Lampahan Bagawan Senarodra, Suwandi, 1923, #1611 (Pupuh 11–22)

Judul
Sambungan
1. Lampahan Bagawan Senarodra, Suwandi, 1923, #1611 (Pupuh 01–10). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
2. Lampahan Bagawan Senarodra, Suwandi, 1923, #1611 (Pupuh 11–22). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
Citra
Terakhir diubah: 07-12-2020

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

11. Asmaradana

1. wau ta Sri Harimurti | dulu ri brata Pandhawa | dènnya saekakaptine | lumêbèng rêtna dumilah | tan ana kari juga | pêpuntoning tyas sang prabu | milu bela ri Pandhawa ||

2. mangkana aturirèki | Sri Krêsna mring Sang Hyang Yama | ulun milya saèstune | manjing mring rêtna dumilah | nèng donya yun punapa | tan wontên momongan ulun | aluwung momong nèng swarga ||

3. botên dadak kêdhêh-kêdhih [kê...]

--- 56 ---

[...dhêh-kêdhih] | Yamadipati lingira | kaki nata kaya priye | sira nora darbe dosa | têka dadak milua | Sri Krêsna turira sêndhu | kaparêng botên parênga ||

4. kawula kêdah tut wuri | ing donya praptèng dêlahan | aywa kantun salamine | wusana Bathara Yama | nuruti karsa nata | sigra manjing sang aprabu | jroning kang rêtna dumilah ||

5. Sêmar sapranakannèki | marêk mring ngarsa Hyang Yama | sarwi nudingi tangane | hèh Yamadipati Dewa | praptamu gawe moga | pra Pandhawa sira angkut | kogawa mring ngêndi baya ||

6. Hyang Yama maèsmu tistis | tinudingan Lurah Sêmar | kêkêsing tyas wacana ge | kakang aywa salah tămpa | awakku mung sadarma | nglakoni pakon Hyang Guru | kang marang brata Pandhawa ||

7. tinimbalan mring swarga di | yêkti tan manggih sangsaya | Sêmar awacana age | yèn mangkono ingsun uga | milu para bêndara | wus dangu têmên awakku | kangên kamuktèn suwarga ||

8. lah kakang Sêmar dèn aglis | mara payo lumêbua | mring rêtna dumilah kiye | sigra Kyai Lurah Sêmar | umanjing jroning rêtna | dumilah eca tyasipun | wus panggih bêndaranira ||

9. Garèng kacincukan prapti | praptane asigra-sigra | nging sarwi ngêlus bubule | dhuh ki dewa jabut nyawa | pundi rama kawula | têka tan wontên kadulu | wau mariki

--- 57 ---

purugnya ||

10. mênawi dhustha sirèki | andhêlikkên rama kula | saksi Petruk butamale | ambêting êntut punika | anglandêng tanpa kêndhat | linandrata yêkti kosus | saksi butamale cêtha ||

11. angguguk Yamadipati | Si Garèng gawe prakara | antuk lan sambang rapête | têka wasis ngrekadaya | lah Garèng marenea | lawan arinira Petruk | aywa ge gawe prakara ||

12. mara karone dèn aglis | mlêbua sajroning rêtna | ramanta ana ing kene | Garèng Petruk sigra-sigra | mlêbèng rêtna dumilah | tinutup rêtna di luhung | Hyang Yama sigra ngambara ||

13. gayuh marang awiyati | tan winarna lampahira | amangsuli caritane | pra putra putrèng Pandhawa | kang kari anèng praja | gêng alit sami rawat luh | luluh lir tinilar lena ||

14. gumêrah swaraning tangis | sapraja wayang-wuyungan | tanpantuk don panangise | ngalor ngidul awuyungan | lir pêcat jiwa kendhang | tan wus yèn rinênggèng kidung | solahe kang nahên brăngta ||

15. măngka pra Pandhawa yêkti | nèng jroning rêtna dumilah | lir manggih kamulyan gêdhe | tan ngrasa sawiji apa | mung nikmat lan manpangat | tan wontên sangsayanipun | kasor lêlangên ing donya ||

16. tan pisan wignya ngèmpêri | lan kanikmatan jro rêtna | sayêkti bènèh tanduke | tangèh lamun sinamia [si...]

--- 58 ---

[...namia] | gantya kang winursita | kaelokaning dewa gung | nagari Nungswakambangan ||

17. nêmbe kawuryan kang nagri | yêkti nagari papujan | sarwa mas uparênggane | ingukir rineka sêkar | pinatik nawa rêtna | ting pancurat ting palancur | rêbut soroting baskara ||

18. mugul gapurane kèksi | pucak sinungan mutyara | sawaluh kênthi gêdhene | nagari Nungswakambangan | satuhu tanpa timbang | dene kang jumênêng prabu | Sri Kalasrênggi Narendra ||

19. ratu elok ing sabumi | gung luhur pangawak arga | lir surya kêmbar netrane | rema gêmbal sabongkot tal | sacarat siyungira | miris wèh maras kang dulu | gumlêgêr suwaranira ||

20. lir pedah gludhug sakêthi | prawirèng prang măndraguna | tan ana năngga bobote | yudane tuhu prawira | widagda wicaksana | gêtêr kang dinuk ing dulu | lolos bayuning sarira ||

21. satuhu ratu linuwih | ngluwihi wong sabawana | de kang dadya warangakane | Kalasrênggini ranira | ing warna tuhu beda | nora wadon nora jalu | wandu kawujudanira ||

22. patih ingkang misesani | widagda mangolah praja | nyêpêng bang-bang lum-alume | wus kasrah ing mantrimuka | limpat pasang graita | wigya mèt tyasing wadya gung | sapraja sumuyut trêsna ||

23. widigdaya ing ajurit | agal rêmpit

--- 59 ---

pilih ingkang tumangguha[1] | ing aprang abot bobote | wignya ngambah jumantara | lumrah prawirèng ditya | wrata samya wignya mabur | tar wus kalamun rinêngga ||

24. kaprawiraning ajurit | sapraja Nungswakambangan | yêkti tan ana pêdhote | sêmana nuju ri Soma | sang prabu siniwaka | ginarbêg ing para arum | kang angampil upacara ||

25. banyak dhalang sawunggaling | lar badhak ardawalika | sangkêp sapalakartine | mênggêp lênggahe sri nata | nèng bale mas rinêngga | pinatik ing rêtna mancur | rêbut soroting makutha ||

26. agême sri narapati | buka sri rinawis rêngga | pinatik ing rêtna abyor | hèr laut lawan hèr kêmbang | muwuhi prabanira | pasewakan abra murub | balabar kang wadyabala ||

27. lir robing kang jalanidhi | tuhu punjul sabawana | aèng sabarang-barange | sêmana sri naranata | arsa imbal wacana | mring Srênggini Patih anung | mangkana andikanira ||

28. hèh patih paran wadyèki | baya wuwuh kathahira | lan apa ana undhake | gonira ngêlar jajahan | patih matur anêmbah | pangèstu tuwan saèstu | ing sabrang pan mèh sadaya ||

29. kaêrèh paduka gusti | sumiwèng mangèstupada | tur bulubêkti sakèhe | sukèng tyas sri naranata | midhangêt turing patya | wusana ngandika arum | lah ing

--- 60 ---

ngêndi patih baya ||

30. ratu sangisoring langit | kang agêng jênênging nata | ingkang atimbang gêdhene | kaya ing Nungswakambangan | patih sigra tur sêmbah | ing sabrang kadi tan antuk | ingkang nyami manisira ||

12. Dhandhanggula

1. sampun malih wontêna kang nyami | amiriba kewala tan ana | lamun ing tanah Jawine | wontên timbanganipun | pawartine Ngastina nagri | nagri gung sugih bala | ratu băndha bandhu | kalokèng rat pramudita | yèn ing Jawi amung Prabu Kurupati | sinêmbah para nata ||

2. sugih bala santana prajurit | kadang satus kang dadya manggala | mila agêng jajahane | nadyan Wiratha kasub | nagri kina kadi tan nyami | agêng jêmbarning praja | ing Ngastina langkung | nglangkungi satanah Jawa | kadi sampun botên wontên ingkang nyami | lawan nagri Ngastina ||

3. sukèng driya sang sri narapati | angandika sarwi sênggak-sênggak | o lah patih pantês kuwe | karèha jênêng ingsun | dadi kanthi angrata bumi | kuwawaa lumawan | ing suralayèku | sun minta abswari swarga | kabèh bae sagung ingkang widadari | dadia garwaningwang ||

4. iba baya pantêsira patih | Si Supraba angrênggani pura | siniwèng widadarine | anèng jroning kadhatun | anyênêni sajroning puri | lir căndra wor sudama | ting pancurat mancur | marma sira lumakua | anganthia [a...]

--- 61 ---

[...nganthia] kakangmu si adipati | iya Kalasrênggana ||

5. anggawaa gitayèngsun patih | kang surasa mung amrih nungkula | dadia kanthiku têmbe | angêpung surènglayu | lamun ora mituhu pasthi | sun pasrah lawan sira | gêmpurên dèn ajur | ing Ngastina dadèkêna | karang abang aywa ngangge walangati | kaya nora bêbakal ||

6. tur sandika wau kyana patih | samangkana sri nata kèn nurat | tan dangu dadya surate | sinungkên mantri anung | angandika malih sang aji | padha mêngko budhala | lan kakangirèku | iya Si Kalasrênggana | anggawaa wadya sasêliran bêcik | ingkang gêdhig manggala ||

7. kang prawira tate anguwisi | tur sandika ingkang sinung sabda | amit linilan lèngsère | kalihira wotsantun | kawarnaa sri narapati | arsa jêngkar ngadhatyan | ginarbêg para rum | tan winarna kondurira | kang kawarna nênggih ing paseban jawi | Srênggini Kyana Patya ||

8. lawan ingkang raka senapati | Kalasrênggana lênggahnya jajar | suwarèng wadya kalihe | pilihaning pra diyu | ingkang tate nguwisi kardi | ana wadya sayuta | pilihan gul-agul | ingandikan andhèrèkna | mêmanuki nênggih mring Ngastina puri | wangsula jaban praja ||

9. wus warata undhange kya patih | abusêkan rèhing pasewakan | saênggon-ênggon arame [a...]

--- 62 ---

[...rame] | otêr pating bilunglung | ingkang samya pradandan jurit | cikat-cakut aberag | gambirèng tyas konus | lir age têmpuh ayuda | wus mangkono wataking pra prawirèng wil | kaduk sura tan taha ||

10. tan antara wus samya miranti | tinon rakit golong apêpanthan | sajuru-juru tatane | runtut ingundha usuk | Kyana Patih Kalasrênggini | dhawuh kinèn nabuha | têngaraning pupuh | puksur gong maguru găngsa | bèri gurnang kalasăngka lan thongthonggrit | umung swarèng wurahan ||

11. dadya sasmitaning pra prajurit | bodhol ingkang panganjuring lampah | pating galidrah solahe | anggêgila wèh mirut | kamarasan ingkang udani | risak ingkang kaambah | bêntêt ing marga gung | wus lêpas lampahing wadya | kang kawarna Kya Patih Kalasrênggini | lawan Kalasrênggana ||

12. kalihira wus samya miranti | sikêp sakapraboning ayuda | sigra parêng ing pêsate | anapak mega biru | kêthap-kêthap kasilir angin | tan winarnèng gêgana | lêpas lampahipun | sigêg gantya winursita | kang kinăndha nênggih ing Ngastina puri | Suyudana Sri Nata ||

13. nuju ari Rêspati tinangkil | pan ingayap pra parêkan inya | manggung kêtanggung cèthine | pêpilihan ayu-ayu[2] | pêpingitan sajroning puri | ingkang nêdhêng diwasa | angampil nèng pungkur |

--- 63 ---

sakêp[3] sapalakartinya | duk samana dènira lênggah siniwi | marêngi tanggal warsa ||

14. rajawedha pasewakan luwih | para nata ingkang măncapraja | pêpakan sumiwi kabèh | Sri Baladewa Prabu | atanapi Măndraka Aji | Adipati Ngawăngga | pêpak anèng ngayun | sinawang pating galêbyar | busananing nata kang sami sumiwi | lir pedah gunung sêkar ||

15. duk samana lênggahe sang aji | anèng bale made mas rinêngga | pinatik nawa rêtnane | hèr gêni lan hèr laut | sinêlanan nila widuri | ing merah kuning abang | abra ting palancur | rêbut soroting makutha | binuka sri rinêngga rinawis-rawis | pinantik intên bumya ||

16. sumunaring intên anglir thathit | lir Hyang Surèngpati ngejawantah | siniwèng para dewane | tuhu ratu piturun | Suyudanana anyakrawati | kèdhêp satanah Jawa | baudhêndha kasub | sugih bala para kadang | kabèh dadya manggala busanèng nagri | samya manggih kamulyan ||

17. warangkendra Kya Patih Sangkuni | lêrês pamane sri naranata | arining ibu wiyose | Sangkuni mantri anung | among mêngku sagung wadya lit | bisa mèt tyasing wadya | amomong pra sunu | kadange sri naranata | kang kabubuh sira Sang Arya Sangkuni | tinuwi dadya tuwa ||

18. limpat pasang ing rèh kramaniti | susilane [susi...]

--- 64 ---

[...lane] wêgig yèn culika | antuk lan sambang rapête | wignyane mantri anung | ing pangangkah amisesani | ngluhurkên kraton nata | rinewang calimut | calêmête yèn wicara | tan ana lyan mung amrih melik pakolih | julig mring doracara ||

19. guru nata nênggih wiku sidik | Dhahyang Druna dhukuh Sokalima | pandhita gêntur tapane | kaprawirane kasub | pantês lamun tinuwi-tuwi | dadia tuwanggana | tinari ing kewuh | berat sagung ewuh aya | mila tansah kinathik ngarsèng narpati | anggung binapa-bapa ||

20. samangkana sang sri narapati | gènnya lênggah miyos sinewaka | dera sru putêk driyane | sing supêna witipun | kadi lamun wasita jati | mila samangke arsa | binabar rinêmbug | nèng ngarsaning para nata | kang supadi tinarbukaa kang wangsid | nèng ngarsèng pasamuan ||

21. pan mangkana andikaning aji | maring sagung ingkang para nata | dhuh kadang ngong sadayane | sagunging para ratu | kula badhe atur udani | mênawi kadang para | tuk wasita tuhu | saking impèn kamulanya | de wak amba tamiyan tyang sarwa putih | ngajak numpak baita ||

22. têka amba miturut nuruti | pan mangilèn lampahing baita | eca tan na sangsayane | anglêr wêkasan wungu | kadipundi wasitanèki | măngga tinarbukaa | impèn amba wau | dhêku ingkang para nata |

--- 65 ---

nora gadug anarbukaa kang impi | matur Sri Baladewa ||

23. yèn panujyèng karsa yayi aji | kadi yogya lamun bisa ana | mring bapa Durna wiyose | kapranan tyasnya prabu | ing wusana ngandika aris | dhuh bapa Dhahyang Durna | paran wasitèku | impèn kang sasat wasita | Dhahyang Durna umatur saha wotsari | wêcaning kêpèk amba ||

24. pasêmoning Ngastina nagari | kadi badhe karèh liyan praja | nanging datan sangsayane | awit pangêrèhipun | botên badhe amurang niti | nglungsura kaluhuran- | ira jêng sang prabu | sami eca imbal sabda | pan kasaru nênggih gègère ing jawi | praptaning dutotama ||

25. duta nata Risang Kalasrênggi | saking nagri ing Nungswakambangan | ingkang dadya cundakane | sira sang mantri anung | apêparap Kalasrênggini | lawan Kalasrênggana | ingandikan sampun | kerid ing ngarsa samana | jajar lênggah lawan Sang Arya Sangkuni | orêg ing panangkilan ||

26. ting kalêsik sami abêbisik | jawil-jinawil kang cêlak lênggah | ngraosi duta praptane | wau ta Sang Aprabu | Suyudana ngandika aris | duta padha raharja | iya satêkamu | andhêku kang sinung sabda | atur sêmbah rahayu ingkang pinanggih | sri nata malih nabda ||

13. Sinom

1. lah duta sapa ranira | lan pinangkanira ngêndi | lawan sapa kang aduta | apa ta kang dadya [da...]

--- 66 ---

[...dya] gati | wau sang sindu mantri | sumêmbah aris turipun | saking Nungswakambangan | wastamba Kalasrênggini | dutanipun Sri Kalasrênggi Narendra ||

2. angaturakên nawala | katur ing paduka gusti | manggut Sri Natèng Ngastina | sasmita nampi kintèki | sawusira tinampi | nuwala binuka gupuh | bêbukaning gitaya | pèngêt nuwalaning aji | Sri Maraja Kalasrênggi nata dibya ||

3. ngadhaton Nungswakambangan | ratu pinunjul ing bumi | sinêmbah samining nata | kinèringan satru sêkti | praptaa mring sang aji | Suyudana Maha Prabu | ing nagari Ngastina | wiyosing kintaka mami | sung pêpèngêt kalamun sira anêdya ||

4. rahayu saprajanira | ngaturna panungkul aglis | asoka bulubêktinya | sabên ingkang salah warsi | marma lamun sirèki | anyanggêmi wèh panungkul | ingsun tan munasika | tan nglungsur kaprabon aji | lastaria bawani satanah Jawa ||

5. amung bae ingsun minta | biyantua karsa mami | mangrurah ing suralaya | kêpungên dipun bathithit | ingsun kang nanggulangi | ngrurah maring surènglayu | sira eca kêploka | sun karya buwana balik | ngarcapada ingsun gawe suralaya ||

6. suralaya ingsun karya | ing ngarcapadèku pasthi | mula kalamun sri nata | tan mituhu ing rèh mami | siyagaa ing jurit | amêthukna krodhaningsun | pasthi sun nuli prapta | sokur sira [si...]

--- 67 ---

[...ra] lamun apti | anglumpukkên pra nata satanah Jawa ||

7. dimèn mêthuk krodhaningwang | dadi tan kakehan pikir | kang mangkono ingsun minta | wangsulanira kang pasthi | êndi kang sira pilih | apa băngga apa nungkul | lêgêg sri naranata | ngraos impèn duradasih | samangkana ngandika sri naranata ||

8. hèh duta sira ngasoa | anèng pangurakan jawi | dene ta walgita sira | ratumu sun rêmbug dhihin | lan para kadang mami | sagung ingkang para ratu | duta amit ing jaba | lèngsèr sarwi atur bêkti | sapraptaning jawi sami sinunggata ||

9. tan kirang tinakokêna | eca tyasing duta kalih | wau ta kang sinewaka | Suyudana Narapati | sawusnya buka tulis | kadhadha suraosipun | nulya ngaturkên marang | Sri Salya Mandraka Aji | wusnya tamat pamaosing sri narendra ||

10. gantya mring Sri Baladewa | tamat pinaringkên gênti | mring Adipati Ngawăngga | warata pamaosnèki | ngandika Kurupati | kadipundi yogyanipun | nênggih ingkang walgita | sayêkti yèn duradarsih | impèn kula ingkang wus katur ing ngarsa ||

11. yèn saking pamanggih amba | kadi yogya dèn turuti | margi wus prasasat nyata | yêkti wus karsèng dewa di | sadèrènge kaèksi | wus ana dhawuh Hyang Agung | paring ngalamat măngka | wasitaning jawata di | para nata prasamya mangayubagya [manga...]

--- 68 ---

[...yubagya] ||

12. amung Sang Sri Baladewa | sigra dènnya wacana ris | amba dèrèng cumondhonga | yèn lajêng anungkul aris | dèrèng katăndha yêkti | sudibyaning satru mungsuh | nistha lamun agea | angundhul datanpa budi | yèn sêmbada yogya cinacak ing yuda ||

13. duta kêkalih punika | cinobi sajroning jurit | pundi prawirèng Ngastina | kang nate nguwisi kardi | dèn abên ing prang tandhing | kinarya tăndha yèn luhur | lamun tuhu utama | ing Nungswakambangan Aji | kadi lamun dutane sami digdaya ||

14. sagêd amungkasi karya | ingabên sajroning jurit | yêkti sor wadya Ngastina | lamun ratuning sukêr jis | wadyane tan ngundhili | ingabên lan rare kuncung | yèku laku utama | tan nistha jênêngira ji | yèn Ngastina tan wontên para prawira ||

15. Baladewa ingabêna | kadi botên balenjani | jêr kula labuh nagara | wau ta Sri Kurupati | lan sagung kang siniwi | sukèng tyas marwata sunu | midhangêt aturira | Risang Baladewa Aji | dene wignya mêmatut mèt pamrayoga ||

16. lakune ratu utama | jêjêge tinitah aji | kudu mèt duga prayoga | nora tilar silastuti | măngka Baladewa Ji | pamrayogane apatut | tinut para narendra | ngandika Suyudana Ji | kaka prabu lêrês ing karsa paduka ||

--- 69 ---

17. dhuh paman Aji Mandraka | punapi paduka inggih | ing karsa anyondhongana | kadi karsane kaka ji | Madura Sri Bupati | Sri Mandraka ngandika rum | prayogi linaksanan | dadya botên walangati | pan kantênan asor ungguling ayuda ||

18. wusnya gumolong kang rêmbag | Sang Sri Suyudana Aji | dhawuh mring Sangkuni Patya | hèh paman Patih Sangkuni | dika mêdal ing jawi | dhawuhna timbalan ulun | mring duta kalihira | arsa ingsun cobi jurit | aprang tandhing kalawan wadya Ngastina ||

19. pantêse kang ingabêna | pun Jayajrata prayogi | tandhing lan Kalasrênggana | Aswatama tandhing jurit | lawan Kalasrênggini | ingabên nèng alun-alun | lamun kasor kalihnya | kula miturut sayêkti | sakarsane Sri Natèng Nungswakambangan ||

20. lawan malih karsaningwang | yèn duta kalih nyanggupi | dadining kang tandhing yuda | andika rêngga ing jurit | galaganjur prayogi | kinêpanga baris agung | lawan kinèn asurak | kinênthêngana prayogi | sajawining kênthêng sinungan panggungan ||

21. panggenaning para nata | kang sami jênêngi jurit | têlas dhawuhing narendra | sandika rêkyana patih | nêmbah lèngsèr mring jawi | sapraptaning jawi wangun | dhawuhakên timbalan | maring sang duta kêkalih | lamun karsa nata mangke yun cinoba ||

22. aprang tandhing adu

--- 70 ---

yasa | lan wadya Ngastina nagri | sandika duta kalihnya | laju lampahe kya patih | dhawuhkên karsa aji | mring Swatama kalihpun[4] | nênggih Dyan Jayajrata | yèn badhe ingabên jurit | lawan duta nata ing Nungswakambangan ||

23. sandika dyan kalihira | kya patih suwarèng dasih | kinèn sami mirantia | papan pirantining jurit | galaganjur sênggani | tanapi panggunganipun | palênggahan narendra | sandika ingkang sinung ngling | tan antara sampêt sapalakartinya ||

24. tan winarna solahira | kang badhe ingabên jurit | sami gambira ing driya | tuhu trahirèng winadi | pantês pinuji-puji | jroning tyas agea campuh | nganti dhawuh narendra | wau ta kang para aji | pan sadaya minggah panggungan rinêngga ||

25. binuntal ing sêkar-sêkar | sumrik gandanira minging | asri rêngganing panggungan | lir puspa sataman kèksi | palênggahan para ji | tinata sajuru-juru | sakèhing para nata | lênggahe nèng palowani | ting galêbyar rêngganing kang makutha bra ||

26. ngandika Sri Suyudana | hèh paman Patih Sangkuni | cobi dipun lêkasana | kang badhe ingabên jurit | sandika kyana patih | lèngsèr saking ngarsa prabu | praptèng ing ronanggana | sasmita sang nindyamantri | galaganjur tinabuh atêmbang durma ||

14. Durma

1. bêbarungan swaranya munya angangkang | Kalasrênggana aglis | mlêbêt [mlêbê...]

--- 71 ---

[...t] kênthênging prang | solahe anggagila | magalak siyungnya kengis | akiprah-kiprah | anggro gora rèh wingwrin ||

2. wadyabala Ngastina kêkês amulat | mring kang amangsah jurit | sêmbada parosa | gêngnya kabina-bina | godhèk wok jêmbrung ngajrihi | krura magalak | sêsumbar gêgêtêri ||

3. ho hah sapa kang arsa matiyèng yuda | ho hah papagna mami | kene ngadu yasa | lamun padha prawira | ho hah rêbutên ing jurit | gêdhig manggala | Kalasrênggana luwih ||

4. Radèn Jayajrata nalika uninga | mungsuhe mêtyèng jurit | tan antara sigra | lumêbêt pabaratan | ambêksa lawung rêspati | miwir sampurnya | kumitir kênèng angin ||

5. solahira Radèn Arya Jayadrata | kadya ambêksa rangin | yun mondhong wanodya | nèng madyèng pabaratan | wus ayun-ayunan kalih | Kalasrênggana | sigra têtanya aris ||

6. ho hah sapa aranmu prajurit sira | wani mapag ing jurit | dhapurmu sêmbada | pantês lamun prawira | angakua mupung urip | Dyan Jayadrata | aris dènnya mangsuli ||

7. lamun sira tambuh maring jênêng ingwang | Jayajrata ran mami | kaipe sri nata | dadya manggalèng yuda | tate anguwisi kardi | balik ta sira | sapa aranirèki ||

8. Risang Kalasrênggana mangsuli gora | ho hah yèn tambuh mami | iki

--- 72 ---

senapatya | Nungswakambangan praja | Sang Kalasrênggana mami | hèh Jayadrata | mundura ing ajurit ||

9. ho hah sira masa dadak kuwawaa | amapak tandang mami | Radèn Jayadrata | sora sugal wuwusnya | hèh ditya ayu sirèki | anampik mêngsah | sira durung ngicipi ||

10. lah ta mara papagêna tandang ingwang | apa anèng sirèki | lah mara tibakna | Ditya Kalasrênggana | ho hah dèn angati-ati | mungsuh Srênggana | ditya wudhu ing ing jurit[5] ||

11. nora kêna sun eman Si Jayadrata | sun dhêndha ywa gumingsir | krodha ngikal dhêndha | sira Kalasrênggana | pamupuhe dèn tadhahi | gapyuk cinandhak | dhêndhane dèn gondhèli ||

12. rame sêndhal-sinêndhal nèng pabaratan | Jayadrata nguwati | nyêndhal sarwi dhupak | jajanya Sang Srênggana | kontal dhêndhane wus kêni | sêbut binuwang | krodha Srênggana angrik ||

13. gora sabda anarajang sarêng tandang | caruk rok rukêt malih | kuwêl liru papan | sami prakosanira | galaganjurnya mêlingi | sarêng lan surak | lir manêngkêr wiyati ||

14. ingkang aprang sami angabên sudira | dêdêr-dinêdêr sami | rame drêg-udrêgan | silih gon liru papan | untiran untir-inguntir | pêluk pulêtan | kêkêt banting-binanting ||

15. rame dugang-dinugang parêng gumlimpang | gulungan gênti guling | rame lêng-ulêngan | lir cakra panggilingan | Sang Jayadrata [Jayadra...]

--- 73 ---

[...ta] sor titih | gung karepotan | dinêkung uwus kêni ||

16. nadyan kuwat sami kuwating karosan | nging kari agêng inggil | cinandhak rahadyan | anggung ginêmah-kêmah[6] | ginilut-gilut ginigit | kekot tan pasah | sigra binuncang têbih ||

17. dhawah kantêp sira Arya Jayadrata | tangi pêpulih malih | nyangking bindinira | pinutêr lir likasan | krodha ngakak ing ajurit | surak gumêrah | wor galaganjur muni ||

18. waringutên sira Arya Jayadrata | anggada wanti-wanti | nanging tanpa daya | lir gadani wayangan | ginêtak kombul mring langit | lir kuntul nglayang | tibèng jabaning baris ||

19. ginosongan saking sangêting kantaka | sigra Arya Sangkuni | nyapih kang ayuda | nulya angsung sasmita | suwuk galaganjurnèki | marpêki sigra | mring Kalasrêngganèki ||

20. sarwi mojar anggèr kadi wus sêdhêngnya | yèn binobot ing jurit | soring Jayadrata | anggèr yogya ngasoa | Kalasrênggana nuruti | mundur ing yuda | sigra Arya Sangkuni ||

21. sung sasmita muni galaganjurira | Kalasrênggini aglis | mangsah ngadilaga | amiwir sampurira | cukat trangginas tarampil | sasolahira | kadidene rasêksi ||

22. tuhu lamun kaelokaning jawata | wau kang para aji | sami arêrasan | ngraosi kang mangsah prang | sasolah bawa kaèksi |

--- 74 ---

lamun digdaya | jatmika wruh ing lungit ||

23. dutanira sang sri ing Nungswakambangan | lawan sru ngungun sami | soring Jayadrata | ing prang tanpa guna[7] | mung anggung kapontit-pontit | sigêg samana | gènnya anggunêm sami ||

24. kang winarna wau Radèn Aswatama | rikalanya udani | lamun mungsuhira | uwus malêbèng gawar | sigra dènnya minta pamit | maring kang rama | Dhahyang Durna Maharsi ||

25. pinamitan ing putra yun magut yuda | pujinira druwili | tinimbul kang putra | sinêbul-sêbul sigra | bun-bunanira kaping tri | sarwi dêdonga | ngucêmil sru mandêlik ||

26. cêrik-cêrik swara erak sora[8] | hèh sangkal bolong mami | sun minta jayanya | paringna kaki putra | dimèn têguh dènnya jurit | mrawasèng ditya | kang saking Nungswawarih ||

27. wusing purna panimbuling marang putra | linilan ingidèni | dyan umangsah yuda | wau Dyan Aswatama | lumêbêt ing kênthêng aglis | sarwi makanjar | wasis mring bêksa rangin ||

28. para nata langkung suka ing wardaya | uning ingkang prang tandhing | wus ayun-ayunan | Kalasrênggini tanya | hèh sapa ranmu prajurit | mapag ing yuda | ngakua mupung urip ||

29. Aswatama aris dènira ngandika | lamun tambuh ing mami | yèki Aswatama | putra Sang Dhahyang Durna | prasasat putrèng sang aji | pinutra-putra | dadya manggalèng jurit ||

30. balik [bali...]

--- 75 ---

[...k] sira ditya sapa aranira | ngakua padha bêcik | Sang Srênggini mojar | yèn sira tambuh mringwang | iki wrangkaning narpati | Kalasrêngginya | Nungswakambangan puri ||

32. apêparab Sang Kalasrênggini ingwang | lah Aswatama aglis | apa anèng sira | age nuli tamakna | tangèh lamun sun unduri | tandhing prawira | nora mungkur ing jurit ||

15. Pangkur

1. sigra Arya Aswatama | angandika hèh ditya payo tandhing | awasing tuju-tinuju | lêlancaran sanjata | sigra dènnya amapon doh cêlakipun | tibane ingkang sanjata | èrèk-ingèrèk kêkalih ||

2. dangu awawas-winawas | kalihira parêng dènnya nglêpasi | jêmparing tikêl kapêthuk | têmpuh sami sanjata | parêng santun laras sami limpatipun | lumaraping hru saengga | sêsiringing kilat thathit ||

3. wadya gung surak gumêrah | awor maras suraking wadya atri | mar kumêsar dènnya dulu | solah bawaning yuda | Aswatama lawan nindyamantri anung | yayah lir wus caruk wastra | suka sagunging para ji ||

4. tumonton kang băndayuda | Aswatama lawan rêkyana patih | antuk sisihing prang pupuh | wau Sang Aswatama | sigra dènnya amundhi sanjatanipun | cundhamani wasitanya | sinidhikara amijil ||

5. gumludhug prabawanira | awor lesus prahara gora gumrit | mêtu

--- 76 ---

sing gandhewanipun | palu climprit căndrasa | cakra lawan nanggala dhêndha lan palu | badhama gandhi musala | gada bindi kalawahi ||

6. salukun konta lugora | lan trisula tanapi pêdhang kêris | wadung berang kumaruwuk | gayuh ing dirgantara | kadya têdhuh ing gêgana angêndhanu | pêtêng dhêdhêt lalimêngan | selarga wor lan jêmparing ||

7. gumrusuk datanpa kêndhat | surak sagung wadya Ngastina nagri | Kalasrênggini andulu | merang tyas sinurakan | ngêmbat langkap ginêdhêg mêtu ambrubul | apan sami hru prabawa | maneka warna ngajrihi ||

8. sela wor lan angin gora | têmpuh anèng gêgana angèbêgi | awor ingkang prabawa hru | swaranira goraya | gêtêr patêr lir guntur sakêthi barung | kêpruk sela sami sela | bindi tarung sami bindi ||

9. gada ugi sami gada | kunta ugi têmpuh sami kuntèki | palu tarung sami palu | dhêndha campuh lan dhêndha | lir manungsa prang tandhing buru-binuru | surak sagung wadyabala | suka mulat kang prang tandhing ||

10. dangu ngabên kasantikan | Sang Srênggini sigra dènira musthi | sanjata angin piturun | saking Ngendrabawana | pan gumludhug wêdaling kang bajra bayu | mangidit saking sarira | nyapu sagunging jêmparing ||

11. sirna larut hru prabawa | ing awiyat tan ana kari siji | Aswatama kagyat dulu | sirnaning

--- 77 ---

pangabaran | asru krodha anyipta sanjatanipun | mubal amêdal dahana | dalêdêg sing cundhamani ||

12. sagunung-gunung agêngnya | mulad-mulad kang dahana mawêrdi | trangginas sang mantri anung | nyipta gêni Kaendran | kang panase sayêkti tikêl sapuluh | lan gêni ing ngarcapada | rame têmpuh sami agni ||

13. sru amubal mulad-mulad | pan anggêrêng agni katêmpuh angin | sru surak wadya gumuruh | hèh gêni gêni kănca | dèn prayitna ana gêni ting jênggunuk | panase kaliwat-liwat | bok kaslangat sira mati ||

14. rame otêr ing paprangan | dene agni têmpuh prang samya agni | dangu dènnya campuh caruk | gung mulad ngalad-alad | dangu-dangu agni cundhamani mirut | sor titih kasor prabawa | miris maras angunduri ||

15. Radèn Arya Aswatama | wus rumasa sor titih ngadu sakti | Sangkuni awas andulu | kasoring Aswatama | sigra dènnya marpêki wacana arum | dhuh anggèr Srênggini Kala | beratên krodhanirèki ||

16. mandhêg samantên kewala | yudanira yêkti wus jayèng jurit | Sang Kalasrênggini gupuh | angirup kang pawaka | tan antara sirna ingkang gêni murub | suwuk kalaganjurira | sinapih kang mangut jurit ||

17. ingirid duta kalihnya | marêk nata maring panggungan sami | sapraptanira ing ngayun | sri nata angandika |

--- 78 ---

dutèng karo sira matura gustimu | yèn sun andhèrèk sakarsa | lumintu tur bulubêkti ||

18. lan apa sarèhing nata | angêpung mring Ngendrabawananèki | sawadya kang para ratu | mêngko sapungkurira | asiyaga budhal ngêpung suralayu | andhêku duta kalihnya | pamit sampun dèn lilani ||

20. sigra napak jumantara | lampahira lêpa saengga thathit | datan kawarna ing ênu | wau kang kawuwusa | wadyabala Ngastina Manduranipun | Ngawăngga lawan Mandraka | sadaya kinèn ngundhangi ||

21. busêkan wadya samoa | ting bilulung ulêng-ulêngan sami | siyaga kaprabon pupuh | ingkang para prawira | gambiraning driya mung agagea têmpuh[9] | panggiha padha prawira | solahe datan winarni ||

22. kang samya pradandan yuda | wus atata baris malatar kèksi | gumolong gêlênganipun | abra ingkang busana | lir angganing giri puspita kadulu | sangkêp sapalakartinya | budal panganjuring jurit ||

23. tinêngêran budhalira | têngaraning yuda gurnang thothonggrit | bèri kalasăngka puksur | anglir manêngkêr wiyat | sumrêk ingkang wadya Ngastina gumrêgut | lampahe kang wadyabala | lir pedah sela blêkithi ||

24. kang wadya tungguling yuda | para kadang nata samya nindhihi | samya nitih kudanipun | rêspati sinongsongan | Kyana Patih [Pa...]

--- 79 ---

[...tih] Sangkuni nèng ngarsa prabu | nitih kuda sinongsongan | ing kartas sinèrèt kuning ||

25. Sang Aprabu Suyudana | nitih rata kancana binuka sri | asri makutha bra murub | rêbut sênên ngujwala | lawan sang hyang bagaspati sorotipun | ginarbêg ing wadyatăntra | kang samya kasmarèng jurit ||

16. Asmaradana

1. dene kang sumambung wuri | wadyabala ing Madura | abra sinang busanane | lir parbata kawêlagar | ingkang para prawira | nitih kuda ngasta lawung | rêspati solahira[10] ||

2. Sri Baladewa Narpati | nitih dipăngga lêlawak | ginarbêg pra prajurite | kang sami gêdhig manggala | rêspati mandhi gada | nèng kanan keringnya prabu | sami awahana kuda ||

3. de kang sumambung ing wuri | wadya gung nagri Mandraka | bra markata busanane | lir pedah giri puspita | tata rakiting lampah | pêpanthan sajuru-juru | ingkang ginarbêg ing wadya ||

4. nitih rata sri bupati | buka sri rinawisrêngga | abra markata sunare | sinang branang kawistara | sênêne amardapa | ting pancurat ting palancur | gadêbêging kang turăngga ||

5. wor panjriting turănggèsthi | lêbu balêdug ulêkan | kasilir samiranane | wèh ribêng wadya lêlampah | ingkang sumambung wuntat | wadya Ngawăngga sadarum | rêspati ingkang busana ||

6. kang dadya cucuking jurit | samar akakotang [a...]

--- 80 ---

[...kakotang] jingga | pantês lawan calanane | rêspati makuthanira | sadaya êmas jingga | tinon lir arga katunu | têtindhih kuda[11] ||

7. Sri Ngawăngga amungkasi | nèng wuri nitih turăngga | ginarbêg magêrsarine | abusana sarwa rêtna | lir pedah gunung sêkar | pating parêlok kadulu | lampahing kang wadyabala ||

8. wus mêdal kikising nagri | kèbêgan samarga-marga | adulur tan na pêdhote | tuhu datanpa petungan | lampahing wadyabala | wus ngambah kikis wadya gung | kèlês kang kambah ing wadya ||

9. tan wus wiwuwus[12] ing kawi | lampahing kang wadyabala | sigêg kang winarna rêke | nagari Nungswakambangan | Sri Kalasrênggi Nata | enjing sinewakèng wadu | balabar kang wrahatbala ||

10. lir robing kang jalanidhi | abra sinang busananya | sri nata eca lênggahe | nèng bale mas kang rinêngga | sêsotya nawa rêtna | upacarane nèng pungkur | ingampil para biyada ||

11. gyanira miyos tinangkil | anganti duta praptanya | ingkang ingutus kalihe | mring nagari tanah Jawa | watara sampun lama | dèrèng kongsi imbal wuwus | kasaru duta praptanya ||

12. anjog saking awiyati | prapta sigra atur sêmbah | lir konjêm siti kalihe | sinapa sri naranata | bagea ingkang prapta | baya basuki lakumu | tur sêmbah kang sinung sabda ||

--- 81 ---

13. angsal pangèstu jêng gusti | ing lampah botên sangsaya | malih ngandika sang rojèng | kayaparan lakunira | gyannya mring tanah Jawa | duta kalih parêng matur | saliring rèh lampahira ||

14. miwiti malah mêkasi | kongsi praptèng angkatira | wadya tanah Jawa kabèh | badhe ngêpung suralaya | suka sri naranata | angandika yogyanipun | wadyanta Nungswakambangan ||

15. enggal budhalna saiki | anusula lampahira | pra wadya tanah Jawane | sandika rêkyana patya | nulya mêdal ing jaba | suwarèng wadyabala gung | kinèn samya asiyaga ||

16. sakapraboning ajurit | kêrigan sawadyatăntra | ing lampah badhe budhale | otêr wadya sanagara | gumrubyug asiyaga | ting baluru ting bilulung | solahe prawirèng ditya ||

17. gambira awira-wira | samya amêpak gêgaman | tan wus yèn winuwusake | solahe pra wadya ditya | kang badhe alêlampah | wus tata sajuru-juru | busana maneka warna ||

18. wau ta sri narapati | miyos ing paseban jaba | sakêp sapalakartine | ngrasuk busananing nata | buka sri amakutha | pinatik ing rêtna mancur | ingukir rinawisrêngga ||

19. asêsumping gajah ngoling | badhong mas agadhowara | sêmbada lawan warnane | gung luhur pangawak arga | siyung kengis kumilat | gagodhèg wok [wo...]

--- 82 ---

[...k] katon sirung | rema gimbal sabongkot tal ||

20. tingale kalih kaèksi | lir pedah baskara kêmbar | tuhu ngajrihi warnane | Narendra Nungswakambangan | sêmbada prawirèng prang | wasis ing prang agal lêmbut | prawira amăndraguna ||

21. bêdhol panganjuring jurit | kang dadya cucuking lampah | gambirèng wadya solahe | lampahe kang wadyabala | sinêru anèng marga | margi gêng jêjêl supênuh | saking gunging wadyabala ||

22. lir tarunaning udani | ambèr angèbêki papan | nging kirang tata rakite | limrah kang para rêksasa | kirang tata ing lampah | acung dènnya rêbut ngayun | kadi etêmpuh ayuda ||

23. risak kang kambah wadya lit | ambêbahak turut marga | giris kang kambah wadya kèh | lumayu ngungsi ing wana | atillar bale wisma | rajakayane rinêbut | rêbutan para rêksasa ||

24. lampahe sri narapati | dhangah anitih dipăngga | ginarbêk magêrsarine | pinilihan kang sudira | abot binobot yuda | sira risang mantri anung | barêpi lampahing wadya ||

25. de kang amungkasi wuri | sira Sang Kalasrênggana | adharat mandhi gadane | lêpas lampahing pra wadya | kang sami alêlampah | datan kawarna ing ênu | wijiling kang wadyabala ||

17. Mijil

1. kang kawarna wadya tanah Jawi | ing lampah wus rawoh | nênggih praptèng mrêpat panasane |

--- 83 ---

tata ingkang wadya tanah Jawi | amêpak miranti | pasanggrahanipun ||

2. akêkojor unggyaning para ji | pinapanci manggon | ing sajuru-juru panggonane | tarub agêng rinêngga linungsir | tinon amranani | lir pura winangun ||

3. duk samana kang para narpati | kêmpalan agolong | samya ginêm nênggih masalahe | gènnya paksa ngêpang surèngpati | Ngawăngga Dipati | ris ngandikanipun ||

4. langkung elok lêlampahan mangkin | têka tanpa kewoh | ngêpang dewa ing surayalane | marma lamun kamanah sayêkti | ngêpung surèngpati | yêkti dede mungsuh ||

5. sayêktine sasêmbahan pasthi | têka tan kuwatos | bok kasiku maring jawatane | Sri Mandraka anambungi angling | bokmênawi kadi | wontên wadinipun ||

6. dene kula inggih tan kuwatir | mênawi kemawon | jawa gung kathah nalisingsire[13] | ing satindak-tanduke tan yukti | elok têmên mangkin | lampahe sadarum ||

7. Sang Sri Baladewa anambungi | raosing tyas ingong | sampun malih angêpunga bae | nadyan praptèng ngrisak surèngpati | tyas amba kadugi | ènthèng bobotipun ||

8. sigêg ingkang lagya ginêm kawis | kasaru kang rawoh | wadya ditya Nungswakambangane | uwus prapta cucuking prajurit | malatar kaèksi | wuri maksih sêlur ||

--- 84 ---

9. dèrèng anggop wadya gung kang prapti | wus karya kakojor | linungsir ing sutra diwanggane | pura wêwangunan langkung asri | tan anatara prapti | wau ta sang prabu ||

10. Kalasrênggini kang angrênggani | wadya ditya kaot | sampun tumrun saking dwipanggane | pinêthuk ing para nata Jawi | tundhuk amèstuti | kanthinirèng kewuh ||

11. tan antara tata kang para ji | lênggahe pra katong | nèng wijoan ing palowanine | atap sami nèng ngarsèng ditya ji | jro tarub tulya sri | ditya ji nabda rum ||

12. sampun dangu dènnya sami prapti | nèng ngriki pra katong | para nata parêng ing ature | sawêg lêrêm sawatawis ari | sampun amiranti | tata tarub agung ||

13. malih nabda wau sang ditya ji | yèn panujyèng batos | para nata biyantua rêke | unggyan kula nêdya nglêbur bumi | ngrurah suranadi | kinêpanga patut ||

14. aywa wigih dèn kongsi bathithit | ywa sami pakèwoh | dupèh dewa yêkti sêmbahane | lamun wontên alade ing wuri | tinêmpahna mami | bok wontên pakewuh ||

15. samangkana para nata sami | sandika sapakon | asuwarèng pra wrahadbalane | kinèn ngêpung suralaya aglis | dèn kongsi bathithit | ywa wèh mlêbu mêtu ||

16. lamun mêksa dipun sêmbadani | dadining prang popor | pra wadya gung sandika ature | linaksanan [linaksana...]

--- 85 ---

[...n] ngêpung binathithit | sigêg ingkang baris | kang winarnèng ênu ||

17. Sang Hyang Jagadnata kang winarna |[14] ri Soma umiyos | ginarbêg ing pra widadarine | pêpak andhèr pra dewa sumiwi | Hyang Nradha nèng ngarsi | dèrèng imbal wuwus ||

18. pan kasaru Sang Hyang Yama prapti | sarwi awotsinom | lawan matur saparipolahe | dènnya mandhap mring Ngamarta nagri | miwiti mêkasi | liring rèh ingutus ||

19. anglampahi pakèning dewa di | Hyang Jagad cumêplong | sukèng driya midhangêt ature | tan antara dewa têngga kori | amarêk sumiwi | tur uning kalamun ||

20. wontên ditya raja andhatêngi | jêjuluknya katong | Sang Sri Kalasrênggi pêparabe | nganthi sagung nata tanah Jawi | praptane miranti | gêgamaning pupuh ||

21. lawan ngêpang langkung binathithit | luhur tuwin ngisor | kapitèng tyas Hyang Jagadnatane | sigra dènnya asuwarèng dasih | papagna ing jurit | kang sumêdya rusuh ||

22. Hyang Naradha sêmu mêmiringi | aturira alon | têka dadak wontên salah gawe | ditya ngêpung tan wruh kramaniti | paksa kumawani | ngrabasèng ing kewuh ||

23. purun ngêpang dhatêng surèngpati | akarya wirangrong | gèk punapi ditya ing karsane | lamun botên atasing Hyang Luwih | sintên kumawani | ngrurah surènglayu ||

24. kadi mangke sayêktine kontit | para [pa...]

--- 86 ---

[...ra] dewa jedok | jêr wus wontên nênggih darajade | surêm ingkang ujwalaning ari | sorote kaèksi | Kaendran mawêlu ||

25. Sang Hyang Jagadnata ngandika ris | ywa akèh rinaos | luhung kakang manah prayogine | kang mêthuk prang ingkang satru sêkti | Hyang Naradha bêlik | gumuyu umatur ||

26. adhi Guru sintên kang kuwawi | amapag ing kewoh | jêr Maraja Nungswakambangane | widigdaya ing jagad mumpuni | guna sura sêkti | prawirane punjul ||

27. Sang Hyang Jagad nalăngsa ing batin | ingèsêman batos | mring kang raka Sang Hyang Naradhane | samangkana pra dewa wus mijil | siyangèng jurit[15] | lampahe lastantun ||

28. praptèng mrêpat kapanasan panggih | angrèp baris katon | sami ngêpang atêpung gêlange | yèn dinulu lir robing jaladri | saking gunging baris | pra dewa tan mundur ||

18. Durma

1. uning baris manungsa kalawan ditya | saengga tanpa têpi | maksa tinarajang | campuh cucuking yuda | rame rok asilih-ungkih | ulêng-ulêngan | jambak-jinambak jênggit ||

2. rame ingkang ayuda kakah-kinakah | pokah-pinokah kungkih | gulung lêng-ulêngan | kapilêng kalanglangan | wadya kèh kabranan sami | sêndhal-sinêndhal | bau manguwir-uwir ||

3. ana ingkang suduk-sinuduk agantya | badhama anyuligi | andhêndha nyăndrasa [nyă...]

--- 87 ---

[...ndrasa] | kathah kang kapisanan | rame udrêg liru silih | mungsuh lan rowang | tan ana ngetang pati ||

4. danguning prang kalindhih para jawata | panganjure angisis | nglikab barisira | nging tan nêdya mundura | tumpês ngarsa tangkêp wuri | ramening yuda | Sang Hyang Endra pêpulih ||

5. angudani jêmparing lir drêsing warsa | bêlêg anèng wiyati | tibaning sanjata | ngênani para ditya | akèh ingkang nandhang kanin | kênèng sanjata | anggro gêrêng ngêmasi ||

6. akèh longe wadya ing Nungswakambangan | datan rinasèng sami | tan angeman pêjah | malah sangsaya krura | tan etang kèhing pêpati | awas tumingal | Patih Kalasrênggini ||

7. lamun wadya ditya kathah ingkang pêjah | kacundhuk ing jêmparing | sigra mangsah ngrana | Sang Srênggini Kya Patya | nglêpaskên panulak aglis | sinidhikara | brubul datan nganggopi ||

8. têmpuhing kang hru prabawa rawan tah[16]Kurang satu suku kata: têmpuhing kang hru prabawa arawan tah | lir têdhuh ngawiyati | pur pupug gêgana | rame sami sanjata | tan antara sang apatih | nyipta prahara | bayu bajra gumêrit ||

9. anyaponi sanjata ing girgantara[17] | tan antara kaèksi | padhanging akasa | sirna kang hru prabawa | kagat[18] Hyang Endra ningali | sirnèng sanjata | sigra dènira musthi ||

10. kang sanjata pusaka sinidhikara | mêtu ditya makêthi | amayuta wêndra | brubul saking gandhewa | awas mulat nindyamantri [ni...]

--- 88 ---

[...ndyamantri] | sigra dènira | anglêpasi jêmparing ||

11. ambarubul wêtune saking gandhewa | mayuta wêndra kêthi | kang prabawa ditya | kacundhuk hru prabawa | warata kênèng jêmparing | sakala sirna | prabawa ditya wujil ||

12. sagêndhinge Hyang Endra tansah kasoran | mirut rèhing ajurit | sigra Sang Hyang Brama | têtulung ing ayuda | mandhi bindinira aglis | ngamuk manêngah | lir singa rodra kanin ||

13. kang katrajang wadya ditya wadya Jawa | tapis katiban bindi | rangkêp papat lima | nadyan rangkêp sadasa | balêduk katiban bindi | rinêbut kathah | tan kêni dèn parêki ||

14. wit sariranira amêdal dahana | singa parêk kabêsmi | wau kyana patya | sigra têtulung yuda | Hyang Brama dipun lêpasi | ingarah-arah | bindinira kang pinrih ||

15. wus lumêpas warastrane kyana patya | ngênani ingkang bindi | punggêl bindinira | sinipat ing sanjata | Hyang Brama kagyat tan sipi | nyipta bêbaya | miris tyas èsmu tistis ||

16. kadi lamun uwus karsaning bathara | para jawata ngucir | tan na tumangguha | mungsuh diyu rêksasa | tyasira amung samênir | nora wêntala | tyas growah kêtir-kêtir ||

17. mila oncat Hyang Brama sing pabaratan | pra wadya tangkêp malih | wadya Nungswatoya | pamuke saya sura | kalindhih pra dewa ngucir | kaponthal-ponthal | lumayu rêbut ngarsi ||

18. palayune [pa...]

--- 89 ---

[...layune] nutup kori kadewatan | sela matangkêpnèki | kinunci rinêksa | saking jroning wiwara | kandhêg kang ambujung sami | anèng wiwara | tan wignya buka kori ||

19. kagegeran para dewa bilulungan | prasami ngungsi urip | para widadara | widadari kaswargan | wuyungan samya angungsi | ngarsèng Hyang Jagad- | nata ribêng ing galih ||

20. wêlas mulat solahe pra widadara | gènira sami ngungsi | anggung kuthetheran | tan tolih kêmbên lukar | mèh kengis ingkang piningit | akarya rudah | rudahe kang miyarsi ||

21. duk samana dewati lawan dewata | dhêdhêg nèng ngarsa sami | prasamya karuna | swaranya kadi gêrah | Hyang Kaneka cêrik-cêrik | nyapih udrasa- | nira para dewati ||

22. tan antara sirêp tangis ing Kaendran | wau Hyang Surèngpati | jroning tyas rudita | anon para jawata | lawan para widadari | abilulungan | linglung tan na ingungsi ||

23. mung sariranira ingungsèn jawata | putêk tyas manaputi | binudi tan dadya | kadiparan dadinya | jroning tyas winolak-walik | anggung rinipta | dadining pra dewa di ||

24. nanging maksa putêk sajroning wardaya | nglêgêr datanpa budi | kadi wus karsanya | ing Hyang Kang Murbèng Titah | dene Sang Hyang Surèngpati | tanpa budaya | kadibyane sirna ting ||

25. awusana ngandika mring Hyang Kaneka | kakang Kanekarêsi |

--- 90 ---

mangke kadiparan | lêlampahan punika | sintên kang amapag jurit | anglawan ditya | kang paksa kumaluwih ||

26. Hyang Kineka[19] ature sêmu sêmbrana | jroning tyas angèsêmi | dhuh yayi mênawa | sagunging pra jawata | kadi wus tan angundhili | yèn ingabêna | lan ditya Nungswawarih ||

27. margi para jawata tuhu tan ana | inggih kang darbe budi | kantun kalênglêngan | sampun malih yèn guna | tanapi tiyang sasêkti | yêktine sirna | tundone tanpa budi ||

28. mila mangke kadi lamun wus pasthinya | risaking surèngpati | jêr sampun katara | dalajading Kaendran | mawêlu sunaring rawi | prahara gora | calèrèt obar-abir ||

29. kang dalajad yêkti paduka uninga | mokal yèn datan uning | kang dadya rubeda | rudahing pra jawata | sintên ta ingkang kuwawi | nanggulang ing prang | ditya ing Nungswawarih ||

30. tan lyan amung Supraba lan widadara | kasrah mring Nungsawarih | kinarya boyongan | jêr sampun kawon aprang | maring Prabu Kalasrênggi | ratu gêgala | ngasorkên dewa luwih ||

31. Sang Supraba mirêng dhawuh Hyang Kaneka | gêtêr ing tyas tan angling | panglocitaning tyas | dhuh kadiparan baya | dadya boyongan wak mami | dhaup lan ditya | aluwung nuli mati ||

32. mingsêk-mingsêk Subraba maca udrasa | luh andrês angêbêsi | wau Hyang Kaneka | wêlas mulat Subraba | sigra

--- 91 ---

dènnya matur malih | ring Hyang Jagad[20] | dhuh yayi saupami ||

33. yèn taksiha nênggih pra brata Pandhawa | wontên kang nanggulangi | kèhing satru murka | wangsul brata Pandhawa | sinimpên wontên rêtna di | lah sintên baya | dèn abêna prang tandhing ||

34. angandika Hyang Guru sarwi nalăngsa | dhuh kakang kadipundi | prayogining lampah | sun borong pêkênira | Hyang Naradha turira ris | lamun sêmbada | brata Pandhawa sami ||

35. winêdalkên saking ing rêtna dumilah | ingabêna ing jurit | lawan raja ditya | kadi yèn bengkas karya | botên karya walangati | prajurit ditya | titising Wisnumurti ||

36. sintên para putra paduka jawata | sanèsing Wisnumurti | kang punjul sudibya | kêni dadya tanggulang | tanggulanging satru sêkti | nguwisi karya | Hyang Jagad nabda malih ||

37. ênggèh kakang lêrês sabda pakênira | tan wontên kang salingsir | nanging kadiparan | ywan Senarodra mothah | ngukuhi tèkadirèki | karya rubeda | rudahe wong sabumi ||

38. Hyang Naradha bêlik-bêlik gujêngira | sarwi umatur aris | kalamun kawula | pun Sena ingidenan | tan susah sinănggarunggi | jêr kajêngira | botên sêdya tan yukti ||

39. mandar yêktinipun kajêngipun Sena | manut ebahing bumi | budining manungsa | titahing ngarcapada | nêdya ihtiyar supadi | sagêda mayar |

--- 92 ---

gêsang kita nèng bumi ||

40. wit manungsa ngarcapada ing samangkya | tuhu tan sagêd budi | sing gênging rubeda | nèng jaman ewuh aya | tanpantuk upayanèki | mrih kaomberan | pamucunge nèng bumi ||

19. Pocung

1. sêdyanipun mung ngupaya marga ayu | kayumananing tyas | gêsang tinitah nèng bumi | botên sêdya puruna dhatêng paduka ||

2. dêstun lamun budi têntrêming aidhup | gampil ngupa boga | botên badhe gêdhag-gêdhig | gêndhungane mung amrih mring lêbda jiwa ||

3. Sang Hyang Guru jroning tyas sampun panuju | rinasa karasa | rarasing tyas têka mathis | Hyang Naradha lakuning titah waspada ||

4. bisa manut pandum pandoming tumuwuh | tiniti têtela | samana ngandika malih | ênggèh kakang ngong mituhu sarèhira ||

5. marma mangke dhawuhna timbalan ingsun | maring Senarodra | sakadang Pandhawa sami | ngong apura punapi sadosanira ||

6. nanging ingsun pinta anglawana ripu | Sri Srênggi Narendra | kang ambêk tyas kumawani | puwa-puwa paksa ngrangsang suralaya ||

7. de kalamun minta pêpanggiling pupuh | lastarining sêdya | gènira gêlarkên wiji | kula boya mêmalangi sêdyanira ||

8. dèn lastantun dadya panuntuning manus | titah ngarcapada | nanging aywa paksa mukir | mring jawata têtêpa kadi duk lama ||

9. dipun emut ywan titah ngarcapadèku [ngarca...]

--- 93 ---

[...padèku] | kawisesèng dewa | kuwasa wèh murah asih | duk samana sandika Sang Hyang Naradha ||

10. lèngsèr sampun saking ngarsaning Hyang Guru | lampahira sigra | praptèng gyan rêtna di luwih | wus binuka tutuping rêtna dumilah ||

11. sarwi muwus dhuh-dhuh sakèhing putrèngsun | pra brata Pandhawa | lawan kaki Harimurti | lah mêtua kabèh bae ana karya ||

12. sigra matur Senarodra ring jro cupu | dhuh-dhuh kaki dewa | wak ingsun enak tan mijil | anèng jroning rêtna dumilah sakeca ||

13. enak-enuk tan ngrasa apa wak ingsun | nora luwe lupa | mung nikmat manpangat yêkti | yèn mêtua mundhak ngrangkêp păncadriya ||

14. lêsu lupa pêdhês pêrih luwe tuwuk | butuh iki ika | anu ini kurang bêcik | tan tuk daya jroning tyas mung kumawawa ||

15. sru gumuyu Hyang Naradha ngandika rum | kaki dèn pracaya | aywa nganggo sănggarunggi | karsanira jinurung maring jawata ||

16. jawata gung angluluskên sakarsamu | gonira mamulang | amuruk panggawe bêcik | sanggyaning kang manungsa ing ngarcapada ||

17. nging dèn emut yèn titahing jawata gung | mula mêngko sira | sakadang Pandhawa sami | têtulunga susahing para jawata ||

18. sagungipun jawata pating bilulung | para widadara | prasamya nandhang prihatin | darunane kinêpung ing parangmuka ||

--- 94 ---

19. satru luhung ing Nungswakambanganipun | jêjuluking nata | iya Prabu Kalasrênggi | raja ditya pinunjul jagad wiryawan ||

20. marmanipun sagung brata Pandhawèku | tulungana baya | susahing pra jawata di | lah mêtua saking ing rêtna dumilah ||

21. duk puniku Sri Krêsna wacana arum | mring kadang Pandhawa | dhuh yayi Pandhawa sami | kaya pantês tinulungan pra jawata ||

22. wit kalamun sira lawan jênêng ingsun | ora nulungana | susahing pra jawata di | kênèng sulah yèn mukira ing jawata ||

23. duk puniku pra Pandhawa sami mêtu | sing rêtna dumilah | nèng ngarsèng Kanekarêsi | Hyang Naradha ngandika ris manuhara ||

24. putraningsun para brata Pandhawèku | kaya ora ana | iya salumahing bumi | sakurêbing langit amung jênêng sira ||

25. ingkang patut anyirnakkên satru mungsuh | ing Nungswakambangan | payo kulup dipun aglis | tumutura sun irid mring ngarsanira ||

26. adhi Guru wus suwe nganti praptamu | nèng Jonggringsalaka | ginubêl ing widadari | pra Pandhawa sadaya matur sandika ||

27. tan winuwus ing marga wau wus rawuh | ngarsèng pra jawata | Hyang Guru ngandika aris | tulungana susahing para jawata ||

28. dipun kêpung Kalasrênggi sudibya nung | ambêk puwa-puwa | paksa ngrangsang suranadi | pra jawata tan ana kang bengkas karya ||

29. kawus-kawus kaburu-buru lumayu | dhasar [dha...]

--- 95 ---

[...sar] pra jawata | yêktine karoban tandhing | kalah guna kalah sêkti kalah băndha ||

30. aturipun Sri Krêsna saha wotsantun | pukulun patikbra | sakadang Pandhawa sami | mung sadarmi nglampahi dhawuh paduka ||

31. asor unggul sadarmi amba lumaku | wontên Hyang Wisesa | ingkang karya asor inggil | dhuh pukulun amung pangèstu paduka ||

32. ulun suwun sumrambah kadang sadarum | rikala samana | Hyang Guru ngandika aris | prayogane kulup kang para jawata ||

33. dimèn tumut biyantoni pakaryamu | mung lowung kinarya | tanggulanging wadya alit | bongkotane măngsa bodhoa ing sira ||

34. samya dhêku pra brata Pandhawanipun | umatur sandika | pra jawata dèn undhangi | siyagaa kapraboning adilaga ||

35. ting garubyuk pra jawata langku[21] bikut | gènnya asiyaga | lir winungu tyas kang tistis | duk ing wau kamarasan mring pra ditya ||

36. mangke sampun pulih tyas kang maras mirus | marasing paprangan | suraning tyas pulih malih | tan winarna gènnya siyagèng ayuda ||

37. sampun rampung tata barising wadya gung | lir trunèng udaya | ambèr balabar ngèbêgi | wus tinatap bêndhe têngaraning yuda ||

38. dulur sêlur lampahe wadyabala gung | gumolong pêpanthan | sapăntha-păntha rinakit | busananing wadya lir giri

--- 96 ---

puspita ||

39. buka sampun kori ing suralayèku | wijiling kang wadya | andadalêdêg saking kori[22] | binarung ing tabahan yuda kênaka ||

20. Pangkur

1. kang kinarya senapatya | Danangjaya inggih Radèn Prêmadi | pinaringan rata murub | dening Hyang Girinata | binuka sri rinêngga-rêngga mas tatur | pinatik ing intên bumya | ting pancurat ting parêlik ||

2. kang pangirid kuda yaksa | kênèt dewa kusir dewa linuwih | gumêrit rata lumaku | wau kang nèng jro rata | Dyan Prêmadi sakalihan sang aprabu | Sri Bathara Danardana | ingayap jawata sami ||

3. pêpilihan pra jawata | pan rakite upama magêrsari | lir ngarak pangantèn dhaup | dene Sang Senarodra | nora arsa nitih rata sang awiku | dharat sarwi mandhi gada | rujakpolone pinundhi ||

4. ngampingi lampahing raka | Sri Ngamarta anitih rata manik | lawan ari kalihipun | Nangkula lan Sadewa | pan ingayap para jawata gêgêdhug | maripit ing kering kanan | gumêrgut lampahing baris ||

5. sumrêk kang bala jawata | ambalabar ambèr ngèbêki bumi | wau ta ingkang winuwus | baris Nungswakambangan | duk uninga wadya jawata wus mêtu | barise kapang kalangan | ebah sagung wadya wil[23] ||

6. sigra anêmbang têngara | puksur lawan kalasăngka saruni | bêndhene tinabuh ngungkung |

--- 97 ---

wadya wil asiyaga | samya nyandhak gêgamanirèng prang pupuh | sawênèh ana kang ngucap | si dewa amêtu maning ||

7. wingi kawus tanpa daya | palayune numbuk-numbuk bêntusi | payo kănca dipun gupuh | lah tunjangên kewala | masa dadak yudaning dewa tuk kiwul | dhasar watêk kang rêksasa | atilar mring kramaniti ||

8. wus campuh cucuking yuda | solahing kang wadya wil gêgilani | sarosa parêng anubruk | dhasar sami gambira | wuwuh-wuwuh pra jawata pêrangipun | tan pira kaponthal-ponthal | ènthèng boboting ajurit ||

9. tan wruh yèn antuk saraya | para kadang Pandhawa anindhihi | ing jagad tuhu pinunjul | mumpuni ing aguna | amuwuhi kasuraning wadyanipun | mila campuhing ayuda | rame rok asilih-ungkih ||

10. caruk rukêt liru papan | long-linongan gantya arêbut titih | agênti buru-binuru | lir tinandhing kang aprang | wadya rucah samya rucah campuhipun | manggala sami manggala | suduk-sinuduk agênti ||

11. ana kang pêdhang-pinêdhang | dhal-sinêndhal dugang-dinugang gênti | arame pêluk-pinêluk | apan jambak-jinambak | sru kalumah kinêmah-kêmah ginilut | pêdhot utamangganira | bau sukune manguwir ||

12. panjriting wadya kabranan | lan panggroning ditya kang nandhang [na...]

--- 98 ---

[...ndhang] kanin | tanpa rungwan swaranipun | saking ramening yuda | wadya dewa mêngkap karoban ing mungsuh | awas mulat Senarodra | sigra dènnya tulung jurit ||

13. lumumpat ngarsaning wadya | rinêjêng ing wadya kèh kanan kering | kinêmah-kêmah ginilut | kekot-kekot tan pasah | krodha Risang Senarodra kirig sampun | ting palêsat wadya ditya | kantêb tibane atêbih ||

14. sigra wau Senarodra | molahakên rujakpolonirèki | sinabêtakên balêdug | nadyan rangkêp sadasa | kalihdasa ingantêban gadanipun | tan ana băngga puliha | solahe anggêgilani ||

15. singa parêk kapraconthang | lir dirada mêta amobat-mabit | wadya ditya kagum-kagum | nanging tan na mundura | tapis ngarsa ing wuri paksa gumrudug | numbuk saharsa narajang | lir sêsululung lêbu gêni ||

16. duk nalikanya uninga | para wadya tinulungan ing jurit | tangkêp malih yudanipun | kang wus lumayu têbah | sami wangsul malih sumêdya kêkiwul | pêpulih marwasèng mêngsah | wuwuh suraning ajurit ||

17. nèng wurining Senarodra | tandangira lir banthèng tawan kanin | saking ramening prang pupuh | anglir samodra êrah | racak-racak pêpati tan kenging ngetung | kang pêjah lan kang kabranan | ewon tan kêni winilis ||

18. wadya ditya karepotan |

--- 99 ---

kasulayah balasah bosah-basih | singa kang katrajang gêmpur | mawur-mawur sarsaran | rusaking kang wadya ditya kagum-kagum | wau ingkang kawarnaa | wadya gung ing tanah Jawi ||

19. sumêdya têtulung yuda | naning para nata ing tanah Jawi | angadhangi wadyanipun | tan suka tulung yuda | darunane wit uninga mêngsahipun | kang dadya tindhihing yuda | para kadang Pandhawèki ||

20. mandar sagung para nata | kêmpal karsa prasamya ginêm pikir | rèhning mêngsahira wuwuh | para kadang Pandhawa | atanapi Sang Sri Danardana Prabu | dadya mangke mêngsahira | tan ngêmungkên jawata di ||

21. sayêkti yèn mêngsah kadang | sotaning tyas pra nata tanah Jawi | angundurkên barisipun | agulung kang bandera | bodhol mundur kondur maring prajanipun | sadaya sami lorodan | padhang madyaning ajurit ||

22. datan kawarna ing marga | lampahira wadya ing tanah Jawi | winuwus malih ing kidung | kang samya campuh ing prang | Senarodra pangamuke saya liwung | singa kang katrajang bubar | kuwur sagunging wadya wil ||

23. tanapi para prawira | kathah pêjah lawan kang nandhang kanin | Kalasrênggana duk dulu | krodha têtulung yuda | anglêpaskên sanjata pangabaripun | ginêdhêg saking gandhewa | barubul saengga riris ||

24. bêlêg anèng dirgantara | sing gandhewa maksih

--- 100 ---

datan nganggopi | makêthi mayuta èwu | ngênani wadya dewa | kèh kantaka kênèng jêmparing kacundhuk | wau ta Sri Danardana | rikalanira udani ||

25. wadyanira karepotan | lawan ari Senarodra kaèksi | kinroyok prabawèng mungsuh | sanadyan nora pasah | nanging susah Senarodra bêkah-bêkuh | nampèk jêmparinging mêngsah | gadane kinarya tangkis ||

26. angatag Bathara Krêsna | maring sira ari Radèn Pamadi | lah dulunên ariningsun | susahing kadangira | ingudanan jêmparing kalawan mungsuh | payo yayi lêkasana | tulakên jêmparing iki ||

27. sandika Radyan Pamadya | ngasta langkap ginêdhêg wanti-wanti | mêtu jêmparing ambrubul | makêthi yuta wêndra | nèng gêgana têmpuh sami saranipun | ulêng anèng dirgantara | dhêdhêt lir mêndhung kaèksi ||

28. tan antara Danangjaya | nyipta kang hru prabawa angin gumrit | mêsês ing gandhewanipun | midit datanpa kêndhat | sigra nêmpuh hru prabawa kang lir mêndhung | kasilir ing aliwawar | tibèng sajawining baris ||

28. sumilak ing dirgantara | lir sinapu sirnaning kang jêmparing | kagyat wau duk andulu | Ditya Kalasrênggana | krodha mangkrak anggêdhêg gandhewanipun | sinidhikara sakala | mêtu kang hru prabawagni ||

30. sagunung-gunung [sagunung-...]

--- 101 ---

[...gunung] agêngnya | ngalad-alad kadya anglêbur bumi | tinundha binandhung-bandhung | ngèbêgi ronanggana | tan antara Danangjaya musthi sampun | ingkang hru prabawa toya | gumrojog datan ngunduri ||

21. Durma

1. saking wiyat lir ingêsokkên walaka | ngênani sanjatagni | arêbut prabawa | gêni kalawan toya | tan antara ingkang gêni | kasor prabawa | sirna urubing agni ||

2. dèrèng kêndhat wêdaling toya sing wiyat | satêmah banjir warih | madyaning ronangga | kadi sagara bêna | lumembak toya ngêlèbi | abanjir bandhang | larut wadya rasêksi ||

3. kathah pêjah sami kabalabak toya | ngungsi ing senapati | ingkang banjir bandhang | kandhêg ing ngarsanira | Kalasrênggana linuwih | kandhêg kang toya | sinabdan asat nuli ||

4. asru krodha Srênggini lawan Srênggana | karsanya amungkasi | anglêpaskên sara | konta pamungkasing prang | ingayat-ayat kang pinrih | Sang Pandhuputra | kalih parêng culnèki ||

5. Dananjaya sigra amapag warastra | warastranira kêni | punggêl kalihira | pur pupug nèng gêgana | sigra Prabu Harimurti | aris ngandika | hèh kaipe dèn aglis ||

6. aywa sira angumbar ardaning mêngsah | ruwatên bae nuli | bok kasilip ing prang | têmah datan prayoga | mungsuh ta ditya kêkalih [kêka...]

--- 102 ---

[...lih] | nora prasaja | dudu wadine iki ||

7. lah dèn yitna age sira lêpasana | pangruwating sukrêjis | sigra Danangjaya | wus tampi wangsit nata | linêpasan pasopati | Ditya Srênggana | lawan Kalasrênggini ||

8. kalihira kacundhuk ing pasopatya | ruwat sakala sami | gènnya salah rupa | sawujud Sang Hyang Kama- | jaya lawan Dèwi Ratih | Sang Dananjaya | sigra dènnya mlajêngi ||

9. lawan ingkang raka Prabu Padmanaba | sakadang Pandhawèki | gumrubyug sadaya | prapta madyèng ronangga | tundhuk samya mangênjali | kala samana | sapih kang magut jurit ||

10. duk samana Sang Prabu Kalasrêngginya | ruwat sanyata kèksi | nênggih Sang Hyang Tunggal | ngawe brata Pandhawa | tanapi pra dewa sami | rikalanira | tundhuk sadaya sami ||

11. samya nêmbah ing padanira Hyang Tunggal | muka lir konjêm siti | asujud sadaya | wau Sang Hyang Wisesa | arum pangandikanya ris | hèh putraningwang | Manikmaya dèn eling ||

12. aywa dupèh sira darbe panguwasa | misesa wong sabumi | yèn parentahira | datan titipariksa | mung nganggo ambêk murka dir | anganggo gada | gada pangwasanèki ||

13. pasthi rusak sagung titah ngarcapada | rusake dadi wani | ambangkang parentah | saking dene tan kuwat | nglakoni [ngla...]

--- 103 ---

[...koni] prentah tan yukti | sotaning driya | sumêdya lêbu gêni ||

14. amarwasa paksa mungsuh suralaya | wani mring sira kaki | saking parentah ta | tanpa titipariksa | nora wruh susahing dasih | kèlu aturnya | Bathari Durga sisip ||

15. măngka Sena gone misik pra kawula | tan tilar silastuti | mung ihtiyarira | mayara wong tumitah | saking susahing wong bumi | tinitah gêsang | mênangi jaman rungsid ||

16. kèh bêbêntus kang tumrap para kawula | pêpacakira sami | pasthi karya susah | susah wong ngupa boga | gayuh ika iki rungsid | andêdêr karsa | tundone tanpa budi ||

17. mung nalăngsa maring Hyang Maha Kawasa | nging nora dèn romèsi | malah salingsingan | sinêngguh murang tata | tanpa yun parentah yukti | panyananira | tan wruh sing tan kuwawi ||

18. nandhang papa kaswasih katula-tula | kabutuh samya ngungsi | maring Bratasena | guyup saeka praya | anggayuh maring utami | utamanira | tinitah anèng bumi ||

19. aywa kongsi kasor sasamèng tumitah | titahing jawata di | lagya gêlêng rêmbag | durung tuk budidaya | dayane tinitah urip | kasêlak sira | dhawuhkên wisesèki ||

20. pasthi bae tan bisa băngga polaha | sagung ing wong nèng bumi | jêr wus kawisesa | nanging yèn [yè...]

--- 104 ---

[...n] kabanjura | kaya ta bakal tan yukti | kadadyaning rat | rêtu agonjang-ganjing ||

21. jêr ku apa susahing para kawula | tan wus akarya wèsthi | kèh durjana murka | saking tanpantuk daya | upaya marganing asil | ana kang marma | amrih utamèng urip ||

22. sira anggêp bakal anglêbur wisesa | pinulung tanpa titi | yèku kaki aja | bêcik dimèn widada | pagunungane wong bumi | Si Bratasena | pantês yèn tinut wuri ||

23. bokmênawa suwe-suwe tuk budaya | kabuka wahyu jali | tuk apuraning Hyang | sakeca tan ruara | tata wong sanungswa Jawi | tan salang-tunjang | pangupayaning asil ||

24. kang mangkono iku kulup sayêktinya | ancas rancangan bêcik | nging êmbuh dadinya | wit jaman luwih gawat | yèn tan winisesèng adil | adil sanyata | wruh susahing wong bumi ||

25. dèn sakeca tumindaking kang parentah | dipun padha kuwawi | ingkang pinarentah | tanapi kang marentah | aywa kaduk êdak êdir | kang ngêmbanana | parentahira kaki ||

26. amiliha sujana kang sugih têpa | têpa samèng dumadi | jêr parentahira | yêktine wus utama | amrih utamaning bumi | nanging wruhanta | tumindake tan yukti ||

27. awit saka kang sami sira pracaya | nandukkên tata adil | nora duwe têpa | tanduke [ta...]

--- 105 ---

[...nduke] mung wisesa | tundone anyilakani | maring wong donya | ri ratri nawung kingkin ||

22. Asmaradana

1. rasaning driya mèh kengis | sagung titah ngarcapada | kang nora koabdèkake | akèh mirong ngampuh jingga | tan sêdya mring jawata | wit rumăngsa datan antuk | sih parimarmaning dewa ||

2. rinêksa uripirèki | tinata tataning donya | mrih sami lêbda jiwane | aywa na kang murang tata | padudon dina-dina | sirna ingkang tukar padu | rêbut kamelikan donya ||

3. saking lupute kang uwis | kang sami nyêkêl pusara | mung amrih enake dhewe | wêwekane nora nana | ambêke kumawawa | wasa-wasa pangrèhipun | mulane padha rumăngsa ||

4. tanpantuk upayanèki | birawaning kang polatan | satêmah bingung atine | lagi mêngko ana prapta | iya Si Senarodra | anggêlar kawruh linuhung | kang saking bang kulonira ||

5. laire iya nêtêpi | amrih utamaning lampah | ngaurip tinitah dene | anèng donya manut cara | caraning wong agêsang | têpa sanggyaning tumuwuh | kang sugih mêskin tan beda ||

6. kang sugih kudu ngajèni | maring bau sukunira | kang tumindak sabênêre | aywa nyawiyah wong papa | nganggo duga watara | ajining kang bau suku |

--- 106 ---

wit puniku marganira ||

7. ingkang andhatêngkên asil | kongsi dadi sugihira | marma dèn titi tindake | dadine nora cawêngah | de andhap luhurira | kudu wruh-winruhan iku | lah mangkono jarwanira ||

8. kang andhap kudu ngurmati | wêruha kalah wibawa | dene kang luhur yogyane | wêruha ing luhurira | tumindak lawan tata | tataning prayagung luhur | aywa ngrèmèhkên wong papa ||

9. nora ambêk êdak êdir | tumindak lawan utama | têpa maring sangisore | ingukur lan badanira | ywa dupèh kinawasa | nganggo cara cula-culu | tan wêruh maring sasama ||

10. mangkono piwulangnèki | iya kaki Bratasena | ingkang tumrap lair bae | ing batine luwih tama | manungswa nora kêna | gawe saksêriking kalbu | maring samining dumadya ||

11. lawan kaki nora kêni | anggorohi mring sasama | mula nora kêna rêke | marga samining tumitah | pasthine kawalêsan | sapa wèh sêriking kalbu | lawan sapa gorohana ||

12. pasthi tuk piwalêsnèki | margi samining tumitah | tumindak lawan kukume | sapa ala manggih ala | sapa rêmên niaya | kasangsaya badhenipun | mangkono ku wus pasthinya ||

13. mula wong sanungswa Jawi | sumuyut sami pruwita | mring Bratasena wiyose | saking utamaning [uta...]

--- 107 ---

[...maning sêdya | kapiluyu sadaya | ing sêdya mung sabiyantu | mring tekate Senarodra ||

14. dhêku lir konjêm ing siti | wau Sang Hyang Jagadnata | rumăngsa ing kadudone | Hyang Tunggal malih ngandika | marma mêngko prayoga | Bratasena dèn lêstantun | gyannya nuntun wong nèng donya ||

15. aywa sira mêmalangi | malah sira biyantua | yèn ana abot repote | sandika Hyang Manikmaya | wus têlas dhawuhira | sanalika tan kadulu | Sang Hyang Tunggal sampun muksa ||

16. kang para jawata kari | ingadhêp brata Pandhawa | Hyang Naradha andikane | payo kaki Bratasena | undurna wadya ditya | ika maksih baris agung | mung kari wadya arahan ||

17. sandika Bratasena glis | ngamuk anglir singa rodra | amobat-mabit gadane | singa kang katrajang gêmpang | mawur-kawur kèdêkan | ingkang parêk sami gêmpur | tan ana măngga puliha ||

18. rusak tataning kang baris | lumayu rêbut koripan | ngungsi maring jro jurange | siluk-siluk ingungsenan | padhang ing pabaratan | wadya ditya sami lêbur | sirna sagunging rêksasa ||

19. lêga tyase Bayusiwi | para jawatèng ngawiyat | angudankên kêmbang age | sumawur ing antariksa | ngèbêki ing paprangan | sumrik-sumrik gandanya rum | wèh sêgêring lêsu lupa ||

--- 108 ---

20. undure Sang Bayusiwi | ginarbêg para jawata | umung gumuruh swarane | samarga asasêndhonan | rame tabah-tabahan | swarane pating carêngklung | tan wus winuwus ing gita ||

21. rame ingkang mênang jurit | pra jawata sukèng driya | tanapi widadarine | sirna kamarasaning tyas | sêmana Sang Hyang Jagad- | nata lênggah nèng manguntur | ingadhêp para jawata ||

22. tanapi pra Pandhawèki | samya suka-parisuka | pra kadang Pandhawa rêke | saklangkung sinuba-suba | dening para jawata | andhatêngkên sukèng kalbu | pra widadari suwarga ||

23. ingandikan anglêkasi | mataya pra widadara | surendra tinabuh age | nganyut-anyut wèh wigêna | kadya ngalapkên jiwa | tan wus winuwus ing kidung | kalangênaning jawata ||

24. tancêp kayon sampun titi | pangikêtirèng walgita | nuju ari Dite Wage | kaping tri ing wulan Ruwah | Êdal angkaning warsa | nênggih sèwu wolung atus | kawan dasa sapta lagya ||

--- [109] ---

Katrangan

Mugi andadosna kawuninganipun para maos, lêluconipun wulucumbu, tuwin piwulangipun Bagawan Senarodra ngangge rêmbag agami Islam, punika dede kajêng kula piyambak, miturut pakêm padhalangan, lêlucon tuwin piwulangipun ngangge nyêbut agami Islam, mênawi kemawon rèhning ingkang karêmbag jaman samangke, cawuhing agami Islam kalihan Budha lajêng botên winiwekan, botên sumêrêp mênawi bab punika badhe ingèsêman para nawung kridha, nyumanggakakên, pangarang amung miturut kawontênaning pakêm, sêsandining parasdya pangarang botên sumêrêp babarpisan, wusana andadosna kawuningan.

Kaping 16 Dhesèmbêr 1923.

Suwandi.

--- [0] ---

[4 halaman iklan]

 


Lebih empat suku kata: agal rêmpit tumangguha. (kembali)
Lebih satu suku kata: pêpilihan yu-ayu. (kembali)
sangkêp (dan di tempat lain). (kembali)
Kurang satu suku kata: mring Swatama kalihipun. (kembali)
Lebih satu suku kata: ditya wudhu ing jurit. (kembali)
kinêmah-kêmah. (kembali)
Kurang satu suku kata: ing prang datanpa guna. (kembali)
Kurang dua suku kata: cêrik-cêrik swarane erak asora. (kembali)
Lebih satu suku kata: gambiraning driya mung agage têmpuh. (kembali)
10 Kurang satu suku kata: rêspati sasolahira. (kembali)
11 Kurang tiga suku kata: têtindhihing nitih kuda. (kembali)
12 winuwus. (kembali)
13 Kurang satu suku kata: jawata gung kathah nalisingsire. (kembali)
14 Biasanya guru lagu i: winarni. (kembali)
15 Kurang satu suku kata: siyagèng ajurit. (kembali)
16 . (kembali)
17 dirgantara. (kembali)
18 kagyat. (kembali)
19 Kaneka. (kembali)
20 Kurang satu suku kata: ring Sang Hyang Jagad. (kembali)
21 langkung. (kembali)
22 Lebih satu suku kata: andalêdêg saking kori. (kembali)
23 Kurang satu suku kata: ebah sagunging wadya wil. (kembali)