | warata sajagad raya | tăndha ywan sang praptèng lalis ||

19. katrima sampurnanipun | nulya samirana milir | mawa gănda rum angambar | kadya aruming kasturi | kang pêpêtêng nulya sirna | kantun gănda ingkang maksih ||

20. sri nata sawadyanipun | langkung sukur mring dewadi | mila sri narendra nulya | dhawuh mring Sutiksna Patih | sakathahing cêcaruhan | sêsaji kinèn ambagi ||

21. mring pra pandhita sadarum | miwah para punggawa ji | kang kinèn matur sandika | wusnya binage waradin | sarampungnya liring karya | gya bibaran sri bopati ||

22. kondur tumamèng kadhatun | Rêsi Sidhikara tuwin | Prabu Gandaprawa samya | umiring tumamèng puri | pra wadya ji sowang-sowang | mantuk mring wismanirèki ||

23. kacariyos awunipun | Dèwi Gêndrawati nuli | winadhahan kandhaga mas | tinunggilkên puywannèki | Prabu Yudayana swarga | pinarnah sanggar panêpin ||

24. ya ta mangkana winuwus [wi...]

--- 112 ---

[...nuwus] | dupi sampun sapta ari | Prabu Gandaprawa miwah | Rêsi Sidhikara pamit | nanging Prabu Gêndrayana | dahat dèniranggendholi ||

25. karana raosing kalbu | dahat angêmu kuwatir | dhatêng panyidraning mêngsah | kumaraning raksasa ji | ingkang eyang sakalihan | adrêng kêdah nyuwun pamit ||

26. tan lama anuntên wangsul | kaya mangkana turnèki | dhuh anggèr jêng sri narendra | nadyan wontên ripu prapti | sèwu praja sarêng prapta | arsa nyidra tindak juti ||

27. yèn sri nata sêdya ayu | yêkti rahayu pinanggih | makatên sawangsulira | dangu-dangu sri bopati | lilihing tyas dera nyêgah | kondurira eyang kadwi ||

28. nyumanggakkên sarwyandhêku | dupi watawis tri ari | Prabu Gandaprawa miwah | Rêsi Sidhikara sami | bidhal asowang-sowangan | ing marga datan rinuwi ||

29. ya ta dupi santun taun | lumaksa prapawa warsi | tri wulan surya sangkala | angkaning warsa winilis | pitung atus sangang dasa | gangsal utawi lumaris ||

30. sakawan wulan ing taun | căndra sangkala winilis | astha tus lawan sangalas | măngsa sitra kang lumaris | rinuwia duk samana | Prabu Gêndrayana apti ||

31. cangkrama mring dhusun-dhusun | sajawining praja malih | tan patya kèh

--- 113 ---

kang tut wuntat | mung Arya Sindurja tuwin | Sang Arya Sunjaya miwah | Juragan Karma tan kari ||

32. katri samya kinèn ngandhut | rajatadi kang kinardi | dêdana ing marga-marga | dene ari sri bupati | Arya Prabu Sudarsana | miwah Sang Sutiksna Patih ||

33. samya tinanggênah tungguk | têngga praja bokmanawi | wontên ripu ingkang prapta | ya ta têdhaknya sang aji | praptèng sakiduling desa | Gajahoya ranirèki ||

24. Mijil

1. sêkar mijil mangkya kang gumanti | mangkana sang katong | langkung kagyat miyat sangandhape | kajêng sulastri wontên janma dwi | jalu lan pawèstri | kalih dènnya lungguh ||

2. rêrangkulan pan sarwi anangis | sri nata duk anon | langkung ngungun tan wrin darunane | sanalika nulya dèn prêpêki | badhe dèn yêktosi | ing karananipun ||

3. gya tinanya mring jêng sri bopati | babo sira karo | paranbaya dadi darunane | dene sira karo samya nangis | wêcaa mring mami | manawa katèngsun ||

4. wignya dhudhah dhêdhêraning sêdhih | wau janma karo | duk uninga ywan ingkang pitakèn | Prabu Gêndrayana Ngastina Ji | kêkalih wotsari | sarya lon umatur ||

5. dhuh pukulun suhunaning bumi | pandaming rat kaot | mugi kuningana sri pamase [pama...]

--- 114 ---

[...se] | amba punika têtiyang alit | ing Sagotra dèsi | Leka wasta ulun ||

6. dene pawèstri punika gusti | semah amba yêktos | jaka rara pun Manis wastane | sutanipun paragak Gêgili | Somana rannèki | dene milanipun ||

7. amba miwah semah samya nangis | makatên sang katong | angkat amba saking wisma badhe | masrahakên semah amba gusti | mring tyang sêpuhnèki | de darunanipun ||

8. amba pêgat karana pun Manis | slaminya jêjodhon | kyèhning sêdya sari-ari gèsèh | botên nate sarujuk ing kapti | duk amba cantêni | bilih sêdya ulun ||

9. pêgat malah langkung bingahnèki | rèh kadwi wus condhong | nulya pangkat kadwi age-age | puwara duk dumugi ing ngriki | semah amba gusti | sambat sukunipun ||

10. kraos sayah rèh lumampah têbih | dadya nêdha ngaso | amba turut nulya samya rèrèn | tan watawis dangu amba mèksi | warnanya pun Manis | sanalika ngriku ||

11. têka rumaos wêlas lan asih | manah amba kados | sinêndhal-sêndhal saking wêlase | dene pun Manis makatên ugi | manawi umèksi | mring kawula laju ||

12. karănta-rănta tumplêk sihnèki | puwara gêlolo | sarwi ngrangkul [ngrangku...]

--- 115 ---

[...l] wuwuse makatên | amiduhung dera minta mulih | mring wismanirèki | sing angrês ing kalbu ||

13. tujunipun dèrèng ngantos prapti | mring Gêgili dhukoh | mila samya karuna kalihe | mung punika darunanya gusti | ing kana sang aji | myang pandhèrèkipun ||

14. samya ngungun èsmu wêlasnèki | mangkana sang katong | gya ngandika mring juragan kinèn | amawasa salêbêting siti | amèsi punapi | de elok kalangkung ||

15. Juragan Karma anyandikani | duk winawas katon | jroning kisma lêrês sangandhape | sujanma dwi wontên cupunèki | kêncana kang mèsi | lêlisah ranipun ||

16. lisah pangasihan duk ing nguni | kang darbe kacriyos | Sang Hyang Wisnu katawis cupune | mawi rajah kalacakra gusti | Sri Gêndrayana Ji | dahat sukèng kalbu ||

17. nulya dhawuh kinèn dhudhuk nuli | gya dhinudhuk gupoh | tan watawis dangu pandhudhuke | punang cupu pan sampun kaèksi | anulya ingambil | katur mring sang prabu ||

18. cupu rukmi sakalangkung èdi | sri nata nabda lon | wruhanira hèh Leka sababe | asihira marang somahnèki | saka prabawaning | lênga ing jro cupu ||

19. lire iki babo gyanirèki | sira ajêjodhon | lan Si Manis atasing karsane | ing

--- 116 ---

jawata têtêp datan kêni | pisah praptèng pati | mêngko dhawuh ingsun ||

20. marang sira tutugna gyannèki | rukunan jêjodhon | sun idèni murih lêstarine | aja nganti kurang sandhang bukti | bisaa lêstari | têkèng anak putu ||

21. mêngko sira durung darbe siwi | saka karsaningong | sun paringi pangèstu ing têmbe | antuka sih parmaning dewadi | sira darbe siwi | măngka bathinipun ||

22. dera ajêjodhon lan Si Manis | têlas sabda katong | lah ing kana Leka myang rabine | duk miyarsa sabdanya sang aji | dahat sukèng lyali | jalu èstri sujud ||

23. sarwi karuna dera wotsari | wusana turnya lon | dhuh pukulun gusti sri pamase | kang satuhu suhunaning bumi | ingkang mugi-mugi | tuk sihing jwata gung ||

24. tulus dadya pêpakuning bumi | run-tumrun tan pêdhot | mungna têdhak tuwan saturute | praptèng jaman wêkasan ywa nganti | kasêlan lyannèki | dene sih pukulun ||

25. mring kawula kalangkung kapundhi | mugi-mugi dados | lêstantunnya kabêgyamba têmbe | saking pangèstu sri narapati | Sri Gêndrayana Ji | lon dènira muwus ||

26. mring punggawa kang samya umiring | hèh kawulaningong | ing samêngko nyata wus kayaktèn | pigunanira kayu

--- 117 ---

sulastri | marmanya ing wuri | manawa kapranggul ||

27. ana lêlakon kang angèmpêri | kang kaya mangkono | lir Si Leka kalawan somahe | iku nuli dèn enggal angambil | ron kayu sulastri | kinaryaa cundhuk ||

28. wong kang wawanpadu mau yêkti | banjur atut karo | rukun manèh lir sabên-sabêne | kang ingandikan samya wotsari | mangkana sang aji | nulya bidhal laju ||

29. de pun Leka lan somah pun Manis | wus linilan karo | sarta pinaringan pawitane | kang sinung sih nuhun awotsari | tan rinuwyèng margi | dupi lampahipun ||

30. prapta kilèning Cibragung dèsi | nata kagyat anon | janma jalu èstri lungguh sèndhèn | witing kajêng kusambi tur sarwi | rinubung sujanmi | wrêdha nom supênuh ||

25. Sinom

1. miwah rare kathahira | sêsanga tinon kaèksi | sadaya gumuyu suka | wondene tiyang pawèstri | wrêdha kang sèndhèn linggih | mangku lare taksih nusu | inggih gumuyu suka | lah ing kana sri bopati | miwah para punggawa kang umiringa ||

2. dahat samya kagawokan | saksana gya dèn têdhaki | de sang natarsa uninga | darunaning pra sujanmi | sadaya sukèng kapti | dene ta elok satuhu [satu...]

--- 118 ---

[...hu] | Sang Prabu Gêndrayana | dupi cêlak panggenaning | tiyang wau dahat ing pangungunira ||

3. karana tiyang punika | jalwèstri myang lare alit | tinon samya kêra-kêra | bêbasane amung lunglit | sarira rêgêd kusi | gêgambangan iganipun | têka adarbe suka | sang nata têtanya aris | nama miwah pinăngka tuwin purwanya ||

4. dene sami suka-suka | kang dinangu dupi uning | ywan kang dangu sri pamasa | gurawalan gya wotsari | muka konjêm ing siti | mangkana ing aturipun | dhuh pukulun sang nata | amba punika tyang alit | wasta Tantra wismèng dhusun Pagadhungan ||

5. dene tyang èstri punika | rayat amba ran pun Mèstri | wondene rare sadaya | sumawana kang bêbayi | sadaya suta patik | dene mênggah purwanipun | anggèn kawula samya | sadaya dumugi ngriki | saha lajêng sadaya asuka-suka ||

6. punika sajatosira | tan maligi mung mêmuji | suka sokur mring jawata | mila kawula mêmuji | mring dewa kang linuwih | makatên ing purwanipun | ing ngajêng amba dahat | kêkirangan sandhang bukti | salaminya amba nèng dhusun Gadhungan ||

7. kang măngka pangupajiwa | minăngka pakaryan patik | tan liya amung bêbêrah | angrêrêmbat samukawis | darbèking [darbè...]

--- 119 ---

[...king] tăngga tuwin | mitra ing sasaminipun | kang sami lampah dagang | gêgramèn mring sanès dèsi | dene angsal-angsalannya gyan kawula ||

8. bêbêrah punika datan | mêsthi kèh sakêdhiknèki | manawi têbih lampahnya | kathah pituwasirèki | ywan cêlak mung sakêdhik | ananging salaminipun | gyan kawula bêbêrah | botên nate anyêkapi | kangge nêdha punapa malih baksana ||

9. karana sing kyèhning suta | tur sadaya sami taksih | sumriwêt miwah sumêga | marma tansah tan nyêkapi | saangsalira ênting | binukti sarayat sunu | nanging panrimah amba | dene wontên rêm-arêming | manah kangge anjagèni têdhanira ||

10. mring siwi amba sadaya | ingkang sampun dèn lampahi | mênawi namung têtêdhan | kewala pan dèrèng nganti | katêndhagan sayêkti | dupi ing watawisipun | madya căndra kawuntat | amba kadyantuk sikuning | ing jawata karana kyèhning pakaryan ||

11. kang amba lampahi sasat | bêbasane tanpa dadi | kang cinandhak-candhak lêpat | kang ginayuh-gayuh tuni | utawi unggyan patik | pados bêrahan pukulun | pintên-pintên ri dadak | dèn upadi tanpa kardi | dalah sanèsipun dhusun Pagadhungan ||

12. amba purugi amêksa | tita datan [da...]

--- 120 ---

[...tan] wontên kardi | duk samana ngantya dungkap | tigang dintên anggèn patik | kaloyongan ngupadi | karya mêksa tan pikantuk | ngantos amba nênêdha | mring sanak sadhèrèk tuwin | kuwanuhan nanging inggih mêksa sonya ||

13. mandar anyakitkên manah | anyartu angèsi-èsi | duk wus tita botên angsal | amba mantuk sarwi nangis | kang kaèksi anaming | anak semah ingkang kantun | nèng wisma tan nênêdha | ing sadangunya lumaris | jroning batos kawula tansah nalăngsa ||

14. nuhun aksamaning dewa | kadipundi wahananing | lêlampahan kang kadyèka | dene botên sawatawis | dènira apêparing | bêndu dhatêng jasat ulun | èmênging tyas kawula | makatên sanadyan kenging | ing bêbêndu lêrêsipun mung kawula ||

15. utawi semah kawula | wangsul ingkang rare alit | ingkang satuhu tan wikan | punapa miwah punapi | tumut dipun bêndoni | pinêpêt têtêdhanipun | samarga-marga dahat | panggrêsahing manah patik | imbêt-imbêt kasêmbuh lêsuning badan ||

16. karana lami tan nêdha | amila saking kakêning | manah amba ngantos kadya | janma kang manahnya gingsir | kala samantên dupi | wus cêlak wisma pukulun | wanci sêraping surya | saking judhêging tyas nuli | karya rekadaya [reka...]

--- 121 ---

[...daya] amba ngambil sela ||

17. sajêram gulung agêngnya | bundêr mêmêt dèn tingali | kawula buntêl ing gombal | udhêng ngantos ambathithit | ciptaning tyas manawi | sutamba sadaya wau | anêdha angsal-angsal | sela ingkang amba cangking | badhe amba awatakên warni bêras ||

18. supadya ayêm tyasira | de bilih rare wus sami | tilêm amba pados reka | mrih pakantuk kang rijêki | dupi kawula prapti | ing wisma rayat lan sunu | katingal sami bingah | kakintên praptamba mawi | bêkta angsal-angsal măngka têdhanira ||

19. pating clêmong sami nêdha | angsal-angsal yun binukti | kadya adat sabênira | kawula wangsuli bilih | angsal uwos sakêdhik | arsa liniwêt karuhun | ing ngriku pra sutamba | sami ayêm ing tyasnèki | rumaosnya yyan mangkya badhe anêdha ||

20. kala samana dènira | anak sami botên bukti | tumêka ing catur rinya | kawula wêlas ningali | sadaya ting gulinting | ting kalèsèd tanpa bayu | botên sagêd gulawat | badan kuru gagang aking | katujune taksih rinêksa ing dewa ||

21. sadaya tan wontên pêjah | duk wus makatên sang aji | sela itêm wau nulya | gya kawula liwêt kadi | ngliwêt uwos sayêkti | tan măntra-măntra satuhu | ywan angratêngi [angra...]

--- 122 ---

[...têngi] sela | tan watawis dangu nuli | semah amba angatag dhatêng kawula ||

22. kinèn najini liwêtan | yèn wus asrêp kinèn nuli | anguyupna mring siwaya | supadya asrêp tyasnèki | amba kalangkung sêdhih | angrêsing tyas nulya tutur | bisik-bisik mring semah | amba balaka manawi | yêktinira kang liniwêt ika sela ||

23. mung murih ayêming anak | mangkya manawi wus enjing | pados akal mrih kantuka |[6] semah amba duk miyarsi | ujar amba kadyèki | gya karuna pan mèh kantu | saking sêsêging driya | katingal saya wlasnèki | dhatêng anak kang sakêdhap-kêdhap tanya ||

24. matêng utawi dèrèngnya | tansah amba sumadosi | dèrèng matêng amung kirang | sakêdhap ngiras ngêntosi | lawuhnya dèrèng prapti | dangu-dangu saya dalu | rare kalajêng nendra | nèng sakubênging pêrapin | amba dupi umiyat kyèhning sutamba ||

25. ing manah sangsaya dahat | ringas rongèh têmah nangis | ciptaning tyas mung palastra | puwara ing tyas umijil | anêdya lampah juti | mring tăngga sumêdya mandung | sêkul myang sanèsira | sanadyan cinêpêng nuli | pinêjahan sok ugi siwaya amba ||

26. wus samya nêdha sadaya | duk samana sampun wanci | bangun enjing mèh raina | sing parmaning dewa luwih | wontên swara dumêling |

--- 123 ---

makatên wahyaning wuwus | hèh hèh titahing dewa | kang lagya nandhang kaswasih | aywa sira sandeya ing tyas karana ||

27. dupèh cinoba dening Hyang | manawa sirarsa olih | kamulyan sira lungaa | iya ing sawêngi iki | saka wismanirèki | dene anak lan bojomu | iya sira gawaa | kabèh ajana kang kari | lawan watu ingkang sira liwêt uga ||

28. gawanên saparanira | sira nyiptaa sumiwi | mring sri nata ing Ngastina | anuwun kang măngka bukti | nanging laksitanèki | mêtua kuloning dhusun | Cibragung lamun ana | bêgjanira sira yêkti | nuli bisa kapêthuk lan ratunira ||

29. marma mangkana karana | Prabu Gêndrayana mangkin | lagya anamur kawula | lêlana marang ing dèsi | saka unggyanirèki | rumêksa kawulanipun | gêdhe cilik supadya | aywana kang nandhang langip | anadene watu itêm ingkang sira ||

30. liwêt ing sasuwenira | poma ywa sira ungkapi | yèn durung ana karsanya | Prabu Gêndrayana dening | bab panggawaning siwi | ywa sira sandeyèng kalbu | yêkti sira rinêksa | mring jawata kang linuwih | sinung kuwat kuwasa tanpa sangsaya ||

31. lawan sira kawruhana | sajatinira sujanmi | ingkang sarwa kêkurangan | iku datan bakal manggih | papa [pa...]

--- 124 ---

[...pa] sangsara nanging | yèn anarima ing kalbu | sarta kanthi nalăngsa | yêkti widada pinanggih | mung punika lajêng kèndêl punang swara ||

32. kawula kalangkung suka | sokur mring dewa linuwih | tumuntên anggugah semah | pun Mèstri dupi wus tangi | nulya amba sanjangi | salwiring swara sadarum | tan sarănta duk myarsa | wicantên kawula nuli | suka datan mèngêt sisahing tyasira ||

33. miwah lêsahirèng badan | sirna anulyambopongi | anak suson myang sapihan | kang ragi agêng sakêdhik | tinuntun gya lumaris | amba bopong rare catur | sarwi ngiras ambêkta | kêndhil isi sela langking | datan tolih griya anulya wisata ||

34. kang supami pambêktamba | rare catur gangsal kêndhil | tan angsal pakèning dewa | saèstu datan kuwawi | rèhne dènnya lumaris | saking dibyaning dewa gung | dadya tanpa sangsaya | mung anak ingkang lumaris | amba tuntun saking sangêting luwenya ||

35. sakêdhap-sakêdhap dhawah | wontên ingkang datan eling | saking sangêt wêlas amba | mring siwi samargi-margi | tutuk amba tètèsi | êbun atanapi madu- | nirèng sêkar wêwanan | kang wontên têpining margi | saking marmaning jawata samya dadya ||

36. asrêping tyas dupi prapta | kilèn Cibaragung dèsi | soroting [so...]

--- 125 ---

[...roting] hyang bagaskara | panas wanci anggatêli | siwi sadaya sami | kraos malih luwenipun | dadya samya kantaka | ambruk lir kasambêt sami | kang sawênèh wontên ingkang luntak-luntak ||

37. angêdalakên kuwaya | amba saya dahat sêdhih | putêking manah sandeya | bokmanawi praptèng lalis | milenggal lajêng sami | kawula bêkta angaub | ing panggenan punika | mung mrih ayêm sawatawis | bilih sampun lêrêm anêdya wisata ||

38. duk wontên ngandhaping wrêksa | kusambi punika nuli | wontên kanyataanira | wangsiting dewa ing nguni | aripipun netra nir | luwe sirna dadya tuwuk | amba saanak rayat | ngraos tuwuk kados dening | mêntas nêdha kathah tur mawi mirasa ||

39. mila kawula sadaya | sami suka-suka dening | rumaos ywan sampun angsal | sih parmaning dewa luwih | botên dangu anuli | paduka rawuh andangu | mila ing mangkya amba | dahat suka sokur yêkti | mring jawata miwah dhatêng padukendra ||

40. têlas aturnya pun Mantra |[7] mangkana Gêndrayana Ji | miwah wadya kang tut wuntat | sadaya wêlas tan sipi | nata nulya dhawuh mring | Juragan Karma tinuduh | mawas sajroning kisma | sasoring wrêksa kusambi | Ki Juragan Karma umatur sandika ||

41. duk ngèlmu [ngè...]

--- 126 ---

[...lmu] calung winawas | sanalika gya kaèksi | ywan wontên rêtna dumilah | kang sawabipun lêpat ing | luwe lêpat ing arip | gya katur maring sang prabu | sri nata langkung suka | nulya dhawuh animbali | sakathahnya tiyang Cibaragung desa ||

42. duk prapta gya dhinawuhan | dhudhuk kisma sor kusambi | nanging datan jinatosan | ywan andhudhuk musthika di | dene kang mandhegani | pandhudhuking kisma amung | Juragan Karma ingkang | mrênahkên pandhudhuknèki | janma dhusun Cibragung samya tumandang ||

43. kala samantên ing desa | Cibaragung amarêngi | lowong tan wontên lurahnya | karana umbulirèki | pêjah datanpa waris | mila duk marêk sang prabu | mung tyang alit sadaya | dupi pandhudhukirèki | sampun gadhug panggenan rêtna dumilah ||

44. kang musthika wus katingal | tinon mancorong blêrêngi | sigra ingambil dera sang | Juragan Karma anuli | katur mring sri bopati | wus tinampèn mring sang prabu | dahat arsayèng driya | sarta tansah dèn tingali | lan winawas-wawas ingasta sri nata ||

45. kacaryan dera umulat | rêsmining musthika adi | dangu-dangu katingalan | kang musthika mawi ciri | sastra cêtha ngêrawit | suraosing sastra wau | singa ingkang kanggenan | linêpatkên luwe arip [ari...]

--- 127 ---

[...p] | yèn lumampah sayêkti tan kenging sayah ||

46. tinurutan sasêdyanya | sinung nyata sabdanèki | mangkana Sri Gêndrayana | sangsaya arsayèng kapti | sokur mring dewa luwih | musthika lajêng kinandhut | sanalika sri nata | tan ngraos sayahirèki | datan măntra-măntra yèn mêntas lumampah ||

47. luwe arip tan rumasa | dene karaosing dhiri | mung sumyah lan suka bingah | anulya nabda sang aji | mring pun Tantra lingnèki | hèh Tantra wruhanirèku | sajatine gonira | padha datan ngrasa arip | miwah luwe awit saka prabawanya ||

48. musthika rêtna dumilah | kang ana sajroning bumi | ngisoring kusambi wrêksa | de samêngko musthika di | wus anèng asta mami | pun Tantra nêmbah umatur | dhuh pukulun sri nata | mênggah kang musthika adi | dhasar sampun pinasthi dening jawata ||

49. ywan dadya kagungan tuwan | manawi makatên gusti | dhatêng kawula sabrayat | ing ngriki punika yêkti | amung kinarya margi | miwah kawula pukulun | tan nyipta ywan badhea | manggih musthika linuwih | ingkang dados èsthining manah kawula ||

50. mituhu pakèning swara | mung mrih anênuhun gusti | boga baksana supadya | kenging kinarya ngingoni | mring anak miwah rabi | lawan malih wangsitipun |

--- 128 ---

swara kang kapiyarsa | mênggah ingkang sela langking | ingkang amba liwêt nèng kêndhil punika ||

51. pêpacuhing swara amba | tan kêni ambuka bilih | dèrèng wontên ing ngarsendra | manawi kawula nganti | ambikak wontên margi | sawastu ywan dados racun | kang bilaèni badan | kawula saanak rabi | nanging bilih kawula mituhu datan ||

52. ambikak kêndhil punika | saèstu kalamun dadi | marta kang măngka usada- | ning kasmala sadayèki | mênggah ingkang kadyèki | amba sumăngga pukulun | wahananing kang swara | dene ingkang sela langking | taksih wontên sajroning kêndhil punika ||

53. ing ngriku Sri Gêndrayana | ngungun èmêng ing panggalih | tandya angêningkên cipta | tan watawis dangu nuli | sinung waskitha dening | jawata ingkang linuhung | sarta mèngêt ungêlnya | sastra cêtha ingkang munggwing | salêbêtnya musthika rêtna dumilah ||

54. sintên-sintên kang kanggenan | sinung nyata sabdanèki | tinêkan salwiring sêdya | sang nata gya ngandika ris | hèh Tantra wruhanèki | bênêr jaring swara mau | sajatine kang sira | liwêt dudu sela langking | sayêktine jro kêndhil mèsi kêncana ||

55. mangko sun lilani sira | ambuka tutuping kêndhil | pun Tantra matur sandika | kêndhil nulya dèn ungkabi [ung...]

--- 129 ---

[...kabi] | liwêtan sela langking | dadya kancana sumunu | lan mindhak agêngira | pun Tantra umatur nuli | nyêbut sora dhuh jagad dewa bathara ||

56. kalingane sining jagad | kawêngku ing dewa luwih | dewa kawisesèng nata | dene nata măngka dadi | isining jagad iki | marmane elok satuhu | karsanirèng jawata | dènira arsa akardi | kabêgyane kawula kang nandhang papa ||

57. nanging dewa durung bisa | mêdhar saniskara maksih | sarana sabdaning nata | wusnya muwus kang kadyèki | Tăntra matur wotsari | dhuh pukulun jêng sinuhun | măngka pandaming jagad | punika sampun kayaktin | sabda tuwan pamêdharing kaelokan ||

58. mênggah sela langking ingkang | kawula liwêt samangkin | kenging sabda jêng paduka | mangkya dadya rukmi yêkti | punika warninèki | lah ing kana sang aprabu | duk umiyat kêncana | kadadyaning sela langking | dahat suka sokur mring jawata mulya ||

59. puwara nulya ngandika | hèh Tăntra wruhanirèki | kêncana iku wus dadya | kabêgjanira pribadi | awit ananing rukmi | saka pakartinirèku | iya iku kang măngka | ganjaran ênggonirèki | analăngsa narima srah ing jawata ||

60. ing salami-laminira | dadi sira dèn paringi | kêncana [kê...]

--- 130 ---

[...ncana] măngka pawitan | anadene ingkang dadi | pacuhaning dewa di | sira pribadi tan sinung | ambuka de yèn sira | bukak yêkti têmah dadi | wisa mandi iku wus bênêr kewala ||

61. wangsit kang kaya mangkana | awit sabobotirèki | wong kang nyagak pat lir sira | taman pantês andarbèni | mas pirang-pirang kati | yêkti ingincih para dur | têmah karya sangsaya | sisip-sisiping pangrukti | datan wurung anggêgawa antakanta ||

62. dene lamun sira buka | anèng ngarsaningsun yêkti | dadi datanpa sangsaya | karana kèh kang ngawruhi | tur anèng ngarsa mami | dadya pawitanirèku | iya iku lirira | wangsit dadya marta yêkti | măngka dadya usadanirèng sarkara ||

 


dalu. (kembali)
dhuh-dhuh. (kembali)
dugi. (kembali)
gunung. (kembali)
lampahipun. (kembali)
antuka. (kembali)
Tantra. (kembali)