Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 33), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377

1. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 04), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377 . Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang
2. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 05), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang
3. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 06), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang
4. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 08), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377 . Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang
5. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 12), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang
6. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 13), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang
7. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 14), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377 . Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang
8. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 15), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377 . Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang
9. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 16), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377 . Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang
10. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 20), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377 . Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang
11. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 22), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377 . Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang
12. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 23), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang
13. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 24), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377 . Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang
14. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 25), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377 . Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang
15. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 26), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang
16. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 29), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang
17. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 30), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377 . Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang
18. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 32), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377 . Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang
19. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 33), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377 . Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang
20. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 34), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang
21. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 36), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377 . Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang
22. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 37), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang

Serie No. 443ff. ... f 0.24

Sêrat Padhalangan Ringgit Purwa

[Grafik]

Awit saking pitulungan dalêm Sampeyan Dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara VII ing Surakarta.

Jilid XXXIII.

Bale Pustaka - Batawi Sèntrêm

--- 33 : [1]---

Serie No. 443ff

Sêrat Padhalangan Ringgit Purwa

Awit saking pitulungan dalêm Sampeyan Dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara VII ing Surakarta.

Jilid XXXIII.

Isi lampahan:

142. Pêjahipun Adipati Karna

143. Sedanipun Prabu Suyudana

144. Parikêsit lair

Bale Pustaka - 1932 - Batawi Sèntrêm

--- 33 : [2] ---

Wêwênangipun ingkang ngarang kaayoman miturut anggêr ingkang kapacak ing sêtatsêblad 1912 No. 600.

--- 33 : [3] ---

142. Lampahan Pêjahipun Adipati Karna.

1. Jêjêr nagari Ngastina, Sang Prabu Suyudana, miyos ing pôncaniti, ingkang sumiwi Pandhita Durna, Patih Arya Sakuni, nata ing Môndaraka Narpati Salya, nata ing Ngawôngga Narpati Karna. Ingkang karêmbag bab sêkêling panggalihipun nata, dene sampun rumaos kapitunan, anggènipun mangun Bratayuda, jalaran putra sampun seda, dalah ingkang rayi Radèn Dursasana satêmah pralena madyaning prang, punapadene para santana miwah para punggawa sampun kathah kalongipun. Amila nata sakalangkung ribêng ing panggalih saha sêrêt pangandikanipun sêmu kapiluh. Wasana Narpati Karna sagah andhêpani nagari Ngastina, saha ugi purun ngadêg dados senapati ing ajurit. Pandhita Durna amrayogakakên, miwah adêging senapati Narpati Karna wau nata ing Môndaraka kaaturan ambotohi, dadosa têtimbanganipun nata ing Dwarawati, amargi ing Pandhawa punika ingkang ambotohi nata ing Dwarawati, murih sami santosanipun. Nata ing Ngastina anayogyani saking aturipun Pandhita Durna, lajêng kadhawuhakên. Narpati Karna, nata ing Môndaraka pamit mêdal ing jawi, sang nata angadhaton.

[Grafik]

Bambang Aswatama.

[Grafik]

Patih Adimanggala.

--- 33 : [4] ---

[Grafik]

Adipati Karna.

[Grafik]

Radèn Janaka.

--- 33 : 5 ---

2. Madêg ing kadhaton, Rêtna Dèwi Banowati, sarawuhipun ingkang raka sang prabu, kaparingan uninga saparêngipun siniwaka. Têlasing pangandika sang nata manjing sanggar pamujan anyidhikara.

3. Ing paseban jawi, Narpati Karna, nata ing Môndaraka, Patih Adimênggala wrôngka ing Ngawôngga, Bambang Aswatama. Rêmbag anggènipun badhe anglurug, dhawuh tata-tata, sarêng samêkta lajêng sami bidhal.

4. Madêg nagari Guwabarong, Dèwi Jathagini saha ingkang putra Radèn Ardhawalika, wujud naga. Ingkang rinêmbag sasedanipun ingkang rama Prabu Jathagimbal, kalihan ingkang raka Prabu Kalasrênggi, Radèn Ardhawalika nyuwun pamit badhe malês ukum kalihan Radèn Janaka, amargi ingkang rama wau sedanipun dening Radèn Janaka, kalilan lajêng bidhal.

5. Madêg ing pasanggrahan Têgal Kurusetra, Prabu Darmakusuma, Nata Krêsna, Arya Wrêkodara, Janaka, Nakula, Sadewa. Ingkang karêmbag: Nata Krêsna andhawuhakên ingkang ngatos-atos, amargi andêl-andêling Nata Ngastina sanadyan kantun kêkalih saya awrat sanggènipun ing aprang. Kasaru aturipun prajurit ngaturi uninga, senapati Ngastina andhatêngi. Nata Dwarawati andhawuhakên dhatêng Radèn Janaka angadêg senapati, prang tandhing kalihan Narpati Karna. Radèn Janaka sampun sandika, mêdal ing paprangan, nitih rata lan Nata Dwarawati, rata agêming Nata Dwarawati awasta kyai abrapuspa, pangirid kuda sakawan, dèn iring para arya punggawa. Candhakan. Narpati Karna, nata ing Môndaraka wontên sanginggiling rata anganti wêdalipun ingkang rayi Radèn Janaka, kasaru dhatêngipun Radèn Ardhawalika cumlorot saking gêgana, sumêdya momor Narpati Karna, Narpati Karna kagyat kinintên mêngsah sumêdya nêmpuh, badhe linêpasan sanjata Kuntadruwasa, Radèn Ardhawalika matur ngrêrêpa, sarta atur uninga, bilih piyambakipun nêdya malês ukum dhatêng Radèn Janaka, nyuwun momor anggènipun badhe ngajurit Narpati Karna. Narpati Karna botên nayogyani, lajêng kapurih nêmpuh piyambak angrumiyini. Radèn Ardhawalika pamit pangkat, amrêpêki Radèn Janaka, lajêng prang, Radèn Ardhawalika jinêmparing pêjah. Sapêjahipun Radèn Ardhawalika, Narpati Ngawôngga majêng, ajêng-ajêngan lan Radèn Janaka, dados prang sami nitih rata, repot Narpati Karna, lajêng amanthêng sanjata Kuntadruwasa, Radèn Janaka sumêdya linêpasan, sarwi dhawuh palipirma dhatêng Radèn Janaka, Radèn Janaka mêksa botên kenging, saking kêdangon anggènipun maripih Radèn Janaka, Nata Môndaraka botên tahan anggènipun uninga Narpati Karna badhe anjêmparing, tumuntên kadhawuhan anglêpasakên, ananging Narpati Karna taksih ngowêl, jêmparing taksih dipun êmbat, rata lajêng kagênjot dening Nata Môndaraka, sanjata Kunta lumêpas abêr lampahipun, namung angèngingi lungsènipun Radèn Janaka, Radèn Janaka kawirangan, lajêng dhawah ing siti, cinandhak dening Nata Dwarawati, kadangu [ka...]

--- 33 : 6 ---

[...dangu] sababipun. Matur Radèn Janaka namung tatas lungsènipun, lajêng kaupakara dening Nata Dwarawati, pulih kados suwaunipun. Radèn Janaka malês anglêpasi jêmparing Pasopati, Narpati Karna kaprawasa, jangganipun pagas sapalih andungkap ing sedanipun, jôngga sinungkêmakên sinôngga ing asta, Narpati Karna dèrèng seda, ngunus wangkingan Kyai Jalak kasasaban dening kunca, karsanipun Narpati Karna, dadosa seda sagêda sampyuh lan kang rayi Radèn Janaka. Radèn Janaka katimbalan majêng, sarwi sêsambat amlasasih, Radèn Janaka majêng anyêlaki, mulat Nata Dwarawati, Radèn Janaka rinangkul mundur, Radèn Janaka binisikan sêdyaning batos Narpati Karna, namung kapurih nglêlaga sampun ngantos cêlak, Radèn Janaka mituhu dhawuhipun Nata Dwarawati, Narpati Karna cêlak dipun têbihi, yèn têbih dipun cêlaki, Narpati Karna andungkap ing jaman kawêkasan, Radèn Janaka cêlak sumêdya kajangkah, namung tuna panjangkahipun: kalênggak mustaka dhawah ing bantala, Narpati Karna seda. Nata ing Môndaraka, Patih Arya Sakuni, sasedanipun Narpati Karna lajêng kondur ing Ngastina. Bambang Aswatama uninga sedanipun Narpati Karna, kakintên dipun gapit kalihan Nata Môndaraka, mantuk ing nagari Ngastina: sumêdya wadul dhatêng Prabu Suyudana.

[Grafik]

Parêkan.

[Grafik]

Dèwi Surtikanthi.

6. Ing nagari Ngawôngga, Rêtna Dèwi Surtikanthi, dipun adhêp para pawongan, botên dangu dhatêngipun prajurit saking paprangan, atur uninga sedanipun Narpati Karna, Rêtna Dèwi Surtikanthi bela ingkang raka: suduk sarira.

--- 33 : 7 ---

[Grafik]

Pandhita Durna

[Grafik]

Radèn Drusthadyumna.

7. Magêd[1] ing nagari Ngastina, Prabu Suyudana, Pandhita Durna, Rêtna Banowati. Botên dangu dhatêngipun Nata Môndaraka, atur kabar sedanipun Narpati Karna, sadaya sami mônca dirawat mônca udrasa. Kasaru dhatêngipun Bambang Aswatara, atur uninga sedanipun Narpati Karna wau kagapit Nata Môndaraka, tandhanipun nalika Narpati Karna ngêmbat jêmparing, dèrèng ngantos dipun prêmanakakên, rata kagênjot dening Nata Môndaraka, Prabu Salya midhangêt aturipun Bambang Aswatama langkung kurdanipun, têmah dados pasulayan, Bambang Aswatama kasapih Pandhita Durna lan Patih Arya Sakuni, Narpati Môndaraka kasapih nata ing Ngastina sarta Rêtna Dèwi Banowati, lair Nata Môndaraka lêrêm dukanipun, pamit badhe siram, nata ing Môndaraka lajêng kondur ing nagarinipun dalah sapunggawanipun, Prabu Suyudana sarêng uninga lajêng nututi. Candhakan. Pandhita Durna, Sakuni, Aswatama. Sakuni nutuh kalêpatanipun Bambang Aswatama anggènipun sampun kamipurun kalihan Nata Môndaraka, môngka sapunika nata ing Môndaraka kondur, dados andêling nagari Ngastina sampun botên wontên. Nata Môndaraka sagah andhêpani nagari Ngastina, ananging tamtunipun mundhut pêjah gêsangipun Bambang Aswatama, Bambang Aswatama [Aswa...]

--- 33 : 8 ---

[...tama] rumaos ing kalêpatanipun, amila ingkang rama Pandhita Durna angutus Patih Arya Sakuni supados nusul dhatêng ing nagari Môndaraka, nyuwunakên pangapuntên kalêpatanipun Bambang Aswatama, Pandhita Durna sagah dados senapati, Patih Sakuni pangkat.

8. Madêg nagari Môndaraka, Prabu Salya, Nata Ngastina, Rêtna Dèwi Banowati. Nata Ngastina tansah nglêlipur dukanipun ingkang rama, saha pasrah nagari Ngastina. Kasaru dhatêngipun Patih Arya Sakuni, ngaturakên panuwunipun Panêmbahan Pandhita Durna. Nata Môndaraka, Prabu Suyudana sampun amarêngakên saha paring pangaksama, Patih Arya Sakuni kadhawuhan andhawuhakên dhatêng Pandhita Durna, supados pangkat dhatêng paprangan. Patih Arya Sakuni mundur pinanggih Pandhita Durna, andhawuhakên pangandikanipun nata, Pandhita Durna pangkat dalah para sabatipun.

[Grafik]

Dèwi Wilutama.

9. Madêg ing pabarisan, Sêtyaki sapunggawanipun, saha Patih Andakasumèru, patih ing nagari Ngamarta dalah sapunggawanipun. Sadhatêngipun Pandhita Durna lajêng prang, Sêtyaki sapunggawanipun sadaya kawon.

10. Ngadêg pasanggrahan pêpak, Prabu Darmakusuma, Nata Krêsna, Wrêkodara, Janaka, Nakula, Sadewa, sadhatêngipun Arya Sêtyaki, atur uniga dhatêngipun senapati Panêmbahan Durna, Nata Krêsna dhawuh dhatêng Arya Wrêkodara, miwah Radèn Janaka, kadhawuhan amapagakên Pandhita Durna, pamit lajêng pangkat, sadumugining paprangan, Arya Wrêkodara miwah Radèn Janaka sami botên tahan prang kalihan Pandhita Durna, amargi rumaos bilih punika gurunipun, saking pamrayoginipun Nata Bathara Krêsna, Arya Wrêkodara kapurih mêjahi titihan nata ing Ngastina gajah ingkang nama èsthitama, sarta para punggawa sami angêlokna: èsthitama mati, èsthinipun ikang lirih, tama: ingkang sêru, supados Pandhita Durna kalintu ing panampi dipun wastani Aswatama mati. Sasampunipun gajah èsthitama pinêjahan dening Arya Wrêkodara, miwah para punggawa sami alok: èsthitama mati, Pandhita Durna kalintu pamirêngipun, kinintên: Aswatama mati. Pandhita Durna muwun, madosi para Pandhawa, pitakèn sami ngaturakên walèh èsthitama mati, panampinipun taksih kalintu: Bambang Aswatama mati. Kacariyos alusing Prabu Palgunadi, alusing ratu ing Paranggêlung, nêdya malês ukum dhatêng Pandhita Durna, nunggil kaanan lan Radèn Drusthadyumna, risaksana Radèn Drusthadyumna ngunus wangkingan, sigra sinarungakên Panêmbahan Pandhita Durna [Dur...]

--- 33 : 9 ---

[...na,] dados lan sedanipun. Radèn Janaka duka kathah-kathah dhatêng Radèn Drusthadyumna, Radèn Drusthadyumna merang, lajêng mantuk dhatêng nagari Cêmpalarêja. Candhakan. Bambang Aswatama mirêng wartos manawi tiyang sêpuhipun pêjah, lajêng soroh amuk ing paprangan, ngèsthi sanjata Cundhamanik, gègèr ing paprangan, sadaya sami kawon. Radèn Janaka lajêng amapagakên prang lan Bambang Aswatama. Ramening prang dhatêngipun Bathari Wilutama, Bambang Aswatama kapurih mundur ing prang, sarta kadhawuhan ngumpul kalihan Rêsi Karpa wontên samadyaning wana, Bambang Aswatama mituhu, lajêng bibar, tancêb kayon.

[Grafik]

Prabu Suyudana.

143. Pungkasan Sedanipun Prabu Suyudana.

1. Jêjêr ing nagari Ngastina, Sang Prabu Suyudana, lênggah ing pôncaniti lan nata ing Môndaraka Narpati Salya, Patih Arya Sakuni. Ingkang dipun rêmbag: nata ing Ngastina matur dhumatêng ingkang rama Narpati Salya, amasrahakên nagari Ngastina saha matur amêlasasih, ingkang rama dipun aturi andhêpani nagari Ngastina, saha dipun aturi dados senapati ing ngalaga, amargi sampun botên wontên malih ingkang sayogi andhêpani nagari Ngastina kajawi ingkang rama Narpati Salya. Atur wangsulanipun Narpati Salya: prang Bratayuda punika ingkang lêpat panjênênganipun anak prabu, amargi saking rêmbag pirukunanipun Nata Dwarawati rumiyin, nagari Ngastina punika namung dipun dum kalih, panjênêngan lêstantun kagungan sapalih, ingkang sêpalih dipun pasrahakên para Pandhawa, anak prabu botên suka, mila dados prang Bratayuda punika, ingkang dipun rêbat namung nagari Ngastina sapalih. Wondene manawi panjênêngan sampun masrahakên dhatêng kula, kula gadhah pratikêl: nagari Ngastina kula pasrahakên sapalih dhatêng para Pandhawa, mangsuli rêmbag ing ngajêng, manawi purun tampi. Ewadene manawi botên purun tampi, rèhning sampun kêlajêng, dadosa kula nêmpuh prang, naminipun [na...]

--- 33 : 10 ---

[...minipun] tiyang sêpuh wau sampun nilar dugi-dugi. Manawi anak prabu sampun anyondhongi, kula kadugi amrasabênakên langkung rumiyin. Pangandikanipun Prabu Suyudana anyondhongi punapa pangandikanipun Narpati Salya. Narpati Salya sigra pamit mêdal ing jawi, kondur sapunggawanipun ing nagari Môndaraka, sumêdya paring uninga dhumatêng ingkang garwa ni bok ratu. Sang Prabu Suyudana lajêng bibar angadhaton.

[Grafik]

Prabu Salya

2. Ing kadhaton, Rêtna Banowati, angantos konduripun ingkang raka sang prabu, sasampunipun lajêng kaparingan sumêrêp bab danguning paseban punika punapa saprêlunipun. Sang prabu manjing sanggar pamujan anyidhikara.

3. Madêg ing nagari Môndaraka, Ni Bok Ratu Sêtyawati, lênggah ingadhêp para pawongan andhèr, ingkang rinêmbag angajêng-ajêng rawuhipun ingkang raka sang prabu, anggènipun dangu ing panangkilan. Botên antawis dangu rawuhipun ingkang raka sang prabu, sang prabu paring pangandika, bab danguning panangkilan, ingkang karêmbag badhe ambêdhamèkakên dhatêng para Pandhawa, nagari Ngastina kapasrahakên sapalih dhatêng Pandhawa, manawi Pandhawa purun tampi. Ewadene manawi Pandhawa botên purun nampi bêdhami wau, sang prabu sagah ngadêg senapati ing ngalaga nêmpuh para Pandhawa. Ni bok ratu mirêng pangandikanipun ingkang raka, ing tyas kadya rinujit, èngêt ing dalu supêna, wasana matur pêgat-pêgat sarwi arawat luh. Sang prabu sampun ngantos anglajêngakên bêdhami wau, amargi ing dalu kula supêna, sang prabu dados têmantèn ingayab para santana sarwi nitih rata kancana, sarêng kula tututi rata ambandhang, lajêng ambyur ing sagantên kidul dalah sapandhèrèk, kula ugi nututi ambyur, dèrèng pinanggih kula kasêlak nglilir. Amila manawi andhahar atur kula, sang prabu bok inggih sampun andumugèkakên bêdhami wau. Sang prabu ngandika: Bab impèn iku kêmbanging turu, ora kêna katêmtokake, amarga akèh asale. Kathah-kathah pangandikaning nata, ngantos damêl marêming panggalihipun ni bok ratu. Sang nata lajêng pamit bidhal.

--- 33 : 11 ---

4. Ngadêg ing pasanggrahan, Prabu Darmakusuma, Nata Krêsna, Arya Wrêkodara, Nakula, Sadewa. Botên dangu rawuhipun nata ing Môndaraka, Narpati Salya. Sasampuning bêbagean, nata ing Môndaraka andhawuhakên pangandika, ing samangke nata ing Ngastina sampun amasrahakên nagari Ngastina sapalih, Bratayuda kèndêla samantên kemawon, wangsula rukun anggènipun sami kêkadang. Nata Dwarawati nolih dhatêng Arya Wrêkodara, Radèn Arya Wrêkodara botên tampi bêdhami wau, amargi para putra-putra sami pêjah, ewadene manawi nagari Ngastina kapasrahakên sadaya, Arya Wrêkodara ugi tampi, dados namanipun botên katanggêlan, saha prang Bratayuda sagah kèndêl samantên kemawon. Nata Môndaraka kabranang ing panggalih, angandika manawi botên katampi bêdhaminipun, Nata Môndaraka ingkang ngadêg dados senapati, lajêng tantangan prang kalihan Arya Wrêkodara. Janaka mêdal ing jawi lajêng prang. Arya Wrêkodara, Janaka kawon. Awit saking pratikêlipun Nata Bathara Krêsna, dhawuh dhatêng Radèn Nakula, Sadewa kadhawuhan majêng ing rana. Radèn Nakula Sadewa ajrih botên purun, amargi punika pêpudhènipun,[2] nanging mêksa pinêksa, kaprayogèkakên supados nyandhang pêthak, asrah pêjah gêsang dhumatêng ingkang uwa nata ing Môndaraka. Nakula, Sadewa sandika rumanti lajêng pangkat, dumugi ing ngarsanipun Nata Môndaraka anungkêmi pada: asrah pêjah gêsang. Kadangu ingkang uwa matur prasaja, bilih ing Pandhawa ingkang piniji madêg senapati, rèhning kadhawuhan mapagakên ingkang uwa, amila lajêng kapêjahana kemawon. Pangandikanipun Nata Môndaraka: Iya wis ta mangkene bae, dadia mati aku bae, kang wis anglakoni mukti, kowe matura bae lan Nata Bathara Krêsna, supaya ngaturi Nata Prabu Darmakusuma, maju ing rana mapagake aku, ing kono marganing patiku, dene sapungkurku aku pasrah marang kowe bocah loro, nagara Môndaraka môngsa bodhoa, iku kowe kang duwe. Têlas pangandikanipun nata, Nakula, Sadewa lajêng nêmbah mundur, dumugi ngarsanipun Nata Dwarawati matur saprêlunipun. Nata Dwarawati, Arya Wrêkodara, Janaka lajêng malêbêt pasanggrahan, matur dhumatêng Nata Darmakusuma, dipun aturi majêng ing rana mapagakên Nata Môndaraka, Nata Ngamarta botên purun, amargi botên sagêd pêrang. Nata Krêsna dhawuh dhatêng Wrêkodara, supados Nata Darmakusuma [Darmaku...]

--- 33 : 12 ---

[...suma] kajunjung dhatêng paprangan, lajêng jinunjung dumugi paprangan, pinêksa botên purun. Kacariyos alusipun Bagawan Bagaspati umanjing nunggil kaanan lan Prabu Darmakusuma, amargi nêdya malês ukum Prabu Narasoma, jalaran pêjahipun saking Prabu Narasoma. Prabu Darmakusuma lajêng kemawon èngêt panggalihipun, mangrêtos cara-caraning ayuda, mangsah ing ajurit mapagakên Narpati Salya, dados prang. Nata Salya katitih, ngêdalakên Côndhabirawa, Côndhabirawa majêng, lajêng anêmpuh Prabu Darmakusuma, sarêng sumêrêp kaananipun Bagawan Bagaspati, Côndhabirawa lajêng ambalik, Prabu Darmakusuma amênthang sanjata Pasopati, Nata Môndaraka linêpasan, kaprawasa kenging jajanipun, dhawah saking rata dados lan sedanipun.

[Grafik]

Ni bok Ratu Sêtyawati.

5. Madêg nagari Môndaraka: Ni Bok Ratu Sêtyawati, midhangêt pakabaran, bilih ingkang raka seda ing paprangan: lajêng kemawon nusul dhatêng ing paprangan, kadhèrèkakên êmbanipun ngupadosi kuwandanipun ingkang raka, sarêng pinanggih lajêng suduk sarira bela dalah êmbanipun.

6. Ngadêg ing nagari Ngastina, Prabu Suyudana lênggah lan Rêtna Banowati, kasaru dhatêngipun Patih Arya Sakuni, atur uninga sedanipun ingkang rama Prabu Salya, sadaya sami mônca dirawat mônca udrasa, èngêt ing panggalih mupus pêpasthèning jawata, lajêng tata-tata bidhal anglurug dhatêng pasanggrahaning Pandhawa, amung kanthi Patih Arya Sakuni, sarwi nitih rata.

7. Ngadêg ing pasanggrahan Pandhawa: pêpak, Nata Darmakusuma, Nata Dwarawati, Wrêkodara, Janaka, Nakula Sadewa. Kasaru dhatêngipun prajurit, atur uninga dhatêngipun mêngsah. Nata Krêsna dhawuh dhatêng Arya Wrêkodara, supados amapagakên mêngsah, Arya Wrêkodara sandika, pamit lajêng mêdal ing jawi, dumugi paprangan pinanggih Prabu Suyudana, lajêng prang, sami angagêm gada pusaka, Wrêkodara kenging pinupuh pilinganipun ingkang kiwa, sanalika dhawah botên èngêt, wungu malih, kang raka Prabu Suyudana pinupuh gêntos angèngingi pupunipun ingkang kiwa, Prabu Suyudana putung pupunipun, lajêng malajêng nyêmplung dhatêng sagantên, tinututan Prabu Krêsna, kapurih wangsula malih dhatêng ing paprangan. Nata Ngastina kadugi wangsul, manawi pulih pupunipun, lajêng kaupakara dening Nata Dwarawati [Dwa...]

--- 33 : 13 ---

[...rawati,] pulih kados suwaunipun. Nata Ngastina lajêng majêng malih, prang rukêt: Nata Ngastina dipun asab ing sela kumlasa, ngantos nglonyom wadananipun, adus rah, Nata Ngastina mêksa taksih gêsang, Wrêkodara kraos sayah dipun uculakên, Nata Ngastina tumolih, Wrêkodara sarêng uninga: gila, lajêng mlajêng nilar mêngsah, kapanggih Nata Dwarawati, Wrêkodara kadhawuhan andamêl rêdi latu, Nata Ngastina kapurih anjunjung kalihan mungkur, kacêmplungna ing rêdi latu. Arya Wrêkodara mituhu, Nata Ngastina dados lan sedanipun. Arya Wrêkodara sumêrêp Patih Arya Sakuni, lajêng kabujung, kenging kacêpêng, lajêng kasuwèk cangkêmipun, dados lan pêjahipun, lajêng sami kondur masanggrahan, bibar, tancêb kayon.

144. Lampahan Parikêsit Lair.

1. Jêjêr Prabu Yudhisthira (Prabu Kalimataya) ing Ngastina, miyos siniwaka nèng sitinggil binata rata, ingkang munggèng ngarsa para Pandhawa pêpak anangkil, Radèn Arya Wrêkodara, Radèn Arya Dananjaya, Radèn Arya Nakula, Sadewa. Rêmbag: Dèwi Untari sampun ambabar mijil jalu saha kaparingan nama Radèn Parikêsit, inggih Krêsna Dipayana. Radèn Arya Nakula dinuta dhatêng Mandura, ngaturi priksa ingkang raka Prabu Bagawan Baladewa, Radèn Arya Sadewa kautus ngaturi pariksa dhatêng ingkang raka Prabu Krêsna Nata Dwarawati, lajêng bibaran.

[Grafik]

Dèwi Drupadi.

2. Madêg ing kadhaton, risang pramèswari Dèwi Drupadi anênggani jabang bayi sarta kapangku ingkang ibu Dèwi Untari. Sri nata rawuh tuwin ingkang rayi Radèn Arya Wrêkodara, Radèn Arya Janaka, sami mirsani kang wayah jabang bayi, sadaya sami suka ing panggalih.

3. Madêg paseban jawi, Radèn Arya Nakula, Radèn Arya Sadewa, Patih Tambakganggêng, rêmbag sami siyaga ing damêl arsa dhatêng Mandura tuwin dhatêng Dwarawati, sasampunira samêkta lajêng bidhal kapalan.

4. Madêg ing Tirtatinalang, Radèn Aswatama, Radèn Karpa, Radèn Kartamarma. Rêmbag dènira arsa nyidra Dèwi Banowati, dene sasedanira Prabu Suyudana sami rinêksa wasana kesah ing dalu lajêng dhatêng ing Banakêling dalêmipun Radèn Janaka, lajêng kagarwa, amila Radèn Aswatama, Karpa, Kartamarma, langkung duka sami pangkat nêdya lampah nyidra ing dalu, dhumatêng kadhaton Ngastina. Margi kawartos sagung para kadang nata sami kalêmpakan ing kadhaton Ngastina.

--- 33 : 14 ---

5. Madêg ing Dwarawati, Prabu Krêsna miyos kaadhêp putra Radèn Arya Sêtyaka, Patih Udawa. Ginêm: Arsa tindak dhatêng Ngastina, martuwi ingkang rayi Prabu Yudhisthira, kasaru praptanira Radèn Arya Sadewa, matur ingutus kang raka Nata ing Ngastina, ngaturi uninga: lamun Dèwi Untari ambabar mijil jalu pinêkik. Sri Krêsna dipun aturi rawuh lajêng bidhal sadaya. Patih Udawa andhèrèk.

[Grafik]

Parêkan.

[Grafik]

Dèwi Banowati.

6. Madêg Rêtna Banowati, anèng taman Kadilêngêng ing Ngastina, sang rêtna kraos arip anggènipun mêntas wungu anêngga jabang bayi, lajêng mapan sare, dèn têngga parêkan. Ing ngriku dhatêngira kang lampah dhustha, Radèn Aswatama, Karpa, Kartamarma, Banowati dalah parêkanira dipun sirêpi, ing ngriku dhatêng panggenanira Rêtna Banowati, sang rêtna sinuduk dening Radèn Aswatama, tatu jajanira trus walikat, lajêng pêjah. Radèn Aswatama lajêng lumampah malih bingung ingkang sinêdya, dumugi panggenaning jabang bayi wau sami sare kenging sirêpipun Radèn Aswatama, amung jabang bayi ingkang botên kenging sirêp, sarta sangandhaping patilêmanipun jabang bayi kadekekan jêmparing Pasopati, Radèn Aswatama dhatêng panggenan jabang bayi. Ing ngriku Radèn Aswatama gadhah cipta: punika kang arsa andarbèni praja Ngastina, mila badhe pinêjahan, sarêng badhe sinuduk, jabang bayi nangis angayang-ayang sarwi sukunipun ngaroncal anjêjak jêmparing Pasopati, Pasopati lumêpas kenging jajanira Radèn Aswatama, lajêng anjola dhawah lajêng pêjah. Radèn Karpa tuwin Radèn Kartamarma pisah panggenanipun,

--- 33 : [15] ---

[Grafik]

Radèn Kartamarma.

[Grafik]

Radèn Arya Wrêkodara.

--- 33 : 16 ---

sarêng mirêng swara gumêbrug, duratmaka kêkalih sami bingung, andhêlik dhatêng patamanan, sadaya tiyang sakadhaton sami tangi ngupadosi panggenaning swara, katingal sandhinging bayi wontên wangkenipun, tiyang sakadhaton bingung apuyêngan. Prabu Krêsna prapta, lajêng lênggah satata, dhawuh dhatêng Radèn Arya Wrêkodara, kinèn angupaya panunggilanipun duratmaka, Radèn Arya Wrêkodara sigra ngupaya, pinanggih lan Karpa, Kartamarma, prang. Radèn Arya Wrêkodara kinarubut kalih, Karpa pêjah cinublês kuku pôncanaka, Kartamarma pêjah binanting, wangkening pandung binuwang. Kacariyos sukmaning pandung dados brêngkutis (wangwung ingkang sami nyuwantên brêngêngêng ing wanci dalu).

7. Madêg ing pandhapi agung, Prabu Kalimataya (Yudhisthira), Prabu Krêsna, para rayi Pandhawa pêpak. Kacarita layonipun Dèwi Banowati sampun dipun pancaka, lajêng binasmi. Radèn Arya Dananjaya langkung lênglêng kasmaran dhatêng Dèwi Banowati, wasana kesah tanpa pamit, rêpat tiga: Sêmar, Nala Garèng, Petruk andhèrèk, Prabu Yudhisthira langkung sungkawa, matur ing raka Sri Krêsna kaborongakên. Prabu Krêsna pangkat kalihan Radèn Arya Wrêkodara, nututi kesahira Radèn Janaka, lampahira kêtututan wontên samadyaning wana, lagya kèndêl lawan parêpat têtiga. Sri Krêsna ngandika, kang rayi Radèn Janaka dipun ajak dhatêng nagari Sriwêdari, ing ngriku wontên putri mèmpêr warninipun Dèwi Banowati, sampun kagarwa dening Prabu Arjunapati nanging dèrèng atut, sagah badhe kapundhut, ing têmbe badhe kalintonan, rèhning Prabu Arjunapati wau muridipun, kados gampil kalampahanipun. Lajêng sami pangkat.

8. Madêg ing Mandura, Prabu Bagawan Baladewa, miyos ing pandhapi lan kang putra Radèn Wisatha, Patih Pragota, dhatêngipun Radèn Arya Nakula, kautus ingkang raka Nata Ngastina, ngaturi priksa bilih Dèwi Untari sampun ambabar mijil jalu. Prabu Bagawan Baladewa dipun aturi rawuh, sasampuning siyaga lajêng bidhal.

9. Madêg ing Sriwêdari, Prabu Arjunapati, lawan patihira kalêrês rayi, nama Patih Suwôndagêni. Ginêm: dènira tan kapadhan ing sih lawan kang garwa Dèwi Citrahoyi, sampun dangu dènnya krama dèrèng atut. Kasaru rawuhipun Prabu Krêsna kalawan Radèn Janaka, Wrêkodara. Prabu Arjunapati langkung suka karawuhan gurunipun, inggih Prabu Krêsna. Sri Krêsna andangu dènira apalakrama Sang Prabu Arjunapati, aturipun Sri Arjunapati, dèrèng atut lawan kang garwa. Punika Prabu Krêsna amratelakakên bilih kang rayi Radèn Janaka kêpêjahan garwa, manawi pinuju, garwanipun Sang

--- 33 : 17 ---

Prabu Arjunapati, rèhning botên purun atut: dadya kapundhut kewala, arsa pinaringakên dhatêng Radèn Janaka, ing têmbe Prabu Arjunapati badhe kakramèkakên sanès, Sri Krêsna ingkang nyagahi kramanipun. Sang Prabu Arjunapati ngaturakên, ananging sanès dintên badhe ngaturakên piyambak, dhatêng nagari Ngastina. Sri Krêsna langkung suka, lajêng pamit kondur lawan para rayi.

[Grafik]

Prabu Arjunapati.

[Grafik]

Prabu Krêsna.

10. Sapêngkêripun Sring[3] Krêsna, Patih Suwôndagêni matur kalihan ratunipun Prabu Arjunapati, kadospundi dene kang garwa pinundhut ing Prabu Krêsna ngaturakên, sanadyan punika dèrèng atut, sarta ingkang mundhut ratu wah gurunipun, nanging punika botên lêrês. Kathah-kathah aturipun Patih Suwôndagêni, lajêng angrakit pangrekadaya, Sri Arjunapati malih èstri, amindha kang garwa Dèwi Citrahoyi, lajêng anitih jêmpana jinajaran, kairingakên Patih Suwôndagêni, sarwi kautus ing ratunipun, ngaturakên kang garwa, lajêng bidhal dhatêng Ngastina, Radèn Kartanadi punika rayinipun Dèwi Citrahoyi (ipenipun Prabu Arjunapati) uhi[4] andhèrèk, kairing wadya sawatawis ingkang pêpilihan.

--- 33 : 18 ---

11. Madêg ing Ngastina, Prabu Kalimataya (Sri Yudhisthira) lawan kang rayi Radèn Arya Nakula, Radèn Arya Sadewa, Prabu Bagawan Baladewa sampun rawuh ing ngriku, kasaru rawuhipun Prabu Krêsna tuwin Radèn Arya Wrêkodara, Janaka, Sri Kalimataya langkung sukaning galih, Prabu Krêsna amratelakakên sagunging lêlampahanipun. Dèrèng dangu praptanira Patih Suwôndagêni angiring jêmpana ingkang tinitihan ingkang mindha Dèwi Citrahoyi, kinèn mandhap ngajênging wiwara kênya, kontên malêbêt ing kadhaton, kaprênahakên ing gêdhong pasarean kang adi. Patih Suwôndagêni matur kautus ing ratunipun Prabu Arjunapati, angaturakên ingkang garwa Dèwi Citrahoyi. Prabu Krêsna anampèni saha narima. Patih Suwôndagêni lajêng kerit dhatêng pamondhokan, dipun panggihi Patih Udawa, nayaka waktra ing Dwarawati, lajêng bibaran. Radèn Janaka lajêng murugi dhatêng panggenanipun Dèwi Citrahoyi.

[Grafik]

Prabu Baladewa.

[Grafik]

Prabu Kalimataya.

--- 33 : 19 ---

12. Madêg Dèwi Citrahoyi, ing ngriku dhatêngipun Radèn Janaka, lajêng rinungrum kabêkta dhatêng pasamiran (pasarean) saking sayah sarta aripipun Radèn Janaka, wah kenging sirêpipun sang pindha Dèwi Citrahoyi, Radèn Janaka lajêng sare kêpati, ing ngriku sang pindha putri awungu ririh, angunus curiga, Radèn Janaka sinuduk jajanira têrus walikat, lajêng pêjah, kang pindha putri lajêng babar dados Prabu Arjunapati, sarta sêsumbar mijil saking paprêman. Para putri ing kadhaton mirêng swara ramening sêsumbar, lajêng sami nuwèni pasareanipun Radèn Janaka, pariksa bilih salêbêting pasarean ngriku ambalabar ludira muncar, para putri sami anjêrit, rame swaraning tangis, ingkang mungging ngajêngan para nata sami gugup. Prabu Krêsna mirêng sêsumbaripun Prabu Arjunapati lajêng nututi, wasana prang rame, gurawalan juritipun, gêntos ngêdalakên sagung pangaribawa.

[Grafik]

Dèwi Citrahoyi.

[Grafik]

Radèn Kartanadi.

13. Madêg Patih Suwôndagêni, mirêng swaranipun tangis salêbêting kadhaton, sampun ngraos bilih gustinipun sampun miwiti amunah satru, môngka sawêg gêginêman lawan Patih Udawa: sami anêdahakên pusakaning dhuwung, Patih Suwôndagêni kasliring rêmbag, dhuwung kasudukakên Patih Udawa, Patih Udawa malês anyuduk Patih Suwôndagêni, wusana patih kêkalih wau sami pêjah sampyuh.

--- 33 : 20 ---

Ing ngriku Prabu Krêsna lawan Prabu Arjunapati rame dènira prang, dangu-dangu Prabu Krêsna angayat sanjata Cakra, Prabu Arjunapati kenging sanjata Cakra pêjah, kuwandanira musna, para wadya ing Sriwêdari angêbyuk prang, tinadhahan Radèn Wrêkodara, sadaya sami sirna, wontên ingkang kacêpêng gêsang nama Radèn Kartanadi, lajêng kairid ing ngarsanipun Prabu Kalimataya.

14. Madêg Prabu Kalimataya, Prabu Bagawan Baladewa, Prabu Krêsna, Radèn Arya Wrêkodara angaturakên têlukan Radèn Kartanadi, kuwandanira Sang Arjuna kabêkta mangarsa, lajêng ingusadan dening Prabu Krêsna sarana sêkar jayakusuma, Radèn Janaka lajêng waluya, Radèn Kartanadi tinarima panungkulira, lajêng kagêntosakên sri nata ing Sriwêdari, nama Prabu Kartanadi, lajêng bojana ôndrawina, tancêb katon.

[Grafik]

Catatan kaki:

1. Madêg (kembali)
2. pêpundhènipun (kembali)
3. Sri (kembali)
4. ugi (kembali)