Pakêmipun Ringgit Purwa (Jilid 2: Hlm. 197-296), Vreede, 1884, #1870


Lampahan Kurupati Rabi

--- 2 : [198] ---

[...]

--- 2 : [199] ---

Punika lampahan ringgit purwa winastan Kurupati Rabi, anggancarakên cariyosipun gènipun èstu dhaup, Rêtna Banuwati kalih Prabu Kurupati, mawi jangji kalih satriya ing Madukara, anggêr sagêd kalampahan amêngku Rêtna Banuwati, Ratu Ngastina lila dhatêng Arjuna, margi Rêtna Banuwati kabêkta pandung Ratu Tasikmadu, ingkang sagêd manggihakên Radèn Pamadi, tuwin gancarakên cariyosipun Radèn Jayadrata gènipun suwita Ngastina, kang rama mambêng nanging Jayadrata mêksa. Mênggah cariyos punika, pêthikan saking kagungan dalêm sêrat pakêm ing karaton nagari Surakarta.

Ingkang jinêjêr rumiyin, ratu ing Mandraka kalih ratu ing Madura, cèthi kalih, ingkang ngadhêp ing ngarsa Radèn Rukmarata, sasampunipun gêndhing Krawitan ngêlik lajêng kajantur, sarta dipun caritakakên.

Swuh rêp datapitana, anênggih wau kocapa, nagari ing pundi, ingkang kaeka adi dasa purwa, eka sawiji, adi linuwih, dasa sêpuluh, purwa kawitan. Sanajan kathah titahing dewa, ingkang kasôngga ing pratiwi, katungkulan ing akasa, kapit ing samodra, kathah ingkang gana raras, botên wontên kados nagari ing Mandraka.

Mila kinarya bêbukaning carita, dene nagari satus datan angsal kalih, sèwu datan antuk sadasa.

--- 2 : 200 ---

Dhasar nagara panjang apunjung, pasir wukir, loh jinawi, gêmah aripah, karta tur raharja, mila nama nagari ing Mandraka, panggenan karta ingkang padhang, tuwin panggenan kaluwihan, panjang dawa pocapane, punjung luhur kawibawane. Pasir samodra, awukir gunung, dene nagari ngungkurakên pagunungan, angeringakên pasabinan, anêngênakên bangawan, angajêngakên bandaran agêng. Loh tulus ingkang tinandur, ajinawi murah ingkang sami tinuku, gêmah katôndha ingkang laku dagang, lumampah raintên dalu, datan wontên pêdhote, nir sangsayaning margi, aripah katôndha janma ingkang dhatêng saking nagari ngamônca, sami gagriya salêbêting praja Mandraka, pangrasa jêjêl asukup, adu cukit têpung taritis, papan wiyar katingal rupak, saking rêjaning nagari, karta katôndha kawula ing padhusunan ingkang alaku tani, angingu kêbo sapi tuwin bèbèk ayam, tanpa cinangcangan. Yèn raina aglar ing pangonan, ing wanci dalu wangsul marang kandhang asowang-sowangan, saking kalising durjana juti. Raharja dene têbih parangmuka, tuwin mantri bupati datan wontên cacêngilan, ing siyang dalu tansah arukun sami sabiyantu angangkat karyaning ratu, mila nagari ing Mandraka kèringan ing amônca praja, dene nagara gêdhe obore, padhang jagade, dhuwur kukuse, adoh kuncarane, botên ing tanah Jawi kimawon, sanajan ing tanah sabrang sami suwita, bêbasan nagara ingkang adoh tumiyung, ingkang cêlak sami manglung, angaturi bulubêkti sabên antara masa, atur putri panungkul, asok gêlondhong pangarêng-arêng, angsung pêpundhataning ratu, pèni-pèni rajapèni, guru-bakal guru-dadi.

--- 2 : 201 ---

Wênang dipun ucapakên jêjuluking ratu ing Mandraka. Ajêjuluk Prabu Narasoma, ratu sarèh marang dasih. Narapati Salya, ratu wiyar cêcawanganing panggalih. Sri Bupati Mandradipa, ratu linuwih. Maharaja Mandrakeswara, ratu langkung luhur. Somadênta, tututing gadhing, sanyata nata ing Mandraka sucining driya, upama putihing gadhing, tur ambêk pinandhita, kathah praja ingkang nungkul aris, tanpa pinukul ing ayuda, saking kungkulan pambêkaning ratu, dene lêlabuhane sri nareiswara, ambabadi kang asukêt, ngobori ing papêtêng, agung danane, paring sandhang ing kawudan, suka têkên ing kalunyon, angsung kudhung kapanasên, paring têdha ing wong kaluwèn, akarya suka ing prihatin, satuhu datan kêna winancenan, danane ratu ing Mandraka, yèn ta ginunggunga wiyaring jajahan luhuring kaprabon, tuwin pambêkaning ratu, sadalu datan ana pêdhote, pinunggêl ingkang murwa ing kawi.

Sinigêg nuju ari Soma sang nata miyos siniwaka ing sitinggil binatarana, lênggah ing dhampar dênta pinalipit ing rêtna, pinatik ing sêsotya, lèmèk babut pramadani, sinêbaran sari, ginônda wida lisah jêbat kasturi, dèn ayap parêkan badhaya srimpi biyadan manggung lan katanggung, ingkang sami ngampil upacara, banyakdhalang, ardawalika, kacumas, sawunggaling, dwipangga, ingkang sarwa rêtna, kinêbutan lar badhak ing kanan kering, kongas gandaning nata dumugi jaban pangurakan, sirna kamanungsane, katon kadi jawata, Bathara Sambu dèn ayap para widadari. Rêp sidhêm pramanêm tan ana banening walang salisik, godhonging kêkayon tan ana obah, samirana datan lumampah, amung swara ungêling pêksi êngkuk miwah paksi jalak ingkang sami mencok [me...]

--- 2 : 202 ---

[...ncok] ing waringin, tuwin swabawaning abdi kriya, pandhe gêndhing lan kêmasan ingkang taksih sami nyambutdamêl, cat kapirêng cat botên saking pasewakan, pating carêngkling imbal ganti lir mandaraga, têka muwuhi sênêning panangkilan. Sintên ingkang cakêt ing ngarsa, punika putra ingkang waruju, akêkasih Radèn Rukmarata, dinalêmakên ing kasatriyan Tanjunganom, dhasar satriya bagus warnane, jênar sarirane, kêbak gêgalane, karêngga ing busana, najan atmaja anèm, kinathik ing rama raintên dalu. Ing pagêdhongan cinarita, badhe bawahane Rêtna Banuwati, saunduring satriya Munggulpawênang, kalih Radèn Pamadi, sampun katampèn sasrahan liman seta, Rêkyana Patih Arya Sangkuni sowan anêrang panggihing pangantèn, sampun winangsulan dening Narpati Salya, sinuhun ngaraka ing samasa-masa, ing saunduripun Patih Arya Sangkuni, Rêtna Banuwati ing mangke darbe panêdha, pangaraking pangantèn, mawia patah jalêr èstri ingkang sami endah warnanipun, sagêda ngungkuli janma sapraja ing Mandraka, tuwin patah wau sagêda lajêng maèsi pangantèn. Mila Prabu Salya miyos siniwaka, angaturi ingkang putra Ratu Madura, prapta sampun sinaosan palênggahan dhampar dênta alênggah jajar, sanalika sami sênên-sinênênan. Sênêne Ratu Mandraka, kadya kancana sinêpuhan, sênêne Ratu Madura, pindha parada binabar, dangu anganti wijiling sabda narendra kêkalih, sadaya ingkang sumewa dhêdhêp datan wontên sêgu, ing paglaran para mantri bupati ingkang samya sewaka, bêk ambèr dumugi ing alun-alun, kadya andhoyongna pancak sujining waringin kurung, pangarsaning bupati, Rêkyana Patih Tuhayata, kêlabing bandera umbul-umbul [umbul-umbu...]

--- 2 : 203 ---

[...l] lan lêlayu, pindha ombaking jaladri pasang, pindha sirêm sunaring hyang pratanggapati, sarawungan busananing wadya ingkang samya sewaka, abyor pindha sêkar sataman. Mangkana pangudasmaraning driya sri bupati ing Madura. E kadingarèn paman aji suwe durung ngandika, yèn mêngkono apa awit ana susulaning parluning panggalih, tak sawang dene ora kaya sabên sêmune ing netya.

Gôngsa dipun unggahakên, sawatawis dangunipun lajêng dipun suwuk.

Dipun suluki pathêt nêm.

Sêkar Swandana lampah 20. Dan sêmbahnirèng ulun kapurba ring sang murbèng rat saana nikang | nikanang sihing dasih mawèh boga sawêgung masih ring dêlahan | dyan kanang mamujwèng ari jêng nayakaning rat dutèng rat kotama | mangguha manugraha lèn siswanta sagotra tang uwus minulya ||

Lajêng dipun suluki ada-ada.

Sêkar Mêdhangmiring lampah 23. Atari pêjah ningkang prawara Somadênta tanaya têkap sinisuta | mangkin aparêk Jayadrata têkap Sang Arjuna Warkodhara norakamu | makamuka sang dwijendra Karna Karpa Salya kuruku tarlèn giri kola ||

Ratu Mandraka ngandika.

Anak prabu ing Madura, mila anak prabu kula aturi, badhe damêlipun rayi jêngandika pun Banuwati, kula sumaga ing anak prabu, mila makatên, ing sapunika rayi jêngandika pun Banuwati darbe panêdha, pangaraking pangantèn, mawia patah jalu tuwin èstri, ingkang endah warnanipun, sagêda ngungkuli tiyang saknagari Mandraka, punika kadospundi prayoginipun. Rèhning

--- 2 : 204 ---

ngajêng kang dipun suwun sasrahan liman seta srati wanudya sampun dipun paringi, kula sampun mangsuli dhatêng pun Sangkuni, anak Prabu Ngastina ngaraka ing samasa-masa kula sumarah kemawon, maka sapunika pun Banuwati anusuli, nêdha patah jalu wanudya.

Ratu Madura matur.

Paman aji yèn paduka apasrah damêl punika dhatêng kula, inggih sêndika kula ingkang anyanggi ing damêl, mênggah panyuwunipun patah jalu wanudya pun Banuwati, inggih prayogi dipun turuti, paman aji andhawuhna dhatêng Sinuhun Ngastina, kados botên adamêl kagèting panggalih, amargi panyuwun makatên wau, sanajan babak anglayoni, nanging pangraos kula botên lôngka, kalih kula angaturi panjurung patah wanudya, putra paduka pun Subadra ingkang kula ladosakên.

Sinigêg dipun suluki Lasêm.

Sêkar Rini lampah 17. Lêngêng gati nikang awan saba-saba nikèng Astina | samantara têkèng Têgalkuru Nararya Krêsna laku | sirang Parasu Rama Kanwa Janaka durur Naradha | kapanggihi ri kang têgal milu ing karya sang bupati ||

Sri Salya ngandika.

Kulup Rukmarata, mungguh karsane kakangira anak Prabu Madura, jurungi panyuwune patah Si Banuwati, sira apa ta jumurung, amurih prayoga bakal linakon.

Aturipun.

--- 2 : 205 ---

Kawula nuwun inggih, kajawi kaparêngipun ing karsa kangjêng rama, mênggah kula inggih dhèrèk amrayogèkakên. Paduka andhawuhna mundhut patah jalu wanudya dhatêng kakang Prabu Ngastina, manawi kakang bok dipun pambêngi panyuwunipun, dados kangjêng rama punika masesa dhatêng kakang bok. Yèn kalampahan kakang bok putung manahipun, punapa kalampahan jatukrama papêksan, ewadene kawula sumaga ing karsa paduka kawula nuwun nuwun.

Sri Salya ngandika.

Wis kulup banjur sebaa kakangira anak Prabu Ngastina, Si Tuhayata gawanên, aturna pangistuningsun, lan matura panyuwune patah Si Banuwati, lanang wadon kang ngungkuli wong sapraja ing Mandraka, sarta patah mau têkaning Mandraka, banjura maèsi pangantèn. Yèn wis olèh patah, banjura ngaraka ing samasa-masa, wis ingsun sudhiyani.

Aturipun Rukmarata.

Kawula nuwun inggih dhatêng sêndika, sampun rampung timbalanipun kangjêng rama, kula nyuwun amit madal pasihanira jêng paduka, manggiha suka ing sawingking kula, namung kawula nyuwun idi pangistu raharjaning lampah kula, kawula nuwun nuwun.

Sri Salya mangsuli.

Iya kulup, wis ora amamêkas manèh, kuranging panadhah tuwin panendraningsun, muwuhana têguh yuwana sarta dadia wuwuh raharjaning lakunira, bubarna ingkang padha sewaka, ingsun kondur ngadhaton, dhawuhna bocah bupati, padha awita makajêngan.

--- 2 : 206 ---

Aturipun.

Kawula nuwun inggih dhatêng sêndika.

Salya ngandika ing Ratu Madura.

Anak Prabu Madura, sumaga sami ngadhaton, sasêmbèn pêpanggiha dhatêng bibi jêngandika bok ratu.

Aturipun.

Paman aji cêlak winangsulan, bujana kapanggih ing wuri, rêbat inggaling damêl, kula kalilana mêdal dhatêng pagêlaran, andhawuhakên nimbali putra paduka pun Subadra.

Prabu Salya ngandika.

Inggih anak prabu sumaga, nanging yèn sampun rampung karsanipun anak prabu kimawon, tumuntên kula aturi lumêbêt ing kadhaton.

Aturipun.

Inggih paman aji dhatêng sêndika.

Sinigêg pangandikaning narendra kalih, Prabu Baladewa dipun aturi lumêbêt ing kadhaton botên umiring, Sri Bupati Salya sampun sasmita dhatêng pawongan, yèn arsa kondur ngadhaton. Parêkan sampun nampèni sêmuning narendra, anulya mapan ingkang samya ngampil-ampil, tuwin ingkang samya jajari, mungêl têngara bibaring sewaka, sang prabu sakalihan jumênêng saking palênggahan dhampar dênta.

Gôngsa mungêl ayak-ayakan Lasêm. Ratu Mandraka kalampahakên salampahan ginarbêg parêkan, lajêng Ratu Madura kalampahakên kalih Radèn [Ra...]

--- 2 : 207 ---

[...dèn] Rukmarata, sami mudhun saking sitinggil, nuntên Radèn Rukmarata kèndêl lampahipun. Gôngsa dipun jantur kasêsêgakên.

Radèn Rukmarata ngandika angawe-awe.

Bocah ing Tanjunganom aja na mundur têka ing paseban, lan dhawuhana si bapa Tuhayata, tak timbali maju, sarta kon sadhiya palênggahan ing bangsal pangrawit. Kakang Prabu Madura karsa miyos ing pagêlaran, karo dhawuhna nimbali Si Pragota.

Dipun wangsuli ing wadya.

Kawula nuwun inggih dhatêng sêndika sêndika, sampun rampung timbalanipun gusti kula.

Wangsulanipun.

Iya uwis ora mamêkas manèh.

Gôngsa mantun kajantur, irama mantun sêsêg. Radèn Rukmarata kalampahakên wangsul, Prabu Salya kalampahakên, ginarbêg parêkan. Kajêng katancêpakên ing pinggir têngên pinindha gapura, Ratu Mandraka kèndêl ngajêng gapura, tuwin parêkan kang garbêg sadaya, gôngsa dipun jantur nuntên dipun caritakakên.

Sèbêt byar katalika wau, sang nata kondur angadhaton, têdhak jog saking sitinggil, tindak macan alupa, lembehan mrak kasimpir, riyak gajah angoling, dèn ayap badhaya srimpi manggung katanggung ingkang sami ngampil upacara, jinajaran parêkan tuwin biyadan salajur sisih, ingkang ayu-ayu warnane, tur endah adi busanane, ingkang sajari talapakane, tur sapêkak madyane, [ma...]

--- 2 : 208 ---

[...dyane,] ingkang mandul-mandul payudarane, tur kang rompyoh-rompyoh sinome, ingkang mêlok-mêlok wadanane, pantês karya lara brôngta.

Apa busanane sang nata yèn miyos siniwaka, ajamang mas susun tiga, kinatip hèr thathit, sinôngga ing praba, kinancingan grudha marêm grudha mungkur, utah-utahaning garudha pinindha sagara muncar, mataning garudha mirah sinêling sotya, anting kancana cinawi, sinung panunggul hèr kêmbang, binggêl maniking toya, tinutup kancana winangun calumpringan, kêlatbau naga môngsa, supe tajuk kanan kering, abadhong giwangkara, lur-ulur naga karangrang, dawala ngiras têtali, kakroncong sarpa raja, kampuh limar katangi, calana cindhe puspita gubêg, paningsêt renda gubêg, asangsangan kêbo mênggah, sumping kancana pinindha gêgubahan surèngpati, arja wangkingan warôngka ladrang, kandêlan kamalon rêta, landheyan tunggak sêmi sinasotya, dhuwung tinatah tinaturêngga, acanela tinarètès ing kumala, mubyar sinongsongan karêtas jêne pinarada, lir pendah sri nata binayang-bayangkari, pantês tan ana wingwang sri bupati yèn kondur angadhaton, ginarbêg para biyada, lir pendah jawata anganglang jagad, dèn ayap para apsari.

Mangkana tindaking narendra dumugi ngajênging gapura, kèndêl angungkurakên araka, aningali uparêngganing gapura, agênging gapura, upami wukir Sêmèru, luhur ngungkuli wit pucang lan tirisan, pucaking gapura sinungan mirah ora gêdhe ora cilik, ana sakêpuh jênggi, rêbut praba lawan sunaring hyang pratanggapati, pindha surya kêmbar ing dharatan, siraping gapura pêrunggu sari, adêg-adêg wêsi balitung, talundhak akik bang ajêjobinan, têbêng têmbaga [tê...]

--- 2 : 209 ---

[...mbaga] rinajawêrdi, pinindha kluwung nginum toya, wutahe dèn jogakên ing palataran, inêbing gapura kaca gêdhah binuwang rasane, tinulis gambar kamandaka jalu lawan wanudya, yèn mênga kaya bedhang lagi sêmayan, yèn minêp lir pendah bedhang apêpasihan, pipining gapura sinungan gupala, dèn awak-awaki pêrunggu sari, rinambutan pamor, babrêngos kawat, mina tan kumala, untu jatha salaka mênur, ingilat-ilatan mas jingga, cinêpêngan lori lan dhandha, irung jinara têrus ing kuping, dèn ingoni kombang lanang lan kombang wadon. Yèn nuju mênga minêbing gapura, gêroting lawang, brangêngênging kombang, pindha rasaksa gêrêng-gêrêng arsa anubruk. Têmbene ingkang wuninga, sirna sipating gupala, lir pendah Cingkarabala Upata, ingkang têngga kori ing sela matangkêp, ing kanan keringing gapura rineka wêwanan, sinungan gambar buron wana, labur ingkang kinarya, sinungging amôncawarna, bisane ingkang akarya, kadya buron wana satuhu, dhasar kadhaton ing Mandraka, pasitèn gasik apasir toya tumumpang, wontên umbul mijil lambunging aldaka, toya wêning tinalangan anjog ing kadhaton, sinung têlih wutahe pinara-para, kinarya angrêsiki salêbêting kadhaton, tuwin minôngka padusaning para kênya, yèn nuju ari Soma miwah ari Rêspati, sabibaring pasewakan, ilining tirta arum angambar, kalunturan gônda widaning para kênya, tuwin layoning puspita ukêling para badhaya srimpi ingkang sami kentir ing toya, têmahan salêbêting kênyapuri datan wontên gônda ingkang kuciwa, ingkang minôngka wêdhi karikiling palataran, sinêbaran nila lan pakaja, yèn kasampar kasandhung lampahing para pawongan, pating galêbyar pindha kartika silih prênah, katêlah

--- 2 : 210 ---

dêlah samangkin, salêbêting kadhaton ing Mandraka, saking kathahing sotya rarêngganing kadhaton, datan kantênan raintên dalunipun. Yèn pêtêngan kadyangganing pajar wulan, yèn nuju purnama sasada, kasangsaya anêlahi, apa kang kinarya tatêngêring wêngi lan raina, wontên pêksi aran jiwa-jiwa sajodho, yèn sasaba antaraning raina, yèn minggah jajodhon antaraning wêngi, dadya janma salêbêting kadhaton anut laku jantraning manuk. Mangkana sang prabu sampun sasmita ing pawongan ingkang sami jajari, sinasmitan laju manjinga ing gapura. Ayak-ayakan mantun kajantur, Ratu Mandraka sampun manjing pura, kajêng katancêpakên têngah, gôngsa dipun suwuk, dipun suluki Lasêm.

Sêkar Sardulawikridita lampah 19. Kilwan sêkari kang tatama narêpat rèhnya bale kancana | soma brama hêning pawal natarikang rok mutyaara raras | we durya marani labapraning pagêr tunjung mahantên lumêng | munta bintêni gopuranya macawintên surya kanto jwala.

Dipun caritakakên.

Sinigêg sang nata sampun kondur angadhaton, gênti kocapa salêbêting dhatulaya, Sri Narendra Garini, kathah pawongan ingkang pindha riris katrêsnanipun.

Mungêl gêndhing Udanasih, ngadêg pramèswari Dèwi Sêcawati, kalih Dèwi Erawati, tuwin Rêtna Banuwati, parêkan pêpak. Gôngsa dipun jantur.

Dipun caritakakên.

Anênggih ing pundi ingkang kocapa salêbêting dhatulaya ing Mandraka, pramèswari Narendra Rêtna Sêcawati, dhasar wanudya endah warnane, karêngga

--- 2 : 211 ---

ing busana, atmajaning pandhita, kagarwa ing narendra sakalangkung antuk sih, margi sang rêtna sagêd anut sakarsaning nata, trus ambêk ngumala arum, lantip pasanging graita, mila salamine kagarwa ing sang prabu sampun patutan atmaja gangsal, dèrèng nglampahi karêngon. Ing mangke lênggah wontên ngajênging wiwara lêrês pananggaping prabasuyasa ingkang lor wetan. Sintên ingkang jajar pinarak punika, putranipun ingkang pambayun kagarwa ratu ing Madura, sintên kang kapara ngarsa punika, atmaja panêngah ingkang badhe pinangantèn, kusumaning ayu Rêtna Banuwati, dhasar wanudya endah warnane, karêngga ing busana, atmajaning narendra, trah kusuma rêmbêsing madu wijining atapa têdhaking andana warih, mila dadi kondhang liyaning nagari, botên wontên kados Rêtna Banuwati, ayu raga karana, nadyan bombrong Rêtna Banuwati inggih ayu, gandhang yèn ngandika, jêlih-jêlih anjalalat, yèn Rêtna Banuwati, malah wuwuh prak-ati, yèn ta cinôndraa warnane Rêtna Banuwati, kurang côndra luwih warna, sanajan para apsari ing surabawana, kasoran rêbut mêmanis. Nalika pramèswari lênggah, yèn dèrèng Rêtna Banuwati umarak sêmune taksih samun kimawon. Dupi sang dyah sampun prapta ing ngarsaning kang ibu, ing pasamuan kadya rinêngga ing kilat thathit. Mila sakathahing pawongan ing kadhaton, kathah samya ngungun miyat ing Rêtna Banuwati, endah warnane karêngga ing prabaning cahya, dinama-dama ing ibu rama, dhasar punika badhe dadya garwaning narendra, mila kasangsaya katon wuwuh tejaning wadana, cinarita salêbêting kênyapuri, sampun sampat rarênggane, yèn nuju sri bupati miyos siniwaka, sri supadni lajêng lênggah ngajênging wiwara, bêk ambèr para parêkan [pa...]

--- 2 : 212 ---

[...rêkan] êmban inya ingkang sami umarak, dumugi jawining taratag, badhaya tuwin srimpi ing karaton sami dipun ajar bêksa gênti gêndhing, mradôngga munya ngrêrangin, kêplok imbal angadhasih, sênggak arêbut irama, sampun kèndêl bêksaning badhaya srimpi, pramèswari miyarsa swaraning kurmat konduripun ngadhaton sang prabu, katungka jajaran para wija lare wujil wandhan sami manjing ing palataran. Pramèswari lajêng jumênêng tuwin putra sakalihan, sadhiyan toya ing sangku, sampun sinaosakên ngajênging wiwara. Gôngsa minggah, sang prabu prapta pinêthuk ing pramèswari, sasampunipun sami lênggah, sang nata, pramèswari lan putra kalih tuwin parêkan gêndhing dipun suwuk, dipun suluki kloloran.

Sêkar Bramara Wilasita lampah 11. Ramya wwang padha tustha anggarjita | têkapira nirmala mangayu nring | trus unggyaning sang sri supadniwara | tarlèn sanggya dwilêmbana mahagnya ||

Pramèswari matur.

Sinuwun dèntên dangu miyos siniwaka, punapa ingkang dipun galih, kalih putra paduka anak Prabu Madura, dèntên botên umiring dhatêng kêdhaton.

Sang prabu mangsuli.

Bok ratu mulane suwe gon ingsun siniwaka, angrêmbuk panyuwune patah Si Banuwati, anak Prabu Madura amrayogakake, ingsun banjura matur marang anak Prabu Ngastina, atmajanira si wruju ingkang lumaku ingsun utus mundhut patah, ingsun kanthèni Si Tuhayata, dene anak Prabu Madura anyumbang patah wadon, Nini Wara Subadra ingkang disumbangake, marmane

--- 2 : 213 ---

anak prabu ora manjing kadhaton, marga banjur mêtu ing pagêlaran, arêp utusan nimbali Si Wara Subadra.

Aturipun pramèswari.

Kula nuwun sinuhun, mênggah têrangipun dumugining damêl, dhatêngipun pangantèn ing Ngastina kagalih benjing punapa.

Wangsulanipun.

Ora nganggo ingsun wangêni, samasa-masa wis pêpak patah banjura ngarak, rèhning panjaluke Si Banuwati iku ora kalêbu lôngka bok ratu banjur sadhiyaa, ing samêngko sutanira ing Tanjunganom ingkang bakal dadi kondhange anak Prabu Madura, dene sira bok Ratu Erawati, ambakonana ing jroning kadhaton, dadia kanthine ibunira.

Aturipun Dèwi Erawati.

Kula nuwun inggih kangjêng rama dhatêng sêndika, kaparêngipun ing karsa paduka, ing têmbe bujana panggihing pangantèn, punapa wontên salêbêting kênyapuri, punapa wontên ing pandhapi.

Sang prabu mangsuli sabda dhatêng pramèsrari.

Bok ratu, ing besuk têmuning pangantèn, ingkang bujana ing dhatulaya, pangantèn lan patahe, utawa para putri saanane, dene ingsun bujana ing pandhapa karo kadanging Pandhawa, ing srimanganti iku para Kurawa Ngastina, atmajanira si wruju ingsun kanthèni Si Nakula Sadewa, Bupati Ngastina ing Madura utawa Ngamarta, ingsun purih bujana ing pakajangane Si Tuhayata sarta bupati ing Mandraka.

--- 2 : 214 ---

Pramèswari matur.

Sinuhun manawi mangkatên cawanganipun karsa paduka, dados kalih ingkang sampun kalampahan, damêl punika mindhak pakurmatanipun.

Dhawuh sri bupati.

Iya dhasar mêngkono bok ratu, rèhning atmajanira wanudya kari siji Si Banuwati, lan katona kurmat marang anak Prabu Ngastina, iba kawit nalika bok Ratu Erawati, nganti prapta samêngko isih ditutugake, mula kudu ingsun kurmati, bisaa luwih karo ingkang wus padha kalakon.

Dèwi Erawati matur.

Inggih langkung prayogi kangjêng ibu karsanipun kangjêng rama punika, ingkang kapisan katingal animbangi sihipun Sinuhun Ngastina, dene katingal indhaking pakurmatan. Ingkang kaping kalih, upami kadadosakên satunggal panggenanipun bujana kadospundi, tiyang Kurawa kathahipun sangang dasa wolu, lah punapa sagêd waradin gènipun sami wiraosan salêbêtipun bujana ingkang pinuju kaprênah anèm, panggenanipun punika sangsaya têbih.

Rêtna Banuwati mèsêm matur.

Kakang bok kula inggih ngungun sangêt, yèn ngraosakên Kurawa punika, punika rumiyin kadospundi, e tobil ambakne wong prêdèn têka nganti ora kaprah, apa uritane nganti têlung tenggok.

Dèwi Erawati mangsuli.

Ya iku bêjane ingkang jumênêng ratu bandha sêntana, besuk nèk wis dadi ipemu Banuwati kowe kang duwe bêja sugih pripean.

--- 2 : 215 ---

Banuwati matur.

O kakang bok bêja napane, sugiha ipe anggrah-anggrah, pripeane malih yèn pokroa, kalihan putri pundi ikangingkang cêkap damêl jodhonipun Kurawa, tiyang ibu ramane, namung madosakên aran mawon kantos kèwêdan, tandhanipun Kurawa Ngastina punika, namanipun sakenging-kengingipun, nganti narithil kaya purwakanthi.

Prabu Salya ngandika.

Sêcawati, apa wis rumanti gonira sêsaji dhêdhaharan.

Aturipun.

Kula nuwun sinuhun, paduka dangu gènipun saos dhahar sampun rampung.

Sang prabu ngandika.

Ayo padha marang bale pambojanan, karo mara atmajanira, karo mijia pawongan. Yèn wis anak Prabu Madura gone utusan nimbali Si Wara Subadra, banjarbanjur tak aturi marang kadhaton.

Aturipun pramèswari.

Kula nuwun inggih dhatêng sêndika.

Dipun suluki sastradatan raras manyura agêng.

Sêkar Sardulawikridita lampah 19. Lêlêng ramya nikang sasangka kumyar mwangrangga rumning puri | mangkin tanpa siring halêp nika ngumah mas lir murub ing langit | têkyan sarwa manik cawinya sinawung saksat skarni suji | unggwan Banowati ya na mrêma langên mwang Nata Duryudhana.

Cinaritakakên.

--- 2 : 216 ---

Sinigêg Prabu Salya sampun têdhak ing made pambojanan. Dèwi Sêcawati tuwin atmaja Dèwi Erawati kalih Rêtna Banuwati, gênti kocapa Prabu Baladewa ingkang mêdal ing pagêlaran, kawêntar yèn amêngku karya. Mungêl gêndhing Bêntar, ngadêg Ratu Madura tuwin Rukmarata, Patih Pragota, Prabawa, tiga Patih Mandraka, Tuhayata, sasampunipun tata palênggahan, gêndhing dipun jantur.

Dipun caritakakên.

Anênggih gênti ingkang kocapa, ing pasowan pagêlaran, Prabu Baladewa têdhak saking sitinggil lajêng lênggah ing bangsal pangrawit. Ingkang cakêt ing ngarsa, satriya Tanjunganom, Radèn Rukmarata, dhasar bagus warnane karêngga ing busana, trahing kusuma rêmbêsing madu, wijining atapa, têdhaking andana warih, jênar sarirane, baranyak wiraga, mila dadya panjang kidunging para kênya ing Mandraka, trus ing driya ngumala, sagêd angecani tyasing wadya sapraja, anantuk ing balilu, bèrbudi lantip pasanging graita, dhasar kinathik ing rama sang prabu, mila wadya sapraja agêng alit sami ajrih asih, dene sinami ing pangrêngkuh, apa busanane satriya ing Tanjunganom, jamang mas susun tiga, kinancing grudha mungkur, mataning garudha mirah sinêling jumêrut, sinung utah-utahan sagara muncar, sinôngga ing praba, anting sotya, sumping rêtna pinindha gêgubahan surèngpati, kêlatbau naga môngsa, binggêl maniking toya tinutup rêtna calumpringan, supe tajug sakêmbaran, arja badhong giwangkara, lur-ulur naga karangrang, dawala ngiras têtali, kakroncong sarpa raja, kampuh limar wilis, clana cindhe puspita gubêg, ukup renda gubêg, [gubê...]

--- 2 : 217 ---

[...g,] sêmbulihan uncal wastra uncal kancana, wangkingan warôngka ladrang, kandêlan kamalon rêta, landhehan tunggak sêmi sinasotya, dhuwung tinatah tinaturêngga, mangkana yèn sinawang kadya jawata Hyang Bathara Mahadewa, ingkang umarêk ing Hyang Bathara Brama, ing pagêlaran jêjêl supênuh, para mantri bupati ingkang samya anangkil, bêk ambèr dumugi ngalun-alun, warna-warna busanane, abyor pindha kêmbang sataman. Ing alun-alun umbul-umbul bandera rontèk tuwin lêlayu payung agung lan bawat andhêndhêng kadya jaladri pasang, lir pendah nyurêmna sunaring hyang pratônggapati kasunar busananing wadya ingkang samya nangkil. Rêkyana Patih Tuhayata, Rêkyana Patih Pragota, Rêkyana Patih Prabawa, sampun majêng pasowanipun, dhatêng ngajênging bangsal, têbih dipun awe, cêlak rupèpèh-rupèpèh kadya sata manggih krama, katiga sarêng lungguh tumungkul amarikêlu kaya konjêma ing pratala wadanane, satêdhakira Prabu Baladewa kadhèrèkakên ing Radèn Rukmarata, mantri bupati orêg dènira lungguh, sami cipta yèn wontên karya, dene Sri Bupati Madura bibar pasewakan miyos ing pagêlaran, langkung malih dupi Patih Tuhayata, Patih Pragota, tuwin Patih Prabawa sami tinimbalan mangarsa, dèrèng wontên wijiling sabda narendra, para mantri bupati sadaya samya mabukuh, trapsilanira dhêdhêp sirêp datan wontên sêgu, cipta anilingakên punapa dhawuhing sang prabu, mangkana pangudasmaraning driya Rêkyana Patih Tuhayata, e dene kadingarèn, gustiku sinuhun Madura miyos ing sitinggil, banjur têdhak ing pagêlaran. Apa baya ana gawe kang gêdhe, sabêne banjur dhèrèk kondur ngadhaton, tan prabeda Radèn Rukmarata, aningali para bupati mantri ing

--- 2 : 218 ---

Mandraka tuwin Rêkyana Patih Tuhayata, pangudasmaraning driya têka mangkana, baya padha narka yèn ana karsane kakang Prabu Madura ingkang awigati, sêmune si bapa Tuhayata utawa bocah bupati mantri, padha cêcadhang ing karsane kakang prabu.

Gêndhing dipun unggahakên, sagongan kasuwuk mawi sêsêgan.

Dipun suluki grêgêt saut nêm.

Sêkar Nagabônda lampah 18. Tandang Sri Baladewa nênggalanira pinusthi ing asta | munggwing rêngganing swandana umangsah prapta ing ranagana | umiyat yitna krura sru wiroda Kya Patih Pancadnyana | umangsah pagut samya awahana dwipangga ngundha dhandha ||

Ratu Madura ngandika.

Pragota, mulane kowe tak timbali, sumurupa yèn gawene Si Banuwati, karsane paman aji dipasrahake ing aku, lan gustimu Si Banuwati duwe panjaluk pangaraking pangantèn, nganggoa patah lanang lan wadon, ingkang padha endah rupane, ngungkulana wong sapraja Mandraka, dene yèn wis têka patah mau, banjur bisaa maèsi pangantèn.

Aturipun Pragota.

Kula noknon, inggih, punapa tumuntên pacakipun ing pandamêlan, tuwin badhe dhaupipun gusti kula Rêtna Banuwati benjing punapa kula noknon.

Sang prabu mangsuli.

Iya Pragota, yèn dhaupe Si Banuwati durung kêna dipêsthi dinane, ngêntèni [ngê...]

--- 2 : 219 ---

[...ntèni] patah kang bakal maèsi, dene pacaking panggawean, karsane paman aji iya kawit ing dina iki, nanging aku ngaturi pasumbang patah wadon. Kowe muliha marang Madura, matura marang bandaramu Si Narayana, Si Subadra kon nusulake marang Mandraka, tak aturake patah, yèn ana patakone, aturna aja kakurangan.

Pragota matur.

Bihik gapulên bêndhêle, dados punika gusti kula Dèwi Subadra kaladosakên dados patah, tuwin pangantèn kêdah ngêntosi jangkêpipun patah, ingkang badhe ngiras maèsi, kula noknon. Angkat kawula kalilan benjing punapa.

Dhawuhipun sang prabu.

Iya mêngkono Pragota, durung didhaupake yèn durung rumanti patah-patah lanang wadon kang bakal banjur maèsi, mulane banjur mangkata ing dina iki, dene panggawean srahna Si Prabawa bae.

Aturipun Pragota.

Kula noknon inggih dhatêng sêndika, kula nyuwun idi pangistu raharjaning lampah pun Pragota, kalilana kula nyuwun amit madal pasihanira jêng gusti kula, manggiha suka ing sawingking kula, kula noknon.

Radèn Rukmarata ngandika.

Bapa Tuhayata, kowe pradangdana tak gawa marang Ngastina, angaturi wuninga ing kakang Prabu Kurupati, panyuwune patah kakang bok Banuwati, gawaa prajurit, kiranên akèh aja nganti karowan, sathithik aja nganti kasêpèn, [ka...]

--- 2 : 220 ---

[...sêpèn,] lan kancamu bupati dhawuhana kawit makajangan ing dina iki, yèn wis padha pradangdan, aku tumuli budhal, lan bocah kusumatali dhawuhana ngambili jaranku si abracapa.

Aturipun Tuhayata.

Kula nuwun inggih dhatêng sêndika, sampun rampung timbalanipun gusti kula.

Wangsulanipun.

Iya uwis Tuhayata, aku ora amamêkas manèh.

Dipun suluki Astakosala, Tuhayata mêdal.

Sêkar Astakosala lampah 18. Kan mundur saha patih undhang wadyakuswa samya sanega | umyang ramya swaraning bêndhe bèri gubar gurnang lan puksur | tambur suling salomprèt bandera mawarna dwajanira bra | katiyup maruta lir ombaking samodra asri kawuryan ||

Rêkyana patih undhang-undhang.

He he prayayi mantri bupati ing Mandraka, dhawuhe ingkang sinuhun, dikakake awit makajangan ing dina iki, bakal dhaupe gustimu Rêtna Banuwati, ora kalilan bubar yèn durung ana dhawuh.

Aturipun.

Inggih dhatêng sêndika sêndika.

Rêkyana patih dhawuh malih.

Ana wadya prajurit ing kaputran Tanjunganom, lan bocah ing kapatihan.

Aturipun.

--- 2 : 221 ---

Inggih wontên, kula kula, rêkyana patih punapa ingkang pangandika.

Dhawuhipun rêkyana patih.

Padha pradangdana, dhèrèk gustimu Radèn Rukmarata marang nagara Ngastina, bêndhe sapisan dandan, pindho nglumpuka, ping têlu bodhol, karo kônca kusumatali, kambilana titihane radèn ing Tanjunganom, kyai abracapa, utawa bocah gamêl ing kapatihan, kêncêngana kambile jaranku si pamuk. Yèn wis banjur saosna saloring taratag rambat.

Aturipun.

Inggih dhatêng sêndika, mara kônca padha dangdan. E iya batur titihan sadhiyakna, mara kônca jaran-jaran. Kawuningana ing sampeyan rêkyana patih, punika sampun sami rampung, samasa-masa bidhal sadaya sampun samapta.

Dhawuhipun rêkyana patih.

Iya padha nglumpuka sagêgolonganmu dhewe-dhewe, angêntènana dhawuh, budhale anuta panganjuring laku, tak ngaturi uninga ing gustimu.

Dipun suluki Astakosala barang miring, patih wangsul mangarsa.

Sêkar Nagabônda lampah 18. Gagrag kandhêman jaran ngrik magalak gênti dènnya manitih | pamêkaknira risang sudarsana dahat kêndhali rangah | manjing lak-lakan kuda ngrik mijil rah pindha tuk sumarambah | yaksa têmahan krura sru manaut yitna sang narpatmaja ||

Rêkyana Patih matur.

Kula nuwun kawuningana, punika para prajurit sampun sami pradangdos, punapadèntên agêmipun titihan gusti kula sampun dipun kambili.

--- 2 : 222 ---

Rukmarata matur ing Ratu Madura.

Kakang prabu kula kalilana mangkat dhatêng Ngastina, nyuwun idi pangistu raharjaning lampah kula, paduka kantuna pinarak, nira jêng manggiha suka ing sawingking kula.

Wangsulanipun.

Iya Rukmarata, aku jumurung raharjaa ing lakumu.

Tuhayata pamit ing Ratu Madura.

Kawula nuwun sinuhun, pun Tuhayata nyuwun amit madal pasihanira jêng ingkang sinuhun, manggiha suka ing sawingking kula.

Wangsulanipun.

Iya Tuhayata, aku jumurung raharja ing lakumu andhèrèkake gustimu si adhi ing Tanjunganom.

Rukmarata ngandika ing Pragota.

Pragota ayo padha barêng budhal, arêbut paran.

Aturipun.

Kula noknon inggih dhatêng sumaga, kula umiring tindakipun rahadèn, kula noknon.

Rukmarata ngandika ing Tuhayata.

Bapa Tuhayata, mara banjur nêmbanga tangara, ayo budhal mupung esuk.

Aturipun.

Kawula nuwun inggih dhatêng sêndika, rampung timbalanipun gusti kula ingkang dhawuh.

--- 2 : 223 ---

Tuhayata mundur, dipun suluki grêgêt saut nêm.

Sêkar Wisalyaharini lampah 21. Budhal enjing gumuruh saking nagri Mandraka gunging kang balakuswa | abra busananira lir surya wêdalira saking ing jalanidhi | arsa madhangi jagad duk mungup-mungup anèng pucak pucuking wukir | baranang bang sumirat kêna soroting surya mega lan gunung-gunung ||

Dipun caritakakên.

Lah ing kana ta wau, Rêkyana Patih Tuhayata, mundur lajêng nêmbang têngara, gong maguru gôngsa, têtêg kaya butula, bêndhe ngungkung pindha ambêrêg singha. Mungêl ladrangan Singanêbah, Prabu Baladewa manjing kadhaton, kadhèrèkakên Patih Prabawa, Patih Tuhayata, Pragota, Rukmarata, kalampahakên, nuntên prampogan kalampahakên, sawêtawis lampahan prampogan katancêpakên. Gôngsa dipun jantur, lajêng kapalan. Rukmarata rumiyin, nuntên Tuhayata, lajêng Pragota, sami ginarbêg prampogan. Gôngsa nuntên dipun sêsêgakên, prampogan kalampahakên, nuntên kajêng dipun tancêpakên, ing sisih kiwa, prampogan dipun andhêgakên lampahipun. Gôngsa dipun suwuk, dipun suluki grêgêt saut nêm.

Sêkar Nagabônda lampah 18. Umyung swaraning wadya kang mahawan kumpul sajuru-juru | atata tan carub dènira mèt parnah dwaja myang bêndhe ngungkung | Rêkyana Patih Udawa minangka cucuking wirakuswa | sang sinisuta mahambêg sudira ring prang wira tumangguh ||

--- 2 : 224 ---

Dipun ucapakên.

He priye iki wong batur, prajurit akèh padha trêjung lakune, ingkang ana ngarêp mandhêk, ingkang lumaku ing buri padha ngangsêg, akèh gêgaman ligan, kuwe mêngko rak akèh kang nocok kônca dhewe, iku têtindhihing laku apa ora nana, dene diuja bae lakune kancane kuwe priye.

Dipun sauri.

Ora sing lumaku ing ngarêp iku ana apa, dene mandhêk mayong, mêngko sêlak katungka rawuh gustimu, lan kasundhul prajurit kapatihan Madura.

Dipun sauri.

E mêngko-mêngko kônca dialon, aja rêbut dhucung, iki akèh kayu kang rubuh angalang dalan, masa kênaa kaambah titihan. Ora wurung dadi dukaning gusti, bêcik ngaturi uninga, yèn dalan ora kêna diambah ing jaran.

Iya wong batur bêner-bênêr, e ngaturi uninga priye kônca, dene kaya dudu kawula lawas. Ana lurung pakewuh bae ngaturi uninga, yèn didukani dara kronèl ora kônca, wong wis ana kang duwe gawe, kônca margôngsa gowong lan piyonir kon lumaku ing ngarêp. Padha sikêpa gêgamane, arit wadung pêthèl cucuk dhandhang, prajurit ingkang sikêp tumbak lan kang sikêp bêdhil kon lumaku ing buri, dene prajurit ingkang nunggang jaran padha ngunusa pdhange, yèn ana kang rawe-rawe dhuwuring dalan kon mancas sôngka dhuwuring jaran. He apa mêngkono wong batur, iya kônca bêner-bênêr, wong cilik [cili...]

--- 2 : 225 ---

[...k] kudhi pacul upamane, kêthul diasah, yèn wis landhêp diparakake, ayo padha digarap karo lumaku bae, ingkang mêndhukur padha dipapar, ingkang lêbak diurug. Aja nganggo carane wong bang kidul, katlompènên gawe, bêcik nganggo carane wong bang lor, bajag Sampang, surak Dêmak, kroyok Pathi, bujuk Mantaram, gègèr Pedan, sida Palar, ayo padha barêng tumandang mara-mara.

Gôngsa mungêl plajêngan nêm. Kajêng pinêtha prabatang, sasampunipun prampogan garap margi, gôngsa dipun sêsêgakên. Kajêng katancêpakên têngah, gôngsa dipun suwuk, dipun suluki Lasêm.

Sêkar Kilayunêdhêng lampah 22. Nêmbang têngara mundur sawadyane nêdya kondur maring jroning puraya | wraha pragosa samya amarigi kang katrajang gigirira karowak | sangsaya sangêt palayuning bala kapya rêbut dhucung sampun atêbih | prapta jro pura sang nata sineba pêpak punggawa lir kilayunêdhêng ||

Dipun caritakakên.

Lah ing kana ta wau, untabing wadya ing Mandraka, lir pendah sela brakithi, sela watu, brakithi sêmut, kadya sêmut gumrêmêt ing watu, anglur datan wontên pêdhote, sinawang saking katêbihan, lir pendah wêrdu gangga sasra, wêrdu lintah, gangga banyu, sasra sèwu, kadya lintah sèwu anèng banyu barêng kumêlap. Swaraning janma, lir pendah warsa canthoka myangmyang, warsa udan, canthoka kodhok, myangmyang swaraning kodhok, kodanan awarna-warna, prajurit sajuru-juru, ingkang seta busanane kumpul sami pêthak, pindha [pi...]

--- 2 : 226 ---

[...ndha] kuntul anêba, ingkang busana cêmêng kumpul sami krêsna, kaya dhangdhang rêraton. Ingkang busana abrit kumpul sami rêta, lir pendah giri pawaka, giri gunung, pawaka gni, pindha wukir kabasmi, sinawang abra markata, balêduging lumampah pêtêng mangampak-ampak. Kriciking kandhali, krapyaking watang agathik, krêbêting bandera rontèk, awor pangêriking kuda, pangêmprèting dwipangga, kasaluran swaraning tambur suling lan salomprèt, kabarung swaraning bêndhe bèri gurnang thongthonggrit puksur, piniyarsa kadya angsah ing prang, saking katêbihan lir pendah warsa kintèki, warsa udan, kintèki pajatèn, kadya jawah nrajang pajatèn, kumrasak suraning ron, kêlabing kakôndha lan daludag, kadya ombaking samodra, pating karêthap songsong pareanom, gumêbyaring busana awarna-warna, kadya panjrahing puspita. Mangkana lampahing prajurit, sampun dumugi jawining praja Mandraka, lajêng sami kèndêl angaso sami pamondhokan. Rêkyana Patih Pragota sampun anyimpang margi ingkang anjog nagari Madura. Sinigêg gênti kocapa, nagara ing Tasikmadu riris sontên.

Mungêl gêndhing Udansore, ngadêg Ratu Tasikmadu, parêkan kalih, kang ngadhêp patih, gêndhing kajantur.

Dipun caritakakên.

Anênggih nagari ing pundi ingkang gênti kocapa, nagara ing Tasikmadu, sintên bisikaning narendra, ajêjuluk Prabu Partasudarma, bagus warnane, taruna wus madêg raja, mila kondhang iing ngamônca praja, dhasar agêng karatone, abala bacingah, wadya manungsa lan rasaksa, mila kêkês kang parangmuka, kèringan [kè...]

--- 2 : 227 ---

[...ringan] samaning praja ing tanah sabrang, kathah ingkang samya nungkul, sêmbada ratu taruna prawira ing ayuda, sri bupati nuju miyos siniwaka, apa busanane, agêlung minangkara sinupit urang, kinancing grudha mungkur sinôngga praba, anting sotya, sumping rêtna pindha gêgubahan surèngpati, sangsangan kêbo mênggah, badhong giwangkara, lur-ulur naga karangrang, dawala ngiras têtali, kêlatbau naga môngsa, gêlang kana rinangkêp calumpringan, supe tajug kanan kering, kroncong sarpa raja, kampuh bèrêm pinarêmas, paningsêt renda gubêg, calana cindhe puspita gubêg, sêmbulihan uncal wastra uncal kancana, manggaran sumampir wangkingan warôngka ladrang, kandêlan kamalon rêta, landheyan tunggak sêmi sinasotya, dhuwung tinatah tinaturêngga, agêgônda marbuk minging, wingit pasêmone, pindha musna kinêdhèpakên. Sintên ingkang cakêt ing ngarsa, punika warôngka ing Tasikmadu, awasta Rêkyana Patih Jayalugita, dhasar Patih Jayalugita, agêng sêmbada jajag pangadêge, katêmu jêjarotane, kulit anêmbaga, netra andik, godhèk wok asimbar dhadha, brêngos capang angulêr gêni, pantês prawira ing ayuda, tate amungkasi karya, waskitha ngadoni jayèng prang, bisa among ing wadya sapraja. Ingkang sami sowan ing pagêlaran, para bupati yaksa lan manungsa bêbanjêngan sajuru-juru, jêjêl asukup bêg ambèr dumugi ngalun-alun, kadya narmada bêna ngêbêki papan, awarna-warna busanane, abyor pindha panjrahing puspita, mangkana ing pagêdhongan Prabu Partasudarma, ing dalu supêna panggih putri ing Mandraka Rêtna Banuwati, kadya sawantah wus karon asmara, sawungune dènnya nendra Prabu Partasudarma kagagas ing wardaya, dadya anandhang gêrah [gê...]

--- 2 : 228 ---

[...rah] kasmaran, ing Rêtna Banuwati, katon saparipolahe, manggung rinungrum rinarêpa, supe sami sanalika, kadya kunjana papa, kunjana edan, papa lara, pindha wong lara kedanan, sarêng èngêt yèn supêna, lajêng ngrasuk busana. Miyos siniwaka, animbali Patih Jayalugita, sri bupati anon sagunging wadya ingkang samya sumewa èngêt brangtaning driya, kang katingal prapta putri Mandraka, lepya yèn miyos siniwaka, kadya mangungrum rarasing asmara, mangkana wijiling sabda Prabu Partasudarma. Nimas mirahe si kakang dhewe, sapa duwe bojo ayu rupane gandês raga karana, jaba Prabu Partasudarma, iya dhi iya dhi, suwawi kula êmban sabuk, suwawi kula êmban ojong, Banuwati sasêkaripun kakang dhewe, sotya rêta karêpu mawa ujwala, baya mirah baya intên tak rêmuk dadi kowe, sapa duwe bojo wong jonggrong-jonggrong ana ngêmbanan, wong cèthi-cèthi cuwiri, abot mêrang sagèdhèng, ènthèng ginawa alihan, kajaba ratu ing Tasikmadu, iya nimas. Bungbung nang bowèng mangungkung, cilukbah, bungbung nèng bowèng mangungkung, cilukbah, wokwok kêthêkur, wokwok kêthêkur, pukpuknang clèrèt cêngèr, êndhas kalong amêruntus êmbèk, i hêng hêng hêng, babo pêpujanku dhewe dhenok, lêganing atiku mamundhuta, ingkang ana pitambuhana, ingkang ora nana takokêna, aku ingkang minangkani, wurung mukti yèn tan têmu sira, sida karungrungan anjajah praja, Banuwati tambanana laraning atiku nimas, mèsêma sadlerengan bae ginawe pamurung laya.

Sinigêg dipun caritakakên.

Wau ta Rêkyana Patih Jayalugita, sampun dangu nganti sabdaning narendra,

--- 2 : 229 ---

dèrèng sinabda, ing mangke narendra anggung ngungrum angrarêpa, tan lyan namung Rêtna Banuwati, lir angganing kunjana papa, rêkyana patih graita, yèn Prabu Partasudarma kasmaran ing wanudya. Mangkana aturipun rêkyana patih.

Anggèr gusti kula, mugi kula aturi èngêt, sampun asalah pandalih, manawi gusti kula kalajêng-lajêng anandhang asmara, suka kula pêjaha, botên sagêd aningali ing solahbawa paduka.

Dipun caritakakên.

Lah ing kana ta wau Prabu Partasudarma, mirêng aturing rêkyana patih, èngêt wêwentehan, yèn miyos siniwaka, mangkana wijiling sabda. I i ya jagad dewa bathara, bapa Jayalugita dikapara ngarêp, majua gonmu lungguh.

Aturipun rêkyana patih.

Kawula nuwun inggih dhatêng sêndika.

Gêndhing dipun unggahakên, sawatawis dangunipun kasuwuk, dipun suluki pathêt nêm.

Sêkar Sardulawikridita lampah 19. Kilwan skarikang tatama narêpat rèhnya bale kancana | soma brama hêning pawal natarikang rok mutyaara raras | we durya marani labapraning pagêr tunjung mahantên lumêng | munta bintênikang gopura macawintên surya kanto jwala ||

Sang prabu ngandika.

Bapa Jayalugita, apa wis suwe gonmu seba ing aku.

Patih matur.

--- 2 : 230 ---

Kawula nuwun nuwun, sinuhun andangu sowan kawula ing ngarsa narendra, sampun dangu, kawula tingali gusti kula, kados kasmaran ing wanudya, mila pun Jayalugita akamipurun nyundhul atur, dèntên ingkang sinuhun, katingal ngantos supe yèn miyos siniwaka, mila andadosakên pangunguning manah, manawi kaparêng, mugi pun Jayalugita kapatêdhanana sumêrêp, ingkang dados bêbukanipun.

Sang prabu ngandika.

Bapa, yèn kowe arêp sumurup bêbukane gonku kasmaran, mau bêngi aku ngimpi jatukrama wanudya nagara Mandraka, ingkang aran Rêtna Banuwati, sajroning pangimpèn wis kalakon carêm, ora môntra yèn ngimpi Jayalugita, olèhe wêwentehan, dene warnane Rêtna Banuwati iku, ngupayaa sakurêbing langit, salumahing bantala, masa anaa ingkang mirip, kaya gambar wêwangunan, pandugaku najan widadari ing Kaendran masa anaa nimbangi.

Aturipun patih.

Lah dene punika namung supêna kimawon, sampun limrahipun, sasêkaring panendra punika mawi supêna, dèrèng kenging dipun tamtokakên.

Sang prabu ngandika.

Iya Jayalugita bênêr aturmu, nanging sanajan aku ngimpi, ora labêt kasuwènên gonku nendra, mulane tak tamtokake, sumêja aku nglamar putri ing Mandraka, kang aran Rêtna Banuwati, upama Prabu Salya ora parêng atmajane tak suwun, sumêdya tak rêbut ing prang rarêmpon. Mara

--- 2 : 231 ---

layangku iki paringna bocah bupati yaksa ingkang gantung laku, supaya inggal kon ngaturake sinuhun ing Mandraka, sajabaning layang, yèn ana pamundhute rama Prabu Salya, ingkang minôngka sramane Rêtna Banuwati, lêganing atiku diangsua kaya banyu rajabrana ing Tasikmadu.

Patih matur nampèni sêrat.

Sampun rampung timbalanipun gusti kula ingkang dhawuh, têrangipun karsa paduka, angkatipun ingkang abdi kalilan benjing punapa.

Dhawuhipun sang prabu.

Iya Jayalugita, aku ora mamêkas manèh, bocah buta kon mangkat ing dina iki, dhawuhna bêdhol sakabupatèn, mung arip luweku tak paringake, dadia sumbang raharjaning lakune ingkang padha nglakoni gawe.

Aturipun patih.

Yèn sampun têrang karsa paduka, pun Jayalugita kalilana mêdal andhawuhakên dhatêng abdi punggawa danawa ingkang gantung pasisiran.

Dhawuhipun sang prabu.

Iya Jayalugita, lan banjur bubarna ingkang padha seba ing pagêlaran.

Aturipun Jayalugita.

Kawula nuwun inggih dhatêng sêndika.

Gôngsa mungêl plajêngan nêm. Sang prabu kondur ngadhaton, patih mêdal kalampahakên, kèndêl angawe-awe, prapta yaksa bupati, gôngsa kasuwuk, dipun suluki grêgêt saut nêm.

Sêkar Rini lampah 17. Punggawa prayitna pudhêndha mangaran amamrih [a...]

--- 2 : 232 ---

[...mamrih] lawan | Sang Dasawadana manuduh punggawa wira dumraksa | mangrusak ing gêlar ardacandranira Patih Suwônda | gadgada umangsah wahana dwipangga mangundha dhandha ||

Yaksa matur ing rêkyana patih.

Wontên dhawuh punapa rêkyana patih amiji dhatêng ing kula, manawi wontên karsanipun gusti kula ingkang sinuhun ingkang wigatos, kula noknon.

Patih Jayalugita mangsuli.

Iya Kalapramuka, mulane kowe tak piji ing sebamu, aja kaduk ati bela tômpa, aja katênta yèn bakal nampani ganjaran saka ingkang sinuhun, busana rêtna tuwin sanjata ingkang prayoga, ora pisan, Bêbasan adoh lintang sinawat balang kayu, cêpak lupute tangèh ing kênane.

Aturipun Kalapramuka.

He lah punika botên pisan-pisan, pun Kalapramuka angajêng-ngajênga ganjaran, têbih dhatêng atuwuk, cêlak malah botên kuwawi anampèni sih kucahipun gusti kula ingkang sinuhun, kados ilining toya narmada, tanpa kêndhat raintên dalu, botên langkung ingkang kula ajêng-ajêng namung pandamêlan ingkang awrat. Manawi wontên karsanipun gusti kula ingkang sinuhun, angêlar jajahan, angripak jajahaning satru, suka kula kakarsakna anggayuh ingkang nginggil, angrangsang ingkang atêbih, tugêl kadamêla sawat, rêmuk dipun bandhêmna, anglampahi ayahanipun gusti kula, sampun ingkang dhumatêng ing sakit, sanajan dhatênging pêjah kula sêndika anglampahi, kula noknon.

--- 2 : 233 ---

Wangsulanipun rêkyana patih.

Iya Kalapramuka, yèn kowe ngarêp-arêp panggawean, iku tumuli kalakon, timbalane ingkang sinuhun, kowe diutus angaturake nawala marang Prabu Salya ing nagara Mandraka, dhawuhe gustimu, kongsia jambul wanên, yèn nawala durung katur ing Prabu Salya, utawa durung diwangsuli, kowe ora kalilan mulih.

Aturipun Kalapramuka.

Kula noknon, inggih dhatêng sêndika, têrangipun ing karsa, kula punapa kalilan ambêkta kanthi, utawi angkat kawula benjing punapa kula noknon.

Patih amangsuli.

Dhawuhe ingkang sinuhun, kowe kalilan anggawa kônca, bêdhola sakabupatèn, yèn kowe durung sumurup nagara Mandraka, lurah kabayan Si Wijamantri lan Si Sarawita padha gawanên, iku wus sumurup kabèh karaton Jawa, dene angkatmu iya mangkata ing sadina iki, sajabaning layang, upami kaparêng panglamare gustimu ing Rêtna Banuwati, manawa ana pamundhute Prabu Salya, pèni-pèni rajapèni utawa mas picis rajabrana, wêlinge ingkang sinuhun kowe kalilan anyanggêmi, diangsua rajabrana ing Tasikmadu ngantia kêbak alun-alun ing Mandraka.

Aturipun Kalapramuka.

Kula noknon inggih dhatêng sêndika, sampun rampung timbalanipun ingkang sinuhun, kalilana pun Kalapramuka mangkat ing sapunika, nyuwun idi

--- 2 : 234 ---

pangistunipun gusti kula, pun Kalapramuka amit pêjah kula noknon.

Dhawuhipun rêkyana patih.

Hèh Kalapramuka, timbalane ingkang sinuhun, kurange dhahar nendra, kapatêdhakake dadia sangu arjaning lakumu, sakônca ingkang padha nglakoni ayahan, ora kowe dikakake mati, dikakake pintêr, lêlungsèn kowe dibêbakali.

Aturipun Kalapramuka.

Kula noknon langkung pamundhi kula, prasaksat pun Kalapramuka kapatêdhan sangu jimat paripih, rêkyana patih kantuna pinarak, kula bidhal dhatêng nagari Mandraka, nira jêng manggiha suka ing sawingking kula.

Wangsulanipun rêkyana patih.

Iya Kalapramuka aku jumurung muga tumulia olèh gawe lakumu, lan aja kaya bocah, aja kurang prayitna dingati-ati.

Gôngsa mungêl plajêngan nêm. Yaksa mangkat, patih wangsul, yaksa kalampahakên ngawe-awe, prapta yaksa cakil, kalih yaksa gombak, sampun tata lungguh, gôngsa kasuwuk.

Dipun suluki grêgêt saut nêm.

Sêkar Rini lampah 17. Ana kang wre tunggal kagiri-giri gêngnya kra magalak | ahêng karambêknya gora-godha tanangga tulungana | tinêpak kaparsat buta kabarubuh puh kaya pokah | bêlah bêntar sirna watu kumalasa syuh kabarubuh ||

Ditya Gêndhingcaluring matur.

--- 2 : 235 ---

Ki raka kula upamèkakên hèr minakata hèr toya, mina ulam, kata wicantên, kula noknon. Upami ulam kasrambah ing toya agêng, kula nungsung pawartos, ki raka gènipun katimbalan ing rêkyana patih punapa wontên karsanipun gusti kula, abujana nayub, kula yèn bêksa karêmênan kula gêndhing Gonjingmiring, anyah ha ha hah.

Ditya Sandhunggunung matur.

Kang mênggung êlah kula nyuwun pawartos, wontên dhawuh punapa sampeyan ngandikan dhatêng rêkyana patih, punapa badhe nampèni ganjaran. Lah punapa inggih èstu badhe nayuban, kula inggih rêmên bêksa, yèn kula bêksa, rêmên kula gêndhing kang agêng-agêng, botên nyontrot, yèn botên Bribil, Lingko-lingko, o ho ho gog, glindhing, tiyang dhasar kula niki tate bêksa raras pancèn lungsuran wirèng.

Ditya Gêndhingcaluring gumuyu mangsuli.

Anyah ha ha hah, punika napa têmên ki raka, dang ana wirèng dêdêg pangadêge kaya tong.

Ditya Sandhunggunung mangsuli.

Hêh dika niku maido, lah dika wêruha jogèd kula gumun, dawêg diyêktèni nèk kula jogèt, masa kèria kalih bocah nonoman sakniki dhi, o rak banjur padha akèh kang eram, wong liya malih botêna ngungun, wong kula dhewe mlêngêr dhi.

Kalapramuka ngucap.

Adhi Gêndhingcaluring, jênêng para nungsung pawarta, mulane pun kakang tininbalantinimbalan ing

--- 2 : 236 ---

rêkyana patih, ingkang sinuhun karsa nglamar wanudya atmajane Prabu Salya, ingkang kêkasih Rêtna Banuwati ing nagara Mandraka, dhawuhe rêkyana patih, iku aku ingkang kapiji angaturake pustaka marang Prabu Salya, sajabaning kang kamot ing pustaka, wêlinge ingkang sinuhun, yèn ana pamundhute Sinuhun Mandraka, mundhut mas picis rajabrana, jangji wis kaparêng atmajane kagarwa ing gustimu, pun kakang kalilan banjur anyanggêmi, lan wêlinge ingkang sinuhun, ngantia jambul wanên manawa pustaka durung katur ing Prabu Salya utawa durung olèh wangsulan, aku ora kalilan mulih.

Aturipun Ditya Gêndhingcluring.

I lah dalah yèn makatên awrat dhawuhipun gusti kula, punapa ki raka kalilan bêkta kanthi, manawi parêng kula dhèrèk lampah sampeyan ki raka.

Ditya Kalapramuka mangsuli.

Iya adhi, dhawuhe ingkang sinuhun, lakune pun kakang, kadhawuhan bêdhol sakabupatèn, dadi jênêng para adhi Gêndhingcaluring utawa raka para si adhi Sandhunggunung padha tak kanthi.

Aturipun yaksa kalih.

Inggih ki raka dhatêng sêndika, nanging kaangkah angkatipun benjing punapa.

Kalapramuka mangsuli.

Dhawuhe gustimu dikakake mangkat saiki, utawa pun kakang rèhning durung sumurup ing nagara Mandraka, dikakake gawa lurah kabayan, Si Wijamantri lan Si Sarawita, iku kang wis jajah kabèh karaton Jawa, mara adhi timbalana Si Wijamantri.

--- 2 : 237 ---

Ditya Gêndhingcaluring nguwuh Wijamantri.

He he bocah karang kabutan, ana pasebane Lurah Wijamantri kon maju.

Gôngsa mungêl plajêngan nêm. Togog Sarawita sasampunipun lungguh, gôngsa dipun suwuk, dipun suluki grêgêt saut nêm.

Sêkar Kusumawicitra lampah 12. Buta Pandhawa tata gati wisaya | indri yaksa sara maruta pawana | bana marga samirana lan warayang | pônca bayu wisikan gulingan lima ||

Ditya Gêndhingcaluring ngucap.

Togog, mulane kowe tak piji pasebanmu, ana gawe, karsane kangjêng sinuhun, nglamar putri Mandraka, kang aran Rêtna Banuwati, atmajane Prabu Salya, kônca bupati yaksa Togok durung ana sumurup ing nagara Mandraka, kowe apa wis wêruh.

Aturipun Togog.

E lah sampun ambah-ambahan kula kyai nagari Mandraka punika.

Gêndhingcaluring ngucap malih.

Yèn kowe wis wêruh nagara Mandraka, dadia pangiriding laku, sarta banjur undhanga pradangdan, prajurit yaksa, utawa klèk-êngklèk balung tandhak, yèn wis rampung mangkat ing sadina iki.

Aturipun Togog.

Inggih dhatêng sêndika. Ayo Bilung undhang pradangdan.

Sauripun.

--- 2 : 238 ---

Aruthogun.

Togog Sarawita sampun mêdal, dipun suluki grêgêt saut nêm.

Sêkar Wisalyaharini lampah 21. Raksasa aprayitna anggrêng krura wiroda gambira gora-godha | bêgor swara gurnita samya sikêp sanjata samarga girang-girang | mintonkên krodhanira sura mahambêg pagut ing prang atêpung lawan | mungsuh tri pura basmi sami molahkên dhêndha ring rêngganing swandana ||

Dipun caritakakên.

Lah ing kana ta wau, Lurah Wijamantri tuwin Sarawita sampun undhang dangu dèrèng nglumpuk. Lurah Togog lajêng minggah ing pêpanggungan, anggoyang gathita, apa têngaraning buta, gêntha kêlèng tuwin jam gora, tinêmbang munya ngangkang, buta krungu têngara sami ngrasuk busana, ingkang nuju lêlungan, krungu têngara cêngkelak wangsul. Prapta lajêng ngrasuk busana asikêp sanjata, ana ingkang ngrakit têtunggangan. Apa gêgamaning buta, badhama, dhandha, côndrasa, parasu, limpung. Apa ta tungganganing buta, mèmrèng, blêgdaba, bihal, warak, bragalba, gêrêng-gêrêng ingkang nunggang, gêro ingkang tinunggangan. tur padha môngsa jalma, karya giris ingkang sami anon. Sampun ngumpul para yaksa bala, sajuru-juru tan liru parnah, Lurah Togog Sarawita sampun wangsul, ing ngajênge punggawane.

Dipun suluki grêgêt saut nêm.

Sêkar Wisalyaharini lampah 21. Enjing nêmbang têngara gumuruh pra rasaksa sadaya asamapta | abra busananèng wadya samya sikêp badhama wanèh [wa...]

--- 2 : 239 ---

[...nèh] dhandha côndrasa | bandera warna-warna têtêg gong bèri gubar gurnang puksur thongthonggrit | Kya Patih Prahasta mungging rêngganing rata manik jong mabangun jring ||

Togog matur.

Kawuningana ing sampeyan kyai lurah, sampun kula andhawuhakên pradangdosan para prajurit yaksa, sadaya sampun samapta, samasa-masa bidhalan sampun rakit.

Ki raka punika sadaya prajurit sampun samapta, prayogi dipun bidhalakên, rêbat gancanging lampah, sagêda nuntên dumugi nagari ing Mandraka.

Sami sumaur para punggawa.

Gèh dawêg-dawêg.

Gôngsa dipun ungêlakên plajêngan nêm. Yaksa sami bidhal, prampogan kalampahakên rumiyin, salampahan, nuntên Ditya Gêndhingcaluring kalampahakên, lajêng Ditya Sandhunggunung kalampahakên, Kalapramuka kalampahakên ing wingking piyambak, lajêng prampogan kalampahakên malih salampahan, sinigêg. Prampogan Mandraka katancêpakên ing têngah, gôngsa kasuwuk, dipun suluki grêgêt saut nêm.

Sêkar Nagabônda lampah 18. Umyang ramya swaraning wadya wus samapta munya kêndhang gong bèri | arêbut papan ing sajuru-juru tan ana liru prênah | Rêkyana Patih Udawa minôngka cucuking wirakuswa | sang sinisuta mahambêk sudira ring prang wira tumangguh ||

Sami dipun ucapakên prampogan sami pamondhokan.

--- 2 : 240 ---

Mara kônca nuli padha gawea sêsarapan, kuwe sing ana ngarêp kuwe gênti papan, gone padha ngratêngi, aja cara yèn ora nana pabarisan, ngenak-enak mara dirada gêlis, mêngko kasêlak diundhangi mangkat. Dipun sauri. E bok dialon kônca aja kêsusu, iki la rak isih tangèh angkate, kônca wong durung sarap mêngkene. Dipun sauri. Mêngko ta batur, kaya krungu swaraning têngara, e lah kae katon kêthap-kêthap bandera. E iya wong batur gêgaman gêdhe têmên kae, dene bênêre mrene, mara kônca kabayan, padha ubêngana kônca prajurit gêlis olèhe padha sarap, mara yèn wis, nuli padha mapan ingkang ombèr kana. Iya kônca hara hara.

Gôngsa mungêl plajêngan nêm. Prampogan kalampahakên, kapêthuk prampogan yaksa, sami kèndêlipun. Gôngsa kasuwuk, dipun suluki grêgêt saut nêm.

Sêkar Rini lampah 17. Punggawa prayitna pudhêndha mangaran amamrih lawan | Sang Dasawadana manuduh punggawa wira dumraksa | mangrusak ing gêlar ardacandranira Patih Suwônda | gadgada umangsah wahana dwiradha mangundha dhandha ||

Prampogan yaksa ngucap.

He iki prajurit ngêndi, padha ngalang dalan, aja na kono sumingkira tak liwat.

Prajurit Mandraka sami sumaur.

Aku prajurit Mandraka, apa kowe arêp liwat, ora tata buta mêngkono [mêng...]

--- 2 : 241 ---

[...kono] kuwe, ngêndi ana baris gêdhe mêngkene arêp kotrajang, kowe nyimpanga. Buta ngêndi prajurite dene tanpa ditindhihi panggêdhene arêp nyimpangake lakuning prajurit.

Prajurit yaksa sami sumaur.

Kowe takon aku prajurit Tasikmadu, manungsa gêlêm kowe nyimpanga ora gêlêm nyimpanga, apa nganti tak rusak prajuritmu, sida tak gawe sarapan sakancaku yaksa.

Prajurit Mandraka sami ngucap.

Priye kônca iki, apa enak disimpangi. Ora kônca akèh têmên sing dirêmbug. Bok wis didrèl dhase, buta kêna sibat. Mara tumbakmu padha unusên rangkane, yèn ora gêlêm sumimpang banjur sosohên ing ganjur aja kalayatan.

Gôngsa mungêl plajêngan nêm, lajêng prang gagalan. Prampogan yaksa kawon mundur, Ditya Gêndhingcluring ngadêg, prampogan yaksa prapta, gôngsa dipun suwuk, tanpa dipun suluki.

Prajurit yaksa sami sambat pating glêrêng.

Adhuh bojlèng budhiyang, matang aku, adhuh batur kêna mimis pupuku, adhuh kêna tumbak wêtêngku, ki lurah kêtiwasan, ki lurah nêdha bantu.

Ditya Gêndhingcluring tanya.

He pagene gêgaman sapirang-pirang padha mawut-mawut, prajurit bali pating glêrêng anyandhang tatu, mara padha tutura, kaya wong anêmu mungsuh.

Aturipun yaksa prajurit.

--- 2 : 242 ---

Kêtiwasan ki lurah, punika wontên prajurit manungsa sami ngalang ing margi, kula kèn sumingkir botên purun, lajêng sami ngrampog dhatêng kula.

Wangsulanipun Ditya Gêndhingcluring.

I babo, panjalmaning satru, wis padha mundura, mêngko tak trajange, padha suraka bae.

Prajurit yaksa mundur, prampogan Mandraka dhatêng, dipun suluki grêgêt saut nêm.

Sêkar Sulanjari lampah 20. Tandya bala Pandhawambyuk gumulung mangusir ring sata Kurawa | kambah gosik sru katitih mirut kerut katut para ratu | tuwin sagung pra dipati katut kapalayu sigra praptanira | Aswatama têtanya lah pagene ta iki ya padha lumayu ||

Ditya Gêndhingcluring ngucap.

I lah dalah prajurit pagene gêndhak sikara ing kancaku yaksa.

Prajurit sami sumaur.

Apa abamu, buta nyimpanga aja ana ing dalan, yèn nganti ora nyimpang aja takon dosa, sida tak ruwat têmênan.

Ditya Gêndhingcluring sumaur.

I babo bojlèng bêlis lanat jêjegan, apa abamu arêp ngrucat ing aku, mara cobanên, dupèh akèh prajuritmu, ora kulak warta tuku pangrungu Ditya Gêndhingcluring ora pasah tapak paluning apandhe, lêganing atiku, wuwuha sêmono manèh, masa aku erama.

Prajurit sami nyauri.

--- 2 : 243 ---

Ayo kônca dirampog ing ngakèh, buta siji gôndra sêpira.

Gôngsa mungêl plajêngan nêm. Gêndhingcluring dipun rampog wantala, prajurit risak dipun amuk, kathah kabranan, lajêng sami mundur, Patih Tuhayata mangsah, prampogan prapta, gôngsa dipun suwuk, tanpa suluk, prajurit kathah samya sêsambat.

Adhuh mati aku, kônca tiwas pêdhot bauku, adhuh tugêl pupuku, adhuh brodhol ususku, êng tugêl irungku, e lah putung tanganku, mara kônca godhinên drijiku iki, besuk tak wuruki ajijaya.

Patih Tuhayata ngucap.

He bocah prajurit, yagene baris padha bali lakumu akèh nyandhang tatu.

Aturipun para prajurit.

Kawuningana ing sampeyan, punika wontên yaksa sangking Tasikmadu, angirit prajurit, lumampah kêdah narajang baris, botên purun sumimpang, lajêng kula bôndawasani ing kônca kathah, punggawanipun asoroh amuk, dipun dhawahi dêdamêl botên pasah, malah prajurit kalampahan sami kataton, kula sumaga ing sampeyan.

Patih Tuhayata ngucap.

Wis padha mundura, jaba aku tandhinge buta ingkang sêja sikara.

Prampogan mundur, Patih Tuhayata ngucap malih.

Hèh rêbutên sura mrata jaya mrata, tambak silaning yuda, aja nyumbari kang

--- 2 : 244 ---

wis lumayu, ayo trajangên, iki Patih Tuhayata, kowe sapa buta aranmu, aja mati tanpa aran.

Wangsulanipun.

Kowe takon aranku, ora nana kaya Ditya Gêndhingcaluring sotat pamatut barang, yèn kêna tak eman Tuhayata mundura aja kowe tandhing yuda lan aku.

Patih Tuhayata mangsuli.

Apa abamu, lêganing atiku rangkêpa kang kaya kowe masa aku mundura, mara pêdhaka mrene, ngadu ulêding kulit tosing bêbalung, ya singa tiwasa angêmasi.

Gôngsa mungêl plajêngan nêm. Yaksa prang lan Tuhayata, dangu dêdrêg yaksa kaplajêng, anêdha bantu, mangsah Ditya Sandhunggunung, prapta payudan, gôngsa dipun suwuk. dipun suluki grêgêt saut nêm.

Sêkar Rini lampah 17. Ana kang wre tunggal kagiri-giri gêngnya kra magalak | ahêng karambêknya gora-godha tanangga tulungana | tinêpak kaparsat buta kabarubuh puh kayu pokah | bêlah bêntar sirna watu kumalasa swuh kabarubuh ||

Ditya Sandhunggunung ngucap.

Priye wartane he, gone bôndayuda si adhi Gêndhing.

Ditya Gêndhingcluring nguwuh-uwuh.

Ki raka nêdha bantu, botên kenging dipun krokos Patih Tuhayata.

Ditya Sandhunggunung mangsuli.

--- 2 : 245 ---

Hêng andêlêna si adhi nèk jaluk bantu pringas-pringis, yèn durung kalakon bae sumbare kaya mutungna wêsi gligèn, lah kêtanggor mono karêpane. He hêng sapa jênêngmu, aja nyumbari kang wis kaplayu, iki Ditya Sandhunggunung trajangên.

Sauripun Tuhayata.

Kowe takon aranku, iki Patih Tuhayata, kowe sapa buta aranmu, dene dhapurmu kaya klêmuk digombaki, buta kalawija, mundura aja tandhing lan aku.

Yaksa gumuyu sumaur.

O ho ho, ha ya ta kowe takon aranku, ora nana kaya Tumênggung Sandhunggunung, iki babêciking bupati ing Tasikmadu, tautate aku angrangsang baluwarti, angganthol kapurancang, yèn tandhing kowe bae, rangkêpa papat aku masa mundura.

Gôngsa mungêl plajêngan nêm. Yaksa mangsah prang lan Patih Tuhayata, dangu patih katèmpêr, anarik curiga, Patih Tuhayata dipun garot tan pasah, nanging kapara kasor rêbat kaprawiran. Ditya sinuduk wanti-wanti, taksih gêgêbêg panyakotipun, lajêng dipun suduk kenging mripatipun, yaksa anjola, patih mundur, Radèn Rukmarata kapanggih lan patih, gôngsa dipun sirêp dados ayak-ayakan nêm, lajêng dipun jantur.

Radèn Rukmarata ngucap.

Bapa Tuhayata, priye gonmu dadi bôndayuda iki mau.

Aturipun Patih Tuhayata.

--- 2 : 246 ---

Kula nuwun anggèr, raksasa punika lumampah botên purun anyimpang, kêdah narajang lampahipun abdi paduka prajurit, kalampahan dipun bôndawasani, yaksa wantala botên pasah ing braja, sumaga sami dipun unduri, dene suwadosipun.

Radèn Rukmarata ngandika.

Iya bênêr bapa, nanging aja mêtu turut dalan, ayo padha nyimpang, brokoh padha sêbarên, supaya aja mêlak gone padha lumaku, bandera padha lêlêtên bae, aja na nabuh têngara.

Radèn Rukmarata tuwin rêkyana patih lajêng sami lumampah mung nyimpang margi tatêrusan. Sinigêg yaksa, Ditya Sandhunggunung panggih Ditya Salapramuka.Kalapramuka

Kalapramuka ngucap.

Priye adhi mungsuh iki, banjur mênyang êndi laruge, dene padha buyar arêbut paran.

Ditya Sandhunggunung matur.

Kula kintên ki raka lajêng wangsul dhatêng Mandraka, gènipun buyar punika sangking sampun ngantos dipun babujêng ing tiyang kathah, punika tiyang patih ing Mandraka rencang kula bôndayuda.

Kalapramuka ngucap.

Wis adhi kêbênêran manawa iku wong Mandraka, ayo padha ditut buri, aja dipêlak lakune, idhêp-idhêpana kang gêrmani laku iki.

Yaksa sami lumampah, gôngsa ayak-ayakan mantun kajantur, kajêng dipun tancêpakên têngah, gôngsa kasuwuk, dipun suluki Lasêm.

--- 2 : 247 ---

Sêkar Sardulawikridita lampah 19. Tatkala narpa ceda mati nguni wèh sang sastra darma parêng | kantèki raina masangsaya mawas hyang surya lumrèng rana | makansêh nira Sang Wiratha narpa lèn Pôncawala adulur | Nirbita mangka pangruhun putunira wiratriya nindita ||

Dipun caritakakên.

Lah ing kana ta wau, prajurit ing Mandraka bibar sumimpang ing margi, sami anilar babrokoh, yaksa ingkang unggul yudane lajêng sami atut wuri, ciptaning tyas kinira yèn bibaring wadya Mandraka, sami wangsul margi anjog nagari, datan anyana yèn wadya ing Mandraka dugèkakên lampahe dhatêng ing Ngastina, raksasa kèndêl amamôngsa, dadya katilapan ing lampah, kalunta-lunta mampir sami ngrêrayah, kathah wadya padhusunan dipun bahaki, sirna rajakayane, têmah kathah janma ing padhusunan ingkang samya ngili. Sinigêg rasaksa ingkang sami bêbahak, gênti cinarita ing nagari Ngastina, kathah wadya samya bojana, wênèh ingkang ahli puja sami ngobar dupa.

Mungêl gêndhing Mênyanseta, ngadêg Ratu Ngastina, parêkan kalih, kang ngadhêp Patih Sangkuni, gêndhing kajantur, dipun caritakakên.

Anênggih nagari ing pundi ingkang gênti kocapa, nagari ing Ngastina, sintên bisikaning narendra, ajêjuluk Prabu Kurupati, Jayapitana, Duryudhana, Anggandarisuta, Suyudhana.

Mila jêjuluk Prabu Kurupati, dene angratoni Kurawa.

Mila jêjuluk Sri Bupati Jayapitana, ratu rosa ing pamujane.

Mila jêjuluk Maharaja Duryodhana, ratu musthikaning prajurit.

--- 2 : 248 ---

Mila jêjuluk Nata Anggandarisuta, ratu atmajaning Rêtna Anggandari.

Mila jêjuluk Narendra Suyudhana, suyud saking papingil, dana marang pangwèwèh, suyud para Kurawa tuwin janma sapraja, dene Ratu Ngastina agung pawèwèhe, tan pilih yèn aparing dana, awon sae warata, nuju sri bupati miyos ing mandhapa, apa busanane, jamang mas sungsun tiga, kinancing grudha marêp grudha mungkur, sinôngga ing praba, anting sotya sumping rêtna pinindha gêgubahan surèngpati, sangsangan kêbo mênggah, badhong giwangkara, lur-ulur naga karangrang, dawala ngiras têtali, kêlatbau naga môngsa, gêlang kana rinangkêp calumpringan, kroncong sarpa raja, supe tajuk kanan kering, rema dèn ore, kampuh bèrêm ukup renda gubêg, calana cindhe wilis gubêg, sêmbulihan uncal kancana, wangkingan warôngka ladrang, kandêlan kamalon rêta, landheyan tunggak sêmi sinasotya, dhuwung tinatah tinaturêngga, agagônda marbuk arum. Sintên ingkang cakêt ing ngarsa, Rêkyana Patih Arya Sangkuni, cinarita Arya Sangkuni sawêk dhatêng sangking Mandraka, dipun utus anêrangakên tamtuning karya, badhe pangarakipun Prabu Kurupati, para kadang Kurawa sampun sami angarsa-arsa èstune dhaup sang prabu. Mangkana pangudasmaraning driya Prabu Kurupati. I dene iki tumuli têka Paman Arya Sangkuni.

Gôngsa dipun unggahakên, sawatawis gongan dangunipun dipun suwuk, dipun suluki pathêt nêm.

Sêkar Rini lampah 17. Lêngêng gati nikang awan saba-saba nikèng Astina | samantara têkèng Têgalkuru Nararya Krêsna laku | sirèng Parasu [Para...]

--- 2 : 249 ---

[...su] Rama Kanwa Janaka durur Naradha | kapanggihi ri kang têgal milu ing karya sang bupati ||

Ratu Ngastina ngandika.

Paman, kadipundi laku pakênira manira kongkon anêrangake karsane paman aji Mandraka, pênapi wis katampan, gajah putih kang kagawa lakune putra pakênira ing Madukara, utawa sarjune gon manira ngarak paman besuk dina apa.

Aturipun Patih Sangkuni.

Kula nuwun, sampun sinuhun. Kula kautus sowan ing rama paduka Kangjêng Sinuhun Mandraka, angaturakên pangabêkti paduka, punapadèntên anyidikakên lampahipun rayi sampeyan ing Madukara gènipun ngaturakên sasrahan liman seta, inggih sampun katampèn. Mênggah pangarak paduka, timbalanipun rama paduka makatên. Arya Sangkuni, ingkang pangandika, kowe matura ing anak prabu, mungguh sasrahan gajah putih wis tak tampani, dene pangarake anak prabu, aku ngupaya dina kang pinuju prayoga, samasa-masa aku kongkonan anak prabu banjura ngarak, sêdhêng rampung gonku tata-tata, andhaupake pangantèn. Amung punika dhawuhipun rama paduka Sinuhun Mandraka, wasana rama paduka paring pangistu katur jêng sinuhun, tuwin dhatêng para kadang paduka sadaya.

Ratu Ngastina ngandika.

Paman prayogane, pakênira banjur rumantia, sarta para kadang-kadang manira Kurawa, samasa-masa ana karsane paman aji Mandraka anêrangake pangarak manira, karia mangkat.

--- 2 : 250 ---

Patih Sangkuni matur.

Kula nuwun inggih dhatêng sêndika, kajawi punika, ing sapêngkêr kula, kadospundi aturipun rayi sampeyan ing Banakêling, dene punika botên katingal. Punapa sakintên sagêd jênjêm manahipun purun saistu wontên ing nagari Ngastina.

Ratu Ngastina mangsuli.

Paman ênggèh boya wèntên bedane ature Si Jayadrata, wis kaduga, dene parlune mulih, namung ngaturi uninga ing kangjêng panêmbahan, ubayane boya lawas tumuli wangsul, malah manira wêling, yèn bisa aja nganti kaliwat ing sadasa dina, marga bakal manira jak ngarak marang Mandraka, ature paman ênggèh saguh.

Aturipun Patih Sangkuni.

Inggih sokur bage sèwu sinuhun manawi sampun sagah wangsul, pangraos kula inggih sampun prayogi rayi jêngandika pun Drusilawati jodhoa kalih pun Jayadrata, ing têmbe kenging kadamêl kanthi, dhasar atmajaning ratu pandhita, sêmbada dhêdhapuranipun, wêwah kaipe ing paduka, lêrêsipun kuwawi katandhing kalih pun Bratasena.

Ratu Ngastina mangsuli.

Paman arya bênêr rêmbug pakênira, marmane manira angkah, ing sabubare gon manira jatukrama, putra pakênira ing Banakêling, banjur manira dhaupake lawan Si Rara Drusilawati, ênggèh supaya gêdhea antêpe.

Sinigêg dipun suluki Kêdhu.

Sêkar Swandana lampah 20. Dan sêmbah nirèng ulun kapurba ring sang

--- 2 : 251 ---

murbèng rat saana nikang | nikanang sihing dasih mawèh boga sawêgung masih ring dêlahan | dyan kanang mamujwèng ari jêng nayakaning rat dutèng rat kotama | mangguha manugraha lèn siswanta sagotra tang uwus minulya ||

Dipun caritakakên.

Lah ing kana ta wau, eca imbal wacana Prabu Kurupati, kasaru sowanipun Radèn Rukmarata, dumrojog manjing ing wiwara, katingal ing sang prabu lajêng dipun awe, mangkana pangandikaning narendra, mara adhimas banjura bae.

Gôngsa mungêl ayak-ayakan nêm. Rukmarata prapta ngabêkti, sasampunipun lênggah ayak-ayakan dipun jantur, dipun caritakakên.

Wau ta Radèn Rukmarata majêng rupèpèh-rupèpèh kadya sata manggih krama, prapta mangraup pada, lênggah tumungkul amarikêlu, pindha konjêma ing bantala wadanane, mangkana pangudasmaraning driya, baya kêbênêran Paman Arya Sangkuni durung suwe têkane, dene durung katon rumanti para Kurawa. Mangkana Prabu Kurupati pangudasmaraning wardaya, iya jagad dewa bathara, têka inggal têmên utusan paman Prabu Mandraka, apa ana karsane liya andhawuhake bakal gonku ngarak.

Pangandikanipun Ratu Ngastina.

Adhimas mara dikapara ngarêp, majua gon para lungguh.

Aturipun Rukmarata.

Kawula nuwun inggih dhatêng sêndika.

Gôngsa ayak-ayakan sawatawis dangunipun dipun suwuk, dipun suluki Kêdhu.

--- 2 : 252 ---

Sêkar Sardulawikridita lampah 19. Lênglêng ramya nikang sasôngka kumênyar myang rêngga rumning puri | makin tanpa siring halêp ningkang umah mas lir murub ing langit | têkyan sarwa manik cawinya sinawung saksat skarning suji | unggyan Banowati ya na mrêma langên myang Nata Duryodhana ||

Prabu Kurupati nêmbrama.

Adhimas bagea satêkanira ana ing ngarêpe raka para ing Ngastina.

Aturipun Rukmarata.

Kula nuwun nuwun. Sih panêmbramanipun kakang prabu ingkang adhawuh, sadèrèng sasampunipun, dahat kalinggamurda, kawula tampèni ing asta kêkalih, kacangcang pucuking rema, kapêtêk ing mastaka, lumèbèra ing pranaja, dadosa rad daging kayuwanan. Kawula pundhi kados jimat paripih, amêwahana bagya kayuwanan kula.

Arya Sangkuni nêmbrama.

Anak mas katuran sênggan panakrama sarawuh sampeyan ing ngarsanipun raka jêngandika kangjêng sinuhun ing Ngastina.

Radèn Rukmarata mangsuli.

Inggih paman, sadèrèng sasampunipun panakramanipun paman, kula tampèni asta kêkalih, kapêtêk ing pranaja, lumèbèra dhatêng pangkon, amêwahana têguh kayuwanan kula.

Sri Kurupati ngandika.

Rukmarata, têkanira apa diutus paman prabu, apa ta gawenira dhewe yayi.

--- 2 : 253 ---

Aturipun Rukmarata.

Kula nuwun kakang prabu, sowan kula kautus kangjêng rama, ingkang sapisan angaturakên pangistu, tuwin amatêdhakakên pangistu dhatêng para kadang-kadang paduka sadaya, ingkang kaping kalih rama paduka ngaturi wuninga, yèn ing samangke kakang bok Banuwati darbe panyuwun, ing têmbe yèn kakang prabu ngarak, mawia patah jalu wanudya ingkang sami endah warnanipun, angungkulana tiyang saknagari ing Mandraka, dene manawi dumugi ing Mandraka, patah wau lajênga maèsi pangantèn. Ing samasa-masa sampun angsal patah, inggih kakang prabu lajênga angarak dhatêng ing nagari Mandraka, punika rama paduka ing Mandraka ngajêng-ajêng tumuntênipun kalampahan.

Wangsulanipun Ratu Ngastina.

Adhimas, kabèh dhawuhe paman aji wis tak tampani, jênêng manira sêndika ngupaya patah jalu wanudya ingkang bisa maèsi, dene yèn wis rumanti, manira iya banjur ngarak marang Mandraka.

Aturipun Rukmarata.

Rèhning sampun rampung timbalanipun kakang prabu, kula amit madal pasihanira jêng paduka manggiha suka ing sawingking kula.

Sang prabu mangsuli.

Yayi dene gagêlisan, prayoga ngasoa, dadia jênêng para mulih, yèn wis bujana.

Aturipun Rukmarata.

Inggih kakang prabu, cêlak winangsulan, mugi sampun dados cuwaning panggalih paduka, [pa...]

--- 2 : 254 ---

[...duka,] bujana kapanggih ing wuri, rêbat inggaling lampah kula, manawi dados pangajêng-ajêngipun rama paduka Kangjêng Sinuhun Mandraka.

Prabu Kurupati ngandika.

Iya adhimas, manira atur pangabêkti ing paman aji, lan muga jênêng para nêmua raharja.

Aturipun Rukmarata.

Kawula nuwun inggih dhatêng anuhun. Pangistunipun kakang prabu ingkang kawula pundhi minôngka jajimating lampah kula.

Rukmarata pamit ing Sangkuni.

Paman Arya Sangkuni, kula amit madal pasihanira jêng paman kantuna raharja ing sawingking kula.

Sangkuni amangsuli.

Inggih anak mas, kula jumurung raharjaning lampah sampeyan, pangabêkti kula kimawon kaaturna ing rama paduka kangjêng sinuhun ing Mandraka.

Wangsulanipun Rukmarata.

Inggih paman Arya Sangkuni, mugi angsala pangistu sampeyan, raharjaning lampah kula.

Radèn Rukmarata mundur, dipun suluki pathêt sanga.

Sêkar Sasradara Kawêkas lampah 20. Mèh raina sêmu bang hyang aruna kadi netraning angga rapuh | sabdaning kang kilaring kanigara sakêtêr kinidung ning akung | lir wuwusing pinipanca papêtêking ayam wanèh ring pagakan | mrak manguwuh bramara ngrabasa kusuma ring wara baswana rum ||

--- 2 : 2553 ---

Ratu Ngastina ngandika.

Paman Arya Sangkuni, kadipundi pamikir pakênira pamundhute patah paman Prabu Mandraka, supaya ampun mindho gawèni, tumulia kalakona pangarak manira.

Sangkuni umatur.

Yèn anak prabu galih sampun ngantos kaping kalih damêl, pundhutan patah punika, inggih kajawi ngupados rumiyin, yèn salêbêting praja Ngastina, botên wontên patahipun jalêr, upami pun Jayadrata, punika punapa botên kalêbêt wêwicalan tiyang bagus.

Sang prabu ngandika.

Ênggèh bagus putra pakênira ing Banakêling yèn katimbang Kurawa, nanging durung anglêluwihi, maka karsa manira patahe wadon putra para Drusilawati, boya bisa timbang, tumrapa tinraju misih jomplang, prayogane paman, pakênira sebaa yayi prabu Ngamarta, manira mundhut putra pakênira Si Pamadi manira gawe patah, kajaba mêngkono paman, para kadang-kadang manira Pandhawa bisaa têka Ngastina, anunggonana dhaup manira, orane bisa, mung Si Pamadi aja nganti boya kagawa barêng si paman.

Aturipun Patih Sangkuni.

Kula nuwun inggih dhatêng sêndika, rampung timbalanipun kangjêng sinuhun, kula amit madal pasihanira jêng anak prabu manggiha suka ing sawingking kula, pun paman nyuwun pangistu, mugi manggiha raharja ing lampah kula.

Gôngsa mungêl ayak-ayakan sanga, Sangkuni mangkat, Prabu Kurupati

--- 2 : 256 ---

kondur ngadhaton. Patih Sangkuni kalampahakên manêngên, sawatawis kèndêl lampahipun, gôngsa dipun jantur, lajêng dipun caritakakên.

Wau ta Radèn Arya Sangkuni, mêdal saking kadhaton, laju lumampah sêja dhatêng nagari Ngamarta, mêdal ing alun-alun pungkuran, samarga-marga kathah janma ingkang sami kapapagan. Ana ingkang sumurup anyimpang, sawênèh sliringan margi katambêtan, yèn punika patih santananing narendra ing Ngastina, para kawula alit sami narka, yèn nagari Ngastina wontên rêribêt. Dene Radèn Arya Sangkuni anamur lampah. Têka mangkana pangudasmaraning driya Radèn Arya Sangkuni. I ya jagad dewa bathara, priye dadine karepe putri Mandraka, têka jaluk patah kang bagus ngungkulana wong saknagara Mandraka, dene ora colok obor-obor, Kurawa ora nana kang kumlênis. Apa mung murih ora kêlakon, tak tatêdha ing dewa, muga anakku nata Pandhawa pinujua lêga gawene gêlêm dadi patah.

Gôngsa mantun dipun jantur, Sangkuni kalampahakên, kajêng katancêpakên, gôngsa dipun suwuk, dipun suluki pathêt sanga.

Sêkar Bramarawilasita lampah 11. Jahning yahning talaga kadi langit | kêmbang tapas wulan upamaneka | wintang tulya kusuma yu sumawur | lumranging kang sari kadi jaladha ||

Dipun caritakakên.

Lah ing kana ta wau, sampun lêpas lampahipun Radèn Patih Arya Sangkuni, mandhêk mangu ginagas-gagas ing driya, pamundhute patah Prabu Salya, mangkana kapungkur nagara Ngastina, inggale sampun dumugi nagari ing Ngamarta, sinigêg ingkang [ing...]

--- 2 : 257 ---

[...kang] lagya lumampah, gênti ingkang kocapa, salêbêting kadhaton Cintakapura, laguning Nata Pandhawa, tanpa bênggang dènnya kêkadang.

Mungêl gêndhing Lagu Dhêmpêl, ngadêg Yudhisthira, Bima, Parta, Nakula, Sadewa, parêkan kalih, Sêmar Petruk Nala Garèng, gêndhing kajantur, dipun caritakakên.

Anênggih nagari ingkang gênti kocapa, ing nagara Ngamarta, ya nagara Batanakawarsa, ya nagara ing Cintakapura.

Mila winastan nagara Ngamarta, panggenan pangasrêpan.

Mila winastan nagara Batanakawarsa, ilèn-ilèning toya jawah.

Mila winastan nagara ing Cintakapura, kadhaton sêkar pudhak. Kabêkta pambêkaning narendra kadya angganing sêkar pudhak, gandane ing jawi lêbêt sami.

Sintên bisikaning ratu ing Ngamarta, ajêjuluk Prabu Yudhisthira, Dwijakangka, Darmakusuma, Darmawôngsa, Darmaraja, Darmaputra, Guna Talikrama.

Mila jêjuluk Prabu Yudhisthira, ratu musthikaning prajurit.

Mila jêjuluk Maharaja Puntadewa, ratu rahsaning dewa.

Mila jêjuluk Nata Dwijakangka, ratuning pandhita.

Mila jêjuluk Narpati Darmakusuma, ratu upami puspita, ingkang pantês warna lan gandane arum.

Mila jêjuluk Narendra Darmawôngsa, ratu bôngsa sae.

Mila jêjuluk Sri Bupati Darmaraja, ratu adil.

Mila jurjulukjêjuluk Nêrpati Darmaputra, dene ratu pinundhut putraning Bathara Darma.

--- 2 : 258 ---

Mila jêjuluk Sri Guna Talikrama, ratu sagêd anangsuli basa, inggih punika anêtêpi jangjining ratu.

Apa busanane ratu ing Ngamarta, agêlung kakêlingan, anting sotya, sumping rêtna pinindha gubahan surèngpati, asangsangan kêbo mênggah, arja kêlatbau naga môngsa, gêlang kana rinangkêp calumpringan, kroncong pindha awak sarpa, kampuh limar wilis, paningsêt renda gubêg, calana cindhe puspita gubêg, wangkingan warôngka ladrang, landheyan tunggak sêmi sinasotya, kandêlan kamalon rêta, sêmbulihan sumampir ing wangkingan, uncal wastra, supe tajug sakêmbaran, agêgônda marbuk arum. Nuju ari Soma Prabu Guna Talikrama miyos ing pandhapa, sintên ingkang jajar pinarak, punika kadangipun panênggak, satriya ing Munggulpawênang, sapa dasanamane, dasa sêpuluh, nama kêkasih, akêkasih Radèn Bratasena Warkodhara, Bima, Kusumadilaga, Kusumayuda, Jayalaga, Judhipati, Bayusuta, Gônda Wastratmaja, Wayuninda.

Mila kêkasih Bratasena, brata laku, sena mêngku, pranyata satriya Munggulpawênang amêngku sakèhing laku, tapane nalika taksih wontên ing bungkus, binucal ing wana Setragôndamayit.

Mila kêkasih Warkodhara, pranyata satriya Munggulpawênang kamot sajêmbaring jagade.

Mila kêkasih Judhipati, ratuning prajurit, dene satriya Munggulpawênang karêm ing prang.

Mila kêkasih Kusumadilaga, sêkaring paprangan.

--- 2 : 259 ---

Mila kêkasih Arya Kusumayuda, ing têmbe Bratayuda, ingkang minôngka sasêkar amadhangi payudan satriya ing Munggulpawênang.

Mila kêkasih Bima, kadi gangsal agêng piyambak, minôngka bapa babune Nata Pandhawa.

Mila kêkasih Jayalaga, jaya mênang laga pêrang, ing têmbe Bratayuda, angluwari para ubaya.

Mila kêkasih Bayusuta, dene pinundhut putra Bathara Bayu.

Mila kêkasih Gônda Wastratmaja, pranyata atmajaning Prabu Pandhu.

Mila kêkasih Wayuninda, karêm angin. Yèn lumampah dèn iring bajra.

Dhasar Radèn Bratasena agêng inggil sêmbada sarira jênar, jarot gagah asinggah, kumbala sakêpêl sisih cêmêng yayah minangsi, godhèk bris asimbar jaja, ing asta wulu rambat, rema dèn ore, netra andik, gumlêgêr yèn ngandika gêrêng-gêrêng pindha panggrênging èsthi, karya giris ingkang sami miyat, sêmbada prakoswa prawira ing yuda, Radèn Bratasena punika lêlajêring nagara Ngamarta, karia saayubing payung yèn misih jêjêg adêging Bratasena, dadya alit taksih panggah yudane, mila kinathik ing raka Sri Darmaputra raintên dalu. Bêbudène satriya ing Munggulpawênang yèn tinari ing karya, yèn lêmês kêna kinarya tali, yèn kaku kêna ginawe pikulan.

Sintên ingkang cakêt ngarsaning nata, keringipun Radèn Bratasena, punika panêngahing Pandhawa, sintên dasanamane, dasa sêpuluh, nama kêkasih, akêkasih Radèn Arjuna, Kumbalyali, Pamade, Parta, Dananjaya, Palguna, Kunta, Jahnawi, Kirithi, Pandhuputra, Endratanaya, Margana, Janaka.

--- 2 : 260 ---

Mila kêkasih Arjuna, toya wêning ing wadhah, satriya Madukara ênênge iya êninging panggalih.

Mila kêkasih Kumbalyali, wêwadhahing rahsa, panêngahing Pandhawa ing têmbe nurunakên ratu.

Mila kêkasih Parta, santosa, dene satriya ing Madukara santosa ing budine.

Mila kêkasih Dananjaya, satriya ing Madukara amisesa rajabrana.

Mila kêkasih Pamadi, panêngah, satriya ing Madukara panêngahing kadang Pandhawa.

Mila kêkasih Palguna, pranyata satriya ing Madukara sagêd ambobot lawaning prang.

Mila kêkasih Kunta, jêmparing, satriya ing Madukara lungiding driya pindha sanjata.

Jahnawi, banawi, dene satriya ing Madukara wiyaring pambudi lir angganing banawi.

Mila kêkasih Kirithi, pasanggiri, pranyata satriya ing Madukara angsal pasanggirining jawata, mila winênang ajodho widadari ing Endrabawana.

Mila kêkasih Pandhuputra, satriya ing Madukara atmajaning Prabu Pandhu.

Mila kêkasih Endratanaya, satriya ing Madukara pinundhut putra Bathara Endra.

Mila kêkasih Margana, satriya ing Madukara sagêd ngambah ing gêgana.

Mila kêkasih Janaka, ênggèn panitisan. Dene satriya ing Madukara [Maduka...]

--- 2 : 261 ---

[...ra] titising jawata, cinarita Bathara Wisnu binêlah panitise, kaya gêni lan urube, pami sêkar lan sarine, sêkare Janaka sarine Narayana, urube Dananjaya gênine Padmanaba, pindha satu lan rimbagan, pami suruh lumah lan kurêbe, dinulu seje warnane, ginigit tunggal rahsane. Dhasar satriya ing Madukara bagus warnane, trahing kusuma, rêmbêsing madu, wijining atapa, têdhaking andona warih, anom dhasare karêngga ing busana, mila dadya panjanging kakidung, pilih wanudya ingkang datan kasmaran miyat warnane panêngahing Pandhawa, alus ing budi tur prawira ing ayuda, mila kinasih ing ibu rama, minôngka sasêkaring praja ing Ngamarta, apa busanane satriya ing Madukara, agêlung sinapit urang, anting sotya, sumping rêtna pinindha parijatha, kalung kêbo mênggah, kêlatbau naga môngsa, gêlang kana, supe tajug kanan kering, kroncong awak sarpa kampuh limar kêtangi, paningsêt tali datu, cêlona cindhe puspita gubêg, sêmbulihan manggaran tumumpang wangkingan, warôngka ladrang, landheyan tunggak sêmi, kandêlan kamalon rêta, dhuwung tinatah tinaturêngga, akonyoh mêntahan, angagêm lisah jayèng katong, kongas gandane kadya dewa andharat.

Ingkang lênggah wingkinging narendra ragi kapering punika, satriya ing Bumiratawu, kadanging nata mijil saking Rêtna Madrim, akêkasih Radèn Nakula, ya Radèn Pintèn. Mijil kêmbar ingkang anèm, satriya ing Sawojajar, akêkasih Radèn Sadewa, ya Radèn Tangsèn. Mila sinêbut Nata Pandhawa, nata ratu, Pandhawa gangsal. Dene ratu ing Ngamarta kadang gangsal sami priya, sasat madêg ratu sowang-sowang, tur sabiyantu ing kaka narendra, Pandhawa aprajangji [apra...]

--- 2 : 262 ---

[...jangji] dènnya kêkadang, pindha antiga sapatarangan, pêcah siji, ubaya pêcah abarêng, mila najan nagari Ngamarta alit, kèringan ing parangmuka, lan Nata Pandhawa sami darbe pambêkan piyambak-piyambak. Pambêkane Sri Puntadewa, wong sapraja padha suka bungaha, sinandhang lara prihatine, mila prasaksat Prabu Puntadewa darbe rudira seta, saking mahambêg pinandhita, ratu lila ing donya tur tega ing pati, kinasih ing dewa, kinamulèn widadari, kinacèk sasamaning narendra, anglangkungi wingite karatone.

Pambêkane satriya ing Munggulpawênang, sapa bêcik kinarya bêcik, sapa ala iya dèn alani, sanajan bau kiwa têngên yèn ala binuwang, mila wadya sapraja sami ajrih asih ing Radèn Bratasena, kêkês ingkang alaku durcara.

Pambêkane satriya ing Madukara, anyamirana, maratani, amêngku sagunging wadya awon sae kawaratan. Mila janma sapraja sami asih ing panêngah Pandhawa.

Pambêkane Radèn Nakula, yèn bêcik ing têmbe, yèn ala ya ing têmbe.

Pambêkane Radèn Sadewa, ala-alane dhewe, bêcik-bêcike dhewe.

Samana nuju sri bupati miyos ing pandhapa, pêpak ingkang sami sumewa, ingkang cakêt parêkan kalih, tuwin wulucumbu Lurah Sêmar, Lurah Nala Garèng, Lurah Petruk, pra kênya sami jêjêl mungging ngajênging prabasuyasa. Cinarita ing pagêdhongan, Prabu Guna Talikrama sampun samapta badhe ngêdêgi karya dhatêng nagari Mandraka, para kadang sadaya binêkta.

Gêndhing minggah, saantawis dipun suwuk, dipun suluki pathêt sanga.

--- 2 : 263 ---

Sêkar Madurêtna lampah 12. Narpati Darmaputra myang Dananjaya | matur ring raka Narendra Harimurti | saha waspa ing madya wasananira | katur sadaya mring sang rèh madurêtna ||

Sang prabu ngandika dhatêng Parta.

Pamadi, priye lakumu ngupaya pasumbang sasrahane kakang Prabu Ngastina.

Aturipun Arjuna.

Kula nuwun kakang prabu, sampun kula kautus ngupados liman seta asrati wanudya, inggih sampun angsal, saking nagari Sokarumêmbe lajêng kula jujugakên ing Ngastina, sarêng sampun katampèn, karsanipun raka paduka kakang Prabu Kurupati, liman dikakakên lajêng ngaturakên dhatêng Mandraka, inggih kula lajêng dhatêng Mandraka, angaturakên sasrahan, sampun katampèn ing kangjêng wa Prabu Salya.

Sang prabu andangu.

Dadi saulihe si adhi banjur ora nganggo seba marang Ngastina.

Aturipun Arjuna.

Kula nuwun inggih, kula lajêng mantuk botên mawi sowan dhatêng kakang Prabu Ngastina.

Sang prabu ngandika.

Iya sanajan si adhi banjura mulih, jangji sasrahan wis katur ing kangjêng wa Prabu Mandraka, kaya wis kêna diarêp-arêp kalakone dhaup kakang Prabu Ngastina, yèn mêngkono aku tumuli seba marang Mandraka, Bratasena ayo padha mênyang Mandraka saadhi-adhimu kabèh, Si Tambakganggêng bae pijinên angrêksa [a...]

--- 2 : 264 ---

[...ngrêksa] nagara sakancane bupati, ing kadhaton kangjêng ibu adhi ingkang tak pasrahi.

Radèn Bratasena mangsuli.

Iya kakangku pambarêp, sadurunge ana pakonmu, aku wis parentah ing Si Tambakganggêng karo Si Andakasêmèlèr, ing samasa-masa kowe mangkat marang Mandraka, padha dibêcik kari rumêksa nagara, apa kowe mangkat ing dina iki.

Sang prabu mangsuli.

Iya adhi Bratasena, ayo padha mangkat ing dina iki.

Dipun suluki pathêt sanga.

Sêkar Rini lampah 17. Lêngêng gati nikang awan saba-saba nikèng Ngastina | samantara têkèng Têgalkuru Nararya Krêsna laku | sirèng Parasu Rama Kanwa Janaka durur Naradha | kapanggihi ri kang têgal milu ing karya sang bupati ||

Dipun caritakakên.

Lah ing kana ta wau, eca imbal wacana Prabu Puntadewa, kasaru dhatênge Radèn Arya Sangkuni, kèndêl ing srimanganti, angaturi uninga, parêkan matur.

Kawula nuwun kauningana, punika Radèn Arya Sangkuni badhe sowan ing gusti kula, ing mangke kèndêl ing pasowan srimanganti.

Sang prabu ngandika ing Radèn Sadewa.

Sadewa, mara paman Arya Sangkuni banjur aturana lumêbu ing kadhaton.

--- 2 : 265 ---

Aturipun Radèn Sadewa.

Kawula nuwun inggih dhatêng sêndika.

Radèn Sadewa mêdal, sampun panggih Arya Sangkuni, Radèn Sadewa matur. Paman sampeyan dipun aturi lajêng manjing kadhaton.

Arya Sangkuni amangsuli.

Inggih anak mas, raka jêngandika sinuhun napa ontên pinarak.

Wangsulanipun Sadewa.

Inggih paman, pinuju kakang prabu sampun dangu miyos ing pandhapi.

Dipun caritakakên.

Wau ta Radèn Arya Sangkuni sampun angêtap busana, anyandhak wêdhung, kerit manjing kadhaton, tinata tindake kaya kaplèsèt-plèsèta.

Mungêl ladrangan Lere-lere, Bratasena lênggah ngalih wurining nata, Parta ngalih cakêt ing ngarsa prabu kapara ngandhap, Sadewa prapta rumiyin wangsul ing palênggahanipun malih, Arya Sangkuni sinadhiyan jajar pinarak, prapta lajêng pinarak. Gôngsa lajêng kajantur, dipun caritakakên.

Lah ing kana ta wau, Radèn Arya Sangkuni dupi prapta ing taratag sinasmitan laju, rupèpèh-rupèpèh kadya sata manggih krama, sarêng sampun minggah ing pandhapa lajêng jajar palênggahan, kalangkung dènnya nganorakên jiwa, dene Prabu Puntadewa kalangkung dènira rumakêt. Mangkana pangudasmaraning driya Radèn Apatih Sangkuni. I i ya jagad dewa bathara, dene iki pinuju pêpakan anak-anakku Pandhawa.

Prabu Puntadewa ngancarani.

--- 2 : 266 ---

Paman Arya Sangkuni, sumaga kula aturi majêng gèn sampeyan pinarak, sampun sampeyan rikuh tuwin sumêlang ing panggalih paman.

Aturipun Sangkuni.

Kula nuwun inggih anak aji ing Cintakapura, pun paman amit pasang paliman tabe, kasabêta ing ila-ila dina, mugi lêpata ing tulah sarik. Pun paman ajajar pinarak ing anak prabu.

Gôngsa mantun kajantur, sawatawis lajêng dipun suwuk, dipun suluki pathêt sanga.

Sêkar Rini lampah 17. Lêlawa gumandhul ring pang kêbêt-kêbêt lir milu susah | yèn bisaa muwus pagene Pandhawa tan ana tumut | ri pati aminta prajanta sapalih sêkaring tanjung | ruru ambalasah lêsah kadi susah ngêsah kapisah ||

Ratu Ngamarta nêmbrama.

Paman Arya Sangkuni, katuran sêgan panakrama sadhatêng sampeyan ing nagari Ngamarta.

Aturipun Sangkuni.

Inggih anak aji dhatêng anuhun. Sih panakramanipun sinuhun, sadèrèng sasampunipun dahat kalingga ing murda, kula tampèni asta kêkalih, kapêtêk ing pranaja, tumanêma kulunging manah, dadosa rad daging kayuwanan kula.

Bratasena nêmbrama.

Sangkuni bagea satêkamu ing nagara Ngamarta, kowe padha bêcik.

--- 2 : 267 ---

Wangsulanipun Sangkuni.

Iya gèr, pambagemu bangêt panrimaku, sadurunge sauwise pambagemu tak tampani ing tangan loro, kapêtêk ing dhadha, tumanêma kêkulunging ati, andagingana satampèl, anggêtihana satètès, dadia caya-murcahya.

Arjuna nêmbrama.

Paman Arya Sangkuni, katuran sêgan panakrama sadhatêng sampeyan wontên ing ngarsanipun kakang prabu ing Ngamarta.

Arya Sangkuni mangsuli.

Inggih anak mas dhatêng anuhun, sadèrèng sasampunipun dahat kalinggamurda, sih panakramanipun anak mas, kula tampèni asta kêkalih, kapêtêk ing jaja, tumanêma kulunging manah, dadosa rad daging kayuwanan, amêwahana bawa lêsanane pun paman.

Nakula anêmbrama ing Sangkuni.

Paman Arya Sangkuni, kula ngaturi sênggan panakrama sadhatêng sampeyan ing nagari Ngamarta.

Sangkuni amangsuli.

Anak mas ing Bumiratawu, pasang pambage sadèrèng saêmpune sangêt panrima kula, panakramane anak anggèr, kula tampani asta kêkalih, kapêtêk ing jaja, lumèbèra ing pangkon, rad daging kayuwanan mêwahana bawa lêksanane pun paman.

Sadewa nêmbrama ing Sangkuni.

--- 2 : 268 ---

Paman Arya Sangkuni, katuran sêgan panakrama sadhatêng sampeyan ing nagari Ngamarta.

Wangsulanipun Arya Sangkuni.

Inggih anak mas ing Sawojajar, pasang pambage dhatêng pun paman, sadèrèng saêmpune anggèr, panakramane anak mas, dahat panrima kula, katampèn asta kalih, kapêtêk ing jaja, lumèbèra dhatêng pangkon, rad daging kayuwanan, amêwahana bawa lêksanane pun paman ing kapatihan.

Ratu Ngamarta ngandika.

Paman Arya Sangkuni, ragi wontên kagèting manah kula sampeyan dhatêng ing Ngamarta, punapa wontên damêl ingkang awigati, punapa namung lêlungsèn pêpanggihan kemawon.

Arya Sangkuni matur.

Anak aji, sowan kula kautus ing raka jêngandika anak Prabu Ngastina, amaringakên pangistu katur ing anak Prabu Ngamarta, tuwin dhumatêng rayi-rayi jêngandika sadaya.

Prabu Puntadewa mangsuli.

Inggih paman, kalangkung pamundhi panuwun kula, pangistunipun kakang prabu Ngastina, kula tampèni asta kalih, dahat kalinggamurda, kapêtêk ing pranaja, tumanêma kulunging manah, dadosa rad daging kayuwanan, amêwahana bawa lêksana kula.

Arya Sangkuni matur.

--- 2 : 269 ---

Ingkang kaping kalih, kula kautus matêdhani pirsa, yèn sasrahan liman sampun katampèn. Ing sapunika putri Mandraka adarbe panêdha, pangaraking pangantèn mawia patah jalu lan wanudya ingkang sami endah warninipun, ngungkulana tiyang saknagari Mandraka, punika anak prabu ing Ngamarta tuwin para rayi-rayi jêngandika Pandhawa sami dipun timbali dhatêng Ngastina, sagêda sarêng ing lampah kula, amargi rayi jêngandika anak mas ing Madukara, dipun karsakakên dados patah pangarakipun raka jêngandika anak Prabu Ngastina dhatêng ing Mandraka.

Wangsulanipun Ratu Ngamarta.

Paman Arya Sangkuni, kula kaparingan pirsa badhe pangarakipun kakang prabu, kêlangkung panuwun kula, dene karsanipun putra jêngandika, kula sakadang Pandhawa sami dipun timbali, mugi sampun dados cuwaning panggalih, amargi kula sampun karumiyinan, dipun timbali uwa Prabu Salya, inggih sapara kadang sadaya, kula sampun sagah sowan, ing dintên punika yèn ta sampeyan botêna dhatêng tumuntên saèstu kula sampun badhe bidhal sowan dhatêng nagari Mandraka.

Sinigêg dipun caritakakên.

Wau ta Radèn Arya Sangkuni, sarêng miyarsa pangandikane Sinuhun Ngamarta, yèn badhe sowan dhatêng Mandraka tuwin para kadang sadaya, mangkana panglocitaning wardaya. I i ya jagad dewa bathara, katujune durung kabanjur mangkat anak Prabu Ngamarta, jaba tak pundhute anak mas ing Madukara bae.

Dipun suluki pathêt sanga.

--- 2 : 270 ---

Sêkar Rini lampah 17. Mulat mara Sang Partasmu kamanungsan kasrêpan ring ti- | ngkahning mungsuh niran padha kadang taya wwang wanèha | ana wwang anaking yayah myang ibu lèn umanggêh paman | makadi Narpa Salya Karpa Bisma sang dwijanggêh guru ||

Lurah Sêmar nambrama ing Sangkuni.

I lah dalah ki mau Radèn Arya Sangkuni, tiwas suwe aku ora bagèkakê, Radèn sampeyan sami sugêng, sadhatêng sampeyan wontên ngarsanipun ingkang Sinuhun Ngamarta.

Sangkuni mangsuli.

Iya Sêmar, kowe bagèkake ing aku bangêt panrimaku, kok nganti talat têmên gonmu bagèkake, dene wis lêbar tarub.

Sêmar ngucap.

E kula arani dede dika niku wau, mila kula dangu botên matur. Mara thole Nala Garèng Petruk, padha bagèkna, iki kamituwane bandaramu ing Ngastina, o patih gêgêdhug têmênan. Aja na sêmbrana, dikurmat mênyang Arya Sangkuni.

Nala Garèng sumaur.

Iya ta rama, etunge aku ya wis sobat bangêt, yèn karo Radèn Plasajênar, tau-tau tak ladèni, biyèn dhèk isih ana Gajahoya, o blabane ora kira-kira. Kula matur dhatêng panjênênganipun radèn apatih, sami raharja sarawuh sampeyan Ngamarta, pangabuktai kula katura.

Arya Sangkuni mangsuli.

--- 2 : 271 ---

Iya Nala Garèng raharja lakuku, kowe ngabêkti ing aku sadurung sauwise tak trima, kowe padha bêcik Nala Garèng.

Nala Garèng mangsuli.

Inggih pangistunipun radèn apatih sami wilujêng, yèn parêng kula aturi kampir dhatêng pondhok, yèn karsa jampi kasatan toya-toya inggih botên kirang.

Sangkuni mangsuli.

Iya Nala Garèng tak trima, dadi kowe sakiki wis gawe omah, ngêndi pêrnahe gonmu ngêdêgake omah dene ngampirake aku, apa wis bêcik omahmu.

Nala Garèng mangsuli.

Inggih pangistu sampeyan dèrèng nama sae, nanging botên wontên ingkang nyamèni yèn namung saksaminipun punakawan. Rèhning sapunika kathah bancana latu, kula wau dados namung murih kalising dahana tuwin milih santosanipun. Mila inggih pagêripun banon, payonipun balabag dipun sukani dlurung, cara plat nginggil dipun sukani hèk kajêng santosa sangêt.

Patih Sangkuni pitakèn.

E e iba waragade Nala Garèng, gonmu gawe omah mêngkono kuwe, yèn mêngkono kowe iku sakiki sugih, layak ngampirake, kêlar gawe omah tembok, pêrnahe ngêndi pakampungane.

Nala Garèng mangsuli.

Etangipun tiyang trukan enggal, wau kula matur namung bujêng wilujênging bancana [ba...]

--- 2 : 272 ---

[...ncana] latu tuwin anggêr santosa, etangipun kiwa adhakan. Yèn sampeyan karsa mampir, pondhok kula wontên ngandhap karêtêg lèpèn jênês.

Petruk sumambung.

Kabangêtên Nala Garèng, ora marèn-mèrèni gone sok sêmbrana, ana ngarsaning gusti wani ngajak sêmbrana prayagung sêpah, ora idhêp mêsakake, wong wis mèwèk-mèwèk kaya bocah arêp diklêting dadak dibeda, lah mêngko yèn kêbanjur nangis sing dikon nulung sapa, cara samasa budi angèl tulung-tulungane.

Petruk matur ing Radèn Sangkuni.

Kula nuwun katuran kasêgan panakrama sarawuh sampeyan ing nagari Ngamarta sami wilujêng, pangabêkti kula katura ing radèn apatih.

Arya Sangkuni mangsuli.

Iya Petruk tak trima kowe bagèkake ing aku, kowe padha bêcik.

Aturipun Petruk.

Inggih nuwun pangistu sampeyan wilujêng, sampeyan wau punapa inggih lajêng jugug ing ngriki mawon. Yèn kaparêng kula aturi lajêng baung pisan.

Patih Sangkuni watuk kapingkêl-pingkêl.

Èhèk, èhèk. I yah bok ya padha mingkir, iki rak dudu sabaène, kathik ana wong udud ambune nganti nyêkakake napas mêngkene kiye, ana kukus rokok nganti kumêlun kaya ampak-ampak. Gandane

--- 2 : 273 ---

kaya wong dadèn gêni arêng sêtom, awèta mambu mêngkene sêpasar bae tak kira kêtiwasan.

Sêmar mojar mring Petruk.

Iku bocah apa, dene ora tata, sing kok linting nganti kaya bêdhiyang kuwe apa, nganti dadèkake angot gêrahe napas Radèn Sangkuni.

Petruk gumuyu sumaur.

Hêng hêk, bangêt têmên olèhe apêsan. Jare ganêpa sêpasar mambu gandane olèhku sês tiwas.

Nala Garèng sumabung.

Hah layak Truk. Jêr ududmu ora kaprah, bako tampangan sêmono dilinting klaras dadi siji, gêdhene nganti sak lêngên, diwuri mênyan saklungsu, lirange rong kêpêl, mulane sing lara napas banjur kêkêl.

Arya Sangkuni matur ing Ratu Ngamarta.

Anak prabu, punika wau wêlingipun raka jêngandika Sinuhun Ngastina, yèn anak prabu botên sagêd sowan dhatêng Ngastina, namung rayi jêngandika anak mas ing Madukara sampun ngantos botên sowan, sagêda sarêng salampah kula, sabab punika parlu badhe kadamêl patah, minôngka sisihanipun bakyu jêngandika pun Drusilawati.

Ratu Ngamarta mangsuli.

Inggih paman arya, pamundhutipun putra jêngandika pun adhi Madukara, kula sumaga, mugi paman andhawuhna piyambak dhatêng pun Pamadi.

Radèn Sangkuni matur.

--- 2 : 274 ---

Anak mas ing Madukara, punika karsanipun raka jêngandika anak Prabu Ngamarta botên sagêd sowan dhatêng Ngastina, namung sampeyan parêng lajêng sowan dhatêng Ngastina, kadospundi anak mas mugi wêlasa dhatêng raka jêngandika Sinuhun Ngastina, botên saèstu ngarak, yèn dèrèng angsal patah jalu wanudya ingkang endah warnanipun, sagêda ngungkuli tiyang saknagari Mandraka, yèn botên anak mas sowan, tamtu uwuk damêlipun ingkang raka Ngastina.

Aturipun Parta.

Inggih paman, manawi sampun parêng kakang prabu, kula sêndika dêrmi nglampahi.

Sinigêg Lurah Petruk nyêlani ngucap ing Nala Garèng.

Nala Garèng, gumun aku ngrasakake Patih Sêngkuwèh, olèhe tlatèn jlimêt, liyane pyayi Ngasinan apa kêduga ngambah lurung Ngamarta, ora kèlingan nalika diuyak-uyak gajah kae.

Nala Garèng sumaur.

Mendah puna lali, kuwe ya ijèh kèlingan, saking bangêtê kêbutuh, yaiku jênênge wong pintêr, manawa ora direwangi saèn wahimul, masa sidaa mantu, sing arêp dilêbokake patah sapa, Kurawa Ngastina digolèkana nganti sêpasar, iya sida ora olèh sing bagus ngungkuli wong Mandraka.

Ratu Ngamarta ngandika.

Pamadi, iya kowe bae sebaa marang Ngastina, padha panduman gawe, aku sakadang-kadangmu kabèh marang Mandraka, dadi padha kêcukup parlune adhi.

--- 2 : 275 ---

Aturipun Arjuna.

Kawula nuwun inggih dhatêng sêndika, yèn sampun rampung timbalanipun kakang prabu, kula amit madal pasihanira jêng sinuhun, manggiha suka ing sawingking kula.

Ratu Ngamarta mangsuli.

Iya Pamadi, aku jumurung, muga arjaa ing lakumu, dene aku iya mangkat ing sadina iki.

Arya Sangkuni pamit.

Anak prabu, manawi sampun rampung ing karsanipun anak prabu, kula amit madal pasihanira jêng sinuhun, manggiha suka ing sawingking kula.

Ratu Ngamarta amangsuli.

Inggih paman Arya Sangkuni, kula jumurung mugi raharjaa ing lampah sampeyan, pangabêkti kula katura kakang prabu ing Ngastina, botên langkung kula nyuwun pangaksama, dene botên sagêd sowan dhatêng Ngastina.

Aturipun Sangkuni.

Inggih anak prabu dhatêng anuhun, maga anak mas ing Madukara sami mangkat.

Arjuna mangsuli sarta ngandika ing punakawan.

Inggih paman arya sumaga. Ayo kakang Sêmar padha mangkat saanak-anakmu padha milua.

Arjuna Sangkuni tuwin punakawan sami mundur, dipun suluki pathêt sanga.

Sêkar Madurêtna lampah 12. Narpati Darmaputra myang Dananjaya |

--- 2 : 276 ---

matur ring raka Narendra Harimurti | saha waspa ing madya wasananira | katur sadaya mring sang rèh madurêtna ||

Ratu Ngamarta ngandika.

Adhi Bratasena, ayo mangkat tumuli, nanging padha lumaku lêlancaran bae.

Aturipun Bratasena.

Iya kakangku pambarêp, yèn amrih gancang ayo tak gawa ing kancing gêlung kene, dene Si Nakula Si Sadewa, karêpe padha manggon ing jroning porong, iku bisa gêlis, kaya ora nganti kadhinginan têkaning pangantèn.

Ratu Ngamarta ngandika.

Iya Bratasena, prayoga supaya gêlis têkan ing nagara Mandraka.

Sinuhun Ngamarta sampun manjing ing kancing gêlung, Nakula Sadewa dinèkèk ing porong, gôngsa mungêl plajêngan sanga, Bima kalampahakên, sawatawis Bratasena kèndêl lampahipun. Gôngsa dipun suwuk, dipun suluki grêgêt saut sanga.

Sêkar Sulanjari lampah 20. Tandya bala Pandhawambyuk gumulung mangusir ring sata Kurawa | kambah kosik sru katitih mirut kerut larut katut para ratu | tuwin sagung pra dipati katut kapalayu sigra praptanira | Aswatama têtanya lah pagene ta iki ya padha lumayu ||

Dipun caritakakên.

Lah ing kana ta wau, satriya Munggulpawênang inggal mêdal ing jawi, pantês tan [ta...]

--- 2 : 277 ---

[...n] ana wingwang, Radèn Bratasena yèn arsa lumampah, sampun ngrasuk busana, rema dèn ore kinancing grudha mungkur cinandhi rêngga, pupuk mas ciri ing palarapan. Karsane satriya Munggulpawênang, busana kinarya pasêmon, minôngka pangèngêt-èngêt anon cahya mancur sacakraning gilingan.

Mila sumping jaroting ngasêm kêncana ingkang kinarya, pranyata Bratasena pintêr api balilu, budine ngrawit pindha jaroting asêm, anting sotya tinumpangan sêkar pudhak putih, karsane Radèn Bratasena, yèn wangi jaba ya wangi ing jêrone.

Mila sangsangan naga bônda, naga sarpa raja, bônda têtalingan angga, Bratasena yèn bôndayuda, datan purun lumajêng, nora watak kalah, kalahe mati, karosane amadhani kruraning taksaka.

Mila kêlatbau rineka manggis ginubah katut têkan kêndhagane, karsane Radèn Bratasena, praptaning wêkasan, sirnaa barêng lan jagade tan ana kari.

Mila binggêl côndrakirana, côndra wulan, kirana tulis. Radèn Bratasena dènnya pruwita tanpa papan tulis, sumilak padhang kadya wulan purnama.

Mila ngangge kuku pôncanaka, salancur sisih, kuku landhêp Radèn Bratasena angungkabi kabisan, tuwin dadya pikukuhing kadang Pandhawa.

Mila kakroncong sarpa raja anggubêt pada, kinarya pangèngêt-èngêt sagêde panggih lan jawata mungging têlênging samudra sapêjahing naga ingkang mulêt ing sarira.

--- 2 : 278 ---

Cawêt polèng bang bintulu aji lêlima kinarya pangèngêt-èngêt têbiha nêpsune gangsal prakawis.

Paningsêt cindhe bara angrawit, binêlah numpang wêntis kanan kering, karsane satriya Munggulpawênang, kanan kering sami warnanipun, sayêkti Bratasena sagêd ambedakakên. Satriya ing Munggulpawênang, yèn lumampah mung lumumpat, tanpa wadya, mung bajra sindhung riwut prabawaning Bratasena, samana sampun matak aji jayasangara, wungkal bênêr tuwin ari Bandung Bôndawasa, mêdal bayu bajra saking sarira.

Kajêng pinêtha linampahakên rumiyin, dipun suluki grêgêt saut sanga.

Sêkar Wisalyaharini lampah 21. Kan mangsah ambêk pêjah cangcut gumrêgut manjing ing samudra tulyadrêng | wiraganya lêgawa banyu sumaput wêntis mêlêk ing angganira | alun pan sumarambah sumêngêp anampêki migêg jôngga kang warih | katon kambang-kumambang gêngnya sawukir anak ngakak galak kumêlap ||

Dipun caritakakên.

Wau ta sangsaya agêng bayu bajra ingkang mêdal sangking angganing Bima, kumpul bayu gangsal.

Bayu ingkang kuning, ingkang darbèni Bagawan Maenaka, lêlima nunggal bayu.

Bayu ingkang ijo, ingkang darbèni liman Satubônda, lêlima nunggal bayu.

Bayu ingkang abang, ingkang darbèni wil Jajahwrêka, lêlima nunggal bayu.

Bayu ingkang putih, ingkang darbèni Bagawan Kapiwara, lêlima anunggal bayu.

--- 2 : 279 ---

Bayu ingkang irêng, ingkang darbèni satriya ing Munggulpawênang, sampun kumpul bayu dadi sawiji, anglangkungi agênging prahara sindhung aliwawar, Bratasena yèn lumumpat tanpa menggok, sanajan arga tuwin jurang tinênggêl kimawon, lumpate Radèn Bratasena sapandêlêng gajah, prahara narajang kajêng kang jêro pancêre pokah, ingkang cèthèk pancêre rungkat, sigra lumumpat Radèn Bratasena kêbat kaya kilat, kêsit kaya thathit.

Gôngsa mungêl plajêngan sanga, Bratasena kalumpatakên sawatawis dangunipun. Gôngsa kasirêp dados ayak-ayakan. Arjuna Sangkuni sapunakawanipun sami kalampahakên, sami kèndêl lampahipun. Gôngsa dipun jantur, dipun caritakakên.

Sinigêg lampahe satriya ing Madukara, kèndêl sajawining praja, samarga-marga janma papagan, lajêng sami dêdulu, nagari Ngamarta samya orêg janma sapraja, dene Nata Pandhawa sadaya linggar, wênèh ana ingkang sêja sami pirsa tindake sang prabu, nanging sampun kaliwat. Mangkana satriya Madukara, lan Rêkyana Patih Sangkuni, samawana rêpat punakawan, sêja laju dhatêng Ngastina.

Gôngsa mantun kajantur, Parta, Sangkuni, Sêmar, Nala Garèng, Petruk, sami kalampahakên, Sawatawis lampahan, kajêng katancêpakên têngah, gôngsa kasuwuk, dipun suluki pathêt sanga.

Sêkar Bramara Wilasita lampah 11. Jahning yahning talaga kadi langit | kêmbang tapas wulan upamaneka | wintang tulya kusuma yu sumawur | lumranging kang sari kadi jaladha ||

Dipun caritakakên.

--- 2 : 280 ---

Lah ing kana ta wau, sampun lêpas lampahe Radèn Pamadi, kalih Radèn Arya Sangkuni, samawana rêpat punakawan tiga, kapungkur nagari ing Ngamarta, sampun ngancik jajahan ing Ngastina, sinigêg ingkang lagya lumampah, gênti kocapa barisaning yaksa, kaya jangkrik dèn kilèni.

Mungêl ladrangan Jangkrik Genggong, ngadêg Kalapramuka, Gêndhingcluring, Ditya Sandhunggunung, gamêlan kajantur, dipun caritakakên.

Anênggih ing pundi ingkang gênti kocapa, ing marga catur, sintên ingkang sami baris ing dalan prapatan. Rota danawa caraka ing Tasikmadu, awasta Tumênggung Kalapramuka, NgabètiNgabèi Gêndhingcaluring tuwin Ngabèi Sandhunggunung, mila sami apacakbaris. Punggawa ing Tasikmadu sami tinuju ing bingung, lampahe sêja dhatêng nagari Mandraka, katêlanjur dumugi jajahan Ngastina, margi angêtutakên undure prajurit Mandraka, wêkasan para rasaksa sami karya tarup wangunan, anèng margi prapatan, tan kêna kambah ing manungsa, wataking buta, angangge pambêkan, kandhang tanpa palang, lawang datanpa kancing, awèh jaluk, ora awèh dipèk. Padhusunan ingkang cêlak pabarisan, sami giris angungsi wana tuwin jurang, sami nêbih saking pabarisan. Yaksa sami dhatêng padhusunan, angrêrayah rajakayaning wong padesan gêmpur dipun rayah, yèn kêcandhak wong kang lanang dipun wiyungyung, yèn kacandhak wong wadon dipun onthoh-onthoh, mila janma sami giris atilar made griyanipun.

Gôngsa mantun dipun jantur, saantawis dipun suwuk, dipun suluki grêgêt saut sanga.

Sêkar Rini lampah 17. Ana kang wre tunggal kagiri-giri gêngnya [gêng...]

--- 2 : 281 ---

[...nya] gra magalak | ahêng karambêknya gora-godha tanangga tulungana | tinêpak kaparsat buta kabarubuh puh kayu pokah | bêlah bêntar sirna watu kumalasa syuh kabarubuh ||

Ditya Gêndhingcluring ngucap.

Ki raka kadospundi lampah punika, tangèh sagêda dumugi ing Mandraka, dene sampun pêndhak dintên taksih dèrèng sagêd kesah sangking panggenan.

Kalapramuka mangsuli.

Sêpuluh priye adhi, karêpku iya sadaya-daya têkana Mandraka, wong durung kaparêng karsaning abathara, dene kônca sapabarisan, padha dhewe-dhewe pangrasane, keblate ora kêna tinurut. Têkan Lurah Wijamantri karo Si Sarawita iya padha kèngrê pangrasane, kêjaba ngupaya wong bumi diopahi kon tuduh marga kang anjog ing nagara Mandraka.

Ditya Gêndhingcluring matur.

Inggih ki raka, kula sumêja pitakèn tiyang padhusunan sami bibar lumajêng, dhusun ingkang cêlak pabarisan punika sampun sami suwung sadaya, yèn kula sumêja nglajêngakên lampah badhe pados janma kang kenging kula kèn atêdah margi, inggih wangsul dumugi ngriki malih, kantos kakên manah kula, dene botên sagêd dugi Mandraka.

Ditya Kalapramuka ngucap.

Adhi kajaba disarèhake sawatara, nanging aku ngungun patrap panganggomu, apa si adhi iku lumaku kautus ing gusti, apa lumaku gawemu dhewe, dene rina wêngi anayub, lèrèn banjur ngrayah anjarah, kaya dudu

--- 2 : 282 ---

kawulaning ratu, gawe tindak sakama-kama, upama kawênangan ingkang duwe jajahan, ora wurung gêgawa ala ing ngakèh, sisip sêmbir gêpok wangkonging gusti.

Sauripun Ditya Gêndhingcluring.

Ki raka, gèn kula rintên dalu sukan-sukan punika, saking kakên raosing manah, dene gèn kula anjêjarah, lah punapa wontên tiyang padhusunan pundi ingkang kula purugi sami bibar atilar wisma, manawi wontên krudhanipun ingkang gadhah jajahan, sampun jêngandika tumut-tumut, kapanggiha rayi sampeyan piyambak, kula noknon.

Sinigêg, Lurah Togog Sarawita prapta, dipun suluki grêgêt saut sanga.

Sêkar Kusumawicitra lampah 12. Buta Pandhawa tata gati wisaya | indri yaksa sara maruta pawana | bana marga samirana lan warayang | pônca bayu wisikan gulingan lima ||

Kalapramuka tanya.

Kowe Wijamantri tuwin Sarawita, padha seba ora tak timbali.

Togog matur.

Kula ngaturi wuninga ing sampeyan, punika wontên satriya lumampah, anêrak pabarisan, danawa alit sami bibar-bibar, rencangipun ugal-ugalan. Êng hêng edan-edanan, Sarawita punika wau dipun plêsit.

Sarawita ngucap.

--- 2 : 283 ---

Aru kang thukun, dhudhu karêpe dhewe, ingsun dhidhiplêthêr si engkluk dhidhulang thethlong kanthi athop. Kathujune thuli uwal.

Kalapramuka ngucap.

I bojlèng bojlèng bulis lanat ajêjegan, lidok ujaring wong dhaplok. Adhi Gêndhingcaluring, dene iki ana satriya lumaku nrajang baris, priye karêpe si adhi.

Gêndhingcluring matur.

Ki raka yèn suwawi, kajawi lajêng dipun cêpêng kimawon, satriya kang purun narajang baris punika.

Ditya Kalapramuka sumaur.

Iya adhi, prayoga takonana dhingin, yèn kêna dikon nuduhake marga, aja kok sikara, yèn nora kêduga tuduh marga, bôndawasanana.

Gêndhingcluring mojar.

Togog, pira rewange satriya ingkang nrajang baris, dene ambêk kumawani.

Aturipun Togog.

O kyai, rencangipun namung tiga, kancanipun namung satunggal sampun kapara sêpuh.

Gêndhingcluring matur.

Ki raka kantuna pinarak, kula pitakènane satriya ingkang nrajang baris. Apa mêntas gêguru anyar arêp jêlirake kaprawirane, dene sugih kêndêl abôndha wani.

--- 2 : 284 ---

Kalapramuka mangsuli.

Iya adhi takonana, aja kaya bocah, ingkang prayitna, ingkang manawa gragap, cêkêlên.

Gôngsa mungêl plajêngan sanga, danawa sami mangkat. Togog, Sarawita, Gêndhingcluring sami lumampah rumiyin, lajêng Kalapramuka, tuwin Ditya Sandhunggunung kalampahakên. Ngadêg Arjuna, Sangkuni wontên wingking, Sêmar Nala Garèng Petruk sami lungguh ngandhap. Yaksa prapta ngarsaning Sang Parta gora-godha, laju lungguh, Togog Sarawita lungguh ngandhaping yaksa, gôngsa dipun suwuk, dipun suluki grêgêt saut sanga.

Sêkar Rini lampah 17. Punggawa prayitna pudhêndha mangaran amamrih lawan | Sang Dasawadana manuduh punggawa wira dumraksa | mangrusak ing gêlar ardacandranira Patih Suwônda | gadgada umasah wahana dwipangga mangundha dhandha ||

Yaksa ngucap.

Cat candhala, cêcundhik kokulandara iya kenthol apa bagus, ngakua sapa jênêng ngêndi omah, ngêndi omah sapa jênêng, ana ditakoni ora gêlêm sumaur, apa budhêg, apa pancèn bisu, apa watir yèn ilang mut-êmutane intên wong iki, apa pancèn kamitênggêngên wêdi ing aku, mlayua ora-orane tak buru.

Arjuna sumaur.

Buta gêlahing jagad, ilu-ilu banaspati pêpadhamu, takon angêdak-êdakake, gusah kaya manuk, gêtak kaya marang bêburon,

--- 2 : 285 ---

ambêke kaya kinawêdèn, najan kowe buta ngêndi dhangkamu sapa jênêngmu.

Yaksa sumaur.

I babo, ardawalepa wong iki, ditakoni durung ngaku malah anjujung dhôngka, najan aku buta dudu buta rucah, isih buta bupati, wênang lungguh lampit aliyangan kêndhaga.

Parta sumaur.

Sanajan kowe jênênga bupati, ujêr rupamu buta, mulane tak arani panggonamu dhêdhôngka, kowe ingkang kapara sôngga, jamak lumrah wong têtakon, gênti tinakonan, apa ora mêngkono.

Yaksa sumaur.

Ya bênêr têka kowe, sisip saka ing aku, yèn lumuh kêsosor basamu, aku têka nagara ing Tasikmadu, utusane gustiku Prabu Partasudarma, aranku, ora nana kaya Ditya Gêndhingcluring, sotat pamatut barang, anyah hah hah hah. Kowe sapa aranmu ing ngêndi pinangkamu.

Arjuna sumaur.

Kowe takon aranku, diwaraha wong sajagad masa anaa papat kaya Radèn Pamadi, pinangkaku saka nagara Ngamarta, kowe arêp apa buta angandhêg gonku lumaku, mêngko aja anyêgati dalan tak liwat.

Yaksa sumaur.

Mulane aku nyêgati gonmu lumaku, satêmêne lakuku iki katuju bingung, sakancaku kabèh ora nana sumurup ing keblat, mara aku tuduhna dalan kang anjog nagara Mandraka, jangji kowe gêlêm tuduh marga, yèn [yè...]

--- 2 : 286 ---

[...n] kowe kêpengin nunggang jaran tak tunggangake, dene yèn arêp jaluk mas picis rajabrana, aranana bae tak wènèhi apa ing sapanjalukmu.

Parta sumaur.

Ora watak Janaka angalap opah, buta aja ana dalan takliwat.

Yaksa sugal angucap.

I babo, yèn mêngkono kowe aja liwat, marga dalan iki dadi pambarisaning kancaku buta, yèn kowe kudu lumaku, iya kêna nanging tinggala busana, panganggomu iku kalêbu larangane gustiku.

Parta sumaur.

Apa larangane ratumu, dene ora nana gawar kakênthêng angêdêgake larangan. Apa dhasar kowe sumêja begal aring-aring.

Arya Sangkuni ngucap.

E lah kêtiwasan, kadospundi anak mas, suwawi mundur mawon, masa kiranga margi, pados ingkang botên dipun gèni rasaksa.

Parta mangsuli dhatêng Sangkuni.

Paman Arya Sangkuni, kula aturi mire kimawon, kajêngipun yaksa sumêja sikara, masa kula suminggaha. Sêmar Nala Garèng Petruk, padha sumingkira. Mawi banyolan sawatawis. Sasampunipun banyolan, Sangkuni, Sêmar, Nala Garèng, Petruk sami sumingkir, yaksa ngucap ing Radèn Pamadi.

Busanamu gêlung supit urang, dodot balênggèn, calana cindhe gubêg, kêris ukiran tunggak sêmi warôngka ladrang mata widhêng pêndhok kêmalon abang, iku kabèh agême gustiku, ora kêna dinggo sok [so...]

--- 2 : 287 ---

[...k] wonga, ora susah gawar kakênthêng dhas buta pating jênggêlêk. Mara ulungna kabèh iku, kowe lumakua cotha bae.

Arjuna sumaur.

Apa abamu, arêp jaluk busanaku, jaba yèn wus tugêl murdane Pamadi kêna kok jaluk busanane, mara têkakna budimu, ora-orane tak tinggal lumayu.

Rasaksa ngucap.

I babo, gêdhemu cilik, dhuwurmu èndhèk, arêp lumawan ing aku, aja yèn kêna tak eman, kêjêra kaya manuk branjangan, kopat-kapita kaya ula tapak angin, jaba kowe bisa ilang tak kêdhèpake aku wêgah. Togog cêpakna tali bandhangmu, tak bôndawasanane Si Pamadi, masa gondroa sêpira ora.

Gôngsa mungêl plajêngan sanga, lajêng prang sêkar, mawi banyolan. Gêndhingcluring kaplajêng nêdha bantu, Kalapramuka mangsah ing pabaratan. Gôngsa dipun suwuk, dipun suluki grêgêt saut sanga.

Sêkar Rini lampah 17. Yaksa gora rupa ri sêdhêng Sang Kumbakarna lêlaku | kan malwa linging kang gambira wangarah angisis siyung | umijil prabawa lesus lèn prakêmpa gora walikan | ditya durbalarsa mrih curnanirèng lawan wira tri rodra ||

Gêndhingcluring nguwuh-uwuh.

Ki raka nêdha bantu, dede suwadose, botên kenging dipudipun krokos ki raka.

--- 2 : 288 ---

Kalapramuka ngucap.

E si adhi, bisa miwiti ora bisa mêkasi, saguhe kaya mutungna wêsi gêligên. Têkaning don mung sêmono bobote. Hèh satriya sapa aranmu, ngakua mungpung isih basuki, aja mati tanpa aran.

Arjuna sumaur.

Kowe takon aranku, ora ana papat kaya Radèn Pamadi, kowe buta sapa aranmu, aja kowe numbak atanbuh, ngakua mungpung durung kapara ing tiwas.

Yaksa sumaur.

Kowe takon aranku, ora nana kaya Kalapramuka, Pamadi yèn kêna tak eman mundura, masa kêlara kowe lawan yuda lan aku, gêdhemu cilik, dhuwurmi èndhèk, kêkêjêra kaya manuk branjangan, kopat-kapita kaya ula tapak angin, masa wurunga krasa dening tanganku.

Gôngsa mungêl plajêngan sanga, lajêng prang Kalapramuka kalih Arjuna, dangu dènira yuda, Parta tinubruk-tubruk lêpat. Yaksa jinambak tinêpak kalênggak dhawah gumlundhung, tangi kèndêl napas akêsot-kêsotan. Gôngsa dipun suwuk, dipun suluki grêgêt sanga.

Sêkar Wisalyaharini lampah 21. Rasaksa aprayitna anggrêng krura wiroda agung agora-godha | bêgor swara gurnita samya sikêp sanjata samarga girang-girang | mintonkên krodhanira sura mahambêg pagut ing prang atêpung lawan | mungsuh tripura basmi sami molahkên dhêndha ring rêngganing swandana ||

--- 2 : 289 ---

Parta sêsumbar.

Arêbutên mit satriya kuwasa, anglana dikara, imbang-imbangana tan bara, lêganing atiku, aja gênti mara, barênga maju, yaksa gêlahing jagad, agêndhak sikara ing aku.

Kalapramuka ngucap.

I bojlèng bojlèng bêlis lanat ajêjegan. Tandange kaya sikatan anyambêr, kêdhali nyampar banyu, tangane dene kaya gayung wêsi, nyata yèn prawira, patut pinuji punjul samaning prajurit, Pamadi aja girang-girang sêsumbar, ora-orane tak tinggal oncat, apa mung sêmono botmu ing prang.

Arjuna anauri ujar.

Bobot karêping lawan arêp apa, yèn arêp kaduga balia bôndayuda, mara lêganing atiku majua, tak uja sabudimu.

Raksasa sumaur.

Hèh Pamadi, upama jago tarung lumrah gênti gitik-ginitik. Antinên manawa ana wêwalêse ing buri, adoh kowe tak bêntur, cêdhancêdhak tak saut, masa umana papan.

Gôngsa mungêl plajêngan sanga, yaksa mangsah prang, dangu-dangu Arjuna kasaut binucal kabuncang, dhawah têbah, Sêmar prapta saanakipun, tuwin Arya Sangkuni, gôngsa kasuwuk, dipun suluki pathêt sanga.

Sêkar Sardulawikridita lampah 19. Kan Seta umangsah krodhanira dening patining ari kalih | tumanduk sabala galak lir sardula sêdhêng

--- 2 : 290 ---

môngsa kumêrut | prawira Wiratha umangsah mangukih lir buta môngsa daging | Seta Senapati gumrit ratanira mênthang langkap nglêpasi ||

Sêmar nangis sarwi parikan.

Lae bapa bêndaraku, adhuh lêlancurku, suwawi kula aturi angindhên kori, sumaga lumèrèg, suwawi kula aturi nyenthe jurang, sumaga lumajar, kula aturi noya mulêk, sumaga sama wangsul.

Arya Sangkuni matur ing Radèn Pamadi.

Anak mas, lêrês aturipun pun Sêmar, prayogi dipun unduri, dede sêsanggèn. Sampeyan tiyang satunggal, otota kawat balunga wêsi asungsuma gêgalan, botên wande rêmpu, margi kêkathahên lawan. Kalampahan sampeyan kapara ing tiwas, iba dukanipun raka jêngandika kangjêng sinuhun ing Ngastina dhatêng kula, katomah botên apalimarma.

Arjuna amangsuli.

Paman, sampun sampeyan sumêlang, kula dèrèng rumaos wêgah alawan bôndayuda kalih yaksa punika, najan kula dipun saut kabucal ngantos dhawah têbih mangkatên, nanging botên wontên ingkang kraos sakit. Kakang aja nangis, mundhak gêdhèkake pikiring buta, anggêmpalakên atining rewang.

Petruk ngucap ing Nala Garèng.

Kang Garèng, katênta Radèn Arya Sêngkuwe dicara Kurawa kae bungah yèn prang dijak mundur banjur sumranthal, lali nèk kanthi karo aku, ngilang-ngilangake Radèn Banjaransari.

--- 2 : 291 ---

Nala Garèng sumaur.

Ha ha sarawilah, sing jênêng Banjaransari kuwe sapa Truk, apa kowe.

Sauripun Petruk.

Lah nèk ora ingong sapa, apa kowe, apa nyanamu ora wis lawas, hèh gonku jêjuluk Banjaransari, Iman Suwôngsa ya Anjasmara.

Arya Sangkuni matur.

Sokur yèn anak mas botên wontên ingkang karaos sakit, inggih prayogi anak mas angatos-atos, danawane galak têmên.

Parta ngandika ing Sêmar.

Kakang Sêmar, jukukên panahku si arya sangkali, tak lêpasane panah buta iki.

Sêmar mêndhêt jêmparing, Sangkuni sumingkir, yaksa sêsumbar,

Hah rêbutên, sura mrata jaya mrata, iki Kalapramuka, padha yèn padhaa, Pamadi iku kang kanti rasa, lumuh ginawe bêcik, ora kêna tak eman, tak tarka ngêmping lara gege pati, dene wani lawan yuda lan aku, kèdhêp kula brajamu, mati ngadêg kalakon.

Arjuna sumaur.

Hèh buta gêlahing jagat, mara êlèkna matamu, tamatna yèn ana kang gogrok wuluku salômba, padhakna tatu arang kranjang, yèn bêrètku, lokna mati Janaka.

Kalapramuka ngucap.

I bojlèng bojlèng bulis lanat ajêjegan, nyata prawira, dene

--- 2 : 292 ---

isih wantala, tak sêngguh mati ngadêg, mara malêsa, aja katon wong lanang dhewe.

Parta sumaur.

Iya buta tak walês, apa ingkang katon iki.

Sauripun rasaksa.

Ingkang katon iku warga sopanataka, warga parêk, sopana dalan, taka pati, panahmu iku yèn tumiba ora kabênêran kang nadhahi, dadi dalaning pati, yèn aku kang nadhahi masa dadia apa, panah gêdhene ora nana sagodhong pari, dadak dibat-êmbat. Mara tibakna tak tadhahane, ora-orane tak tadhahi gigir, tautate Kalapramuka ora pasah tapak paluning apandhe, panahmu sêmono manèh yèn pasaha ing aku.

Pamadi ngucap.

Iya Kalapramuka, tak lêpasne panahku tadhahana, yèn cupêt sandêrên, sumurup dhodhokana, manawa langkah lunjakên, kêtiban si arya sangkali, dak kira sida balai antakamu.

Gôngsa mungêl plajêngan sanga, jêmparing lumêpas, yaksa kawatgata jajanira pêjah kapisanan. Ditya Sandhunggunung mangsah, prang lan Petruk, mawi banyolan sawatawis. Yaksa sampun pêjah tiga pisan, para yaksa alit-alit sami bibar lumajêng, tuwin Togog Sarawita wangsul mantuk mring praja Tasikmadu. Arjuna, Sangkuni, Sêmar saanakipun sami lênggahan. Gôngsa dipun suwuk, dipun suluki pathêt sanga.

--- 2 : 293 ---

Sêkar Rini lampah: 17. Lêlawa gumandhul ring pang kêbêt-kêbêt lir milu susah | yèn bisaa muwus pagene Pandhawa tan ana tumut | ri pati aminta prajanta sapalih sêkaring tanjung | ruru ambalasah lêsah kadi susah ngêsah kapisah ||

Parta ngandika ing Sêmar.

Kakang Nayataka, apa wis ora nana kari buta ingkang sumêja agêndhak sikara ing lakuku kakang.

Aturipun Sêmar.

Bandara dangu rota danawa ingkang sami bôndayuda punika wau, sarêng sampun pêjah punggawanipun, lajêng sami bibar lumajêng sadaya.

Arya Sangkuni matur ing Parta.

Sumaga anak mas sami lajêng lumampah sasêlot-sêlotipun.

Arjuna mangsuli.

Inggih paman sumaga. Ayo Sêmar Nala Garèng Petruk, padha banjur, daya-daya têkana nagara Ngastina.

Dipun suluki elayana pathêt sanga, sadugining pada ayak-ayakan sanga lajêng ngêlik.

Sêkar Rini lampah 17. Mulat mara Sang Partasmu kamanusan kasrêpan ring ti- | ngkahning mungsuh niran padha kadang taya wwang wanèha | ana wwang anaking yayah myang ibu lèn umanggêh paman | makadi Narpa Salya Karna Bisma sang dwijanggê guru ||

Arjuna Sangkuni sapunakawan tiga, sami kalampahakên sawatawis lampahan, [lampah...]

--- 2 : 294 ---

[...an,] ayak-ayakan kasuwuk. Kajêng katancêpakên têngah, tanpa dipun suluki lajêng kacaritakakên.

Lah ing kana ta wau, satriya ing Madukara tuwin Radèn Sangkuni, samawana rêpat punakawan, Lurah Sêmar, Nala Garèng, Lurah Petruk, lajêng lampahe dhatêng Ngastina, punggawa yaksa ingkang sami pêjah ing prang, binêkta mantuk dhatêng Tasikmadu, pinikul ing kancanipun yaksa alit-alit. Lurah Wijamantri tuwin Sarawita inggal mêndhêt pustaka kang pinundhi ing yaksa binêkta wangsul mantuk. Sinigêg gênti kocapa, ing nagari Banakêling, pindha ungkrêring panjalin.

Mungêl gêndhing Gêndhu, ngadêg Prabu Bagawan Sapwani, parêkan kalih, kang ngadhêp ing ngarsa Radèn Jayadrata tuwin Patih Darubaka, gôngsa kajantur, dipun caritakakên.

Anênggih nagari ing pundi ingkang gênti kaucapakên, nagari ing Banakêling, sintên bisikaning ratu, ajêjuluk Prabu Bagawan Sapwani Wijayaastra, nuju miyos ing pandhapa animbali Rêkyana Patih Darubaka, anggalih kesahe ingkang putra Radèn Jayadrata, sampun dangu badhe utusan nusul, kasaru Radèn Jayadrata prapta, kalangkung sukaning wardaya Prabu Bagawan Sapwani, Radèn Jayadrata katingal têbih dèn awe rupèpèh-rupèpèh pindha sata manggih krama, cêlak rinakêtakên, prapta mangraup pada rinangkul lungayane, Radèn Jayadrata anulya lênggah tumungkul amarikêlu, kaya konjêma ing bantala wadanane, têka mangkana pangudasmaraning driya Prabu Bagawan Sapwani, i i ya jagad dewa bathara, dene lagi arêp tak kon nusul anakku [ana...]

--- 2 : 295 ---

[...kku] nuli prapta, apa baya katampan gone suwita ing Radèn Bratasena.

Gôngsa kaunggahakên, sawatawis dipun suwuk, dipun suluki pathêt sanga.

Sêkar Sardulawikridita lampah 19. Tatkala narpa ceda mati nguni wèh sang sastra darma parêng | kantèki raina masangsaya mawas hyang surya lumrèng rana | makansêh nira Sang Wiratha narpa lèn panca araja madulur | Nirbita mangka pangruhun putunira wiratriya nindita ||

Sang prabu ngandika ing putra.

Kulup Tirtanata, padha raharja lakumu marang nagara Ngastina, apa bisa kanggêp gonmu suwita.

Aturipun Jayadrata.

Kula nuwun inggih kangjêng rama, sampun kula dhatêng nagari Ngastina, ananging botên kapanggih ing Radèn Bratasena, kula lajêng sowan ingkang jumênêng nata, jêjuluk Prabu Kurupati, sarêng kula matur yèn badhe suwita, lajêng dipun anggêp kimawon, kalangkung rumêsêp. Timbalanipun adhi dhatêng kula, malah mandar kula badhe katriman kadangipun wanodya nama Rêtna Drusilawati, kula mantuk punika mèh botên parêng, yèn ta sampuna kula prêlu ngaturi wuninga ing kangjêng rama, tuwin kula sagah nuntên wangsul dhatêng Ngastina malih.

Sang prabu ngandika malih.

Kulup Jayadrata, priye dene anglwirwakakên tuduh, kliru arane gonmu suwita, ya bênêr iku padha trah Saptarêngga, ananging ratuning Kurawa, kale kadangu iku panênggaking Pandhawa, kalêbu pêcaning maharsi, ing têmbe Bratayuda, [Bratayu...]

--- 2 : 296 ---

[...da,] sapa kang mati prang olèh swarga, utamane yèn milu Pandhawa, patine olèh suwarga linuwih, marga Pandhawa winongwong ing Bathara Wisnu, maka kowe suwita ing Kurawa, wis ta bêcik wurungna bae aja kowe bali marang Ngastina, aku ingkang ora anglilani.

Radèn Jayadrata matur.

Kawula nuwun kangjêng rama, botên etang ajur dados bubuk, ing dêlahan kaanjingna ing côndradimuka, pintên banggi kula manggih arja, sampun kula têmah, ila-ila satriya angingkêdana wuwus ingkang sampun kawêdal. Sèwu dukanipun kangjêng rama, kula atadhah karsa, upami kula kapalangana lumumpat, karantea kula umêdhot, parêng botên parênga kula nyuwun idi pangistu anglajêngakên suwita ing Sinuhun Ngastina.