Pakêmipun Ringgit Purwa (Jilid 2: Hlm. 394–495), Vreede, 1884, #1870

Judul
Sambungan
1. Pakêmipun Ringgit Purwa (Jilid 2: Hlm. 001–097), Vreede, 1884, #1870. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
2. Pakêmipun Ringgit Purwa (Jilid 2: Hlm. 097–196), Vreede, 1884, #1870. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
3. Pakêmipun Ringgit Purwa (Jilid 2: Hlm. 197–296), Vreede, 1884, #1870. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
4. Pakêmipun Ringgit Purwa (Jilid 2: Hlm. 296–394), Vreede, 1884, #1870. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
5. Pakêmipun Ringgit Purwa (Jilid 2: Hlm. 394–495), Vreede, 1884, #1870. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
6. Pakêmipun Ringgit Purwa (Jilid 2: Hlm. 495–582), Vreede, 1884, #1870. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
Citra
Terakhir diubah: 18-06-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Dipun caritakakên.

Lah ing kana ta wau Prabu Salya, dupi miyarsa aturipun Prabu Kurupati, langkung ngungun ing wardaya, yèn tamtu sirna Rêtna Banuwati, mangkana pangudasmaraning wardaya. I ya jagad dewa bathara, anakku Banuwati, Pamadi anakku, kaya apa yèn ora bisa katêmu, mênyang ngêndi parane, ora biyèn ora mêngko Kurawa Ngastina, katog padha tiwas ing gawe.

Dipun caritakakên malih.

Sinigêg ingkang samya imbal wacana, para ratu sami ngungun miyarsa andikanipun [andikanipu...]

--- 2 : 395 ---

[...n] Prabu Kurupati, kasaru dhatêngipun satriya Madukara, andhèrèkakên Rêtna Banuwati, para nata sami cingak, Kurawa surak sarêng.

Găngsa mungêl ayak-ayakan manyura, sarêng Pamadi Rêtna Banuwati sampun sami lênggah, găngsa ayak-ayakan dipun jantur, dipun caritakakên.

Lah ing kana ta wau, sapraptane Radèn Pamadi andhèrèkakên Rêtna Banuwati, sadaya janma ing Mandraka sami suka-suka, wênèh ana kang ngucap, pêpantêse Rêtna Banuwati jodhoa kalih satriya Madukara, para Kurawa Ngastina sami sumyak-sumyak kaya punagi luwar ing prihatin, namung Rêkyana Patih Arya Sangkuni dhêlêg-dhêlêg ngungun. Radèn Jayadrata plengosan lingsêm miyat ing satriya Madukara, Prabu Salya sapandurat datan ngandika, sarêng sampun Rêtna Banuwati manêmbah nguswa pada, lajêng tinuduh manjing dhatulaya.

Găngsa mantun kajantur, Rêtna Banuwati manjing kênyapuri, saantawis kasuwuk, dipun suluki pathêt manyura.

Sêkar Swandana lampah 20. Atap para apsari tumonton ing sang dwija kadyage wor jiwa| kagagas ing tyas dahat kewran ing karya rira datan antuk samya | myat rêngganing aldaka roning kadhêp kumêlap kadya pangawening | sang dwija lunging gadhung malêngkung katiyup ring maruta kawuryan ||

Prabu Salya ngandika.

Kulup Pamadi, bagea satêkamu, katêmu ing ngêndi bakayumu Si Banuwati.

Aturipun satriya Madukara.

--- 2 : 396 ---

Kawula nuwun inggih dhatêng anuhun, pangistunipun kangjêng wa prabu ingkang kawula pundhi, kangjêng uwa andangu kapanggihipun kakang bok, taksih katututan wontên gêgana, ingkang dhustha Ratu Tasikmadu, jêjuluk Prabu Partasudarma.

Prabu Salya andangu malih.

Mungguh kawujudane ratu ing Tasikmadu dêdêg pangadêge kaya sapa, utawa gawa bala apa mung ijèn bae, lan marga kênane Si Banuwati kok rêbut priye, tujune kulup isih katututan. Yèn ngantia suwe tak kira banjur ilang bakyumu, kale ature anak Prabu Ngastina kowe iya mêntas kêna cidra ing duratmaka, mulane sadurungmu têka bangêt susahing pikirku.

Aturipun Radèn Pamadi.

Kawujudanipun Prabu Partasudarma punika sami kalih kula agêng inggilipun tuwin wanci ênèm sêpuhipun. Mênggah gènipun lumampah dhustha botên bêkta kanthi, kengingipun kakang bok kula rêbat wontên ing jumantara, sakêdhap kula lawani băndayuda, sarêng kenging kula bucal mangandhap kilap dhawahipun, kula lajêng wangsul punika wau.

Dipun suluki grêgêt saut manyura.

Sêkar Nagabănda lampah 18. Tandang Sri Baladewa nênggalanira pinusthi ing asta | munggwing rêngganing swandana umangsah prapta ing ranagana | umiyat yitna krura sru wirodra Kya Patih Pancatnyana | umangsah pagut samya wahana dwipangga ngundha dhandha ||

Narapati Salya ngandika.

Anak Prabu Madura, kadospundi prayoginipun, botên wande ratu [ra...]

--- 2 : 397 ---

[...tu] ing Tasikmadu anggêcak ing Mandraka, kula borong ing sampeyan.

Aturipun prabu ing Madura.

Inggih paman aji, lêrês pangandika sampeyan, prayogi dipun sadhiyani saajanging ajang, tuwin para rayi kula ing Ngastina samia mirantos. Kula piyambak ingkang nyenapatèni ing pabaratan.

Ratu Ngastina nambungi sabda.

Inggih kakang prabu ing Madura lêrês, kula sumaga rayi-rayi sampeyan sata Kurawa, sami kaabêna amêthukakên mêngsah ing Tasikmadu yèn kadugi dhatêng ing Mandraka. Nêdha paman Arya Sangkuni, anak-anak para Kurawa pakênira dhawuhana sadhiya ing prang.

Aturipun Arya Sangkuni.

Kula nuwun inggih dhatêng sêndika.

Prabu Kurupati dhawuh dhatêng Arya Jayadrata.

Arya Sindurja, kowe dadia sêsulihku anyenapatèni kadang-kadangmu Kurawa.

Aturipun Jayadrata.

Kula nuwun inggih dhatêng sêndika, rampung timbalanipun kakang prabu ingkang dhawuh, kula nyuwun idi pangistunipun kakang prabu.

Sangkuni Jayadrata mundur dipun suluki grêgêt saut manyura agêng.

Sêkar Mêdhangmiring lampah 23. Atari pêjah nikang prawara Somadênta tanaya têkap sinisuta | mangkin aparêk Jayadrata têkap Sang Arjuna Warkodhara nura kamuk | irika sa-Korawa ngrêbut mangambuli sarawarèng [sara...]

--- 2 : 398 ---

[...warèng] Dananjaya nangsêh | makamuka sang dwijendra Karna Karpa Salya guru putra lèn kurukula ||

Ratu Mandraka ngandika.

Anak prabu ing Ngastina, kula aturi lumêbêt dhatulaya, anak Prabu Madura, kula aturi ngirabakên prajurit Mandraka. Kulup Rukmarata, bocah prajurit undhangana dhèrèk kakangamu anak Prabu Madura, amêthukake mungsuh ratu ing Tasikmadu.

Aturipun Rukmarata.

Kawula nuwun inggih dhatêng sêndika.

Prabu Baladewa umatur.

Paman prabu, sampun susah prajurit Mandraka mêdal jawining kitha, sami barisa tugur salêbêting praja kimawon, namung rayi kula ing Pawênang tuwin pun Pamadi kula bêkta mapag mêngsah ing Tasikmadu, dene paman prabu ecaa kasukan kalih yayi prabu ing Ngastina, samawana yayi Prabu Ngamarta, yèn dèrèng Baladewa tugêl murdanipun, mugi ingkang eca ing panggalih.

Prabu Salya mangayubagya.

Kulup Bratasena, karo kowe Pamadi, rêksanên gêmpal rusaking praja Mandraka, aku masa bodhoa ing kowe karo anak prabu Madura.

Bratasena sumaur.

Iya aja milu-milu uwa Prabu Salya. Ayo Baladewa kakangku padha mêtu ing pabaratan. Pamadi milu amapag mungsuh ing Tasikmadu.

Găngsa mungêl kêrêpan manyura, Prabu Baladewa, Radèn Bratasena, Radèn [Radè...]

--- 2 : 399 ---

[...n] Pamadi, sami mêdal ing pabaratan. Ratu Mandraka, Ratu Ngastina, Ratu Ngamarta, lumêbêt kadhaton, Radèn Rukmarata mêdal ing jawi. Ngadêg Sangkuni, Jayadrata, Dursasana, Kurawa pêpak. Găngsa dipun suwuk, dipun suluki grêgêt saut manyura.

Sêkar Wisalyaharini lampah 21. Enjing nêmbang têngara sagunging pra Kurawa samapta busana bra | pindha surya umijil mungup pucak aldaka baranang amadhangi | umyang sru swaraning kang têtêg kêndhang gong bèri lir bêlah bumi kambah | risang anindya mantri lèn Arya Dursasana ingkang mangka manggala ||

Radèn Dursasana matur.

Kula noknon, paman Arya Sangkuni, wontên dhawuh punapa, rèhning kakang bok sampun pinanggih, punapa dugèkakên tandhak raran-raran malih, i hêng hah hah hah.

Radèn Arya Sangkuni ngandika.

O wis bangêt olèhmu ora ngrasakake, bênêr sing sok ngarani, Kurawa gumrubyuk gêgêdhèn gêdublong, pranti numpês pitik, anglêbur tumpêng, ngorak-arik ampas jangan. Bok ya ana graitamu sathithik, kêbangêtên bok ya ana pamèr padinane, sajêge pijêr dadi gêguyon. Lah bok takon warta katêmune bakyune priye, ora sing dieling-eling, napa ajêng nayub. Kula jogèt gela-gelo, daya yèn jogèt bêcika, anggêr gambul ronggèng karo mènglèng-mènglèng mlêngèh, tomboke rong kêthip, andèkna jogèt nganti satus gongan durung rampung, tita têmên gonmu kapatuh ugal-ugalan.

--- 2 : 400 ---

Dursasana matur malih.

Bihik wurung wong, lah kadospundi man arya, wong kakang bok ilang êmpun katêmu, napa sing dipikir malih, yèn botên kari arak-arakan kalih tlèdhèk padha èrèk, i hêng hah hah hah.

Arya Sangkuni mangsuli.

Mara lah rak sida dluya, guyune bae ngablak kaya bajul, kowe sumurupa, tuture adhimu Madukara, ingkang dhustha bakayumu Ratu Tasikmadu, jêjuluke Prabu Partasudarma, kênane dirêbut bakayumu iku, Ratu Tasikmadu dibuwang êmbuh tibane, karsane Sinuhun Mandraka, dikakake jagani, yèn Prabu Partasudarma sêja ngrêbut Rêtna Banuwati manèh, mulane dhawuhe anak Prabu Ngastina, sakadangmu Kurawa padha barisa nadhahi yèn Ratu Tasikmadu têka ing Mandraka, adhimu ing Banakêling ingkang dadi senapati.

Wau ta kasaru aloking wadya gègèring paminggir praja ing Mandraka, rinayah dipun obongi wadya ing Tasikmadu.

Arya Sangkuni ngandika.

E lah mungsuh têka, mara anak-anakku Kurawa padha mapagna mungsuh ing Tasikmadu.

Găngsa mungêl kêrêpan manyura, Kurawa mangsah ing prang, prajurit Tasikmadu kèndêl. Prabu Partasudarma tumurun saking grêbong, Patih Jayalugita tuwin para bupati sami ngayap ing sang prabu, găngsa kasuwuk.

Prabu Partasudarma ngandika.

--- 2 : 401 ---

Bapa Jayalugita, sakancamu bupati, aja ngadu bala, ayo padha mangsah prang tandhing bae, mundhak angrusakake wong cilik.

Aturipun patih.

Kula nuwun inggih dhatêng sêndika.

Găngsa mungêl sampakan. Mangsah prang punggawa Tasikmadu campuh lan Kurawa, Patih Jayalugita pangamuke kadya banthèng kataton. Kurawa sami kagum-kagum lumajêng, mangsah Radèn Jayadrata, găngsa dipun suwuk.

Jayalugita têtanya.

Sapa aranmu prajurit Mandraka, ngakua mungpung isih basuki.

Sauripun.

Kowe takon aranku, ora nana kaya Radèn Arya Jayadrata, iki senapati ing Ngastina, kowe sapa aranmu prajurit Tasikmadu, dene tandangmu kaya banthèng kataton, ngakua mungpung isih basuki.

Patih sumaur.

Kowe takon aranku, ora nana kaya Patih Jayalugita aku, yèn kêna tak eman mundura Jayadrata, Ratu Ngastina tak kêmbarane.

Jayadrata sumaur.

Yèn durung Jayadrata glundhungan murdane, masa ngantia kowe gêpok kuncane kakang prabu.

Găngsa mungêl sampakan. Jayadrata prang campuh kalih Patih Jayalugita, sami prawira dhêndha-dhinêndha, Prabu Partasudarma lajêng nglêpasi jêmparing, Jayadrata kataman jajanira, saking ulêding kulit bantêring jêmparing, katut dhawah sapambalang, [sa...]

--- 2 : 402 ---

[...pambalang,] Jayadrata kantaka dipun bêbalang, Patih Jayalugita sangsaya pangamuke, Kurawa dhadhal larut sami lumajêng, Arya Sangkuni nulya panggih Prabu Baladewa, Bima, Parta, găngsa dipun suwuk, dipun suluki grêgêt saut manyura.

Sêkar Nagabănda lampah 18. Tandang Sri Baladewa nênggalanira pinusthi ing asta | mungging rêngganing swandana umangsah prapta ing ranagana | umiyat yitna krura sru wirodra Kya Patih Pancatnyana | umangsah pagut samya awahana dwipangga ngundha dhêndha ||

Prabu Baladewa ngandika.

Paman Arya Sangkuni, sampeyan ingkang dhatêng kadospundi gènipun băndayuda rayi-rayi kula sata Kurawa.

Sangkuni matur.

Sinuhun katiwasan, rayi-rayi sampeyan sami kaplajêng, pun Jayadrata kabranan dipun lambung kantaka kilap pêjah gêsangipun, nanging sangêt dados bayangan, kula sumaga anak aji.

Prabu Baladewa ngandika.

Inggih paman sampeyan mire, kula papage mêngsah Tasikmadu.

Găngsa mungêl kêrêpan lajêng prang sampak. Para punggawa Tasikmadu, Tumênggung Jayawiladaka pêjah dening Sri Baladewa, Prabu Partasudarma mangsah ngrana, găngsa kasuwuk lajêng janturan, Ratu Tasikmadu nguwuh-uwuh.

Hèh sapa aranmu, satriya apa bupati, kagila-gila tandangmu, dene bisa matèni punggawaku amungpung urip.

--- 2 : 403 ---

Prabu Baladewa.sumaur.

Aja tanbuh, iki Prabu Baladewa, kowe sapa aranmu prajurit ing Tasikmadu.

Sauripun.

Aja aku Prabu Partasudarma, aja kowe mangsah, Si Pamadi êndi, tak jake nutugake băndayuda, dene banjur oncat.

Arjuna nulya majêng anauri.

Aja cuwa atimu Prabu Partasudarma, ora-orane aku ngucira, mara angajak prang pirang dina, angadu ulêding kulit tosing bêbalung.

Prabu Partasudarma mênthang langkap sêsumbar.

Hèh Pamadi, dèn yitna katiban panahku, tak kira pêdhot utamanggamu.

Pamadi sumaur.

Mara tibakna.

Găngsa mungêl sampakan. Prabu Partasudarma nglêpasakên sanjata, yitna Sang Arjuna, jêmparing cinandhak lajêng dipun putung binuwang, găngsa dipun suwuk, Ratu Tasikmadu sêsumbar.

Mati ngadêg Pamadi, jăntra palawèhamu.

Parta sumaur.

Ratu Tasikmadu, apa tasmak bathok, ora wêruh panahmu tak putung dadi têlu.

Prabu Partasudarma ngucap.

--- 2 : 404 ---

I babo, nyata yèn mumpuni ing aguna Pamadi, mara lêganing atiku aja katon wong lanang dhewe malêsa.

Parta sumaur.

Iya Prabu Partasudarma tak walês, apa ingkang katon iki.

Prabu Partasudarma sumaur.

Mara tibakna panahmu tak tampanane.

Arjuna ngucap.

Iya tadhahana Ratu Tasikmadu, kêtiban panahku si aryasêngkali balai antakamu.

Găngsa kêrêpan. Jêmparing lumêpas, Prabu Partasudarma kawatgata jajanira trus walikat kapisanan. Para punggawa gumulung labuh ing gustinipun, katadhahan. Patih Jayalugita pêjah dene Prabu Baladewa, para bupati sami pêjah dening Radèn Bratasena, sasampunipun punggawa sami pêjah bala mawut sami lumajêng, găngsa kasirêp dados ayak-ayakan, sawatawis dipun suwuk, lajêng mungêl gêndhing kinanthi, ngadêg Prabu Salya, Ratu Ngamarta, Ratu Madura, Bima, Radèn Arjuna, Radèn Nakula, Radèn Sadewa, Radèn Rukmarata, gêndhing dipun jantur lajêng pocapan.

Prabu Salya matur ing Ratu Madura.

Anak Prabu Baladewa, sami raharja anggèn sampeyan mapagakên parangmuka saking Tasikmadu, punapa sampun sami mundur, sapunika mêngsah punapa taksih mapan malih.

Aturipun Prabu Baladewa.

--- 2 : 405 ---

Inggih, angsal pangistunipun paman aji, putra-putra sampeyan sami raharja, namung Kurawa kathah ingkang kabranan. Pun Jayadrata sakintên sangêt kantaka, unduripun dipun bêbayang, ing mangke para Kurawa lajêng kula purih sami dhatêng pasanggrahan. Paman Arya Sangkuni kula lilani ngaso, kalih ngusadanana sata Kurawa ingkang sami kabranan. Mênggah mêngsah Tasikmadu, narendranipun palastra tandhing kalih pun Pamadi, para punggawa saha patihipun sami tumpês abela ing ratunipun. Sakantuning kang pêjah sami bibar lumajêng.

Prabu Salya angandika.

Sokur anak prabu yèn sami unggul ing yuda, wontên pangrêksaning jawata botên wontên ingkang tiwas pêjah, dene mêngsah sami têtumpêsan. Yèn mangkatên anak prabu, ratu ing Tasikmadu punika pancèn prajurit linangkung, angantêpi pêjah ing prang, tumpês sapunggawanipun. Tăndha punika para punggawa sami tuwuk dana bojaning narendra.

Ratu ing Ngamarta matur ing Ratu Mandraka.

Kangjêng uwa prabu, rèhdèntên sampun dumugi gèn kula ngladosi kasukan dhaupipun kakang bok Banuwati, kula kalilana mundur mantuk dhatêng nagari Ngamarta, sapara putra-putra sampeyan sadaya kula bêkta.

Ratu Mandraka amangsuli.

Anak Prabu Ngamarta, punapa botên ngêntosi konduripun raka jêngandika Ngastina, kajêng kula, anak prabu lajênga dhèrèkakên benjing dhatêng nagari Ngastina pisan. Dados dumugi gèn kula sami andrawina.

Aturipun Ratu Ngamarta.

--- 2 : 406 ---

Inggih, sanajan kula ing têmbe yèn badhe putra sampeyan kakang bok kabêkta dhatêng Ngastina wangsul sowan ing kangjêng uwa malih, namung sapunika kula sakadang Pandhawa kalilana sami mantuk. Kajawi sêpênipun nagari Ngamarta, rèhning sampun dangu kula sowan ing kangjêng uwa, botên wande dados pangajêng-ajêngipun kangjêng ibu, maka salah satunggal sadhèrèk kula botên wontên ingkang kantun ing Ngamarta.

Prabu Salya amangsuli.

Inggih anak prabu, kula lilani kondur, nanging sampun sapunika, benjing enjing mawon anak prabu mangkata, ing sapunika sami kula aturi bujana, sampun punagi kula sagêdipun kapanggih pun Banuwati.

Aturipun Ratu Ngamarta.

Kula nuwun inggih dhatêng sêndika, kula dhèrèk bujana ing sadintên punika.

Prabu Salya ngandika ing Rukmarata.

Kulup Rukmarata, dhawuha nata pambujanan ing dhatulaya, ayo padha kêmbulan ana ing jrambah prabasuyasa, ibumu bok ratu lan para kadangmu wanudya, padha angluwari punagi, lan anak Prabu Ngastina, anak Prabu Madura, apadene adhi-adhimu Pandhawa, kabèh padha nunggala pangantèn lan patah roro.

Aturipun Rukmarata.

Kawula nuwun inggih dhatêng sêndika.

Găngsa mantun kajantur, saantawis tancêp kayon, găngsa kasuwuk.

--- 2 : 407 ---

Taksih wontên candhakipun, winastan lampahan Alap-alapan Drusilawati, anggancarakên badhe dhaupipun Rêtna Drusilawati kalih Radèn Jayadrata, nanging dèrèng dhaup putri wau ical botên kantênan. Mila Kurawa Ngastina tuwin Adipati Ngawăngga sami ngupadosi, tuwin wadya Banakêling patih punggawa inggih sami madosi, sarêng sampun Rêtna Drusilawati kapanggih inggih istu kadhaupakên.

--- 2 : [408] ---

[...]

--- 2 : [409] ---

Lampahan Alap-alapan Drusilawati.

--- 2 : [410] ---

[...]

--- 2 : [411] ---

Punika lampahan ringgit purwa, winastan Alap-alapan Drusilawati anggancarakên badhe dhaupipun Rêtna Drusilawati kalih Radèn Jayadrata, dèrèng dhaup putri wau ical kabêkta duratmaka, nanging botên wontên ingkang sumêrêp, mila Kurawa Ngastina tuwin wadya Banakêling sami ngupaya, sarêng sampun pinanggih, Rêtna Drusilawati saèstu jatukrama kalih Radèn Jayadrata. Dados ingkang jinêjêr punika Ratu Ngastina, babesanan kalih Ratu Banakêling, mênggah cariyos punikê pathikan[1] saking kagungan dalêm Sêrat Pakêm ing karaton nagari Surakarta. Ingkang jinêjêr rumiyin ratu ing Ngastina, cèthi kalih, kang cakêt ing ngarsa Patih Sangkuni. Sasampunipun gêndhing Krawitan ngêlik, lajêng kajantur dipun caritakakên.

Swuh rêp data pitana, anênggih wau kocapa nagari ing pundi ingkang kaeka adi dasa purwa, eka sawiji, adi linuwih, dasa sapuluh, purwa kawitan.

Sanajan kathah titahing dewa, ingkang sinăngga ing pratiwi, kaungkulan ing akasa, kapit ing samodra, kathah ingkang ganararas, botên wontên kados nagari ing Ngastina, ya nagara ing Gajahoya, marma sinêbut nama nagari Ngastina, ing dwipangga sirna, ing Gajahoya, kadhatoning dwipangga. Mila kinarya bêbukaning carita, yèn ngupayaa ing madyapada, nagari satus datan angsal kalih, sèwu datan antuk sadasa.

--- 2 : 412 ---

Dhasar nagari panjang apunjung, pasir wukir, loh jinawi, gêmah aripah, karta tur raharja.

Mila winastan nagari panjang, panjang mara ing adawa, dene nagari ing Ngastina dawa pocapane, punjung mara ing adhuwur, dene nagari Ngastina dhuwur kawibawane, pasir samodra, awukir parêdèn, dene nagari Ngastina angungkurakên pagunungan, angeringakên pasabinan, anêngênakên banawi, ngajêngakên banaran[2] agêng.

Loh tulus ingkang tinandur, ajinawi murah ingkang sami tinuku.

Gêmah tăndha ingkang laku dagang, raintên dalu datan wontên pêdhotipun ingkang sami lumampah tanpa sangsara ing marga, aripah tăndha jalma ing ngamănca sami gagriya salêbêting nagari Ngastina, jêjêl apipit, pangrasa abên cukit têpung taritis, papan wiyar katingal rupak, saking rêjaning nagari.

Karta tăndha kawula dhusun ingkang sami lampah tani, angingu kêbo sapi, bèbèk ayam, datanpa cinancangan, rina aglar ing pangonan, yèn wanci dalu wangsul ing kandhang sowang-sowang, saking kalising durjana juti.

Raharja dene têbih ingkang parangmuka, mantri bupati datan wontên ingkang cacêngilan, ing raintên dalu tansah atut arukun sabiyantu angangkat karyaning ratu.

Mila nagari ing Ngastina kèringan ing ngamănca praja, dhasar ratu băndha abandhu santana, agêng karatone, gêdhe obore, padhang jagade, dhuwur kukuse, adoh kuncarane, botên ing tanah Jawi kemawon ingkang sami suyud, sanajan ing tanah sabrang kathah ingkang sami sumawita, bêbasan [bê...]

--- 2 : 413 ---

[...basan] nagari ingkang têbih tumiyung, ingkang cêlak sami manglung, atur bulubêkti sabên antara masa, angaturi putri panungkul, asok gêlondhong pangarêng-arêng, asung pundhutaning ratu, pèni-pèni rajapèni, guru-bakal guru-dadi. Wênang dipun ucapakên bisikaning ratu ing Ngastina:

Ajuluk, Kurupati, Duryudhana, Jayapitana, Anggandarisuta, Suyudana.

Mila jêjuluk Prabu Kurupati, dene angratoni para kadang Kurawa.

Mila jêjuluk Sri Nata Duryudhana, ratu ing Ngastina musthikaning prajurit.

Mila jêjuluk Narpati Jayapitana, ratu ing Ngastina rosa ing pamuja.

Mila jêjuluk Maharaja Anggandarisuta, anggandari ingkang ibu, suta anak, sanyata ratu ing Ngastina atmajanipun Dèwi Anggandari.

Mila jêjuluk Narendra Suyuddhana, suyud marang papingil, dana marang pawèwèh, suyun[3] sakèhing wadya tuwin para kadang sata Kurawa, dene Ratu Ngastina agung danane, paring sandhang ing kawudan, suka têkên ing kalunyon, angsung kudhung kapanasan, paring têdha ing kaluwèn, tuhu tan kêna winanci danane ratu ing Ngastina, yèn ta ginunggunga lêlabuhaning ratu, wiyaring jajahan, luhuring kaprabon, tuwin pambêkaning ratu, sadalu datan wontên pêdhote, pinunggêl ingkang murwa ing kawi.

Sinigêg nuju ari Soma, sang nata miyos siniwaka, ing sitinggil binata rana, lênggah ing dhampar dênta, pinalipit ing rêtna, pinatik i[4] sêsotya, lèmèk babut pramadani, sinêbaran sari, ginănda wida lisah jêbat kasturi, dèn ayap parêkan badhaya srimpi, biyadan manggung lan katanggung, ingkang sami [sa...]

--- 2 : 414 ---

[...mi] ngampil upacara, banyakdhalang ardawalika, kacumas sawunggaling, dwipangga ingkang sarwa rêtna, kinêbutan lar badhak kanan kering, kongas gandaning nata dumugi jawining pangurakan, sirna kamanusane katon kadi jawata, Bathara Bayu dèn ayap ing widadari.

Rêp sidhêm pramanêm tan ana banène walang salisik, godhonging kayon datan ana obah, samirana datan lumampah, amung swara ungêling paksi êngkuk, lawan paksi jalak, ingkang sami mencok ing waringin, tuwin swabawaning abdi kriya, pandhe gêndhing lan kêmasan, ingkang taksih sami nyambutdamêl, cat kapirêng cat botên saking pasewakan, têka pating carêngkling, imbal ganti lir mandaraga, muwuhi sênêning panangkilan.

Sintên ingkang cakêt ing ngarsa, punika warăngka ing Ngastina, akêkasih Radèn Arya Sangkuni, ya Patih Soman, dhasar santananing nata kaparnah paman, arining Rêtna Anggandari, kinarya patih, amêngku praja Ngastina, waskitha ingêring praja, putus ing driya wignya ulah kamandaka, sagêd amomong para putra Kurawa, ing pagêlaran andhèr para sata Kurawa, tuwin mantri bupati, bêk ambèr dumugi jawining taratag, kaya dhoyong-dhoyonga pancak sujining alun-alun, kadhêsak ingkang samya sowan, abyor pindha kêmbang plasa lagya nêdhêng, surêm sunaring diwangkara, kaujwalan ingkang samya nangkil, sampun pêpak para santana ingkang sami sowan.

Cinarita ing pagêdhongan, Prabu Kurupati kèmêngan badra irawan, badra mêndhung irawan sasi, pindha basănta katawêng ing ima, pêtênging driya dene sirnane ingkang rayi Rêtna Drusilawati, datan wontên ingkang uninga, măngka

--- 2 : 415 ---

mèh dhaupipun kalih satriya Banakêling, mila Prabu Kurupati lajêng paring wuninga, yèn Rêtna Drusilawati sirna saking kadhaton. Prabu Bagawan Sapwani lajêng utusan ngupaya, nanging dèrèng pinanggih, sinuhun ing Ngastina samantên malih sampun utusan ngupaya para mantri, inggih dèrèng pinanggih, mila ratu ing Ngastina miyos siniwaka, lajêng nimbali Rêkyana Patih Arya Sangkuni, ngandikan minggah ing sitinggil, prapta têbih dèn awe cêlak rupèpèh-rupèpèh kadya sata manggih krama, lênggah tumungkul amarikêlu, kaya konjêma ing bantala wadanane, dangu anganti wijiling sabda narendra, mangkana pangudasmaraning driya Prabu Kurupati, apa baya olèh pawarta Paman Arya Sangkuni, ing ngêndi panggonane Si Drusilawati.

Gêndhing Krawitan kaunggahakên, sawatawis dangunipun kasuwuk.

Dipun suluki pathêt nêm.

Sêkar Swandana lampah 20. Dan sêmbah nirèng ulun kapurba ring sang murbèng rat saana nikang | dyan kadang sihing dasih mawèh boga sawêgung masih ring dêlahan | agung pinujwèng ari ring jêng nayakaning rat dutèng rat kotama | mangguha manugraha lèn siswanta sagotra tang uwus minulya ||

Lajêng suluk ada-ada.

Sêkar Mêdhangmiring lampah 23. Atari pêjah nikang prawara Somadênta tanaya têkap sinisuta | makin aparêk Jayadrata têkap Sang Arjuna Warkodhara nora kamu | makamuka sang dwijendra Karna Karpa Salya kuruku tarlèn giri kola ||

Ratu Ngastina ngandika.

--- 2 : 416 ---

Paman Arya Sangkuni, pênapi boya dadi guguping pikir pakênira, manira piji têka paseban pakênira.

Aturipun Arya Sangkuni.

Kawula nuwun sarêng kawula tampi timbalanipun kangjêng sinuhun, wontên ing jawi guguping manah kawula, kados tinubruk ing mong tuna, sinambêr ing gêlap lêpat, upami pirsa calèrèt, botên wuninga dhatêng ing gêlap, kados kambêngan salămba pinanjêr ing alun-alun, katiyup ing maruta, kêlangkung kumêjot kumitir, caruk awor maras guguping manah kawula, sarêng dumugi ngarsanipun kangjêng sinuhun, botên darbe kuwatos, kawula nuwun nuwun.

Ratu Ngastina dangu ing Sangkuni.

Apa mulane paman, pakênira ana ing jaba bangêt kuwatir, basa têka ing ngarsa manira boya darbe maras ing pikir.

Aturipun Arya Sangkuni.

Kawula nuwun, mila pun paman wontên ing jawi sangêt kuwatos, sarêng dumugi ing ngarsanipun kangjêng sinuhun, botên darbe manah maras, upami kawula dosa sakit, sayogi kangjêng sinuhun anyakitana, sanajan dosa pêjah inggih kangjêng sinuhun amêjahana dhatêng pun Sangkuni, sampun siyang asanajan dalu kawula dhatêng sumăngga, kacadhong ing asta kêkalih, têmbung tadhah wadana, kinurêbna ing abahan, kawula nuwun nuwun.

Ratu Ngastina mangsuli aturipun Sangkuni.

Munduran kaya wong dêdosan, paman pakênira ngaturakên pati urip, iya sadurung sauwise bangêt panarima manira, pakênira anjunjung kaprabon [kapra...]

--- 2 : 417 ---

[...bon] manira, ananging sarba sato ingkang galak, boya doyan măngsa ing yogane, manira mêngkono manèh durung kalakon angukum wong ingkang datanpa dosa, sanajan paman, pêkênira dosa pati kaya mung tumêka ing lara, yèn pakênira dosa lara kaya misih akèh ambêk marta manira.

Aturipun Arya Sangkuni.

Kawula nuwun, mila kangjêng sinuhun miji dhatêng pun Sangkuni, punapa ingkang pangandika, manawi sayogi kenging kawijiling kathah mugi kadhawuhna dhatêng pun paman ingkang pratela, kula mirêngne ingkang tela-tela.

Dhawuhipun Ratu Ngastina dhatêng Sangkuni.

Paman sanajan akèh kawula manira ing Ngastina, ingkang pinangku jajenggote, sakêpêl kumbalane ingkang anom ngungkuli pakênira ana, ingkang tuwa luwih ing pakênira boya kurang, nanging boya ana prayoga imbal wacana lan manira, kajaba mung pakênira, patut babadi kang asukêt, angobori ing papêtêng, nanging paman marma pakênira manira piji ing ngarsa manira, aja katênta yèn bakal anampani ganjaran, wastra busana lan gêgaman kang prayoga, boya pisan-pisan, bêbasan adoh lintang sinawat balang kayu, cêpak cupête tangèh kênane.

Atur wangsulanipun Patih Sangkuni.

Kawula nuwun, sadrahing angin-angin, sarema pinara sapta, yèn ta tilêma botên supêna, pun paman angajêng-wajênga[5] ganjaran, têbih dhatêng atuwuk cêlak malah botên kuwawi nampèni kucahipun kangjêng sinuhun, ingkang rumêntah dhatêng pun Sangkuni, waradin dumugi pakathik ing kapatihan, kados toyaning [to...]

--- 2 : 418 ---

[...yaning] narmandha rintên dalu botên wontên kêndhatipun, botên langkung ingkang kula ajêng-ajêng namung pandamêlan ingkang awrat, suka kawula kakarsakna gayuh ingkang têbih, angrasang[6] ingkang ainggil, kawula nuwun nuwun.

Pangandikanipun Ratu Ngastina.

Paman marma pakênira manira timbali, priye lakune kawula manira ing Ngastina, gone padha ngupaya sirnane anak pakênira Si Rara Drusilawati, pênapia boya ana ingkang olèh pawarta panggonane, putra pakênira mau, gêdhe yèn ana ingkang sumurup wujuding duratmaka ingkang dhustha.

Aturipun Arya Sangkuni.

Kawula nuwun, kawuningana lampahipun para mantri bupati, ingkang sami ngupadosi sirnanipun rayi paduka pun Drusilawati, ingkang dhatêng enjing sontên kawula angkatakên, ingkang dhatêng sontên enjing kawula angkatakên, pangraos takir mangkurêp dipun lumahakên, gènipun sami ngupadosi, kalampahan minggah dhatêng pangajaran, pitakèn dhatêng pandhita ingkang sami tapa ing wukir, nanging sami botên angsal pitêdah, ing saantukipun para mantri sami ngaturakên pêjah gêsang, nyumanggakakên epok lantenipun, rumaos cabar kaabdèkakên ing ratu, kawula nuwun nuwun.

Dipun suluki Lêsam[7]

Sêkar Rini lampah 17. Lêngêng gati nikang awan saba-saba nikèng Ngastina | samantara têkèng Têgalkuru Nararya Krêsna laku | sirèng Parasu Rama Kanwa Janaka durur Naradha | kapanggihi ri kang têgal milu ing karya sang bupati ||

--- 2 : 419 ---

Dipun caritakakên.

Lah ing kana ta wau, Prabu Kurupati dupi miyarsa aturing Rêkyana Patih Sangkuni, sapandurat datan angandika, mangkana pangudasmaraning wardaya. I i ya jagad dewa bathara, adhiku dhi adhiku Drusilawati, sapa ingkang dhustha kaniaya, dene bocah mèh gawene ilang puwara tanpa pawarta.

Wau ta sinamur sri bupati ngasta cêpuring amucang, wasana dhawuhing Radèn Arya Sangkuni.

Paman dadi boya olèh, dene aran tatimbangan ratu lan pandhita, kawajibaning ratu manawa patapaning pandhita, dèn arubiru ing satru iku katêmpuh ingkang jumênêng nata, rumêksa mamrih lêstari ingkang ahli puja, yèn ratu pêtêng ing pamikir, pandhita wajib amadhangêna, ing mêngko sirnane anak pakênira Si Drusilawati, ora ana pandhita ingkang bisa amêca panggonane, wis paman pakênira mudhuna marang pagêlaran, timbalana kakang adipati ing Ngawăngga.

Aturipun Rêkyana Patih Sangkuni.

Kawula nuwun, inggih dhatêng sandika, rampung timbalanipun kangjêng sinuhun ingkang kadhawuhakên.

Dhawuhipun sang prabu.

Paman wis boya amamêkas manèh.

Radèn Arya Sangkuni mundur dipun suluki pathêt nêm.

Sêkar Sardula lampah 19. Tatkala narpa ceda mati nguni wèh sang sastra darma parêng | kantèki raina masangsaya mawas hyang surya lumrèng [lu...]

--- 2 : 420 ---

[...mrèng] rana | makansêh nira Sang Wiratha narpa lèn Păncawala adulur | Nirbita mangka pangruhun putunira wiratriya nindita ||

Adipati Ngawăngga matur ing Sangkuni.

Sampeyan Paman Arya Sangkuni, ingkang tumurun saking ing sitinggil, wontên dhawuh punapa, kula tingali lampah sampeyan asigra-sigra.

Wangsulanipun Patih Sangkuni.

Anak adipati sampeyan ngandikan minggah ing sitibêntar.

Aturipun Karna.

Inggih paman dhatêng sêndika.

Karna ngandika:

Ana bocah Ngawăngga, ajokna wêdhungku tak seba.

Dipun caritakakên. Lah ing kana ta wau sang adipati sampun angêtap busana, nulya kerid ing rêkyana patih, mangkana sinawang kadya paksi kinêplokan.

Mungêl ladrangan Pêksikuwung, Sangkuni prapta rumiyin, lajêng Karna, sampun sinadhiyan palênggahan jajar lan Prabu Kurupati, ladrangan kajantur, dipun caritakakên.

Lah ing kana ta wau, Adipati Karna sampun minggah ing sitibêntar, katingal têbih sinasmitan lajêng jajar palênggahan, Adipati Karna majêng angeka pada, rupèpèh-rupèpèh kadya sata manggih krama, parêk anulya jajar pinarak, mangkana sadaya para sata Kurawa, tuwin mantri bupati Ngastina sami narka yèn wontên karya, dene Adipati Ngawăngga ngandikan minggah ing sitinggil, marma sami dhêdhêp sapanangkilan, anganti sabdaning nata, Prabu Kurupati ngandika dhatêng Adipati Karna.

--- 2 : 421 ---

Nêdha kakang adipati ing Ngawăngga, andika majêng ingkang cêlak kemawon, ênggèn andika lênggah.

Aturipun Karna.

Inggih yayi aji, kula amit pasang paliman tabe, kasabêta ila-ila dina, lêpata tulah-sarik, tuwin sapudhêndhaning jawata, dene kula jajar pinarak ing yayi prabu.

Wangsulanipun Prabu Kurupati.

Kakang adipati, sampun sumêlang ing panggalih andika, kula ingkang nanggêl, mugi lêpata sapudhêndhaning bathara. Landrangan mantun kajantur, lajêng dipun suwuk, dipun suluki Lasêm.

Sêkar Sulanjari lampah 20. Tandya bala Pandhawambyuk gumulung mangusir ri sata Kurawa | kambah kosik sru katitih mirut kerut larut katut para ratu | tuwin sagung pra dipati katut kapalayu sigra praptanira | Aswatama têtanya lah pagene ta iki ya padha lumayu ||

Ratu Ngastina ngandika.

Botên dados guguping panggalih kakang Adipati Karna, andika kula timbali dhatêng sitinggil.

Aturipun Karna.

Inggih yayi kalangkung guguping manah kula, dene yayi prabu amiji ing pasowan kula dhatêng sitinggil, manawi wontên karsanipun yayi aji ingkang awigatos, kula aturi andhawuhakên, punapadene manawi sinuhun karsa angêlar jajahan, angripak jajahaning mêngsah, yayi prabu kula aturi eca [e...]

--- 2 : 422 ---

[...ca] kasukan wontên ing kadhaton, kula ingkang kadugi ngrangsang baluwêrti.

Ratu Ngastina mangsuli sabda.

Inggih kakang adipati, sangêt panarima kula, sih sêtya andika ing karaton kula, mila kakang adipati kula timbali, aprakawis icalipun rayi andika pun Drusilawati, kula borong ing kakang adipati kaupayaa, kula paring kanthi pun paman ing kapatihan, tuwin kadang kula Kurawa sagolongan, andika bêkta ngupaya sirnanipun rayi andika pun Drusilawati.

Aturipun Adipati Ngawăngga.

Inggih yayi prabu dhatêng sandika, wangsul angkat kula benjing punapa.

Dhawuhipun Prabu Kurupati.

Kakang adipati inggih lajêng mangtata[8] ing sadintên punika.

Aturipun Karna.

Manawi sampun rampung pangandikanipun yayi prabu, kula amit madal pasihanira jêng sinuhun manggiha suka ing sawingking kula, botên langkung namung kula nyuwun pangistu, mugi sagêda tumuntên pinanggih rayi sampeyan pun Drusilawati.

Prabu Kurupati ngandika ing Sangkuni.

Paman pakênira lumakua dhèrèk kakang Adipati Karna, anak pakênira Kurawa, pakênira kanthia sagolongan, banjur bubarna ingkang padha seba, manira angadhaton.

Aturipun Patih Sangkuni.

Kawula nuwun, inggih dhatêng sandika, rampung timbalanipun kangjêng sinuhun, kawula nyuwun idi pangistu. Paman boya mamêkas manèh.

--- 2 : 423 ---

Sang prabu ngandika ing Karna.

Kakang adipati kula jumurung basuki lampah andika.

Dipun caritakakên.

Sinigêg têlas pangandikaning narendra, arsa kondur ing kadhaton. Munya têngara bibaring pasewakan, para kênya anampèni sasmita, mapan badhe anjajari, sri bupati sampun jumênêng, Narapati Karna tumurun kurmat kalih Rêkyana Patih Sangkuni.

Mungêl ayak-ayakan Lasêm, Prabu Kurupati kalampahakên salampahan, nulya Adipati Karna, kalih Patih Sangkuni kalampahakên, mudhun saking sitinggil. Ayak-ayakan kasêsêgakên, Sangkuni kèndêl, găngsa dipun jantur. Sangkuni ngucap kalih ngawe-awe.

Hèh anak-anakku Kurawa aja mundur têka paseban, bakal dhèrèk kakangamu anak Adipati Ngawăngga, aturipun ingkang dipun dhawuhi. Inggih dhatêng sandika sandika.

Arya Sangkuni ngucap malih. Ana bocah kapatihan, aja ana mundur gonmu seba, aku bakal dhèrèk anak Adipati Ngawăngga, ngupaya sirnane Si Drusilawati. Aturipun. Kawula nuwun inggih dhatêng sandika.

Găngsa mantun kajantur, irama katambanakên, Arya Sangkuni kalampahakên wangsul. Ratu Ngastina kalampahakên malih salampahan, kajêng katancêpakên têngên, kapindha gopura, Ratu Ngastina kèndêl ngajêng gopura, ayak-ayakan kajantur, dipun caritakakên.

Sèbêt byar katalika wau, sri nata kondur angadhaton, têdhak jok saing [sa...]

--- 2 : 424 ---

[...ing][9] pinarakan ing dhampardênta, ginarêbêg ing para biyada, manggung katanggung, badhaya srimpi, jinajaran para kênya salajur sisih, ingkang sami ayu warnane, sapêkak madyane, sajari miring tapake, ingkang mêlok-mêlok wadanane, mandul-mandul payudarane, tur kang rompyoh-rompyoh sinome, adi busanane, pantês karya lara brăngta.

Apa busanane Prabu Kurupati, ajamang mas sungsun tiga sinăngga praba, kinancing grudha mungkur, rema dèn ore dugi ing pungkuran, anting sotya, sumping rêtna pinindha gêgubahan surèngpati, asangsangan kêbo mênggah, kêlat bau nagamăngsa, gêlang kana, supe tajug kalih sisih, kroncong awak sarpa, arja kampuh bèrêm pinarêmas, paningsêd renda gubêg, clana cindhe puspita gubêg, sêmbulihan sumampir ing răngka, wangkingan răngka ladrang landheyan tunggak sêmi, kandêlan kamalon rêta, dhuwung tinatah tinaturêngga, acanela tinarètès ing kumala, mubyar sinongsongan karêtas jêne pinarada, lir pendah sri nata binayang-bayangkare, sinawang saking katêbihan, lir pendah jawata tumurun anganglang jagad, ginarêbêg ing widadari.

Mangkana tindaking narendra kèndêl ngajênging gopura, angungkurakên warana, lampahe macan alupa, lembehan mrak kasimpir, riyak gajah angoling, satindak mangu sapêcak kèndêl, tansah èngêt sirnane ingkang rayi kusuma Rêtna Drusilawati, mila sri bupati aningali uparêngganing gopura, kinarya nyamur sungkawaning driya, gopura agênge upami wukir Sêmèru, inggile ngungkuli pucang lan tirisan, botên saking têpa tuladha kemawon, saistu salêbêting kadhaton Ngastina, uparêngganira amunjuli, pranyata nagari Ngastina [Ngasti...]

--- 2 : 425 ---

[...na] pêparinging jawata, dadi lan pinuja, pucaking gopura sinungan maniking toya agêng sakrambil têkan tabone, rêbut sorot sunaring hyang pratanggapati, pindha suyar[10] kêmbar ing dharatan, siraping gopura parunggu sari, adêg-adêg wêsi balitung, talundhag akik bang ajêjobinan, têbêng têmbaga rinajawêrdi, pinindha kluwung nginum toya, wutahe dèn jogakên ing palataran, inêbing gopura kaca gêdhah binuwang rasane, ing jro tinulis gambar kamandaka jalu lan wanudya, yèn mênga kaya bedhang lagi sêmayan, yèn minêb pindha bedhang pêpasihan, pipining gopura, sinungan rêca gupala dèn awaki parunggu sari, rinambutan kawat, binrêngosan pamor, mata kumala, ingilat-ilatan mas jingga, untu jatha salaka mênur, irung jinara têrus ing kuping, dèn ingoni bramana-bramani, cinêpêngan gada kanan kering, yèn mênga minêbing lawang wiwara, gêroting lawang brangêngênging kumbang, gêrêng-gêrêng pindha yêksa arsa anubruk, têmbene ingkang wuninga, sirna sipating gupala lir pendah Cingkarabala Upata, ingkang têngga kori sela mêtangkêp, salêbêting palataran sinêbaran nila pakaja, mila yèn kasampar kasandhung lampahe parêkan cèthi têka pating galêbyar, pindha kartika asilih prênah, dhasar nagari Ngastina papan gasik apasir, toya tumumpang, wontên umbul tinalangan, toya dèn jogakên kadhaton, sinungan têlih, wutahe pinara-para, kinarya angrêsiki sajroning kadhaton, tuwin kinarya padusaning para kênya, yèn nuju ari Soma tuwin ari Rêspati, sabibaring pasewakan, ilining toya gandanya arum angambar, kalunturan konyohing badhaya srimpi, ingkang sami adus, layoning sêkar kadya sarah, marma sajroning kadhaton, datan wontên gănda ingkang [ing...]

--- 2 : 426 ---

[...kang] kuciwa, katêlah dêlasan mangkin nagari ing Ngastina, saking agunging sotya nawa rêtna ingkang kinarya rarênggan, datan kantênan raintên dalunipun, yèn panglong pindha pajar wulan, yèn nuju purnama sasada, kasangsaya anêlahi, ingkang kinarya antara, wontên paksi winastan manuk jiwa-jiwa sajodho, yèn paksi saba antaraning rina, yèn paksi mencok jêjodhon, punika antaraning dalu, têmah janma salêbêting kadhaton, anut laju jantraning manuk, mangkana Prabu Kurupati sampun dumugi dènya mirsani uparêngganing gopura wontên lêjaring driya, pawongan ingkang jajari sinasmitan laju manjing ing palataran.

Ayak-ayakan mantun kajantur, Prabu Kurupati manjing kadhaton, găngsa kasuwuk kajêng katancêpakên têngah, dipun suluki Lasêm.

Sêkar Sardulawikridita lampa[11] 19. Kilwan sêkaring kang têtaman arêpat rèhnya balekancana | soma brama hêning pawal nataring kang rok motyaara raras | we durya marani labawraning pagêr tunjung mahantên lumêng | mungtap antên ningkang gopura macawi tang surya katon jwala ||

Wau ta Prabu Kurupati, saking dahat sungkawaning driya, marma dènya kondur saking pasewakan tansah mandhêg mangu, kang ketang amung sirnane Rêtna Drusilawati, sinamur ningali rarêngganing gopura, wontên lipuring driya sawatawis. Sinigêg gênti kocapa, ing salêbêting kadhaton, pindha pandam kentir ing ranu.

Mungêl gêndhing Damarkèli, ngadêg Rêtna Banuwati kalih Rêtna Anggandari, sami jajar pinarak, parêkan pêpak, sasampunipun tata găngsa kajantur, dipun caritakakên.

Anênggih ing pundi ingkang gênti kocapa salêbêting dhatulaya ing Ngastina,

--- 2 : 427 ---

sintên ingkang pinarak, sangajênging wiwara lêrês pananggaping prabasuyasa ingkang lor wetan, pramèswari nata akêkasih Dèwi Banuwati, dhasar wanudya endah warnane, karêngga ing busana, trahing kusuma rêmbêsing madu, wijining atapa, têdhaking andana warih, atmajaning ratu kagarwa ing narendra, mila kasup kaonang-onang, dadi panjanging kakidung, pramèswari Ngastina, galak ulat, gandês solahe, dhèmês wicarane, najan bombrong Dèwi Banuwati mundhak ayu, gandhang yèn ngandika, jêlih-jêlih anjêlalat, yèn Dèwi Banuwati prak-atine rêbut ênggon, bêbasan ayu raga karana, sasolahe patut, sarira jênar abêngle keris, mastaka sêdhêng amaèsan, rema cêmêng angêmbang bakung, kêtêp atap lir tinata, athi-athi ngudhup turi, sêsinom amicis panjrah, palarapan anyela cêndhani, karna sêdhêng anjamur kuping, pilingan anapak palu, sogokan kadi pinatut, idêp tumêngèng tawang, imba ananggal pisan, kasambungan bayu kadya pinulas, netra jait alindri, pangarasan ramping, uwang anyangkal putung, pêpasu lir pinatut, grana rungih, lathi manggis karêngat, waja anglaring bramara, jăngga sêdhêng anglung gadhung, jaja wijang pamidhangan anraju mas, pambayun anyudênta, bêbayu katon ngarêncang, asta anggandhewa gadhing, dariji mucuk tanjang, lambung anawon kêmit, cêthik mungal, pocong sêdhêng lir pinatut, pupu amupu gangsir, jajêngku lir cupumanik, garês lurus turut amêrit, kempol kiyal ngêmanak, kêncèd lênggang maya-maya, tungkak bundêr lir jinăngka, tlapakan ngamparan gadhing, driji turut jajêmpol lir sirah sarpa, yèn umèsêm pait madu pinasthika.

Cinăndraa warnane Dèwi Banuwati, kurang căndra luwih warna, ing

--- 2 : 428 ---

sabên sinuhun miyos siniwaka, pramèswari lênggah ngajênging wiwara, busana agêng, sintên ingkang jajar pinarak, punika ratu ibu akêkasih Dèwi Anggandari, putri saking Plasajênar, kagarwa ing Prabu Dhêstharata, mila pinarak ing prabasuyasa, rêntênging driya sirnanipun putra ingkang waruju, kusuma Rêtna Drusilawati, cèthi pawongan dhêdhêg sami ngayap, sêmuning praja Ngastina mamring samun, kadya bela sungkawaning narendra, badhaya srimpi sami kèndêl botên kaajar bêgsa, mangkana Dèwi Banuwati miyarsa têngara konduring narendra, lajêng saosan toya pawijikan, ing sangku pinarnah ing wiwara, katungka jajaran manjing ing palataran, parawija wujil wadhan tuwin cèthi parêkan. Dèwi Banuwati matur ing Rêtna Anggandari.

Punika ibu sinuhun kondur ngadhaton.

Gêndhing kainggahakên, Dèwi Banuwati mêthuk ing wiwara, Dèwi Anggandari taksih lênggah, sang nata nganthi ing pramèswari, nulya lênggah jajar mungging ngarsaning kang ibu, sasampunipun sami tata lênggah, găngsa dipun suwuk, dipun suluki kloloran.

Sêkar Sardulawikridita lampah 19. Lêlêng ramyaningkang sasăngka kumênyar myang rêngga rumning puri | mangkin tanpa siring halêp ningkang umah mas lir murub ing langit | têkan sarwa manik cawinya sinawung saksat sêkarning suji | unggyan Banuwati ya na mrêma langên myang Nata Duryodhana ||

Dèwi Anggandari ngandika.

Kaki prabu dene suwe gonmu siniwaka, apa ingkang kok dhawuhake ing pamanmu si adhi ing kapatihan.

--- 2 : 429 ---

Ratu Ngastina matur dhatêng ingkang ibu.

Inggih ibu mila dangu gèn kula siniwaka, kula andangu dhatêng pun Paman Arya Sangkuni, gènipun sami angupados sirnanipun rayi kula pun Drusilawati.

Dèwi Anggandari andangu malih.

Kêpriye kaki prabu, apa ana ingkang olèh pawarta, ing saiki panggonane adhimu Si Drusilawati ana ngêndi.

Aturipun Ratu Ngastina.

Ibu aturipun rayi sampeyan pun Paman Arya Sangkuni, sadaya mantri bupati Ngastina, dipun sêbar pangraos takir mangkurêp dipun lumahakên, ingkang malumah kakurêpakên, gènipun sami ngupaya salêbêting jajahan nagari Ngastina, dipun osak-asik, botêna sagêd pinanggih, malah mandar wontên ingkang minggah dhatêng pangajaran pitakèn dhatêng pandhita ingkang sami ahli puja, panggenanipun pun Drusilawati, inggih botên wontên pandhita ingkang sagêd anêdahakên, ing sapunika kula kengkenan ngupadosi kakang Adipati Karna, ingkang kula piji ing damêlipun kanthi rayi-rayi kula Kurawa, tuwin rayi sampeyan Paman Arya Sangkuni.

Dipun suluki sastradatan manyura agêng.

Sêkar Bramarawilasita lampah 11. Ramya wwang padha tustha anggarjita | têkapira nirmala mangayun ring | trus unggyaning sang sri supawara[12] | tarlèn sanggya dwi lêmbana mahagnya ||

Dipun caritakakên.

--- 2 : 430 ---

Lah ing kana ta wau, Dèwi Anggandari dupi miyarsa aturing putra Prabu Kurupati, yèn pangupayane Rêtna Drusilawati, dèrèng kapanggih, datan wontên antuk pawarta. Mangkana pangudasmaraning driya. Anakku Rara Drusilawati mênyang ngêndi paramu, dene tinggal marang ibu rama, ora wêwarta, dene lagi arêp diangkas-angkas durung kalakon banjur sirna ora karuhan panggonamu bandara, sapa ingkang sikara ing kowe.

Prabu Kurupati matur malih.

Kangjêng ibu mugi sampun sangêt sungkawa, yèn dèrèng rawuh kakang Adipati Ngawăngga, sanajan ngantosa gagrakusika, yèn dèrèng kapanggih tuwin angsal pawartos panggenanipun pun Drusilawati, kakang adipati masa puruna mantuk.

Dèwi Anggandari ngandika.

Iya kaki prabu najan ora bisa mulih marang Ngastina, jangji karuhan panggonane adhimu Si Drusilawati, yèn mati katêmua kuwandane, manawa isih waluya ing ngêndi gone panggonane, aku kaki prabu ora bisa dulu kangjêng sinuhun, yèn wêngi ngagak-agak ora nendra, rina ora dhahar-dhahar, awit murcane adhimu saprene.

Prabu Kurupati ngandika.

Ratu apa wis saji bujana, yèn wis sêsaji ayo padha kêmbul bujana, kangjêng rama tak aturane dhahar kêmbul, supaya lêjara panggalihe, priye wis panjênêngan sêpuh, kabubuh susahing panggalih.

Aturipun Dèwi Banuwati.

--- 2 : 431 ---

Kangjêng sinuhun andangu sêsaosan paduka, sampun dangu gèn kula ngrakit, wontên ing bale pambujanan, ing galdri kilèn suyasa.

Dipun suluki kloloran, Dèwi Anggandari, Prabu Kurupati, Dèwi Banuwati, sami bujana tuwin Prabu Dhêstharata, sampun dipun aturi bujana, parêkan sami ngadhêp kajêng katancêpakên têngah.

Sêkar Bramarawilasita lampah 11. Jahning yahning talaga kadi langit | kêmbang tapas wulan upamaneka | wintang tulya kusuma yya sumawur | lumranging kang sari kadi jaladha ||

Dipun caritakakên.

Lah ing kana ta wau, Prabu Kurupati, sakalihan pramèswari Dèwi Banuwati tuwin Dèwi Anggandari sami bujana, Prabu Dhêstharata sinaosan dhêdhaharan, tuwin dipun lêlipur dene kang garwa, sinigêg ingkang andon bujana, gênti kocapa ing pagêlaran, sata Kurawa Ngastina kathah ingkang sami prihatin.

Mungêl gêndhing Prihatin. Ngadêg Adipati Karna, Patih Sangkuni, tiga Radèn Dursasana sami jajar pinarak, ingkang ngadhêp radi kapering Radèn Durmuka, Radèn Durmagati, Radèn Kartamarma, punika ingkang sami cêlak, Kurawa pêpak dènira lênggah sami têbih. Gêndhing dipun jantur, dipun caritakakên.

Anênggih ing pundi ingkang gênti kocapa, ing pasowan pagêlaran, sintên ingkang pinarak, adipati ing Ngawăngga, ajêjuluk Narapati Karna, Basusena, Radeyaputra, Suryatmaja, Kunthi Bojatanaya. Mila pêparab Karna, dene Adipati Ngawăngga babare saking garbaning kang ibu tan mêdal margaina, mijil ing talingan. Mila jêjuluk Basusena Adipati Ngawăngga,

--- 2 : 432 ---

nalika babar saking garbaning ibu taksih winêngku ing eyang wontên kadhaton Madura, mila jêjuluk Radeyaputra, atmajaning Prabu Radeya, mila jêjuluk Arkasuta, dene Adipati Ngawăngga, pinundhut putra Bathara Surya, mila jêjuluk Kunthi Bojatanaya, Adipati Ngawăngga atmajaning Dèwi Kunthi. Mila tumurun saking sitinggil lajêng mêpak para sata Kurawa, dene ngêmbani timbalaning Ratu Ngastina, ingkang jajar pinarak Radèn Arya Sangkuni, kalih satriya ing Banjarjungut, Radèn Arya Dursasana, punika kadanging Prabu Kurupati ingkang panênggak, kalangkung dèn ugung ing raka narendra, mila ugal-ugalan kaworan bancol, tan kapalang barang karêpe, winênang ngêbuk wong mêtêng, jêngkangake wong dhodhok, ngingêr arêpe wong sêmadi, mila yèn Radèn Dursasana lumampah, lurung gusis tan ana jalma wani liwat, ering yèn kinarya klangênan, apês balêbês Radèn Dursasana yèn ana wong ngantuk dipun gêtak. Dene ingkang cakêt wurinipun adipati ing Ngawăngga punika inggih kadanging nata, sundhulanipun Arya Dursasana, satriya Sêkarcindhe Radèn Durmuka, ingkang cakêt kalih Arya Sangkuni punika, satriya ing Sobrahlambangan, kêkasih Radèn Durmagati, ing wurinipun ingkang rayi satriya ing Banyutinalang Radèn Kartamarma, pêpak para sata Kurawa sangang dasa wolu, awarna-warna busanane, abyor kaya nyurêmna diwangkara, ing alun-alun tunggul bandera rontèk kakăndha awarna-warna kadya ombaking jaladri pasang, para kawula bala sami dhêdhêp anganti dhawuhing nata. Mangkana pangudasmaraning driya Dipati Ngawăngga, iba yèn padha sumurupa karsane yayi aji adhi-adhiku Kurawa.

--- 2 : 433 ---

Gêndhing kainggahakên, sawatawis sêsêgan lajêng dipun suwuk, dipun suluki gêrgêt saut nêm.

Sêkar Sardulawikridita lampah 19. Tatkala narpa ceda mati nguni wèh sang sastra darma parêng | kantèki raina masangsaya mawas hyang surya lumrèng rana | makansêh nira Sang Wiratha narpa lèn Păncawala adulur | Nirbita mangka pangruhun putunira wiratriya nindita ||

Radèn Arya Dursasana matur.

Bihik kakang adipati, upami hèr mina kata, kula noknon, hèr toya, mina ulam kata pangucap, upami mina kasrambah agênging toya, kula nusung pawartos, dene kakang adipati ngêndikan dhatêng ngarsanipun kakang prabu, punapa wontên dhawuh ingkang wigatos.

Karna amangsuli.

Arya Dursasana, mulane aku ngêndikan marang yayi prabu, dikakake ngupaya sirnane adhimu Si Rara Drusilawati, diparingi kanthi Paman Arya Sangkuni, utawa kalilan gawa para kadang Kurawa sagolongan, karsane yayi prabu dikakake mangkat saiki.

Dursasana matur malih.

Yèn parêng kakang adipati kula kalilana dhèrèk lampah sampeyan, ngupadosi pun Drusilawati.

Karna amangsuli malih.

Si adhi arêp umiring ing lakuku, aku ora bisa misesa, para kadang Kurawa, ingkang bakal milu utawa ingkang tunggu praja, panimbange ana Paman Arya

--- 2 : 434 ---

Sangkuni, sakira ingkang kêna dipitaya, utawa ngladèni karsane yayi prabu.

Arya Sangkuni ngucap.

Kulup Dursasana, kowe karia tunggu nagara ora nana aku dikaya aku ana, angladènana karsane kakangamu kangjêng sinuhun, rèhning durung kinaruh lawas inggale ulihku kowe diyitna, ginauwa nyêkêl praja, kawruhanamu nagara Ngastina, upama rara ayu awiraga, akèh kang ngarêpake, sathithik ingkang ngungkurake.

Aturipun Dursasana.

Inggih man inggih, i lah gêla pikirku, arêp milu ngupaya malah dikon tugur tunggu nagara, i hah hah hah, dadak dadi gawe arane, ingkang badhe sampeyan dhawahi dhèrèk sintên paman.

Wangsulanipun Sangkuni.

Ingkang takgawa adhimu Si Durmuka, Si Durmagati, Si Kartamarma, Si Kartaboga, Si Surtayu, Si Surtayuda, Si Citrawarsa, Si Carucitra, Si Jayasusena, Si Jayawikatha.

Kulup Kartamarma dhawuha adhi-adhimu, padha kon pradangdan, lan bocah kapatihan, kon ngambili jaranku si angkruk.

Aturipun Kartamarma.

Kawula nuwun, inggih dhatêng sandika.

Adipati Ngawăngga ngandika ing Kartamarma.

Adhimas dhawuha bocah Ngawăngga kon ngambili jaranku si samirana.

Aturipun Kartamarma.

--- 2 : 435 ---

Kawula nuwun, inggih dhatêng sandika, rampung timbalanipun kakang adipati ingkang adhawuh.

Wangsulanipun.

Iya wis ora mêkas manèh.

Radèn Kartamarma mêdal, dipun suluki Astakosala raras barang miring.

Sêkar Astakosala miring lampah 18. Mundur rêkyana patih undhang ing pra wadya samya sanega | umyang ramya swaraning bêndhe bèri gubar gurnang myang puksur | tambur suling salomprèt pêpandhèn daludag bandera muwah | kakăndha warna-warna lir aluning jalanidhi asri kawuryan ||

Radèn Kartamarma undhang-undhang. He he adhi-adhiku Kurawa, Si Surtayu, Surtayuda, Si Jayawikatha, Jayasusena, Si Carucitra, Citrawarsa, padha dangdana dhèrèk tindake kakang Adipati Ngawăngga. Dipun sauri. Inggih dhatêng sandika.

Radèn Kartamarma dhawuh malih.

He he bocah prajurit kapatihan lan kănca ing Ngawăngga, padha pradangdana, aja kurang pangati-ati dèn yitna, sadhiyaa gêgaman, tumbak bêdhil, Paman Arya Sangkuni dhèrèk kakang Adipati Ngawăngga, ngupaya sirnane Si Drusilawati, titihane paman si angkruk, lan titihane kakang Adipati Ngawăngga si samirana padha kêncêngana kambile.

Aturipun kang dhinawuhan.

Kula nuwun inggih dhatêng sandika sandika, rampung timbalan sampeyan radèn. Kartamarma mangsuli. Iya wis ora nana dhawuh manèh.

--- 2 : 436 ---

Para prajurit ngucap.

E mara kănca padha dangdan, iya batur jaran-jaran, mara saosna iya batur ngaturana wuninga wis rampung. Aturipun, punika radèn sadaya sampun rakit.

Kartamarma mangsuli. Iya ngantia têngara, bêndhe kapisan sikêpa gêgaman, bêdhe[13] kapindho kumpula sagolongamu dhewe-dhewe, bêndhe kaping têlu banjur budhala, sapa kang dadi panganjur, aku tak ngaturi uninga dhisik. Aturipun inggih dhatêng sandika. Kartamarma wangsul mangarsa dipun suluki Astakosala.

Sêkar Nagabănda lampah 18. Gagrak andhêman ningkang jaran ngrik magalak gênti manitih | pamêkak nira Risang Sudarsana dahat kêndhali rangah | manjing lak-lakan kuda ngrik mijil rah kadya tuk sumarambah | yaksa têmahan krura sru manaut yitna sang narpatmaja ||

Kartamarma matur.

Kawula nuwun, kauningana ing sampeyan paman, sadaya sampun pradangdosan, ing samasa-masa bidhal sampun samapta, tuwin titihanipun kakang adipati sampun rakit.

Arya Sangkuni matur ing Karna.

Anak Adipati Karna, sumăngga sami bidhal mumpung enjing sadaya-daya dumugia ing purug.

Karna mangsuli.

Kula jumurung karsa sampeyan paman, măngga mangkat mumpung enjing.

Arya Sangkuni ngandika.

--- 2 : 437 ---

Kulup Kartamarma nêmbanga têngara, ayo mangkat ing saiki.

Aturipun Kartamarma.

Kawula nuwun sandika. Kartamarma mundur dipun suluki gêrgêt saut nêm.

Sêkar Wisalyarini lampah 21. Enjing nêmbang têngara sagunging pra Kurawa samapta busana bra | pindha ujwalèng surya mijil pucak aldaka barang kang amadhangi | umyang sru swaraning kang têtêg kêndhang gong bèri lir bêlah bumi kambah | risang anindha mantri lèn Arya Dursasana yekang maka manggala ||

Dipun caritakakên.

Lah ing kana ta wau, Radèn Kartamarma sampun anêmbang têngara, gong maguru găngsa, têtêk kaya butula, gumuruh tambur suling salomprèt, bêndhe ngungkung pindha maesa binêrêg.

Mungêl ladrangan Kêbogiro, Kurawa Karna Sangkuni sami kalampahakên, nuntên prampogan kalampahakên, kèndêl sisih kiwa, găngsa dipun jantur.

Lajêng kapalan, Kurawa kalih rambahan, lajêng Adipati Ngawăngga, nuntên Kurawa malih kalih rambahan, lajêng Sangkuni, nuntên para Kurawa saurutipun, Radèn Durmuka kantun piyambak lampahipun, sadaya wau sami kairing prampogan.

Găngsa kasêsêgakên, prampogan kalampahakên, kajêng katancêpakên kiwa, prampogan kèndêl, găngsa dipun suwuk, dipun suluki gêrgêt saut nêm.

Sêkar Nagabănda lampah 18. Umyang swaraning wadya wus samapta [sama...]

--- 2 : 438 ---

[...pta] munya kêndhang gong bèri | arêbut papan ing sajuru-juru tan ana liru prênah | Rêkyana Patih Udawa minăngka cucuking wira kuswa | Sang Wrêsniwira mahambêg sudira ring prawira tumangguh ||

Dipun caritakakên.

Lah ing kana ta wau, sampun sami bidhal sata Kurawa Ngastina, têtindhih Arya Sangkuni, senapatining lampah Adipati Karna, mangkana untabing wadya lir pendah sela brakithi, sela watu, brakithi sêmut, pindha sêmut gumrêmêt ing watu, anglur tan ana pêdhote, tindake para prajurit kadya wêrdu gangga sasra, wêrdu lintah, gangga banyu, sasra sèwu, kaya lintah sèwu barêng kumêlap ing toya, swara pangucaping janma kathah, kadya warsa kanthuka,[14] warsa udan, kanthuka kodhok, kaya kodhok kodanan warna-warna pangucape, gadêbêging lampah krêbêting bandera rontèk, kriciking kandhali, krapyaking watang agathik, kasauran pangriking turăngga, pangêmprèting dwiradha tuwin swaraning salomprèt tambur suling, abah-abahan, gong maguru găngsa, piniyarsa pindha angsah ing prang, balêduk mangampak-ampak lir pendah kukusing sanjata, kêlabing umbul-umbul pindha ombaking samodra, busanane wadya ingkang sami nganggo seta, kumpul sami pêthak, kadya kontul anêba, ingkang busana krêsna ngumpul sami cêmêng, lir pendah dhandhang rêraton, prajurit ingkang busana rêta ngumpul sami abrik,[15] kadya giri pawaka, giri gunung, pawaka gêni, kaya wukir kabasmi, pating karêthap songsonging para mantri bupati tuwin sata Kurawa, myang radèn patih, gumêbyar songsonging Adipati Karna, sinawang saking katêbihan kadya panjrahing puspita, saking agênging gêgaman, piniyarsa

--- 2 : 439 ---

saking katêbihan lir pendah wrêsa kentèki, wrêsa udan, kentèki pajatèn, pindha udan narajang pajatèn, kumrasak swaraning ron.

Mangkana lampahing prajurit ing Ngastina, ingkang sinêja badhe marpêki kanan keringipun nagari Ngamarta, sêmana sampun mijil saking praja Ngastina, prapta jajahan paminggir, kèndêl ing lampah.

Prampogan dipun ucapakên.

E iki priye kănca lumaku mandhêg mayong, akèh gêgaman lêligan, ingkang lumaku ngarêp mandhêg, ingkang lumaku ing buri ngangsêg, mêngko rak anocok kănca, kuwe sapa pyayi tindhihing laku, dene ora gêlêm ngandhêgake kancane, iku priye. Pangucapipun kang lumampah ing wuri, ora batur ingkang dadi pangarêping laku iku sapa, dene lumaku mandhêg mangu, mêngko sêlak katungka rawuh radèn dipati. Dipun sauri. E mêngko alon wong batur aja kêsusu, iki lurung akèh rusak, karubuhan prabatang masa kênaa diambah jaran, enak ngaturi uninga kănca.

Iya bênêr bênêr. Dipun angsuli. Ora kuwe sapa ana lurung rusak bae ngaturi uninga, nèk didukani dara kronèl, kaya dudu kawula lawan kang duwe panggawean, wong margăngsa kalang gowong, iku tawa, nêgor kayu angkêr, lan prajurit piyonir dikanthèni bau arahan, kon garap karo lumaku. Iya kănca bênêr bênêr. Mara banjur padha sikêpa gêgamanmu, arit wadung pêthèl pacul linggis cucuk dhandhang. Iya bênêr batur bênêr, aja ngunjuki uninga padha digarap ingkang duwe gawe dhewe-dhewe.

--- 2 : 440 ---

Iku prajurit ingkang sikêp tumbak bêdhil, lumakua ing buri, prajurit ingkang nunggang jaran, pêdhange padha konên ngunus, samasa ana kang rawe-rawe dhuwuring dalan, banjur pancasên ing pêdhang, wong cilik kudhi pacul upamane, kêthul disah yèn wis landhêp ditamakake. Dipun sauri. E bênêr bênêr, ayo kănca barêng tumandang, ingkang mêndhukul paparên, ingkang lêbak diurug, aja nganggo carane wong bang kidul, katlompèn gawe, bêcik carane wong ing bang lor, bajag Sampang, kroyok Pathi, surak Dêmak, bujuk Mataram, gègèr Pedan, sida Palar, iya mayo mara mara.

Găngsa mungêl plajêngan nêm, sasampunipun prampogan garap margi, kajêng pinêtha prabatang, lajêng găngsa kasuwuk, dipun suluki Lasêm, kajêng katancêpakên têngah.

Sêkar Kilayunêdhêng lampah 22. Nêmbang têngara mundur sawadyane nêdya kondur maring jroning puraya | wraha palwaga samya amarigi kang katrajang gigirira karowak | sangsaya sangêt palayuning bala kapya rêbut dhucung sampun atêbih | prapta jro pura sang nata sineba pêpak punggawa lir kilayunêdhêng ||

Dipun caritakakên.

Lah ing kana ta wau, wadya prajurit ing Ngastina, sampun lêpas lampahe dumugi paminggiring wana watês nagari Ngastina, lajêng sami kèndêl kasaput ing dalu sami karya pamondhokan, karsaning Adipati Karna angangin-angin pawarta, dènira ngupaya sirnane Rêtna Drusilawati sami panarkaning batos Adipati Ngawăngga kalih Radèn Arya Sangkuni, kinira Rêtna Drusilawati dhatêng praja Ngamarta, [Nga...]

--- 2 : 441 ---

[...marta,] sinigêg ingkang pacak pabarisan, gênti cinarita ing nagari Banakêling kumukus padupanira.

Mungêl gêndhing Mênyanseta, ngadêg Prabu Sapwani, Radèn Jayadrata, cèthi kalih, găngsa kajantur, dipun caritakakên.

Anênggih nagari ing pundi ingkang gênti kocapa, ing nagari Banakêling Prabu Bagawan Sapwani Wijayaastra, lênggah ing made pandhapa, ingkang cakêt ing ngarsa, ingkang putra, sintên dasanamane, dasa sapuluh nama kêkasih, akêkasih Radèn Jayadrata, ya Radèn Tirtanata, Radèn Sindukalangan, Radèn Arya Sindurja, dhasar atmajaning ratu pinandhita, agêng inggil jajag sêmbada jêjarotane, sarira jênar netra andik sêmu tanggon, karêngga ing busana, agêlung kakêlingan kinancing rêtna, jamang mas anting sotya, sumping rêtna pinindha gêgubahan surèngpati, gêlung sinăngga ing praba, kinancing grudha mungkur, abadhong giwangkara, lur-ulur naga karangrangan dawala ngiras têtali, sangsangan gadhuwara, kêlatbau naga măngsa, gêlang kana kroncong sarpa raja, supe tajug sakêmbaran, kampuh bèrêm pinarêmas, sêmbulihan nutupi wangkingan, cêlona cindhe puspita gubêg, paningsêt udaraga binara, uncal wastra uncal kancana, dhuwung tinatah tinaturêngga, warăngka ladrang landheyan tunggak sêmi, kandêlan kamalon rêta, mila satriya ing Banakêling dadi panjanging kêkidung, kathah wanudya ingkang kasmaran, nanging Radèn Jayadrata têbih dhatêng langêning wanita, ing mangke sarêng badhe ginanjar kadanging Nata Ngastina, Radèn Jayadrata kadugi nglampahi nambut silaning akrama. Ing pagêdhongan Prabu Bagawan Sapwani, sampun angrakit dènnya badhe mangun wiwaha, katungka anampèni pustaka [pusta...]

--- 2 : 442 ---

[...ka] saking Ngastina, aparing wuninga yèn Rêtna Drusilawati sirna saking padalêman, datan kantênan ingkang ngambil, sanalika wadyabala ing Banakêling sinêbar ngupaya dèrèng kapanggih, mila Radèn Jayadrata marêk ing rama, sumêja badhe pamit angupaya sirnanipun Rêtna Drusilawati, mangkana pangudasmaraning driya Radèn Jayadrata. Yèn ora katêmu putri ing Ngastina baya mati aku yèn ora sida dhaup karo Si Drusilawati, marang ngêndi paranmu nimas, ora bisa kari aku.

Gêndhing dipun unggahakên, sawatawis lajêng kasuwuk, dipun suluki pathêt nêm.

Sêkar Mêdhangmiring lampah 23. Atari pêjah ningkang prawara Somadênta tanaya têkap sinisuta | makin aparêk Jayadrata têkap Sang Arjuna Warkodhara nora kamu | makamuka sang dwijendra Karna Karpa Salya kuruku tarlèn giri kola ||

Sang prabu ngandika.

Kulup Jayadrata, priye lakune bocah ing Banakêling, ingkang padha ngupaya sirnane Radèn Ayu Drusilawati, apa ana ingkang olèh gawe utawa olèh pawarta, ing ngêndi panggonane putri ing Ngastina.

Aturipun.

Kawula nuwun, kangjêng rama sadaya kawula bala ing Banakêling, gènipun ngupadosi sirnanipun Rêtna Drusilawati botên wontên angsal damêl. Yèn parêng karsanipun kangjêng rama, kawula piyambak nyuwun idi pangistu badhe ngupadosi sajawining nagari Banakêling.

--- 2 : 443 ---

Kulup iku aja, yèn kowe sêja ngupaya dhewe sirnane Rêtna Drusilawati, sêtun têmên ora nana janma tinakokake, bakal pangantèn ngupaya sirnane jatukramane, bêcik manawa bisa katêmu, upami ora katêmu muwuhi kanisthan, wis dhawuha ing Si Patih Jayasubănda lan Si Jayawiladaka, kon lumaku lêlancaran angangin-angina pawarta, sajabaning wawêngkon ing Banakèling.

Aturipun.

Kawula nuwun inggih dhatêng sandika, kawula kalilana andhawuhakên dhatêng pun Jayasubănda. Găngsa mungêl ayak-ayakan, sang prabu ngadhaton, Radèn Jayadrata mêdal dhatêng paglaran, găngsa kasêsêgakên dados plajêngan nêm, Jayadrata kalampahakên, saantawis ngadêg ngawe-awe, Jayasubănda, Jayawiladaka sami majêng prapta ngarsaning Radèn Jayadrata, sampun sami tata lênggah, găngsa dipun suwuk, dipun suluki gêrgêt saut nêm.

Sêkar Rini lampah 17. Punggawa prayitna pudhêndha mangaran amamrih lawan | Sang Dasawadana anuduh punggawa wira dumraksa | mangrusak ing gêlar ardacandranira Patih Suwănda | gadgada umangsah wahana dwipangga mangundha dhandha ||

Patih matur ing Radèn Jayadrata.

Kawula nuwun, Radèn wontên karsa punapa, animbali dhatêng pun Jayasubănda.

Wangsulanipun.

Bapa Jayasubănda, mulane kowe tak timbali utawa Si Tumênggung Jaya- [Jaya...]

--- 2 : 444 ---

[...wiladaka,] karsane kangjêng rama kowe dikakake padha ngupaya sirnane putri Ngastina Rêtna Drusilawati, gonmu ngupaya mêtua têka jajahan nagara Banakêling, aja pati mulih yèn durung katêmu.

Aturipun patih,

Kawula nuwun, inggih dhatêng sandika, têrangipun ing karsa angkat kawula kalilan benjing punapa.

Wangsulanipun.

Kowe mangkata ing dina iki, wêlinge kangjêng rama ngantia jambul wanên, ora kalilan mulih yèn durung karuwan panggonane Rêtna Drusilawati.

Aturipun patih.

Kawula nuwun, inggih dhatêng sandika, rampung timbalanipun gusti kawula, pun Jayasubănda kalilan mangkat ing sapunika, nyuwun idi pangistu raharjaning lampah kawula.

Iya bapa tak rewangi nanêdha ing dewa, bisaa olèh gawe lakumu.

Patih ngucap dhatêng Jayawiladaka.

Adhi Jayawiladaka, pradangdana si adhi tak gawa, lan dhawuha pradangdan bocah ing kapatihan.

Aturipun.

Kula nuwun inggih dhatêng sandika.

Jayawiladaka mêdal dipun suluki gêrgêt saut nêm.

Sêkar Kilayunêdhêng lampah 22. Nêmbang têngara mundur sawadyane nêja kondur maring jroning puraya | wraha pragosa samya marigi kang katra [katra...]

--- 2 : 445 ---

[...jang] gigirira karowak | sangsaya sangêt palayuning bala kapya rêbut dhucung sampun atêbih | prapta jro pura sang nata sineba pêpak punggawa lir kilayunêdhêng ||

Jayawiladaka undhang-undhang.

He he ana bocah kapatihan.

Aturipun.

Kula kula. Padha pradangdana bakal ngupaya putri Ngastina. Inggih dhatêng sandika, sampun samasa-masa bidhal sampun sami samapta.

Jayawiladaka ngucap malih. Bocah ing tumênggungan padha pradangdana, aku bakal dhèrèk kakang adipati.

Aturipun.

Kula nuwun inggih dhatêng sandika sandika, sampun samasa bidhal sampun sami rakit sadaya.

Jayawiladaka mangarsa, dipun suluki gêrgêt saut nêm.

Sêkar Wisalyaharini lampah 21. Budhal enjing gumuruh saking nagri Wiratha gunging kang balakuswa | abra busananira lir surya wêdalira saking ing jalanidhi | arsa madhangi jagad duk mungup-mungup anèng pucak pucaking wukir | baranang bang sumirat kêna soroting surya mega lan gunung-gunung ||

Jayawiladaka matur.

Kula nuwun, kakang adipati kauningana punika sadaya sampun apradangdosan, samasa mangkat sampun mirantos.

--- 2 : 446 ---

Patih matur ing Radèn Jayadrata.

Kawula nuwun, anggèr kantuna pinarak, ing ngajêng manggiha suka ing sawingking kawula.

Wangsulanipun.

Iya bapa muga nêmua raharja lakumu.

Găngsa mungêl plajêngan nêm, Radèn Jayadrata wangsul manjing kadhaton, Patih Jayasubănda kalih Tumênggung Jayawiladaka sami linampahakên, ginarbêg prampogan, lampahipun mangiwa, saantawis lampahan, kajêng dipun tancêpakên têngah, găngsa dipun suwuk, dipun suluki pathêt nêm.

Sêkar Wêgang Sulanjari lampah 20. Tandya bala Pandhawambyuk gumulung mangusir ring sata Kurawa | kambah kokih sru katitih mirut kerut larut katut para ratu | tuwin sagung pra dipati katut kapalayu sigra praptanira | Aswatama têtanya lah pagene ta iki ya padha lumayu ||

Dipun caritakakên.

Lah ing kana ta wau, sampun mêdal saking praja ing Banakêling, Rêkyana Patih Jayasubănda tuwin Tumênggung Jayawiladaka, sumêja ngupaya sajawining jajahan Banakêling, sirnaning putri Ngastina. Cinarita yèn sampun ngambah laladan ing nagari Ngastina, sinigêg gênti cinarita, prajurit sami kèndêl nêdha sangune majêmuk.

Mungêl gêndhing Majêmuk, ngadêg ratu danawa, kang ngadhêp yêksi, gêndhing dipun jantur kacaritakakên.

Anênggih nagari ing pundi ingkang gênti kocapa, wontên gagêmpalaning carita, [ca...]

--- 2 : 447 ---

[...rita,] nata yêksa, angadhaton ing Timbultaunan, sanajan kathah raja danawa nanging tangèh nimbangana agênging karaton, kèringan samaning raja, sintên bisikaning ratu, ajêjuluk Sri Kaladiyu, agêng aluhur sarira pindha prabata, netra kadya surya kêmbar, grana lir pendah canthiking baita, tutuk anjlêgodhah pindha wiwaraning guwa, waja jatha kadya parang rèjèng, karna lir pendah tambining mandera, imba sirung godhèg wok kumbala capang, ing mangke sri nata miyos mungging pandhapa, animbali punggawa yêksi, apa busanane Sri Kaladiyu, amakutha kancana, jamang mas sungsun tiga, kinancing grudha mungkur, sinăngga ing praba, rema dèn ore binêlah nganan ngeri, anting sotya, sumping rêtna, sangsangan gadhuwara, badhong tinundha, lur-ulur naga karangrang, dawala ngiras têtali, kêlatbau naga mamăngsa, gêlang kana kroncong awak sarpa, supe tajuk kanan kering, kampuh jingga kinonang ing parada, paningsêd renda, clana cindhe puspita gubêg, sêmbulihan uncal carang buntala, lênggah ing palăngka rêtna, pindha Hyang Kala tumêdhak ing marcapada, sêmbada Prabu Kaladiyu, prawira ing ayuda, gumlêgêr yèn ngandika, nalika sêgu kaya gludhug, yèn pêtak pindha gêlap anambêr, kathah bupati ing Timbultaunan, lumrah sami têguh wantala tan pasah tapak paluning apandhe sisaning gurinda, yèn nuju dintên pasewakan, rasaksa sami karya pangeram-eram, ana ingkang siring pêdhang onclang dhandha, tibane tinadhahan sirah, sawênèh yêksa sabuk ula lanang, asumping pring sadhapur, mangkana sampun pêpak punggawa ingkang nangkil, pangarsaning wadya ing Timbultaunan, sira Nyi Êmban Wewegidrah, tinimbalan manjing kadhaton, prapta ngarsa nata sampun dangu sinuhun dèrèng ngandika, mangkana [mangka...]

--- 2 : 448 ---

[...na] pangudasmaraning driya, Êmban Wewegidrah, i lae kadingarèn, kangjêng sinuhun nimbali aku, ora miyos marang sitinggil.

Gêndhing dipun unggahakên, sawatawis dipun suwuk sêsêgan, dipun suluki gêrgêt saut nêm.

Sêkar Rini lampah 17. Yaksa gora rupa ri sêdhêng Sang Kumbakarna lêlaku | kan malwa linging kang gambira wangarah angisis siyung | umêtu prabawa lesus lèn prakêmpa gora walikan | ditya durbalarsa mrih curnaning lawan wiratri rodra ||

Sang prabu ngandika.

Ora dadi guguping atimu biyung, kowe tak timbali lumêbu ing ngarêpku.

Aturipun.

Saklangkung guguping manah kawula, sarêng nampèni timbalanipun ingkang sinuhun, wontên ing jawi kados tinêbak ing mong tuna, sinambêr ing gêlap lêpat, pirsa calèrèt botên wuninga dhatêng ing gêlap, upami kambêngan salămba pinanjêr madyaning alun-alun, katiyup ing maruta kalangkung gèn kawula kumêjot kumitir caruk awor maras, sarêng dumugi wontên ing ngarsanipun gusti kawula botên darbe manah kuwatos, kawula nuwun nuwun.

Sang prabu andangu.

Apa mulane kowe ana jaba bangêt kuwatiring atimu, têka ing ngarêpku ora duwe pikir maras biyung.

Aturipun.

Kawula nuwun, gusti upami kawula anandhanga kalêpatan, dosa pêjah

--- 2 : 449 ---

sayogi sinuhun amêjahana, yèn kula dosa sakit, gusti kawula ingkang nyakitana, sampun siyang asanajan dalu pêjah gêsangipun ingkang abdi sumăngga ing asta kêkalih, têmbung tadhah wadana, kumurêpa ing abahan, kawula nuwun nuwun.

Sang prabu mangsuli.

Munduran kaya wong nyandhang dosa ngaturakên pati urip, ya bangêt panarimaku, biyung kowe munjung ing kaprabonku, mulane kowe tak timbali, aku olèh sasmitaning dewa, mau bêngi wayah gagat bangun, aku turu ing sanggar pamêlêngan, mêngkene wangsiding dewa, hèh raja di raja ing Timbultaunan, yèn arêp arja nagaramu nglakonana krama, ing wetan kene ana nagari diarani ing Ngastina, ingkang jumênêng ratu Prabu Kurupati, iku duwe kadang wanudya endah rupane, aran Rêtna Drusilawati, iku yèn kalakon dadi jatukramamu, pasthi luhur karatonmu, byar aku tangi banjur siniwaka iki mau, iku biyung kang aran nagara Ngastina apa kowe wis tau ngambah.

Aturipun.

Kawula nuwun, gusti mirêng sawêg dhawuhipun kangjêng sinuhun punika.

Dhawuhipun sang prabu.

Wis biyung mijia bocah bupati, ingkang gantung pasisiran, layangku iki kon ngaturake kakang Prabu Ngastina, yèn bocah bupati durung sumurup, nagara ing Ngastina, tak lilani gawa Si Togog karo Si Sarawita, iku pasthi wis jajah karaton Jawa, sajabaning layang gonku ngêbun-êbun esuk, ngudan-udan sore [so...]

--- 2 : 450 ---

[...re] marang Si Drusilawati, yèn ana pamundhute Ratu Ngastina, mas picis rajabrana minăngka sramane Rêtna Drusilawati, jangji wis parêng lêganing atiku, rajabrana ing Timbultaunan, diusungana kaya kayu ngantia kêbak alun-alun Ngastina, lan aku paring pangistu, kurangku nadhah nendra dadia sangune bocah bupati kang nglakoni gawe.

Aturipun.

Kawula nuwun, inggih dhatêng sandika, sampun rampung timbalanipun gusti kawula ingkang adhawuh, pun êmban kalilan mêdal amatêdhakakên nawala.

Pangandikanipun sang prabu.

Iya biyung wis ora wêkas manèh, iki layang banjur paringna kancamu bupati.

Găngsa mungêl ayak-ayakan kêpinjalan, êmban nampèni sêrat lajêng mêdal, sang prabu kundur ngadhaton, găngsa dipun sêsêgakên dados plajêngan nêm, êmban kalampahakên mêdal, prapta pagêlaran, prapta yêksa tiga, Tumênggung Rênggutmuka, Tumênggung Klanthangmimis, Tumênggung Thothogatho, sasampunipun tata lênggah, găngsa dipun suwuk, dipun suluki gêrgêt saut nêm.

Sêkar Kusumawicitra lampah 12. Buta Pandhawa tata gati wisaya | indri yaksa sara maruta pawana | bana marga samirana warayang | pănca bayu wisikan gulingan lima ||

Ditya Rênggutmuka matur.

Kula noknon. Kakang nyai wontên dhawuh timbalan punapa, miji rayi jêngandika [jêng...]

--- 2 : 451 ---

[...andika] Ditya Rênggutmuka, tuwin rayi jêngandika Ditya Klanthangmimis, rayi jêngandika Ditya Thothogatho.

Wangsulanipun.

Adhi Rênggutmuka utawa si adhi Klanthangmimis, si adhi Thothogatho, mulane padha tak timbali apa si adhi padha gantung pasisiran.

Yêksa tiga sami matur.

Inggih kula kakang nyai ingkang gadhah lampah pasisiran.

Dhawuhipun.

Yèn sira adhi kang duwe gawe, padha pradangdana, karsane kangjêng sinuhun, si adhi kakarsakake mundhi nawala marang nagara Ngastina katur Prabu Kurupati.

Aturipun.

Kula noknon inggih dhatêng sandika, mênggah tanah prênahipun nagari Ngastina punika ing pundi, tuwin punika sêrat punapa kakang nyai ragi katêmbèn pamirêng kula, kangjêng sinuhun karsa kintun pustaka ing Ratu Ngastina, manawi dhawuhipun sampun wontên ingkang kajawi saking sêrat, mugi kula kaparingana sumêrêp, parlunipun ingkang badhe kula lampahi.

Wangsulanipun.

Adhi mungguh parlune layang ingkang para gawa, gustimu angêbun-êbun esuk, ngudan-udan sore kadange taruna ratu ing Ngastina, akêkasih Rêtna Drusilawati, mulane adhi, dhawuh wêlinge ingkang sinuhun, jangji parêng Rêtna Drusilawati kagarwa ing gustimu, yèn ratu ing Ngastina mundhut mas picis rajabrana, minăngka sarana pakramane Rêtna Drusilawati, si adhi banjur klilan [klila...]

--- 2 : 452 ---

[...n] anyanggêmi, aja ngetung kèh sathithike diusungana kaya kayu rajabrana ing Timbultaunan, ngantia kêbak alun-alun ing Ngastina.

Aturipun.

Kula non inggih dhatêng sandika, lêga raosing manah kula, dene sampun kaparingan dhawuh punapa sakarsanipun gusti kula, kados sampun botên ngaping kalih damêl, kantun bagja yèn sinuhun ing Ngastina lajêng nampèni panglamaripun gusti kula, sanajan kagungana pamundhut ingkang langkung awrat, kula sampun kalilan anampèni.

Wangsulanipun.

Iya adhi muga-muga banjur katampana, lan manèh dhawuhe gustimu, manawa kănca bupati durung sumurup nagara Ngastina klilan gawa Lurah Togog karo Dêmang Sarawita, iku padha asli ing tanah Jawa. Mara timbalana maju mêngko tak dhawuhane.

Ditya Klanthangmimis nguwuh.

He he bocah karang kabutan, ana pasebane Lurah Togog karo Dêmang Sarawita, kon maju mrene ana gawe. Togog ngucap ayo biyung padha maju ditimbali.

Togog Sarawita majêng, dipun suluki gêrgêt saut nêm.

Sêkar Rini lampah 17. Punggawa prayitna pudhêndha mangaran amamrih lawan | Sang Dasawadana anuduh punggawa wira dumraksa | mangrusak ing gêlar ardacandranira Patih Suwănda | gadgada umangsah wahana dwiradha mangundha dhandha ||

--- 2 : 453 ---

Togog matur.

O wontên dhawuh punapa nyai lurah miji pun Wijamantri, hêng ik, punapa wontên dhawuh badhe tandhak araran-raran, kula nun.

Wangsulanipun.

Lurah mulane kowe tak timbali, awit karsane ingkang sinuhun anonjok pustaka marang Sinuhun Ngastina, ingkang piniji ngêmban nawala, si adhi Tumênggung Rênggutmuka kanthine Tumênggung Klanthangmimis, karo Tumênggung Thothogatho, nanging kănca punggawa mau padha durung sumurup, tanah nagara Ngastina, kowe apa wis tau ngambah.

Aturipun.

O sampun ambah-ambahan kula nagari Ngastina punika, pundi mawon nyai lurah, karaton Jawi kula sampun sumêrêp, Wiratha Sêmpalarêja, Mandraka Ngamarta, Madura Kumbina, Nglesanpura.

Wangsulanipun.

Yèn kowe wis sumurup nagara Ngastina, Togog kowe dadia pangarêping laku, anggrêmani lakune kănca bupati, kowe dadia kêrtawadana, upama gajah kowe minăngka sratine, tak wênangake mrayoga aju undure wadya yêksa kabèh, banjur undhanga pradangdan, sarupane wil kuthip, klèk-êngklèk balung tandhak, dhawuhana mangkat ngiring punggawane ing sadina iki.

Aturipun.

O inggih nyai lurah dhatêng sandika anglampahi, nanging rèhning ngriki sami yêksa [yê...]

--- 2 : 454 ---

[...ksa] kula tiyang jawi nêmbe andhawuhakên undhang-undhang, bokmanawi botên dipun gêga kadospundi.

Wangsulanipun.

Iya bênêr lurah aturmu, nanging kowe aja sumêlang, awit wis têrang karsane ingkang sinuhun, kowe kaparingan wawênang, upama ana ingkang baêkake parentahmu, kowe kalilan amatrapi dhêndha, apa ing sapatute, najan katrapana ukum pati konjuke ingkang sinuhun, aja milu-milu aku ingkang ngaturake.

Aturipun.

He lah cara yèn makatên, kenging kula lampahi dhawuh sampeyan, kantuna pinarak kula undhang pradangdosan. Ayo Sarawita mêtu dhawuhake dangdan prajurit yêksa.

Wangsulanipun. Aru kang Logak. Togog Sarawita mêdal dipun suluki gêrgêt saut nêm.

Sêkar Wisalyarini lampah 21. Enjing nêmbang têngara sumahab pra rasaksa samya sikêp sanjata | mawarna busana bra limpung gandhi badhama katga dhandha tomara | bandera warna-warna têtêg gong bèri gubar gurnang puksur thongthonggrit | Kyana Patih Prahasta muging rêganing rata manik jong mabangun jring ||

Dipun caritakakên.

Lah ing kana ta wau, Lurah Wijamantri kalih Dêmang Sarawita, sampun undhang, dangu yêksa dèrèng ngumpul, inggal minggah ing panggungan nêmbang têngaraning buta,

--- 2 : 455 ---

apa têngaraning buta, gêntha kakêlèng tuwin jam gora salumbung gêdhene, tinêmbang munya ngangkang, lêpas swarane krungu lêlakon sawisan gawe, buta krungu têngara gugup sami ngumpul asikêp gêgaman, sawênèh buta ingkang pinuju lêlungan krungu têngara cêngkelak bali inggal sikêp sanjata sawênèh laju amiranti têtunggangan.

Apa gêgamaning buta, gada bindi, parasu limpung, gandhi kalawahi, badhama căndrasa, sangut lan barandang. Apa têtungganganing buta, sênuk mèmrèng adal-adal warak singa, agrêng ingkang anunggang, gêro ingkang tinunggangan, tur padha mamăngsa jalma, yèn paguting payudan ora beda cakote, gumriwis yêksa kuthip sami ngumpul datan pae jalma manusa, dènya rumêksa ing ratune, tuwin pangidhêpe marang parentahing dhêdhuwurane, padha sanalika ing alun-alun supênuh yêksa bala, ngumpul sajuru-juru datan liru prênahe, Lurah Wijamantri tuwin Dêmang Sarawita, dupi wus antara yêksa samapta sadaya, tumurun saking panggung têngara kèndêl, yêksa sampun dipun undhangi sagolongane bupati tiga, badhe mangkat anglampahi ayahan dhatêng Ngastina, sadaya prajurit yêksa sami saur kukila, samasa mangkat sadaya sampun rakit.

Lurah Togog kalih Dêmang Sarawita, sami wangsul matur ing punggawa, dipun suluki gêrgêt saut nêm.

Sêkar Nagabănda lampah 18. Umyang swaraning yaksa wus samapta datan aliru pêrnah | samya amèt gwan ing sajuru-juru munya kêndhang gong bèri | Sang Meganănda tumanggah manglêbur marang satru wanara | Sri Dasa swadira srêp ing wardaya muji surèng tanaya ||

--- 2 : 456 ---

Togog matur.

O kawuningana ing sampeyan nyai lurah, sampun kula dhawuhakên prajurit sagolonganipun tigang kabupatèn, tuwin wil kuthip, klèk-êngklèk balung tandhak, ingkang wontên tuk pakipon manuk, songing landhak genjong waru dhoyong, tuwin pagupaking warak, sampun kumpul botên lintu pêrnahipun, sadaya sampun samapta, ing samasa mangkat sampun rakit.

Wewegidrah ngucap.

Adhi para tampanana iki nawalane, lan dhawuhe ingkang sinuhun, kurange dhahar nendra dadia sangu raharjane lakune si adhi sakancane kabèh.

Aturipun.

Kula noknon, inggih dhatêng kapundhi kakang nyai dhawuhipun gusti kula, sasat kapatêdhan sangu jimat paripih, măngga kula aturi maringakên pustakanipun, kakang nyai katuna pinarak, kula bidhal dhatêng Ngastina.

Wangsulanipun.

Iya adhi aja kurang prayitna.

Găngsa mungêl plajêngan nêm, yêksa sami bidhal, lampahipun manêngên, pangiriding lampah Ditya Klanthangmimis, ginarbêg prampogan, nuntên Ditya Thothogatho saprajuritipun, ingkang mungkasi Ditya Rênggutmuka, Togog Sarawita sami kalampahakên, kajêng katancêpakên têngah, găngsa dipun suwuk, dipun suluki gêrgêt saut nêm.

Sêkar Kusumawicitra lampah 12. Buta Pandhawa tata gati wisaya [wi...]

--- 2 : 457 ---

[...saya] | indri yêksa sara maruta pawana | bana marga samirana lan warayang | pănca bayu wisikan gulingan lima ||

Dipun caritakakên.

Lah ing kana ta wau, lampahing yêksa ing Timbultaunan, sampun lêpas prapta jajahan nagari Ngastina, pranyata buta tan pae brakasakan, karême angrêrusak, dupi prapta liya jajahan anon kêbo sapi aglar ing pangonan, lajêng dipun jarah dipun bahak, jalma padesan sami kagegeran, sumêja ngungsi angilèkakên anak rayat. Sinigêg jalma ingkang sami ngungsi bêja lara pati tunggal dêdalan. Lampahe prajurit Banakêling angupaya Rêtna Drusilawati, katrênjuh yêksa ingkang jêjarah lajêng dipun sanjatani, yêksa lit nandhang tatu sami ngungsi ing bupatine, Tumênggung Jayawiladaka inggal anglud unduring yêksa.

Găngsa mungêl plajêngan nêm. Ngadêg Yêksa Klanthangmimis kalih Tumênggung Jayawiladaka, sasampunipun lênggah satata, găngsa dipun suwuk, dipun suluki gêrgêt saut nêm.

Sêkar Wisalyaharini lampah 21. Rasaksa aprayitna agrêng krura wiroda gambira gora-godha | bêgor swara gurnita samya sikêp sanjata samarga girang-girang | mintokkên krodhaning prang sura mahambêg pagut ing rana têpung lawan | ripu tripura basmi samya mutêr muksala wanèh dhandha căndrasa ||

Yaksa têtanya.

He kowe iku prayayi ing ngêndi, sapa kowe aranmu, lan apa mulane [mu...]

--- 2 : 458 ---

[...lane] buta lêlaku padha dipêrangi ing kancamu, apa dhasar koajani.

Sauripun.

Kowe takon pinangkaku, têka nagara ing Banakêling, aranku ora nana papat kaya Tujênggung[16] Jayawiladaka, margane buta dipêrangi ing kancaku prajurit, lumayu tak lut saparane, sabab buta asikara wong padesan, anjarah rayah rajakayane wong cilik, iku pajalmaning satruning nagara, apa dhasar lêlungsèn kowe arêp angêlar jajahan, atawa arêp nêlukake tanah Jawa, dene ora buwang layang panantang, têkamu cara brandhal, kowe buta ing ngêndi, sapa pracekamu, arêp mênyang ngêndi sêjamu, dene ngirit prajurit gawa sagêlar sapapan.

Wangsulanipun yêksa.

Iya kowe takon pinangkaku, saka nagara ing Timbultaunan, aranku ora nana kaya Tumênggung Klanthangmimis, lakuku diutus gustiku Prabu Kaladiyu, ngaturake pustaka marang Prabu Kurupati ing Ngastina, mundhut kadange kang kêkasih Rêtna Drusilawati.

Sauripun Jayawiladaka.

I i ya jagad dewa bathara, lah dene iku cara lakumu sêja bêcik, pagene angrusak marang wong padesan, wis ta balia bae kowe banjura tanpa gawe, kang dhingin Rêtna Drusilawati saiki murca, lakuku iki iya ngupaya sirnane putri Ngastina, dhêdhasare Rêtna Drusilawati iku mèh dhaupe karo gustiku ing Banakêling, samasa katêmu banjur didhaupake.

--- 2 : 459 ---

Yêksa ngucap sugal.

Apa abamu, akon bali lakuning kancaku yêksa, tak ubayani pêcating nyawaku, yèn bali durung katampan nawalane gustiku marang sinuhun ing Ngastina, mêngko aja ngadhangi dalan tak liwat.

Jayawiladaka sumaur.

Aranmu si buta, ora maèlu ujaring wong, karêpmu dhewe lumaku ginugu, arêp arda paripaksa, mara cobanên kowe ora gêlêm bali, ora nana buta sida tak gawe kêkêboan, aja koarani Jayawiladaka.

Pangucaping yêksa.

I bojlèng bêlis lanak ajêjegan, Jayawiladaka, pangucape kawênang-wênang, emane Ditya Klanthangmimis kêna koundurake, suka aku mulih aran, sabêcike tandhing padha bupati singa tiwasa.

Găngsa mungêl plajêngan nêm, lajêng prang gagalan, gênti kalindhih prajurit Banakêling, sor titih sami mundur lumajêng, yêksa anglut têbih antara saking papaning paprangan, kèndêl pambujênging danawa, kajêng katancêpakên têngah, găngsa kasuwuk dipun suluki Kêdhu.

Sêkar Kilayunêdhêng lampah 22. Nêmbang têngara mundur sawadyane nêja kondur maring jroning puraya | wraha palwaga samya amarigi kang katrajang gigirira karowak | sangsaya sangêt palayuning bala kapya rêbut dhucung sampun atêbih | prapta jro pura sang nata sineba pêpak punggawa lir kilayunêdhêng ||

--- 2 : 460 ---

Dipun caritakakên.

Lah ing kana ta wau, prajurit ing Banakêling, băndayuda kalih yêksa ing Timbultaunan, wadya Banakêling karoban lawan, lajêng lumajêng angungsi gêsang, danawa kandhêg dènya bêbujêng, sami ngrêrayah padesan, ingkang kaparanan gêmpur, jalma sami atilar made griya, ngungsi ing wana wênèh singêdan imbanging aldaka, mangkana kasaput ing surya diwasa, waktuning kapara sanga.

Dipun suluki pathêt sanga.

Sêkar Bramarawilasita lampah 11. Jahning yahning talaga kadi langit | kêmbang tapas wulan upamaneka | wintang tulya kusuma yya sumawur | lumranging kang sari kadi jaladha ||

Dipun caritakakên.

Sinigêg gênti kocapa, madyaning wana cêlak wukir Sumêdhang. Mungêl gêndhing Sumêdhang. Ngadêg Pamadi, ingkang ngadhêp Lurah Sêmar Nala Garèng Petruk, sasampunipun tata găngsa didun[17] jantur, lajêng dipun caritakakên.

Anênggih ing pundi ingkang gênti kocapa, ing satêngahing wanawasa, sêsotya coplok saking êmbanan, mila winastan sotya coplok saking êmbanan, dene sajati sinatriya linggar saking praja amêndhêt kula, kalunta-lunta lampahe ing mangke kèndêl madyaning wana, aja tambuh punika panêngahing Nata Pandhawa, satriya Madukara, sintên dasanamane, dasa sapuluh, nama kêkasih, akêkasih Pamadi, Kumbalyali, Arjuna, Parta, Kunta, Palguna, Jahnawi, Kirithi, Margana, Dananjaya, Pandhuputra, Endratanaya, Janaka.

--- 2 : 461 ---

Mila akêkasih Radèn Pamadi satriya Madukara panêngahing Nata Pandhawa.

Mila pêparab Kumbalyali, satriya Madukara minăngka wêwadhahing rahsa.

Mila nama Arjuna, satriya Madukara, pama tirta wêning ing wadhah, ya ênênge tunggal ninging driya.

Mila kêkasih Parta, satriya Madukara, amisesa rajabrana.

Mila kêkasih Kunta, satriya Madukara lêpasing driya pami lungiding warastra.

Mila pêparab Palguna, satriya Madukara sagêd ambobot lawaning yuda.

Mila nama Jahnawi, satriya Madukara wêdaling panggalih pama ilining tirta narmadha tanpa umandhêg.

Mila kêkasih Kirithi, dene satriya Madukara antuk pasanggirining dewa, mila winênangakên krama widadari, tuwin kalilan sumêngka pangawak braja, minggah dhatêng karang kawidadarèn.

Mila kêkasih Dananjaya, satriya Madukara agung danane ngungkuli sasamining satriya.

Mila kêkasih Pandhuputra, sanyata satriya Madukara atmajaning Prabu Pandhu.

Mila kêkasih Endratanaya, dene satriya Madukara pinundhut putra ing Bathara Endra.

Mila kêkasih Janaka, satriya Madukara sanyata panjalmaning Hyang Wisnu, kacarita Bathara Soman binêlah panitise, pama kêmbang lan sarine, kaya gêni [gê...]

--- 2 : 462 ---

[...ni] lan urube, kêmbange Dananjaya, sarine Narayana urube Patmanaba, gênine Janaka, kaya satu lan rimbagan, upama ron suruh lumah lan kurêbe, dinulu beda rupane, ginigit tunggal rasane, awor saparibawane.

Mila sinêbut nata ing pandhawa, nata ratu, Pandhawa gangsal, sanyata satriya Madukara kadang gangsal sami priya, saksat madêg ratu sowang-sowang. Lan beda-beda lêlabuhane Nata Pandhawa. Pambêkane ingkang jumênêng ratu, wong sapraja padha suka bungaha, sinandhang lara prihatine.

Pambêkane Radèn Bratasena, sapa bêcik binêcikan, sapa ala dèn alani, datan mawang jalma, najan bau kiwa bau têngên, yèn ala binuwang.

Pambêkane satriya Madukara, anyamirana, maratani tan apilih jalma sami pinèt manahe tinulung barang kasusahane, winêruhkên laku kang prayoga.

Pambêkane Radèn Nakula, yèn ala ing têmbe, bêcik iya ing têmbe.

Apa busanane Radèn Pamadi, agêlung minangkara sinupit urang, anting sotya sumping rêtna pinindha gêgubahan surèngpati, asangsangan kêbo mênggah, kêlatbau naga măngsa, gêlang kana supe tajug kanan kering, kroncong awak sarpa, kampuh limar katangi, calana cindhe puspita gubêg, paningsêt tali murda, sêmbulihan nutupi warăngka, wangkingan warăngka ladrang, landheyan tunggak sêmi sinasotya, kandêlan kamalon rêta, dhuwung tinatah tinaturêngga. Dhêdhasar satriya bagus pantês lan busanane, ing mangke lolos saking nagari Ngamarta, tansah ngambah wana raintên dalu, ingkang datan pisah [pi...]

--- 2 : 463 ---

[...sah] namung wulucumbu, Lurah Sêmar kalih Lurah Nala Garèng tiga Lurah Petruk, nuju nêngah sang hyang diwangkara, kèndêl lampahe satriya ing Madukara mungging ngandhaping mandera, rêpat punakawan tansah anangis angajak mantuk, nanging Radèn Pamadi botên mawi amangsuli pangandika, mila kasangsaya Lurah Sêmar dènya nangis samarga-marga.

Gêndhing kaunggahakên, sawatawis lajêng dipun suwuk, dipun suluki pathêt jêngking.

Sêkar Rini lampah 17. Mulat mara Sang Partasmu kamanusan kasrêpan ring ti- | ngkahning mungsêh niran padha kadang taya wwang wanèha | ana wwang anaking yayah myang ibu lèn umanggêh paman | mangkadi Karpa Karna Salya Bisma sang dwijanggêh guru ||

Sêmar nangis matur.

Lae bapa bandaraku, adhuh gustiku, suwawi kula aturi kondur, kenging napa dara dene kula aturi kondur botên karsa, bok ampun nuruti nêpsu dèn, napa dika didukani kalih rakamu, najan dinukanana, inggih dede lêrêse bandara têka lajêng kesah anglès, botên mawi pamit ing rakamu, la rak êmpun bênêre kadang tuwa gêntining sudarma, wajib dêduka ing kadang taruna, kalih napa gawene rina wêngi saba alas, kêbunan kapanasên, yèn dika ajênga bagus êmpun bagus, yèn ajênga mukti botên kurang kamuktèn, lah gih dika kurang nadhah nendra manjing tapa, lah kula niki pripun, wong tuwa lara mata pijêr tlusupan ontên ngalas, mata kula kêna barat, rasane nganti pêrihe botên kira-kira, măngga kula aturi kondur,

--- 2 : 464 ---

punapaa bandara têka kèndêl kemawon, punapa wontên lêpatipun gèn kula ngladosi sampeyan, yèn wontên lêpating lampah kula satindak, suka dipun gêbagana pun Petruk, manawi wontên kalintuning atur kula sakêcap, kula aturi bungis mawon lambene pun Nala Garèng kajênge mantun ciyut.

Nala Garèng jêngèk sumaur.

I sarawilah ora kakèkne ole drêmimil, kaya muji karo layap-layap, bok aja enak têmên tak rungu, tumon jare yèn awake nglakoni kêluputan, aku sing dikon ngukum, mendah èjède, dhèwèke sing maling sing dikon nyêpir tanggane, digawea tambal butuh, la rak dhèwèke sing gêrang ora kanggo gawe, wis warêg pêdhês asin.

Petruk nyambungi ngucap.

Cikbèn kang Garèng wis adat kyaine manawa digugua karo bandara ature, aku kowe rak wis katiwasan biyèn-biyèn, apa tumon sabên arêp mêtu paringan, aku kowe dipênging ngênèhi, dupèh ora tau ngujuri dhèwèke, la rak pokale wong gêrang kêna ngenyang, tuwa kakehan taun ora gênah.

Sêmar nolèh sumaur.

Ora, olèhku duwe atur marang bandara mêngkono iku, dhèk dina apa, dudu anak nguwong, bocah loro padha grênyang-grênyang.

Petruk sumaur.

Iyah rekane apa, arêp singlar, Sêmar bok aja manthêlêng, matane kaya upêt kanginan, mundhak ngagum-agumi wong turu

--- 2 : 465 ---

Sêmar mangsuli.

E tak têdha kowe padha wani marang aku, mêndhak-mêndhaka kaya liwêt, mumbul-mumbula kaya tajin, dhêlak-dhêlaka sajêgmu, aja urip aja mati.

Nala Garèng ngucap ing Petruk.

Mara ta mara, la rak katiban basa sing nêm wang sakêcap, jêr kabangêtên Truk, olèhmu ora ngajèni wong tuwa, măngka wis kacêtha ing ngêndi-êndi, wong duraka bapa babu, abot paukumane, kyaine nganti mêtu sabdane sing larang-larang mêngkono, orak bakalan, pirabara kowe ngabêkti sabên kala bagda, wis ora tau napihi, malah wani sakêcap padha basa sakêcap.

Petruk sumaur.

Lah dene kowe iku kang Garèng, dianak-anakake tuwa dhewe, sajêgmu durung tau ngêmbêni karo mak kyai, pèk mêngkonone kang Garèng, kyaine kuwe tak sêmbah ya ora marai sugih, iya angur tak prusia matane krasa tangan. Sinigêg rêpat punakawan ingkang amrih sukaning gusti. Dipun suluki pathêt sanga.

Sêkar Madurêtna lampah 12. Narpati Darmaputra myang Dananjaya | matur ring raka Narendra Harimurti | saha waspa ing madya wasananira | katur sadaya mring sang rèh madurêtna ||

Radèn Pamadi ngandika.

Kakang Nayataka aja kowe kaduk ati bela tămpa, katênta yèn ana kaluputane, gonmu angladèni ing aku ora, apadene gonku lunga iki, ora marga aku kadukan ing kangjêng kakang prabu, gonku

--- 2 : 466 ---

ora amangsuli ing aturmu, rumasa aku brêbêgên yèn ngrungu olèhmu nangis, rina wêngi dene ora nganggo mênêng-mênêng, iku priye kakang.

Aturipun Sêmar.

Olèh kula botên nangis mawon pripun, dene bandara kesahan tanpa sêja, nglantur turut alas mawon, yèn kaparag ing apês tan wande kula ingkang nampèni dukane rakamu, mulane dawêg sami mantuk, witning bandara wau ngêndika, yèn botên kadukan kalih sinuhun, lah punapaa sampeyan kesah tanpa pamit.

Arjuna ngandika.

Kakang mulane aku lunga ora pamit, yèn aku pamit masa dililanana, ewadene yèn kowe ora kaduga ngêtutake lakuku, wis ta padha balia mulih marang nagara. Radèn Pamadi laju lumampah, găngsa mungêl ayakan sanga. Sêmar saanakipun sami ngêtutakên, Pamadi saantawis lampahipun sarta punakawan, kèndêl kajêng katancêpakên pinggir kiwa, găngsa kajantur irama dipun sêsêgakên sawatawis, lajêng kakocapakên. Wau ta satriya Madukara tuwin rêpat punakawan tan pisah dènya lumampah, anasak wulusan, tumurun ing jêjurang tan ketang durganing awan, kathah bêburon wana, sato galak singa sarpa, warak andhanu, wraha kidang manjangan kancil, kêthèk lutung, wa-uwa warangutan, trênggalung jalarang ajag, katrajang lampahe panêngah pandhawa, sami kabarasad lumajêng nêbih.

Sag-sag, gropak gadêbug, barêg rame swabawaning buron wana ingkang sami [sa...]

--- 2 : 467 ---

[...mi] lumajêng, găngsa kasarèhakên iramanipun, taksih dipun kocapakên.

Mangkana kăntha ragane sakèhing sato wana, yèn bisaa basa kadi jalma, mara wong batur padha piyak suminggaha, aja na kowe wani-wani cêdhak satriya iki, kawruhamu iki dudu wong pidak pandarakan, iki jati-jatining sinatriya, tusing kusuma rêmbêsing madu wijining atapa, têdhaking adana warih, aja nganti kagêpok, kapidaka wayangane bae ora wurung kowe kêna mala cintraka, satêmahan buron wana sami nêbih, saking prênahe satriya Madukara, namung paksi ingkang sami măngsa wohing bulu tuwin gurda, sami dipun dhawahakên ing ngarsaning Radèn Pamadi, mangkana isthane pindha atur pasugata, yèn ta bisaa tata jalma, punika radèn kula ngaturi jampi kasatan, sawontênipun wowohan ing wana.

Lah ing kana Radèn Pamadi, anon sêmuning paksi ingkang mamăngsa wohing bulu gurda, mèsêm sajroning wardaya, lumaksana sarêpat punakawanipun. Găngsa sampun kajantur Arjuna tuwin punakawan gênti kalampahakên, sawatawis lampahan kajêng katancêpakên têngah, găngsa kasuwuk dipun suluki pathêt sanga.

Sêkar Rini lampah 17. Lêlawa gumandhul ring pang kêbêt-kêbêt lir milu susah | yèn bisaa muwus pagene pandhawa tan ana tumut | ri pati aminta prajanta sapalih sêkaring tanjung | ruru ambalasah lêsah kadya susah angêsah kapisah ||

Dipun caritakakên.

--- 2 : 468 ---

Lah ing kana ta wau, lampahe satriya ing Madukara, tuwin rêpat punakawan tiga anasak wanawasa, griting acala têpining waudadi, tan ketang rungsiding marga, minggah tumurun ing jêjurang, sinêrang tan tolih pringganing wana, wantu trahing witarêdya, kalising păncabaya, parêk dewane, kinamulèn widadari, kinacèk sama-samaning manusa.

Dipun suluki gêrgêt saut sanga,

Sêkar Rini lampah 17. Ana kang wre tunggal kagiri-giri gêngnya kra magalak | ahêng karambêknya gora-godha tanangga tulungana | tinêpak kaparsad buta kabarubuh puh kayu pokah | bêlah bêntar sirna watu kumalasa swuh kabarubuh ||

Sinigêg lampahe Radèn Pamadi, gênti ingka[18] kocapa, yêksa ing Timbultaunan, ingkang unggul yudane, sami bêbujêng unduring prajurit Banakêling, kaecalan lari sami manjing ing wana, yêksa lajêng kèndêl apacak baris, mangkana kaya jangkrik dèn kilèni.

Găngsa mungêl ladrangan Jangkrik-genggong.

Ngadêg para bupati danawa sami rêpotan, sasampunipun tata dènya lungguh, gêndhing kajantur dipun caritakakên.

Anênggih ing pundi ingkang gênti kocapa madyaning wanapringga, sintên ingkang sami pacakbaris, ing madyaning wana, punika punggawa ing Timbultaunan unggul dènya băndayuda, anglud palajênging mungsuh, bisane Rêkyana Patih Jayasubănda brokoh sami tinilar, wadya danawa kandhêg pambujênge sami mamăngsa, têmahan kaecalan lari, ing mangke Tumênggung Rênggutmuka, Tumênggung Klanthangmimis, [Kla...]

--- 2 : 469 ---

[...nthangmimis,] miwah Tumênggung Thothogatho, sami kumpul apirêmbagan, mungging tarup wangunan, para yêksa prajurit, blabar ngayab ing punggawane, maneka warna busananing rota danawa, sinawang têka abyor kadya wana kawlagar, para punggawa pating janggêlêg pindha singa binasahan. Gêndhing kasêsêgakên, nuntên kasuwuk, dipun suluki gêrgêt-saut sanga.

Sêkar Kusumawicitra lampah 12. Buta Pandhawa tata gati wisaya | indri yaksa sara maruta pawana | bana margana samirana lan warayang | pănca bayu wisikan pagulingan lima ||

Ditya Klanthangmimis ngucap.

Ki raka kadospundi lampah punika, dene mêngsah lajêng oncat botên kantênan purugipun, taksih cuwa têmên raosing manah kula.

Wangsulanipun.

Sêpuluh priye adhi, tak watara wis ora sêja bali yuda manèh, prajurit ing Banakêling, katăndha dene sangune ingkang padha dimot ing brokoh padha dibuwangi, iku tuduh mung amrih aja katututan lakune bae.

Aturipun malih.

Lah karsa sampeyan kadospundi ki raka, punapa lajêng dipun upadosi prajurit ing Banakêling, punapa katilar wangsul anglajêngakên lampah dhatêng Ngastina.

Wangsulanipun.

Adhi yèn ngupaya unduring mungsuh, mundhak angrêrubêdi laku, sanajan putri

--- 2 : 470 ---

Ngastina kawarta sirna, iya prayoga laku iki dibanjurake marang Ngastina, supaya tumuli karuwan têmêning pawarta, sokur uga adhi bokmanawa lakune pun kakang bisa katêmu karo Rêtna Drusilawati.

Aturipun Ditya Klanthangmimis.

Yèn makatên karsa sampeyan ki raka, kula inggih amrayogèkakên, ananging sumăngga tumuntêna dhawuh umangkat kemawon, prayogi pun Wijamantri dipun dangu manawi wontên marginipun lajêng dhatêng Ngastina, botên susah wangsul dhatêng margi agêng malih.

Sinigêg punggawa yêksa ingkang sami pirêmbagan, sabarisaning yêksa ingkang macalang sami kagegeran, katrajang lampahing Radèn Arjuna. Lurah Togog majêng sêja atur priksa ing para bupati, găngsa mungêl plajêngan sanga, sasampunipun Togog Sarawita lungguh găngsa anulya kasuwuk, dipun suluki gêrgêt saut sanga.

Sêkar Rini lampah 17. Punggawa prayitna pudhêndha mangaran amamrih lawan | Sang Dasawadana anuduh punggawa wira dumraksa | angrusak ing gêlar ardacandranira Patih Suwănda | gadgada umangsah wahana dwiradha mangundha dhandha ||

Ditya Klanthangmimis ngucap.

Kowe Gog lumayu, ambêgamu rênggosan, ana apa ing pabarisan.

Aturipun Togog.

O tiwas kyai lurah, kawuningana ing sampeyan, barising yêksa sami

--- 2 : 471 ---

bibar tinrajang satriya lumampah, o baguse kadi dewa andharat.

Yêksa têtanya.

Apa akèh balane Gog, satriya kang lumaku dene wani nêrak pabarisan, apa ora ko pênging Gog.

Aturipun.

O kêlangkung gèn kula ngèngêtakên, nanging mêksa nrajang purun kemawon, dene rencangipun namung punakawan tiga, nanging sami gal-ugalan, odan-edan, hêng ik, yêksa alit sami dibênturi, ontên ingkang kacandhak dipun dulang tlethong, Sarawita niku wau diuyak-uyak.

Klanthangmimis matur.

Kadospundi ki raka, punika wontên raja sinatriya lumampah purun narajang pabarisaning yêksa, punapa prayogi lajêng dipun cêpêng kemawon ki raka.

Wangsulanipun.

Iya adhi takonana adhi, apa sêjane satriya ingkang lumaku nrajang baris, yèn tinakon gragap banjur para băndawasanana, iku tuduh panjalmaning satru.

Aturipun.

Inggih ki raka jêngandika kantuna pinarak, kula priksane satriya kang purun narajang barising yêksa.

Ayo Gog tuduhna ngêndi goning satriyane. Găngsa mungêl plajêngan sanga, yêksa sami kalampahakên, Togog Sarawita rumiyin kalih Ditya [Di...]

--- 2 : 472 ---

[...tya] Klanthangmimis. Ngadêg Pamadi, yêksa dhatêng lajêng gora-godha, sasampunipun lungguh wil sarowangipun, Sêmar saanakipun dhatêng, Nala Garèng Petruk ging[19] wurining Radèn Pamadi, Lurah Sêmar nangis ngrukêbi padaning bandara, sinambi parikan, găngsa kasuwuk, dipun suluki gêrgêt saut sanga.

Sêkar Kusumawicitra lampah 12. Buta pandhawa tata gati wisaya | indri yaksa sara maruta pawana | bana marga samirana lan warayang | pănca bayu wisikan gulingan lima ||

Sêmar nangis matur kalih parikan.

Lae bapa-bapa bandaraku, adhuh gustiku, suwawi kula aturi ngindhên kori, măngga lumèrèg, suwawi kula aturi nyenthe jurang, kula aturi lumajar, măngga sami noya mulêk, kula aturi wangsul, dene butane gêdhe-gêdhe têmên, matane pating pringis têmên, untune pating panthêlêng.

Parta ngandika.

Kakang aja nangis, mundhak gêmpalake pikiring rowang, anggêdhèkake budining mungsuh, wis lungguha karêpe buta tutug apa ingkang dadi sêjane.

Yêksa ngucap.

I lah nyata bagus Gog satriya iki, tobil guwayane nganti blêrêngên pandêlêngku, kaya ilang-ilanga dikêdhèpake wong iki, yèn padha anaa nagara ing Timbultaunan, baya sêmamar karo aku, ambakna wong bagus nganti ora kira-kira.

Togog mangsuli.

Hêng ik, o diragi ngatos-atos kyai, raja sinatriya niki, wangune

--- 2 : 473 ---

ayêm botên kagetan, polatane tajêm kêrisane klabang kêpipitan, o adate jêro panyuduke, upama jago wiring galih jalu bungalan, o nèk abar jalu sapisan mawon dadi layadan, măngsa ngantia dipindho mungsuhe banjur mlêncing.

Yêksa sumaur.

Iya Gog ana tak gêgiro ayêm bae malah mèsêm-mèsêm, lah aku iki yèn jagoa wuluku apa Gog, apa ya padha wiring galih.

Sauripun Togog.

O ora nyêbut hêng ik, dika niku kyai yèn tumrapa sawung wulu klawu bêndha, godhoh putih cènggèr wilah lancur ngucêng mati, jalu jagung sikil putih kadagingan, baris cupêt cêkêle banggal.

Yêksa têtanya.

Akèh têmên cacahe Gog, lah candrane jago wulu klawu bêndha mêngkono kuwe priye, yèn tarung ayak mênangan ya Gog.

Wangsulanipun.

O botên susah torang-tarung kyai, candrane jago klawu bêndha, nguyak-uyak babon saba ing kandhang, sawêg kablak tiba kacêmplung tlethong dikêrah ngasu.

Yêksa ngucap.

Kaparat gunggung musuh, hèh cat candhala, cêcundhik anguladara. Apa thole apa kenthol apa bagus, ngakua ngakua, ngêndi omah sapa jênêng, sapa jênêng ngêndi omah, ana ditakoni ora gêlêm sumaur, apa watir

--- 2 : 474 ---

yèn ilang mut-mutane intên wong iki, apa dhasar bisu apa pancèn budhêg.

Radèn Pamadi mangsuli.

Buta ilu-ilu banaspati padhamu, têtakon gêtak-gêtak kaya bêburon, anggêsah kaya manuk, ujare ora kêna disêlani, angêdak-êdakake kaya kang kinawêdèn.

Yêksa sumaur.

Ngakua satriya sapa jênêngmu ngêndi omahmu, dene wani narajang barising rasaksa, tak tarka wong ngêmping lara, anggenjah pati, bosên mangan wohing dami kinukus, apa pancèn mêntas gaguru anyar, arêp jêlirake kaprawiran.

Parta sumaur.

Najan kowe buta ing ngêndi dhangkamu, sapa jênêngmu, arêp marang ngêndi sêjamu, dene marpêki lakuku.

Yêksa sumaur.

I babo arda walepa, ditakoni durung blaka malês anjunjung dhăngka, najan aku buta dudu buta barduwak, isih buta bupati, winênang lungguh lante liyangan kêndhaga.

Parta amangsuli.

Sanajan sira dadia bupati, jêr rupamu buta, marmane tak arani dhêdhangkamu, apa ora wis bênêre buta iku dhêdhăngka.

Wangsulanipun yêksa.

Iya bênêr têka kowe sisip saka ing aku, lumuh kasor basamu, aku bupati ing Timbultaunan, aranku Tumênggung Klanthangmimis, lakuku kautus ing

--- 2 : 475 ---

gustiku Prabu Kaladiyu, maringake nawala marang nagara Ngastina. Lah kowe sapa aranmu, ing ngêndi pinangkamu, bakal marang ing ngêndi sêjamu.

Parta mangsuli.

Kowe takon aranku, diwaraha wong sajagad ora nana kaya Radèn Pamadi, pinangkaku têka nagara ing Ngamarta, sêjaku arêp ngêtutake tindaking pada, kêjêping netra, mêngko buta tak liwat aja ngadhangi dêdalan.

Yêksa sumaur.

I babo bojlèng bojlèng bulis lanat ajêjegan, gawat wong iki ujare, sêlagi manuk gênah pencokane, manusa manèh yèn ora kinaruha ing sêjane, yèn mêngkono balia, lan kowe kêna larangan.

Parta mangsuli.

Dene ora nana gawar kêkênthêng, kowe arêp gawe larangan, apa larangamu.

Yêksa sumaur.

Ora susah gawar kêkênthêng, êndhasing buta pating jênggêlêg, dene ingkang kalêbu larangane gustiku panganggomu, agêlung supit urang, kêris ukiran tunggak sêmi, pêndhok kamalon abang, iku ulungna tak jaluk.

Pamadi ngucap lajêng mungkur ngajênging yêksa.

Yèn dhasar kowe mung lêlungsèn begal aring-aring mara ênya sêbrakên kêrisku, ewuh têka ing ngarêp mara tak mungkur, mara ta, nuli sêbrakên. Yêksa tan sumaur. Lajêng dipun dhodhog, Parta kalih ngucap, dene ora

--- 2 : 476 ---

tumuli kosêbrak kêrisku. Yêksa watuk kapingkêl-pingkêl kalih ngucap. O kami tênggêngên aku.

Radèn Pamadi ngandika kalih lumampah.

Iku bêciking gêgaman, lêksanane kang nganggo. Petruk mungkur ngajênging yêksa kalih ngucap. Ora susah bandara, mara aku bae sêbrotên tak mungkur.

Yêksa sumaur.

Sing disêbrak apane, apa mundhumu kuwe, ora nana larangan mundhu nagaraku. Sasampunipun banyolan sawatawis, lajêng prang sêkar, dangu yêksa Klanthangmimi[20] playu, anêdha bantu. Ngadêg Ditya Rênggutmuka. Găngsa dipun suwuk, dipun suluki gêrgêt saut sanga.

Sêkar Basănta lampah 14. Jumangkah anggro sêsumbar lindhu bumi gonjing | gumaludhug guntur kêtug umop kang jaladri | lumembak pênyu kumambang gumuruh walikan | tuhu yèn Wisnu Bathara pantês badhog bumi ||

Ditya Klanthangmimis nguwuh-uwuh.

Ki raka nêdha bantu, botên kenging dipun suwawa ki raka, satriya ambăndakalani.

Rênggutmuka ngucap.

I si adhi bisa miwiti ora bisa mêkasi, mara adhi mirea tak lambungne têka kene. Găngsa mungêl plajêngan sanga, yêksa prang dangu kalih Radèn Pamadi, anubruk-nubruk lêpat. Kèndêl yêksa ngadêg, găngsa kasuwuk, dipun suluki gêrgêt saut sanga.

--- 2 : 477 ---

Sêkar Rini lampah 17. Yêksa gora rupa ri sêdhêng Sang Kumbakarna lêlaku | kan malwa lènging kang gambira wangarah angisis siyung | umêtu prabawa lesus lèn prakêmpa gora walikan | ditya durbalarsa mrih curnaning lawan wiratri rodra ||

Arjuna ngucap sêsumbar.

Arêbutên sura mrata jaya mrata, mit satriya kawasa, anglana dikara, imbang-imbangana tan bara, jăntra palawèhamu, buta gêlahing jagad, mara lêganing atiku balia manèh.

Yêksa sumaur.

I bojlèng-bojlèng bêlis lanat ajêjegan, jabèhèl jabèhèl, ora mambu yèn tangane cilik, tibane dene kaya gayung wêsi, tandange kêbat acukat, kaya parênjak tinaji, kêdhali nampar banyu, nyata yèn prawira, sêdhêng pinuji ing lawan, hèh satriya sapa aranmu, ngakua mumpung isih basuki.

Arjuna anauri.

Kowe takon aranku, ora nana kaya Radèn Pamadi, iki panêngahing Nata Pandhawa, kowe sapa buta pracekamu.

Yêksa sumaur.

Kowe takon aranku, ora nana kaya Tumênggung Rênggutmuka aranku. Pamadi yèn kêna tak eman mundura, aja kowe tandhing băndayuda lan aku, yèn wis mêtu bêdhatku masa kowe kêlara nadhahi ora, gêdhemu acilik dhuwurmu tur èndhèk.

--- 2 : 478 ---

Parta mangsuli.

Apa abamu iku mau mara lêganing atiku, aja gênti mara barênga mangsah, ora-orane tak tinggal oncad, mara pêdhaka mrene katogna budimu.

Yêksa ngucap.

I bojlèng bêlis lanat ajêjegan, Pamadi ora kêna dieman, lumuh ginawe bêcik, lumrah upama jago tarung gênti gitik, antinên yèn ana walêse buri, ditanggon bae kowe tandhing prang lan Rênggutmuka, kowe adoh tak bêntur, cêdhak tak saut masa umana papan ora.

Găngsa mungêl plajêngan sanga. Yêksa mangsah prang sêkar, dangu Arjuna tinubruk-tubruk ing yêksa lêpat, anêmbirang danawa jinambak dinugang gumlundhung. Radèn Pamadi kenging sinaut dipun bucal kabuncang dhawah têbih taksih jumênêng, Sêmar Pêtruk Nala Garêng sami dhatêng, găngsa dipun suwuk, dipun suluki pathêt sanga.

Sêkar Madurêtna lampah 12. Narpati Darmaputra myang Dananjaya | matur ring raka Narendra Harimurti | saha waspa ing madya wasananira | katur sadaya mring sang rèh madurêtna ||

Sêmar matur sarwi nangis.

Lae bapa bandaraku, adhuh lêlancurku, araning sato sabawa, sapa sing tak mong, kêmbang biru ing pagêr, sapa sing tak dêlêng-dêlêng, swaraning sêndari, sapa sing tak ngèngèri, wawi sami mundur mawon, butane agêng-agêng têmên.

Radèn Pamadi ngandika.

--- 2 : 479 ---

Kakang Sêmar aja maras atimu, kawruhanamu sanajan aku dibuwang nganti adoh tibaku, nanging ora nana ingkang krasa lara, wuluku salămba ora nana ingkang gigal, mung aku ora bêtah mambu ababe buta iki.

Sêmar matur.

Inggih kados danawa punika gandanipun botên eca, kados ingkang dipun têdha sadhengah-dhengah mawon, botên nate katrênjuh jambe suruh, lah karsanipun bandara kadospundi.

Wangsulanipun.

Kakang Nayataka jukukên panahku si riyasêngkali, tak panahe buta iki, Sêmar matur sandika, lajêng ngambil jêmparing lan gadhewa, dipun suluki pathêt sanga.

Sêkar Sardulawikridita lampah 19. Tatkala narpa ceda mati nguni wèh sang sastra darma parêng | kantèki raina masangsaya mawas hyang surya lumrèng rana | makansêh nira Sang Wiratha narpa lèn Păncawala adulur | Nirbita mangka pangruhun putunira wiratriya nindita ||

Jêmparing sampun katur yêksa sêsumbar.

Hèh rêbutên sura mrata jaya mrata, kèdhêp kula brajamu mati ngadêg kalakon, iku ingkang kokarêpake ora kêna dieman, lumuh ginawe bêcik.

Radèn Pamadi mangsuli.

Hèh buta gêlahing jagad, gandarwa ilu-ilu banaspati padhamu, mara lèkna pandêlêngmu yèn ana kang bêrèt kulitku, padhakna mati tatu arang kranjang.

--- 2 : 480 ---

Rênggutmuka sumaur.

I bojlèng-bojlèng bêlis lanat ajêjegan, jabèhèl-jabèhèl dene mupugi ngaguna, tak arani mati ngadêg, mara aja katon wong lanang dhewe, malêsa lêganing atiku, apa gêgamanmu tak tadhahane.

Parta ngandika.

Rênggutmuka apa ingkang katon iki.

Raksasa pumaur,[21]

Warga sopanataka, warga pêrak, sopana dalan, taka pati, gêgamanmu iku pêrak dalaning pati, yèn ora kabênêran ingkang nadhahi, yèn aku ingkang nadhahi masa dadia ngapa, panahe ora nana sagodhong pari, diêmbat-êmbat, mara tibakna tak gêblage dhadhaku, ora-orane tak tinggal oncat.

Radèn Pamadi ngandika.

Iya tak lêpasne ta dha tadhahana, yèn cupêt sandêrên sumurup dhodhokana, manawa langkah lunjakên, katiban panahku si riyasêngkali, balai antakamu, ora sida gègèk kêmandhangmu.

Arjuna mênthang langkap dipun suluki barang miring.

Mênthang gandhewa yuda | buntala marêcu gadhing | paryaka kumuning | kang trisula tumanggah | yekang iri apamuk | sanjata lumêpas | watgata naratas | pagas tênggaknira sang yêksa gumêbrug pêjah | larut saananing | wadya wil asar-saran | samya mangungsi gêsang ||

Mawi banyolan, sasampuning banyol, găngsa mungêl plajêngan sanga,

--- 2 : 481 ---

Arjuna nglêpasakên jêmparing, danawa mangsah wiroda, kacundhuk ing sanjata jajanira, niba palastra. Umangsah Ditya Thothogatho, găngsa kasuwuk dipun suluki gêrgêt saut sanga.

Sêkar Rini lampah 17. Ana kewre tunggal kagiri-giri gêngnya kra magalak | ahêng karambêknya gora-godha tanangga tulungana | tinêpak kaparsat buta kabarubuh puh kayu pokah | bêlah bêntar sirna watu kumalasa swuh kabarubuh ||

Yêksa ngucap.

Kakangku kang, ora mati dhewe tak belani, salawase dadi kănca durung wêruh kakang gêtihe sêtètès, wêruh barêng mati.

Petruk dhatêng jogèd ing ngajênging yêksa kalih ngucap, ya lailaha ilullah, othok-othok keyok, babone lagi ngêndhog, ana răndha wêdi gawe, wêruh dhudha gasar bae.

Yêksa ngucap kalih jêngkangakên Petruk.

Hah iki apa wong edan, lagi tumon ana wong susah kaelangan kănca, têka banjur jèngklèk, bêngak-bêngok ana ngarêping uwong.

Petruk gumuyu ngucap.

Hêng hêng hêng ora nyana yèn kowe lagi kêsripahan, tak sêngguh wong gêndhèng gêndhing gandrung manis, mulane tak jogèdi, dene okèh têmên kakange, aku iki watak dhokoh sabarang gawe.

Yêksa ngucap kalih kesah.

Apa ta, apa linyok ora tangguhku, lah rak ya sida wong edan têmênan, [têmêna...]

--- 2 : 482 ---

[...n,] mulane ana wong sambat dijogèdi, wong matane miring mêngkono.

Sasampunipun banyolan sawatawis.

Găngsa mungêl plajêngan sanga, yêksa lajêng prang kalih Petruk, dangu dènya prang, Petruk angsal tugêlan kajêng, dipun damêl bindi, Ditya Thothogatho dipun bindi sirahipun, pêjah kapisanan, găngsa dipun suwuk, botên mawi dipun suluki.

Petruk sêsumbar.

Arêbutên sura mrata jaya mrata, aku trahing wong adol tela, ora jaluk banyu katiban gêmbêlku kyai sukalila, dene ora piraa, tak arani madal katiban gêgamanku, ora sêmbada sumbare, kaya mutungna wêsi gêligèn.

Nala Garèng prapta têtakon.

I lah dalah bakal kêtrima Petruk, olèh mandhali êmas ganjarane matèni buta, ora têka ampuh têmên gêgamanmu Truk, o u o wok, sarawilah, layak ampuh, wong utake dlodok, êndhase ngêmprak-êmprak, olèhmu gêgaman ing ngêndi Truk, kok nyamlêng têmên.

Sauripun Petruk.

O gêgamanku kang Garèng, gaweane pandhe Kêbumèn, karan anak Pak Panggih, tak gumuni olèhe ampuh, buta iki mau basa katiban gêmbêlku si sukalila, olèhe anglêr wangune kêpenak têmên, coba tak icipane kaya apa rasane.

Nala Garèng sumaur.

--- 2 : 483 ---

Kowe iku arêp edan, apa arêp anglalu suduk slira alu.

Gêmbêl dipun agag-agagakên marucut, Petruk kadhawahan gêmbêl bathukipun, niba banyaki gloso mêcati, Nala Garèng jêlih nangisi Petruk.

O adhiku Kanthong, priye iki mau, tak arani ora nekat têmênan, rama blai anakmu mati, rama uwa-uwa, ora nyana rama mrenea, Petruk adhiku, sêdulurku pira, dene kowe tega tinggal aku Kanthong.

Sêmar dhatêng apitakèn.

Lae anakku Petruk, priye adhimu iki mau apa ingkang dadi cuwane pikire, êka nganti kalakon suduk jiwa mêngkene, apa kowe bungah sadulurmu tumêka ing tiwas, têka ora ko palangi.

Nala Garèng sumaur.

Mak kyai kuwe priye ta, apa tumon wong diarani bungah, kaelok lan têmên, lah wong ora nyana yèn anakmu kêranjingan bumi srani, lah wong wis kabanjur dikapakake, ya kajaba dipikir prayogane, angur anakmu Si Petruk wis karuwan alang ujure, lah awak mami iki priye patutane dadak thèkèr-thèkèr.

Sêmar mangsuli ujar.

Lah priye thole karêpmu, apa adhimu iki dilarung, apa diobong.

Nala Garèng ngêmèk-êmèk Petruk.

O adhiku kanthong, lo awake isih angêt, rama apa kangelan olèhe golèk dalan, Petruk wis aja malang tumolih, muga-muga slamêta [sla...]

--- 2 : 484 ---

[...mêta] tutug sakarêpmu, aja watir dhi, babonmu sing lagi alêm kae iya tak gawene anyidhêkahi kowe, bojomu ya tak rabine, anakmu sing lanang tak magangne niyaga sukalewan, anakmu sing wadon tak ladèkne mênyang Balong, dadi dêmang anginan cikbèn sugih bawah.

Petruk tangi jêngkangakên Nala Garèng.

E dudu karêpe dhewe Nala Garèng, ajape dene bêcik têmên.

Sêmar saanakipun kabêdhol, yêksa Klanthangmimis mangsah, dipun suluki gêrgêt sanga.

Sêkar Rini lampah 17. Yaksa gora rupa ri sêdhêng Sang Kumbakarna lêlaku | kan malwa lènging kang gambira wangarah angisis siyung | umêtu prabapa lesus lèn prakêmpa gora walikan | ditya durbalarsa mrih curnaning tawanan wiratri rodra ||

Yêksa narik katga ngucap.

He Pamadi apa ingkang katon iki.

Parta ngucap.

Mara lêganing atiku pêdhaka mrene, ora-orane tak tinggal lumayu, arêp nibani gêgaman mara tibakna.

Yêksa mangsuli.

Iya Pamadi kanti rasa kowe katiban gêgamanku, bêrèta kulitmu bae tak kira sida lonyoh bangkemu.

Lajêng prang sêkar Parta pinarjaya wanti-wanti datan tumama, gêgamaning yêksa rinêbut kenging, lajêng yêksa sinuduk kapisanan. Togog Sarawita ngrêbut kuwandaning [kuwa...]

--- 2 : 485 ---

[...ndaning] yêksa, sarêng sampun binêkta mundur Togog kalih Sarawita, ngadêg ing pabaratan, găngsa kasuwuk tanpa pathêtan.

Togog nguwuh-uwuh.

Hèh raja sinatriya, aja girang-girang gumuyu, marga patining bupati yêksa upama ana dukane ingkang kagungan abdi, apa kowe kêduga anadhahi.

Parta amangsuli.

Ora susah besuk apa ratumu têka ing prajaku Ngamarta, ora-orane aku sêja inêp sakèthèng, mara tutura ing gustimu besuk aku wani, ing mêngko aku iya kêduga.

Togog ngucap.

Iya iya Pamadi, dingati-ati, ora wurung dhandhang tak unèkake kontul kature gustiku, ayo Bilung padha mundur, ora kêna disuwawa satriya iki.

Găngsa mungêl ayak-ayakan sanga, Togog Sarawita sami mundur, Arjuna sapunakawanipun sami tata lênggah, găngsa dipun suwuk, dipun suluki pathêt sanga.

Sêkar Sulanjari lampah 20. Tandya bala Pandhawambyuk gumulung mangusir ring sata Kurawa | kambah kosik sru katitih mirut kerut larut katut para ratu | tuwin sagung pra dipati katut kapalayu sigra praptanira | Aswatama têtanya lah pagene ta iki ya padha lumayu ||

Parta ngandika ing Sêmar.

--- 2 : 486 ---

Kakang Badranaya apa ora nana ingkang kari buta ingkang padha sêja sikara ing aku.

Aturipun Lurah Sêmar.

Inggih bandara andangu danawa, ingkang sami gêndhak sikara, punika wau sarêng punggawanipun sami pêjah, kantun yêksa alit-alit sampun sami bibar lumajêng.

Pangandikanipun satriya Madukara.

Lêga rasaning atiku kakang ana pangrêksaning dewa, ayo padha nutugake lumaku, ing ngêndi tutuge alas iki ngupaya dalan ingkang anjog Ngamarta.

Găngsa mungêl ayak-ayakan sanga. Arjuna sapunakawan sami kalampahakên gênti saantawis lampahan, Arjuna sapunakawanipun sami kèndêl, găngsa dipun jantur. Anulya dipun caritakakên.

Lah ing kana ta wau satriya ing Madukara, unggul dènya băndayuda, danawa ing Timbultaunan, sapatining punggawa tiga, yêksa bala sami bibar larut kadi bêndungan pêdhot lajêre, ingkang kantun dhadhal larut alorodan. Gêrus sirna têkan pathoke, datan wontên kantun, Radèn Pamadi lajêng lumampah sêja kondur dhatêng Ngamarta, bawane mêntas abăndayuda sarira kraos sayah, dhasar wayah surya gumiwang anglangkungi bêntèr, têmahan satriya Madukara kèndêl ing taratabaning wana, angasokakên sarira mungging ngandhaping mandera, acakêt sêndhang toyanya wêning anawang, asri miyarsa swaraning paksi ingkang măngsa wohing gurda.

--- 2 : 487 ---

Găngsa mantun kajantur, saantawis lajêng kasuwuk, dipun suluki pathêt sanga.

Sêkar Bramarawilasita lampah 11. Jahning yahning talaga kadi langih[22] | kêmbang tapas wulan upamaneka | wintang tulya kusuma yya sumawur | lumranging kang sari kadi jaladha ||

Parta ngandika.

Kakang Badranaya wakku krasa lêsu, ayo ngayêmake awak sadhela, aku rada sênêng andulu sêndhang iki, panase bangêt têmên kakang, iki wayah apa.

Aturipun Sêmar.

Kados kulunun, bandara kraos sangêt sayahipun, sapisan mêntas lumampah têbih ing Ngamarta dumugi ing wana ngriki, lajêng băndayuda kalih rota danawa, dhasar punika nuju sangêt bêntèripun, yèn tumrapa ing nagari pandugi kula wanci jam kalih mila inggih prayogi kèndêl, dadosa bandara lajêng lumampah malih sêdhêng mangke manawi sampun suda bêntèripun.

Dipun caritakakên.

Wau ta satriya Madukara kèndêl ing ngandhaping mandera, têpining sêndhang ing wana tarataban, bawane sayah mêntas ayuda dadya dènya pinarak asèndhèn tambining mandera, kacaryan miyarsa jêginggèring sata wana tuwin panyangungonging mêrak, asri swaraning paksi ingkang mamăngsa wohing gurda, miwah miyarsa paksi brakutut anduduk layu, sumrah kaididan maruta mănda, alayap ing palênggahan, rêpat punakawan tiga sami ngantuk arenggotan. Sinigêg gênti kocapa, Rêtna Drusilawati anitih liman seta, sajatine liman punika ingkang andhustha, samarga-marga Rêtna Drusilawati amaca udrasa, [u...]

--- 2 : 488 ---

[...drasa,] sarêng lampahing liman cêlak kalih dènya kèndêl Radèn Pamadi, Rêtna Drusilawati botên samar yèn ingkang rayi lênggah ngandhaping mandera, Rêtna Drusilawati nguwuh-uwuh kalih karuna, dipun suluki tlutur.

Sêkar Swandana lampah 20. Atap para apsari tumonton ing sang dwija kadyage wor jiwa | kagagas ing tyas dahat kewraning karyanira datan antuk samya | myat rêganing prabata roning kadhêp kumêlap kadya pangawening | sang dwija lunging gadhung malêngkung katiyup ring maruta kawuryan ||

Radèn Pamadi ngandika.

Kakang Badranaya Nala Garèng Petruk, padha tamatna swara iki, kaya swaraning wong wadon nangis, sambat-sambat jênêngku kakang.

Sambatipun Rêtna Drusilawati.

Adhiku dhi Janaka, rêbutên aku Janaka, adhiku Janaka mati aku yèn ora komrinani, Pamadi tulungana, aku didhustha dwiradha.

Sêmar tangi Nala Garèng Petruk sami nganciki gigiring Sêmar kalih ngucap.

He rama rama wêdi ana têngis, biyung rama gembolên aku mênèk digaglag têngis.

Sêmar jêngèk ngucap, e e iki bocah bocah apa, ana wong nangis bae dadak padha mangkruk-mangkruk ana cêngêl, apa koarani pangundhan, apa gampèng bocah loro dene padha mêlangkring ing githok, mudhuna ta wong bagus mudhuna.

Petruk Nala Garèng mudhun, Sêmar matur.

--- 2 : 489 ---

Inggih dara swaranipun tiyang èstri, sambat-sambat dhatêng sampeyan, pamirêng kula têmbungipun adhi, nanging sampun sampeyan galih, punika yèn dhêmit mindha-mindha kadang warga.

Nala Garèng nambungi ngucap.

O karo wis akèh mak kyai, kupiyane yèn ana ngalas maèlu rupa lan swara ingkang mokal-mokal, banjur kalap utawa mati karid.

Petruk matur ing Radèn Pamadi.

Kalih botên mèmpêr bandara, wana gung liwang-liwung wontêna tiyang èstri purun ngambah, kajawi dayitaning gêmbèlèng, yèn botên punika wewe gimbal anak-anak, tuwin sampun adatipun setan punika mamrih tinurut panggodhanipun ing manusa, kêdah mêmengin punapa karêmane ingkang dipun godha, mila pandhita punika tapa sumingkir dhatêng aldaka, sagêda têbih saking godhaning setan, ambucal pakarêman.

Sang Parta mèsêm ngandika ing punakawan.

Iya bênêr aturmu, naning[23] murahing dewa manusa iku wis pinasthi adining titah, wênang nampik ingkang ora pinilih, angarêpi apa ingkang wis dadi pamilihe, karo kang karungu iki kaya swaraning jalma satêmêne. Lo kae kakang Sêmar katon ingkang sambat ing aku, wong wadon nunggang gajah putih isih ngawe-awe ing aku.

Dipun suluki gêrgêt saut sanga.

Sêkar Mêdhangmiring lampah 23. Atari pêjah ningkang prawara Somadênta tanaya têkap sinisuta | mangkin aparêk Jayadrata têkap Sang Arjuna [Ar...]

--- 2 : 490 ---

[...juna] Warkodhara nora kamu | makamuka sang dwijendra Karna Karpa Salya kuruku tarlèn giri kola ||

Sêmar matur.

E inggih bandara punika dene tiyang èstri dipun bêkta ing liman pêthak, nginthar limanipun manjing ing wana, lah kadospundi karsa sampeyan.

Pamadi mangsuli.

Kakang karêpku iya tak tututi, amarga mata-mata kapèn kaya kakang bok Drusilawati, lah dene digawa ing gajah ika apa sababe.

Aturipun Sêmar.

Inggih dèn prayogi dipun tulungi bakyu jêngandika, nanging dipun ngatos-atos, botên wande si gajah punika mêta. Wangsulanipun.

Iya kakang karia tak rêbute kakang bok.

Găngsa mungêl plajêngan sanga, Radèn Pamadi mumbul ing jumantara nututi lampahe liman seta, liman kalampahakên, Rêtna Drusilawati mungging gigiring liman, Arjuna sampun nututi Rêtna Drusilawati pinêndhêt saking gigiring liman, binêkta dhatêng gènipun Sêmar, gajah kraos kang ginendhong sirna, nolih anon sang putri rinêbut ing manusa, gajah kèndêl sru krura. Liman kèndêl. Găngsa kasuwuk, dipun suluki gêrgêt saut sanga.

Sêkar Kusumawicitra lampah 12. Naga panagan sarira basu tanu | murti ula kunjara gajah swalaja | èsthi liman grana muka lan samadya | bujaka asti gathamutha dwipangga ||

Dipun caritakakên.

--- 2 : 491 ---

Lah ing kana ta wau, dwipangga bêdhat saklangkung krura, tlale bêdhol kêkajêngan kinarya sêsawat, pranyata liman sagêd basa jalma nguwuh-uwuh.

Hèh manusa aja gêndhak sikara, angrêbut gêgawanku, ulungna tak jaluk. Găngsa mungêl plajêngan sanga, liman nututi dhatêng Radèn Pamadi.

Ngadêg Sêmar saanakipun, Arjuna dhatêng bêkta Rêtna Drusilawati, găngsa dipun suwuk, dipun suluki gêrgêt sanga.

Sêkar Sardulawikridita lampah 19. Tatkala narpa ceda mati nguni wèh sang sastra darma parêng | kantèki raina masangsaya mawas hyang surya lumrèng rana | makansêh nira Sang Wiratha narpa lèn Păncawala adulur | Nirbita maka pangruhun putunira wiratriya nindita ||

Parta ngandika.

Kakang Badranaya, tunggunên kakang bok iki karo anakmu Si Petruk Si Nala Garèng, tak lungakne gajahe kae.

Aturipun Sêmar.

Inggih sandika, tujune niki wau botên kêbanjur digawa minggat buron alas. Kakang bok sampeyan kantun ing ngriki kula panggihane liman punika.

Radèn Pamadi mangsah, lajêng sêdhakêp suku tunggal, nutupi babahan nawa angêningakên păncadriya, nanêdha ing bathara, anyipta sanjata bajra, tinêkan panêdhane, mêdal bayu bajra umêsês, dipun suluki gêrgêt saut sanga.

Sêkar Kusumawicitra lampah 12. Buta Pandhawa tata gati wisaya [wi...]

--- 2 : 492 ---

[...saya] | indri yaksa sara maruta pawana | bana marga samirana lan warayang | pănca bayu wisikan gulingan lima ||

Dipun caritakakên.

Lah ing kana ta wau, Radèn Arjuna sampun tinêkan ciptaning wardaya, angin sangsaya ngidid mêdal sindhung prahara.

Sang Parta ngandika.

Angin tak jaluk gawemu sirnakna gajah putih ingkang dhustha kakang bok Drusilawati. Găngsa mungêl plajêngan sanga. Prahara ambêkta dwipangga lajêng sirna katut maruta datan kantênan tibanipun, găngsa kasirêp dados ayak-ayakan, Radèn Pamadi lajêng manggihi Rêtna Drusilawati tuwin rêpat punakawan tiga, găngsa dipun suwuk, dipun suluki pathêt sanga.

Sêkar Rini lampah 17. Mulat mara Sang Partasmu kamanusan kasrêpan ring ti-| ngkahning mungsuh niran padha kadang taya wwang wanèha | ana wwang anaking yayah myang ibu lèn umanggêh paman | mangkadi Karpa Karna Sahya[24] Bisma sang dwijanggêh guru ||

Radèn Pamadi matur.

Kadospundi kakang bok, dene sampeyan dipun bêkta ing liman punika wau, katujunipun kalêrêsan, kapanggih ing kula, yèn ta botên kasumêrêpan ing kadang warga, saèstu kakang bok dipun bêkta ngumbara sapurug-purugipun.

Rêtna Drusilawati mangsuli.

Adhiku Pamadi, maune aku turu ana ing kradenayon, aku ora

--- 2 : 493 ---

sumurup purwane, aku tangi turu wis katêmu ana gigiring gajah digawa manjing ing alas, ujare arêp digawa marang alas gêdhe.

Sêmar matur ing Rêtna Drusilawati.

I dene iki radèn ayu ing Ngastina, sampeyan katuran sênggan panakrama.

Wangsulanipun.

Iya Sêmar kowe bagèkake ing aku, sadurung sawise tak trima.

Nala Garèng matur.

Kula nuwun, ngaturakên tlêbok tai kula.

Wangsulanipun.

Iya Nala Garèng pangabêktimu ing aku tak trima, kowe padha bêcik.

Aturipun Nala Garèng.

Etangipun sêprika-sêpriki jasad kula punika inggih taksih ajêg kemawon, botên kalong botên wêwah.

Petruk matur ing Rêtna Drusilawati.

Pangabêkti kula konjuka ing sampeyan.

Wangsulanipun.

Iya Petruk bangêt panarimaku, kowe ngabêkti ing aku.

Petruk matur malih.

Dados radèn ayu punika dipun colong mawon kalih pun gajah wau, lah raka-raka jêngandika punapa botên wontên sumêrêp, dene botên wontên ingkang nututi.

--- 2 : 494 ---

Rêtna Drusilawati mangsuli.

Layak Petruk ora nana sumurup, marga gajah iku lêbuning kadhaton wayah bêngi, ora mêtu ing lawang ambêdhah pagêr bata.

Petruk ngucap ing Nala Garèng.

Anua priye kang Garèng, apa arêp dipangan apa, arêp dikapakake kathik ana kewan akal-akal nyolong manusa.

Nala Garèng sumaur.

Yèn niyata digalag[25] rak wis didhahar sakkal, mulane kuwe digawa mubêng, ayake arêp digawa ngiwa sing adoh manusa, banjur dijak ningkahan.

Petruk gumuyu sumaur.

Hêng hêng hêng gèk rekane bae priye, ewone radèn ayu iku bêja mèh dirabèni wong gêdhe bangêt.

Radèn Pamadi matur.

Ing mangke kakang bok kadospundi karsa sampeyan, yèn kaparêng sumăngga kula dhèrèkakên kondur dhatêng nagari Ngastina.

Rêtna Drusilawati mangsuli.

Iya adhi jangji kowe ingkang ngiringake, aku milu bae apa ing sakarêpmu yèn ora si adhi ingkang ngiringake, aku ora kêduga lumaku dhewe, manawa dibalèni gajah ingkang andhustha dhingin.

Arya Palguna umatur.

Inggih suwawi kakang bok kula dhèrèkakên kondur.

Găngsa mungêl ayak-ayakan sanga. Rêtna Drusilawati lumampah kadhèrèkakên, [kadhè...]

--- 2 : 495 ---

rèkakên, Radèn Pamadi sapunakawanipun, saantawis lampahan, kajêng katancêpakên têngah, găngsa kasuwuk, dipun suluki pathêt sanga.

Sêkar Madurêtna lampah 12. Narpati Darmaputra myang Dananjaya | matur ring raka Narendra Harimurti | saha waspa ing madya wasananira | katur sadaya mring sang rèh madurêtna ||

 


punika pêthikan. (kembali)
bandaran. (kembali)
suyud. (kembali)
ing. (kembali)
angajêng-ajênga. (kembali)
angrangsang. (kembali)
Lasêm. (kembali)
mangkata. (kembali)
saking. (kembali)
10 surya. (kembali)
11 lampah. (kembali)
12 supadniwara. (kembali)
13 bêndhe. (kembali)
14 canthuka (dan di tempat lain). (kembali)
15 abrit. (kembali)
16 Tumênggung. (kembali)
17 dipun. (kembali)
18 ingkang. (kembali)
19 mungging. (kembali)
20 Klanthangmimis. (kembali)
21 sumaur. (kembali)
22 langit. (kembali)
23 nanging. (kembali)
24 Salya. (kembali)
25 digaglag. (kembali)