Parta Krama, H. Buning, c. 1924, #442 (Pupuh 33–51)

Judul
Sambungan
1. Parta Krama, H. Buning, c. 1924, #442 (Pupuh 01–15). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
2. Parta Krama, H. Buning, c. 1924, #442 (Pupuh 16–32). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
3. Parta Krama, H. Buning, c. 1924, #442 (Pupuh 33–51). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
Citra
Terakhir diubah: 12-08-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

33. Pangkur

1. saingga kadya pêpara | kang angarak mring nagri Dwarawati | langkung sarèh lampahipun | nèng marga tan rêkasa | lamun lingsir kilèn kèndêl lampahipun | lajêng samya masanggrahan | wus kadya praja angalih ||

2. kunêng gantya kang winarna | Kurawa kang kawur ngungsi wanadri | kamuk ing maesa danu | wadya lit kathah pêjah | pra santana kathah ingkang nandhang tatu | kinumpulakên sadaya | dening Kya Patih Sangkuni ||

3. pitung dalu anèng wana | angumpulkên kang samya nandhang kanin | para santana sapuluh | kang samya nandhang brana | nora pasah nanging jro asangêt rêmpu | para mantri kawan dasa | pitung puluh kang prajurit ||

4. tigang dasa sikêp rêmbat | alon angling Kyana Patih Sangkuni | kabèh anak-anakipun | paran rêmbugmu

--- 242 ---

padha | laku iki apa bali apa banjur | marang nagara Mandura | yèn balia tanpa kardi ||

5. ing laku wus nandhang tiwas | lah ta pira kèhe wong Ngastinèki | sakapraboning prang pupuh | durung prang lan Pandhawa | mung dèn amuk kêbo bae lêbur tumpur | golèk manèh yèn bisaa | mendah dukane sang aji ||

6. ingkang padha nandhang brana | anak-anak lamun padha ngrêmbugi | kabèh ingsun gawa banjur | marang nagri Mandura | lah ta payo padha gawe reka atur | ing lakunya pan dinuta | ngaturkên sasrahan sami ||

7. kang kocap ing sayêmbara | pundhutane Putri Banoncinawi | kêbo danu pancal satus | rata kêncana ingkang | kusir dewa pangirit turăngga diyu | lan gamêlan munyèng tawang | patah dewa ingkang pêkik ||

8. kabèh-kabèh wus sumêkta | myang pangarih widadari kang luwih | kêmbar mayang dewadaru | praptèng wana binegal | mring Si Wrêkudara lan sabalanipun [sa...]

--- 243 ---

[...balanipun] | myang Si Arya Gathutkaca | sabalanya ngadhang margi ||

9. watak Prabu Baladewa | wong bang-bang pring kaya-kaya nêkani | paekan atur kadyèku | sagunging pra santana | prasamya nut Sangkuni ing rêmbagipun | sigra parentah ing bala | sadaya kang nandhang kanin ||

10. winot munggwing ing turăngga | ingkang sangêt ginotong tandhu sami | lampahnya dinokok ngayun | myang Arya Burisrawa | tumut tatu kamuk ing maesa danu | babak bunyak sariranya | dhasare mangan cêkakik ||

11. wadya gung lumakyèng wuntat | rareyongan lampahe anèng margi | dènnya akèh repotipun | kang samya nandhang tiwas | tan kawarna samana lampahira wus | prapta sajawining kitha | karya gita wong sanagri ||

12. orêk sapraja Mandura | dene praptanira Patih Sangkuni | karisakan wadyanipun | binegal anèng marga | marang Arya Pamênang ingkang rinêbut | sasrahan kang katur [ka...]

--- 244 ---

[...tur] marang | ing nagari Dwarawati ||

13. katur ing Sri Baladewa | langkung kagyat tandya mung nyipta runtik | mijil siniwèng wadya gung | sakapraboning aprang | Kyana Patih Pragota wus kinèn mêthuk | anginggalkên lampahira | Rêkyana Patih Sangkuni ||

14. kapêthuk jawining kitha | wus ingirit manjing sajroning nagri | sapraptaning alun-alun | kang samya nandhang brana | kinèndêlkên anèng têngah alun-alun | Radèn Arya Burisrawa | tinandhu marang ngarsa ji ||

15. lan sadaya pra santana | praptèng ngarsa Burisrawa sru anjrit | nungkêmi pada sang prabu | kathah sêsambatira | kang sadasa nèng ngarsa dadya rong puluh | sagung Kurawa Ngastina | tan ana jênggèlèk siji ||

16. samya tumungkul sadaya | Kyana Patih Sangkuni tumut nangis | srikutan ngusapi êluh | Sang Prabu Baladewa | aningali Kurawa ing risakipun | anglênggêr wus nyipta duka | jaja bang lir wora-wari ||

17. sumung-sumung kang wadana | angandika [a...]

--- 245 ---

[...ngandika] hèh ta paman Sangkuni | umatura kang satuhu | paran purwane paman | dene kongsi nêmahi rusak kadyèku | putranta kèh nandhang brana | sintên kang sikarèng margi ||

18. matura ingkang balaka | ya ta wau Kyana Patih Sangkuni | mêgap-mêgap aturipun | pukulun sri narendra | inggih saking tiwas kawula pukulun | dinuta ri Duryudana | dene ngantos anêmahi ||

19. arisak wontên ing marga | botên pisan sagêt kiwul ing jurit | Sri Baladewa lingnya rum | botên paman matura | kang satuhu ingkang dados purwanipun | Sangkuni aris aturnya | pukulun amba tinuding ||

20. ing rayi tuwan Ngastina | ngaturakên pundhutan paduka ji | kang badhe sasrahanipun | kang kocap ing kudangan | rata rukmi pangirit turăngga diyu | kusir dewa patah dewa | myang pangarih widadari ||

21. gamêlan kang munyèng tawang | kêbo danu satus kang pancal putih |

--- 246 ---

kêmbar mayang dewadaru | sasagêd sagêdira | ri paduka sadaya samêkta sampun | lan sarta Si Burisrawa | ingaturkên paduka ji ||

22. ing lampah botên prayitna | praptèng wana ginêtak saking wuri | pun Wrêkudara pukulun | lawan pun Gathutkaca | sawadyane samya nubruk saking pungkur | marma ngantos karisakan | tinungkul saking ing wuri ||

23. gugup tan sagêd kiwul prang | kathah pêjah kathah kang nandhang kanin | duk miyarsa sang aprabu | muntap ing krodhanira | datan mawi sinaringan aturipun | dora tuwin tuhunira | kabranang tyas aningali ||

24. dening risaking Kurawa | sru ngandika hèh paman ywa kuwatir | sadaya ing rusakipun | kula ingkang mulihna | hèh Pragota payo dandana dèn gupuh | sadina iki sun budhal | mênyang nagri Dwarawati ||

25. Sang Prabu wusnya ngandika | ngawe titihane cumaos ngarsi | dipăngga puspamênta[1] wus | kamot kapraboning prang | sigra budhal [bu...]

--- 247 ---

[...dhal] nitih tan nganti wadya gung | gagap-gugup kyana patya | miwah sagung pra dipati ||

26. budhal sakacandhakira | prajurite kang sarêng lawan gusti | têngara urut dêlanggung | prajurit ing Mandura | ingkang kantun gugup ing siyaganipun | ting balêbêr nusul samya | kasmaran nututi gusti ||

34. Asmaradana

1. Kurawa maksih angiring | tan têbih nèng wurinira | mung kang sami tatu bae | mulih marang ing Ngastina | Rahadèn Burisrawa | kang maksih binêkta laju | mring Dwarawati nagara ||

2. sartane Rêkyana Patih | Sangkuni ngaturi sêrat | mring Prabu Suyudanane | ing sasolah tingkahira | nèng marga nèng Mandura | miwah lajêngira sampun | kamot ing sêrat sadaya ||

3. dutane Patih Sangkuni | rêrikatan lampahira | nagari Ngastina gègèr | dene ingkang wadya prapta | kathah kang nandhang brana | anak rayate kang lampus | kamot nèng sêrat sadaya ||

4. sêrat wus katur sang aji |

--- 248 ---

animbali Dhanghyang Durna | ngungun langkung sungkawane | sakêdhik sukaning driya | dene Sri Baladewa | krodha lajêng budhalipun | mring Dwarawati nagara

5. kênèng gêlare Sangkuni | Rêsi Durna aturira | dhuh pukulun botên wande | inggih ing lampah punika | rakanta ing Mandura | nêmahi dados pêpucuk | lan ari Nata Pandhawa ||

6. anèng nagri Dwarawati | namung Kurawa kewala | kang sami umiringake | kalangkung sami kuciwa | dene wus sami sayah | prayogi pinaring bantu | prajurit ingkang ungaran ||

7. anut Prabu Kurupati | ing ature Dhanghyang Durna | sigra matah sang akatong | bantu dhatêng Dwarawatya | Kurawa tigang dasa | samêkta wadyanira wus | budhal saking ing Ngastina ||

8. ginêlak lampahing margi | Kurawa bêbantu mangkya | kunêng gênti winiraos | ing mangke ingkang winarna | rêkyana patih sabrang | lan sawadyabalanipun | Garbaruci Ngambarmuka [Nga...]

--- 249 ---

[...mbarmuka] ||

9. antukipun duk ing nguni | saking nagri Dwarawatya | kalih wus praptèng prajane | Garbaruci Ngambarmuka | Kya Patih Amonggarba | lawan Patih Kaladaru | lajêng marêk gustinira ||

10. matur solahe tinuding | dènnya ngaturakên sêrat | mring nagri Dwarawatine | sêrat sampun tinampenan | dhatêng Bathara Krêsna | nanging mangke wus katrucut | Sumbadra mèh panggihira ||

11. lawan pacangane lami | panêngahirèng Pandhawa | wulan ngajêng pêngarake | satriya Andananjaya | dene wangsulanira | Narendra Krêsna pukulun | yèn satuhu ratunira ||

12. ngarêpi ing kadang mami | dèn barêngana kewala | iya sasi ngarêp kiye | praptane pangantèn lanang | Dwarawati nagara | miwah kala krodhanipun | sri bupati ing Mandura ||

13. kabêranang supe sami | kirang sakêdhik mèh dadya | ing aprang kantun gapruke | kèndêle saking pangampah- | ira Sri Nata Krêsna [Krê...]

--- 250 ---

[...sna] | ratu kalih duk angrungu | aturing pêpatihira ||

14. langkung krodhanira sami | Sang Aprabu Sindhunggarba | myang Kaladênta nulya ge | parintah siyaga bala | sakapraboning yuda | kalih praja samêkta wus | bala kang sarta baita ||

15. sarêng budhal ratu kalih | Garbaruci Ngambarmuka | kadya samodra balane | Sang Aprabu Kaladênta | saking lèr panyabrangnya | Sindhunggarba saking kidul | wadya wil tanpa wilangan ||

16. nêngêna narendra kalih | kang lagya anèng lautan | gantya malih winiraos | kang ngarak mring Dwarawatya | nênggih Nata Pandhawa | kang winarna budhalipun | saking nagari Ngamarta ||

17. srining lampah têmah dadi | tontonan samarga-marga | kongsi mèh prapta lampahe | Dwarawati jawi kitha | dènnya dadi tontonan | datan wontên pêdhotipun | jêjêl ing samarga-marga ||

18. ingkang samya aningali | datan kêna piniyaka | gêdhe cilik lanang

--- 251 ---

wadon | ingkang sampun kalangkungan | lakon sawêngi marga | jalu èstri atut pungkur | saking kumêdah uninga ||

19. panggihe sang rajaputri | lan satriya Madukara | iki lagya ngarak bae | asrine kaliwat-liwat | sabuwana lir kadya | rinênggèng teja ngêguwung | mendah benjing panggihira ||

20. wuwusên lampahirèki | ingkang ngarak sampun prapta | nênggih pasanggrahan gêdhe | kapêthuk jawining kitha | kêpanggya wus rinêngga | ing tuwuhan tarub agung | kanan kering gêdhongira ||

21. iya pinajang linungsir | punggawa sakawan ingkang | jagani pasunggatane | wau Prabu Yudhisthira | lan sagung para nata | miwah dewa kalihipun | kèndêl nata pasanggrahan ||

22. sinawang pan kadya nagri | pêsanggrahan jawi kitha | wadya gung suka manahe | sampun sami sinêgahan | punggawa măncapraja | kalih wêlas ingkang tugur | catur bupati kang prapta ||

23. jagani sunggata sami [sa...]

--- 252 ---

[...mi] | namung Radèn Gathutkaca | kang kinèn lajêng lampahe | lan sawadyabalanira | angaturkên sasrahan | satus kang maesa danu | wau ta ingkang winarna ||

24. Sang Aprabu Harimurti | sampun ngaturan uninga | lamun pangantèn praptane | kèndêl samya mêsanggrahan | saosan jawi kitha | langkung sri myang kathahipun | kang dhèrèk pêngarakira ||

25. mawi jawata kêkalih | Hyang Narada Kumajaya | kêkalih widadarine | ingkang ngampil kêmbar mayang | dewadaru suwarga | sagung ingkang para ratu | sadaya kapraboning prang ||

26. kang lajêng manjing nagari | namung Radèn Gathutkaca | andhèrèkkên sasrahane | andanu satus sadaya | pancal panggung sukunya | bala ditya kalih atus | kadi mangke praptanira ||

27. Sri Padmanaba miyarsi | sigra miyos siniwaka | sarta kang rama kalihe | Kumbina lan Lesanpura | pan sampun tigang dina | ratu kalih rawuhipun [rawuhipu...]

--- 253 ---

[...n] | sami sagarwa putranya ||

28. supênuh ing păncaniti | para putra pra santana | pra dipati sadayane | prasamya anata bala | prajurit catur praja | rakit baris urung-urung | jro alun-alun sadaya ||

29. satunggal bandera asri | lêlayu rontèk kakăntha | jinèjèr ngarsa barise | ya ta wau ingkang prapta | Dyan Arya Gathutkaca | bala ditya kalih atus | ngarsa gong bèri wurahan ||

30. kadya angsahing ajurit | ditya samya singa nabda | kawur kabèh kang anonton | maesa bayak nèng ngarsa | eram ingkang tumingal | lêbête ing alun-alun | wadya gung nisih lampahnya ||

31. tata baris angrangkêpi | andanu sampun pinêrnah | satus jirap pasowan lèr | Radèn Arya Gathutkaca | laju mring pagêlaran | mung lan upacaranipun | prapta ngarsa ngaras pada ||

32. nulya kinèn lênggah nginggil | jajar lawan para putra | Gathutkaca

--- 254 ---

tur sêmbahe | pukulun ulun dinuta | ing ari padukendra | jêng uwa Ngamarta Prabu | ngaturakên ing sasrahan ||

33. maesa danu kang sami | pancal panggung sukunira | kirang satunggal satuse | gumujêng sarwi ngandika | Sang Prabu Padmanaba | ya bangêt tarimaningsun | hèh ta kulup sabab apa ||

34. dene ta kurang sawiji | satus pamundhut manira | apa kang dadi sababe | Gathutkaca atur sêmbah | pêjah ingkang satunggal | wontên ing wukir Sêmèru | andanu kang ulês seta ||

35. wus ingaturakên sami | ing sasolah tingkahira | purwa madya wasanane | ing têngah dadine aprang | lawan Bathara Gana | andanu wagêde tutut | kenging manise Hyang Endra ||

35. Dhandhanggula

1. miwah kala kabegal nèng margi | mring Kurawa kamuk ing maesa | sampun katur sadayane | kang myarsa samya ngungun | sri narendra ngandika aris | lah wis kulup ngasoa | makuwon [maku...]

--- 255 ---

[...won] karuwun | dene andanu sasrahan | satus pisan iya uwis sun tampani | rèhne wus karyanira ||

2. bêcik kabèh ulihêna kaki | marang panggonane ing kaendran | radèn sandika ature | nulya ngandikèng sunu | lah ta kulup Sămba dèn enjing | mapaga jaba kutha | ingsun anti kulup | iya ing pasowan jaba | Radèn Sămba sigra nêmbah nulya mijil | miwah Patih Udawa ||

3. sakancamu kabèh pra dipati | besuk esuk aja kakurangan | ing marga pakurmatane | pêngantèn praptanipun | ingkang baris angapit margi | awit lor parapatan | praptèng alun-alun | sadaya matur sandika | wusnya dhawuh jêngkar dènira tinangkil | sang nata manjing pura ||

4. bubaripun kang sewaka sami | lajêng sanega enjang badhenya | mêthuk pêngantèn praptane | miwah sawadyanipun | ratu tiga samêkta sami | dènira ngrakit bala | Gathutkaca [Ga...]

--- 256 ---

[...thutkaca] sampun | makuwon sabalanira | kang andanu sigra samya pamit sami | ing dalu sarêng musna ||

5. samya mantuk mring kaendran malih | kawarnaa wau sapraptanya | sri narendra saundure | saking paglaran laju | têdhak marang ing tamansari | Rêtna Wara Sumbadra | tinimbalan sampun | prapta sanggar pamêlêngan | Prabu Padmanaba mèsêm ngandika ris | hèh Sumbadra riningwang ||

6. mau sutanira Pringgadani | Gathutkaca praptane dinuta | ngaturake sasrahane | kang kêbo danu satus | kabèh padha pancal aputih | rayi Prabu Ngamarta | sakadang wadya gung | kandhêg anèng pasanggrahan | dewa loro pangantèn kang mugarèni | Narada Kumajaya ||

Sambêtipun, badhe kapacak benjing wêdaling Sêrat Pananggalan taun 1928. ||

--- 257 ---

7. dene para ratu kang umiring | ing Cêmpala lawan ing Wiratha | sarta sagarwa putrane | kapraboning prang pupuh | ratu sabrang ana kang ngiring | Singgêla Besawarna | sawadyabala gung | dene ta pundhutan ingwang | ing kudangan miwah kudanganirèki | kaka Prabu Mandura ||

8. nora nana kang luput sawiji | kabèh-kabèh padha tinêkanan | dene praptaning pangantèn | pan iya besuk esuk | marma ingsun age nêmoni | yayi marang ing sira | jatine tyas ingsun | maksih manggung mêlang-mêlang | bokmanawa nora bisa amarèni | wangkot myang gunganira ||

9. gampang ewuh wong wadon alaki | lamun gampang luwih saking gampang | yèn angèl luwih angèle | lire galihing kakung | mring garwane yayi tan kêni | dinuga ing wardaya | gampang ewuhipun | lamun nuju tyase gampang | kinaryaa dolanan lir bocah cilik | mring garwa nut kewala ||

10. lamun nuju angèl nora kêni | tinambaka [ti...]

--- 258 ---

[...nambaka] donya brana arta | rinobana upamine | mas rêtna sêsotya gung | mengo kadya dulu karikil | warna ayu utama | katon lêngus bêngus | kêna pisan luput pisan | tyasing priya yèn wus putung nora kêni | rinapu sangsayewa ||

11. lah ta iku angèling akrami | dhêdhasare bakal lakinira | luwih lêmbut bêbudène | wêwadine wus muluk | katon lena prayitnèng batin | tambuh nanging wêweka | wicaksanèng sêmu | pasang limpating graita | nora kêna ginayuh samining janmi | budine Dananjaya ||

12. marma aja dumèh-dumèh yayi | laki kadang anganggêp gêgampang | wani mindakèng karêpe | dumèh budine alus | lan wus bangêt anandhang brangti | awit bocah tan owah | dènira nahên kung | mung sira dèn arsa-arsa | marma wani mindakèng karêpirèki | ginawe ngarah apa ||

13. nadyan ana kaluputan mami | laki kadang ya wis ngarah apa | yêkti yèn gêdhe maklume |

--- 259 ---

dadia dukanipun | măngsa dadak buwanga mami | rabi măngsa olèha | kaya awak ingsun | yèku luput ngămbra-ămbra | lali lamun wadon kawisesèng laki | tulise pan wus ana ||

14. purbaning Hyang marang ing pawèstri | pan wus kasrah marang lakinira | Hyang Suksma tan milu angrèh | timbangane ki guru | sinung wênang misesèng murid | yèn bala kawisesa | marang ratunipun | yèn èstri marang ing priya | nanging iku isih ana bedanèki | lah iki piyarsakna ||

15. yèn bala luput marang narpati | yèn ratune uwis angapura | marang dosaning balane | miwah yèn gurunipun | wus ngapura dosaning murid | Sang Hyang Jagad Pratingkah | sayêktine manut | mèlu ngapura kewala | mung wanodya lamun dosa maring laki | nadyan kakung ngapura ||

16. wus narima têrus lair batin | Sang Hyang Guru ingkang nora lila | wong wadon iku dosane | iya mring kakungipun | wus pinacak ginawe pêsthi | siniksa

--- 260 ---

jro naraka | tan antuk pitulung | wus têtêp wadon tan kêna | duwe karêp dhewe kudu nut ing laki | yèku dèn eling sira ||

17. iya yayi pratikêle laki | nora tinuku srana barana | amung ati panukune | ati eling lan tuhu | sarta gêmi lawan nastiti | gêmiku gêmènana | wêwadine kakung | nêstitiku nêtitèkna | barang ingkang dadi tyasira ing laki | miwah laranganira ||

18. rina wêngi nora kêna lali | dipun eling ing sadina-dina | kang dadya pakarêmane | miwah laranganipun | pangarêpe iya mung eling | pawitane wong krama | elinga kalamun | èstri kawisesèng priya | lamun eling elinge kaya pawèstri | kang ingaranan liwar ||

19. apan pêdhot liwaring pawèstri | yayi kadi wong bandrèk anjina | ya wong kang ilang elinge | lawan nastitinipun | nandhang dosa kalih pêrkawis | dhingin dosa mring priya | kapindho Hyang Agung | wong wadon ilang têmênnya |

--- 261 ---

sasat pêdhot dharadhat mamah kêndhali | buwang ugêring tekad ||

20. dene nora pisan angawruhi | lamun ati ugêring agêsang | badan iki darma bae | obah lan mosikipun | bisa saking osiking ati | ati ratuning badan | marma kudu emut | dene ta pênjalukira | bocah wadon kang dadya patiba sampir | poma dèn eling sira ||

21. apan iku putraning narpati | Rajapêthi ya ratu utama | Sulastri iku parabe | ya najan padha iku | putra nata Sang Rajapêthi | pan maksih gêdhe uga | Dwarawati iku | arangkêpa kratonira | nagri Pêthi maksih gêdhe Dwarawati | iku tyas kang mangkana ||

22. poma yayi buwangên kang têbih | mung anggêpa andhap asor sira | yakti wuwuh nugrahane | yèn têtêp sira mêngku | najan marunira darbèni | sêdya ala mring sira | yêkti nora tutug | lah ta yayi wruhanira | bakal lakinira musthikèng dumadi | ugêring tanah Jawa ||

--- 262 ---

23. wus pinasthi ing dewa linuwih | nurunakên sagung para raja | ing satanah Jawa kabèh | marmaningsun jumurung | sira jaluk patiba sampir | wanita lan curiga | kris Pulanggêniku | pusakaning tanah Jawa | sapa ingkang kuwasa nganggoa pasthi | dadi wijining raja ||

24. mêngko kêris wus anèng sirèki | wadon-wadon sun têdha bisaa | sira dadi wêwadhahe | turune nugraha gung | ratu ingkang samya baboni | mêngku rat tanah Jawa | dene sira jaluk | bocah wadon baboyongan | ya wis bênêr têgêse yayi sira mrih | asmara marunira ||

36. Asmaradana

1. nêja mrih utamèng krami | wus wajib putri utama | among maru kapindhone | kêtêmua jaka rara | sira lan Dananjaya | yèku pêpucuking wayuh | mangkono ing osikira ||

2. ngarêp jaluk tiba sampir | curiga lawan wanodya | ayya tanggung sabanjure | mangkonoa ciptanira | têtêpana kewala | kabèh wulang ingsun mau [ma...]

--- 263 ---

[...u] | elinga ugêring krama ||

3. samăngsa wong wadon eling | lamun kawasesèng priya | sayêkti yèn cukup kabèh | dènnya mrih utamèng krama | gêmi lan nastitinya | miwah ing têmêne iku | kagawa ing eling sira ||

4. langkung dènnya ngasih-asih | Sri Maha Narendra Krêsna | dènnya wiyar pamulange | marang kang rayi Sumbadra | ngarih-arih mangrêpa | sang dyah tumungkul rawat luh | miyarsa wulanging kaka ||

5. kathah kagagas ing galih | dènnya ing nguni wus kathah | mring badhe kakung lêpate | purun karya cacah rucah | wusnya têlasing wulang | mring ari kondur sang prabu | dhawuhing garwa katiga ||

6. samêktanirèng jro puri | enjang pangantèn praptanya | kang garwa sandika ture | ing jawi Patih Udawa | lan sagung pra dipatya | miwah wadya Kumbinèku | Lesanpura Trajutrêsna ||

7. awit winginanya ngrakit | rêrêngganirèng taratag | winarnèng têtuwuhane | dugi marga parapatan | ingkang lèr pêpêthetan | tiningalan [tininga...]

--- 264 ---

[...lan] ting parêndul | kêmbang-kêmbang têtuwuhan ||

8. wau ta kang mêthuk enjing | Dyan Sămba lan Wrêsniwira | kalih wus prapta lampahe | pêsanggrahan jawi kitha | lajêng tumamèng ngarsa | mring Narada jujugipun | umatur lamun dinuta ||

9. ngaturi sadaya sami | lajênge manjing jro kitha | rama prabu pêngantose | lawan jêng eyang kalihnya | myang kangmas Trajutrêsna | wontên paglaran pukulun | langkung samya ngarsa-arsa ||

10. Hyang Narada sukèng galih | gumuyu suka alatah | sigra prentah pamatahe | kang ngreka rakiting marga | tundha-tundha ing lampah | kang dadya panganjuripun | katiga putra Wiratha ||

11. sigra budhale dhingini | Radèn Sămba Wrêsniwira | nunggil ing rata kalihe | mung lan upacaranira | samya nitih turăngga | wuri têngara gumuruh | budhal panganjuring lampah ||

12. putra nata Wiratha tri | asri sagêgamanira | ingkang sumambung wurine | ingkang rama sri narendra |

--- 265 ---

nulya Trusthadyumêna | lan kang rama sang aprabu | wuri wadya ing Ngamarta ||

13. Nakula Sadewa sami | wus anunggil anèng rata | kinèn nindhihi barise | nulya Prabu Darmaputra | nulya Sang Arya Sena | adharat sawadyanipun | prasamya amundhi gada ||

14. nulya sagung para putri | anulya rata kêncana | titihane sang pêngantèn | nulya Prabu Besawarna | Sri Bupati Singgêla | ingkang amungkasi pungkur | lan sawadyabalanira ||

15. alon lampahirèng baris | angambah ratan nagara | kèbêkan sapraja kabèh | ingkang aningali samya | usrêg arêbut ngarsa | ajêjêl anèng marga gung | datan kêna sinapiha ||

16. wong jro pura kathah mijil | saking kêdah yun uninga | badhe garwane gustine | ingkang aningali samya | kèh gupit-ginupita | lam-lamên kasmaran dulu | mring satriya Dananjaya ||

17. lawan pocapane malih | sabagusane manungsa | nora padha lan dewane | de iku Radèn Arjuna [Ar...]

--- 266 ---

[...juna] | tan kari lan Hyang Kama- | jaya pêkik cahyanipun | sarambut tan ana slaya ||

18. wingiting cahya wus sami | padha nuksmèng ăndakara | miwah teja kêkuwunge | ngasorkên langêning jagad | lah iya ngêndi ana | kang mirib satriya iku | bêgjane kang duwe krama ||

19. wong jro sandhinge ningali | myarsa sêndhu wuwusira | buh ta ingkang bêgja bae | buh satriya Dananjaya | buh gustiku sang rêtna | ujêr sira durung wêruh | ing warnane gustiningwang ||

20. widadari Dèwi Ratih | pêngarihe sang lir rêtna | ya garwane dewa kuwe | kang dadi patahing priya | mukyaning waranggana | guruning ayu swarga gung | Dèwi Ratih warnanira ||

21. dene ika jajar linggih | lawan gustiku sang rêtna | nora bisa ngasorake | ayune babag kewala | tan ana kang kuciwa | lêlungit manising sêmu | wênêsing kang cahya samya ||

22. lah tingalana ing benjing | yèn wis panggih sandhing lênggah | lamun kasor gustiningong | sayêkti pantês [pantê...]

--- 267 ---

[...s] kewala | tan ana kang kuciwa | sun duga lamun pinangku | mring satriya Dananjaya ||

23. lir rêtna anawung thathit | sasăngka anawung lintang | baya wus pasthi jodhone | gustiku lawan Sang Parta | bênêr nguni kang rama | pinacang sangkaning timur | tan wun lamun winuwusa ||

24. wuwuse kang aningali | mangkana ing praptanira | Dyan Sămba Wrêsniwirane | Sang Aprabu Padmanaba | gya mijil pagêlaran | lan kang rama kalihipun | wah kang putra Trajutrêsna ||

25. para putra glar ngarsa ji | tuwin kang para santana | pra dipati sadayane | prasamya nindhihi bala | prajurit kawan praja | abaris nèng lurung-lurung | sami kapraboning aprang ||

26. tunggul daludaknya asri | lêlayu lawan kakêndhang | bul-umbul bandera rontèk | mangkana wau praptanya | Rajaputra Wiratha | langkung asri praptanipun | prajurit lir kanthèn asta ||

37. Kinanthi

1. gantya-gantya praptanipun | sawadyabalanira sri | ngambah ing ratan nagara | salin [sa...]

--- 268 ---

[...lin] rakiting lumaris | pacara sadaya ngarsa | prajurite anèng wuri ||

2. Radèn Wirasăngka ngayun | lajêng marang păncaniti | mulat upacaranira | prajurite samya nisih | mangetan tata barisnya | nunggil baris Pringgadani ||

3. ing wuri ingkang cumundhuk | sawadyabalanirèki | Rahadèn Arya Utara | saupacaranira sri | nulya Radèn Arya Seta | ingkang cumundhuk ing wuri ||

4. gumrêdêg barise barung | swaraning kêndhang myang suling | sêsêg rêmpêk lampahira | sêrênging baris ngajrihi | pangarsa putra Wiratha | lajêng marang păncaniti ||

5. mung lan upacaranipun | nulya kang sumambung wuri | sawadyanira kang rama | Sang Aprabu Matswapati | lajêng marang pagêlaran | saupacaranira sri ||

6. prajurite tata kumpul | lan barise putra katri | mangkana ing pagêlaran | Sang Aprabu Harimurti | Kumbina lan Lesanpura | gya têdhak samya ngurmati ||

7. mêthuk nèng têpining tarub | rawuh-

--- [0] ---

[Grafik]

Sang Yyang Kanekaputra, Prabu Matswapati, Prabu Drupada, Prabu Bisawarna. Prabu Krêsna, Prabu Darmakusuma, Radèn Wrêkodara.

--- 269 ---

e sang prabu katri | têdhakira saking rata | cinandhak astanira glis | kinanthi binêkta lênggah | satata bangsal pêngrawit ||

8. nulya wuri rawuhipun | ing Cêmpala Sri Bupati | lan putra Trusthadyumêna | saupacaranira sri | sigra marang pagêlaran | prajurite tata baris ||

9. lan bala Wiratha kumpul | ingkang cumundhuk ing wuri | wadyabala ing Ngamarta | Nakula Sadewa ngarsi | têngah Prabu Yudhisthira | Wrêkudara munggwèng wuri ||

10. rawuhipun Sang Aprabu | Drupada lan Sri Bupati | Ngamarta Sri Yudhisthira | sadaya samya nêdhaki | jumênêng ngarsaning dhampar | tundhuk rêrangkulan sami ||

11. wusing panêmbramanipun | tata lênggahira sami | nulya ing wuri kang prapta | sagunging upacarèstri | ulur sêlur lampahira | jêmpana tandhu lan joli ||

12. linajêngkên lampahipun | lumêbèng sajroning puri | kang ngurmati pamêthuknya | pramèswari Dwarawati | Kumbina lan Lesanpura | anèng palataran [palatara...]

--- 270 ---

[...n] sami ||

13. tundhuk ingaturan sampun | lumêbêt ing dalêm puri | rinêngga sukaning driya | panggihe lan Dèwi Ratih | miwah ingkang găndawida | sri wêndan para apsari ||

14. nahan ta jroning kadhatun | mangkana praptanirèki | gêgaman ing Madukara | sarêng riris wangi-wangi | pênangkilan udan kêmbang | gandanya kang sarwa sari ||

15. bramara nèng tawang umyung | nèng tawang mamrih wêwangi | manuk-manuk mawurahan | sanginggilnya rata rukmi | sênggana lan lokanănta | muni nèng tawang ngrêrangin ||

16. dungkap nèng têpining tarub | kèndêle kang rata rukmi | jawata kalih wus têdhak | anganthi Radèn Prêmadi | piyak upacarèng ngarsa | samya mire nganan ngeri ||

17. amung sêkar dewadaru | ingampil apsari kalih | lumampah ngarsèng Sang Parta | Sêmar Bagong Garèng wuri | wau ta Sri Nata Krêsna | lan sagung para narpati ||

18. gurawalan samya mêthuk | tuntung guyu gung subrati[2] | Bathara Kanekaputra | nanduki [na...]

--- 271 ---

[...nduki] sukaning galih | gumujêng alatah-latah | Dananjaya angabêkti ||

19. mring Sri Krêsna gya rinangkul | astanya aglis kinanthi | aris prasamya lumampah | sapraptane păncaniti | wus tata samya alênggah | sêkar dewadaru ngapit ||

20. mring Sang Parta dènnya lungguh | jawata kalih tan têbih | nulya wuri praptanira | Singgêla Sri Narapati | Prabu Besawarna sigra | marêk ngarsa awotsari ||

21. wusdene ingkang alungguh | nuwun mopo gya tinarik | lungguh nunggal para nata | ana ing dhêdhampar sami | para putra glar ing ngarsa | Rêsi Narada lingnya ris ||

22. kaki Krêsna lakuningsun | dinuta ing Hyang Pramèsthi | masrahakên arinira | kaki Parta mring sirèki | dhaupe lan Si Sumbadra | dene pamundhutirèki ||

23. kabèh-kabèh samêkta wus | tan ana kurang sawiji | kang kalêbu kêkudangan | Sri Krêsna matur wotsari | pukulun inggih sumăngga | sakarsa tuwan umiring ||

24. ing jro pura samêkta wus |

--- 272 ---

rêrênggane Dèwi Ratih | mring wayah tuwan Sumbadra | pangrakit sajroning puri | ulun pasrahkên sadaya | mring Kusuma Dèwi Ratih ||

25. sumêlang ulun pan namung | dèrèng ngaturi udani | mring wayah tuwan Mandura | Hyang Narada lingira ris | ayya sumêlang tyasira | manawa tinutuh benjing ||

26. marang rakanira Prabu | Mandura yèn angruntiki | dumèh tininggal ing karya | têmune arinirèki | warahên yèn saking ingwang | kang mêksa marang sirèki ||

27. sarta timbalan Hyang Guru | wus pasthi ing dina iki | têmune Parta Sumbadra | kang pra narpati ngyogyani | ing rèh Sang Rêsi Narada | mijil saking păncaniti ||

38. Mijil

1. pangkat-pangkat sagunging para ji | prasamya jêjodhon | para putra nèng ngarsa kêkanthèn | Trusthadyumna Dyan Sămba kang nganthi | Rukmarata Sêtyaki[3] | nulya wurinipun ||

2. Arya Seta lawan Bimasiwi | putra Wiratha nom | Wirasăngka Utara kanthine | nulya [nu...]

--- 273 ---

[...lya] Rêsi Narada anganthi | mring Sri Harimurti | nulya wurinipun ||

3. Gagarmayang Gagarwati ngampil | dewadaru karo | munggwing ngarsanira sang pangantèn | Sang Hyang Kumajaya ingkang nganthi | nulya sri bupati | ing Wiratha sêpuh ||

4. Natèng Cêmpala ingkang anganthi | nulya sang akatong | ing Kumbina lan Lesanpurane | nulya Sri Sang Darmaputra nganthi | Singgêla Narpati | Wrêkudara pungkur ||

5. nulya sagung upacara asri | pangkat-pangkat golong | panakawan ingkang ngampil kabèh | nulya patihirèng para aji | ajêjodhon sami | Udawa ing ngayun ||

6. pra dipati sih nèng păncaniti | têngara gumuroh | sarêng munya kêndhang sarunine | myang gamêlan lokanănta maksih | munya angarangin | munggwing luhuripun ||

7. sang pêngantèn lêbêtirèng puri | ambyuk kang nênonton | jalu èstri tan kêna sinapèh | nganti samya atindhih-tinindhih | tan kêna sinapih | kanan kering brubul

--- 274 ---

8. ya ta wau sagung pramèswari | myang dewane wadon | dènnya sami miwaha pêngantèn | marang putri ing Banoncinawi | tan kuciwa sami | tinon sri dinulu ||

9. rema sami ăndrawila wilis | sinêkaran abyor | sing awiyat rinênggèng wintangne[4] | pêpaès wilis tinêpi kuning | pinatut malipit | lan cêcênthungipun ||

10. kadya mega sanalimut thathit | dinulu pan abyor | wungu sarêbêng langkung asrine | nuting imba pinatut jalirit | lir teja-teja lir | ing larapanipun ||

11. kêkancinging gêlung tinundha tri | rinênggèng sotya byor | pinèpèt ing cundhuk tanggalane | binabèji dening ngilat thathit | pêpanthane kadi | asrining sutèngsu ||

12. duk kawingking nawungi hèr thathit | mêmêntulira byor | amuwuhi asrining ukêle | sêngkang bapang ginumyur hèr gêni | obah ting karêlip | nèng wadananipun ||

13. sarawungan lan sêsotya kalih | mancur ting pancorong |

--- 275 ---

lir sasăngka rinubung lintange | mêmêrakan bêburon siringi | anèng wadana sri | kuwung rêbut dhucung ||

14. jaja anglar wijang rinênggèng sri | asrining bêbadhong | tibèng jaja apan tundha trine | kadi tanggal patbêlas marêngi | payudara kalih | lir pendah andaru ||

15. dariji lus angudayaning ri | srining kalpika byor | asta lurus gandhewa gadhinge | bêbinggêl mas sinotya rêtna di | klat buja mantêsi | asri yèn dinulu ||

16. madyèng kasmêkan luruh aramping | turut sapangisor | pada ramping rêmpêg darijine | kênaka brit pinacaran kadi | mirah kang tumrap ing | kancana binubut ||

17. wus tan ana kadi sang rêtna di | musthikaning wadon | sagung pramèswari nèng ngarsane | amung Dèwi Ratih kang sumandhing | saingga kang sasi | jaja lan sutèngsu ||

18. Wara Sumbadra lan Dèwi Ratih | mèh kêmbar sayêktos | apan namung beda pasêmone | Dèwi Ratih bêranyak tan wigih | Dyah Banoncinawi | jatmika aruruh | ||

--- 276 ---

19. galak ulat Rêtna Dèwi Ratih | sang rêsmining sinom | tingal jait alindri liringe | namung Putri Cêmpala kang sami | lawan Dèwi Ratih | ing lalewanipun ||

20. samya raga karana rêspati | sang juwita karo | ya ta wau kasaru praptane | sang pêngantèn kakung ginrêbêg ing | sagung para aji | Dèwi Ratih gupuh ||

21. Rêtna Wara Sumbadra kinanthi | ginrêbêg pra sinom | para cèthi mungguh ing wurine | sang kusuma pinêthukkên mungging | samadyaning kori | paringgitanipun ||

22. sêkar dewadaru kanan kering | sinasmitan karo | sarêng balang ing gêgantalane | sawusira sigra Dèwi Ratih | pêngantène putri | sinêmbahkên kakung ||

23. gya cinandhak sang rêtnaning sasi | mring kakung pinondhong | para ratu samya wangsul kabèh | mring pandhapa tata lênggah sami | tuwin dewa kalih | para putra ngayun ||

24. sagung para putraning para ji | prasamya mirantos | pra dipati tinimbalan kabèh | ananduki kasukan [kasuka...]

--- 277 ---

[...n] jro puri | lan sagung pra patih | banjêng lungguhipun ||

25. ya ta wau salêbêting puri | sang pêngantèn karo | linênggahkên ngarsaning kobonge | Dèwi Ratih ingkang anêngahi | dewadaru ngapit | kanan keringipun ||

26. katri pramèswari Dwarawati | lawan Kumbina wor | Nglesanpura nèng kering lênggahe | pramèswari ing Wiratha Aji | lawan pramèswari | ing Cêmpalanipun ||

27. munggwing kanan lawan pramèswari | ing Ngamarta tan doh | Rêtna Wara Srikandhi banjênge | sagung para parêkan lan cèthi | jibêg munggwing wuri | jro pura supênuh ||

28. cinarita Rahadèn Prêmadi | lawan sang lir sinom | maksih jaman kala ing panggihe | sinêngkalan mêsat ing wiyati | căndra rasa wangi | wusnya tata lungguh ||

29. para ratu sampun dèn aturi | lumêbèng kêdhaton | kinubêngkên marang sang pêngantèn | banjêng para ratu munggwing puri | myang sang dewa kalih | Dananjaya gupuh ||

30. lan kang garwa mangsah angabêkti | mring sang

--- 278 ---

dewa karo | gantya-gantya angrangkul janggane | miwah marang sagung pra absari | kasêngsêm miyati | kalih-kalihipun ||

31. sagung parêkan lan para cèthi | andongong malompong | mulat marang srining sang pêngantèn | dene sami rêspatine kalih | pantês kang sinandhing | sri nataning arum ||

39. Sinom

1. Sang Aprabu Padmanaba | nutug sukanirèng galih | myang pramèswari katiga | tumingal marang kang rayi | dene pugale nguni | wus panggih têmah miturut | prasamya ngalêmbana | ing wignyane Dèwi Ratih | dènnya karya mirapêt pakaryanira ||

2. Sang Hyang Bathara Narada | anggung anyawang angliling | apan ta sarwi angudang | marang ingkang wayah kalih | lêlewa nglêluconi | tan pêgat asung gumuyu | suka kang para raja | miwah sagung pramèswari | para cèthi gujênge ambata rêbah ||

3. mulat ing Rêsi Narada | pan namung Wara Srikandhi | lagi mèsêm bae ora | malah rongèh dènnya linggih

--- 279 ---

mulat Radèn Prêmadi | lênglênging tyas mangu-mangu | kandhuhan ing gung rimang | gêlung udhar tan tinolih | kasêmêkan kang sapalih kuleweran ||

4. karingêt lir mêntas siram | nanging tan ana udani | katawur ing gagujêngan | Narada ingkang banyoli | Sang Prabu Dwarawati | nanduki asung gumuyu | hèh Sumbadra riningwang | sapèku kang sandhing linggih | marang sira wong lanang anyar katingal ||

5. yèn ta aja kaêlêtan | mring Sang Rêtna Dèwi Ratih | dêlênge nora pasaja | panglirike mambu ati | manawa mêngko bêngi | nêmêni pangarahipun | paran ta polahira | yèn wus pisah kang nêngahi | hèh riningsun sawêngi mêngko dèn yitna ||

6. sangsaya ambata rêbah | gujênge kang para cèthi | tumungkul Wara Sumbadra | tuwin Rahadèn Prêmadi | Kusuma Dèwi Ratih | nambungi sarwi gumuyu | kula măngsa sukaa | ginanggu-ganggu ri mami | yèn ginanggu sun gawa ing suralaya ||

7. gumujêng Narendra Krêsna | Sumbadra

--- 280 ---

na kang ngukuhi | dèn bêcik ing sungkêmira | marang Rêtna Dèwi Ratih | nanging dèn ngati-ati | bokmanawa kênèng bujuk | tyas ingsun mêlang-mêlang | mulat marang kang nêngahi | lamun sira nora yitna mêsthi kêna ||

8. lir sinêntak gujêngira | sadaya kang amiyarsi | lingira Narendra Krêsna | sêmbranane amranani | prapta madyaning ratri | sagung para ratu-ratu | wangsul lênggah pandhapa | miwah sang jawata kalih | akaramèn prasami bogadrawina ||

9. sagunge para dipatya | sadaya samya ngladosi | miwah salêbêting pura | sadaya kang para putri | ngiras gujêngan sami | sawusnya adhahar nutug | prasami linorodan | mring sagung parêkan cèthi | Dèwi Ratih ngêjèpi marang Sang Parta ||

10. garjita nampèni cipta | kang garwa pinondhong aglis | binêkta minggah paprêman | pan wus tumangkêp kang samir | sagunge para putri | ngumpul palênggahanipun | nêbihi sawatara | anut ing Sang Dèwi Ratih | pan sadalu

--- 281 ---

tan ana pikantuk nendra ||

11. suka prasami gujêngan | miwah kang para nêrpati | satriya lan para putra | anut ing jawata kalih | nutug kasukannèki | samadyaning pandhapa gung | Narada ingkang dadya | panutan sukaning galih | kang nanduki Sri Maha Narendra Krêsna ||

12. sinêndhon Bagong lan Sêmar | Garèng Petruk angluconi | prasami abêbanyolan | megol-megol dènnya ngibing | lir bulus anèng siti | gumlundhung sasirigipun | tangine lajêng mêncak | kaya bulus kênèng pancing | ya ta Bagong jogèdanira egolan ||

13. yèn sêsirig anggung niba | tangine lajêng maringis | tan ana kang mingkêm mulat | sagunge para dipati | gumêr gujênge sami | myang kang anèng alun-alun | para mantri sadaya | myang sagung para prajurit | maksih ajêg anggène nata barisnya ||

14. saênggèn-ênggèn gumêrah | kalasăngka angrêrangin | kêndhang gong munya sauran | mangkana sajroning [sa...]

--- 282 ---

[...jroning] puri | ingkang munggwing jinêm mrik | sang pêngantèn kalihipun | satriya Dananjaya | kang tansah angarih-arih | mring kang garwa dèrèng kapadhan asmara ||

15. sang rêtna sangêt susila | kagagas ing galihnèki | dene ta kadang taruna | mangkya têmah dadya laki | èngêt ing nguni-uni | mring Sang Parta purunipun | karya sawiyah-wiyah | kongsi nibani têtali | nèng Kumbina binănda cinara kompra ||

16. marma ing tyasnya wiroga | dahat merang marang laki | satriya ing Madigănda | dènnya mrih lunturing kang sih | maksih angarih-arih | ing tyasira maju mundur | jrih lamun kaputungan | kadya kang wus nguni-uni | lamun mêdal runtike mung suduk jiwa ||

17. marma nêlaskên pangrêpa | pangungrume ngarih-arih | ginunturan ing srênggara | dènnya mrih lunturing kang sih | lir kombang ngisêp sari | puspita kang maksih kuncup | tangèh wêdharing sêkar | brêmara dènnya mrih sari | masih ering sêrênging sari rinêksa ||

--- 283 ---

18. dhuh kusuma mirah ingwang | kang sawang sêkar warsiki | sasmitanên dasihira | sumiwi tur pati urip | sakarsa rèhning dasih | dèn têmaha ajur mumur | awora lan bantala | datan nyipta ing dyah malih | ing dêlahan tulusa angèstupada ||

19. mring sang adining kusuma | kang sawang mênur rinujit | anjanmaa kaping sapta | aywa liyan kang ngêmbani | monga mring sang rêtna di | gusti mung nagaraningsun | janma angêla-êla | marang sang dewaning èstri | cinuthata kang abdi pindha warsita ||

20. kumudu angèstupada | marang sang dewaning sari | sarining Endrabawana | Rarasati Dèwi Ratih | nora ngundha-usuki | anyèthia kabèh patut | sapa pêrak tan papak | singa sandhing tan tumandhing | saking timur gèn ingsun bidhung babeda ||

21. tangèh wêruh gujêngira | èsême durung udani | dhuh yayi pan ngêndi ana | wong tani têka ing ati | pan namung sira gusti | dhuh kusuma jiwaningsun | wlasana dasihira | pintên lamine samangkin | anggèn kula [ku...]

--- 284 ---

[...la] nandhang sêpi kudu duka ||

22. purwa nèng Găndamadana | dènira duka ing dasih | sasat yèn sakêthi siksa | sinandhangakên mring dasih | ginusah kawlasasih | kesah anglaya margiyuh | payah susah mèh lêsah | swuhing tyas abosah-basih | pindha sarah gêlasah tan ana nglarah ||

23. saingga kadya ron kentar | ring tirta kentir ing warih | kamăndraka kalanglangan | sagon gumuling tan eling | kalênglêngan langlangi | linglung tan ana têtulung | saparan karungrungan | wirangrong ngarang ngranuhi | rangu-rangu angrangu mung sih paduka ||

24. tan măntra yèn tumuliha | malah katula katali | ing solah salah kawula | mèh layu saking panganti | namung anyipta pati | datan kuwawa nahên kung | nandhang brăngta gung rimang | wigêna apulang wingit | anggung kambah ing wiyoga kawimbuhan ||

25. mangkya gusti wus ngapura | karsa andulu ing dasih | kawulane linilana | sumiwi ing jinêmwangi | abdine atur pati | mring sang ratuning rum-arum | rujitên jro paprêman [pa...]

--- 285 ---

[...prêman] | dèn atêmah rontang-ranting | tan lênggana amung gusti ngandikaa ||

26. yèn dèrèng karsa ngandika | amung tingalana gusti | dasihe sakêdhap[5] netra | dadya pamurunging pati | Putri Banoncinawi | miyarsa lingira kakung | ing tyasira sumêlang | èngêt wulanging kaka ji | nadyan silih kramaa kadang taruna ||

27. sayêktine lamun dadya | dununging sêmbahirèki | kakung wus pasthi pinăngka | ratu gurune sayêkti | kapungkur yayah bibi | pangrèhe jawata agung | pra wanodya wus kasrah | marang ing kakungirèki | sinung wênang kakung misesa ing garwa ||

28. punika ingkang ginagas | Kusuma Banoncinawi | sumêdya anêtêpana | kautamaning pawèstri | aywa kapanjang kardi | wèh sungkawa tyasing kakung | sadaya kang pangrêpa | angêsorkên mêlasasih | dènira mrih lunturing galih sarkara ||

40. Dhandhanggula

1. sang dyah ayu aturira aris | sarta sêrêt wêdale wêcana | umatur marang kakunge | dhuh pukulun [puku...]

--- 286 ---

[...lun] sang bagus | aksamanta marang ing cèthi | wus dangu angrêrêpa | paduka angrungrum | inggih dhatêng jasat kula | ngarih-arih pindha mring lare kang alit | bok sampun makatêna ||

2. karananing tur amba puniki | dhuh pukulun sampun karya ewa | ujar lamis tanpa gawe | măngsa trusa ing kalbu | mindhak karya durakèng cèthi | sanadyan samudana | inggih karya dudu | ing cèthi kang kawlasarsa | atur amba bok inggih mung sawatawis | sampun kadya punika ||

3. sadangune ngandika sang pêkik | lalu atansah karya la-êla | anambrama mring cèthine | yèn amba rungu-rungu | pan wus lumrah sakèhing urip | samudananing priya | yèn darbe karsèku | karsa maring ing wanodya | nora etang gonira ngêsorkên dhiri | nanging măngsa tulusa ||

4. mila tan lyan tur amba puniki | tumanduka byantara paduka | sampun kêlajêng karsane | karya ewa kang ngrungu | bok ta inggih kèndêla dhingin | pun badan wus kabêtah | nèng ngriki

--- 287 ---

pukulun | sintên ingkang adarbea | lyan paduka ananging panuwun mami | nuwun sarèh paduka ||

5. sampun darbe karsa sapuniki | margi taksih sangêt tikbraning tyas | benjang sumanggèng karsane | Dananjaya duk ngrungu | aturing dyah giyuh tyasnèki | alon dènnya ngandika | punapa wong ayu | ingkang dadya tikbraning tyas | dasihira iya ingkang amberadi | sagunging tikbranira ||

6. sang dyah ayu aturira aris | ingkang dadya tikbraning tyas amba | ingkang kaping sapisane | akathah lêpat ulun | kala dhingin duk anèng ardi | Gadamadana yeka | kula kamipurun | akarya ing cacah rucah | kapindhone duk anèng Kumbina nguni | paduka ulun bănda ||

7. pan wus pasthi amba dosèng laki | lamun tan pinaringan aksama | iba-iba dosaningong | Dananjaya lon muwus | sadurunge sawise yayi | gon ingsun angapura | ring dewaning ayu | dudu luput saking sira | sayêktine yèku

--- 288 ---

luput saking mami | mila ywa gung tikbranta ||

8. sang dyah ayu lon umatur malih | salamine paduka bêbeda | amba sangêt lêngganane | wit raosing tyas ulun | paduka lan amba puniki | yêkti mba pêrnah tuwa | anèm sang binagus | ing satêmah sapunika | kadang anèm nêmahi pan dadya laki | milamba sangêt tikbra ||

9. sarta nguni amba dèrèng olih | ing lilahe kadang amba tuwa | mangkya wus têkèng lilahe | sinêksèn jawata gung | miwah sagung para nêrpati | yèn têtêp dadya lakya | masthi amba nurut | inggih ing sarèh paduka | lawan malih pintên kiyating pawèstri | lamun pinrih ing priya ||

10. Dananjaya lumaksana aglis | sang dyah ayu pan sinambut sigra | myang sangêt ing pangarase | rinêmih rinarungrum | sang dyah ayu tan slayèng galih | wantu samya diwasa | wus nêdhêng ing kayun | wus rêmpu tyase kalihnya | Dananjaya pangungrume anêkani | masesa ing asmara ||

11. ingkang [ing...]

--- 289 ---

[...kang] garwa sinarèkkên lirih | maras-maras tyasira wus rantas | atas têrus panitise | rêtnaning dyah kêlangkung | anênggulang mêksa tanpolih | kakung tan kêna bênggang | pangudining kayun | sang dyah lêsah anggung sayah | panyêngkahe tan pasah kawêlasasih | kakung nêkakkên karsa ||

12. kadya brêmara angisêp sari | pangungrume kakung marang sang dyah | kakung baut sang dyah canggèh | kapêrdèng sang dyah ayu | wus kaungkih madyaning nyamping | suranggana katrêsan | kakêtêgnya sumyur | anèng salêbêting tilam | kapêrjaya kutha gung ingkang ginupit | sêmune padha krasa ||

13. rara kênya pinarwasèng rêsmi | yayah murcita jroning asmara | kawratan ing pangrêmbate | katêmbèn marang kakung | Dananjaya awlas ningali | kang garwa sinungkêman | wonga-wonganipun | langkung wêlasing wardaya | gung ingaras cinêcêp-cêcêp kang lathi | pan sarwi rinarêpa ||

14. dhuh kusuma niyakaning putri | putri musthikaning jagad raya | sotyane wanita

--- 290 ---

kabèh | kêkayuning wong ayu | angayoni ayu sabumi | ing jagad tanpa sama | sasamaning ayu | yu-ayuning suralaya | pan sadaya kayungyun anglêlayoni | tumonton ayunira ||

15. sampun age gusti nglalu pati | pan dasihe ywa agung tinilar | tan kêlar nandhang wirage | dhuh wungua riningsun | sampun karya marasing galih | sang dyah datan gêlawat | katrêsan kang bayu | karingêtnya kadya siram | Dananjaya kang garwa sinambut aglis | pinondhong marang kambang ||

16. Larasati lawan Sang Sulastri | angladosi dènira asiram | sarta lawan pisaline | busana adiluhung | pan sadaya saking swarga di | Dèwi Ratih kang bêkta | wusnya siram nutug | kalihe salin busana | Dèwi Ratih kang maharjèng busana di | marang sang pinangantyan ||

17. linênggahkên ing pajangan malih | para putri myang para parêkan | mulat tan ana tuwuke | lam-lamên ing pandulu | marang ing sang pangantèn kalih | rucat paès [pa...]

--- 291 ---

[...ès] kalihnya | wêwah ayunipun | jro supêna nora nana | ingkang mirib Kusuma Banoncinawi | ayu musthikaning dyah ||

18. ya ta wau salêbêting puri | kadya kinumpul teja wangkawa | rinêngga kilat thathite | pinarnèng kuwung-kuwung | myang sasăngka lintang mariris | rêrênggan jroning pura | sadaya mas murub | myang sasotya-sinasotya | pan anawung cahyane sang rajaputri | lir andaru liwêran ||

19. ulur dulur sagunge apsari | suralaya miwah ing kaendran | pan sabên dalu praptane | pêrlune samya dulu | nunggil lawan Sang Dewi Ratih | kidung-kidungan samya | sagunge pra arum | tumone marang pangantyan | tribuwana sêpi tan na kang duwèni | ing cahya kang mangkana ||

20. yayah ngêsorkên rêsmining sasi | Sang Hyang Guru bisa têmên karya | jodho marang ing titahe | kaya kakunge iku | lah ing ngêndi isining bumi | memba Sang Dananjaya | ya ing pêkikipun | pantês lamun rinênggaa | ing

--- 292 ---

têmune dening jawata kang luwih | ngobahkên suralaya ||

21. baya iki bagusing sabumi | lan kabagusan ing suralaya | iya mung pinaro bae | ingkang sêparo namung | sinungakên ing wong kêkalih | Parta lan Kumajaya | kang sêparo didum | marang manungsa sajagad | miwah marang dewa kabèh suranadi | yèn mungguhing wanodya ||

22. iya ayu ayuning sabumi | miwah kaayon ing suralaya | ya amung pinaro bae | ingkang sêparo namung | sinungakên ing wong kêkalih | Ratih lawan Sumbadra | kang sêparo didum | marang pawèstri sajagad | lawan marang sagunge para apsari | kaendran suralaya ||

23. tan wus lamun winuwus ing tulis | ingkang sami gita ginupita | pra apsari sadayane | cinatur sabên dalu | akêramèn sajroning puri | para putri sadaya | miwah para ratu | nutug suka-parisuka | jawi lêbêt antara mung tigang ari | dewa kalih andana ||

--- 293 ---

41. Asmaradana

1. lawan Rêtna Dèwi Ratih | Gagarwati Gagarmayang | pamit mantuk kayangane | antara ing limang dina | sagunging para raja | lan saputra garwanipun | pamit kondur sowang-sowang ||

2. ing praja gya kari tistis | miwah salêbêting pura | amung Nata Pandhawane | Sang Aprabu Darmaputra | lan para ri sadaya | sawadyane sami tugur | nèng Dwarawati nagara ||

3. anggung kêramèn jro puri | Sang Aprabu Padmanaba | pan maksih sêndayèng tyase | dènnya tan atur uninga | ing kaka Sri Mandura | jroning suka rangu-rangu | nanging dahat tan kawêdal ||

4. mangkana dina sawiji | mantri tampingan tur priksa | yèn Sang Prabu Mandurane | rawuh malih saha bala | sakapraboning yuda | Kurawa sadaya tumut | ing sakapraboning aprang ||

5. sêrêng lampahe kang baris | Sang Aprabu Padmanaba | kumêpyur wau ing tyase | miyarsa ing aturira | mantri juru tampingan | de kang raka rawuhipun | sakapraboning ayuda ||

6. lan Kurawa

--- 294 ---

tumut malih | puniku sandeyanira | alon ing pangandikane | marang kang rayi Ngamarta | yayi prabu rakanta | ing Mandura mangkya rawuh | sakêpraboning ayuda ||

7. Kurawa binêkta malih | kados yèn angêmu duka | kaka paduka rawuhe | kawula tilar ing karya | hèh sira Wrêkudara | sawadyanira dèn tambuh | nanging batin dèn prayitna ||

8. watêke rakanta aji | Mandura kalumuhana | ika pan cêpak nêpsune | nanging galihe lir malam | yèn ora linawanan | gêlis lilih nuli luluh | nêpsune nora tumêka ||

9. ingsun watara wus kêni | paekane pra Kurawa | de sêru sêrêng lakune | bala sakapraboning prang | mung sira bae Bima | dèn bisa ngunjara nêpsu | sapira anggone duka ||

10. aja pisan kopiyarsi | têka guyunên kewala | sayêkti wurung nêpsune | miwah sira Gathutkaca | dèn eling wêkas ingwang | Wrêkudara sru gumuyu | iya aja mêlang driya ||

11. sun [su...]

--- 295 ---

[...n] karyane kuping tuli | măngsa ngong kêkilapana | Si Baladewa watêke | sang prabu malih ngandika | kulup Sămba dèn inggal | mapaga marang wakamu | marang sajabaning kutha ||

12. lawan Si Arya Sêtyaki | laku lancaran kewala | hèh Udawa jaba kono | dèn bisa mirapêt marang | wong Mandura Ngastina | ing sasolahbawanipun | têka ênêngna kewala ||

13. padha dèn tambuh dèn aris | wong Dwarawati Ngamarta | aja na kang karya kagèt | kagètan dhewe ya aja | manawa wong Mandura | lan Ngastina gawe saru | têka ênêngna kewala ||

14. aja ta sira sauri | lungguhan padha misaha | kumpula kancamu dhewe | wong Dwarawati Ngamarta | dadia siji wetan | aja na kang momor sambu | kulon gone wong Mandura ||

15. lan Ngastina dadi siji | katri sandika wus mêdal | Sămba Sêtyaki rowange | budhal datan mawi bala | mung lawan upacara | Udawa parentah sampun | marang sagung [sa...]

--- 296 ---

[...gung] pra dipatya ||

16. miwah sagunging prajurit | Dwarawati lan Ngamarta | ngumpul ngetan panggenane | kilèn badhe panggenannya | wadyabala Mandura | lan Kurawa lamun rawuh | wau Radèn Gathutkaca ||

17. sampun utusan amangsit | ing wadyabala Ngamarta | Pamênang Pringgadanine | sadaya kinèn prayitna | wau Sri Nata Krêsna | wus mijil saking kadhatun | lan Sang Prabu Darmaputra ||

18. tan mawi parêkan cèthi | lênggah munggèng sitibêntar | kang ngampil upacarane | mung panakawan kewala | Wrêkudara tan têbah | nèng kering gonira lungguh | Nakula Sadewa ngarsa ||

19. satriya ing Pringgadani | munggèng wurine kang rama | mangkana ing pamêthuke | Radèn Sămba Wrêsniwira | prapta jawining kutha | lan kang uwa sampun tundhuk | nêmbah alon aturira ||

20. jêng uwa ngaturan aglis | manjing salêbêting kutha | rayi paduka kalihe | wus nganti ing sitibêntar | sigra Sri Baladewa | parentah balane sampun | gumuruh [gumu...]

--- 297 ---

[...ruh] manjing jro kitha ||

21. kang munggèng ngarsanira ji | wadya Mandura sadaya | Kurawa nèng wuri kabèh | ing alun-alun wus prapta | Sang Prabu Padmanaba | wus mudhun sing sitiluhur | miwah Prabu Yudhisthira ||

22. mêthuk munggèng păncaniti | Sang Aprabu Baladewa | dipangganira kèndêle | anèng têpining têratag | têdhake tinampenan | mring kang rayi kalihipun | Sri Krêsna lan Yudhisthira ||

23. nyandhak asta kanan kering | sarwi mèsêm aturira | Sang Prabu Padmanabane | suwawi tuwan lajênga | tumamèng jroning pura | ipe paduka pukulun | katri ngajêng-ajêng samya ||

24. Sri Baladewa lingnya ris | sun arsa ngaso sadhela | lumêbu mring jro kêdhaton | mapan ingsun maksih sayah | linggihan anèng jaba | Narendra Krêsna umatur | suwawi mring sitibêntar ||

25. palênggahan wus miranti | nulya ris samya lumampah | sarwi anganthi astane | minggah marang sitibêntar | wau bala Mandura | lan Kurawa sadaya wus | nisih ngilèn [ngilè...]

--- 298 ---

[...n] balanira ||

26. dene sagung pra dipati | Mandura lawan Kurawa | pra sêntana sadayane | aglar munggèng pêlataran | nisih datan woworan | sadaya winisik sampun | ring Sang Prabu Baladewa ||

27. yèn ana rame jro puri | pra dipati pra sêntana | kabèh aja na kang tlangke | numpês ing bala Pandhawa | marma sagung prawira | Ngastina Mandura sampun | prayitna sadayanira ||

28. nyandhing gêgamane sami | sawusnya atata lênggah | pra putra pra sêntanane | Sang Aprabu Padmanaba | matur sarwi mangrêpa | dhuh pukulun kaka prabu | dèn agung kang pangaksama ||

29. de kawula kumawani | anilar ing sêsêmbahan | rayi paduka panggihe | wit saking sru pamêksanya | jawata kalihira | sarta timbalan Hyang Guru | tan kenging yèn pinopoa ||

30. dene ta sampun nêtêpi | nalika dintên punika | wulan taun myang tanggale | panggihe Parta Sumbadra | ing jangji sampun măngsa | tăndha sêkar dewadaru [de...]

--- 299 ---

[...wadaru] | wus mêkar kalih sêkarnya ||

31. mila kawula turuti | pamêksane Hyang Narada | Hyang Kamajaya adrênge | sêdya amba yèn sampurna | panggihe ri paduka | kawula lan yayi Prabu | Ngamarta lajêng kewala ||

32. mring Mandura bayangkari | ngaturkên rayi paduka | sakarsa amrih karamèn | lawan para ri sadaya | wontên nagri Mandura | botên sumêdya pukulun | yèn ngungkurna kadang tuwa ||

42. Pangkur

1. Baladewa angandika | iya yayi sira aja kuwatir | pan ora dadi tyas ingsun | sira tinggal ing karya | ing kêramèn panggihe arinirèku | ugêr wus padha raharja | dene praptaningsun iki ||

2. pan arsa angluwarana | ing kudangan ingsun kari sawiji | iya mring arinirèku | kang durung kalampahan | kala dhingin kalalèn durung kawuwus | duk ingsun anèng Mandura | mangkene pangucap mami ||

3. ariningsun Si Sumbadra | nora laki praptaning nini-nini | yèn tan antuk satriya

--- 300 ---

nung | ingkang kuwawa năngga | ing tibane nênggala lugoraningsun | lah mara age wêtokna | Si Janaka ngarsa mami ||

4. sun tibanane nênggala | lamun kêlar năngga lugora mami | sayêkti kalamun jatu- | krama lawan Sumbadra | yèn tan kêlar nadhahi sayêkti luluh | lan tugêl dening nênggala | sayêkti tan jatukrama[6] ||

5. lan rinira Si Sumbadra | payo nuli wêtokna dipun aglis | Si Janaka ngarsaningsun | Sang Prabu Padmanaba | duk miyarsa angrêrêpa dènnya matur | dhuh sang prabu kadang ingwang | dununging sêmbah ngong yêkti ||

6. nadyan silih kêkudangan | yèn tan pantês pukulun dèn lampahi | bok sampun paduka wuwus | dene dede pabênan | ingkang kadya karsa paduka puniku | tinibanan alugora | kawula arsa udani ||

7. manungsa diyu rêksasa | ingkang tribuwana kiyat nadhahi | alugora tibanipun | sampun ingkang manungsa | najan dewa nadhahana masthi lêbur | ing nêngga-

--- 301-308[7] ---

--- 309 ---

43. Durma

1. [...] boga | bingung kang turanggèsthi | de gada lugora | kumêpruk tibanira | ngalun-alun Dwarawati | lêgok anjurang | kambah ramening jurit ||

2. lir dèn dhudhuk katiban ing alugora | rug dhungkar ingkang bumi | lêbu mawalikan | malêdug ngampak-ampak | sindhung riwut drêsing angin | bayu Sang Sena | bajra riwut gumêrit ||

3. dewa-dewa prasami manadukara | ngudankên wangi-wangi | kombang prang ing tawang | liwêran mamrih kêmbang | gumêr kadya udan riris | ngrapu ngrêrêpa | mring kalih kang ajurit ||

4. cinarita apan kongsi tigang dina | ing sabên ari jurit | Prabu Baladewa | lan Radèn Wrêkudara | lamun sayah mundur sami | marang têratag | ngaso nèng păncaniti ||

5. lamun sampun ngunjuk mangsah sarêng tandang | gêgaman datan salin | mung gada lugora | gantya tibaning dhêndha | samya malumpat ngoncati | tan wontên tadhah | wau ta kang ajurit ||

6. sapraptane prang wêkasan [wê...]

--- 310 ---

[...kasan] tigang dina | sèlèh gêgaman sami | Prabu Baladewa | lan Radèn Wrêkudara | gapyuk rukêt aprang malih | candhak-cinandhak | dhupak-dhinupak sami ||

7. rame cêngkah-cinêngkah pokah-pinokah | kakahan silih ungkih | Prabu Baladewa | anggung kontal kasingsal | kantun agêng kantun inggil | namung kapara | kaduk wantêring galih ||

8. duk samana sêdhêngnya dugang-dinugang | Sri Baladewa kêni | bruk kêplèsèt tiba | tangi sêdya angrangsang | cinandhak lajêng binanting | nulya binuwang | kantêp tibanya têbih ||

9. tangi ngugut-ugut sangêt krodhanira | ing prang arsa mungkasi | anyandhak nanggala | pinusthi mungging asta | murub pucuking jêmparing | asru sêsumbar | hèh ta Bima dèn eling ||

10. tadhahana tibane nanggalaningwang | pamunahing sabumi | linêpaskên sigra | lumarap kadya kilat | Wrêkudara anadhahi | dhadhanya kêna | niba gumuling siti ||

11. Baladewa mulat yèn Sang Bima

--- 311 ---

tiba | nyandhak lugora aglis | arsa dèn êjura | Bima ing alugora | sumêbut mangsah mrih pati | cakêt mèh prapta | ênggène Bima aglis ||

12. Gathutkaca anjog saking antariksa | udhune angêjlogi | jajane kang uwa | dhinupak sru kalênggak | pinancal ing suku kalih | niba kantaka | Gathutkaca nulya glis ||

13. ingkang rama binêkta mring antariksa | pragota aningali | gustinira tiba | mungsuh wus datan ana | sigra dènnya malajêngi | wadya Mandura | sêdya ngrabasèng jurit ||

14. pan kasaru emut Prabu Baladewa | sarta kasaput wêngi | dadya mundur samya | kang arsa mangsah yuda | sapih kasaput ing wêngi | wau ta ingkang | nèng wiyat dhandhanggêndhis ||

44. Dhandhanggula

1. Gathutkaca niyup mring sitinggil | ingkang rama pan maksih kantaka | sinèlèhakên ngarsane | Sang Padmanaba Prabu | gupuh ngrangkul sarya ngungkuli | ing wijayakusuma | gumregah gya wungu | bêkuh takèn [takè...]

--- 312 ---

[...n] mungsuhira | Prabu Padmanaba gumujêng sarya ngling | lah ta wis aja-aja ||

2. ambanjurkên krodhanira jurit | wruhanira kakangmu Mandura | lamun wus mêtu budine | tan ana mungsuhipun | tribawana sayêkti tapis | tan ana kêlar nyăngga | krodhaning prang pupuh | miwah sira Gathutkaca | nora kêlar nadhahi wakamu kaki | lamun misih nanggala ||

3. ingsun dhewe kang golèkkên tandhing | kabèh karia nèng sitibêntar | sarwi gumujêng dêlinge | misih duwe wak ingsun | sêsimpênan prajurit luwih | mung iku kêlar năngga | boboting prang pupuh | kakangamu ing Mandura | pan sadaya tan ana kang graitani | linge Bathara Krêsna ||

4. nora nyana kang badhe tinandhing | ing prang lawan Prabu Baladewa | mung Arjuna sagarwane | nyana lamun satuhu | anyimpêni prajurit luwih | Sang Prabu Padmanaba | wus manjing kadhatun | wau ta ingkang winarna | kang kêkuwu nèng taman Banoncinawi [Bano...]

--- 313 ---

[...ncinawi] | satriya Dananjaya ||

5. anutugi pambanguning rêsmi | kasok ing tyas saking laminira | dènnya anandhang wirage | dèrèng kapadhan kayun | kèh pakewuh ngalang-alangi | lami saya kalingan | pêpalang lumintu | kalulun kalunta-lunta | Dananjaya mèh nglalu saking panganti | panggihe lan kang arwa[8] ||

6. marma ing tyas mèh kadya punagi | marang garwa dahat ngêla-êla | kadi tan kêna sumèlèh | katali ing sih lulut | kumalat kung kang magêrsari | maniwèng kêmbang-kêmbang | anjrah ing jinêmrum | pangudining găndawida | panggurahing rêratus jêbat kasturi | rarasing karasikan ||

7. datan wani malah angranuhi | pamudyanirèng jroning paprêman | pamuluting sih lulute | salêsih malah luluh | ing pamunahirèng mêmanis | miraba sakalihan | kang lagya sih lulut | lênggah madyaning paningrat | Sêmar Bagong Sulastri lan Larasati | samya lungguh nèng ngarsa ||

8. aglar parêkan lan para cèthi | Dananjaya dangu ramening

--- 314 ---

prang | Rarasati tur sêmbahe | tigang ari pukulun | dèrèng wontên kasor ing jurit | taksih rame kewala | dènnya silih pupuh | enjing kawula tumingal | ingkang aprang sèlèh gêgamane sami | nênggala alugora ||

9. pan ambangun aprang rukêt malih | pan arame rog silih prabata | kalih sami prakosane | raka paduka prabu | ing Ngamarta ing Dwarawati | gung gawok dènnya mulat | solahing prang pupuh | para putra pra santana | myang satriya wadya gung sadaya sêdhih | nyapih datan kawawa ||

10. dènnya sampun riwut ing ajurit | Dananjaya mèsêm angandika | apa kang dadi purwane | dadine ing prang pupuh | Rarasati matur wotsari | kawula pan miyarsa | nênggih rawuhipun | raka paduka Mandura | kêrsanipun nênggih arsa angluwari | kang kantun punaginya ||

11. kêkudanganipun duk ing nguni | dhatêng rayi paduka sang rêtna | satunggal ingkang kasupèn | sintên-sintên pukulun | ingkang kiyat [kiya...]

--- 315 ---

[...t] ing prang nadhahi | tibane alugora | lan nênggalanipun | sayêkti yèn jatukrama | inggih lawan rayi paduka jêng gusti | ing mangke karsanira ||

12. paduka kang pinundhut tumuli | wêdalipun dhatêng sitibêntar | karsa dinadar lèlère | ing alugoranipun | myang nênggala tibanirèki | adrênge karsanira | tan kenging rinapu | raka paduka Pamênang | ingkang malang dadya kabêranang galih | gapyuk candhak-cinandhak ||

13. udrêg dêdrêg wontên ing sitinggil | bangsal rêbah tratag wor suh sirna | kambah kang aprang rukête | raka paduka prabu | ing Ngamarta ing Dwarawati | gendholi tan kawawa | nyapih karsanipun | kinipatakên malêsat | ngalun-alun sagung ingkang pra dipati | Mandura lan Kurawa ||

14. pan sadaya sampun nandhang wangsit | amiyarsa rame sitibêntar | wus dugi aprang dadose | ambyuk sarêng angêbyuk | dhatêng wadya Pandhawa sami | gugup para prawira | tan antuk gèn tumpuk | worsuh [wor...]

--- 316 ---

[...suh] mungsuh lawan rowang | kathah pêjah lawan kathah nandhang kanin | dene sagêde pisah ||

15. kandhih rukêt aprang nèng sitinggil | mudhun dhatêng alun-alun samya | wadya gung sapih yudane | punika purwanipun | Dananjaya duk amiyarsi | ngungun jarêm runtiknya | mring kang raka prabu | ing Mandura karsanira | sangêt ewahing budi nganyar-anyari | anut ing Kurawendra ||

16. ambêknya kang tuhu nguni-uni | budinira wantah tan ngarenah | mangkya tan ana labête | nanging maksih sinamun | rênguning tyas ing dalêm batin | tan kawistarèng netya | kang gawa[9] tumungkul | merang sadalêming driya | marang laki miyarsa karsanirèki | kang raka ing Mandura ||

17. Dananjaya uninga ing wadi | yèn kang garwa sungkawa ing driya | de kang raka ing karsane | kang garwa gya rinangkul | lan ingaras awanti-wanti | dhuh mirah jiwaningwang | kang sawang sutèngsu | aja sira rasa-rasa | ing karsane rakanta sri narapati | kakang Prabu Mandura ||

--- 317 ---

18. payo yayi padha dèn lakoni | lah ing ngêndi gon ingsun suminggah | lamun wus dadi karsane | mung sira mirah ingsun | aja kongsi sungkawèng galih | lêbura wor lan kisma | dèn atêmah ajur | sun ora sêdya suminggah | ing dukane rakanira sri bupati | sun lakoni kewala ||

19. sang kusuma sêrêt turirèki | yèn paduka asih ing kawula | suwawi mêthukna age | yudane kakang prabu | yèn satuhu asih ing cèthi | dene ta yèn paduka | kasambut prang pupuh | kawula botên sulaya | mring paduka sayêkti sarêng tumuli | kawula suduk jiwa ||

20. prasêtyamba mring tuwan sayêkti | botên asih mring kadang sikara | yèn paduka nutut bae | namung ngêsrahkên lampus | botên purun lumawan jurit | kawula lilanana | dhingini pukulun | ing samangke suduk jiwa | Dananjaya miyarsa kadya jinait | sinambut ingkang garwa ||

21. linênggahkên nèng pangkonirèki | sarwi rinangkul ingaras-aras [ing...]

--- 318 ---

[...aras-aras] | dhuh mirah jiwaningong gèr | sampun age anglampus | paran kadya solah ngong yayi | yèn sira dhinginana | mirah dasihipun | aja dadi ing tyasira | yèn sun timbang kusuma warnanirèki | sabêting alugora ||

22. mung sasada bobotipun gusti | nanging ingsun mirah datan nêdya | angladènana yudane | rakanira sang prabu | sakarsane mring awak mami | sagung cèthi parêkan | suka dènnya dulu | mring gustine kalihira | pasamuan siniwi ing para cèthi | dènira sih-sinihan ||

23. wus tan ana kang dipun lingsêmi | anggung ngaras marang ingkang garwa | liniling munggèng pangkone | Sêmar Bagong gumuyu | nulya ngucap mring Rarasati | saiki ingsun duga | pan ana wong agung | giyuh ing galih kewuhan | lamun ora lumawana ing ajurit | kang garwa suduk jiwa ||

24. yèn lumawan ing aprang sayêkti | mungsuh ipe tur kadang nak-sanak | pan durung kolu patine | marmanya mingak-minguk |

--- 319 ---

sèwu susah lan sèwu sêdhih | gumêr sagung pawongan | kasaru kang rawuh | ingkang raka sri narendra | Dananjaya lan kang garwa kagyat nolih | gupuh dènnya tumêdhak ||

25. pan amêthuk rawuhe kaka ji | sampun tundhuk mêndhak anèng ngarsa | nêmbah cinandhak astane | kinanthi kalihipun | binêkta mring madyèng botrawi | wus tata dènnya lênggah | Sang Parta tumungkul | lan kang garwa munggwing ngarsa | Nata Krêsna awêlas dènnya ningali | mring kang raka kalihnya ||

26. sarwi gumujêng dènira angling | hèh ki ipe kayaparan sira | têka pijêr dhuwêl bae | apa ta nora ngrungu | têlung dina ramening jurit | alun-alun gêmpuran | têka nora mungup | pan ing mêngko kakangira | ing Pamênang yayi wus kasor ing jurit | tinibanan nênggala ||

27. nora pasah ing jro ingkang kêni | pan mèh bae pinindho lugora | Si Gathutkaca kêbate | rinêbut saking luhur | pan ginawa mring ngarsa mami | maksih bangêt kantaka | anèng sitiluhur [si...]

--- 320 ---

[...tiluhur] | kakangamu ing Mandura | ing krodhane datan kêna dèn sayuti | kaya-kaya wus tega ||

28. iya marang patinira yayi | kêna kamandakane Kurawa | Patih Sangkuni pintêre | dènnya angadu-adu | pan ing mêngko kakangira ji | Mandura datan liya | mung sira jinaluk | praptaa ing ngarsanira | pan kinarya angluwari pasanggiri | kang kari kudangannya ||

29. lamun sira kêlar anadhahi | ing tibane nênggala lugora | yêkti trus jatukramane | lawan garwanirèku | lamun ora kêlar nadhahi | sayêkti wurung krama | sida dadi bubuk | lah mara sira piliha | apa pasrah garwa apa anadhahi | nênggala alugora ||

30. Dananjaya matur awotsari | pan kula pukulun gih sumăngga | ing karsa paduka angrèh | lumampah ing satuduh | lêbur luluh awor lan siti | sarambut tan suminggah | gumujêng sang prabu | sarya lon dènnya ngandika | lah wis aja yayi lumawan ing jurit | bêcik padha mijila ||

--- 321 ---

45. Mijil

1. lumakua ing sawêngi iki | umarêka karo | marang kakangira Madurane | padha ngêsrahêna pati urip | lan garwanirèki | ngrungkêbana suku ||

2. aywa age ginggang sira yayi | saking pada karo | lamun durung lilih ing dukane | tangisana lan garwanirèki | kakangira aji | Mandura yèn dulu ||

3. iya marang ing sira pribadi | umarêk karongron | miwah lamun amiyarsa dhewe | iya marang tangisira sami | sapira ta yayi | iya krodhanipun ||

4. sayêktine pêpês tanpa dadi | lamun ing tyas keron | marang sira kabèh dêdukane | apa sira yayi dadak pangling | watêkane nguni | kakangira prabu ||

5. lah wis yayi mangkata dèn aglis | aywa ta kadangon | langkung awrat sang dyah ing batine | nging kapêksa ajrih ing raka ji | dadya nut ing laki | nêmbah sarêng mundur ||

6. mung Sulastri lawan Rarasati | miwah Sêmar Bagong | kang umiring wurining gustine | pêjah gêsang datan [data...]

--- 322 ---

[...n] arsa kari | parêkan myang cèthi | sadaya pan kantun ||

7. sapraptane jawi tamansari | kang garwa pinondho[10] | manjing barisan ing Madurane | datan ana wadya kang udani | wau kang winarni | nênggih sang aprabu ||

8. ing Mandura pan maksih alinggih | madyaning pakuwon | Patih Pragota lan Prabawane | ingkang tansah lungguh ing ngarsa ji | aglar para mantri | ngandhaping têtarub ||

9. miwah sagung kang para prajurit | sadaya mirantos | datan têbih lawan gêgamane | mulat lamun gustinira maksih | krodhane ajurit | muka sumung-sumung ||

10. jajanya bang kadya wora-wari | riwene darodos | netra ringas galak pangliringe | anggung gênjot pêpadoning lathi | alugora maksih | sinandhing ing lungguh ||

11. sri bupati angandika wêngis | pragota sira non | sapa ngrêbut Si Bima rubuhe | arsa sun jur alugora mami | nulya na jlog saking | ngawiyat anubruk ||

12. sarwi dhupak asru jaja mami |

--- 323 ---

sumaput mring panon | sapiraa tyas ingsun cuwane | dene dahat tambuh ing ajurit | Pragota wotsari | saking doh kadulu ||

13. putra paduka ing Pringgadani | saking wiyat anjog | Prabu Baladewa sru dêlinge | lah ta iya antinên ing benjing | rasane tyas mami | tiba antakamu ||

14. sesuk padha mulata wiyati | lamun ana katon | nadyan luhur mega panggonane | sun tibanane nênggala mami | pêpèdhês si anjing | ing prang sok anambuh ||

15. besuk esuk Pragota yèn misih | yayi prabu wangkot | Si Janaka sun jaluk tan awèh | ngong antêbi alugora mami | yèn mêksa ngukuhi | Pragota ywa tanggung ||

16. ênggon ingsun ngarêpakên jurit | tan wruh kadang anom | kudu asih mring Pandhawa bae | kabèh wadyabala Dwarawati | yèn kontap ing jurit | têmpuhên ing besuk ||

17. Kurawa samêktaa kang enjing | sun sêdya rêrêmpon |

--- 324 ---

kyana patih sandika ature | dhuh pukulun amba tur udani | kala wingi ratri | abdinta pukulun ||

18. pun Udawa angintuni tulis | amangsit wêwados | yèn Kurawa tan tuhu ature | ngakên binegal anèng wanadri | mring wong Pringgadani | ngrêbat mesa danu ||

19. lawan arinta ing Judhipati | Kurawa pan goroh | ingkang begal inggih ta pyambake | kamuk dening danu bosah-basih | sang prabu ngling wêngis | apa kang kawuwus ||

20. goroh têmên wis nora ngong pikir | samêngko kang katon | mung Sang Sêna tyas ingsun cuwane | sira iki tan trima ing batin | yèn sun durung musthi | katri murdanipun ||

21. durung lêga rasane tyas mami | suka matia wor | lan Pandhawa besuk esuk bae | yèn ajaa sun ngeman ningali | marang wadya mami | prang wêngi yèn worsuh ||

22. sayêktine ing sawêngi iki | sun gawe rêrêmpon | ingsun tumpês saanake kabèh | Patih Pragota tumungkul [tumungku...]

--- 325 ---

[...l] ajrih | myat dukaning gusti | tingalnya kumutug ||

23. dèrèng dugi ngandika sang aji | kagyat kang dumrojog | Dananjaya kalawan garwane | lajêng nungkêmi padanira ji | ngungun ingkang sami | munggèng ngarsanipun ||

24. Pragota lan Prabawa ningali | andongong malompong | mulat ingkang karongron tingkahe | dene lagya mêntas dèn rasani | ingajap tan sipi | Parta praptanipun ||

25. mangke têmah umarêk pribadi | sarta sakarongron | ragi maras Pragota atine | bokmanawa gustinira misih | mring Radèn Pêrmadi | nênggih krodhanipun ||

26. ya ta wau kang nungkêmi kalih | waspanya drês miyos | sang kusuma wor tangis ature | dhuh pukulun kakang prabu aglis | pêjahana mami | yèn paduka sampun ||

27. bosên miyat marang kadang èstri | danawa lêlakon | dahat papa druhaka slamine | urip datan sasamèng dumadi | andina gung dadi | dêdalaning dudu [du...]

--- 326 ---

[...du] ||

28. lare praptèng diwasa tan mari | lêng tumêkèng layon | pangêluse nguni sabên mêlèk | mêksih cilik gung dèn olak-alik | suthik dèn thik-uthik | pathok kinèn mêthuk ||

29. durung panggih gung dèn ungkah-ungkih | mèh-mèh bae kegoh | yèn ajaa kukuh pan wus kongkèh | praptèng êndon wus kêlakon panggih | têmahan amanggih | bêbaya binubuh ||

30. ubayane têka ambayani | pakewuhe wuwoh | sapa bisa nglakoni karsane | lêng cupêtên lêlakon puniki | raganingsun iki | aywa wèt tumuwuh ||

31. sang aprabu tyase lir jinait | myarsa tur sang sinom | sirna kadya sinapon dukane | karasèng tyas duk ing nguni-uni | Rahadèn Pêrmadi | kathah dananipun ||

46. Asmaradana

1. lawan ature Ki Patih | Pragota ingkang ginagas | Kurawa pantês cidrane | nora tuhu aturira | rumasa kang sarira | kaganasên krodhanipun | mring ari nata Pandhawa [Pa...]

--- 327 ---

[...ndhawa] ||

2. nora nganggo dèn saringi | Kurawa wêwadulira | pan satuhu lan dorane | nanging sinamun netyanya | yèn wus lilih kang duka | ya ta wau sang aprabu | kadya misih dukanira ||

3. asora sêrêng dènnya ngling | gêrêng sarwi gigit waja | iki katêkan tyas ingong | dene wus sun ajap-ajap | Janaka praptanira | nora susah ingsun jujul | mangrurah sajroning pura ||

4. tibane lugora mami | marang sira dumadakan | munyuk-munyuk têka dhewe | hèh Pragota parènèkna | yèku lugoraningwang | iki sun dadèkne awu | aja wèt kadêlêng mata ||

5. sang rêtna miyarsa anjrit | gapyuk mangrangkul ing priya | sinungakên pungkurane | sarya sru dènira mojar | payo kakang dèn enggal | jurên barêng lawan ingsun | ywa kongsi sulaya dina ||

6. dene ta kapati-pati | kakang prabu dukanira | wong iki apa dosane | arsa dèn jur alugora | dene

--- 328 ---

pundhutan dika | sadaya tinêkan sampun | tan wontên kirang satunggal ||

7. punapa dosane naming | dumèh dhaup lawan kula | dèn patènana bênêre | inggih kawula kewala | ingkang adamêl dosa | dene kula dadak purun | nglakoni kudanganira ||

8. miwah kudanganirèki | jêng rama prabu suwarga | pinacang sangkaning rare | kongsi praptane diwasa | dhèwèke sok amêksa | dèn lakoni dadi luput | lah ta dawêg patènana ||

9. kula andhêmi pribadi | jurên alugora dika | sampun anggêgawa ngakèh | wong punika botên dosa | kakang prabu mring dika | jurên dèn atêmah bubuk | inggih kawula kewala ||

10. rama ibu kang wus swargi | kawula nusul palastra | nèng dunya datanpa gawe | suwita dhumatêng kadang | kawula botên bisa | tinurut parentahipun | ing wasana dados salah ||

11. tan tinurut têmah sisip | kang pundi linampahana [linampaha...]

--- 329 ---

[...na] | dumèh wus umadêg katong | anggêpe dhumatêng kadang | karya sawênang-wênang | luhung kula nusul lampus | tan sagêd kula ngawula ||

12. mindhak wêwah dosa mami | wèh cilaka tanpa dosa | margi saking awak ingong | ya jagad dewa bathara | ing pundi lêrês kula | mopo luput nurut luput | yèn kèndêl kewala lêpat ||

13. Rarasati lan Sulastri | nèng ngarsa sami karuna | Sêmar Bagong anggêlolo | pan sarwi akitrang-kitrang | Pragota lan Prabawa | lir sinêndhal galihipun | sri bupati ing Mandura ||

14. miyarsa sambating rayi | kalihe sinambut sigra | linênggahakên pangkone | Arjuna nèng pupu kanan | Sumbadra pupu kiwa | ingarasan kalihipun | gumujêng sarwi ngandika ||

15. dadi sira dhêmên yayi | iya marang Si Janaka | dene kapati tan awèh | ingsun jur ing alugora | matura kang pasaja | sang rêtna nêmbah tumungkul | mung mêsakakên kewala ||

16. sang prabu gumujêng [gumu...]

--- 330 ---

[...jêng] bêlik | sarwi sru dènnya ngandika | hèh Janaka sira priye | apa dhêmên mring riningwang | Arjuna matur nêmbah | pan inggih rêmên saèstu | inggih asih inggih trêsna ||

17. latah-latah sri bupati | hèh Pragota lan Prabawa | sawangên gustimu kiye | apa pantês apa ora | gustimu karo pisan | lungguh anèng pangkon ingsun | Pragota umatur nêmbah ||

18. sarwi gumujêng turnèki | gusti langkung pantêsira | rayi paduka kalihe | kadya lintang wor ing wulan | munggèng pangkon paduka | tuhu kalihe piturun | saking ing Endrabawana ||

19. langkung suka sri bupati | Pragota ingsun tan nyana | marang gustinira kiye | dene duk ingsun lêlana | lare praptèng diwasa | pan ora bisa calathu | gumuyu nangis tan bisa ||

20. mêngko wus kalakon laki | bojone arsa sun lunas | sambate kaya cêthèthèt | nora kêna sinêlanan | mênêng dènnya karuna | pulih antêng ariningsun [arining...]

--- 331 ---

[...sun] | bêgjane Si Dananjaya ||

21. Rarasati lan Sulastri | tumungkul gumuyu suka | mulat marang ing gustine | Sêmar Bagong cikrak-cikrak | lêlewa jajogedan | datan nyana duka prabu | yèn mangkono dadinira ||

22. sang prabu ngandika aris | lah ta wis yayi muliha | matura mring yayi katong | yèn wus lilih krodhaningwang | yèn suwe nora prapta | sayêktine yayi prabu | bangêt dènnya ngarsa-arsa ||

23. gawe sumêlanging galih | ingsun nusul benjang enjang | sang rêtna alon ature | kawula sangêt lênggana | yèn tan sarêng paduka | suka gumujêng sang prabu | bocah iki isih maras ||

24. payo barêng lawan mami | hèh Pragota undhangana | kancamu Mandura kabèh | ngumpula lawan Pandhawa | aja sira wêwarta | marang wong Ngastina iku | dimène kagèt kewala ||

25. patih sandika turnèki | sang prabu sigra tumêdhak | kang rayi kalih pinondhong | sami tan sinung

--- 332 ---

lumampah | suka kang samya mulat | Ki Patih Pragota sampun | budhalakên barisira ||

26. ngumpul ngetan dadi siji | sagunge bala Kurawa | sarêng aningali gègèr | gugup bubar kathetheran | budhal tunjang-tinunjang | lumayu arêbut dhucung | nanging lastari kewala ||

27. tan ana ingkang dahwèni | mangkana Sri Padmanaba | lan kang rayi Ngamartane | mêthuk têpining têratag | myang sagung para putra | Prabu Baladewa dulu | sigra kang anèng êmbanan ||

28. kalihe sinèlèh lirih | kinanthi astane samya | suka kang tumingal kabèh | Sang Aprabu Padmanaba | lan Prabu Yudhisthira | sarwi mèsêm tundhukipun | ngrêrêpa ngaturi lênggah ||

29. lajêng tumamèng jro puri | sigra sarêng lampahira | sami kêkanthèn astane | pramèswari mêthuk samya | mring kang raka Mandura | lajêng samya ngraup suku | sakalangkung sukèng driya ||

30. sinungsung sukaning galih | sri bupati ing Mandura | mring para ri sadayane | karamè-

--- [0] ---

[Grafik]

Prabu Matswapati ing praja Wiratha, Prabu Drupada ing praja Cêmpala, Radèn Wirasăngka, putra Wiratha, Sang Hyang Narada, Prabu Bisawarna ing praja Singgêla.

Prabu Darmakusuma, ing praja Ngamarta, Radèn Nakula, Sadewa, satriya ing Sawojajar, Arya Wrêkudara, satriya ing Jodhipati, Radèn Gathutkaca, satriya ing Pringgadani.

--- [0] ---

[Grafik]

Prabu Darmakusuma, Prabu Krêsna, Radèn Sêtyaki.

Prabu Baladewa, Radèn Wisatha, Radèn Walmuka.

--- 333 ---

n sajroning pura | siyang dalu drawina | ingkang raka datan sinung | sare nèng pakuwonira ||

31. saingga kadya punagi | ingkang para ri sadaya | dènnya ngladosi karsane | mring kang raka ing Mandura | ingêmong sakarsanya | miwah ing jawi gumuruh | wadyabala ing Mandura ||

32. miwah wadya Dwarawati | tuwin bala ing Ngamarta | pra dipati sadayane | suka samya nutug suka | ana ing pagêlaran | Ki Patih Udawa bikut | sakancane pra dipatya ||

33. dènnya sami angladosi | ing tamu mrih sukanira | lumintu pasugatane | kunêng kang lagya mrih suka | mantri tampingan prapta | saking lèr myang saking kidul | samya ngaturi uninga ||

34. yèn wontên dêdamêl prapti | kang saking kidul barisnya | yaksendra Garbarucine | nama Prabu Sindhunggarba | nguni kang atur surat | tanpa wilis wadyanipun | baris sakiduling kitha ||

35. ingkang saking lèr nagari | Sang Aprabu Kaladênta | kadya samodra balane | narpati [narpa...]

--- 334 ---

[...ti] ing Ngambarmuka | inggih ratu kang samya | atur nawala rumuhun | baris pajêg lèring kitha ||

36. mèsêm Prabu Harimurti | umatur marang kang raka | Sri Baladewa nulya ge | animbali pra santana | myang sagung para putra | pra dipati sadaya wus | manjing jro pura andurma ||

47. Durma

1. Prabu Baladewa Prabu Padmanaba | Prabu Yudhisthira Ji | Arya Wrêkudara | munggèng keringing raka | Nakula Sadewa ngarsi | Satyaki Sămba | miwah Sang Bimasiwi ||

2. Pragota lan Prabawa miwah Udawa | sampun munggèng ngarsa ji | Sang Andakawana | pêpatih ing Ngamarta | pêpatih ing Judhipati | Baratkatiga | aglar munggèng ing ngarsi ||

3. Patih Madukara ran Radèn Sucitra | putra ing Rajapêthi | Prabu Baladewa | asru dènnya ngandika | yayi Prabu Dwarawati | paran karsanta | warnane mungsuh iki ||

4. ingkang kidul ditya kang êlor manungsa | Sang Prabu Harimurti | alon aturira | sumăngga ing paduka |

--- 335 ---

Sri Baladewa sru angling | hèh Wrêkudara | sira ingsun bubuhi ||

5. mungsuh ditya iya lan Si Gathutkaca | kang ana ing lèr mami | lan Si Wrêsniwira | yayi prabu kalihnya | dèn enak anèng jro puri | myang pangantènnya | aja na milu jurit ||

6. ingsun dhewe lan Si Arya Wrêkudara | kaya-kaya nguwisi | Nakula Sadewa | Sămba padha kèria | atunggua yayi aji | anèng jro pura | Wrêkudara sru angling ||

7. yèn mangkono ayo aja kalayatan | budhal sadina iki | Prabu Baladewa | dhawuh nêmbang têngara | Prabawa Pragota aglis | lan Wrêsniwira | tuwin sagung dipati ||

8. mêdal jawi sadaya anata bala | miwah Sang Bimasiwi | wus sami samêkta | Sang Prabu Baladewa | lawan Wrêkudara mijil | saking jro pura | kabèh sagunging baris ||

9. sarêng nêmbang têngara sarêng abudhal | wong agung Judhipati | lawan Gathutkaca | ngidul sabalanira | gumêrgut lampahing baris |

--- 336 ---

Sri Baladewa | lawan Arya Sêtyaki ||

10. budhal ngalor saha wadyabalanira | wau ta kang winarni | Radèn Wrêkudara | asru dènnya ngandika | hèh Gathutkaca dèn aglis | sabalanira | ing prang nacaka dhingin ||

11. padha buta sun tontone yudanira | akèh mungsuhirèki | lawan balanira | tikêl sapuluh ana | balamu mawaa titik | panganggonira | lan mungsuh aja sami ||

12. Gathutkaca umatur bala kawula | sampun kula têngêri | trênggos kulukira | sanès kêlawan mêngsah | Wrêkudara anauri | mêngko yèn sayah | kulup ingsun tulungi ||

13. Gathutkaca matur nêmbah sigra mangsah | sabalane tan kari | nunjang ing ayuda | gustine munggèng ngarsa | tadhah Ditya Garbaruci | kuwêl ing aprang | rame rok silih ungkih ||

14. sami ditya arame cakra-cinakra | nênggala palu piling | musala lugora | limpung lori trisula | dhêndha gandhi kalawahi | têmpuh ubêkan | wil bala Pringgadani [Pring...]

--- 337 ---

[...gadani] ||

15. naming kalih èwu sadaya pilihan | gagalan wus ingulig | marang gustinira | rosa têguh wêntala | tandhing jitus datan bali | nêpak angidak | mungsuh ambyuk ngêbyuki ||

16. Gathutkaca tinut ing bala pamuknya | gumulung agulungi | rong èwu gagalan | tan kêna tinanggulang | kadya ladhu banjir wukir | anggro anunjang | jujur ganjuring jurit ||

17. lir bêngawan banjir nêmpuh ing sungapan | kras bantêr ingkang warih | nusup ing ayuda | Wil Garbaruci pindha | samodra rob ingkang warih | rumêbut ing prang | kanan kering nangkêbi ||

18. Wrêkudara mulat yudane kang putra | langkung sukaning galih | mung rong èwu ditya | mungsuhe lir samodra | kinêmbulan ing ajurit | datan rinasa | ngamuk nêngah mangungkih ||

19. ingkang panggah-panggah kabarubah rêbah | balasah bosah-basih | mungsuh kang nèng ngarsa | pirang atus swuh sirna | tan rinasa wuri malih | timbun matambah | ambyuk sarêng ngêbyuki ||

20. Wrêkudara [Wrêkuda...]

--- 338 ---

[...ra] angguguk ing gujêngira | têkên gadanirèki | lan sawadyanira | sadaya têkên gada | dhêdhêg dèrèng dèn lilani | tulung ing aprang | wusnya dangu sru angling ||

21. lah ta payo iki wus sêdhênge bocah | têtulung ing ajurit | ika gustinira | sabalane mèh sayah | wus akèh olèh pêpati | kaya yèn ora | katawur ing ajurit ||

22. buta Pringgadani rong èwu katara | kuluk tarênggos rukmi | rong èwu pan padha | saparane katara | sandika ature sami | sarêng umangsah | numbuk nunjang ing jurit ||

23. Wrêkudara angambul panggadanira | sawadyanira sami | kadya mong sayuta | galak angrunjang mêngsah | kang kêparak tumpês tapis | dening Sang Sena | balanya golong pipis ||

24. tanpa rungyan panggrone buta kabranan | bruk tibane kang bindi | kêpruking lugora | lir giri gara-gara | gora rèh anggêgirisi | goraning swara | gumuruh gêgêtêri ||

25. kunêng ingkang

--- 339 ---

rame ing prang kidul kitha | wong agung Judhipati | lawan ingkang putra | Rahadèn Gathutkaca | mêngsah ditya Garbaruci | gantya kocapa | kang marang lor nagari ||

26. Prabu Baladewa lawan Wrêsniwira | sawadyane wus prapti | gèn barisanira | Sang Prabu Ngambarmuka | lajêng campuh ing ajurit | Sri Baladewa | ngungkurkên sri dipati ||

48. Pangkur

1. laju ngawaki priyăngga | ngikal alugora mungguh ing ngarsi | Puspadênta wuru ngamuk | Pragota lan Prabawa | parêng ambyuk prajurit Mandura ambyuk | kalih èwu kang binêkta | marang nagri Dwarawati ||

2. nanging sami pêpilihan | dene wadyanira kang pra dipati | myang pêpatih kalihipun | kalih èwu sadaya | patih kalih pan sèwu prajuritipun | dene Radèn Wrêsniwira | mung bêkta sèwu prajurit ||

3. sarêng nunjang ing ayuda | wadyabala Ngambarmuka nadhahi | panggah samya suranipun | prajurit Ngambarmuka | anèng sabrang sabên aprang

--- 340 ---

soroh amuk | nate atandhing sumêngka | pan ing mangke angêrobi ||

4. marma tan nêdya angidak | ngilês ing prang wasana dèn dhingini | nêdya mêmungkasi ngamuk | rame ulêng-ulêngan | silih palu nênggala trisula limpung | caruk rok cakra candrasa | pinapag dhêndha myang bindi ||

5. gada ukêl alugora | ulêng piling dêdêran punggal lori | kèh prawira liru têmbung | rame sêbrak-sinêbrak | ulêng pulêt-pinulêt pupuh-pinupuh | ana kang buwang gêgaman | caruk rukêt ing ajurit ||

6. kakahan pokah-pinokah | bangkol cêngkah bakuh ungkih-ingungkih | dugangan dêkung-dinêkung | ana sêndhal-sinêndhal | ana gêlut pulêtan pêluk-pinêluk | sepakan dhupak-dhinupak | ana kang banting-binanting ||

7. sri bupati ing Mandura | dènnya ngamuk anut badhating èsthi | puspadênta nubruk-nubruk | akèh prawira rêbah | kèlês dening alugora ajur mumur | Pragota lawan Prabawa |

--- 341 ---

kalih sami ngundha bindi ||

8. nèng ngarsane gustinira | mobat-mabit ngiwa nêngên matèni | myang sagung punggawanipun | Mandura anglir singa | sayuta mrih pangamuke sarêng liwung | miwah Arya Wrêsniwira | pangamuke golong pipis ||

9. lan sèwu prajuritira | kathah samya mungsuhe tumpês tapis | kang panggah-panggah kabrubuh | bosah-basih balasah | gègèr bala Ngambarmuka prange ngêluk | kalulun kang pra dipatya | bênggange mêngsahirèki ||

10. mangkana duk kauningan | Prabu Kaladênta krodha tan sipi | dene wadyanya kèh lampus | mundur kasêrêg ing prang | pra dipati kalulun bala angêluk | pamuking mungsuh katingal | kadi buta măngsa daging ||

11. jujur banjuring ayuda | sang aprabu krodha ngawaki jurit | drêgakên dipangganipun | anama pun kawêrga | dhase putih rong dipăngga agêngipun | sami lan pun puspadênta | prasami kèdhêp ing janmi ||

12. kang nitih dhasar sêmbada | ngikal limpung ngarab-arab [ngarab-a...]

--- 342 ---

[...rab] ngajrihi | gumrêgut pangayapipun | prajurit jro sadaya | kalih èwu andêling prang kinaryamuk | sakawan punggawanira | gangsal lan rêkyana patih ||

13. balane dèrèng mangsah prang | kang rumêksa anèng wurine gusti | pangajênge kawan èwu | para mantri prawira | Kyana Patih Kaladaru duk andulu | miwah punggawa sakawan | gustine ngawaki jurit ||

14. gugup sarêng dènnya mangsah | saha bala kumrutug rêbut dhingin | ingkang wus umajêng campuh | sadaya wangsul samya | nêmpuh ing prang anglancangi gustinipun | wadyabala ing Mandura | myang Dwarawati nadhahi ||

15. panggah dadya ramening prang | liru papan putêran silih ungkih | wadya Mandura kajuju | sing wuri prapta nunjang | Sri Mandura dupi awas dènnya dulu | yèn wadyanira karoban | mangsah manêngah pêpulih ||

16. sanjatanira lugora | mobat-mabit kèh mêngsah kang kapipis | sang nata sêsumbar asru | lah sapa yun palastra | papagêna iki Sri Mandura Prabu [Pra...]

--- 343 ---

[...bu] | êndi Ratu Ngambarmuka | payo kene tandhing jurit ||

17. Kaladênta duk miyarsa | krodha mêmpêng asru dènira angling | hèh kalingane sirèku | ratune wong Mandura | ingkang nampik nguni ing panglamar ingsun | ingkang sira ajap-ajap | yaiki rupanirèki ||

18. ratu gung ing Ngambarmuka | Kaladênta Prabu ingkang linuwih | măndra prakosa dibya nung | ing aprang tanpa lawan | suka Prabu Baladewa ngandika sru | iya dhasar ingsun ajap | payo kene padha wani ||

49. Sinom

1. sêdhêng tandhing lawan ingwang | sirèku kalawan mami | nora ana kang kuciwa | padha ratu gambèn jurit | aja na nguciwani | ing ayuda padha ratu | dèn padha ngungsi pêjah | Prabu Kaladênta angling | lah ta iya ing kene padha prawira ||

2. kaya-kaya nora cuwa | sira prang kalawan mami | sigra nêmpuh kalihira | titihanira sang kalih | gapyuk têmpuhing èsthi | têlale pulêtan pêluk | gathuk gadhing sakawan | nusup ing andhêman [andhêma...]

--- 344 ---

[...n] kalih | kuwêl kèkèt kalihe datan kêna wal ||

3. udrêg mubêng liru papan | dêdêr-dinêdêr prasami | rog midêr kèdêr putêran | kang nitih wong agung kalih | sami tutug mrih titih | arame pupuh-pinupuh | gada lan alugora | pur pupug papag prasami | mijil agni swaranya lir gêlap sasra ||

4. kapilêng ingkang miyarsa | dipăngga kawratan kalih | kapadal dening panunggang | kalih dhêkêm prasamyanjrit | masih durung wal sami | adu gadhingira gathuk | kancing lir pinijêran | apulêt talale kalih | ingkang nitih kalihira dèrèng ewah ||

5. munggèng saluhur dipăngga | Sri Baladewa sru angling | hèh ta Prabu Kaladênta | payo padha lèrèn dhingin | mêngko yèn wis padha ring | alêkas manèh prang pupuh | kalawan iki gajah | padha dhêkêmira kalih | mratandhani lamun sangêt sayahira ||

6. gajahmu êndhase seta | sapa ta aranirèki | de idhêp basane janma | gêdhe dhuwure [dhuwur...]

--- 345 ---

[...e] tan sisip | kalawan gajah mami | mung kacèk ulêse pingul | ya pakanane apa | tuwin ombèn-ombènnèki | anauri Sri Bupati Kaladênta ||

7. ya kawêrga aranira | ya iki dipăngga mami | sêga wuduk pakanannya | tadhahe ingsun pancèni | iya ing sabên ari | iya pitung puluh tumbu | tumbune tumbu bodhag | jênèwêr inumannèki | rolas kèlèr sabên ari tadhahira ||

8. gumujêng Sri Baladewa | angguguk sarwi sru angling | yèn mangkono tan piraa | iya durung amadhani | kalawan gajah mami | pakanane sêga wudug | ya sangang puluh bodhag | wuwuh sêgane kêbuli | têlung puluh bodhag ing sadinanira ||

9. dene ta inumanira | sawidak kèlèr branduwin | têlung kèlèr anisètnya | lan konyake limang losin | sigra sarêng ngabani | mring dipăngga kalihipun | anggro sarêng adêgnya | dêdrêg udrêg silih ungkih | kal-ingungkal dhosok-dhinosok [dho...]

--- 346 ---

[...sok-dhinosok] kalihnya ||

10. kang nitih dhêndha-dhinêndha | dêdêr-dinêdêr mrih titih | gada lawan alugora | pur pupug datan nêdhasi | binuwang sarêng mamrih | candhak-cinandhak sarêng pyuk | tarik-tinarik gantya | kuwat prakosane sami | samya eram sagunge ingkang tumingal ||

11. Sri Bupati Baladewa | sinêndhal êmèh katarik | saking dipăngga wus rênggang | anyandhak nênggala aglis | Sri Kaladênta kêni | jangganira dipun gayuh | ginanthol ing nênggala | sarêng lan tibaning èsthi | dyan dhinupak jajane Sri Kaladênta ||

12. pêjah gumêbrug nèng kisma | balane kagyat ningali | ratune kasor ing yuda | pêjah sarêng lawan èsthi | prajurit para mantri | myang dipati sadayèku | sakantune kang pêjah | sumêdya bela ngajurit | mring gustine sarêng mangsah ing ayuda ||

13. angrubung mring Baladewa | katadhahan marang èsthi | pun puspadênta ambêdhat | Pragota Rêkyana Patih | lawan Radèn [Radè...]

--- 347 ---

[...n] Sêtyaki | sawadya sarêng umagut | nangkêbi saking wuntat | wong Ngambarmuka sirnanting | datan ana ingkang kiwul ing ayuda ||

14. pra dipati têtumpêsan | prajurit tanapi mantri | gêmpang suh sirna sadaya | siji tan ana kang kari | mung kantun wadya alit | lumayu arêbut dhucung | mawur bubar sasaran | wadya ing Mandura sami | miwah wadya Dwarawati ingawêran ||

15. tan ana ingkang ngucira | punggawa tri nandhang kanin | mantri jro ingkang palastra | dènnya aprang kalih ari | salawe nandhang kanin | patih kalih wadyanipun | tanapi pra dipatya | ingkang pêjah ing ajurit | tigang atus ingkang kanin mung têtiga ||

16. prajurit mung tiga bêlah | wadyabala Dwarawati | salawe ingkang pralaya | salawe anandhang kanin | mungsuh datanpa wilis | kêthèn yutan ingkang lampus | Sang Prabu Baladewa | langkung sukanirèng galih | sigra dhawuh bubarakên barisira ||

17. kondur malêbêt ing kitha | kunêng wau kang winarni |

--- 348 ---

ingkang mêngsah ing ayuda | wong agung ing Judhipati | anèng kidul nagari | kanthi lawan putranipun | Rahadèn Gathutkaca | satriya ing Pringgadani | sawadyanya prang angamuk tigang dina ||

18. wadya ditya mêngsahira | ingkang saking Garbaruci | ngêrobi kathahing wadya | tandange ngurugi pati | tan wus lamun winarni | ramenira ing prang pupuh | praptane tigang dina | wêkasanira ngajurit | Sang Aprabu Sindhunggarba wus pralaya ||

19. anèng satêngahing rana | Sena kang mrawasèng jurit | miwah Patih Amonggarba | pêdhot gulune pinuntir | mring putra Pringgadani | tumpêsan prajuritipun | tanapi pra dipatya | kang urip sadaya giris | bubar larut lumayu asalang tunjang ||

20. sasaran arêbut gêsang | tuhu dèn mong jawata di | satriya Tunggulpamênang | lan atma ing Pringgadani | rinoban pirang kêthi | wadya tikêle lan mungsuh | mungsuhe têtumpêsan | wadyane tan kalong siji | namung ana sawatara [sawata...]

--- 349 ---

[...ra] nandhang brana ||

21. kang tatu maksih kawawa | asikêp gêgaman jurit | mundur saking pabaratan | sawadyabala tan kèri | tuwin wadyanirèki | kang putra sadayanipun | Rahadèn Gathutkaca | umiring ramanirèki | alon-lonan lêbête dhatêng ing kitha ||

22. sarêng lawan praptanira | kang saking ing lèr nagari | Sang Aprabu Baladewa | tanapi Radèn Sêtyaki | Sang Prabu Harimurti | lan Nata Ngamarta mêthuk | wontên ing pagêlaran | Andakawana tinuding | sawadyane mêthuk manis jawi kitha ||

50. Dhandhanggula

1. dangu nganti anèng păncaniti | ingkang raka tundhuk ingaturan | laju maring jro purane | Wrêkudara tan kantun | Gathutkaca miwah Sêtyaki | wadya gung masanggrahan | wau kang ngadhatun | Narpati Nata Ngamarta | tuwin katri pramèswari Dwarawati | Sang Parta lan kang garwa ||

2. mêthuk munggèng palataran sami | mring kang raka Sang Prabu Mandura | tundhuk mangraup padane | cinandhak kalihipun | gya kinanthi ing

--- 350 ---

kanan kering | wus tata dènnya lênggah | munggèng dalêm agung | Prabu Baladewa miwah | Wrêkudara ajarwa solahing jurit | dènnya marwasèng mêngsah ||

3. langkung suka kang samya miyarsi | lajêng sami drawina jro pura | ing siyang dalu karamèn | narpati kalihipun | ing Ngamarta myang Dwarawati | sagarwa putranira | siyang praptèng dalu | dènnya mrih sukaning raka | ing Mandura sinungsung sukaning galih | rinojong ing sakarsa ||

4. wus mangkana praptèng antara ri | catur dina dènnya amrih suka | Sang Prabu Darmaputrane | pamit angundhuh mantu | ingkang putra ing Pringgadani | Nakula lan Sadewa | kang kinèn rumuhun | lan sawadyabalanira | wus samêkta budhal saking Dwarawati | antara tigang dina ||

5. wuri budhal Sang Yudhisthira Ji | lawan ingkang raka ing Mandura | Sri Padmanaba wusdene | sagarwa putranipun | saha bala ambayangkari | marang sang pinangantyan | wau kang winuwus | kang dhingini antukira | Gathutkaca Nakula [Naku...]

--- 351 ---

[...la] Sadewa prapti | ing nagari Ngamarta ||

6. lajêng mangun rêrêngganing kardi | ing jro pura miwah panangkilan | wus samêkta sadayane | pasowan ngalun-alun | sampun sami dipun tarubi | antara patang dina | wau rawuhipun | pangantèn sajroning pura | datan pae duk ana ing Dwarawati | lampah asrining bala ||

7. para garwa ingkang ngrumiyini | manjing pura lan sang pinangantyan | nulya sang prabu katrine | lajêng manjing kadhatun | para putra santana sami | kang tumut manjing pura | dene kang wadya gung | tata sami masanggrahan | pra dipati aglar anèng păncaniti | wau ta jroning pura ||

8. pan cinêndhak ramening sakarti | dènnya amrih suka-parisuka | Sang Prabu Darmaputrane | sakadang warganipun | marang raka sang prabu kalih | pangrêngganing sakarsa | sukanya tinutug | sajroning anèng Ngamarta | tan pae lan duk anèng ing Dwarawati | suka anutug suka ||

9. miwah sagung ingkang pra dipati | Dwarawati Mandura Ngamarta | sawadyabalane

--- 352 ---

kabèh | kasukan siyang dalu | ciptaning tyas wus dadi siji | tan ana tinataa | tri nagara kumpul | wus prapta antara dina | ing sapta ri sanega ambayangkari | marang nagri Mandura ||

10. Patih Pragota kinèn dhingini | saha bala mantuk mring Mandura | ginêlak marga lampahe | antara tigang dalu | sumusule sang prabu katri | budhal saking Ngamarta | sawadyabala gung | tan owah pangrêngganira | mring pangantèn asrining lampah nèng margi | risang prabu katiga ||

11. saha gawa saputranirèki | pra santana miwah pra dipatya | lawan saupacarane | satunggul payung agung | ing samarga tan pêgat dadi | tontonan urut marga | jêjêl lampahipun | miwah kang para jawata | lawan widadari sami nêningali | ngudankên kêmbang-kêmbang ||

12. samya têdhuh madyaning wiyati | saking kèhing kang para jawata | baskara surêm sorote | wèh ayêming lumaku | datan wontên sayahe sami | angine sawatara | amawa

--- 353 ---

rum-arum | lamine datan winarna | anèng marga cinêndhak pan sampun prapti | jroning kitha Mandura ||

13. saantukira Rêkyana Patih | Pragota antara pitung dina | wus samêkta sadayane | rêngganing lurung-lurung | wingking sinung tuwuhan sami | ing sabên pêrapatan | sinungan palêngkung | winarna kêmbang-kêmbangan | myang rêngganing alun-alun păncaniti | sêsakaning têratag ||

14. samya sinung tuwuhan tulya sri | paseban ing alun-alun samya | tinaruban sadayane | miwah jroning kadhatun | rarênggane kadya swarga di | myang tarubing pandhapa | sri tuwuhanipun | gêng alit sapraja suka | jalu èstri sadaya kadya punagi | rawuhe gustinira ||

15. dene kala angkatira nguni | mring Dwarawati sangêt krodhanya | mênggah mring Radèn Pêrmade | têmahan rawuhipun | ingkang rayi binayangkari | kang kinanthi Kurawa | kabèh bubar kabur | wadya kang kantun nèng praja | sadaya wus rakit baris ngapit margi |

--- 354 ---

raja putra kalihnya ||

16. lawan sagung ingkang pra dipati | sama mêthuk anèng jawi kitha | marang pangantèn rawuhe | satêpining marga gung | jêjêl ingkang samya ningali | sajawining gêgaman | èstri lawan jalu | uyêl tan kêna piniyak | pan lam-lamên mulat kang binayangkari | pantêse kalihira ||

17. lir sudama sêsaman lan sasi | munggèng rata kêkuwunging cahya | ngasorkên wulan rêsmine | wau sarawuhipun | sri bupati têtiga sami | lajêng manjing jro pura | lan sagarwanipun | para putra pra santana | pan sadaya laju manjing jroning puri | dene kang pra dipatya ||

18. maksih kèndêl aglar păncaniti | prajurit jro tata masanggrahan | paseban ngalun-alune | dene wadyabala gung | pakuwone sampun pinanci | marang Patih Pragota | sapunggawanipun | Dwarawati lan Ngamarta | samêkta lan sugatanira mênuhi | tan ana kêkurangan ||

19. ya ta wau salêbêting puri | Rêtna Erawati wau dènnya [dè...]

--- 355 ---

[...nnya] | mêthuk marang têtamune | panamudananipun | miwah dènnya angancarani | èsême winor lawan | rêrêsêp kinumpul | Kusuma Wara Sumbadra | lan kang garwa mêndhak lajêng awotsari | cinandhak astanira ||

20. lajêng kinanthi mring dalêm puri | para putri wusnya tata lênggah | adhaharan sadayane | miwah ing pandhapa gung | abojana sang prabu katri | pra santana pan samya | kasukan anutug | miwah sagung pra dipatya | tinimbalan sadaya samya ngladosi | arame jroning pura ||

21. cinarita pan kongsi sapta ri | sabên dalu karamèn jro pura | anêlasakên karsane | Sri Baladewa Prabu | lan kang rayi sang prabu kalih | Dwarawati Ngamarta | sawadyabala gung | sadaya anutug suka | nèng Mandura karamèn ing sabên ratri | sawusnya pitung dina ||

22. dènnya sami karamèn jro puri | apan sabên-sabên kalangênan | tinêkanan sadayane | wusnya samadya tèngsu | dènnya mamrih sukaning ari [a...]

--- 356 ---

[...ri] | sang prabu kalihira | kalangênan nutug | miwah ta sang pinangantyan | nulya pamit kang rayi sang prabu kalih | kondur mring prajanira ||

23. tan kawarna enjangira malih | Dananjaya lan sagarwanira | sampun linilan pamite | kondur mring dalêmipun | wus samêkta sawadyanèki | sang prabu ing Mandura | matah putranipun | kêkalih kinèn dhèrèkna | Dyan Wilmuka Wisatha ingkang taruni | miwah Patih Pragota ||

24. wadana jro ingkang samya ngiring | kawan bupati sampun samêkta | myang wadya Madukarane | Patih Sucitra sampun | angruhuni lan catur mantri | prapta ing Madukara | asanega sampun | angrakit kang wêwangunan | wus samêkta jaba jro kinêmbang asri | antara catur dina ||

25. Risang Parta lan garwanirèki | wus ngabêkti ing raka sang nata | myang raka pramèswarine | tur sêmbah pamit mundur | sri bupati ngatêr ing kori | miwah sang pramèswara | praptèng jawi sampun | nèng madyaning srimangantya | Dananjaya tur ||

--- [0] ---

[Grafik]

Dèwi Larasati, Dèwi Sulastri, Petruk, Garèng, Sêmar.

Dèwi Sumbadra, Radèn Dananjaya, êmban.

--- 357 ---

sêmbah lan garwanèki | lajêng minggah ing rata ||

26. sigra budhal ing sawadyanèki | panganjure Ki Patih Pragota | tindhih wadya Mandurane | putra kêkalihipun | anindhihi wadya pangapit | kanan keringing rata | asri yèn dinulu | mangkana Sri Baladewa | lan kang garwa wus manjing sajroning puri | wau ing lampahira ||

27. sang pinangantyan tan pêgat dadi | têtingalan ing saturut marga | wus praptèng jawi kithane | lêpas ing lampahipun | ing Mandura pan kari tistis | lir koncatan ing sotya | wau tan cinatur | cinêndhak lampahing marga | tan kawarna wus prapta jajahannèki | nênggih ing Madukara ||

28. abusêkan wadya sanagari | pan lam-lamên sadaya tyasira | mulat rawuhe gustine | Patih Sucitra bikut | nyamêtani[11] tamunirèki | mudhun sing rata rêtna | sang pangantyan laju | Kusuma Wara Sumbadra | lan Sulastri Rarasati datan kèri | lajêng mring dalêm pura ||

29. Risang Parta lênggah ing pandhapi | ngacarani [nga...]

--- 358 ---

[...carani] mring putra kalihnya | Dyan Wilmuka Wisathane | lajêng bojana nutug | adhaharan lan putra kalih | wus linorodan samya | gantya dhaharipun | Rêkyana Patih Pragota | sakancane bupati kang dhèrèk sami | miwah Patih Sucitra ||

30. kang ngurmati ing sugata sami | pra dipati tinimbalan samya | angladosi ing karamèn | wadya Mandura sampun | sinêgahan sadaya sami | tan ana kêkurangan | sawadyabala gung | sadaya anutug suka | tan kawarna ing karamèn tigang ratri | nênggih ing Madukara ||

31. Rajaputra ing Mandura kalih | Radèn Wilmuka lawan Wisatha | enjang linilan pamite | Patih Pragota sampun | myang punggawa Mandura sami | rajaputra kalihnya | tur sêmbah gya mundur | praptèng jawi lajêng budhal | tan kawarna lampahe satriya kalih | wau Radyan Janaka ||

32. kang wus kondur mring dalêmirèki | tulus gènnya samya sih-sinihan | kang garwa lajêng wawrate | abdi kêkalihipun |

--- 359 ---

inginggahkên garwa paminggir | Kèn Rarasati lawan | Kèn Sulastrinipun | runtut dènira sisihan | miwah sungkêmira mring gustinirèki | samya nrus ing wardaya ||

33. kunêng Madukara kang winarni | sakabure Kurawa Ngastina | saking ing Dwarawatine | sayah sipêng wana gung | Burisrawa kesah ing wêngi | merang lamun mantuka | marang prajanipun | Ngastina miwah Măndraka | nêmah nglampus suka matiyèng wanadri | Rahadèn Burisrawa ||

34. maksih tan wus raosing kang galih | marang Kusuma Wara Sumbadra | dènira nahên wirage | Kurawa enjingipun | samya kagèt dènnya ningali | Burisrawa tan ana | musna mring wana gung | anêlasak wanawasa | nulya prapta bêbantu saking nêgari | Kurawa tigang dasa ||

35. sampun panggih lan Patih Sangkuni | matur lamun dinuta bantua | mring Dwarawati lampahe | Sangkuni gantya tutur | ing sasolah tingkahirèki | Kurawa tigang dasa | langkung dènnya ngungun | lajêng tumut pangupaya [pangupa...]

--- 360 ---

[...ya] | Burisrawa wus tita nora pinanggih | lajêng mantuk sadaya ||

36. sampun prapta Ngastina nagari | lajêng sami ngandikan mring pura | Arya Sangkuni ature | ginêlar purwanipun | amiwiti malah mêkasi | tiwasing lampahira | mring Mandura laju | mring Dwarawati dadya prang | kawanguran ing tingkah dènira kardi | dora tur komandaka ||

37. têmah balik ngumpul dadi siji | Prabu Baladewa mring Pandhawa | nèng nagri Dwarawatine | marma Kurawa gugup | bolos budhal sarêng sawêngi | pothar-pathir nèng marga | sipêng nèng wana gung | sayah prasamya anendra | tan uninga pun Burisrawa ing wêngi | kesah tan mawi rowang ||

38. enjingipun kawula sak-asik | madyèng wana mêksa tan kapanggya | têlas ki patih ature | Sang Duryudana Prabu | amiyarsa aturing patih | myang pramèswarinira | sungkawa kalangkung | orêg sapraja Ngastina | dene prabu lan kang garwa pramèswari | dahat brăngta ing driya ||

--- [361] ---

51. Sinom

1. sastra linuding Logondhang | wiyosipun tur udani | wahyaning kanang pustaka | kang kinondhang Parta Krami | mèt sangkaning sakawit | sing babon pan tamat sampun | marma benjang ing warsa | sèwu nawatus dwi dèsi | langkung nawa ngangkah arsa sinambêtan ||

2. têngran sêrat Warasara | gancar duk Wara Srikandhi | Putri ing Cêmpala arsa | mangun rarasing jêmparing | gya mendra saking puri | puruhita mring sang bagus | Rahadyan Dananjaya | singga praptaning sang aji | nata sabrang pêparab Jungkungmardeya ||

3. lêlana jajah andon prang | puwara kasor ing jurit | dening Radyan Dananjaya | têmah sang kusumèng puri | dhaup lan Dyan Prêmadi | caritèku tuhu cucut | lêcêting lêluconan [lêlucona...]

--- [362] ---

[...n] | lênyêt nanging tan bosêni | langkung-langkung mênggahing para taruna ||

4. kadadak wungu kang driya | driyardasmara ngrakêti | de mênggah pra ahli pana | êmpan ing kasidan jati | jatine măngka wiji | joging kawusananipun | marma tan andupara | pangajaping pra winasis | ngarsa-arsa wahyaning kang Warasara ||

5. tanapi Aji Pamasa | saharsa winahya pinrih | wikana sajarah kuna | pêpundhèn pranata Jawi | bagyantuk mèt palupi | lupiya kang mrih rahayu | yuwananing jiwangga | garan gêgandhulan Jawi | paran yogya labêt kang sinudarsana ||

Juru pangimpuning sêrat pananggalan.

--- [0] ---

Sêrat Warasara

--- [0] ---

[...]

--- [1] ---

1. Asmaradana

1. kasmaran ingkang winarni | wontên gêmpalaning kăndha | kadya yèn sarêng lampahe | nanging gênti kang carita | paran yèn sinarênga | wontên ratu kang pinunjul | prajane ing tanah sabrang ||

2. agêng karatonirèki | kêkutha Paranggubarja | bisikanira sang katong | Sang Prabu Jungkumardeya | kasup kalokèng jana | măndraguna ing prang pupuh | sura sakti ing ayuda ||

3. warnanya kalangkung pêkik | taruna jumênêng raja | sambada kaprawirane | nênggih bêbala bacingah | kang rong duman manungsa | ingkang saduman ditya gung | sami prawirèng ayuda ||

4. dene kang kinarya patih | tilas ratune duk kuna | Prabu Jayasukendrane | kasor ing prang mring sang nata | Prabu Jungkungmardeya | angabên kasuranipun | karsa nungkul saha bala ||

--- 2 ---

5. tinêtêpkên dadya patih | Sang Prabu Jungkungmardeya | apan trah wiku kinaot | ing sabrang brahmana tapa | marma gunaning aprang | sakti prawira pinunjul | Sri Maha Jungkungmardeya ||

6. pinardi sangkaning alit | diwasanira sang nata | lêlana andon prang popor | bêdhah praja tanpa rowang | nagri Paranggubarja | gêmpuring prang lajêng nungkul | Sang Prabu Jayasukendra ||

7. sapunggawanira sami | sadaya sinalin nama | Prabu Jayasukendrane | sinalinan namanira | Patih Jayasudarga | kinarya manggalèng pupuh | dadya patih tur masesa ||

8. wuwuh kasantikannèki | Kya Patih Jayasudarga | mèh sami lawan gustine | ing aprang têguh wêntala | bisa ngambah gêgana | asêmbada dhapuripun | dêdêg parosa birawa ||

9. dene kang sumosor patih | pan sami santananira | sêkawan bupati gêdhe | nênggih sami pêpilihan | wasta Jayasupana | Jayapramana puniku | katiga Jayapralaya ||

10. sêkawan Jayakar-

 


puspadênta. (kembali)
subrangti. (kembali)
Lebih satu suku kata: Rukmarata Styaki. (kembali)
wintange. (kembali)
sakêdhèp. (kembali)
Guru lagu seharusnya: 8i, sayêkti tan jatukrami. (kembali)
Halaman 301-308 hilang. (kembali)
garwa. (kembali)
garwa. (kembali)
10 pinondhong. (kembali)
11 nyamêktani. (kembali)