Ringgit Madya Lampahan Mèrusupadma, Mangkunagara IV, 1913, #1508 (Pupuh 01-09)

Judul
Sambungan
1. Ringgit Madya Lampahan Mèrusupadma, Mangkunagara IV, 1913, #1508 (Pupuh 01-09). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang
2. Ringgit Madya Lampahan Mèrusupadma, Mangkunagara IV, 1913, #1508 (Pupuh 10-16). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang
Citra

Sêrat Pêthikan saking Pakêm Ringgit Madya.

Lampahan Mèrusupadma, yasan dalêm suwargi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara kaping IV ing nagari Surakarta. Kasêkarakên macapat.

--- [2] ---

[...]

--- [0] ---

[Grafik]

Bathara Brama, Hyang Naradha, Bathara Sambu, Bathara Asmara, Bathara Sakra.

Sang Hyang Pramèsthi Guru.

--- [3] ---

1. Dhandhanggula

1. madubrata dènira murwani | gancaraning pakêm ringgit madya | duk ing nguni yêyasane | kang wus swarga rumuhun | Kangjêng Gusti Pangran Dipati | Arya Mangkunagara | ingkang kaping catur | kolonèl general sêtap | lan jumênêng măngka kolnèl komandhaning | legyun Mangkunagaran ||

2. bintang leyo Nèdêrlan pituwin | kolnèl ajidanipun mirungga | Sri Nèdêrlan jêng pamase | Wilêm kang kaping têlu | kalokèng rat mardawèng budi | widagdèng kasusastran | wasis têmbang têmbung | putus ing rèh kapujanggan | duk samana pakêm madya dèn wastani | lakon Mèrusupadma ||

3. kang jinêjêr purwakaning rawi | Jonggringslaka Sang Hyang Siwahbuja | miyos sewaka wiyose | munggèng ing bale marcu- | kundha lênggah ing dhampar rukmi | widadari angayap | kanan kering pungkur | ngampil pacarèng kadewan | pêpak andhèr para jawata sumiwi | ingkang kaparèng [kapa...]

--- 4 ---

[...rèng] ngarsa ||

4. Hyang Naradha Brama Sambu tuwin | Bayu Sakra lan Shang Hyang Asmara | lan para dewa lèn-lène | prasamya makidhupuh | datan ana swara kumlêsik | ya ta Hyang Girinata | alon sabdanipun | têtanya mring Hyang Naradha | kakang rêsi punapa wartane mangkin | mênggah ing marcapada ||

5. samuksane wayahira kaki | Prabu Jayabaya ing Mamênang | Hyang Kanekaputra ture | pukulun adhi Guru | samuksane Natèng Kadhiri | Ki Prabu Jayabaya | kawontênanipun | ing marcapada ingaran | jaman kaladupara adêgira ji | kaki Jayamijaya ||

6. nèng Mamênang prajane lêstari | tan ngewahi nguni ramanira | punggawa lami catune | nanging dilalahipun | wus kabêkta jamanirèki | jaman kaladupara | kèh sambawanipun | kaelokan kèh katingal | kèh manusa ing nguni ambêg tyas wêning | mangke malik budyarda ||

7. ingkang miskin mangarah kang sugih | neka-neka [neka-...]

--- 5 ---

[...neka] ardaning tyas arda | makatên dadya lamate | oncating drajat ratu | binathara ingkang bawani | bawana marcapada | yun mingsêr ing wahyu | wahyaning kang kala masa | wus pinasthi karsaning dewa linuwih | ing têmbe ingkang dadya ||

8. nata binathara tanah Jawi | wayah tuwan kulup Anglingdarma | ing Malawa karatone | milanta adhi guru | yèn sambadèng galih prayogi | pun kulup Anglingdarma | winulanga sagung | ing rèh kawruh lêlungitan | agal rêmpit saulah kridhaning bumi | mrih sidaning parasdya ||

9. Sang Hyang Guru kalane miyarsi | mring ature Hyang Kanekaputra | dahat kapranan galihe | wasana ngandika rum | yèn makatên hèh kakang rêsi | sayogi jêngandika | ingkang ingsun utus | tumurun mring marcapada | amaringna pusaka kang ali-ali | mring kaki Anglingdarma ||

10. singsim iku kakang dèn wastani | supe panunggul manik pranawa | langkung agêng kasiyate |

--- 6 ---

sapa ngangge puniku | yêkti awas waspadèng budi | wruh durunging winarah | karsaning dewa gung | lan kêni kangge sarana | paliyasing kalamurka kalasêkti | nir wuk datan tumêka ||

11. kalis marang sabarang bilai | satru murka godha lan rêncana | katulak ing iku kabèh | têmah sumêbar kabur | tanpa sesa kèhing sukêr jis | piala tan tumêka | dayèng supe iku | nguni kang darbe kalpika | eyangipun Si Anglingdarma pribadi | Prabu Dipakiswara ||

12. kang ngadhaton Ngastina nagari | Hyang Naradha umatur sandika | kalpika tinampan age | ya ta Hyang Guru kondur | angadhaton pinêthuk dening | garwa Bathari Uma | wusnya tata lungguh | Bathari Uma wotsêkar | nungsung warta paran kang ginunêm jawi | sajroning pasewakan ||

13. dene dangu miyose tinangkil | pae lawan ngadat sabên dina | Hyang Pramèsthi mêdharake | mring garwa kongsi galur | kadya

--- 7 ---

ingkang sampun ginusthi | nèng jroning pasewakan | myang kadadyanipun | Hyang Naradha lampahira | marang marcapada bêkta ali-ali | tunggulmanik pranawa ||

14. purwa madya ginancarkên sami | datan ana ingkang kaliwatan | kang garwa suka galihe | gantya ingkang winuwus | pra jawata paseban jawi | Rêsi Kanekaputra | nulya adhêdhawuh | matah dewa gantung lampah | kang umiring Hyang Naradha tindak maring | nagri Malawapatya ||

15. tur sandika majêng dewa kalih | yèku ingkang gantung pasisiran | Hyang Naradha bidhal age | ing lampah tan winuwus | sigêg gantya ingkang winarni | nagri Manimantaka | ing sabrang misuwur | praja gêng gêmah raharja | kang jumênêng nata yaksa abêbisik | Prabu Mèrusupadma ||

16. băndha bandhu dibya sura sakti | manjing ajur-ajèr nora kewran | putus sandi upayane | marma kasup misuwur | tanah sabrang ing kanan kering | pra ratu sasamanya | kathah [ka...]

--- 8 ---

[...thah] samya nungkul | tan sarana pinurwèng prang | saking ajrih asih kawoworan ering | mring Prabu Mèrupadma ||

17. nadyan sipat ditya sri bupati | tyasnya wêning ambêg budi darma | paramarta karêmêne | asih samèng tumuwuh | pamêngkune mring wadya aji | gêng alit rinakêtan | pinardi pinuruk | dèn wruhkên ing tindak arja | datan pae kalawan mêmulang siwi | tanapi mring pra mitra ||

18. para raja kang wus nungkul sami | sinasami inganggêp sudara | rinakêt-rakêt basane | dhasare sang aprabu | Mèrupadma galihe suci | pindha tyasing pandhita | kang martapèng gunung | marma kontap liyan praja | wadyabala sumungkême ajrih asih | mring ratu gustinira ||

19. wimbuh-wimbuh ing nguni sang aji | sampun dangu dènnya puruhita | ing Mamênang duk sugênge | Jayabaya Sang Prabu | kèh wulange kang dèn tampèni | cinathêt pinèngêtan | warsitaning guru | kacakup ing tyas nirmala | mila [mi...]

--- 9 ---

[...la] saya kasusra sri narapati | kasup ing janapriya ||

20. saking rakêt-rumakêting ati | kabèh piwulanging gurunira | kamot ingêmot jro tyase | tan ana ingkang mawut | wus tumali nèng tuntung ati | mila Sri Mèrupadma | nadyan warna diyu | tan rinakêt tyas durmala | mêmalaning driyarda wus sirna ênting | mangkana cinarita ||

21. nuju ri Soma miyos tinangkil | nèng madyaning bale sitibêntar | wadya wil kang sowan andhèr | blabar lir samodra gung | pagêlaran kèbêkan sami | wutah ing pangurakan | wadya wil gung-agung | busanane măncawarna | yèn sinawang lir sêkar anjrah kaèksi | gênging wadya dênawa ||

22. sri narendra lênggah dhampar rukmi | kang pinitik[1] sotya nawarêtna | gêbyar-gêbyar lir srêngenge | carup wor prabanipun | lan kawacanira sang aji | badhong ginadhowara | makutha mas murup | pinatik mutyara mulya | gêlang kalung

--- 10 ---

karoncong dhinapur kadi | angganing naga raja ||

23. maripate barleyan sajênthik | sisik-sisik tinrap pêpêlikan | intên kang sadhêle-dhêle | marma ing sitiluhur | rikalane nata siniwi | kadya doning wangkawa | liwêran narawung | mrabani jro pasewakan | de kang cêlak ing ngarsanya sri bupati | cakêt ing palênggahan ||

24. ditya èstri êmbannya sang aji | nyai êmban Rudi namanira | nulya ki patih wurine | pra kuswa agung luhur | sudirèng prang prawira sêkti | parap Patih Dhurandha | ing aprang pinunjul | tautate bêdhah praja | bănda ratu jarah brana boyong putri | dene ing wurinira ||

25. punggawa gul-aguling praja di | sudibyèng prang nama Wil Kruraswa | ing aprang pilih bobote | jajar lan wulucumbu | klangênannya sri yaksa aji | kêkasih tan kêna sah | siyang lawan dalu | wil bajang ingkang anama | pun Maricikundha tyas susila lantip | undhagi [undha...]

--- 11 ---

[...gi] nawung kridha ||

26. putus ing rèh laku marasandi | manjing ajur-ajèr datan kewran | mila sang nata gêng sihe | kinathik siyang dalu | nèng ngarsanya jêng sri bupati | mangkana sang yaksendra | duk siniwèng wadu | kawistara tyas duhkita | katêtangi mèngêt duk sedane nguni | Sang Prabu Jayabaya ||

27. dene kang sarira tan nênggani | awit nuju kapambêng ing roga | tinimbalan duk sugênge | mila tyas langkung giyuh | karêrantan raosing galih | dangu tanpa ngandika | siniwèng wadya gung | wasana lon angandika | maring patih nihan sabdanya sang aji | hèh patih wruhanira ||

28. marma ingsun jro sewaka iki | suwe nora wawan pangandika | hèh rêngênta awit dene | ing tyas bangêt pituhung | tansah gagas lêlakyan kang wis | duk nguni sedanira | jêng kaka Sang Prabu | Jayabaya ing Mamênang | têka ingsun katilapan tan nênggani | dening tyas nora nyana [nya...]

--- 12 ---

[...na] ||

29. rikalane ingsun dèn timbali | kajabane ingsun têmên roga | ping pindhone tan andimpe | yèn kaka jêng sang prabu | yun tumamèng kasidan jati | wêruha yèn mangkana | baya ta rumuhun | nadyan brangkang ingsun têmah | kang sauga ugêr prapta ing Kadhiri | balik kala samana ||

30. tyasku nora karasa sakêdhik | duk nampani dhawuh kang timbalan | sun sidhêp kadi adate | kang wus klakon rumuhun | kakang prabu kêrêp nimbali | sêmuning dhawuhira | bangêt gatinipun | duk sapisan ngong kumêsar | ingsun nyipta yèn ing kana manggih wèsthi | yun ngrabasèng sri nata ||

2. Sinom

1. ingsun gugup gêgancangan | sowan mring prajèng Kadhiri | anèng marga kaya-kaya | tyas ingsun nulia prapti | panggih lan kaka aji | lakuku kaya binandul | saking tyas daya-daya | ing Mamênang glisa prapti | tuging êndon sapele nora sambada ||

2. duk ingsun tumamèng ngarsa |

--- 13 ---

kakang prabu wus dhingini | gumujêng paring ngandika | lamun ora sun apusi | yayi prabu tan prapti | bok kongsi sapuluh taun | mula ngong karya gêlar | sandi krama ingkang pamrih | yayi prabu gugup tyase nuli prapta ||

3. lidok tan antara dina | wisayaku mikantuki | yayi aji enggal prapta | onêngku kapati-pati | wus dangu datan panggih | suwe nora dhahar kêmbul | lan yayi sri narendra | samêngko kalakon lagi | mung mangkono nguni ciptaningsun bapa ||

4. sarambut nora graita | tan supêna datan ngimpi | yèn kaka Sri Jayabaya | yun muksa mring têpêt suci | sang yaksendra dènnya ngling | netra dwi lan ngêmbêng kang luh | Kyana Patih Dhurandha | umyat ing gusti prihatin | dyan umatur ngêngimur tyas manuhara ||

5. dhuh gusti sang binathara | lêrês dhawuh paduka ji | ing galih dahat rudita | gêgêtun trus lair batin | bêbasane upami |

--- 14 ---

tiyang kecalan domipun | tur botên sapintêna | ewa ngatên dèn ulati | yèn tan panggih gêtune ngantos kalih jam ||

6. sampun malih jêng paduka | kecalan guru sajati | dhasar guru mitra darma | kang wus condhong tunggil budi | saeka baya pati | lair batin sarêng lêbur | yèn botên tyas rudita | gêgêtune tanpa ênting | têtaunan yêktine taksih kagagas ||

7. nanging gusti kadyaparan | yèn ing tyas anggung prihatin | punapa supe yèn titah | sabarang darmi nglampahi | suka lawan prihatin | pêjah gêsang mung gumantung | karsaning abathara | kawula amung sadarmi | botên kenging tinampik lawan pininta ||

8. makatên mênggah kawula | pêpunton pantoging pikir | ya ta Sri Mèrusupadma | duk mirêng aturing patih | sakala ing tyas lilih | wêkasan ngandika arum | hèh bapa bênêr sira | samêngko toging tyas mami | mung narima

--- 15 ---

pandon panduming jawata ||

9. marma mêngko karsaningwang | nêdya marang ing Kadhiri | têtinjo mring kang tininggal | ngiras pantês ingsun iki | sung pambagya basuki | mring putrane kakang prabu | ingkang gumantyèng nata | Jayamijaya Sang Aji | dadi nora mêdhotake pawongmitran ||

10. anak prabu ing Mamênang | kalok-kalokèng pawarti | sairip lan ramanira | kakang prabu kang wus swargi | marma tyas ingsun patih | nora bot-botên anyambung | lulusing pawongmitra | kya patih matur wotsari | kaluhuran dhawuh tuwan jêng iswara ||

11. botên wontên cedanira | mêmitran sasamèng aji | mandar mêwahi utama | tambah santosaning nagri | makatên kang sayêkti | Sri Mèrusupadma Prabu | myarsa turing ki patya | nityasa êntyarsèng galih | manggut-manggut tăndha galihe kapranan ||

12. tandya sang rêksasa raja | dhawuh mring sang nindyamantri | hèh bapa [ba...]

--- 16 ---

[...pa] sakancanira | karia tunggu nagari | sun arsa budhal nuli | tilik mring Mamênang iku | lancaran lakuningwang | tanpa wadya mung anganthi | klangênaku Si Ditya Maricikundha ||

13. ki patih dhêku wotsêkar | sandika aturirèki | risang yaksendra gya têdhak | sing plênggahan dhampar rukmi | ngadhaton kang umaring[2] | buta bajang atut pungkur | bubaran kang sinewa | ya ta wau sri bupati | wusing ngrasuk busana kang nawarêtna ||

14. miyos natar pêpungkuran | Maricikundha tut wingking | ing ngriku nata umêsat | ngayuh ngantariksa inggil | samantara tan kèksi | mor ing ima-ima silum | lan wil Maricikundha | ing gêgana tan winarni | mêne gantya kinocap prajèng Malawa ||

15. sira Radyan Anglingdarma | satriya mêngku nagari | duk lagya nawung sungkawa | mèngêt sedaning sudarmi | Sri Yawastina Aji | Purusangkara Sang Prabu | lan para arinira | sirna kablabak ing warih | nanging lajêng pinupus karsèng

--- 17 ---

jawata ||

16. mung ing galih amêminta | maring jawata linuwih | kang rama sakadangira | bisa amanjing swarga di | sawusnya ing tyas lilih | ing ari sajuga nuju | radyan miyos sinewa | pêpak wadya kang sumiwi | pra satriya tanapi para bupatya ||

17. para mantri răngga dêmang | ulubalang datan kari | balabar ing pagêlaran | kang cêlak kaparèng ngarsi | Dyan Arya Bathikmadrim | lan kêkalih wulucumbu | Ki Lurah Capi Capa | ya ta radyan manabda ris | mring Dyan Bathikmadrim nihan andikanya ||

18. hèh ta Madrim kadiparan | pakênira ingsun tuding | narubake wadyabala | sasisane ingkang mati | kablabak dening warih | Dyan Bathikmadrim umatur | dhuh gusti wadya tuwan | sakantunipun kang lalis | sampun sami boyongan maring Malawa ||

19. sampun sami awewisma[3] | sarayat kalawan siwi | katingal kraos sadaya | têntrêm tanpa

--- 18 ---

walangati | radyan kalane myarsi | Dyan Bathikmadrim turipun | dahat sukaning driya | wêkasan sukur ing Widhi | ya ta dèrèng dangu dènnya wawan sabda ||

20. kasaru ing rawuhira | sira Hyang Kanekasiwi | anjog saking ing awiyat | ingiring jawata kalih | kagyat pra wadya mèksi | Hyang Naradha rawuhipun | gumujêng lan ngêngudang | Dyan Anglingdarma umèksi | gurawalan tumurun sing palênggahan ||

21. radyan sigra ngraup pada | janggane kinêmpit-kêmpit | ri wusnya tata alênggah | Dyan Anglingdarma wotsari | umatur anoragi | dhuh pukulun jawata gung | ulun atur pambagya | rawuh tuwan Mlawapati | Hyang Naradha gumujêng lon sabdanira ||

22. iya kaki sun tarima | pudyastawanta mring mami | lah ta dene praptaningwang | ingutus Sang Hyang Pramèsthi | sapisan ngong tinuding | matêdhakkên kang pangèstu | ping pindho pakênira | pinaringan ali-ali [ali-...]

--- 19 ---

[...ali] | ingkang aran panunggul manik pranawa ||

23. pusaka ingkang minulya | akèh kasiyate kaki | sapa nganggo bisa awas | wêruh sadurung jinarwi | panulak satru sêkti | paliyasing kalabêndu | nguni ingkang kagungan | kulup eyangmu pribadi | Sri Ngastina Sang Prabu Dipakiswara ||

24. ya Bagawan Parasara | kang bêbadra amurwani | ngadhaton prajèng Ngastina | Dyan Anglingdarma wotsari | supe wus dèn tampèni | Hyang Naradha ngandika rum | lah kaki lilanana | ingsun iki arsa bali | mring kahyangan sira karia raharja ||

25. andhêku Dyan Anglingdarma | Hyang Naradha têdhak aglis | mêsat napak jumantara | dewa kalih datan kari | sakêdhap tan kaèksi | samangkana ingkang kantun | Rahadyan Anglingdarma | dahat sukanirèng galih | anampèni pusaka sing Guruloka ||

26. paringe Hyang Jagadnata | sêsupe dipun wastani | panunggul manik pranawa | dhasar nguni kang darbèni |

--- 20 ---

lêluhurnya pribadi | Sri Dipakiswara Prabu | nata di ing Ngastina | ya ta radyan ngandika ris | marang Lurah Capa nihan sabdanira ||

27. hèh wa Capa caritakna | paran purwakane nguni | duk jêng eyang Sri Ngastina | Dipakiswara Sang Aji | wiwite darbe singsim | priye mula-mulanipun | Lurah Capa tur sêmbah | yèn pamirêng amba gusti | sêsorahing pusaka supe punika ||

28. duk nguni eyang paduka | Ngastina Sri Narapati | Sang Prabu Dipakiswara | karêmênnya sabên ratri | mendra saking jro puri | namurkula lampahipun | jajah jawining praja | nasak wana minggah ardi | kang umiring amung Kyana Patih Duma ||

29. lan Patih Asmarasanta | tuwin Raja Gandarwatri | kang nama Raja Gopala | malêbêt ing dèsi-dèsi | ngantos muput saratri | dumugi byar sawêg kondur | makatên salaminya | ya ta ing dalu sawiji | duk sang nata wiwit ngancik jawi praja ||

30. kapapag janma duskarta | juga

--- 21 ---

gêng luhur ngajrihi | tandang tanduknya digsura | ngantawisi tyas duskarti | angadhang têngah margi | sikêp pênthunge pinanggul | santak agora sabda | satata amêmêdosi | briga-brigi kadya yun yudakênaka ||

3. Pangkur

1. hèh kisanak kang lêlampah | dika sami nêdya dhatêng ing pundi | kalamun ayun dêdulu | barang kang sarwa lăngka | dhuh kisanak ing ngrika panggenanipun | wêwarnèn ingkang dupara | suwawi kula sung tuding ||

2. eyang paduka sang nata | têka manut sapakèning duskarti | umiring sapurugipun | ing janma duskarèng rat | dupi prapta têpining narmada muwus | pun druhaka ujarira | he sanak kali puniki ||

3. mèsi barang aèng kathah | lah dèn age dika bêndung tumuli | dipun kongsi toyanipun | ngêlèbi pasabinan | pangatage paripaksa tandukipun | pun juti mring eyang tuwan | mila kapêksa nuruti ||

4. sang nata tandya tumandang | bêndung lèpèn dahat sangsayèng galih |

--- 22 ---

nanging rèh jinarag sampun | marma tan grantês ing tyas | ya ta lèpèn sawusnya tinambak kêmput | toya minggah ambaludag | pasabinan kilèn warih ||

5. têgal-têgal patalunan | kawaratan sawarni kadi banjir | ya ta pun duskarti wau | sadangune anyawang | mring eyangta kang nambutkarya abikut | sri nata ambêndung toya | katon ngagêm ali-ali ||

6. pun juti gagyat[4] gya nabda | nêmbung marang sang nata aningali | mring supe kang kagêm wau | sang prabu lêgawèng tyas | gya dèn unus kalpika ngulungkên sampun | mring wau tiyang dursila | duk ta gya dipun tampèni ||

7. boya ngangge tiningalan | têrus lajêng binêkta mlajêng gêndring | sang nata tyasira mangu | ningali kang lumajar | têmah nabda sang nata lawan nut pungkur | dhuh kisanak kadiparan | kajêng andika puniki ||

8. pun juti sumaur sugal | lah bok aja nganggo kakehan angling | lan sira sapa aranmu | ngakua kang prasaja | sri

--- 23 ---

narendra kèwêdan ing galihipun | yun ngakên sajatinira | lingsêm dening tan ngèmpêri ||

9. busanane lir wong kompra | badhe kumbi sirik agêng tan arsi | ajrih sikuning dewa gung | wong goroh manggih dosa | mila lajêng prasaja sajatinipun | yèn nata di ing Ngastina | pun juti dupi miyarsi ||

10. manthêlêng langkung bramantya | ujaripun hèh si wong tanpa budi | tan wêruh gêgithokipun | ngaku Natèng Ngastina | lan nudingi ngagar-agar pênthungipun | sang nata waugên[5] ing tyas | mangu mangangên ing galih ||

11. yun manglawan păncakara | dahat lingsêm de mêngsah janma nisthip | èwêtaya têgêsipun | yèn unggul tan piraa | lamun asor iba loking rat sawêgung | mila pêpuntoning cipta | nêdya tan manglawan jurit ||

12. eyang paduka sang nata | sigra wangsul nêdya kondur mring puri | pun juti katilar mungkur | lumampah pitung tindak | nulya kapiyarsa swara cêluk-cêluk | anyêluk [anyêlu...]

--- 24 ---

[...k] eyang paduka | makatên swara kapyarsi ||

13. hèh kaki prabu balia | kagyat nolih eyang ta sri bupati | kang katingal Sang Hyang Guru | lênggah ing dhampar rêtna | kang pinikul ing dewa langkung sapuluh | ing wingking jawata kathah | ingkang prasamya umiring ||

14. mung katon ing watês jaja | ya ta Risang Dipakiswara Aji | gurawalan gupuh-gupuh | sumungkêm ngraup pada | Hyang Pramèsthi Guru alon sabdanipun | hèh kaki Prabu Ngastina | wruhanta mau wong juti ||

15. ingkang mêmindha ya ingwang | nêdya nyoba kulup marang sirèki | kari sira ing tyas têguh | luput pănca wisaya | kang sapisan sira sun purih dêdulu | barang kang elok alăngka | sira mung manut rèh mami ||

16. ping pindhone pakênira | sun kon bêndung kali uga nglakoni | kaping trine ingsun jaluk | supe pusakanira | koulungkên kanthi lan eklasing kalbu | dene kaping caturira | sira

--- 25 ---

kulup ngong takoni ||

17. aran lan pinangkanira | nora kumbi sira jarwa sajati | kaping lima jangkêpipun | sira sun agar-agar | dening pênthung sabar nora kengguh-kengguh | têtêp tyasira lêgawa | santosa tan malangati ||

18. ya bangêt tarimaningwang | dening dewa kulup sira pinasthi | yèn bakal turun-tumurun | kang madêg naradipa | tanah Jawa binathara mung turunmu | nora nganggo kasêlanan | wus karsane dewa luwih ||

19. Sang Prabu Dipakiswara | duk miyarsa sabdaning Hyang Pramèsthi | nêmbah-nêmbah sarya dhêku | pukulun Hyang Wisesa | sabda tuwan kang sayêkti kawula mbun | amba candhi ing mastaka | dewa-dèwi angèstrèni ||

20. Hyang Guru manggut manabda | ywa sumêlang kulup ing dhawuh mami | yêkti tan cidra sarambut | ya ta wusnya ngandika | Hyang Pramèsthi Guru amaringkên wangsul | supe mring eyang paduka | Hyang Guru gya musna aglis ||

21. tanapi pandhèrèkira | pra jawata tumutur [tumu...]

--- 26 ---

[...tur] musna sami | sang nata anulya kondur | kanthi sukaning driya | dènnya mèngêt mring Hyang Guru sabdanipun | sampun gusti mung punika | ingkang kawula mirêngi ||

22. bab sêsorahing kalpika | dados asalipun amba tan uning | mung mirêng lêlakonipun | inggih ngatên punika | satêlasing Lurah Capa dènnya matur | gancar-gancaring kalpika | gya mêmulang mêmiringi ||

23. maring Radyan Anglingdarma | dhuh ta anggèr têtela kang prayogi | lêlakyan kang sampun-sampun | têtêp mulya utama | tinulada botên wontên awonipun | lan malih gusti èngêta | tinitah mêngku praja di ||

24. ywa kèrêm mring kawibawan | margi janma kasêngsêm ing kamuktin | tan sayogya têmahipun | supe pangrèhing praja | lawan malih pawitan mêngku praja gung | cêkap mung kalih prakara | kang parlu dipun lampahi ||

25. kang dhihin sih maring wadya | mrih ecaning kawula sanagari [sanaga...]

--- 27 ---

[...ri] | dene kaping kalihipun | dèn jêjêg ngadilira | bilih sampun makatên kewala cukup | cêkap tamtu tan kacacad | praja rahayu pinanggih ||

26. mênggah wilujênging praja | anênuntun sihing wong sanagari | maring gusti ratunipun | wadya sih mring narendra | yêkti kukuh tan gampil margining rubuh | mung awrating lampahira | nata yun ngadêg ing adil ||

27. kang kathah botên kaconggah | lajêng manut arda adrênging budi | nadyan mring janma rahayu | utamambêg budyarja | maring praja sae lêlabêtanipun | yèn tan dados galihira | wong iku cinêri-cêri ||

28. cinacênggring sinêngitan | sapolahe ingewan tan kadugi | dèn incih bisane luput | kinala pinasangan | yèn wus kêni ing wisaya si rahayu | ratune sipat drubiksa | suka jirête ngênani ||

29. nuntên dhawuhkên patrapan | sasukane amèt lêganing ati | mumpung wênang anèng dhuwur | lajêng sawênang-wênang | kang

--- 28 ---

makatên wontên kosokwangsulipun | mring wadya kang kinasihan | sanadyan tyase tan yukti ||

30. tansah karya nisthèng praja | murang tata murka jail darêngki | karyanira ambêbujuk | mitênah maring kănca | pangajape aywa na cêlak sang prabu | liya saking dhèwèkira | pawitane nèng ngarsa ji ||

31. mung ngonggrong lan ngumpak-umpak | bêbadhudan lir kartining rarywalit | wondene pun ratu pêngung | bingah malah angganjar | si pangumpak-umpak calingkrik dados tumênggung | makatên gusti kang limrah | pra nata kang tunèng budi ||

32. yèn makatên praja risak | pra kawula sangsara bosah-basih | dina-dina gung ra-uru | ambiyêt woh durjana | lawan malih gusti dèn waspadèng tangguh | yèn misudha pra nayaka | dèn satiti lan taliti ||

33. margi pra nayakèng praja | sami ngampil wêwênang kukum ngadil | yèn panindakipun rusuh | karya durakèng nata | dados wêlak saksêriking sapraja gung | narendra ingkang anyandhang [anya...]

--- 29 ---

[...ndhang] | mila dipun ngati-ati ||

34. dhuh gusti anggèr paduka | sampun ngantos nêmahi kang kadyèki | pema emut dipun emut | tinitah mêngku praja | nalurinên lêluhur tuwan sêdarum | sanggya nata binathara | jawata kèh ngasmarani ||

4. Asmaradana

1. ya ta wau duk miyarsi | sira Radyan Anglingdarma | mring Lurah Capa kojahe | dènnya patitis sarta trang | dahat sukaning driya | lan sakala dyan kapencut | mring sêsorah kang utama ||

2. sêdyaning tyas yun nglêluri | lêlakyan lêluhurira | arsa mendra sing kadhaton | lêlana anut ing sêdya | mangkana dyan ngandika | mring Madrim nihan lingipun | Madrim lan sakancanira ||

3. padha tunggua nagari | manirarsa alêlana | nut ing driya sakarêpe | lunga saka ing nagara | Madrim matur sandika | ya ta radyan jêngkar gupuh | saking jroning pasewakan ||

4. malbèng pura kang umiring | amung Lurah Capi [Ca...]

--- 30 ---

[...pi] Capa | kang nangkil wus bubar kabèh | ya ta ing dalu winarna | Rahadyan Anglingdarma | ngingkis ratri sêdyanipun | mêdal saking dhatulaya ||

5. dèn iring parêpat kalih | Capa Capi tan kêna sah | akêkinthil ing wurine | wus lêpas ing lampahira | mêdal jawining praja | nasak wana minggah gunung | Ki Capa tansah ra-ura ||

6. loab-laob urut margi | solan-salin dènnya nêmbang | Lurah Capi sênggakane | dadya ro agantya-gantya | lamun siji anêmbang | kang sawiji sênggakipun | mangkana saurut marga ||

7. mamrih ecaning lumaris | sêsamuran nyuda sayah | rahadyan eca lampahe | tan ngraos arip myang sayah | siyang dalu lumampah | ya ta wau lampahipun | nrajang wana gêng kaliwat ||

8. kèh bêburon agêng alit | sima warak lan andaka | kidang mênjangan myang cèlèng | pêksi-pêksi tan petungan | dêrkuku ayam [a...]

--- 31 ---

[...yam] alas | podhang cocak lan pêrkutut | menco nori tuwin mêrak ||

9. swara kumrêsêk kumrisik | anggrêng panggêrênging sima | mênjangan munya sumêngèr | gurda gêng tinêmpuh barat | pang tarung ting garopak | karya miris kang karungu | kèhing swara wanapringga ||

10. Kyai Lurah Capa Capi | rêbut dhucung anèng ngarsa | dangu-dangu nulya jèjèr | Ki Capa alon amojar | lah iki padha-padha | Lurah Capi lon sumambung | singa kang julung cilaka ||

11. ya ta sigêg kang lumaris | sira Radyan Anglingdarma | lan kalih wulucumbune | Kyai Lurah Capi Capa | gantya ingkang winarna | samadyaning wana wau | wontên dênawa têtruka ||

12. kêkalih jalu pawèstri | kang priya aran Muwara | ran Muwari rasêksine | kalihe nandhang cintraka | saking bênduning dewa | rasêksi sambatira ngluh | dhuh wong lanang kadiparan ||

13. de wus pirang-pirang warsi | anandhang papa cintraka | tan [ta...]

--- 32 ---

[...n] ana kawêkasane | yèn agung mangkene baya | suka pisan lêbura | urip mung tansah wulangun | dhuh dewa banjutên ingwang ||

14. langkung ngêrês mêmalatsih | rasêksi sêsambatira | ngimur-imur rasêksane | hèh wong wadon dèn narima | pandoning abathara | baya durung masanipun | tibane kang pangaksama ||

15. saka jawata linuwih | maring sun kalawan sira | dèrèng dangu rêrasane | rasêksi lawan rasêksa | kagyat rasêksi nabda | hèh wong lanang ingsun mambu | gandaning janma manusa ||

16. de têka dupara iki | baya ta janma kasasar | iba sapira lawase | ngong dêdunung madyèng wana | wus pirang-pirang warsa | durung nate ngong andulu | sapisan bayi kumlebat ||

17. Ditya Muwara nanggapi | matak ajine panggandan | wusnya truwaca yêktine | yèn èstu gănda manusa | gya nabdèng rabinira | bênêr wong wadon kandhamu | payo padha

--- 33 ---

ingulatan ||

18. panggonane janma iki | kadi-kadi datan têbah | iku baya panggonane | kalihe umadêg sigra | tandya sami lumaksa | Ditya Muwara rumuhun | nglancangi lumakyèng ngarsa ||

19. ingkang èstri atut wuri | ya ta Sang Ditya Muwara | dèrèng antawis lampahe | umiyat janma lumaksa | siki lumakyèng ngarsa | roro kang lumaku pungkur | rasêksa dahat trusthèng tyas ||

20. akêkiprah babak jungkir | anggrêng anggro gora sabda | saking tyas dahat sukane | wau ta Dyan Anglingdarma | kalane myat dênawa | ing driya prayitnèng kewuh | ya ta Lurah Capi Capa ||

21. duk umyat ngarsa ana wil | wèl-wèlan karone padha | bingung lir lot-lotan lowe | gênti wuri gênti ngarsa | Rahadyan Anglingdarma | tandya nolih maring pungkur | ngandika mring Capi Capa ||

22. padha sumingkira [suming...]

--- 34 ---

[...kira] têbih | ingsun pêthukne priyăngga | dityèku apa karêpe | Capa Capi langkung suka | mlajêng sami anêbah | manggèn ngandhaping wrêksa gung | lan mulat ing gustinira ||

23. ya ta rasêksa tumuli | mrêpêki Dyan Anglingdarma | lawan sora pitakone | hèh sira janma manusa | sapa ta aranira | lawan ngêndi pinangkamu | dene wani-wani sira ||

24. anarajang alas iki | apa lumuh urip sira | rahadyan sêndhu saure | hèh buta aywa sikara | ing ngêndi dhangkanira | apa dênawa praja gung | apa si buta alasan ||

25. lan sapa aranira wil | Ditya Muwara miyarsa | sakala sangêt nêpsune | dhuh babo ardawalepa | tinanya durung blaka | aran lan pinangkanipun | têka wus gênti têtanya ||

26. iya yèn tanya ring mami | ran ingsun Ditya Muwara | kang dêdunung alas kene | karo lawan rabiningwang | Muwari aranira | balik sira sapa ranmu [ra...]

--- 35 ---

[...nmu] | lan ngêndi pinangkanira ||

27. Dyan Anglingdarma nauri | ranku ring rat Anglingdarma | Mlawapati prajaningong | lah sira buta mingkira | ywa ngadhang têngah marga | karya sukêring lumaku | yèn sira tan nuli lunga ||

28. yêkti ngong pêrang ing kêris | kagyat Sang Ditya Muwara | marbabak abang matane | nabda dhuh babo aladak | malah sira nututa | dadia mêmangsanipun | karo lawan rabiningwang ||

29. aywa sawala sirèki | dèn lêgawa patinira | Anglingdarma lon saure | ya ditya sakarêpira | yèn ingsun wus palastra | de yèn maksih urip ingsun | sapêcak măngsa mundura ||

5. Durma

1. krodha mangkrak sira Wil Kalamuwara | narajang nrajang wani | nubruk arsa nyandhak | Dyan Anglingdarma milar | lan nyampe asta nampiling | akulayaban | ditya mubêng kuwalik ||

2. blêngêr-blêngêr ngraoskên mumêting sirah | sigra jênggirat tangi | anggro kadya singa | mangap angangah-angah [anga...]

--- 36 ---

[...ngah-angah] | nandêr nêdya ngrukêt wani | radyan kacandhak | kinêmah myang ginusi ||

3. datan pasah Dyan Anglingdarma binuwang | sumiyut kadi bandhil | tibane atêbah | jumênêng tan rêkasa | Lurah Capa lawan Capi | dupi umiyat | gustine tiba têbih ||

4. karo samya malajêngi gustinira | lan tawan-tawan tangis | prapta ngarsanira | kalih angrangkul pada | lan sêsambat kadipundi | adhuh bandara | punapa lêhêng nyingkir ||

5. amèt margi sanèse wana punika | pun yaksa bêbayani | Radyan Anglingdarma | mèsêm sarwi ngandika | karo aywa walangati | durung piraa | bobote buta iki ||

6. amung rada sathithik kurang wantala | yèn aprang rukêt mami | gandane si buta | bangêt gone tan eca | bêcik ngong lawan jêmparing | lah ta wis padha | karo mingkira nuli ||

7. ingsun lêpasane warastra kewala | Capa Capi sumingkir | Radyan Anglingdarma | nabda sru wuwusira | hèh ditya aywa sirèki [si...]

--- 37 ---

[...rèki] | suka agirang | apa kang katon iki ||

8. tadhahana yèn nyata sira prawira | ditya kagyat ningali | radyan musthi panah | anggro sarwi sêsumbar | babo-babo dipun aglis | nuli tibakna | jêmparing ngong tadhahi ||

9. lamun cupêt ingsun sandêr ingsun oyak | aywa sumêlang ati | yèn langkah sun lunjak | lah mara glis tibakna | Dyan Anglingdarma nulya glis | amênthang laras | ngarah-arah mrih titis ||

10. wusnya tumbuk sinipat guluning ditya | nulya cul kang jêmparing | manglanjak ing jăngga | yêksa murdane pagas | gumêbrug tiba ing siti | kagyat umiyat | dityèstri Kèn Muwari ||

11. yèn lakine wus pêjah gumuling kisma | angrik nêdya belani | mangsah rananggana | panggih Dyan Anglingdarma | yêksi Muwari gya angling | lah ingsun pisan | belakna laki mami ||

12. lagya arsa nandêr rasêksi pinapag | dèn lêpasi jêmparing | kacundhuk ing jaja | Muwari [Mu...]

--- 38 ---

[...wari] ambruk niba | kang bangke awor sawiji | lan priyanira | kunarpa ditya kalih ||

13. duk pinaran dening Radyan Anglingdarma | musna kuwanda kalih | nulya na katingal | apsari lan apsara | sarya nguwuh animbali | kulup dèn enggal | marêka ngarsa mami ||

14. lamun sira kulup tambuh lawan ingwang | wruhanta ingsun iki | ya Hyang Kamajaya | lan Ratih garwaningwang | Dyan Anglingdarma miyarsi | agurawalan | ngaras padèng kêkalih ||

15. wusnyantara katri samya tata lênggah | Hyang Kamajaya angling | kulup wruhanira | rasêksi lan rasêksa | kang mati dening jêmparing | yaiku ingwang | lan Ratih garwa mami ||

16. wus watara suwe ngong nandhang cintraka | kasiku Hyang Pramèsthi | têmah warna ditya | ngong tumrun saking swarga | dêdunung ing wana iki | tyas ingsun dahat | rudita siyang ratri ||

17. bisa ruwat kulup lantaran ing sira | bangêt tarima mi[6] | nulya dyan winêjang | ing jaya kawijayan | kanuragan myang kasêktin [ka...]

--- 39 ---

[...sêktin] | Hyang Kamajaya | ajine tumpêg ngênting ||

18. pinaringkên maring Radyan Anglingdarma | saking kasoking kang sih | radyan sampun tămpa | aji kamot ing driya | Dyah Kumaratih maringi | pusaka mulya | aji kang dèn wastani ||

19. nênggih aji-aji kang asmaranala | asmara tăntra tuwin | katampi sadaya | dening Dyan Anglingdarma | ri wusnya mangkana nuli | Hyang Kamajaya | manabda rum amanis ||

20. kulup sira saka kene lakunira | banjura mring Kadhiri | ramanta ing kana | Prabu Jayamijaya | iki yun katêkan dening | gunging bêbaya | kang bangêt bêbayani ||

21. dene ingsun pamit kondur angahyangan | poma wêlingku kaki | dèn kapara enggal | sira maring Mamênang | Hyang Kamajaya wusnya ngling | mêsat gêgana | lan garwa Dèwi Ratih ||

22. sira Radyan Anglingdarma duk miyarsa | wangsiting dewa dèwi | langkung trênyuhing tyas | èngêt maring kang rama | sri narendra ing Kadhiri | gya lumaksana [luma...]

--- 40 ---

[...ksana] | lan Lurah Capa Capi ||

23. jro lumaksa Kyai Lurah Capi Capa | banyolan urut margi | sigêg kawuwusa | nagari ing Mamênang | sasedanira sang aji | Sri Jayabaya | putra ingkang gumanti ||

24. Radyan Jayamijaya mangkya juluknya | Jayamijaya Aji | para narapraja | ajêg sayuk tan beda | lan duk jumênêngira ji | Sri Jayabaya | sasat tan ewah kêdhik ||

25. duk samana ginupita kapatihan | risang manindya mantri | Patih Bayantara | nuju sawiji dina | lênggahan lan arya katri | siji Dyan Arya | Surtayu lawan malih ||

26. Arya Surtiaji myang katiganira | Arya Sarana nênggih | kya patih ngandika | mring Surtayu Dyan Arya | priye yayi ing samangkin | duk jênêngira | risang prabu taruni ||

27. panyawangmu apa ana bedanira | kalawan duk suwargi | Sang Sri Jayabaya | mungguh sêmuning praja | wêwangunan jroning puri | lan paprentahan [paprentah...]

--- 41 ---

[...an] | tanapi kawula lit ||

28. pra punggawa para mantri sakancanya | apa bedane yayi | ing sawanganira | Dyan Surtayu turira | dhuh lurah rêkyana patih | pangraos amba | tan wontên ingkang gingsir ||

29. datan wontên kang ewah tataning praja | pra wadya agêng alit | lan pra măncapraja | sayuk myang sungkêmira | mring narendra tan ngewahi | namung samêndhang | wontên bènèhirèki ||

30. kêkuwunging praja sawatawis suda | ngatên pangraos mami | Patih Bayantara | manggut sarwi ngandika | ya sukur ing dewa mami | ya ta mangkana | catur kang gunêm kang wis ||

31. dèrèng kongsi nutug dènnya wawan sabda | punggêl kasaru dening | rawuhnya sang nata | Prabu Mèrusupadma | kang anjog saking wiyati | lan Marcikundha | kêkasih kang kinanthi ||

6. Kinanthi

1. kagyat kya patih andulu | mring wau kang lagya prapti | sira sang danawa raja | kang anjog saking wiyati | langkung [lang...]

--- 42 ---

[...kung] dènnya gurawalan | catur samya mêthuk sami ||

2. maring sang rêksasa prabu | ingacaran malbèng panti | wusnya sami tata lênggah | kya patih umatur aris | ngaturkên bagya raharja | Sri Mèrusupadma Aji ||

3. gumujêng dènnya sumaur | pangèstune kakang patih | ing marga tanpa sangsaya | kongsi prapta anèng ngriki | Sang Apatih Bayantara | ngambali umatur aris ||

4. dhuh kadiparan sang prabu | duk sedanipun ing nguni | raka paduka sang nata | de paduka botên prapti | ulun dahat ngarsa-arsa | sang yaksendra amangsuli ||

5. hèh kakang patih tyas ingsun | dahat rudita rudatin | yèn mèngêt ingkang wus swarga | dene kula tan mêningi | duk murut maring kasidan | de kula kapambêng sakit ||

6. sapintên gèn kula gêtun | tan sagêd sowan mariki | jêng kaka prabu sedanya | rasaning tyas kula kadi | kecalan kang wukir rêtna | makatên kakang sayêkti ||

7. marma samangke [sa...]

--- 43 ---

[...mangke] ragèngsun | wus waluya saking sakit | kusung-kusung mring Mamênang | sêdyaningsun atêtuwi | mring anak prabu kang lagya | nêmbe jumênêng narpati ||

8. sumilih ing kakang prabu | ing Mamênang ambawani | kula yun atur pudyarja | mugi dèn bisa nglêluri | lir nguni ingkang wus swarga | Sri Jayabaya kaka ji ||

9. kyana patih dhêku matur | pangèstu paduka aji | putra tuwan sri narendra | sakêdhik sampun ngiribi | lan rakanta kang wus muksa | yaksendra gumujêng angling ||

10. sukur kakang patih sukur | anak prabu wus amirib | wignya mêngku mangrèh praja | wicaksana ulah niti | tan ical ucaping jagad | putra Sri Jayabaya Ji ||

11. yèn ta anak prabu cubluk | yêkti kula tumut isin | dhêku sang rêkyana patya | ya ta sunggata umijil | tandya prasamya bujana | dhahar kêmbul sadayèki ||

12. para arya tiganipun | ugi dhèrèk dhahar sami | sinambi lan gêgujêngan [gêgujênga...]

--- 44 ---

[...n] | kasok sukaning yaksa ji | dènnya gung sinuba-suba | sinakarsa ing sakarsi ||

13. ingugung sinuhun-suhun | ya ta ngandika sang aji | sanès ingkang kula rêmbag | kakang kula yun udani | pintên têtilaring putra | jêng kaka prabu suwargi ||

14. kyana patih aturipun | namung sakawan galintir | kang tiga miyos wanodya | kakungipun mung sawiji | inggih putranta sang nata | kang sumilih madêg aji ||

15. dèrèng dugi aturipun | wau risang nindyamantri | ya ta Sri Mèrusupadma | kasêsa nambung sabda ris | anak prabu kadangira | têtiga ingkang pawèstri ||

16. punapa sadayanipun | sampun nambut silèngkrami | tanapi maksih lêlamban | umatur rêkyana patih | sadaya sampun akrama | malah praptane samangkin ||

17. sampun răndha katrinipun | kang sêpuh Dèwi Pramèsthi | ing nguni kagarwa risang | Purusangkara Sang Aji | narendra ing Yawastina | seda tilar putra siki [si...]

--- 45 ---

[...ki] ||

18. kakang de pêparabipun | Dyan Anglingdarma samangkin | wus mêngku Radyèng Malawa | dene putri ăngka kalih | Dèwi Pramèsthi parabnya | ing nguni kagarwa dening ||

19. arinira Sang Aprabu | Purusangkara wêwangi | Arya Prabu Amijaya | seda tilar putra kalih | kang sêpuh putri pêparab | rum-arum Dyah Rênggawati ||

20. sampun krama sang dyah ayu | kagarwa Dyan Bathikmadrim | arinipun mêdal priya | Dyan Wijanarka wêwangi | dene putra kang katiga | apêparab Dyah Sukanti ||

21. kagarwa Sang Arya Prabu | Jayakirana kang ugi | rayinipun Sri Narendra | Purusangkara Sang Aji | seda tilar putra priya | kêkalih parabirèki ||

22. Dyan Sanjaya ingkang sêpuh | Sunjaya ingkang taruni | dene sedane sang nata | Purusangkara lan ari | duk nagari Yawastina | sangsaya kinêlêm warih ||

23. sang nata sakadangipun | sirna kabalabak sami | saking bêbênduning dewa | sapraja kinêlêm [kinêlê...]

--- 46 ---

[...m] warih | ya ta Sri Mèrusupadma | duk myarsa turing dyan patih ||

24. ing galih têmah kagumyur | sakala malik kang galih | duk nguni pangkat sing praja | nêdya amung atêtuwi | mring Prabu Jayamijaya | kang nêmbe umadêg aji ||

25. nanging sarêng myarsa atur- | ira bayantara patih | ing galih dadya kagiwang | kasmaran mring Dyah Pramèsthi | nanging cinathêt ing driya | samatra tan kongsi kengis ||

26. têmah mèsêm ngandika rum | wau risang yaksa aji | dhuh kakang patih sampuna | wus kadalon ingkang wanci | sun kasêsa kudu sowan | mring anak prabu samangkin ||

27. kyana patih matur dhêku | dhuh pukulun tan sayogi | lêhêng ngantosa kewala | putra tuwan yèn tinangkil | punika mapan wus dungkap | putranta jêng sri bupati ||

28. miyos wontên sitiluhur | siniwakèng para dasih | dene paduka narendra | prayogi makuwon dhihin | sêdhêng ngasokkên sarira | kasêsa wontên punapi [pu...]

--- 47 ---

[...napi] ||

29. punapa ta sêlak kondur | putra tuwan jêng sang aji | yêkti ing galih tan rêna | onêngipun dèrèng dugi | dangu botên apêpanggya | yêkti kasok jroning galih ||

30. yaksendra gumujêng guguk | myarsa ature ki patih | langkung suka jroning driya | wasana bubaran sami | dènira samya bujana | Sri Mèrusupadma nuli ||

31. ngaturan makuwon sampun | maring pasanggrahan adi | kang sampun rinêngga-rêngga | tan ana kang nguciwani | sinadhiyan warna-warna | lêlangên kang milangoni ||

32. marma yaksendra kalangkung | akasok sukaning galih | dènira sinungga-sungga | tan karya cuwa sakêdhik | ya ta wau kyana patya | lawan para arya katri ||

33. maksih dumugèkkên lungguh | gêgunêman gunêm kang wis | ya ta sang nayaka waktra | alon andikanirèki | mring para arya katiga | măngga yayi dipun pikir ||

34. mênggah rawuhnya sang prabu | Mèrusupadma puniki [puni...]

--- 48 ---

[...ki] | lah apa parlune baya | maligi amung têtuwi | maring gusti sri narendra | lamun pandugaku yayi ||

35. yêkti ana parlunipun | kang kinandhut karya wadi | para arya katrinira | dhêku samya anyondhongi | lêrês pangintên paduka | kula gih makatên ugi ||

36. wusnya sawatawis dalu | kya patih bibaran nuli | têtiga kang para arya | sowang-sowang mantuk sami | ya ta Sri Mèrusupadma | kang lagya mucung ing galih ||

7. Pocung

1. sang aprabu praptaning pakuwon iku | nadyan langkung sayah | prandene tan nuli guling | saking dènnya gagas ki patih sojarnya ||

2. putri têlu kadangira Sang Aprabu | Jayaamijaya | sadaya wus răndha sami | sri yaksendra lir kêna guna wisaya ||

3. galihipun kagiwang parane namung | mring kadang narendra | kang sêpuh Dèwi Pramèsthi | wus kinipat mung tansah kumanthil mripat ||

4. dalu wau Mèrusupadma [Mèrusupa...]

--- 49 ---

[...dma] Sang Prabu | lênggah piyambakan | ingadhêp Ditya Marici | angandika sira sang prabu rêksasa ||

5. hèh ta Marcukundha basane awakku | duk ing mula-mula | lunganingsun saking nagri | mring Mamênang sêdya ngong têtilik marang ||

6. anak prabu kang nêmbe umadêg ratu | Sri Jayamijaya | ingsun arsa tur pêpuji | pudyastawa arjaning jumênêngira ||

7. nanging jêbul buri ana pikir muncul | dadi ngaro tingal | têgêse loro pamikir | kang sapisan kadi ngarêp sêdyaningwang ||

8. kalihipun têka tyas ingsun wulangun | kasmaran pawarta | caritane kakang patih | tilarane kakang prabu kang wus swarga ||

9. putri têlu kabèh padha ayu-ayu | lan padha wus răndha | têka tyas ingsun kagimir | mring kang sêpuh Dyah Pramèsthi parabira ||

10. marma ingsun kemutan banjur gêgêtun | dhèngêra samana | duk maksih jêng kaka [ka...]

--- 50 ---

[...ka] swargi | ingsun suwun mendahane yêkti gampang ||

11. marmanipun Marcikundha karsaningsun | iku sang lir rêtna | sun suwun mring anak aji | apa cuwa duwe ipe kaya ingwang ||

12. ratu agung băndha-bandhu wus kasumbung | kèringan ing jagad | priye panimbangirèki | Marcikundha manêmbah atur pranata ||

13. dhuh pukulun linêpatna dosa ulun | dene kumawawa | kamipurun mêmiringi | ngaturakên lêluwanging kina-kina ||

14. ingkang sampun kathah kalampahanipun | yèn salah satunggal | mitra nglairakên pamrih | lamun pamrih wau gusti tan kapadhan ||

15. tamtunipun jalari crah têmahipun | ngatên ingkang limrah | ujaripun para kaki | sri yaksendra myarsa turing Marcikundha ||

16. sarya manthuk ngandika gumujêng guguk | bênêr aturira | nanging iku nora mêsthi | ana uga têkaning sih ngêmu wisa ||

17. kosokwangsul lawan têkaning panuwun [panuwu...]

--- 51 ---

[...n] | nanging ngêmu marta | apa ta nora prayogi | liring marta panuwunku mring sang rêtna ||

18. badhenipun ngong karya garwa panunggul | apa kang mangkana | dudu panuwun utami | sun mulyakkên sun pêpundhi sun la-êla ||

19. kang kadyèku apa pakarti tan klêbu | yogya myang utama | kang kaping pindho wak mami | wus rumasa kapotangan sih sanyata ||

20. lan ing dangu Jayabaya kakang prabu | samêngko putranya | putri ingsun karya rabi | angadhaton praja Ngimanimantaka ||

21. iya iku dadia wêwalêsanku | marang kang wus swarga | Sri Jayabaya kaka ji | ya ta wau sira Wil Maricikundha ||

22. duk angrungu marang andikaning prabu | Sri Mèrusupadma | anyathêt sajroning batin | wus têtela kablingêr tyase sang nata ||

23. tandhanipun datan keguh dening atur | Wil Maricikundha | mupus pêpasthèning Widhi | gya manêmbah matur mring sang danawendra ||

24. dhuh pukulun gusti sêsêmbahan [sêsê...]

--- 52 ---

[...mbahan] ulun | karsa padukendra | ingkang makatên ta gusti | punapa ta sampun ginalih sampurna ||

25. sang aprabu maluyèng sabda gumuyu | aywa wancakdriya | prakarèku wus ngong pikir | luwih dawa lan kanthi wêninging driya ||

26. marmanipun Marcikundha sêdyaningsun | kadya kudu wikan | mring warnanira sang putri | kaya priye mungguhing pratikêlira ||

27. Ditya Marcu matur maring sang aprabu | dhuh gusti sang nata | karsa paduka puniki | botên gampil punika rèh langkung gawat ||

28. kêdah alus kêdah têrtip kêdah lêmbut | minăngka sarana | yèn ta makatên ta gusti | yêkti jugar karsa tuwan tamtu cabar ||

29. sang aprabu myarsa turing Ditya Marcu | gumujêng alatah | ngandika lan ngêntrog wêntis | nora kurang atase kadibyaningwang ||

30. tan pakewuh pamèt sarana kang bagus | ngong bisa mancala | putra myang mancala putri | sagêndhinge yêkti tan bakal kacuwan ||

--- 53 ---

31. Ditya Marcukundha alon aturipun | lêrês dhawuh tuwan | amba tan pisan mancèni | mung kawula gusti kêdah ngawruhana ||

32. bilih sampun amba nguningani sagung | gêlar jêng paduka | kang prayogi ulun pilih | Sri Narendra Mèrupadma duk miyarsa ||

33. mring turipun Ditya Marcikundha iku | langkung pinudyèng tyas | sigra sang raksasa aji | matak matra sakala warni dipăngga ||

34. langkung agung gadhing mèh sapupu têkuk | ngêmprèt krura molah | tulalene mobat-mabit | Sang Maricikundha kalane umiyat ||

35. de sang prabu warna dipăngga gung luhur | umatur prasaja | dhuh gusti pêpundhèn mami | langkung kasar gêlar paduka punika ||

36. kirang mathuk gusti abên manisipun | tênèh gundam-gundam | wanodya umyat ing èsthi | iba-iba kagume pitulas dina ||

37. sang aprabu sarêng tan kapadhan iku | de Wil Marcikundha |

--- 54 ---

gya malih warna sang aji | warni banthèng gêng luhur netra ngatirah ||

38. singatipun mingis lincip amalêngkung | Sang Wil Marcikundha | gumuyu amêmoyoki | taksih kasar puniku gêlar pasaran ||

39. botên dhaup kangge sarana mrih antuk | kang kadi punika | malah dados mêmêdosi | sri narendra tandya warni naga raja ||

40. gêng sabêdhug mèlèt-mèlèt lawan nyêmbur | tutuk lir gothaka | untu katingal nyaringih | mangap-mangap kumêbul ubaling wisa ||

41. krura naut tandange kinarya sêngkut | wit karsèng narendra | lumaku dipun condhongi | lan pinilih dening Wil Maricikundha ||

42. nging tan klêbu malah sangêt ginaguyu | èsmu ngerang-erang | ribêt galihnya sang aji | sanalika mungkur malih warni sima ||

8. Pangkur

1. krura anggro singarodra | mangap-mangap saya langkung ngajrihi | Maricikundha gumuyu |

--- 55 ---

lah wontên malih macan | iba-iba sang putri anggone kagum | myat barongan tamtu biyas | sang nata kewran ing galih ||

2. dènira tansah winada | nulya malih warna kang tilamsari | langkung èdi myang raras rum | Ditya Maricikundha | lon umatur lah punika ragi alus | nanging yèn tumrap kawula | gusti dèrèng purun gêsin ||

3. margi gêlar kang mangkana | dèrèng tamtu pikantuk kang pinurih | gya warni sêndhang sang prabu | sira Wil Marcikundha | maksih mada ugi taksih kirang alus | sang nata gya malih warna | warni sêkar nagasari ||

4. Risang Wil Maricikundha | dupi miyat kang sêkar nagasari | umatur maring sang prabu | lawan gumujêng suka | dhuh pukulun punika kang ragi bagus | pantês kinarya sarana | sampun ragi angèmpêri ||

5. pantês kangge pasang kala | jêng paduka badhe anguningani | mring warnanira sang ayu | mung kirang sadungkapan | sri narendra nulya malih warna gupuh | awarni sêkar angsana |

--- 56 ---

Marcikundha aningali ||

6. warnining sêkar angsana | langkung suka dahat pinujyèng ati | umatur sarwi gumuyu | lah gusti mung punika | ingkang pantês kagêm măngka srananipun | mung gusti utamanira | angsana wontêna kalih ||

7. sapanggayuh inggilira | amanggèna gusti cêlaking bèji | margi amba yun ambedhung | nèng bèji warni kungkang | langkung agêng sagêd munya kang angungkung | murih kapyarsèng sang rêtna | kungkang sagêd amênyanyi ||

8. mangke yèn sang dyah miyarsa | swarèng kungkang yêkti sami murugi | mring bèji panggenanipun | yèn wus praptèng udyana | lamun miyat sêkar angsana sang ayu | tan wande pinêthik sigra | sang nata kalane myarsi ||

9. pracekaning Marcikundha | langkung suka wasana ngandika ris | lamun mangkono karêpmu | manira yun andadar | kadibyanta rupa kungkang apa kênthus | manira kudu uninga | Marcikundha sigra malih ||

10. kungkang langkung agêngira [agêng...]

--- 57 ---

[...ira] | mongkrong-mongkrong agênge rong kalênthing | mênyanyi swara angungkung | sang nata langkung suka | aningali warnining kungkang puniku | langkung lucu yèn winulat | nata karênan ing galih ||

11. hèh ta Ditya Marcikundha | kaul ingsun lamun sida kapanggih | lan Pramèsthi Sang Dyah Ayu | kalakon dadi garwa | sira ingsun angkat apangkat tumênggung | ngong lilani lungguhira | anèng sangisoring patih ||

12. Ditya Marici tur sêmbah | gusti botên kantênta ingkang abdi | ngajab kang ganjaran agung | ugêr sagêd kakalakyan[7] | jêng paduka èstu dhaup lan sang ayu | makatên amba wus bingah | saking trêsnamba mring gusti ||

13. sang yaksendra malih nabda | yêktinipun ingsun tan bisa lali | mring lêlakon lêlabêtmu | lah ta wis payo padha | dèn angkati mumpung sêdhêng wancinipun | maksih sore kira-kira | jam wolu luwih sathithik ||

14. dhasar tanggal ping patbêlas | rêmbulane yêkti nutug sawêngi [sa...]

--- 58 ---

[...wêngi] | Marcikundha nêmbah matur | sandika nulya mangkat | kalihira napak gêgana amuluk | ngênêr jroning dhatulaya | kaputrèn kang dèn parani ||

15. anjujug ing patamanan | nulya mapan kungkang manggèn ing bèji | sêkar angsana gènipun | cêlak lawan udyana | mung sajodho sapanggayuh inggilipun | sigêg kang nyandi upaya | agantya ingkang winarni ||

16. sajroning pura Mamênang | kadangnya Sri Jayamijaya Aji | tiga putri ayu-ayu | kang sêpuh apêparab | Dyah Pramèsthi ing warna langkung pinunjul | adêdêg sêdhêng pidêksa | pawakan gilig aramping ||

17. pamulu mêlês ajênar | gêbyar-gêbyar kadya mas kang sinangling | imba jait amalêngkung | sumèh pasêmonira | netra lindri jăngga lumunglunging gadhung | otot wilis ting karêncang | pangarasan rata ramping ||

18. kang asta lurus araras | driji ngrayung awangun ngudayèng ri | sêdhêng parang jajanipun | sanadyan sang lir rêtna |

--- 59 ---

wus pêputra prandene sariranipun | tan pae duk maksih kênya | singsêt bangkekan amêrit ||

19. Dyah Pramèsthi wus kaojad | liyan praja wus dadya sêkar lathi | Putri Mamênang kang sêpuh | endah ingkang suwarna | angasorkên raras ruming sawarga gung | dene putri kang panênggak | pêparab Dèwi Pramuni ||

20. dêdêg lêncir sawatara | pamulu bang nanging labêt kinisik | dadya jênar têmahipun | gandês paripolahnya | wiragane ragi kaduk nanging patut | rema mêmak ngandrawila | netra balut ngrêspatèni ||

21. grana rungih-rungih raras | pangarasan wangun durèn sajuring | saradane ambasêngut | nanging nyêlakkên manah | yèn lumampah lir parênjak unjalipun | tandang tanduke sabarang | mung kaduk andudut ati ||

22. dene putri kang pamungkas | apêparab Rêtna Dèwi Sukanti | dêdêg lan pangadêgipun | tuwin pamulunira | tan pae lan kangbok ayu ingkang [ing...]

--- 60 ---

[...kang] sêpuh | mung kaot solah tênaga | kangbok ayu sarwa ringrih[8] ||

23. sarwa ruruh sarwa tamban | yèn ngandika alon nanging patitis | dene Sukanti Sang Ayu | solah wiraganira | gonas-ganès tuwin kaduk gujêngipun | tregal-trègèl tandangira | nanging datan nyumêlangi ||

24. sarwa pantês yèn busana | nadyan bombrong malah wimbuh rêspati | mrakatine ngundhung-undhung | ya ta katri sang rêtna | duk ing dalu amajang wulan sang ayu | nêdhênge wulan purnama | miyos nèng nataring puri ||

25. ingkang dadya gêgunungan | ingkang sêpuh sira Sang Dyah Pramèsthi | ya ta duk ing dalu wau | sang dyah lan pra arinya | nuju sami miyos nataring kadhatun | lêlangên amajang wulan | nêdhênge purnama sidhi ||

26. ima kumlawêr tan ana | ing awiyat tinon rêsik gumrining | amung langit katon biru | padhang kadi raina | kang candrama mêlok-mêlok yèn dinulu | lir pasuryaning kênyendah | kang mêntas dipun pupuri [pu...]

--- 61 ---

[...puri] ||

27. lintang-lintang katon anjrah | kang ngarompol muyêg pating karêlip | kadya mêlathi ing gêlung | angin sumilir sumyah | sêkar-sêkar ing taman gandane katut | katiyub ing samirana | tumanduk ing grana wangi ||

28. swara arame gumêrah | pra pawongan êmban inya myang cèthi | sagolong-golonge kumpul | dènira dêdolanan | sami manut sagolong sênênganipun | ana ingkang jêjamuran | tuwin ana kêndhi gêrit ||

29. gobag bêncèn lan jelungan | sang kusuma kaparêng gula ganthi | lawan para arinipun | wênèh ana parêkan | datan kumpul dolanan lan kancanipun | mring udyana mêthik sêkar | mêmilih kang wangi-wangi ||

30. ing taman sêkarnya anjrah | sêdhêpmalêm mênur lawan mêlathi | sêkar dangan lawan andul | angsana sumarsana | wora-wari argulo bang lawan pingul | cêpaka purbanagara | tanapi [tana...]

--- 62 ---

[...pi] sêkar taluki ||

31. mila mulêg gandanira | arumipun mratani sajro puri | ya ta wau kang gumuruh | swaraning pra pawongan | ingkang samya dolanan sasukanipun | kasaru mirêng swaranya | kungkang ngungkung jroning bèji ||

32. kèndêl kang samya lêlangyan | nilingakên suwarèng kungkang muni | swaranira nganyut-anyut | mawa lagu kang enak | solan-salin lêlagone gêndhingipun | gêr gumuyu pra parêkan | kang samya mirêng prasami ||

33. langkung lucune si kungkang | Dyah Pramèsthi mirêng suwarèng cèthi | ingkang gar-gêr samya guyu | arum wijiling sabda | mring Nyai Ban Sarati nihan lingipun | hèh biyung apa ta ika | ingkang dèn gêguyu sami ||

34. dening pra parêkan ingwang | matur nêmbah Nyai Êmban Sarati | dhuh gusti kusumaning rum | mugi kauningana | kang dèn gujêng swarèng kungkang kang angungkung | ing nguni klangênanira | ramanta jêng sri bupati ||

35. sampun dangu tan katingal

--- [0] ---

[Grafik]

Para putri ing Mamênang Dèwi Sukanti, Pramuni, Pramèsthi. Êmban.

--- 63 ---

têka mangke sampun wangsul ing bèji | sang rêtna ngandika arum | biyèn ingsun tan wikan | yèn jêng rama kagungan klangênan iku | si kungkang bisa gamêlan | lagune asolan-salin ||

36. Êmban Sarati turira | kaluhuran dhawuhipun sang putri | jêr paduka taksih timur | dados dèrèng kèmutan | sang kusuma gya ngandika mring rinipun | payo yayi kalihira | nonton kungkang jroning bèji ||

37. ri kalih matur sandika | gya jumênêng katiga para putri | lumaksana ginarubyug | dening cèthi pawongan | sapraptaning udyana kusumaning rum | dahat karênan kalihnya | umyat kungkang anèng bèji ||

38. sasolahe karya suka | munya ngungkung gêndhinge lir mênyanyi | pra cèthi tansah gumuyu | umyat solahing kungkang | langkung lucu ing saparipolahipun | ya ta wau sang kusuma | rum-arum Dèwi Pramèsthi ||

39. sadangune nèng udyana [udya...]

--- 64 ---

[...na] | tyas kumênyut tatkala aningali | sacêlakira ing ngriku | wontên sêkar angsana | mung sajodho nêdhêng mêkar sêkaripun | sapanggayuh inggilira | sang dyah nulya amarêki ||

40. unggyaning sêkar angsana | riwusira parêk sang dyah yun mêthik | duk asta lagi anggayuh | sinambêr ing kukila | langkung kagyat sang rêtna tyase kumêpyur | nulya ngandika mring êmban | hèh paran marmane iki ||

41. manirarsa ngalap sêkar | astaningsun duk mau arsa mêthik | têka sinambêr ing manuk | apa wadine baya | nyai êmban matur kalawan gumuyu | anggèr punika kukila | nyambêr lêmut lêpat gusti ||

42. ngengingi asta paduka | dados botên anjarag wau pêksi | sang rêtna gya malih gayuh | mêthik sêkar angsana | astanipun sinambêr malih ing manuk | panyambêrnya ragi rosa | ngantos kaglewang sang putri ||

43. mèh-mèh dhawah kajungkelang | tandya ana jlêg janma kaki-kaki | tanpa [ta...]

--- 65 ---

[...npa] sangkan praptanipun | nèng ngarsa sang kusuma | sarwi matur pêpèngêt nihan lingipun | dhuh gusti sampun paduka | angalap sêkar puniki ||

44. margi jatose punika | sêkar palsu dede sêkar sajati | kadadosaning kala dur | sandipayèng drubiksa | lêhêng tuwan nuntên kondura ngadhatun | dene kawula punika | Rêsi Dwara awêwangi ||

45. patihe eyang paduka | ing Ngastina Sang Prabu Parikêsit | riwusing têlas turipun | sira Sang Rêsi Dwara | nulya musna sakêdhap datan kadulu | ya ta wau sang lir rêtna | Kusuma Dèwi Pramèsthi ||

46. duk mirêng sêsorahira | Rêsi Dwara galihe saya wingwrin | maras gêtêr kêpyur-kêpyur | saking sangêting maras | sang kusuma sanalika têmah kantu | gègèr gugup pra pawongan | ri kalih samya nangisi ||

47. anulya rinămpa-rămpa | kusumèng dyah binayang manjing puri [pu...]

--- 66 ---

[...ri] | ya ta wau kang winuwus | sira sang prabu yaksa | ingkang warna sêkar angsana puniku | lawan Wil Maricikundha | kang dadya kungkang nèng bèji ||

48. kalih sampun paripurna | nêmbah matur sira Ditya Marici | kadipundi kala wau | sang nata saurira | lan sidhakêp kawistara tyas gêgêtun | hèh bênêr Maricikundha | pandugaku tan nalisir ||

49. warnane ayu utama | Dyah Pramèsthi linuwih ing sabumi | bênêr rasane tyas ingsun | adrêng kadêrêng nyêngka | toging êndon pikirku nora kaliru | dhuh kathik kaya mangkana | wong manis mêmanas ati ||

50. kurang sathithik sun candhak | duk anggayuh astane arsa mêthik | têka sinambêr ing manuk | nuli ping kalihira | lagi nglawe manèh nyambêr pêksinipun | nulya jlêg ana sujanma | lir anggambuh mituturi ||

9. Gambuh

1. amung sakêdhap iku | janma anèng ngarsane sang ayu | tandya musna sang rêtna kondur [ko...]

--- 67 ---

[...ndur] mring puri | tyas ingsun bangêt gêgêtun | kurang bêgjane wak ingong ||

2. wus nyathuk kari nuthuk | kari ngrayuk têka dadi luput | sapa wonge kêlar nyawang mring sang putri | wong ayu-ayune turut | kêdhik tan ana winaon ||

3. paran baya ing besuk | yèn kalakon sêdyaku pakantuk | wong mangkana pantêse tan ngambah siti | sun êmban bae sêtaun | nadyan tan mudhun wêwindon ||

4. manira maksih sanggup | wah ta sisan ywa nganggo tumurun | sajêgira jroning dadya garwa mami | malah tan pisah lan ingsun | rina wêngi akarongron ||

5. dhuh babo jiwaningsun | kang asawang mirah lan jumêrut | paran marma tan èstu amêthik sari | baya wus wuninga lamun | dasihe iku kang dados ||

6. waru jêne wong ayu | pêluru lit yèn lumêpas mawut | sun têmaha tunggu nèng taman salatri | tosan lèlèh keyong laut | abdine têmah malompong ||

7. tinilar mring kadhatun [ka...]

--- 68 ---

[...dhatun] | janma lapa trahing băngsa luhur | kamitegan têmên kusuma tan tolih | criga wrêksa mênyan dadu | dasihe kari wirangrong ||

8. tansah èngêt sang ayu | gêntha dara mêlathi kang sungsun | dhuh kusuma kang sawang mênur rinujit | bisa têmên karya wuyung | linalali saya katon ||

9. paran ta raganingsun | ngoko tanya bun kang riris bangun | sang kusuma yèn tan klakon dadya rabi | wêkasing janma tumuwuh | sida mati raganingong ||

10. apêse lir wong gêmblung | pêkên alit micara tan emut | ingsun bakal turut lurung andalêming | ngame-ame mring dyah ayu | ingkang dadya woding batos ||

11. sapa yogya têtulung | wèh usada gon ingsun lara kung | roning kamal gêgêlang munggèng dariji | nora nana liyanipun | kajaba mung sang lir sinom ||

12. sang nata dènnya gandrung | têngah supe yèn nèng tamansantun | matur nêmbah sira Sang Ditya Marici | dhuh gusti paduka

--- 69 ---

emut | aywa makatên sang katong ||

13. paduka ratu agung | kasusrèng rat ing jagad misuwur | langkung nistha pratingkah lir janma pingging | gandrunga satêngah lampus | sayogi sinimpên batos ||

14. tan pantês lamun konus | kongsi supe purwa wêkasipun | duk samana Sri Mèrusupadma Aji | kalane miyarsa atur | bêbolèh kanthi wêwaton ||

15. sakala nulya emut | angandika èsmu arawat luh | têka bênêr Marcikundha turirèki | bangête gon ingsun limut | pêpêt kalimput tyas keron ||

16. lah payo padha wangsul | mring pakuwon ing mêngko rinêmbug | tur sandika Risang Maricikundha Wil | kêkalih gya mêsat mabur | sakêdhap praptèng pakuwon ||

17. ri wusnya tata lungguh | sri narendra lon andikanipun | hèh Maricikundha bêsuk lamun mami | wus panggya lan anak prabu | wusnya tur pambagya engong ||

18. gone jumênêng [jumê...]

--- 70 ---

[...nêng] ratu | nuli jawab manirarsa nêmbung | mring kadange wanodya Dèwi Pramèsthi | yèn lêga panggalihipun | sarta anak prabu condhong ||

19. Dèwi Pramèsthi iku | engong suwun dadya garwaningsun | ngadhatona Ngimanimantaka nagri | kaya-kaya luwih patut | datan kuciwa tinonton ||

20. Marcikundha lon matur | yèn sang nata ing galih saarju | amba dene kumawa tur pamrayogi | sayogyane yèn sang prabu | sowan putranta sang katong ||

21. ngamungna tur pudya yu | sasampuning sampat ingkang parlu | tuwan nuntên pamitan kondur mring nagri | benjang nèng praja pukulun | lajêng utusana gupoh ||

22. atur kintakanipun | rinênggaa têmbung arum-arum | mamèt ing sih kang sagêd mêmulêt ati | makatên utaminipun | rêmbagan samining katong ||

23. sampun kok ujug-ujug | lajêng jawab nglairkên panuwun | jêng paduka antuk raos tan prayogi [prayo...]

--- 71 ---

[...gi] | sapisan ngrèmèhkên iku | kang kagungan kadang wadon ||

24. dene ping kalihipun | dipun galih karsanta pukulun | kambang-kambang awon nganggur yèn pakolih | tan pikantuk inggih sampun | sajak lajêng botên butoh ||

25. kalawan malihipun | abên ajêng mring mitra anêmbung | inggih lamun sami kapadhan ing galih | sami suka galihipun | nanging bilih botên condhong ||

26. kadospundi pukulun | yêkti dados lan pakèwêdipun | tuwin malih gèk wontên wangsulan nylêkit | paran ta raosing kalbu | punapa ta botên gosong ||

27. wong gosong manahipun | yêkti pêtêng gusti panonipun | supe mitra supe barang rèh utami | brawala têmahanipun | dados saru tinon ing wong ||

28. bèntên lamun pukulun | sampun kondur praptèng praja agung | nuntên matah sintên kang pantês tinuding | ngaturkên surat panêmbung | mring putra paduka

--- 72 ---

katong ||

29. yèn mêksa tan pikantuk | lah ing ngriku sampun sêdhêngipun | paripaksa sanadyan dadosing jurit | botên wontên awonipun | jêr paduka jêng sang katong ||

30. sampun tumindak patut | lampah parikrama ing panêmbung | tan ngicalkên tata traping silakrami | mring mitra samining ratu | sakêdhik tan antuk awon ||

31. botên pisan pukulun | nêdya mancahi karsa pukulun | muhung saking trêsna kawula ing gusti | de yèn amba sampun munjuk | sumanggèng karsa kemawon ||

32. sang nata manthuk-manthuk | myarsa atur pamrayoginipun | Marcikundha sangêt kapadhan ing galih | kunêng kawuwusa esuk | Sri Jayamijaya katong ||

33. nuju ri Somanipun | karsa miyos siniwakèng wadu | wusnya ngrasuk busananira tinangkil | ingayap pra biyada gung | ngampil pacarèng kaprabon ||

34. rawuh ing sitiluhur |

--- 73 ---

sri narendra lênggah dhampar murup | ingkang cakêt nèng ngarsa sri narapati | sira sang mantri pangayun | tumungkul sila mabukoh ||

35. dene ing wurinipun | Radyan Anglingdarma malihipun | Sang Brahmana Êmpu Bajra pujangga di | Dyan Arya Slukat sumambung | wontên jajaripun lunggoh ||

36. dyan arya namanipun | Karmajaya wontên jajaripun | kang awasta sira Arya Dipasruti | sadaya andêling kewuh | kèh andhandhang mring pakewoh ||


pinatik (kembali)
pinatik
umiring (kembali)
umiring
awêwisma (kembali)
awêwisma
kagyat (kembali)
kagyat
wagugên (kembali)
wagugên
Kurang satu suku kata: bangêt tarima mami (kembali)
Kurang satu suku kata: bangêt tarima mami
Lebih satu suku kata: ugêr sagêd kalakyan (kembali)
Lebih satu suku kata: ugêr sagêd kalakyan
ririh (kembali)
ririh