Parta Krama, Suryaningrat, 1920, #1296 (Pupuh 01–16)

Judul
Sambungan
1. Parta Krama, Suryaningrat, 1920, #1296 (Pupuh 01–16). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
2. Parta Krama, Suryaningrat, 1920, #1296 (Pupuh 17–33). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
3. Parta Krama, Suryaningrat, 1920, #1296 (Pupuh 34–50). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
Citra
Terakhir diubah: 12-08-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Sêrat Partakrama

Kagungan dalêm Bandara Radèn Mas Arya Suryaningrat bupati karaton Surakarta.

1850

Sawal, Jimakir.

--- [0] ---

[...]

--- [0] ---

[Grafik]

R.M.H. Soerjaningrat BOEPATI KARATON SOLO

--- [0] ---

[...]

--- 1 ---

1. Asmaradana

1. kunêng nagri Dwarawati | Risang Basudewaputra | ingkang kinarya jêjêre | Narapati Danardana | Sang Prabu Patmanaba | Sri Arimurti jêjuluk | Sri Maha Bathara Krêsna ||

2. marmanira sri bupati | sinêbut nama bathara | winênang sakawit dene | jawata angejawantah | sayêkti Narayana | titising Bathara Wisnu | marma pêparap Sri Krêsna ||

3. yêktinira sri bupati | irêng mulus sariranya | têrus balung sagêtihe | marmanira apêparab | Sang Prabu Patmanaba | dene awênang anggadhuh | Kusuma Wijaya mulya ||

4. panguripe wong sabumi | marma parab Danardana | dene andina danane | dadar lèlère tan kêndhat | boga arta busana | saingga tibaning jawuh | wèh pramurah pramudita ||

5. marma parab Arimurti | wêruh sadurung winarah | sidik têrus paningale | nora kêna kasamaran | saobah-osiking tyas | wus sasat Hyang Jawata Gung | dadi barang saciptanya ||

6. alit nagri Dwarawati | nanging keringan ing mănca | anglangkungi ing wingite | manuk mibêr nora kêna | ngungkuli jroning pura | tibèng siti lajêng lampus | nadyan kang para jawata ||

7. ing suralaya samya jrih | angungkuli sri narendra | dewa kasoran wus dene | yêkti nora nana corah | nadyan samining dewa | Bathara Wisnu pinunjul | sangking pra dewa sadaya ||

8. marma sagung para aji | samya sumungkêm manêmbah | sami bathara anggêpe | marang Sri Narendra Krêsna | milutèng ngêla-êla | tinut ing satuduhipun | liningga-lingga jawata ||

9. dene asrining jro puri | sasat pura batharendra | karaton uparênggane | sadaya samya kancana | sêsotya nawarêtna | kasor rêsmining swarga gung | asrining pura sadaya ||

10. sêmbada kang pramèswari | muwuhi langêning pura | têtiga endah warnane | ingkang sêpuh garwanira | endhang Gadamadana | sutèng wre Jêmbawan wiku | patutan Dèwi Trijatha ||

11. nama Rêtna Jêmbawati | warnanira lir Supraba | ruruh kèwês pasêmone | prasaja datan lêlewa | pantês ruruh jatmika | kang pamadya garwanipun | rajaputri ing Kumbina ||

12. pêparab Dèwi Rukmini | gandhang tur raga karana | pidêgsa sêdhêng dêdêge | sasat Rarasati swarga | sêdhêping pasang cipta | cahyanya sumunar mancur | kadya banguning kartika ||

13. garwanya ingkang wuragil | Rajaputri Nglesanpura | sêdhêng antêng jatmikane | anama Dyah Sêtyaboma | sumunu cahyanira | kadya Wilutama nurun | sêdhêp manising wicara ||

14. cinatur Sang Rajaputri | Kumbina lan Lesanpura | krama nak-sanak kalihe | dèrèng wontên apêputra | namung kusumèng ngarga | Rêtna Jêmbawati sampun | miyosi kêkalih priya ||

15. kang sêpuh putranirèki | anama Dyan Gunadewa | pêkik nanging sarirane | mawi wulu lir wanara | marma duk lairira | binakta mring eyangipun | mring wukir Gadamadana ||

16. diwasanipun kapati | subrata amati raga | anut tapa mring eyange | wus nama maharsi tama | gung olah puja măntra | arinya pêkik kalangkung | sinung nama Radèn Sămba ||

17. lir lanyapan munggèng

--- 2 ---

kêlir | branyak ladak kasêmbadan | rêspati barang solahe | sarira wijang ajênar | kadya prada binabar | dadi sêkaring praja gung | putra binadhe narendra ||

18. dadya sambating akingkin | la-êlaning para kênya | sinung dalêm kadipatèn | nênggih ing Paranggarudha | nanging ta dèrèng krama | nahan ta ingkang winuwus | Sri Maha Narendra Krêsna ||

19. ri sêdhêngira siniwi | wontên salêbêting pura | dèn adhêp garwa katrine | samya parêg anèng ngarsa | nimbali ingkang putra | Radèn Sămba lagya rawuh | sangking nagri Madukara ||

20. wus prapta sajroning puri | ing ngabyantara narendra | nêmbah mangraub padane | nulya mring ibu katrinya | sawusnya kinèn lênggah | nèng ngarsa nata tumungkul | sang prabu mèsêm ngandika ||

21. bagea kang lagya prapti | kang têtinjo wong alara | dene kongsi lawas radèn | gonira mring Madukara | kongsi samadya căndra | apa baya kang rinêmbug | liwat sangking karya gita ||

22. pangundange mring sirèki | nora nganggo wèh wruh mringwang | mung sira piniji dhewe | pan ing mêngko kayaparan | larane pamanira | kang putra nêmbah umatur | pukulun ing gêrahira ||

23. saèstu lamun nglangkungi | pan sampun sawang kunarpa | risaking pasarirane | gêrah sawêg tigang căndra | saingga wus sawarsa | prapta kawula pukulun | pinuju sawêg kantaka ||

24. rinubung dipun tangisi | wontên taman Madugănda | Sêmar kalawan pun Bagong | lan lare èstri satunggal | ingkang binêktèng taman | putri boyongan pukulun | arinya Patih Sucitra ||

25. anama Dèwi Sulastri | pambajêngipun kaalab | pun Sêmar Dèwi Kanastrèn | salaminya nandhang gêrah | kang kuthah gulawênthah | muhung punakawanipun | Sulastri Bagong lan Sêmar ||

26. datan wontên malih-malih | dene sagung wadyanira | Madukara sadayane | jalu èstri tan kalilan | sumiwi dhatêng taman | korining taman tinutup | kalangkung anèh karsanya ||

27. gêrah mèh antara pati | tan arsa tinanjo[1] marang | kadang kawulawargane | rayi paduka Ngamarta | ping kalih dènnya têdhak | lan ari sadayanipun | kang rayi ing Madukara ||

28. karsanipun dèn pondhongi | binêkta dhatêng Ngamarta | dènnya wus sayah gêrahe | kangjêng paman Madukara | tan karsa manggihana | kang raka tinulak wangsul | marmanya mutung sadaya ||

29. praptèng mangke mitambuhi | rayi tuwan ing Ngamarta | lan para ri sadayane | tan wontên têtuwi samya | saklangkung kawlasarsa | gêrahnya sangsaya nglayung | dhandhang tumulyèng palastra ||

2. Dhandhanggula

1. sri narendra angandika aris | têlanjêre ulun lara apa | dadi mangkono dadine | kang putra nêmbah matur | kados lamun kang godha pêri | utawi pêrayangan | ngandika sang prabu | katarane kaya ngapa | dene sira ngarani kagodha pêri | kang putra matur nêmbah ||

2. milanipun kawula mêstani | yèn kagodha dene tanpa sangkan | nalika dhatêng gêrahe | kantaka sakgènipun | sarirane kadya ngêmasi | mung kantun prêmananya |

--- 3 ---

kakêtêg sadumuk | wungune sangking kantaka | lajêng ngame saengga angarih-arih | mangungrum angrarêpa ||

3. kang sinambat mung kusumèng wukir | Rara Irêng sapa ingkang nyana | mêngko mangkana dadine | dene duk rarenipun | irêng kusi tur ambêsisik | rikmane arang abang | sasolahe kidhung | karême sok matun gaga | wus tumêrcêb bae dadi rara wukir | dhoso wagu tan ana ||

4. ingkang ana labête sathithik | yèn rêmbêsing madu trah kusuma | amung kocake tingale | kalawan sênênipun | lawas-lawas saya manglingi | rikma kang arang abang | têka dadi bangcuk | wagune dadi wiraga | irêng kusi têka dadi irêng manis | ing mêngko diwasanya ||

5. irêng manis têka dadi kuning | èsmu ijo lir prada binabar | ingkang dhoso pasêmone | dadi jatmika ruruh | liring lindri jait amanis | jatmikane sêmbada | cahyane sumunu | rikma bangcuk têmah dadya | mêmak irêng muyêg ngăndrawila[2] wilis | lah iya ngêndi ana ||

6. soring wiyat salumahing bumi | bisa salin warna kaping tiga | amung Rara Irêng dhewe | ing sabên sasi wuwuh | rêspatine têka sathithik | ing sabên sasi mundhak | sêdhêp manisipun | duk kèndêl pangamenira | mangu jêtung sarwi waspanya drês mijil | lajêng niba kantaka ||

7. sri narendra suka ngandika ris | sapa kulub ing panduganira | pamanamu kang dèn ame | radyan nêmbah umatur | kados inggih kagodhèng pêri | utawi pêrayangan | kang kahyangan gunung | sang prabu gumujêng suka | kang anggodha iku jin Batacinawi | pêri Wara Sumbadra ||

8. ingkang putra wau duk miyarsi | pangandikanira ingkang rama | amajarkên satuhune | matur sarwi gumuyu | kados lêrês dhawuh narpati | gêrahipun jêng paman | kabyatan kung wuyung | kandhuhan lara wigêna | kangjêng bibi dhuh pukulun yèn suwawi | lawan karsa paduka ||

9. inggih sampun kaparan ing têbih | luwung lajêng pinanggihna pisan | owêl sakalih-kalihe | milamba kamipurun | anjurungi lajêngnya panggih | rayi tuwan jêng paman | ing watawis ulun | yèn botên kalampahana | dhaup marang jêng bibi Banoncinawi | kados têmah palastra ||

10. nadyan silih botêna ngêmasi | yêkti lajêng ngênglêng kalanglangan | lilung salami-lamine | inggih sintên tyangipun | kang tumingal dhatêng jêng bibi | yèn botên kangênglêngan | edan kadalurung | gumujêng Sri Padmanaba | myarsa turing putra miwah ibu katri | samya gumujêng suka ||

11. putri Kumbina sru angrangkul aglis[3] | mring kang putra suka angandika | ginablogan pungkurane | pintêr têmên nak ingsun | dadi congkog andhêdhalangi | ing wong lara kasmaran | sasuwene matur | kalintêre wus katara | lamun duta ngêmu rasa ngandhut wadi | wangsiting Madukara ||

12. sri narendra mèsêm ngandika ris | kulub pamanira Madukara | wus angangkah salawase | nanging pangarahipun | ngirih-irih rada pakering | tan wani amasesa | yèn kapêngkok mundur | buh sababe ingkang mawa | kari tuwa awune gone tan wani | misesa [mi...]

--- 4 ---

[...sesa] wasa-wasa ||

13. mung gunane angindhik-indhiki | mêndhak-mêndhak pindha dingkik landhak | têkèng wuri pangindhike | mundhuk-mundhuk lir undhuk | lamun mapag mêndhak tan wani | wanine anyênyamar | anamur nyalimur | lagi samêngko kewala | pamanamu mari gone mêngarahe | salin gêlare lara ||

14. dene karêpira iku kaki | luwih bêcik lamun kalakona | pamanamu ing dhaupe | sayêkti bibèkamu | wus pinacang sangkaning alit | lawan Si Dananjaya | karsane eyangmu | iya kalawan wakira | ing Mandura iya wus padha jurungi | aywa kaparèng liya ||

15. kalunta kèh pakewuh ngalangi | pan kabubuh eyangira seda | kalunta kongsi saprene | dhasare bibèkamu | bocah mula kulup tan kêni | dèn rèh mring wong atuwa | yèn dudu tyasipun | sok nuli angèsthi pêjah | cilik mula winongwong ing jawata di | nora kêna sungkawa ||

16. lamun kongsi luhe tibèng siti | pan sakala karya gara-gara | dewa ing Kaendran gègèr | absari kèh tumurun | mung emane mijil pawèstri | santosane tyasira | luwih sangking kakung | sêtya tuhu ing wacana | tur sêmbada lêgawa tega ing pati | tan kêna ginagampang ||

17. pilih wonge wadon kang tan kêni | dèn mêmitra lawan Si Janaka | bêtah lêmbut pangarahe | dimêr imul marusul | dhasar warnanira apêkik | mung lagi Si Sumbadra | kang tan kêna kengguh | duk kramane uwakira | ing Mandura lan kakang bok Erawati | nganggo patah wanodya ||

18. kang sêmbada ing warnayu luwih | ingsun lawan Si Patih Pragota | ingkang binubuhan golèk | wanodya ingkang punjul | ingsun eling ibunirèki | samana raganingwang | duk lagya gêguru | iya marang eyangira | durung dhaup lawan ibunira lagi | kinadangkên kewala ||

19. sarwi mèsêm prabu arimurti | dènnya ngandika maring kang putra | sarwi angling ring garwane | katri mèsêm tumungkul | sri narendra ngandika malih | sun duga warnanira | ibumu kalêbu | kalamun dadia patah | dadya lakuningsun mung mêlêng sawiji | jujug Gadamadana ||

20. ingsun suwun mring eyangirèki | ginawakkên kulup ibunira | nanging tan sun banjurake | katur maring wakamu | ingsun andhêk nèng pondhok mami | dene ta Si Pragota | lakune wus antuk | wanodya têka ing ngarga | luwih endah aran Endhang Wrêdiningsih | wakamu liwat suka ||

21. dene endhang warnanya yu luwih | nora wêruh yèn endhang gadhungan | marma binanjurkên bae | marang ing bibèkamu | busanane kinèn nyalini | bibèkmu rêsêp ing tyas | mulat warnanipun | tan wruh yèn endhang gadhungan | mangan turu tinunggal tilêmirèki | tan nganggo walangdriya ||

22. praptèng wêngi mapane aguling | Si Sumbadra wus kapati nendra | endhang maksih lungguh bae | kabadharan tyasipun | mulat warnanira kang guling | dharusul milu nendra | dharêsêl ing kêmul | mulih warnanira lanang |

--- 5 ---

bibèkamu yèn turu têngèn kapati | pinocung nora kêna ||

3. Pocung

1. mung kencokan lalêr lan kencokan lêmut | tangi dènnya nendra | têmahan dèn dharêsêli | bangêt kagèt jumbul tangi garagapan ||

2. tinon ingkang dharusul dharêsêl kêmul | kalamun wong lanang | bibèkmu gundam sarywajrit | gya lumayu gègèr sagunging pawongan ||

3. ting bilulung nora na wruh purwanipun | wakamu Mandura | kagyat wungu dènnya guling | lagya mudhun Si Sumbadra sêlak prapta ||

4. anungkêmi ing pada sarywa umatur | yèn endhang gadhungan | bakal patah buwang patih | dadi lanang dharusul milu anendra ||

5. duk miyarsa tambuh dukane wakamu | krodha tanpa tata | kadya tan anapak siti | nyandhak Alugora têdhak sigra-sigra ||

6. nêdya dèn jur ingkang dharêsêl ing kêmul | ing Alugoranya | sruning duka pan wus pasthi | sapraptane gone tilame Sumbadra ||

7. miyak klambu tinon kang nèng jinêm arum | lamun Si Janaka | dhêlog-dhêlog maksih linggih | têbah jaja wakamu mundur kewala ||

8. ingsun tandang mring jro pura gupuh-gupuh | kapapag gapura | arsa banjur dèn gondhèli | tutur lamun endhange dadi Janaka ||

9. andhêrusul ing kêmul amilu turu | marang Si Sumbadra | sun api krodha tan sipi | mati awor sawêngi kono lan ingwang ||

10. garêjêgan kinukuhan mring wakamu | sun api amêksa | wakamu saya ngukuhi | wus sajêge mangkono wakmu Mandura ||

11. dukanipun sapira pan nora tutug | marang Si Janaka | lamun wruh rupanirèki | kaya kêna cinthunge wong Madukara ||

12. lir carita dènnya ngandika sang prabu | manising wacana | kaduk cucut ngrêspatèni | samya suka sagunging cèthi parêkan ||

13. Sang Dyah Ayu Kumbina mèncêp angêmpus | bok aja ngandika | karya ewa kang miyarsi | buh ta kakang prabu buh ta kang sarira ||

14. ingkang kêna ing pêpèlèt lênga dhuyung | cinthung Madukara | gumujêng sri narapati | saya suka sagunge cèthi parêkan ||

15. amiyarsa Dyah Kumbina purunipun | dhasar yu sêmbada | sêdhêp manis ngrêspatèni | sri narendra alon dènira ngandika ||

16. sun banjurne kulub tutur ingsun mau | duk anèng Kumbina | kramane ibunirèki | arsa dhaup kalawan Pandhita Durna ||

17. yayi Prabu Ngamarta mring raganingsun | padha tinimbalan | kulub mring eyangirèki | kabèh prapta masanggrahan ing Kumbina ||

18. amung wakmu Mandura ingkang tan rawuh | kaya wus graita | yèn bakal ingsun rusuhi | duk lêbune pangantèn maring jro pura ||

19. sun wêdèni tiwikrama kagum-kagum | bali mêtu jaba | palayune niba tangi | dadya gugat Kurawa nora narima ||

20. pan tinarka panggawene paman prabu | kang nyandi upaya | anane ditya jro puri | paman prabu nulak paduka tan bisa ||

21. dadya pasrah kewala jroning kadhatun | marang wong Ngastina | lila rusaking jro puri | dèn sirnakna

--- 6 ---

buta kang saba jro pura ||

22. dadya sagung kurawa manjing kadhatun | sakapraboning prang | nêdya nyêkêl jênêng mami | siji nora nana wani prak lan ingwang ||

23. yayi Prabu Ngamarta iya têtulung | maring wong Ngastina | nanging nora graitani | lamun ingsun ditya kang saba ing pura ||

24. duk samana Si Janaka nora milu | maring ing Kumbina | tininggal tunggu nagari | tinimbalan mring yayi Prabu Ngamarta ||

25. kaya kucing pinasrahan buru tikus | wus tan etung sanak | sagon ingsun dèn palêcit | ingsun nuksma sabarang wêruh kewala ||

26. mêtu sangking jro pura maksih binuru | ingsun malih warna | sabarang bae udani | awor lan dhêg amun-amun wruh kewala ||

27. ingsun rupa lêmut Si Janaka nusul | rupa lawa kêmbang | ing kono kacandhak mami | tanpa budi lêmut mungsuh lawa kêmbang ||

28. nora nganggo sêmanak panyêkêlipun | pinadha lan kompra | kêna ora dèn lalèni | pinasrahkên mring Paman Prabu Kumbina ||

29. nanging ingsun minta sihing pamanamu | aywa katon nistha | rèh padha darah linuwih | luhung ingsun banjur dipun patènana ||

30. pamrih ingsun suka banjura linampus | ya kongsi binănda | saure wus nora kêni | kêna ora dèn aturakên bêbandan ||

31. dumèh ta wus parentahe paman prabu | kinèn anyêkêla | nora kinèn amatèni | bangêt wêdi lamun dhihinana karsa ||

32. ingsun rada kewuhan lan salah gumun | duk tumindakira | pamanamu lawan mami | têka dadak dèn pilaur wong Ngastina ||

33. ingsun eling Si Janaka tandhingipun | mung lan Si Sumbadra | sajêg-jêge goning tobit | awit bocah sapolah-polahe kalah ||

34. duk samana bibèkamu iya milu | mring nagri Kumbina | ing kono margane kêni | Si Janaka gêlêm matèni maringwang ||

35. sun pasrahi kulub maring bibèkamu | kèri pasanggrahan | dèn rêksaa ingkang bêcik | aywa kongsi dèn jarah mring wong Ngastina ||

36. Si Udawa dikon angaturi wêruh | marang ing Mandura | lamun ingsun wus ngêmasi | marga sangking ngrusak sri nataning pura ||

4. Sinom

1. dhasare ingsun têmaha | pan ingsun arsa udani | kuwanène Si Janaka | maring bibèkamu kaki | marmane sun pasrahi | manawa wani anubruk | ing sawuse sampurna | kunarpaningsun binasmi | Si Janaka banjur maring pasanggrahan ||

2. ciptane kaya-kayaa | ing mêngko lamun pinanggih | dene wus padha suwungan | dhasare ingsun pasrahi | marma ngêdêd tan sipi | kuwanène pamanamu | praptane pasanggrahan | wruh bibèkmu tanpa budi | nubruk manah Si Janaka yèn wania ||

3. binănda nurut kewala | dhêlog-dhêlog tanpa budi | dosane kênèng patrapan | lupute dènnya ngukumi | maring wong lambangsari | mung lanange kang linampus | ginawa mring Kumbina | bêbandan dipun lakoni | Si Janaka pamrihe amung sapala ||

4. gêlême cinara kompra | panjaluke dèn turuti | kêkêmbêne Si Sumbadra | kang kinarya analèni | antuk gêpok sathithik | dèn [dè...]

--- 7 ---

[...n] takoni tinalikung | sagung cèthi parêkan | gumêr gujêngira sami | amiyarsa pangandikaning narendra ||

5. dènira crita mring putra | lêlampahanira nguni | satriya Andananjaya | dènira anahên brangti | mring Dyah Banoncinawi | miwah kang putra turipun | gêrahe ingkang paman | pangamene mêlasasih | ngangge Rara Irêng wau kang tênaga ||

6. rajaputri ing Kumbina | jumênêng dènnya nyambungi | ingsun biyèn sasêmbranan | guyon parikêna kaki | lagi gunêm sathithik | aluse bêbudènipun | satriya Madukara | durung tutug gon sun angling | bibèkamu kalepat nuli alunga ||

7. gêtun ngong kaya matia | dèn nêngakên malah mangkin | saenakane lungguhan | samangsane ngong parani | nuli ngadêg nglungani | sun uwuh nora sumaur | kapapag dalan nyimpang | sri narendra ngandika ris | cilik mula gone tan dhêmên sêmbranan ||

8. ewa mangkono manawa | ing samêngko tyase kêni | gampang dening sutanira | hèh kulub bibèk sirèki | banjur mring tamansari | seba maring bibèkamu | iya pêpucukana | kaya turira mring mami | malah-malah caritamu wuwuhana ||

9. lêlakone Madukara | lalararên sabarang liring[4] | larasing lara asmara | rarasên dèn mêlas-asih | rês-rêse dipun mingis | nanging aja kongsi konus | manawa kaputungan | samarên basa dèn ramping | jroning wuwus wawasên ingkang waspada ||

10. sêsunguting netyanira | padhang pêtênging kang liring | lamun pêtêng undurana | pangarahira dèn ririh | lamun liringe bêning | rada dhêsêkên ing atur | osonên sawêtara | nora dadi tyasirèki | kakênyêre kulub ujar amung sira ||

11. wis măngsa-bodhoa sira | maripih ing atur kaki | kang putra matur sandika | wus mundur sangking ngarsa ji | laju mring tamansari | marganira pan anjujug | sangking sajroning pura | cakêt gupit măndragini | bêbutulan gapura lit sri rinêngga ||

12. ing kaputrèn patamanan | nênggih ing Banoncinawi | prênah sakilèning pura | amung lêt banon sakêlir | rinêngga anglangkungi | sasat tamaning swarga gung | asri tan ana mimba | klangênan mawarni-warni | pêthetane sampun pêthetan ing swarga ||

13. myang kêmbang-kêmbange samya | sêsêkaran swarga di[5] | têngah sinung balekambang | akik cêmêng kang kinardi | rinênggèng sotya adi | apan ing kono gonipun | Rêtna Wara Sumbadra | sinungan sanggar panêpi | pan pinindha candhi cêpurung rinêngga ||

14. akik ijo kang kinarya | ing Wukir Cinawi ngrawit | ing sêsotya nawarêtna | jumêrut nila widuri | têmpuk lawan prabaning | botrawi muncar ngênguwung | lir mega ngêmu teja | wor lintang-lintang mariris | saubênge balekambang kêmbang-kêmbang ||

15. ingkang samya jinêmbangan | umpake sadaya akik | jêmbangan gêdhah winarna | ing jawi pinancak suji | akik ijo kinardi | gêgapite akik wungu | waton talajug pita | katon ing mandrawa adi | kêkuwunge angawêngi kêmbang-kêmbang ||

16. cinatur pêthetanira | myang kêmbang-kêmbange [kê...]

--- 8 ---

[...mbang-kêmbange] sami | rone sawiji tan ana | kang garing tumibèng siti | tan kêna tuwa sami | tumaruna sri ngrêmbuyung | myang sagung kang wowohan | salamine angêmohi | kêmbang pêntil nyadham matêng sabên dina ||

17. tan wus lamun winuwusa | asrine kang tamansari | jatine taman pêpujan | inggih ing Banoncinawi | ing taman Sriwêdari | kagungan Sri Sasrabau | cinipta mring Sri Krêsna | tibèng Praja Dwarawati | nyata lamun Danardana Wisnubrata ||

18. mangkana Wara Sumbadra | duk lagya siniwèng cèthi | munggèng nataring paningrat | paningrating kang botrawi | aglar parêkan cèthi | Larasati munggèng ngayun | yèku palihanira | Kusuma Banoncinawi | pan arine Rêkyana Patih Udawa ||

19. warnanira yu utama | tan măntra lamun wong cilik | sêmbada dêdêg pidêgsa | pawakan rurus aramping | pamulunya anglungit | gandhang tur manis ing têmbung | wasising pasang cipta | limpating graita lungit | nora wingwang dadya putrining narendra ||

20. sajatine apan nyata | Udawa lan Rarasati | dudu sutèng Ăntagopa | apan trah kusuma yêkti | Udawa kang mancêri | satuhu lamun Sang Prabu | Basudewa Madura | Rarasati kang mancêri | Sang Aprabu Bismaka Natèng Kumbina ||

21. duk magsih Arya Prabunya | caritanira ing nguni | Ăntagopa juru sawah | apan ta nora nganaki | rabine ayu luwih | tariman sangking Sang Prabu | Basudewa Madura | sabên-sabên sri bupati | amêng-amêng marang ing Widarakandhang ||

22. rabinira Ăntagopa | siyang dalu angladosi | wus kadya cèthi parêkan | apan magsih dèn karsani | nulya sri narapati | apan anèng sanggrahan gung | salamine samana | kongsi patutan sawiji | mijil priya iya Ki Patih Udawa ||

23. wusnya patutan sajuga | mantun karsa sri bupati | mring rabining Ăntagopa | wruh ginanti ingkang rayi | nênggih ingkang ngwasani | sira Radèn Arya Prabu | puniku purwanira | dadi Nikèn Rarasati | pan satuhu putrane Natèng Kumbina ||

24. marmanta Wara Sumbadra | sihira trus lair batin | palihan pinundhut kadang | miwah Nikèn Rarasati | lair batin kapati | sungkêma mring gustinipun | sang dyah alon ngandika | paran wartaning ing jawi | salungane gustimu Paranggarudha ||

25. dene wus samadya căndra | ki putra tan ana prapti | mêng-amêng mring êndi baya | nora gawa bala siji | gawe sumlanging ati | Rarasati nêmbah matur | gusti putra paduka | kawula midhangêt warti | ing samangke gusti wontên Madukara ||

26. pan sampun samadya căndra | mila lami anênggani | gêrahe Sang Dananjaya | sang dyah angandika aris | sapa ingkang wêwarti | yèn anèng kono gustimu | Rarasati tur sêmbah | pukulun ingkang wêwarti | abdi dalêm pun kakang Patih Udawa ||

27. tamuan Radèn Sucitra | Patih Madukara gusti | wontên wismane pun kakang | kantos sipêng tigang ratri | punika kang wêwarti | sang rêtna ngandika arum | Pêpatih Madukara | kongsi nginêb têlung ratri | apa mambu sanake Patih Udawa ||

--- 9 ---

28. lan manèh lakune apa | matur Nikèn Rarasati | gusti botên mambêt sanak | sangking sampun sae lami | pun kakang sanjang nèki | Radèn Sucitra pukulun | nguni putraning nata | kadange èstri kêkalih | apan sami kaboyong mring Madukara ||

29. Sang Prabu Sasra Sudarma | ratu pulo Rajapêthi | pambajêngipun wanodya | Dèwi Kanastrèn karabi | dhatêng pun Sêmar gusti | Sucitra panênggakipun | bagus magsih taruna | sêmbada prawirèng jurit | pan kinarya pêpatih ing Madukara ||

30. warujunipun wanodya | anama Dèwi Sulastri | wartine ingkang wus wikan | warnane ayu linuwih | ing nguni magsih alit | nalika kaboyongipun | mangkya sampun diwasa | sêdhêng mêpêki birai | wartanipun pantês lamun kagarwaa ||

31. mring satriya Dananjaya | kusuma Dèwi Sulastri | sêdhêng dêdêge pidêksa | sarira gilig aramping | liringipun amanis | gandês luwêsing pamuwus | kaduk raga karana | sasolahe ngrêspatèni | nanging mangke dèrèng kainggahkên garwa ||

32. maksih parêkan kewala | nanging dènnya nglêladèni | wus saraga-raga garwa | purunipun pun Sulastri | dhatêng gustinirèki | purune kapara patut | dene Radèn Sucitra | dènira purun mariki | angupados usadaning gustinira ||

33. satriya ing Madukara | gêrahe nungsung jêjampi | pan sampun samadya căndra | dènnya kesah sangking wukir | Patih Sucitra gusti | nasak wana minggah gunung | manggihi pra pandhita | tan wontên ingkang kadugi | mulyakakên gêrahe Sang Dananjaya ||

34. wontên pandhita satunggal | gusti ingkang asung wangsit | gêrahe Sang Dananjaya | tămba salumahing bumi | dèn tambakêna sami | malah dadya sangêtipun | nadyan para jawata | paringa usada sami | botên mulya tambane amung sapala ||

35. sarate kinèn ngupaya | layon sêkar ingkang sangking | ukêle putri utama | kalairan kang marêngi | ari Anggara Kasih | kang nungsang akalung usus | mila Patih Sucitra | enggal anjujug mariki | kados-kados sampun amiyarsa warta ||

36. gusti wiyosan paduka | milanta pun kakang Patih | Udawa ingkang amêksa | kawula kinèn bêktani | layon sêkar sakêdhik | punika purune mantuk | sang dyah rêngu ngandika | iku tatane wong ngêndi | nora lumrah wong lara tambane kêmbang ||

37. wiwit ingsun yèn wêruha | pasthi sira sun dukani | mung akale Si Sucitra | anuruti wong dalêming | dèrèng dugi dènnya ngling | kasaru Dyan Sămba rawuh | sang dyah suka ngandika | dene lagi sun rasani | nuli prapta bêcik kang tinêmu baya ||

38. ing kono sira banjura | rahadèn sigra ngabêkti | rinangkul lungayanira | sang rêtna ngandika aris | sira kulub mring êndi | mèh luwih samadya tèngsu | lunga tan nganggo warta | akarya sumlanging ati | tanpa wadya kang putra aris turira ||

39. têtuwi mring Madukara | mila botên ngantos pamit | jêng bibi dhatêng paduka | miwah ing kangjêng rama ji | sangking gugup tan sipi | dènnya wau praptanipun | caraka Madukara [Maduka...]

--- 10 ---

[...ra] | amung kalawan turanggi | animbali sartane paring uninga ||

40. lamun sangêt gêrahira | aturing duta manawi | kawula ngêntosi enjang | dinugi botên mêningi | mila kawula aglis | gugup pangkat dalu-dalu | tan ngantos bêkta wadya | mung lan duta kang nimbali | sêsandêran enjang prapta Madukara ||

41. sayêkti aturing duta | prapta kawula mêningi | jêng paman magsih kantaka | rinubung dipun tangisi | mring punakawan kalih | pun Sêmar Bagong pukulun | nèng taman Madugănda | langkung sangking kawlasasih | salamine gêrah nèng taman kewala ||

42. dene sagung wadyanira | ing Madukara jalwèstri | sadaya datan kaliran | sumiwi mring tamansari | tinilar dalêm sami | korining taman tinutub | langkung anèh karsanya | gêrah mèh antara pati | datan arsa tinuwi mring kadang warga ||

43. paman prabu ing Ngamarta | dènnya têdhak kaping kalih | sumêdya amondhongana | lawan sagunging para ri | nanging tan dèn panggihi | kang raka tinulak wangsul | marma mutung sadaya | praptèng mangke mitambuhi | paman prabu Ngamarta angraras driya ||

5. Mijil

1. praptèng mangke tan karsa têtuwi | para kadang tamboh | èngêtipun sangking kantakane | pan kawula pêtik wanti-wanti | talingane kalih | wungu pungun-pungun ||

2. aningali marang kawula glis | lênggah ngrangkul alon | sarwi angrarêpa andikane | yèn ajaa kulub sira prapti | ing sadina iki | pasthi ingsun lampus ||

3. nora nganti dina sesuk malih | boting laraning ngong | lara ing sajagad iki kabèh | sinandhangkên marang awak mami | maksih sinung urib | nanging sasat lampus ||

4. tinimbanga lan rubuhing wukir | boting laraning ngong | magsih abot laraningsun kiye | soring wiyat tan ana nimbangi | mêngko sira prapti | rasaning tyas ingsun ||

5. kaya-kaya lamun bisa urib | wurung praptèng layon | iya sangking praptanira radèn | ingkang sasat dadya maosandi | pamurunging pati | panancanging umur ||

6. dadya mêngko raganingsun iki | pasrah anak ingong | mati urib[6] sangking sira radèn | bisa urip yèn sira uripi | tulus praptèng pati | yèn sira kang nglampus ||

7. wus mangkono rasaning tyas mami | sakarsanta dados | angrèh raganingsun iki radèn | abang biru wus anèng sirèki | dèrèng kantos dugi | pangandikanipun ||

8. nulya jêtung dhêlêg-dhêlêg sarwi | kang waspa drês miyos | dangu-dangu salin andikane | kadya angrarêpa angarih-arih[7] | kang sinambat naming | Rara Irêng gunung ||

9. adoh têmên lan rarene nguni | dadine samêngko | sapa nyana mangkono dadine | soring wiyat sun durung miyarsi | ngong kang bisa salin | warna kaping têlu ||

10. iya amung Rara Irêng wukir | duk magsih nèng dhukoh | bangêt wagu dhoso pasêmone | irêng mangkak tur rada basisik | rambut abang kusi | kanginan maruwun ||

11. nuli ingsun akapanggih malih | nalika nèng dhepok | wingit rada manglingi warnane | irêng kusi dadi irêng manis | rikmane kang abrit | têka dadi bangcuk ||

12. solah wagu pan dadya rêspati |

--- 11 ---

sêmune kang dhoso | dadi luruh alindri liringe | dèrèng dugi rahadèn turnèki | sang dyah duk miyarsi | langkung dènnya rêngu ||

13. sira iki apa andalêming | anèng ngarsaning ngong | lagi prapta dadak angêtèprès | barang kăndha sapa kang ngowahi | lagi dèn kangêni | dadak anggadêbus ||

14. ingsun nora ananggap sirèki | minggata kang adoh | Radèn Sămba uninga sêmune | lamun ingkang bibi sangêt runtik | ature sinambi | sumbrana gumuyu ||

15. inggih sampun lamun tan marêngi | gèn kula gêdobrol | mung paringa dhêdhaharan bae | kula bibi jatosipun ngêlih | sadintên tan bukti | mêntas mlampah dalu ||

16. sawêg prapta lajêng dèn timbali | mring rama sang katong | mundur sangking pura lajêng bae | marêg ngarsa paduka jêng bibi | mila sangêt ngêlih | sang dyah ngandika rum ||

17. iya padha kulub lawan mami | samadya pancorong | salawase lunga sira radèn | ingsun taji dhahar lawan guling | mêngko sira prapti | riaya katèngsun ||

18. Rarasati ladèkna tumuli | sêsaosaning ngong | ingsun dhahar lan gustimu kene | Rarasati ngladosakên nuli | dhaharan sang dèwi | kuluban sarwa rum ||

19. mênur gambir kênanga mêlathi | cêpaka argulo | kang rinawis kinulub bumbune | anggi-anggi ingkang wangi-wangi | kongas gandanya mrik | radèn têtanya rum ||

20. apa iku dhahare jêng bibi | rupane mangkono | ting kalênyit awangi gandane | Nikèn Rarasati turira ris | sagung wangi-wangi | gusti kang kinulup ||

21. Radèn Sămba sidhakêp sarywa ngling | yèn kaya mangkono | kang dhinahar jêng bibi ujute | wataraku wong Batacinawi | barang lara kalis | mulês miwah ngêlu ||

22. lara wêtêng rumab myang panastis | dèngkèk miwah encok | lamun ana wong lara ing kene | binêkêma bae mring jêng bibi | sayêkti yèn mari | tansah mèt dhêdhukun ||

23. gumêr gujênge parêkan cèthi | sang rêtna malerok | sarwi balang sadak mring putrane | bangêt têmên lonyote ki mantri | mèmpêr sri bupati | duk nonomanipun ||

24. rada kaduk cucut ngrêspatèni | ngangêni kang tumon | Rarasati nambungi ature | malah tutuk putra tuwan gusti | cucut tuntung manis | rakanta sang prabu ||

25. cucutipun tinadukkên liring | nyênyêse sakêbon | Radèn Sămba dangu mawasake | ingkang bibi liringipun bêning | sêsunguting runtik | sinawang wus samun ||

26. dukanipun nora nrus ing galih | kèndêlnya sang anom | angên-angêning rèh upayane | wus sirantuk nêmbah matur aris | sowan kula bibi | jatose ingutus ||

27. mring paduka aparing udani | jêng rama sang katong | kalawingi tamuwan dutane | ratu sabrang kêkalih nagari | sami mawi tulis | katur rama prabu ||

28. kang satunggal Jongparang nagari | Prabu Bajobarong | gung aluhur ngajrihi dhapure | siyungira wus kadya rasêksi | godhèg wok jenggot brit | rambute kadi duk ||

29. brêngos kokop netra bidho mati | alise mêngkorog |

--- 12 ---

langkung sangking dêgsura surate | pan anglamar ing paduka bibi | tan kenging tinampik | masesambêg purun ||

30. yèn paduka tan arsa nampèni | sayêkti rarêmpon | prabu ing Jongbarong botên wande | sawadyane anêkani jurid | nagri Dwarawati | dinadèkkên awu ||

31. sipat lanang kabèh dèn patèni | èstrine binoyong | dene ingkang satunggal surate | Ratu Paranggănda atur putri | kawula kang pinrih | praptèng prajanipun ||

32. nontonana mring putrinirèki | yèn kawula condhong | ingaturkên samăngsa-mangsane | mring kawula marêkan anyèthi | Dèwi Găndawati | ing jagad pinunjul ||

33. kaduk raga karana sang putri | tan wontên winaon | dêdêg pidêgsa sêdhêng gêdhene | sarira rurus gilig aramping | pamulune lungit | manis ingkang têmbung ||

34. dene raka paduka rama ji | ing galih wus condhong | amba kinèn ningalana age | ing warnane Dèwi Găndawati | kang kalokèng bumi | yèn kawula sampun ||

35. sênênging tyas tinon lajêng panggih | lawan sang lir sinom | wontên nagri ing Paranggandane | lamun sampun ing kawan dasa ri | jêng rama nimbali | ngundhuh mantunipun ||

36. karsanira bayangkari nanging | kawula sru mopo | gêmah lamun manggih durakane | yèn kantosa kawula nglancangi | mring paduka bibi | mendah ta lokipun ||

37. gupuh-gupuh karsa mondhong putri | wong tuwane wadon | magsih kêna tan ana cacade | lurus nora gèthèk nora ciri | dadak dèn langkahi | krama numbuk-numbuk ||

38. nora nganggo tatane ngaurib | wong laku mangkono | paranbaya tinêmu ing têmbe | yêkti makatên ucaping bumi | milamba samangkin | dahat kamipurun ||

39. gadhah atur mring paduka bibi | nênuwun sayêktos | Prabu Bajobarong panglamare | mugi-mugi paduka tampani | wontêna sakêdhik | soring warnanipun ||

40. nanging botên kuciwa ing bumi | mêngkua praptèng don | mring paduka dene ratu gêdhe | awibawa sinêmbah para ji | sang dyah duk miyarsi | ature kang sunu ||

41. langkung sangking kumêpyuring galih | lir sinênggrang ing mong | tarataban mêngkorog wulune | lir sinasak gumêtêr dènnya ngling | pa genea gusti | sira dadak lumuh ||

42. ing karsane ramanira aji | aja sira mopo | kinèn krama apan wus sêdhênge | tampanana Dèwi Găndawati | kang sumêdya dadi | kanthining jinêmrum ||

6. Kinanthi

1. aja sumêlang ing kalbu | krama dumèh anglangkahi | maring ta sariraningwang | wêdi bokmanawa kêni | sêsikunirèng jawata | nora dadi ngapa kaki ||

2. yèn wus lila raganingsun | malah panêmune bêcik | walêr sangkêre tan ana | miwah pocapaning bumi | muga kulup lampahana | kang sira grahitèng budi ||

3. sarambut pinara sèwu | durung nyipta nambut krami | ing lair batin narima | momong sira bae kaki | kulup age tampanana [tampana...]

--- 13 ---

[...na] | Rêtna Dèwi Găndawati ||

4. ingsun age arsa wêruh | mring bakale mantu mami | putrine wong Paranggănda | ingkang kaloka ing bumi | ayu tur raga karana | nuli pêputraa gusti ||

5. sun sinau momong putu | mendah sukane tyas mami | kang putra bêkuh turira | wit netyas kawula bibi | siyang dalu kadi agya | mondhong ing Dyah Găndawati ||

6. mangun langêning raras kung | manungku rarasing rêsmi | yèn ta sampuna kapalang | sumêlanging manah maksih | ajrih sikuning jawata | miwah pocapaning bumi ||

7. dene gênggênge pakewuh | bêbaya ambêbayani | upaminipun kawula | nêmpuh byat purun nampèni | putri adi Paranggănda | măngka paduka anampik ||

8. maring Bajobarong Prabu | punapa ta eca bibi | gèn kawula pêngantenan | lawan Dèwi Găndawati | sêdhêng lagya sih-sinihan | yêkti lajêng pothar-pathir ||

9. gègèr kabur dening mungsuh | Bajobarong anêkani | krodhane sawadyanira | gêpuk nagri Dwarawati | paduka ingkang rinêbat | pinrih samadyaning jurit ||

10. măngsa ta wandea gêmpur | sintên nagri Dwarawati | kang nanggulang ing ngayuda | andêle amung sawiji | paman Arya Wrêsniwira | mung pupuh rosaning jurit ||

11. ngandêlake tosing balung | kêncênging ototirèki | lawan têguhe kewala | tanpa guna tanpa sêkti | nadyan sumsuma gêgala | otot kawat balung wêsi ||

12. botên wande rêmak-rêmpu | pintên kuwate wong siji | lan Bajobarong Jongparang | sintên ingkang purun inggih | ingabên sami satunggal | têtandhingan dede tandhing ||

13. nadyan sami rosanipun | kantun gagah gêng ainggil | samia ing kuwatira | kantun têguh tosing kulit | pan sami bêtah kuwatnya | kantun guna miwah sêkti ||

14. lawan kantun sagêd mabur | pangandikane rama ji | Bajobarong kyating jagad | ratu sakurêping langit | manungsa diyu rasêksa | tan wontên ingkang kuwawi ||

15. anadhahi krodhanipun | tandhinge amung sawiji | jêng paman ing Madukara | kapalang gêrah ing mangkin | mila sangêt tur kawula | mugi paduka tampèni ||

16. Bajobarong ratu punjul | sang rêtna rêngu dènnya ngling | lamun Bajobarong mêksa | sikarane anêkani | masesa wong datan arsa | kudu ngrabosèng ngajurit ||

17. aja sira milu-milu | ingsun dhewe kang nglabuhi | dadi bantêning nagara | amrih pati lêbu gêni | miwah mati suduk jiwa | mung sira tulusa mukti ||

18. lawan ramanta sang prabu | kang putra jêlèh turnya ris | sarwi anungkêmi pada | bênêr jêng rama dènnya jrih | tan arsa anari krama | mangkene tyase jêng bibi ||

19. idhêpe mung nganyut tuwuh | nora măntra-măntra kalih | tan ngeman ing kadang warga | miwah rusaking nagari | tangèh kalamun kaliha | wêlas marang awak mami ||

20. kaya ta ing nguni kang wus | kocap kudanganirèki | swargi jêng eyang Mandura | wus pinasang jodho pasthi | lan jêng paman Madukara | tan kalakon praptèng mangkin ||

21. ana pindhanira lumuh | mênèk tan kolune [ko...]

--- 14 ---

[...lune] sangking | krama nak-sanak taruna | ana manèh iki prapti | ratu agung ing Jongparang | iya tan arsa nampèni ||

22. ramanta ing karsanipun | dhuh bibi kalamun pasthi | makatên karsa paduka | kapati mung mamrih pati | kawula măngka santuna | sayêktine anglabuhi ||

23. bela wong sapraja lêbur | aywana kèri sawiji | katuwone raganingwang | lagyana sênênging ati | putri adi Paranggănda | kapalang bela ing pati ||

24. dhuh bibi amba pukulun | anuwun pamit samangkin | pêjah nèng ngarsa paduka | luhung pêjah andhihini | lêbur rusaking nagara | gêsang tan sagêd ningali ||

25. rahadèn sawusnya matur | narik curiganira glis | wus pinusthi pucukira | lêrêsing kêkulung ati | kantun gêcose kewala | sang dyah kumêpyur ningali ||

26. kang putra sigra rinangkul | sarwi dhêg-dhêgan dènnya ngling | dhuh dhuh anggèr aja-aja | mêngko ta tyasira kaki | mamrih pati tanpa yogya | siniku ing jawata di ||

27. dene ta pikirirèku | padha pinikir kang bêcik | Radèn Sămba duk miyarsa | pangandikane kang bibi | sakala asrêping driya | atata lênggahe malih ||

28. nanging sang kusuma sampun | garjita sajroning galih | maring sêmune kang putra | yèn gutuk lor kidul pinrih | gutuk kulon mamrih wetan | mring Bajobarong mung lair ||

29. mring Sang Parta batinipun | sang dyah ngunandikèng galih | apa wus karsaning dewa | yèn wong ika pasthi dadi | pangajapan ingsun tawang | marga sangking bocah iki ||

30. apa ta pangêbangipun | wong ika mring anak mami | duk ana ing Madukara | kinungkung samadya sasi | mulih têka gawe beka | tan kêna dèn tanggulangi ||

31. dènnya ngrubuhke maring sun | kapati-pati toh pati | sun cobane apa nyata | mring Bajobarong tyasnèki | bok aja agawe gêlar | wong tuwarsa dèn gêlari ||

32. dèn kalamarana rambut | calorote wus udani | dadya ris dènnya ngandika | iya kulub yèn wus pasthi | mring Bajobarong Jongparang | brataning tyasira kaki ||

7. Asmaradana

1. sayêkti ingsun lakoni | wit sangking pamêksanira | miwah sang prabu karsane | paran gon ingsun lumuha | kang putra duk miyarsa | malênggong tyasnya manjêlud | lirih kêmba aturira ||

2. yèn pangraos kula bibi | babêtahan wus prayoga | mêngkua mring sarirane | dene ratu gung prakoswa | sakêdhik tyas kawula | ragi sumêlang pukulun | mring jêng paman Madukara ||

3. manawi galihe maksih | èwêd darbe pêpacangan | têmah kalap ing liyane | sayêkti wungu dukanya | inggih măngsa dangua | amrih pêjah gêsangipun | mring Bajobarong Jongparang ||

4. sakêdhap kewala mati | sanadyan silih sampuna | mupus yèn dèrèng jinodho | nanging watawis kawula | samangsanipun mulat | ing cahya pindha sitangsu | kadi yèn sami sakala ||

5. saputing tyas ambêg pati | ketang kang dadya sasăngka | Bajobarong botên wande | janggane pêdhot pinanah | paduka kantun răndha | namung punika pukulun | sumêlanging tyas kawula ||

6. sang kusuma duk miyarsi | maring

--- 15 ---

ature kang putra | lathinira cinawowo | pan sarwi jinêngkang-jêngkang | dhuh iki bocah apa | têka calêbang-calêbung | datan kêna ginugua ||

7. lah ta wis matura aglis | mring ramanira narendra | lamun wus pasthi karsane | ingsun kinèn amawongan | marang wong Madukara | ing saiki ingsun turut | ananging sira matura ||

8. sun minta patiba sampir | kris wasiyat Madukara | Ki Pulanggêni wastane | lan ing kana duwe bocah | pawartane boyongan | ing nguni putrining ratu | maksih rare yu utama ||

9. arane Dèwi Sulastri | iku kang sun jaluk pisan | lan kêris praptane kene | dèn suka lila trusing tyas | apa sakarêp ingwang | aja garantês sarambut | karana kêris wus dadya ||

10. sasrahan patiba sampir | miwah bocahe boyongan | sayêkti wus darbèk ingong | ing samăngsa-măngsa têka | Dwarawati nagara | kêrise lan bocahipun | esuk sore ngong sumăngga ||

11. ing karsane sri bupati | dene yèn nora katêkan | iyèku panjaluk ingong | yêkti wadat tanpa krama | upamane pinêgsa | pira larane wong lampus | sang dyah sawusnya ngandika ||

12. lumêbèng dalêm botrawi | Radèn Sămba duk miyarsa | ingkang bibi andikane | langkung cumêplong tyasira | sangking jawi tur sêmbah | dhuh bibi wong tuwaningsun | sampun sumêlang ing driya ||

13. kawula kang nanggêl pasthi | bibi kang mundhut paduka | kados tumuntên praptane | dhuwung lan rare boyongan | Dwarawati nagara | sang rêtna ngandika rêngu | sangking jroning madeyasa ||

14. lah ta wis aja cariwis | dene ge sira minggata | aja kasuwèn nèng kene | yèn akèh-akèh turira | sun jabêl wuwus ingwang | ingkang wus kawuwus mau | sida wadat tanpa krama ||

15. ingkang putra miyarsa jrih | mundur sarwi latah-latah | sangking botrawi wus miyos | wangsul maring jroning pura | umarêk sri narendra | maksih lênggah sang aprabu | lan pramèswari têtiga ||

16. duk katingal kang putra glis | ingawe lajêng tur sêmbah | sang prabu ngandika alon | kulub dèn kaparèng ngarsa | paran ta lakunira | sun tingali dene gupuh | apa baya antuk karya ||

17. ingsun lan ibumu nganti | kang putra matur anêmbah | pukulun dede wadose | galihnya rayi paduka | gawat kaliwat-liwat | tan kenging ginêpok atur | mantêp tur tega palastra ||

18. ngantos nêlasakên kêndhi | gèn kawula karya gêlar | ing ngajêng anjêngêrake | jêng paman ing Madukara | sangêting gêrahira | sadaya pangemanipun | lawan dènnya kawlasarsa ||

19. anuntên kawula kardi | gêlar barang bêbarongan | ing Jongparang Bajobarong | anglamar mring kang sarira | pamrih ulun gilaa | ing galih sagêd ambujuk | mring jêng paman Madukara ||

20. inggih gila inggih ajrih | mring Bajobarong Jongparang | ananging ta pangungsène | mrih suduk jiwa kewala | nulya kawula karya | ratu ing sabrang pukulun | nagrine ing Paranggănda ||

21. ngaturkên putrinirèki | diwasa dèrèng akrama | ingkang [ing...]

--- 16 ---

[...kang] mungêl jro surate | jinodho lawan kawula | putri ing Paranggănda | kasubing jagad pinunjul | ayu tur raga karana ||

22. jêng paduka wus marêngi | nanging kawula lênggana | nglangkahana sarirane | ajrih sikuning jawata | pukulun pamrih amba | wêlasa dene andulu | sangking pamothah kawula ||

23. diwasa dèrèng akrami | jêng bibi nuli galiha | inggih dhatêng pacangane | kamandaka Paranggănda | sadaya tanpa dadya | pinuju sagêtira nut | kawularsa suduk jiwa ||

24. kadya carita turnèki | narpaputra mring kang rama | purwa madya wasanane | wus ingaturkên sadaya | kang bibi pamundhutnya | suka gumujêng sang prabu | myang pramèswari têtiga ||

25. Kusuma Dèwi Rukmini | latah dènira ngandika | mendah ta baya opahe | pamanamu Madukara | besuk marang ing sira | jaluka rabi rongpuluh | sanadyan patangatusa ||

26. putri kang ayu linuwih | sayêkti lamun tinêkan | anjaluka upamane | isining endra bawana | kaya lamun tinêkan | pan wus sasat utang umur | pamanamu marang sira ||

27. sri narendra ngandika ris | sapa ta iku kang manah | Si Sumbadra panjaluke | apa dewa suralaya | sira apa wus duga | ing sêmune bibèkamu | jaluk bocahe boyongan ||

28. lan kêris si Pulanggêni | kang putra matur anêmbah | rayi dalêm ing sêmune | jêng bibi krama tan arsa | kalamun winayuha | salêbêting galihipun | kados andarbèni cipta ||

29. kalamun Dèwi Sulastri | badhe kainggahkên garwa | dumèh endah ing warnane | samăngsa punika prapta | Dwarawati nagara | kados yèn lajêng linampus | ing dhuwung babêktanira ||

30. gumujêng Sri Arimurti | bibèkamu tyase arja | nora mangkono ing tyase | kulub sun tuturi sira | jêro sêmune uga | kang jinaluk bibèkamu | kêris pêparinging dewa ||

31. jangjine apan wus pasthi | sapa kuwasa nganggoa | kris Pulanggêni jatine | anurunke para raja | kang mêngku tanah Jawa | dene ta dènira jaluk | mring bocah wadon boyongan ||

32. sêmune ing dalêm batin | amrih utamaning krama | kapindho iku karêpe | katêmua jaka rara | lawan Si Dananjaya | hèh pramèswari têtêlu | padha sira sadhiyaa ||

33. sauparêngganing kardi | aja kongsi kêkurangan | kaya-kaya lamun gêdhe | yayi dhayohira benjang | dhaupe arinira | sanak-sanak wong tuwamu | sayêkti yèn kabèh prapta ||

34. Ngamarta tan beda yayi | tuwa anom santananya | pasthi ngiringake kabèh | malah ing wataraningwang | dhaupe Si Sumbadra | lan Si Dananjaya besuk | sira kongsi kadhayohan ||

35. dewa lawan widadari | yèn salamêt ingsun angkah | besuk sasi ngarêp manèh | sêdhêng wus padha samêkta | ing kene lan ing kana | hèh kulub jaba sirèku | lawan Si Patih Udawa ||

36. iya dèn samêktèng kardi | garwa tri miwah kang putra | samya sandika ature | sang prabu nimbali sigra | mring Arya Wrêsniwira | prapta sajroning [sa...]

--- 17 ---

[...jroning] kadhatun | ngaras padaning sri nata ||

8. Sinom

1. sang prabu aris ngandika | hèh yayi dandana aglis | ingsun duta mring Ngamarta | ngaturake layang mami | marang ing yayi aji | sêrat tinampanan sampun | sinung wruh liring karsa | kang dadya lampahirèki | Wrêsniwira langkung sukaning wardaya ||

2. wus têlas wêling narendra | tur sêmbah satriya kalih | sarêng mijil sangking pura | sapraptaning păncaniti | Radèn Arya Sêtyaki | wus samêkta wadyanipun | budhal sangking nagara | tan ambêkta dharat siji | upacara sami sanginggil turăngga ||

3. kunêng ta datan winarna | ingkang lêlampah nèng margi | Radyan Arya Wrêsniwira | gantyan winursitèng kawi | nênggih Ngamarta nagri | Pandhu Dewanata sunu | ratu mahardikèng rat | ambêg pinandhita luwih | Pandhuputra jumênêng nata Pandhawa ||

4. pêkik pindha hyang asmara | pêparabira narpati | Prabu Gunatalikrama | iya Sri Yudhisthira ji | Darmaputra lan malih | Sri Darmawăngsa pinunjul | pêparab Puntadewa | liring Puntadewa dening | ratu madyapada wus pangawak dewa ||

5. myang ing puja mantranira | luwih sangking pra maharsi | marma parab Yudhisthira | ambêg wiyar lir jaladri | amot momot ing budi | ala bêcik pan kawêngku | marmanira pêparab | Prabu Darmaputra dening | pinundhut ing putra Hyang Bathara Darma ||

6. marma parab Darmawăngsa | dènira darma dadya ji | purune sangking pinêksa | marang sagunging para ri | gêmah rusaking nagri | obah-osiking praja gung | wus dening ari samya | sang prabu datan mriksani | marmanira asma Gunatalikrama ||

7. Guna ingugêran krama | lêmbah manah lus ing budi | pangandika mung sapisan | sêtya tuhu maring janji | anrus gêtihe putih | wêninge tyas suci arum | suka lila ing donya | lêgawa tega ing pati | yèn lumraha patine kinarya dana ||

8. lirira nata Pandhawa | kadang gangsal priya sami | tan ana sulayèng karsa | sabiyantu nunggil budi | ing galih dadi siji | rêmak-rêmpu parêng tumpur | jangji sabaya pêjah | yèn tiwasa salah siji | ingkang kantun sakawan bela palastra ||

9. panênggakirèng Pandhawa | wong agung ing Jodhipati | nama Arya Wêrkudara | pikukuh suhing nagari | gêdhig manggolong jurit | Ngamarta kang pinangka muk | ugêr ngasmarèng laga | tata gulanging praja di | apêparab Sang Abima Aryasena ||

10. sêmbada dêdêg parusa | bêbalung balengah kuning | abau rowa birawa | ngêngrêng sêrênge ngajrihi | sinung srompoting rawis | mêngkorog angulêr taun | godhèg piyak nglar badhak | gumêlêng jenggot mêlingi | jaja papak simbar jaja palawangan ||

11. rikma mêlês ngandhan-andhan | wuluning asta angisi | idhêp têpung ngapurancang | jênggurêng netyanira dik | singa pinandêng liring | pucat bayunira larut | waja blah yèn ngandika | narab gumêrgêt ngajrihi | nama anut sêmbada lan wandanira ||

12. liring nama Wêrkudara | kadang kang panênggak nênggih | Bima gêng inggil têgêsnya | ngungkuli kadange sami | bayu suta ingambil [i...]

--- 18 ---

[...ngambil] | putra mring Bathara Bayu | têgêse Bratasena | mêngku mring lampah pribadi | liring abirawa luwih sangking jêmbar ||

13. ambêg lêgawa prasaja | iya lair iya batin | awantah nora tarekah | yèn wêdia padha wêdi | wania padha wani | padha mêngko gothak-gathuk | nya dhadha êndi dhadha | kang sêdyala dèn alani | lamun nêdya bêcik pasthi binêcikan ||

14. êndi iku iki ênya | dhêdhasar rahayu budi | marma sagung wadyabala | Ngamarta samya jrih asih | yèning murka sirnanting | mêmala dursila lêbur | dening Sang Aryasena | pangrèhing rat mêrcayani | bakuh kukuh ajêg tindaking nagara ||

15. adiling kadang sadaya | Pamadya Radèn Pêrmadi | satriya Andananjaya | wong agung Madukara di | Arya Parta lan malih | Arjuna jêjulukipun | nênggih Radèn Janaka | pêparab Prabu Kalithi | apêparab Rahadèn Endratanaya ||

16. têgêse Endra Tanaya | dènira pinundhut yêkti | putra mring Bathara Endra | têgêse Prabu Kalithi | sugih gêlar ing jurid | myang gêlaring kang para rum | widakdèng priyêmbada | pangudinirèng kênya di | lamun sampun sinêdya pilih tan kêna ||

17. marma parap Dananjaya | guna kasêktènirèki | prasasat kinarya dona | yèn wontên para narpati | sinikorèng ngajurit | lamun age minta tulung | tuwin para pandhita | yêkti age dèn tulungi | nadyan dewa kathah kang aminta sraya ||

18. marma pêparap Sang Parta | Parta srêp têgêsirèki | angadhêmi sabuwana | martanira maratani | wèh ayêming sabumi | mêmayu yuning tumuwuh | marmanya apêparab | Rahadèn Janaka dening | anggung dènnya pangungsèning duka cipta ||

19. kèh luwar sangking Sang Parta | kang sami nandhang prihatin | marma pêparab Arjuna | têgêsipun banyu mungging | wêwadhah ingkang wêning | Arjuna bêbudènipun | kêdhung kêna jinajag | munggèng sadhasaring bumi | pan gumawang katon nèng langit kasapta ||

20. kakêjêr nèng antariksa | katon nèng dhasaring bumi | atambuh nanging wêweka | lèn prayitna ing batin[8] | sêsak mring wiyar nênggih | bisa logro maring ciyut | muluk kalokèng jana | tan kêna cinokrèng budi | de Pamadi pamadyanirèng Pandhawa ||

21. abagus datanpa sama | ruruh tur alus ing budi | ambêgnya lir mênyan kobar | jatmika sih ing kaswasih | wadya Ngamarta nagri | gung alit samya sih lulut | maring Sang Danajaya | dadya kêmbanging praja di | măngka teja kêkuwunge jagad raya ||

22. pambajêng panênggakira | pamadya patutan sangking | sang rêtna yu kang pambadya | inggih Rêtna Dèwi Kunthi | sumêndhi lan wuragil | mijil kêmbar patutipun | rajaputri Mandraka | nênggih Rêtna Dèwi Madrim | sumêndhine anama Radèn Nangkula ||

23. waruju Radèn Sadewa | warnanira pêkik-pêkik | Nêngkula ing têgêsira | kawula Sadewa gusti | apan nama sawiji | dèn anggo sang kalihipun | Nangkula lan Sadewa | ing laire katon kalih | ing batine pan amung ujut sajuga ||

24. ing warna kêmbar wus samya | budine dadi sawiji | laire sarêng

--- 19 ---

kewala | marmane nama sawiji | dèn anggo wong kêkalih | amung siji têgêsipun | Nangkula lan Sadewa | tuduh mring kawula gusti | kêmbar rupa kêmbar solah kêmbar swara ||

25. radèn kalih datan arsa | darbea budi pribadi | mung manut sakarsanira | nênggih ingkang raka katri | ing siyang pantara tri | barang rèhira tinurut | têgês nama Pandhawa | gangsal tyase dadi siji | mati urip ing pratingkah nora gothang ||

26. marmanya sinung nugraha | marang Sang Hyang Odipati | Pustaka Kalimasada | sira Sang Yudhisthira ji | têgêse maosadi | Kalimasada puniku | tambane wong lêlima | lamun wontên kang ngêmasi | dèn ungkuli Pustaka Kalimasada ||

27. yêkti gêsang paripurna | wau ta ingkang winarni | Sang Aprabu Darmaputra | sêdhêngnya lagya siniwi | dening sagung para ri | Arya Wêrkudara ngayun | Nangkula lan Sadewa | sri bupati ngandika ris | Wêrkudara paran mêngko kanthinira ||

9. Kinanthi

1. Si Janaka wartanipun | wartane saya ngranuhi | anggung dènira kantaka | apa ta nora pinikir | ngupaya wong guna bisa | kang sayogya ngusadani ||

2. kang rayi umatur sêndhu | bonggan gawe kang amikir | ing larane Si Janaka | tămba salumahing bumi | sayêkti măngsa warasa | lara ginawe pribadi ||

3. ature ana kang tutur | larane nganggo dalêming | kang dèn ame nora liya | amung Rara Irêng wukir | gawene sok matun gaga | diwasa têka manglingi ||

4. lah ta lara apa iku | mangkono goning dalêming | kajaba kaworan gêlar | pasthi yèn larane kêni | sambang brata mring Sumbadra | têluh ing Batacinawi ||

5. yèn sira ge arsa wêruh | warase arinirèki | sarate gampang kewala | kajaba sira ombèni | ing uyuhe Si Sumbadra | pasthine yèn iku mari ||

6. sajêg ingsun durung ngrungu | wong lara satêngah mati | nora karsa têtinjoa | mring kadang wargane sami | amung lagi Si Janaka | lara ngewakakên ati ||

7. sri narendra ngandika rum | witne ta mangkono yayi | nora kêna sira nêngna | kadawan-dawan sayêkti | larane tanpa wêkasan | Wêrkudara anauri ||

8. yèn sira nari maringsun | pan amung pêkir[9] sawiji | tinêmbung marang Sri Krêsna | pasaja nora kakêlir | awèh ya nora awèha | sayêkti sun jaluk wani ||

9. Si Sumbadra dhaupipun | lawan Si Janaka nuli | aran wus pacanganira | dadi bithèn sun lakoni | lan Sri Krêsna Baladewa | sri narendra ngandika ris ||

10. bênêr pikirira iku | nanging kasasarên[10] yayi | ingsun yèn nusu-nusua | ing panuwun bangêt wêdi | dèrèng dugi angandika | kasaru gupuh ing jawi ||

11. Nangkula tur sêmbah mundur | marigsa wangsulira glis | wangsul yèn wontên caraka | sangking nagri Dwarawati | yayi mas ing Nglesanpura | lampahipun mundhi tulis ||

12. kagyat ngandika sang prabu | Nangkula iritên aglis | aja kasuwèn nèng jaba [ja...]

--- 20 ---

[...ba] | Nangkula tur sêmbah mijil | praptèng jawi panggih lawan | Sêtyaki wus dèn dhawuhi ||

13. lajêng kerit lêbêtipun | praptèng byantara narpati | nêmbah matur yèn dinuta | ing raka Sri Arimurti | ngaturkên ingkang nuwala | sang prabu gupuh nampèni ||

14. kang sêrat binuka sampun | winaos sinugmèng galih | putus ing pamaosira | mèsêm ngandika sang aji | hèh ta yayi Wrêsniwira | baya-baya wus kaèsthi ||

15. ing saobah-osik ingsun | mring sinuhun Dwarawati | nora kêna kasamaran | mau lagi sun rasani | ing larane kakangira | lagi mingkêm sira prapti ||

16. Nangkula sira sun utus | mring Madukara dèn aglis | dhawuhana kakangira | kêrise si Pulanggêni | lawan bocahe boyongan | têka pulo rajapêthi ||

17. Dèwi Sulastri ranipun | pinundhut ing jêng kaka ji | sarta lan pamundhut ingwang | dadia patiba sampir | mring Dèwi Wara Sumbadra | poma dèn kagawa yayi ||

18. barêng salakunirèku | hèh yayi Arya Sêtyaki | bêcike sira milua | ngiras pantês atêtilik | mring larane kakangira | hèh Nangkula layang iki ||

19. paringna kakangirèku | wruha ing karsa sang aji | bêcik banjurna kewala | dene kang patiba sampir | dimène lêga tyasira | têka Madukara yayi ||

20. kature jêng kakang prabu | măngsa bodhoa sirèki | dèn padha samêktèng marga | kang ngiring patiba sampir | Pulanggêni kris wasiyat | Sulastri putrèng narpati ||

21. surat pinaringkên sampun | sandika sarêng wotsari | mundur sangking ngarsa nata | sapraptaning jawi kalih | budhal lan sawadyanira | bubar sagung kang anangkil ||

22. sri narendra wus ngadhatun | pinêthuk ing pramèswari | rajaputri ing Cêmpala | Kusuma Dèwi Drupadi | apan ta sawêg sawarsa | panggihnya lan sri bupati ||

23. sang dyah apêputra sampun | jalu warnane apêkik | nama Radèn Păncawala | lan kang rama wus tan kalih | apan sawêg tigang căndra | dènira babar sang putri ||

24. wusnya tata lênggahipun | pramèswari nungsung warti | praptanira Wrêsniwira | kang dados lampahirèki | jinarwan lamun dinuta | ing Sang Prabu Arimurti ||

25. mring salire karsanipun | kang kawrat sajroning tulis | kang garwa wus jinarwanan | badhe karyane kang rayi | [...] | [...][11] ||

26. wus sêdhêng yayi sirèku | ing samêngko amiranti | sanengga beyaning karya | myang uparêngganing puri | pramèswari duk miyarsa | suka sandika turnèki ||

27. kunêng sajroning kadhatun | kang gunêm lan pramèswari | wau ta kang winursita | kang agung kunjana kingkin | satriya Andananjaya | gêrahe saya ngranuhi ||

28. gêrah manungku gung wuyung | wuyungan amung wiyadi | kang dadya woding wiyoga | tan liyan Banoncinawi | yekang dadya êla-êla | linali-lali tan lali ||

29. karya lipur datan lipur | karya panglindhih tan kandhih | barang pinindha tan padha | barang tinandhing tan tandhing | sabawana wus tan ana | ingkang mirib angiribi ||

--- 21 ---

30. marma gung among mirangu | wirangrong ngarang ngranuhi | rangu-rangu karungrungan | mirong agung ringik-ringik | sambat mring Wara Sumbadra | kusuma Banoncinawi ||

31. wus dumunung nèng jêjantung | gumantung tuntunging ati | cumanthèl padoning netra | nglintêr têlênging pangagsi | tumemplok poking paningal | pangrêpaning sêkar mijil ||

10. Mijil

1. dhuh kusuma niyakaning manis | bisa gawe lamong | kumaraning dyah sajagat kabèh | sêsotyaning wanita sabumi | rêtnaning pawèstri | guruning para rum ||

2. bisa têmên agawe wiyadi | woding driyaning ngong | sun dhèdhèki sangkaning timure | praptaning don têmah mitambuhi | tan măntra tumulih | sikara wèh wuyung ||

3. wêlasana dasihira gusti | gung ngame anglamong | kalanglangan lênglêng ing siranggèr | sak gon-ênggon gumulir nèng siti | lênglêng andalêming | darung-kadalurung ||

4. durung tumon têmên wong atani | tan kêna ginêpok | kaya Rara Irêng duk timure | lamun tutut liringe amanis | tyase têka kêsit | tan kêna kinurung ||

5. yèn sawange wong ika aringkih | nora pati bakoh | têka bakuh kukuh piangkuhe | awit bocah gon ingsun mangungkih | nora măntra kongkih | rangkahe akukuh ||

6. yèn sinêrang sêrênge bêg pati | yèn sinamar wêroh | nora kêna sinandi wadine | kaya ta duk nèng Mandura nguni | sun pindha kênya di | têka mêksaja ruh ||

7. busuk-busuk têka bêbisani | bisanipun gêpok | sagêpokan tomboke pak-epak | tangan nganggo dèn têngêri tali | nèng Kumbina nguni | niaya kalangkung ||

8. apa baya wong ika duwèni | japa-japa nglêson | panglêsoning wong brănta wirage | pangapêsing wong kunjana kingkin | pamêpêsing budi | pangracuting bayu ||

9. kaping pira gon ingsun anyandi | wus bisa patêmon | anèng sêpi mung kari gapyuke | ciptaningsun wus sêdyambêg pati | pêpagêra wêsi | tan wande ngong gêmpur ||

10. pan wus pasthi tyas mangkono mami | tan mundur ing ênggon | ing wasana mung kinipatake | sarta bêkis sêrêng tingalnyandik | dadi tanpa budi | ngalumpruk lir kapuk ||

11. bayuningsun kadya dèn lolosi | otot gung ngalokro | mendah baya ginawea jêlèh | amung bêkis têka angêkêsi | anglêsing tyas mami | bayuningsun racut ||

12. paran baya ing don ing tyas mami | dadining lêlakon | mati ngênês aweta mangkene | wus tan kêlar anandhang wiyadi | andika mimbuhi | wiyoga gung gambuh ||

13. sasat niksa siksaning sabumi | sinandhangkên mring ngong | isiningrat anangsaya kabèh | barang kapyarsa barang kaègsi | mung katon sawiji | kang akarya wuyung ||

14. nora nana kang dadya mêndhaning | lara gêng wirangrong | kabèh-kabèh amimbuhi bae | ing wiyoga angêning sabumi | myang langêning langit | nangsaya mawèh kung ||

15. sapa ingkang yogya ngusadani | miwah laraning ngong | liya sangking gustiningsun anggèr |

--- 22 ---

nora dadi usadèng wiyadi | wanodya sabumi | sawange wus suwung ||

16. ingsun lawas angêlaya bumi | jajah nagara don | durung manggih kang mirib warnane | sagung para putrining narpati | kang samya yu luwih | anyèthiya patut ||

17. mring sêsotya ing Banoncinawi | pantês awot sinom | buh ing ngendrabawana isine | manawa na kang mirib ngiribi | yèn bumi wus tampis | mung mawongan patut ||

18. baya-baya nguni kang kinardi | sang rêsmining sinom | sêsotya di adining rat kabèh | lawan kêmbang-kêmbanging sabumi | sagung wangi-wangi | sarine cinarup ||

19. lawan lêlangêning pasir wukir | kang linawêt winor | lan lêlangên ing wiyati kabèh | tejaning lintang rêsmining sasi | kilat lawan thathit | wangkawa kêkuwung ||

20. marma kêkuwunge anêlahi | sajêg durung tumon | kang mangkana sênênging wahyane | kasor surêm raras ruming sasi | baya saisining | sawarga wus suwung ||

21. kabèh-kabèh padha amimbuhi | manising pasêmon | sêsêdhêpe miwah wiragane | marma kasor Ratih Rarasati | dhuh mas jiwa mami | kang sawang sitèngsu ||

22. pacêt agung kang asobèng sabin | nora bêtah ingong | pêksi langking anandhang wirage | kêmbang biru munggèng pagêr gusti | gung lênglêng tan eling | kabyatan lara kung ||

23. wêwilangan sanga lan kêkalih | puspa krêsna kang ron | wêlasana kusuma dasihe | dhandhang wiring kang asirah putih | yèn tan dèn tulungi | usadaning wuyung ||

24. pêkên alit ingkang pêgat margi | nora wurung layon | walang kayu kang ijo êlare | mênyan seta paseban jro puri | lawas ingsun anti | praptaning don tambuh ||

25. wêlut wana ingkang wisa mandi | pamasanganing mong | manggung bae marang kawulane | jênu tawa tinungkulkên kêni | bibis sabèng tasik | yèn pinêngkok mundur ||

26. saron kayu kang atabuh kalih | jangkrik gung nèng kêbon | tan gumingsir ginambang galihe | godhong glar ing jogan makewuhi | sambêr lilèn sabin | bisane mung bêndu ||

27. surya muka minitra tan kêni | ron pisang lêsah gon | ancur gêdhah sun rasa rarase | sela panglawêting gănda gusti | nora pisan galih | maring dasihipun ||

28. toya mijil sangking wiyat gusti | awèh edan mring ngong | waru jêne dèn têmaha bae | gudhe rambat sikara mring abdi | barat gung jaladri | kala timuripun ||

29. wulung wido măngsa sarpa gusti | wus pinacang jodho | lawan praptèng diwasa sanane | wowohan kang sumêdhêng matêng wit | têmah angêmohi | paran dosaningsun ||

30. warêsah kang awoh anèng nginggil | nora cidra ingong | terong alit dhompolan uwohe | ilèr ijo dhêdhangkèl ing siti | kênthang-kênthang nganti | mring sariranipun ||

31. lah adene iki ta bok sêlir | têka gawe angkèh | marang ingsun goning jupukake | layoning sêkar

--- 23 ---

gustinirèki | dadak mung sathithik | kênèse kalangkung ||

32. apan ika wong cilik sayêkti | mung tunggal pasuson | lan gustine têka na èmpêre | pawakane alurus aramping | pamulune lungit | lantip sêmunipun ||

33. lawan Si Sulastri wus sairib | manising pasêmon | nanging galak bok sêlir liringe | karo-karone wus pantês dadi | garwa ngong paminggir | nêmbah gustinipun ||

34. kaya paran si kulup ing nguni | apa baya goroh | mulih săngka kene pasanggupe | banjur marêk ing Banoncinawi | maripih kang bibi | dadi kanthiningsun ||

11. Kinanthi

1. dhuh kusuma jiwaningsun | kang sawang sêkar warsiki | mirah intêne pun kakang | jumêrut nila widuri | hèr laut lawan hèr kêmbang | sêsotya Banoncinawi ||

2. tingalana dasihipun | kawlasarsa kawlasasih | susah salah saya lêsah | mêminta sih tan antuk sih | wus sasat sagsana lêgsa | sinangsayèng ngakên mami ||

3. tan wus sambating lara kung | wurung anèng tamansari | satriya Andananjaya | puyênging tyas poyang-paying | yayah kadya pinaryayang | angungrum barang kaèksi ||

4. pinindha sang mawèh wuyung | rinêpa ingarih-arih | anèng taman Madugănda | mung lan punakawan kalih | Ki Lurah Bagong lan Sêmar | anggung dènira nangisi ||

5. dhuh rahadèn dika emut | lamun satriya linuwih | kadêrêng brăngta wanodya | kongsi angame dalêming | tanpa wêkasaning brăngta | mung rinewang gung dalêming ||

6. langkung sangking nisthanipun | satriya gung andalêming | tanpa wêkasaning brengta[12] | dhuh kadiparan jêng gusti | pan inggih măngsa kiranga | putri kang ayu linuwih ||

7. kang yogya dadya panglipur | putrining para narpati | măngsa ta dadak lêpata | ing karsa paduka gusti | sanadyan silih ngarsakna | absari Sri ning swarga di ||

8. sayêkti yèn botên luput | lah puniku pun Sulastri | ing mangke sampun diwasa | warnane ayu linuwih | pan nênggih sêdhêng-sêdhêngnya | pinurwa langêning rêsmi ||

9. têka pijêr dèn lus-êlus | botên binêdhah tumuli | Dananjaya ris ngandika | kakang nora bisa dadi | usadaning lara brăngta | arinira Sri Sulastri ||

10. iku sêdhêng-sêdhêngipun | pan amung dadya paminggir | sabuwana wus lana[13] | putrining para narpati | sanadyan ing ngendrabana | sagunging para absari ||

11. saisining sawarga gung | iya kang sayogya dadi | usadaning brangtaningwang | amung Dyah Banoncinawi | Sêmar jêlèh dhuh bêndara | sadasa paduka gusti ||

12. kapati-pati nahên kung | ngrika botên anglanggati | lamun botên linampahan | măngsa dhatênga pribadi | tuwan lêsah saya sayah | adina-dina dalêming ||

13. yèn botên karsa nênuwun | mring raka Sri Arimurti | sawêngi linampah dhustha | dhatêng ing Banoncinawi | paduka măngsa kewrana | wus wignya anyidrèng rêsmi ||

14. sang patih ngling dhuh kakang buh | rasaning tyas ingsun iki | marang wong sawiji ika | bangêt [ba...]

--- 24 ---

[...ngêt] wêdi bangêt kanji | masesa nyidrèng asmara | sun wêwani wus tan wani ||

15. Sêmar Bagong sru gumuyu | dêngarèn paduka gusti | kalah angkuh lan wanodya | ukur sinêtog tan ngucir | mendahane dèn kabruka | saya lumayu angênthir ||

16. kasaru jawi gumuruh | praptane rahadèn kalih | Nangkula lan Wrêsniwira | dhêdhêb kèndêl jawi kori | Sêmar malajêngi sigra | sangking jro nguwuh anjêlih ||

17. sapa ta kang prapta iku | gumêdêr ngagèt-agèti | jêng gusti lagi anendra | apa ta nora miyarsi | salawase grah tan arsa | tininjo kadange sami ||

18. dene Nangkula sumaur | ingsun kakang ingkang prapti | lan yayi mas Nglesanpura | matura lamun tinuding | mring kakang Prabu Ngamarta | myang Sinuhun Dwarawati ||

19. Sêmar gupuh dènnya wangsul | praptèng ngarsa sun udani | kang rayi kalih praptanya | dinutèng Sri Arimurti | nagari ing Dwarawatya | sang aprabu ngandika ris ||

20. kakang wênganana gupuh | iritên mring ngarsa mami | yayi karone dinuta | Ki Lurah Sêmar nulya glis | kori sinorog wus mênga | radèn kalih dèn dhawuhi ||

21. lamun tinimbalan laju | radèn kalih sampun kerit | sapraptanira ing ngarsa | samya ngungun aningali | dening risiking[14] sarira | saingga grah wus sawarsi ||

22. rahadèn sigra tumundhuk | sumungkêm ing pada kalih | rinangkul lungayanira | wus samya kinèn alinggih | umatur Radèn Nangkula | kakang mas amba tinuding ||

23. mring rakanta kakang prabu | Ngamarta myang Dwarawati | mundhut pusaka paduka | wangkingan Ki Pulanggêni | kalawan abdi paduka | boyongan Dèwi Sulastri ||

24. lah ta punika sratipun | kang sangking ing Dwarawati | paduka kinèn nupiksa | kang raka gupuh nampèni | nuwala lajêng binuka | sinuksma sajroning galih ||

25. wus putus pamaosipun | Sang Parta nglênggêr tan angling | dangu-dangu mangu ing tyas | mangunêng dening Sulastri | Nangkula malih turira | kang timbalan rakanta ji ||

26. sampun ngantos botên katur | wangkingan lan Kèn Sulastri | sayêkti tuwan dinukan | kang raka ngandika aris | kêris ngong yayi sumăngga | ing sakarsa sri bupati ||

27. nanging ta bocahirèku | bangêt ing panuwun mami | yèn kongsia nêmu siya | pan dudu bênêre yayi | bocahe liwat mêmêlas | ingsun kang dosa ing batin ||

28. wit duk rare pamomongsun | sangking pulo Rajapêthi | kongsi mêngko mèh diwasa | gêlêm sinumpah wak mami | yèn ta wus praptèng sajiwa | potong ayam ingsun wani ||

29. mung sêdya sun ambil sunu | wêlas sangking mêlasasih | gêlême tutut anèngwang | cêlak lan kadange sami | kang tuwa kalab Si Sêmar | kakange sun karya patih ||

30. yèn tan dadi karsanipun | bocah iku anèng mami | ya sun ulihne kewala | marang wong tuwanirèki | Sang Prabu Sasra Sudarma | ratu pulo Rajapêthi ||

31. Radèn Nangkula umatur | mendah raka paduka ji | Ngamarta ing dukanira | yèn kantosa [ka...]

--- 25 ---

[...ntosa] pun Sulastri | botên sarêng lan curiga | bature mring Dwarawati ||

32. ing timbalan sang aprabu | apan kawula pribadi | ingkang kinèn andhèrèkna | katuring patiba sampir | kinèn nglajêngkên kewala | inggih pangkat sangking ngriki ||

33. mênggah ta ing lampahipun | kinèn ngrêngga sawatawis | jajaranipun nèng marga | wau ta Radèn Sêtyaki | wruh sêmunira kang raka | mring Sulastri ragi kingkin ||

12. Asmaradana

1. Sêtyaki matur wotsari | kakang mas sampun sumêlang | pun Sulastri ing ature | yèn manggih asiya-siya | wontên kangbok ing benjang | kawula purun ananggung | malah manggiha raharja ||

2. Dananjaya duk miyarsi | mring ature Wrêsniwira | ngunandika jro driyane | yèn sawange kaya-kaya | pêpantêse wong ika | adoh sangking laku dudu | niyaya mêsthi tan arsa ||

3. wasana ngandika aris | lah iya yayi sumăngga | sun manut ing sira bae | Sêmar mêtua ing jaba | dhawuhna Si Sucitra | kinèn samêkta ing laku | lawan saosa jêmpana ||

4. tunggangane Si Sulastri | yayi ngantia nèng jaba | sun angkatke dina kiye | radèn kalih nêmbah mêdal | tiga Ki Lurah Sêmar | praptèng jawi sampun dhawuh | Arya Sucitra saningga ||

5. lawan sagung para mantri | sarta saosan jêmpana | jajaran saprajurite | satriya Andananjaya | lumêbèng madeyasa | Sulastri ngandikan sampun | prapta munggèng ngarsanira ||

6. Sang Arjuna ngandika ris | yayah kadya angrêrêpa | ngêlus-êlus sri natane | dhuh woting tyas ingsun nyawa | age sira dandana | pinundhut marang gustimu | Kusuma Wara Sumbadra ||

7. sun karya patiba sampir | iya lawan kêris ingwang | ing têmbe aturna dhewe | maring kusumaning pura | poma-poma dèn bisa | ngawula mèt galihipun | yèn salamêt wusing karya ||

8. dhaup ingsun lan si dèwi | pan gêdhe ganjaranira | sira ingsun unggahake | garwa paminggir kang sarta | ingsun sih êla-êla | Sulastri nêmbah umatur | pukulun inggih sandika ||

9. sampun kang dhatêng ing sakit | nadyan ta praptèng antaka | anglampahi kawulane | lêbura awor lan kisma | sarambut tan suminggah | wus kasêdya siyang dalu | ngawula angèstu pada ||

10. maring Dyah Banoncinawi | Sang Parta mèsêm ngandika | sarwi ngaras srinatane | iya dèn bisa kewala | payo sun atêr jaba | curiga tinampèn sampun | mêdal sangking madeyasa ||

11. sapraptanira ing jawi | lajêng anitih jêmpana | têngara sigra budhale | para mantri Madukara | ingkang gêrbêg jêmpana | Sucitra ing wurinipun | adhangah nitih turăngga ||

12. pilihan ingkang jajari | prajurit ing Madukara | satus samya anom-anom | satriya ing Lesanpura | ingkang lumakyèng ngarsa | Nangkula ing wurinipun | lan sawadyabalanira ||

13. kang tinilar kari tistis | satriya ing Madukara | kadya nutakên tingale | jumênêng madyèng wiwara | anon srining lampahnya | Dananjaya [Dana...]

--- 26 ---

[...njaya] maju jêtung | tuwuh ing wiyoganira ||

14. kondur lumêbèng botrawi | anggung măndra kalênglêngan | nèng jinêm madeyasane | dhuh hyang-hyanging pagulingan | langên-langêning tilam | sari-sarining jinêmrum | kusumadi ning kalangan ||

15. sêsotya Banoncinawi | apa angêmu dêduka | gusti marang kadibale | dene mundhut kris pusaka | lan bocahe boyongan | apan ta ing wadinipun | apa anduwèni cipta ||

16. mring abdine Si Sulastri | bakal ngong unggahkên garwa | ingkang botên-botên anggèr | dêstun paminggir kewala | puniku yèn sêmbada | sarta lawan karsanipun | dhuh gusti sang lir kusuma ||

17. kunêng kang anggung wiyadi | satriya Andanajaya | mangkana wau lampahe | Radèn Arya Wrêsniwira | lawan Radèn Nangkula | myang Sucitra sawadya gung | samana pan sampun prapta ||

18. nênggih nagri Dwarawati | ubêgan wadya sapraja | ingkang samya anênonton | mring putri boyongan ingkang | pinundhut ing sang rêtna | jêjêl têpining marga gung | dupi wau katingalan ||

19. kang anèng sajroning joli | prasamya angalêmbana | tuhu yèn endah warnane | mangkanarya Wrêsniwira | lawan Radèn Nangkula | sawadyabalanira wus | prapta anèng pagêlaran ||

20. lajêng satriya kêkalih | tinimbalan manjing pura | Sulastri binanjurake | maring Sang Wara Sumbadra | pinêthuk praptanira | sawusnya curiga katur | Sulastri nungkêmi pada ||

21. sang rêtna rêsêp ningali | dene saingga kêmbaran | lan Larasati warnane | sêdhêp manise wus samya | kaduk raga karana | rêspati sasolahipun | samya galak liringira ||

22. kusuma Banoncinawi | tyas asih jroning wardaya | lan Larasati tan pae | panganggêpira sang rêtna | sihe sinami kadang | pinundhut kadang satuhu | Sulastri iya mangkana ||

23. sumungkêm trus lair batin | mulat marang gustinira | suka lêbur nèng padane | Larasati ya mangkana | mring Sulastri tyasira | sakala rêsêp rumêngkuh | ingangkah tunggil sayayah ||

24. kunêng ing Banoncinawi | mangkanarya Wrêsniwira | sampun katur saature | sasolahira dinuta | miwah Radèn Nangkula | saature sampun katur | dènnya dinuta ing raka ||

25. ngaturkên patiba sampir | Sri Maha Narendra Krêsna | saklangkung suka galihe | cinatur Radèn Nangkula | mung sadalu kèndêlnya | nèng Dwarawatinjangipun | nuwun pamit wus rinilan ||

26. dhudhal[15] sangking Dwarawati | ing marga datan winarna | kalih wus prapta lampahe | Ngamarta Radèn Nangkula | wus katur aturira | ing sasolah-tingkahipun | nèng Dwarawati nagara ||

27. sang prabu suka miyarsi | miwah Ki Patih Sucitra | sampun katur saature | mring satriya Dananjaya | solahira dinuta | Sulastri praptèng pura gung | linajêngakên kewala ||

28. mring taman Banoncinawi | kature ingkang curiga | apan wus tinampèn dhewe | mring Rêtna Wara Sumbadra | dene abdi paduka | lajêng sinihan saklangkung | saingga pinundhut kadang ||

29. sinami [si...]

--- 27 ---

[...nami] lan Rarasati | siyang dalu tan kenging sah | kêkalih munggèng ngarsane | satriya Andananjaya | langkung suka miyarsa | dene Sulastri wus antuk | mêmanisira sang rêtna ||

13. Dhandhanggula

1. Risang Parta sangsaya wiyadi | amiyarsa aturing Sucitra | kagagas gunging wirage | nahanta kang cinatur | solahira kang nandhang brangti | satriya Madukara | winuwusa wau | nênggih nagari Ngastina | apan sarêng critane lan Dwarawati | tuwin lawan Ngamarta ||

2. nanging carita kinarya ganti | yêkti èwêt lamun sinarênga | mung pinêthik mêmanise | kang inguwus rumuhun | Dwarawati awit kang dadi | parbutan putrinira | wau kang winuwus | nagari ing Gajahoya | bisikanya Maha Prabu Kurupati | pêparab Duryudana ||

3. angadhaton Ngastina praja di | nagara gung loh jinawi arja | pasir awukir prajane | tulus apanjang punjung | barang ingkang tinandur dadi | murah sandhang lan pangan | kang sarwa tinuku | ajêg jêjêg saprajarja | wus jinêjêr punjul sasamining aji | arjane prajanira ||

4. marma parab Prabu Kurupati | dènnya ngratoni sagung Kurawa | Jayapitana ta parabe[16] | dêgdaya sangking timur | marma parab Duryudana ji | tan pilih dananira | mring wadyabala gung | bala bêcik pan ginanjar | agung alit siyang dalu dèn kawruhi | tan ana kêkurangan ||

5. suka tuwuk sawadyabala ji | arta busana boga andina-dina[17] | Sri Duryudana danane | marmanira jêjuluk | Suyudana têgêse dening | gung asung kabêcikan | samaning tumuwuh | miwah angsung kalêwihan | marma kadang mitra ing sadaya sami | rumêsêp sih rumêksa ||

6. kasumbagèng ngrat satanah Jawi | nagri Ngastina datanpa timbang | băndha bandhu karatone | bala santananipun | kadang satus priya prasami | atunggil ibu rama | kang wanodya namung | wuragil sampun akrama | pan kagarwa sang adipatinirèki | Rahadyan Jayadrata ||

7. iya Radèn Arya Sindupati | sampun wani putra ingkang minăngka[18] | nagri Ngastina banthènge | tanggulanging prang pupuh | pan ginadhang dening raka ji | benjang prang Bratayuda | pan kinarya amuk | sinung angrèh amisesa | marang sagung punggawa ing măncanagri | dening para santana ||

8. kadang satus pra Kurawa sami | ngiras kinarya punggawèng praja | sinung wêngkon dhewe-dhewe | satriya Banjarjungut | gêgununganing kang para ri | Rahadèn Dursasana | lungguh punggawa gung | nênggih kadang kang panênggak | sasolahe ingugung dening raka ji | măngka macaning praja ||

9. kinarya gul-aguling ajurit | kaduk gêcul dhugal kaduluran | sêmbada lawan dhapure | ronggah-ronggah gung luhur | brêngos capang naga anglangi | godhèg wok simbar jaja | netra bang apêndul | lathi cabak yèn ngandika | groyok grabah dening kang kinarya patih | arining ibunira ||

10. Arya Soman ya Arya Sangkuni | putra Adipati Plasajênar | wêgig limpat graitane | wignya karya pisadu | wicagsana ing têmung[19] ririh | putus yèn ngamadaka[20] | marma

--- 28 ---

Sang Aprabu | Duryudana sampun pasrah | mring apatih bang alum-aluming nagri | prabu darma sinewa ||

11. mila ratu agung kanan kering | kathah ngidhêp mring nagri Ngastina | sangking apatih bawane | lan wontên jimatipun | ing Ngastina gurunira ji | sangking Atasmaruta | pandhita dibya nung | anama Sang Dhahyang Durna | pan pinindha pêpundhèn pinundhi-pundhi | sapraja ing Ngastina ||

12 sinung dhepok maring sri bupati | padhukuhan adi Sokalima | wus kadya praja arjane | satunggal putranipun | jalu warnanira apêkik | nama Dyan Aswatama | ing patutanipun | wranggana Dyah Wilutama | pan kinadang kadang kinundhanging wèsthi | mring Prabu Duryudana ||

13. miwah srining kadhatoning puri | sasat purastha ing Guruloka | sarwa mas uparênggane | myang sêsotya di luhung | sor rêsmining pura swarga di | yèn pura madyapada | para ratu-ratu | tan ana mirib Ngastina | sêmbadanya pramèswarining narpati | putra adi Mandraka ||

14. apêparab Rêtna Banowati | amuwuhi kuwunge jro pura | rêspati salêlewane | pan wus kocap ing kidung | Ratih Ratu lan Rarasati | kasor wiraganira | myang mêmanisipun | gandhang tur raga karana | yèn ing madyapada datan ana mirib | putrining para raja ||

15. duk puniku Prabu Kurupati | apan lagya sungkawa ing driya | ginubêl ing ari ipe | amothah siyang dalu | nyuwun krama ingkang kinapti | Rêtna Wara Sumbadra | nanging sang aprabu | tan arsa anurutana | dènira wus pinacang sangkaning alit | Sumbadra lan Arjuna ||

16. nanging Burisrawa datan kêni | sinayutan ing subratanira | pan wus lami antarane | dènira nahên wuyung | mring kusuma Banoncinawi | kauningan kang rama | dukanya saklangkung | Sri Narendra Salya mojar | Burisrawa tinundhung sangking nagari | ngungsi maring Ngastina ||

17. ingkang raka wêlasnya tan sipi | dènnya sangêt dukane kang rama | dadya pinêrnah ênggone | kiwa nèng tamansantun | anggung dènnya ngame dalêming | sambat Wara Sumbadra | tyase wus kadurus | kadya wong edan kabeyan | pan angungrum sabarang ingkang kaèksi | kinudang rinarêpa ||

18. sri narendra lawan pramèswari | langkung sangking wimbuhing wardaya | mulat kang rayi kalihe | mangkana sang aprabu | ari Soma sumiwi mungging | samadyaning pandhapa | Dhahyang Durna sampun | tinimbalan manjing pura | sarêng lawan Rêkyana Patih Sangkuni | sang prabu angandika ||

19. mila sami kawula timbali | aprawis paman putra dika[21] | pun Burisrawa tangise | kalantur tanpa tutur | lir wong kênèng guna piranti | kula kurung nèng taman | nangis siyang dalu | mèh kadya antara gila | anggung dènnya angame-ame dalêming | sambat Wara Sumbadra ||

20. wali-wali paman kula tari | akramaa putri liyanira | pundi kang dadi sênênge | tan ewah aturipun | praptèng pati tan arsa krami | namung Wara Sumbadra | kang dadya tyasipun | yèn botên [botê...]

--- 29 ---

[...n] kalampahana | ing brangtane pamit kesah sangking ngriki | suka matiyèng wana ||

21. mila paman sami dika pikir | botên kenging lamun kinèndêlna | pun Burisrawa sakite | sayêkti têmah lampus | badanipun wus kuru aking | kantun gagra kusika | Rêksi Druna matur | pukulun yèn makatêna | sakitipun sampun tan kenging pinikir | ing tămba japa măntra ||

22. pae sakit rumab lan panastis | kenging binudi lan japa măntra | pun Burisrawa sakite | anrus ing balung sungsum | têkèng jantung tuntunging ati | tambane sakit brăngta | pan amung tinurut | sang prabu aris ngandika | kadipundi paman gènipun nuruti | dene ta pun Sumbadra ||

23. wus pinacang sangkanipun alit | jatukrama lan pun Dananjaya | mung kantun panggihe bae | têka dadak jinaluk | kula ingkang kocaping bumi | tuwa tuna ing tata | Rêsi Druna matur | inggih èstu wus pinacang | nanging kantos samangke dèrèng pinanggih | sayêkti singa bêgja ||

24. rêbut putri lan rêbut nagari | datan pae sami wajibira | toh pati wutah gêtihe | kula sèwu jumurung | rayi tuwan dènnya kapati | brăngta marang Sumbadra | gêng pikantukipun | kajawi endah kang warna | pun Sumbadra saèstu punjul ing bumi | wajib tohana pêjah ||

25. dene pikantuknya kang sayêkti | rayi tuwan yèn kalampahana | pun Burisrawa kaipe | mring Danardana Prabu | paduka kang untung ing batin | yêkti Bathara Krêsna | suda wawratipun | sihe mring nata Pandhawa | awrat dhatêng paduka kabêkta dening | ipe pun Burisrawa ||

26. miwah raka jêng paduka aji | ing Mandura Prabu Baladewa | sayêkti wêwah antêpe | dhatêng paduka prabu | paripihan winuwuh dadi | ipe pun Burisrawa | wuwuh bakuh kukuh | ipe rêrangkêp lab-ingalab[22] | dhasar sampun salami anunggil budi | sakit tan kêna bênggang ||

27. rayi tuwan dènnyadrêng kapati | jinodhoa lan Wara Sumbadra | kadya jinawil dewane | paduka jêng sinuhun | dèrèng eca ing dalêm batin | mêngku nagri Ngastina | lamun dèrèng lêbur | sadaya nata Pandhawa | yêkti manggung mêmangun tyas sănggarunggi | satru munggèng cangklakan ||

28. dèrèng wawrat wawrataning jurit | nata Pandhawa pisah lan Krêsna | awrat kang mêrang sagèdhèng | wau kawula matur | paduka kang ontung ing batin | mêngku nagri Ngastina | Krêsna Mandura wus | Pandhawa tan dadi karya | lah ing ngriku adhi patih kadipundi | bok lêpat tur kawula ||

29. Arya Sangkuni nambungi aris | nata Pandhawa pisah lan Krêsna | jago tininggal botohe | măngsa sagêta ngabruk | mêranggala botên nyakiti | kopoh banyune têlas | sayêkti ngalumpruk | Bimarjuna tanpa guna | Yudhisthira Nangkula Sadewa sami | kantun gêtak kewala ||

30. sri narendra mèsêm ngandika ris | inggih lêrês rêmbagipun samya | lamun gampila margane | paman panduganingsun | mring Pandhawa Nata Rimurti | wus tan kêna binênggang | sangêt wrating kalbu | manah kawula angrasa | anglamara măngsa sandia[23] tinampik | Rêsi Druna turira ||

31. inggih lamun [lamu...]

--- 30 ---

[...n] paduka margèni | sangking Nata Krêsna pasthi lêpat | punika anggèr margine | sangking rakanta prabu | ing Mandura turana tulis | têmbung ingkang mangrêpa | miluta ing kalbu | arinta pun Burisrawa | tangisipun miwah sêsambatirèki | mungêla jroning surat ||

32. lamun botên kalampahan panggih | lan Sumbadra suka lila pêjah | nèng wana saênggèn-ênggèn | lawan ramanta prabu | ing Mandraka lan ibu sori | inggih tuwa ungalna | mênggah pasrahipun | miwah garwa padukendra | putra kula Bok Ratu Mas Banuwati | tangisipun mungala ||

33. jroning surat pasrahipun sami | supayane Prabu Baladewa | kadauta wardayane | mring ramèbu marsêpuh | paripean myang ipe sami | sayêkti nuntên mêdal | kasagahanipun | mundhut ing Wara Sumbadra | pan rumaos kadang kang sêpuh pribadi | wajib darbe wasesa ||

34. nadyan silih palangana wêsi | sayêktine yèn pêdhot tinunjang | lamun wus mêdal sanggupe | kang raka sang aprabu | Dwarawati saèstu ajrih | malangana ing karsa | rumaos nèmipun | anggèr panawang kawula | jro sêmèdi sumrawang trawangan wêning | rayi tuwan brangtanya ||

14. Asmaradana

1. karsaning dewa wus pasthi | jinodho lan Si Sumbadra | botên sande sangsayane | nanging prayogining lampah | nawala padukendra | kadhèrèkna ing wadya gung | sakapraboning ayuda ||

2. santana ingkang sapalih | sami andhèrèkna surat | èwêt aya ing lampahe | wong angrunjang pêpacangan | krodhanipun Pandhawa | sok sampuna kang wadya gung | samêkti ing lampahira ||

3. sang prabu ngandika aris | inggih paman wus prayoga | yèn makatên pratikêle | sintên prayogining lampah | ngaturna layang ingwang | Rêsi Durna ris umatur | tan lyan paman jêng paduka ||

4. pun adhi Patih Sangkuni | pantês lampahe wong tuwa | botên kirang wêwekane | kiranga kang mungal surat | sagêt yèn mêwahana | ing atur priyonggèng têmbung | miguna milutèng driya ||

5. Arya Sangkuni nambungi | inggih lêrês atur kula | nanging kirang prayogine | yèn parêng atur kawula | sampun tanggêl ing lampah | lamun mawi kang wadya gung | prayogi pun Burisrawa ||

6. kula dhèrèkkên pribadi | dhatêng nagari Mandura | pasrahna pati uripe | mring raka Sri Baladewa | angrungkêpi padanya | dèn kathah sêsambatipun | tangise kang mêlasarsa ||

7. wontên kaotipun ugi | Sang Aprabu Baladewa | kalamun miyarsa dhewe | mring sambate Burisrawa | kaping kalih uninga | ing risake badanipun | sayêkti sakêthi wêlas ||

8. kawula ingkang bantoni | ing atur amrih sêmbada | ngriki sadaya pasrahe | sangking tan wontên kaduga | galih pun Burisrawa | lêrês jêng paduka wau | ing lampah ingkang sêmbada ||

9. sakapraboning ngajurit | yèn lêrês lampah punika | kados lajêngan kemawon | sri bupati ing Mandura | yèn wus mêdal sanggupnya | watakipun gothak-gathuk | sayêkti sami kewala [ke...]

--- 31 ---

[...wala] ||

10. budhal dhatêng Dwarawati | pun Burisrawa binêkta | nglamar ngiras pangarake | krodhane nata Pandhawa | botên dinamêl apa | yèn wus mêdal kurdhanipun | sri bupati ing Mandura ||

11. mangsi kanggea salingsir | yudane Bima Arjuna | ujêr wus pisah Krêsnane | lamun mungsuh wong Madura | Durna suka miyarsa | Sangkuni rinangkul gapyuk | bênêr adhi aturira ||

12. pukulun sri narapati | saklangkung sangking sakeca | pun adhi patih rêmbage | arinta pun Burisrawa | titihêna jêmpana | sasêmonipun pikantuk | mring raka tuwan Madura ||

13. mêthuk titihaning putri | ing laire apan nyata | pun Burisrawa sakite | kontrag yèn anitih kuda | sang prabu duk miyarsa | pratikêle kalihipun | langkung sukane wardaya ||

14. mèsêm sarwi ngandika ris | inggih paman wus prayoga | pratikêlira kalihe | nuntên akaryaa surat | ingkang kadya turira | paman patih besuk esuk | sutanta pun Dursasana ||

15. lan kadange kang sapalih | dhawuhana dèn samêkta | sakapraboning prang kabèh | kang badhe andika bêkta | marang nagri Mandura | ngiringa ing lampahipun | sutanta pun Burisrawa ||

16. Dhanyang Durna anauri | inggih sae mangkat enjang | sintên parêng lan tanggale | wusnya têlas kang rinêmbag | kondur Sri Duryudana | Ki Arya Sangkuni sampun | mêdal ing jawi parentah ||

17. mring Kurawa kang sapalih | pangarsa Dyan Dursasana | samêkta wadyabalane | sakapraboning ayuda | marang nagri Mandura | samya sandika turipun | bubar sagung kang sewaka ||

18. ing dalu siyaga sami | sakapraboning ayuda | Kurawa ingkang saparo | miwah wadya kapatihan | sadalu tata-tata | wau ta ingkang ngadhatun | Sang Aprabu Duryudana ||

19. pinêthuk ing pramèswari | munggèng saundhaning pindha | mêndhak cinandhak astane | saingga Bathara Endra | siniwèng ariloka | ingayap ingkang para rum | ing kaprabon prabawanya ||

20. narpa dayita wotsari | sarwi mèsêm aturira | dene andangu wiyose | lênggah madyaning Pandhawa | nimbali Rêsi Durna | lan paman patih pukulun | punapa dhawuh narendra ||

21. sri bupati ngandika ris | yayi dèwi nora liya | kang sun rêmbug sasuwene | mung larane arinira | Si Arya Burisrawa | paman Durna aturipun | kinèn nuruti kewala ||

22. si paman Arya Sangkuni | kang sun duta angiringna | mring arinira lakune | ngiras gawa layang ingwang | mring kaka ji Madura | santana saparo mèlu | pangarsa Si Dursanana ||

23. sakapraboning ajurit | angkate ing benjang-enjang | dina parêng lan tanggale | arinta Si Burisrawa | tumuli dhawuhana | dimèn mêndha brangtanipun | pramèswari duk miyarsa ||

24. mangu ing tyas matur aris | dhuh pukulun sri narendra | punapa paduka supe | lamun pun Wara Sumbadra | sampun dados ubaya | pinacang sangkaning timur | mring swargi uwa Mandura ||

25. jodho lawan pun Prêmadi | dene tuwan sring ngandika | angarsa-arsa panggihe | măngka mangke padukarsa | utusan mring Mandura [Mandu...]

--- 32 ---

[...ra] | masrahakên badanipun | arinta pun Burisrawa ||

26. anuruti tyang dalêming | măngsa dadak tinampia | dêstun nora wruh awake | kapanggih pintên prakara | lamun tinampènana | binobot tarajunipun | Burisrawa lan Arjuna ||

27. mindhak angisin-isini | babêkta mring padukendra | ingkang tan rêmên ucape | wong anungsang nunjang palang | ngrêrunjang pêpacangan | wong bidhung bêrung dalarung | tinurut asil punapa ||

28. kaping kalih sri bupati | arinta nata Pandhawa | mendah rêntênge galihe | botên wande dados gêndra | lêpat sangking paduka | dhuh pukulun sang aprabu | dhaharên atur kawula ||

29. lampahipun paman patih | prayogi dipun sandèkna | golèk gawe bonggan gawe | karya crahing wong kêkadang | arinta Burisrawa | mati brăngta kajêngipun | kinanthi măngsa sagêda ||

15. Kinanthi

1. sri narendra ngandika rum | aywa ta mangkono yayi | yèn nora sun turutana | arinira wus sayêkti | lunga săngka ing nagara | ngupaya marganing pati ||

2. mring wana guwa kang suwung | lumêbu ing jurang trêbis | sangking tan kawawa brăngta | miwah yèn kongsia mati | sakgon-gone anèng wana | sapa kang kelangan yayi ||

3. liyane sira lan ingsun | lan mendah jêng ibu sori | lan rama ji ing Mandraka | panutuhe marang mami | duwe mantu gung prakosa | dèn tutke ipe sawiji ||

4. tan tolih ing rama ibu | amung ipe dèn ugêmi | Mandura Ngawăngga nora | mung Ngastina dèn luluti | mangkya nandhang lara brăngta | têka tan bisa nuruti ||

5. tiwas timên raganingsun | mring rama lan ibu sori | pamundhute mring ragèngwang | padha mantune dipilih | kang prakosa sugih bala | kasub kasusra ing bumi ||

6. Kurawa yêksa biyantu | satus tan sulaya budi | kabèh prakosa ngayuda | praptaning don nêniwasi | angrabèkke nora bisa | mring ipene kang tut wuri ||

7. kongsi lunga mring wana gung | mangkono galihe pasthi | aja sira kira-kira | dumèh duka jêng rama ji | goning brăngta mring Sumbadra | iku duga kêlar yayi ||

8. sajatine karsanipun | pinasrahake mring mami | dene gêlême sun ngrunjang | pacangane Si Prêmadi | wus liwat sangking antara | praptèng mêngko durung panggih ||

9. aja sumêlang ing kalbu | prakara arinirèki | lakune marang Mandura | sayêkti dipun tampèni | maring Prabu Baladewa | miwah Prabu Arimurti ||

10. paman Durna aturipun | pangilone jro sêmadi | wus trang padhang tarawangan | yèn arinta wus pinasthi | jodho lan Wara Sumbadra | bênêr arinira yayi ||

11. dènnya kapati nahên kung | jêr dewane kang anjawil | mulane aja sumêlang | yèn arinira tinampik | dene krodhaning Pandhawa | bênêr arinira yayi ||

12. kudu ngajak prang pêpucuk | Bratayuda kang dèn êmping | iyasa ajanging ajang | wus pacanganing

--- 33 ---

dewa di | Pandhawa pisah lan Krêsna | apa ta yayi kinardi ||

13. wanine prang lawan ingsun | lah uwis mênyanga yayi | arinira tuturana | yèn ingsun angkatên enjing | kang garwa mundur tur sêmbah | lajêng marang tamansari ||

14. gumêrdêg pawonganipun | ya ta wau kang winarni | Radèn Arya Burisrawa | kang kinurung tamansari | rajaputra ing Mandraka | ing siyang dalu anangis ||

15. tan lyan kang sinambat namung | kusuma Banoncinawi | kadi mèh antara gila | angungrum barang kaèksi | pinindha Wara Sumbadra | rinêpa ingarih-arih ||

16. sinungan èstri panglipur | mring raka sri narapati | kathahipun kalih wêlas | sadaya ayu linuwih | kinèn samya ngladènana | sakarsane ingkang rayi ||

17. supaya dadi panglipur | dènira anahên brangti | marang ing Wara Sumbadra | marma èstri kang pinilih | kalih wêlas kang yu samya | wignya marang ing pangrêpi ||

18. dhasare satriya gêcul | kasêmbuh nandhang wiyadi | sinung èstri kalih wêlas | sadaya wus samya bangkit | rêrêpèn pangrêpèng driya | gênjonge sangsaya dadi ||

19. yacute[24] saya kabacut | yèn kèndêl dènira nangis | pawèstri panglipur rolas | kinèn awêwuda sami | kang mopo jrih jinêmpalan | tapih kêmbên dèn buwangi ||

20. nèng ngarsane ting parinthul | iku sukane ningali | Radèn Arya Burisrawa | latah sarwi bêlik-bêlik | mara wuda ambarangkang | ngore rikmane winalik ||

21. kalih wêlas gila dulu | lumayu gya dèn tututi | bêng-ubêngan anèng taman | saparane dèn tut wuri | lamun wus sayah binêkta | byur-byuran munggèng botrawi ||

22. bêburon anèng jro ranu | apan maksih wuda sami | sêlulub bèbèk-bèbèkan | tan ana karyane malih | miwah Radèn Burisrawa | sakarsane dèn turuti ||

23. marang ing èstri panglipur | sadaya tyasira sêdhih | kapêksa jrih ing narendra | sakarsane ingkang rayi | kinèn nuruti kewala | wau ta lampahirèki ||

24. Rêtna Banowati rawuh | gumêrah parêkan cèthi | wus manjing sajroning taman | kagyat Burisrawa tangi | tiningalan yèn kang raka | gupuh dènnya malajêngi ||

25. prapta angrungkêbi suku | sarta sru dènira nangis | dhuh kangbok pundi Bok Badra | dene ta botên umiring | kakangbok ipe paduka | age paduka timbali ||

26. kawula sunggi nèng gundhul | dèn sambia mêmetani | sarta cik-ancika pundhak | nguyuh anèng sirah mami | măngsa ta dadak pêsinga | anèng rambut pasthi wangi ||

16. Sinom

1. sang rêtna rêngu ngandika | hèh sirèku apa baring | kaya ta dudu satriya | bok rada dèn idhêp isin | elinga yèn putraning | Salya narendra pinunjul | sarjana parikrama | pêputra têka mêtoni | pêcul gêcul pêpocolan gal-ugalan ||

2. sanadyan dudu satriya | măngsa na kaya sirèki | brăngta nora tulus brăngta | ngame tan tulus dalêming | bêrabah

--- 34 ---

baribèni | lacut muka bacut lucut | sun iki liwat merang | angrungu solahirèki | ujarira lara brăngta mring Sumbadra ||

3. dene pijêr jêg-ujêgan | gojèg buron rina wêngi | lan èstri panglipur rolas | sanadyan silih wong cilik | pakathik tan duwèni | solah-tingkah lir sirèku | prandene kudu brăngta | maring dyah Banoncinawi | putri adi kaloka ing tri bawana ||

4. ayu jêtmika sêmbada | pasang limpating lêlungit | iku kang dadi tyasira | kajaba ana ron aking | kêlêma anèng warih | lan watu itêm tumimbul | lah iku bokmanawa | katêkan sêdyanirèki | sun watara dèn pilaur praptèng pêjah ||

5. aja mungguh Sri Sumbadra | putri punjul ing sabumi | putri sadhengah kewala | yêkti dèn pilaur mati | kalapa ing sirèki | yèn ngrungu solah-tingkahmu | kajaba yèn wong ala | kang wus lèjèg sundêl anjing | jêjaragan gêlêm kawêngku ing sira ||

6. Burisrawa duk miyarsa | saya sru dènira nangis | dhuh kakangbok sampun duka | lêhêng pêjahana mami | tuwêkên sapuniki | urip tan somèng tumuwuh | tumuwuh tan kawawa | namung wiyoga wiyadi | barang ingkang katingalan mring kawula ||

7. mung katon Wara Sumbadra | paran ta gene anglali | wus cumanthèl anèng netra | gumantung tuntunging ati | linggih kadya sumandhing | lumaku katon tut pungkur | barang kang sun ucapna | kalintu wêdale kadi | andalêming sambat ing Wara Sumbadra ||

8. dhuh kangbok sintên kawawa | kadya raganingsun iki | nandhang brăngta sèwu lara | ing siyang dalu kaèksi | sotya Banoncinawi | wus gumantung nèng jêjantung | dhuh kangbok yèn sêmbada | paduka lan kakang aji | botên kolu nguntapkên pêjah kawula ||

9. namung tuwan lilanana | kangbok kula nuwun pamit | kesah dhatêng wana pringga | ngupaya marganing pati | sang rêtna duk miyarsi | angrêsing tyas ngandika rum | mulane marènana | solah-tingkahira yayi | gonmu dhugal pêpocolan gêgêculan ||

10. kakangira sri narendra | ing mêngko wus anuruti | marang ing panuwunira | karsane sadina benjing | dèn aturake yayi | sira maring kakang prabu | Madura pan ing kana | kadang kang tuwa pribadi | ingkang wajib darbèni purba wisesa ||

11. maring kadange wanodya | dene kang kinèn umiring | mring sira para santana | saparo kang prabot jurit | pangirit paman patih | sarta gawa layangipun | kakangira sang nata | masrahake sira yayi | dèrèng dugi kang raka dènnya ngandika ||

12. Radèn Arya Burisrawa | miyarsa sakala lali | yèn anèng ngarsaning raka | sangking sukanya tan sipi | èstri panglipur siji | cinandhak pinondhong gupuh | kinudang nèng êmbanan | rinungrum ingarih-arih | pan pinindha Kusuma Wara Sumbadra ||

13. pramèswari duk miyarsa | merang sungkawa tan sipi | palarasan undurira | saparêkane [saparê...]

--- 35 ---

[...kane] tan kari | wus prapta dalêm puri | ngarsaning raka sang prabu | ingaturkên sadaya | solah-tingkahe kang rayi | sri narendra gumujêng dènnya ngadika ||

14. yayi aja sira duka | maring arinira yayi | têka ênêngna kewala | besuk ya mari pribadi | yèn wus kalakon panggih | lan kang dadi brangtanipun | balik sira mikira | gêgawane ri nirèki | ingkang pantês kanggo marang Si Sumbadra ||

15. kang arupa rajabrana | myang raja kaputrèn yayi | aja kongsi kêkurangan | pèni-pèni rajapèni | saanane jro puri | sang dyah sandika turipun | kunêng sajroning pura | ing dalu datan winarni | enjangira ing jawi sampun samêkta ||

16. kang samya siyaga bala | Kurawa ingkang sapalih | sakapraboning ayuda | miwah rêkyana apatih | sampun samêkta sami | aglar anèng alun-alun | sagunging pra santana | myang Arya Patih Sangkuni | munggèng ing srimanganti saos jêmpana ||

17. Dhahyang Durna sampun prapta | wau ta sajroning puri | Radyan Arya Burisrawa | apan sampun dèn timbali | prapta ngarsanira ji | nangis anungkêmi suku | sang prabu angandika | lah ta wis mèndêla yayi | nora bêcik satriya iku karuna ||

18. ila-ilane wong kuna | adoh lan dewane yayi | sinuda lêgsananira | adoh yuwananing jurit | gonyèh kulite pasthi | lan gêtas bêbalungipun | lah ta payo dandana | yayi ing sadina iki | sun aturkên sira marang ing Mandura ||

19. dene yayi kadangira | Kurawa ingkang sapalih | sun kon ngiring lakunira | pangiride paman patih | anggawa layang mami | katur maring kakang prabu | Mandura poma-poma | mung dèn bisa sira yayi | mèt galihe kakang prabu ing Mandura ||

20. kana kang duwe wasesa | kadang kang tuwa pribadi | marang kadange wanodya | ing besuk yèn sira prapti | nèng Mandura ngarsa ji | age ngrungkêpana suku | tangisira dèn bisa | sambata dèn mêlasasih | lamun durung mêtu sêsanggupanira ||

21. mundhuk ing Wara Sumbadra | marang nagri Dwarawati | aywa sira lunga-lunga | têka ing padane kalih | ngêsrahna pati urip | paman Durna aturipun | wus padhang tarawangan | pangilone jro sêmèdi | pasthi kêna Si Sumbadra marang sira ||

22. mêngko nitiha jêmpana | aywa nitih kuda yayi | badanira bangêt rusak | mênèk kontrag anèng margi | payo sun atêr jawi | gya kinanthi astanipun | kanan sri naranata | pramèswari nganthi kering | prapta ing srimanganti kèndêl sang nata ||

23. jêmpana sumaos ngarsa | Dhahyang Durna ngrangkul aglis | marang Radèn Burisrawa | dhuh dhuh sutaningsun kaki | pan sira aja sêdhih | marang brangtanira iku | Dyan Arya Burisrawa | Dhahyang Durna ngarih-arih | pan wus pasthi Sumbadra kêna ing sira ||

24. sun sawang padhang gumawang | nora na ngalang-alangi | kulub ing salakunira | amung dèn bae ya kaki | amèt galihirèki | ing kakangira sang prabu | angrungkêpana pada | dèn bangêt sambatirèki | panangismu dèn bangêt amêlasarsa [amê...]

--- 36 ---

[...lasarsa] ||

25. ingsun jurung puja măntra | wus têlas wêlingirèki | mung wêlingnya sri narendra | mring Patih Arya Sangkuni | wus nêlas wanti-wanti | Burisrawa nêmbah sampun | minggah maring jêmpana | bidhal sangking srimanganti | sri narendra kondur maring dalêm pura ||

26. lawan pramèswari sira | wau ta ingkang lumaris | nèng alun-alun têngara | tinata lampahirèki | Rahadèn Durmagati | lawan Durmuka panganjur | salawe pra santana | kang pinatah manganjuri | Senapati Radèn Arya Dursasana ||

27. munggèng ngarsaning jêmpana | ing wuri Arya Sangkuni | lan salawe pra Kurawa | saingga binayangkari | Burisrawa măngkèstri | jêmpana titihanipun | kakunge Dursasana | nèng ngarsa munggèng turanggi | kadya ngarak pangantèn yuda kênaka ||

 


tininjo. (kembali)
ngendrawila. (kembali)
Lebih satu suku kata: Putri Kumbina sru ngrangkul aglis. (kembali)
Lebih satu suku kata: lalarên sabarang liring. (kembali)
Kurang satu suku kata: sêsêkarane swarga di. (kembali)
urip. (kembali)
Lebih satu suku kata: kadya angrarêpa ngarih-arih. (kembali)
Kurang satu suku kata: tarlèn prayitna batin. (kembali)
pikir. (kembali)
10 kakasarên. (kembali)
11 Kurang dua baris. (kembali)
12 brăngta. (kembali)
13 Kurang satu suku kata: sabuwana wus lalana. (kembali)
14 risaking. (kembali)
15 budhal. (kembali)
16 Lebih satu suku kata: Jayapitana parabe. (kembali)
17 Lebih dua suku kata: arta busana boga andina. (kembali)
18 Lebih satu suku kata: sampun wani putra kang minăngka. (kembali)
19 têmbung. (kembali)
20 ngamandaka. (kembali)
21 Kurang satu suku kata: aprakawis paman putra dika. (kembali)
22 Lebih satu suku kata: ipe rangkêp lab-ingalab. (kembali)
23 sandeya. (kembali)
24 lacute. (kembali)