Parta Krama, Nitipura, 1903, #1837 (Pupuh 51–68)

Judul
Sambungan
1. Parta Krama, Nitipura, 1903, #1837 (Pupuh 01–15). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
2. Parta Krama, Nitipura, 1903, #1837 (Pupuh 16–32). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
3. Parta Krama, Nitipura, 1903, #1837 (Pupuh 33–50). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
4. Parta Krama, Nitipura, 1903, #1837 (Pupuh 51–68). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
5. Parta Krama, Nitipura, 1903, #1837 (Pupuh 69–86). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
Citra
Terakhir diubah: 25-02-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

51. Asmaradana

1. kunêng gantya kang winarni | wontên gêmpalaning kăndha | kadya yèn sarêng lampahe | nanging gênti kang carita | paran yèn sinarêngna | wontên ratu kang pinunjul | prajane ing tanah sabrang ||

2. agêng karatonirèki | kêkutha Paranggubarja | bisikanira sang katong | Sang Prabu Jungkungmardeya | kasub kalokèng jana | măndraguna ing prang pupuh | sura sêkti ing ayuda ||

3. warnane kalangkung pêkik | taruna jumênêng raja | sêmbada kaprawirane | nênggih bêbala bacingah | kang rong duman manungsa | ingkang saduman ditya gung | sami prawirèng ayuda ||

4. dene kang kinarya patih | tilas ratune duk kuna | Prabu Jayasukendrane [Jayasu...]

--- 205 ---

[...kendrane] | kasoring prang mring sang nata | Prabu Jungkungmardeya | angabên kasuranipun | kasor nungkul sabalanya ||

5. tinêtêpkên dadya patih | Sang Prabu Jungkungmardeya | apan trah wiku kinaot | ing sabrang brêmana tapa | marma gunaning aprang | sêkti prawira pinunjul | Sri Maha Jungkungmardeya ||

6. pinrêdi sangkaning alit | diwasanira sang nata | lêlana andon prang popor | bêdhah praja tanpa rowang | nagri Paranggubarja | gêmpur ing prang lajêng nungkul | Sang Prabu Jayasukendra ||

7. sapunggawanira sami | sadaya sinalin nama | Prabu Jayasukendrane | sinalinan namanira | Patih Jayasudarga | kinarya manggalèng pupuh | dadya patih tur misesa ||

8. wuwuh kasantikanèki | Kya Patih Jayasudarga | mèh sami lawan gustine | ing aprang têguh wêntala | bisa ngambah gêgana | asêmbada warnanipun | dêdêg parusa berawa ||

9. dene punggawa gêng nagri | pan sami santananira | sakawan bupati jêro | nênggih sami pêpilihan | wasta Jayasupana | Jayapramana puniku | katiga Jayapralaya ||

10. sakawan Jayakartèki | bupati jro kang pinatah | de nèng punggawa jabane | sakawan gagêdhugira | nama Jayasêngara | miwah Jayasukathèku | katiga Jayasupala ||

11. Jayasudarma patnèki | dene kang tunggu muara | bupati pasisir kabèh | ing sungapan lan pabeyan | kalih samya punggawa | ingkang sêpuh namanipun | Ki Tumênggung Juwalgita ||

12. dene namane kang rayi | Dyan Wanènggati pan samya | kalih pisan ingkang angrèh | wadya pasisir sadaya | sagung măncanagara [mănca...]

--- 206 ---

[...nagara] | dene têtêlukanipun | sagung kang bala rêksasa ||

13. ratune dadya pangarsi | anama Kalapramuka | pra bupati sor-sorane | catur punggawa rasêksa | anama Wil Prakêmpa | Wil Pradêgsa kalihipun | katiga Kalapragăngsa ||

14. lawan Prakênca prajurit | kapat prakosèng ayuda | sabên bupati sawiyos | ditya sèwu balanira | namung rêkyana patya | ingkang bêbala rong èwu | lyan prajurite sang nata ||

15. mantri jro ingkang sinêlir | marang Sri Jungkungmardeya | sèwu pêpilihan kabèh | ingkang sumêdhêng taruna | trahing winani samya | kang sêmbada warnanipun | kang nate sumêngka ing prang ||

16. duk samana sri bupati | Jungkungmardeya supêna | kang katingal jroning sare | nambut silaning akrama | antuk putri Cêmpala | Wara Srikandhi ranipun | warnanya ayu utama ||

17. cahyane anukmèng sasi | galak ulat liringira | tuhu musthikane wadon | gandhang tur raga karana | sang nata duk tumingal | jroning guling rangu-rangu | kacaryan tyase sang nata ||

18. lagyarsa pinurwèng rêsmi | kagyat wungu dènnya nendra | sang prabu ngungun driyane | supênane kang kacipta | tan antuk dhahar nendra | anggung rangu kapirangu | ngênglêng ing supênanira ||

19. dhasare sri narapati | dèrèng andarbèni garwa | amung jêjamahan bae | ngungun tyasira sang nata | sigra mêdal ing jaba | nimbali pêpatihipun | wus prapta ing ngarsanira ||

20. ngandika sri narapati | hèh apa sira miyarsa | nagri Cêmpalarêjane | bisikanira narendra | iya Prabu Drupada | adarbe putri pinunjul |

--- 207 ---

wijile anglir Supraba ||

52. Mijil

1. kyana patih umatur wotsari | dhuh gusti sang katong | pan kawula miyarsa wartine | lamun nagari ing tanah Jawi | wastanipun gusti | Cêmpalarêjèku ||

2. inggih Prabu Drupada Narpati | darbe putri kaot | Rêtna Wara Srikandhi namane | tanah Jawa kasub ing sabumi | punapa karsa ji | dene tuwan dangu ||

3. mèsêm angandika sri bupati | hèh ya patih ingong | sun jarwani sira sayêktine | mau bêngi patih sun angimpi | katêmu dyah luwih | warnanira ayu ||

4. tinandhinga wanudya sabumi | kabèh pasthi kasor | nukmèng sasăngka bapa cahyane | katonira bapa jroning guling | marang tilam mami | ngunggahi maringsun ||

5. sun takoni ratuning rêspati | balaka maringong | lamun putri Cêmpalarêjane | pêparab Rêtna Wara Srikandhi | marma tinggal nagri | umarêk maringsun ||

6. dhasar nêdya mawongan mring mami | ature maringong | pan pasaja awantah sêmune | yèn anaa ingsun nora pangling | pawakane ramping | sêdhêng dêdêgipun ||

7. pidêgsane aruruh rêspati | rada kaduk sêmon | kadya kilat thathit ing liringe | raga karana solah mantêsi | salêlewanèki | têka nganyut-anyut ||

8. gonas-ganès nènèse prakati | wilêt ing pasêmon | lathi rêngat sêdhêp mêmanise | yèn wacana kadya madu gêndhis | mung cahyane ugi | sumunar umancur ||

9. jro supêna kacaryan ningali | duk lagya patêmon | ing asmara durung kongsi olèh | nulya kagèt [kagè...]

--- 208 ---

[...t] ingsun sêlak nglilir | rasane tyas mami | bapa mêksih kuwur ||

10. kadi mêksih anèng ngarsa mami | cumanthèl ing panon | pan gumantung ing tyas ingsun bae | yèn tan klakon mondhong sang rêtna di | tawurung[1] ngêmasi | ingsun wayang-wuyung ||

11. mati ngarang kalurung ngranuhi | linglung anglêlamong | ngênglêng binglêng ingsun tanpa sare | bapa nuli parentahna aglis | mring sagung bupati | lan pra mantrinipun ||

12. samêktaa kapraboning jurit | bapa karsaningong | ingsun tindak mring tanah Jawane | arsa nglamar mring Wara Srikandhi | kya patih wotsari | nêmbah sarwi matur ||

13. yèn kenginga sampun nyarirani | paduka sang katong | mring Cêmpala pan kawula bae | ingkang nglamar mring sang rajaputri | paduka narpati | eca angadhatun ||

14. ing karaton agêng paduka ji | lan Cêmpala Katong | sing pamanah ulun jêng pamase | langkung nistha yèn tindak pribadi | ngasorkên kang pasthi | panjênêngan prabu ||

15. lampahipun pan kirang prayogi | kawula kemawon | gusti nuwun tinuding lampahe | pan anglamar mring sang rajaputri | kados-kados gusti | ramanta sang prabu ||

16. ing Cêmpala lajêng anampèni | ing paduka katong | măngsa dadak nampik sang pamase | yèn nampika ngupados punapi | de paduka gusti | ratu gung pinunjul ||

17. miwah tanpa lawan ing ajurit | sudibya kinaot | măndraguna surasêkti dhewe | băndha bandhu sugih barana di | asugih prajurit | lan wadya gung-agung ||

18. dhasar pêkik paduka narpati | dèrèng darbe katong | pramèswari kang luwih warnane |

--- 209 ---

măngsa dadak nampik paduka ji | yèn nampik sayêkti | kawula kang ngrêbut ||

19. anggêmpura kalawan ngajurit | ing Cêmpala Katong | datan wande karêbut putrine | nuntên katur paduka narpati | gumujêng sang aji | sarwi ngandika rum ||

20. iya bênêr aturira patih | Cêmpala Sang Katong | agolèka mantu apa bae | yèn nampika marang jênêng mami | satêmêne patih | bapa karsaningsun ||

21. sun tuturi sawadine yêkti | ana karyaningong | marma ingsun anindaki dhewe | aywa tanggung praptèng tanah Jawi | ngiras maro kardi | lêlana prang pupuh ||

22. anêlukkên ing satanah Jawi | sagung para katong | tanah Jawa sumêmbaha kabèh | lamun ana ingkang duwe putri | sun karya paminggir | amung sang rêtna yu ||

23. ingkang dadya jêjênênging padmi | hèh patih dèn gupoh | undhangana wadyaningsun kabèh | ingsun arsa budhalkên tumuli | marang tanah Jawi | patih nêmbah mundur ||

24. nulya mêdal rêkyana apatih | sangking ngarsa katong | angundhangi pra dipati kabèh | asamêkta kapraboning jurit | myang wadya pasisir | kèn samêkta prau ||

25. miwah sagung kang bala rasêksi | samêktèng palugon | wus samêkta wadya sadayane | nulya têdhak wau sri bupati | nitih rata rukmi | busana mas murub ||

26. sampun prapta pasisir sang aji | lampahira katong | sang aprabu wus numpak palwane | sawahananira sri bupati | wus kamot sêkoci | amancal sang prabu ||

27. sangking Paranggubarja nagari | sagung wadya katong | sampun numpak ing pêrau kabèh | tan kawarna lami nèng jaladri | cinêndhak wus prapti | ing muaranipun ||

28. ing

--- 210 ---

pasisir nagri tanah Jawi | labuh jangkar katong | sigra minggah marang dharatane | lawan sagung wadyanira sami | manungsa rasêksi | mudhun sangking prau ||

29. minggah marang dharatan sang aji | lan sawadya katong | sri narendra wus antuk wartane | lamun ana Cêmpala nagari | Drupada Narpati | darbe putri ayu ||

30. wus diwasa apan dèrèng krami | warnanya kinaot | Rêtna Wara Srikandhi parabe | langkung suka sang nata miyarsi | nulya sri bupati | aparentah gupuh ||

31. kinèn karya pasanggrahan dadi | sawadyane kamot | rina wêngi kang anambut gawe | pan ambajêng pakuwon pasisir | sangking gungirèki | wadyanya sang prabu ||

32. kadya mêndhung pakuwon pasisir | sinawang sangking doh | pakuwone sang aprabu dhewe | pan pinindha-pindha jroning puri | dinulu tulya sri | lir pendah kadhatun ||

33. anglir pura wangunan pan asri | pasebane kaot | ngarsa wuri arata lêmahe | alun-alun radin munggèng ngarsi | gapura tulya sri | lan têtarub agung ||

34. nulya karya sêrat sampun dadi | parentah sang katong | kinèn gambar marang sarirane | sampun darbe sang nata kang nyungging | sing sabrang nagari | ginambar sang prabu ||

35. nèng lêpiyan tan siwah ing warni | miwah ing pasêmon | wus ngêblêgi sang nata warnane | wusnya dadya sinungkên mring patih | lan surat narpati | ngandika sang prabu ||

36. surat ingsun aturêna dhingin | ing rama sang katong | yèn wis titi iya pamaose | nuli gambar aturna tumuli | supayane patih | jêng rama sang prabu ||

37. ing Cêmpala ywa mamang ing galih | mulat gambar ingong |

--- 211 ---

măngsa wandea pinaringake | gambar ingsun mring putra sang putri | miwah ibu sori | bangêt sarjunipun ||

38. sayêktine andulu sang putri | marang gambar ingong | mêksih anom tur pêkik warnane | kaya-kaya tyasira sang putri | mulat gambar mami | kasmaran andulu ||

53. Asmaradana

1. aja liya kang nampani | ngamungna Natèng Cêmpala | layang miwah gambar ingong | aja sira kaya bocah | dèn awas dèn prayitna | patih sandika wus mundur | sapraptanira ing jaba ||

2. lajêng anapak wiyati | satunggal tan mawi bala | kunêng gantya winiraos | Sri Narapati Cêmpala | enjang duk siniwaka | ing păncaniti supênuh | sagunging kang pra dipatya ||

3. kang munggèng ngarsa narpati | Rahadèn Drêsthajumêna | rêkyana patih jajare | sri naranata ngandika | marang rêkyana patya | hèh ta Patih Căndrakètu | paran wartane ing jaba ||

4. ki patih matur wotsari | wontên narendra lêlana | sangking sabrang pinangkane | nagrine Paranggubarja | Prabu Jungkungmardeya | ambêk narendra pinunjul | balane tanpa wilangan ||

5. kêkuwu pinggir jaladri | ing warti mêksih jêjaka | kalangkung pêkik warnane | ratu abala bacingah | manungsa lawan ditya | pakuwon pindha kadhatun | banjêng pinggiring samodra ||

6. jêjêl munggèng kanan kering | pakuwone pra dipatya | radin wiyar lun-alune | pinindha pura wangunan | mawi taratag rambat | nanging wadyabalanipun | tan wontên gêndhak sikara ||

7. dhatêng abdi dalêm siti | malah sami amrasanak | kados [ka...]

--- 212 ---

[...dos] yèn sae sêdyane | Sang Prabu Jungkungmardeya | praptaning tanah Jawa | alon ngandika sang prabu | ana èmpêre turira ||

8. wus karasa ing tyas mami | Sang Prabu Jungkungmardeya | dènnya ngajawa marene | kêrigan sawadyanira | sakapraboning yuda | jumujug nagaraningsun | pantês lamun darbe karsa ||

9. iya marang nini putri | sêmune yèn tinampika | ratu sabrang panglamare | sayêkti ngrabasèng yuda | anggêmpur ing Cêmpala | mangkono sarapatipun | praptaning nagaraningwang ||

10. ngandika dèrèng dumugi | sri bupati ing Cêmpala | kasaru wau praptane | Ki Patih Jayasudarga | anjog sangking awiyat | lajêng nunggil dènnya lungguh | awor sagung pra dipatya ||

11. sêrate mêksih pinundhi | kawistarèng sri narendra | Căndrakètu muwus age | andangu ing karyanira | matur lamun dinuta | nênggih marang gustinipun | Sang Prabu Jungkungmardeya ||

12. kang kêkuwu nèng pasisir | kinèn ngaturkên nawala | sawusnya katur ature | kinèn ngirid marang ngarsa | praptèng byantara nata | sêratira sampun katur | winaos sinuksmèng driya ||

13. bêbukane atur tulis | Sang Prabu Jungkungmardeya | ing sabrang ratu kinaot | ingkang abala bacingah | kutha Paranggubarja | ingkang wirotamèng kewuh | kang sudibya ing ayuda ||

14. ingkang prawira nom pêkik | sura sêkti măndraguna | katura paduka katong | Cêmpala ingkang pinudya | kang ambêg santa budya | martèng tyas lênggawèng kalbu | wiyose prapta kawula ||

15. sangking sabrang angajawi | kabêkta dening

--- 213 ---

supêna | katarik ing tyas wirage | katingal jroning supêna | putranta sang lir rêtna | Wara Srikandhi pukulun | prapta ing Paranggubarja ||

16. tan mawi cèthi satunggil | jumujug tilam kawula | jro supêna wèlèh-wèlèh | lajêng kagarwèng kawula | milamba nuntên bidhal | sowan ing paduka prabu | anuwun dèn abdèkêna ||

17. ing putranta sang rêtna di | jro pura Paranggubarja | katura mring sang lir sinom | sêdyamba sangking nagara | inggih sampun pratignya | suka lêburèng prang pupuh | yèn botên kalampahana ||

18. mondhong putranta sang putri | mantuka aran kewala | sawadya kawula kabèh | rèhning paduka sang nata | dèrèng nate tumingal | anênggih ing warni ulun | pun Patih Jayasudarga ||

19. sampun kawula bêktani | lêpiyan gambar kawula | sêrat titi pamaose | Ki Patih Jayasudarga | ningali pamaosnya | ing nawala sampun putus | lajêng ngaturakên gambar ||

20. mèsêm dènira nampèni | Sri Narapati Cêmpala | lajêng binuka gambare | sang prabu ngalêm ing driya | mring Sri Jungkungmardeya | tuhu pêkik warnanipun | sêmbada mêksih taruna ||

21. sang prabu ngandika aris | hèh Patih Jayasudarga | antinên sawêngi mêngko | ingsun patih durung bisa | kalamun mangsulana | marang layange gustimu | nini putri wus diwasa ||

22. bênêre nganggo tinari | nampani kalawan ora | mring gustimu panglamare | sayêktine nora kêna | wong tuwa anggêgampang | hèh ta Patih Căndrakètu | Si Patih Jayasudarga ||

23. gawanên wismanirèki | aja kongsi kêkurangan | sawêngi ing pangrêgsane [pang...]

--- 214 ---

[...rêgsane] | ki patih matur sandika | wusnya dhawuh narendra | kundur tumamèng kadhatun | bubar sagung kang sewaka ||

24. dutèng sabrang wus kinanthi | mring Căndrakètu binêkta | mantuk marang ing dalême | rinêngga sinuba-suba | asrining pasugata | wau ta ingkang ngadhatun | Sri Narapati Cêmpala ||

25. pinêthuk ing pramèswari | sawusnya tata alênggah | sang prabu ngandika alon | nutur lampahing caraka | ingkang mundhi nawala | sarta lawan gambaripun | Sang Prabu Jungkungmardeya ||

26. ratu prawira nom pêkik | kêkutha Paranggubarja | wus kêkuwu sabalane | anèng muara Cêmpala | praptane pan anglamar | marang sutanira iku | patihe ingkang dinuta ||

27. lah iki layange yayi | lawan gambare paringna | mring nini putri dèn age | pramèswari dèn abisa | maripih ing sutanta | apan ingsun wus panuju | mring Prabu Jungkungmardeya ||

28. kapindhone yèn tinampik | nora wurung dadi aprang | wong sabrang abot yudane | ratune amăndraguna | abêbala bacingah | kang dadi panujuningsun | dene wus nora kuciwa ||

29. mêngkua mring nini putri | sanadyan silih anaa | ing tingkah dir diksurane | pan wus watake wong sabrang | adigung adiguna | dene warnane abagus | sun watara sutanira ||

30. samangsane aningali | gambare Jungkungmardeya | kaya yèn rêsêp atine | pramèswari matur nêmbah | lêrês paduka nata | kawula inggih panuju | tumingal ing gambarira ||

31. sang prabu ngandika malih | yayi dèn bisa kewala | maripih amrih kênane | marang tyase sutanira | pramèswari

--- 215 ---

gya mentar | umanjing mring tamansantun | gambar srinata binêkta ||

54. Sinom

1. wau ta ingkang winarna | Kusuma Wara Srikandhi | ing nguni saundurira | sangking nagri Dwarawati | kêkuwu tamansari | anggung dènira nahên kung | manungku ing kung rimang | kakênan kunjana kingkin | kênèng onang mangunêng tyas kaonêngan ||

2. anggung wuyung mawuyungan | mangonêng tyas poyang-paying | yayah kadya kaprêyangyang | kayungyun sruning wiyadi | marang Radèn Prêmadi | satriya di ambêg sadu | widigdyèng priyêmbada | pangudinirèng kênya di | lir sadpada mangudi maduning kumuda |[2]|

3. Kusuma Putri Cêmpala | tan antuk dhahar lan guling | solahira anèng taman | lir kênèng guna piranti | ing tyas tan antuk aring | anggung rangu kapirangu | saparan karungrungan | wirangrong ngarang ngranuhi | kambuh-kambah ing tyas wimbuh kawimbuhan ||

4. barubah kadya binubah | tyase rantas rontang-ranting | katon ing sasolahira | duk ana ing Dwarawati | ginagas ing tyas wingit | tan lyan kang pinaran dulu | namung Sang Dananjaya | gumantung tungtunging ati | wus cumanthèl anèng padonira netra ||

5. dhuh lae lae wong ika | baya nora aningali | marang ing dhêdhayohira | duk kêmbên lukar sapalih | wonga-wonga mèh kingis | gêlung lukar tan kaetung | pijêr lênglêng tumingal | dènira liling-liniling | mendah baya nèng langêning pagulingan ||

6. sumangkeyan duwe garwa | pinunjul yangyanging bumi | ingayap ing pasamuan | tan ana dèn kalingsêmi | sagone dènnya linggih [ling...]

--- 216 ---

[...gih] | dinuga nèng pangkonipun | liling-liniling gantya | mulung gantyan sangking lathi | limang dina durung tumon gone bênggang ||

7. kaya mimi lan mituna[3] | konthal-kanthil akêkinthil | anggung kanthèt kêkanthetan | marang patirtan kinanthi | apa ta amêmengin | wong agung mring dhayohipun | pantês lamun emana | garwane lumakwèng siti | saparane anèng êmbanan kewala ||

8. mangkana sang rêtnaning dyah | duk lagya wungu aguling | uyang ing sarira siram | lênggah mêksih ngore wèni | sinêratan mring cèthi | rema rawuh ing jêjêngku | mêmak cêmêng sinawang | muyêg ngendrawila wilis | sarirane alus risak sawatara ||

9. labêtira tajin dhahar | rarasing sarira kadi | pradapa sore sinêmpal | anglêlêntrih èsmu wilis | lir layoning apsari | tingal kocak èsmu balut | labête tajin nendra | liring galak èsmu lindri | cahya mancur pindha banguning kartika ||

10. pan sarwi anganggit sêkar | gambir sinawung malathi | jarijyalus ngrayung raras | kanaka ngudayaning ri | jăngga anglung rêspati | tuhu lamun karya wuyung | Rajaputri Cêmpala | dènira anganggit sari | anggung dènnya sinawang-sawang nèng asta ||

11. sarwi mèsêm angandika | sapa ta pantêse iki | biyang ingkang anganggoa | gon ingsun anganggit sari | gambir lawan mêlathi | rênyêp-rênyêp rayung-rayung | ni êmban matur nêmbah | pantês-pantêsipun gusti | rayi dalêm Rahadèn Drêsthajumêna ||

12. wong agung pêkik sêmbada | sasolahe ngrêspatèni | sang rêtna mèsêm ngandika | ya bênêr aturirèki [aturirè...]

--- 217 ---

[...ki] | nanging pangrasa mami | pan mêksih kuciwa biyung | ingkang pantês nganggoa | ing panganggit ingsun iki | iya amung pamadyanirèng Pandhawa ||

13. kinalungakên nèng jăngga | mendah si dènnya rêspati | bok êmban matur alatah | inggih lêrês lêrês gusti | tuhu Radèn Prêmadi | wong agung baguse nulus | sang dyah mèsêm ngandika | upama biyang kang nganggit | pinangkua apa pantês mring wong ika ||

14. bok êmban matur anêmbah | kados lamun nyamlêng gusti | lir sotya munggèng kancana | sudama anawung sasi | gumujêng sang lir Ratih | dhuh gêguyon bae biyung | masandadak mikira | wong ika mring awak mami | garwane wus ngasorkên langêning swarga ||

15. duk lagyeca pagujêngan | kusuma lawan bok cèthi | kasaru kang ibu prapta | sang rêtna gupuh nungkêmi | ing padanira kalih | rinangkul lungayanipun | sarya lon angandika | dhuh babo putrèngong yêkti | bangêt têmên rusaking sariranira ||

16. baya ana kang karasa | anglonging sariranèki | cahyanira ingsun sawang | nglayung kadya gêrah gusti | sang rêtna matur aris | ibu kawula tan angluh | marma nglong sawatara | kawula sawêg nglampahi | asêsirih cêgah dhahar lawan nendra ||

17. duk lagya angsal sacăndra | sêdyamba lamun dumugi | jangkêpa ing tigang căndra | kang ibu suka nauri | dhuh nyawa putra mami | tutugna karsanirèku | sêsirih sawatara | lamun kaparênga ugi | lan karsane jawata ingkang minulya ||

18. wus cêpak jatukramanta | praptaningsun pan tinuding | marang ing sudarmanira | maringi uninga gusti | ramanira sang aji | katêkan kongkonanipun |

--- 218 ---

Prabu Jungkungmardeya | ratu sabrang sura sêkti | măndraguna kuthane Paranggubarja ||

19. angaturakên nawala | pêpatihe kang tinuding | praptane ing tanah Jawa | anglamar mring sira gusti | ramanira sang aji | ing galihe wus panuju | mring Sri Jungkungmardeya | dene ratu gung linuwih | bagus anom dhasare mêksih jêjaka ||

20. sêmbada prawirèng yuda | măndraguna sura sêkti | pan ing mêngko sawadyanya | kêkuwu anèng pasisir | balane lir jaladri | lah ta iki layangipun | lawan gambare pisan | sira tingalana nini | natèng sabrang tuhu yèn bagus sêmbada ||

21. sang kusuma duk miyarsa | kumêpyur sakala kadi | pinêcat tyasira mêsat | sangking ăngga tumiba ring | ngarsèng Radèn Prêmadi | ingkang pinaran ing dulu | aris nampèni sêrat | lan gambar sangking bunèki | namung sêratira kang sampun binuka ||

22. lajêng sinuksmèng wardaya | kadriya raosing tulis | panglamare ratu sabrang | praptane mring tanah Jawi | katarik dening ngipi | kapanggih sariranipun | praptèng Paranggubarja | jumujug tilamirèki | sawusira sang dyah ningali sadaya ||

23. rêngu panduking sasmita | ngantirah laraping liring | sumrambah maring sarira | jaja bang lir wora-wari | sinung rêngu turnèki | ibu matura dèn gupuh | ing jêng rama narendra | kawula sru nuwun runtik | mêksih rêmên momong sarira kewala ||

24. dahat dèrèng arsa krama | wikana ibu ing benjing | yèn wus măngsa arsa krama | nadyan sampuna upami | kawula purun laki | yêkti botên numbuk-numbuk | nubruk mring ratu sabrang | ngunggahi anyundêl anjing | ngandêlake lamun ratu

--- 219 ---

sugih bala ||

25. bagus tur mêksih taruna | măndraguna sura sêkti | masa ta nora nyandêra | iya Si Wara Srikandhi | ngènèl mara kêkinthil | ngunggahi mring tilamipun | lamun jêng rama mêksa | sangking wus parênging galih | inggih pintên ibu sakiting palastra ||

26. sêrat gambare binuwang | mundur sarwi lara nangis | minggah marang yasakambang | kang ibu èbêk ing galih | kundur marang jro puri | umatur marang sang prabu | yèn kang putra rudita | sasampune maos tulis | saature kang putra katur sadaya ||

27. kagyat tyasira narendra | miyarsa aturing sori | gupuh dènira tumêdhak | mring taman sri narapati | nusul minggah botrawi | Wara Srikandhi andulu | ingkang rama wus lênggah | gupuh dènira nungkêmi | anèng pangkon karuna pindha sarkara ||

55. Dhandhanggula

1. sri narendra angandika aris | ngêlus-êlus srinataning putra | sarwi ngusapi waspane | dhuh babo putraningsun | sarèhêna tyasira dhingin | aywa ge kabêranang | dene layangipun | Sang Prabu Jungkungmardeya | pangêmote ing layang dènira ngipi | sangking wantah pasaja ||

2. dene ana digunge sathithik | wus watake wong tanah ing sabrang | rada kurang dêdugane | pan ing besuk lamun wus | lawan ana ing tanah Jawi | sayêkti bisa padha | solah bawanipun | lawan sanak-sanakira | masa dadak ninggala warnanirèki | bagus raga karana ||

3. dhasar ratu agung sura sêkti | lamun sira nini anampika | golèki wong apa manèh | rasane ing tyas ingsun | amêngkua mring sira nini | pan wus nora kuciwa [ku...]

--- 220 ---

[...ciwa] | loking jana patut | sira laki ratu sabrang | pinilala panglamare dèn awaki | prapta ing tanah Jawa ||

4. lawan kakangira Si Drupadi | kagarwa ring kakangmu Ngamarta | ing tyas ingsun padha bae | panujune tyas ingsun | kapindhone yèn sira nampik | nagara ing Cêmpala | yêkti rêmak-rêmpu | sira nini wus diwasa | yêkti bisa bobot nimbang-nimbang budi | wêlas marang wong tuwa ||

5. sang kusuma wau duk miyarsi | pangandikanira ingkang rama | aris adrêng pamêksane | sangking sampun panuju | marang ratu sabrang kang prapti | mangên-angên upaya | sang dyah kèndêlipun | mangunêng mangunandika | baya ta wus karsane dewa linuwih | margane raganingwang ||

6. anêmpuh byat wirang lawan isin | ambruk marang wong ing Madukara | nênuwun sihing wêlase | pangukupe maringsun | marga sangking wong sabrang iki | ingkang dadya jalaran | ing panglamaripun | ambêg digung adiguna | yèn tinampik nêdya misesa ing jurit | gêmpur Cêmpalarêja ||

7. dadya sêdhêng gon ingsun angungsi | mring wong ika lumuh yèn lakia | wong sabrang kumawambêge | kaya-kaya wong agung | yèn sun bruki bisa ngukuhi | bêcik sun samudana | marang rama prabu | amrih sarèhe wong sabrang | sêdhêng ingsun ing wuri pradandan budi | sawusnya ngartikèng tyas ||

8. nêmbah matur sang raja pinutri | dhuh pukulun karsa padukendra | sampun pasthi panujune | dhatêng panglamaripun | ratu sabrang kang lagya prapti | paran ta gèn kawula | sagêda umingkuh | suminggah ing rèh paduka | wirang isin sayêkti kula lampahi | anyèthi ratu sabrang ||

9. pinisahkên lan raman myang bibi | nanging rama ji panuwun [panuwu...]

--- 221 ---

[...n] amba | ratu sabrang ing karsane | wontêna sarèhipun | pan kawula sawêg nglampahi | sêsirih tarak brata | sêdyamba pukulun | dumugia tigang căndra | dene ingkang sampun kawula lampahi | sawêg angsal sacăndra ||

10. ingkang dèrèng kantun kalih sasi | lamun sampun jangkêp tigang căndra | natèng sabrang pamundhute | dhatêng kula pukulun | pan sumăngga ing siyang ratri | yèn dèrèng kalampahan | praptèng kalih tèngsu | kawula dahat lênggana | sri narendra langkung cumêplong ing galih | myarsa aturing putra ||

11. pan ginalih ature sang putri | yèn satuhu dènira sêmaya | tan wruh yèn ngecani bae | pangandikanira rum | aja ingkang sarèh rong sasi | sanadyan patang căndra | sêmayanirèku | Sang Prabu Jungkungmardeya | sayêktine nini lamun angêntèni | marang sêmayanira ||

12. lawan sêdhêng ibunira nini | gone cawis rêrêngganing karya | wus sampurna sadayane | lah ta wis putraningsun | tutugêna sêdyanirèki | sêsirih tarak brata | sun karya sul-angsul | layang mring narpati sabrang | andhawuhkên mring sêmayanira nini | poma ta wêkas ingwang ||

13. sajrone rong sasi dèn abêcik | rumêksanta marang ing sarira | nêlas kang rama wêlinge | nulya kundur sang prabu | praptèng pura ngandikèng sori | winartan yèn kang putra | ing mangke tyasipun | wus manut ing sarèh ingwang | apan namung nyuwun sarèh ing rong sasi | wus sêdhêng yayi sira ||

14. asanega sabeyane kardi | kurang pira mung kurang rong căndra | kang garwa sandika ture | ngling malih sang aprabu | kapindhone [ka...]

--- 222 ---

[...pindhone] sutanirèki | Natèng Paranggubarja | kadohan satuhu | makuwon pinggir samodra | yèn sêmbada iku yayi sun kon ngalih | marang ing Sawojajar ||

15. pasanggrahan wus katêmu dadi | sêdhêng dohe kalawan jro pura | kaya kamot sabalane | pramèswari jumurung | kunêng dalu wuwusên enjing | Patih Jayasudarga | lawan Căndrakètu | wus saos nèng panangkilan | pinaringan sêrat sul-angsul wus tampi | Patih Jayasudarga ||

16. sampun mundur sangking păncaniti | praptèng jawi lajêng dènnya mêsat | margèng gêgana lampahe | Kya Patih Căndrakètu | dhinawuhan kinèn ngrêsiki | pakuwon Sawojajar | wêwangunanipun | kang wus risak rakitira | kinèn mulih bidhal rêkyana apatih | lawan catur punggawa ||

17. ya ta wau lampahe Kya Patih | Jayasudarga pan sampun prapta | pakuwonirèng gustine | lajêng tumamèng ngayun | katur solahira tinuding | miwah nawalanira | wangsulan wus katur | kang sêrat lajêng binuka | sinuksmèng tyas kadriya raosing galih | suka dènnya ngandika ||

18. iki bapa wus lêga tyas mami | wus tinampan ing panglamar ingwang | jêng rama ji wangsulane | kang muni sêratipun | suka lila ing lair batin | putrane yèn kagarwa | marang jênêng ingsun | miwah ta sang rêtnaning dyah | apan namung nuwun sarèh ing rong sasi | kapanggihe lan ingwang ||

19. pan kapalang lagya anglakoni | tarak brata ing sampurnanira | mung kurang rong sasi bae | yèn wus prapta rong tèngsu | pan sumăngga sakarsa mami | rama ji ing Cêmpala | iki dhawuhipun | kadohan pakuwon ingwang | nèng pasisir ingsun kinèn nuli ngalih | marang ing Sawojajar [Sawoja...]

--- 223 ---

[...jar] ||

20. pasanggrahan wus katêmu dadi | sêdhêng dohe kalawan jro pura | dene mêngko pêpatihe | iya Si Căndrakètu | wus dinuta kinèn ngrêsiki | pakuwon Sawojajar | ki patih umatur | pukulun tuwan anuta | ing sakarsanipun rama paduka ji | ngandika sri narendra ||

21. iya bapa budhalna tumuli | wadyaningsun ing Paranggubarja | kêbuta sadina kiye | ki patih nêmbah mundur | praptèng jawi sigra ngundhangi | ing sagung pra dipatya | têngara gumuruh | Sang Prabu Jungkungmardeya | sampun budhal sangking pakuwon pasisir | kêbut sawadyanira ||

22. kunêng marga cinêndhak wus prapti | lampahira nênggih Sawojajar | masanggrahan sabalane | Ki Patih Căndrakètu | kang ambage pakuwon sami | sagunging pra dipatya | bala ditya pungkur | ki patih makuwon ngarsa | pra dipati manungsa ing kanan kering | wadya gung tumut ngarsa ||

23. langkung sukanira sri bupati | dene pakuwonira pinanggih dadya |[4] kamot sawadyabalane | ing têngah dalêm agung | tilamira sampun miranti | tulya sri pinapajang | gapurane munggul | paseban tinarub rambat | kanan kering sinungan bangsal pangapit | alun-alun ing ngarsa ||

24. pasanggrahan Sawojajar nguni | dalêmira Radyan Găndamana | wus kadya praja rakite | radèn sasedanipun | padalêman winangun dadi | kinarya mêng-amêngan | lawan sang aprabu | Rêkyana Patih Cêmpala | tinimbalan marang ing ngarsa narpati | lawan catur punggawa ||

25. samya ginanjar busana adi | pan sadaya samya ngalêmbana | marang sang prabu pêkike | mung kêdhik solahipun | rongèh kirang anjatmikani | ing tingkah kaduk ringas | kirang sarèhipun | wau Ki Patih Cêmpala | pamit mundur punggawa sakawan mêksih | tinilar Sawojaja[5] ||

26. anjagèni sêgahing nagari | binage mring sagunging punggawa | mêntah matêng sugatane [sugata...]

--- 224 ---

[...ne] | kang katur mring sang prabu | pêparinge sang pramèswari | andina sangking pura | dhaharan lumintu | sêkar miwah găndawida | Prabu Jungkungmardeya suka tan sipi | cipta tulus sihira ||

27. Natèng Cêmpala myang pramèswari | dadya sagung ingkang rajabrana | sangking sabrang babêktane | pan kathah warnanipun | guru bakal lan guru dadi | pirang-pirang gotongan | ingaturkên sampun | marang Sang Prabu Cêmpala | linajêngkên marang salêbêting puri | tinampèn ingkang garwa ||

28. sang kusuma tan arsa ningali | pisusunge Sri Jungkungmardeya | mung katur kang ibu bae | mangkana kang winuwus | nênggih Rêtna Wara Srikandhi | mêtêk wiyoganira | tan kêna sinayut | miyarsa lamun karasa | myang kang ibu kalangkung dènira asih | marang narpati sabrang ||

29. sabên dina dènira pêparing | miwah Sang Prabu Jungkungmardeya | wus kathah atur-ature | tinampèn mring kang ibu | guru-bakal lan guru-dadi | Rajaputri Cêmpala | tyasira wus tamtu | dènnyarsa tilar nagara | mêgat trêsna ing rama myang ibu sori | nuju sawiji dina ||

30. angandika mring êmbanirèki | hèh ta biyung êmban ingsun arsa | pati gêni dina kiye | sarta lawan ambisu | pitung dina lan pitung bêngi | pan ora kêna mêdal | sangking tilam ingsun | poma biyang wêkas ingwang | lamun durung pitung dina pitung bêngi | kabèh parêkan ingwang ||

31. aja ana kang marak ing mami | babu inya lan cèthi parêkan | sadaya sandika ture | nulya sang rêtnaning rum | minggah tilam atangkêp samir | sagung cèthi parêkan | anèng jawi tugur | mangkana sang rêtnaning dyah | praptèng dalu ing tyasira mêrêm mêlik | agung angraras driya ||

56. Mijil

1. ngrasuk busana

--- 225 ---

sang rajaputri | dènirarsa lolos | nulya têdhak angandhut patrême | tiningalan parêkan myang cèthi | wus samya aguling | lajêng lampahipun ||

2. madya ratri kentarnya mangingkis | sira sang lir sinom | sangking taman miyos butulane | datan wontên cèthine udani | lampahe lêstari | wus ngambah marga gung ||

3. alon-lonan saengga nganglangi | langêning kalangon | padhang bulan gumilang langite | wulan kalangan sumilak wêning | duk lagya tumiling | dumêling kadulu ||

4. angênglêngi kalangêning langit | wulan mèh mangulon | lir nganglangi buwana langêne | kalong kalangan golong tumiling | pan kadya sung peling | samar dalu-dalu ||

5. kyèh kadulu lêlangêning ratri | kang tranggana ambyor | ing gêgana ambabar sêkare | wintang wuluh rênyêp-rênyêp kadi | rumêngga asrining | angsananing gêlung ||

6. gêtêr patêr dhèdhèt Erawati | kilat thathit mawor | obar-abir ambabar pinggire | kêlap-kêlap lêlamban belani | lêlidhah lumindhih | sang kusuma ngadhuh ||

7. lidhah-lidhah lir andhudhah sêdhih | kêlape tan adoh | clèrèting kilat kadya angawe | obar-abir ambabar ing pinggir | wus kadya ngobori | mring kang lampah dalu ||

8. angkup-angkup rame pinggir margi | lir sabdaning kayon | rêsrês angrês barungan walangkrèk | lir namudana ingkang lumaris | bêluk miwah kolik | kadya cêluk-cêluk ||

9. kongkang ngungkung jroning jurang trêbis | barung cênggèrètnong | lir pradăngga barungan arame | puyuh pêlung saengga nyalahi | pêpêlung mêlingi | mêlung lir anulung ||

10. lawa-lawa maliwêran kadi | ngawêri kang lolos | pêcruk katêrak nglêpêr ibêre | sangking wuri tumuntur nglancangi | ing ngarsa sang dèwi | lir tuduh marga gung ||

11. rangu-rangu risang kadi Ratih | pan sarwi amirong | rasa-rasa tumindak lampahe | kang kudhasih [kudha...]

--- 226 ---

[...sih] munya ngasih-asih | pangangsahe kadi | tangisirèng dalu ||

12. bambang wetan wayahe kang wêngi | mrêbambang sumorot | mega malang sêmu bang sunare | têturutan lir wastra majêthi | sengga pan nyadhangi | kang pinaran ing kung ||

13. Risang Parta sêsaji pisalin- | ira sang lir sinom | hyang aruna samana wijile | mêntas sangking wene jalanidhi | mungup-mungup mungwing | udayaning gunung ||

14. ngênthêt-ênthêt kadi ngintip-intip | mring kang nut marga lon | kathah kapidulur ing lampahe | ulur sêlur wong mring pasar sami | nyimpang sang lir Ratih | sangking ing marga gung ||

15. manjing wana tan ketang pringganing | marga jurang singgrong | grênging ori-ori pêpigire[6] | nut ing èrèng-èrèng jurang têbing | mèpènge miring |[7] parang curi parung ||

16. jurang têrjung pinggir anggaligir | ingkang rèpèh repoh | êmbês-êmbês rambas rêmbêsing we | nginggil bondhot bundhêt ri panjalin | siluk-siluk sungil | mangap siluk singup ||

17. toya mijil sangking lambung wukir | gumrojog toyanjog | tirta jroning jurang gumarènjèng | lir tinalang kêkalène mili | têtilase limit | lêlumute lunyu ||

18. kang bêbaya wus tan bêbayani | marga wuh tan ewoh | sampun langkung sang rêtna lampahe | sangking jroning jurang singgrong ori | ngambah wana radin | tarataban ngayun ||

19. sata wana barungan munyanjrit | manyura nyêngongong | kadya nguwuh ngampirkên lampahe | myang kukila andon rame munggwing | mandera gêng kadi | ngaturi sêsuguh ||

20. singa warak andanu kang sami | kapranggul kaprêgok | giwar ajrih akongas gandane | wruh kalamun wanudya linuwih | trah kusuma yêkti | rumêmbêsing madu ||

21. buron agêng-agêng samya nêbih | lumakwèng ngarsa doh | ana ingkang rumêksa wurine | miwah ingkang munggèng kanan kering | wus kadya jajari | ngiring urung-urung ||

22. silir lumrang satêpining margi | sêsêkaran abyor | neka warna sêdhêng duk panjrahe |

--- 227 ---

argulo manglung sêkare kadi | lumaku pinêthik | mring sang rêtnaning rum ||

23. tan wus lamun winuwus asrining | wana kèh katongton | saya manjat baskara wayahe | mêmanisi sayahe sang dèwi | lon-lonan anut ing | iring-iring gunung ||

24. sang rêtna di ningali we wêning | kang nagapuspa yom | găndapura tumurun pinggire | parijatha pêpanthan maripit | satêpining bèji | mirit lir pinatut ||

25. sang kusuma kacaryan ningali | larywan anèng kono | lunggyèng sela kumlasa ênggone | suku kanan kinobokkên warih | kang mina lit-alit | ngrubung sukunipun ||

26. măngsa klalar wus kadya ngabêkti | mring kang lagya rawoh | mina gêng-agêng molah solahe | lir nambrama marang sang rêtna di | puspita marnani | satêpining ranu ||

27. sêdhêng panjrah ingkang sarwa sari | bang putih pita byor | aliwêran brêmara arame | wor maruta gumêr prasamya mrih | mangrabasèng sari | sarine sumawur ||

28. tibèng tirta tara sangarsaning | sang kênèng wirangrong | lir nyugata brêmara karsane | atur gănda mring sang kadi Ratih | trênyuh tyasnya tistis | sang juwitaning rum ||

29. paran baya dening awak mami | dadining lêlakon | lamun prapta ing Madukarane | uga nora sinapa tumuli | tambuhira sangking | ering garwanipun ||

30. kalakone mangkono sayêkti | ingsun mati ngênggon | sang kusuma marêbêl waspane | putêk kapêtêg ing tyas nampêki | rênyuh lir rinujit | emut ramanipun ||

31. pêtêng dhêdhêt kadya têngah wêngi | udan adrês mawor | păncawara prakêmpa gora rèh | sindhung-riwut mawor bajrapati | prahara gumêrit | lesus lir pinusus ||

32. grênging ori-ori rampal rumpil | wrêgsa gêng-agêng sol | sêmpal prapal kaprapal êpange | abusêkan isine wanadri | buron alit-alit | puyêngan sumawur ||

33. buron agêng-agêng

--- 228 ---

gung kaguling | gègèr ting galêmbor | bilulungan tambuh pangungsène | madyèng wana gênjot lir ginonjing | ladhu-ladhu mili | anggraning arga rug ||

34. sang kusuma kêkês ing tyas mêksih | tan owah sangking gon | andhêkukul angrangkul jêngkune | suruping arka ririsira ris | samirana ngidid | mawor kang rum-arum ||

35. rêrêming tyas sang raja pinutri | mudhar asta karo | mingsêr sangking talaga lungguhe | asêsèndhèn witing nagasari | yayah tanpa guling | dhandhang munyèng ngayun ||

57. Dhandhanggula

1. bangun mangu anon lêlangêning | duk tumingal katon sirat wetan | pêtha pêpanthan thathite | kilat-kilat abarung | lir sasmitanira ing ratri | matur yèn wus antara | enjang wayahipun | manuk muni mawurahan | lir mawungu barungan sata wanadri | kadya matag mangkana ||

2. byar raina baskara wus mijil | sang kusuma saksana umêsat | sangking pinggir talagane | nut iring-iring gunung | rangu-rangu sang kadi Ratih | lumampah ing satitah | madyaning wana gung | tan ana baya kaetang | kalih dalu sanggone dènira guling | rinêksèng sato wana ||

3. tan winarna solahe nèng margi | sang kusuma dènnya nasak wana | miwah ngambah padesane | cinêndhak lampahipun | duk samana sang rêtna prapti | nagara ing Ngamarta | kathah kang kadulu | ngambah rêratan nagara | namur amor mring wong bêbakulan sami | tan ana kang graita ||

4. lamun iku putraning narpati | sang kusuma sayah lampahira | larywan pinggir lurung gêdhe | ngaub ana ing warung | ingkang darbe bango lon angling | ing riki dèn sakeca | bok ngantèn alungguh | ing pundi wisma andika | ayu anom têka lêlampah pribadi | pundi ingkang sinêja ||

5. sang kusuma alon anauri | kula bibi wong sajaban kutha | padesan [pa...]

--- 229 ---

[...desan] pinggir alase | angluruh kadang sêpuh | nguni wontên ing Dwarawati | suwita amawongan | mangkya wartinipun | umiring mring Madukara | ing gustine Kusuma Banoncinawi | kagarwa Dyan Janaka ||

6. kula bibi pan dèrèng udani | Madukara pundi prênahira | kang darbe bango saure | pan wus cêlak nak ingsun | lurung ingkang ngidul puniki | têrusan Madukara | marga gêng jumujug | anjog taman Madugănda | pan ing mangke Kusuma Banoncinawi | sampun ambabar putra ||

7. miyos kakung warnane apêkik | sinung nama Dyan Ăngkawijaya | puniki lurung kang ngalèr | anjog ing dalêmipun | satriya gung ing Jodhipati | Radèn Sadewa wetan | de kilèn kadhatun | dalême Radèn Nangkula | ari catur dalêm ngubêngi nagari | pura madya Ngamarta ||

8. pun wong agung Madukara mangkin | salamine kang garwa ambabar | awis kundur mring dalême | kêkuwu tamansantun | kalangênan lesan jêmparing | sang rêtna duk miyarsa | mèsêm ngandika rum | gih bibi bangêt tarima | tuduh dika lah bibi kariya laris | sang dyah lajêng tumêdhak ||

9. sangking bango anurut ing margi | kang mangidul tan dangu lampahnya | katon munggul gapurane | pucak mutyara mancur | nawung sunaring surya kadi | sasmita angegalna[8] | sang dyah lampahipun | wontên witing nagapuspa | ngapit kori pangira kanginan kadi | angawe sang lir rêtna ||

10. lampahira sang kusuma prapti | lajêng manjing salêbêting taman | pan mêksih mênga korine | sang dyah eram andulu | rêrênggane kang tamansari | sarwa mas lan sêsotya | lir taman swarga gung | botrawi binalekambang | sri kawuryan kêmbang-kêmbange ngubêngi | kang samya jinêmbangan ||

11. eram mulat wêninge kang warih | umbul mijil tuke sangking sela | udal andêdêl ganggênge | urange arêruntung | wadêr bange bayak ngêbyuki | ucêng sapucang-pucang | kutuke [kutu...]

--- 230 ---

[...ke] anglumpuk | urut têbinging balumbang | puspawarna sangkêp sawarnaning sari | sruni lan sumarsana ||

12. nêdhêng panjrah ingkang sarwa sari | kamarutan gandanya mrik ngambar | sang dyah ayêm ing tyas rèrèh | kataman maruta rum | midêr mêthik kang sarwa sari | kang samya jinêmbangan | satêpining ranu | karsanya sang lir kusuma | marma dangu ngayêmkên sarira dhingin | nadyan mangke marêka ||

13. mring Sang Parta manawa wus aring | dene juru taman kalih wêlas | kang nyiram pêpêthetane | lawan ingkang angangsu | datan wontên ngaruh-aruhi | kinèndêlkên kewala | sang dyah solahipun | dènira angambil sêkar | nyana lamun parêkan dinutèng gusti | angundhuh kêmbang-kêmbang ||

14. marma datan ana kang malangi | ing sasolahira sang lir rêtna | dènnya angalap sêkare | wau ta kang winuwus | Radyan Dananjaya marêngi | têdhak maring ing taman | kang umiring namung | Ki Lurah Bagong lan Sêmar | pan gumêdêr gêguyon samargi-margi | sa dyah kagyat miyarsa ||

15. gugup minggah marang ing botrawi | saklebatan Sang Parta tumingal | wanudya têmah ciptane | apa ta si bok ayu | Dèwi Ratih prapta ing riki | wus sabêne mangkana | yèn tuwi anjujug | jroning botrawi kewala | gya Sang Parta ngubêngi kêmbang sarya ngling | mirungu kang umpêtan ||

16. sapa iki kang angalap sari | kocar-kacir kaliwat mêjana | mèt nora nêmbung kang duwe | kaya pa warnanipun | yèn wanudya punagi mami | sun kungkung pitung dina | ana ing jinêmrum | hèh Sêmar Bagong kariya | anèng jaba sadhela sun arsa guling | anèng ing yasakambang ||

17. sang kusuma têtela miyarsi | Sang Arjuna dènira ngandika | tambuh-tambuh ing solahe | arsa mêdal kabutuh | Dananjaya ngêngakkên kèri[9] | sang dyah dheprok karuna | anèng ngarsanipun | jungkêl nutupi wadana | Dananjaya tumingal dèrèng andugi | lamun putri Cêmpala ||

18. mêksih nyana lamun Dèwi Ratih | sarwi

--- 231 ---

gumujêng dènnya ngandika | hèh babo iki ta wonge | kang ngrusak taman ingsun | liwat sangking amêjanani | marang kang duwe taman | yêkti kênèng ukum | wus dadi punaginingwang | ingsun kungkung nèng patrêman[10] pitung bêngi | sang dyah sinambut sigra ||

19. miwal asta rinangkul wus kêni | nèng êmbanan pan ingaras-aras | sang dyah sumaput tingale | nèng êmbanan lir kantu | tanpanon rat idhêpirèki | miyarsa ngling Sang Parta | yayah nguwus-uwus | sêmbranane parikêna | Dananjaya sarambut dèrèng anggalih | lamun putri Cêmpala ||

20. mêksih ginalih yèn Dèwi Ratih | pan satuhu sang rêtna mèh kêmbar | lan Dèwi Ratih citrane | mangkana dangu-dangu | Dananjaya dènira ngliling | ing wadana sang rêtna | waspada yèn dudu | kusuma ing Cakrakêmbang | wruh kalamun Kusuma Wara Srikandhi | langkung pangungunira ||

21. dangu jêntung datan bisa angling | Dananjaya wasana ngrêrêpa | anungkêmi wadanane | dhuh babo mirah ingsun | apuranên dasihirèki | sumăngga ing dêduka | dènnya kamipurun | akarya atur sêmbrana | ing nah anggèr sarambut botên angipi | yèn dewane kusuma ||

22. ingsun nyana lamun Dèwi Ratih | jêr kêkadang pan ing saban-saban | mring Madukara mung dhewe | jujug ing tamansantun | tan wruh lamun ratuning Ratih | sarining Ngendraloka | sêkaring swarga gung | musthikaning jagad traya | kang nêdhaki marang ing dasih kaswasih | sun cipta pirang warsa ||

23. nalika nèng nagri Dwarawati | mèh-mèh bae sun ngêmohi garwa | mulat marang sarirane | prapta mangke durung wus | ing panyipta kawula gusti | mring sang liring kusuma | karsane dewa gung | kang asih mring kawlasarsa | gustiningsun tinibakakên pribadi | nèng taman Madukara ||

24. dadya mangke abdine tur pati | sang kusuma lamat-lamat myarsa | Dananjaya pangrêpane | dadyèngêt pungun-pungun | nèng êmbanan umatur aris | dhuh mangke udhunêna |

--- 232 ---

kawula rumuhun | amba matur liring sêdya | sangking praja Sang Parta suka miyarsi | ngaras sarwi ngandika ||

25. inggih mangke dhawuhêna gusti | liring karsa wontên jro paprêman | botên kêkècèr kasane[11] | sang dyah binêkta sampun | mring jinêmrum pan ingarih-arih |[12] sêrênging tyas pan samya | putri lawan kakung | rarasing rèh karasikan | tan cinatur sawusnya luwar sarêsmi | mijil lênggah kalihan ||

26. mêksih munggèng pangkyan sang lir Ratih | Dananjaya alon angandika | sarwi ngaras srinatane | dhuh babo mirah ingsun | dene kesah sangking nagari | jarwaa liring karsa | paran kang pinundhut | gusti marang dasihira | ciptaningsun datan darbe pati urip | sumăngga ing sakarsa ||

27. sang kusuma aturira aris | mila kesah sangking ing nagara | ngungsi marang sarirane | sumêdya nyuwun tulung | sangking susahing tyas tan sipi | linamar ratu sabrang | misesa bêkipun | yèn tinampik ngrabasèng prang | rama prabu ajrih satêmah nampèni | kawula sru pinêksa ||

28. nglampahana ing karsanirèki | marmanipun kawula glis kesah | sangking praja sayêktine | kawula lampu lampus | laki ratu sabrang tan sudi | tan lyan sêdya kawula | namung nyuwun tulung | mring paduka lawan nêdya | anggêguru pangawasaning jêmparing | marmamba kalampahan ||

29. anêmpuh byat wirang lawan isin | mring paduka sakêthi tan nyana | lamun makatên dadine | sang rêtna gya rinangkul | pan ingaras awanti-wanti | dhuh atma jiwaningwang | kang sawang jumêrut | intên-intêne pun kakang | dasihira gusti ingkang angukuhi | brangtane ratu sabrang ||

--- 233 ---

58. Asmaradana

1. tumpêka ngêbêki bumi | ratu sabrang ingkang prapta | ing prang tan gumingsir tanggon | wuwuha sapuluh praja | dèn bak ing tanah Jawa | ditya rasêksa myang diyu | kang abdi datan suminggah ||

2. pangawasane jêmparing | inggih gusti dasihira | ingkang mulang sasagêde | lesan rambut mamrih sigar | lawan mamrih pêgata | lan lesan dhog pêking rêmuk | mrih bolong kawula wulang ||

3. sang kusuma maleroki | andêlna yèn mêksih anyar | wong iki kèwês luwêse | yèn wus lawas luwas puwas | sang dyah sigra ingaras | sêtyanana dasihipun | lumuh cidra ing ubaya ||

4. Sêmar Bagong dangu ngintip | sangking jawi wus waspada | kalih sarêng dènnya dhèhèm | Dananjaya sigra mêdal | Sêmar umatur latah | radèn sintên rowangipun | ting garunêng gêgunêman ||

5. Dananjaya anauri | kakang ingsun acarita | Sêmar Bagong sru guyune | sintên rewange carita | tingal kula wanudya | warnanipun yu pinunjul | munggèng pangkon pindha garwa ||

6. Dananjaya mèsêm angling | kakang aja wara-wara | sun jarwani sayêktine | rajaputri ing Cêmpala | wus tinutur sadaya | ing tingkah myang sêdyanipun | praptane nèng Madukara ||

7. Sêmar ngungun matur aris | sinumpêt masa kinginga | lamining dina tan wande | dawane catur kawarta | dhatêng garwa paduka | sayêktine sangêt bêndu | pênêd yèn jinarwanana ||

8. sayêkti lêga kang galih | Dananjaya angandika | kakang saprakara kiye | lamun kongsia kapyarsa | mring Sinuhun Ngamarta | mendah dukane maringsun | tuwin rama Ji Cêmpala ||

--- 234 ---

9. miwah kangbok pramèswari | iba dukane maringwang | mulane sun sidhêm bae | dene lamun arinira | biyang kulup atanya | mulane ingsun tan kundur | lawas nèng taman kewala ||

10. warahên yèn ingsun lagi | anglakoni tapa nendra | anèng botrawi wangêne | iya patang puluh dina | iku sira gumyahna | mring kabèh kănca-kancamu | aywa na seba maringwang ||

11. yèn wis patang puluh ari | ana pikir manèh kakang | iya kang enak linakon | rolas sikêp juru siram | wêtokna sangking taman | munga sira dhewe kantun | iya lawan sutanira ||

12. anèng jroning tamansari | padha tunggua maringwang | lawange kuncinên kabèh | poma kakang wêkas ingwang | singa kang jaluk lawang | nadyan silih biyang kulup | iya balèkna kewala ||

13. Sêmar sandika turnèki | mêdal panggih lan Sucitra | pan sampun ginumyahake | yèn gustine tapa nendra | wangsulira mring taman | lawange kalih tinutup | pinati kuncine samya ||

14. cinatur ing sabên ari | Dananjaya pamulangnya | jêmparing marang sang sinom | lesane ingkang kinarya | êndhog pêking lan rema | yèn dalu karoron lulut | anèng jroning madeyasa ||

15. gumyah pawartane jawi | lamun lagya tapa nendra | langkung rêpit pratikêle | satriya Adananjaya | lawan putri Cêmpala | dènira nèng taman lulut | sagung wadya Madukara ||

16. tan ana kang graitani | ing tingkahe gustinira | nyana tapa sayêktine | namung Bagong lawan Sêmar | siyang dalu tan pisah | ngladosi sakarsanipun | anèng taman Madugănda ||

--- 235 ---

17. kunêng gantya kang winarni | nênggih nagari Cêmpala | sapungkurira sang sinom | praptane ing pitung dina | sagung êmban lan inya | kang jaga jawining pintu | prasamya angarsa-arsa ||

18. têdhake gustinirèki | dene wus praptèng antara | dadya sadaya rêmbage | sagunging cèthi parêkan | êmban babu lan inya | wus rêmbag samya amungu | sigra nikèn êmban inya ||

19. lumêbu jroning botrawi | minggah marang pasarean | rumangkang miyak samire | gustine datan katingal | sajroning pasarean | binalingkrah sadaya wus | suwung gustine wus musna ||

20. êmban inya sarêng anjrit | sagunging cèthi parêkan | sadaya lara tangise | sampun katur mring sang nata | sigra têdhak mring taman | miwah pramèswarinipun | lara dènira karuna ||

21. langkung ribêng tyasira ji | wus pasthi panyiptanira | lamun kang putra lolose | sangking dahat lumuhira | akrama ratu sabrang | sang prabu nimbali gupuh | ing Radyan Drêsthajumêna ||

22. miwah rêkyana apatih | wus prapta ngarsa narendra | rahadyan lara tangise | sang prabu alon ngandika | lah wis aja karuna | balikan sira dèn gupuh | padha mikira ngupaya ||

23. sira patih ingsun tuding | mring anak prabu ing sabrang | paring uninga lungane | gustimu sangking nagara | murca sing pagulingan | ingsun bangêt jaluk tulung | mring anak prabu ing sabrang ||

24. ing lungane nini putri | dèn rewangana ngupaya | hèh ta kulup sira dhewe | lumakua mring Ngamarta | lêlancaran kewala | tuhuninga anak prabu | ing lungane kakangira ||

25. dene wadyanira sami | Cêmpala kang pra dipatya | sêbarên sadina kiye | kabèh padha ngulatana | ngosak-asik mring wana | miwah marang gunung-gunung | kalih umatur sandika ||

26. wus mundur sangking ngarsa ji | prapta ing jawi parentah | pra dipati kang

--- 236 ---

saparo | budhalan sawadyanira | sinêbar angupaya | Kyana Patih Căndrakètu | mring pakuwon Sawojajar ||

27. Radèn Drêsthajumêna glis | lancaran marang Ngamarta | namung turăngga salawe | wau lampahe Ki Patya | Căndrakètu wus prapta | pakuwon lajêng tumundhuk | ing ngarsa Jungkungmardeya ||

28. umatur saha wotsari | pukulun amba dinuta | ing rama paduka katong | kinèn maringi uninga | arinta sang lir rêtna | musna kalanirèng dalu | murca sangking pagulingan ||

29. tan wontên banon kang gigrig | icale sang lir kusuma | kadya pinundhut dewane | arinta sang narpaputra | lan sagung pra dipatya | Cêmpala sinêbar sampun | prasamya kinèn ngupaya ||

30. mring wana lan wukir-wukir | pukulun rama paduka | myang ibu pramèswarine | sangêt ing panyuwunira | dhatêng paduka nata | wadyanta sadayanipun | pinundhut pitulungira ||

31. ngupaya ari sang putri | yèn kapanggih ing samăngsa | ibu ta lan rama katong | tumut ngèngèr mring paduka | Prabu Jungkungmardeya | ngandika hèh Căndrakètu | jêng rama têka mungkura ||

59. Pangkur

1. lah iya sira matura | ing jêng rama miwah mring ibu sori | aywa sungkawa ing kalbu | ilange sang kusuma | lamun mêksih urip ngêndi paranipun | yèn mêksih ngambah bantala | sayêkti lamun kapanggih ||

2. sanadyan silih ngungsia | Suralaya kacandhak dening mami | Căndrakètu pamit sampun | mundur sangking ngajêngan | Prabu Jungkungmardeya ngandika asru | mring Patih Jayasudarga | bapa mataha dèn aglis ||

3. sagunging bala rasêksa | budhalêna kabèh aywa na kari | ngupaya gustinirèku | lunga sangking nagara | alas-alas guwa-guwa gunung-gunung | aywa na kang kaliwatan | jurang pèrèng kali-kali ||

4. konên ngosak-asik padha | dalan-dalan sajabaning [sa...]

--- 237 ---

[...jabaning] nagari | kang sungil kang siluk-siluk | lah jaganana ditya | pra dipati manungsa patahên gupuh | kang saparo budhalêna | sawadyabalanirèki ||

5. ngosak-asik jro nagara | sira dhewe bapa ingsun bubuhi | anuksma jroning kadhatun | sabên dalu namara | aywa kongsi kawruhan lakunirèku | kang sun jaga bokmanawa | panggawene sri bupati ||

6. miguna mring jênêng ingwang | kyana patih sandika turirèki | mundur sangking ngarsa sampun | praptèng jawi parentah | marang sagung pra dipati ditya sampun | gumuruh nêmbang têngara | budhal sawadyanirèki ||

7. ingkang ngalèr sapunggawa | ingkang budhal mangetan sabupati | ingkang sapunggawa ngidul | mangilèn sapunggawa | alas-alas jurang-jurang guwa gunung | tan ana kang kaliwatan | sadaya dèn osak-asik ||

8. dene kang bala rasêksa | sapunggawa pinatah anjagani | sadaya kang lurung-lurung | pra dipati manungsa | sabalane pinatah sadayanipun | nalasah sajroning kitha | namur momor lan wong bumi ||

9. Ki Patih Jayasudarga | sabên dalu anjêjêp jroning puri | kunêng gantya kang winuwus | Radyan Drêsthajumêna | lampahira praptèng nagri Ngamarta wus | tinimbalan marang ngarsa | umatur lamun tinuding ||

10. mring kang rama tur uninga | yèn kang raka Rêtna Wara Srikandhi | kesah nalikane dalu | murca sing pagulingan | purwa madya wasana pan sampun katur | yèn linamar ratu sabrang | pan dadya kesahirèki ||

11. Sang Aprabu Yudhisthira | duk miyarsa langkung ngunguning galih | pangandikanira arum | iya yayi matura | ing jêng rama mêngko sapungkurirèku | bocahira ing Ngamarta | ingsun sêbare ngulati ||

12. Rahadyan Drêsthajumêna | amit nêmbah mundur sangking ngarsa ji | Prabu Yudhisthira sampun | parentah mring kya patya | sigra matah pra mantri samya angruruh | mring Rajaputri Cêmpala | budhal sagung para mantri ||

13. Sang Aprabu Yudhisthira | sampun [sampu...]

--- 238 ---

[...n] paring uninga marang sori | ingkang rayi praptanipun | Radyan Drêsthajumêna | pan dinuta marang rama sang aprabu | kinèn maringi uninga | kesahe Wara Srikandhi ||

14. linamar mring ratu sabrang | ingkang dadya margane dènira nis | sangking pagulingan dalu | de wadyabalanira | ing Ngamarta kang saparo wus sun tuduh | ngubrês sagung alas-alas | jurang guwa wukir-wukir ||

15. pramèswari duk miyarsa | langkung sangking sungkawanirèng galih | sigra nuduh êmbanipun | nukma mring Madukara | Rêtna Wara Drupadi graitanipun | mring satriya Dananjaya | ana trêkanirèng galih ||

16. dene lami tan sewaka | sang kusuma tan antuk dhahar guling | sangking sungkawane kalbu | kunêng gantya winarna | Dananjaya ingkang tansah karon lulut | anèng taman Madugănda | lan Rêtna Wara Srikandhi ||

17. apan wus saengga garwa | yèn raina sang dyah lesan jêmparing | kang kinarya lesan rambut | sang rêtna sampun wignya | miwah lesan dhoging kukila ginantung | cok wruha prênahe kêna | miwah yèn mêksih kaèksi ||

18. antara samadya căndra | dènira nèng Madukara sang putri | langkung rêpit tingkahipun | sanadyan wadyanira | Madukara sadaya apan dèrèng wruh | yèn Rajaputri Cêmpala | anèng jroning tamansari ||

19. pan amung pamyarsanira | kang satuhu gustine tapa guling | mangkana ingkang winuwus | Rêtna Wara Sumbadra | lagya lênggah sarwi mangku putranipun | Rahadèn Ăngkawijaya | Rarasati lan Sulastri ||

20. kang tansah munggèng ngarsanya | angglar sagung parêkan lawan cèthi | sang rêtna ngandika arum | paran wartane jaba | dene lawas gustinira nora kundur | Rarasati matur nêmbah | pukulun gumyahing jawi ||

21. raka paduka jêng pangran | anèng taman nglampahi tapa guling | winangênan laminipun | ing kawan dasa [da...]

--- 238[13] ---

[...sa] dina | nanging dènnya tapa nendra rowangipun | lan Rajaputri Cêmpala | Kusuma Wara Srikandhi ||

22. praptanipun Madukara | lêlungsène gusti guru jêmparing | kang kinarya lesan rambut | sipat katingal kêna | lamun dalu kang winuruk gantya muruk | Srikandhi kang dadya lesan | kawatgata sabên ratri ||

23. gumujêng Wara Sumbadra | gumêr sagung parêkan para cèthi | sa dyah angandika arum | apa sakarsanira | gustinira dènira nèng tamansantun | lan Rajaputri Cêmpala | pan ingsun nora sak sêrik ||

24. nadyan silih sawindua | anèng taman apa sakarsanèki | Rarasati sira iku | ing batin dèn narima | padha momong bae mring iki sutamu | sukur banjura kagarwa | ana rewang ngong ngladèni ||

25. Rarasati matur nêmbah | botên manah gusti kang sapuniki | nadyan kramaa rong atus | inggih sukur kewala | nanging dipun pasaja ing karsanipun | gusti dhumatêng paduka | sampun mawi angilapi ||

26. kang dados ngungun kawula | inggih rayi tuwan Wara Srikandhi | dene ta putraning ratu | sêmbada yu utama | bok inggiha ngupaya margi kang patut | sasêmbèr-sêmbèr anèha | dêstun anginggah-inggahi ||

27. bok sampun bêdhog kewala | ngadhak-adhak gumledhak nyundêl anjing | numbuk-numbuk soroh bathuk | ngandêlake kang warna | jêr si ayu dhèwèke lan gustiningsun | hèh Sulastri yèn anaa | iya pangajaning gusti ||

28. padha samêngko kewala | ingsun larak tan etung praptèng pati | binêbêka kadi bubuk | mring jêng pangran su[14] têmah | iya sangking panas-panase atiku | Kusuma Wara Sumbadra | pangandikanira aris ||

29. sira iku bocah apa | lamun ngucap nora nganggo pakering | wuwus tan pantês rinungu | bok wis padha narima | pan wus ana samêngko lêlirunipun | kang minăngka gustinira | iya sutanira iki ||

30. aja na kang

--- 240 ---

munasika | mring jêng paran[15] kang lagya tapa guling | tutuga sakarsanipun | lawan putri Cêmpala | Rarasati Sulastri myarsa tumungkul | kongkulan kang pangandika | ing gusti sang rajaputri ||

31. dadya kandhêg aturira | Rarasati mring gustinya sru ajrih | kunêng wau kang winuwus | ingkang lumampah nukma | êmbanira pramèswari Ngamartèku | wus prapta ing Madukara | momor sagung para cèthi ||

32. parêkan ing Madukara | sadayanya tan ana graitani | lamun dinuta puniku | mring gusti pramèswara | tan kawarna laminira tigang dalu | antuk warta kang sanyata | yèn Rêtna Wara Srikandhi ||

33. anèng taman Madugănda | lan satriya Dananjaya pribadi | yèn dalu karêm mong lulut | apan saengga garwa | yèn raina gêguru pamanahipun | lesan jêmparing nèng taman | winulang ing sabên ari ||

34. ing sawusira mangkana | nulya wangsul yun matur marang gusti | sigra-sigra lampahipun | wus prapta ing Ngamarta | laju marêk ing ngarsane gustinipun | dinangu saaturira | dhuh gusti sang rajaputri ||

35. rayi dalêm sang lir rêtna | inggih èstu wontên Madukarèki | langkung rêmit sasabipun | tan wontên kang uninga | karsanipun nèng taman rayi pukulun | mring wong agung Madukara | inggih gêguru jêmparing ||

36. sabên raina winulang | ing rayinta Madukara jêmparing | makatên ing karyanipun | sampun samadya căndra | rayi dalêm sang lir rêtna ênggènipun | wontên taman Madugănda | kinêkêr angore wèni ||

60. Sinom

1. narpa dayita Ngamarta | miyarsa aturing cèthi | yayah sinipi dukanya | kagagas wirange galih | mring solahe kang rayi | pramèswari têdhak gupuh | marang ing Madukara | mung lawan cèthi satunggil | ingkang mêntas nukma marang Madukara ||

2. miyos lawang bêbutulan | mring raka tan mawi pamit | ing marga datan winarna | ing Madukara wus prapti | jumujug tamansari | asru dènnya dhodhog [dhodho...]

--- 241 ---

[...g] pintu | Sêmar kagyat miyarsa | sapa ta kang jaluk kori | dhodhog lawang liwat tan wruh ing dêduga ||

3. mokal yèn tan angrungua | gustine lagi aguling | age balia kewala | pramèswari anauri | kakang Sêmar dèn aglis | ingsun ingkang jaluk pintu | pramèswari Ngamarta | ngrungu lamun Si Srikandhi | anèng kene ingsun arsa katêmua ||

4. Ki Lurah Sêmar miyarsa | swarane kang minta kori | yèn pramèswari Ngamarta | Sêmar lumayu angênthir | nêdya atur udani | pramèswari rawuhipun | satriya Dananjaya | duk mijil sangking botrawi | Lurah Sêmar matur sarwi mêgap-mêgap ||

5. pukulun atur uninga | punika rakanta prapti | narpa dayita Ngamarta | asru dhodhog minta kori | kawula jrih ngêngani | sampun uninga pukulun | lamun rayi paduka | Wara Srikandhi nèng riki | pan ing wau linge arsa pêpagiha ||

6. Dananjaya duk miyarsa | langkung pangungunirèki | ciptaning tyas paran baya | dadine lêlakon iki | dene kongsi kapyarsi | mring kangbok sapa kang matur | kakang paran rèhira | bêcik êndi sun wêngani | lawan ora Sêmar alon aturira ||

7. èwêt lêlakon punika | upami dipun wêngani | sayêkti yèn dados gêndra | tan wande ulêng sang putri | yèn botên dèn wêngani | pramèswari yêkti matur | mring raka sri narendra | mendah ta dukanirèki | kadhatêngan putri tan atur uninga ||

8. satriya Adananjaya | langkung ribêng jroning galih | alon dènira ngandika | payo kakang dèn wêngani | kapriye gone mikir | ing budi pan wus kabutuh | Sêmar sigra wangsulnya | sinorog mênga kang kori | pramèswari sampun manjing jroning taman ||

9. tumundhuk Sang Dananjaya | mêndhak satêpining kori | pramèswari mèsêm lingnya | yayi dhayohan sirèki | arinira Srikandhi | nèng ngêndi sun arsa

--- 242 ---

pangguh | Dananjaya aturnya | wontên sakilèn botrawi | kalangênan jêmparing sampun sakenjang ||

10. lajêng sang narpa dayita | Dananjaya mêdal jawi | Sêmar asru aturira | niku radèn dhatêng pundi | têka dadak ngesahi | lêrêse radèn têtulung | botên wande punika | ingkang rayi dèn gêbagi | Dananjaya gumujêng dènnya ngandika ||

11. ingsun ngadoh bae kakang | mrana kang rada andhêlik | aja kongsi kamiyarsa | kakangbok dukanirèki | sira bae ywa têbih | ngintipa sajaban pintu | lan Si Bagong ngawasna | paran ta dadine mangkin | Sêmar Bagong wangsul ngintip anèng lawang ||

12. wau sang narpa dayita | wus praptèng kilèn botrawi | Wara Srikandhi tumingal | mring raka kagyat tan sipi | gupuh dènnya mlajêngi | tundhuk ngrangkul padanipun | sarwi lara karuna | kathah sêsambatirèki | pramèswari alon dènira ngandika ||

13. wis yayi aja karuna | dèn aris payo alinggih | sun arsa atakon warta | kang dadi lunganirèki | liwat karya prihatin | sukur wis padha rahayu | kang rayi duk miyarsa | asrêp ing galih dinugi | ingkang raka rawuhe tan mawi duka ||

14. kèndêl dènira karuna | aris wus tata alinggih | Rêtna Srikandhi turira | milamba angingkis ratri | sangking praja tan mawi | pamit ing rama myang ibu | linamar ratu sabrang | jêng rama myang ibu sori | sampun parêng nampèni panglamarira ||

15. satêmah amba pinêksa | mila nuntên angesahi | kawula lampu palastra | laki sabrang botên sudi | prapta kawula ngriki | duk lagya samadya tèngsu | sampun lami sêjamba | mriki angguru jêmparing |

--- 243 ---

dhatêng rayi paduka ing Madukara ||

16. kang raka mèsêm ngandika | apa ta wis pintêr yayi | gonira sinau manah | turnya pan sawêg sairib | lamun lesan dhog pêking | sagêd amba namung rêmuk | lamun rema mung pêgad | pramèswari ngandika ris | lah ta mara manaha sun arsa wikan ||

17. lesane nulya pinasang | rema lawan dhoging pêking | sang rêtna mênthang gandhewa | lumêpas ingkang jêmparing | dhoging kukila pêking | kacundhuk sanjata sumyur | nulya rema pinanah | pêdhot kataman jêmparing | pramèswari gumujêng dènnya ngandika ||

18. yayi wus pintêr têmênan | iya gonira jêmparing | mara ingsun wurukana | kapencut bisa jêmparing | kaya pa rakitnèki | nalika sira winuruk | marang ing kakangira | kang rayi umatur aris | gih suwawi kakangbok kawula wulang ||

19. kang raka sampun ngaturan | gandhewa lawan jêmparing | kênthênge sampun pinasang | kang rayi lênggah nèng wuri | sarwi umatur aris | dhuh kakangbok kula nuwun | langkung sangking digsura | rakite mulang jêmparing | mara yayi ngarah apa wus sun sêdya ||

20. kang rayi sigra tur sêmbah | ngrakêti pungkurannèki | asta kanan sami kanan | nyêpêng nyênyêping jêmparing | gandhewa asta kering | rakite kadya angrangkul | manglung jăngga tumumpang | anèng pamidhangannèki | pipi kering tumèmpèl nèng pipi kanan ||

21. rakite kadya angaras | iringe grana nèmpèli | pangarasan ingkang kanan | jaja karakêt ing gigir | jêngkunira kêkalih | mipit ing wêwangkong kukuh | astanya kering kanan [ka...]

--- 244 ---

[...nan] | pangrangkule angapithing | Rêtna Wara Drupadi kalangkung duka ||

22. nulya mingêr dènnya lênggah | angajêngakên kang rayi | sarya di klaraping netra | mawinga-winga mawêngis | sêrêng pêdhês dènnya ngling | dhuh lae sira wong ayu | nanging jaba kewala | ing jro ulêrên wus bacin | bêcik têmên mangkono ing solahira ||

23. dudu solahe wong manah | solahe wong nyundêl anjing | jêjamahan kang wus lanyah | rênyuh nyunyur nyonyar-nyanyir | bok ya dèn idhêp ngisin | kapriye ta pangrasamu | mendah dene dhudhaa | têka dadak sira bruki | bojone wus sèwu kaya warnanira ||

24. pageneya kangjêng rama | wèh kadang mangkene iki | dene jêng ibu tan ramban | pêputra têka mêtoni | sêmbèr lèwèr nyaluwir | ngêlonthe kongsi mathuthung | ngadhag-adhag gêladhag | pêdhot amamah kêndhali | lumah-lumah wong lumuh kinèn jêjamah ||

25. dene ta tinari krama | kumayu minggad ing wêngi | ingsun nyana tyase nyata | dènira lumuh alaki | praptaning don si anjing | têka nubruk numbuk-numbuk | ngêbruki kongsi babrak | bêdhog wong wus duwe rabi | angur oblo mêksih anduwèni wirang ||

26. manglulu mangala-ala | Kusuma Wara Drupadi | mring kang rayi dukanira | saputing tyasnya tan sipi | anjrit jungkêl ing siti | tanpanon rat idhêpipun | myarsa dukaning raka | gumrêgêd Wara Drupadi | ingkang rayi dyan ingukêl remanira ||

27. apan sarwi jinêjêgan | lah age minggata anjing | nadyan sira ngêlonthea | golèka liyan nagari | aja gêgawa mami | wus dangu pamalanipun | inguculkên saksana | kang rayi mundur anangis | minggah marang botrawi nganthi sanjata ||

61. Kinanthi

1. endhonge sinandhang sampun | anèng gendhongan mathithing | gandhewa [gandhe...]

--- 245 ---

[...wa] nèng asta kiwa | pantês wanguning prajurit | rajaputri ing Cêmpala | acancut ramping tarincing ||

2. ingkang pinundhut puniku | marang sang raja pinutri | apan dudu panah lesan | sanjata agêming jurit | dènira Sang Dananjaya | aran sanjata dhadhali ||

3. mijil sangking tamansantun | Kusuma Wara Srikandhi | mêdal lawang bêbutulan | wau ta ingkang winarni | narpa dayita Ngamarta | sawêdale ingkang rayi ||

4. ngandika mring êmbanipun | biyang timbalana aglis | ariningsun Si Sumbadra | nikèn ban sigra lumaris | manjing dalêm panggih lawan | Kusuma Banoncinawi ||

5. nikèn ban nêmbah umatur | kawula anggèr dinuding | ing raka narpa dayita | paduka dipun timbali | dhatêng taman Madugănda | ing rakanta pramèswari ||

6. sang dyah miyarsa kumêpyur | apa ta wus suwe bibi | kangbok rawuhe ing taman | nikèn ban umatur aris | gusti sawêg sapunika | sang kusuma mangkat aglis ||

7. lampahe amagêr timun | mêndat mêntul ngrêspatèni | sêngkang lir lintang mèh enjang | gonal-gonèl balêrêngi | nadyan kathah wong lumampah | nora padha lan sang putri ||

8. sarwi ngêmban putranipun | Sulastri lan Rarasati | tan kantun nèng wurinira | samarga pating jêrawil | hèh Sulastri tingalana | gustimu gènnya lumaris ||

9. rêspati angêmban sunu | tindake nganglêntrih ririh | mêntas babar kasangsaya | bonyone sarira mêksih | wênês ijo amardapa | liringe luruh alindri ||

10. tejane wênês sumunu | kasor raras ruming sasi | kaya rêmuka kanginan | lah ing ngêndi ana putri | ingkang kongkulan ngakasa | kang kasăngga dening bumi ||

11. ana mirib ing gustimu | Sulastri alon nauri | lagi pangeran kewala | wong agung dhêmênnyar yêkti | karêm putri ing Cêmpala | yèn mungguh pangrasa mami ||

12. nêmbah amung patutipun | marang gustiku sang dèwi | bok lawan sira kewala | warnane [war...]

--- 246 ---

[...nane] Wara Srikandhi | tambuh ingkang piniliha | mêksih pantês jajar linggih ||

13. wau ta sang dyah wus rawuh | salêbêting tamansari | pramèswari ngawe sigra | kene linggiha ri mami | lah ta êndi sutanira | bagus têmên sun tingali ||

14. putra ingaturkên sampun | anèng pangkon gya liniling | sang rêtna mèsêm ngandika | bagus têmên bocah iki | ruruh sêmune dyatmika | lan bapakne wus tan têbih ||

15. pira yayi umuripun | sang rêtna umatur aris | kangbok kalih wulanira | namung kirang pitung ari | narpa dayita ngandika | bênêr mung kacèk sasasi ||

16. sutanira umuripun | lan Si Păncawala yayi | kakang adhine mèh kêmbar | pasêmone mèh sairip | hèh ta yayi praptaningwang | marmanjujug tamansari ||

17. jujul mring arinirèku | iya Si Wara Srikandhi | lunga saka ing nagara | tanpa pamit ing rama ji | nuli pasrah rakanira | dadya ingsun angulari ||

18. ingsun kongkonan nyuluh-nyuluh |[16] katêmu arinirèki | yèn ana ing Madukara | nuli ingsun anêkani | jumujug ing tamanira | wus panggih ingsun dukani ||

19. buh ta mau paranipun | lungane mêksih anangis | buh mulih marang Cêmpala | buh banjur minggad ta yayi | Kusuma Wara Sumbadra | miyarsa ngungun tan sipi ||

20. nêmbah alon dènnya matur | punapaa dèn dukani | kangbok pangraos kawula | wontên Madukara ngriki | sanadyan kalih windua | apan dalême pribadi ||

21. datan wontên sanèsipun | lawan ing Cêmpala nagri | yèn kawula mêningana | kangbok gèn tuwan dukani | yêkti malang botên suka | kesahipun sangking ngriki ||

22. sêdya kawula pukulun | têtêpa dadosa kanthi | gumujêng narpa dayita | iya sukur-sukur yayi | lamun mêngkono tyasira | liwat panarima mami ||

23. lah wis ingsun pamit mantuk | yayi nya sutanirèki | Wara Sumbadra tur sêmbah | bok inggih kèndêl rumiyin |

--- 247 ---

aso nèng dalêm sakêdhap | pramèswari ngandika ris ||

24. manawa dèn ayun-ayun | mring rakanira sang aji | gon ingsun mring Madukara | nyolong bae nora pamit | putra sampun tinampènan | lajêng kundur pramèswari ||

25. Ki Lurah Sêmar andulu | yèn pramèswari wus mijil | wau ta Sang Dananjaya | prapta angandika aris | lah ta priye mau kakang | ing dadine Si Srikandhi ||

26. apa ora ana mêtu | iya sangking tamansari | Ki Lurah Sêmar turira | sayêktine lamun mêksih | yèn kesaha sangking taman | wêdale kula udani ||

27. mung pramèswari kang kundur | nanging kawula watawis | sang rêtna sangêt pinala | kapyarsa dènira nangis | paduka kang damêl dosa | têka botên dèn tulungi ||

28. mendah sakite tyasipun | mring paduka sang suputri | lah ta dawêg dipun enggal | gih paduka arih-arih | mumpung mêksih anèng taman | Dananjaya ngandika ris ||

29. yèn age-agea ingsun | kakang nêmoni pribadi | mêlang ingsun bokmanawa | mêksih kabaranang runtik | bêcik sira bae kakang | ingkang nêmonana dhingin ||

30. dimène rèrèh tyasipun | têkakna prasêtya mami | dene ta padha wanudya | lawan kadange pribadi | ingkang prapta anèng taman | mulane ingsun lungani ||

31. yèn ta wonga liyanipun | utawa lanang kang prapti | aywa kang padha satunggal | sanadyan Sri Narapati | Ngamarta lan ing Cêmpala | praptaa ing tamansari ||

32. anggawa bakale mantu | sawadyabalanirèki | Sang Prabu Jungkungmardeya | ditya diyu myang rasêksi | dèn bêka ing Madukara | nora sêdya sun ginggangi ||

33. ajura dèn kumur-kumur | sarambut datan gumingsir | dene lamun sang kusuma | keron tyasira ningali | iya marang Si Sumbadra | jinaluk lunganirèki ||

34. aja sumêlang [su...]

--- 248 ---

[...mêlang] ing kalbu | esuk sore sun turuti | nora mada sangking warna | satuhu ayu linuwih | ing warnane Si Sumbadra | nanging atine tan bêcik ||

35. bangêt lêngus wani kakung | kongsi duwe anak siji | lan ingsun anak pêpêksan | sangking tiwase tyas mami | bêbutuhan durung ana | ing budi ingkang nyondhongi ||

36. Sêmar jêngèk dènnya matur | niku radèn kadi pundi | têka tombok gustiningwang | ingkang botên nika niki | sajagad măngsa ontêna | brăngta bêktine ing laki ||

62. Asmaradana

1. Dananjaya ngandika ris | wuwus lamis mung kinarya | angenaki ati bae | sèwu putri ing Cêmpala | masa ta kalakona | ambuwang kang wus sêsunu | lah ta wis sira mangkata ||

2. Sêmar pinêksa nuruti | sampun lumêbêt ing taman | ing wanci surup srêngenge | lagya tanggal kaping tiga | Rêtna Wara Sumbadra | samana lagyarsa kundur | kèndêl ningali mring Sêmar ||

3. dumuk-dumuk lampahnèki | nguwuh mring putri Cêmpala | sang dyah anggarjita tyase | wus nrêka lamun dinuta | marang ing gustinira | mring Rarasati lingnya rum | Si Sêmar ika kang prapta ||

4. angulati Si Srikandhi | patute ika dinuta | iya marang bêndarane | Rarasati saurana | sira kang kêmbar swara | kinongkon apa puniku | Nikèn Rarasati sigra ||

5. ngadêg ing ngarsa sang putri | cumênthèng panguwuhira | kakang Sêmar kene-kene | baya ta sira dinuta | marang ingkang jêng pangran | dene dadak cêluk-cêluk | Lurah Sêmar amiyarsa ||

6. mring swarane Rarasati | dinuga putri Cêmpala | dene sami cumêngklinge | Lurah Sêmar sigra mara | sarya sru aturira | wontên jawi dalu-dalu | puniku mundhut punapa ||

7. kang mindha alon nauri | iya ninis bae kakang | kang rada isis nèng kene | sariraningsun [sarira...]

--- 249 ---

[...ningsun] grahuyang | Sêmar wus praptèng ngarsa | ngulap-ulap alon matur | dene wau sru karuna ||

8. dipun napakakên gusti | ing raka narpa dayita | kang mindha alon saure | nora kinapakkên kakang | pan amung dinukanan | kang dadi panangis ingsun | dene ta tininggal lunga ||

9. iya mring gustinirèki | Sêmar alon aturira | kawula niki kinèngkèn | ing rakanta jêng pangeran | maringkên prasêtyanya | milane rakanta wau | inggi[17] ngesahi kewala ||

10. rawuhipun pramèswari | dene priyayi wanudya | wah kadang paduka dhewe | yèn priyaa ingkang prapta | sayêkti katandangan | sanadyan rakanta prabu | ing Ngamarta ingkang prapta ||

11. sayêktine dèn tanggoni | miwah ramanta Cêmpala | bêktaa badhe mantune | ing sabrang Jungkungmardeya | sabalane sadaya | ditya rasêksa myang diyu | dèn kèbêkan Madukara ||

12. botên nêdya dèn ginggangi | rangkêpa sayuta ngarsa | tan gumingsir ing prang tanggon | dene lamun tyas paduka | sungkawa dèrèng rêna | botên karsa kinamaru | lan Dèwi Wara Sumbadra ||

13. sampun sumêlang ing galih | pan inggih samăngsa-măngsa | rakanta ing pambucale | dhasare wus lami dènnya | puwas marang kang garwa | botên mada warnanipun | tuhu yèn ayu utama ||

14. nanging winada ing galih | lêngus wani marang priya | kang dados botên condhonge | malah ingkang pangandika | dene ngantos pêputra | satunggal ing dadosipun | pêpêksan ing galihira ||

15. lamine ngantos samangkin | tinasihakên kang garwa | pan inggih sangking dèrènge | antuk kang condhong ing karsa | ing mangke mung paduka | ingkang dados condhongipun | marma sih anrus ing driya ||

16. Rarasati duk miyarsi | ingampêt tyase tan kêna | kadya sinêntak guyune | iku apa nyata kakang | mangkono jêng pangeran | wus puwas mring garwanipun | condhonging tyas mung maringwang ||

17. sih trêsna

--- 250 ---

ing lair batin | Sêmar umatur supata | botên watak gawe-gawe | lah ta mangke têtakona | yèn panggihan priyăngga | manawi dora tur ulun | Rarasati latah-latah ||

18. gya jinawil sangking wuri | mring Dèwi Wara Sumbadra | winisik ing sêsaure | Rarasati sawusira | winisik gya ngandika | iya kakang yèn satuhu | mangkono linge jêng pangran ||

19. prasêtyane marang mami | nuli sira aturana | sun arsa miyarsa dhewe | pangandikane jêng pangran | Sêmar umatur sagah | inggih pasthi mangke rawuh | sampun tuwan kesah-kesah ||

20. kula turane tumuli | raka paduka pangeran | Rarasati lon dêlinge | iya nuli aturana | kakang sira sun ganjar | lah iki sêsupeningsun | mirah rêga sèkêt reyal ||

21. Sêmar gupuh anampèni | mundur sarwi lênggak-lênggak | samarga-marga sêsêndhon | Kusuma Wara Sumbadra | alon dènnya ngandika | Rarasati nya sutamu | gawanên ngiwa marana ||

22. ring-aringana kang bêcik | ing mêngko kalamun prapta | ingsun têmonane dhewe | priyayine Madukara | kapriye prasêtyanya | kang putra tinampan sampun | mring Rarasati ingêmban ||

23. lan Sulastri mundur aglis | ngiwa marang pojok bata | sang rêtna miranti gone | jumênêng sor nagapuspa | lagya tanggal ping tiga | sangandhaping nagasantun | radi pêtêng sawatara ||

24. tan pramana aningali | nanging grêmênge katara | wuwusên wau lampahe | Ki Lurah Sêmar wus prapta | ing ngarsane rahadyan | wus katur saaturipun | solah tingkahe dinuta ||

25. dènnya manggihi sang putri | rahadyan suka miyarsa | kaya pa mau dêlênge | rajaputri ing Cêmpala | apa nora sungkawa | Ki Lurah Sêmar umatur | tingale sae kewala ||

26. mila radyan dèn aturi | têdhak soring nagapuspa | kêdah miyarsakkên dhewe |

--- 251 ---

kang dados jangji paduka | mring kula tan pracaya | Dananjaya sukèng kalbu | sigra dènira tumêdhak ||

27. lumêbêt ing tamansari | jujug soring nagapuspa | tan taha-taha galihe | wus pasthi putri Cêmpala | kang jumênêng katingal | anèng soring nagasantun | lajêng pinondhong kewala ||

28. rinungrum ingarih-arih | pan sarwi ingaras-aras | gusti mirah ingsun anggèr | intên-intêne pun kakang | ingkang sawang kumala | apuranên dasihipun | dahat cidra ing ubaya ||

29. marmane ingsun lungani | rawuhe narpa dayita | dene ta priyayi wadon | yèn ta lananga kewala | aywa ingkang satunggal | sanadyan satusa èwu | dèn kêbêka Madukara ||

30. nora sêdya sun ginggangi | dhuh anggèr pan ora dora | Si Sêmar mau ature | sayêkti lamun sangkingwang | ngaturakên prasêtya | mring kusuma jiwaningsun | anjanmaa kaping sapta ||

31. tan nêdya mulat dyah malih | ngamungna sang lir kusuma | kang asih marang dasihe | Kusuma Wara Sumbadra | nalikane miyarsa | yèn ingkang raka satuhu | dènnya ngungkurakên trêsna ||

63. Pangkur

1. murub kadya binaranang | datan kêna ingampêt tyasirèki | miyarsa lingirèng kakung | dahat anglêsing driya | lir tinunjêl ing sela tinotog ngalu | pêdhês wêngis wuwusira | dhuh babo wong apa iki ||

2. jumujug prapta angêmban | singa katon tan nganggo dèn tingali | mondhong dudu bedhangipun | nora ngrasa sêmayan | rinarêpa manawi mangke kaliru | kula dede lonthe dika | ngêpithing kaya tan gêthing ||

3. angaras nora nganggo was | bok dèn awas wuwuse ngasih-asih | apa wuwus nguwus-uwus | age dika udhunna | Dananjaya miyarsa kagyat kalangkung | wruh kaliru ingkang garwa | nulya ingudhunkên ririh ||

4. satriya Adananjaya | pan anglêgêr merang ing tyas tan sipi | lêngêr-lêngêr sèwu [sè...]

--- 252 ---

[...wu] ngungun | sakêthi nora nyana | yèn kang garwa dhêlêg-dhêlêg joto jêntung | datan kêna angandika | sang rêtna wêngis dènnya ngling ||

5. lah dawêg enggal ulihna | awak kula mring nagri Dwarawati | prapta kawula rumuhun | apan botên nênêka | mara dhewe soroh badan nubruk-nubruk | ngêbruki wong Madukara | margane dika parani ||

6. ing mangke dika wus puwas | inggih ulihêna kang klawan bêcik | sampun mawi nguwus-uwus | sayêkti tanpa tuwas | ngawètakên mring wong lawas bêngus lêngus | dhoso wani marang priya | marma ulihna dèn aglis ||

7. botên nyênyukêri tingal | yèn awèta kawula wontên riki | nyênyampuri mring wong agung | karya nisthaning praja | pantês dika kang timbang sayêkti namung | rajaputri ing Cêmpala | bapa raja ibu sori ||

8. botên wontên kang kuciwa | satriya di akrama putri adi | sêmbada bêkti ing kakung | beda lawan kawula | ala rupa têtampikan nora payu | lêngus wani marang priya | tan wruh kanisthanirèki ||

9. sumêngka angăngka-ăngka | nistha papa anyèthi mring wong singgih | kaniaya kakang prabu | têka sêsoroh kadang | têmahane mung dèn anggêp raganingsun | bêbutuhan têtambalan | aji wong anyundêl anjing ||

10. langkung garês wuwusira | sang kusuma sangking gêrusing galih | ngoso-oso nguwus-uwus | mangundhat ngundhamana | Dananjaya èbêk tyasira kalangkung | miyarsa linge kang garwa | sèwu susah sèwu sêdhih ||

11. angrasa ing lêpatira | langkung sangking ngrêrêpa ngasih-asih | apuranên biyang kulup | sakèhe [sakèh...]

--- 253 ---

[...e] luput ingwang | pan wus nyata lamun ingsun sèwu luput | nanging biyang kulup aja | sira trusakên ing galih ||

12. wuwus lamis mung kinarya | angenaki atine Si Srikandhi | sakêthia warnanipun | kaya putri Cêmpala | masa dadak kalakona raganingsun | ambuwang kang wus sêsuta | rewang ngong sapati urip ||

13. apa kang sira tamakna | yèn nêdyaa cidra prasêtya mami | ing nguni marang sirèku | bêbêndune jawata | suralaya kabèh numpêka maringsun | manawa darbe panyipta | ambuwang mring sira gusti ||

14. rowang ngong salara lapa | kongsi prapta ing ariloka benjing | tulusa rèntèng rêruntung | kusuma lawan sira | gêgandhèngan aywa na kang nyondhang-nyandhung | gusti ngamungna lan ingwang | sang rêtna asru ambêngkis ||

15. dhuh ewa têmên wak ingwang | amiyarsa wuwus kinarya lamis | lan ewa têmên wak ingsun | mring kang tuhu ubaya | dene kaya wong ala lir raganingsun | têtêp mantêp ing prasêtya | mung nêdya utamèng laki ||

16. sanadyan rabia sasra | suka lila ing lair trusing batin | wus sun sêdya momong maru | narima dadi tuwa | ciptaningsun anjanmaa kaping sèwu | tulusa angèstupada | marang sariranirèki ||

17. tan wruh kinarya butuhan | Dananjaya ngrêrêpa ngasih-asih | dadiyandhêg amun-amun | lamun duwea cipta | kêlap-kêlap marang sira biyang kulup | utawa nganggêp butuhan | lêbura padha saiki ||

18. sang dyah abêr saurira | dhuh-dhuh adhuh mambu wong tuhu jangji | inggih sukur lae sukur | botên nganggêp butuhan | mring kawula sih trêsna anrusing kalbu | kula inggih tur prasêtya [pra...]

--- 254 ---

[...sêtya] | sanadyan nèng Dwarawati ||

19. botên ginggang ing panyipta | gèn kawula marêkan anyênyèthi | marang paduka wong agung | pisah ngriki kewala | ing dêlahan têksiha sariraningsun | angèstupada paduka | wus narima lair batin ||

20. amomong anak pêpêksan | nanging sampun tunggil lan wontên riki | karya nisthaning wong agung | inggih benjang kewala | nèng dêlahan têksiha karsa maringsun | anganggêp cèthi butuhan | Dananjaya duk miyarsi ||

21. ature garwa mangkana | ngêrês-êrês nanging garês tan sipi | sangsaya ribêng tyasipun | aris dènnya ngandika | dhuh bok aja mangkono ta biyang kulup | yèn kongsia sira tinggal | baya wurung wong wak mami ||

22. marang ngêndi paranira | aja ingkang marang ing Dwarawati | lumêbua gêni murub | ambyur têlêng samodra | ingsun masa kariya sayêkti milu | kusuma saparanira | marang ngêndi sun tut wuri ||

23. mati urip aja pisah | Dananjaya anulya marêpêki | kang garwa arsa sinambut | nanging sampun prayitna | pinrêpêkan mundur lajêng dènnya kundur | Sang Parta mêksih tut wuntat | sang dyah nguwuh Rarasati ||

24. hèh Rarasati prènèkna | sutanira ingsun bane pribadi | putra ingaturkên sampun | ngêmban sarwi lumampah | pan ingoso-oso rahadyan sru muwun | Dananjaya angandika | kene kulup milu mami ||

25. lah biyang kulup prènèkna | sun êmbane dimène mari nangis | sang dyah wêngis sauripun | lae anak pêpêksan | yun ingêmban mring wong agung mênèk nguyuh | wontên ngêmbanan paduka | masa [ma...]

--- 255 ---

[...sa] wandeya binanting ||

26. lah ta dene iki bocah | nèng êmbanan dadak nganggo anangis | sun kapakakên sirèku | kaya wong dèn la-êla | ngadi-adi budi dadak ngadu-adu | bayi dadimu pêpêksan | bok iya dèn nglara ati ||

27. wus manjing dalêm sang rêtna | miwah Rarasati lawan Sulastri | sang dyah dènnya ngancing pintu | ingantêp lir pêcaha | wus kinunci Dananjaya kèndêl mangu | myarsa tangise kang putra | cinêblekan jêrit-jêrit ||

28. bingung tyasira Sang Parta | sigra wangsul Sêmar tibane runtik | Lurah Sêmar kang kawuwus | marang ing warung jajan | sêsupene mirah kang kinarya urub | sêkul lawan pêpanganan | Bagong agung dèn pêpengin ||

29. dènnya linggih têngah lawang | ambêrgagah sêgane dèn kakahi | ngiwit-iwit dènnya muluk | lamun wus sapulukan | nulya kèndêl nyawang pêpangananipun | kapundhung kuwèni năngka | Bagong anggung dènnya ngrintih ||

30. dhuh ki rama bok iyaa | ingsun jaluk sêga iwak sathithik | lah măngsa êntèkna iku | samono sira pangan | eman-eman dadi wadhang pasthi mambu | rama angur sun pangana | Sêmar jêngèk anauri ||

31. lah ambungên tanganira | mambu apa têka sae si anjing | jaluk sêga arsa muluk | dudu sêga jalukan | sira jaluk dene têka enak-enuk | si punuk datanpa ngrasa | mundur aja ngregoni |[18]|

64. Durma

1. Bagong mêksa ngrêrêpa panjalukira | Sêmar mêksih mêmengin | Dananjaya prapta | ngadêg nèng wurinira | sinêndhal kuncungirèki | tiba kalumah | lajêng dèn uncit-uncit ||

--- 256 ---

2. ginitikan gupuh angrungkêbi pada | sêgane kocar-kacir | panganane wutah | Bagong suka abungah | panganane ngèn[19] kukubi | sêga wus wutah | kèlês awor lan siti ||

3. cikrak-cikrak Bagong sarwi amêmangan | impènku mau bêngi | tinêmune baya | katone mangan tinja | năngka madu baya iki | lêgi lir gula | Sêmar nangis mangrintih ||

4. Bagong ngèngèhana nangkane kewala | Bagong gumuyu bêlik | iki pêlêm gănda | lêgi wangi kalintang | Sêmar jêlèh dènnya nangis | pêlême gănda | ngèngèhana sathithik ||

5. Bagong nyêntak dene kobêre si gêrang | nangis akon ngèngèhi | pêlêm lawan năngka | gusti niku si murka | sudhètên wêtênge aglis | atine ala | kumête nglêliwati ||

6. iya Bagong patine mêngko kewala | sun laranane dhingin | dosane wus katrap | gawe sakêthi wirang | iya marang awak mami | urip karya pa | wus sêdhêng dèn patèni ||

7. Sêmar myarsa kèndêl dènira karuna | ngrêrêpa matur aris | gih mangke bêndara | sanadyan patènana | dika tuduhake dhingin | dosa kawula | Dananjaya ngling wêngis ||

8. pagenea sira ngloropake ingwang | mau tuturirèki | putri ing Cêmpala | anèng sor nagapuspa | iya gone angêntèni | banjur sun êmban | ngandêl marang sirèki ||

9. dene têka jêbul biyang kulup ika | nêpsune nglêliwati | si kulup pinala | malah ikarsa lunga | mulih marang Dwarawati | margane sira | kang ngloropake mami ||

10. liwat karya sèwu sêdhih sèwu wirang |

--- 257 ---

Sêmar duk amiyarsi | andikane radyan | matur sarwi karuna | yèn punika dosa mami | amung tinêrka | ngloropakên ing gusti ||

11. wong wis tuwa cadhok duwe lara mata | wus pêtêng wayahnèki | pantês kalirua | sangking nora waspada | balikan radèn pribadi | kaya wong tuwa | andadak mèlu pangling ||

12. nadyan silih nora waspada warnanya | sangking pêtêng wus wêngi | dene wus dèn êmban | têka botên angrasa | grayange pasthi katawis | masa panglinga | mring garwane pribadi ||

13. Dananjaya mèsêm aris angandika | kakang Sêmar ya uwis | bênêr sangking sira | ingsun kang kaluputan | Sêmar anjrit nibèng siti | agêgulungan | saya sru dènnya nangis ||

14. sarwi ngundhat-undhat ngundhamana ingkang | wus seda nguni-uni | adhuh gustiningwang | ya Sang Manumanasa | Bagawan Sakutrêm Sangkri | Sang Parikênan | Rêsi Palasara Ji ||

15. gustiningsun Prabu Pandhu Dewanata | kang asih marang ing dasih |[20] gusti tingalana | dasihe kawlasarsa | sabên dina dèn gitiki | mring putrandika | kula tan sagêd kari ||

16. inggih pintên turunan pamomong kula | dèrèng nate nglampahi | katibanan sada | ingunggung dèn la-êla | lamun turu dèn kêbuti | lamun lêlungan | saparan dèn payungi ||

17. pêpanganan apa sadoyanan ingwang | tinêkan dèn pancèni | ing mangke tinilar | kinèn momong kang putra | kêrênge anglêliwati | anggung pinala | age gawanên mami ||

18. botên bisa kula momong putrandika | Sang Parta ngrês ing galih | wis kakang mênênga | nya iki tampanana | sêsupeningsun hèr thathit |

--- 258 ---

sèwu rêganya | sun paringkên sirèki ||

19. Lurah Sêmar nampèni sarwi karuna | masa mênênga mami | yèn panganan ingwang | durung bali maringwang | Dananjaya ngandika ris | Bagong balèkna | besuk ingsuk[21] lironi ||

20. Bagong matur sampun têlas kula têdha | Sêmar matur saryanjrit | mêksih kula ninga | kinandhut kantun năngka | Bagong wuwuse macicil | edan si picak | têka mêksih udani ||

21. năngka kari sathithik anèng kandhutan | binalangakên aglis | Sêmar lênggak-lênggak | sarwi amangan năngka | Dananjaya ngandika ris | lah payo kakang | sira dandana aglis ||

22. anututi marang putri ing Cêmpala | kakang panduga mami | sang rêtna wus lunga | mêtu saka ing taman | putri lumaku pribadi | watir manawa | nêmu pakewuh margi ||

23. Sêmar Bagong umatur dawêg dèn enggal | Dananjaya nulya glis | minggah yasakambang | ningali sanjatanya | dhadhali datan kaèksi | sampun anduga | yèn binêkta sang putri ||

24. radyan mundhut sanjatanya sarotama | sampun binêkta mijil | lajêng lampahira | satriya Dananjaya | Sêmar Bagong atut wuri | radyan amatag | pagandan wruh ing margi ||

25. ingkang kambah marang putri ing Cêmpala | gandane pan katawis | kunêng kawarnaa | wau ta lampahira | Kusuma Wara Srikandhi | wus byar raina | praptèng wadyèng wanadri ||

26. anarajang barisanira rasêksa | têtindhihe bupati | Wil Kalapradêgsa | Ditya Paranggubarja | kagyat non putri lumaris | datanpa rowang | warnanira lir sasi ||

27. wus anduga lamun putri ing Cêmpala | matag wadyanira glis | ngapung amêlawang [a...]

--- 259 ---

[...mêlawang] | sigra Kalapradêgsa | mrêpêki marang sang putri | arsa têtanya | sang dyah mênthang jêmparing ||

28. Wil Pradêgsa kèndêl mangu lampahira | têtanya sangking têbih | hèh sintên paduka | lumampah tanpa rowang | wanudya ayu linuwih | tan wruh ing samar | lêlaku nèng wanadri ||

29. Rêtna Wara Srikandhi aris saurnya | aja tambuh sirèki | sun putri Cêmpala | Wil Pradêgsa miyarsa | sukèng tyas asru turnèki | dhuh gustiningwang | bêgja têmên wak mami ||

30. pan kawula abdine raka paduka | Paranggubarja nagri | Sri Jungkungmardeya | dinuta angupaya | ing gusti sang rajaputri | mangke kapanggya | samadyaning wanadri ||

31. lah suwawi kula dhèrèkkên paduka | mring Sawojajar gusti | nitiha jêmpana | sang dyah rêngu ngandika | lah apa ucapirèki | arsa anggawa | marang sarira mami ||

32. dene enak-enuk wuwuse gumampang | basakakên raka ji | hèh buta lungaa | aja na ngarsaningwang | yèn sira nora lunga glis | yêkti sun panah | Wil Pradêgsa miyarsi ||

33. latah-latah sarwi ngungalakên jaja | dawêg gusti dèn aglis | paduka tibakna | abdine titir tatal | dinadar ing rakanta ji | gêrèt lumêpas | dhadhali kadya thathit ||

34. Wil Pradêgsa kacundhuk janggane pagas | gumêbrug tibèng siti | wadyanya tumingal | yèn punggawane pêjah | gumuruh sarêng dènnya ngrik | mara kumêrab | sêdyambyuk angêbyuki ||

35. ingkang anèng ngarsa kèh rampas kapapas | ing sanjata dhadhali | kaparêng praptanya | satriya Dananjaya | kagyat mulat ing sang putri | rinêbut [ri...]

--- 260 ---

[...nêbut] ing prang | ditya lawaning jurit ||

36. sang kusuma tan ewah sangking gènira | têtêg tatag tarampil | pêsating sanjata | dhadhali nêngên ngiwa | mangarsa sungsun ngênèni | ditya kèh pêjah | tuhu putri prajurit ||

37. Dananjaya nguculakên sarotama | mêtu muntab nampêki | ing ditya suh sirna | sang dyah ngungun tumingal | sirnane mungsuhirèki | sangking sanjata | nyambêri kadya pêksi ||

65. Dhandhanggula

1. sang kusuma anolèh ing wuri | aningali yèn Sang Dananjaya | ingkang nglêpasi panahe | mawa lar kadya manuk | sang kusuma ewa ningali | kagagas merang ing tyas | lajêng lampahipun | Sang Parta mêksih tut wuntat | sangking têbih datan arsa marêpêki | lamun cêlak lampahnya ||

2. sang kusuma gya mênthang jêmparing | dadya Sang Parta nêbih kewala | ngêtutakên saparane | cinêndhak lampahipun | sang kusuma pan sampun prapti | nagari ing Cêmpala | Dananjaya wangsul | anèng sajawining kitha | de sang rêtna wus manjing jroning nagari | ilang kuwatirira ||

3. tan kawarna solahirèng margi | Dananjaya cinatur wus prapta | ing Madukara lampahe | ningali garwanipun | mêksih sangêt rênguning galih | tan kêna pinrêpêkan | dadya siyang dalu | anèng pandhapa kewala | pan anganti lilihe garwanirèki | kunêng gantya winarna ||

4. sakundure Kusuma Drupadi | sangking Madukara sru sungkawa | anggung ginagas galihe | kang rayi solahipun | dahat merang marang ing laki | datan arsa matura | ing raka sang prabu | antara ing catur [ca...]

--- 261 ---

[...tur] dina | Prabu Yudhisthira anggarjitèng galih | kang garwa sungkawanya ||

5. dadya nikèn êmban dèn timbali | pan dinangu kang dadya purwanya | ingkang garwa sungkawane | ni êmban aturipun | amiwiti malah mêkasi | nalika têdhakira | anilibkên laku | mring Madukara dêduka | mring kang rayi Kusuma Wara Srikandhi | anèng taman pinala ||

6. Prabu Yudhisthira duk miyarsi | turing êmban langkung dukanira | sang prabu nimbali age | Radyan Nangkula sampun | praptèng ngabyantara narpati | asru dènnya ngandika | Nangkula dèn gupuh | timbalana kakangira | Madukara sabojone aja kari | lan sabocahe pisan ||

7. watês lurah sapandhuwur yayi | aja kari kabèh timbalana | Nangkula sandika ture | mijil sangking kadhatun | radèn laju lampahirèki | lêlancaran kewala | kang umiring namung | panakawan kalih wêlas | tan kawarna ing marga pan sampun prapti | nênggih ing Madukara ||

8. manjing regol Nangkula ningali | mring kang raka lênggah nèng pandhapa | dhêkukul ngrangkul jêngkune | Sêmar Bagong nèng ngayun | lan Sucitra kang datan têbih | sigra Radèn Nangkula | mring raka tumundhuk | Sang Parta kagyat tumingal | mudhar asta kang rayi wus kinèn linggih | Nangkula matur nêmbah ||

9. dhuh kakang mas punapa prihatin | lênguk-lênguk lênggah nèng pandhapa | sarwi angrangkul jêngkune | punapa grah pukulun | lir gêgêtun tingalirèki | Dananjaya ngandika | yayi nora anglu | prihatin yayi ya ora | amung rada krêkês-krêkês awak mami | mau bêngi wiwitnya ||

10. Dyan Nangkula umatur wotsari | dhuh kakang mas kawula dinuta | paduka [pa...]

--- 262 ---

[...duka] ngandikan age | ing rakanta sang prabu | lan sagarwa putra myang abdi | pra mantri miwah lurah | sampun wontên kantun | Dananjaya lon ngandika | iya yayi dene gonira nimbali | sarta lan bakyunira ||

11. bocah namung para lurah mantri | iya yayi ingkang tinimbalan | apa kang dadi karsane | Nangkula nêmbah matur | kangmas kula botên udani | kang dados karsanira | rakanta sang prabu | ananging dènira dhawah | tingalipun kakang mas kalangkung runtik | Dananjaya ngandika ||

12. ya sandika yayi atur mami | nanging bakyumu măngsa-bodhoa | yayi dhawuhana dhewe | Nangkula nêmbah matur | mila kangmas têka nyelaki | mring kangbok paran ingkang | dados wadinipun | kang raka mèsêm ngandika | satêmêne ingsun agi padu yayi | iya lan bakyunira ||

13. kongsi mêngko mêksih muring-muring | mulaningsun wêdi katêmua | Nangkula latah ature | wau kumbi kalangkung | botên ngakên lamun prihatin | mangke têmah pasaja | lamun lagya padu | inggih kawula piyambak | kang dhawuhkên timbalane sri bupati | paduka siyogaa ||

14. iya yayi matura pribadi | mring bakyumu wuri sun siyoga | Nangkula tur sêmbah lèngsèr | lumêbèng dalêm agung | panggih lawan sang rajaputri | wus tata samya lênggah | Nangkula umatur | kakang bok kula dinuta | inggih dhatêng raka paduka sang aji | paduka tinimbalan ||

15. asarênga lan salampah mami | Rêtna Wara Sumbadra ngandika | yayi apa ingsun dhewe | tinimbalan sang prabu | Dyan Nangkula umatur aris | raka paduka kangmas | inggih botên kantun | saabdine tinimbalan [tini...]

--- 263 ---

[...mbalan] | ingkang nama lurah miwah para mantri | dhuh kangbok ulun tanya ||

16. dene kangmas sangêt dènnya ajrih | andhawuhi dhatêng ing paduka | kula kinèn panggih dhewe | punapa wadosipun | sang dyah mèsêm dènnya nauri | kangmasmu lagi duka | maring raganingsun | buh kang dadi luput ingwang | wus sapasar dènnya tan sudi kapanggih | iya lan raganingwang ||

17. sru gumuyu Nangkula miyarsi | padha bae jaba ya mangkana | kakang mas ing pangakune | lagya sinêrêng bêndu | mring kakang bok wadine panggih | gumêr sagung pawongan | sang dyah ngandika rum | lah iya yayi sandika | ingsun dandan antinên nèng jaba dhingin | Nangkula nulya mêdal ||

18. Dananjaya sampun marentahi | mring Sucitra saosa jêmpana | sarta lan sajajarane | sadaya samêkta wus | kawan dasa kang para mantri | salawe para lurah | andhèr ngarsanipun | Kusuma Wara Sumbadra | nulya mijil ginarêbêg para cèthi | sampun nitih jêmpana ||

19. Rarasati kalawan Sulastri | ingkang nunggil sajroning jêmpana | radèn putra sakawane | binudhalkên rumuhun | kawan dasa ingkang jajari | wong kaputrè[22] sadaya | upacara ngayun | nunggil sagunging pawongan | Dananjaya dharat anèng wuri têbih | lawan saabdinira ||

20. kawan dasa ingkang para mantri | lurah slawe adharat sadaya | mêlasasih ing lampahe | songsonge mêksih mingkup | miwah upacara tan mawi | dadya Radèn Nangkula | lan sawadyanipun | belani dharat sadaya | sampun prapta Ngamarta

--- 264 ---

sang rajaputri | lajêng manjing jro pura ||

21. Dananjaya kèndêl srimanganti | lajêng ingêrès sabalanira | pinundhut kêrise kabèh | orêk sapraja ngrungu | ing dukane sri narapati | mring kang rayi tan ana | wruh ing wadinipun | Wrêkudara datan bisa | umatura miyat dukane raka jrih | dadya kèndêl kewala ||

22. Gathutkaca tinimbalan prapti | ing Ngamarta lan sawadyanira | langkung sami sungkawane | datan kenging kapangguh | mring kang paman dipun awêri | santana para putra | sadaya tan sinung | pêpagih lawan Sang Parta | dadya sanagara wuyungan gung alit | kunêng gantya winarna ||

23. nênggih sang prabu ing Dwarawati | dahat onêng mring Nata Pandhawa | wus budhal sangking prajane | nitih rata sang prabu | Arya Wrêsniwira kang ngiring | Radèn Sămba pinatah | lan Udawa kantun | ing marga datan winarna | lampahira Sang Aprabu Harimurti | praptèng nagri Ngamarta ||

24. Prabu Darmaputra sigra mijil | sangking pura mêthuk ingkang raka | lan para ri sadayane | tundhuk nèng sitiluhur | nêng-onêngan sang prabu kalih | prasami rêrangkulan | sawusira laju | lumampah kêkanthèn asta | Prabu Padmanaba mèsêm aningali | kang anèng srimangantya ||

25. Dananjaya sawadyanirèki | kinênthêngan tan ana dhuwungan | sampun kadugi ing tyase | wus rawuh jro kadhatun | tata lênggah sang prabu kalih | Wrêkudara tan têbah | munggèng ngarsanipun | miwah Nangkula Sadewa | Wrêsniwira jajar lan Sang Bimasiwi | Sang Prabu Darmaputra ||

26. sangêt noraga turira aris | dhuh pukulun sami karaharjan [ka...]

--- 265 ---

[...raharjan] | kang tinilar sadayane | garwa tanapi sunu | Nata Krêsa[23] umatur aris | inggih sami raharja | sadaya kang kantun | ingkang wontên ing Ngamarta | kadang kula punapa sami basuki | tan wontên manggih brăngta ||

66. Asmaradana

1. Sri Yudhisthira turnya ris | pan inggih sami raharja | rayi tuwan sadayane | Sri Maha Narendra Krêsna | alon dènnya ngandika | tingal kula yayi prabu | punika kirang satunggal ||

2. ki ipe botên kaèksi | Sri Yudhisthira turira | inggih sawêg kula êrès | punika nèng srimangantya | sarencangipun samya | Narendra Krêsna gumuyu | punapa ta dosanira ||

3. dene ta ngantos amanggih | dêdukane yayi nata | Sri Yudhisthira ature | dosanipun katamuan | rayi tuwan Cêmpala | pun Srikandhi dhatêngipun | pan sampun samadya căndra ||

4. botên mawi tur udani | inggih dhumatêng kawula | pun Srikandhi ing dhatênge | rama paduka Cêmpala | sampun paring uninga | pun Srikandhi kesahipun | ing dalu nis sangking pura ||

5. kang dadya purwanirèki | linamar ratu ing sabrang | pinêksa sangêt lumuhe | têmah kesah sangking pura | ing dalu tan wêwarta | ngantos samangke pukulun | ratu ing Paranggubarja ||

6. sabalane tugur mêksih | masanggrahan Sawojajar | angêntosi pinanggihe | balane samya sinêbar | miwah wadya Cêmpala | sadaya prasamya ngruruh | tan wruh anèng Madukara ||

7. puruhita anjêmparing | dhumatêng pun Dananjaya | ingkang ginumyahkên [ginumyah...]

--- 266 ---

[...kên] ngakèh | pun Janaka tapa nendra | wontên ing tamanira | mila kawula sru bêndu | sagêdipun kauningan ||

8. rayi tuwan pun Drupadi | anglampahakên panukma | wus nyata tinêkan dhewe | dhatêng taman Madugănda | pun Srikandhi pinala | mangkya tambuh purugipun | sangking taman sampun kesah ||

9. Sang Aprabu Harimurti | apingungun galihira | sarwi sidhakêp astane | aris dènira ngandika | inggih sêdhêng kewala | dêdukane yayi prabu | samantên ing lêpatira ||

10. karya susah karya sêdhih | mring rama Aji Cêmpala | mring yayi prabu wus dene | akarya sakêthi tiwas | rama Prabu Cêmpala | iba ta panutuhipun | inggih dhatêng yayi nata ||

11. lah ing mangke kadospundi | lajêngipun ri paduka | ingkang dados patrapane | Wrêkudara nambung sabda | iku patrapan apa | yèn bêcike pikir ingsun | banjur dhinaupna pisan ||

12. lanang wadone wus dadi | sênênge atine padha | apa kang pinikir manèh | dene lamun ana gugad | saka nagri Cêmpala | aja na kang milu-milu | ingsun dhewe wus kaduga ||

13. mangsuli gugadirèki | lanangane nora ngundang | wadone kang prapta dhewe | lah ta patrapane apa | liyane pinanggihna | lamun kudu jaluk ukum | ya lonthene dèn ukuma ||

14. gumujêng Sri Harimurti | bênêr yèn pikir wong jaba | kang kaya padumu kuwe | yèn yayi Prabu Ngamarta | lan rama Ji Cêmpala | sayêkti yèn ora patut | padu amasang drigama ||

15. Sri Yudhisthira turnya ris | pukulun kula sumăngga | pun Janaka patrapane | ukum pêjah miwah gêsang | kawula nut ing karsa | Narendra Krêsna lingnya rum | yayi prabu yèn kawula ||

16. sae aturna tumuli | pun Janaka mring Cêmpala | sumanggakna [su...]

--- 267 ---

[...manggakna] sadosane | pinêjahan ginêsanga | sumanggakna kewala | ing ramanta sang aprabu | katingal taklim paduka ||

17. mring wong tuwa tur samya ji | kawula purun dinuta | mring Cêmpala masrahake | Sang Aprabu Yudhisthira | dhêku anêkêm sirah | kawula anut ing tuduh | sih parimarma paduka ||

18. pan inggih sèwu kapundhi | Narendra Krêsna ngandika | yayi Wrêkudara kowe | ingsun gawa mring Cêmpala | lawan Si Gathutkaca | padha dèn samêktèng laku | karana nagri Cêmpala ||

19. ana isine samangkin | ratu saka tanah sabrang | aja gêgampang panggawe | ewuh aywa dudu băngsa | Wrêkuda lingira |[24] wus pasthi yèn ingsun milu | iya lan Si Gathutkaca ||

20. kudu-kudu wruh pribadi | patrapane Si Janaka | Narendra Krêsna dêlinge | lah wis padha siyogaa | sun budhal benjang enjang | Wrêkudara mijil sampun | sangking salêbêting pura ||

21. lan kang putra Pringgadani | prasamya siyoga bala | mung nyèwu pilihan bae | satriya Adananjaya | pan sampun dhinawuhan | ingaturkên badhenipun | mring nagri Cêmpalarêja ||

22. linilan ambêkta dasih | sakapraboning ayuda | wadya pêpilihan bae | gangsal atus kathahira | prajurit Madukara | kajawi pra mantrinipun | lawan ingkang para lurah ||

23. prasamya trahing winani | bagus-bagus warnanira | usrêg anata barise | wau sang prabu kalihnya | ingkang lumêbèng pura | wus prapta jroning kadhatun | tumundhuk wau kang garwa ||

--- 268 ---

24. Kusuma Wara Drupadi | ngabêkti mring Nata Krêsna | Wara Sumbadra wusdene | ngaras padane kang raka | Krêsna gumujêng lingnya | lah puniki yayi prabu | rabine tiyang dêdosan ||

25. punapa gawene kari | bojone kênèng patrapan | wajib lawan saanake | tumuta dados boyongan | matur Sri Yudhisthira | kawula jêng kakang prabu | kang nuwunkên pangaksama ||

26. sawêg rencang rare alit | andamêl susahing marga | ing lampah kathah repote | gumujêng Narendra Krêsna | panuju Si Sumbadra | dèn maklumi yayi prabu | yèn kongsia milu sira ||

27. boyongan wajib kinardi | padang nutu sabên dina | pasthi yèn putung boyoke | gumêr kang sami miyarsa | ing timbalan Sri Krêsna | Wara Sumbadra tumungkul | ngandika Sri Padmanaba ||

28. punika pun Rarasati | inggih prayogi tumuta | umiringakên gustine | wontêna kang ngladosana | kaping kalih kinarya | acungan boyongan patut | ingkang rayi tur sumăngga ||

29. kunêng salêbêting puri | ingkang samya pagujêngan | sadalu tan wontên sare | enjang pan sampun samêkta | ingkang siyoga wadya | sakaprabone prang pupuh | Radèn Arya Gathutkaca ||

30. kang pinatah manganjuri | lan sèwu wadya rasêksa | Pringgadani salamine | sabên seba mring Ngamarta | sara Radèn Guritna | amung bêkta wadya sèwu | liyane mantri punggawa ||

31. dahat arsa anglangkungi | lan balane ingkang rama | amung sèwu prajurite | mung kala pangarakira | kang paman Madukara | mring Dwarawati [Dwa...]

--- 269 ---

[...rawati] rumuhun | bêkta rong èwu balanya ||

32. dèn nyana wus pasthi dadi | sêsungut prang lan Korawa | nèng Dwarawati rêrêmpon | wau sadaya kang samya | samêkta wadyabala | sakaprabone prang pupuh | tan pisah golonganira ||

67. Kinanthi

1. budhal kang dadya panganjur | satriya ing Pringgadani | lan sawadyabalanira | sakapraboning ajurit | sèwu ditya pêpilihan | gumuruh lampahing margi ||

2. wurine ingkang sumambung | wadyabala Judhipati | sèwu pamuking ayuda | dharat samya mandhi bindi | siji tan ana wahana | gustine nindhihi wuri ||

3. dharat amandhi gada gung | sengga prabata lumaris | lumakua marga jurang | alas gunung pèrèng kali | sukane dharat kewala | wong agung ing Judhipati ||

4. lampahing bala gumrêgud | ingkang sumambung ing wuri | wadyabala Madukara | gangsal atus busana sri | sakapraboning ayuda | kawan dasa para mantri ||

5. anom-anom bagus-bagus | sadaya trahing winani | prasamya wahana kuda | ngiwa gandhewane sami | gadhing endhonge sinandhang | Patih Sucitra nindhihi ||

6. adhangah sarwi pêpayung | anitih turăngga putih | ingkang sumambung ing wuntat | wadyabala Dwarawati | sèwu sakapraboning prang | têtindhih Arya Sêtyaki ||

7. Prabu Padmanaba pungkur | nitih rata manik wilis | kumêlab maniking toya | Prabu Yudhisthira nunggil | lan satriya Dananjaya | kapat Nikèn Rarasati ||

8. ngampil pakêcohanipun | sumrêg lampahirèng baris | prapta sajaban nagara | wangsul Sang Yudhisthira Ji | pangatêre ingkang raka | wus ungkur-ungkuran sami ||

9. kunêng marga lampahipun | cinêndhak pan sampun prapti |

--- 270 ---

nênggih nagari Cêmpala | orêg sapraja miyarsi | Rahadèn Drêsthajumêna | kang tinuduh ing rama ji ||

10. mêthuk marang rawuhipun | sang prabu ing Dwarawati | tundhuk sajawining kitha | ingaturan laju sami | manjing nagari sadaya | lumirig sagunging baris ||

11. Sang Prabu Drupada sampun | mijil marang păncaniti | wau Sri Narendra Krêsna | sawadyabalanirèki | ing alun-alun wus prapta | têdhak sangking rata manik ||

12. lan ingkang paman wus tundhuk | cinandhak astanirèki | binêkta lênggah satata | munggèng ing dhêdhampar ruksmi[25] | pra putra angglar ing ngarsa | Wrêkudara munggèng kering ||

13. Sri Drupada ngandika rum | kawula botên angimpi | inggih lamun katamuan | anak Prabu Dwarawati | guguping manah wor lawan | marwata suta tan sipi ||

14. cipta kawula satuhu | saksat Sang Hyang Otipati | kang tumêdhak mring Cêmpala | mring pun bapa nugrahani | punapa sami raharja | ingkang tinilar ing wingking ||

15. Narendra Krêsna andhêku | pan inggih sami basuki | paran aji lampah kula | mring Cêmpala pan tinuding | ing putra tuwan Ngamarta | ngaturkên lêpatirèki ||

16. miwah pêjah gêsangipun | putra tuwan pun Prêmadi | kurêbana ingabahan | dadosa tontonan nagri | putra tuwan ing Ngamarta | sumăngga ing asta kalih ||

17. botên anggrantês sarambut | suka lila lair batin | sangking sangêt merangira | putra tuwan yayi aji | Ngamarta dhatêng paduka | mèh kêdhik arinirèki ||

18. pun Dananjaya pukulun | dipun têlasi pribadi | dene sangêt dènnya karya | saru-saruning praja di | pocapan kang tan sayogya | kapyarsa liyan nagari ||

19. mèh langkung samadya tèngsu | kadhatêngan pun Srikandhi | bok inggih darbe pangrasa | sanadyan kadang jêr èstri | sêmbadane [sê...]

--- 271 ---

[...mbadane] mêksih kênya | tunggil lan samadya sasi ||

20. ngeca-eca manahipun | tan mawi atur udani | sanadyan silih wontêna | karyane guru jêmparing | bok inggih darbe pangrasa | yèn saru tinon ing nagri ||

21. mila sangêt dukanipun | wus supe kadang sayêkti | kawula kang sangêt ngampah | sanadyan prapta ing pati | wajibe sangking jêng paman | inggih ingkang amatrapi ||

22. yèn wontên karsa pukulun | sampun sumêlang ing galih | putranta pun Wrêkudara | ingkang anguntapna pati | mring arine pun Janaka | nèng ngarsane paman aji ||

23. Sang Prabu Drupada jêtung | miyarsa aturirèki | kang putra Sri Padmanaba | tyasira kadya jinait | ngrêrêpa dènnya ngandika | dhuh sutèngong Dwarawati ||

24. sakêthi panrimaningsun | ing sêtyanira kang rayi | Ngamarta Sri Yudhisthira | pangraos kula ing ngriki | apan dede pun Janaka | awit sangking pun Srikandhi ||

25. ingkang lêpat solahipun | ananging ta kadospundi | lamun botên pinupusa | rèhning kalihira sami | wus samya sênênging driya | sayêntosipun[26] samangkin ||

26. pun Srikandhi sampun mantuk | wontên ing Cêmpala ngriki | kawula dèrèng kapanggya | mung ibune kang wus panggih | ing mangke karsa kawula | yèn anak prabu jurungi ||

27. pun Dananjaya puniku | lan arine pun Srikandhi | lajênga ing dhaupira | Narendra Krêsna miyarsi | lingira Natèng Cêmpala | langkung cumêmplonging galih ||

28. umatur sèwu jumurung | ing karsane paman aji | lajênga ing dhaupira | pan botên bêbadhe malih | wus samya sênênging driya | Sri Drupada ngandika ris ||

29. yèn paduka wus jumurung | balikan sri narapati | ing sabrang Jungkungmardeya | paran karsanta ing mangkin | punika măngsa wandea | anggitik prang sangking wuri ||

--- 272 ---

68. Pangkur

1. Wrêkudara duk miyarsa | langkung suka asru dènira angling | yèn iku bubuhan ingsun | dadining ing ayuda | sira kabèh aja na kang milu-milu | bakal pangantèn lan sira | Krêsna aja milu jurit ||

2. kariya sabalanira | nèng jro pura sun dhewe kang mêtoni | mungsuh sabrang krodhanipun | amung Si Wrêsniwira | lan Si Gathutkaca ingkang ingsun jaluk | wis kabèh padha kariya | sun mêtu sadina iki ||

3. Sri Narapati Cêmpala | angandika kulup asoa dhingin | mêksih sayah sabalamu | besuk esuk kewala | Radèn Wrêkudara asru dènnya muwus | tyas ingsun wus nora kêna | kudu ing sadina iki ||

4. Narendra Krêsna ngandika | lah ta yayi iya dèn ngati-ati | luwih abot mungsuh iku | Wrêkudara lingira | iya amung pangèstunira sun jaluk | wis kabèh padha kariya | Wrêkudara mêsat aglis ||

5. lawan Radèn Gathutkaca | Wrêsniwira sawadyanira sami | têngara budhal gumuruh | jêngkar Natèng Cêmpala | manjing pura Prabu Padmanaba sampun | ingaturan masanggrahan | sawadyabalanirèki ||

6. myang satriya Dananjaya | sawadyane sampun makuwon sami | kunêng gantya kang winuwus | Prabu Jungkungmardeya | kang kêkuwu lan sawadyabalanipun | masanggrahan Sawojajar | pan sampun miyarsa warti ||

7. sangking ki patih turira | lamun putri Cêmpala sampun prapti | Wara Srikandhi sang ayu | ing nguni kesahira | dhatêng Madukara sang dyah anggêguru | mring satriya Dananjaya | pangawasaning

--- 273 ---

jêmparing ||

8. ing mangke rama paduka | katamuan Sang Prabu Dwarawati | sakaprabone prang pupuh | bêkta pun Dananjaya | Rêtna Wara Srikandhi ingkang dèn suwun | sagah mêngsah ing samăngsa | ing prang lawan paduka ji ||

9. Sang Prabu Jungkungmardeya | sru gumujêng bapa aywa kuwatir | dhasare wus karsaningsun | nglamar putri Cêmpala | maro gawe lêlana andon prang pupuh | ingkang aran Si Janaka | miwah Ratu Dwarawati ||

10. apa baya gunaning prang | dene saguh ngayoni marang mami | lagya ngandika sang prabu | kasaru praptanira | bala buta ingkang sami dipun utus | ngupaya putri Cêmpala | prapta mung tigang bupati ||

11. ingkang sapunggawa pêjah | sabalane tumpês tan ana kari | aprang wontên ing wana gung | lawan Radèn Janaka | Rajaputri Cêmpala ingkang dèn rêbut | wontên malih tur uninga | wadya kang pacalang baris ||

12. yèn wontên dêdamêl prapta | arsa gitik ing prang paduka gusti | apan ta sarayanipun | sang prabu ing Cêmpala | akêkirab barise sampun lumurug | sangking nagari Ngamarta | satriya ing Jodhipati ||

13. lawan Radèn Gathutkaca | mawa bala ditya lir paduka ji | sang prabu ngandika asru | payo bapa papagna | ing ayuda sun tontone sangking pungkur | prajurit ing tanah Jawa | apa gunaning ajurit ||

14. ki patih matur sandika | nêmbah mundur sapraptanirèng jawi | nêmbang têngara gumuruh | sagunging pra dipatya | gadgadèng tyas sabalanira gumrêgut | bala ditya kang kinarya | manggala panganjur jurit ||

15. budhal wil catur punggawa | saha bala gumuruh gêgirisi |

--- 274 ---

ing wuri budhal kumrutug | sagung bala manungsa | pra dipati sagolong sajuru-juru | tumundhung matundha-tundha | asri kang kaprabon jurit ||

16. nawung sunaring baskara | sênggani lan kèhing busana rukmi | ting paluncar ting palancur | Prabu Jungkungmardeya | nitih rata nawa rêtna ting palancur | wuri ginrêbêg ing wadya | ya ta wau kang winarni ||

17. pangarsa bala rêksasa | kèndêl dening mêngsah sampun kaèksi | sangking jro kitha ambubul | tan pae lawan rowang | tur uninga kyana patih duk andulu | mulat mungsuhe kang prapta | ditya panganjuring jurit ||

18. kya patih sigra parentah | masang byuha sagung wadya rasêksi | tinêtêpakên nèng patuk | ditya patang punggawa | pra dipati manungsa pinatah sampun | nèng tênggak patang punggawa | pangawat kanan lan kering ||

19. punggawa catur tinata | ingkang munggèng dhadha rêkyana patih | lan sawadyabalanipun | nganthi tigang punggawa | Prabu Jungkungmardeya mungguh ing buntut | kinubêng prajuritira | miwah sagung para mantri ||

20. ngapit kanan kering rata | mulat kèndêl wil bala Pringgadani | dene mêngsah wus kadulu | masang gêlaring aprang | Radèn Gathutkaca krodha dènnya dulu | asru ngandika ing bala | hèh apa sira andhêgi ||

21. dumèh mungsuh lir samodra | ing prang lamun tan nêdya derah pati | yêkti tan tumêkèng mungsuh | têmbe kawaon padha | gêlar sabên ing prang payo soroh amuk | aja ngetung kèhing mêngsah | ing aprang tunjangên wani ||

22. hèh paman Bajramingkalpa | tindhihana wadyanira ing jurit | ingsun jangkung sangking luhur | Gathutkaca gya

--- 275 ---

mêsat | mring gêgana Patih Brajamingkalpa wus | nglancangi sagunging bala | wil bala sarêng dènnya ngrik ||

23. anut ing Brajamingkalpa | ditya sèwu kumrutug rêbut dhingin | jujur banjur ing prang numbuk | Ditya Paranggubarja | angêrobi ing ayuda bakuh kukuh | tinunjang ing aprang panggah | sarêng têmpuh gada bindi ||

24. caruk cakra lan candrasa | ujung dhêndha tandhing badhama gandhi | silih piling palu limpung | nênggala alugora | ulêng lori musala trisula limpung | mangkana praptaning wuntat | Wrêkudara lan Sêtyaki ||

25. mulat sawadyabalanya | kang pangarsa wil bala Pringgadani | wus campuh ing aprang pupuh | kuwêl samya rasêksa | Radèn Arya Wrêkudara asru muwus | hèh Sêtyaki sutanira | iku wus campuh ing jurit ||

26. olèh tandhing padha buta | lah ta payo sira ingsun bubuhi | sawadyabalanirèku | nêmpuh pangawat kanan | kang pangawat kering buhêna maringsun | Sêtyaki matur sandika | sawadyabalanira glis ||

27. nêmpuh kang pangawat kanan | Wrêkudara nêmpuh pangawat kering | lan sawadyabalanipun | wadya Paranggubarja | ngêrobi ing aprang angêrèp rumêbut | kanan kering wuri ngarsa | ambyuk parêng angêbyuki ||

28. wadyabala ing Pamênang | ing prang kadya banthèng atawan kanin | sakêthi parêng angamuk | tan kêna tinanggulang | miwah wadya Darawati pamukipun | kadya sardula mrih măngsa | sakêthi tan angunduri ||

 


tan wurung. (kembali)
Lebih satu suku kata: lir sadpada ngudi maduning kumuda. (kembali)
mintuna. (kembali)
Lebih dua suku kata: pakuwonira pinanggih dadya. (kembali)
Sawojajar. (kembali)
pêpinggire. (kembali)
Kurang satu suku kata: mèpènge amiring. (kembali)
angenggalna. (kembali)
kori. (kembali)
10 paprêman. (kembali)
11 karsane. (kembali)
12 Lebih satu suku kata: mring jinêmrum ingarih-arih. (kembali)
13 [239]. (kembali)
14 sun. (kembali)
15 pangran. (kembali)
16 Lebih satu suku kata: sun kongkonan nyuluh-nyuluh. (kembali)
17 inggih. (kembali)
18 Kurang satu suku kata: mundur aja ngrêregoni. (kembali)
19 dèn. (kembali)
20 Lebih satu suku kata: kang asih marang dasih. (kembali)
21 ingsun. (kembali)
22 kaputrèn. (kembali)
23 Krêsna. (kembali)
24 Kurang satu suku kata: Wrêkudara lingira. (kembali)
25 rukmi. (kembali)
26 sayêktosipun. (kembali)