Parta Krama, Suryaningrat, 1920, #1296 (Pupuh 34-50)

JudulCitra

34. Asmaradana

1. Kurawa maksih umiring | tan têbih nèng wurinira | namung ingkang tatu bae | dèn ulihakên sadaya | murang Dyan Burisrawa | kang maksih binakta laju | mring Dwarawati nagara ||

2. sarta Rêkyana Apatih | Sangkuni [Sangku...]

--- 73 ---

[...ni] ngaturi surat | mring Prabu Duryudanane | ing sasolah-tingkahira | nèng marga nèng Madura | miwah lajêngira sampun | kamot ing sêrat sadaya ||

3. dutane Arya Sangkuni | rêrikatan sampun prapta | nagari Ngastina gègèr | dene kang prapta sadaya | sami anandhang brana | anak rabine kang lampus | gumuruh samya karuna ||

4. sêrat wus katur sang aji | animbali Dhahyang Durna | ngungun langkung sungkawane | sakêdhik asrêping driya | dene Sri Baladewa | krodha lajêng bidhalipun | maksih bêkta Burisrawa ||

5. kênèng gêlare Sangkuni | Rêsi Durna ris turira | dhuh pukulun botên wande | inggih yèn lampah punika | rakanta ing Mandura | nêmahi dados prang pupuh | lan ari nata Pandhawa ||

6. wontên nagri Dwarawati | lamun ngamungna Kurawa | kang sampun umiring bae | maksih sangêt kuciwanya | dene wus sami sayah | prayogi pinaring bantu | prajurit ingkang ungaran ||

7. anut Prabu Kurupati | mring ature Rêsi Druna | sigra matah ingkang kinèn | anusul mring Dwarawatya | Kurawa tigang dasa | wus samêkta wadyanipun | budhal sangking ing Ngastina ||

8. ginêlak lampahing baris | Kurawa kang bantu samya | kunêng gantya winiraos | Kurawa kang nusul lampah | gantya ingkang winarna | duta sabrang lampahipun | Garbaruci Ngambarmuka ||

9. wangsulira duk ing nguni | sangking nagri Dwarawatya | kalih wus prapta lampahe | ing prajane sowang-sowang | Ki Patih Amonggarba | lawan Patih Kaladaru | lajêng marêk ratunira ||

10. matur solahe tinuding | dènnya ngaturkên nuwala | mring Ratu Dwarawatine | sêrat sampun tinampanan | nênggih panglamarira | nanging mangke wus katrucut | Sumbadra mèh panggihira ||

11. lawan pacangane sami | pamadyanirèng Pandhawa | wulan ngajêng pangarake | satriya Andananjaya | dene wangsulanira | Narendra Krêsna pukulun | yèn satuhu ratunira ||

12. ngarêpi mring kadang mami | dèn barêngana kewala | iya sasi ngarêp kiye | praptane pangantèn lanang | Dwarawati nagara | miwah ta ing krodhanipun | sri bupati ing Mandura ||

13. kabêranang supe sami | kirang sakêdhik mèh dadya | ing aprang kantun gapruke | kèndêle sangking pangampah- | ira Narendra Krêsna | ratu kalih duk angrungu | aturing pêpatihira ||

14. langkung krodhanira sami | Sang Aprabu Sindhunggarba | lan Kaladênta nulyage | parentah siyaga bala | kapraboning ayuda | kalih praja samêkta wus | bala sarta lan baita ||

15. sarêng budhal ratu kalih | Garbaruci Ngambarmuka | kadya samodra balane | Sang Aprabu Kaladênta | sangking lèr panabrangnya | Sindhugarba sangking kidul | wadya wil tanpa wilangan ||

16. kunêng ta narendra kalih | kang lagya anèng lautan | gantya ingkang winiraos | kang ngarak mring Dwarawatya | nênggih Nata Pandhawa | kawit nguni budhalipun | sangking nagari Ngamarta ||

17. srining lampah dènnya dadi | tontonan samarga-marga | kongsi mèh prapta lampahe | Dwarawati jaban kitha | dènnya dadi tontonan | datan wontên pêdhotipun | jêjêl ing samarga-marga ||

18. ingkang samya aningali | datan kêna sinapiha [sinapi...]

--- 74 ---

[...ha] | gêdhe cilik lanang wadon | ingkang sampun kaliwatan | lakon sawêngi marga | jalwèstri kathah tut pungkur | sangking kêdahe uninga ||

19. panggihe sang rajaputri | lan satriya Madukara | iki lagi ngarak bae | asrine kaliwat-liwat | sabuwana lir kadya | rinênggèng teja kêkuwung | mendah benjang panggihira ||

20. wuwusên lampahirèki | ingkang ngarak sampun prapta | nênggih pasanggrahan gêdhe | pamêthuk jawining kitha | kapanggih wus rinêngga | ing tuwuhan tarub agung | kanan kering gêdhongira ||

21. pinajang pinlisir-plisir | punggawa sakawan ingkang | anjagèni sunggatane | wau Prabu Yudhisthira | lan sagung para raja | lan dewa kêkalih sampun | kèndêl tata masanggrahan ||

22. sakalarja kadya nagri | pasanggrahan jawi kitha | wadya gung suka manahe | sampun samya sinêgahan | punggawa pănca praja | kalih wêlas ingkang tugur | catur bupati nagara ||

23. jagani sunggata sami | namung Radyan Gathutkaca | kang kinèn lajêng lampahe | lan sawadyabalanira | angaturna sasrahan | satus kang maesa danu | wau ta ingkang winarna ||

24. Sang Aprabu Arimurti | sampun ngaturan uninga | lamun pangantèn praptane | kèndêl samya masanggrahan | saosan jawi kitha | langkung sri myang kathahipun | kang dhèrèk pangarakira ||

25. mawi jawata kêkalih | Narada lan Kumajaya | kêkalih widadarine | ingkang ngampil kêbarmayang | dewadaru sawarga | sagung ingkang para ratu | sadaya kapraboning prang ||

26. kang lajêng manjing nagari | namung Radèn Gathutkaca | andhèrèkkên sasrahane | andanu satus prasamya | pancal panggung sukunya | bala ditya kalih èwu | kadya mangke mèh praptanya ||

27. sri narendra duk miyarsi | sigra miyos siniwaka | sarta kang rama kalihe | Kumbina lan Nglesanpura | pan sampun tigang dina | ratu kalih praptanipun | prasami sagarwa putra ||

28. supênuh ing păncaniti | para putra myang santana | pra dipati sadayane | prasamnya anata bala | prajurit tigang praja | rakit baris ngurung-urung | jro alun-alun kewala ||

29. satunggul banderanya sri | lêlayu rontèk kêkăndha | jinèjèr ngarsa barise | ya ta wau ingkang prapta | Rahadyan Gathutkaca | bala ditya kawan èwu | ngarsa gong bèri wurahan ||

30. kadya ngangsah ing prajurit | ditya samya suka nabda | kabur kabèh kang nênoton[1] | maesa bayak nèng ngarsa | eram ingkang tumingal | lêbête ing alun-alun | wadya gung nisih lampahnya ||

31. tata baris angrangkêpi | andanu sampun pinrênah | satus jirab pasowan lor | Radèn Arya Gathutkaca | laju mring pagêlaran | mung lan upacaranipun | praptèng ngarsa ngaras pada ||

32. nulya kinèn lênggah nginggil | jajar lawan para putra | Gathutkaca tur sêmbahe | pukulun amba dinuta | ing rayi padukendra | jêng uwa Ngamarta Prabu | ngaturkên ingkang sasrahan ||

33. maesa [mae...]

--- 75 ---

[...sa] danu kang sami | pancal panggung sukunira | kirang satunggal satuse | gumujêng sarwi ngandika | Sang Prabu Patmanaba | ya bangêt panrimaningsun | hèh ta kulub sabab apa ||

34. dene maksih kurang siji | satus pundhutan manira | apa kang dadi kurange | Gathutkaca matur nêmbah | pêjah ingkang satunggal | wontên ing wukir Sêmèru | andanu kang ulês seta ||

35. wus ingaturakên sami | ing sasolah-tingkahira | purwa madya wasanane | ing têmah dadining aprang | lawan Bathara Gana | andanu sagête tutut | kenging manise Hyang Endra ||

35. Dhandhanggula

1. miwah kala kabegal nèng margi | mring Kurawa kamuk mring maesa | sampun matur sadayane | kang myarsa samya ngungun | sri narendra ngandika aris | ya wis kulup ngasoa | pakuwon rumuhun | dene andanu sasrahan | satus pisan iya wus ingsun tampani | rèhning wus karyanira ||

2. bêcik kabèh ulihêna kaki | marang panggonane ing kaendran | radèn sandika ature | nulya ngandikèng sunu | hèh ta kulup Sămba dèn aglis | mapaga jaban kutha | aturana laju | kabèh manjinga jro kitha | kinanthia kulup anèng păncaniti | miwah sira Udawa ||

3. sakancamu sagung pra dipati | besuk-esuk aja kêkurangan | ing dalan pakurmatane | pangantèn praptanipun | ingkang baris angapit margi | kawit lor parapatan | praptèng alun-alun | sadaya sami sandika | wusnya dhawuh jêngkar dènira tinangkil | narendra majing pura ||

4. bibaripun kang sewaka sami | lajêng sanengga badhe bidhalnya | rawuhe sang pinangantèn | miwah sawadyanipun | ratu kalih samêkta sami | Kumbina Nglesanpura | Gathutkaca sampun | makuwon sabalanira | kang andanu satus sinasmitan sami | ing dalu sarêng musna ||

5. maktuk[2] marang ing kaendran malih | kawarnaa wau jroning pura | sri narendra sakondure | sangking paglaran laju | têdhak marang ing tamansari | Rêtna Wara Sumbadra | tinimbalan sampun | praptèng sanggar pamêlêngan | sri narendra pangandikanira aris | Sumbadra ariningwang ||

6. mau sutanira Pringgadani | Si Gathutkaca prapta dinuta | ngaturake sasrahane | kêbo andanu satus | kabèh padha pancale putih | yayi Prabu Ngamarta | sakadang wadya gung | kandhêg anèng pasanggrahan | dewa loro pangantèn kang mugarèni | Narada Kumajaya ||

7. dene para ratu kang umiring | ing Cêmpala lawan ing Wiratha | sarta sagarwa putrane | kapraboning prang pupuh | ratu sabrang ana umiring | Singgêla Bisawarna | sawadyabala gung | dene ta pundhutaningwang | ing kudangan miwah ta kudangannèki | kakang Prabu Madura ||

8. nora nana ingkang luput siji | kabèh-kabèh apan ta tinêkan | dene praptaning pangantèn | pan iya besuk-esuk | marma ingsun age [a...]

--- 76 ---

[...ge] nêkani | ya yayi marang sira | jatining tyas ingsun | maksih manggung mêlang-mêlang | bokmanawa nora bisa mêmarèni | wangkot myang gunganira ||

9. gampang ewuh wong wadon akrami | langkung gampang luwih sangking gampang | yèn angèl luwih angèle | liring tyasirèng kakung | mring garwane yayi tan kêni | dinuga ing wardaya | gampang ewuhipun | lamun nuju tyase gampang | kinaryaa dolanan lir bocah cilik | mring garwa tan sawala ||

10. lamun nuju angèl nora kêni | tinambaka brana miwah warna | rinobana upamane | mas rêtna sêsotya gung | mengo kaya dulu karikil | garwanya yu katingal | lêngus-lêngus bêngus | kêna pisan luput pisan | tyasing kakung yèn wus putung nora kêni | rinapu sangsayewa ||

11. alah iku angèling akrami | dhêdhasare bakal lakinira | luwih lêmbut bêbudène | wêwadine wus muluk | katon lena prayitnèng batin | katon tambuh wêweka | wicaksanèng sêmu | pasang limpating graita | nora kêna ginayuh samining jalmi | budine Si Janaka ||

12. marma aja dumèh-dumèh yayi | laki kadang anganggêp gumampang | wani mik-mikan karêpe | dumèh budine alus | lah wus bangêt anandhang brangti | kawit bocah tan owah | dènira nahên kung | mung sira dèn arsa-arsa | marma wani mik-mikan karêpirèki | ginawe ngarah apa ||

13. nadyan ana kaluputan mami | laki kadang iya ngarah apa | sayêkti gêdhe maklume | dadia dukanipun | măngsa dadak buwanga mami | rabi măngsa olèha | kaya raganingsun | iku luput ngămbra-ămbra | lali lamun èstri kawisesang[3] laki | tuladan pan wus ana ||

14. purbaning hyang tumrap mring pawèstri | pan wus kalêbu labuhanira | Hyang Guru tan marêngake | timbangane pan guru | sinung wênang masesèng murid | yèn bala kawisesa | marang ratunipun | èstri kawisesèng priya | padha-padha yèn ana luputirèki | murit mring gurunira ||

15. miwah bala luput mring narpati | lamun ratune wus angapura | marang wadya sadosane | lan murut[4] dosèng guru | wus ngapura dosaning murid | Sang Hyang Jagad Pratingkah | sayêktine manut | milu ngapura kewala | mung wanodya lamun dosa marang laki | nadyan kakung ngapura ||

16. wus narima trusing lair batin | Sang Hyang Guru ingkang nora lila | wong wadon iku dosane | marang ing kakungipun | wus pinanci ginawa pasthi | siniksa sadosanya | tan antuk pitulung | wus têtêp wadon tan kêna | duwe karêp dhewe kudu nut ing laki | iku dèn eling sira ||

17. anadene pratikêling laki | têtêp dudu brana dudu warna | amung ati paitane | ati eling lan tuhu | sarta gêmi lawan nastiti | gêmi ugêmènana | wêwadining kakung | nastiti nastitèkêna | barang ingkang dadi karêmaning laki | miwah laranganira ||

18. rina wêngi kudu ngeling-eling | nora kêna lali sanalika | ingkang dadi karêmane | miwah laranganipun [laranga...]

--- 77 ---

[...nipun] | pangarêpe iya mung eling | paitaning akrama | elinga kalamun | èstri kawasesèng priya | lamun ilang elinge nama pawèstri | kêna ingaran liwar ||

19. pêdhot liwaring wanodya yayi | têtêp sirna jênênging wanodya | iya wong ilang elinge | lawan nastitènipun | nandhang dosa mung rong prakawis | dhihin marang ing priya | kapindho Hyang Guru | wong wadon ilang têmênnya | sasat pêdhot amêdhot mamah kêndhali | buwang ugêring tekat ||

20. dene nora pisan angawruhi | lamun ati ugêre ngagêsang | badan iki darma bae | obah lan mosikipun | bisa sangking osiking ati | ati ratuning badan | marma kudu emut | hèh ta yayi wruhanira | bakal lakinira musthikaning adi | ugêring tanah Jawa ||

21. wus pinasthi ing jawata luwih | nurunakên sagung para raja | iya tanah Jawa kene | marma ingsun jumurung | sira jaluk patiba sampir | wanita lan curiga | Pulanggêni iku | pusakaning tanah Jawa | sapa ingkang kuwasa nganggoa pasthi | dadya wijining praja ||

22. mêngko kêris wus anèng sirèki | wadon-wadon sun têdha bisaa | sira dadi wêwadhahe | turuning nugraha gung | ratu ingkang bakal baboni | mêngku rat tanah Jawa | dene sira jaluk | bocahe wadon kasihan | ya wis bênêr têgêse yayi sira mrih | brăngta mong marunira ||

36. Asmaradana

1. nêdya mrih utamèng krami | wus wajibe dyah utama | among maru kapindhone | katêmua jaka rara | lawan Si Dananjaya | yèku pêpucuking wahyu | kang mangkono osikira ||

2. ngarêp jaluk tiba sampir | curiga lawan wanita | aywa tanggung sabanjure | kang mangkono ciptanira | têtêpana kewala | kabèh-kabèh wulang ingsun | eling ugêring akrama ||

3. samăngsa wong wadon eling | lamun kawisesèng priya | sayêkti yèn cukup kabèh | dènnya mrih utamèng krama | gêmi lan nastitinya | miwah ing têmênirèku | kagawa ing elingira ||

4. langkung dènnya ngirih-irih | Sri Maha Narendra Krêsna | dènnya mudhar wêwulange | mring yayi sang kadi rêtna | ngarih-arih ngrarêpa | sang rêtnaning dyah kapiluh | miyarsa wulang ing raka ||

5. kathah kagagas ing galih | dene ta nguni wus kathah | mring badhe kakung lêpate | purun karya cacah rucah | wusnya têlasing wulang | mring rayi kondur sang prabu | dhawuh mring garwa têtiga ||

6. samêktanirèng jro puri | enjang pangantèn praptanya | kang garwa sandika ture | ing jawi Patih Udawa | lan sagung pra dipatya | miwah wadyobalanipun[5] | Kumbina lan Lesanpura ||

7. kawit wingi dènnya ngrakit | rarêngganirèng taratag | warnanèng têtuwuhane | dupi marga parapatan | ingkang lèr pêthètannya | sadaya pinggir lêlurung | tinêmbunging têtuwuhan ||

8. myang kang baris ngapit margi | kawit dalu pangrakitnya | dugi parapatan kang lèr | sadaya wadya nagara | kang baris ngapit marga | para mantrine pêpayung | tunggul daludag bandera ||

9. jinèjèr ngarsaning [ngarsa...]

--- 78 ---

[...ning] baris | sarta kapraboning aprang | dene lèr parapatane | praptèng pasanggrahan pisan | kang baris ngapit marga | amung tumbak lan lêlayu | wurahan dêmanging desa ||

10. wau ta kang mêthuk enjing | Sămba lawan Wrêsniwira | kalih wus prapta lampahe | pasanggrahan jawi kitha | lajêng tumamèng ngarsa | mring Narada jujugipun | umatur lamun dinuta ||

11. ngaturi sadaya sami | lajêng umanjinga kitha | rama prabu pangantose | lan jêng eyang kalihira | Kumbina Nglesanpura | wontên paglaran pukulun | langkung sami ngarsa-arsa ||

12. Narada suka tan sipi | gumuyu alatah-latah | sigra matah parentahe | angreka rakiting marga | tundha-tundhaning lampah | kang dadya panganjuripun | katri putra ing Wiratha ||

13. sigra budhalnya dhihini | Radyan Sămba Wrêsniwira | nunggil nèng rata kalihe | mung lan upacaranira | sami nginggil turăngga | wuri têngara gumuruh | bidhal panganjuring lampah ||

14. putra ing Wiratha katri | asri sagêgamanira | ingkang sumambung wurine | ingkang rama sri narendra | nulya Trusthajumêna | lan kang rama sang aprabu | wuri wadya ing Ngamarta ||

15. Nangkula Sadewa sami | wus anunggil anèng rata | kinèn nindhihi barise | nulya Prabu Yudhisthira | ing wuri Arya Sena | dharatan sawadyanipun | prasamya amandhi gada ||

16. nulya sagung para putri | anulya rata kancana | titihan sang pinangantèn | nulya Prabu Bisawarna | Sri Bupati Singgêla | ingkang mungkasi ing pungkur | lan sawadyabalanira ||

17. alon lampahe kang baris | ngambah rêratan nagara | ubêkan sawadya kabèh | nênggih kang samya umiyat | usrêg arêbut ngarsa | jêjêl wurining wadya gung | datan kêna sinapiha ||

18. wong jro pura kathah mijil | sangking kêdahe uninga | badhe garwane gustine | ingkang ningali sadaya | kèh pita-ginupita | lam-lamên kasmaran dulu | mring satriya Dananjaya ||

19. kang sawênèh ana angling | iku Sang Hyang Kumajaya | dewa kang dadi patahe | kang wus kocap ing carita | suralaya tan ana | jawata ratuning bagus | mung Bathara Kumajaya ||

20. lawan pocapane malih | sabagusaning manungsa | nora padha lan dewane | de iku Radyan Arjuna | nora kèri satuma | pêkik miwah cahyanipun | lan Bathara Kumajaya ||

21. wingiting cahya wus sami | padha nuksmèng adakara | miwah teja kêkuwunge | ngêsorkên langêning jagad | lah iya ngêndi ana | kang mirib satriya iku | bêgjane kang duwe krama ||

22. wong jro sandhinge ningali | miyarsa sêndhu wuwusnya | buh ta ingkang bêja bae | buh satriya Dananjaya | buh ta sang kusuma[6] | ujêr sira durung wêruh | ing critane sang kusuma ||

23. widadari Dèwi Ratih | pangarihe sang lir rêtna | ya garwane dewa kuwe | kang dadi patah sang rêtna | nora bisa ngasorna | ayune kadya sitèngsu | jatmika tur tan modhoa ||

24. tan ana ingkang madhani | sak suralaya sadaya | datan bisa ngasorake [nga...]

--- 79 ---

[...sorake] | ayune babag kewala | sêdhêp lan manisira | wingit lan lungiting sêmu | wênêsing kang cahya samya ||

25. lah ta tingalana benjing | yèn wus panggih sandhing lênggah | lamun kasor gustining ngong | sayêkti pantês kewala | tan ana kang kuciwa | sun duga lamun pinangku | mring satriya Dananjaya ||

26. lir rêtna nawung hèr thathit | sasăngka nawung tranggana | baya wus pasthi jodhone | gustiku lawan Sang Parta | bênêr nguni kang rama | pinacang sangkaning timur | tan wus lamun winuwusa ||

27. wuwuse ingkang ningali | mangkana ing praptanira | Sămba lan Wrêsniwirane | Sang Aprabu Patmanaba | gya mijil pagêlaran | lan kang rama kalihipun | ing Kumbina Nglesanpura ||

28. para putra glar ngarsa ji | tuwin kang para santana | pra dipati sadayane | prasamya nindhihi bala | prajurit tigang praja | ingkang baris ngalun-alun | sami sakapraboning prang ||

29. tunggul daludag tulya sri | lêlayu lawan kêkăndha | bul-umbul bandera runtèk | mangkana wau praptanya | raja putra Wiratha | langkung asri lampahipun | prajurit lir kêkanthetan ||

37. Kinanthi

1. gantya-gantya praptanipun | sawadyabalanira sri | ngambah rêratan nagara | salin rakiting lumaris | pacara sadaya ngarsa | prajurit abdi nèng wuri ||

2. Radyan Wirasăngka ngayun | laju maring păncaniti | mung lan upacaranira | prajurite samya nisih | mangetan tata barisnya | nunggil bala Pringgadani ||

3. ing wuri ingkang sumambung | sawadyabalanirèki | wau Rahadyan Untara | saupacaranira sri | nulya Radyan Arya Seta | ingkang sumundhul ing wuri ||

4. gumêrdêg barise barung | swarane kêndhang gong bèri | sêsêg rêmpêk lampahira | sêrênging baris ngajrihi | pangarsa putra Wiratha | lajêng minggah păncaniti ||

5. mung lan upacaranipun | nulya kang sumambung wuri | wadyanira ingkang rama | Sang Aprabu Maswapati | lajêng manjing pagêlaran | saupacaranira sri ||

6. prajurite tata ngumpul | lan barise putra katri | mangkana ing pagêlaran | Sri Bathara Arimurti | Kumbina lan Lesanpura | mudhun samya angurmati ||

7. mêthuk têpining têtarub | wau mring sang prabu kalih | têdhakira sangking rata | cinandhak astanira glis | kinanthi binêkta lênggah | satata bangsal pangrawit ||

8. putra katri Wiratha wus | ngaturan lênggah ing nginggil | anèng wurine kang rama | Sang Aprabu Arimurti | langkung dènira mangrêpa | maring Prabu Maswapati ||

9. nulya wuri rawuhipun | ing Cêmpala Sri Bupati | lan putra Trusthajumêna | saupacaranira sri | lajêng maring pagêlaran | prajurite tata baris ||

10. lan bala Wiratha kumpul | ingkang sumudhul ing wuri | wadyabala ing Ngamarta | Nangkula Sadewa ngarsi | têngah Prabu Yudhisthira | Wêrkudara munggèng wuri ||

11. pangkat-pangkat lampahipun | saupacaranira sri | laju maring pagêlaran | prajurite tata baris | pinarnah kilèn sadaya | wau ta ing păncaniti ||

12. rawuhipun sang aprabu | Cêmpala [Cê...]

--- 80 ---

[...mpala] lan sri bupati | Ngamarta Sri Yudhisthira | sadaya samya nêdhaki | jumênêng ngarsaning dhampar | tundhuk rêrangkulan sami ||

13. wusing panêmbramanipun | tata lênggahira sami | nulya wuri ingkang prapta | sagunging upacarèstri | ulur sêlur lampahira | jêmpana tandhu lan joli ||

14. linajêngkên sadaya wus | lumêbêt sajroning puri | ngurmati pamêthukira | Rêtna Dèwi Jêmbawati | Kumbina lan Lesanpura | anèng pagêlaran sami ||

15. tundhuk ingaturan sampun | lumêbêting dalêm puri | rinêngga sukaning driya | panggihe lan Dèwi Ratih | anèng gèn Wara Sumbadra | ing taman Banoncinawi ||

16. dènnya maripurnèng ngriku | ing busana Dèwi Ratih | maring Dyah Wara Sumbadra | busana sangking swarga di | miwah ingkang gănda wida | lawêdan para absari ||

17. nahan ta jroning kadhatun | mangkana praptanirèki | jajaran ing Madukara | parêng lan riris wêwangi | panangkilan udan kêmbang | mambake kang pra absari ||

18. brêmana liwêran umyung | nèng tawang mamrih wêwangi | pêksi munya mawurahan | sanginggiling rata rukmi | sênggani lan lokanănta | munya nèng tawang ngrêrangin ||

19. nunggal têpining têtarub | kèndêle kang rata rukmi | jawata kalih wus têdhak | anganthi Radyan Prêmadi | piyak upacara ngarsa | samya mire nganan ngering ||

20. namung sêkar dewadaru | dèn ampil absari kalih | lumampah ngarsa Sang Parta | Sêmar Bagong munggèng wuri | mangkana Sri Patmanaba | lan sagung para narpati ||

21. gurawalan dènnya mêthuk | nungsung guyu-guyu sami | Bathara Rêsi Narada | nanduki sukaning galih | gumujêng alatah-latah | Dananjaya angabêkti ||

22. mring Sri Krêsna gya rinangkul | astanya lajêng kinanthi | aris prasamya lumampah | sapraptaning păncaniti | wus tata samya alênggah | sêkar dewadaru ngapit ||

23. mring Sang Parta dènnya lungguh | jawata kalih tan têbih | banjêng kang para narendra | amunggèng dhampar rinukmi | para putra glar ing ngarsa | Rêsa[7] Narada lingya ris ||

24. kaki Krêsna lakuningsun | dinuta ing Hyang Pramèsthi | masrahake arinira | Ki Parta marang sirèki | dhaupe lan Ni Sumbadra | dene pundhutanirèki ||

25. kabèh-kabèh tinêkan wus | tan ana kang kurang siji | kang kocap ing kêkudangan | Sri Krêsna umatur aris | pukulun inggih sumăngga | sakarsa tuwan umiring ||

26. jroning pura inggih sampun | pangrêngganing Dèwi Ratih | mring wayah ta pun Sumbadra | pangrakit sajroning puri | ulun pasrahkên sadaya | mring Kusuma Dèwi Ratih ||

27. sumêlang kawula namung | dèrèng ngaturi udani | mring wayah Tuwan Mandura | Narada lingnya rum manis | aywa sumêlang tyasira | manawa tinutuh benjing ||

28. marang kadangira sêpuh | Mandura yèn angruntiki | dumèh tininggal ing karya | têmune arinirèki | warahên lamun sangking wang | kang adrêng mêksa sirèki ||

29. sarta timbalan Hyang Guru | wus pinasthi dina iki | têmune [têmu...]

--- 81 ---

[...ne] Parta Sumbadra | anut sagunging para ji | ing rèh Sang Rêksa Narada | mijil sangking păncaniti ||

38. Mijil

1. pangkat-pangkat sagunging para ji | pra samya jêjodhon | para putra nèng ngarsa kêkanthèn | Trusthajumêna Sămba kang nganthi | Rugma lan Sêtyaki | nulya wurinipun ||

2. Arya Seta lan Sang Bimasiwi | putra Wiratha nom | Wiratsăngka Utara kanthine | nulya Rêsi Narada anganthi | mring Sri Arimurti | nulya wurinipun ||

3. Gagarwayang Gagarwati ngampil | dewadaru karo | munggèng ngarsa risang pinangantèn | Sang Hyang Kumajaya ingkang nganthi | nulya sri bupati | ing Wiratha sêpuh ||

4. Notèng Cêmpala ingkang anganthi | nulya sang akatong | ing Kumbina lan Lesanpurane | nulya Prabu Darmaputra nganthi | Singgêla Narpati | Wêrkudara pungkur ||

5. nulya sagunging upacara asri[8] | pangkat-pangkat golong | punakawan lan kang ngampil kabèh | nulya pêpatih ingkang para ji | ajêjodhon sami | Udawa ing ngayun ||

6. pra dipati magsih păncaniti | têngara gumuroh | parêng munya kêndhang gong bèrine | myang gamêlan lokanănta magsih | munya angrêrangin | anèng luhuripun ||

7. sang pangantyan lêbêtirèng puri | ambyuk kang nênonton | jalu èstri tan kêna sinapèh | uyêl jêjêl rame dhih-tinindhih | apipit-pinipit | kanan kering timbul ||

8. ya ta wau sagung pramèswari | myang dewaning sinom | dènnya sami maharjèng pangantèn | ing paèsnya Dyah Banoncinawi | wus sampurna sami | katuwon dinulu ||

9. rikma mêmak ngăndrawila wilis | sinêkaran abyor | sengga wiyat rinêngga lintange | paès wilis tinêpi mas ajir | pinatut malipis | lan cacênthungipun ||

10. kadya mega sinalimut thathit | pêthaning paraos | têturutan wungu sasêrbênge | anut wimba pinatut jalirid | lir teja ngawêngi | ing larapanipun ||

11. kêkancinging gêlung cundhamanik | ing larapan abyor | munggèng pêtha-pêtha tanggalane | pinalipit hèr kilat hèr thathit | lir angganya kadi | asrining sitèngsu ||

12. duk kaping tri nawung lintang riris | pangêntulira wor | amêwahi asrining gêlunge | sêngkang bapang ginumyur hèr gêni | obah ting parêlik | nèng talinganipun ||

13. sarawungan lan sotyane kalih | mancorot mancorong | lir sasăngka rinênggèng lintange | mamêrakan bêburon sinimping | anèng wadana sri | kuwung rêbut dhucung ||

14. jaja aglar winêjang rinêngging | ing sêsotya abyor | tibèng wonga-wunga tundha trine | sengga tanggal kaping pat ngawêngi | payudara kalih | kang pindha andaru ||

15. jarijwalus angudayaning sri | kalpikanya abyor | asta rurus gandhewa gadhinge | babinggêl mas winarnanting-anting | sumêkar lurusing | ngasta sri dinulu ||

16. ya ta wau salêbêting puri | sang pangantyan karo | linênggahkên ngarsèng pajangane | Dèwi Ratih ingkang anêngahi | dewadaru ngapit | kanan keringipun ||

17. katri pramèswari Dwarawati [Dwa...]

--- 82 ---

[...rawati] | lan Kumbina awor | Nglesanpura nèng kulon ênggone | pramèswarinira Wiratha ji | lawan pramèswari | ing Cêmpala Prabu ||

18. anèng wetan lawan pramèswari | ing Ngamarta awor | Rêtna Wara Srikandhi banjênge | sagunging parêkan para cèthi | banjêng munggèng wuri | jro kadhaton pênuh ||

19. para ratu samya dèn aturi | lumêbèng kadhaton | kinabêktèn marang sang pangantèn | banjêng para ratu munggèng ngarsi | myang sang dewa kalih | Dananjaya gupuh ||

20. sagung parêkan kang para cèthi | kèh dongong malompong | dene rêspatinira kalihe | kasêmbadan rinênggèng sotya di | prabanya nêlahi | sinoming kadhatun ||

39. Sinom

1. Sang Aprabu Patmanaba | êtyarsèng tyas aningali | myang pramèswari têtiga | langkung sukanirèng galih | dene pugale nguni | ing mangke têka piturut | samya muji sadaya | ing wignyane Dèwi Ratih | dènnya karya rapêting patêmonira ||

2. Bathara Rêsi Narada | gung dènnya mènglèng angliling | marang risang pinangantyan | manglung angiling-ilingi | lêlewa nglêluconi | latah-latah ngêlus-êlus | pan sarwi angêngudang | suka kang samya ningali | para cèthi guyune ambata rêbah ||

3. mulat mring Rêsi Narada | pan amung Wara Srikandhi | lagi mèsêm bae nora | malah rongèh dènnya linggih | mulat Radyan Prêmadi | lênglênging tyas kapirangu | kandhuhan ing kung rimang | gêlung lukar tan tinolih | kasmêkannya sapalih akuleweran ||

4. karingête kadya siram | nanging tan ana udani | katawur ing pagujêngan | Narada kang nglêluconi | lan Prabu Arimurti | kang nanduki sung gêguyu | hèh Sumbadra riningwang | sapa sandhingira linggih | marang sira wong anyar lanang katingal ||

5. yèn aja kêlêtanana | marang Rêtna Dèwi Ratih | dêlênge nora prasaja | panglirike mring sirèki | manawa mêngko bêngi | nêmêni panglirikipun | paran ta polahira | yèn wus pisah kang nêngahi | hèn Sumbadra sawêngi mêngko dèn yitna ||

6. sangsaya ambata rêbah | gujênge parêkan cèthi | tumungkul Wara Sumbadra | miwah Rahadèn Prêmadi | Kusuma Dèwi Ratih | nauri sarwi gumuyu | kula măngsa sukaa | ginanggu-ganggu ri mami | yèn ginanggu sun gawa mring suralaya ||

7. gumujêng Narendra Krêsna | Sumbadra na kang ngukuhi | dèn bêcik ing sungkêmira | marang Rêtna Dèwi Ratih | nanging dèn ngati-ati | bokmanawa kêna bujuk | tyas ingsun tan pêrcaya | mulat marang kang nêngahi | hèh Sumbadra yèn lena sayêkti kêna ||

8. kadya sinêntak gujêngnya | sadaya ingkang miyarsi | lingnya Sri Narendra Krêsna | sêmbranane amranani | praptèng antara ratri | sagung ingkang para ratu | wangsul lênggah pandhapa | miwah sang jawata kalih | akaramèn samya boga ăndrawina ||

9. sagung ingkang para putra | pra dipati nglêladosi | miwah ta sajroning pura | dhaharan kang para putri | ngiras gujêngan sami | wusira dhaharan nutug | linorodan [li...]

--- 83 ---

[...norodan] sadaya | mring sagung parêkan cèthi | Dèwi Ratih mèsêm ngêjèpi Sang Parta ||

10. garjita nampèni cipta | kang garwa sinambut aglis | binakta minggah paprêman | wus tumangkêp ingkang samir | sagunging pramèswari | ngumpul lalênggahanipun | nêbihi sawêtara | anut ing Sang Dèwi Ratih | pan sadalu tan wontên kang antuk nendra ||

11. suka samya pagujêngan | tuwin kang para narpati | satriya myang para putra | anut sang jawata kalih | sadaya para putri | suka samya gujêngipun | tuwin kang para putra | parêkan cèthi tut wuri | kang ngrêsêpi pagujêngan Sang Sri Krêsna ||

12. Ki Lurah Bagong lan Sêmar | sadalu lêlucon sami | tan ana mingkêm kang mulat | sagung ingkang pra dipati | gumêr gujênge sami | lan kang anèng alun-alun | saênggèn-ênggèn gumêrah[9] | kalasăngka angrêrangin | magsih ajêg barise karamèn samya ||

13. ingkang anèng pagêlaran | sagung ingkang para mantri | suka nutug parisuka | wau ta sajroning puri | ingkang munggèng jinêmrik | sang pangantyan kalihipun | satriya Dananjaya | tansah dènnya ngarih-arih | marang garwa dèrèng kapacak ing karsa ||

14. sang rêtna sangêt susila | kagagas ing tyasirèki | dene ta kadang taruna | mangkya têmah dadya laki | èngêt duk nguni-uni | mring Sang Parta purunipun | karya sawiyah-wiyah | kongsi nibani têtali | nèng Kumbina binănda pinindha kompra ||

15. marma tyasira wiyoga | dahat merang marang laki | satriya Andananjaya | dènnya mrih luntur ingkang sih | dahat angarih-arih | ing tyas maksih maju mundur | manawa kaputungan | kadya kang wus nguni-uni | lamun mêdal runtike nganyut palastra ||

16. marma nêlasing mangrêpa | pangrungrum angarih-arih | ginunturan ing srênggara | rinoban sabda mêmanis | lir brêmara ngingsêpi | sêkar adi magsih kuncup | tangèh wêdharing sêkar | brêmara dènnya mrih sari | magsih ering sêrênging sari rinêksa ||

17. dhuh kusuma jiwaningwang | kang sawang sêkar warsiki | satmatanên dasihira | sumiwi tur pati urip | sakarsa ngrèh ing dasih | dipun têmah lêbur luluh | awora lan bantala | tan darbe cipta dyah malih | ing dêlahan tulusa angèstu pada ||

18. mring sang adining kusuma | kang sawang sêkar rinujit | anjalmaa kaping sapta | aywa liyan kang ngêmbani | amonging sang rêtna di | gusti mungna abdinipun | jalma angêla-êla | marang sang dewaning èstri | cinuthata dasih apindha warcita ||

19. kumudu angèstu pada | mring sang murtining absari | sarining ngendra bawana | Ratih-ratih Rarasati | nora ngundha-usuki | anyèthia kabèh patut | singa pêrak tan papak | singa sandhing nora tandhing | sangking timur gon ingsun bêbedhung beda ||

20. tangèh wruhing gujêngira | èsême bae tan uning | lah iya ing êndi ana | wong antêng tumêkèng ati | muhung gustiku iki | dhuh kusuma jiwaningsun | wlasana dasihira | pintên lêlamine mangkin | gèn kawula nandhang sêsiku dêduka ||

--- 84 ---

21. kawit nèng Gadamadana | gonira dêduka gusti | wus sasat sakêthi sigsa | sinangsayèngakên dasih | ginusah kawlasasih | kesah sangsaya margiyuh | susah sayah mèh lêsah | pyuh ing tyas mèh bosah-basih | pindha sarah wus babah tan ana nglarah ||

22. saingga bintara kentar | ing tirta mung tulus kentir | anggung măndra kalênglêngan | wirangrong ngarang ngranuhi | kalanglangan langlangi | linglung tan ana kang nulung | nglanglangi kalanglangan | sare gumuling tan eling | rangu-rangu angrêrangu mring andika ||

23. tan măndra yèn tumulia | malah katula katali | ing solah salah katula | mèh lalu sangking panganti | namung anyipta pati | datan kawawa nahên kung | nandhang brăngta subrăngta | wigêna anawung wingit | anggung kambah ing wiyoga kawimbuhan ||

24. mangkya gusti wus ngapura | karya anampar ing dasih | kawulane rinilana | sumiwèng jroning jinêmrik | abdine atur pati | mring sang dewaning rum-arum | rujitên jro paprêman | dene têmah rontang-ranting | tan lênggana amung gusti ngandikaa ||

25. yèn ta karsa angandika | namung tingalana gusti | dasihe sakêdhap netra | dadosa pamurung pati | Sang Dyah Banoncinawi | miyarsa lingirèng kakung | galihira sumêlang | èngêt wulanging raka ji | nadyan silih kramaa kadang taruna ||

26. sayêktine lamun dadya | dununge sêmbahirèki | kakung iku pasthi dadya | gurunadining pawèstri | kapungkur yayah bibi | pangrèhing sang jawata gung | mring wanodya wus kaprah | marang ing priyanirèki | sinung wênang kakung masesa ing garwa ||

27. puniku ingkang ginagas | Kusuma Banoncinawi | sumêdya anêtêpana | kautamaning kênya di | aywa kapanjang kardi | sungkawèng tyasirèng kakung | sadangune ngrarêpa | marang dasih ngasih-ngasih | dènira mrih lunturing sari sarkara ||

40. Dhandhanggula

1. sang kusuma ing Banoncinawi | dènnya nauri lingirèng priya | yayah angêmu waspane | apan sarwi tumungkul | ragi sêrêt ririh gènnya ngling | adhuh radèn mèndêla | sampun ta kadurung | angarih-arih ngrarêpa | marang dasih ngasih-asih aminta sih | mêmêla lir kawula ||

2. pan kawula dede rare alit | suka rêna dipun êla-êla | wuwus lamis tanpa gawe | karya eca kang ngrungu | tur ta măngsa anrus ing galih | pundi wontên wanodya | ngabdèkkên ing kakung | mendah sidene duraka | ing sakêcap dhuh bêndara adhuh gusti | kawula ngèstu pada ||

3. nadyan silih tan tumêkèng galih | namung pangandika samudana | wèh duraka mring cèthine | apan ing mangke sampun | karsaning Hyang Maha Linuwih | lan sangking rilanira | kadang kula sêpuh | sinêksi para jawata | myang para ji pinanggihkên awak mami | lawan ingkang sarira ||

4. miwah para absari jurungi | pan sadaya nglulusakên samya | rama swargi kudangane [kudanga...]

--- 85 ---

[...ne] | lawan pundhutanipun | inggih kakang prabu kêkalih | sadayane paduka | andhatêngi sampun | datan wontên kêkirangan | lair batin jasat kawula wus dadi | tatêbusan panduka ||

5. ing sakarsa paduka ngrèh dadi | kadiparan gèn kula suminggah | wus kabutuhan nèng kene | pininta kuwatipun | ing wanodya kalamun pinrih | winasesa ing priya | dêstun kawula mung | nênuwun sarèh kewala | sampun kantos gadhah karsa sapuniki | kawula sru lênggana ||

6. dene sawêg sangêt tikbrèng galih | benjang sarira sintên darbea | Dananjaya ris dêlinge | dhuh babo mirah ingsun | dhawuhêna paran kang dadi | duhkitaning wardaya | manawabdinipun | gusti sagêd ngluwarana | aturnya ris kang dadya tikbraning galih | dene kadang taruna ||

7. mangkya têmah èstu dadya laki | marma sadangunipun ngandika | samudana mring cèthine | kawula kamipurun | kèndêl dangu datan nauri | ngungun sangking wus kathah | kalêpatan ulun | tingkah kang wus kalampahan | mring paduka sabên-sabên kumawani | wèh atur cacah rucah ||

8. malah kongsi nêngêri têtali | inggih sangking sakêthi tan nyana | lamun makatên dadose | dadya laki satuhu | lah ta pintên dosamba benjing | yèn tan wontên aksama | paduka pukulun | sayêkti namung duraka | salamine Dananjaya duk miyarsi | ature ingkang garwa ||

9. kadya rêntah tyase tibèng siti | sru kakênan manising wacana | Sang Parta mijil waspane | kang garwa gya sinambut | linut dening pangarih-arih | dhuh mirah jiwaningwang | kasawang sitèngsu | ratu-ratuning kusuma | sêsotya di mirah ing Banoncinawi | sapa darbe bêndara ||

10. kaya amung Rahadèn Pamadi | lah ing ngêndi gyan antuk ngupaya | ingkang mirib sairibe | kang kadya mirah ingsun | wus kaanan para absari | Ratih ratuning swarga | sêsandhingan lungguh | kucêm datanpa ujwala | pira kèhe iyèki para putri ji | kang anèng jroning pura ||

11. lir sudama kataman ing sasi | kabèh-kabèh kucêm tanpa cahya | mung nyèthia pêpantêse | mring gusti mirah ingsun | Gagarmayang lan Gagarwati | anggawa gantyanira | ing pêpantêsipun | dhuh gusti sampun anarka | yèn dasihe akarya samudana ngling | nora nrus ing wardaya ||

12. corên sarta upata sakêthi | yèn darbea liya ing panyipta | sangking gusti nahing anggèr | dèn têmah lêbur luluh | datan nyipta maring dyah malih | ngamungna sang kusuma | ngabdèkkên maringsun | ngariloka janaloka | sun sumewa maring sang dewaning sari | sumarah ing sakarsa ||

13. dene solah kang wus nguni-uni | gusti mundhut agsamèng kawula | rumăngsa kathah lêpate | marang ing dasihipun | sadurunge sawise gusti | luwih sakêthi yuta | pangapuraningsun | karana gèr dudu sira | ingkang luput sayêkti yèn sangking mami | kang dahat kaluputan ||

14. agung ngarubiru marang gusti | gege karsa sadurunge măngsa | muhung [mu...]

--- 86 ---

[...hung] aksamanta anggèr | marang ing dasihipun | lah ukumên jroning jinêmrik | siksanên ing paprêman | dipun têmah lêbur | beratên ing găndawida | balênggunên ing tingal manising liring | dasihe tan suminggah ||

15. tuwêkên ing kanaka kang lungit | cancangên ing kincanging ambanta | dhuh bandanên kasmêkane | cêngkalakên ing gêlung | tabêlanên ing kasur sari | lurubana ing sêkar | candhinên jinêm rum | kirimên layoning rema | Danajaya pangungrume anêkani | pangudining asmara ||

16. ingkang garwa sinarèkkên aglis | maras-maras tyasira wus rantas | tatas têrus panitise | rêtnaning dyah kalangkung | ananggulang pêksa tan olih | kakung tan kêna ginggang | pangudining kayun | sang dyah sayah anggung ngêsah | panyêngkahe datan pasah mêlasasih | kakung nêkakkên karsa ||

17. rara kênya pinurwa ing rêsmi | yayah murcita jroning ngasmara | sru kawratan pangrêmbate | timbang sruning kang kakung | Dananjaya maras ningali | kang garwa sinungkêman | wunga-wonganipun | locana ris ingusapan | gunging ngaras cinêcêp-cêcêp kang lathi | pan sarwi rinarêpa ||

18. dhuh kusuma musthikaning èstri | putri musthikaning jagat raya | ratuning wanodya kabèh | kêkayanganing ayu | anguyuni ayuning bumi | ing jagad tanpa sama | samaning dyah ayu | yu-ayuning suralaya | sadayane kayungyun angalayoni | kalayu ayunira ||

19. sampun age gusti nglayat pati | paran dasih ta ingkang tinilar | tan kêlar nahên wirage | dhuh wungua mas ingsun | sampun karya maras ing dasih | sang dyah datan gulawat | katrêsnaning bayu | swanitanbrês kadya siram | Dananjaya kang garwa sinambut aglis | binakta mring patirtan ||

20. Larasati kalawan Sulastri | kang ngladosi dènira asiram | sarta lawan pisaline | busana adiluhung | pan sadaya sangking swarga di | Dèwi Ratih kang bêkta | wusnya siram tutug | kalihe salin busana | Dèwi Ratih kang maharjèng busana di | maring sang pinangantyan ||

21. linênggahkên ngarsèng pajanganing | para putra myang sagung parêkan | mulat tan ana tuwuke | lam-lamên ing pandulu | marang risang pangantyan kalih | cèt paèse sangsaya | mêwah yunipun[10] | jro supêna durung ana | kang umirib Kusuma Banoncinawi | tuhu musthikaning dyah ||

22. ing mongsèku salêbêting puri | lir kinumpul ing teja wangkawa | rinênggèng kilat thathite | winarnèng kuwung-wuwung | myang sasăngka lintang mariris | rarênggan jroning pura | sadaya mas murub | myang sêsotya sinasotya | pan anawung cahyane kang para putri | lir andaru liwêran ||

23. alur sêlur kang para absari | suralaya miwah ing kaendran | pan sabên dalu praptane | parlu samya dêdulu | jujug mawor lan Dèwi Ratih | idung-idungên samya | sagunging para rum | tumonton sang pinangantyan | tri buwana sapa ingkang anduwèni | ing cahya kang mangkana ||

24. lir ngasorkên rêsmining kang sasi | Sang Hyang Guru bisa

--- 87 ---

timên karya | jodho marang ing titahe | kaya kakunge iku | lah ing êndi isining bumi | mirib Radyan Arjuna | iya pêkikipun | pantês lamun karênggaa | patêmone dening jawata linuwih | ngebahkên Suralaya ||

25. baya-baya bagusing sabumi | lawan kabagusan Suralaya | iya mung pinaro bae | ingkang saparo namung | sinungakên mring sang kêkalih | Parta lan Kumajaya | kang saparo dèn dum | marang manungsa sajagad | miwah marang para dewa suranadi | yèn mungguhing wanodya ||

26. iya iku ayuning sabumi | ayu-ayuning endra bawana | iya mung pinaro bae | ingkang saparo namung | sinungakên ing Dèwi Ratih | lawan Wara Sumbadra | kang saparo dèn dum | marang pawèstri sajagad | lawan marang sagunging para absari | kaendran suralaya ||

27. tan wus lamun winuwus ing tulis | ingkang samya pita-ginupita | pra absari sadayane | cinatur sabên dalu | akaramèn sajroning puri | para putra sadaya | miwah para ratu | nutug suka-parisuka | jawi lêbêt antara ing tigang ratri | dewa kalih andana ||

41. Asmaradana

1. lawan Rêtna Dèwi Ratih | Gagarwati Gagarmayang | pamit maktuk[11] kahyangane | antara ing tigang dina | sagunging para raja | lan saputra garwanipun | pamit kondur prajanira ||

2. Dwarawati kèri tistis | konduring tamu sadaya | kantun Nata Pandhawane | Sang Aprabu Darmaputra | lan para ri sadaya | sawadyane magsih tugur | pamite dèrèng rinilan ||

3. anggung karamèn jro puri | nanging Prabu Patmanaba | magsih sumêlang galihe | mring raka Natèng Mandura | tan kongsi tur uninga | jroning suka rangu-rangu | ananging datan kawêdal ||

4. mangkana dina sawiji | mantri tamping atur wikan | Sri Madura ing rawuhe | rawuhira saha bala | sakapraboning yuda | Kurawa magsih tut pungkur | inggih sakapraboning prang ||

5. sêrêng lampahe kang baris | kumêpyur Narendra Krêsna | langkung sungkawa galihe | miyarsa ing aturira | mantri juru tampingan | de kang raka rawuhipun | magsih ambêkta Kurawa ||

6. sarta sakaprabon jurit | punika sungkawanira | wasana ngandika alon | mring kang rayi ing Ngamarta | yayi inggih rakanta | ing Madura mangke rawuh | magsih sakapraboning prang ||

7. Kurawa binakta malih | kados angêmu dêduka | raka paduka rawuhe | kawula tilaring karya | hèh sira Wêrkudara | sawadyanira dèn tambuh | nanging batin dèn prayitna ||

8. watake kakangira ji | Madukara lumuh ana | kagèt tan cêpak nêpsune | ananging galihe malam | yèn nora linawanan | gêlis lilih luluhipun | sapira goning dêduka ||

9. aja pisan kok piyarsi | têka guyunên kewala | sayêkti wurung nêpsune | miwah sira Gathutkaca | dèn eling wêkas ingwang | Wêrkudara sru gumuyu | iya aja walangdriya ||

10. sun karyane kuping tuli | măngsa ta ingsun kilapa [kila...]

--- 88 ---

[...pa] | Sang Baladewa watake | sang prabu ngandikèng putra | kulup Sămba dèn enggal | mapaga mring uwakamu | marang sajabaning kutha ||

11. lawan Si Arya Sêtyaki | laku lancuran kewala | hèh Udawa jaba kowe | dèn bisa mêrapêt marang | wong Madukara Ngastina[12] | ing sasolah-tingkahipun | têka ênêngna kewala ||

12. padha dèn tambuh dèn aris | wong Dwarawati Ngamarta | aja na kang karya kagèt | kagetan dhewe ya aja | manawa wong Madura | lan Ngastina gawe saru | jarag dadine prakara ||

13. aja na sira lawani | lungguhan padha misaha | ngumpula kancamu kabèh | wong Dwarawati Ngamarta | dadia siji wetan | aja kongsi wowor sambu | kulon gone wong Madura ||

14. lan Ngastina dadi siji | katri sandika wus mêdal | Sămba lan Wrêsniwirane | bidhal datan mawi bala | mung lawan upacara | Udawa parentah sampun | marang sagung pra dipatya ||

15. miwah sagunging prajurit | Dwarawati lan Ngamarta | ngumpul ngetan sadayane | kilèn badhe panggenannya | wadyabala Madura | lan Kurawa lamun rawuh | wau Radyan Gathutkaca ||

16. sampun utusan amangsit | mring wadyabala Ngamarta | Pamênang Pringgadanine | sadaya kinèn prayitna | Sang Prabu Patmanaba | wus mijil sangking kadhatun | lan kang rayi ing Ngamarta ||

17. tan mawi parêkan cèthi | lênggah anèng sitibêntar | kang ngampil upacarane | mung punakawan kewala | Wêrkudara tan têbah | nèng kering dènira lungguh | Nangkula Sadewa ngarsa ||

18. satriya ing Pringgadani | anèng wurine kang rama | mangkana ing pamêthuke | Radèn Sămba Wrêsniwira | kapêthuk anèng marga | lan kang uwa sampun tundhuk | nêmbah alon aturira ||

19. jêng uwa ngaturan aglis | lajênga manjing jro pura | rayi paduka kalihe | ngantosi nèng sitibêntar | sigra Sri Baladewa | ngatag ing wadyanira wus | gumuruh manjing jro kitha ||

20. kang munggèng ngarsanira ji | wadya Madura sadaya | Kurawa nèng wuri kabèh | ing alun-alun wus prapta | Sang Prabu Patmanaba | mudhun sangking sitiluhur | lawan Prabu Yudhisthira ||

21. mêthuk munggèng păncaniti | Sang Aprabu Baladewa | dipangganira kèndêle | anèng têpining taratag | tidhake[13] tinampanan | mring kang rayi kalihipun | Krêsna lawan Yudhisthira ||

22. nyandhak asta kanan kering | sarwi mèsêm angrarêpa | narpati kalih ature | suwawi tuwan lajênga | tumamèng jroning pura | ipe paduka pukulun | katri pisan ngarsa-arsa ||

23. Sri Baladewa lingya ris | ya yayi mêngko kewala | malêbu maring purane | sun arsa ngaso sadhela | linggihan anèng jaba | Sri Krêsna aris umatur | suwawi ing sitibêntar ||

24. palênggahan wus cumawis | nulya ris sami lumampah | sarwi kinanthi astane | minggah maring sitibêntar | wau wadya Kurawa | lan Mandura sadaya wus | nisih kilèn barisira ||

25. dene [de...]

--- 89 ---

[...ne] sagung pra dipati | Madura lawan Ngastina | pra santana sadayane | aglar munggèng pagêlaran | nisih datan woworan | sadaya winangsit sampun | marang Prabu Baladewa ||

26. yèn ana rame jro puri | pra santana pra dipatya | kabèh aywana têlangke | numpêsi bala Pandhawa | marma sagung prawira | Madura Ngastina sampun | prayitna sadayanira ||

27. tandhing gêgamane sami | mangkana ing sitibêntar | sawusnya tata lênggahe | Sang Aprabu Patmanaba | matur sarwi ngrêrêpa | dhuh pukulun sang aprabu | dèn agung aksamanira ||

28. de kawula kumawani | anilar ing sasêmbahan | rayi paduka panggihe | sangking srunirèng pamêksa | Maha Rêsi Narada | sarta timbalan sang prabu | datan kenging pinopoa ||

29. dene sampun anêtêpi | inggih ing dintên punika | wulan taun myang tanggale | panggihe Parta Sumbadra | ing jangji sampun măngsa | tăndha sangking dewadaru | wus mêkar kalih sêkarnya ||

30. mila kawula turuti | pamêksane Hyang Narada | myang Kumajaya adrênge | sêdyamba yèn wus sampurna | panggihe ri paduka | kawula lan yayi prabu | Ngamarta lajêng kewala ||

31. myang Mandura bayangkari | ngaturakên rayi tuwan | sakarsa amrih karamèn | lawan para ri sadaya | wontên nagri Madura | botên sumêdya pukulun | ngungkurakên kadang tuwa ||

42. Pangkur

1. sri bupati ing Mandura | sru ngandika yayi aywa kuwatir | pan nora dadi tyas ingsun | sira tinggal ing karya | ing karamèn panggihe arinirèku | sawisa[14] padha raharja | dene praptaningsun iki ||

2. pan arsa angluwarana | kêkudangan ingsun kari sawiji | marang ing arinirèku | kang durung kalampahan | pan kalalèn marma nguni tan kawuwus | duk ingsun anèng pratapan | mangkene kudangan mami ||

3. ariningsun Si Sumbadra | nora laki dèn têmah nini-nini | yèn tan antuk satriya nung | ingkang kawawa năngga | ing tibane Nênggala Lugoraningsun | lah mara yayi wêtokna | Si Janaka ngarsa mami ||

4. sun tibanane Nênggala | lan Lugora lamun kêlar nadhahi | sayêkti kalamun jatu- | krama lan arinira | lamun ingsun tibani Lugora luluh | myang tugêl dening Nênggala | sayêkti tan jatukrami ||

5. lan rinira Si Sumbadra | payo yayi prabu wêtokna aglis | Si Janaka ngarsaningsun | Sang Prabu Patmanaba | duk miyarsa ngrarêpa dènnya umatur | dhuh prabu sêmbahan kula | dununging sêmbahan yêkti ||

6. nadyan silih kêkudangan | yèn tan pantês pukulun dèn lampahi | bok sampun paduka wuwus | dede-dede pabênan | ingkang kados karsa paduka pukulun | tinibanan Alugora | kawula karsa udani ||

7. manungsa diyu rasêksa | tri buwana ingkang kêlar nadhahi | Alugora tibanipun | sampun ingkang manungsa | nadyan dewa nadhahana yêkti lêbur | ingkang Nênggala Lugora | pamunahing satru sêkti ||

8. punapa ta lêpat kula | pun Janaka dènira angladosi | ing karsa tuwan pukulun [pu...]

--- 90 ---

[...kulun] | myang rayi pun Yudhisthira[15] | iba-iba angèle myang elokipun | inggih pamundhut paduka | kang wus dhinawuhkên nguni ||

9. amundhut rata kancana | kang pangirit kuda rasêksa adi | sêkar mayang dewadaru | gamêlan munyèng tawang | kêbo danu satus ingkang pancal panggung | kusir dewa patah dewa | myang pangarih widadari ||

10. apan dene marcapada | panggenane sadaya suranadi | sangking têmên-têmênipun | ari Nata Pandhawa | dènnya sami nglampahi karsa sang prabu | jinurung dening jawata | sadaya sagêd dhatêngi ||

11. tan wontên kirang satunggal | ingkang angèl satêmah dadya gampil | dhuh pukulun kakang prabu | sampun tuwan kakehan | andadoskên ing dêduka ingkang dudu | pangaduning kumadaka | Kurawa botên sayêkti ||

12. Sang Aprabu Baladewa | sru ngandika yayi prabu tan kêni | pan wus kêkudangan ingsun | sênadyan silih dewa | angundurna ingkang datan kêna mundur | lamun nora nuli prapta | Si Janaka ngarsa mami ||

13. iya amung rilanana | ingsun jujul marang sajroning puri | lamun ana kadangipun | kang murina tan lila | anglabuhi aja sira milu-milu | padha samêngko kewala | sabudine sun kêmbari ||

14. Wêrkudara duk miyarsa | nora tahan sêndhu dènnya nauri | hèh apa ta lingirèku | Baladewa bok aja | sakgon-ênggon muwus tan patut kawuwus | sira ratu pinituwa | măngsa wania wak mami ||

15. anglawan magsih satriya | dene praptaningsun ing Dwarawati | sarta lawan pakonipun | ingkang duwe nagara | amrih suka rukune sêsanak patut | ngumpulkên balung apisah | kabèh lan sakadang mami ||

16. nora bêbarang kêrêngan | mangko sira nguthik-uthik miwiti | angoyog-oyog wong ngantuk | gugah wong lagi nendra | têka nêdya bêbarang prang barang amuk | lah iya sakarêpira | sapakolèh sun ladèni ||

17. sri bupati ing Mandura | duk miyarsa kurdhanira tan sipi | kalih sarêng ngadêgipun | gapyuk candhak-cinandhak | corok caru arukêt kang ngadhêp mawut | Sang Aprabu Yudhisthira | lawan Prabu Arimurti ||

18. gondhèli samya ngrarêpa | kinipatkên kaplêsat tibèng têbih | kang aprang kalih wus riwud | tan kêna pinarpêkan | okol suku gêlud pulêtan apêluk | wus kuwêl datan kêna wal | kakah angungkih ingungkih ||

19. adêdrêg udrêg-udrêgan | kagulimpang kagulung ling-gumuling | bangsal palênggahan rubuh | kambah ramening aprang | pra santana para putra sêdhih dulu | Sămba Nangkula Sadewa | nangis samya kontrang-kantring ||

20. ya ta wau pagêlaran | pra dipati kagèt dènnya ningali | myarsa gumêrah prang pupuh | sarta lawan karuna | anggarjita Kurawa parêng dènnya byuk | miwah wadya ing Madura | wadya Pandhawa nadhahi ||

21. gugup datan antuk papan | kasalêpêg tumpuk tindhih-tinindhih | kang para prawira caruk | rukêt sêbrak-sinêbrak | samya tandhing lawan sandhingira lungguh | angsrang [ang...]

--- 91 ---

[...srang] sêdhèting warastra | kadya udan kilat thathit ||

22. arame samya prang-pinrang | kang sawênèh ulêng jênggid-jinênggid | saênggèn-ênggèn gumuruh | tumpuk sêbrak-sinêbrak | pra dipati sadaya awuru marus | uyêling pra rêbut papan | kapêpêt pipit-pinipit ||

23. prajurit wus kathah pêjah | pra dipati kathah kang nandhang kanin | mangkana ing sitiluhur | ingkang aprang sangsaya | rukêt kalih kaguling gantya kagulung | kalangan ulêng-ulêngan | putêran untir-inguntir ||

24. kadya cakraning gilingan | rame dêdêr-dinêdêr angidêri | wrêksa rug rêbah kabrubuh | bosah-basih balasah | Sang Prabu Patmanaba susah dulu[16] | mring kang aprang kalihira | mrêpêki asru turnèki ||

25. dhuh kakang prabu èngêta | yèn paduka wus tan kêna sinapih | sakarsa tuwan pukulun | ing alun-alun jêmbar | asri tutug ing aprang aliru pupuh | tur ta jêmbar kinarya prang | singa tiwasing ngajurit ||

26. tingkah paduka ayuda | langkung nistha kados dede narpati | ulêng lir maesa tumbuk | punika pagêlaran | pra dipati mulat pratingkah samya nut | worsuh patêmpuh ing aprang | wadya lit kathah ngêmasi ||

27. sangking botên antuk papan | kathah pêjah sami rowang pribadi | pra dipati kathah tatu | Sang Prabu Baladewa | lawan Wêrkudara lamat-lamat ngrungu | linge Prabu Patmanaba | èngêting tyas angunduri ||

43. Durma

1. uwal sarêng sumêbut kalih malumpat | marang ing păncaniti | nguwuh maring wadya | kang magsih rame aprang | miwah Prabu Arimurti | sampun utusan | anyapih kang ajurit ||

2. Sămba Wrêsniwira Nangkula Sadewa | miwah kang Bimasiwi | mudhun pagêlaran | anyapih marang bala | piyak kadya dèn saringi | bala Pandhawa | ngumpul mangetan sami ||

3. wadyabala Madura lan ing Ngastina | ngumpul mangilèn sami | ingkang nandhang brana | kinumpulakên samya | miwah ingkang angêmasi | wus ginotongan | mring wadya Dwarawati ||

4. ingkang samya kanin miwah ingkang pêjah | kinumpulakên sami | mring Patih Udawa | paseban kulon wetan | sadaya wus dèn tarubi | kang pra dipatya | tata barise malih ||

5. tan kêna wor ing sajuru-jurunira | sagung ingkang prajurit | kidul wringin kêmbar | badhe papaning aprang | sadaya wus dèn rêsiki | Sri Baladewa | pan sampun dèn saosi ||

6. palênggahan gêdhangkrang munggèng dhêdhampar | aglar kang pra dipati | tuwin pra santana | sadaya munggèng ngarsa | Alugora datan têbih | Patih Pragota | kang ngampil munggèng wuri ||

7. Wêrkudara ngadêg têkên gadanira | Gathutkaca tan têbih | munggèng ngarsa lawan | sagunging pra dipatya | wadyabala Dwarawati | wus kinèn misah | baris nèng păncaniti ||

8. sitibêntar Sang Aprabu Yudhisthira | lan Prabu Arimurti | Nangkula Sadewa | Sămba lan Wrêsniwira | tan têbih munggèng ngarsa ji | samya prayitna | wau ta kang ningali ||

9. Prabu Baladewa lawan Wêrkudara | wusira aso kalih | parêng dènnya nyandhak | ing gada Alugora | mangsah manêngah wus panggih | ayun-ayunan |

--- 92 ---

sêdhêng ingkang prang tandhing ||

10. sami dêdêg prakosa Sri Baladewa | pêthak Sang Sena kuning | sakêdhik kapara | agêng inggil Sang Bima | sarêng gumriyêng netrandik | Sri Baladewa | ganggas ing solah kêsit ||

11. ulat galak nanging kêncêngira samya | tandang sarêng dènnya mrih | ngabên-abên gada | kalawan Alugora | têmpuh ning kang mungêl gêni | kumantar-kantar | mumbul marang wiyati ||

12. gurnitaning swara kadya gêlap sasra | kaplêngên kang miyarsi | ilanging dahana | Sang Prabu Baladewa | nibani Lugora aglis | Sang Bima indha | malumpat angoncati ||

13. Alugora tuna tumibèng bantala | rug dhungkar bumi gonjing | Wêrkudara sigra | jangkah nibani gada | Sri Baladewa ngendhani | jangkah-jinangkah | ing dhêndha silih-ungkih ||

14. rame dêdêr-dinêdêr idêr-idêran | kobèt babit-binabit | tan ana kang cidra | kuwat awase samya | gantya jangkah anibani | samya indhanya | tan ana ingkang silib ||

15. ukêl tindak panduking kang Alugora | lan gada dènira mrih | mubêng liru papan | pur pupug barêng papag | papag-pinapag mupugi | kalih kuwatnya | ngêtog karosan sami ||

16. maras-maras wadya gung ingkang tumingal | solah-bawaning jurit | Prabu Baladewa | lan Arya Wêrkudara | tibane kang pupuh kalih | lir kadya bêlah | orêg kang bumi gonjing ||

17. gonjang-ganjing jingjang Sang Sri Ăntaboga | ing gung angganing wukir | sajêg durung mulat | ing prang kadya mangkana | alun-alun Dwarawati | lêdhok anjurang | kambah ramening jurit ||

18. lir kadhudhuk katiban ing Alugora | rug dhungkar ingkang bumi | lêbur mawalikan | balêdug ngampak-ampak | bayubajra andhatêngi | miwah Sang Bima | sindhung riwut gumêrit ||

19. dawa-dewa[17] prasamya manadudara[18] | ngudankên wangi-wangi | kombang lumrèng tawang | liwêran mamrih kêmbang | gumilir kadya anglilih | ngrapu ngrarêpa | mring kalih kang ajurit ||

20. cinarita apan kongsi tigang dina | ing sabên ari jurid | Prabu Baladewa | lan Arya Wêrkudara | lamun sayah mundur jurit | marang taratag | aso anginum sami ||

21. lamun sampun minum mangsah sarêng tandang | gêgaman dahat salin | mung gada Lugora | gantya nibani dhêndha | samya malumpat nguncati | tan ana tadhah | mangkana kang winarni ||

22. wêkasane aprang nganti tigang dina | sèlèh pêpukul sami | Prabu Baladewa | lan Arya Wêrkudara | gapyuking prang rukêt malih | candhak-cinandhak | dhupak-dhinupak sami ||

23. rame cêngkah-cinêngkah pokah-pinokah | kakahan silih-ungkih | Prabu Baladewa | asring kontal kasingsal | apan kantun agêng inggil | nanging kapara | kaduk wantêring jurit ||

24. duk samana sêdhêngnya dugang-dinugang | Sri Baladewa kêni | dinugang bruk rêbah | tangi paksa angrangsang | cinandhak sigra binanting | lajêng binuwang | kandhêg dhawah ing têbih ||

25. tangi ngunggut-unggut [ngunggu...]

--- 93 ---

[...t-unggut] langkung kurdhanira | ing prang nêdya mungkasi | amusthi Nênggala | pinusthi anèng ngasta | murup laraping jêmparing | asru sêsumbar | Bima mêngko dèn eling ||

26. tadhahana ing tibaning kang Nanggala | pamunahing sabumi | linêpaskên sigra | lumarap kadya kilat | Wêrkudara anadhahi | kantêp jajanya | niba gumuling siti ||

27. Baladewa mulat lamun Bima tiba | nyandhak Alugora glis | karsanya kang niba | dèn jur ing Alugora | sumêngkut mangsah mrih gitik | sêdhêng mèh prapta | ing gone kang gumuling ||

28. Gathutkaca nambêr sangking dirgantara | anjog sarwi ngêjlogi | jajane kang uwa | dèn dhupak sru kalênggak | kapagut ing suku kalih | niba kantaka | Gathutkaca nulya glis ||

29. ingkang rama binakta ing antariksa | Pragota aningali | gustine kantaka | mungsuhe wus tan ana | gupuh dènnya malajêngi | sagunging bala | sêdya mangsah ing jurid ||

30. pan kasaru wungu Prabu Baladewa | miwah kasaput wêngi | dadya mundur samya | kang nêdya mangsah yuda | sapih kasaput ing wêngi | wau ta ingkang | anèng wiyat lir pêksi ||

44. Dhandhanggula

1. Gathutkaca niyup mring sitinggil | ingkang rama pan magsih kantaka | sinèlèhakên ngarsane | Sri Patmanaba dulu | gupuh ngrangkul sarwi ngusapi | ing Wijayakusuma | gumregah gya wungu | bêkuh takèn mungsuhira | Prabu Patmanaba gumujêng sarywa ngling | lah ta wis aja aja ||

2. ambanjurkên kurdhanirèng jurit | wruhanira kakangmu Mandura | lamun wus mêtu budine | tan ana mungsuhipun | tri bawana sayêkti tapis | tan ana kêlar năngga | krodhaning prang pupuh | miwah sira Gathutkaca | nora kêlar nadhahi wakmu ing jurit | lamun magsih nênggala ||

3. ingsun dhewe kang golèkkên tandhing | padha kèria nèng sitibêntar | sarwi gumujêng dêlinge | maksih darbe wak ingsun | sêsimpênan jago prajurit | mung iku kêlar năngga | bobote prang pupuh | kakangamu ing Mandura | kang para ri tan ana kang graitani | lingnya Narendra Krêsna ||

4. nora nyana kang badhe tinandhing | ing prang lawan Prabu Baladewa | yèn Arjuna lan garwane | nyana lamun satuhu | anyimpêni prajurit luwih | Sang Prabu Patmanaba | umanjing kadhatun | wau ta ingkang winarna | kang kêkuwung nèng taman Banoncinawi | satriya Dananjaya ||

5. anutugi pamangunirèng sih | kasoking tyas sangking laminira | dènira nahên wirage | dèrèng kapadhan kayun | kèh pakewuh ngalang-alangi | lami saya kalingan | pêpalang lumintu | kalunta katula-tula | Dananjaya mèh lalu sangking panganti | panggihe lan kang garwa ||

6. mangkya ing tyasira lir punagi | marang garwa dahat ngêla-êla | kadya tan kêna sumèlèh | pamulêt ing tyas lulut | kumalata amagêrsari | manriwèng kêmbang-kêmbang | panjrah ing jinêm rum | mangudi ring găndawida | mangrurah ing rêratus jêbat kasturi | rarasing karasikan ||

7. datan wande malah angranuhi | pamilutanira jroning tilam | pamulêting

--- 94 ---

sih lulute | tan lilih malah luluh | ing pamunahirèng mêmanis | mangkana sakalihan | kang lagya sih lulut | lênggah soring nagapuspa | Sêmar Bagong Larasati lan Sulastri | tan têbih munggèng ngarsa ||

8. aglar parêkan lan para cèthi | Dananjaya dangu ramening prang | Larasati tur sêmbahe | tigang dintên pukulun | dèrèng wontên kasoring jurit | taksih rame kewala | dènnya silih pupuh | enjang kawula tumingal | ingkang aprang kasèlèh gêgaman sami | gada myang Alugora ||

9. pan amangun ing prang rukêt malih | rame samya rok silih prabawa | kalih sami prakosane | raka paduka prabu | ing Ngamarta myang Darawati | sungkawa dènnya larut | solahing prang pupuh | para putra pra santana || | pra dipati sadaya prasamya sêdhih | nyapih datan kawawa

10. de ta sampun riwuting ajurit | Dananjaya mèsêm angandika | apa kang dadi purwane | têka dadi prang pupuh | Rarasati matur wotsari | kawula amiyarsa | rawuhe pukulun | raka Paduka Mandura | anèng Dwarawati arsa angluwari | nênggih punaginira ||

11. kêkudanganira duk ing nguni | dhatêng rayi paduka sang rêtna | satunggal ingkang kasupèn | sintên-sintên pukulun | kang kuwawa ing prang nadhahi | tibaning Alugora | lan Nênggalanipun | sayêkti yèn jatukrama | inggih lawan rayi paduka jêng gusti | ing wau karsanira ||

12. paduka kang pinundhut [pinundhu...]

--- 95 ---

[...t] tumuli | dhatêngipun wontên sitibêntar | arsa dinadar lèlère | ing Alugoranipun | myang Nênggala tibanirèki | adrêng ing karsanira | tan kenging rinapu | raka Paduka Mamênang | ingkang malang dadya kabaranang runtik | gapyuk candhak-cinandhak ||

13. udrêg dêdrêg wontên ing sitinggil | bangsal rêbah taratag suh sirna | kandhih ing aprang rukête | raka paduka prabu | ing Ngamarta lan Dwarawati | gundhèli tan kawawa | nyapih karsanipun | kinipat sami kaplêsat | ngalun-alun sagunging para dipati | Kurawa lan Madura ||

14. pan sadaya sampun nandhang wangsit | amiyarsa rame sitibêntar | wus dugi ing prang dadose | ambyuk parêng anubruk | maring wadya Pandhawa sami | gugup para prawira | tan antuk gèn tumpuk | worsuh mungsuh lawan rowang | kathah pêjah lawan kathah ingkang kanin | dene sagête piyak ||

15. kandhih ingkang rukêt nèng sitinggil | mudhun marang alun-alun samya | wadya gung sapih yudane | punika purwanipun | Dananjaya duka tan sipi | ngungun èsmu rudita | mring kang raka prabu | Mandura ing karsanira | sangêt ewah ing budi sangêt nganyari | anut ing Kurawendra ||

16. ambêknya kang tuhu nguni-uni | galihnya wantah datan ngarenah | mangkya tan ana labête | nanging maksih sinamun | runtikira ing dalêm batin | tan kawistorèng netra | kang garwa tumungkul | merang salêbêting driya | marang kakung miyarsa karsanirèki |

--- 96 ---

ingkang raka Madura ||

17. Dananjaya uninga ing wadi | yèn kang garwa sungkawèsmu merang | myarsa kang raka karsane | sang dyah nulya rinangkul | gunging ngaras mawanti-wanti | dhuh nimas jiwaningwang | kang sawang sitèngsu | aywa sira rasa-rasa | ing karsane kang saru rakanirèki | Sri Bupati Madura ||

18. payo yayi padha dèn lakoni | lah ing êndi gon ingsun suminggah | lamun wus dadi karsane | mung sira mirah ingsun | aywa kongsi nahên prihatin | lêbura mor lan kisma | dèn atêmah bubuk | sarambut nora suminggah | ing karsane rakanira sri bupati | sun lakoni kewala ||

19. sang kusuma sêrêt turirèki | yèn makatên ing karsa paduka | lah dawêg pêthukna dhewe | yudane kakang prabu | lamun tuhu asih ing dasih | dene lamun paduka | kasambut prang pupuh | belamba botên sulaya | mring paduka sayêkti sami tumuli | kawula suduk jiwa ||

20. prasêtyamba mring paduka yêkti | datan asih ing kadang sikara | yèn paduka nutut bae | amung ngêsrahkên lampus | botên purun lumawan jurid | kawula lilanana | dhihini pukulun | ing samangke suduk jiwa | Dananjaya miyarsa kadya jinaid | garwa sinambut sigra ||

21. linênggahkên nèng pangkonirèki | sarwi liniling ingaras-aras | dhuh mirah jiwa ngong anggèr | sampun age anglampus | paranbaya solah ngong kèri | suka andhinginana | mirah dasihipun | aywa ta dadi tyasira | yèn sun timbang

--- 97 ---

kusuma warnanta gusti | lan boting Alugora ||

22. mung sadaya ing pangrasa mami | nanging ingsun mirah nora nêdya | yèn ngladènana yudane | rakanira sang prabu | sakarsane mring awak mami | sagung cèthi parêkan | samya suka dulu | mring gustine kalihira | pasamuwan siniwi ing para cèthi | dènira sih-sinihan ||

23. wus tan ana kang dèn kalingsêmi | dènira gung mangarasi garwa | liniling munggèng pangkone | Sêmar Bagong gumuyu | muwus marang Kèn Rarasati | saiki ingsun duga | yèn ana wong agung | giyuh ing galih kewuhan | lamun nora lumawana ing ajurid | kang garwa suduk jiwa ||

24. lumawana ing aprang sayêkti | mungsuh ipe tur kadang nak-sanak | pan durung kolu patine | marma amingak-minguk | sèwu ewuh lan sèwu sêdhih | gumêr sagung pawongan | kasaru kang rawuh | kang raka Sri Patmanaba | Dananjaya lan garwa kagyat ningali | gupuh dènnya tumêdhak ||

25. amêthukkên rawuhing raka ji | sampun tundhuk mêndhak munggèng ngarsa | nêmbah cinandhak astane | kinanthi kalihipun | binêkta mring madyèng botrawi | wus tata dènnya lênggah | Sang Parta tumungkul | lan kang garwa munggèng ngarsa | Nata Krêsna êtyarse tyas aningali | mring kang rayi kalihnya ||

26. sarwi gumujêng dènira angling | hèh kyaihe kaya paran sira | têka pijêr dhuwêl bae | apa ta nora ngrungu | têlung dina rame ajurit | ngalun-alun gêmpuran | têka [tê...]

--- 98 ---

[...ka] nora mungup | pan ing mêngko kakangira | ing Mamênang yayi wus kasor ing jurit | katiban hru Nênggala ||

27. nora pasah nanging jro kang kanin | pan mèh bae pinindho Lugora | Si Gathutkaca rikate | rinêbut sangking luhur | pan ginawa mring ngarsa mami | maksih bangêt kantaka | anèng sitiluhur | kakangamu ing Madura | ing krodhane wus tan kêna dèn sayuti | kaya-kaya wus tega ||

28. iya marang patinira yayi | kêna kamadaning Kurawa[19] | Patih Sangkuni bisane | dènnya karya piadul | pan ing mêngko kakangira ji | Madura datan liyan | mung sira jinaluk | praptane nèng ngarsanira | pan kinarya angluwari pasanggiri | kang kari kudangannya ||

29. lamun sira kêlar anadhahi | ing tibane nênggala lugora | sayêkti tulus kaipe | marang ing raganingsun | lamun nora kêlar nadhahi | sayêkti wurung krama | sida dadi bubuk | lah iku sira piliha | apa pasrah garwa apa anadhahi | Nanggala Alugora ||

30. Dananjaya umatur wotsari | pan kawula pukulun sumăngga | ing sakarsa paduka ngrèh | lumampah ing satuduh | lêbur kawor kalawan siti | sarambut tan suminggah | gumujêng sang prabu | sarywa ris dènnya ngandika | lah wis aja yayi lumawan ing jurit | bêcik padha mijila ||

45. Mijil

1. lumakua ing sawêngi iki | marêka karongron | marang kakangira

--- 99 ---

Madurane | padha ngêsrahêna pati urib | lan garwanirèki | ngrungkêbana suku ||

2. aywa sira age mêntas yayi | têka pada karo | lamun durung lilih ing dukane | tangisana lan garwanirèki | kakangira aji | Madura yèn dulu ||

3. iya marang ing sira pribadi | marêk sakarongron | miwah lamun amiyarsa dhewe | marang tangise garwanirèki | sapiraa yayi | ing karodhanipun ||

4. sayêkti yèn pêpês tanpa budi | larut ing tyas lorot | maring sira kabèh dêdukane | apa sira yayi dadak pangling | watakane nguni | kakangira prabu ||

5. lah wis yayi mangkata dèn aglis | aywa ta kadangon | langkung awrat sang dyah ing batine | nanging kapêksa jrih ing raka ji | dadya nuting laki | nêmbah parêng mundur ||

6. mung Sulastri lawan Larasati | miwah Sêmar Bagong | kang umiring marang ing gustine | pêjah gêsang datan kêna kering | parêkan myang cèthi | sadaya pan kantun ||

7. sapraptane jawi tamansari | kang garwa pinondhong | manjing barisan ing Madurane | datan ana wadya kang udani | wau kang winarni | nênggih sang aprabu ||

8. ing Madura pan magsih alinggih | madyaning pakuwon | Pragota lan Prabawa jajare | ingkang tansah munggèng ngarsa aji | aglar para mantri | sangandhap têtarub ||

9. miwah sagung kang para prajurit | sadaya mirantos | datan têbih lawan gêgamane | mulat lamun gustinira

--- 100 ---

maksih | krodhaning ajurit | muka sumung-sumung ||

10. jajanya kang kadya wora-wari | riwenya drês miyos | netra ringas galak pasuryane | anggung kumêjot padoning lathi | Alugora maksih | sinandhing alungguh ||

11. sri bupati angandika aris | Pragota sira non | sapa ngrêbut Si Bima rubuhe | arsa guntur Alugora mami | nulya anjog sangking | ngawiyat anubruk ||

12. sarwi dhupak sru ing jaja mami | sumaput kang panon | sapiraa tyas ingsun cuwane | dene dadak nambuhi ing jurit | Pragota wotsari | sangking doh kadulu ||

13. putra paduka ing Pringgadani | sangking wiyat anjog | Prabu Baladewa sru dêlinge | lah ta iya antinên jing-enjing | rasaning tyas mami | tibane takamu ||

14. sesuk padha miyata wiyati | lamun ana katon | nadyan luhur mega panggonane | sun tibanane Nanggala mami | pêpedhêp si anjing | ing prang sok anamur ||

15. besuk-esuk Pragota yèn maksih | yayi prabu wangkot | Si Janaka sun jaluk tan awèh | sun antêpi Alugora mami | maksa dèn kukuhi | Pragota ywa tanggung ||

16. ênggon ingsun angantêp ing jurid | tan wruh kadang ingong | kudu asih marang Pandhawane | kabèh wadyabala Dwarawati | yèn kontaping jurit | gêmpurên ing sesuk ||

17. Kurawa

--- 101 ---

[...dèn] samêkti kang enjing | sun nêdya rarêmpon | kyana patih sandika ature | dhu pukul amba tur udani[20] | kalawingi ratri | dasih ta pukulun ||

18. pun Udawa angintuni wangsit | wêwadosing klakon | yèn Kurawa tan tuhu ature | ngabên binegal anèng wanadri | mring wong Pringgadani | angrêbat andaru ||

19. lawan arinta ing Jodhipati | Kurawa agoroh | ingkang begal apan ta dhèwèke | kamuk dening danu bosah-basih | sang prabu ngling wêngis | buh aja kawuwus ||

20. goroh têmên wus nora sun pikir | samêngko kang katon | mung Si Sena tyas ingsun cuwani | Si Janaka lan Si Bimasiwi | yèn durung sun pusthi | katri ngastaningsun ||

21. durung lêga rasaning tyas mami | suka matia wor | lan Pandhawa besuk-esuk bae | yèn ajaa angeman sun iki | maring wadya mami | prang wêngi yèn worsuh ||

22. sayêktine yèn sawêngi iki | sun gawe rarêmpon | sun tumpêse saanane kabèh | Patih Pragota tumungkul ajrih | myat dukaning gusti | tingalnya kumukus ||

23. dèrèng dugi ngandika sang aji | kagyat kang dumrojog | Dananjaya kalawan garwane | lajêng nungkêmi padane kalih | ngungun ingkang sami | munggèng ngarsanipun ||

24. Pragota lan Prabawa ningali | andongo malompong | mulat ingkang [ing...]

--- 102 ---

[...kang] karongron kalihe | dene mangke mêntas dèn raosi | ingajab tan sipi | Parta praptanipun ||

25. mangkya têmah aprapta pribadi | sarta sakarongron | sangêt maras Pragota batine | bokmanawi gustinira maksih | mring Radyan Pamadi | nênggih krodhanipun ||

26. ya ta wau kang nungkêmi kalih | waspanya drês miyos | sang kusuma wor tangis ature | dhuh pukulun kakang prabu aglis | pêjahana mami | yèn paduka sampun ||

27. lalu bosên mulat kadang èstri | gung dadi lêlakon | dahat papa druhaka lamine | urip datan sasamèng dumadi | andina gung dadi | dêdalaning dudu ||

28. rare praptèng diwasa tan mari | lêng tumêkèng layon | pangêluke nguni sabên êlèk | maksih cilik gung dèn ulik-ulik | mopo dèn salênthik | suthik gung dèn thuthuk ||

29. durung panggih gung dèn ungkih-ungkih | tan kêna tyas bakoh | yèn ajaa kukuhan wus kongkèh | praptaning don wus kalakon panggih | têmahane manggih | bêbaya binubuh ||

30. ubayane têka bêbayani | pakewuhe uwoh | sapa bisa nglakoni karsane | lêng pêpêtên cupêtên tumuli | raganingsun iki | ywa awèt tumuwuh ||

31. sang aprabu tyasnya lir jinait | ing atur mlasayon | sirna kadya sinapon dukane | karasèng tyas duk ing nguni-uni [nguni-u...]

--- 103 ---

[...ni] | Rahadyan Pamadi | kathah dananipun ||

46. Asmaradana

1. lawan ature Ki Patih | Pragota ingkang ginagas | Kurawa èstu cidrane | nora tuhu aturira | rumăngsa kang sarira | kagagas ing krodhanipun | mring ari Nata Pandhawa ||

2. nora nganggo dèn saringi | Kurawa wêwadulira | pantês tuhu lan dorane | nanging maksih netyanira | sinamun tan katara | yèn wus lilih dukanipun | kadya maksih dukanira ||

3. asirung sêrêng dènnya ngling | garab sarwi gigit waja | iki katêkan tyas ingong | dene wus sun ajap-ajap | Janaka praptanira | nora susah ingsun jujul | mangrurah sajroning pura ||

4. tibane Lugora mami | maring sira dumadakan | munyuk-munyuk mara dhewe | hèh Pragota parènèkna | yèku Lugoraningwang | iki sun dadèkne bubuk | aywa wèt kadêlêng netra ||

5. sang kusuma miyarsa jrit | gapyuk angrangkul ing priya | sinungkêman pungkurane | sarywa sru dènnya karuna | dawêg kakang dèn enggal | jurên sarêng lawan ingsun | ywa kongsi salaya dina ||

6. dene ta kapati-pati | kakang prabu dukanira | wong iki apa dosane | arsa dèn jur Alugora | dene pundhutan dika | sadaya tinêkan sampun | tan wontên kira[21] satunggal ||

7. punapa dosane naming | dumèh dhaup lan [la...]

--- 104 ---

[...n] kawula | dèn patènana bênêre | inggih kawula kewala | ingkang adamêl dosa | dene kula dadak purun | nglakoni kudangan dika ||

8. miwah kudanganirèki | jêng rama ibu kang swarga | pinacang sangkaning rare | kongsi praptaning diwasa | dhèwèke sok amêksa | dèn lakoni dadi luput | lah ta dawêg patènana ||

9. kula andhêmi pribadi | jurên Alugora dika | sampun anggêgawa akèh | wong puniki botên dosa | kakang prabu mring dika | jurên dèn atêmah bubuk | inggih kawula kewala ||

10. Larasati lan Sulastri | nèng ngarsa sarwi karuna | Sêmar Bagong anggêlolo | Pragota lawan Prabawa | lan samya akaruna | kadya sinêndhal tyasipun | sri bupati ing Madura ||

11. miyarsa sambating rayi | kalihnya sinambut sigra | linênggahkên nèng pangkone | Arjuna nèng pupu kanan | Sumbadra pupu kiwa | ingarasan kalihipun | gumujêng sarwi ngandika ||

12. dadi sira dhêmên yayi | iya marang Si Janaka | dene kapati tan awèh | ingsun jur lan Alugora | matura kang prasaja | sang rêtna nêmbah tumungkul | mung mêsakakên kewala ||

13. sang prabu jumênêng bêlik | sarywa sru dènnya ngandika | hèh Janaka kaya priye | apa dhêmên ariningwang | Arjuna matur nêmbah | pan inggih rêmên pukulun | inggih asih

--- 105 ---

inggih trisna ||

14. latah-latah sri bupati | hèh Pragota lan Prabawa | sawangên gustimu kuwe | apa pantês apa ora | gusti karone pisan | lungguh anèng pangkon ingsun | Pragota matur anêmbah ||

15. sarwi gumujêng turnèki | gusti langkung pantêsira | rayi paduka kalihe | wontên ing pangkon paduka | pangantèn kêkalihnya | tuhu kalihe piturun | sangking ngendra ngariloka ||

16. langkung suka sri bupati | Pragota ingsun têtanya | marang gustinira kiye | dene duk maksih lalêgan | rare praptèng diwasa | nora bisa acalathu | anjaba guyu karuna ||

17. mêngko wus kalakon laki | bojone arsa sun lunas | sambate kaya cêthèthèt | nora kêna sinêlanan | clathune cara Cina | cikowa ya kaping têlu | sun tan bisa mangsulana ||

18. basa wus mênêng anangis | pulih antênging riningwang | mêlasarsa pasêmone | ngrêrêntih dènnya ngêngarah | tan samar Alugora | sangking trêsnane mring kakung | bêgjane kang duwe krama ||

19. Larasati lan Sulastri | tumungkul gumuyu samya | mulat marang ing gustine | Sêmar Bagong cikrak-cikrak | gumuyu latah-latah | dukanira sang aprabu | yèn mangkono dadinira ||

20. sang prabu ngandika aris | lah ta wis sira muliha | matura ing yayi katong | yèn wus lilih kurdhaningwang | yèn suwe nora

--- 106 ---

prapta | sayêkti yèn yayi prabu | bangêt gonira rudita ||

21. karsa sumêlanging ati | ingsun nusul benjang-enjang | sang rêtna aris ature | kawula sangêt lênggana | yèn tan sarêng paduka | suka gumujêng sang prabu | bocah iki maksih maras ||

22. ya payo barêng lan mami | hèh Pragota undhangana | kancamu Madura kabèh | ngumpula bala Pandhawa | aja sira wêwarta | marang wong Ngastina iku | dimène kagèt kewala ||

23. nêmbah sandika ki patih | sang prabu sigra tumêdhak | kang rayi kalih pinondhong | datan sinungan lumampah | suka kang sami mulat | Ki Patih Prabawa sampun | budhalakên barisira ||

24. ngumpul ngetan dadi siji | sagunging wadya Kurawa | dupi amiyarsa gègèr | gugup samya guthetheran | budhal tunjang-tinunjang | lumayu arêbut dhucung | nanging lêstari kewala ||

25. tan ana ingkang dahwèni | mangkana Sri Patmanaba | lan kang rayi Ngamartane | mêthuk têpining taratag | myang sagung para putra | Prabu Baladewa dulu | sigra kang anèng êmbanan ||

26. kalih sinèlèhkên ririh | kinanthi astane samya | suka kang tumingal kabèh | Sang Aprabu Patmanaba | lan Prabu Yudhisthira | sarwi mèsêm tundhukipun | ngrêrêpa ngaturi samya ||

27. lajêng tumamèng jro puri | sigra sarêng lampahira | samya kêkanthèn astane [a...]

--- 107 ---

[...stane] | pramèswari mêthuk samya | mring raka Sri Madura | sadaya angraup suku | langkung sami sukanira ||

28. sinungsung sukaning galih | sri bupati ing Madura | mring para ri sadayane | karamèn sajroning pura | siyang dalu drawina | ingkang raka datan sinung | sare nèng pakuwonira ||

29. saingga dèrèng punagi | kang para ari sadaya | dènnya ngladosi karsane | mring kang raka ing Madura | sinungsung sasukanya | miwah ing jawi gumuruh | wadyabala ing Madura ||

30. miwah wadya Dwarawati | wadyabala ing Ngamarta | pra dipati sadayane | samya suka-parisuka | mantri tampingan prapta | sangking lèr lan sangking kidul | prasamya atur uninga ||

31. yèn wontên dêdamêl prapti | kang sangking kidul barisnya | yagsendra Garbarucine | nama Prabu Sindhurgarba[22] | tanpa wilis wadyanya | nguni kang sung surat katur | baris sakiduling kitha ||

32. ingkang sangking lèr nagari | Sang Aprabu Kaladênta | kadya samodra wadyane | narpati ing Ngambarmuka | inggih ratu kang samya | atur nawala rumuhun | baris pajêg lèring kitha ||

33. mèsêm Prabu Arimurti | umatur maring kang raka | Sri Baladewa nulya ge | animbali pra santana | myang sagung para putra | pra dipati sadaya wus | mring pura anêmbang Durma ||

47. Durma

1. Prabu Baladewa Prabu Patmanaba | myang Yudhisthira aji | Arya Wêrkudara | munggèng keringing raka |

--- 108 ---

Nangkula Sadewa ngarsi | Sêtyaki Sămba | miwah Sang Bimasiwi ||

2. Pragota lan Udawa miwah Prabawa | sampun munggèng ngarsa ji | myang Andakawana | pêpatihing Ngamarta | pêpatihing Jodhipati | Baratkatiga | aglar munggèng ngarsa ji ||

3. Patih Madukara Rahadèn Sucitra | putra ing Rajapêthi | Prabu Baladewa | asru dènnya ngandika | yayi Prabu Arimurti | paran karsanta | warnaro mungsuh iki ||

4. ingkang kidul ditya ingkang lor manungsa | Sang Prabu Arimurti | alon aturira | sumăngga ing paduka | Sri Baladewa sru angling | hèh Wêrkudara | sira ingsun bubuhi ||

5. mungsuh ditya iya lan Si Gathutkaca | mungsuh ingkang lor mami | lan Si Wrêsniwira | yayi prabu kalihnya | dèn enak anèng jro puri | lan pangantènnya | aja mèlu ajurit ||

6. ingsun dhewe lan Si Arya Wêrkudara | kaya-kaya nguwisi | Nêngkula Sadewa | Sămba padha kèria | atunggua yayi aji | anèng jro pura | Wêrkudara sru angling ||

7. yèn mangkono payo aja kêlayatan | budhal sadina iki | Prabu Baladewa | dhawuh nêmbang têngara | Pragota lan Prabawa glis | lan Wrêsniwira | myang sagung pra dipati ||

8. mêdal jawi prasamya anata bala | miwah Sang Bimasiwi | wus samya samêkta | Sang Prabu Baladewa | lan Arya Sena wus mijil | sangking jro pura | obah sagunging baris ||

--- 109 ---

9. sarêng nêmbang têngara sarêng bidhalnya | wong agung Jodhipati | lan Dyan Gathutkaca | ngidul sabalanira | gumêrgut lampahe baris | Sri Baladewa | lawan Arya Sêtyaki ||

10. bidhal ngalèr lan sawadyabalanira | wau ta kang winarni | Arya Wêrkudara | kang ngidul lampahira | lan kang putra Pringgodani | lampahe prapta | barisan Garbaruci ||

11. gunging ditya saengga samodra bêna | balabar tanpa têpi | Radyan Wêrkudara | asru ngandikèng putra | hèh Gathutkaca dèn aglis | sabalanira | ing prang nacaka dhihin ||

12. padha buta sun tontone yudanira | akèh mungsuhirèki | lawan balanira | tikêl sapuluh ana | dèn prayitna ing ajurit | mêngko yèn sayah | kulub ingsun gêntèni ||

13. Gathutkaca tur sêmbah sigra umangsah | sabalane tan kèri | nunjang ing ayuda | gustine munggèng ngarsa | tadhah ditya Garbaruci | kucêling aprang | rame rog silih ukih ||

14. samya ditya caruk rog cakra candrasa | nanggala palu piling | musala lugora | limpung lori trisula | dhêndha bindi gada gandhi | campuh ubêkan | wil bala Pringgadani ||

15. namung kalih èwu nanging pêpilihan | gagalan wus ingulig | marang gustinira | samya têguh wêntala | tandhing jitus datan bali | rampak angidak | mungsuh ambyuk ngêbyuki ||

16. Gathutkaca tinut ing wadya

--- 110 ---

pamuknya | gumulung anggulungi | rongèwu gagalan | tan kêna tinanggulang | kadya latu banjir wukir | angrog rumujak | jujur banjuring jurit ||

17. lir bangawan anjog sawangan samodra | kras bantêr ingkang warih | nusuping ayuda | wil Garbaruci pindha | samodra rob angêrobi | rumêbut ing prang | kanan kering ngêrobi ||

18. Wêrkudara mulat yudane kang putra | langkung sukaning galih | mung rongèwu ditya | mungsuhe lir samodra | kinêmbulan ing ajurit | datan rinasa | ngamuk nêngah mangungkih ||

19. ingkang panggah-panggah rubuh kasulayah | balasah bosah-basih | mungsuh kang kaarsa | pirang atus suh sirna | tan rinasa wuri maksih | timbun matambah | ambyuk parêng ngêbyuki ||

20. Wêrkudara angguguk gêgujêngira | têkên gadanirèki | lan sawadyanira | sadaya têkên gada | dhêdhêg dèrèng dèn lilani | têtulung ing prang | wusnya dangu sru angling ||

21. lah ta payo iyèki sêdhênge bocah | têtulung ing ajurit | iya gustinira | sabalane mèh sayah | wus akèh dènnya mêmati | kaya yèn nora | katawur ing ajurit ||

22. buta Pringgadani rongèwu katara | busana sarwa rukmi | rongèwu pinadha | saparane katara | sandika ature sami | parêng umangsah | numbuk nunjang ing jurit ||

23. Wêrkudara mangambul panggadanira [pangga...]

--- 111 ---

[...danira] | sawadyanira sami | kadya mong sayuta | galak tumon mêmangsan | kang kaparak tumpês tapis | dening Sang Sena | balanya golong pipit ||

24. tanpa rungyan panggroning ditya kabranan | bruk tibaning kang bindi | gêpruking Lugora | lir giri gara-gara | gora rèh kagiri-giri | goraning swara | gumuruh gêgirisi ||

25. kunêng ingkang rame prang sakidul kitha | wong agung Jodhipati | lawan ingkang putra | Rahadèn Gathutkaca | mêngsah ditya Garbaruci | gantya kocapa | kang marang lèr nagari ||

26. Prabu Baladewa lawan Wrêsniwira | sawadyane wus prapti | gèn barisanira | Sang Prabu Ngambarmuka | lajêng campuh ing ajurit | Sri Baladewa | ngungkurkên pra dipati ||

48. Pangkur

1. lajêng ngawaki kewala | ngikal Alugora munggèng ing èsthi | puspadênta wuru ngamuk | Pragota lan Prabawa | parêng ambyuk prajurit Madura amung | kalih èwu kang binakta | marang nagri Dwarawati ||

2. nanging samya pêpilihan | dene wadyanira kang pra dipati | myang pêpatih kalihipun | kalih èwu sadaya | têtêp wadya Madura mung kawan èwu | dene Radèn Wrêsniwira | mung nganthi sèwu prajurit ||

3. parêng nunjang ing ayuda | wadyabala Ngambarmuka nadhahi | panggih samya suranipun | prajurit Ngambarmuka | anèng sabrang [sa...]

--- 112 ---

[...brang] sabên prang asoroh amuk | tate tinandhing sumêngka | pan ing mangke angêrobi ||

4. marma dak nêdya angidak | lêlêsing prang wasana dèn dhingini | nêdya muk wêkasan kamuk | rame ulêng-ulêngan | silih palu nanggala trisula limpung | caruk rog cakra candrasa | papagên gada lan bindi ||

5. ukêl samoga lugora | ulêng piling dêdêran pogar lori | kèh prawira liru têmbung | rame rêmak-rinêmak | tan bukti nuk papagan pupuh-pinupuh | ana kang buwang gêgaman | carub rukêt ing ajurit ||

6. kakahan pokah-pinokah | okol cêngkah bakuh ungkih-ingungkih | dugangan dêkung-dinêkung | ana sêndhal-sinêndhal | rame gêlut pulêtan pêluk-pinêluk | sepakan dhupak-dhinupak | ana kang banting-binanting ||

7. Sang Aprabu Baladewa | pamukira anut bêdhating èsthi | puspadênta ngêbyak-ngêbyuk | akèh prawira rêbah | kèlês tinut ing alugora jur-mumur | Pragota lawan Prabawa | kalih samya ngundha bindi ||

8. nèng ngarsane gustinira | mobat-mabit ngiwut amêmatèni | myang sagung punggawanipun | Madura anglir singa | pan sayuta mong sapangamuke liwung | miwah Arya Wrêsniwira | pangamuke golong tapis ||

9. lan sèwu prajuritira | ingkang ngarsa mungsuhe tumpês tapis | kang panggah-panggah kabrubuh | bosah-basih balasah | gègèr

--- 113 ---

bala Ngambarmuka aprang ngêlun | kalunglun kang pra dipatya | bênggange mêngsahirèki ||

10. mangkana duk ratu priksa | Prabu Kaladênta krodha tan sipi | dene wadyanya kèh lampus | mundur kèdêging aprang | pra dipati kalunglun ing bala ngêlun | kamuking mungsuh katingal | lir mong sayuta mrih daging ||

11. jujur banjur ing ayuda | sang aprabu krodha ngawaki jurid | nrêgagên dipangganipun | apan pun kalawrêga | dhase putih rong dipăngga agêngipun | sami lan pun puspadênta | samyambêg idhêp ing jurid ||

12. kang nitih dhapur sêmbada | ngikal limpung ngarab-arab ngajrihi | gumêrdêg pangayapipun | prajurit jro sadaya | kalih èwu andêling prang kinarya muk | sakawan punggawanira | gangsal lan rêkyana patih ||

13. sabalane dèrèng aprang | pan rumêksa anèng wurining gusti | pangayape kawan èwu | para mantri prawira | Kyana Patih Kaladaru duk andulu | miwah punggawa sakawan | gustine ngawaki jurid ||

14. gugup parêng dènnya mangsah | saha bala kumrubut rêbut dhingin | ingkang wus lumajêng wau | sadaya wangsul samya | nêmpuh ing prang anglancangi gustinipun | wadyabala ing Madura | lan Dwarawati nadhahi ||

15. bangun malih kang ayuda | pra dipati samya ngantêping jurit | luwih sangking kang wus wau | ramening

--- 114 ---

prang ubêkan | ingkang para prawira awuru marus | ana kang gada-ginada | sawênèh bindi-binindi ||

16. ana kang dhêndha-dhinêndha | kang sawênèh sami gandhi-ginandhi | ana kang limpung-linimpung | badhama-binadhama | kang sawênèh cakra-cinakra macaruk | rog lan nanggala trisula | palu-pinalu mapiling ||

17. tan wus ramening ayuda | mungsuh rowang sampun kathah ngêmasi | Kyana Patih Kaladaru | wus aprang lan Pragota | lawan dêdêr-dinêdêr pinidêr pupuh | Pragota sor titihing prang | kontal binabit ing bindi ||

18. kantaka gumuling kisma | Wrêsniwira kagyat mulat nulya glis | malumpat sarwi amupuh | Kaladaru katiban | ing gada gêng angganira rêmak-rêmpu | Prabu Kaladênta mulat | pêjahe rêkyana patih ||

19. krodha mêlak dipangganya | Wrêsniwira mangsah amrih anggitik | pinapag sinawat limpung | katut têbih tibanya | mung sakêdhap sumaput anulya wungu | krodha nyandhak gadanira | arsa wangsul dèn cêgati ||

20. mring kang raka ing Mandura | sru dènnya ngling yayi lèrèna dhingin | pan iku dudu tandhingmu | mungsuh ratu ing sabrang | sêdhêng ingsun dhewe tandhinge prang pupuh | sigra Prabu Baladewa | mêlak dipăngga mêrpêgi ||

21. wus panggih ayun-ayunan | notèng sabrang lan Baladewa aji | samya munggèng dipăngga gung |

--- 115 ---

samya dêdêg parusa | amung sanès ulêse kang aprang pupuh | Sri Bupati Ngambarmuka | ulês cêmêng lir minangsi ||

22. lawan dipăngga dhas pêthak | Prabu Baladewa ulêse putih | putih sadipangganipun | sagunging pra dipatya | mungsuh rowang kang maksih rame prang pupuh | lor kidul myang kulon wetan | kèndêl parlu aningali ||

23. ing yudane gustinira | piyak sapih sagunging pra dipati | dhasar sangêt sayahipun | tata malih barisnya | kapang kêpung nèng wuri prayitnèng kewuh | wau kang ayun-ayunan | Sri Kaladênta sru angling ||

24. hèh mungsuh sapa ranira | kulit putih anitih gajah putih | dhapurmu galak apatut | ratu apa punggawa | angakua mumpung sira dèrèng lampus | aja mati tanpa aran | Baladewa anauri ||

25. mungsuh aywa tambuh sira | yèngsun ratu Madura kang bêbisik | Sri Baladewa dibya nung | lah sira iku sapa | kulit irêng dhapurmu gagah apatut | aja mati tanpa aran | nunggang gajah dhase putih ||

26. Kaladênta duk miyarsa | kurdha mêmpêng asru dènnya nauri | kèh kalingane sirèku | ratune wong Mandura | ingkang nampik ing nguni panglamar ingsun | ingkang sira ajap-ajap | ya iki warnanirèki ||

27. ratu gung ing Ngambarmuka | Prabu Kaladênta Narendra luwih | măndra prakosa dibya nung | ...[23] | iya dhasar ingsun [ing...]

--- 116 ---

[...sun] ajap | tan nêdya ngunduri jurid ||

49. Durma

1. pan wus sêdhêng têtandhingan ing ajurid | sira kalawan mami | tan ana kuciwa | padha ratu gagala | aja sira angoncati | aprang lan ingwang | dèn padha ngungsi pati ||

2. Prabu Kaladênta sugal wuwusira | lah iya payo bêcik | kaya nora cuwa | sira prang lawan ingwang | sigra wau ngêtab kalih | titihanira | gapyuk têmpuh kang èsthi ||

3. adu kumba ngêprèt talalènya samya | gadhing sakawan sami | ngarêp ingandhêman | kuwêl nora kêna wal | gadhing-ginadhing nguwati | udrêg-udrêgan | prayitna kang anitih ||

4. langkung rame kalih kang samya ayuda | munggèng luhuring èsthi | samya parigêlnya | èsthi samya anjilma | wus tate ginawa jurit | ngêlar jajahan | dipăngga graitani ||

5. tan kêna sah lamun aprang sri narendra | anitih wau èsthi | marma tingkahing prang | tan pae lan manungsa | dènnya sami silih ukih | angkah-angkahan | kalih bakuh tan kongkih ||

6. udrêg dêdrêg mubêng kobêng liru papan | dêdêr-dinêdêr sami | rog măndra putêran | kang nitih kalihira | pupuh-pinupuh têmpuhning | gada lugora | pur pupug papag sami ||

7. mijil agni swaranya lir gêlap sasra | kapilêng kang miyarsi | dipăngga kawratan | kapadal ing panunggang | kalih dhêkêm [dhê...]

--- 117 ---

[...kêm] prasamya jrit | maksih dèrèng wal | anggung gulêt lir kancing ||

8. maksih pêluk têlale kuwêl pulêtan | myang wau kang anitih | dèrèng sami ewah | nèng luhuring dipăngga | Sri Baladewa sru angling | hèh Kaladênta | lah payo lèrèn dhingin ||

9. mêngko yèn wus lèrèn padha mari sayah | iya lêkas prang malih | lawan iki gajah | dhêmên wis bangêt sayah | lan gajahira dhas putih | arane sapa | pangidhêpe lir janmi ||

10. lan gêdhene wus padha lan gajah ingwang | mung kacèk ulês putih | pakanane apa | miwah inumanira | Kaladênta anauri | si kalaboga | arane gajah mami ||

11. pakanane sêga wuduk sabên dina | tadhahe sun pancèni | têlung puluh bodhag | jênèwêre inumnya | patang kèlèr sabên ari | Sri Baladewa | gumujêng dènira ngling ||

12. nora pira lamun mangkono kewala | apan durung madhani | lawan gajah ingwang | sadina sèkêt bodhag | tadhah sêga kabuli[24] | inumanira | sabên dina branduwin ||

13. banon kèdhêr limalas dhacin sadina | sigra barêng ngabani | myang dipangganira | anggro sarêng adêgnya | dêdrêg udrêg silih-ungkih | okol-ingokol | dhosok-dhinosok kapti ||

14. ingkang nitih prasamya dhêndha-dhinêndha | dhêdhêr-dhinêdhêr sami | ing gada lugora | pur pupug tan tumama | binuwang parêng dènnya mrih | candhak-cinandhak | rame tarik-tinarik [tarik-tina...]

--- 118 ---

[...rik] ||

15. sami kuwatira sami prakoswanya | eram kang aningali | Prabu Baladewa | sinêndhal mèh kasêndhal | sangking dipangganirèki | nulya aniba | Sri Kaladênta kêni ||

16. ginèyèting nanggala jangganya pagas | parêng lawan tibaning | dipangganya nglumba | dhinupak dhase pêcah | gumêbrug tibaning siti | kagyat balanya | mulat ratunirèki ||

17. pêjah parêng lan tibane gajahira | prajurit para mantri | myang para dipatya | sakantune palastra | sadaya nêdya belani | mring gustinira | parêng ambyuk ngêbyuki ||

18. angarubut marang Prabu Baladewa | katadhahan ing èsthi | puspadênta mêta | sigra Patih Pragota | lawan Rahadyan Sêtyaki | sabalanira | anangkêp sangking wuri ||

19. têtumpêsan wadyabala Ngambarmuka | katutuping ajurit | tanpa kiwuling prang | pra dipati tumpêsan | prajurit myang para mantri | gêmpang suh sirna | siji tan ana kari ||

20. ingkang kantun mung wadya-wadyaning bala | lumayu rêbut urip | mawur asar-saran | wadyabala Mandura | miwah wadya Dwarawati | wus ingawêran | tan ana ingkang ngungsir ||

21. kèndêl Prabu Baladewa asêseban | nacahakên prajurit | satus pitung dasa | kang pêjah ing ayuda | wolung dasa ingkang kanin | punggawanira | kalih ingkang ngêmasi ||

22. ingkang nandhang tatu punggawa têtiga | mantri jro kang ngêmasi | ing prang kalih dasa | sêlawe [sêla...]

--- 119 ---

[...we] nandhang brana | wadyaning pêpatih kalih | lan pra dipatya | kang pêjah ing ajurit ||

24. tigang atus ingkang kanin tiga bêlah | prajurit Dwarawati | salawe kang pêjah | sêlawe nandhang brana | mungsuhira tanpa wilis | kêthèn alêgsan | ingkang pêjah ing jurit ||

25. Prabu Baladewa langkung sukanira | têngara budhal aglis | sangking rananggana | wangsul manjing jro kitha | kunêng wau kang winarni | kang maksih aprang | wong agung Jodhipati ||

26. nèng sakidul kitha lawan ingkang putra | satriya Pringgadani | sawadya balanya | prang ngamuk tigang dina | mungsuh Ditya Garbaruci | ngêrobi ing prang | angêbyuki pêpati ||

27. tan wus lamun winuwus lamining aprang | praptaning tigang ari | prang wêkasanira | Sang Prabu Sindhunggarba | sampun pêjah ing ajurit | Sang Aryasena | ingkang mawarsèng bindi ||

28. miwah Patih Amonggarba wus palastra | pêdhot gulu pinuntir | dening Senaputra | pra dipati tumpêsan | kang kantun giris ningali | mawur sar-saran | lumayu rêbut urip ||

29. tuhu lamun winongwong dening jawata | Wêrkudara ing jurid | miwah ingkang putra | Rahadyan Gathutkaca | de boting prang pirang kêthi | mung têlung dina | mungsuhe tumpês tapis ||

30. wadyanira Pringgadani lan Mamênang | tan ana kang ngêmasi | mung kathah kabranan | datan ana pramana | kang tatu sadaya maksih | kuwawi bêkta |

--- 120 ---

gêgamaning ajurit ||

31. mundur sangking pambaratan saha bala | wong agung Jodhipati | lawan ingkang putra | Rahadyan Gathutkaca | lon-lonan lampahing baris | manjing jro kitha | sarê[25] praptanirèki ||

32. Prabu Baladewa lawan Wrêsniwira | kang sangking lèr nagari | sawadyabalanya | wau ta jroning pura | Sri Patmanaba lan rayi | Natèng Ngamarta | suka mêthuk mêmanis ||

50. Dhandhanggula

1. dangu nganti anèng păncaniti | mring kang raka tundhuk ingaturan | lamun manjing jro purane | Wêkudara[26] tan kantun | Gathutkaca miwah Sêtyaki | wadya kang masanggrahan | wau ta kadhatun | narpa dayita Ngamarta | tuwin katri pramèswari Dwarawati | Sang Parta lan kang garwa ||

2. mêthuk mungging palataran sami | mring kang raka Sang Prabu Mandura | tundhuk mangraup padane | cinandhak kalihipun | pan kinanthi kanan lan kering | wus tata dènnya lênggah | munggèng dalêm agung | Prabu Baladewa lawan | Wêrkudara nutur solahirèng jurid | dènnya marwosèng mêngsah ||

3. langkung suka kang samya miyarsi | lajêng sami drawina jro pura | ing siyang dalu karamèn | narpati kalihipun | ing Ngamarta lan Dwarawati | sagarwa putranira | tansah siyang dalu | dènnya mrih sukaning raka | ing Madura rinêngga sukaning galih | sinungsung sakarsanya ||

4. wus mangkana prapta antara ri | catur dina dènnya mamrih suka [su...]

--- 121 ---

[...ka] | Sang Prabu Darmaputrane | pamit angundhuh mantu | ingkang putra ing Pringgadani | Nangkula lan Sadewa | kang kinèn rumuhun | lan sawadyabalanira | wus samêkta bidhal sangking Dwarawati | antara tigang dina ||

5. wuri budhal Sang Yudhisthira ji | lawan ingkang raka ing Madura | Sri Patmanaba wus dene | sagarwa putranipun | saha bala ambayangkari | maring sang pinangantyan | wau kang kawuwus | kang dhingini antukira | Gathutkaca Nangkula Sadewa prapti | nagari ing Ngamarta ||

6. lajêng mangun parêngganing kardi | ing jro pura miwah panangkilan | wus samêkta sadayane | pasowan ngalun-alun | pan sadaya wus dèn tarubi | antara catur dina | nênggih rawuhipun | pangantèn sajroning kitha | tan pae duk anèng praja Dwarawati | ing lampah srining bala ||

7. para garwa ingkang ngrumiyini | manjing pura lan sang pinangantyan | nulya sang prabu katrine | laju manjing kadhatun | para putra santana sami | kang tumut manjing pura | dening kang wadya gung | tata sami masanggrahan | pra dipati aglar munggèng păncaniti | wau ta jroning pura ||

8. pan cinêndhak karamèning kardi | dènira mrih suka-pariksuka | Sang Prabu Darmaputrane | sakadang garwanipun | maring raka sang prabu kalih | pangrêngganing sakarsa | sukanya anutuk | anèng jro pura Ngamarta | tan pae lan nalika nèng Dwarawati | anutug parisuka ||

--- 122 ---

9. miwah sagung kang para dipati | Dwarawati Madura Ngamarta | sawadyabalane kabèh | kasukan siyang dalu | ciptaning tyas wus dadi siji | tan ana tinataa | tri nagara kumpul | wus prapta antara dina | ing sapta ri sanènggarsa bayangkari | maring nagri Madura ||

10. Kyana Patih Pragota dhingini | saha bala mantuk mring Madura | ginêlak marga lampahe | antara tigang dalu | ing bidhale sang prabu katri | budhal sangking Ngamarta | sawadyabala gung | tan ewah pangrêngganira | mring pangantèn asrining lampah nèng margi | sang prabu katiganya ||

11. saha garwa putra datan kari | pra santana miwah pra dipatya | sabên saupacarane | satunggul[27] payung agung | ing samarga tan pêgat dadi | tongtonan lampahira | jêjêl ing marga gung | miwah kang para jawata | widadari prasamya suka ningali | ngudankên kêmbang-kêmbang ||

12. kadya têdhuh madyaning wiyati | sangking kyèhning kang para jawata | baskara surêm sorote | wèh ayêming lumaku | datan wontên sayahirèki | angine sawatara | mawa arum-arum | mangkana datan winarna | anèng marga cinêndhak lampahirèki | prapta jroning Madura ||

13. saangkate Rêkyana Apatih | Pragota antara pitung dina | wus samêkta sadayane | rêngganing lurung-lurung | pinggir sinung tuwuhan sami | sagung marga prapatan | sinungan palêngkung | winarna ing kêmbang-kêmbang | myang rarênggan ngalun-alun păncaniti [pă...]

--- 123 ---

[...ncaniti] | sêsakaning taratag ||

14. sami sinung tuwuhan tulya sri | pasebaning alun-alun samya | tinaruban sadayane | miwah sajroning kadhatun[28] | rarênggane kadya swarga di | myang tarubing pandhapa | sri tuwuhanipun | gung alit sapraja suka | jalu èstri sadaya kadya punagi | rawuhe gustinira ||

15. dene kala angkatira nguni | maring Dwarawati sri sru krodha | maring Rahadyan Pamade | têmahan rawuhipun | ingkang rayi binayangkari | kang kinanthi Kurawa | kabèh bubar kabur | dadya kang kantun ing praja | sadaya wus baris ngrakit ngapit margi | rajaputra kalihnya ||

16. lawan sagung ingkang pra dipati | samya mêthuk marang jawi kitha | rawuhe sang pinangantèn | satêpining marga gung | jêjêl ingkang samya ningali | sajawining gêgaman | jalwèstri kèh dulu | uyêl tan kêna piniyak | alam-lamên mulat kang binayangkari | pantêse kalihira ||

17. lir sudama siniring lan sari | munggèng rata kêkuwunge cahya | ngasorkên wulan rêsmine | wau ta rawuhipun | sri narendra katiga sami | lajêng manjing jro pura | lan sagarwanipun | para putra pra santana | pan sadaya laju manjing jroning puri | dening kang pra dipatya ||

18. maksih kèndêl aglar păncaniti | prajurit jro tata pasanggrahan | pasowan ngalun-alune | dene wadyabala gung | pakuwone [pakuwo...]

--- 124 ---

[...ne] sampun rinakit | maring Patih Pragota | sapunggawanipun | Dwarawati lan Ngamarta | samêkta lan pasunggatanira sami | tan wontên kêkurangan ||

19. ya ta wau salêbêting puri | Rêtna Dèwi Erawati samya | mêthukkên marang tamune | pan namudananipun | miwah dènna angancarani | èsême winor lawan | rêrêsêp kinumpul | Kusuma Wara Sumbadra | angabêkti mring raka Dyah Erawati | cinandhak astanira ||

20. laju kinanthi marang jro puri | para putri wusnya tata lênggah | adhaharan sadayane | kang anèng pandhapa gung | abujana sang prabu katri | pra putra pra santana | kasukan anutug | miwah sagung pra dipatya | tinimbalan kinèn sami manjing puri | karamèn jroning pura ||

21. cinarita kongsi tigang ari | sabên dalu karamèn jro pura | anêlasakên karsane | Sri Baladewa Prabu | lan kang rayi sang prabu kalih | Dwarawati Ngamarta | sawadyabala gung | sadaya anutug suka | nèng Madura karamèn ing siyang ratri | sawusnya pitung dina ||

22. dènnya sami kasukan jro puri | nulya sabên-sabên kalangênan | tinêdhakan sadayane | wusnya samadya tèngsu | dènnya amrih sukaning rayi | sang prabu kalihira | lêlangên anutug | miwah risang pinangantyan | nulya pamit kang rayi sang prabu kalih | kondur mring prajanira ||

23. putra kalih kang samya umiring | Radyan Wilmuka Radyan Wisatha [Wi...]

--- 125 ---

[...satha] | kondure sang pinangantèn | samêkta sawadya wus | budhal sangking Mandura nagri | apan magsih rinêngga | asrining marga gung | sri bupati ing Mandura | dènnya têdhak sakondure ingkang rayi | wangsul jawining kitha ||

24. kunêng wau kang lagya lumaris | tan winarna lampahirèng marga | cinêndhak wau lampahe | marga simpanganipun | sri narendra ing Dwarawati | kondur mring prajanira | Sri Ngamarta Prabu | lajêng kondur mring Ngamarta | sang pangantèn rinilan lajêngirèki | kondur mring Madukara ||

25. Radyan Gathutkaca kang umiring | mring kang paman Madukara lawan | putra Mandura kalihe | namung sipêng sadalu | sinunggata karamèn sami | enjingnya pamit bidhal | lan sawadyanipun | mantuk marang prajanira | sowang-sowang ya ta wau kang winarni | satriya Dananjaya ||

26. kang wus kondur ing dalêmirèki | tulus dènnya nutug sih-sinihan | kang garwa lajêng wawrate | abdi kêkalih sampun | inginggahkên garwa paminggir | Kèn Larasati lawan | Kèn Sulastrinipun | runtut dènnya sih-sinihan | miwah sungkêmira mring gustinirèki | samya nrus ing wardaya ||

27. kunêng Madukara tan winarni | sakabure Kurawa Ngastina | sangking Dwarawati mangke | sayah rêrêp wana gung | Burisrawa kesah ing wêngi | merang lamun mantuka | maring prajanipun | Ngastina

--- 126 ---

miwah Mandraka | têmah nglampus suka mati nèng wanadri | Rahadyan Burisrawa ||

28. maksih tan wus raosing panggalih | maring Kusuma Wara Sumbadra | dènira nahên wirage | Kurawa enjangipun | samya kagèt dènnya ningali | Burisrawa tan ana | musna nèng wana gung | anêlasak wanawasa | nulya prapta bêbantu sangking nagari | Kurawa tigang dasa ||

29. sampun panggih lan Patih Sangkuni | matur lamun dinuta bantua | mring Dwarawati lampahe | Sangkuni gantya tutur | ing sasolah-tingkahirèki | Kurawa tigang dasa | langkung dènnya ngungun | lajêng tumut angupaya | Burisrawa wus tita datan pinanggih | lajêng mantuk kewala ||

30. sampun prapta Ngastina nagari | lajêng sami ngandikan mring pura | Arya Sêngkuni ature | ginêlar purwanipun | amiwiti malah mêkasi | tiwasing lampahira | mring Madura laju | nèng Dwarawati dadya prang | kawanguran ing tingkah dènira kardi | dora tur ngumandaka ||

31. miwah balik ngumpul dadi siji | Prabu Baladewa mring Pandhawa | nèng nagri Dwarawatine | marma Kurawa gugup | bodhol budhal sarêng dhatêngi | pothar-pathir nèng marga | sipêng ing wana gung | sayah prasamya anendra | tan uninga pun Burisrawa ing ratri | kesah datanpa rowang ||

32. enjingipun kawula sak-asik |

--- 127 ---

madyèng wana mêksa tan kapanggya | têlas ki patih ature | Sri Duryudana Prabu | amiyarsa aturing patih | mring pramèswarinira | sungkawa kalangkung | orêk sapraja Ngastina | dening prabu lan kang garwa pramèswari | dahat brangtaning driya[...][29] ||


nênonton (kembali)
nênonton
mantuk (dan ditempat lain) (kembali)
mantuk (dan ditempat lain)
kawisesèng (kembali)
kawisesèng
murid (kembali)
murid
wadyabalanipun (kembali)
wadyabalanipun
Kurang satu suku kata: buh ta sang lir kusuma (kembali)
Kurang satu suku kata: buh ta sang lir kusuma
Rêsi (kembali)
Rêsi
Lebih satu suku kata: nulya sagunging pacara asri (kembali)
Lebih satu suku kata: nulya sagunging pacara asri
Lebih satu suku kata: sanggèn-ênggèn gumêrah (kembali)
Lebih satu suku kata: sanggèn-ênggèn gumêrah
10 Kurang satu suku kata: mêwah ayunipun (kembali)
Kurang satu suku kata: mêwah ayunipun
11 mantuk (kembali)
mantuk
12 Lebih satu suku kata: Madukara Ngastina (kembali)
Lebih satu suku kata: Madukara Ngastina
13 têdhake (kembali)
têdhake
14 sawise (kembali)
sawise
15 Lebih satu suku kata: myang rayi Yudhisthira (kembali)
Lebih satu suku kata: myang rayi Yudhisthira
16 Kurang satu suku kata: Sang Aprabu Patmanaba susah dulu (kembali)
Kurang satu suku kata: Sang Aprabu Patmanaba susah dulu
17 dewa-dewa (kembali)
dewa-dewa
18 manadukara (kembali)
manadukara
19 Kurang satu suku kata: kêna kamadakaning Kurawa (kembali)
Kurang satu suku kata: kêna kamadakaning Kurawa
20 Kurang satu suku kata: dhuh pukulun amba tur udani (kembali)
Kurang satu suku kata: dhuh pukulun amba tur udani
21 kirang (kembali)
kirang
22 Sindhunggarba (kembali)
Sindhunggarba
23 Kurang dua baris (kembali)
Kurang dua baris
24 Kurang satu suku kata: tadhahe sêga kabuli (kembali)
Kurang satu suku kata: tadhahe sêga kabuli
25 sarêng (kembali)
sarêng
26 Wêrkudara (kembali)
Wêrkudara
27 satunggal (kembali)
satunggal
28 Lebih satu suku kata: miwah jroning kadhatun (kembali)
Lebih satu suku kata: miwah jroning kadhatun
29 63 halaman kosong (kembali)
63 halaman kosong