Pakêmipun Ringgit Purwa (Jilid 2: Hlm. 097–196), Vreede, 1884, #1870

Judul
Sambungan
1. Pakêmipun Ringgit Purwa (Jilid 2: Hlm. 001–097), Vreede, 1884, #1870. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
2. Pakêmipun Ringgit Purwa (Jilid 2: Hlm. 097–196), Vreede, 1884, #1870. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
3. Pakêmipun Ringgit Purwa (Jilid 2: Hlm. 197–296), Vreede, 1884, #1870. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
4. Pakêmipun Ringgit Purwa (Jilid 2: Hlm. 296–394), Vreede, 1884, #1870. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
5. Pakêmipun Ringgit Purwa (Jilid 2: Hlm. 394–495), Vreede, 1884, #1870. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
6. Pakêmipun Ringgit Purwa (Jilid 2: Hlm. 495–582), Vreede, 1884, #1870. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
Citra
Terakhir diubah: 18-06-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Sinigêg dipun caritakakên.

Wau ta eca imbal wacana, kasaru dhatêngipun satriya ing kadipatèn, tuwin Radèn Arjuna sapunakawanipun. Prabu Kasendra gupuh angawe-awe.

Găngsa mungêl ayak-ayakan. Radèn Kasena nêmbah nguswa pada, lênggah ing ngarsa, satriya ing Madukara lênggah ngajênging patih, Sêmar tuwin Nala Garèng Petruk sami wontên ing wingkingipun rêkyana patih, găngsa dipun jantur, lajêng dipun caritakakên malih.

Lah ing kana ta wau Prabu Kasendra kalangkung amarwata suta, kadya manggih rêtna sawukir, ginagas ing driya, ketang wlas dhatêng atmaja, mila anênggak waspa, sinamun angasta pawohan, lajêng amucang, mangkana sri bupati uninga ing Radèn Pamadi, sapandurat datan angandika, ngungun andulu bagusing warna ingkang lagya dhatêng, rêkyana pati[1] tan prabeda, cêngêng mulat ing satriya Madukara, para wanita salêbêting kadhaton sami dongong, warna-warna panarkane, sawênèh sinênggu[2] dewa, ana anyêngguh ratuning parayangan. Ingkang sami kamargan lampahe Radèn Pamadi jalu èstri gumrubyuk sami ningali, mangkana pangudasmaraning driya Prabu Kasendra, iya jagad dewa bathara, satriya ngêndi, srayane Si Kasena, dene kaya dewa andharat.

--- 2 : 98 ---

Găngsa mantun kajantur, sawatawis dangunipun, nuntên dipun suwuk.

Dipun suluki pathêt sanga.

Sêkar Madurêtna lampah 12. Narpati Darmaputra myang Dananjaya | matur ring raka Narendra Harimurti | saha waspa ing madya wasananira | katur sadaya mring sang rèh Madurêtna ||

Sang prabu manabda.

Kulup padha raharja lakunira dene anganti lawas ing lungamu.

Aturipun.

Kawula nuwun, saking pangistunipun kangjêng rama prabu, raharja ing lampah kula, sampun kawula kautus aminta sraya, punika sampun angsal. Pinangkanipun saking nagari ing Ngamarta, kêkasihipun Radèn Pamadi, ing wingking punika rêpat punakawanipun. Ingkang sêpuh wasta Lurah Sêmar, kalih pun Nala Garèng, tiga pun Petruk.

Sang prabu ngandika.

Kulup iya sokur bage sèwu, ana kang kêduga amitulungi, mara mirea, lungguha ngarêp dhampar kene, tak takonane dhewe.

Radèn Kasena ngalih gènipun lênggah.

Sang nata ngandika ing Sang Parta.

Radèn Pamadi, bagea satêkamu ing ngarêpku, padha arja ing lakumu radèn.

Aturipun.

Kula nuwun inggih dhatêng anuhun. Timbalanipun kangjêng sinuhun. katampèn [kata...]

--- 2 : 99 ---

[...mpèn] asta kêkalih, dahat kalinggamurda, kacangcang pucuking rema, kapêtêk ing mastaka, lumèbèra ing pranaja, rad daging kayuwanan. Kula pundhi kados jimat paripih, amêwahana têguh yuwana, pangabêkti kula katura ing pada paduka.

Wangsulanipun.

Iya radèn pangabêktimu tak tampani tangan roro, tak pêtêk ing dhadha, tumanêma kêkulunging ati, adagingana satampèl, anggêtihana satètès. Apa nyata radèn kowe kêduga tandhing prang karo prajurit yaksa ingkang ngêpung ing Sokarumêmbe.

Aturipun.

Kula nuwun inggih, mila kula kalampahan sowan ing ngarsa paduka, kula sagah dèrèng kantênan, angundurakên rota danawa, nanging kula selak botên, darmi kula nglampahi, sampun dhatênging sakit, sanajan pêjah kula botên gumingsir.

Dhêdhawuh sri bupati.

Iya radèn ubayaku, yèn ana kang bisa ngasorake yaksa kang ngêpung praja ing Sokarumêmbe, banjur ingsun dhaupakên karo nini putri Rêtna Kasimpar, nanging saking sarjuning atiku marang kowe, radèn anakku kang tuwa arane Rêtna Juwita, manawa rujuk ibune iku rabinên saiki bae, sêdhêng olèh aso aku sadhiya prajurit.

Arjuna umatur.

Kadospundi karsanipun kangjêng sinuhun mangkatên. Ing têmbe wontên unggulipun [unggu...]

--- 2 : 100 ---

[...lipun] ing yuda kula, punapa kalampahan putra paduka amêmaru sami kadang, kalih malih kula mopo yèn mawi kaparingan kanthi wadya prajurit. Dados botên angsal dèntên paduka minta sraya, dêstun namung paringa rare satunggal tuwin kalih minăngka tingalipun ingkang sinuhun.

Pangandikanipun sang prabu.

Radèn aja sumêlang, yèn jaya ing yudamu ya wis bêjamu, kowe rabi anakku karo pisan. Karodene anakku iku seje-seje ibune, ora dadi ngapa ugêre aku wis anglilakake lan dadi rêmbuge ibune.

Sinigêg dipun suluki pathêt sanga.

Sêkar Rini lampah 17. Mulat mara Sang Partasmu kamanusan kasrêpan ring ti- | ngkahning mungsuh niran padha kadang taya wwang wanèha | ana wwang anaking yayah mwang ibu lèn umanggêh paman | makadi Narpa Salya Bisma narpa sang dwijanggêh guru ||

Parta ngandika ing Sêmar.

Kakang Nayataka, priye karsane sinuhun aku dikramakake dhisik. Apa prayoga tak lakoni apa ora kakang.

Aturipun Sêmar.

Inggih sae dipun dhèrèk mawon karsanipun sinuhun. Saking lêga-lêganing panggalih, kalih malih badhe pados punapa, dhasar wayuh putraning ratu, mara priye kono thole pikirên aturku mênyang bandara iki bênêr apa luput.

--- 2 : 101 ---

Nala Garèng sumaur.

O karuan rama, yèn olèha dhasar wayuh anak ratu, kene bobote mantumu, ibune Si Gêndheyo, karo ibune Si Komprès kae, basa katêmu rukune, ayême tyasku ora kira-kira, gèk bandaraku we kalakona dhaup putraning ratu loro patutane rukun. Lah rak sida nyamlêng bangêt.

Petruk nyambungi.

Êng nèk aku ora rêmbug. Lah rak lagi akale Nala Garèng, anak ratu dipadhakake karo bojone, karo mundhak ewuh, maka sêdulure gawok-gawok maru, karo manèh iyah nèk anong-aning priye le milih dhisik, apa dibarêng, masa wurunga ora kêrêp bêngkrèh.

Sang prabu andangu.

Radèn punakawanmu iku sapa mau arane, dene padha măncawarna wandane, nanging angrêsêpake ati.

Parta umatur.

Ingkang wontên ngajêng punika pun Sêmar, ing wingkingipun punika, anakipun wasta pun Nala Garèng, wingking piyambak punika inggih anakipun wasta pun Petruk.

Sang nata gumujêng nulya ngandika.

I hêm hah hah hah, layak dêlênge dhêdhompolan gone suwita, dadi sapranak bae, Lurah Sêmar bagea satêkamu, ana ing nagara Sokarumêmbe.

Aturipun.

--- 2 : 102 ---

Inggih dhatêng anuhun timbalanipun kangjêng sinuhun. Kula pundhi wonten kuncung ngriki.

Sinuhun ngandika ing Nala Garèng.

Nala Garèng bagea satêkamu, ana ing Sokarumêmbe.

Aturipun.

Inggih dhatêng anuhun timbalanipun kangjêng sinuhun. Sêndika candhik ala.

Sang prabu nabda ing Petruk.

Petruk bagea satêkamu ing kadhaton Sokarumêmbe.

Aturipun.

Kula nuwun inggih, timbalanipun kangjêng sinuhun ingkang adhawuh, nêdha nrima bêrkat makakata ingkang kantun.

Nata ngandika ing Sang Parta.

Radèn nagara ing Ngamarta iku, kang jumênêng ratu jêjuluke sapa, lan kowe santana kapêrnah apa, mulane aku takon mangkono, dene sasêbutane aranmu nganggo radèn. Adoh pêrake kang pasthi darahing ratu.

Aturipun.

Paduka andangu jêjulukipun ingkang jumênêng nata ing nagari Ngamarta, Prabu Puntadewa, punika kadang kula ingkang pambajêng atunggil yayah rena.

Sang nata nabda.

I i ya jagad dewa bathara, kulup Kasena, rèhning wis dadi wicaraku, ila-ila sabda pandhita ratu, kakangmu Radèn Pamadi iki kudu tak dhaupake dhingin. Yèn ibumu rujuk Si Rêtna Juwita dhaupa saiki, ing têmbe

--- 2 : 103 ---

yèn unggul nampanana ganjaran. Si Garjita kon sadhiya sakancane, manawa mungsuh anggêcak praja.

Aturipun.

Kula nuwun dewaji, punapa karsa paduka kula sêndika anglampahi, namung ing têmbe manawi kakang mas mêdal ing payudan kula piyambak ingkang kêdah dhèrèkakên.

Sang nata ngandika.

Wis ta radèn karia lungguh karo adhimu ing kadipatèn. Aku angadhaton.

Aturipun Parta.

Kula nuwun inggih dhatêng sêndika, găngsa mungêl ayak-ayakan. Sang prabu manjing dhatulaya, patih lajêng mêdal dhatêng pasowan. Parta Kasena sapunakawanipun kabêdhol. Kajêng katancêpakên têngah, găngsa dipun suwuk, tanpa suluk lajêng dipun caritakakên.

Sinigêg Prabu Kasendra ingkang kondur angadhaton. Gênti kocapa salêbêting dhatulaya, pramèswari narendra ambêbingah wanita ingkang sami sakit.

Mungêl gêndhing Lara-lara, ngadêg Rêtna Calkuthana, ingkang dipun angge parêkan ingkang nyongor lambenipun mawi slendhang, kalih putra Rêtna Juwita, ingkang dipun angge Limbuk, cèthi kalih, sang nata rawuh lajêng jajar lênggah, găngsa dipun jantur.

Dipun caritakakên.

Anênggih salêbêting kênyapuri ing Sokarumêmbe, punika garwaning narendra [nare...]

--- 2 : 104 ---

[...ndra] akêkasih Calkuthana, cinarita Prabu Kasendra, ing nguni garwanipun kêkalih, ingkang sêpuh patutan Rêtna Kasimpar, ing mangke pinarnah ing patamanan. Saking panyuwunipun Dèwi Calkuthana, nalika garwa sêpuh anggarbini sapisan, sang prabu angangkat abdi kainggahakên pramèswari, inggih punika Dèwi Calkuthana, sarêng garwa sêpuh patutan Radèn Kasena, Rêtna Calkuthana sampun patutan Rêtna Juwita, punika garwa sêpuh seda konduran. Dene pandamêle Rêtna Calkuthana, saking agênge guna pangasih tuwin kamayane katrima ing dewane winantu panjurunging jajahlanat. Mila Prabu Kasendra saklangkung asih miturut dhatêng pramèswari, mangkana yèn ngunadikaa Rêtna Calkuthana, e lae dene suwe le miyos kangjêng sinuhun.

Dipun suluki pathêt sanga.

Sêkar Bramarawilasita lampah 11. Ramya wwang padha tustha anggarjita | têkapira nirmala mangayun ring | trus unggyaning sang sri supadni wara | tarlèn dwi lêmbana sanggya mahagnya ||

Dèwi Calkuthana matur.

E kadospundi sinuhun pawartosipun. Mêngsah sapunika wontên ing pundi.

Wangsulanipun.

Kowe takon mungsuh, saiki isih padha ngêpung kutha bae, nanging padha têntrêm ana pakuwon. Nanging samêngko ana lêganing pikirku sawatara, marga sutanira ing kadipatèn, wis têka olèh aminta sraya, satriya têka nagara Ngamarta, arane Pamadi bagus rupane, kadanging ratu, iku saguh ngundurakên [ngundurakê...]

--- 2 : 105 ---

[...n] mungsuh buta, saking bungahku yèn kowe rêmbug, Si Rêtna Juwita tak dhaupake dhisik. Sêdhêng aso têmbe mêtu ing prang, panjaluke ora arêp yèn dikanthèni prajurit.

Aturipun.

Botên Si Pamadi niku sinuhun, le bêkta bala kathahe pintên.

Wangsulanipun.

Ora gawa prajurit, mung punakawan têlu, iku kang dikanthi ora pisah saparane.

Aturipun.

I i tobil dene kêndêl têmên. Wong siji kathik wani buta akèh, iku apa wong bantêr, apa pancèn arêp kalap patine. Têka tanpa kira-kira, sinuhun kula mopo yèn putra paduka pun Juwita kaparingakên sapunika, mangke sawêg pasihan gèk pêjah gènipun pêrang, mindhak anak kula anglampahi dados răndha taksih anèm. Punika lah rak namung melik badhe nampani ganjaran mawon.

Sang prabu ngandika.

Iya bok ratu, sanajan pandugamu bênêr, nanging aku ora kêna ngandika wola-wali, kudu tak laksanani, manawa kowe ora rêmbug, nini Rêtna Juwita tak dhaupake karo Si Pamadi, iya puluh-puluh kajaba sutanira Si Rêtna Kasimpar bae banjur tak dhaupake, ora ketang mung dadi sapadang sapanginang, jangji kalakon sabdaku, supaya ing têmbe aja batalake sabarang kang wis dadi sabdaku.

--- 2 : 106 ---

Rêtna Calkuthana matur.

Kula sumaga yèn kêdah karsanipun sinuhun, andhaupakên pun Rêtna Kasimpar, tiyang dhasar punika ingkang dados jalaran rêtuning nagari Sokarumbe.

Pangandikanipun sang nata.

Iya wis bok ratu, karia takjakke marang patamanan Si Pamadi.

Găngsa mungêl ayak-ayakan sanga, sang nata mêdal dhatêng pandhapa, Rêtna Calkuthana saputranipun kabêdhol. Sarta Kasena punakawan tiga taksih sami pinarak. Sang prabu rawuh, saantawis dangunipun gamêlan dipun suwuk. Botên mawi pathêtan.

Sang prabu ngandika.

Kulup Kasena, wis bêgjane bak ayumu Si Rêtna Kasimpar, bok ratu ora rêmbug, yèn Si Rêtna Juwita tak dhaupna dhingin. Ature manawa dadi răndha isih nom. Wis banjur sêdhiya anjagani musuh, kakangmu Radèn Pamadi tak dhaupake karo Si Rêtna Kasimpar dhisik. Dadia mêtu ing prang yèn wis kalakon sabdaku, aja nganti cawar ing buri karine.

Aturipun.

Kawula nuwun kasinggihan karsa paduka, kawula kakarsakakên sadhiya nuwun inggih sêndika.

Nata ngandika ing Parta.

Radèn ayo sapunakawanmu milua marang wadari, tak dhaupake karo nini Si Rêtna Kasimpar.

--- 2 : 107 ---

Aturipun.

Kawula nuwun inggih dhatêng sêndika, kula umiring punapa karsa sang prabu.

Nata nulya têdhak ing taman. Parta sapunakawan umiring, dipun suluki pathêt sanga.

Sêkar Sasradhara Kawêkas lampah 20. Mèh raina sêmu bang hyang aruna kadi netraning angga rapuh | sabdaning kang kilaring kanigara sakêtêr kinidung ning akung | lir wuwusing winipanca papêtêking ayam wanèh ring pagakan | mrak manguwuh bramara ngrabasa kusuma wara baswana rum ||

Dipun caritakakên.

Lah ing kana ta wau, Prabu Kasendra, sarêng Rêtna Calkuthana mopo ing karsa, sang nata ketang wêlas ing putra ingkang pinarnah ing pakêbonan. Suda trêsnaning driya dhatêng pramèswari. Sinigêg gênti kocapa Rêtna Kasimpar ingkang wontên ing taman, kathah sêkar mênur dadu.

Mungêl gêndhing Gambangsawit.[3] Ngadêg Rêtna Kasimpar, parêkan tiga, gêndhing kajantur, dipun caritakakên.

Anênggih ing pundi ingkang kocapa, salêbêting wadari, parnah kapungkur saking kadhaton Sokarumêmbe, sintên ingkang kinêbonakên. Punika atmajaning nata ingkang pambayun, akêkasih Rêtna Kasimpar, dhasar wanodya endah warnane karêngga ing busana, dhasar atmajaning narendra, mila dadi panjanging kidung, konang saking liyan nagari, ruruh pasêmone, pêsaja amêrakati, mila punika kinêbonakên, saking pamintanipun pramèswari Rêtna Calkuthana, merang dene atmajane kang nama Rêtna Juwita, sangêt saru sing warna,

--- 2 : 108 ---

salamine Rêtna Kasimpar wontên ing pakêbonan, datan kalilan ambêkta pawongan kathah, namung êmban inya cèthi satunggal. Sang prabu kèlu ing pramèswari, têmah awis tindak dhatêng taman. Mangkana sang dyah nuju pinarak ing madekambang, kasaru rawuhipun Prabu Kasendra, sang juwita tumurun saking palênggahan mêthuk ingkang rama.

Gêndhing dipun unggahakên. Sasampunipun tata lênggah dipun suwuk.

Dipun suluki pathêt sanga.

Sêkar Sardulawikridita lampah 19. Kilwan sêkaring kang têtaman arêpat rèhnya bale kancana | soma brama hêni[4] pawal nataring kang rok mutyaara raras | we durya marani labawraning pagêr tunjung mahantên lumêng | muntap antên ningkang gapura macawi tang surya katon jwala ||

Rêtna Kasimpar matur.

Pangabêkti kula kangjêng rama konjuka ing paduka, wontên karsa punapa, kangjêng dewaji kaparêng têdhak dhatêng wadari.

Wangsulanipun.

Anakku gèr anakku, pangabêktimu bangêt panarimaku, mulane aku tinjo ing kowe rara, kawruhanamu lungane arinira Si Kasena aminta sraya, olèh satriya kadange Nata Ngamarta, kêkasihe Radèn Pamadi, iku kêduga angundurake mungsuh, wis pasthining dewa iku jodhomu, ala kowe dilamar ing buta, bêcik lakonana dhaup karo Radèn Pamadi, ing samêngko tak tinggal jabaning lawang taman kana, o rupane bagus bangêt, sajêgku durung sumurup titahing dewa kang kaya satriya iku.

--- 2 : 109 ---

Aturipun.

Kula nuwun inggih rama, sampun mênggah kula kadhaupakên angsal satriya, najan jatukramaa angsal cebol papêlikan, yèn awit karsa paduka, kawula sêndika anglampahi.

Nata ngandika.

Êmban timbalana bandaramu Radèn Pamadi, ana sajabaning lawang kae panggonane.

Aturipun.

Kawula nuwun inggih dhatêng sêndika. Êmban mêdal, ingkang wontên jawi kontên Petruk lajêng dipun timbali, êmban kalih grundêlan. E lae bandaraku, jawa-jawane pangandikane ingkang sinuhun mau, kalinganeya, dene rupane kaya Cina idêr babi.

Êmban matur dhatêng Petruk.

Radèn sampeyan ngandikan rama jêngandika kangjêng sinuhun, sarênga salampah kula.

Wangsulanipun.

Iya bibi ayo seba kyai susuhunan.

Parêkan wangsul mangarsa ngirid Petruk. Jujug wurine sang prabu, êmban nêmbah matur.

Kula nuwun gusti, punika dikakakên nimbali putra paduka Radèn Pamadi sampun sowan.

Sang nata ngandika ing putra,

--- 2 : 110 ---

Mara ta rara panêmbramanên radèn iki, rèhning lagi prapta, nadyan wadon kowe kang wajib duwe panti, priye kok malah mêrêm kuwe, aja nganggo wigih wis pasthi jodhomu.

Sang putri nêmbah mundur manjing suyasa tan mawi matur, sang nata ngandika lajêng nolih.

I ya jagad dewa bathara, lah ngupaya jodho apa, dene malah diangkuhi, radèn sampun ngantos uwe, lah layak i hêng hêng hah hah, layak anakku mêrêm. Lah dene jêbul kowe Petruk, bandaramu ingkang tak undang dudu kowe.

Petruk gumuyu matur.

Êng hêk, êng hêk napane, sinuhun wau dados dede kula ingkang ingandikan.

Sang nata mangsuli.

Iya dudu kowe bandaramu kang tak aturi, kowe mêtua mrana manèh, Radèn Pamadi aturana mrene.

Aturipun Petruk.

Namung kawuningana ing paduka kangjêng dewaji, yèn sowan kula punika margi dipun timbali, botên saking kajêng kula piyambak. Ing mangke badhe katulak tanpa sabab. Yèn makatên kula punika saksat nyandhang kalêpatan, tuwin dipun lêbêtakên ing loropan. Kula atas botên narimah, nyuwun adil ingkang lêrês, mijila saking ingkang sinuhun.

Sang nata ngandika.

--- 2 : 111 ---

Iya Petruk bênêr aturmu, ya aja dadi atimu, aku awèh ganjaran lupute para nyaiku, tak têbas rong sêmat. Mara ta tampanana, bandaramu banjur aturana mrene.

Petruk nampèni arta lajêng matur ing Sang Parta.

Dara dipun timbali sinuhun, o nyamlêng putrine.

Sinigêg Arjuna manjing dipun suluki pathêt sanga.

Sêkar Rini lampah 17. Mulat mara Sang Partasmu kamanusan kasrêpan ring ti- | ngkahning mungsuh niran padha kadang taya wwang wanèha | ana wwang anaking yayah myang ibu lèn umanggêh paman | mangkadi Narpa Salya Bisma narpa sang dwijanggêh guru ||

Sang nata ngandika.

Wis radèn aku titip daging saêrêp. Mung yèn ana kaduk luputing laku satindak, muga digêdhe pangaksamamu, rèhning bocah lola tininggal ing ibune, kêpatuh ugungan. Yèn radèn wis ora sênêng aja binuwang sakênggon-ênggone.

Aturipun Arjuna.

Dhawuh timbalanipun kangjêng sinuhun, dahat kawula pundhi, mugi èstua jodho ing madyapada dumugi ing endraloka.

Găngsa lajêng mungêl ayak-ayakan sanga, sang prabu kondur minggah ing sanggar, Parta mondhong kang garwa binêkta minggah ing pagulingan. Banyolan sawatawis, punakawan kalih para nyai, găngsa kasuwuk. Kajêng katancêpakên têngah.

--- 2 : 112 ---

Dipun caritakakên.

Lah ing kana ta wau, satriya ing Madukara sampun dhaup kalih putri ing Sokarumêmbe, anutug dènira sacumbana, wanti-wanti kusumaning ayu pinurwa ing gati, ing pagêdhongan, Radèn Dananjaya pamit dhatêng ingkang garwa badhe umangsah ing ayuda, nanging sang juwita bawane lagi pêpasihan, awrat ing panggalih, yèn pisaha lan kang raka, Radèn Pamadi kang garwa lajêng dipun êmban samir cindhe puspita, binêkta midêr ing patamanan. Tuwin mirsani kang kalangênan, dwirada seta, sinamur dipun srênggarani palugon lan jurudêmung, sang rêtna sare wontên ing êmbanan. Nulya binêkta wangsul ing pasarean, dipun apit ing guling siningêban kampuh gadhung malathi, astanipun Radèn Pamadi dipun dudut alon, tansah dipun sawang-sawang wadanane Rêtna Kasimpar, lir pendah jaladha angêmuli wulan, katon riyêm-riyêm, sêsinom angrompyoh, lêrês ujunging imba, lir pendah pahyas bibis umêsat. Radèn Pamadi sampun jumênêng wangsul angusapi swanita kang mungging palarapaning garwa, mangkana pangandikanipun satriya ing Madukara. Nimas wis karia, aku tak mêthukake prajurit yaksa ing Manderajajar.

Găngsa mungêl ayak-ayakan. Arjuna mêdal kapanggih punakawan tiga, gamêlan dipun jantur.

Kakang Sêmar saanakmu ayo padha mangsah marang pabaratan.

Aturipun.

Inggih sumaga, punapa sampeyan botên mawi bêbeja ing rayi sampeyan radèn ayu.

--- 2 : 113 ---

Wangsulanipun.

Kakang wis pamit aku, nanging adhimu radèn ayu sêmune abot manawa tak tinggala, nanging iki mau radèn ayu sare, banjur tak tinggal bae.

Aturipun.

Punapa bandara lajêng mawon, botên mawi ngunjuki uninga ingkang sinuhun.

Wangsulanipun.

Kakang aku banjur bae, manawa nganggo ngaturi wuninga ingkang sinuhun, manawa digalih nyuwun kanthi prajurit. Sanajan bandaramu si adhi Kasena iya tak tilapake, ayo padha mangkat, daya-daya têkana paran, kaya apa rupane buta kang abaris.

Parta lumampah lan punakawan salampahan. Ayak-ayakan mantun dipun jantur, kajêng katancêpakên têngah, găngsa dipun suwuk, dipun suluki pathêt sanga.

Sêkar Rini lampah 17. Lawa gumandhul ring pang kêbêt-kêbêt lir milu susah[5] | yèn bisaa muwus pagene Pandhawa tan ana tumut | ri pati aminta prajanta sapalih sêkaring tanjung | ruru ambalasah lêsah kadya susah ngêsah kapisah ||

Dipun caritakakên.

Lah ing kana ta wau, satriya ign Madukara sampun mijil saking kadhaton, mêdal ing kori bêbutulan, sumêja lajêng jujug dhatêng pabarisan. Sinigêg gênti kocapa, ing pabarisaning danawa, sakalangkung dènnya ambêk sawiyah-wiyah ing janma.

--- 2 : 114 ---

Mungêl ladrangan Calunthang, ngadêg yaksa Kalaprajăngga, kalih ditya Kalamamrang, tiga ditya Jongberong, saantawis găngsa dipun jantur, lajêng dipun caritakakên.

Lah ing pundi ingkang gênti kocapa, pabarisaning raksasa, ingkang sami makuwon sajawining praja Sokarumêmbe, saunggule dènira abăndayuda. Kalih satriya ing kadipatèn, rota danawa sami angrêrayah, pakuwon tapis sawontênipun. Padhusunan kanan keringing pabarisan sami gègèr samya ngili, atilar wisma, janma ingkang samya ngungsi, sawênèh namung lawan rabi sutane, ingkang antan-antan bisa ngilèkakên sakadar darbèke janma ing padhusunan. Namung rajakaya ingkang têlas binahak ing yaksa, mila kèndêl datan umangsah yuda, ngêstokakên wêlinging narendra, namung pinurih tumuntêna ngaturakên Rêtna Kasimpar, datan nyipta yèn sinuhun ing Sokarumêmbe sampun minta sraya satriya sampun dhinaupakên kalih putraning narendra, mangkana ciptaning driya, dene lawas ratu ing Sokarumêmbe ora mêtoni ing prang, ora masrahake atmajane. Ladrangan kasêsêgakên, Nuntên dipun suwuk.

Dipun suluki grêgêt saut sanga,

Sêkar Rini lampah 17. Punggawa prayitna pudhandha mangaran amamrih lawan | Sang Dasawadana manuduh punggawa wira dumraksa | mangrusak ing gêlar ardacandranira Patih Suwănda | gadgada umangsah wahana dwiraddha mangundha dhandha.

Kalamamrang ngucap.

--- 2 : 115 ---

Ki raka kadospundi prayoginipun lampah punika, dene prajurit ing Sokarumêmbe botên wontên ingkang mêdali ing prang, dèrèng purun masrahakên atmajanipun.

Wangsulanipun.

Iya adhi pun kakang ora anduga, yèn ta wisa dililani angrusak praja, gampang linakon. Rèhning wêlinging sinuhun, mung dikakake ngêpung saka kadohan. Anganti wêwangsulane sinuhun ing Sokarumêmbe, jaba diantèni, sarta dirupak jajahane, supaya girisa manungsa ingkang padha ana sajroning praja, tumulia bisa nungkul aris, amasrahake Rêtna Kasimpar, iba sukane ingkang sinuhun adhi.

Kalamamrang matur.

Lah punika prayogi ki raka, murih ngênêsipun manungsa salêbêting kitha, kajawi dipun parênca, jêngandika ki raka Jongberong amêpêtana ingkang sami ngupaya têdha, yèn janma mêdal jêngandika lilani, yèn sêja manjing kitha karampasa.

Aturipun.

Inggih dhi tumênggung kula ubêngane, sakiwa têngêning margi kang anjog ing kitha, kula rampase tiyang ingkang sami bakulan, anglêbêtakên tatêdhan. Punika marai ngayêm-ayêm ratu ing Sokarumêmbe.

Sinigêg rota danawa ingkang sami pagunêman. Kasaru dhatênge Lurah Togog kalihan Sarawita, sami lumajêng kapiandhêm.

Găngsa mungêl srêpêgan sanga, sarêng Togog Sarawita sampun sami dhatêng lênggah ngarsaning punggawa, găngsa dipun suwuk.

--- 2 : 116 ---

Dipun suluki grêgêt saut sanga.

Sêkar Rini lampah 17. Yaksa gung kruraya kagiri-giri gêngnya kra magalak | ahêng karambêknya gora-godha tanangga tulungana | tinêpak kaparsat buta kabarubuh puh kayu pokah | bêlah bêntar sirna watu kumalasa swuh kabarubuh.

Kalaprajăngga têtanya.

Hèh kowe lurah ingkang seba ora tak timbali, ana apa ing pabarisan.

Aturipun.

Kawuningana ing sampeyan, punika wontên satriya dhatêng lajêng narajang pabarisan. Pangakênipun bêbantu saking Sokarumêmbe, nanging tingalipun dede satriya ing praja ngriki, katawis ing solah-bawanipun. Sanès kalih ingkang sampun katingalan rumiyin, o warnanipun kados dewa andharat, dene bagusing tiyang.

Kalaprajăngga ngandika.

Apa nganggo tatêngêring prang, utawa yèn ngirid prajurit samapta gêgaman.

Aturipun.

Kilap manawi bêkta prajurit papêndhêman. Yèn ingkang sampun katingal punika, tanpa kăntha tanpa kanthi, rencangipun namung tiga blaka, punika punakawan, dene wadya prajurit, nanging punakawanipun sami gal-ugalan.

Kalamamrang nambung ujar.

Kadospundi ki raka, manawi punika lampah anyalawadi, yèn ta nêdya mangsah [mang...]

--- 2 : 117 ---

[...sah] ing prang wontên tandhanipun. Yèn botêna nêja băndayuda, dene nêmaha narajang pabarisan.

Wangsulanipun.

Prayogane takonana kang gênah, bokmênawa iku nyata mungsuh, sênajan rupaa bayi yèn kudu dadi mungsuh, ya jaba dibăndawasani, mênèk iku mung wong adol sanggup, supaya nampani ganjaran. Yèn tanpa gêgaman, manawa kêna undurna bae, aja para sikara, nistha matèni mungsuh durung samapta, gawe ucap ora prayoga.

Aturipun Kalamamrang

Inggih ki raka dhatêng sêndika, kantuna pinarak, kula pitakènane satriya kang lumampah purun narajang pabarisan, lumuh mangan wohing dami kinukus, wong siji apaksa wani.

Wangsulanipun.

Iya adhi, nanging jênêng para diprayitna, aja kurang pangati-ati.

Kalamamrang ngucap ing Togog.

Ayo Gog tuduhna, ngêndi panggonane, kaya apa rupane, dene sugih kêndêl abăndha wani, apa mêntas gaguru anyar, arêp anjêlirake kaprawirane.

Găngsa mungêl plajêngan srêpêgan sanga, Kalamamrang Togog murugi Sang Parta, Kalaprajăngga, Ditya Jongberong sami kalampahakên. Ngadêg Parta sapunakawan tiga, Kalamamrang dhatêng gora-godha, lajêng lênggah, sasampunipun Togog Sarawita lungguh, găngsa kasuwuk.

--- 2 : 118 ---

Dipun suluki grêgêt saut sanga.

Sêkar Wisalyaharini lampah 21. Raksasa aprayitna anggrêng krura wiroda gambira gora-godha | bêgor swara gurnita samya sikêp sanjata samarga girang-girang | mintokkên krodhanira sura mahambêk pagut ing prang atêpung lawan | mungsuh tri pura basmi sami molahkên dhandha ring rêngganing swandana ||

Yaksa mojar.

He he satriya sapa aranmu, ngêndi pinangkamu, apa karêpmu, dene paksa wani narajang pabarisan.

Wangsulanipun.

Gandarwa ilu-ilu banaspati, pêpadhamu buta gêlahing jagad, sanajan kowe sapa jênêngmu.

Yaksa sumaur.

I babo-babo arda walepa wong iki, ditakoni durung ngaku, malês atêtakon.

Wangsulanipun.

Kowe ingkang kapara săngga, wis jamake wong takon gênti tinakonan.

Yaksa sumaur.

Iya yèn lumuh kasosor basa kowe takon aranku, ora nana kaya Tumênggung Kalamamrang, kowe sapa jênêngmu.

Parta sumaur.

--- 2 : 119 ---

Kowe takon aranku, diwaraha wong sajagad, ora nana kaya Radèn Pamadi.

Yaksa tanya.

Pamadi apa sêdyamu kowe, wani-wani narajang pabarisan.

Sêmar matur.

E lae bandara, ingkang ragi ngatos-atos, danawane cakrak têmên.

Parta ngandika ing Sêmar.

Kakang yèn ora tahan, kowe sumingkira bae. Arjuna ngucap ing yaksa.

Aja numbak atanbuh, arêbutên iki srayane sinuhun ing Sokarumêmbe, mulane aku têka ing pabaratan, diutus nundhung sakèhing raksasa, yèn kowe ora kaduga ambubarake barismu, aku ingkang dikakake mocok utamanggamu.

Yaksa gumuyu mojar.

I anyaha hah hah, tak arani kowe wong ngêmping lara, anggenjah pati, bosên mangan wohing dami kinukus. Ora kulak pawarta, atuku pangrungu, yèn bupati ing Manderajajar padha têguh wantala, tan pasah tapak paluning apandhe, kowe wong siji, gêdhemu acilik, dhuwurmu tur èndhèk, arêp wani lumawan yaksa, aja tak eman mungdura, masa kowe gondroa sêpira.

Parta sumaur.

--- 2 : 120 ---

Apa abamu, aja kowe yèn aku ulapa, ratumu lêganing atiku, masa aku mungdura sajangkah.

Yaksa mojar.

I babo abane wong iki, kaya wong kêndhit mimang kadang dewa, kêkêjêra kaya manuk branjangan, lêganing atiku, masa wurunga kowe krasa dening tanganku, Togog cêpakna tali bandhangmu, tak bandane satriya iki.

Mawi banyolan sawatawis. Găngsa mungêl plajêngan tanggung srêpêgan sanga, yaksa nubruk, Parta lumumpat lajêng prang dangu, yaksa kuwalahên anarit[6] katga, Arjuna pinarjaya wanti-wanti tan pasah, găngsa dipun suwuk, tanpa suluk, yaksa taksih amarjaya kalih ngucap.

I ora pasaha, jaba ing jêro rêmpu, mara malêsa lêganing atiku, apa gêgamanmu, tamakna, ora-orane tak tinggal oncat.

Parta taksih pinarjaya sumaur.

Dene gonmu anyuduk ngawut bae, wong nyuduk iku rak dipilih, sêlaning bêbalung, yèn pasah ora rusak gêgamane tur jêro tatune.

Yaksa anauri.

Bok aja ngungas-ungasake, apa abamu, mara malêsa, aja katon wong lanang dhewe, dene amadonakên lawan, prang tanpa gêgaman.

Parta sumaur.

Mara katogna panyudukmu, pilihana sakarêpmu, yèn kowe samar anyuduk ing ngarêp mara tak mungkur, êntèkna budimu.

Yaksa sumaur.

--- 2 : 121 ---

Wis katog, nyata yèn wantala, dene kaya blabag wêsi suduk-sudukane, mara malêsa gênti tak rasakne gêgamanmu, tak arani dudu lanang yèn ora gêlêm malês.

Parta sumaur.

Iya yèn wis katog panyudukmu, mêngko antinên tak walês.

Găngsa mungêl plajêngan tanggung srêpêgan sanga, Arjuna mangsah prang angrêbat curiganing Kalamamrang, lajêng dipun prajaya, ing jaja trus yaksa gêlasaran, dipun plajêngi kancanipun sampun pêjah, Ditya Jongberong mangsah, prapta ing ranangga, găngsa dipun suwuk.

Dipun suluki grêgêt saut sanga.

Sêkar Kusumawicitra lampah 12. Buta pandhawa tata gati wisaya | indri yaksa sara maruta pawana | bana margana samirana warayang | pănca bayu wisikan gulingan lima ||

Yaksa têtanya.

Priye wartane dene si adhi Kalamamrang kapara tiwas. Sajêge dadi kancaku, durung wêruh gêtihe satètès, wêruh-wêruh basa mati, ora mati dhewe tak belani, sapa prajurit aranmu, ngakua mupung isih basuki, aja kowe mati tanpa aran.

Sauripun.

Ya iki ora nana kaya Radèn Pamadi, kowe buta sapa jênêngmu.

Yaksa sumaur.

Aja ya iki Tumênggung Jongberong, aku andêle sinuhun ing Manderajajar, [Mande...]

--- 2 : 122 ---

[...rajajar,] buta gagêdhug aku tautate ngrangsang baluwarti, angganthol kapurancang, yèn kêna tak eman mungdura Pamadi, aja kowe lumawan yudaku.

Parta sêsumbar.

Apa abamu, arêbutên mit satriya, kawasa anglana dikara, sêkti mahambara, bagus ora lêlèmèrên, têguh tan mêrang lêngên, prawira tan angaji jaya, ampyakên kaya anjala, surakên kaya manjangan mati, lêganing atiku, sisaning pati aja gênti mara, barênga mangsah, iki satriya Madukara, lakine Rêtna Kasimpar, aja kowe, ratumu mangsaha ing prang, masa aku mung gumingsira, mara pêdhaka mrene buta, yèn nêja belani rowangmu.

Yaksa sumaur.

Ora Pamadi sumbar pêtak-pêtak kaya mutungna wêsi gêligèn. Lancang pangucap anyumbari gustiku, ora susah, aku bae singa tiwasa.

Găngsa mungêl plajêngan sanga srêpêgan tanggung, yaksa mangsah yuda lan Parta dangu, Ditya Jongberong nyaut. Parta narik curiga, yaksa pinarjaya gulu iringipun anglumba lajêng pêjah, Kalaprajăngga mangsah ing pabaratan. Gamêlan dipun suwuk, dipun suluki grêgêt saut sanga.

Sêkar Rini lampah 17. Yaksa gora pura ri sêdhêng sang Kumbakarna lêlaku | kan malwa lènging kang gambira wang ngarah angisis siyung | umijil prabawa lesus lèn prakêmpa gora walikan | ditya durbalarsa mrih curnaning lawan wira tri rodra ||

Prajăngga ngucap.

I bojlèng bojlèng, bêlis lanat ajêjegan. Sapa aranmu prajurit ing

--- 2 : 123 ---

Sokarumêmbe, dene anglêlanangi, ngakua mupung isih basuki.

Parta sumaur.

Kowe takon aranku, ora nana papat kaya Radèn Pamadi, iki satriya ing Madukara, sarayane sinuhun ing Sokarumêmbe, ingkang jinodho karo Rêtna Kasimpar, ya aku kang saguh mocok utamanggane prajurit ing Manderajajar.

Yaksa sumaur.

Iya ora kulak warta tuku pangrungu Pamadi, yèn Rêtna Kasimpar pacangane gustiku.

Arjuna nauri.

Apa abamu, buta gêlahing jagad. Sapa kowe aranmu, aja mati tanpa aran.

Rota danawa sumaur.

Kowe takon aranku, ora na papat, kaya Tumênggung Kalaprajăngga, ya iki bupati babêciking nagara Manderajajar, yèn kêna tak eman mungdura, gêdhemu cilik dhuwurmu èndhèk, kang akèh kêna kok undurake, katanggor tandhing Kalaprajăngga, adoh kowe tak bêntur, jangji ora ilang tak kêdhèpake, kêjêra kaya manuk branjangan, masa wurunga balai antakamu.

Găngsa mungêl plajêngan srêpêgan tanggung sanga, yaksa prang dangu, lajêng Parta kenging kasaut pinggangipun kaumbulakên ing tawang, lajêng dipun garot malih, nulya dipun bucal têbih malsatipun, dhawah taksih jumênêng, Sêmar saanakipun dhatêng, [dha...]

--- 2 : 124 ---

[...têng,] sami nangis. Tumuntên Radèn Kasena nusul dhatêng kang raka, sarêng sampun sami tata lênggah, găngsa dipun suwuk, dipun suluki pathêt manyura.

Sêkar Sasadara Kawêkas lampah 20. Mèh raina sêmu bang hyang aruna kadi netraning angga rapuh | sabdaning kang kilaring kanigara sakêtêr kinidung ing akung | lir wuwusing winipanca papêtêking ayam wanèh ring pagakan | mrak manguwuh bramara ngrabasa kusuma ring wara baswana rum ||

Parta ngandika.

Jênêng para adhimas ingkang sumusul marang pabaratan.

Aturipun.

Inggih kakang mas, kula sawêg mirêng sapunika wau, yèn kakang mas sampun mêdal ing palagan. Ingkang suka sumêrêp, rencang kula ing kadipatèn, kapêthuk lampahipun kakang mas. Sarêng kula dangu cariyosipun kakang mas mêdal ing kori bêbutulan, dados kula lajêng nusul piyambak. Namung kula andhawuhi pun bapa Garjita sakancanipun, samia pacakbaris sakubênging praja, bokmênawi yaksa anggêpuk kadhaton. Kantun-kantun sapunika yaksa sampun katingal wontên ingkang pêjah, punika wau punapa sampun dangu kakang mas gènipun băndayuda.

Arjuna mangsuli.

Iya adhimas, wus mati roro, tindhihing raksasa kari siji iki, arane Tumênggung Kalaprajăngga, manawa iki senapating pabarisan.

Aturipun.

Inggih punika pangagêngipun rota danawa, pun Kalaprajăngga ingkang marwasa dhatêng [dha...]

--- 2 : 125 ---

[...têng] pun bapa Garjita, nalika prang rumiyin. Tingalipun kakang mas kenging dipun saut, kabucal ngantos têbih têmên dhawahipun. Yèn parêng paduka kula aturi ngaso rumiyin, kula ingkang gêntosi băndayuda.

Parta anauri.

Adhimas aja dadi cuwaning atimu, aku isih kêduga anglawan yudane rasaksa iki, mêngko yèn pun kakang rumasa kabotan bae, jênêng para têtulunga.

Sêmar matur sarwi nangis.

Lae bandaraku, adhuh gustiku, suwawi palwa mudhik kentir, maga sami mungdur, kula aturi nyenthe jurang, maga lumajar, kula aturi ngindhên kori, suwawi lumèrèg, Adhuh butane galak têmên.

Parta mojar.

Kakang aja nangis, mundhak gêdhèkake atining buta, anggêmpalake pikiring rewang, aja maras atimu, najan aku disaut, dibuwang tiba adoh, ora nana ingkang karasa lara, malah ènthèng rasaning awakku, mara jupukên panahku bae tak panahe.

Sêmar sampun mêndhêt jêmparing katur, yaksa nguwuh sêsumbar.

Ayo aja oncat Pamadi, kèdhêp kula brajamu, jăntra pangawasamu, iku ingkang kokarêpake, lumuh ginawe bêcik, ora kêna dieman, tak arani ngêmping lara genjah pati, kowe kêduga tandhing ing aku.

Parta sumaur.

--- 2 : 126 ---

Mara awasna pandêlêngmu, yèn ana kang gogrok wuluku salămba, padhakna tatu arang kranjang, ora watak satriya Madukara tinggal galanggang acolong playu, amêmirang jagad satriya tinggal mungsuh adêgan.

Yaksa ngucap.

I bojlèng bojlèng, bêlis lanat ajêjegan, dene isih wêntala, ayêm tanduke, nyata yèn prawira, mara lêganing atiku malêsa, apa gêgamanmu tak tadhahane, ora-orane kowe cuwa băndayuda tandhing Kalaprajăngga.

Parta mojar.

Buta apa ingkang katon iki.

Yaksa sumaur.

Warga sopanataka, warga parêk, sopanadalan, antakapati, gêgaman iku yèn ora kabênêran kang nadhahi, cêdhak dalaning pati, yèn aku ingkang nampani masa dadia apa, mara tibakna, panahe ora nana sagodhong pari diêmbat-êmbat.

Arjuna mojar.

Iya mara tadhahana, tak lêpasne, yèn cupêt sandêrên, sumurup dhodhokana, yèn langkah lunjakên, katiban panahku Si Arya Sangkali, balai antakamu, sida gègèk kêmandhangmu. Găngsa mungêl plajêngan srêpêgan tanggung manyura, jêmparing lumêpas. Danawa mangsah krura wiroda, kacundhuk ing jêmparing jajanira niba pralaya, Lurah Togog Sarawita dhatêng pabaratan. Găngsa dipun suwuk tanpa suluk.

--- 2 : 127 ---

Togog ngucap.

Hèh satriya Madukara, aja girang-girang gumuyu amatèni kancaku buta, ora wurung katur ing gustiku, kowe bakal diurugi pêpati, apa kowe kêduga anadhahi.

Sauring Arjuna.

Iya tutura ing ratumu, besuk aku wani, ing mêngko aku kêduga, ora-orane aku sêja inêp sakèthèng, nanging ratumu yèn sêdya kiwul ngudi Rêtna Kasimpar, aja jujug nagara ing Sokarumêmbe, Rêtna Kasimpar wis dadi garwaning satriya Madukara, ratumu nusula patêmon ana ing nagara Mandraka.

Pangucaping Togog.

Iya-iya aja kang marang nagara Mandraka, najan mênyanga dhasaring samodra, masa wurunga dijujul saparanmu, ayo Sarawita padha mungdur.

Ujaring Sarawita.

Aruthogun, jaba dhianthurake ing gugu sithu.

Găngsa mungêl ayak-ayakan manyura, Togog Sarawita sami mundur mantuk. Wadya yaksa sami bibar sadaya, Parta, Radèn Kasena, Sêmar Nala Garèng Petruk, sasampunipun sami tata alênggah, găngsa dipun jantur.

Sang Parta ngandika ing Radèn Kasena.

Adhimas ana pangrêksaning dewa, buta wis padha larut ora miyatani yudane.

Aturipun.

--- 2 : 128 ---

Kula nuwun inggih kakang mas, botên anyana yèn prajurit yaksa ènthèng yudanipun, sarêng lawan kalih paduka, ingkang wau nalika kabăndayuda tandhing prajurit ing Sokarumêmbe, tangkêping ayuda anggêgirisi, iba punika sukaning panggalih, kangjêng rama prabu mirsa kakang mas jaya ing prang.

Arjuna amangsuli.

Adhimas pun kakang darma anglakoni, ungguling yuda marga pangèstune paman aji, nanging raka para adhimas, ora banjur seba kangjêng sinuhun saiki, jênêng para bae matura, yèn prajurit yaksa wus padha kasor, karine kang pralaya bubar mulih ing prajane, najan mara sebaa, besuk karo raka para radèn ayu, marga nalika pun kakang umangkat, raka para isih nendra, rasaning atine pun kakang ora kapenak. Yèn wungu masa wurunga dadi runtike, sêmune raka para radèn ayu kêlayu arêp milu marang pabaratan. Lumuh kari, mulane tak tilapake.

Aturipun Radèn Kasena.

Kula nuwun inggih kangmas, kula sêndika umiring punapa karsa paduka.

Găngsa mantuk kajantur, Parta kalampahakên. Tumuntên Radèn Kasena, lajêng Sêmar saanakipun lumampah ganti-ganti, sarêng sampun sami kalampahakên sadaya, kajêng katancêpakên têngah, găngsa dipun suwuk, dipun suluki pathêt manyura.

Sêkar Kilayunêdhêng lampah 22. Nêmbang têngara mungdur sawadyane nêdya kondur marang jroning puraya | wraha pragosa samya amarigi kang katrajang gigirira karowak | sangsaya sangêt palayuning bala kapya rêbut dhucung [dhu...]

--- 2 : 129 ---

[...cung] sampun atêbih | prapta jro pura sang nata sineba pêpak punggawa lir kilayunêdhêng ||

Dipun caritakakên.

Lah ing kana ta wau rota danawa tingkang[7] kasor dènnya băndayuda, sapêjahing bupati tiga, wil kuthip tuwin prajurit, bibar sami lumajêng datan wontên kantun. Namung Lurah Wijamantri kalih Sarawita kantun palajênge, anampèni pangandikaning satriya Madukara, mangkana kontap sapraja ing Sokarumêmbe, yèn yaksa sampun bibar wangsul ing prajanira, punggawa danawa têtumpêsan. Janma sapraja samya muji kaprawiraning satriya Madukara, kathah ingkang samya wijah-wijah kadya naur punagi ing driya, dene janma ing padhusunan warna-warna ingkang sami cêlak pabarisan, ing nguni sami angungsi, dupi bubar barising danawa, ana ingkang wangsul mantuk ing wismane, sawênèh taksih wontên ing pangilèn. Cipta anyarantosakên, ajrih yèn kadhatêngan yaksa malih, dene janma salêbêting praja ing Sokarumêmbe ingkang sami pirsa nalika rawuhing Sang Parta, ing mangke antuk warta yèn Radèn Pamadi ingkang mijil ing pabaratan sampun unggul ing prang, danawa têtumpêsan. Mangkana ciptaning tyas janma jalu èstri, agêng alit sami sêdya mêthuk. Satriya Madukara saksat dadi pakaulan, dene luwar dènnya nandhang prihatin. Gumrubyuk kêbak ing marga-marga, sami ngadhang-adhang langkunge Radèn Pamadi, gêdêring pawarta tular-tumular dumugi ing kadhaton. Para pawongan samya mamuji, bêgjane Rêtna Kasimpar, ajodho satriya di bagus prawira ing prang, dadi tumbaling praja. Sinigêg ingkang samya mangalêmbana ingkang unggul yudane, gênti cinarita ing dalêm karadenayon, [kara...]

--- 2 : 130 ---

[...denayon,] salêbêting kadhaton ing Sokarumêmbe, Rêtna Juwita ingkang kagonjing ing pawarta.

Mungêl ladrangan ginonjing, ngadêg Rêtna Juwita kalih ingkang ibu Rêtna Calkuthana tanpa parêkan. Rêtna Juwita ngrungkêpi pangkone kang ibu, găngsa dipun jantur.

Dipun caritakakên.

Anênggih ing pundi ingkang gênti kocapa, ing karadenayon, salêbêting kênya puri ing Sokarumêmbe, pramèswari narendra Dèwi Calkuthana lênggah ing dalêm karadenayon kalih kang putra Rêtna Juwita, tanpa wontên pawongan ingkang kalilan marak sang putri, ing pagêdhongan, Rêtna Juwita miyarsa warta yèn Rêtna Kasimpar dènnya dhaup kalih Radèn Pamadi sami dadi kêmbang pangucape janma kadhaton, langkung dènnya sih-sinihan, sêmbada putri endah jatukrama satriya bagus. Sang Rêtna Juwita kenyut ing tyas, èngêt ing nguni, Radèn Pamadi karsane sang prabu badhe dipun dhaupakên kalih Rêtna Juwita, kang ibu malang karsane sang nata, têmahan Rêtna Juwita gêrah kasmaran ing pawarta, sadintên-dintên babêsusan, kongsi tilar pantês, lir angganing kunjana, pawongan sami kinèn anyamur supadi lipura brangtane sang rêtna, salamine Radèn Pamadi dhaup kalih Rêtna Kasimpar, Rêtna Juwita botên marêk kang rama tuwin dhatêng ingkang ibu, dhasar Prabu Kasendra sakondure saking wadari, lajêng jujug ing sanggar pamidikan, botên manjing-manjing dhatêng suyasa, mangkana Rêtna Juwita, sarêng miyarsa gêdêring janma ing kadhaton, yèn Radèn Pamadi unggul ing prang, yaksa sadaya têtumpêsan, sangsaya Rêtna Juwita [Juwi...]

--- 2 : 131 ---

[...ta] anêkani ardaning driya, angaturi ingkang ibu pramèswari, dupi prapta para pawongan sami kinèn kesah sadaya, siji tan ana linilan marak ing ngarsa, Rêtna Juwita lajêng karuna ngrungkêbi pangkoning sri supadni, amêluk pindha sarpa kirda, ingkang ibu kanggêg kapêksa lênggah, yèn mangunadikaa Dèwi Calkuthana têka mêngkana, anakku gèr mara ta tutura aja pijêr anangis rara, apa sing kok karêpake. Găngsa mantun dipun jantur, kasêsêgakên lajêng dipun suwuk, dipun suluki sastradatan.

Sêkar Bramara lampah 11. Ramya wwang padha tustha anggarjita | têkapira nirmala mangayu nring | trus unggyaning sang sri supadni wara | talèn sanggya dwi lêmbana mahagnya ||

Calkuthana ngandika.

I lae anakku gèr, bok aja gêdhe-gêdhe budimu, rara aja pijêr anangis apa ingkang dadi susahing atimu, mara tutura.

Rêtna Juwita matur.

Hêng hêng ibu hêm, kula sampeyan pêjahi mawon ibu, puluh kula uripa botên jamak padhaning manungsa.

Salkuthana[8] mangsuli.

E lae anakku gèr, mati manèh yèn aku lilaa, dicakot lêmut bae aja nganti kalakon. Rara anakku piradene ming siji kowe, mara ta angur kowe bêbanaa, ingkang ana pitambuhana, ingkang lăngka upayanên, aku ingkang minangkani, aja kowe nangis.

Aturipun Rêtna Juwita.

--- 2 : 132 ---

Hêm ibu sayêktosipun, kula suka pêjah ngêndhat atali murda, yèn botên sagêd dados jatukramanipun satriya Madukara, ujêr sampeyan ibu sing marai kula botên dhaup kalih nika, tobil iba rasane, wong duwe bojo bagus, iba-iba nèk ngrungrum, yang iyang baya sêgêr sumrah.

Calkuthana mangsuli.

I i ya jagad dewa bathara, dene mung mêngkono bae, bangêt têmên susahmu, arêp anganyut tuwuh, yèn aku isih urip, aja kuwatir kowe yèn ora sida kawêngku ing satriya Madukara, wong dhasar ngarêp kowe, ingkang dipacangake karo sudarmamu, lah rak sangking logokan Rêtna Kasimpar sing ora gênah, wong pacangane sêdulure gêlêm dirabèni, mêrêm bae matane, jaba tak ilangne larine bae, supaya kowe banjur didhaupake, mungpung kang lanang durung têka saka ing paprangan.

Rêtna Juwita gumujêng matur.

Hah ha, hêm niku yêktos ibu, o kula kauli, yèn kalampahan kula dhaup kalih mantu peyan bu, masa awèha mêtu ing jaba, bojo kula mundhak mambu angin, kalih mundhak dijawat prawan. Kula kon mangkruk-mangkruk sêsasi muput, nguyuh ngisinga ontên paturon. Tai uyuhe wong bagus, masa mambua botên bu, lae hêm kangmas jaluk sêpah angêt gantèn wangi, lae inggal ibu nuntêna kalampahan.

Calkuthana ngucap.

Iya dhenok karia, tak lakonane karêpmu, êndi sêkingmu tak gawane,

--- 2 : 133 ---

găngsa mungêl ayak-ayakan manyura, Calkuthana dhatêng taman ambêkta sêking.

Sinigêg lampahing pramèswari.

Ngadêg parêkan satunggal, kalih êmban, tiga inya, wontên sajawining yasa kambang ing taman. Găngsa dipu[9] jantur.

Dipun caritakakên.

Anênggih gênti kocapa, ing salêbêting wadari padalêmanipun Rêtna Kasimpar, cinarita sapungkuring kang garwa, sampun wungu anulya siram kujamas agêgănda, bawane kênya mêntas pinurwa ing asmara, sangêt kalêswan. Ing mangke nuju nendra, para parêkan, sawusira sêsaji dhaharan, sami marak sajawining made kambang, tan ana kang dipun ucap, namung satriya Madukara, bagus bisa amomong garwa, mangkana sinigêg rawuhipun Dèwi Calkuthana, parêkan sami gupuh tumurun, lungguh ing ngandhap, anata palênggahan babut.

Ayak-ayakan mantun kajantur, sarêng sang rêtna lênggah, găngsa dipun suwuk.

Dipun suluki pathêt manyura.

Sêkar Sardula Wikridita lampah 19. Kilwan sêkaring kang têtaman arêpat rèhnya bale kancana | soma brama hêning pawal nataring kang rok mutyaara raras | we durya marani labawraning pagêr tungjung mahantên lumêng | muntap antên ningkang gapura macawi tang surya katon jula ||

Pramèswari ngandika.

Bocah wadon, bandaramu radèn ayu ana ngêndi, dene ora nana katon lungguh.

--- 2 : 134 ---

Aturipun.

Kula nuwun gusti, putra paduka radèn ayu sare wontên ing yasa kambang, punapa dipun wungu, rèh dêntèn paduka rawuh ing ngriki.

Wangsulanipun.

Ora êmban aja kok gugah bandaramu, aku mung parlu têtinjo, bandaramu Radèn Pamadi apa durung rawuh, dene sêpi bae.

Aturipun.

Inggih gusti dèrèng rawuh putra paduka, kilap mênawi dèrèng purna ing damêl. Yèn sampuna rampung gènipun abăndayuda, kados nuntên rawuh.

Pramèswari ngandika.

Bocah wadon, padha pêthukên bandaramu Radèn Pamadi, mêngko yèn gustimu radèn ayu wungu, iya takjak nusul marang ngarêpan, mêthukake lakine, saiki wartane mèh têka, kang pasthi jujug ing kadhaton.

Aturing pawongan.

Kula nuwun inggih dhatêng sandika, namung manawi wontên pandangunipun putra paduka sang rêtna kadospundi, tuwin manawi putra paduka badhe karsa utusan, sintên ingkang dipun utus, yèn kănca tiga punika mentara sadaya.

Pramèswari ngandika.

E wis kabangêtên, lèh padha sugih padu, trêlalu banyak bicara, apa wong karaton kuwe dudu abdine gustimu, ora kêna dikongkon, bok aja kêmliya, mundhak ngewak-ewakake itwal, ora têka mangkat.

--- 2 : 135 ---

Aturipun.

Kula nuwun inggih gusti dhatêng sêndika, parêkan tiga pisan mêdal, sumêdya mêthuk rawuhe Sang Parta, dipun suluki.

Grêgêt saut manyura.

Sêkar Rini lampah 17. Lêngêng gati ningkang awan saba-saba nikèng Ngastina | samantara têkèng Têgalkuru Nararya Krêsna laku | sirèng Parasu Rama Kanwa Janaka durur Naradha | kapanggihi ri kang têgal milu ing karya sang bupati ||

Dipun caritakakên.

Wau ta Dèwi Calkuthana, dupi parêkan tiga sampun sami mentar, kadya lumaku pêtêng pinêthuk ing obor, padhanging driya, kori agêng lajêng kinancing saking lêbêt. Sarêng kori sampun sami kinancing, Rêtna Kasimpar dipun tingali taksih nendra kapati, pramèswari lajêng cangcut apêkak madya, Rêtna Kasimpar lajêng dipun jambak, linarak binêkta mêdal sajawining yasa kambang, Rêtna Kasimpar kagèt anjrit, lajêng tinêkak.

Găngsa mungêl plajêngan manyura srêpêgan tanggung, Rêtna Kasimpar dèn ilês kaya gadhung, găngsa kasuwuk. Dipun suluki tlutur raras barang miring.

Sêkar Mêdhangmiring lampah 23. Atari pêjah ningkang prawara Somadênta tanaya têkap sinisuta | makin aparêk Jayadrata têkap Sang Arjuna Warkodhara norakamu | makamuka sang dwijendra Karna Karpa Salya kuruku tarlèn giri kola ||

Rêtna Kasimpar sêsambat.

--- 2 : 136 ---

Ibu kula botên dosa, sampun sampeyan wêsiyasat pêjah kula ibu.

Calkuthana mojar.

E sidithuh, ngudubilah, bok aja ngaku ora dosa, dosane digendhong diindhit. Ayu têmên Rêtna Kasimpar, dene ngenak-enak laki bagus, pancène wong pacangane Si Rêtna Juwita, dene kowe nubruk-nubruk, lagia arêp laki bok ngupaya liyane kaya kurang lanangan he.

Rêtna Kasimpar sêsambat ingkang raka.

Radèn kulaka pawarta tukua pangrungu, yèn aku mulih ing kamuksan. Radèn muga kèria wibawa, cèthine ingkang nglakoni dadi bêbantên.

Calkuthana ngucap.

E si rujak kowe, bok aja sumakeyan, yèn dima-êma kang lanang, wis arêp modar bae, cocote gumriwis, tumungkula pratiwi, sambata wong tuwamu wadon, tumêngaa ing akasa, sambata wong tuwamu lanang, sandhangên rasaning atine anakku, yèn ora mati bathangmu, masa anakku dhaupa karo Pamadi.

Găngsa mungêl plajêngan srêpêgan tanggung manyura, Rêtna Kasimpar dipun gorok ing sêking jangganipun pêjah kapisanan, nulya dipun larak kacêmplungakên ing sumur mati, dipun urugi uwuh, sêkingipun Calkuthana katut malêbêt kaurugan. Găngsa dipun suwuk tanpa suluk.

Pramèswari sêsumbar.

--- 2 : 137 ---

Lah iku kang kanti rasa, Rêtna Kasimpar ora ngaji tutur, dene kagila-gila anggêpe, kawit si mangkanak duwe bojo, jêng sunan mênyang aku klewa-klewa, suda sihe, saiki ilang larimu, sirna kalilipku, karia modar aku tak mulih.

Găngsa mungêl plajêngan manyura srêpêgan tanggung, Rêtna Calkuthana kondur mêdal kori butulan. Kajêng katancêpakên têngah, găngsa dipun suwuk dipun suluki tlutur raras barang miring.

Sêkar Maesa Bayangan lampah 17. Sirêm surêm diwangkara riris lir manguswa rarasing | kadya bela mring sang palastrèng prang wadananira landhung | kumêl kucêm rah amaratani marang sariranira | dadya ilang ing mêmanisipun gagana bang sumirat ||

Dipun caritakakên.

Lah ing kana ta wau, Rêtna Kasimpar sarêng sampun binucal ing sumur mati, nulya dipun urugi uwuh, Dèwi Calkuthana lajêng kondur ing kradenayon. Rêtna Juwita sampun winartan, sasolahe dènnya mêjahi Rêtna Kasimpar, sakamantyan sukaning driya, anyipta badhe kalampahan kagarwa ing satriya Madukara, saking kalingan lêganing tyas, supe yèn sêking katut kalêbêt ing sumur, sinigêg ingkang sami suka, gênti kang kocapa dwiradha seta, ing wancine yèn Sang Rêtna Kasimpar tindak dhatêng wantilan anêdhani, botên wontên katingal Sang Rêtna Kasimpar, sanalika dwipangga umêdhot saking wantilan, lajêng dhatêng ing patamanan, sadaya janma gègèr sinêngguh yèn gajah ngamuk.

--- 2 : 138 ---

Găngsa mungêl kêrêpan manyura, gajah kalampahakên. Kajêng kapêtha kori nêng wadari, kori katunjang rubuh, katut sagapuranipun. Banon pipining gapura rêbah, èsthi dumugi jawining yasa kambang kèndêl. Găngsa kasuwuk, dipun suluki grêgêt saut manyura.

Sêkar Kusumawicitra lampah 12. Naga panagan salira basu tanu | kunjara gajah swalaja lan pinggala | braja muka dwipangga èsthi matêngga | dwirada gatha mutu liman gajaksa ||

Dipun caritakakên.

Lah ing kana ta wau dwiradha seta, sarêng kèndêl ngajênging yasa kambang, gandaning Rêtna Kasimpar botên wontên. Ing patamanan tan ana janma katingal. Sayakti samia kewan, dwipangga, anggadhahi graita, datan antara kongas gandaning rudira campur gandane sang putri, èsthi inggal amurugi, katingal ludira balabar ing kisma, sarta tilas panglarakipun sang kusuma, katingal lusah-lusah rudira kakètès. Liman janggirat gêrêng-gêrêng, yèn bisaa ngucap kadi janma têka mangkana. I lah dalah katiwasan. Dene iki gandane gustiku awor gêtih kakètès, apa gustiku ingkang anyikara manusa diasta dhewe, apa gustiku kang disikara, dwiradha dupi prapta ing sumur panggenane dènnya layon Rêtna Kasimpar, gandanipun sang kusuma sangsaya ngambar, liman wit bêdhat angêmprèt, swara ngêbêki taman, lajêng malajêng mêdal sumêja nusul ing Sang Partha,[10] janma ingkang sami wontên margi gègèr katrajang plajênging èsthi, sami alok yèn gajah ngamuk.

Găngsa mungêl sêsêgan manyura, èsthi kalampahakên sawatawis.

--- 2 : 139 ---

Găngsa kasirêp dados ayak-ayakan manyura, Pamadi sapunakawanipun, kèndêl dènnya lumampah, găngsa kasuwuk, dipun suluki sastra datan.

Sêkar Bramarawilasita lampah 11. Jahning yahning talaga kadi langit | kêmbang tapas wulan upamanèka | wintang tulya kusuma yya sumawur | lumranging kang sari kadi jaladha ||

Sêmar matur.

Punika kadospundi karsa sampeyan, dene sampeyan badhe lajêng kondur dhatêng taman, botên jujug ngarsanipun rama jêngandika kangjêng sinuhun. Tiyang mêntas anglampahi ayahan, dhasar angsal damêl botên kaputungan lampah, lêrêsipun inggih sowan amasrahakên lampah, mêwahi rênaning panggalihipun ingkang sinuhun.

Arjuna mangsuli.

Kakang mulane aku ora jujug ngarsane paman prabu, kang sapisan adhimas ing kadipatèn, wis jênêngi gonku băndayuda, iku sasat sarirane ingkang sinuhun, amirsani dhewe, kapindhone aku najan seba, barênga lawan radèn ayu, sarta karêpku adhimu banjur takjak mangkat mulih marang Ngastina, sarta kagungane klangênan gajah putih tak gawa pisan. Rèhning wis lawas lungaku, manawa dadi pangajêng-ajênge kakang prabu, dhasar aku ana ing Sokarumêmbe anglakoni mangun krama, manawa katomah angenak-enak lali parlune kautus.

Aturipun Sêmar.

--- 2 : 140 ---

E inggih lêrês karsanipun bêndara makatên punika, amurih enggaling lampah.

Sinigêg ingkang lagya ngandika satriya ing Madukara, amiyarsa gêdêring janma ingkang lumajêng, sami alok, dwiradha ngamuk.

Găngsa mungêl kêrêpan manyura, tan antara dwipangga seta katingal, lajêng Sêmar saanakipun sami lumajêng rêbut dhucung, dwiradha prapta ngarsaning Sang Parta, lajêng mêndhak anjêrum, sarwi luhipun amarawaya, găngsa dipun suwuk tanpa dipun suluki.

Parta nimbali Sêmar.

Kakang Badranaya, padha mrenea, dene iki gajah putih klangênane radèn ayu, ora ngamuk têka malah jêrum ngadhêp ing aku.

Sêmar nguwuh-uwuh anakipun.

Thole Nala Garèng Petruk padha awasna, bandaramu kae kapriye, dene diancap gajah ngamuk, ora gêlêm lunga-lunga kae.

Nala Garèng sumaur.

E rama gajahe banjur jêrum ngadêg jêrum manèh, tlale ditlosorake ing lêmah, banjur disêmbahake ing bathuk kaya nèk dipakani kae, lo dara dikruwêl-kruwêl ing tlale nuli diuculake.

Petruk sumaur.

Iya kyai dêlênge grabahe sarèh wah ora giras malah tutut mênyang dara kaya mênyang radèn ayu, apa wis nitèni nèk bojone darane.

Sêmar ngucap.

Mara jajal nyêdhaka mrana dhisik kowe sing ijèh nom mêngko nèk mêta isih

--- 2 : 141 ---

kêbat lumayu, karo apa nyata tutute mênyang bêndaraku we ora sumêja bilaèni.

Nala Garèng sumaur.

Iya ênoma kae aku rama, yèn kok kongkon niliki pami mêta lah rak ya sasat unjuk-unjuk jaga bantingan. Wong kèthèr mêngkene, jaba anakmu si kanthong sing gagah mlayu-mlayu kêbat.

Petruk bêkus.

Hus thèk le nèk lêkas micara, apa lèhe gagah kiye, digawe jaga pakan gajah, ayo mara ya wong têlu, mandhêg ya wong tiga.

Sêmar saanakipun sami sowan.

Parta ngandika.

Kakang gajah iki klangênane radèn ayu, basa wêruh ing aku banjur nêlosorake tlale, uga ngadêg anuli jêrum, kaya akon nunggangi, sarta luhe dêrodosan. Iki priye karêpe kakang.

Aturipun Sêmar.

E gene pitakèn mawon kadospundi, kula botên ngêrti kajênge si gajah, măngsa boronga bandara, yèn punika suka sasmita, lah sasmita punapadene mawi mêdal luh mripatipun.

Nala Garèng Petruk nyêlaki liman kalih ngucap.

E iya kakèkne, pijêr kêmpas-kêmpus bae tlalene, luhe ora lèrèn-lèrèn pijêr drodosan, apa kelang-elangan.

Petruk sumambung.

--- 2 : 142 ---

Layak kang Garèng iki pancèn gajah sêdhih atine, labête ora dinèhi wedokan. Nèk ora susah le ditagih utange inuman, jêr karêmane ngombe arak, daya marêma sathithik, nèk ngombe kênit nganti sakkèlèr.

Sinigêg dipun caritakakên.

Wau ta dwiradha dènnya angaturi sasmita ing satriya Madukara, yèn ta bisaa basa janma, maga radèn kula aturi nitih ing gigir kula ngriki, mangke kula pirsakakên prênahipun garwa paduka, wontên salêbêting sumur dipun urugi uwuh. Rèhning dwiradha datan bisa basa janma, namung sasmita tlale dipun gayuhakên ing gigir, sarta mêndhak anjêrum. Ya ta Radèn Pamadi ngucap.

Mara gajah yèn bêcik sêjamu, wis ngadêga aja jêrum. Yèn kowe lumaku tak tunggangi, sapunakawanku iya tak jak nunggang kabèh, padha unggahna gênti-gênti aja kliru prênahe. Dwiradha gêrêng lajêng ngadêg, Petruk cinandhak dipun unggahakên ing sirah, nulya Nala Garèng, anuntên Sêmar, lajêng mêndhak malih, Sang Arjuna lajêng nitih, dwiradha ngadêg lumampah gêgancangan.

Găngsa mungêl kêrêpan manyura, dwipangga kalampahakên, lajêng dhatêng patamanan. Dwipangga botên mawi kèndêl ing yasa kambang, jujug dhatêng sumur panggenane Rêtna Kasimpar, sarêng dumugi ing têpining sumur, dwiradha mêndhak. Radèn Pamadi sapunakawanipun tumurun. Găngsa dipun suwuk tanpa suluk.

Pamadi ngandika mring Sêmar.

Kakang gajah iki dene jujug ing kene, sabêne yèn ngadhêp radèn ayu wetaning yasa kambang kana, karo tlalene têka buwangi uwuh kang ana sumur matang.

--- 2 : 143 ---

Aturipun.

E bokmanawi bandara, rèhning èsthi punika sampun jilma sangêt, bokbilih sumur punika isi pêndhêman brana, jêr kewan punika sami gadhah panggandan.

Parta ngandika.

Kakang bênêr kowe, layak nyata yèn ana isine sumur iki, dene gajah krungu wicaramu lèrèn gone dhungkari uwuh, gêrêng-gêrêng tlalene ditumpangake pinggir sumur ping têlu, banjur dhungkari uwuh manèh, mara Petruk Nala Garèng padha unggahna uwuh ing sumur iku, ana apa dene gajah awèh sasmita mêngkono, bangêt têmên nyalawadi sêmune.

Nala Garèng ngucap.

I lah sarawilah enak nunggang gajah saèngkrègan kanti babak pupuku, iki bakal anglakoni glidhig tanpa bayaran. Ayo Truk padha dicêmplungi sumure.

Petruk sumaur.

Ya iki bathine wong dhêmên ala nganggur, jêr Nala Garèng sing marai, akèh panggawean bok aja sok dhêmên ngutil. Lah kuwe dikrêja.

Sêmar ngatag.

E kuwe bocah apa, bok ya têka tumandang, aja pijêr gêmêdêr bae.

Sauripun Petruk.

Nèk ora ditandangi apa ora, mara ta rewangana kyai, mêngko yèn nêmu pêndhêman padha didum. Mêngko kowe kêduwung yèn ora kêduman.

--- 2 : 144 ---

Sinigêg.

Petruk Nala Garèng sampun tumut bucali uwuh, datan antara katingal sukune Rêtna Kasimpar, Nala Garèng Petruk sami kagèt lumajêng, dwiradha lajêng nyandhak sang putri dipun êntas, sêking katingal dipun pêndhêt Petruk. Layonipun Rêtna Kasimpar lajêng tinampèn Sang Parta, dipun rungkêbi, Arjuna anênggak waspa, punakawan sami nglut karuna, dwipangga jêngêr luhipun tansah umili.

Dipun suluki tlutur raras barang miring.

Sêkar Rini lampah 17. Lêlawa gumandhul ring pang kêbêt-kêbêt lir milu susah | yèn bisaa muwus pagene Pandhawa tan ana tumut | ri pati aminta prajanta sapalih sêkaring tangjung | ruru ambalasah lêsah kadya susah ngêsah kapisah ||

Dipun caritakakên.

Lah ing kana ta wau Radèn Pamadi kadi pêjah tanpa kanin. Panglocitaning wardaya, i i ya jagad dewa bathara, sapa ingkang nganiaya marang radèn ayu, lah parêkane padha ana ing ngêndi, dene nganti kalakon mêngkene dadine.

Pangandikanipun Parta.

Mirahe si kakang dhewe nimas, têka tega tinggal dasihe, dadia puwara angêmasi, bok ya ngêntèni yèn wis aku têka, nimas ora bisa andêlêng aku kakang Badranaya katiwasan, dene radèn ayu pralaya kaya dikaningaya ing janma apa dosamu Rêtna Kasimpar, dene ora kongkonan nusul marang pabarisan, pawongamu padha miyang ngêndi.

--- 2 : 145 ---

Sêmar nangis sambat.

Lae bapa bandaraku, adhuh lae gustiku, sapa sing kaniaya mêngkene kiye, hêm hêm, apa dosane, Nala Garèng priye, sapa sing gêmatèni kowe, dene bandaramu seda mêngkene, adene para êmban inyane padha ana ngêndi, apa pijêr nglurug cêki nyang pacinan bae.

Nala Garèng nangis.

Hêk hêk dara, owa owa, sapa sing pokal gawe mêngkene kiye, gêthingan apa, dene kolu gawe patine wong ora dosa.

Petruk nangis.

Biyang piye kang Garèng, sapa sing awèh sêga pêndhak esuk. Hi hi ora prakarane bae apa, dene suduk slira mêngkene, lah kiye sêkinge katêmu, para nyaine pijêr apa, dene ora nana sing wêruh, apa pijêr anjenan.

Arjuna kagèt.

Priye Petruk mara mrenea, apa ingkang kotêmu mau.

Petruk dhatêng dipun suluki tlutur raras barang miring.

Sêkar Bramarawilasita lampah 11. Ramya wwang padha tustha anggarjita | têkapira nirmala mangayun nring | trus unggyaning sang sri supadniwara | tarlèn sanggya dwi lêmbana mahanya ||

Dipun caritakakên.

Wau ta Radèn Pamadi, sarêng aningali sêking gêgubras rah, labêt kinarya marjaya kang garwa, tatela yèn tindaking durcara, ribênging tyas jaja latu-latu. Sinigêg [Sini...]

--- 2 : 146 ---

[...gêg] parêkan êmban inya, nalika gègèring dwiradha mêta, sumêdya mantuk dhatêng taman èngêt ing gustine Rêtna Kasimpar, sarêng pawongan dumugi ngajênging wiwara, kagèt agora wêkasan, dene risaking gapura, saksana laju umanjing ing yasa kambang sêpên. Parêkan wuninga rah tilas ambalabar sami gumêtêr cipta yèn manggih bêbaya agêng, dupi mirêng swaraning punakawan tiga, parêkan sumêja sowan ing gusti, mangkana katingal satriya Madukara mangku Rêtna Kasimpar, sampun pralaya anandhang kabranan. Pawongan tiga sarêng anjrit angrungkêbi layone Rêtna Kasimpar.

Găngsa mungêl kêrêpan manyura, sarêng sampun parêkan sami prapta, găngsa dipun suwuk tanpa dipun suluki.

Panangisipun parêkan êmban inya.

I lae gusti kula anggèr, ora nyana yèn mêngkene dadine, bibèkne ora bisa kari aku, iya priye iki mau, sapa sing gêndhak sikara, dene durung suwe aku mêtu iki mau, dhuh-adhuh gustiku gèr.

Arjuna ngandika.

Lah dene kowe bocah wadon, mara padha matura, priye mau dene kowe ora sumurup bandaramu nganti tumêka ing tiwas mangkene.

Aturing pawongan.

Kula nuwun kawuningana radèn, ingkang wau gusti kula punika sare, kula sakănca tiyang tiga sami têngga wontên sajawining yasa kambang, botên antawis ibu jêngandika sri supadni rawuh tanpa kanthi pawongan sajuga, lajêng andangu paduka tuwin dangu radèn ayu, kula umatur yèn paduka dèrèng rawuh, [ra...]

--- 2 : 147 ---

[...wuh,] rayi paduka taksih nendra, kula sakănca nuntên dikakakên mêthuk rawuh paduka, rèhning radèn ayu taksih nendra, badhe kula wungu botên kalilan. Saking kapaksa ajrih kula sakănca tiga sarêng mentar, kilap ing wingking dadosipun tiwas makatên punika, kula sumaga ing karsanipun radèn.

Parta ngandika.

Kakang nyata laku durjana anyalawadi patine radèn ayu iki.

Aturipun Sêmar.

Yèn makatên prayogi dipun aturakên rama jêngandika kangjêng sinuhun.

Parta ngandika ing cèthi.

Bocah wadon, apa kowe padha sumurup ingkang duwe gêgaman sêking iki.

Cèthi tiga sarêng matur.

O gusti sumêrêp malih, kula botên pandung punika ingkang darbe, nanging kula ajrih umatur, adhuh botên anyana ingkang abdi têka makatên kadadosanipun.

Arjuna mojar.

Ayo bocah wadon padha milua seba paman aji, aturna apa saanane.

Găngsa mungêl ayak-ayakan manyura, Parta kalampahakên ngêmban layoning garwa, punakawan parêkan sami dhèrèk. Dwiradha wangsul ing wantilan malih. [ma...]

--- 2 : 148 ---

[...lih.] Ngadêg Prabu Kasendra, parêkan kalih, kang ngadhêp Radèn Kasena, găngsa dipun jantur, dipun caritakakên.

Sinigêg gênti kocapa Prabu Kasendra ingkang lagya lênggah ing pandhapa, ingkang cakêt ing ngarsa Radèn Kasena, ingkang lagya prapta saking pabaratan. Ing pagêdhongan Prabu Kasendra, sarêng miyarsa ingkang putra mantu unggul ing yuda, janma samya mamuji ing Radèn Pamadi, sakalangkung sukane ing wardaya Prabu Kasendra, tan pantara alok gêdêring janma, yèn liman pêthak angamuk. Sri bupati miyos ing mandhapa, asamapta kaprabon sanjata, sirêp gêdêring janma kang sami lumayu, prapta satriya ing kadipatèn, lajêng dipun awe mangarsa, yèn ta mangunadikaa, mangkana Radèn Kasena, iba sukaning panggalih kangjêng rama. mirsa unggule yudane kakang mas ing Madukara.

Găngsa mantun kajantur lajêng kasuwuk.

Dipun suluki pathêt manyura.

Sêkar Madurêtna lampah 12. Narpati Darmaputra myang Dananjaya | matur ring raka Narendra Harimurti | saha waspa ing madya wasananira | katur sadaya mring sang rèh madurêtna ||

Sang nata ngandika.

Kulup Kasena, priye lakumu mênyang pabarisan. Dene ora barêng lan kakangmu Radèn Pamadi, wartane wis unggul yudane, wêkasan ora nana prapta.

Aturipun.

Kawula nuwun dewaji, kawuningana yèn mêngsah sampun sirna, tumpês bupatinipun [bupati...]

--- 2 : 149 ---

[...nipun.] Kantun yaksa rucah sami lumajêng sadaya, dene putra paduka kakang mas lajêng kondur ing taman kimawon, badhe sowan ing paduka asarêng kakang bok. Margi nalika mangkat dhatêng payudan, kakang bok dipun tilapakên, pinuju nendra, mila kakang mas kasesa konduripun.

Sang prabu gumujêng nabda.

I hêng hêng hah ha hah, anakku gèr Rêtna Kasimpar, wis bêjane duwe laki satriya bagus prawira ing yuda, layak ora kêna pisah, kowe wêruh tangkêpe gone băndayuda kulup, dene buta kasor dilawan ijèn bae.

Aturipun.

Kula dhatêng ing pabaratan, yaksa kantun satunggal senapatinipun. Ingkang marjaya pun Garjita rumiyin, pêjah dipun lêpasi jêmparing, ingkang kula gawoki, tandangipun putra paduka kakang mas punika, ayêm patitis cukat, kados kenging dipun wical, mênggaha tangkêping kuda, êntragipun lalêmbaran.

Sinigêg dipun caritakakên.

Lah ing kana ta wau, sang prabu lagya imbal wacana, ya ta dhatêngipun Radèn Pamadi ngêmban layoning garwa, parêkan punakawan ingkang sami ngiring sami karuna.

Gamêlan mungêl kêrêpan manyura, sarêng prapta ngarsa nata, Arjuna lênggah, Prabu Kasendra ngrangkul layoning kang putra nênggak waspa, Radèn Kasena karuna kadi wanita, găngsa dipun suwuk, dipun suluki tlutur raras barang miring.

Sêkar Maesa Bayangan lampah 17. Sirêm surêm diwangkara riris [ri...]

--- 2 : 150 ---

[...ris] gir manguswa rarasing | kadya bela mring sang palastrèng prang wadananira landhung | kumêl kucêm rah amaratani marang sariranipun | dene sirna ing mêmanisira gagana bang sumirat ||

Prabu Kasendra têbah jaja ngandika.

Adhuh rara anakku gèr, Rêtna Kasimpar anakku, bandara apa dosamu, dene nêmu pati siya-siya, hêm sapa nyawa kang nganiaya, dene bocah lagi pangantèn anyar disikara mêngkene.

Radèn Kasena karuna matur ing rama.

Kadospundi kangjêng rama kakang bok makatên punika, sêdhèrèk kula kakang bok, kula botên sagêd kantun, dene dene wis apatutan. Gone krama lagi mangsane pêpasihan, jêbul nêmahi palastra, apa dosane sadulurku.

Sang nata ngandika ing Parta.

Priye radèn margane bojomu palastra nyandhang kabranan. Hêm anakku radèn, dene lagi arêp tak jak bêbungah sirnaning mungsuh yaksa marga têka kowe, jêbul kasandhung, sasat karubuhan gunung, adhuh anakku radèn, ora bisa dêlêng rupane bojomu, sapa ingkang sikara anakku.

Parta umatur.

Paman aji, prayogi andangu pun êmban sakancanipun, amargi sumêrêp kula, awit liman kalangênanipun radèn ayu punika nusul dhatêng kula, kapêthuk antuk kawula saking pabaratan, lajêng kula tumpaki, èsthi jujug ing sumur pêjah, sarêng kula sampun tumurun, èsthi dhungkari uwuh ingkang wontên ing

--- 2 : 151 ---

sumur, gêrêng-gêrêng luhipun botên kêndhat, pun Petruk kalih pun Nala Garèng sami kula kèn dhungkari uwuh, wasana putra paduka katingal dipun urugi uwuh wontên ing sumur wau, lajêng dipun êntasakên, katingal mawi labêt dipun sêking, dêdamêlipun inggih tumut dipun pêndhêm. Dados kula botên sumêrêp purwanipun.

Nata dangu ing parêkan.

Êmban mara tutura, kawitana ditêka pungaksane, priye gonmu padha rumêksa bêndaramu.

Aturipun parêkan.

Kula nuwun gusti, pêjah gêsangipun ingkang abdi katura, nalika ingkang wau radèn ayu punika sare wontên ing yasa kambang, kula sakănca sadaya punika sami têngga wontên ing jawi, tumuntên gusti kula pramèswari rawuh, saking dhawuhipun tinjo gusti kula Radèn Pamadi, kula sakănca dikakakên mêthuk konduripun Radèn Pamadi, radèn ayu badhe kula wungu botên parêng, saking jrih kula tiyang alit, sakănca sami umentar, kilap sapêngkêr kula, dhatêng kula punika wau, radèn ayu sampun palastra dipun rangkul ingkang garwa, punika kawuningana ingkang sinuhun.

Sinigêg dipun caritakakên.

Wau ta Prabu Kasendra, sarêng miyarsa aturing pawongan, kaya sinêbit talingane, duka yayah sinipi, jaja bang mawinga-winga, idêp mangada-ada, kumêjot padoning lathi, imba sirung soca andik, sarira anggaluga, kumutug kaya mêtu dahanane, yèn ta sinabêta ing mêrang, bêl mijil pawaka, kêkês [kê...]

--- 2 : 152 ---

[...kês] umaras ingkang sami anon, waja gathik anggung gigit lathi, tan liya paraning bêndu dhatêng ingkang garwa, mangkana pangudasmaraning driya, i i ya jagad dewa bathara, apa Si Calkuthana kang duwe panggawe, yèn ora agawea pati, bênêre sumurup ingkang anganiaya, utawa ora lunga sadurunge têka si êmban.

Dipun suluki grêgêt saut manyura.

Sêkar Sardula Wikridita lampah 19. Tatkala narpa ceda mati nguni wèh sang sastra darma parêng | kantèki raina masangsaya mawas hyang surya lumrèng rana | kanmasêhnira[11] Sang Wiratha narpa lèn Păncawala adulur | Nirbita mangka pangruhun putunira wiratriya nindita ||

Arjuna ngaturakên sêking.

Punika paman aji sêking ingkang labêt dipun damêl marjaya putra paduka radèn ayu, kawuningana ing sri bupati.

Prabu Kasendra nampèni sêking ngandika.

I ya jagad dewa bathara, kulup Kasena, lah iki dene sêkinge ibumu Si Calkuthana, i lah nyata yèn culika si kaparat, wis karia tak belakne si panyakit, dudu ambêking manusa, bêlis katon.

Prabu Kasendra dhatêng kadhaton.

Gamêlan mungêl kêrêpan manyura, ngadêg Rêtna Calkuthana, kang ngadhêp Rêtna Juwita, êmban parêkan pêpak. Gamêlan dipun suwuk, dipun suluki pathêt manyura.

Sêkar Bramarawilasita lampah 11. Ramya wwang padha tustha anggarjita [anggarji...]

--- 2 : 153 ---

[...ta] | têkapira nirmala mangayun nring | trus unggyaning sang sri supadniwara | tarlèn sanggya dwi lêmbana mahagnya ||

Pramèswari nabda ing pawongan.

Bocah wadon, priye wartane, gêmêdêr gumuruh têmên, mungsuh wis sirna, ana sing warta manèh, jare ana gajah ngamuk, ngobrak-abrik tamanan, banjur ana swaraning wong nangis pating blibêr, jare bocah mati kacêmplung sumur, nganti pating sluwir kupingku, ora karuwan sing tak rungokake, têmêne sing êndi bocah wadon.

Aturipun.

Mangkatên wartos punika gusti, têmênipun mêngsah inggih sampun sirna, dene èsthi mêta dhatêng taman punika lêrês, nanging botên angrêrisak. Mênggah cariyosipun ingkang kacêmplung sumur punika, putra paduka Rêtna Kasimpar, palastra kapanggih ing sumur pêjah, kilap purwanipun, mawi kaprawasa.

Pramèswari nabda.

E e lae dene warta nglêngkara têmên, bocah wadon sapa sing cêcaturan, yagene anakku wong ayu ora ana apa mati kacêmplung sumur, apa gajahe sing nyêmplungake, emane ora konangan wong tuwane sing mêngkene, aku sumurupa barêng mati tak lakoni.

Sinigêg rawuhipun Prabu Kasendra angêmbat-êmbat watang, pawongan tuwin Rêtna Juwita sami lumajêng.

Găngsa mungêl kêrêpan manyura, sarêng sampun sang prabu prapta găngsa dipun suwuk, botên mawi dipun suluki.

--- 2 : 154 ---

Sang prabu ngandika.

He Calkuthana, sandhangên wêwalêsku, utang lara nyaur lara, kowe utang pati iya nyaura pati, tumêngaa ing akasa, sambata wong tuwamu lanang, tumungkula ing pratiwi, sambata wong tuwamu wadon.

Pramèswari têtêk umatur.

Mangke ta mangke sampun paduka inggal-inggal dêduka, kula kawuningakna dosa kula punapa sinuhun. Yèn sampun dumunung, botên-botênipun kula suminggah nampèni paukuman, najan kula asli tatiyang alit, tiyang sampun kasêngkakakên sami darah paduka, dadosa kula nglampahi pêjah, yèn sampun ngabêkti ing kangjêng sinuhun, supados sampurna yèn wontên kalêpatan kula.

Dèwi Calkuthana ngrungkêpi pada nata, kalih matak guna pangasih.

Dipun caritakakên.

Wau ta Prabu Kasendra sarêng Rêtna Calkuthana ngrungkêpi dalamakan, winantu-wantu amatak kamayan. Sang nata kogug tan kolu angukuma, ucap-ucapan, kuranga sasiliring bawang, pcating nyawa kêdah angêntosi, dugining pasthi.

Sang nata ngandika.

Yagene hèh Calkuthana, kowe anganiaya Si Rêtna Kasimpar, tăndha sêkingmu kari kalêbu ing sumur, dene kowe ngaku ora dosa, sapa ingkang têka ing taman, ora nana manèh mung kowe, dhasar nyata kowe ingkang sikara.

--- 2 : 155 ---

Pramèswari mèsêm-mèsêm matur.

E e tobil, punika angsal pintên prakawis, kula mêjahi putra paduka, têmên kula dhatêng taman, sarêng wontên gajah mêta kula mlajêng, botên ngantos kapanggih putra paduka, dene sêking punika sampun lami ical, kula padosi botên kapanggih, ewadene yèn kula kêdah kabelakakên pêjahipun anak kula pun Rêtna Kasimpar, inggih sumaga, pêjah gêsang kula dhasar sampun kula dhadhapakên, yèn kagunganipun ingkang sinuhun, langkung utami kangjêng sang prabu ngasta piyambak, madosi pêjah punapa.

Sang prabu bêkuh wangsul dhatêng pandhapi tanpa ngandika, găngsa mungêl kêrêpan manyura, Parta ngadêg taksih mangku layoning kang garwa, Radèn Kasena taksih karuna, punakawan para parêkan taksih ngadhêp. Sang prabu rawuh, găngsa dipun suwuk, botên mawi dipun suluki.

Nata ngandika ing putra.

Kulup Kasena, ora kolu aku nguntapake Si Calkuthana, karo ana ature yèn sêking iku wis ilang lawas, karo ayême kaya ora dosa, ewadene yèn têtela, najan Si Rêtna Juwita iya milu tak ukum, marga iku dadi wiji lêlêtuh, utawa sabiyantu, yèn sêking iku duweke Si Rêtna Juwita.

Sinigêg satriya Madukara miyarsa panganikaning[12] nata, kang garwa sinawang, guwayane kadi sare kimawon, amêsu cipta, sanyata Radèn Janaka titising jawata kêkasih, mila sagêd manjing ajur datan ajèr, sami sanalika ngraga suksma, mati sajroning urip, atma sumusul atmaning garwa, lajêng binêkta

--- 2 : 156 ---

wangsul, pinanjingakên ing raga malih, sanalika Rêtna Kasimpar mulya têmahan jati tanpa lêlabêt. Kang rama tuwin kadang para kawula sadaya kadi supêna, tanbuh sukaning driya.

Dipun suluki sastra datan.

Sêkar Swandana lampah 20. Atap para apsari tumonton mring sang dwija kadya gewor jiwa | kagagasi tyas dahat kewraning driyanira datanpantuk samya | myat rêganing prabata roning kadhêp kumêlap kadya pangawening | sang dwija lunging gadhung malêngkung katiyup ring maruta kawuryan ||

Sang nata dangu sarwi ngrangkul kang putra,

I anakku wong kuning, wong ayu urip têmênan, apa ingkang katon sajroning palastra, dene bisa mulya têmahan jati, o radèn bêjamu garwamu mulya.

Radèn Kasena jêlih.

Kakang bok sadhèrèk kula, sasat aku nêmu êmas sagunung, isih luwih suka mulyane sadulurku, punapa kang katingal kakang bok, dene sampeyan sampun palastra, sagêd purna sajati, datan tatilas ing salira sampeyan.

Rêtna Kasimpar wungu sambat, ibu botên dosa, badhe lumajêng-lajêng rinangkul kang rama, sarêng sampun sarèh, lajêng lênggah jajar Sang Arjuna, sang juwita nêmbah matur.

Kangjêng rama andangu kang katingal. Pangraos kula lumampah wontên ing margi kapêthuk putra paduka kangjêng paran, lajêng dipun candhak, kula dipun bopong kadhawahakên ing madesamun, byar kula wontên ngarsa paduka punika

--- 2 : 157 ---

wau, dene bêbukanipun, kula kilêm wontên ing yasa kambang, botên wuninga purwanipun, kula èngêt sampun dipun larak kangjêng ibu, lajêng dipun ukêl rema kula, ibu narik sêking, salajêngipun kula botên akraos, kados kilêm tangi sampun katingal lumampah ing margi, punika purwanipun.

Sang nata kadya winungu dukane ngandika ing Sang Parta.

Wis radèn masa bodhoa kowe, sirnane talutuhing kadhaton, tumpêsên ingkang gawe pati, aku ora tahan, lan wajibe kowe kang mrinani.

Aturipun Arjuna.

Inggih sêndika yèn paman prabu sampun parêng pêjahipun ingkang sikara.

Wangsulanipun.

Bêdhèlên brak yèn ana kang grantês pikirku, aja koaku bapa, utang pati nyaur pati, wis bênêre lêga lila aku, urip jajêmbêri jagad.

Parta ngandika ing punakawan.

Kakang Sêmar saanakmu, sirnakna setan jroning kadhaton, lan kradenayon, trang karsane paman aji, poma dikalakon. Yèn ora mati sadina iki, kowe aja takon dosa, tak lokake padha ing dosamu.

Sêmar saanakipun matur sêndika, mangkat. Găngsa mungêl kêrêpan manyura, Sêmar saanakipun kalampahakên lumêbêt kadhaton. Sêmar Nala Garèng bêkta tampar, Petruk mandhi gêmbêl. Ngadêg Dèwi Calkuthana kalih Rêtna Juwita, Sêmar saanakipun dhatêng, găngsa dipun suwuk tanpa suluk.

--- 2 : 158 ---

Dèwi Calkuthana ngucap.

E kuwe wong ngêndi, têka wani padha mênyang ing dhatulaya, olèh pakone sapa he he.

Sêmar sumaur.

Aku wong Ngamarta, olèhku mrene dikongkon bandaraku satriya Madukara, dikakake nagih utangmu nyaura.

Calkuthana ngucap.

I i tobil, sidikrocok nganti bosok, dikêprak mancing lak jêbul pathak. Sida sambêr ing gêlap êndhasmu, bok aja anggêp-anggêpan, cèlèng punakawan gêrang ora tata, angkuhe kaya sing mutêr nagara, ora watak ratu utang nyang bathange wong nanêka, malah potanga aku bangsat.

Rêtna Juwita mojar.

He babi punakawan, labragan hêm, sidikêbo siji, bathange diolor-olor gèk dicacah dibumboni hêm. Bok aja sumêkèh, e lae dene cacah-cucah sawiyah-wiyah marang kangjêng ibu, anake sapa kowe, wani-wani ngoko ibu ratu, iyang mundhak mèncêp bokongku, sidikêpruk esuk dibuwang sore.

Nala Garèng mojar.

Ora nèh clathune, olèh kèwês. Gandêsa ibu saanak, labête putri, bote dhapure kaya wabru amoh, iya sida kêmayu-ayu.

Petruk nambungi.

--- 2 : 159 ---

Iyah rak wis lumrah kang Garèng, wong lanang sing ora bagus, iya kumabagus, wong wadon sing kumayu-ayu, iya sing ora ayu, mara ta sawangên rupane kuwe, wong wandane nylakathêm mêngkono nganggo godhegan, kêrik alis, nganti nyimpang têka galêngan, saking bangête olèhe namping, lah yaiku isih mèmpêr dene prawan. Lah bratune kae, ingêtêna wandane kaya wong kêmu kakêbakên, andèkna ya jèbèh, bêsusan kanti ora nyêbut, iku biyèn priye, têka kagarwa ing ratu kuwe.

Sêmar ngucap malih.

Ora ditagih utangmu dhuwit, ditagih gonmu nyedani garwane bandaraku, gêlêm nyaura, ora gêlêm ya nyaura, arêp mukir kowe, radèn ayu saiki wis mulya, setan mêsthi kowe khukum saanakmu, aku wis mundhi ponès.

Calkuthana sumaur.

E najan aku diukum wasesa, suthik aku yèn ora dijênêngi kangjêng sinuhun dhewe, yèn kowe kang matèni aku, saksat aku mati dikêrah ngasu, karo anakku dosane apa, kathik arêp diilok-ilokake, aku ora rila.

Petruk ngucap.

Biyang kakehan padu, kyai bok dirujak bae, lila ya bèn ora lilaa kae ngarah apa, wong wis niyat nyedani bandara.

Găngsa mungêl kêrêpan manyura, Calkuthana Rêtna Juwita sami băngga, sami ngasta [nga...]

--- 2 : 160 ---

[...sta] patrêm. Nala Garèng Petruk Sêmar sami băndayuda, mawi banyolan sawatawis. Sarêng kenging dipun babit gêmbêl dhatêng Petrut,[13] Rêtna Juwita ambruk lajêng dipun tangsuli, Rêtna Calkuthana têtulung, Petruk trangginas anggêmbêl. Pramèswari ambruk, Sêmar nulya nangsuli, lajêng sami binêkta dhatêng pakêbonan. Pramèswari tuwin atmajanipun, sami dipun lawe, sarêng sampun pêjah sami kacêmplungakên ing sumur, dipun urugi siti, Sêmar saanakipun sami wangsul dhatêng pandhapa, găngsa kasirêp dados ayak-ayakan. Ngadêg Prabu Kasendra, Radèn Pamadi, Rêtna Kasimpar, Radèn Kasena, Sêmar Petruk Nala Garèng, sasampunipun tata palênggahanipun, găngsa kasuwuk.

Dipun suluki sastradatan.

Sêkar Madurêtna lampah 12. Narpati Darmaputra myang Dananjaya | matur ring raka Narendra Harimurti | saha waspa ing madya wasananira | katur sadaya mring sang rèh madurêtna ||

Sêmar matur.

Kula nuwun kawuningana ing sampeyan, sampun kula kadhawuhan ngukum, dhêmit ingkang sami nganiaya radèn ayu, sampun kalampahakên pêjah sami kula lawe, kuwandanipun lajêng kula cêmplungakên ing sumur pêjah dados satunggal, sampun dipun pasêk, dados kalih pisan sampun nêmahi gêntosi rayi jêngandika radèn ayu, sami dalêm salêbêting sumur.

Sang nata nyambungi ngandika.

Lah iku radèn wis pantês, ing patine wong laku duryasa nyandhang pati siya-siya, andadèkake sukaning atiku, bakal anambahi luhuring karaton, [ka...]

--- 2 : 161 ---

[...raton,] lan dadi pangungakaning wadyabala, anênangi marang kang ambêk arja, anêtêpi jangjining dewa marang para ratu kabèh.

Aturipun Parta.

Inggih sampun kasinggihan timbalanipun kangjêng sinuhun. Sintên tiyang ingkang nyambut punika kêdah anyaur, anjawi punika sinuhun, kula nyuwun pamit mantuk dhatêng Ngamarta, putra paduka radèn ayu kula bêkta, amargi lampah kula dumugi ing Sokarumêmbe punika, dipun utus ngupados liman pêthak, badhe kadamêl pasumbang dhatêng Ngastina, kakang Prabu Kurupati badhe krama dhaup Putri Mandraka dipun pundhuti sasrahan, dwipangga seta, kalêrêsan kalangênanipun dirada putra paduka radèn ayu punika seta, mila kêdah radèn ayu kula bêkta, lêlungsèn sagêda pêpanggihan dhatêng para kadang wandawa kula sadaya.

Sang nata ngandika.

I i ya jagad dewa bathara, dene durung tutug gonku momong ing kowe radèn, arêp kotinggal mulih, iya yèn wis rampung ing gawe bae, aja nganti lawas nuli balia karo Si Rêtna Kasimpar, arêp tak jak andrawina, minăngka punagi luwaring prihatin, lan kowe arêp tak bawahi manèh, sokur-sokur para kadangmu ana kang karsa tinjo marang Sokarumêmbe.

Aturipun Parta.

Mênawi sampun parêng ing karsanipun paman aji, kula kalilana pamit madal pasihanira jêng sinuhun, manggiha suka ing sawingking kula.

Rêtna Kasimpar pamit.

--- 2 : 162 ---

Kangjêng rama prabu, kula nyuwun idi pangistu, mugi raharjaa ing lampah kula, andhèrèkakên kangjêng paran kondur dhatêng Ngamarta.

Wangsulanipun.

Anakku gèr anakku, iya radèn, tuwin kowe rara, muga padha nêmua raharja saparanmu, nanging yèn wis rampung gawening pangantèn Ngastina, tumuli balia mrene, aja nganti tan ora.

Parta ngandika ing Radèn Kasena.

Adhimas pun kakang kalilana mulih marang Ngamarta, muga jênêng para karia basuki.

Aturipun.

Inggih kakang mas kula jumurung arjaning lampah sampeyan, sakalihan kakang bok, namung pangajêng-ajêng kula, mugi kakang mas tumuntêna wangsul sarimbit, sowan ing kangjêng rama prabu, iba suka sênêngipun tiyang saknagari ing Sokarumêmbe, margi badhe sami angluwari punaginipun, tuwin karsa paduka sakalihan karsa nganggêm[14] titihan punapa.

Rêtna Kasimpar sumambung.

Yayi aku utawa kangjêng paran tak aturi nitih dwiradha, mara yayi dhawuhna ngajokake, gonku nunggang ana jabaning brajanala kidul.

Aturipun.

Inggih kakang bok dhatêng sêndika.

Radèn Kasena mundur, Sêmar saanakipun sampun pamit. Găngsa mungêl ayak-ayakan manyura, Parta Rêtna Kasimpar sapunakawan sami mangkat. [mangka...]

--- 2 : 163 ---

[...t.] Kalampahakên salampahan, liman tuwin Radèn Kasena sami wontên ngajêng brajanala, găngsa dipun jantur, Parta lan garwa tuwin punakawan sampun prapta ing brajanala, èsthi sampun dipun planani, Rêtna Kasimpar asasmita ing dwipangga mangkana.

Mara nirwati mêndhaka, kowe tak titihi karo kangjêng paran.

Dwiradha sampun mêndhak, Sang Parta tuwin kang garwa nulya nitih dwipangga, găngsa mantun kajantur, dwipangga kalampahakên. Punakawan sami ngiring lumampah dharat, saantawis lampahan dangunipun, kajêng katancêpakên têngah, găngsa kasuwuk, dipun suluki manyura.

Sêkar Kusumawicitra lampah 12. Naga panagan salira basu tanu | kunjara gajah swalaja lan pinggala | braja muka dwipangga èsthi matêngga | dwiradha gatha muthu liman gajaksa ||

Dipun caritakakên.

Lah ing kana ta wau, satriya ing Madukara tuwin garwa sami nitih èsthi, punakawan tri umiring, ciptaning driya badhe lajêng dhatêng Ngastina angaturakên liman. Mangkana janma praja ing Sokarumêmbe sami cipta kaoncatan puspita. Ingkang kêna kinarya têtumbal, warna-warna pangalêmbananing janma, sawênèh gunggung kaprawirane, ana ingkang gunggung kabagusane, sami mamuji bêgjane Rêtna Kasimpar, dene kagarwa ing satriya Madukara, namung sri bupati tuwin Radèn Kasena raosing tyas pindha wong kagêman. Araning kagêman pindha janma abêkêl manuk marucut sangking gêgêman, sêpira cuwaning driya, angkate putra sakalihan pinupus karsaning jawata ingkang karya lara ayu, sang prabu [pra...]

--- 2 : 164 ---

[...bu] lajêng kondur ngadhaton. Sinigêg sampun lêpas lampahing satriya Madukara, kapungkur ing praja Sokarumêmbe, malah sampun ngancik jajahan Ngastina, gênti cinarita ing Banakêling, kathah wanita kasmaran ing tanayendra.

Mungêl gêndhing Gandrung, ngadêg Prabu Bagawan Sapwani, kalih ingkang putra Radèn Jayadrata, gêndhing kajantur.

Dipun caritakakên.

Nênggih nagari ing pundi ingkang gênti kocapa, nagari ing Banakêling, sintên bisikaning raja, pêparab Prabu Bagawan Sapwani Wijayaastra, jumênêng raja pandhita, putus ing driya, sidi ing pangaksi, tètès barang sabdane, kinasih ing dewane, katêkan cipta panêdhane, saking gênturing tapa-bratane, nuju pinarak ing made pacrabakan, sintên ingkang cakêt ing ngarsa, ingkang putra, sintên dasanamane, dasa sêpuluh, nama kêkasih, akêkasih Bambang Tirtanata, Radèn Tumênggung Sindusena, ya Radèn Arya Jayadrata, jajag pangadêge, bagus warnane, sêmbada jêjarotane, sarira jênar kadya parada binabar, netra andik sêmu tanggon, pantês prawira ing ayuda, karêngga busana, agêlung kakêlingan, kinancing rêtna tinatirah ing sotya, jamang mas susun tiga, sinăngga praba, kinancingan grudha mungkur, anting sotya badhong giwangkara, sumping gêgubahan surèngpati, lur-ulur naga karangrang, dawala ngiras têtali, kêlatbau nagamăngsa, binggêl maniking toya, supe tajug kanan kering, kroncong sarpa raja, kampuh bèrêm calana cindhe wilis, gubêg, paningsêt cindhe puspita, dhuwung warăngka ladrang, kandêlan kamalon rêta, landheyan tunggak sêmi sinasotya, kondhang sapraja ing Banakêling, kathah ingkang mamuji [mamu...]

--- 2 : 165 ---

[...ji] ing Radèn Jayadrata, nanging sajatine Bagawan Sapwani botên apêputra, wontênipun Radèn Jayadrata, sarêng sampun antawis lami kagarwa dèrèng anggarbini, Prabu Bagawan Sapwani amêsu yoga brata wontên ing sanggar pamêlêngan, maminta ing dewane, pinaringan atmaja jalu, anyarêngi mangsanipun liman satubănda tinuduh mêcah babungkusing Bratasena, pêcahing bungkus ari-ari kêkawah lan pêcahan bungkus, cinandhak ing Hyang Narada, binucal dhawah ing Banakêling, Bagawan Sapwani mirsa cumalorot anulya tinampan, kawastara yèn ari-ari kêkawah lan bungkus, amawa cahya, ginănda taksih ngambar gandaning jabang bayi, nulya sinabda dadya warna bêbayi, nanging Bagawan Sapwani tan samar yèn ari-ari kawah bungkusipun panênggak atmaja Pandhu, jabang bayi laju sinungakên ingkang garwa, ing mangke sampun wanci diwasa, nanging dèrèng mangun krama, mangkana pangudasmaraning driya, raja pandhita ing Banakêling, i i ya jagad dewa bathara, kadingarèn bocah iki marêk marang bale pacrabakan, apa baya karêpe.

Gêndhing kaunggahakên, sawatawis dangunipun dipun suwuk, dipun suluki pathêt manyura.

Sêkar Mêdhangmiring lampah 23. Atari pêjah ningkang prawara Somadênta tanaya tkap sinisuta | makin aparêk Jayadrata têkap Sang Arjuna Warkodhara nurakamu | makamuka sang dwijendra Karna Karpa Salya kuruku tarlèn giri kola ||

Sang pandhita nabda.

Kulup Jayadrata, apa ana karêpmu kang wigati, dene kowe seba ing aku [a...]

--- 2 : 166 ---

[...ku] ana bale pawiyatan. Manawa kowe durung marêm kawruh ingkang wis tak dunungake, bab ginêng panunggalane ngabathara, ajijaya kaprawiran, yèn ana ingkang isih sumêlang, mara ta wêdharna, yèn ana kang durung dumunung artine, aku ingkang andunungake, apadene yèn ana karêpmu, arêp marang wanudya, mara aranana, aku ingkang dhodhog lawange.

Aturipun.

Kula nuwun kangjêng rama, botên pisan-pisan, yèn kula badhe nyuwuna jatukrama, tuwin nyuwuna wêdharipun têmbung ingkang taksih kalêmpit suraosipun. Mila kula umarêk ing paduka, namung badhe nyuwun sumêrêp, punapa inggih saèstu kula darbe kadang botên wontên salêbêting praja ing Banakêling ngriki.

Lah ing kana ta wau, Prabu Bagawan Sapwani, sarêng miyarsa aturing kang putra Radèn Jayadrata, pitakèn kadangipun, kèmêngan ing wardaya, sapandurat datan angandika, mangkana pangudasmaraning driya, ya jagad dewa bathara, sapa ingkang minihi krungune Si Jayadrata yèn duwe kadang, anakku gèr anakku.

Sinigêg dipun suluki pathêt manyura.

Sêkar Swandana lampah 20. Atap para apsari tumonton ing sang dwija kadyage wor jiwa | kagagas ing tyas dahat kewraning driyanira datanpantuk samya | myat rêngganing prabata roning kadhêp kumêdhap kadya pangawening | sang dwija lunging gadhung malêngkung katiyup ing maruta kawuryan ||

Parta[15] ngandika.

--- 2 : 167 ---

Kulup walèh-walèh apa, ing sayêktine kowe duwe sadulur tuwa, atmajane Prabu Pandhu, ya Prabu Găndawastra ing nagara Ngastina, arane Radèn Bratasena, iku ratu kêkasihing dewa, wijining pandhita, ingkang dhêdhêpok ing giri Saptarêngga, wis tumurun kaping nêm, kapitu Prabu Pandhu, iku isih anggêntur tapa, marmane pinêca para rêsi, yèn bakal dadi lêlajêring tanah Jawa, turun-tumurun ora kasêlan.

Aturipun.

Inggih kangjêng rama, manawi saèstu makatèn, kula nyuwun lilah badhe angabêkti ing kadang sêpuh, kados punapa warnanipun sadhèrèk kula punika.

Wangsulanipun.

Lo têka banjur gègèr atimu, aja kêsusu sarèhna dhingin, rèhne kadangmu iku pisahe karo kowe nalika kowe isih bêbayi, iya yèn katampan, manawa kowe disêngguha ngamadaka, lah rak mundhak tanpa gawe lakumu.

Aturipun.

Parêng botên parênga, kangjêng rama kula kalilana mangkat ing sapunika, upami kula kapalangana lumumpat, karantea kula umêdhot, saking adrênging manah sagêda tumuntên kula kapanggih kalih kadang kula sêpuh, iba bingahing manah kula, yèn sagêd kula kaanggêp.

Wangsulanipun.

Iya kulup tak lilani, kowe ngupaya kadangmu, nanging sarat angêsorna raga, supaya ora dadi kagèting panggalih Radèn Bratasena suwitaa, karodene [ka...]

--- 2 : 168 ---

[...rodene] yèn wis kowe katêmu balia mulih, ing têmbe aku tak katêmu, supaya ana ingkang dhalangake, dadi kowe ora katon dumrojog tanpa larapan.

Aturipun.

Yèn sampun rampung timbalanipun kangjêng rama, kula nyuwun amit madal pasihanira jêng paduka, manggiha suka ing sawingking kula, namung idi pangistunipun kangjêng rama ingkang kula suwun, dadosa jimat raharjaning lampah kula.

Wangsulanipun.

Iya muga katampana gonmu suwita, katona kêmbang capaka sawakul, puja mantraku muwuhana arjaning lakumu, bisaa tumuli katêmu ing sadulurmu tuwa.

Jayadrata ngabêkti ngaras pada, găngsa mungêl ayak-ayakan. Jayadrata mangkat, Bagawan Sapwani minggah pamujan, Jayadrata kalampahakên salampahan, nuntên kèndêl. Găngsa dipun jantur, nuntên dipun caritakakên.

Wau ta satriya Banakêling, sampun mijil saking kadhaton, mêdal ing kori butulan. Samarga-marga kathah jalma ingkang kasamaran, dene Radèn Jayadrata lumampah datanpa kanthi, têka mangkana ciptaning wardaya satriya ing Banakêling, ngêndi panggonane sadulurku tuwa, muga katrimaa gonku suwita.

Găngsa mantun dipun jantur, Jayadrata kalampahakên, kajêng katancêpakên ing têngah, găngsa nuntên dipun suwuk, dipun suluki pathêt manyura.

--- 2 : 169 ---

Sêkar Sardulawikridita lampah 19. Tatkala narpa ceda mati nguni wèh sang sastra darma parêng | kantèki raina masangsaya mawas hyang surya lumrèng rana | makansêhnira Sang Wiratha narpa lèn Păncawala adulur | Nirbita mangka pangruhun putunira wiratriya nindita ||

Dipun caritakakên.

Lah ing kana lêpas lampahe satriya ing Banakêling, sampun dumugi sajawining praja, karsa dipun lêrês mêdal margi têrusan ingkang anjog nagari Ngastina, inggale kang murwa ing kawi, pêrak ginawe adoh, adoh pinarêkakên. Sinigêg ingkang lagya lumampah, gênti cinarita Kurawa ing Ngastina kang baris têpining wana Sinangsraya, wanci bang-bang wetan gambira sura.

Mungêl gêndhing Ramyang, ngadêg Sangkuni, Dursasana, Jayawikatha, Durmagati, Kartamarma, Jayasusena, Carucitra, gêndhing kajantur.

Dipun caritakakên.

Anênggih ing pundi ingkang gantya kocapa, têpining wana Sinangsraya, pakuwoning Kurawa, Radèn Apatih Arya Sangkuni, ingkang lagya lênggah ing made wangunan, ingkang cakêt ing ngarsa, satriya ing Banjarjungut, Radèn Arya Dursasana, para kadang sami ngayap, pangarsa Radèn Durmagati, Radèn Jayawikatha, Radèn Kartamarma, Radèn Jayasusena, Radèn Carucitra, mangkaga[16] Radèn Arya Sangkuni badhe karsa anggropyok ing wana Sinangsraya, ngupaya dwipangga seta, sadangune amakuwon sampun ngumpulakên janma padhusunan, ingkang samya cêlak ing wana Sinangsraya, pinirsa yèn wontên ingkang tate amrangguli matêngga ing wana ingkang ulês seta, aturing janma kang dinangu sami botên wuninga, mila [mi...]

--- 2 : 170 ---

[...la] Radèn Arya Sangkuni lajêng dhawah ngrakit sêsaji, pala-pala lan aresan, sinajèkakên ing wana, tumuntên dhawah akarya piranti ngêrigi tatiyang padhusunan, badhe kinèn anggropyok wana Sinangsraya, mangkana pangudasmaraning driya Rêkyana Patih Sangkuni, priye yèn ora bisa olèh dwipangga, apa bisa kalakon jatukrama anak prabu Ngastina.

Gêndhing dipun unggahakên, saantawis dipun suwuk, dipun suluki sastradatan.

Sêkar Wisalyaharini lampah 21. Enjing nêmbang têngara sagunging pra Kurawa samapta busana bra | pindha ujwalèng surya mijil pucak aldaka baranang amadhangi | umyang sru swaraning kang têtêk kêndhang gong bèri lir bêlah bumi kambah | risang anindyamantri lèn Arya Dursasana ingkang maka manggala ||

Sangkuni ngucap.

Arya Dursasana, priye gonmu nakoni wong desa tanah pangalasan, apa ana ingkang tau sumurup, yèn ing alas kene ana gajah putih ingkang katon.

Aturipun.

Paman dangu gên kula pitakèn tatiyang padhusunan ingkang sami cêlak wana, aturipun sami botên tate mrangguli liman ing wana ngriki ingkang ulêsipun seta, kilap manawi dèrèng waradin gèn kula pitakèn kimawon.

Pangandikanipun Sangkuni.

Olèhe olèh takon priye, wong pokale adhi-adhimu mêngkono, sabên ana wong têka, nganggo dikon bayar pêcacah, wong siji

--- 2 : 171 ---

sêpuluh sèn. Lah ya sing nuju duwe, sing ora duwe, lah dilampu ora têka, ana manèh Si Gati iku nênanggap, ujare supaya akèh wong têka nonton, digawe bungahake wong cilik, wasana sabên wong nonton siji dikon bayar limang sèn, jarene jênênge pajigar, iku anggêpe apa pangadêge kumidhi, sêkira wonge wis mari dhêmên nonton, dibandhani bature kapêdhak disêbar, kon mênyang pradesan utawa ing pasar-pasar, losmène patikèn, ting tlusup nganti kaya jinêman ngupaya durjana, parlune kon padha kandhan, yèn pakuwone bandarane ana tontonan anyar, anèh-anèh tur bakal murah ongkose, mara tumon bobote nglakoni ayahan bisa nyambi ngupaya pokil.

Dursasana gumujêng nabda.

I hêng hah hah hah, iku apa têmênan Durmagati ngêndikane Paman Arya Sangkuni mêngkono patrapmu, sasuwene ana pabarisan iki kowe ngadêgake pitrah kêcil.

Durmagati matur kalih gumuyu.

E hik, e hik, inggih nanging bêlih kêkathahên yang ragi ngomong, abusèt masa si nganti wong siji limang sèn, sêtun kalih dhuwit kawan dhuwit, kalih sêpintên pami damêla nanggap piyambêk, arta kalih dhuwit kawan dhuwit, masa si kenginga, punika namung rukun mawon. Tiyang sami mawon kula kang nanggap kalih kang ningali, kula gumuyu kang ningali gih tumut kêkêl. Yèn botên tumut ngopahi kula ingkang rugi, gumuyu dinunuti jare ngopahi dhèwèk kêprimèn.

--- 2 : 172 ---

Arya Sangkuni gumujêng ngandika.

O andèkna bisa mapanake catur, aja pijêr padha kabêsturon, Arya Dursasana sakadangmu, yèn wis rampung sajèning alas, ayo tumuli dilêkasi, digropyok bae alas iki, yèn pancèn ana burone gajah putih, tumulia katon. Yèn nganti kakangmu wurung gone krama, kowe apa ora duwe isin.

Aturipun Dursasana.

Inggih paman arya dhatêng sêndika, yèn sajèn sampun rampung sadaya, sumaga sakarsanipun paman, punapa dipun lêkasi ing sadintên punika.

Dipun caritakakên.

Sinigêg Radèn Arya Sangkuni ingkang lagya imbal wacana, gêdêring janma ing pabarisan, sami alok yèn wontên liman pêthak. Ya ta Radèn Carucitra prapta ngarsaning Sangkuni.

Dipun gregêt-sauti manyura.

Sêkar Rini lampah 17. Punggawa prayitna pudhêndha mangaran amamrih lawan | Sang Dasawadana manuduh punggawa wira dumraksa | mangrusak ing gêlar ardacandranira Patih Suwănda | gadgada umangsah wahana dwiradha mangundha dhandha ||

Sangkuni ngucap.

Kulup Carucitra, apa ingkang dadi gêdêring pabarisan.

Aturipun.

Kawuningana ing sampeyan paman, punika ingkang dados gita, putra jêngandika [jênga...]

--- 2 : 173 ---

[...ndika] pun adhi Madukara mêdal saking wana wetan punika, numpak dipangga seta, kalih wanudya endah warnanipun. Sapunika sami kèndêl ngandhap mandera pinggiring tarataban, ingkang sami umiring inggih namung pun Sêmar saanakipun kimawon.

Arya Sangkuni pêtêk jaja ngandika.

O tal gênyus, lah iki basakêna, sing kangelan nawu durung gêpoki, kang lagi mara banjur nyaruki mina, mara ta priye Arya Dursasana budimu, kari olèh gawe karo Pandhawa, iba-iba anak prabu, baya kaya disunggi-sunggia Si Pamadi.

Dursasana matur.

Dasa-dasa kadospundi, tiyang sampun bêgjane piyambak-piyambak. Suprandene punika inggih madosake kakang prabu, bedane punapa tiyang sami sadhèrèk, wontên ingkang sagêd angsal bêgja niku pintên-pintên paman, ati-ati putra jêngandika kakang prabu istu sagêd tumuntên dhaup.

Arya Sangkuni ngucap.

E lah wis dudu karêpmu dhewe Dursasana, kowe dadi ora duwe isin. Sêtun têmên Kurawa tanpa paedah, pinuju sadulure bisa rabi, awit kuwasane Pandhawa, ya endah apa Kurawa, apa Dursasana kae, yèn kênaa diandêlake, sing wandane kaya momohan jaranan kepang, apa Si Darmagati sing rupane kaya êngkak diloloh, pasthi mêngkono ucaping akèh, luwih manèh kakangamu anak Prabu Ngastina, Si Pamadi têka banjur dikurmati, dijak dhahar nunggal ambêng, wong olèh gawe, têkan Sêmar Nala Garèng Si Petruk, [Pe...]

--- 2 : 174 ---

[...truk,] pasthi banjur padha dilungguhake ing kursi, najan punakawan jêr milu olèh gawe. Basa kowe sasêdulurmu têka, mara badhe mengo kakangmu masa sudiya aruh-aruh, najan kowe sadulure wong ora bisa ngrabèkake, pasthi lungguhmu ana dikon ana burine punakawane adhimu Pamadi, iya yèn mung tiba ewa bae, lawas-lawas manawa bisa pulih sihe, patutane basa kowe têka, kale ora olèh gawe, nuli kakangmu dhawuh, wis paman adhi-adhiku Kurawa, wis katog ora nana gawene, sakiki padha pancasên lungguhe, saparo-saparo, banjur pasrahna adhiku Pandhawa, iku sadulurku têmênan, tăndha bisa ngrabèkake aku, mara kowe priye, lah rak sida nisil driji.

Aturipun Dursasana.

I la la kadospundi paman karsa sampeyan. Yèn punika dipun têdhaa masa sukaa.

Arya Sangkuni ngucap.

E dene kaya bocah, pasthi bae, yèn dijaluk aris-arisan masa diulungna, nanging yèn direka pasthi kêna, wong siji găndra sêpira, jaba dijabung alus, manawa angèl dibăndawasani ing ngakèh, gêlar sabên aja lali, tak cêdhakane kowe padha dangdana, mêngko yèn wis miranti banjur tubruken ing ngakèh, aku tak sumingkir, ayo Carucitra Jayawikatha milua aku, aja ngatarani, aja na sikêp gêgaman, nanging kang prayitna, kowe kang bakal dadi pangarêp.

Aturipun para Kurawa sêndika.

--- 2 : 175 ---

Găngsa mungêl ayak-ayakan manyura, Sangkuni Kurawa sadaya kalampahkên. Arjuna Sêmar Petruk Nala Garèng sami badhe mampir ing pabarisan. Rêtna Kasimpar nitih dwipangga kèndêl ngandhaping mandera, Parta punakawan sami kapêthukakên Arya Sangkuni, Radèn Jayawikatha, Radèn Carucitra, sasampunipun sami tata lênggah, găngsa dipun suwuk, dipun suluki sastradatan.

Sêkar Rini lampah 17. Mulat mara Sang Partasmu kamanusan kasrêpan ring ti- | ngkahning mungsuh niran padha kadang taya wwang wanèha | ana wwang anaking yayah myang ibu lèn umanggêh paman | mangkadi Narpa Karna Salya Bisma narpa sang dwijanggêh guru ||

Sangkuni matur.

I anak mas ing Madukara, sami katuran pambage arja lampah sampeyan.

Wangsulanipun.

Inggih paman dhatêng anuhun, panakrama sampeyan kula tampèni asta kalih kapêtêk ing pranaja, lumèbèra dhatêng pangkon, amêwahana têguh kayuwanan kula.

Sangkuni matur malih.

Tingalipun anak mas angsal pangupayanipun dwiradha, punika nagari pundi ingkang wontên.

Wangsulanipun.

Angsal kula saking nagari ing Sokarumêmbe, kagunganipun putri atmajanipun [atmajani...]

--- 2 : 176 ---

[...pun] Prabu Kasendra, sampeyan punapa inggih kautus ngupaya liman, dene sami baris têpining wana.

Aturipun Sangkuni.

Anak mas lampah kula tuwin raka jêngandika Kurawa punika inggih kautus angupaya èsthi, sarta dikakakên angrangu lampah sampeyan, yèn angsal lajêng dikakakên nampèni, margi badhe dipun lajêngakên dhatêng Mandraka, sabab sampun lami manawi sêlak kasèp.

Parta ngandika ing Sêmar.

Kakang Nayataka gajah arêp ditampani Paman Sangkuni, jare arêp dibanjurake marang Mandraka.

Sêmar matur.

E ampun suka dara, niku cara napa, sêlaka kêsusu nika nggih kajênge, enak têmên, olèhe ngupaya adoh-adoh ajêng dijaluk wong jêlak, masa têmêna botên niku, kalih kathik susah dijaluk ontên dalan, wong dhasar ajêng disumbangake têng Ngasinan.

Nala Garèng nyambungi.

O karo dupara bangêt. ngaku ngrangu-ngrangu apa rama, bok wis ditinggal bae ngopèni patih brêngkutis, mundhak gawe susah, masa amriha kuwarasaning uwong ora.

Petruk gumuyu.

Hêng hêk nanging suwe-suwene wong bênêr, Nala Garèng, kèkne Arya Sêkutil kuwe yèn ora jail ora patut. Karo dugaku, yèn duwe budi [bu...]

--- 2 : 177 ---

[...di] jujur mundhak cêndhak umure, ya eling-eling pasêmone, kaya bocah arêp dicêkoki mringis, dawêg dara sami lajêng mangkat, ngromèsi wong Ngasinan, mundhak ngrubêdi ati mawon. Niyat tukang botên barès.

Matur Arya Palguna.

Paman sampun dados panggalih sampeyan, rèhne kula punika namung dêrmi dipun utus kakang Prabu Ngamarta, kula ajrih yèn ngaturna dhatêng sampeyan, kêdah kula sowan kakang Prabu Ngastina piyambak, utawi malih paman, kawuningana yèn pawèstri ingkang minăngka srati punika garwa kula, upami pisah kalih kula saèstu botên purun.

Patih Sangkuni ngêjèpi Kurawa, Parta tinubruk malumpat. Găngsa mungêl kêrêpan manyura, Arjuna prang kinarubut Kurawa, Petruk tumut bijigi, Kurawa sami kuwalahên nyêpêng Arjuna, prang tandhing sami kasor, lajing[17] dipun grubuh ing kathah, Lurah Sêmar lumajêng dhatêng panggenanipun Rêtna Kasimpar, taksih munggwing dwipangga, Sêmar prapta găngsa nulya dipun suwuk.

Sêmar matur dhatêng Rêtna Kasimpar.

Katiwasan radèn ayu, raka jêngandika dipun begal Kurawa Ngastina, dibyuk prajurit kathah, yèn botên ditulungi, wong siji pintên kêlare, pasthi tiwas rakamu.

Rêtna Kasimpar mudhun saking èsthi nulya ngandika.

Wis kakang mênênga, tak kone nulungi gajahku, nanging kowe aja lunga-lunga atunggua aku.

--- 2 : 178 ---

Aturipun Sêmar.

Lah inggih ta nuntên kèn nulungi mrika, tingale raka jêngandika gène yuda botên purun ngêmpakakên dêdamêl. Kados botên kolu damêl pêjah, rèhning sami kadange, nanging yèn Kurawa sami kolu amrih pêjahe bêndara, sampun prang supe sayêktos.

Rêtna Kasimpar ngatak ing èsthi.

Mara nirwati, kêbat tulungana kangjêng paran, disikara Kurawa Ngastina, rêbutên gustimu, mungsuhe kapokna, nanging aja nganti mati, iku isih padha kadange kangjêng paran, rewange băndayuda.

Gajah umangsah, găngsa mungêl kêrêpan manyura, Arjuna kinalang-kalang Kurawa, prajurit ingkang sami ngêpung tinrajang èsthi sami lumajêng kagum-kagum, bubar gumrubyuk rêbut dhingin, Durmagati kacandhak dipun bandhêmakên angsal Dursasana, sami kantaka, para Kurawa lajêng lumajêng, Arya Sangkuni lumajêng rumiyin, amping-ampingan grumbul. Arjuna pirsa Kurawa sami kasrakat lumajêng ajrih ing liman, kamiwêlasên, nulya mundur dhatêng ngandhaping mandera, namung Lurah Petruk kalih Nala Garèng sami suka-suka ngêtutakên pambujênging èsthi, liman kèndêl. Găngsa kasuwuk, Petruk Nala Garèng dhatêng dipun suluki grêgêt saut manyura.

Sêkar Kusumawicitra lampah 12. Naga panagan salira basu tanu | kunjara gajah swalaja lan pinggala | braja muka dwipangga èsthi matêngga | dwirada gatha muthu liman gajaksa ||

Petruk ngucap.

--- 2 : 179 ---

E lah sukak bangêt Nala Garèng aku duwea gajah, kathik kaya asu kêna diuyahake.

Sauripun Nala Garèng.

O karuwan, kalo nirwati, sing aling-alingan grumbul kae la rak ya tunggale Kurawa sing kok uyak-uyak mau, malah kae kêrèngane mungguha jênang, paranana kae bèn amor kancane mlêbu alas ora tanggung.

Petruk gumuyu nambungi.

Êng iya jah kae yakên, nanging aja nganti tiwas, gêgipisên bae, besuk manawa têkan nagara tak pakani krambil gêdhang têbu, sawarêkmu ngirasa mênyang pasar aku milu, sêpira rêgane aku kêduga.

Èsthi janggirat lajêng ngêmprèt kesah.

Nala Garèng ngucap.

Ayo Truk padha nusul bandara, kalo diawe-awe, nèk disênèni, diarani ngajani gajah.

Găngsa mungêl kêrêpan manyura, èsthi nginthar murugi Patih Sangkuni, Petruk Nala Garèng wangsul dhatêng ngarsaning Sang Parta, Dèn Sangkuni sumêrêp liman mêta murugi, gugup badhe mènèk-mènèk kêplorod, dhadha janggut sami bundhas, napas lajêng cêkak, dèrèng sagêd minggah ing kajêng ingkang dipun pènèk liman dhatêng ngêmprèt mobat-mabit. Arya Sangkuni kamikêkêlên, jingkruk satêngah pêjah netra mêrêm, èsthi wangsul dhatêng gène Sang Parta. Găngsa sirêpan dados ayak-ayakan. Arjuna sagarwa sampun nitih èsthi laju lampahipun, [lampah...]

--- 2 : 180 ---

[...ipun,] punakawan tan pisah, kalampahakên salampahan, nuntên Jayadrata kalampahakên salampahan. Găngsa dipun jantur, lampahipun Jayadrata kèndêl.

Dipun caritakakên.

Wau ta satriya Madukara sagarwa Rêtna Kasimpar tuwin punakawan, laju ing lampah nêdya jujug ing Ngastina, mangkana Kurawa kang risak prajurite, sami lumajêng pating salêbar saparan-paran dènira ngungsi, Arya Sangkuni langkung kawlasarsa, sawunguning kantaka napas taksih angangsur, kawastara liman sampun dipun titihi ing satriya Madukara, laju binêkta lumampah, Arya Sangkuni barangkang, lajêng lumampah sakêdhap-kêdhap kèndêl, kapêthuk para wadya ingkang sami ngungsi ing wana, lajêng nitih tandhu Kurawa wlas miyat, nulya mangkat mantuk dhatêng Ngastina, mangkana satriya Banakêling sumêrêp baris mêdal saking wana, lampahipun kèndel. Arya Sangkuni sarêng uninga Radèn Jayadrata lajêng mudhun saking tandhu lumampah têtêkênan, asasmita ing putra Kurawa kinèn sami kèndêl. Arya Sangkuni marpêki Radèn Jayadrata, găngsa mantuk kajantur, Sangkuni lan Kartamarma sampun tata lungguh lan Jayadrata, găngsa dipun suwuk, dipun suluki manyura.

Sêkar Sulanjari lampah 20. Tandya bala Pandhawambyuk gumulung mangusir ring sata Kurawa | kambah kosik sru katitih mirut kerut larut katut para ratu | tuwin sagung pra dipati katut kapalayu sigra praptanira Aswatama têtanya lah pagene ta iki ya padha lumayu ||

Arya Sangkuni nambrama ing Radèn Jayadrata.

--- 2 : 181 ---

Anak gèn kula mêndhêt pantêsing bêbasan dhatêng jêngandika, teja-teja sulêksana, tejaning asae, dene lêksananing nêmbe kawuryan, rèhning katambêtan, ing wingking pundi pinăngka, ngajêng punapa sinêja, sintên sinambat ing wêwangi, dene pun anak lumampah piyambak.

Wangsulanipun.

Sampeyan nêmbrama ing kula, sakalangkung panuwun kula, dene pinăngka kula saking ing Banakêling, sêjaning manah kula badhe dhatêng Ngastina, nama kula Jayadrata, sampeyan priyantun ing pundi, sintên sinambating wêwangi.

Sangkuni ngandika.

Kula punika warăngka nagari Ngastina, nama kula Radèn Apatih Arya Sangkuni, mênggah sêja jêngandika dhatêng Ngastina punapa, punapa wontên parlunipun ingkang awigati anggèr.

Aturipun.

Parlu lampah kula dhatêng nagari Ngastina punika, badhe pados pasuwitan dhatêng satriya ingkang nama Radèn Bratasena, margi dhawuhipun kangjêng rama kula dikakakên suwita panênggak atmaja Prabu Pandhu.

Sinigêg Radèn Arya Sangkuni, mirsa aturing putra Banakêling, mangkana pangudasmaraning driya, ya jagad dewa bathara, Pandhawa nuli wuwuh bature kiye, dugaku bakal abot sinăngga, mara coba tak pulute yèn kêna digawe kanthi, andèk anakku Si Drusilawati durung jatukrama.

Radèn Sangkuni ngrangkul kalih masang guna pangasih, mangkana pangucape.

O anakku wong sigit, anakku wong gagah jarot, kliru pituture

--- 2 : 182 ---

gonmu arêp suwita, Bratasena wis minggat sasêdulure Pandhawa, ala kowe ngupaya mrana-mrana, ayo tak aturake anak Prabu Ngastina, pasthi kowe ditampani, Prabu Kurupati iku dhasar ratu gêdhe binathara, saiki lagi arêp mangun krama, jangji kowe gêlêm suwita, arêp-arêpên, pasthi nuli diganjar kadange wuragil wanudya ayu durung duwe jodho, Bratasena sasêdulure wong balela ing ratu, mulane padha ditundhung.

Lah ing kana ta wau, Radèn Jayadrata pasthi karsaning dewa, kenging bêbujuk nulya piturut ing Sangkuni.

Aturipun.

Inggih kula dhèrèk ing sampeyan, mangke yèn kula kintên kadugi inggih kula matur, punapa malih kula kêdah matur ing kangjêng rama, ngaturi wuninga ing pundi anggèn kula angsal pasuwitan.

Sangkuni Jayadrata tuwin Kurawa kabêdho, dipun suluki pathêt manyura, kajêng katancêpakên têngah.

Sêkar Kilayunêdhêng lampah 22. Nêmbang têngara mundur sawadyane nêdya kondur maring jroning puraya | wraha pragosa samya amarigi kang katrajang gigirira karowak | sangsaya sangêt palayuning bala kapya rêbut dhucung sampun atêbih | prapta jro pura sang nata sineba pêpak punggawa lir kilayunêdhêng ||

Dipun caritakakên.

Sinigêg Patih Sangkuni sampun bidhalakên wadya tuwin para Kurawa, cipta yèn wontên ingkang kinarya angsal-angsaling narendra, dene antuk kanthi

--- 2 : 183 ---

Radèn Jayadrata, gênti kocapa raja yaksa ing Manderajajar kang tansah angerang-erang ing para punggawa.

Mungêl ladrangan Erang-erang, ngadêg Prabu Kala Durgangsa, kang ngadhêp êmban Kêpêtmega, găngsa dipun jantur, dipun caritakakên.

Anênggih ing pundi gênti kocapa, nagara Manderajajar, Prabu Kala Durgangsa lênggah ing mandhapa, ingkang cakêt ing ngarsa Êmban Kêpêtmega, cinarita Lurah Wijamantri sampun prapta ngaturi wuninga pêjahing punggawa tri, Êmban Kêpêtmega lajêng sowan ing ngarsa nata, mangkana yèn ngunadikaa Prabu Kala Durgangsa, kadingarèn biyung êmban seba ora tak timbali.

Găngsa mantun dipun jantur, sawatawis dipun sêsêgakên lajêng dipun suwuk, dipun suluki grêgêt saut manyura.

Sêkar Rini lampah 17. Yaksa gora rupa ri sêdhêng Sang Kumbakarna lêlaku | kan malwa lènging kang gambira wangarah angisis siyung | umijil prabawa lesus lèn prakêmpa gora walikan | ditya durbalarsa mrih curnaning lawan wira tri rodra ||

Sang nata ngandika.

Biyung matura ana apa ing paseban, dene kowe seba ora tak timbali.

Aturipun.

Kawuningana kula nampèni aturipun pun Wijamantri, ngaturi uninga yèn prikănca bupati yaksa ingkang ngêpung kitha Sokarumêmbe, sami tiwas pêjah sadaya, băndayuda kalih srayanipun ratu ing Sokarumêmbe,nama Radèn [Radè...]

--- 2 : 184 ---

[...n] Pamadi, dene Rêtna Kasimpar lajêng kadhaupakên kalih Radèn Pamadi, ing sapunika Rêtna Kasimpar kabêkta dhatêng nagari ing Mandraka, malah sêsumbar yèn paduka karsa ngudi Rêtna Kasimpar nusula dhatêng nagari ing Mandraka, ingkang punika kula sumaga.

Lah ing kana Prabu Kala Durgangsa miyarsa pêjahing punggawa, kaya sinêbit talingane kadya sinipi dukane, jaja bang mawinga-winga, idêp mangada-ada, kêkês wadya kang pirsa dukaning nata, gonjing palangkan pinarakaning narendra, sarira anggaluga, yèn sinabêta ing mêrang kaya bêl mijila dahana.

Dipun suluki grêgêt saut manyura.

Sêkar Wisalyaharini lampah 21. Raksasa aprayitna anggrêng krura wirodra anggung agora-godha | bêgor swara gurnita samya sikêp sanjata samarga girang-girang | mintonkên krodhanira sura mahambêg pagut ing prang atêpung lawan | mungsuh tri pura basmi sami molahkên dhêndha ring rêngganing swandana ||

Sang prabu ngandika.

I bojlèng-bojlèng, bulis lanat ajêjegan. Ya dewa bathara jagad, patine bocah bupati anak warise gêntèkêna, wis pradangdana sakancamu, aku budhal marang Mandraka, masa lêgaa atiku yèn durung malês lara wirang marang Pamadi, yèn wis pradangdan banjur budhalna saiki, biyung.

Aturipun.

Kula nuwun inggih dhatêng sêndika.

Găngsa mungêl kêrêpan manyura, sang prabu lajêng mumbul ing gêgana, êmban mêdal [mêda...]

--- 2 : 185 ---

[...l] dhawuh bupati sakawan saprajuritipun, sami umiring sang prabu, mahawan dirgantara, sêja dhatêng Mandraka, găngsa kasuwuk, kajêng katancêpakên têngah, dipun suluki pathêt manyura agêng.

Sêkar Basănta lampah 14. Jumangkah anggro sêsumbar lindhu bumi gonjing | gumaludhug guntur kêtuk umob kang jaladri | lumembak pênyu kumambang gumuruh walika | tuhu yèn Wisnu Bathara pantês amangan rat ||

Dipun caritakakên.

Lah ing kana ta wau Prabu Kala Durgangsa krura samarga-marga, kaya age panggiha kalih Radèn Pamadi, sinigêg ingkang mahawan jumantara sawadyane, gênti cinarita nagari Ngastina, Kurawa sami muntir kumbala.

Mungêl gêndhing Capang, ngadêg Prabu Kurupati, parêkan kalih, Kurawa pêpak gêndhing kajantur.

Dipun caritakakên.

Anênggih nagari pundi ingkang gênti kocapa, ing nagari Ngastina Prabu Kurupati ingkang miyos ing mandhapa, ingkang cakêt ing ngarsa ingkang rayi akêkasih Radèn Arya Durmuka, ing jawi pêpak para Kurawa, mangkana salamine Arya Sangkuni ngupaya èsthi, para Kurawa sami tugur ing kadhaton. Mangkana pangudasmaraning driya Prabu Kurupati, apa bisa olèh gawe gone ngupaya dwipangga Paman Arya Sangkuni, mangkana kasaru gêdêring Korawa sami alok liman pêthak dhatêng, sang prabu lagya badhe jumênêng, katungka Radèn Pamadi prapta sarta Rêtna Kasimpar, dwipangga mungging wurining punakawan. Dwipangga lajêng anjêrum pinggir [ping...]

--- 2 : 186 ---

[...gir] taratag. Rêtna Kasimpar sapunakawan lênggah ing taratag, Radèn Pamadi dipun awe parêk lênggah, gêndhing dipun unggahakên, sawatawis gongan dipun suwuk, dipun suluki manyura.

Sêkar Sardulawikridita lampah 19. Lênglêng ramya ningkang sasăngka kumênyar myang rêngga rumning puri | mangkin tanpa siring halêp ningkang umah mas lir murub ing langit | têkyan sarwa manik cawinya sinawung sasat sêkarning suji | unggwan Banuwati ya na mrêma langên myang Nata Duryudhana ||

Sang prabu nêmbrama.

Pamadi bagea satêkamu, ana nagara Ngastina, kowe padha raharja.

Aturipun.

Kula nuwun inggih dhatêng anuhun, timbalanipun kakang prabu kula tampèni asta kêkalih, dahat kalingga ing murda, kacangcang ing rema, kapêtêk ing mastaka lumèbèra ing jaja, kula pundhi kados jimat, mêwahana têguh kayuwanan kula, pangabêkti kula katurana kang prabu.

Wangsulanipun.

Iya pangabêktimu tak tampani tangan roro, tak pêtêk ing dhadha tumanêma kêkulunging ati, gêtihana satètès daginga satampèl, muwuhana bawalêsona.

Aturipun Parta.

Sowan kula ing paduka, dipun utus kakang Aji Ngamarta, ngaturakên pangabêkti, kalih kula kautus ngaturakên pamundhut paduka pasumbang liman seta ingkang srati wanudya, sumaga punika warninipun.

--- 2 : 187 ---

Prabu Kurupati ngandika sarwi gumujêng.

I hêng hêng hah ha hah, iya Pamadi bangêt panarimaku, wis ora duwe sadulur aku jaba kowe sakadangmu, ngêndi gonmu ngupaya, dene aku ngupaya Kurawa tak sêbar ora mrangguli.

Aturipun.

Angsal kula saking nagari Sokarumêmbe, klangênanipun atmajanipun Prabu Kasendra.

Sang prabu ngandika.

Wis Janaka kowe banjur ngaturna sasrahan marang Mandraka, yèn Paman Sangkuni wis têka, aku nyuwun ngatas sidane ing gawe, aku sumarah apa karsane paman Aji Mandraka, nanging kowe Pamadi balia mrene, aku arêp angluwari punagi, sapa kang bisa ngupaya sasrahan liman, bakal tak jak kêmbulan mangan anunggal ambêng, aja ta nora balia.

Aturipun.

Inggih dhatêng sêndika, yèn sampun rampung timbalanipun kakang prabu, kula amit madal pasihanira jêng paduka, manggiha suka ing sawingking kula, namung pangèstunipun kakang prabu ingkang kula suwun.

Wangsulanipun.

Iya Pamadi aku jumurung raharja ing lakumu, pangabêktiku aturna Paman Prabu Salya.

Găngsa mungêl ayak-ayakan, Arjuna mangkat mêdal kori kidul, Rêtna Kasimpar sapunakawanipun sami umiring, dumugi brajanala Parta sagarwa sami [sa...]

--- 2 : 188 ---

mi nitih èsthi, lajêng dhatêng Mandraka, Prabu Kurupati taksih pinarak, Arya Sangkuni dhatêng, găngsa dipun suwuk, dipun pathêti manyura.

Sêkar Sardulawikridita lampah 19. Tatkala narpa ceda mati nguni wèh sang sastra darma parêng | kantèki raina masangsaya mawasya hyang surya lumrèng rana[18] | makansêhnira Sang Wiratha narpa lèn Păncawala madulur | Nirbita mangkapa ngruhun putunira wiratriya nindita ||

Kurupati andangu.

Paman kadipundi laku pakênira, manira utus ngupaya dwipangga, pênapi olèh, pênapi boya olèh.

Aturipun.

Kula sampun ngupados liman seta, ing wana Sinangsraya kula gropyok sêpên, nanging kula tumuntên kapanggih rayi sampeyan ing Madukara, sampun bêkta èsthi seta asrati wanudya, kula pitakèn, wangsulanipun badhe lajêng katur anak prabu, manah kula sampun asrêp lajêng kula bidhal mantuk. Wontên saonjotan lampah kula, kapêthuk satriya ing Banakêling, atmajanipun Prabu Bagawan Sapwani, wasta Radèn Jayadrata, kula pitakèni badhe dhatêng Ngastina, madosi rayi sampeyan ing Pawenang sumêja suwita ing ngrika, kantun-kantun kenging kula piluta ing têmbung manis, kadugi tumut sowan ing anak prabu, pantês warnanipun bagus jarot, pami punika kalampahan suwita ingkang sinuhun, kados angsal tandhing pun Bratasena, ing samangke kula kèn kantun wontên ing pasowan jawi.

Prabu Kurupati ngandika.

--- 2 : 189 ---

Mara paman pakênira irida lumêbu ing ngarsaningsun, Si Arya Jayadrata.

Aturipun Sangkuni.

Inggih dhatêng sêndika, nanging yèn sampun dhatêng sampun ngantos sinuhun kirang pamiluta, malah kaêbanga yèn ing têmbe rampung krama paduka, lajênga kaparingan tariman rayi jêngandika pun Rêtna Drusilawati.

Sangkuni mundur dipun suluki sastradatan, Jayadrata sampun manjing kerit Arya Sangkuni.

Sêkar Mêdhangmiring lampah 23. Atari pêjah ningkang prawara Somadênta tanaya têkap sinisuta | makin aparêk Jayadrata têkap Sang Arjuna Warkodhara norakamu | makamuka sang dwijendra Karna Karpa Salya kuruku tarlèn giri kola ||

Nata nêmbrama.

Adhimas padha raharja satêkanira ing ngarsaningsun, ing buri ngêndi kawijilanira, sapa kang ayoga, apa sêjanira, apa wastu si adhi akêkasih Radèn Arya Jayadrata.

Aturipun.

Sih panêmbramanipun ingkang sinuhun, kacadhong asta kêkalih, dahat kalinggamurda, kacangcang pucuking rema, kapêtêk ing mastaka, lumèbèra ing pranaja, rad daging kayuwanan, sabda paduka kula pundhi minăngka jimat pripih, mêwahana têguh yuwana, wasta kula inggih pun Jayadrata, ingkang ayoga dhatêng kula, Prabu Bagawan Sapwani ing nagari Banakêling, sêja kula badhe suwita dhatêng Ngastina, panênggak atmaja Prabu Pandhu ingkang wasta Bratasena, ing sapunika

--- 2 : 190 ---

Radèn Bratasena sampun botên wontên ing Ngastina, botên langkung yèn kaparêng kula nyuwun suwita ing paduka.

Prabu Kurupati ngandika.

Iya adhi yèn sira kêduga ngêtutake jênêng manira, si adhi manira pacak dadi nayaka santana amiji, pirabara yèn wis bubar gon manira krama, pakênira bakal manira paringi momongan kang sakira dadèkake suka sih pirênaning ati pakênira.

Aturipun.

Inggih dhatêng sêndika dèrèng kantênan. Kula ngaturi wuninga ing kangjêng rama rumiyin, nanging kula sanajan dipun têdahna kang nama Sena sampun botên kula manah.

Sang nata ngandika.

Paman arya pakênira nungkak lakune Si Pamadi marang Mandraka, pakênira anêrangna karya, besuk dina apa kang dadi kaparênge paman Prabu Salya gon manira ngarak, manira sumarah bae.

Aturipun Sangkuni.

Kula nuwun inggih dhatêng sêndika, kantuna pinarak nari[19] jêng manggiha suka ing sawingking kula.

Găngsa mungêl ayak-ayakan. Sangkuni kalampahakên salampahan, kajêng katancêpakên têngah, găngsa dipun suwuk tanpa pathêtan, lajêng dipun caritakakên.

Sinigêg lampahe Arya Sangkuni, gênti kocapa ing nagari Mandraka, tan supe dènnya ngarsa-arsa para putra.

--- 2 : 191 ---

Mungêl ladrangan Eling-eling, ngadêg Salya, Baladewa, Sena, Rukmarata, parêkan kalih, găngsa kajantur, dipun caritakakên.

Anênggih nagari ing pundi ingkang gênti kocapa, nagari ing Mandraka, Prabu Salya ingkang lagya pinarak ing pandhapa, kalih ingkang putra ratu ing Madura, sami manggihi Radèn Bratasena, ingkang cakêt ing ngarsa, satriya Tanjunganom, ingkang mêntas kautus bangun pasanggrahan, prapta sampun matur ing sang prabu, yèn pambangunipun pasanggrahan sampun rampung, lagya imbal wacana kasaru dhatêngipun Radèn Bratasena, mangkana pangudasmaraning driya Prabu Salya, iki dene mung Si Bratasena dhewe, kadange ora nana milu prapta apa wadine.

Găngsa mantun dipun jantur lajêng kasuwuk, dipun suluki sastradatan.

Sêkar Rini lampah 17. Lêngêng gati ningkang awan saba-saba niking[20] Ngastina | samantara têkèng Têgalkuru Nararya Krêsna laku | sirang Parasu Rama Kanwa Janaka durur Naradha | kapanggihi ri kang têgal milu ing karya sang bupati ||

Sri Salya nêmbrama ing Sena.

Kulup Bratasena, bagea satêkamu ana ing Mandraka, kowe padha raharja.

Wangsulanipun.

Iya wa Prabu Salya, pambagemu bangêt panarimaku, awit pangèstumu, raharja ing lakuku.

Ratu Madura nêmbrama.

--- 2 : 192 ---

Rukmarata nêmbrama ing Bima.

Adhimas ing Pawênang, padha basuki satêkane adhimas ana nagara Mandraka.

Wangsulanipun.

Iya Rukmarata kakangku pambagemu, sadurung sauwise tak trima.

Prabu Salya andangu.

Kulup Bratasena dene mung kowe dhewe kang têka, lah kadang-kadangmu êndi, apa isih lumaku.

Aturipun.

Iya uwa Prabu Salya, têkaku dikongkon kakangku Darmaji, awèh wêruh ing kowe yèn durung bisa seba, yèn kakang Kurupati wis olèh sasrahan, kakang pambarêp seba ing kowe, marga kakang pambarêp dijaluki pasumbang sasrahan marang kakang Jayapitana lali ngupaya Si Pamadi kang lumaku.

Sinigêg eca imbal wacana Sinuhun Mandraka, kasaru dhatêngipun Arya Palguna, sarta Rêtna Kasimpar lan liman punapadene punakawan. Găngsa mungêl ayak-ayakan, sarêng sampun sami lungguh găngsa kasuwuk, dipun suluki sastradatan.

Sêkar Bramarawilasita lampah 11. Ramya wwang padha tustha anggarjita | têkapira nirmala mangayun nring | trus unggyaning sang sri supadniwara | tarlèn sanggya dwi lêmbana mahagnya ||

Salya nêmbrama.

Kulup Pamadi, sira padha raharja sapraptanira ing ngarsaningsun.

--- 2 : 193 ---

Bratasena bagea satêkamu ing ngarsane paman aji.

Wangsulanipun.

Baladewa kakangku, kowe bagèkake ing aku, sadurung sauwise bangêt panrimaku.

Aturipun.

Kawula nuwun inggih, pangèstunipun uwa prabu kula pundhi kados jimat, mêwahi raharjaning lampah kula.

Pangandikanipun Salya.

Kulup têkamu apa diutus apa gawemu dhewe.

Aturipun.

Sowan kula dipun utus kakang Prabu Ngastina angaturakên pangabêkti, tuwin ngaturakên pamundhut paduka sasrahan, dwipangga seta asrati wanudya, punika sumaga ing kangjêng wa prabu, yèn sampun katampèn, èstuning karya, kakang Prabu Ngastina ing sapêngkêr kula badhe utusan Paman Arya Sangkuni, nyarah sakarsa paduka, benjing punapa pangarakipun kakang Prabu Ngastina.

Prabu Salya mangsuli.

Iya kulup barang aturmu wis tak tampani, nanging sarèhning kang duwe panjaluk sasrahan Si Banuwati, jaba tak paringake dhingin, najan têmbe pangarake iya apa ature bakyumu Si Banuwati kang bakal kalakon, karo sangkane ngêndi gajah iku.

Arjuna matur.

Saking nagari ing Sokarumêmbe, sratinipun wasta Rêtna Kasimpar.

--- 2 : 194 ---

Sang nata gumujêng nabda.

I hêng hah ha hah, bocah wadon, iridên marang kadhaton Si Rêtna Kasimpar iki.

Aturipun.

Kula nuwun inggih dhatêng sêndika.

Parêkan Rêtna Kasimpar manjing kadhaton, găngsa mungêl kêrêpan manyura, Patih Tuhayata sowan. Găngsa kasuwuk tanpa suluk, patih matur.

Kawuningana ing alun-alun kadhatêngan prajurit yaksa, sêsumbaripun raja ing Manderajajar mundhut Rêtna Kasimpar tuwin gusti kula ing Madukara.

Arjuna umatur.

Inggih punika mêngsah kula, punggawanipun ngêpung ing Sokarumêmbe sami kula pêjahi.

Salya ngandika.

Anak Prabu Madura, masa boronga mêngsah yaksa punika, apadene kowe Bratasena papagêna, aja nganti angrusak praja Mandraka.

Aturipun.

Inggih paman aji kantuna pinarak, ayo Bratasena mêtu ing pabaratan.

Găngsa mungêl kêrêpan, lajêng prang sampak, yaksa raja tumpês sawadyanipun, Găngsa kasuwuk, mungêl gêndhing kinanthi, Salya Baladewa, Sena, Parta Rukmarata, sami lênggah, găngsa kajantur, Parta Sena pamit mantuk dhatêng Ngamarta, Rêtna Kasimpar kabêkta, sampun sami sinugata, Bima winêling, yèn [yè...]

--- 2 : 195 ---

[...n] tamtu bawahanipun Rêtna Banuwati dipun dhawahi sowan sakadangipun, tuwin dipangga badhe kinarya titihan pangantèn, têmbe yèn ngarak, lajêng tancêp kayon.

----------

Punika taksih wontên candhakipun, lampahan Kurupati rabi, inggih punika bawahanipun Rêtna Banuwati, inggih istu dhaup, nanging Rêtna Banuwati taksih gadhah panêdha patah jalêr èstri ingkang bagus tuwin ayu, ngungkuli tiyang sanagari Mandraka, tuwin gancarakên kalintuning pangengeran Radèn Jayadrata, sarta gancarakên kawitipun Radèn Arya Burisrawa prasêtya, botên purun rabi yèn botên dhaup kalih Wara Subadra, tuwin nyariyosakên kawitipun Ratu Ngastina kang garwa Rêtna Banuwati dipun lilakakên dhatêng Parta, Prabu Kurupati darmi mêngku, jalaran salêbêtipun wontên pajungutan Rêtna Banuwati dipun dhustha Raja Partasudarma, binêkta mumbul, sarêng kapasrahakên satriya Madukara lajêng dipun tututi, sagêd wangsul katur ing Ratu Ngastina, tuwin satriya Madukara mawi kacidra ing Jayadrata, margi sagêd mulya kapulasara kadangipun Ratu Ngastina wuragil, nama Rêtna Drusilawati, pacanganipun Jayadrata.

--- 2 : [196 ---

[...]

--- 2 : [197] ---

 


patih. (kembali)
sinêngguh. (kembali)
Gambirsawit. (kembali)
hêning. (kembali)
Kurang satu suku kata: Lalawa gumandhul ring pang kêbêt-kêbêt lir milu susah. (kembali)
anarik. (kembali)
ingkang. (kembali)
Calkuthana. (kembali)
dipun. (kembali)
10 Parta. (kembali)
11 makansêhnira. (kembali)
12 pangandikaning. (kembali)
13 Petruk. (kembali)
14 ngagêm. (kembali)
15 Sang nata. (kembali)
16 mangkana. (kembali)
17 lajêng. (kembali)
18 Lebih satu suku kata: kantèki raina masangsaya mawas hyang surya lumrèng rana. (kembali)
19 nira. (kembali)
20 nikèng. (kembali)