Pakêmipun Ringgit Purwa (Jilid 2: Hlm. 001–097), Vreede, 1884, #1870

Judul
Sambungan
1. Pakêmipun Ringgit Purwa (Jilid 2: Hlm. 001–097), Vreede, 1884, #1870. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
2. Pakêmipun Ringgit Purwa (Jilid 2: Hlm. 097–196), Vreede, 1884, #1870. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
3. Pakêmipun Ringgit Purwa (Jilid 2: Hlm. 197–296), Vreede, 1884, #1870. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
4. Pakêmipun Ringgit Purwa (Jilid 2: Hlm. 296–394), Vreede, 1884, #1870. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
5. Pakêmipun Ringgit Purwa (Jilid 2: Hlm. 394–495), Vreede, 1884, #1870. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
6. Pakêmipun Ringgit Purwa (Jilid 2: Hlm. 495–582), Vreede, 1884, #1870. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
Citra
Terakhir diubah: 18-06-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

DRIE TEKSTEN VAN TOONEELSTUKKEN

UIT DE WAYANG POERWA

VOOR DEN DRUK BEZORGD DOOR

A.C.VREEDE

2e DEEL.

Punika Sêrat Pakêmipun Ringgit Purwa, mawi suluk sêkar kawi, ada-ada, rarênggan, janturan sapanunggilanipun, ingkang kangge tumêrap ing pangèlmining padhalangan. Sêrat pakêm wau pêthikan saking kagungan dalêm ing lêbêt karaton nagari Surakarta, kagêlarakên ing ngakathah dening para pakêmpalan, ghênutskhap ing Batawi, sasampuning kaêsahakên dening tuwan, A.C. Vredhah jilid 2, kaêcap dening tuwan: E.Y. Bril, ing nagari Lèdhên, taun 1884.

--- 2 : [0] ---

[...]

--- 2 : [0] ---

Na hetgeen door Kern in eene Voorrede bij de uitgave van de eersten Bundel is gezegd, kan de inleiding voor den tweeden Bundel dezer Wajangverhalen kort zijn.

Alles tocht wat daarin aangaande taal en stijl en omtrent de verhouding tot de door te Mechelen uitgegeven Lakon's wordt medegedeeld, is ook op deze tooneelstukken van toepassing.

En wat den inhoud betreft - sints Poensen, die zich door zijne belangrijke bijdragen in de Mededeelingen van het Zendelinggenootschap jegens de Javaansche taal- en letterkunde zoo verdienstelijk maakt, ook begonnen is den inhoud dezer Wajang's meer uitvoerig te behandelen, schijnt het voldoende daaromtrent voorloopig slechts het volgende mede te deelen.

De drie Wajang's van dezen Bundel voeren den titel van: 1. Gajah Putih, asrati Putri, een witte olifant met een prinses tot kornak", de voorwaarde namelijk tot het huwelijk van Banowati met den vorst der Kurawa's, 2. Kurupati rabi, het huwelijk van den vorst der Kurawa's", 3. Alapalappan Dursilawati de ontvoering van Dursilawati".

Het zijn omwerkingen van no. 16 en 17 der bovenvermelde lakon's, namelijk van de Alapalappan Banowati ontvoering van Banowati" en van de Alapalappan Dursilawati, ontvoering van Dursilawati." Beide prinsessen toch worden voor hun huwelijk op bovennatuurlijke wijse ontvoerd, de eerste door een buta vorst en de tweede door een olifant.

--- 2 : [0] ---

Arjuna de held der Pandawa's slaagt er in beide op te sporen en terug te brengen. Hij is het ook die de witte olifant, de prijs voor het huwelijk van Banowati, weet te bemachtigen, en dus de hoofdpersoon die de moeielijkheden welke aan het voltrekken van de huwelijken der twee prinsessen voorafgaan, uit den weg ruimt.

Behalve dat dit werk een belangrijke aanwinst mag genoemd worden voor de Javaansche literatuur, heeft het mij ook gediend om het woordenboek met een schat van nieuwe woorden en uitdrukkingen te verrijken.

Gaarne sluit ik mij dus aan bij hen, die het Bataviaasch Genootschap voor deze uitgave dank weten, terwijl ik mijn vriend te Mechelen erkentelijk ben, dat hij mij in de gelegenheid heeft gesteld om tot de bezorging in druk van deze Wajangstukken mede te werken.

Leiden, Juni 1884.

A.C. VREEDE

--- 2 : 1 ---

Punika lampahan ringgit purwa, winastan gajah putih, asrati putri, anggancarakên cariyosipun putri ing Mandraka Dèwi Banuwati, nalika sawêk karêmbag, badhe jatukrama kalih Ratu Ngastina, nêdha sasrahan dwirada seta ingkang srati wanudya, tuwin anggancarakên awitipun Radèn Jayadrata suwita ing Ngastina kenging bêbujuking Patih Sangkuni, amargi pancèn karsanipun ingkang rama, tinêdah ngumpula kalih Nata Pandhawa. Mênggah sêrat punika pêthikan saking kagungan dalêm Sêrat Pakêm, ing karaton nagari Surakarta.

Ingkang jinêjêr rumiyin, ratu ing Mandraka kalih Ratu Madura: Rukmarata, Tuhayata, cèthi kalih, sasampunipun gêndhing Krawitan ngêlik lajêng dipun jantur, sarta nuntên kacaritakakên.

Swuh rêp datapitana, anênggih wau kocapa, nagari ing pundi, ingkang kaeka adi dasa purwa, eka sawiji, adi linuwih, dasa sapuluh, purwa kawitan. Sanajan kathah titahing dewa, ingkang kasăngga ing pratiwi, kaungkulan ing ngakasa, kapit ing samodra, kathah ingkang gana raras. Botên wontên kados nagari ing Mandraka, mila kinarya bêbukaning carita, dene nagara satus datan angsal kalih, sèwu datan antuk sadasa.

Dhasar nagari ing Mandraka, panjang apunjung, pasir wukir, loh jinawi, gêmah ripah, [ri...]

--- 2 : 2 ---

[...pah,] karta tur raharja, mila winastan nagari Mandraka, panggenan karta kang padhang, tuwin panggenan kaluwihan. Panjang dawa pocapane, punjung luhur kawibawane, pasir samodra, awukir gunung, dhasar nagari ngungkurakên pagunungan, angeringakên pasabinan, nêngênakên bangawan, angajêngakên bandaran agêng, loh tulus ingkang sami tinandur, ajinawi murah ingkang tinuku, gêmah katăndha ingkang laku dagang, ing raintên dalu botên wontên pêdhote, ingkang sami lumampah botên wontên sangsayaning margi, aripah katăndha janma ingkang sami gagriya salêbêting nagari Mandraka, pangraos jêjêl, têpung cukit adu taritis. Papan wiyar katingal rupak, saking rêjaning nagari, karta katăndha kawula dhusun, ingkang sami laku tani angingu kêbo sapi tuwin bèbèk ayam, tanpa cinancangan, yèn raina aglar ing pangonan, ing wanci dalu wangsul marang kandhang sowang-sowang, saking kalis ing durjana juti, raharja dene têbih parangmuka tuwin abdi mantri bupati datan wontên lampah cacêngilan. Tansah atut tur rukun, dènira ngangkat karyaning ratu, mila nagari ing Mandraka kèringan sangking măncapraja, dhasar nagara gêdhe obore, padhang jagade. Dhuwur kukuse, adoh kuncarane, botên ing tanah Jawi kimawon. Sanajan ing tanah sabrang sami suwita, bêbasan nagari, ingkang têbih tumiyung, ingkang cêlak sami manglung, angaturi bulubêkti, ing sabên antara măngsa atur putri panungkul, asok gêlondhong pangarêng-arêng, angsung pêpundhutaning ratu, pèni-pèni rajapèni, guru-bakal guru-dadi.

Wênang dipun ucapakên jêjuluking ratu, Prabu Narasoma, ratu sarèh marang dasih, Narapati Salya, ratu wiyar cêcawanganing [cêca...]

--- 2 : 3 ---

[...wanganing] panggalih, Sri Bupati Mandradipa, ratu linuwih, Maharaja Mandrakeswara, ratu langkung luhur, Somadênta, tututing gadhing, pranyata sri nata ing Mandraka sucining driya, pindha putihing gadhing, tur mahambêk pinandhita, kathah praja ingkang nungkul aris, tanpa pinukul ing yuda saking dening kungkulan pambêkaning ratu, lêlabuhane sri narèswara, agung danane, paring sandhang wong kawudan, suka têkên ing kalunyon, angsung kudhung ing kapanasên, paring pangan ing kaluwèn, karya sukaning prihatin. Satuhu datan kêni winancenan, danane ratu ing Mandraka, yèn ta ginunggunga wiyaring jajahan, luhuring kaprabon, tuwin pambêkaning ratu, angobori ing papêtêng, ambabadi ingkang rungkut. Sadalu tan ana pêdhote, pinunggêl kang murwa ing kawi.

Sinigêg nuju ari Soma, sang nata miyos siniwaka, mungging sitinggil binatarana lênggah ing dhampar dênta, pinalipit ing rêtna, pinatik ing sêsotya, lèmèk babut pramadani, sinêbaran sari, ginănda wida lisah jêbad kasturi, dèn ayap parêkan, badhaya srimpi biyadan manggung lan katanggung, ingkang sami ngampil upacara, banyakdhalang ardawalika, kacumas sawunggaling, dwipangga ingkang sarwa rêtna, kinêbutan lar badhak ing kanan kering, kongas gandaning nata, dumugi jaban pangurakan. Sirna kamanusane, katon kadi jawata Bathara Sambu dèn ayap para apsari. Rêp sidhêm pramanêm, tan ana banène walang salisik. Godhonging kêkayon tan ana obah, yèn samirana tan lumampah, amung swaraning paksi êngkuk tuwin paksi jalak, ingkang sami mencok ing waringin, tuwin swabawaning abdi kriya pandhe gêndhing lan kêmasan, [kêmasa...]

--- 2 : 4 ---

[...n,] ingkang taksih nyambutdamêl, cat kapirêng cat botên, saking pasewakan. Pating carêngkling, imbal ganti lir mandaraga, têka muwuhi sênêning panangkilan. Sintên ingkang cakêt ing ngarsa, punika putra ingkang waruju, satriya ing Tanjunganom, akêkasih Radèn Rugmarata, dhasar bagus warnane, karêngga ing busana, jênar sarirane, kêbak gêgalane, sanajan putra anèm, kinathik ing rama raintên dalu. Ing pagêdhongan, saicale Rêtna Surtikanthi Ratu Ngastina lajêng ngaturi sêrat ing Prabu Salya nyuwun Rêtna Banuwati, Prabu Salya sampun parêng, nanging Rêtna Banuwati kadugi anglampahi krama, nêdha sasrahan, dwipangga seta ingkang srati wanudya, mila Prabu Salya sampun utusan dhatêng Ngastina andhawuhakên mundhut sasrahan wau, Ratu Ngastina sampun sagah angupaya, lajêng utusan dhatêng Ngamarta mundhut pasumbang, gajah seta srati wanudya, Prabu Salya sampun anyêdhahi kang putra Ratu Ngamarta tuwin Ratu Madura sampun rawuh ing Mandraka, kalih pramèswari Rêtna Erawati sampun amasanggrahan. Nuju Sinuhun Mandraka miyos siniwaka, Prabu Baladewa sowan dhatêng sitiinggil, lajêng sinaosan palênggahan jajar, sanalika sênên-sinênênan. Sênêne Prabu Salya pindha kancana sinangling, sênêne Prabu Baladewa lir pendah parada binabar. Jibêg para kawula bala ingkang sami sumewa, ing păncaniti bêk ambèr dumugi jawining waringin. Kaya andhoyongna pancak-sujining alun-alun. Kadhêsak mantri bupati ingkang sami nangkil, abyor kadya sêkar sataman. Awarni-warni busanane, pindha anyurêmna soroting hyang pratanggapati, ing alun-alun pêpandhèn, umbul-umbul, bandera lêlayu, songsong agung

--- 2 : 5 ---

tuwin bawat, tinon andhêndhêng, kadya samodra wutah, mangkana pangudasmaraning driya, Narapati Salya, iba yèn pirsaa, anak Prabu Baladewa, panjaluke sasrahan Si Banuwati. Gêndhing nuntên dipun unggahakên. Saantawis dangunipun, lajêng dipun suwuk.

Dipun suluki pathêt nêm.

Sêkar Swandana lampah 20. Dan sêmbahnirèng ulun kapurba risang murbèng rat saana nikang | nikanang sihing dasih mawèh boga sawêgung masih ring dêlahan | dan kanang amamujwèng ari jêng nayakèng rat dutèng rat kotama | mangguha manugraha lèn siswanta sagotra tang uwus minulya ||

Lajêng dipun suluki ada-ada.

Sêkar Mêdhangmiring lampah 23. Atari pêjah ningkang prawara Somadênta tanaya tkap sinisuta | makin aparêk Jayadrata têkap Sang Arjuna Warkodhara norakamu | makamuka sang dwijendra Karna Karpa Salya kuruku tarlèn giri rukula ||

Ratu Mandraka ngucap.

Anak Prabu Madura, kasênggan panakrama, sarawuhipun ing ngajênge pun bapa.

Ratu Madura mangsuli.

Inggih paman aji dhatêng anuwun. Panakramanipun paman aji, sadèrèng sasampunipun, katampèn asta kêkalih, dahat kalinggamurda, kacangcang ing rema, kapêtêk ing pranaja, tumanêma kulunging manah rad daging kayuwanan. Dadosa cahya mor cahya.

Rukmarata matur.

--- 2 : 6 ---

Kakang prabu pangabêkti kula, katura ing paduka.

Wangsulanipun.

Rukmarata jênêng para angaturakên pangabêkti sadurung sauwise wis manira trima.

Ratu Mandraka ngucap.

Kulup Rukmarata, priye lakunira ingsun kongkon marang Ngastina angaturake panjaluke sasrahan kadangira Si Banuwati.

Aturipun.

Kawula nuwun nuwun. Sampun kawula kautus sowan ing putra paduka kakang Prabu Ngastina, amaringakên pangistunipun kangjêng rama, tuwin pangistunipun kangjêng ibu, punapadèntên angaturakên pangabêktinipun, putra-putri paduka sadaya katur ing kakang Prabu Ngastina, tuwin kangjêng rama andhawahakên, awit panuwunipun kakang bok Banuwati kêdugi kadhaupakên kalih kakang Prabu Ngastina, ananging nyuwun sasrahan, dwipangga seta ingkang srati wanudya, yèn botên kalampahan, panyuwunipun sasrahan wau, kakang bok botên purun anglampahi jatukrama kalih putra paduka kakang Prabu Kurupati. Aturipun kakang Prabu Ngastina makatên: Rukmarata ingkang pangandika, kowe matura ing kangjêng sinuhun. Pamundhute sasrahan, gajah putih asrati wadon, aku sêndika ngupaya, samasa-masa wis olèh, banjur tak saosake marang Mandraka. Nuwun atur sêmbahipun, kakang Prabu Ngastina katur ing kangjêng rama tuwin kangjêng ibu, punapadèntên amaringakên pangistu dhumatêng putra-putri paduka sadaya, kawula nuwun nuwun.

--- 2 : 7 ---

Dipun caritakakên.

Lah ing kana ta wau, sinigêg aturipun satriya ing Tanjunganom. Angaturakên angsulanipun, ingkang raka sinuhun ing Ngastina Maha Prabu Salya, yèn mangunadika atêka mangkana, mênyang ing ngêndi pangupayane gajah putih anak Prabu Ngastina. Dene Prabu Baladewa têka mangkana pangudasmaraning driya, yèn mêngkene karêpe Si Banuwati, durung kêna diarêp-arêp kalakone gone bakal mangun karya, paman aji ing Mandraka.

Dipun suluki pathêt nem.

Sêkar Sardulawikridita lampah 19. Kilwan sêkari kang têtaman arêpat rèhnya bale kancana | soma brama hêning pawal nataring kang rok mutyaara raras | we durya marani labawraning pagêr tunjung mahantên lumêng | muntap antên nikang gapura macawi tang surya katon jula ||

Ratu Madura matur.

Paman aji mênggah badhe damêl punika kadospundi, rèh dèntên dèrèng kinantên, kasagahanipun sinuhun ing Ngastina.

Wangsulanipun Ratu Mandraka.

Anak prabu, mênggah pacakipun ing pandamêlan, inggih angêntosi, manawi sampun kalêksanan, panêdhanipun sasrahan pun Banuwati, namung badhe pasanggrahan, panggenan panganten, tuwin pasanggrahan badhe panggênanipun rayi-rayi jêngandika Pandhawa, punika kagarap rumiyin. Margi rayi jêngandika anak prabu Ngamarta kula aturi sagêda dhatêng Mandraka sadèrèngipun dumugi ing damêl.

--- 2 : 8 ---

Aturipun Ratu Madura.

Inggih paman aji, kula amrayogèkakên, karsa paduka wau.

Ratu Mandraka ngandika.

Kulup Rukmarata, sira dhewe mirsanana bocah bupati panggarape pasanggrahan. Si Tuhayata sakancane wadana padha dhawuhana tugur panggarape pasanggrahan. Lan banjur dhawuhna bubaran ingkang padha seba, ingsun kondur ngadhaton.

Aturipun.

Kawula nuwun inggih dhatêng sêndika.

Ratu Mandraka matur ing Ratu Madura.

Anak prabu sumăngga kula aturi kondur ing kadhaton. Pêpanggih kalih bibi jêngandika bok ratu.

Aturipun Ratu Madura.

Inggih paman aji sumaga, kula umiring kondur ing kadhaton.

Dipun caritakakên.

Sinigêg sinuhun ing Mandraka sampun sasmita arsa kondur angadhaton. Para parêkan sampun waskitha lajêng sami mapan ing prênahipun anjajari. Găngsa mungêl ayak-ayakan Lasêm. Sang Nata Mandraka kalih Ratu Madura kalampahakên. Nuntên Radèn Rukmarata kalampahakên kalih Patih Tuhayata sami mêdhun saking sitinggil. Rukmarata kalajêngakên, patih kèndêl. Ayak-ayakan dipun jantur kasêsêgakên. Patih undhang-undhang, he he, ana bocah kapatihan.

--- 2 : 9 ---

Aturipun.

Kula kula rêkyana patih punapa ingkang pangandika.

Dhawuhipun.

Aja na mundur têka paseban. Kawruhanamu karsane ingkang sinuhun. Gustimu radèn ing Tanjunganom, bakal têdhak dikakake mirsani pasanggrahan Ngamarta, tuwin bangung[1] bakal panggonan pangantèn.

Aturipun.

Kawula nuwun inggih dhatêng sêndika sêndika, têrang timbalan sampeyan ingkang adhawuh.

Dhawuhipun.

Ya wis ora mamêkas manèh, mung padha rumantia ngêntèni dhawuhe gustimu.

Ayak-ayakan mantun kajantur, patih lajêng wangsul. Sinuhun Mandraka sakalihan Ratu Madura kalampahakên salampahan. Nuntên kajêng katancêpakên pinggir, pinêtha gapura, sang prabu kalih kèndêl ngajêng gapura tuwin parêkan. Ayak-ayakan kajantur malih.

Dipun caritakakên.

Sèbêt byar katalika wau, sang nata kondur angadhaton. Têdhak jog saking sitinggil, tindak macan alupa, lembeyan mrak kasimpir, riyak gajah angoling, ingayap badhaya srimpi manggung katanggung, ingkang sami ngampil upacara, jinajaran biyadan parêkan kawan lajur sisih, ingkang sami ayu-ayu warnane, tur kang endah adi busanane, sajari miring têlapakane, sapêkak madyane, [ma...]

--- 2 : 10 ---

[...dyane,] mandul payudarane, ingkang mêlok-mêlok wêdanane, tur kang rompyoh-rompyoh sêsinome, pantês akarya lara brăngta, apa busanane sang nata yèn miyos siniwaka, ajamang mas sungsun tiga, kinatip ing hèr thathit, sinăngga ing praba, kinancingan grudha marêp grudha mungkur, utah-utahaning garudha, rineka sagara muncar, mataning garudha mirah sinêling sotya, anting kancana cinawi, panunggul hèr kêmbang, sumping rêtna rineka gêgubahan surèngpati, badhong giwangkara, lur-ulur naga karangrangan, dawala ngiras têtali, kêlatbau naga mamăngsa, binggêl kana, kancana tinutupan calumpringan. Kroncong sarpa raja, supe tajug kalih sisih, akampuh limar katangi, calana cindhe puspita gubêg. Ukup renda gubêg, wangkingan warăngka ladrang, kandêlan kamalon rêkta, ukiran tunggak sêmi sinasotya, dhuwung tinatah tinaturêngga, canela tinarètès ing kumala, mubyar sinongsongan karêtas jêne pinrada, lir pendah sri nata binayang-bayangkari, pantês tan ana wingwang, Sri Narendra Mandraka lumampah jajar kalih ingkang putra ratu ing Madura sami angrasuk busana kaprabon. Sinawang sirna kamanusane, kadya jawata sakêmbaran. Hyang Bathara Sambu kalih Hyang Bathara Brama, ingayap para apsari. Samana tindake sri bupati dumugi ngajênging gapura, angungkurakên warana, kèndêl aningali rarêngganing gapura, agênging gapura sagunung Mahamèru, inggile ngungkuli pucang lan tirisan. Pucake gapura sinungan mirah ora gêdhe ora cilik, ana sakêpuh jênggi, rêbut sorot lawan sunaring pratanggapati, pindha surya kêmbar ing dharatan. Siraping gapura pêrunggu sari, adêg-adêg akik bang ajêjobinan. Têbêng

--- 2 : 11 ---

têmbaga rinaja wêrdi, pindha kluwung nginum toya wutahe dèn jogakên ing palataran. Inêbing gapura kaca gêdhah binuwang rasane, tinulis gambar kamandaka jalu lan wanudya, yèn mênga kaya bedhang lagi sêmayan. Yèn minêp pindha bedhang apêpasihan. Pipining gapura sinungan gupala dèn awak-awaki parunggu sari, rinambutan pamor binrêngosan kawat. Untu siyung salaka mênur, ing ilat-ilatan mas jingga, mina tan kumala, cinêpêngan gada sakêmbaran. Irung jinara têrus ing kuping, dèn ingoni kombang lanang lan kombang wadon.Yèn nuju mênga minêbing kori, gêroting lawang, brangêngênging kombang, pindha rasaksa gêrêng-gêrêng arsa anubruk. Têmbene kang uninga, sirna sipating gupala, lir pendah Cingkarabala Upata, ingkang têngga kori sela matangkêb. Ing kanan keringing gapura rineka wêwanan, sinungan gambar buron wana, labur ingkang kinarya, sinungging amăncawarna, bisane ingkang akarya, kadya buron wana satuhu, dhasar kadhaton ing Mandraka pasitèn gasik apasir, toya tumumpang, wontên umbul saking ing arga, toya wêning tinalangan, dèn jogakên dhatêng kêdhaton, sinung têlih wutahe pinara-para, kinarya angrêsiki salêbêting kadhaton, tuwin minăngka padusaning para kênya, yèn nuju ari Soma tuwin ari Rêspati, sabibaring pasewakan, ilining tirta arum angambar, kalunturan dening gănda widaning para badhaya tuwin saking puspita ukêling para wanudya, ingkang sami kentir ing toya, têmah salêbêting kadhaton ing Mandraka datan wontên gănda ingkang kuciwa, dene salêbêting palataran, sinêbaran nila lan pakaja, mila yèn kinarya lumampah para parêkan kasampar-kasandhung, pating galêbyar pindha kartika asilih [asi...]

--- 2 : 12 ---

[...lih] prênah, katêlah dêlah samangkin, salêbêting kadhaton ing Mandraka, saking agunging sêsotya ingkang kinarya rarêngganing kadhaton, datan kantênan raintên dalunipun. Yèn pêtêngan kadyingganing pajar wulan. Yèn nuju purnamasada sangsaya kadya raina, apa ingkang kinarya tatêngêring wêngi lan raina, wontên pêksi jiwa-jiwa sajodho, yèn sami saba antara raina, yèn kumpul jêjodhon antaraning wêngi, dadya janma sajroning kadhaton anut laku jantraning manuk. Mangkana sang prabu sampun sasmita, para kênya ingkang jajari, kinèn laju manjing ing gapura.

Ayak-ayakan mantun kajantur, Ratu Mandraka, Ratu Madura, parêkan sami manjing gapura, kajêng katancêpakên têngah, găngsa lajêng dipun suwuk.

Dipun suluki Lasêm

Sêkar Bramarawilasita lampah 11. Ramya wwang padha tustha anggarjita | têkapira nirmala mangayun nring | trus unggwaning sang sri supadni wara | tarlèn sanggya dwi lêmbana mahagnya ||

Dipun caritakakên.

Sinigêg sang nata sampun kondur angadhaton. Gênti kocapa salêbêting dhatulaya, sri narendra garini anitèni konduring narendra, mungêl gêndhing Titipati, ngadêg Rêtna Sêcawati, Rêtna Erawati, Rêtna Banuwati, parêkan pêpak. Sasampunipun sami lênggah lajêng gêndhing dipun jantur.

Dipun caritakakên,

Anênggih ing pundi ingkang kocapa, ing kênyapuri Mandraka, pramiswari nata ingkang kêkasih Rêtna Sêcawati, dhasar wanudya endah warnane, karêngga ing busana, [bu...]

--- 2 : 13 ---

[...sana,] atmajaning pandhita, kagarwa ing narendra, kalangkung sinihan, dene sang rêtna sagêd anut sakarsane sang prabu, lantip pasanging graita, trus ambêk ngumala arum. Cinarita salamine kagarwa ing narendra sampun patutan atmaja gangsal, sapisan dèrêng karêngon. Ing mangke lagya lênggah sangajênging wiwara, lêrês pananggaping prabasuyasa ingkang lor wetan. Sintên ingkang cakêt jajar lênggah, punika atmaja pambayun, ingkang sampun dadya pramèswara nata ing Madura, akêkasih kusumaning ayu Ratu Erawati, dhasar wanudya endah warnane, karêngga ing busana, trahing kusuma, rêmbêsing madu, wijining tapa, têdhaking adana warih, kaimbuhan sampun kagarwa ing ratu, muwuhi sênêning wadana, ingkang cakêt ing ngarsa lênggah ing ngandhap punika, tanayendra ingkang pamadya akêkasih kusumaning ayu Rêtna Banuwati, dhasar wanudya endah warnane, anom dhasare, karêngga ing busana, trahing kusuma, rêmbêsing madu, wijining tapa, têdhaking adana warih, jênar sarirane abêngle keris. Galak ulat tur raga-karana, sanajan bombrong Rêtna Banuwati ayune arêbut ênggon. Gandhang yèn ngandika, jêlih jêlalat malah wuwuh patute, yèn wontên pawongan, mung sakit bêntèr sawatawis, ginêtaka kimawon, padha sanalika mulyane, mila dadi panjanging kidung, kondhang ing liyaning praja Mandraka, najan waranggana kasoran rêbut mêmanis. Mila yèn Rêtna Banuwati sampun marêk ing prabasuyasa salêbêting dhatulaya kadya wuwuh kêkuwunge, sabên ari Soma ari Rêspati, yèn sang nata sampun miyos ing sitiinggil. Pramèswari lajêng ngajar bêksaning badhaya srimpi ing karaton. Pradăngga munya angrêrangin, kêplok imbal angadhasih, [a...]

--- 2 : 14 ---

[...ngadhasih,] sênggak arêbut irama, andhèr para cèthi êmban inya, bêg balabur dumugi tratag kanan kering pringgitan. Nuju suwuking ing pradăngga munya têngarane sri nata kondur saking siniwaka, pramèswari mêthuk kori suyasa asaos toya ing suku, sang nata katingal sampun manjing wiwara kalih ingkang putra ratu ing Madura Rêtna Erawati lajêng amêthukakên.

Gêndhing kainggahakên. Sarêng sampun sami pinarak, narendra kalih tuwin pramèswari, samana Rêtna Banuwati para parêkan sampun sami ngadhêp sadaya, găngsa saantawis lajêng dipun suwuk.

Dipun suluki kloloran.

Sêkar Sardula lampah19. Lênglêng ramyang ingkang sasăngka kumênyar myang rêngga rumning puri | makin tanpa siring halêp ningkang umah mas lir murub ing langit | têkyan sarwa manik cawinya sinawung saksat sêkarning suji | unggyan Banuwati ya na mrêma langên myang Nata Duryudhana ||

Pramèswari matur.

Sinuhun dèntên dangu miyos siniwaka, punapa ingkang dipun rêmbag, wontên pasewakan.

Sang prabu mangsuli.

Bok ratu mulane suwe gon ingsun siniwaka, ora liwat ingsun anggalih bab panjaluke sasrahan Si Banuwati, atmajanira si wruju ingkang ingsun tuduh seba marang nagara Ngastina angaturake panyuwune Si Banuwati, sasrahan gajah putih asrati wanudya, anak Prabu Kurupati saguh lagi ngupaya, samasa-masa wis olèh, banjur saguh diaturake marang ingsun.

--- 2 : 15 ---

Pramèswari matur.

Ing sapunika sinuhun karsa paduka kadospundi.

Sang prabu mangsuli.

Iki mau ingsun rêmbug, karo anak Prabu Madura supaya prayogane.

Sang supadni matur ing Ratu Madura.

Anak aji Madura, kadospundi kapanggihing panggalihipun anak prabu mênggah pandamêlan ingkang badhe linampahan punika.

Ratu Madura matur.

Inggih bibi pinanggih ing pirêmbag kula, rèhdene kasagahanipun Sinuhun Ngastina dèrèng kinantên, patrapipun pandamêlan inggih kêdah angêntosi utusan saking Ngastina gènipun badhe ngaturakên sasrahan. Namung badhe pakuwonipun para tamu sadaya prayogi dipun garap rumiyin.

Pramèswari matur ing nata.

Sinuhun kados sampun prayogi pirêmbagipun putra paduka anak Prabu Madura punika.

Ratu Mandraka mangsuli.

Iya bok ratu ingsun wis anyêmbadani rêmbuge anak Prabu Madura, ing saiki atmajanira Si Rukmarata ingsun tuduh amirsani sarupaning pakuwon. Si Tuhayata sakancane bupati ingsun dhawuhi tugur pambanguning pasanggrahan, ngantia rampung pisan.

Aturipun pramèswari.

--- 2 : 16 ---

Kula nuwun inggih, sinuhun sampun kasinggihan karsa paduka wau, supados sagêd inggal dados panggarapipun pakuwon.

Ratu Mandraka ngandika malih.

Bok ratu saosa pambujanan. Ayo kakêmbulan nadhah karo anak Prabu Madura utawa yoganira gini pramèswari Erawati, apadene sutanira Si Rara Banuwati.

Aturipun rêtna dayita.

Kula nuwun inggih sinuhun. Sampun dangu rampungipun, anggèn kula sêsaji dhahar paduka wontên jarambahing prabasuyasa.

Ratu Mandraka ngacarani.

Anak aji Madura, sumaga sami makêmbul bujana, ayo bok Ratu Erawati, padha bujana kakêmbulan.

Aturipun.

Kula nuwun inggih sumaga, paman prabu, kula umiring karsa paduka bujana asêsarêngan.

Sang nata sakalihan pramèswari tuwin Sinuhun Madura sapramèswari Rêtna Banuwati sami têdhak bujana, para parêkan andhèrèk. Dipun suluki sastradatan manyura agêng.

Sêkar Bramarawilasita lampah 11. Ramyang wwang padha tustha anggarjita | têkapira nirmala mangayun nring | trus unggyaning sang sri supadniwara | tarlèn sanggya dwi lêmbana mahagnya ||

Dipun caritakakên.

--- 2 : 17 ---

Lah ing kana ta wau Maha Prabu Salya kalih ingkang putra ratu ing Mandura, samawana pramèswari Rêtna Sêcawati kalih Rêtna Erawati tuwin Rêtna Banuwati sami bujana sêsarêngan. Sinigêg ingkang andon bujana, gênti kocapa ing pasowan pagêlaran, kathah mantri asêmu kingkin.

Mungêl gêndhing prihatin, ngadêg Burisrawa, Rukmarata, Tuhayata, gêndhing dipun jantur.

Dipun caritakakên.

Anênggih gantya kocapa ing pagêlaran. Sintên ingkang lênggah punika satriya ing kadipatèn, akêkasih Radèn Arya Burisrawa, dhasar satriya agêng luhur sarira sêmbada, jaja wijang tinon angudhaplang, muka mirip rasaksa, netra ngapêndul imba sirung, grana anyanthiking palwa lathi jongor, waja kawijil ing ujung tur siyung ing kanan kering, kumbala capang godhèk wok asimbar jaja rema dèn ore binêlah numpang pawidhangan. Kulit nêmbaga sinangling, sêrêng galak pasêmone, dhasar trahing kusuma, rêmbêsing madu wijining atapa, trahing dana warih, putraning narendra ginadhang anggêntosi kapraboning kang rama, pantês prawira ing yuda, mila Radèn Burisrawa akarya pasowan piyambak dening warna mimba danawa, sabên ingkang rama miyos ing sitinggil, Radèn Burisrawa pasowanipun wontên sawetaning pagêlaran, bangsal ginaribigan sakubêngipun. Jibêg para mantri ing kadipatèn. Mungêling têngara bibaring pasowan, gribig anulya ginulung, datan antara sowanipun ingkang rayi satriya ing Tanjunganom, tuwin Rêkyana Patih Tuhayata ingkang sami mudhun saking sitinggil. Lajêng dèn awe majêng arupèpèh-rupèpèh, pindha sata [sa...]

--- 2 : 18 ---

[...ta] manggih krama, nulya sinasmitan jajar pinarak. Kang rayi prapta nêmbah anulya lênggah, Rêkyana Patih Tuhayata cakêt ing ngarsa, para mantri bupati mapan atapsilanira, sami jawil-jinawil anêgês pamiyarsa, sami anganti wijiling sabda satriya kêkalih, mangkana pangandikanipun Radèn Burisrawa.

Adhimas mara dikapara mangarêp, gon para lungguh majua.

Aturipun.

Kawula nuwun inggih, kakang mas kawula nyuwun amit, pasang paliman tabe, kasabêta ing ila-ila dina, lêpata ing tulah sarik, tuwin sapudhêndhaning jawata, dèntên kula akamipurun jajar pinarak ing paduka.

Wangsulanipun.

Adhimas aja jênêng para sumêlang, wis manira lilani, luputa ing ila-ila.

Gêndhing dipun inggahakên. Saantawis kasêsêgakên, kasuwuk taksih sêsêgan.

Lajêng dipun suluki grêgêt saut nêm.

Sêkar Sardulawikridita lampah 19. Tatkala narpa ceda mati nguni wèh sang sastra darma rêng[2] | kantèki raina masangsaya mawas hyang surya lumrèng rana | makansêhnira Sang Wiratha narpa lèn Pancawala adulur | Nirbita mangka pangruhun putunira wiratriya nindita ||

Burisrawa ngucap.

Adhimas apa wartane ing ngarêpan. Rèhning adoh pasebanku, manawa ana dhawuhe kangjêng rama bakal pakramane kakang bok Banuwati.

Rukmarata matur.

--- 2 : 19 ---

Kakang mas andangu pawartos ing ngajêngan, badhe damêlipun kakang bok Banuwati ing sapunika ngêntosi sagêdipun kalêksanan, panuwunipun sasrahan dwipangga seta asrati wanita, yèn kakang Prabu Ngastina sagêd minangkani, inggih saèstu dhaup. Manawi botên sagêd ngaturi sasrahan, inggih wande krama.

Burisrawa ngucap malih.

Mungguh sabanjure karsane kangjêng rama, adhimas kêpriye.

Aturipun Rukmarata.

Punika wau kakang mas. Kangjêng rama lajêng pirêmbagan, kalih raka jêngandika Sinuhun Madura, rèhning Sinuhun Ngastina dawêk sagah ngupaya sasrahan, dados pandamêlan inggih kêdah sarèh, namung panggarapipun, ambangun pakuwon, daya sagêda, awit kabêbahakên dhatêng para bupati ingkang darbe garapan piyambak-piyambak. Pun bapa Tuhayata kadhawuhan tugur anjênêngi pakaryan, dumugia rampungipun pisan. Kula dipun dikakakên mirsani sintên ingkang pancèn darbe bêtahan pandamêlan. Tuwin amirsani pambagenipun dhatêng para nayaka.

Burisrawa ngandika.

Iku yayi luwih prayoga, mungguh angkat para diarah besuk dina apa.

Rukmarata matur.

Angkat kula karsanipun kangjêng rama ing sadintên punika.

Burisrawa mangsuli.

Yèn mêngkono adhimas, prayoga jênêng para tumuli apradangdan.

--- 2 : 20 ---

Rukmarata ngandika.

Bapa Tuhayata, pradangdana lan undhangna kancamu wadana sakaliwon panèwu mantrine, padha kon pradangdan angrakit panggawean, tuwin undhangna bocah prajurit Tanjunganom. Kon padha samapta sabusanane, karo bocah kusumatali kon ngambili jaranku si abracapa, aku budhalan ing dina mêngko.

Aturipun.

Kawula nuwun inggih dhatêng sêndika, sampun rampung timbalanipun gusti kula ingkang adhawuh pun Tuhayata kalilan mêdal ing jawining pasowan.

Rukmarata mangsuli.

Iya Bapa Tuhayata, aku wis ora mamêkas manèh.

Rêkyana patih nêmbah mundur dipun suluki Astakosala raras barang miring.

Sêkar Astakosala lampah 18. Mundur rêkyana patih undhang ing pra wadya samya sanega | umung ramya swaraning bêndhe bèri gubar gurnang kalawan | puksur tambur myang suling pêpandhèn daludak bandera muwah | kakăndha warna-warna pindha jaladhiyan asri winuryan ||

Rêkyana patih undhang-undhang.

He he, ana prayayi kănca mantri bupati ing Mandraka tuwin abdi prajurit kaputran Tanjunganom, apadene bocah ing kapatihan.

Dipun sauri.

Kula kula rêkyana patih, punapa ingkang pangandika.

Patih dawuh malih.

--- 2 : 21 ---

Padha pradangdana, dikakake dhèrèk tindake radèn ing Tanjunganom. Amirsani bakal pakuwon. Yèn wis padha busana, bêndhe sapisan sikêpa apa gêgamane, bêndhe kapindho ngumpula sagêgolongane, bêndhe kaping têlu banjur budhalan. Lakune anuta panganjuring laku.

Dipun sauri.

Kula nuwun rêkyana patih, inggih dhatêng sêndika.

Patih ngucap.

Karo abdi kusumatali Tanjunganom, dikakake ngambili titihane gustimu kyai abracapa, karo bocah ing kapatihan, kêncêngana kambile jaranku si pamuk. Yèn wis padha rakit titihane gustimu saosna saloring tratag.

Aturipun kang dhinawuhan.

Kawula nuwun inggih dhatêng sêndika, rampung timbalan sampeyan rêkyana patih.

Patih ngucap.

Iya wis ora nana dhawuh manèh, mung angêntènana têngara bêndhe gonmu padha budhal.

Para wadya sami ngucap.

Mara kănca padha pradangdana, e iya batur jaran-jaran, titihane gustimu saosna.

Patih marêk mangarsa dipun suluki Astakosala raras barang miring.

--- 2 : 22 ---

Sêkar Nagabănda lampah 18. Gagrak andhêman, ningkang jaran ngrik magalak gênti manitih | pamêkak nira ring sang sudarsana dahat kêndhali rangah | manjing lak-lakan kuda ngrik mijil rah kadya tuk sumarambah | yaksa têmahan krura sru manaut yitna sang narpatmaja ||

Patih matur.

Kawuningana ing panjênênganipun gusti kula, sampun kawula andhawuhakên pradandosan, para mantri bupati tuwin abdi prajurit, punapadèntên abdi kusumatali, sadaya sampun rakit. Titihanipun gusti kula kyai abracapa sampun dipun kambili, samasa-masa paduka karsa bidhal sadaya sampun samapta.

Rukmarata matur.

Kakang mas kantuna anjagèni punapa karsanipun kangjêng sinuhun, kula amit madal pasihan, nira jêng paduka manggiha suka ing sawingking kula, namung kula nyuwun idi pangistu raharjaning lampah, kula bidhal ing sapunika.

Burisrawa mangsuli.

Adhimas jênêng para mangkat ing samêngko, jênêng manira anjurung basukining marga.

Patih matur.

Gusti kula radên ing kadipatèn, pun bapa kalilana andhèrèk tindakipun rayi paduka, mugi gusti kula manggiha suka sawingkingipun pun Tuhayata, botên langkung kula nyuwun idi pangistunipun gusti kula.

Wangsulanipun.

Iya Tuhayata, muga nêmua arja lakumu dhèrèkake adhimas.

Radèn Rukmarata ngandika.

--- 2 : 23 ---

Bapa Tuhayata nêmbanga tangara, ayo budhal mumpung esuk.

Aturipun.

Kawula nuwun inggih dhatêng sêndika.

Rêkyana patih nêmbah mundur dipun suluki grêget saut nêm.

Sêkar Wisalyaharini lampah 21. Budhal enjing gumuruh saking nagri Mandraka, gunging kang balakuswa | abra busananira lir surya wêdalira saking ing jalanidhi | arsa madhangi jagad duk mungup-mungup anèng pucak-pucaking wukir | baranang bang sumirat kêna soroting surya mega lan gunung-gunung ||

Dipun caritakakên.

Wau ta Rêkyana Patih Tuhayata sampun mêdal anêmbang têngara bêndhe ngungkung, untabing prajurit, lir pendah maesa kurda.

Găngsa mungêl ladrangan Kêbogiro, kasêsêgakên. Radèn Rukmarata sampun kabêdhol tuwin Burisrawa, lajêng prampogan kalampahakên. Nuntên Patih Tuhayata kalampahakên, salampahan, lajêng prampogan kalampahakên malih, kaandhêgakên ing kêlir kapara kiwa, ladrangan dipun jantur, Rukmarata kalampahakên numpak kapal rumiyin. Prampogan kalampahakên pinêtha grêbêg titihan. Lajêng Patih Tuhayata kalampahakên anumpak kapal. Sasampunipun patih lumampah numpak kapal wau, gêndhing ladrangan Kêbogiro dipun sêsêgakên. Prampogan kalampahakên, sawatawis lampahan. Kajêng katancêpakên kiwa, prampogan lampahipun kèndêl sangajênging kajêng lajêng gamêlan dipun suwuk.

--- 2 : 24 ---

Dipun suluki grêgêt saut nêm.

Sêkar Sulanjari lampah 20. Tandya bala Pandhawambyuk gumulung mangusir ring sata Kurawa | kambah kosik sru katitih mirut kerut larut katut para ratu | tuwin sagung pra dipati katut kapalayu sigra praptanira | Aswatama têtanya lah pagene ta iki ya padha lumayu ||

Prampogan dipun ucapakên.

Hèh priye kănca, lakuning prajurit padha mandhêk mayong, ingkang ana ngarêp padha mandhêk. Ingkang lumaku ing buri padha ngangsêk. Iku pyayi kang nindhihi lakune gêgaman apa ora nana, dene ora diandhêgake iki priye, ora wurung mêngko ana kănca kang kacocok ing gêgamane batur dhewe. Dipun sauri, mêngko mêngko dialon batur aja kêsusu, iki akèh lurung rusak. Prabatang padha ngalang dalan. Masa kênaa kaambah ing jaran. Apa enak angaturi wuninga, aja nganti dadi dukane gustimu, iya kănca bênêr bênêr, e dene kaya dudu kawula lawas. Ana lurung rusak bae, dadi panggalihane para bupati, kaya ora nana kang duwe gawe, kănca margăngsa, kalang gowong, tuwin prajurit piyunir, kon lumaku ana ngarêp. E iya wong batur bênêr bênêr, asikêpa gêgamane, wadung pêthèl pacul cucuk dhandhang, prajurit kang sikêp tumbak bêdhil, padha lumakua ana ing buri, prajurit ingkang nunggang jaran, pdhange padha kon ngunus. Kang lêbak diurug, mêndhukul pinapar, yèn ana kang rawe-rawe dhuwuring dalan, banjur pancasên têka dhuwur jaran. Wong cilik kudhi pacul upamane, yèn kêthul disah, landhêp ditamakake, ayo aja kalayatan,

--- 2 : 25 ---

digarap karo lumaku, yèn katungka rawuh gustimu, aja nganggo carane wong bang kidul katlompèn gawe, bêcik nganggo carane wong bang lor, bajag Sampang, surak Dêmak, kroyok Pathi, bujuk Mataram. Gègèr Pedan, sida Palar, iya batur ayo ayo.

Găngsa mungêl plajêngan. Sasampunipun prampogan anggarap margi, kajêng kapêtha prabatang, prampogan kalajêngakên lumampah, kajêng katancêpakên têngah, găngsa dipun suwuk.

Dipun suluki Lasêm.

Sêkar Kilayunêdhêng lampah 22. Nêmbang têngara mungdur sawadyane nêdya kondur maring jroning puraya | wraha pragosa samya amarigi kang katrajang gigirira karowak | sangsaya sangêt palayuning bala kapya rêbut dhucung sampun atêbih | prapta jro pura sang nata sineba pêpak punggawa lir kilayunêdhêng ||

Dipun caritakakên.

Wau ta lampahe dêdamêl ing Mandraka, saking agunging prajurit, tuwin wadyaning para bupati wêdale saking praja, lir pendah sela brakithi, sela watu, brakithi sêmut, kadya sêmut gumrêmêt ing sela, tan ana pêdhote, prajurit busana awarna-warna, ingkang krêsna ngumpul sami cêmêng, kaya dhandhang arêraton. Prajurit ingkang busana seta akumpul sami pêthak, kadya kontul anêba, prajurit ingkang busana rêta akumpul sami rêta, tinon abra, lir pendah giri pawaka, giri gunung, pawaka gêni, kadya arga kawlagar, pindha anyurêmna sunaring hyang pratanggakara, gadêbêging janma lumampah,

--- 2 : 26 ---

kriciking kandhali, krapyaking watang agathik, kabarung pangriking turăngga, pangêmprèting dwipangga, swaraning tambur suling lan salomprèt, piniyarsa kadya wrêsa kèntèki, wrêsa udan, kèntèki wana pajatèn, pindha jawah anrajang pajatèn, kumrasak swarane, swaraning têtabuhan, bêndhe bèri gurnang thongthonggrit puksur, kadya aluning samodra anêmpuh parang, patang[3] jalêgur, balêdug mangampak-ampak, pêtêng pindha kukusing sanjata, kêlabing bandera lêlayu rontèk, tuwin umbul-umbul, katiyup ing maruta, lir pendah ombaking samodra, andhêndhêng kang songsong bawat tuwin payung agung, asri songsonging para nayaka kadya sêkar pating karêthap, tindaking prajurit, sinawang saking katêbihan, lir pendah wêrdu gangga sasra, wêrdu lintah, gangga banyu, sasra sèwu, kadya lintah sèwu barêng kumêlap. Pangucaping janma kadya wrêsa canthuka, wrêsa udan canthuka kodhok, pindha kodhok nalika kodanan. Awarna-warna pamuwuse.

Lah ing kana ta wau, sampun lêpas lampahing prajurit, prapta sajawining praja, lajêng sami kèndêl. Radèn Rukmarata tuwin Rêkyana Patih Tuhayata samawana sagung mantri bupati sami karya têtarub, kèndêl apamondhokan. Sinigêg gênti cinarita, ing nagari Manderajajar pindha wana binasmi, mungêl gêndhing Babad. Ngadêg ratu danawa, kang ngadhêp yaksi, găngsa kajantur.

Dipun caritakakên.

Anênggih nagari pundi ingkang gênti kocapa, ing nagari Manderajajar, sintên bisikaning nata, ajêjuluk Prabu Kaladurgangsa, agung aluhur sarira pindha prabata, netra kadya surya kêmbar, grana lir pendah canthiking baita, tutuk [tutu...]

--- 2 : 27 ---

[...k] kadya wiwaraning guwa, waja angrangah kadya parangcuri, siyung gumilap tinon lir pendah dêntaning dwiradha, imba sirung, kumbala capang, angrongkop pindha tarulata ingkang tuwuh cakêt wiwaraning guwa, kumitir anut wijiling uswa, lir pendah taru katiyup ing maruta, godhèg wok simbar jaja, rema dèn ore, binêlah numpang pamidhangan, turut wingkinging karna kanan kering, kadya tambining mandera kapulêt ing sulur, karya giris ingkang umèksi, yèn sêgu kadya galudhug. Yèn pêtak pindha gêlap anyambêr, anggrêng gumlêgêr, kadya gêrah kapat, tur prawira ing ayuda, pilih ingkang tumimbang, mila kèringan sama-samaning nata yaksa, sêmana nuju ari Soma miyos siniwaka, angrasuk busana kaprabon. Amakutha kêncana, rinêngga jamang mas sinăngga ing praba, kinancing grudha marêp, grudha mungkur, utah-utahaning garudha, tinutupan rineka sagara muncar, anting sotya kanan kering, sumping rêtna rineka gêgubahan surèngpati, badhong gandhowara rêtna cinawi, lur-ulur naga karangrangan, dawala ngiras têtali, sangsangan kêbo mênggah, pinatik nila widuri, kêlatbau kancana, gêlang kana rinêngga ing sotya, supe tajug, kampuh jingga pinarêmas, paningsêt cindhe gubêg, calana cindhe pinrada, kroncong sarpa raja, sinawang kadya arga binusanan. Sintên ingkang cakêt ing ngarsa, kamisêpuhing punggawa, nagari Manderajajar, mangaran Êmban Kêpêtmega, sanajan awarni yêksi, tate mungkasi karya, ingkang sami sewaka, para punggawa yaksa jibêg busana awarna-warna, kathah bupati wadana Manderajajar, lumrah sami têguh wantala, tan pasah tapak paluning pandhe, sisaning gurinda, tanapi têdhaning kikir, sawênèh ditya karya pangeram-eram. Asiring badhama, [badha...]

--- 2 : 28 ---

[...ma,] unclang gada, sabuk ula lanang, asumping pring sadhapur, tinon pating jalemprak, kadya singha binasahan. Ing pagêdhongan, Prabu Kaladurgangsa anglamar putri ing Sokarumêmbe, ingkang panêngran Rêtna Kasimpar, sampun angaturi pustaka Êmban Kêpêtmega ingkang dipun utus. Mila mangkana pangudasmaraning driya Prabu Kaladurgangsa, iya dewa bathara jagad. Apa olèh gawe lakune si biyung.

Gêndhing dipun unggahakên. Saantawis kasêsêgakên lajêng dipun suwuk.

Dipun suluki grêgêt saut nêm.

Sêkar Rini lampah 17. Yaksa gora rupa ri sêdhêng Sang Kumbakarna lêlaku | kan malwa lènging kang gambira wangarah angisis siyung | umêtu prabawa lesus aprakêmpa gora walikan | ditya durbalarsa mrih curnaning lawan wira sri rodra ||

Sang prabu ngandika.

Biyung priye lakumu tak kongkon angaturake layang marang sinuhun ing Sokarumêmbe.

Aturipun.

Kawula nuwun gusti, sampun kula kautus sowan, ingkang sinuhun ing nagari Sokarumêmbe angaturakên pustaka sampun katampèn, timbalanipun dhatêng kula makatên. Kêpêtmega, ingkang pangandika, kowe matura ing gustimu, surasaning layang ngêbun-êbun esuk, angudan-udan sore marang atmajaningsun, nini Rêtna Kasimpar, rèhning nini putri wis wayah diwasa wajib [wa...]

--- 2 : 29 ---

[...jib] ingsun tari, ing têmbe manawa wis karuhan ature ingsun paring wangsulan marang anak prabu, ing mêngko sira mundura dhingin.

Ingkang punika pangistunipun, rama paduka sinuhun ing Sokarumêmbe katura ing panjênênganipun gusti kula, namung punika dhawuh wangsulanipun dhatêng kula.

Sang prabu andangu.

Iku wangsulane sinuhun ing Sokarumêmbe, biyung ora kêna ditampani lămba marga tanpa diwatês ubayaning dina.

Aturipun.

Kula nuwun inggih lêrês panggalihipun gusti kula, wangsul karsa paduka kimawon kadospundi, punapa gusti kula karsa anyarantosakên, angêntosi pustaka wangsulanipun, sinuhun ing Sokarumêmbe, punapa lajêng utusan mundhut sang putri ing sapunika.

Sang prabu manabda.

Biyung prayoga aku jaluk wangsulane sinuhun ing Sokarumêmbe, yèn dhasar lêga Si Rêtna Kasimpar tumuli tak jaluk. Yèn ora ngulungake sêja tak rêbut kalawan prang, mênyang ngêndi pangungsine ratu ing Sokarumêmbe, sênajan ditawingana sagara gunung Si Rêtna Kasimpar, diumpêtêna ing lak-lakan naga, ora wurung tak suk saênggone, wis biyung timbalana bocah bupati ingkang gantung laku.

Aturipun.

Kula nuwun inggih dhatêng sêndika.

--- 2 : 30 ---

Yaksi nêmbah mundur dipun suluki grêgêt saut nêm.

Sêkar Basănta lampah 14. Jumangkah anggro sêsumbar lindhu bumi gonjing | gumaludhug guntur kêtuk umob kang jaladri | lumembak pênyu kumambang gumuruh walikan | tuhu yèn Wisnu Bathara pantês nglêbur bumi ||

Dipun caritakakên.

Wau ta Êmban Kêpêtmega sampun prapta ing pasowan, animbali Ditya Kalaprajăngga, mangkana sarêng tinimbalan, kalangkung putêking driya.

Mungêl ladrangan Èmêng, êmban majêng rumilin,[4] nuntên Kalaprajăngga, sasampunipun lênggah, găngsa kajantur.

Dipun caritakakên.

Lah ing kana ta wau Kalaprajăngga katingal manjing, têbih sinasmitan mangarsa, majêng rupèpèh-rupèpèh, angeka pada, jinèrèng kêpuhe, atrap tindake, andhadhap pindha singha binasahan. Prapta ngarsaning narendra lênggah sêk tumungkul amarikêlu, kadya konjêm bantala mukane, pantês miniji ing karya, Kalaprajăngga dhasar bupati agêng kabupatène, sêmbada warnane, agêng dêdêg parusa, godhèg wok asimbar dhadha, abrêngos capang pinuntir ulat galak, sêmu tanggon. Dhasar punggawa tautate amungkasi karya, kondhang sapraja ing Manderajajar, dadya tanggulanging para wadya yaksa, apa busanane, ajêjamang mas, kêlung[5] kêling agêng, kinancing garudha mungkur, sinungan utah-utahan anyăngga kiswa, kêkalung kêbo mênggah, kêlatbau rêtna, gêlang kana, kroncong awak sarpa, dodot tinêlpok ing prada, badhama sampun rinasuk. Ababênting uncal wastra, sami cindhe linud ing parada papan. [pa...]

--- 2 : 31 ---

[...pan.] Mangkana panglocitaning driya Ditya Kalaprajăngga, i bojlèng baya ana karsane ingkang gati gustiku, dene miji ing pasebanku, dangu anganti wijiling sabda narendra.

Ladrangan dipun sêsêgakên. Saantawis gongan dangunipun, găngsa dipun suwuk.

Dipun suluki grêgêt saut nêm.

Sêkar Rini lampah 17. Ana kang wre tunggal kagiri-giri gêngnya kra magalak | ahêng karambêknya gora-godha tanangga tulungana | tinêpak kaparsat buta kabarubuh puh kayu pokah | bêlah bêntar sirna watu kumalasa syuh kabarubuh ||

Sang nata ngandika.

Aja dadi guguping atinira, Kalaprajăngga, sira ingsun timbali lumêbu ing ngarsaningsun.

Aturipun.

Kula nok non kala wontên jawi kalangkung guguping manah kula, kados tinêbak ing mong tuna, sinambêr ing gêlap lêpat. Pirsa calèrèt botên uninga dhatêng ing gêlap. Upami kambêngan salămba, pinanjêr madyaning alun-alun, katiyup ing maruta, kalangkung gèn kula kumêjot kumitir, caruk akalihan maras. Sarêng sampun dumugi ngarsa nata, rumaos botên darbe manah kuwatos. Upami pun Prajăngga dosa sakit, sayogi gusti kula anyakiti, yèn pun Prajăngga dosa pêjah, ingkang sinuhun amundhuta pêjah gêsang kula, sampun siyang sanajan dalu kula sumaga asta kêkalih, [kêka...]

--- 2 : 32 ---

[...lih,] têmbung tadhah wadana kumurêpa ing abahan. Kula nok non.

Sang nata ngandika.

Munduran kajêron tămpa, sira angaturakên pati urip. Kaya wong anandhang dosa, iya sadurung sauwise Kalaprajăngga sira junjung marang karaton ingsun, bangêt ing panarimaningsun, aja sira kaduk ati bela cipta, mulane sira ingsun timbali, katênta yèn bakal ingsun ganjar busana rêtna utawa gêgaman ingkang prayoga, bêbasan adoh lintang sinawat balang kayu, cêpak cupête, tangèh kênane.

Aturipun.

Kula nok non, sadrah ing angin-angin, sarema pinara sapta, yèn ta kilêma botên supêna pun Kalaprajăngga angajêng-ajênga ganjaran. Têbih dhatêng atuwuk, cêlak malah botên kuwawi anampèni, sihipun gusti kula kados tirta umili upaminipun, ing raintên dalu botên wontên kèndêlipun. Ingkang kula ajêng-ajêng manawi wontên karsanipun gusti kula angêlar jajahan, angripak jajahaning mêngsah, suka kula kakarsakna, anggayuh ingkang atêbih, angrangsang ingkang ainggil. Tugêl kadamêla sêsawat, rêmuk dipun bandhêmna.

Wangsulanipun sang prabu.

Iya Kalaprajăngga, bangêt tarimaningsun. Sira angaturakên sih sêtyanira ing ingsun. Mulane sira ingsun timbali, sira lumakua marang nagara ing Sokarumêmbe, nyuwuna wêwangsulan sinuhun ing Sokarumêmbe, apa ngulungake atmajane ingkang aran Rêtna Kasimpar apa ora, yèn ngaturake banjur tampanana, yèn durung têrang wangsulane, nagara Sokarumêmbe banjur [ba...]

--- 2 : 33 ---

[...njur] kêpungên sakancamu bupati sagolongan. Padha gagirisên têka jabaning kutha, aja sira unduri yèn durung ana kasaguhane masrahake Si Rêtna Kasimpar, sajrone sinuhun ing Sokarumêmbe durung ana wangsulane, aja nganti ana janma lumêbu utawa mêtu têka ing praja, ora etung wong lumaku dagang iya balèkna, yèn ora bali sira rampasa, budi sêmbadanana, yèn băngga sira uwisana.

Aturipun.

Kula nok non inggih dhatêng sêndika, têranging karsa paduka angkat kawula benjing punapa.

Dhawuhipun.

Sira mangkata ing dina iki, bêdhola sakancanira bupati, upama lakunira iku bobotên kaya ngidak gêni mrambut. Yèn panas undurana, yèn adhêm sira banjurna, aja kurang prayitna dingati-ati, upama sêkira sira ora kuwagang, kêbat angaturana uninga, ingsun bakal maringi bêbanton.

Aturipun.

Manawi sampun rampung timbalanipun gusti kula pun Kalaprajăngga kalilana amit madal pasihanira jêng sinuhun manggiha suka ing sawingking kula, namung idi pangistunipun gusti kula ingkang kawula pundhi kados jajimat. Pun Kalaprajăngga nyuwun amit pêjah.

Dhawuhipun.

Kalaprajăngga, ora tak kon mati, tak kon pintêr, lêlungsèn ingsun [ingsu...]

--- 2 : 34 ---

[...n] bêbakali, kurangku nadhah nendra, dadia wuwuh arja sakancanira kabèh.

Aturipun.

Kula nok non, inggih dhatêng anuwun. Prasasat ingkang ngabdi kapatêdhan jimak[6] paripih.

Kalaprajăngga pamit dhatêng Kêpêtmega.

Kakang nyai, kantuna sowan, kula amit mangkat ing dintên punika, kakang nyai manggiha suka ing sawingking kula.

Wangsulanipun.

Adhi Kalaprajăngga, pun kakang anjurung raharja, muga jênêng para olèha gawe sakănca ingkang padha nglakoni ayahan, anêmua suka ing marga, si adhi kang kabênêr dadi tindhihing laku, aja kurang kobèt ing pambudi.

Wangsulanipun.

Inggih kakang nyai, mugi kalampahana punapa karsanipun gusti kula ingkang sinuhun.

Kalaprajăngga nêmbah mundur, găngsa mungêl ayak-ayakan nêm, pinjalan. Ratu danawa ngawe-awe, nuntên kondur ngadhaton. Găngsa kasêcêgakên[7] dados plajêngan. Kalaprajăngga linampahakên salampahan. Nuntên ngawe-awe. Prapta Nyarèng, punika danawa cakil, kalih congklok. Punika danawa irungipun kados terong kopèk. Sasampunipun danawa sami lênggah, dipun suwuk gangsanipun.

Lajêng dipun suluki grêgêt saut nêm.

Sêkar Kusumawicitra lampah 12. Buta Pandhawa tata gati wisaya [wisa...]

--- 2 : 35 ---

[...ya] | indri yaksa sara maruta pawana | bana marga samirana lan warayang | pănca bayu wisikan gulingan lima ||

Yaksa nyarèng matur.

Ki raka kula upamèkakên, hèr minakata, hèr toya, mina ulam, kata wicantên. Kadya mina kasrambah ing toya agêng, kula nusung pawartos, dene jêngandika tinimbalan lumêbêt. Wontên dhawuh punapa kula nok non.

Yaksa terong matur.

Ki raka kula nyuwun nusung pawartos. Wontên dhawuh punapa jêngandika tinimbalan ingkang sinuhun. Punapa gusti kula badhe dadar dana kula nok non.

Wangsulanipun.

Adhi Kalamamrang, utawa si adhi Ditya Jongberong, jênêng para padha takon pawarta, mula pun kakang tinimbalan. Karsane ingkang sinuhun, jênêng manira kautus marang nagara ing Sokarumêmbe, nalika gustimu angaturake pustaka anglamar Rêtna Kasimpar, Prabu Kasendra durung amangsuli, saprene durung ana katêrangane, iku yèn Rêtna Kasimpar dikukuhi, pun kakang kalilan ambăndawasani, yèn parêng Rêtna Kasimpar, bisaa kagawa lakune pun kakang iki.

Aturipun.

Punapa namung jêngandika piyambak ki raka, punapa kalilan ambêkta kănca bupati yaksa kula nok non.

--- 2 : 36 ---

Wangsulanipun.

Timbalane ingkang sinuhun. Kalilan akanthi kănca bupati ingkang anggantung laku, bêdhol sakabupatène, dene manawa sakira abot, dikakake ngaturi wuninga, bakal diparingi bantu, sapa adhi ingkang kabênêr duwe gawe anggantung pasisiran.

Aturipun Kalamamrang.

Kakang tumênggung andangu ingkang gadhah lampah pasisiran, inggih kula kalih rayi jêngandika Ditya Jongberong, kula nok non.

Wangsulanipun.

Kabênêran manawa si adhi Kalamamrang atawa raka para si adhi Jongberong ingkang padha gantung pasisiran. Jênêng para padha dangdana, lan dhawuha marang kabayan, kon dhawuhake pradandan kănca prajurit yaksa ing Manderajajar.

Aturipun.

Kula nok non inggih dhatêng sêndika.

Kalamamrang ngucap.

He he ing kono ana pasebane Si Wijamantri karo Si Sarawita, mara padha majua mrene ana gawe.

Găngsa mungêl plajêngan nêm. Togog Sarawita majêng, sasampunipun sami lênggah, găngsa dipun suwuk botên mawi suluk.

Kalamamrang ngucap.

Togog mulane kowe tak timbali, undhanga prajurit ing Manderajajar utawa sarupane klèk-êngklèk balung tandhak. Kang padha ana tuk pakiponing [pa...]

--- 2 : 37 ---

[...kiponing] mêrak, panggupakan warak, genjong waru dhoyong, ing êsong guwaning lêmah miring, padha dhawuhana pradangdan, bakal budhal marang nagara ing Sokarumêmbe, prajurit samaptaa sagêgamane, yèn wis sadhiya banjur anglumpuka ana ing paseban.

Aturipun Wijamantri.

Inggih dhatêng sêndika, rampung sadaya dhawuh sampeyan ki lurah.

Pangucapipun yaksa.

Uwis Togog ora ana dhawuh manèh, banjur undhangna saiki.

Wijamantri ngucap.

Ulah ana gawe, ayo Binglung undhang-undhang kănca karang kabutan.

Togog Sarawita sarêng mundur dipun suluki gêrgêt saut nêm.

Sêkar Wisalyaharini lampah 21. Raksasa aprayitna anggrêng krura wiroda anggung agora-godha | bêgor swara gurnita samya sikêp sanjata samarga girang-girang | mintokkên krodhanira kadya inggala pagut ing prang atêpung lawan | mungsuh tri pura basmi sami molahkên dhandha ring rêngganing swandana ||

Togog ngucap.

I kănca karang kabutan, klèk-êngklèk balung tandhak. Padha dandana bakal budhal ing sadina iki marang nagara ing Sokarumêmbe, asamaptaa sagêgamanmu, banjur padha ngumpula ing paseban kono lan ngrakita tunggangan.

Dipun caritakakên.

Lah ing kana ta wau Wijamantri dangu angundhangakên dhatêng yaksa bala, botên [bo...]

--- 2 : 38 ---

[...tên] rinungu, inggal minggah ing pêpanggungan, nabuh têngaraning buta, gêntha kêlèng tuwin jam gora salumbung gêdhene, tinêmbang munya ngangkang, yaksa kagèt krungu tangarane, lajêng sikêp sagêgamane, yaksa ingkang lêlungan, krungu têngara, cangkelak wangsul lajêng pradangdan, sarta sikêp sanjata, gada bindi dhandha, gandhi lori, alugora, parasu badhama, sawusing ngrasuk gêgaman, lajêng ngrakit tatunggangan. Apa tungganganing buta, sênuk mèmrèng bial adal-adal, andhanu warak bragalba, singha awarna-warna, sampun rakit, kumpul ing sagolongane, gêro ingkang tinunggangan, anggrêng ingkang anunggang tur padha măngsa jalma, karya giris ingkang ningali, Lurah Wijamantri ngungak saking panggungan, sadaya danawa sampun samapta, inggal mudhun saking pêpanggungan, angaturi wuninga, rampung dènnya andhawuhakên busana wadya ing Manderajajar.

Togog Sarawita majêng, dipun suluki grêgêt saut nêm.

Sêkar Wisalyaharini lampah 21. Enjing nêmbang têngara gumuruh pra rasaksa sadaya asamapta | abra busanèng wadya samya sikêp badhama lori dhandha tomara | bandera awarna-warna umyung têtêg gong bèri gurnang puksur tongthonggrit[8] | Kyana Patih Prahasta mungging rêngganing rata manik jong mabangun jring ||

Aturipun Wijamantri.

Kawuningana kyai lurah, sampun kula andhawuhi klèk-êngklèk balung tandhak, tuwin wadyabala ing Manderajajar, sadaya samasa-masa bidhal, sampun sami samapta, kula nun.

Kalamamrang matur.

--- 2 : 39 ---

Ki raka punika sadaya samasa-masa budhalan sampun sami samapta, prayogi mangkat rêbat inggaling lampah, daya-daya dumugia ing nagari Sokarumêmbe.

Sauripun.

Nêdha adhi sambung-sambung obor, padha budhal gèh dawêg-dawêg.

Găngsa mungêl plajêngan nêm. Yaksa sami bidhal. Prampogan kalampahakên. Nuntên Kalamamrang kalampahakên, ginarbêg ing prampogan. Gantya Ditya Jongberong kalampahakên kagrêbêg prampogan, lajêng Kalaprajăngga ngirit prampogan. Nuntên Togog kalih Sarawita sami kalampahakên. Kajêng katancapakên têngah, găngsa dipun suwuk.

Dipun suluki Kêdhu.

Sêkar Bramarawilasita lampah 11. Jahning yahning talaga kadi langit | kêmbang tapas wulan upamaneka | wintang tulya kusuma yya sumawur | lumranging kang sari kadi jaladha ||

Dipun caritakakên.

Lah ing kana ta wau lampahing wadya yaksa ing Manderajajar, bupati têtiga sami suka manahe, samana sampun lêpas lampahe, ngambah jajahan paminggiring praja Sokarumêmbe, kathah wadya alit sami kagegeran. Lampahing danawa narajang pasar bubar, narajang padhusunan suwung, wantuning yaksa anganggo ambêk gora-gadha, kandhang tanpa palang, kori tanpa kancing, awèh jaluk ora awèh dipèk. Mila sami giris ingkang kaliwatan. Buta tan prabeda lawan brakasakan. Lumaku anêkakakên paribawa, kathah

--- 2 : 40 ---

jalma ing padhusunan, sami kaparag ing pagêring ngêlu panas gumigil, sinigêg lampahing danawa.

Gênti ingkang cinarita, putra ing kadipatèn Sokarumêmbe, apacak baris sajawining nagari, kanthi bupati tuwin rêkyana patih lir pendah satriya jajah praja.

Mungêl gêndhing Lana, ngadêg Radèn Kasena, lan Patih Garjita, tuwin Bupati Tumênggung Mandanasraya, Tumênggung Lenggotbawa, găngsa dipun jantur.

Dipun caritakakên.

Anênggih ing pundi ingkang ganti kocapa, ing pakuwon pabarisan sajawining kitha ing Sokarumêmbe, satriya ing kadipatèn, akêkasih Radèn Kasena, dhasar satriya bagus warnane, karêngga ing busana, ginadhang anggêntosi kaprabon. Lantip pasanging graita, dadya kondhang ing praja Sokarumêmbe, kathah wanudya kasmaran. Nanging Radèn Kasena tangèh dhatêng langêning wanita, lagya wanci mêmpêng ing kasudiran. Ing pagêdhongan, saundure caraka Manderajajar, karsane ingkang rama kinèn aminta sraya, sintên ingkang kadugi tinandhing prang kalawan yaksa, yèn unggul ginanjar putri Rêtna Kasimpar, nanging Radèn Kasena adrêng kêdah magut yuda, têmah tinurutan, sang nata lajêng dhawuh ing Rêkyana Patih Garjita, kinon apacak baris sajawining kitha, kanthi Bupati Tumênggung Lenggotbawa, kalih Tumênggung Mandanasraya, sampun karya pakuwon amiranti, ambèr balabar kadya samodra wutah, ing raintên dalu sami kasukan. Wadya sami suka manahe, têtiyang ing padhusunan ingkang cêlak pabarisan, sami têntrêm. Katingal rêjaning nagari, janma ingkang

--- 2 : 41 ---

lumampah dhatêng pêkên botên wontên sangsayaning marga, mangkat ing sawanci-wanci, nuju Radèn Kasena pinarak ing pakuwon. Ingkang cakêt ing ngarsa Rêkyana Patih Garjita kalih Tumênggung Lenggotbawa, mangkana pangudasmaraning driya satriya ing kadipatèn. Kaya apa pocapane yèn kakang bok kalakon didhaupake karo ratuning buta.

Gêndhing kaunggahakên. Saantawis dipun suwuk.

Dipun suluki pathêt nêm.

Sêkar Sardulawikridita lampah 19. Tatkala narpa ceda mati nguni wèh sang sastra darma parêng | kantèki raina masangsaya mawas hyang surya lumrèng rana | makansêhnira Sang Wiratha narpa lèn Păncawala madulur | Nirbita mangka pangruhun putunira wiratriya nindita ||

Radèn Kasena ngandika.

Bapa Garjita bocah prajurit, ingkang juru macalang, dhawuhana aja pêdhot parondhane, ingkang manawa Ratu Manderajajar anglakokake duta pangendrajala.

Aturipun.

Kula nuwun gusti, sadèrèngipun paduka dhêdhawah sampun kula pirantosi, ingkang jagi macalang pun adhi Tumênggung Mandanasraya sakancanipun panèwu mantri tuwin wadya prajurit. Kados sampun santosa, botên kuciwa ananggulanga mêngsah rota danawa.

Dhawuhipun.

Bapa mulane aku anindhihi pabarisan dhewe, marga karsane kangjêng rama [ra...]

--- 2 : 42 ---

[...ma] dikakake minta sraya, sapa kang kêduga tandhing prang bisa ngêsorake ratu buta ing Manderajajar banjur diganjar kakang bok. Aku mopo yèn durung karuwan abot utawa ènthènge yaksa ing Manderajajar, dêstun nagara ing Sokarumêmbe ora nana isine wong lanang, iku kangjêng rama anuruti aturku, banjur dhawuh ngirapake prajurit, tuwin sakancamu bupati.

Aturipun.

Kawula nuwun inggih radèn lêrês karsa paduka, sasêmbèn amirsani tangkêpipun ing ayuda para abdi prajurit ing Sokarumêmbe, punapa malih sanajan aminta sraya pantês, yèn sampun kantênan wawratipun ing mêngsah.

Dipun suluki grêgêt saut nêm.

Sêkar Rini lampah 17. Punggawa prayitna pudhêndha mangaran amamrih lawan | Sang Dasawadana manuduh punggawa wira dumraksa | mangrusaking gêlar ardacandranira Patih Suwănda | gadgada umangsah wahana dwiradha mangundha dhandha ||

Dipun caritakakên.

Lah ing kana ta wau eca imbal wacana Radèn Kasena kalih Rêkyana Patih Garjita, kasaru swaraning têngara, rame alon dhatênging mêngsah, Tumênggung Mandanasraya ingkang macalang prapta angaturi wuninga, jujug ing ngarsane Radèn Kasena.

Găngsa mungêl plajêngan nêm. Sasampunipun Mandanasraya lênggah, găngsa dipun suwuk tanpa dipun suluki, lajêng matur dhatêng Radèn Kasena.

--- 2 : 43 ---

Kula nuwun gusti kawuningana, punika dêdamêlipun yaksa sampun katingal. Saklangkung agêng utabing[9] prajurit. Punapa kalilan lajêng kula pêthukakên ing yuda.

Dhawuhipun.

Iya Mandanasraya, yèn kêna balèkna aris bae, yèn ora kaduga bali, iya banjar[10] băndawasanana, bapa Garjita utawa kowe Tumênggung Lenggotbawa, padha anataa gêlar ardacăndra.

Aturipun.

Kawula nuwun inggih dhatêng sêndika.

Găngsa mungêl plajêngan nêm. Lajêng sami umangsah, pangajênging yaksa Tumênggung Kalamamrang, punggawa manusa pacalang Tumênggung Mandanasraya sampun panggih, găngsa dipun suwuk.

Dipun suluki grêgêt saut nêm.

Sêkar Kusumawicitra lampah 12. Buta Pandhawa tata gati wisaya | indri yaksa sara maruta pawana | bana marga samirana lan warayang | pănca bayu wisikan gulingan lima ||

Mandanasraya ngucap.

Hèh hèh kowe buta ing ngêndi, sapa aranmu, arêp apa sêjamu, dene gawa prajurit sagêlar sapapan.

Sauripun.

Kowe takon pinangkaku, săngka nagara Manderajajar, aranku ora nana papat, kaya Tumênggung Kalamamrang, lakuku diutus ingkang sinuhun. Mundhut putri ing Sokarumêmbe ingkang aran Rêtna Kasimpar, yèn parêng [pa...]

--- 2 : 44 ---

[...rêng] saiki bisaa kagawa barêng lakuku, yèn durung parêng saiki, aku dikakake angêntèni, kowe apa karêpmu, angêndhêg lakuku, sapa kowe jênêngmu.

Wangsulanipun.

Kowe takon aranku Tumênggung Mandanasraya, mulane aku marpêki ing kowe, diutus gustiku Radèn Kasena, andhawuhake wangsulane ingkang rama sinuhun ing Sokarumêmbe marang ratumu.

Kalamamrang pitakèn.

Kêpriye Mandanasraya wangsulane gustimu, apa sida parêng putrane kagarwa ing gustiku, apa ta ora kaparêng.

Wangsulanipun.

Kowe matura ing ratumu yèn gustiku dhawuhe, ratumu angêntènana, besuk Madilawas, ing warsa Be wurung, wis ta buta muliha.

Kalamamrang ngucap.

I babo dene sagêlêm-gêlême, wis yèn mêngkono Mandanasraya, aku tak seba dhewe ing ratumu, yèn dhasar Rêtna Kasimpar ora diparingake barêng lakuku, amasthi nagara ing Sokarumêmbe bakal anêmahi rusak. Lara apa kang dikarêpake Prabu Kasendra, ora manut karsane gustiku Prabu Kaladurgangsa.

Mandanasraya ngucap.

Ora kowe gêlêm balia, ora gêlêm ya balia, nganti kowe ora gêlêm bali, apa nganti ana buta, sida tak gawe pangewan-ewan.

--- 2 : 45 ---

Sauripun Kalamamrang.

I babo bababo[11] Mandanasraya, yèn kêna tak eman, aja kowe tandhing prang lan aku, masa kowe kêlara, ora kulak warta tuku prungon, yèn Kalamamrang tautate kramas obat, asusur mimis, têguh tan pasah tapak paluning apandhe, aja kowe tandhing ing aku, bandaramu kon maju mrene, lêganing atiku, tak kêmah-kêmahe balunge.

Mandanasraya ngucap.

I jagad dewa bathara, buta kang kaya kowe, bok aja sagêlêm-gêlême, ngundhamana ing gustiku, dene angungas-ungasake, mara cobanên, kowe arêp ngayoni Mandanasraya, tak kira masa kêlara.

Găngsa mungêl plajêngan nêm. Mandanasraya rame prang kalih Kalamamrang, dêdêr-dinêdêr, udrêg cêngkah-cinêngkah, Mandanasraya dipun saut, nuntên anarik curiga, yaksa pinarjaya datan busik. Mandanasraya cinandhak ing yaksa lajêng sinauk[12] kalêmpêr, nuntên binucal dhawah têbih, lajêng dipun gosongi ing wadya, Tumênggung Lenggotbawa mangsah. Găngsa dipun suwuk.

Dipun suluki grêgêt saut nêm.

Sêkar Sardulawikridita lampah 19. Tatkala narpa ceda mati nguni wèh sang sastra darma parêng | kentèki raina masangsaya mawas hyang surya lumrèng rana | makansêhnira Sang Wiratha narpa lèn Păncawala adulur | Nirbita mangka pangruhun putunira wiratriya nindita ||

Lenggotbawa têtanya.

Hèh bocah prajurit priye wartane.

--- 2 : 46 ---

Dipun sauri.

Kawuningana ing sampeyan. Punika rayi jêngandika Tumênggung Mandanasraya ingkang kaprawasa atandhing yuda kalih bupati yaksa, unduripun dipun rêrămpa.

Lenggotbawa gumuyu ngucap.

I hêng hêng hah ha hah cabar cabar, undurna gosongana, jaba Tumênggung Lenggotbawa tandhinge buta si dêdohun. Sanggupe si adhi kaya mutunga wêsi gêligèn.

Kalamamrang sêsumbar.

Hèh rêbutên sura mrata jaya mrata, iki Tumênggung Kalamamrang, ayo êndi rupane prajurit ing Sokarumêmbe, suka kêmbulana ing prang, sapa kang karêp bela, lêganing atiku aja gênti mangsah, majua barêng manusa ing Sokarumêmbe, ratumu alumuh ginawe arja, angajap apa.

Lenggotbawa mangsuli.

Bihik, buta dirawuk. Si dilêlocok. Sumbare dene apêtak-pêtak. Aja kowe nyumbari kancaku ingkang wis kaplayu, trajangên ingkang isih ngragancang mêngkene.

Sauripun.

I babo sapa aranmu prajurit kang mangsah, dene rupamu kaya jaranan kepang, arêp anglawan ing yudane Tumênggung Kalamamrang, yèn kêna tak eman mundura, dene ora pira bobote kang mangsah yuda mau, kowe manèh yèn kêlara nadhahi yudaku.

--- 2 : 47 ---

Sauripun.

Kowe takon aranku cêmplon. Ora nana kaya Tumênggung Lenggotbawa, asu i hêng hêng hah ha hah, mundura cèlèng yèn kêna tak eman. Masa kowe kêlara nadhahi krudhane Tumênggung Lenggotbawa ora.

Kalamamrang mangsuli.

Sapa aranmu mau, Tumênggung Lenggotbawa asu, kathik apik têmên ta nèh jênênge.

Sauripun.

I buta si mêmonon, dhapurmu kaya asu kikik. Kupinge ora gatèkake kaparat. Lenggotbawa thok asu jênêngku, mara pêdhaka mrene, krasa dening tanganku, kacandhaka bae tak kêmpita gêmbrèk-gêmbrèk, tak sumpingna bae, sida jêpat-jêpat suthangmu, tak otat-abitake,[13] sida kalangan têlèkmu, cèlèng i hêng hah ha hah.

Găngsa lajêng mungêl plajêngan nêm, yaksa mangsah prang Lenggotbawa mangsah kalih sêsirig, lincak-lincak. Yaksa nyaut, dulya[14] cinandhak, dipun sabêt-sabêtakên. Kaidak-idak dipun bithèni, satêngah pêjah, lajêng dipun bucal dhawah têbih, yaksa mundur brangkangan. Ditya Jongberong mangsah, prapta ing pabaratan. Găngsa dipun suwuk.

Dipun suluki grêgêt saut nêm.

Sêkar Rini lampah 17. Anake wre tunggal kagiri-giri gêngnya kra magalak | ahêng karambêknya gora-godha tanangga tulungana [tulunga...]

--- 2 : 48 ---

[...na] | tinêpak kaparsat buta kabarubuh puh kadya pokah | bêlah bêntar sirna watu kumalasa swuh kabarubuh ||

Ditya Jongberong ngucap.

Êng piye wartane kănca kang dadi cucuking laku.

Dipun sauri.

Kawuningana, rayi jêngandika Ditya Kalamamrang kaplajêng, mundur dipun gosongi.

Jongberong ngucap malih.

Wis undurna, jaba aku tandhinge, sapa jênêngmu prajurit ing Sokarumêmbe, ngakua mupung durung kapara ing tiwas.

Lenggotbawa sumaur.

Kowe takon aranku cèlèng, ora nana kaya Tumênggung Lenggotbawa cêmplon. I hêng hah ha hah, kowe sapa aranmu, dene dhapurmu kaya gênthong sêsembong.

Yaksa sumaur.

Jênêngmu Lenggotbawa cêmplon. Mundura yèn kêna tak eman cêmplon. Aja kowe girang-girang nyumbari kang kaplayu, trajangên iki Tumênggung Jongberong, tak garot gulumu sida pisah gêmbungmu.

Sauripun.

I hêng hah ha hah, buta si dirawuk dilêlocok, apa abamu mara pêdhaka mrene, kêna tak sotho ora sida pêcah wadhukmu asu, i hêng hah ha hah.

Yaksa sumaur.

--- 2 : 49 ---

Babo iya sabêcike tandhing padha bujati, singa tiwasa, sura mrata, jaya mrata.

Găngsa mungêl plajêngan nêm. Yaksa campuh prang kalih Tumênggung Lenggotbawa, dèn garot wantala, ditya dipun walês tinêpak sumaput. Anulya cinandhak dipun wasuh nulya binucal dhawah kalêngêr dipun undurakên. Kalaprajăngga têtulung, Lenggotbawa kasor lumajêng, Rêkyana Patih Garjita têtulung dangu prang gênti kapilis, Kalaprajăngga ginada lêpat. Gada kenging rinêbat dening yaksa, rêkyana patih sinabêt ing gada, kasliring bau kang kanan kasrèmpèt dhawah lênggah, nulya cinandhak dening Kalaprajăngga, dipun garot datan busik. Lajêng binucal dhawah têbih, wadya kapatihan angrarămpa, patih binêkta mundur, prajurit sumêrêp rêkyana patih katèmpêr, lajêng dhadhal larut kadya bêndungan pêdhot lajêripun, gêrus tan wontên kantun. Satriya ing kadipatèn, tumurun saking turăngga, angayumi wadya prajurit. Găngsa kasirêp dados ayak-ayakan nêm nuntên dipun jantur.

Dipun caritakakên.

Wau ta Rêkyana Patih Garjita dupi kasrèmpèt ing gada sarira gumêtêr, anulya binucal dhawah têbih, lajêng rinămpa kasiliring samirana gêrêng-gêrêng, èngêt ing gustine, yitnane Radèn Kasena, prajurit ingundhangan mundur manjing kitha, sumêdya mêmpên ing salêbêting baluwarti kimawon. Karsane mila tumurun saking turăngga, namung ngawali ing panglude rota danawa, ciptaning driya sumêja badhe aminta sraya.

Pangucapipun.

--- 2 : 50 ---

Bocah ing kadipatèn. Brokohmu padha tinggalên. Ayo padha mundur, mêmpên anèng jroning biting bae, ora kêna disuwawa tandange buta iki.

Găngsa ayak-ayakan mantun kajantur, Radèn Kasena mundur, prajurit sampun bibar, pakuwon dipun rayah ing yaksa, kajêng katancêpakên ing têngah, găngsa dipun suwuk.

Dipun suluki pathêt Kêdhu.

Sêkar Kilayunêdhêng lampah 22. Nêmbang têngara mundur sawadyane nêdya kondur maring jroning puraya | wraha palwaga samya amirigi kang katrajang gigirira karowak | sangsaya sangêt palayuning bala kapya rêbut dhucung sampun atêbih | prapta jroning pura sang nata sineba pêpag punggawa lir kilayunêdhêng[15] ||

Dipun caritakakên.

Nah ing kana ta wau yaksa ing Manderajajar ingkang sami unggul yudane, lajêng angrêrayah, pasanggrahan gêmpur saisine, malah padhusunan ingkang cêlak pabarisan, sami dipun jarah dipun rayahi, janma padhusunan sami ngungsi, ingkang têbih saking barisaning yaksa, prajurit ing Sokarumêmbe sami larut umanjing praja, lajêng tutup sakèthèng, saklangkung sami kawêlasarsa, salêbêting praja tan ana swabawa, dene satriya kadipatèn, botên lajêng manjing nagari, karsane badhe minta sraya, laju lolos saking pabarisan, anyamur lampah, namung wadya kamisêpuh pinaringan pirsa, kinèn matura ingkang rama, sinigêg ingkang kasoran ing yuda, kadya para dyah ingkang sami karuna.

--- 2 : 51 ---

Mungêl gêndhing Laranangis. Ngadêg Ratu Ngamarta Bratasena, Pamadi Pintèn Tangsèn. Parêkan kalih, sasampunipun sami tata lênggah, gêndhing dipun jantur.

Dipun caritakakên.

Anênggih nagari ing pundi ingkang ganti kocapa, nagari ing Ngamarta, ya Batanakawarsa, ya nagara Cintakapura, mila winastan nagari Ngamarta, panggenan pangasrêpan. Mila winastan nagari Batanakawarsa, ilèn-ilèning toya jawah, mila winastan nagari Cintakapura, kadhaton sêkar pudhak. Sintên ingkang jumênêng narendra ing Ngamarta, Nata Pandhawa.

Mila sinêbut Nata Pandhawa, nata ratu, pandhawa gangsal. Dene ratu ing Ngamarta kadang gangsal sami priya, saksat madêg ratu sowang-sowang wontên salêbêting nagari Ngamarta, sami mengku kasatriyan piyambak-piyambak. Sintên bisikaning narendra, ajêjuluk Prabu Puntadewa, Guna Talikrama, Dwijakangka, Darmakusuma, Darmawăngsa, Darmaraja, Darmaputra, Yudhisthira.

Mila jêjuluk Prabu Yudhisthira, ratu minăngka makuthaning prajurit. Maharaja Puntadewa, ratu rahsaning dewa. Sang Dwijakangka, ratuning pandhita. Sri Darmakusuma, sêkar sae, têgêsipun ratu ing Ngamarta, pantês kawujudan kalih gandanipun. Narapati Darmawăngsa, ratu ing Ngamarta băngsa sae, dening wijining atapa. Sri Bupati Darmaraja, ratu adil. Sapraja tan ana kang bineda, ing palimarmanipun. Narpati Darmaputra, dening Ratu Ngamarta pinundhut pukra[16] Bathara Darma. Narendra Dipa, Guna Talikrama, ratu ing Ngamarta sagêd anangsuli basa, têgêsipun anêtêpi jangji. Apa busanane Prabu Puntadewa, agêlung kakêlingan, kinancing cundhuk sotya,

--- 2 : 52 ---

anting cinawi, sangsangan kêncana tinaturêngga, kêlatbau naga măngsa, binggêl kinancing calumpringan. Kroncong kêncana ingkang rinêngga hèr kêmbang, kampuh limar wilis, lancingan cindhe puspita gubêg, paningsêt renda gubêg, wangkingan warăngka ladrang, ukiran tunggak sêmi, sinasotya, kandêlan kamalon rêta, dhuwung tinatah tinaturêngga, supe tajuk kanan kering. Samana nuju pinarak ing pandhapa, sintên ingkang cakêt ing ngarsa, punika kadangipun ingkang panênggak. Ingkang dinalêmakên kasatriyan ing Munggulpawênang, sintên dasanamane, dasa sêpuluh nama kêkasih. Akêkasih Radèn Bratasena, Bima, Wrekodhara, Judhipati, Kusumadilaga, Kusumayuda, Jayalaga, Găndawastratmaja, Wayuninda, Bayuputra. Mila nama Bratasena, brata laku, sena amêngku, pranyata satriya ing Munggulpawênang amêngku sakèhing laku, dene tapane, awit wontên salêbêting babungkus, binucal wontên ing wana Setra Găndamayit. Mila anama Bima, sadhèrèke gangsal agêng piyambak. Minăngka bapa babune. Mila nama Wrêkodhara, pranyata satriya wiyar ing pambudi upama jêmbaring awang-awang, sampun kamot, mungging angga sadaya. Mila nama Judhipati, ratuning prajurit. Pranyata satriya Munggulpawênang karêm ing prang. Mila nama Kusumadilaga, sêkaring paprangan. Ing têmbe Bratayuda, satriya ing Munggulpawênang minăngka sasêkaring kadang sadaya. Mila nama Arya Kusumayuda, ingkang madhangi tur dadya sêkaring prang. Mila nama Bayuputra, pranyata satriya Munggulpawênang pinundhut pukra Bathara Bayu. Mila nama Găndawastratmaja, sanyata yèn atmaning Prabu Pandhu. Mila nama Jayalaga, jaya wênang, laga ing paprangan. Satriya ing Munggulpawênang, wênang

--- 2 : 53 ---

amolahakên ing payudan, ing têmbe Bratayuda angluwari ingkang para ubaya. Mila nama Wayuninda, karêm angin. Mila satriya i[17] Munggulpawênang, yèn lumampah tanpa wadya, namung dèn iring bajra sindhung prahara, samia kadanging nata, Radèn Bratasena minăngka lêlajêre, kariya saaubing payung nagara Ngamarta, yèn taksih jêjêg adêge satriya Munggulpawênang, wadya alit dèrèng lirip manahe, watêke Radèn Bratasena yèn lêmês kêna ginawe tali, yèn kaku kêlar kinarya pikulan. Mila kinarya watwating praja Ngamarta, sakathahing wadya agêng alit samya ajrih tur asih. Dene ingkang sumewa ing ngarsa nata lênggah ing ngandhap punika kadang ingkang panêngah, dinalêmakên ing kasatriyan Madukara, sintên dasanamane, dasa sêpuluh, nama kêkasih. Akêkasih Radèn Pamadi, Janaka, Arjuna, Kumbalyali, Parta, Dananjaya, Palguna, Jahnawi, Margana, Pandhuputra, Endratanaya, Kirithi, ya Kuntadi. Mila kêkasih Radèn Pamadi, sanyata kadang gangsal, satriya ing Madukara pamadyane. Mila kêkasih Arjuna, toya wêning ing wadhah, satriya Madukara ênênge ya êninging driya. Mila kêkasih Kumbalyali, satriya Madukara minăngka wêwadhahing rahsa. Mila kêkasih Parta, satriya ing Madukara santosa ing budi. Mila kêkasih Dananjaya, satriya ing Madukara amisesa rajabrana. Mila kêkasih Margana, satriya ing Madukara sagêd ngambah ing jumantara. Mila kêkasih Palguna, satriya ing Madukara sagêd bobot lawaning yuda. Mila kêkasih Jahnawi, satriya Madukara jêmbar wiwekaning driya, tanpa kèndêl lir toyaning narmada. Mila kêkasih Pandhuputra, satriya ing Madukara sanyata atmajaning Prabu Pandhu. Mila kêkasih Endratanaya [Endrata...]

--- 2 : 54 ---

[...naya] satriya ing Madukara dening pinundhut putra Bathara Endra. Mila kêkasih Kirithi, pasanggiri, satriya ing Madukara angsal pasanggirining dewa, dipun jumênêngakên ratu wontên ing Tejamaya, tur winênang jodho widadari. Mila kêkasih Kuntadi, pranyata satriya ing Madukara lantip ing driya, waskitha ing pasang sêmu. Mila kêkasih Janaka, sanyata satriya ing Madukara titising jawata, cinarita Sang Hyang Soman. Binêlah panitise, pama kêmbang lan sarine, kaya gêni lan urube, kêmbange satriya Madukara, sarine Narayana, gênine Janaka, urube Kesawa, kadya satu lan rimbagan. Pama suruh lumah lawan kurêbe, dinulu seje rupane, ginigit tunggal rasane. Nuju sowan ing ngarsaning narendra. Apa busanane kasatriyan. Agêlung minangkara, cinandhi rêngga, pinindha supit urang, kinancing rêtna, anting sotya, sumping rêtna, pindha gêgubahan surèngpati, asangsangan kancana, arja kêlatbau naga mamăngsa, gêlang kana tinutupan calumpringan. Akêkroncong sarpa raja, supe tajug sakêmbaran. Akampuh limar katangi, calana cindhe puspita, ukup tali datu, dhuwung warăngka ladrang, ukiran tunggak sêmi, kandêlan kamalon rêta, wangkingan tinatah tinaturêngga, akakonyoh mêntahan. Ngagêm lisah jayèng katong, sinawang kadya dewa andharat. Mila dadya kakêmbang praja Ngamarta, dadi panjanging kang kidung, kondhang para wanita, pilih ingkang botên kasmaran. Anon ing satriya Madukara, yèn nuju Sang Parta lumampah, ing nglêlurung jêjel tan kêna piniyak. Para wanita prawan somahan, răndha wulanjar, têkan ingkang wus nini-nini, atêkên grumutan sami ningali, punapadene para bakul sambiwara, jêblag langakan.

--- 2 : 55 ---

sami kêkinthil. Tan ketung tunaning wêwadean. Wangsul manawi Radèn Janaka sampun manjing ing karaton. Dene ingkang sowan wingking jajar punika, kadanging narendra ingkang mijil saking putri ing Mandraka Rêtna Dèwi Madrim, umijil kêmbar dinalêmakên ing kasatriyan Sawojajar, ingkang sêpuh akêkasih Radèn Pintèn. Ya Radèn Nakula, ingkang anèm dinalêmakên ing kasatriyan Bumiratawu, akêkasih Radèn Tangsèn, ya Radèn Sadewa. Pêpak para mantri bupati ingkang sami sewaka, mangkana Prabu Puntadewa sinawang kadya Bathara Darma, lênggah lan Bathara Bayu, Bathara Kumajaya, Bathara Surèngrana, tuwin Bathara Mahadewa, mila kontap saking liyan nagari Nata Pandhawa, ratu sinihan ing dewa, kinamulèn widadari, lan ngupayaa ing madyapada, satus tan angsal kêkalih, sèwu tan antuk sadasa, ingkang kadya lêlabuhane Nata Pandhawa, kocap ratu ing Ngamarta, lila ing dunya, tega ing pati, saksat darbe rudira seta, saking tangèhing dêdukane, lêlabuhane Prabu Puntadewa, wong sapraja padha suka bungaha, sinandhang lara prihatine. Dene pambêkane satriya Munggulpawênang sapa bêcik dèn bêciki sapa ala dèn alani, sanajan bau kanan kering yèn ala binuwang. Dene pambêkane satriya ing Madukara, anyamirana, mêratani. Dene pambêkane satriya ing Bumiratawu, ala ing têmbe, bêcik ing têmbe. Dene pambêkane satriya ing Sawojajar, bêcik-bêcike dhewe, yèn ala alane dhewe, mangkana pangudasmaraning driya Prabu Puntadewa, dene pinuju pêpak padha sewaka, si adhi ing Pawênang utawa si adhi ing Madukara.

Gêndhing dipun unggahakên. Saantawis dipun suwuk.

--- 2 : 56 ---

Dipun suluki Kêdhu.

Sêkar Madurêtna lampah 12. Narpati Darmaputra myang Dananjaya | matur ring raka Narendra Harimurti | saha waspa ing madya wasananira | katur sadaya mring sang rèh Madurêtna ||

Sang prabu ngandika.

Adhi Bratasena, mulane kowe tak undang, sumurupa, aku mêntas katêkan Paman Sêngkuni, diutus kakang Prabu Ngastina, mundhut pasumbang, gone bakal jatukrama, kakang bok Banuwati mundhut sasrahan gajah putih asrati wanudya, ing kale karsane kangjêng uwa Prabu Mandraka, aku ditimbali bisaa têka sadurunge têkaning gawe.

Wangsulanipun.

Kakangku pambarêp. Yèn sêmbada karêpmu, jaba ngupaya sasrahan bae dhisik. Sêpuluh padha têkaa marang Mandraka, yèn ora bisa ana sasrahane, Si Banuwati masa gêlêma nglakoni dadi pangantèn. Tuwas kakèhên panggawean.

Ratu Ngamarta ngandika.

Iya adhi prayoga karêpmu iku, kowe tak kongkon sebaa uwa Prabu Mandraka, ngaturana wuninga yèn gonku seba, samasa wis olèh pamundhute sasrahan, kakang bok Banuwati, dene adhimu Si Pamadi arêp tak kongkon ngupaya gajah putih, bakal pasumbang marang Ngastina.

Wangsulanipun.

Iya kakangku Drêmaji, apa ing sakarêpmu aku nglakoni, nanging adhimu Si Pamadi [Pama...]

--- 2 : 57 ---

[...di] arêp kok kongkon, ngupaya gajah putih iku kang ana bae nagara ing ngêndi, panjaluke sasrahan Si Banuwati, iku lah rak ala sirnane nampik. Padha dene kakang Jayapitana, wong arêp rabi têka kinayah, awit pambarêp wurung, nuli panggulu ora sida, iki panêngahe nuli ora kêlakona, kirane apa sae andêlêng wong.

Pangandikanipun Ratu Ngamarta.

Bênêr Bratasena caturmu iku, nanging aja mêngkono, apa kowe maido papêsthèning dewa, jodho ora kêna ginawe ing titah, iba jêmbare jagad ingkang gumêlar iki, suprandene ingkang nitah ora kawêkèn, amirantèni saanane.

Ratu Ngamarta ngandika.

Pamadi mara dikapara ngarêp majua gonmu lungguh.

Arjuna majêng dipun suluki pathêt sanga.

Sêkar Rini lampah 17. Mulat mara Sang Partasmu kamanungsan kasrêpan ring ti- | ngkahning mungsuh niran padha kadang taya wwang wanèha | ana wwang anaking yayah myang ibu lèn umanggêh paman | mangkadi Narpa Salya Bisma narpa sang dwijanggêh guru ||

Arjuna matur nêmbah.

Kula nuwun kakang prabu, punapa ingkang pangandika amiji pun Pamadi.

Pangandikanipun sang prabu.

Pamadi kowe lumakua ngupaya pamundhute pasumbang kakang Prabu Ngastina, gajah putih asrati wanudya, bakal diaturake marang nagara Mandraka.

--- 2 : 58 ---

Aturipun Parta.

Kula nuwun inggih dhatêng sêndika, mênawi sampun rampung timbalanipun kakang prabu, kula amit madal pasihan, nira jêng kakang prabu manggiha suka ing sawingking kula.

Wangsulanipun.

Iya adhi tak rewangi nanêdha ing jawata, tumulia olèh pangupayane sasrahan, gajah putih asrati wanita.

Bima matur ing kakang.

Kakangku pambarêp. Aku lilanana mangkat mênyang nagara Mandraka.

Wangsulanipun.

Adhi Bratasena, aturna pangabêktiku maring kangjêng uwa Prabu Mandraka.

Bima ngandika ing Parta.

Ayo Janaka padha mangkat, apandum panggawean.

Aturipun.

Kula nuwun kakang mas sumaga, arêbat lampah sadaya-daya dumugia ing purug.

Găngsa mungêl plajêngan sanga, Ratu Ngamarta kondur ngadhaton. Arjuna Sena sarêng mêdal kalampahakên. Bratasena kèndêl. Găngsa dipun suwuk.

Dipun suluki grêgêt saut sanga.

Sêkar Wisalyaharini lampah 21. Kan mangsah ambêk pêjah cangcut gumrêgut manjing ing samodra tulyadrêng | wiraganya lêgawa toya sumaput wêntis [wê...]

--- 2 : 59 ---

[...ntis] mêlêk ing angganira | alun pan sumarambah sumaput anangkêbi migêg jăngga kang warih | gadgada ya manêngah katon kambang-kumambang gêngnya sawukir anak ||

Dipun caritakakên.

Inggal mêdal saking kadhaton, Radèn Bratasena. Apa busanane satriya ing Munggulpawênang, rema dèn ore tumumpang pamidhangan, pupuk mas ciri ing bathuk. Sumping kancana pinindha jaroting asêm. Tinumpangan sêkar pudhak putih, kalung nagabănda, anting rineka manggis ginubah katut têkan kandhagane, binggêl căndrakirana, kuku păncanaka salancur sisih, cawêt wastra polèng bang bintulu lêlima, paningsêt cindhe binara binêlah numpang wêntis kanan kering, porong wastra, kroncong pindha awak sarpa amamăngsa, kancana ingkang kinarya.

Ciptaning driya Radèn Bratasena, sadaya busanane kinarya pasêmon. Pangèngêt-èngêt wêjanging guru, tuwin kinarya pikukuhing pambêkane.

Mila ngangge pupuk mas ciri ing bathuk. Nora nana kang winawas namung cahya salêbêting manjing ing garbane Hyang Sewaruci.[18]

Sumping kancana pinindha jaroting asêm. Bratasena budine ngrawit kaya jaroting asêm. Pintêr api balilu.

Mila sumping sêkar pudhak putih, yèn wangi jaba iya wangi jêrone.

Mila anting kêlatbau rineka manggis, ginubah katut têkan kandhagane, ing têmbe praptaning wêkasan, Bratasena tan ana ingkang kari.

Mila kalung nagabănda, naga ratuning sarpa, bănda têtalining sarira, Bratasena [Bra...]

--- 2 : 60 ---

[...tasena] karosane animbangi kruraning naga, punagi yèn băndayuda datan watak kalah, kalahe mati.

Babinggêl căndrakirana, căndra wulan kirana tulis. Bratasena dènnya gêguru tanpa papan tulis, trang kadya wulan purnama.

Kuku păncanaka salancur sisih, kuku lêlandhêp, pănca lima, Bratasena angungkabi kabisan, tuwin minăngka pikukuhe kadang gangsal.

Mila cawêt polèng bang bintulu lêlima, sumingkir ing nêpsune gangsal.

Mila paningsêt cindhe bara binêlah numpang wêntis kanan kering, bisa ambedakake dununging panêmbah marang dewane.

Porong wastra, Bratasena wus amot sajêmbaring jagade.

Kakroncong naga mulêt pada, kinarya pangèngêt sagêde manjing samodra, sasirnaning naga ingkang gubêt angganing Bratasena.

Mangkana satriya ing Munggulpawênang yèn arsa lumampah, datanpa wadya amung bajra sindhung riwut, ambabênêr karya marga, Bratasena yèn lumaku tanpa menggok. Sanajan ajujur arga tinênggêl, yèn lumampah mung malumpat.

Dipun suluki grêgêt saut sanga.

Sêkar Kusumawicitra lampah 12. Buta pandhawa tata gati wisaya | indri yaksa sara maruta pawana | bana marga samirana lan warayang | pănca bayu wisikan gulingan lima ||

Kajêng pinêtha angin mêdal sing sariraning Bima. Dipun caritakakên.

--- 2 : 61 ---

Wau ta Bratasena arsa lumampah amatêk aji jalasangara, wungkal bêngnêr tuwin aji bandung băndawasa, mijil prabawa maruta, kumpul bayu sami lumampah, bayu ingkang kuning, ingkang darbèni Bagawan Maenaka, lêlima anunggal bayu, dene bayu ingkang ijo ingkang darbèni liman Satubănda, bayu ingkang abang ingkang darbèni wil Jajahwrêka, bayu ingkang irêng ingkang darbèni satriya ing Munggulpawênang, bayu ingkang pêthak ingkang darbèni Bagawan Kapiwara, lêlima sami nunggal bayu, sampun ngumpul dadya sawiji, sangsaya agêng wêdaling prabawa maruta, sindhung aliwawar, lisus anarajang, kayu ingkang jêro pancêre pokah, ingkang cèthèk pancêre samya rungkat, padhang dadya marga padha sanalika, inggal lumumpat Radèn Bratasena, kêbat kadya kilat, kêsit kaya thathit.

Găngsa mungêl plajêngan sanga, Bratasena kalampahakên lumumpat, sawatawis lumpatan, kajêng pinêtha lampahing lesus sawatawis dangunipun. Găngsa kasirêp dados ayak-ayakan sanga, Parta lumampah kèndêl. Sêmar Petruk Nala Garèng sami ngadhêp. Găngsa dipun suwuk.

Dipun suluki pathêt Jêngking.

Sêkar Rini lampah 17. Lêngêng gati nikang awan saba-saba nikèng Ngastina | samantara têkèng Têgalkuru Nararya Krêsna laku | sirèng Parasu Rama Kanwa Janaka durur Naradha | kapanggihi ri kang têgal milu ing karya sang bupati ||

Parta ngandika.

Kakang Nayataka, kowe dangdana saanakmu Si Nala Garèng Si Petruk.

--- 2 : 62 ---

Padha milua laku diutus kakang Prabu Ngamarta ngupaya gajah putih, ingkang srati wanudya, bakal digawe sasrahane gone bakal jatukrama kakang Prabu Ngastina.

Aturipun Sêmar.

Inggih dhatêng sêndika, angkatipun bêndara benjing punapa.

Parta ngandika.

Angkatku kakang iya ing saiki.

Sêmar ngucap marang anak kalih.

Thole Nala Garèng utawa kowe Petruk. Padha dangdana bandara bakal diutus ngupaya gajah putih asrati wanudya, arêp disumbangake Ratu Ngasinan. Arêp krama karo putri Mandraka, kowe padha didhawuhi dhèrèk tindake bandara.

Nala Garèng sumaur.

E lah blai rama, bubulku mêntas tak prusi, arahku bênêr wong lagi paseban, masa lunga-lungaa, kari-kari jêbul ana gawe gêdhe mêngkene priye, bandara yèn tindakan upama aku ora dhèrèk, yèn ana pakewuh ing dalan, sapa ingkang ngrampungi.

Petruk sumaur.

Ora bok aja kêmpros, sithèk le mingkêt bae ora godak arêp saguh ngrampungi gawe, karo lungan ora nganggo antan-antan, golèk anèh-anèh, mara ngêndi ana grabah putih, angur golèka sing abang, mênèk mêntas dibakar kae akèh, nagarane wong Kundhi sapirang-pirang [sapirang-pi...]

--- 2 : 63 ---

[...rang] jêprah masa kuranga, karo wong arêp rabi dadak gawe kangelan tanggane, nèk wis ora bisa rabi bok ya nrima dhudha bae.

Sêmar sumaur.

Aja mêngkono, lah rak wis lumrah yaiku bêcike sugih santana, karodene bandara durung nglakoni krama, ing têmbe gagêntèn. Yèn bandara krama Ratu Ngasinan, pasthi gênti mêtu pasumbange.

Petruk sumaur

I yah enak têmên, kyai wong Sêntina bae, kêna dijak gêgêntèn. Jaba ilanga Patih Arya Sêkutil kae, iku mênèk Kurawa padha waras. Wis matura kyai aku pamitna, arêp lara panas. Ora bisa dhèrèk bêndara.

Sêmar matur ing Arjuna.

Kawuningana bandara, punika pun Petruk pamit botên sagêd dhèrèk, badhe sakit panas.

Arjuna ngandika.

Yèn Si Petruk pamit arêp lara panas, iya tak lilani, nanging cobanên manawa wong lara dinyonyok gêni, pasthi ora krasa panas, manawa isih jingkat, iku mung lara api-api bae, ora lara têmênan.

Petruk ngucap kalih mangkat.

Lah iku dudu padon. Lah bok sing akon iku dicoba jajal apa panas apa ora, ayo mangkat Nala Garèng.

Găngsa nulya mungêl ayak-ayakan sanga, Arjuna kalampahakên.

--- 2 : 64 ---

Anulya Sêmar, Nala Garèng, Petruk sami kalampahakên, aganti-ganti, kang lumampah sami kèndêl. Găngsa dipun jantur.

Dipun caritakakên.

Ing kana ta wau lampahe satriya ing Madukara samawana rêpat punakawan tiga, sampun mêdal saking praja, angambah margi agêng, kathah wanudya ingkang ningali lampahe Sang Arjuna, para bakul sambiwara sami anjêjawat. Sawênèh ana ingkang ngaturi gantèn gănda wida, ana ingkang ngaturi sangsangan puspita, katampan dening Lurah Sêmar, sampun lêpas lampahe satriya ing Madukara, kapungkur praja Ngamarta, sampun ngambah marga simpangan ing padhusunan, trantunan janma ingkang sami pêpasaran ing padhusunan.

Lajêng găngsa mantun kajantur, Parta sapunakawanipun kalampahakên ganti-ganti, saantawis lampahan, kajêng katancêpakên pinggir kiwa, Arjuna sapunakawanipun kèndêl. Găngsa kajantur malih, kasêsêgakên.

Dipun caritakakên.

Lah ing kana ta wau satriya Madukara sampun lêpas lampahipun. Angambah pasabinan. Kapungkur ngambah têgal pagagan. Manjing ing wanawasa, angambah griting ancala, têpining waudadi, dènnya sumêdya angupaya dirada seta, mangkana kathah buron wana, andaka kidang manjangan wraha kancil, lutung rangutan wanara warak sarpa singa sami, kabrasat tinrajang lampahe satriya ing Madukara. Sagsag gropak gadêbug. Rame swaraning bêburon. Yèn ta janmaa mangkana isthane, mara wong batur, padha piyak padha suminggaha, aja ana wani cêdhak-cêdhak, kawêruhanamu, iku dudu wong ala-ala, isih kusuma

--- 2 : 65 ---

rêmbêsing madu, wijining atapa, têdhaking adana warih, aja nganti kagêpok, ngidaka layangane bae, ora wurung lonyoh, dadya sato wana samya anêbih.

Găngsa kaundurakên mantun sêsêgan taksih dipun caritakakên. Namung paksi ingkang munya ing kêkajêngan, rame swarane ingkang măngsa wohing bulu gurda, panyangungonging manyura, jagigèring sata wana, asri swaraning paksi kitiran. Mêwahi langêning margining wana, mangkana sakathahing paksi ingkang măngsa wohing bulu gurda sami dipun dhawahakên ing ngarsaning Sang Parta, yèn ta sagêda basa janma, punika radèn kula ngaturi sugata, minăngka jampining kasatan. Têka mangkana isthane, Sang Parta mèsêm ing driya, mirsa sasmitaning paksi wêwanan.

Găngsa mantun kajantur, lajêng Arjuna kalampahakên sapunakawanipun, salampahan. Kajêng katancêpakên têngah, găngsa dipun suwuk.

Dipun suluki pathêt sanga.

Sêkar Bramarawilasita lampah 11. Jahning yahning têlaga kadi langit | kêmbang tapas wulan upamaneka | wintang tulya kusuma yya sumawur | lumranging kang sari kadi jaladha ||

Dipun caritakakên.

Lah ing kana laju lampahe satriya ing Madukara manjing ing wanapringga, tan ketang durgamaning awan. Sinigêg ingkang lagya lumampah, singa ingkang samya mangungsi samya anggro, piniyarsa pindha orêging bantala.

Mungêl ladrangan gêdrug. Ngadêg singa lan sarpa, singa kang jalêr sarpa pawèstri, sarêng sampun sami tata lungguh, găngsa dipun jantur.

--- 2 : 66 ---

Dipun caritakakên.

Anênggih ing pundi ingkang gênti kocapa, satêngahing wana, singha atali wăngsa lan sarpa, sanajan punika asipat sato wana, sami sagêd basa kadi janma, sarpa wanita agênge sabongkoting tal, untu rangah siyung mingis, rasana kumitir, pindha daludag kapawanan. Sêmêmbur wisa kadya riris. Singha ingkang jalêr, ulês pêthak kadya kapuk winuson. Tulis ping lorèk cêmêng anyambêrlilèn. Agêng anglêlangkungi, beda lan singha ingkang kathah-kathah, agênge samaesa, dêdêg jajag. Sêmbada bêbalungane, iku sapupu panjang klangsrah ing kisma, sirah agêng sêmbada, cangkêm wiyar siyung dèn isis, gumilap ambalêrêngi, gêrêng-gêrêng kadya ngorêgna pratala, wana ingkang dèn ênggèni singa sarpa punika, gusis tan kambah ing bêburon sanèsipun. Margi singha yèn ngupaya mangsan, datan pilih wraha kidang manjangan kancil. Sanadyan andaka andanu yèn nêja minăngsa, datan lêpat, adu arêp yèn mèt bab sana botên purun andingkik. Mila bêburon ingkang alit-alit sami giris anêbih, namung paksi ingkang taksih saba ing kêkajêngan. Mangkana sarpa wadon amothah marang kang priya, singha panglocitane têka mangkana, kadingarèn wadon iki, suwe tak cawisi mêmangsan ora dipangan apa wadine.

Găngsa kasêsêgakên. Saantawis dipun suwuk.

Dipun suluki grêgêt saut sanga.

Sêkar Rini lampah 17. Ana yaksa juga kagiri-giri gêngnya gra magalak | ahêng karambêknya gora-godha tanangga tulungana | tinêpak [tinê...]

--- 2 : 67 ---

[...pak] kaparsat buta kabarubuh puh kaya pokah | bêlah bêntar sirna watu kumalasa swuh kabarubuh ||

Singha ngucap ing sarpa.

Wadon tak dêlêng-dêlêng, kowe iku beda karo kang mau, ulatmu suntrut. Tak adhêpi mêmangsan, ora kalong-kalong, apa ingkang dadi rasaning atimu, suka aku bêbananana, apa ingkang ora nana takokna, aku kang minangkani, eman kusuting warnamu dhenok.

Sauring sarpa.

Iya wong lanang, aja kowe kaduk ati bela tămpa, wis ora nana kurang gonmu ngadhêpi mêmangsan ing aku, nanging kakang aku iki adoh bae, dulu mêmangsan kabèh iku ora duwe arêp mangan. Awakku iki rasane rungsang, kaya dilolosi balungku pangrasa ora bisa gulawat.

Singha ngucap malih.

Ujarmu iku lah rak anèh bae wadon. Badan angrasa lupa, ana mêmangsan ora kok măngsa, mara ta aranana, yèn kowe bosên măngsa daging, apa kowe jaluk mangan wowohan, saanane ing alas aku ingkang ngupayakake, supaya aja kabanjur laraning awakmu.

Sarpa wadon sumaur.

Ora kakang, aku ora kapengin măngsa wowohan kakang, êmbuh mawane kakang, barêng aku ora mapag tanggal kakang nyamlêng buwêng têlung pancorong rasane badanku banjur ora karuwan. Bêbalungku kaya pisah kabèh kakang.

--- 2 : 68 ---

Singha gumuyu ngucap.

O ho ho ho, dhenok yèn mêngkono kowe iku nyidham. Apa kapengin mangan sasêgêran, utawa rêrujakan, ing alas iya ora kurang, katès ingkang wayah kêmbang kapas, utawa pêlêm babal, jambu kluthuk gêdhang kidang, lombok jêmprat ngayangan. Yèn kurang sêgêre apa ngrujak, kêmlaka karo asêm kang kêmladhakan. Mara ta dhenok aranana, sing di ingkang kopengini, aku ingkang ngupaya.

Sarpa sumaur.

Kakang kabèh wicaramu ora nana kang tak arêpi, namung siji kakang ingkang tak arêpi, apa kowe kêduga nêkani, i lae lae iba iba sêgêr sumrahe, ananging yèn ora katêkan, rasaning atiku iki kakang, layak kêlakon gogrok gonku mêtêng kakang, rasaning badanku wis katara.

Singha sumaur.

E lah iku aja ta, ana pasihaning dewa, diparingi wiji arêp digogrokake, apa ora eman gawene, dene kangelan têmên. Mara ta jêjaluka bae, iku dadi panjaluke jabang bayi.

Sarpa sumaur.

Layak iya wong lanang, yèn dhasar kowe têmên-têmên asih ing aku kakang, mara aku upayakna janma, ora ketung mung satètès gêtihe tak lêlanggane, i lae lae iba sêgêr sumrahe kakang ora ketung saêrêp daginge dadi tămba, mara ta kakang kêbat upayakna, mênèk sêlak kasèp pangidhamku iki kakang.

--- 2 : 69 ---

Singha sumaur.

E lah iku dudu bênêre, akèh kok jaluk mung aja jaluk manungsa, masa kuranga bêburon kang pantês dadi mêmangsanmu, yèn kowe kêpengin titahing dewa, manungsa ora munasikara ing kowe, tak arani arêp mêmêkasi, lan gonku ngupaya ing ngêndi, manungsa manèh wania ngambah panggonamu, sanajan bêburon ora nana kang wani saba ing kene, yèn ngupaya mênyang pangonan utawa ing padesan, durung olèh manungsa, ora wurung aku nuli diruwat.

Sarpa sumaur ngundhamana.

E tobil wong lanang, ora nyana yèn mêngkono anggêpmu, tak arani trêsna ing rabi têmênan. Kêprukan ora enak. Si dilojèh wadhukmu, dikêthok-kêthok kaya lombok, dirajang kaya brangbang, kaya tak sosot-sosotna, wong lanang kowe, wis ta kakang karia, tak ngupaya dhewe, ora etung aku diruwat ing manungsa, ya wis tak têmah, sêpuluh-puluh wis bêgjane awakku.

Dipun caritakakên.

Sinigêg sarpa ingkang ngujar-ujari ing lakine, mangkana cingha[19] mambêt gănda katut ing samirana, gêrêng-gêrêng buntut kumitir, tumênga tumungkul. Siyung dèn isis angadêg siwaring muka.

Dipun suluki grêgêt saut sanga, kajêng pinêtha angin.

Sêkar Kusumawicitra, lampah 12. Buta pandhawa tata gati wisaya | ikdri[20] yaksa sara maruta pawana | bana marga samirana lan warayang | pănca bayu wisikan gulingan lima ||

--- 2 : 70 ---

Sarpa ngucap malih.

E lae bojoku, yagene kowe ora nyauri, wulumu ngadêg kabèh, siyungmu kok isis. Apa kowe nêpsu, tak ujar-ujari, lah rak ya bênêr gonku ngujar-ujari ing kowe, mara ta sapa margane aku anggarbini, dadak dudu wong lanang kang marai awèh sukêrta ing aku.

Singha sumaur.

Ah wadon mulane aku suwe, ora mêmangsuli ujarmu, ana sosote dlidir, jare ora bisa nosotake, iba-iba nèk wis baut, layak satêngahe turu, lindurane iya sida amêmisuh, karo satêmêne aku mambu gandaning manungsa, mara ta nolèha, dene sangsaya kongas têmên gănda iki, amăncawarna, kaya ora manungsa siji bae.

Sarpa nolèh ngucap.

E iya bênêr kowe wong lanang, gandane warna-warna, kang siji gandane pêdhês awangi, sijine manèh gandane apêk, têlune iki gandane kêcing-kêcing bacin, papat gandane prêngus. Dene sangsaya cêdhak, wong lanang gănda iki, layak mrene parane, i lae tobil, hêng hêng sêgêre awakku, lagi mambu gandane bae, mêngkene sumyahe, iba rasane gêtih daginge, mara wong lanang dêmakna siji bae, pilihên kang gandane pêdhês wangi iki.

Singha sumaur.

Iya wis bêgjamu, dene ana manungsa liwat ing alas. Baya wis pinêsthi dadi mêmangsanmu, wuruk bêgjamu bae, tak tubruke kang gandane wangi iki.

--- 2 : 71 ---

Singha sarpa sami mangkat. Găngsa mungêl plajêngan sanga, kajêng pinêtha wana, sarpa singha nurut paraning gănda, singha gro lumumpat. Sarpa turut kajêng wana kang sami têpung, saantawis lampahipun. Găngsa kasirêp dados ayak-ayakan sanga.

Ngadêg Nala Garèng Petruk. Ayak-ayakan dipun jantur, dipun caritakakên.

Lah ing kana ta wau, satriya ing Madukara lumampah anasak wana, kèndêl ngandhaping mandera angayêmakên sarira, punakawan Nala Garèng tuwin Petruk sami ngupaya mangsan ing wana, sami ngupaya ilês-ilês tuwin uwi, dadya pisah lan Sang Parta, mangkana nuju amranggul langkungi, Petruk Nala Garèng sami suka, gênti jogedan. Cipta yèn uwi punika anyêkapi tinêdha ing tatiyang kalih salêbêting sapêkên laminipun.

Găngsa mantun kajantur, sawatawis dangunipun lajêng dipun suwuk, tanpa suluk.

Nala Garèng ngucap.

I lah dalah Truk bêjaning wong ora kêna kinira-kira, uhok sara wilah gadho wilah têkan pagêre, dene iki anêmu uwi uwit uwi dumba.

Petruk sumaur.

Êndi kang Garèng tak dêlênge, lah iki rak dhèlèkaku biyèn kae, tak titipake mas bèi wana sigra, pyayi kêbon dharat.

Nala Garèng sumaur.

Kowe iku lah rak ya arêp galap mênang bae, olèhmu umuk ngaku titip [ti...]

--- 2 : 72 ---

[...tip] kuwe dhèk dina apa, ayo ta padha rukun didhudhuk bae, mupung kakèkne ora sumurup, mêngko manawa wis kêna padha didhêlikake bae, apa kowe nglêmpaki, aku sing buwangi lêmahe, mêngko yèn wis sapêrogohku, gênti aku sing nglêmpagi kowe ngêdhukana.

Petruk sumaur.

I yah kok mrinci têmên kang Garèng, bok ya wis ditandangi, mêngko gênti bae, kowe nglêmpagana ngiras buwangi sisan. Mêngko yèn wis saprogohmu gênti aku tumandang, ora kudu kok rewangi.

Nala Garèng lêngêr-lêngêr, singha dhatêng ing wingkinge Nala Garèng, Petruk wuninga ulat biyas. Bêngok-bêngok ngucap, kalih gêblag, badanipun kêjêng sadaya, mangkana pangucapipun.

Biyung kang ngrèngrèng tobat. Hêng hêng hêng priye hêm hêm. Dene ana rupa ha ha ha.

Nala Garèng ngucap.

O adhiku Truk, mulane aja sok wani sadulur tuwa, dene sakèh-kèhe kaluputamu ya wis tak apura, adhiku wis ta elinga Kanthong, besuk manawa wis têkan ing nagara bae, têbusana kaluputamu babon madhêp bêras sapitrah, gula wadal rong tangkêp, lawe wênang satukêl, cikbèn luwar sukêrtamu. Petruk botên sumaur, barangkangan kalih tudang-tuding, dhatêng Nala Garèng kalih gumêtêr.

Nala Garèng ngucap anolèh.

--- 2 : 73 ---

Ora bangêt têmên olèku[21] walat, diarani ana apa ta, dene kiye ora nawethe, thuthung wol wol, dene ana cewol, cucuwol cuwol.

Petruk Nala Garèng lumayu glundhung tindhih-tinindhih, găngsa mungêl plajêngan sanga, singha gro nut wuri gènipun lumajêng Petruk Nala Garèng, nurut gandanipun ingkang pêdhês wangi, Arjuna lênggah lan Sêmar, myarsa panggroning singha angungak-ungak. Petruk Nala Garèng dhatêng sami gumêtêr, awak ababak bundhas, rêbutan lungguh ngajêng, găngsa dipun suwuk.

Dipuna[22] suluki grêgêt saut sanga.

Sêkar Sardulawikridita lampah 19. Kan Seta umangsah krodhanira dening patining ari kalih | tumanduk sabala galak lir sardula nêdhêng măngsa kumêrut | prawira Wiratha umangsah mangukih lir buta măngsa daging | seta Senapati gumrit ratanira mênthang langkap nglêpasi ||

Parta ngandika mring Sêmar.

Kakang Badranaya, sumingkira saanakmu, dene ana bêburon gêdhene angluwihi.

Sêmar matur.

Inggih sêndika, bêndara kula aturi angatos-atos.

Dèrèng dumugi Sêmar gènipun matur, singha anggro bantala orêg. Sêmar Nala Garèng Petruk lumajêng asalang-tunjang, găngsa mungêl plajêngan sanga, Parta sampun aprayitna, singha prapta anggêgiro, muka sinasaban alang-alang, gagulungan anggro, anyawuri kisma, laju anubruk. Sang Arjuna lumumpat, [lu...]

--- 2 : 74 ---

[...mumpat,] dangu tinubruk-tubruk lêpat. Singha nyaut tinêpak pilingane, giwar anggro karasa sakit. Kèndêl angunjal napas. Găngsa dipun suwuk.

Dipun suluki grêgêt saut sanga.

Sêkar Rini lampah 17. Ana kang wre tunggal kagiri-giri gêngnya gra magalak | ahêng karambêknya gora-godha tanangga tulungana | tinêpak kaparsat buta kabarubuh puh kayu pokah | bêlah bêntar sirna watu kumalasa swuh kabarubuh ||

Singha ngucap.

E lah ora kêna disawawa, manungsa dene tangane têka antêb basane, kaya ditêpak ing gayung wêsi, nganti sumaput pandêlêngku, nyata yèn prawira, baya iki unusaning titah, dene kaya nubruk layangan. Tandange kaya parênjak tinaji, kaya kêdhali nyampar banyu, manungsa ing ngêngdi[23] iki.

He he manungsa sapa aranmu ngakua mumpung isih basuki, aja mati tanpa aran.

Arjuna sumaur.

Sira takon ing aranku, masa anaa papat kaya Radèn Pamadi, hèh sato gêlah-gêlahing jagad, mara têkakna budimu, kowe arêp sikara ing aku.

Singha sumaur.

Pamadi ora aku sêdya sikara, saking panjaluke bojoku, lagi ngidham, kêpengin măngsa daginging janma, pis[24] ta ulungna bae rowangmu salah siji.

--- 2 : 75 ---

Arjuna sumaur.

Apa basamu anjaluk punakawanku, suka aku ingkang nêmahana pati, yèn nganti rewangku kêna ing kowe, dene mêmirang jagad satriya kalong punakawane tanpa ana kang belani, mara sidakna gonmu sikara satriya ing Madukara.

Singha ngucap.

E lah pancèn lumuh ginawe bêcik. Pamadi sida tak kêkêmah balungmu.

Găngsa mungêl plajêngan sanga, Parta tinubruk lêpat amilar, nulya narik curiga, singha anggro narajang, sinarêngan jinojoh kaprawasa ngandhaping netra, singha nglumba, anggro milar dhawah ing grumbul angêmasi. Sarpa umangsah krura, sumêmbur wisa lir riris, angakak swara gurnita, Arjuna wus prayitna miyak taksaka agêng nglangkungi, inggal mênthang langkap, arya sêngkali linêpasakên, kawatgata tênggaking sarpa, tatas kataman sanjata, sarpa anulya pêjah wor kang jalêr, găngsa kasirêp dados ayak-ayakan nulya dipun jantur.

Dipun caritakakên.

Wau ta sarpa singha ingkang taliwăngsa, sumêja sikara ing satriya Madukara, pangrêksaning jawata sakèhing bêbaya, botên anêmahi, singha sarpa sampun angêmasi, nanging sajatine punika jawata kalih widadari, Hyang Kumajaya tuwin kang garwa Dèwi Ratih, ingkang akahyangan ing Cakrakêmbang, kenging cintaka nalika umiring Bathara Guru, angungkuli wêwayangane, nulya dèn sabdakakên warni singha lan sarpa, nulya tinurunakên ing madyapada, ing mangke [mang...]

--- 2 : 76 ---

[...ke] mulya jatining jawata tuwin widadari, sami mijil sangking angganing sarpa lan singha.

Bathara Kamajaya, Bathari Ratih mêdal. Ayak-ayakan mantun kajantur, saantawis dipun suwuk.

Dipun suluki pathêt sanga.

Sêkar Sasadhara Kawêkas lampah 20. Mèh raina sêmu bang hyang aruna kadi netraning angga rapuh | sabdaning kang kilaring kanigara sakêtrê kinidung ning akung | lir wuwusing winipanca papêtêking ayam wanèh ring pagakan | mrak manguwuh bramara ngrabasa kusuma ring wara baswana rum ||

Hyang jawata nabda.

Ratih lah dene kabênêran. Kang ngruwat mala cintrakamu utawa mala cintakaku, iku adhimu ing Madukara, mara tumuli paranana, manawa kasêlak lumaku manèh, tak sampurnakne kuwandaning singha lan sarpa iki, aja nganti gilang-gilang amamêlas manawa nganti ora sampurna.

Aturipun Dèwi Ratih.

Kula nuwun inggih pukulun dhatêng sêndika, i adhiku Janaka, ora nyana aku.

Dèwi Ratih mentar, găngsa mungêl ayak-ayakan malih, nuntên dipun jantur.

Dipun caritakakên.

Wau ta Hyang Bathara Kumajaya, dupi Bathari Ratih sampun mentar, lajêng anyipta dahana, pranyata dewa beda lawan manungsane, katêkan sacipta panêdhane, datan antara, ngusap sarira mijil pawaka kumantar-kantar, ambasmi bangkening- [bang...]

--- 2 : 77 ---

[...kening] sarpa lan singha, sami sanalika sirna, kuwănda kêkalih, têkan awunipun katut muksa ing tawang, dadya mega jêjadha, pawaka wus sirna wangsul marang sariraning dewa.

Găngsa ayak-ayakan mantun kajantur, jawata sumusul lampahing garwa.

Arjuna ngadêg Bathari Ratih prapta, găngsa kajantur, Dèwi Ratih badhe ngrangkul Prarta[25] anginggati, ngantos kaping kalih Parta agung mingkar-mingkar, Bathari Ratih kakên manahe, jêlih-jêlih kalih karuna, lajêng mungkur drêwili gènipun sêsambat.

I tobil-tobil dewa apa dosaku, Pamadi bok aja nganyar-anyari, apa katon wrêjit cacing awakku.

Hyang Kumajaya rawuh, Parta rinangkul. Ayak-ayakan mantun dipun jantur, Pamadi dipun gablogi dening Dèwi Ratih, Arjuna sampun ngaras padaning jawata tuwin widadari, mulya lênggah, găngsa dipun suwuk.

Dipun suluki pathêt sanga.

Sêkar Swandana lampah 20. Dan sêmbahnirèng ulun kapurba ring sang murbèng rat saananing kang | nikanang sihing dasih mawèh boga sawêgung masih ring dêlahan | dan kanang mamujwèng ari jêng nayakaning rat dutèng rat kotama | mangguha manugraha lèn siswanta sagotra tang uwus minulya ||

Parta matur.

Pukulun sêmbahning ulun, konjuk ing sang hyang jawata.

Wangsulanipun.

Iya adhi jênêng para ngabêkti ing pun kakang, sadurung sauwise adhi, wis manira tarima, si adhi padha raharja satêka para ing alas kene.

--- 2 : 78 ---

Aturipun.

Kawula nuwun inggih, sabdaning pukulun ingkang adhawuh, sadèrèng sasampunipun dahat kalinggamurda, kawula tampèni ing asta kêkalih, kacangcang pucuking rema, kapêtêk ing mastaka, lumèbèra ing pranaja, rad daging kayuwanan, amêwahana bagya kayuwanan kula, sabdaning jawata kula pundhi kados jimat paripih.

Parta matur ing Dèwi Ratih.

Kula nuwun sêmbahning ulun, katura ing pada bathari.

Wangsulanipun.

Iya Pamadi, kowe ngabêkti ing aku, sadurung sauwise tak trima, kowe padha raharja satêkamu ing alas kene.

Aturipun Parta.

Kawula nuwun inggih, sadèrèng sasampunipun, sabdaning bathari ingkang adhawuh, dahat kalinggamurda, katampèn asta kêkalih, kacangcang ing rema, kapêtêk ing mastaka, lumèbèra ing pranaja, rad daging kayuwanan, amêwahana bagya kayuwanan kula, sabdaning apsari kula pundhi kados jimat paripih.

Sinigêg punakawan sami dhatêng, Sêmar saanakipun sami lungguh ing wurine Radèn Pamadi, sasampunipun sami tata lungguh jawata ngandika.

Mata-mata kapèn, iku wong lawas kang lagi têka, kakang Badranaya bagea satêkamu ana ing ngarêpku, kowe padha basuki.

Aturipun.

--- 2 : 79 ---

Inggih dhatêng anuhun, panakramanipun adhi Jaya kula tampèni tangan kalih, dahat kalinggamurda, kacangcang rema kapêngtêk ing mastaka, lumèbèra ing pranaja, rad daging kayuwanan, mêwahana bawa lêsana, pun adhi sami kasugêngan.

Wangsulanipun.

Iya kakang padha basuki, lo iku Si Nala Garèng, sira padha raharja.

Aturipun.

Kula nuwun ingkik ongkok-ongkok.

Jawata ngandika.

Petruk sira padha raharja satêkanira ana ing ngarsaningsun.

Aturipun.

Inggih dhatêng anuwun. Timbalanipun kangjêng pêrkungkung, kula pundhi kados cohung, ora gombak akêkuncung, angkuhe kaya tumênggung.

Dèwi Ratih ngandika.

Kakang Sêmar kowe padha basuki satêkamu ana ing ngarêpku.

Aturipun.

Inggih dhatêng anuhun, timbalanipun bathari kang dhawuh kula tampèni tangan kêkalih, dahat kalinggamurda, kacangcang ing rema, kapêtêk ing mastaka, lumèbèra ing pranaja, rad daging kayuwanan, kapundhi kados jimat paripih, mêwahana bagya kayuwanan kula.

Dèwi Ratih ngandika.

Iku Si Nala Garèng, ingkang bungkik kae, lungguh bok aja aling-alingan. [aling-alinga...]

--- 2 : 80 ---

[...n.] Daya-daya yèn bagusa dilèngèng, si diilês ing warak sakêthi, matamu kowe padha raharja.

Wangsulanipun.

O lah katanggor branjang kawat. Napa slamête wong diilês ing warak. Iba lêmbute layak banjur dadi jladrèn ledre, inggih nuwun bibi sami kasugêngan.

Widadari ngandika.

Iya Nala Garèng tak trima. E buri dhewe kuwi, Si Petruk ingkang mingkik-mingkik. Dene nguwuh lonjong, ora suda-suda dhuwure, sida sambêr gêlap ping pitu, kowe padha raharja satêkamu ana ing ngarêpku.

Petruk gumuyu matur.

Êng dhasar dhêmên misuh, wong disambêr gêlap nganti wira-wiri, bok sêpisan mawon, masa ngantia kêna ditakoni, inggih nuhun timbalane bok cilik, kalih bakmi sêgêr, napa peyan sami sugêng, sêgêr tur kasarasan raosipun.

Dèwi Ratih mangsuli.

Iya Petruk raharja, ambaknea wong sêmbrana, ora mari-mari sidipongkrang.

Nala Garèng ngucap ing Sêmar.

Ora ta ki rama, kowe tumarêcêp basa adhi, iku sanak têka ngêndi, apa sanak têka lanang, apa têka wadon priye urute.

Petruk sumambung.

--- 2 : 81 ---

Kowe iku dadi durung ngêrti Nala Garèng, kae rak cilik Jaya sing omah Cakrawangsan. Lah burine kae bok cilik sing sok adol cabuk rambak kupat, kayangane Gêdhangan, sakiduling Kêdhawung.

Dipun suluki pathêt sanga.

Sêkar Rini lampah 17. Mulat mara Sang Partasmu kamanungsan narsrêpan ring ti- | ngkahning mungsuh niran padha kadang taya wwang wanèha | ana wwang anaking yayah myang ibu lèn umanggêh paman | mangkadi Narpa Salya Bisma Karpa sang dwijanggêh guru ||

Arjuna umatur.

Kawula nuwun mila pukulun tumurun ing marcapada, wontên karsa punapa.

Jawata mangsuli.

Si adhi sumurupa, marma ulun marpêki si adhi, mau si adhi amatèni singha lan sarpa, iku ulun adhi karo kadang para Si Ratih, padha nandhang cintaka, diturunake ana alas kene, ing mêngko cintakane pun kakang karo Si Ratih kapinujon jênêng para ingkang karya luwar, dadi ora kapara ing adoh, ulun punagi amalês suka marang si adhi, lah marmane jênêng para têka ing alas arêp apa.

Aturipun.

Kawula nuwun kados botên susah kula matur, kakilapan punapa jawata dhumatêng osiking titah, masa botên sampuna kawuningan.

Wangsulanipun.

Iya adhi bênêr masa jênêng para gêlêma nyêbut dewa, yèn ora beda karo [ka...]

--- 2 : 82 ---

[...ro] manungsane, jênêng para iku ngupaya gajah putih asrati wanita, bakal ginawe sasrahan dhaupe raka para Ngastina karo Si Banuwati, apa iya mangkono.

Aturipun.

Kawula nuwun inggih, kawula sumaga ing pukulun.

Jawata ngandika.

Iku adhi ana gajah putih, klangênane putri ing Sokarumêmbe, jênêng para têtulunga, nagara ing Sokarumêmbe kinêpung ing rasaksa, marga atmajaning Ratu Sokarumêmbe arêp dijaluk ratuning buta.

Aturipun.

Kawula nuwun inggih dhatêng sêndika, mênggah lêrêsipun praja ing Sokarumêmbe punika, saking ngriki kaprênah ing pundi.

Wangsulanipun.

Si adhi takon prênahe nagara ing Sokarumêmbe, têka kene ngalor ngulon. Wis cêdhak ora pati adoh, wis adhi pun kakang mulih ing kayangan Cakrakêmbang, jênêng para tumulia mangkat.

Aturipun.

Kawula nuwun inggih sumaga, mugi pukulun amaringana idi pangèstu raharja ing lampah kula.

Jawata ngandika ing garwa.

Ratih ayo mulih marang kayangan.

Dèwi Ratih matur.

--- 2 : 83 ---

Kula nuwun inggih sumaga pukulun, sampun dangu yèn kamanungsan.

Apsari ngandika ing Parta.

Pamadi aku lilanana ya dhi, padha andum raharja.

Aturipun Arjuna.

Kawula nuwun inggih sumaga, mugi hyang dewati paringa pangistu raharjaning lampah kula, sagêda angsal damêl.

Jawata apsari mumbul. Dipun suluki Elayana pathêt sanga.

Sêkar Swandana lampah 20. Atap para apsari tumonton ing sang dwija kadyage wor jiwa | kagagas ing tyas dahat kewraning karyanira datanpantuk samya | myat rêngganing prabata roning kadhêp kumêlap pindha pangawening | sang dwija lunging gadhung malêngkung katiyup ing maruta kawuryan ||

Găngsa mungêl ayak-ayakan sanga, Parta sapunakawanipun sami kalampahakên gantos-gantos, salampahan. Ngadêg Radèn Kasena, găngsa kajantur.

Dipun caritakakên.

Sinigêg lampahe satriya ing Madukara, ya ta gênti kocapa satriya ing kadipatèn ing Sokarumêmbe Radèn Kasena, ingkang lolos saking pabarisan tanpa kanthi anyamur lampah, ciptaning driya badhe ngupaya sraya, ingkang pantês tinandhing lan rasaksa, mangke kèndêl ngandhaping mandera têpining sêndhang wêning toyanipun. Datan antara katingal satriya ing Madukara lumampah mêdal saking wana, dulur lan punakawan, uruting pagêr-pagêr pagagan. [pa...]

--- 2 : 84 ---

[...gagan.] Dupi cêlak Radèn Kasena jêngêr, sapandurat datan ngandika, sinêngguh jawata andharat. Wasana Radèn Kasena angacarani lênggah, mingsêr kurmat ingkang lagya rawuh.

Găngsa mantun kajantur, Arjuna dhatêng ngarsane Radèn Kasena, sarêng sampum[26] tata lênggah sarêng pat punakawanipun, găngsa dipun suwuk.

Dipun suluki pathêt sanga.

Sêkar Madurêtna lampah 12. Narpati Darmaputra myang Dananjaya | matur ing raka Narendra Harimurti | saha waspa ing madya wasananira | katur sadaya mring sang rèh madurêtna ||

Radèn Kasena nêmbrama.

Radèn kula anilakrama, tigas kawuryan, ing wingking pundi pinangkanipun, punapa ingkang sinêja ing karsa, sintên sinêbut ing wêwangi, kula pêndhêt pêpantêsipun mugi sampun dados panggalih kula krama ngakang ing sampeyan.

Arjuna mangsuli.

Sampeyan andangu pinăngka kula, saking nagari Ngamarta, dêlap ingkang mastani nama kula Pamadi, lah radèn punika ing pundi pinangkanipun, sintên sasêbutaning wêwangi.

Wangsulanipun.

Ki raka andangu pinăngka kula, saking nagari ing Sokarumêmbe, nama kula Radèn Kasena, walèh-walèh punapa, inggih kula atmajanipun sinuhun ing Sokarumêmbe, ingkang jêjuluk Prabu Kasendra, ki raka kaaturan panakrama.

--- 2 : 85 ---

Arjuna mangsuli.

Inggih dhatêng anuhun. Sih panakramanipun rahadèn, katampèn asta kêkalih, kapêtêk ing jaja, lumèbèra dhatêng pangkon. Amêwahana bawalêsana kula, mila sampeyan dumugi têpining wana tanpa kanthi, wontên karsa sampeyan punapa radèn.

Kasena matur.

Sayaktosipun ki raka, lampah kula punika dipun utus kangjêng rama minta sraya, nagari kula dipun kêpung prajurit yaksa saking nagari ing Manderajajar, balanipun raja danawa Prabu Kaladurgangsa, kula darbe kadang wanudya, punika badhe dipun jatukramani raja yaksa, kangjêng rama botên parêng, kalampahan kula mêthukakên yuda, nanging botên kawagang, sintên ingkang sagah tandhing lan yaksa, yèn sagêd unggul dipun ganjar kakang bok Rêtna Kasimpar, punapa ki raka kêdugi kula pêndhêt sraya.

Parta mangsuli.

Inggih radèn manawi wontên karsa sampeyan. Kula sagah dèrèng kinantên. Kula selak botên, kula namung dêrmi anglampahi.

Kasena ngucap.

Manawi ki raka sampun kadugi, suwawi kula bêkta sowan kangjêng rama, iba sukaning panggalihipun kangjêng rama wuninga dhatêng sampeyan.

Parta ngandika.

Inggih radèn sumaga, ayo kakang Sêmar saanakmu padha dhèrèk Radèn Kasena, disebakake sinuhun ing Sokarumêmbe.

--- 2 : 86 ---

Găngsa mungêl ayak-ayakan sanga, Arjuna sapunakawanipun kerit dhatêng Radèn Kasena, sami kalampahakên gantos-gantos. Găngsa dipun suwuk.

Dipun suluki pathêt sanga.

Sêkar Sardula lampah 19. Kilwan sêkari kang têtaman arêpat rèhnya bale kancana | soma brama hêning pawal nataring kang rok mutyaara raras | we durya marani labawraning pagêr tungjung mahantên lumêng | muntap antên nikang gapura macawi tang surya katon jwala ||

Dipun caritakakên.

Lah ing kana ta wau satriya ing Sokarumêmbe sampun antuk sraya, kalangkung sukaning wardaya, ciptaning tyas kadya pantês srayane sagêd ambengkas satru, satriya ing Madukara sapunakawanira samya cipta pitêdahing jawata, sayêkti badhe kalampahan, pangupayane dwiradha seta, sinigêg ingkang lagya lumampah, gênti cinarita ing nagari Ngastina. Kaya barong asepak, mungêl gêndhing Kêncèng barong, ngadêg Suyudana, parêkan kalih lan Patih Sêngkuni, găngsa kajantur.

Dipun caritakakên.

Anênggih nagari pundi ingkang gênti kocapa, ing nagara Ngastina, ya nagara Najahoya,[27] sintên bisikaning ratu, Prabu Kurupati, Duryudana, Suyudhana, Jayapitana, ya Anggandarisuta.

Mila jêjuluk Kurupati, dene angratoni Kurawa.

Mila jêjuluk Maharaja Duryudana, musthikaning prajurit.

--- 2 : 87 ---

Mila jêjuluk Sri Bupati Jayapitana, ratu rosa ing pamujane.

Mila jêjuluk Sang Nata Anggandarisuta, pranyata atmajane Dèwi Anggandari.

Mila jêjuluk Narendra Suyudhana, suyud saking papingil, dana marang pawèwèh, suyud para sata Kurawa, tuwin wadya sapraja, dene kungkulan ing danane ratu ing Ngastina, ing mangke sri narèswara arsa dumugèkakên dènira mangun krama, dhaup kalih Rêtna Banuwati ing pagêdhongan, putri Mandraka darbe paminta sasrahan liman pêthak asrati wanita, mila Prabu Kurupati utusan dhatêng ingkang rayi ratu ing Ngamarta mundhut pasumbang gajah seta asrati wanudya, Radèn Arya Sangkuni ingkang dipun utus sawêk dhatêng, lajêng ingandikan manjing ing kadhaton. Sri bupati lênggah ing pandhapa, prapta Radèn Sangkuni dèn awe rupèpèh-rupèpèh kadya sata manggih krama, lajêng lênggah cakêt ing ngarsa nata, dhasar Radèn Sangkuni kadanging kang ibu, ing mangke kinarya pêpatih, pinasrahan bang-bang alum-aluming nagari Ngastina, sêmbada tur wêgig ingêring praja, ing waweka putus, limpad pasang sandining wicara, mangkana pangudasmaraning driya Prabu Kurupati, apa kêduga si adhi Ngamarta tak pundhuti pasumbang.

Pangandikanipun sang prabu.

Paman pakênira majua, dikapara parêk gon pakênira lungguh.

Aturipun.

Kawula nuwun inggih dhatêng sêndika.

Găngsa dipun unggahakên. Saantawis găngsa dipun suwuk.

--- 2 : 88 ---

Dipun suluki Jêngking.

Sêkar Sardulawikridita lampah 19. Lênglêng ramya ningkang sasăngka kumênyar myang rêngga rumning puri | mangkin tanpa siring halêp ningkang umah mas lir murub ing langit | têkyan sarwa manik cawinya sinawung saksat sêkarning suji | unggwan Banuwati ya na mrêma langên myang Nata Duryudhana ||

Sang prabu ngandika.

Paman Arya Sêngkuni, padha raharja laku pakênira manira kongkon marang Ngamarta.

Aturipun.

Kawula nuwun sangking pangistunipun kangjêng sinuhun, lampah kula manggih raharja.

Sang nata dangu.

Kadipundi paman, gon pakênira seba ing putra andika yayi Aji Ngamarta, pênapi kaduga manira jaluk pasumbang sasrahan, dwipangga seta, asrati wanudya, atawa yèn boya kaduga, kêpriye ature yayi prabu.

Aturipun.

Sampun kula kautus sowan ing rayi paduka Sinuhun Ngamarta, amaringakên pangistu paduka, kaping kalih kangjêng sinuhun mundhut pasumbang dwiradha seta, asrati wanudya, badhe kaladosakên dhatêng Mandraka, aturipun rayi paduka Ngamarta makatên. Paman Arya Sangkuni, pangandikanipun, sampeyan matur ing putra jêngandika kakang Prabu Ngastina, kula dipundhuti pasumbang sasrahan, dwipangga seta, asrati wanita, badhe kangge pundhutanipun kakang bok [bo...]

--- 2 : 89 ---

[...k] Banuwati, kula sagah dèrèng kantênan. Selak kula botên. Kula sêndika ngupados. Wuruk bêjanipun kakang prabu, kula darmi ngupaya, namung punika wangsulanipun. Wasana atur pangabêktinipun rayi paduka katur ingkang sinuhun. Punapadene kintun pangistu taklim, dhatêng para kadang Kurawa sadaya.

Sang prabu andangu.

Pênapi paman padha katêmu lan putra pakênira Pandhawa kabèh.

Aturipun.

Kula nuwun nalika pun paman dhatêng wontên Ngamarta, botên nuju ari pasewakan. Dados rayi-rayi jêngandika sami sêpên botên wontên. Kula dipun panggihi wontên ing pandhapi.

Sang prabu dhawuh.

Paman Arya Sangkuni, pakênira lumakua, kanthi kadang manira Kurawa, angupaya gajah putih asrati wanita, ing ngêndi prayogane gon pakênira ngupaya manira lilani, saupama ana kang darbe, yèn kêna dilironi ing rajabrana, utawa yèn dirêgani kalawan picis, aja pakênira angitung rêga, jangji olèh bae, anak-anak pakênira Kurawa, paman pakênira pilihana kang prayoga.

Aturipun Sangkuni.

Kawula nuwun inggih dhatêng sêndika, sampun rampung timbalanipun anak prabu ingkang adhawuh, pun paman kalilana amit madal pasihan, nira jêng sinuhun manggiha suka ing sawingking kula, kula mangkat dintên punika, nyuwun idi pangistu.

--- 2 : 90 ---

Wangsulanipun.

Gèh paman manira boya mamêkas manèh, laku pakênira manira rewangi nanêdha ing bathara, muga tumulia antuk gawe.

Aturipun.

Kawula nuwun inggih sinuhun pun paman dhatêng anuhun.

Găngsa mungêl plajêngan sanga, Prabu Kurupati kondur ngadhaton. Rêkyana patih kalampahakên, mêdal saking kadhaton. Ngawe-awe Dursasana dhatêng, Durmuka, Darmagati, Kartamarma, Jayawikatha, Jayasusena, Carucitra, găngsa dipun suwuk.

Dipun suluki grêgêt saut sanga.

Sêkar Sardulawikridita lampah 19. Tatkala narpa ceda mati nguniwèh sang sastra darma parêng | kantèki raina masangsaya mawas hyang surya lumrèng rana | makansêhnira Sang Wiratha narpa lèn Păncawala madulur | Nirbita mangka pangruhun putunira wiratriya nindita ||

Dursasana matur.

Paman kula upamèkakên, hèr minakata, hèr toya, mina ulam. Kata wicantên. Upami ulam kasrambah ing toya agêng, kula nungsung pawartos, kula non, i hah hah hah.

Arya Sangkuni mangsuli.

Arya Dursasana, kowe takon pawarta, karsane kakangamu anak prabu, goning dipundhuti sasrahan gajah putih srati wadon. Kang mau dipasrahake adhimu sinuhun Ngamarta, wis disaguhi ngupaya, yèn olèh iya [i...]

--- 2 : 91 ---

[...ya] diaturake mrene, wising mêngkono, aku didhawuhi ngupaya gajah putih mau, saupama ana kang duwe liyane wawêngkon nagara Ngastina, sokur kêna diijoli rajabrana, atawa awèh tinuku ing dhuwit. Aja ngarani rarêgan dikakake nuku, sokur kêna disilih, besuk bubaring gawe dibalèkake.

Aturipun Dursasana.

Êhêng bihik. I hah hah hah, lah niku pripun paman. Dene jaluk sasrahan botên mêkakat. Pundi sing ontên gajah putih sratine wong wadon. Bok ngupaya dinganti jambul wanên masa olèha, lêlungsène wong ajêng nampik. Andèkne têka dituruti ngupaya, olèhe ngupaya mawon pundi paman.

Sangkuni mangsuli.

Iya jaba ngupaya ing alas gêdhe, manawa ana gajah ingkang ulêse putih, yèn sawêruhku durung ana arya gajah ingkang ulêse putih, êmbuh ing tanah sabrang, ing Palembang utawa tanah Siyêm. Iku kacrita panggonan gajah, yèn ana kang ulêse putih.

Dursasana matur.

Bok inggih gajah cêmêng punika mawon paman, dipun buntêl ing sinjang pêthak, damêl sasrahan. Awon pados dèrèng kantênan panggenane.

Sangkuni sumaur.

Iya gajahe kêna direka, gajah irêng dibuntêl jarit putih, lah sratine wanudya olèhe ngreka priye, lah kewan iku kabèh, yèn durung

--- 2 : 92 ---

pundhuh gandane, pasthi ora bisa cêdhak. Luwih manèh gajah, padha-padhaa kewan, angluwihi pangartine, napa[28] sing wani gêguyon karo gajah, sêlirmu awèh digawe srati, nèk kowe kêpengin ngingu sêlir bucu utawa dhengkol tilas gajah, iku bokmênawa isih urip. Kadhangan banjur mlêbu bandhusa bae, wis pakewuh ora kêna kinira karo budi akal. Kajaba yèn ana pitulunging dewa, ana paribasane, lêta sagara gunung yèn jodho kudu sumandhing, mêngkono manèh kakangmu iki, manawa pinasthi jodho karo putri ing Mandraka, kang pasthi olèh pangupayane sasrahan. Yèn kinira-kira ing duga, ora mèmpêr yèn bisaa kalakon. Ewadene wong kinongkon wajib kudu anglakoni, wis padha pradangdana arya kowe tak gawa.

Aturipun Dursasana.

Inggih paman dhatêng sêndika.

Arya Sangkuni ngandika.

Kulup Kartamarma, mêtua undhanga pradangdan. Adhimu padha dhawuhana tuguran ing sapungkurku, ingkang tak gawa ngupaya dwiradha, iya mung kang padha ana iki, prajurit undhangana sikêp gêgaman. Kang miranti padha mênyang alas Sinangsraya, iku kang alas gêdhe, padha digropyok. Asadhiyaa obat mimis aja nganti kurang.

Aturipun Kartamarma.

Kula nuwun inggih dhatêng sêndika, rampung timbalanipun paman ingkang adhawuh.

--- 2 : 93 ---

Dhawuhipun Sangkuni.

Iya wis ora nana parentah manèh, dhawuhna mangkat ing dina iki.

Radèn Kartamarma mundur, dipun suluki grêgêt saut sanga.

Sêkar Rini lampah 17. Punggawa prayitna pudhêndha mangaran amamrih lawan | Sang Dasawadana manguwuh ing sira sang mantrimukya | hèh hèh dèn prayitna tan wun sira curna dening tomara | yitna Sang Apatih Suwănda amusthi cakra baswara ||

Kartamarma undhang.

He he bocah prajurit Ngastina, padha pradangdana, sadhiyaa gêgamanmu, lan mirantia obat mimis. Paman Arya Sangkuni karsa bakal anggropyok alas Sinangsraya, ngupaya gajah putih.

Aturipun.

Kula nuwun inggih dhatêng sêndika sêndika, samasa-masa bidhal sampun samapta.

Kartamarma dhawuh malih.

Ana adhi-adhiku Kurawa, dhawuhe paman. Kowe dikakake padha tugur tunggu nagara, anjaganana karsane kakang prabu, marga kakang mas ing Banjarjungut, iya dhèrèkake mênyang alas Sinangsraya.

Aturipun.

Kula nuwun inggih dhatêng sêndika sêndika.

Radèn Kartamarma wangsul dhatêng ngarsanipun Radèn Sangkuni.

Dipun suluki grêgêt saut sanga.

--- 2 : 94 ---

Sêkar Wisalyaharini lampah 21. Enjing nêmbang têngara sagunging pra Kurawa samapta busana bra | kadya surya ingkang duk mungup pucak aldaka baranang amadhangi | umyang sru swara ningkang têtêk kêndhang gong bèri lir bêlah bumi kambah | risang anindhamantri lèn Arya Dursasana măngka manggalanira ||

Kartamarma matur.

Kula nuwun paman kawuningana, sampun kula dhawuhakên dhatêng para putra jêngandika Kurawa kadhawuhan sami tugur ing sapêngkêripun paman. Punapadèntên wadya prajurit sampun sami pradangdosan. Samasa-masa bidhal sampun samapta.

Arya Sangkuni ngandika.

Arya ayo padha budhal daya-daya têkana ing paran. Durmuka sapungkurku masa bodhoa, adhi-adhimu tugurêna.

Dursasana matur.

Inggih paman sumaga, sami mangkat arêbat inggaling lampah.

Găngsa mungêl plajêngan sanga, Kurawa sami kalampahakên ginarbêg ing prampogan. Lampahing Kurawa ganti-ganti, sarêng sampun sadaya lumampah, kajêng katancêpakên têngah, găngsa dipun suwuk.

Dipun suluki pathêt sanga.

Sêkar Bramarawilasita lampah 11. Jahning yahning talaga kadi langit | kêmbang tapas wulan upamaneka | wintang tulya kusuma yya sumawur | lumranging kang sari kadi jaladha ||

--- 2 : 95 ---

Dipun caritakakên.

Lah ing kana ta wau, Radèn Apatih Arya Sangkuni, tuwin para putra Kurawa, sampun bidhal saking nagari Ngastina, sumêdya ngupaya dwirada seta dhatêng ing wana Sinangsraya, samana kèndêl ing marga kasaput ing dalu, para wadya prajurit sami pamondhokan. Sinigêg gênti cinarita, ing nagari Sokarumêmbe, cakêt sukuning Mahmèru.

Mungêl gêndhing Sumèru, ngadêg Prabu Kasendra, parêkan kalih, kang ngadhêp Patih Garjita, sasampunipun tata palênggahan. Găngsa kajantur, dipun caritakakên.

Anênggih nagari pundi ingkang gênti kocapa, nagari Sokarumêmbe, sintên bisikaning ratu, ajêjuluk Maraja Kasendra, cinarita Prabu Kasendra salamine prajane kinêpung ing yaksa, kalangkung rêntêng ing wardayane, dalu tanpantuk nendra, yèn raina atilar nadhah, agung nanêdha ing jawata, sri narendra pami suduk gunting tatu kalih, dene kaimbuhan sungkawane, ingkang putra ing kadipatèn mentar angupaya sraya. dèrèng kantênan puruge, mila lami sang nata botên miyos siniwaka, mila punika miyos mungging pandhapa, ing dalu angsal sasmitaning dewa, yèn Radèn Kasena mèh prapta saha antuk sraya satriya lêlajêring tanah Jawa, ing têmbe sagêd mungkasi karya, mangkana animbali Rêkyana Patih Garjita, yèn ta mangunadikaa Prabu Kasendra, apa baya mèh têka têmênan anakku gone aminta sraya, gêndhing kainggahakên, saantawis dangunipun tumuntên dipun suwuk.

Dipun suluki pathêt sanga.

--- 2 : 96 ---

Sêkar Sulajari lampah 20. Tandya bala pandhawambyuk gumulung mangusir ring sata Kurawa | kambah kosik sru katitih mirut kerut larut katut para ratu | tuwin sagung pra dipati katut kapalayu sigra praptanira | Aswatama têtanya lah pagene ta iki ya padha lumayu ||

Sang prabu ngandika.

Garjita paran wartane mungsuh kang padha ngêpung kutha.

Aturipun.

Kawula nuwun, sinuhun andangu mêngsah yaksa, sami kèndêl mondhok wontên tilasipun pakuwon gusti kula ing kadipatèn. Namung padhusunan ingkang cêlak pabarisan sami gêmpur, dene sapunika sarêng katingal dipun wêdali prajurit, yaksa sami têntrêm botên mingsêr saking pakuwonipun.

Pangandikanipun sang prabu.

Garjita wis pira lawase lolose bandaramu Si Kasena, dene ora nana pawartane ing ngêndi ingkang bakal dijujug.

Aturipun.

Lolosipun putra paduka sampun dungkap pêndhak Anggara punika, kilap ingkang dipun jujug ing karsanipun. Kados dèrèng karsa kondur yèn dèrèng angsal aminta sraya.

Pangandikanipun sang prabu.

Iya Garjita yèn karêpku wis dhingin-dhingin, tak kon aminta sraya, nanging gustimu adrêng karêpe, kudu mêthuk ing prang, nanging ana bênêre, mulane tak pituruti, mungguh lungane bandaramu, kaya-kaya nuli prapta, êmbuh kèpi saking

--- 2 : 97 ---

pangarêp-arêpku, êmbuh têmên sasmitaning dewa, bandaramu mèh têka sarta olèh sraya satriya linuwih.

Aturipun patih.

Kawula nuwun gusti inggih mugi-mugi istua jawata ingkang paring wangsit punika.

 


bangun. (kembali)
Kurang satu suku kata: tatkala narpa ceda mati nguni wèh sang sastra darma parêng. (kembali)
pating. (kembali)
rumiyin. (kembali)
gêlung. (kembali)
jimat. (kembali)
kasêsêgakên. (kembali)
Lebih satu suku kata: bandera warna-warna umyung têtêg gong bèri gurnang puksur thongthonggrit. (kembali)
untabing. (kembali)
10 banjur. (kembali)
11 babo. (kembali)
12 sinaut. (kembali)
13 obat-abitake. (kembali)
14 nulya. (kembali)
15 Lebih satu suku kata: prapta jro pura sang nata sineba: pepag punggawa lir kilayunêdhêng. (kembali)
16 putra (dan di tempat lain). (kembali)
17 ing. (kembali)
18 Dewaruci. (kembali)
19 singha. (kembali)
20 indri. (kembali)
21 olèhku. (kembali)
22 dipun. (kembali)
23 ngêndi. (kembali)
24 wis. (kembali)
25 Parta. (kembali)
26 sampun. (kembali)
27 Gajahoya. (kembali)
28 sapa. (kembali)