Pakêmipun Ringgit Purwa (Jilid 2: Hlm. 495–582), Vreede, 1884, #1870

Judul
Sambungan
1. Pakêmipun Ringgit Purwa (Jilid 2: Hlm. 001–097), Vreede, 1884, #1870. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
2. Pakêmipun Ringgit Purwa (Jilid 2: Hlm. 097–196), Vreede, 1884, #1870. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
3. Pakêmipun Ringgit Purwa (Jilid 2: Hlm. 197–296), Vreede, 1884, #1870. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
4. Pakêmipun Ringgit Purwa (Jilid 2: Hlm. 296–394), Vreede, 1884, #1870. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
5. Pakêmipun Ringgit Purwa (Jilid 2: Hlm. 394–495), Vreede, 1884, #1870. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
6. Pakêmipun Ringgit Purwa (Jilid 2: Hlm. 495–582), Vreede, 1884, #1870. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
Citra
Terakhir diubah: 18-06-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Dipun caritakakên.

Lah ing kana ta wau, satriya ing Madukara andhèrèkakên ing Rêtna Drusilawati sêja kondur mring nagari Ngastina, tan pisah rêpat punakawan tiga, sampun lêpas lampahipun mêdal saking wana. Sinigêg ingkang lagya lumampah, gênti kocapa pabarisaning wadya Banakêling tansah liwung angupaya sirnaning putri.

Mungêl ladrangan Liwung, ngadêg Patih Jayasubănda, Tumênggung Jayawiladaka, sasampunipun tata dènnya lungguh gêndhing kajantur dipun caritakakên.

Anênggih ing pundi ingkang gênti kocapa, pabarisan têpining wana Jatirokèh, punggawa ing Banakêling, têtungguling prajurit Rêkyana Patih Jayasubănda, kalih Tumênggung Jayawiladaka, cinarita unduring dènya băndayuda kalih rota danawa ing Timbultaunan, sadaya prajurit sami manjing wana, bawane lagya kinarya lêlampahan, palajênge wadya Banakêling kalingan godhong salêmbar, têmah kaecalan lari, wêdale saking wana Patih Jayasubănda, lajêng undhang damêl pasanggrahan, angayêmakên wadya lit, tuwin angrantun para kawula bala ingkang kapisah madyaning prang. Găngsa mantun dipun jantur, saantawis kasuwuk, dipun suluki gêrgêt saut sanga.

--- 2 : 496 ---

Sêkar Rini lampah 17. Punggawa prayitna pudhêndha mangaran amamrih lawan | Sang Dasawadana anuduh punggawa wira dumraksa | mangrusak ing gêlar ardacandranira Patih Suwănda | gadgada umangsah wahana dwipangga mangundha dhandha ||

Jayawiladaka matur.

Kadospundi kakang adipati karsa jêngandika, lampah punika sampun lami dèrèng angsal damêl, yèn ta namung dipun sarantosakên wontên ing pasanggrahan ngriki kemawon, kados tanpa wêkasan, margi têbih padhusunan sêpên tiyang ingkang dipun pitakèni sintên.

Wangsulanipun.

Adhi Jayawiladaka, yèn karêpe pun kakang, mung nganti kumpule batur ingkang padha kapisah nalika băndayuda, sinambi ngayêmake pikiring wong cilik, rèhning mêntas kaburu ing mungsuh bisaa pulih kuwanène, marga wantuning cilik adhi sathithik budine, tipis ungape, beda karo kaya si adhi utawa pun kakang, padha duwe kaelingan, kapatêdhan kawibawaning gusti, dene yèn wis ngumpul bala ingkang padha kapisah sarta wis têntrêm pikire, iya prayoga ngalih pakuwon, ingkang adhakan dalaning wong padha pêpasaran.

Aturipun Jayawiladaka.

Kula nuwun inggih, kakang adipati yèn makatên karsa sampeyan, kula inggih mrayogèkakên, angangin pawartos têtiyang ingkang sami pêpêkênan, adat manawi dhasar wontên kiwa panêngênipun ing padhusunan ngriki, têtiyang ing ki[1] kapranggul dhatêng radèn ayu, saèstu salah satunggal wontên ingkang rêraosan, [rêra...]

--- 2 : 497 ---

osan, dhasar murcanipun sang putri punika sampun lami dipun upadosi ing nagari, kula kintên sampun têbih pawartosipun.

Dipun caritakakên.

Wau ta eca imbalan wacana, Rêkyana Patih Jayasubănda kalih Tumênggung Jayawiladaka mungging tarub wangunan, kasaru gêdêring jalma ing pabarisan, sami alok yèn wontên wanudya endah warnane, lumampah cêlak pabarisan.

Patih ngucap.

Adhi apa gègèring pabarisan, apa baya yêksa ing Timbultaunan nututi mrene, ayo adhi pawa[2] dipirsa nanging diprayitna.

Aturipun Jayawiladaka.

Kula nuwun kakang adipati, kantuna pinarak kula pirsani pun ingkang karya gita.

Găngsa mungêl plajêngan sanga, Jayawiladaka, Jayasubănda, kalampahakên manêngên, ngadêg Radèn Pamadi, Rêtna Drusilawati lênggah jajar ing wurining satriya Madukara, Sêmar saanakipun lungguh ngandhap kapara ing wuri, Jayawiladaka dhatêng mêndhak lênggah ing ngandhap. Găngsa kasuwuk dipun suluki pathêt sanga.

Sêkar Sulanjari lampah 20.Tandya bala Pandhawambyuk gumulung mangusir ring sata Kurawa | kambah kosik sru katitih mirut kerut larut katut para ratu | tuwin sagung pra dipati katut kapalayu sigra praptanira | Aswatama têtanya lah pagene ta iki ya padha lumayu |

Radèn Pamadi dangu.

--- 2 : 498 ---

Kowe iku wong ing ngêndi, sapa aranmu, apa sêjamu marpêki gonku lumaku, cêdhak kowe banjur nguncupake tangan, ora aku iki apitambuh, bokmanawa kliru panyêmbahmu ing aku, yèn mung mêmadha rupa bae.

Aturipun.

Kula nuwun, radèn manawi klintunipun paningal kula kados botên pantês panjênênganipun Radèn Pamadi dèrèng pirsa dhatêng pun Jayawiladaka, kula punika punggawa ing Banakêling, mila kula sowan ing ngarsa sampeyan, lampah kula punika kautus ngupadosi sirnanipun Rêtna Drusilawati, ing mangke bak ayu jêngandika katingal lumampah, radèn ingkang andhèrèkakên, punika kadospundi purwanipun, tuwin karsanipun radèn bak ayu jêngandika badhe kabêkta dhatêng ing pundi.

Radèn Pamadi mangsuli.

Jayawiladaka, bênêr ora kliru ya aku ingkang aran Pamadi, dene kowe takon purwane, kakang bok iki maune didhustha ing gajah putih, digawa ngumbara ana ing alas, pinuju aku lèrèn gonku lumaku krungu sambate kakang bok anguwuh aranku jaluk tulung, banjur tak rêbut, dene gajahe wis sirna, tak panah barat, karsane kakang bok kondur marang Ngastina, mulane iki tak dhèrèkake dhewe, bakal tak aturake kakang Prabu Kurupati.

Jayawiladaka matur.

Sampun ta radèn bakyu jêngandika punika kula suwun, botên susah panjênênganipun radèn andhèrèkaken dumugi Ngastina, kula watawis ngantosa

--- 2 : 499 ---

dhatêng Ngastina malah mandar sampeyan manggih susah, amargi sirnanipun radèn ayu punika kabêkta ing duratmaka, raka jêngandika ingkang Sinuhun Ngastina sangêt dukanipun, para sata Kurawa kasêbar sami ngupadosi, kalih malih punapa radèn dèrèng mirêng, yèn radèn ayu punika mèh dumugi ing damêl, kadhaupakên kalih gusti kula ing Banakêling.

Radèn Pamadi ngandika.

Iya Jayawiladaka, wis sumurup aku yèn kakang bok iki bakal didhaupake karo bandaramu utawa aturmu mau bênêr, sirnane kakang bok marga ginawa ing duratmaka, ananging aku têmên-têmên têtulung, ewadene kudu ora ditrima iya apa sakarêpe, nanging yèn kakang bok arêp kok jaluk aku ora awèh, ewadene yèn wis katur ing kakang Prabu Ngastina apa sakarsane.

Jayawiladaka ngadêg jajar.

Dipun suluki gêrgêt saut sanga.

Sêkar Sardulawikridita lampah 19. Dyan Seta umangsah krodhanira dening patining ari kalih | tumanduk sabala galak lir sardula nêdhêng măngsa kumêrut | prawira Wiratha umangsah mangukih lir buta măngsa daging | Seta Senapati gumrit ratanira mênthang langkap nglêpasi ||

Jayawiladaka ngucap.

I Radèn Pamadi, punapa yêktos sampeyan botên parêng, Rêtna Drusilawati kula suwun, mangke mindhak botên prayogi dadosipun.

Arjuna mèsem ngandika.

--- 2 : 500 ---

Lo Jayawiladaka kowe ngantêp ing aku, arêp apa mêngko aku ora awèh, besuk ora awèh, yèn kowe arêp paripaksa mara cobanên, masa tak tinggala lumayu.

Găngsa mungêl srêpêgan tanggung sanga. Jayawiladaka ngrangsang ing Sang Arjuna, tinêpak mukanipun dhawah kalênggak, nulya dinugang gumlundhung, tangi lajêng prang Jayawiladaka narik curiga, Radèn Pamadi ginoco wanti-wanti datan tumama, Jayawiladaka kêni jinambak sirahipun, tinungkulakên lajêng dipun têmpiling, niba kantaka cinandhak binuwang dhawah ambêbanyaki, tangi èngêt nulya lumajêng, panggih Patih Jayasubănda. Găngsa kasuwuk dipun suluki gêrgêt saut sanga.

Sêkar Sardulawikridita lampah 19. Tatkala narpa ceda mati nguni wèh sang sastra darma parêng | kantèki raina masangsaya mawas hyang surya lumrèng rana | makansêh nira Sang Wiratha narpa lèn Păncawala adulur | Nirbima mangka pangruhun putunira wiratriya nindita ||

Jayasubănda ngucap.

Lah dene jênêng para adhi, tak waspadakake gon para băndayuda kapara sor titih, sapa lawane si adhi, apa mulane dadi băndayuda.

Aturipun Jayawiladaka.

Kauningana ing sampeyan kakang adipati, lawan kula băndayuda punika wau, Radèn Pamadi, margi Rêtna Drusilawati lumampah ingkang dhèrèkakên satriya Madukara, pangakênipun Radèn Pamadi punika, katrênjuh sang putri kabêkta ing liman seta, liman punika pancèn ingkang dhustha sang rêtna, lajêng

--- 2 : 501 ---

radèn ayu rinêbat ing Radèn Pamadi kenging, dene dipangga ingkang andhustha ing sapunika sampun sirna, kabuncang sinanjata bajra, karsanipun Rêtna Drusilawati badhe kadhèrèkakên kondur dhatêng Ngastina, rèhdèntên cariyos punika kula manah dupara, Dèwi Drusilawati kula suwun botên parêng, kalampahan dados prang punika.

Patih mangsuli sabda.

Bênêr adhi gonmu prayitna, bokmanawa iku mung sêngadi bae, nanging pancèn ora susah nganti rinewang prang arêbut pati, ujar wis karuhan ingkang gawa, jaba dikodhol aja nganti kaelangan lari, salah siji anaa ingkang ngaturi uninga ing gusti, ewadene tumrapa amèt mina ing sajroning pakêdhungan, rèhning banyune wus buthêk kakêbur, kalah cacak mênang cacak adhi kêjaba ditibani wisaya, dene yèn pun kakang ora kaconggah, kêbat si adhi matura ing gusti, tak kodhole lampahe sang rêtna, wis adhi sumingkira tak cobane.

Aturipun Jayawiladaka.

Inggih sumoga kakang adipati, nanging ingkang ngatos-atos, botên kenging sinanggi miring yudanipun Radèn Pamadi, băndakalani kula dhawahi dêdamêl, mlèsèt kemawon, tangkêpipun ayêm tur cukat wah trampil.

Patih nguwuh ing Radèn Pamadi.

Hèh Radèn Pamadi, yèn kêna tak eman, Dèwi Drusilawati ulungna, jangji koulungake aku kang nanggung ing kaluputamu, ora-orane dadi dukane sinuhun ing Ngastina.

--- 2 : 502 ---

Radèn Pamadi mangsuli.

Ora sapa aranmu wong Banakêling, arêp jaluk kakang bok Drusilawati, yèn saiki tak rewangi bêngkah dhadhaku ewadene yèn wis katur kakang Prabu Ngastina, apa ing sakarsane, kowe paripaksa mara ayonana.

Patih ngucap malih.

Yèn kowe tambuh ing aku, aku wawrăngka Banakêling Patih Jayasubănda aranku, mêndhak alingan katon alamu Pamadi, ya singa tiwasa.

Găngsa mungêl srêpêgan tanggung sanga, Jayasubănda prang kalih Radèn Pamadi, dangu Jayasubănda kuwalahên, tinêpak mukanira jungkêl dipun dugang malêsat, kantaka barangkangan, èngêt angambil dhandha. Găngsa kasuwuk dipun suluki gêrgêt saut sanga.

Sêkar Mêdhangmiring lampah 23. Atari pêjah ningkang prawara Somadênta tanaya têkap sinisuta | mangkin aparêk Jayadrata têkap Sang Arjuna Warkodhara nora kamu | makamuka sang dwijendra Karna Karpa Salya kuruku tarlèn giri kola ||

Parta sêsumbar.

Hèh rêbutên sura mrata jaya mrata mit satriya kawasa, anglana dikara, imbang-imbangana tan bara, mara lêganing atiku Jayasubănda, aja gênti mara barênga mangsah.

Patih sumaur.

I ya jagad dewa bathara, nyata yèn prawira satriya Madukara, layak Si Adhi Jayawiladaka kaplayu, tangane tibane kaya gayung wêsi, tak [ta...]

--- 2 : 503 ---

[...k] arani pêcah pasuku, nganti sumaput aku, hèh apa kang katon iki.

Sauripun Arjuna.

Kowe nyandhak gada, arêp bali mara pêdhaka mrene, ora-orane Pamadi atinggal galanggang, colong playu.

Jayasubănda mangsuli.

Iya dingati-ati Pamadi, kêna tak sabêt dhandha, ora sida rêmuk bangkemu.

Găngsa mungêl srêpêgan tanggung sanga. Jayasubănda mangsah prang lan Arjuna, Parta ginada milar lêpat, dangu-dangu gadanipun Jayasubănda kenging rinêbat ing Sang Arjuna patih sinabêt gada gumêtêr ambruk, cinandhak binuwang tinututan gada sinawatakên, Jayasubănda dhawah katututan gada, kantaka ing ênggèn, rinêbut bala ing Banakêling, patih binêkta mundur mantuk, Jayawiladaka angrumiyini lampahing Sang Parta. Ngadêg Rêtna Drusilawati, Radèn Pamadi sapunakawanipun. Găngsa kasuwuk dipun suluki pathêt manyura alit.

Sêkar Sasradara Kawêkas lampah 20. Mèh raina sêmu bang hyang aruna kadi netraning angga rapuh | sabdaning kang kila ring kanigara sakêtêr kinidung ning akung | lir wuwusing pinipanca papêtêking ayam wanèh ring pagakan | mrak manguwuh bramara ngrabasèng kusuma ring wara baswana rum ||

Rêtna Drusilawati ngandika mring Sang Parta.

Adhi priye saiki, punggawa ing Banakêling ingkang băndayuda lan kowe.

Aturipun.

--- 2 : 504 ---

Kula nuwun kakang bok, tiyang ing Banakêling sampun sami bibar.

Sêmar matur ing Radèn Pamadi.

Kadospundi bandara karsa sampeyan, punika alad-aladipun, botên wande punika wontên tunggilipun dados prakawis, sampeyan dipun wastani ngiwat raka jêngandika radèn ayu, paribasan lêgan golèk gawean.

Arjuna mangsuli.

Iya sanajan diaranana ala kakang, wong aku sumêja têtulung bêcik.

Rêtna Drusilawati nyambungi sabda.

Aja sumêlang pikirmu Sêmar, bandaramu si adhi yèn aku isih urip, tak matur ing kakang prabu, wong bandaramu têmên têtulung, witne aja anaa bandaramu, aku pasthi sida tiwas digawa ing gajah putih.

Aturipun Sêmar.

Inggih sokur radèn ayu, yèn karsaa nêrangakên lampahipun rayi sampeyan, katuripun raka jêngandika kangjêng sinuhun, yèn botên makatên tamtu rayi sampeyan bandara manggih susah, rèhning priya kalih wanudya taksih sami taruna.

Radèn Pamadi matur.

Măngga kakang bok sasêlot-sêlotipun sami lumampah, daya-daya dumugi nagari ing Ngastina.

Wangsulanipun.

Iya adhi ayo mangkat.

Găngsa mungêl ayak-ayakan manyura, Rêtna Drusilawati Radèn Pamadi sami [sa...]

--- 2 : 505 ---

[...mi] kalampahakên, tuwin rêpat punakawan, Sêmar Nala Garèng Petruk umiring tan têbih, sawatawis lampahan kajêng katancêpakên têngah, găngsa kasuwuk dipun suluki pathêt manyura.

Sêkar Rini lampah 17. Lêngêng gati nikang awan saba-saba nikèng Ngastina | samantara têkèng Têgalkuru Nararya Krêsna laku | sirèng Parasu Rama Kanwa Janaka durur Naradha | kapanggihi ri kang têgal milu ing karya sang bupati ||

Dipun caritakakên.

Lah ing kana ta wau, satriya Madukara sampun laju lumampah, andhèrèkakên Rêtna Drusilawati, rêpat punakawan tiga sami tut wuntat, mangkana sampun ngambah marga ing padhusunan, truntunan jalma sami pêpêkênan, singa kapapag anjêngêr tumon warnane Sa[3] Parta tuwin Rêtna Drusilawati, warna-warna panarkane, ana ingkang ngira pangantèn anyar, sawênèh narka jalma bêbedhangan lajêng rangkat, dene sêmbada kang wadon ayu, lanangane bagus, têmah sabên desa ikang[4] kamargan, jalma jalu èstri agêng alit gumrubyuk sami nonton, sawênèh laju umiring saking rumaos dèrèng marêm anon ingkang lêmampah.

Sinigêg ingkang lagya lumampah, gênti kocap ing pasanggrahaning sata Kurawa Ngastina, ngupaya sirnanipun Rêtna Drusilawati tan pêgat dènya kăndha-kinăndha, mungêl ladrangan Kăndhamanyura. Ngadêg Adipati Karna, ingkang jajar pinarak Arya Sangkuni, Radèn Durmuka, Durmagati, Kartamarma, sami ngadhêp lênggah ngandhap, gêndhing kajantur.

--- 2 : 506 ---

Dipun caritakakên.

Anênggih ing pundi ingkang gênti kocapa, ing pasanggrahan sacêlaking wana ing Jatirokèh, sintên ingkang pinarak ing tarub wangunan, Adipati Karna, minăngka tungguling sata Kurawa, ingkang minăngka pramugarining pabarisan, Radèn Arya Sangkuni, pêpak para putra Kurawa, pangarsa Radèn Durmuka, Radèn Durmagati, Radèn Kartamarma, Radèn Jayawikatha, para punggawa tuwin prajurit, nuju pirêmbagan ambalabar sami sowan ing senapati, acêcadhang karya, sampun lami dènira ngupaya Rêtna Drusilawati, dèrèng sagêd pinanggih, sêja ngangin-angin pawarta, sêpên mila sami kumpul apirêmbagan, mangkana pangudasmaraning driya Adipati Ngawăngga, ya jagad dewa bathara, upama ora bisa katêmu Si Drusilawati, iba dukane yayi aji Ngastina. Găngsa kasêsêgakên lajêng dipun suwuk, dipun suluki sastradatan.

Sêkar Sardulawikridita lampah 19. Tatkala narpa ceda mati nguni wèh sang sastra darma parêng | kantèki raina masangsaya mawas hyang surya lumrèng rana | makansêh nira Sang Wiratha narpa lèn Păncawala adulur | Nirbita mangka pangruhun putunira wiratriya nindita ||

Karna ngucap ing Sangkuni.

Paman Arya Sangkuni, mila paman sami kula aturi dhatêng pasanggrahan kula, kadospundi prayoginipun lampah punika, rèhning sampun antawis lami dèrèng wontên pawartosipun, ing pundi panggenanipun putra jêngandika rayi kula pun Drusilawati, yèn manggung dipun antosi kemawon, inggih [ing...]

--- 2 : 507 ---

[...gih] yèn sagêd tumuntên timbul, upami botên timbul piyambak, saèstu badhe tanpa wêkasan.

Aturipun Arya Sangkuni.

Anak adipati, dangu pawartosipun ingkang sami kula sêbar dhatêng dhusun-dhusun sajawining bawah Ngastina, punapadene ingkang sami nuksma dhatêng sanèsing nagari, sami sêpên botên angsal pawartos, punapa malih kabaring tiyang ingkang sami lumampah dhatêng ing pêkên-pêkên, inggih sêpên pawartosipun, lah kadospundi anak dipati, yèn ta lêmbu maesa kabêkta ing dursila, katurut ing pundi puruging lacakipun, sarêng punika ngupadosi tanpa lacak, saèstu namung anon pamirêng, tuwin anglampahakên pangintên-kintên, măngka pawartosipun sêpên, èwêd têmên pamurih kula sagêdipun lumampah ngupadosi dhatêng sadhengah panggenan.

Adipati Ngawăngga mangsuli.

Manawi paman arya anyêmbadani, upami kula lajêng dhatêng Ngamarta paring uninga kang sarta nêdha pitulung ing yayi Prabu Yudhisthira sirnanipun pun Drusilawati, lajêng kula tajug kemawon, yèn calorotipun manjing praja Ngamarta, supados sagêd nuntên jêmbar pawartosipun, dene manawi nagari Ngamarta sêpên, gampil kaupadosan sanèsing nagari.

Wangsulanipun Arya Sangkuni.

Anak dipati inggih prayogi mundhut pitulungipun rayi-rayi sampeyan Pandhawa, nanging sampun anak adipati najug, yèn pun Drusilawati clorotipun manjing Ngamarta, bokmanawi kenging wiraos amatang tuna,

--- 2 : 508 ---

mêwahi prakèwêd, prayogi sêngadia kautus masrahakên sirnanipun rayi sampeyan pun Drusilawati, rèhning rayi jêngandika pangupayanipun sampun rumaos cabar.

Lajêng dipun caritakakên.

Wau ta eca imbal wacana Adipati Karna kalih Radèn Apatih Arya Sangkuni, kasaru dhatêngipun Tumênggung Jayawiladaka, dumrojog manjing pasanggrahan. Găngsa mungêl srêpêgan tanggung manyura, sasampunipun tata lungguh, găngsa kasuwuk tanpa suluk.

Arya Sangkuni ngucap.

Lah iki Si Jayawiladaka, bagea satêkamu ing pasanggrahan, lakumu apa diutus ing gustimu, apa gawemu dhewe, tak sawang dene gita lakumu.

Aturipun.

Kawula nuwun, sih panêmbramanipun radèn apatih, sadèrèng sasampunipun dahat kalinggamurda, kawula tampèni ing asta kêkalih, kapêtêk ing mastaka lumèbèra ing pranaja, dadosa rad daging kayuwanan, kawula pundhi kados jimat pripih, sowan kawula ngaturi uninga, ingkang wau kawula kautus ngupadosi sirnanipun Rêtna Drusilawati, kanthi pun kakang Jayasubănda, sarêng kawula sami masanggrahan, cêlak ing wana Sinangsraya, gusti kawula Rêtna Drusilawati lumampah mêdal saking wana, ingkang dhèrèkakên putra jêngandika Radèn Pamadi sapunakawanipun. Kawula suwun Rêtna Drusilawati Radèn Pamadi botên parêng, pangakênipun Rêtna Drusilawasi[5] kabêkta [ka...]

--- 2 : 509 ---

[...bêkta] ing liman seta, kalampahan kawula băndawasani, nanging kawula botên kuwawi, pun kakang Jayasubănda ingkang sangêt anyandhang kanin, kula sumăngga ing sampeyan.

Sinigêg, dipun suluki gêrgêt saut manyura alit.

Sêkar Mêdhangmiring lampah 23. Atari pêja ningkang prawara Somadênta tanaya têkap sinisuta | mangkin aparêk Jayadrata têkap Sang Arjuna Warkodhara nora kamu | măngka muka sang dwijendra Karna Karpa Salya kuruku tarlèn girikola ||

Adipati Karna ngucap.

Ing saiki Jayawiladaka, Si Pamadi ana ngêndi, apa isih angiringake Si Drusilawati, apa banjur pisah parane.

Aturipun.

Kawula nuwun, ing sapunika inggih taksih kumpul lampahipun, sawêg pangakênipun badhe kadhèrèkakên kondur dhatêng Ngastina, kados botên têbih kalih lampah kawula punika wau.

Karna ngandika.

Kadospundi paman arya karsa sampeyan, lampahipun punggawa ing Banakêling punika, punapa lajêng kadhawuhan mantuk dhatêng Banakêling, punapa kapurih ngêntosi dhatêngipun putra sampeyan pun Pamadi, tuwin rayi kula pun Drusilawati.

Wangsulanipun Arya Sangkuni.

Anak adipati pun Jayawiladaka prayogi lajêng kadhawuhan mantuk, ragi [ra...]

--- 2 : 510 ---

[...gi] sampeyan pun Jayadrata lajênga sowan dhatêng Ngastina, sakêdhik parlunipun ngêntosi dhatêngipun rayi jêngandika ing Madukara.

Adipati Ngawăngga ngandika.

Jayawiladaka lakumu wis tak trima gonmu ngaturi uninga têkane Si Drusilawati, kowe banjur muliha, matura ing gustimu, yèn Si Drusilawati wis têka, gustimu banjura seba marang Ngastina, karsane yayi aji Ngastina, ing samasa-masa Si Drusilawati katêmu banjur didhaupake karo gustimu.

Aturipun Jayawiladaka.

Kawula nuwun, inggih dhatêng sandika, paduka kantuna pinarak, pun Jayawiladaka nyuwun idi pangistu.

Jayawiladaka mundur, dipun suluki gêrgêt saut manyura.

Sêkar Rini lampah 17. Punggawa prayitna pudhêndha mangaran amamrih lawan | Sang Dasawadana anuduh punggawa wira dumraksa | mangrusak ing gêlar ardacandranira Patih Suwănda | gadgada umangsah wahana dwipangga mangundha dhandha ||

Karna nabda ing Sangkuni.

Paman kadospundi prayoginipun, punapa lajêng dipun kasap kacêpêng pun Pamadi, punika kula wastani tiyang ngiwat kawaspadan, dhasar sampun têkonipun putra sampeyan Madukara, rêmên ngrisak pagêr ayu, ngoyag-oyag turusa ijo.

Aturipun Arya Sangkuni.

Inggih lêrês anak adipati, ngakêna rêsik pun Janaka, yèn dhatêng tiyang

--- 2 : 511 ---

èstri, o sampun dora, nanging sampun dipun badhagal matosi, larene klêmprang-klêmprêng sok ngrampungi damêl, sanès kalih rayi-rayi jêngandika Kurawa Ngastina, ting badhigas ora godag, yèn ana tarup bae pating brêngok kaya Aprikah manyanyi.

Adipati Ngawăngga undhang-undhang.

Adhi-adhiku Kurawa padha ngati-ati gêlar sabên aja lali, sadhiyanana jêmpana supaya Si Pamadi pisah karo Si Drusilawati, padha dijabung alus api tanbuhana bae, aja na milu anyêdhaki Si Pamadi, măngga paman arya dipun cêlaki pun Janaka. Găngsa mungêl ayak-ayakan manyura, Karna Sangkuni sami kalampahakên, para Kurawa sampun mirantos jêmpana, tuwin prayitna ing prang.

Radèn Pamadi, Rêtna Drusilawati, sapunakawanipun, sarêng mirsa yèn Adipati Karna tuwin Arya Sangkuni mêthukakên, ambêkta jêmpana, anulya kèndêl ing lampahipun, sami tata lênggah, Drusilawati mungging ngarsa jajar lan Sang Parta, punakawan tiga mungging wurining Sang Pamadi, sarêng Karna Sangkuni sampun sami lênggah satata. Găngsa dipun suwuk, dipun suluki pathêt manyura.

Sêkar Rini lampah 17. Mulat mara Sang Partasmu kamanusan kasrêpan ring ting- | kahning mungsuh niran padha kadang taya wwang wanèha | ana wwang anaking yayah ngyang ibu lèn umanggêh paman | mangkadi Karpa Karna Salya Bisma sang dwijanggêh guru ||

Pamadi matur.

Pangabêkti kula kakang Adipati Karna katura ing sampeyan.

--- 2 : 512 ---

Wangsulanipun Karna.

Adhimas jênêng para ngabêkti ing pun kakang, sadurung sauwise bangêt ing panarima mara, jênêng para padha raharja.

Aturipun Radèn Pamadi.

Kula nuwun inggih pangèstunipun kakang adipati, kula pundhi kados jimat.

Arjuna nêmbrama ing Sangkuni.

Paman Arya Sangkuni, katuran panakrama sadhatêng sampeyan ing ngajêng kula.

Wangsulanipun Patih Sangkuni.

Inggih panakramanipun anak mas Madukara, katampèn asta kalih, kapêtêk ing jaja lumèbèra ing pangkon, amêwahana bawa lêsana, anak mas sami basuki.

Arjuna amangsuli.

Paman Arya Sangkuni, saking pangèstu sampeyan raharja ing salampah kula.

Rêtna Drusilawati nêmbrama ing Karna.

Kula nuwun kakang Adipati Ngawăngga, pangabêkti kula katura ing sampeyan.

Karna mangsuli sabda.

Rara Drusilawati pangabêktimu ing aku, sadurung sauwise bangêt panarimaku, kowe padha raharja salawasmu lunga têka ing Ngastina.

Aturipun Drusilawati.

--- 2 : 513 ---

Kula nuwun kakang adipati, saking pangèstu sampeyan raharja ing sadangunipun.

Rêtna Drusilawati matur ing Sangkuni.

Paman Arya Sangkuni, pangabêkti kula katura ing sampeyan.

Wangsulanipun.

Iya Rara Drusilawati, pangabêktimu marang aku tak trima.

Sêmar matur ing Karna.

I iki mau daraku Ngawăngga, sampeyan katuran panakrama.

Karna mangsuli.

Iya Sêmar tak trima kowe bagèkake ing aku.

Nala Garèng matur.

E lah dalah dara dipati, ngaturakên talêbok tai kula, kulunun.

Wangsulanipun Karna.

Iya Nala Garèng kowe padha bêcik.

Nala Garèng mangsuli.

Kriyin mila Nala Garèng botên ontên sing bagus.

Petruk matur.

Êng iki mau dara Wăngga, sampeyan sami sugêng mawon.

Wangsulanipun.

Iya Petruk kowe padha arja.

Aturipun.

Inggih pangèstu sampeyan sokur.

--- 2 : 514 ---

Sêmar bagèkakên ing Radèn Sangkuni.

E lah iki Radèn Patih Sang, dika sugêng mawon.

Wangsulanipun.

Iya Mar padha slamêt.

Nala Garèng matur.

I iya iki mau radèn dipatiku, sampeyan katuran panakrama.

Arya Sangkuni ngucap.

Lo iku priye jênêng siji diprail-prail. Ya Nala Garèng tak trima, kowe bagèkake ing aku.

Petruk matur ing Radèn Arya Sangkuni.

Bok gih kajênge Ni, pintên-pintên jênêng siji sagêd babar.

Sangkuni ngucap.

Mara ta mara tumon sida dipêcah-pêcah jênêngku nganti pating sluwir.

Petruk gumuyu matur.

Hêng hêng hêng kathik duwe watir kyaine, bok gih kajênge êmbah, rowak-rawèk jênêng êmpun kanggo lawas, rak bêcik disalini sing kêdhut, jênêng disêngkuni niku rak êmpun sayah bêbrêt, besuk mundhak digawe colok.

Nala Garèng nyêlani ngucap ing Petruk.

Ha ha sarawilah, kathik kaya jarit amoh Truk, ana jênêng jare bêbrêt, ayak iya bêcik disalinana jênênge, karo trêkadhang watakane salin, jênêng kok kaya wedang sêmawah nganggo sêng-krêngsêng.

Petruk bagèkakên.

--- 2 : 515 ---

Kula nuwun pangabêkti kula katur ing Radèn Arya Sangkuni, sami raharja sarawuh sampeyan.

Arya Sangkuni watuk kapingkêl-pingkêl, botên sagêd mangsuli, asta klowa-klawe. Petruk udut wuripun lirang dipun abul-abul, kalih ngucap, lo, rak wiyahèn, diandhapi malah ora gêlêm sumaur, kyai dika sugêng mawon.

Arya Sangkuni mangsuli taksih watuk.

E hèk, e hèk, o dikêlah warasan awakku, dudu wong udut sabaène, sasat ngutugi irung jaran pilêg, ana lintingan gêdhene salêngên, gandane nglandêng lirang thok bae, olèhe bisa sumaur priye wong pijêr watuk sak iki wis êntèk kukuse udutmu, iya Truk padha raharja lakuku.

Petruk matur malih.

Putra-putra jêngandika sami sugêng.

Sauripun. Saungkurku ya padha slamêt. Petruk ngucap. Sokur, wayah-wayah tuwin canggah warèng udhêg-udhêg gantung siwur, grêpak senthe yêng-iyêng sami raharja. Sangkuni ngucap. Mijêt manah, o kajujur awakku, iki apa wong bagèkake, apa wong anyajarah, dene nglayêg ora rampung-rampung.

Sinigêg sasampuning banyol sawatawis, dipun suluki sastradatan.

Sêkar Madurêtna lampah 12. Narpati Darmaputra myang Dananjaya | matur ring raka Narendra Harimurti | saha waspa ing madya wasananira | katur sadaya mring sang rèh madurêtna ||

--- 2 : 516 ---

Karna ngandika ing Parta.

Adhi mulane pun kakang marpêki gon para lumaku, sajatine lakune raka para utawa Paman Arya Sangkuni, kautus ngupaya sirnane kadang para Si Drusilawati, ing mêngko pinuju jênêng para ingkang lumaku angiringake Si Drusilawati, iku tak jaluk iki wis tak gawakake jêmpana, lan purwane si adhi katêmu raka para Si Drusilawati iku priye, dene sirnane kadang para iku, kang mau warana kadhustha ing duratmaka, ambêdhah pagêr bata.

Aturipun Radèn Pamadi.

Sampeyan andangu awit kula kapanggih kakang bok, pinuju kula lumampah kèndêl pinggiring sêndhang, mirêng swaranipun tiyang nangis sambat dhatêng kula, tumuntên katingal dirada seta, bêkta kakang bok. Punika lajêng kula rêbat, liman kula sanjata bajra, kilap dhawahipun. Kakang bok lajêng kula dhèrèkakên punika, karsanipun badhe kondur dhatêng Ngastina, dene mangke kula sumăngga, ewa sapunika prayogi kakang adipati andangu piyambak dhatêng kakang bok.

Karna ngandika ing Drusilawati.

Rara Drusilawati sakawite kowe digawa ing gajah putih iku priye.

Aturipun Drusilawati.

Inggih kakang adipati, ingkang wau kula tilêm wontên ing kradenayon, botên pirsa purwanipun, kula nglilir sampun wontên gigiring liman, wicantênipun dirada seta, kula badhe kabêkta dhatêng ing wana agêng, sarêng kula dumugi [dumu...]

--- 2 : 517 ---

[...gi] ing wana nuju sumêrêp pun Pamadi, kula lajêng dipun rêbat, liman kabuncang ing maruta, punika purwanipun.

Karna ngucap.

O tujune kawruhan si adhi Madukara, wis ta rara nungganga jêmpana, Paman Arya Sangkuni, sampeyan ajêngakên titihanipun putra jêngandika pun Drusilawati.

Aturipun Sangkuni.

Inggih dhatêng sandika. Bocah Ngastina ajokna jêmpana kuwe. Rêtna Drusilawati nitih jêmpana, lajêng kabêkta lumampah rumiyin. Dipun suluki sastradatan.

Sêkar Bramarawilasita lampah 11. Ramya wwang padha tustha anggarjita | têkapira nirmala mangayun ring | trus unggyaning sang sri supadniwara | tarlèn dwi lêmbana samya mangagnya ||

Karna ngandika.

Pamadi karêpmu samêngko priye, apa kowe bali ing kene apa banjur seba yayi Prabu Ngastina.

Wangsulanipun.

Kula inggih lajêng sowan kakang Prabu Ngastina, masrahakên konduripun kakang bok punika.

Karna ngandika sarta ngêjèpi Kurawa.

Iya bêcik Pamadi yèn mêngkono karêpmu. Adhi-adhiku Kurawa ana têka padha disawang bae, rak wis sêdhênge.

--- 2 : 518 ---

Dipun sauri.

He inggih sêdhêng-sêdhêng.

Găngsa mungêl plajêngan manyura, Parta dipun byuk Kurawa, botên mawi suwala, lajêng dipun bêbayang. Sêmar saanakipun kontrang-kantring sami nangis, ngadêg rêpat punakawan. Găngsa kasuwuk, tanpa suluk.

Sêmar ngucap ing suta.

Lae priye thole Nala Garèng Petruk, bandaramu diwiyungyung kae priye, adhuh lae bapa bandaraku, kaniaya têmên wong Ngastina, têkan sêdulure Dipati Ngawăngga kolu nganiaya tanpa dosa. Nala Garèng sumaur kalih nangis. O dara uwa uwa, priye kyai, dara dene dikrubut Kurawa. Petruk nambungi. Lah apa ta apa, watake Patih Sêkutil, nèk ora jail mringkil, lah rak gêlis modir, tumon wong têtulung malah dipênthung, sudi ora aku, lah adèna dipatine Ngawăngga kae, barêng awor wong Ngastina, ya banjur katularan ati setan.

Sêmar ngucap.

Wis ayo thole padha ngaturi uninga Sinuhun Ngamarta bae, sok wisa kauningan, dijaluka ya masa awèha ora.

Găngsa mungêl plajêngan manyura, Sêmar saanakipun sami mangkat dhatêng Ngamarta.

Arjuna winayungyung dipun awêri cindhe puspita, asta wontên ngajêng, găngsa kasuwuk, dipun suluki tlutur raras barang miring.

Sêkar Rini lampah 17. Lêngê gati nikang awan saba saba nikè Ngastina | samantara têkèng Têgalkuru Nararya Krêsna laku | siring Parasu

--- 2 : 519 ---

Rama Kanwa Janaka durur Naradha | kapanggihi ri kang têgal milu ing karya sang bupati ||

Parta ngucap.

Aku ora dosa wong Ngastina, uculna aja kopilara.

Karna sumaur.

Lo dene ngaku ora dosa, ana dosane digendhong diindhit, dadak takon dosa, apa ora rumasa, sapa ingkang ngiringake Si Drusilawati, bok aja ambuwang tilas, api cêcandhang, aja kowe klamari dhadhung sanajan klamarana rambut aku masa panglinga, bok aja kaya mêngkono têkonmu, sêlagi kowe duwea karêp marang Si Drusilawati, bok kok dalani kang bêcik, durung karuwan kakangmu Ngawăngga yèn ora bisa ngrabèkake.

Parta mangsuli.

E lah punika lêga manah kula, mila kula botên sêja băngga, saking kula rumaos botên gadhah kalêpatan, ewadene kula botên kaanggêp têtulung, malah kadakwa awon inggih sumăngga, kakang adipati sampun mirêng aturipun kakang bok Drusilawati, nanging maksa dèrèng ngandêl inggih jawi kula lampahi.

Karna gumujêng ngandika.

O Pamadi dene gon wêlud para doli udhèt, masa payua, apa angèl wong kêthikan basa, karo si adhi niyata băngga găndra sapira wong siji, si adhi nutut iku bênêr, ayo tak aturake yayi Prabu Ngastina.

--- 2 : 520 ---

Găngsa mungêl ayak-ayakan manyura. Pamadi Karna Kurawa sami kalampahakên, Sêngkuni sarêng pirsa Parta sampun kabêsta, sukaning tyas tan sipi, ngêntosi lampahing Parta tumut ngiringakên, jêmpana sampun têbih kabêkta rumiyin, sawatawis lampahan. Găngsa kasuwuk, kajêng dipun tancêpakên têngah, dipun suluki pathêt manyura.

Sêkar Rini lampah 17. Lêlawa gumandhul ring pang kêbêt-kêbêt lir milu susah | yèn bisaa muwus pagene Pandhawa tan ana tumut | ri pati aminta prajanta sapalih sêkaring tangjung | ruru ambêlasah lêsah kadya susah ngêsah kapisah ||

Dipun caritakakên.

Lah ing kana sampun kêbut pabarisaning Kurawa saking pasanggrahan, sukaning driya Radèn Arya Sangkuni, pindha manggih rêtna sawukir, kapanggihe Rêtna Drusilawati, tuwin satriya Madukara, kinira ingkang adhustha sang dèwi sampun kacêpêng, mangkana inggale lampahing jêmpana, sampun ngambah margi agêng ingkang anjog nagari Ngastina, kathah jalma ingkang samya ningali, kawarta yèn Rêtna Drusilawati kapanggih wontên ing Madukara mila Radèn Pamadi tumut kabêkta sarta mawi kaawêran. Sinigêg ingkang lagya lumampah, gênti kocapa salêbêting kadhaton ing Ngastina, ngambar gandaning sêkar gayam, mungêl gêndhing Kêmbanggayam.

Ngadêg Suyudhana, Dèwi Banowati, Dèwi Anggandari, parêkan pêpak sami ngayap, gêndhing kajantur, dipun caritakakên.

Anênggih ing pundi ingkang gênti kocapa salêbêting dhatulaya Ngastina. Prabu [Pra...]

--- 2 : 521 ---

[...bu] Kurupati ingkang lagya pinarak ing prabasuyasa kalih ingkang ibu Rêtna Anggandari tuwin pramèswari Rêtna Banuwati, pêpak para parêkan êmban tuwin inya, cinarita sasirnaning Rêtna Drusilawati, kalangkung orêm sapraja Ngastina, tumular wadya lit ing dhusun samya bela sungkawaning narendra, Prabu Kurupati tansah nglêlipur ing ibu rama, sudaa dènya ngarsa-arsa murcaning kang putra, sabidhale Adipati Ngawăngga tuwin Rêkyana Patih Arya Sangkuni, wontên sudaning tyas dènya sungkawa Rêtna Anggandari, wêwah linipur dening sang prabu tuwin Rêtna Banuwati, karsa ngajar bêksaning badhaya srimpi, ing mangke dupi sampun lami Adipati Karna dèrèng dhatêng, ratu ibu èngêt wilangun ing putra ingkang murca, mangkana pangudasmaraning driya.

Priye bae yèn ora bisa katêmu anakku Si Drusilawati.

Găngsa kaunggahakên, sawatawis kasuwuk, dipun suluki pathêt manyura.

Sêkar Sardulawikridita lampah 19. Lêlêng ramya ningkang sasăngka kumênyar myang rêngga rumning puri | mangkin tanpa siring halêp ningkang umah mas lir murub ing langit | têkyan sarwa manik cawinya sinawung saksat skarning suji | unggyan Banuwati ya na mrêma langên myang Nata Duryudhana ||

Dèwi Anggandari ngandika.

Kaki prabu kaya wis lawas, kakangamu ing Ngawăngga, pangupayane sirnane Si Drusilawati, dene durung ana pawartane, marang ngêndi pangupayane.

Aturipun Prabu Kurupati.

Kula nuwun ibu saking aturipun kakang Adipati Ngawăngga, badhe ngupaya sajawining nagari Ngastina, rèhning sawawêngkon Ngastina sampun sêpên, kados [kado...]

--- 2 : 522 ---

[...s] mila punika lami saèstu kaupadosan dhatêng sanèsing nagari Ngastina.

Pangandikanipun Rêtna Anggandari.

Kakang prabu yèn ora têka tumuli, prayogane susulana manèh, ingkang ngupaya sirnane adhimu priye wêkasane yèn ora bisa katêmu.

Dipun caritakakên.

Sinigêg Prabu Kurupati ingkang imbalan sabda kalih ingkang ibu. Kasaru gêdêring jawi dhatêngipun Rêtna Drusilawati, nitih jêmpana kandhêg srimanganti, sang rêtna lajêng manjing dhatulaya, para pawongan gumuruh sami mêthukakên, Sang Dyah Anggandari jumênêng ngrangkul ingkang putra. Găngsa mungêl ayak-ayakan manyura, sarêng Sang Rêtna Drusilawati sampun lênggah ngarsaning Sri Kurupati, găngsa kajantur dipun caritakakên.

Lah ing kana ta wau Rêtna Drusilawati sampun manjing ing prabasuyasa, prapta ngarsaning narendra pinarak tumungkul waspanira tansah marawaya, para pawongan sadaya sami suka, Dèwi Anggandari jumênêng ngrangkul ingkang lagya prapta, alara karuna sêsambat amlasasih, Prabu Kurupati tuwin pramèswari jêngêr sapandurat datan ngandika, lir angganing supêna dhatêngipun ingkang rayi Rêtna Drusilawati, lajêng ngabêkti dhatêng Rêtna Anggandari kalih Prabu Kurupati, tuwin dhatêng Rêtna Banuwati.

Găngsa mantun kajantur, sawatawis lajêng kasuwuk, dipun suluki sastradatan.

Sêkar Bramarawilasita lampah 11. Ramya wwang padha tustha anggarjita | têkapira nirmala mangayun ring | trus unggyaning sang sri supadniwara | tarlèn sanggya dwi lêmbana mangagnya ||

--- 2 : 523 ---

Dèwi Anggandari ngandika.

Rara Drusilawati bagea satêkamu, kowe padha raharja, dene nganti lawas bandara, têka ing ngêndi lungamu, ora nyana yèn kowe bisa mulih.

Aturipun.

Kula nuwun, inggih ibu saking pangistunipun kangjêng ibu kula manggih raharja, dene sadangu kula kesah saking nagari punika, lampah kula dumugi ing wana, kabêkta ing dwipangga seta, punika ingkang dhustha dhatêng kula. Pangabêkti kula katura ing kangjeng ibu.

Wangsulanipun.

Iya rara tak trima pangabêktimu ing aku.

Prabu Kurupati nêmbrama.

Adhiku Drusilawati, kowe padha raharja rara, satêkamu ing kadhaton.

Aturipun Rêtna Drusilawati.

Kula nuwun inggih dhatêng anuwun, sih panêmbramanipun kakang prabu, kacadhong ing asta kalih kacangcang ing rema kapêtêk ing mastaka, kula pundhi kados jimat, saking pangèstunipun kakang prabu, raharja ing lampah kula, pangabêkti kula katura kakang prabu.

Wangsulanipun.

Iya rara pangabêktimu ing aku bangêt panrimaku.

Dèwi Banuwati nêmbrama.

E adhiku adhiku, Drusilawati bagea satêkamu, kowe padha raharja rara.

--- 2 : 524 ---

Aturipun Rêtna Drusilawati.

Kula nuwun inggih dhatêng anuwun, sih panêmbramanipun kakang bok ratu, dahat kalinggamurda, kacadhong asta kêkalih, kacancang pucuking rema, kapêtêk ing mastaka, kula pundhi kados jimat, saking pangistunipun kakang bok, raharja lampah kula, pangabêkti kula katura kakang bok.

Wangsulanipun.

Iya rara pangabêktimu tak trima.

Prabu Kurupati ngandika.

Rara Drusilawati mara tutura priye purwane kowe têkan ing alas digawa gajah putih, kawitana ditêka pungkasane kowe mulih iki, marga sapungkurmu têmên ana tilasing pagêr bata ingkang jugrug kinira sêdhêng gajah, ananging ora nana ingkang sumurup, yèn têmên gajah ingkang ngrubuhake pagêr bata iku.

Aturipun Rêtna Drusilawasi.

Kula nuwun, inggih kakang prabu, kados botên wontêna wadya ingkang sumêrêp, amargi ing wanci dalu kula kilêm botên wuninga purwanipun, sumêrêp sampun wontên ing wana, dipun gendhong ing liman seta, liman punika sagêd basa kadi jalma, sarêng kula sêsambat, wicantênipun badhe kabêkta dhatêng ing wana agêng, sarêng sampun antawis lami kula kabêkta ing liman, turut wana trataban, punika kula sumêrêp rayi sampeyan pun Pamadi wontên ngandhap mandera, dipun adhêp punakawanipun, lajêng kula nguwuh-uwuh nêdha tulung, pun Pamadi lajêng mêsat jumantara, kula dipun rêbat saking gigiring dirada seta.

--- 2 : 525 ---

Prabu Kurupati gumujêng nabda.

I hêng hah hah hah, katujune katrênjuh adhimu Madukara, ana ingkang mrinani.

Dèwi Anggandari ngandika.

Anakku gèr anakku, yaiku suwargane wong kêkadang, eling-eling dijiwit isih katut, mulane gêlêm anglabuhi, ora itung lawan dirada.

Dèwi Banuwati matur.

O inggih ibu, dhasar kadang kalêrêsan putra sampeyan pun Pamadi, tiyang pancèn watakipun mantêp dhatêng kadang, yèn sampun gadhah kasagahan pêjah dipun lampahi, inggih kapanggiha sadhèrèkipun jalêr piyambak, tiyang satunggal măngsa puruna kalih gajah, mila pantês pun Janaka punika dipun wastani bagus tulus, lo, kula punika botên ngalêmbana saking sardhuning manah, tiyang sayaktosipun.

Prabu Kurupati ngandika.

O bok ratu ujarmu iku sawantahe, sapa bae ingkang kasusahan, yèn Si Pamadi dijaluki pitulung, iya banjur lêjar atine, luwih manèh iku adhimu Si Drusilawati dhasar kadange dhewe manèh yèn ora dilabuhana pati, najan katêmu kadange yèn Kurawa, masa ngrampungana. Lah sawise kowe dirêbut adhimu, Drusilawati gajah ingkang dhustha iku kêpriye.

Aturipun Rêtna Drusilawati.

Kula nuwun, kakang prabu sarêng kula kabêkta pun Janaka, liman lajêng mêta ambêdhol kajêng kadamêl sêsawat, pangucapipun kula katêdha, pun Pamadi lajêng

--- 2 : 526 ---

nyipta sanjata bajra, liman sirna katut maruta, kula lajêng dipun iringakên mantuk dhatêng Ngastina, wontên margi kapêthuk punggawa Banakêling, kula kêdah dipun têdha, rayi sampeyan botên suka, kalampahan băndayuda, tiyang Banakêling sami kasor lumajêng, kula lajêng lumampah malih, kapêthuk kakang Adipati Ngawăngga kalih paman Arya Sangkuni, kula numpak jêmpana lumampah rumiyin, rayi sampeyan pun Pamadi lumampah sarêng kakang adipati ing Ngawăngga, kalih paman Arya Sangkuni, tuwin rayi-rayi jêngandika Kurawa.

Prabu Kurupati ngandika.

Banuwati sêsajia apa ingkang dadi pakarêmane adhimu Madukara, tak jake kêmbul mangan, wis dadi ubayaku sapa ingkang bisa ngupaya adhimu Si Drusilawati tak jak mangan tunggal ajang.

Aturipun Rêtna Banuwati.

Kula nuwun inggih dhatêng sandika, kalih prayogi dipun timbali pun Pamadi, katingala rukun kêkadang, kangjêng sinuhun kusung-kusung dhatêng gènipun têtulung pun Pamadi.

Sri Kurupati matur ing ratu ibu.

Sumăngga ibu pun Drusilawati kasowanna ing kangjêng rama, kula manggihi pun Pamadi, tuwin ingkang sami anglampahi damêl, ngupadosi putra sampeyan pun rara.

Găngsa mungêl ayak-ayakan manyura, Kurupati mêdal ing pandhapa, Dèwi Anggandari kalih Rêtna Drusilawati marêk ing Prabu Dhêstharata, Dèwi Banuwati [Banuwa...]

--- 2 : 527 ---

[...ti] asêsaji. Ngadêg Prabu Kurupati, Karna, Sangkuni, Dursasana, Durmuka parêkan kalih. Găngsa kajantur dipun caritakakên.

Lah ing kana ta wau, Prabu Kurupati sampun lênggah ing pandhapa, animbali Adipati Karna kalih Radèn Apatih Arya Sangkuni, ingkang mêntas ngupaya Rêtna Drusilawati, para kadang ingkang marêk ing ngarsa nata, Radèn Arya Dursasana, Radèn Arya Durmuka, satriya Madukara tinilar ing pasowan srimanganti, tuwin para kadang sata Kurawa, sami pêpak wontên ing pasowan, mangkana Prabu Duryudhana sarêng aningali ingkang rayi Madukara botên wontên sowan, mangkana pangudasmaraning driya. Lah iki Si Janaka dene ora na katon, apa wadine.

Găngsa mantun kajantur, sawatawis dipun suwuk, dipun suluki pathêt manyura.

Sêkar Sasradara Kawêkas lampah 20. Mèh raina sêmu bang hyang aruna kadi netraning angga rapuh | sabda ningkang kila ring kanigara sêkêtêr kinidung ning akung | lir wuwusing pinipanca papêtêking ayam wanèh ring pagakan | mrak manguwuh bramara ngrabasèng kusuma ring wara baswana rum ||

Prabu Kurupati nêmbrama.

Kakang Adipati Karna kaaturan panakrama, sadhatêng andika ing nagari Ngastina, sami manggih raharja, ênggèn andika ngupadosi pun Drusilawati.

Aturipun Dipati Karna.

Inggih yayi prabu dhatêng anuhun, pambagenipun yayi aji katampèn asta kêkalih, kapêtêk ing jaja, tumanêma kulunging manah, angêrahana satètès [satè...]

--- 2 : 528 ---

[...tès] dagingana satampèl, dadosa cahya mor cahya, saking idinipun yayi aji, lampah kula amanggih raharja.

Prabu Kurupati nêmbrama ing Sangkuni.

Paman Arya Sangkuni, padha raharja laku pakênira, manira utus ngupaya putra pakênira Si Rara Drusilawati.

Aturipun.

Kawula nuwun inggih dhatêng anuwun, sih panêmbramanipun ingkang sinuhun, sadèrèng sasampunipun dahat kalinggamurda, katampèn asta kêkalih, kapêtêk ing jaja tumanêma kulunging manah, dadosa rad daging kayuwanan, kula pundhi kados jimat pripih, saking pangistunipun ingkang sinuhun, raharja lampahipun Sangkuni.

Prabu Kurupati ngandika.

Kakang Adipati Karna, kapanggih ing pundi rayi andika pun Drusilawati, tuwin rayi andika pun Pamadi pundi, dene botên sarêng kalih kakang adipati, dumuginipun ing Ngastina.

Aturipun Karna.

Kula nuwun, yayi kapanggihipun rayi jêngandika pun Drusilawati, wontên satêpining wana têrataban, sampun dipun iringakên dhatêng pun Pamadi, pangakênipun rayi jêngandika pun Pamadi ngrêbat nuju rayi jêngandika pun Drusilawati kabêkta ing liman seta, sarêng sampun pun Drusilawati numpak jêmpana, pun Pamadi lajêng kula cêpêng, nutut kemawon, ing mangke pun Janaka kula awêri taksih kantun ing srimanganti.

--- 2 : 529 ---

Prabu Kurupati mangsuli.

Lah punika kadospundi kakang adipati karsa andika, botên wande wontên sêrêganipun rayi andika yayi Prabu Ngamarta, ingkang măngka kula pitakèni pun Drusilawati, aturipun sami kados pangakênipun rayi andika ing Madukara, punika têmbe yèn têmên pun Janaka têtulung, botên wade babêkta susahing ngakathah.

Karna matur.

Najan wontêna gugat sêrêgipun, rayi-rayi paduka Pandhawa, kula kadugi pabênipun, punika yayi pun Pamadi kula wastani tiyang ngiwat kawaspadan. Pangakênipun liman pêthak andhustha punika, botên andupara mokal, yêktosipun tanpa tăndha yêkti, rujuking aturipun rayi paduka pun Drusilawati punika, rak sampun kêthikan rumiyin, adamêl tilas pambêdhahipun pagêr banon cêpuri sêdhêng kaangge margi dwipangga.

Sang prabu andangu Sangkuni.

Priye Paman Arya Sangkuni, mungguh prayogane rêmbug pakênira, supaya kênane linakon, anak pakênira ing Madukara apa patut kaapura, apa ta patut kaukuma.

Kangjêng sinuhun anggalih lampahipun rayi sampeyan pun Pamadi kados sampun tanpa kenging dipun rêmbag malih, wajib kukumipun, tiyang sampun kêlacak kêpathak, mungkira kados punapa, èstri priya sami taruna taksih gandhèng rèntèng makatên, inggih têtêp angiwat, pangraos kula sampun lêrês sangêt panggalihipun anak Adipati Ngawăngga punika, dene

--- 2 : 530 ---

yèn wontên panagihipun jangji lami rayi-rayi paduka Pandhawa, inggih pun Janaka kaparingakên.

Prabu Kurupati ngandika.

Yèn mêngkono rêmbug pakênira paman, iya manira turuti, Si Janaka banjur pakênira lêbokna pawarangkan, nanging parnahna ing gêdhong patamanan, aja nganti katon ing ngakèh.

Aturipun Sangkuni.

Kula nuwun dhatêng sandika.

Prabu Kurupati ngandika ing Karna.

Kakang adipati andika ngaso ing pasowanan rumiyin.

Aturipun Karna.

Kula nuwun inggih dhatêng sandika.

Găngsa mungêl ayak-ayakan manyura, Karna Sangkuni mundur mêdal. Prabu Suyudhana ngadhaton, sawatawis kajêng katancêpakên têngah, găngsa kasuwuk dipun suluki pathêt manyura.

Sêkar Sulanjari lampah 20. Tandya bala Pandhawambyuk gumulung mangusir ring sata Kurawa | kambah kosik sru katitih mirut kerut larut katut para ratu | tuwin sagung pra dipati katut kapalayu sigra praptanira | Aswatama têtanya lah pagene ta iki ya padha lumayu ||

Dipun caritakakên.

Lah ing kana ta wau Radèn Arya Sangkuni kalih Narapati Karna, sami mêdal [mê...]

--- 2 : 531 ---

[...dal] ing srimanganti, lêganing driya dene tinurut ing sang prabu, Radèn Pamadi linilan manjingakên ing pawarangkan. Prabu Kurupati wagugên ing panggalih, yèn ta sampuna karoban aturipun Adipati Ngawăngga, mupakat kalih radèn apatih, dèrèng karsa nêtêpna lêpating Sang Parta, mila dhawuh kinèn marnahakên ing gêdhong kêbon pungkuran, supadi botên kajuwara ing kathah, namung para sata Kurawa sami suka-suka gumyak-gumyak, ciptaning tyas sirnaning kadang sampun kapanggih wêwah badhe ical kalilipipun. Sinigêg ingkang sami suka, gênti kocapa salêbêting kênyapuri Ngastina, gumyahing pawarta yèn satriya Madukara, tinarungku ing biliking wadari pungkuran, para dyah ing kadhaton kathah ingkang suntrut ing naya.

Mungêl gêndhing Montro. Ngadêg Rêtna Banuwati parêkan pêpak, gêndhing kajantur dipun caritakakên.

Anênggih ing pundi ingkang gênti kocapa salêbêting dhatulaya Ngastina, pramèswari nata akêkasih Dèwi Banuwati pinarak ing galdri prabasuyasa kapering kilèn, pêpak para parêkan êmban inya, sami angladosi, cinarita Dèwi Banuwati dhasar sampun dangu angajêng-ajêng sowanipun Radèn Pamadi, adat sabên sawulan sowan sapisan, punika sampun kalih wulan dèrèng sowan, măngka nampèni pangandikanipun Sri Ngastina kinèn sêsaji dhaharan, badhe kinarya ngluwari punagi dhahar kêmbul kalih Radèn Janaka, mila Dèwi Banuwati kadya sata arsa matarangan solahe, dènya angrêratêngi bikut, punapa kasêptaning Prabu Kurupati tuwin ingkang rayi satriya Madukara, rampung dènya sêsaji nulya sêsuci rampung lajêng busana, kinayang

--- 2 : 532 ---

dènnya babêsusan, sarêng sampun busana pinarak, dèn ayap parêkan cèthi, anganti timbalaning Prabu Kurupati, sampun dangu dèrèng dhawuh anata bujana, mangkana pangudasmaraning driya.

Dene suwe kangjêng sinuhun durung dhawuh anata bujana. Gêndhing minggah sawatawis dangunipun, găngsa dipun suwuk dipun suluki pathêt manyura.

Sêkar Sardulawikridita lampah 19. Lêlêng ramya nikang sasăngka kumênyar myang rêngga rumning puri | mangkin tanpa siring halêp ningkang umah mas lir murub ing langit | têkyan sarwa manik cawinya sinawung sasat skarning suji | unggyan Banuwati ya na mêrma langên myang Nata Duryudhana ||

Dèwi Banuwati ngandika.

Biyung dene nganti suwe, sinuhun ora dhawuh tata pambujanan, iki mau aku dikakake sêsaji, sinuhun dhawuh arêp angluwari punagi, kêmbul dhahar karo bandaramu si adhi Madukara, iki nganti wayah mene durung kondur.

Aturipun.

Kula nuwun gusti raka paduka ingkang sinuhun sampun kondur saking pandhapi lajêng têdhak ing sanggar pamêlêngan, dene gumyahing pawartos, rayi sampeyan ing Madukara dipun lêbêtakên ing pawarangkan, wontên ing gêdhong kêbon pungkuran.

Banuwati kagèt andangu.

Lo iku lèhku ora sudi watakane wong kene iki priye, upama ora nglakokake panganiaya, layak kurang bêcike, apa tumon [tu...]

--- 2 : 533 ---

[...mon] wong dipitulungi mêngkono pamalêse. Krungumu yèn Si Pamadi dikunjara iku têka sapa biyung.

Aturipun.

Kula nuwun gusti kula pinuju dhatêng pakêbonan ngundhuh sêkar sumêrêp piyambak, rayi jêngandika dipun iringakên ing Radèn Arya Sangkuni, tuwin para putra sata Kurawa, sami ngurung-urung lampahipun Radèn Pamadi, kula botên tahan pirsa lajêng kesah kemawon.

Rêtna Banuwati ngucap.

I lae adhiku Janaka adhiku, bocah wadon ayo milua tak tilikane bandaramu Si Pamadi, kabèh panganan iku gawanên, lan patehan, bangkune padha usungên. Aturipun. Kula nuwun inggih dhatêng sandika. Găngsa mungêl ayak-ayakan manyura. Rêtna Banuwati têdhak dhatêng patamanan, parêkan sami ngiring bêkta dhaharan. Sawatawis lampahan, kajêng katancêpakên pinggir têngên, Dèwi Banuwati parêkan tiga kèndêl lampahipun, găngsa kajantur dipun caritakakên.

Lah ing kana ta wau, tindakipun pramèswari Ngastina Dèwi Banuwati, parêkan sami andhèrèk ngampil upacara tuwin bêkta dhêdhaharan. Mangkana Dèwi Banuwati kèndêl ngajênging kori mantênan, para mantri kêbon dharat ambuka wiwara sami sila braja, para nyai ingkang anjajari sami nguwuh-uwuh. Nêdha kănca juru kêbon singgahan-singgahan, dhok kur kănca dhok kur, kangjêng pramèswari miyos ing patamanan.

Găngsa mantun kajantur, Dèwi Banuwati manjing wadari tuwin para parêkan, lajêng [la...]

--- 2 : 534 ---

[...jêng] jujug ing gêdhong pawarangkanipun satriya Madukara, mantri kêbon sami sumingkir, kajêng kapêtha gêdhong tinancêpakên pinggir prênah kanan, găngsa kasuwuk dipun suluki pathêt manyura.

Sêkar Sardulawikridita lampah 19. Kilwan sêkaring kang têtaman arêpat rèhnya bale kêna | soma brama hêning sawal nataring kang rok motyaara raras | we durpa marani labawraning pagêr tunjung mahantên lumêng | mungtap antêni kang gopura macawi tang surya katon jyala ||

Dèwi Banuwati nguwuh.

Janaka Janaka, aku ingkang têka dhi aniliki kowe, dene pêtêngan bae.

Arjuna pitakèn.

Sapa ngundang-undang ana jabaning gêdhong iku, swarane ya sing kagungan dalêm, iku ana apa, kangjêng ratu têka marang kunjaran. Apa arêp nyulihi dikêrja.

Dèwi Banuwati sumaur.

E olèhe sêmbrana, gêmang nèk nyulihi ditutup. Mulane aku nglayat arêp ngirim, karo arêp milu jaga sêpir, mara ta aku lêbokna mrono.

Parta sumaur.

Sokur yèn kakang bok arêp ngrewangi jaga gêdhong, nanging olèhmu arêp lumêbu mrene priye, wong dikunci têka jaba, manawa kowe gowa sorog, utawa bisa bandrèk mara ta, nuli êngakna lawange tak mêtu mrono.

--- 2 : 535 ---

Dèwi Banuwati mangsuli.

Kita sondêr bawa satu apa, cumah bawa satu slot, en tradhak adha dhiya punya kunci, têtapi jangan tidhak, adhik jan lêkas, kluwar kêmari.

Parta mêdal lajêng pondhongan, Dèwi Banuwati binêkta manjing ing gêdhong, para parêkan sami ngundhuhi puspita, dipun suluki sastradatan manyura alit.

Sêkar Bramarawilasita lampah 11. Ramya wwang padha tustha anggarjati[6] | têkapira nirmala mangayun ring | trus ugyaning sang sri supadniwara | tarlèn sanggya dwi lêmbana mangagnya ||

Kajêng katancêpakên têngah dipun caritakakên.

Lah ing kana ta wau, Dèwi Banuwati sampun binêkta manjing ing pagêdhongan, kalih satriya ing Madukara, kakurangane apa panêngah Pandhawa, pranyata bisa manjing ing ajur tan ajèr, nutug dènya karon asmara, para êmban parêkan inya sami angundhuh-undhuh sasukane, ing wadari kathah puspita tuwin wowohan, sawênèh parêkan sami lêlumban ing sagaran, toya saking umbul awêning. Sinigêg gênti ingkang kocapa, nagari ing Banakêling, Radèn Jayadrata ingkang tansah gandrung ing Rêtna Drusilawati.

Mungêl gêndhing Gandrung Mangunkung. Ngadeg Ratu Banakêling, ingkang cakêt ing ngarsa Radèn Jayadrata, parêkan kalih ngadhêp mungging wurining nata. Gêndhing kajantur, dipun caritakakên.

Anênggih nagari pundi ingkang gênti kocapa, nagari ing Banakêling, Prabu Bagawan Sapwani Wijaya astra, lênggah ing made pandhapa, ingkang cakêt ing ngarsa [ngar...]

--- 2 : 536 ---

[...sa] satriya ing kadipatèn, Radèn Jayadrata. Mangkana saangkatira Rêkyana Patih Jayasubănda, tuwin Tumênggung Jayawiladaka, angupaya sirnanipun Rêtna Drusilawati, sampun antawis lami dèrèng wontên mantuk, mila Radèn Jayadrata tansah angarsa-arsa Prabu Bagawan Sapwani Wijaya astra, raintên dalu anungku puja, mangkana pangudasmaraning driya Radèn Jayadrata, yèn ora katêmu pangupayane Si Jayasubănda, jaba aku dhewe ngupaya sirnane Si Drusilawati.

Gêndhing kaunggahakên, sawatawis dangunipun lajêng kasuwuk, dipun suluki pathêt manyura.

Sêkar Mêdhangmiring lampah 23. Atari pêjah ningkang prawara Somadênta tanaya têkap sinisuta | mangkin aparêk Jayadrata têkap Sang Arjuna Warkodhara nora kamu | măngka muka sang dwijendra Karna Karpa Salya kuruku tarlèn giri kola ||

Radèn Jayadrata matur.

Kula nuwun kangjêng rama, yèn pun Jayasubănda botên dhatêng, tumuntên kula nyuwun lilah paduka, badhe ngupadosi pun Drusilawati.

Sang prabu mangsuli aturing putra.

Iya kulup antinên lakune Si Jayasubănda ing pêndhak dina iki, yèn wis ora têka kowe kudu sumusul ngupaya dhewe, apa sakarêpmu aku jumurung.

Dipun caritakakên.

Lah ing kana ta wau Prabu Bagawan Sapwani Wijaya Astra lagya imbal wacana kalih [ka...]

--- 2 : 537 ---

lih ingkang putra Radèn Jayadrata sami ngarsa-arsa dhatênging Rêkyana Patih Jayasubănda, mangkana nginanga durung abang idua durung asat, kasaru dhatêngipun Patih Jayasubănda tinandhu margi kabranan, kèndêl ing srimanganti, namung Tumênggung Jayawiladaka lajêng manjing ing kadhaton marêk ing sang prabu, dumrojog tanpa larapan.

Găngsa mungêl ayak-ayakan manyura. Sarêng sampun tata trapsilanipun, găngsa kajantur dipun caritakakên. Wau ta sadhatêngipun Tumênggung Jayawiladaka, Prabu Bagawan Sapwani sapandurat datan angandika, Radèn Jayadrata mangkana pangudasmaraning driya.

Lah iki Si Jayawiladaka têka ora kanthi Si Jayasubănda, apa wadine, apa baya olèh gawe lakune Si Jayawiladaka. Găngsa mantun kajantur sawatawis dangunipun lajêng dipun suwuk, dipun suluki pathêt manyura.

Sêkar Sulanjari lampah 20. Tandya bala Pandhawambyuk gumulung mangusir ring sata Kurawa | kambah kosik sru katitih mirut kerut larut katut para ratu | tuwin sagung pra dipati katut kaptalayu sigra praptanira | Aswatama têtanya lah pagene ta iki ya padha lumayu ||

Sang prabu anêmbrama.

Durung suwe têkamu Jayawiladaka, bageya apa padha raharja ing lakumu.

Aturipun.

Kawula nuwun nuwun, timbalanipun gusti kawula, sadèrèng sasampunipun, dahat kalinggamurda, kacadhong asta kalih kacancang ing rema, kapêtêk ing mastaka, [masta...]

--- 2 : 538 ---

[...ka,] lumèbèra ing pranaja, dados rad daging kayuwanan, kawula pundhi kados jimat pripih, amêwahana têguh yuwana kawula, saking pangistunipun ingkang sinuhun, lampah kawula raharja.

Jayadrata nêmbrama.

Jayawiladaka bageya satêkamu ana ing ngarsane kangjêng rama prabu.

Aturipun.

Kawula nuwun, inggih dhatêng anuwun, sih panêmbramanipun gusti kawula ing kadipatèn, sadèrèng sasampunipun dahat kalinggamurda, kacadhong asta kalih, kacancang ing rema kapêtêk ing mastaka lumèbèra ing pranaja dadosa rad daging kayuwanan, kawula pundhi kados jimat paripih, amêwahana bagya kayuwanan kawula.

Sang prabu ngandika malih.

Jayawiladaka kongsi lawas lakumu ngupaya putri Ngastina, apa olèh gawe, karodene kowe ora barêng karo Si Jayasubănda, apa dhasar pandum gawe ana ing paran, apa mung pisah ana ing dêdalan bae, mara matura kawitana ditêka pungkasane.

Aturipun Jayawiladaka.

Kawula nuwun nuwun, kawula sampun kautus angupadosi sirnanipun Rêtna Drusilawati kalih pun kakang Patih Jayasubănda, sarêng kawula sami masanggrahan têpining wana Sinangsraya, Rêtna Drusilawati katingal lumampah kadhèrèkakên satriya ing Madukara, kawula suwun botên parêng, saking wangsulanipun Radèn Pamadi punika candhang, ingkang wau Rêtna Drusilawati punika kabêkta

--- 2 : 539 ---

ing liman pêthak, saking karsanipun Rêtna Drusilawati kondur dhatêng Ngastina, jrih kawula kautus ing gusti, kalampahan kawula băndawasani kalih pun kakang Jayasubănda, kula botên kuwawi, pun kakang adipati anyandhang kabranan, mila botên sagêd sowan ing ngarsa paduka, undur kawula kapanggih Narapati Ngawăngga tuwin Radèn Arya Sangkuni, kanthi sata Kurawa tuwin prajurit, inggih sami ngupadosi Rêtna Drusilawati, sarêng kawula sampun matur, yèn Dèwi Drusilawati sampun rawuh, kawula kadhawuhan mantuk, gusti kawula radèn ing kadipatèn dikakakên lajêng sowan dhatêng Ngastina, dene pun kakang Jayasubănda kawula tilar ing pasowan srimanganti, sawêg règèng-règèng gènipun kabranan.

Pangandikanipun sang prabu.

Katujune ora tumêka ing tiwas, pancèn bênêr radèn ing Madukara tumindak pira Pandhawa karo Sinuhun Ngastina, wong lagi tumindak nak-sanak dhasar pancêr padha lanang, kale iku têtulung ing kadange, arêp kojaluk, pasthi dikukuhi.

Kulup Jayadrata prayogane rèhning kowe ditimbali banjur sebaa, angatasa priye karsane Sinuhun Ngastina, umiringa bae, manawa ana pandangune ing aku, aturna samasa-masa, wis karuwan sidaning karsa bae, kulup aku dhewe seba marang Ngastina, najan dikarsakna saiki dhaupmu wong wis padha rumanti.

Aturipun Radèn Jayadrata.

Kula nuwun inggih dhatêng sandika, manawi sampun rampung timbalanipun kangjêng rama, [ra...]

--- 2 : 540 ---

[...ma,] kula nyuwun idi pangistu, kangjêng rama manggiha suka ing sawingking kula.

Dhawuh wangsulanipun.

Iya kulup mangkata muga katona kêmbang cêpaka sawakul.

Găngsa mungêl ayak-ayakan manyura. Sang nata kondur ngadhaton, Radèn Jayadrata kalampahakên, sawatawis găngsa kasuwuk, kajêng katancêpakên têngah dipun suluki pathêt manyura.

Sêkar Rini lampah 17. Lêngêng gati nikang awan saba-saba niking Ngastina | samantara têkèng Têgalkuru Nararya Krêsna laku | sirèng Parasu Rama Kanwa Janaka durur Naradha | kapanggihi ri kang têgal milu ing karya sang bupati ||

Dipun caritakakên.

Lah ing kana ta wau, satriya ing Banakêling lajêng mangkat dhatêng Ngastina, ciptaning tyas kaya age pêpanggiha kalih Rêtna Drusilawati, sinigêg gênti kocapa, ing praja Timbultaunan, kadi mliwis nusung banyu, mungêl ladrangan Ricik-ricik, ngadêg Prabu Kaladiyu, kang ngadhêp êmban Wewegidrah, găngsa kajantur dipun caritakakên.

Anênggih nagari ing pundi ingkang gênti kocapa, nagari ing Timbultaunan, Prabu Kaladiyu lênggah ing pandhapa, ingkang cakêt ing ngarsa êmban Wewegidrah, mangkana Sri Kaladiyu, saangkate punggawa yêksa ingkang mundhi nawala dhatêng Ngastina, tansah andadar dana ing wadya punggawa tuwin para prajurit yêksa, ciptaning driya yèn tan tinampèn panglamare Rêtna Drusilawati, sumêja anglurug marang Ngastina, mila tan pêgat agêgabah dasih, ing mangke êmban Wewegidrah [Wewegi...]

--- 2 : 541 ---

[...drah] marêk ing narendra, mangkana pangudasmaraning driya Prabu Kaladiyu. Baya ana apa si biyung marêk ora tak timbali. Găngsa kasêsêgakên, saantawis kasuwuk dipun suluki gêrgêt saut manyura.

Sêkar Rini lampah 17. Yaksa gora rupa ri sêdhêng Sang Kumbakarna lêlaku | kan malwa lènging kang gambira wangarah angisis siyung | umijil prabawa lesus lèn prakêmpa gora walikan | ditya durbalarsa mrih curnaning lawan wiratri rodra ||

Sang prabu manabda.

Biyung ana gawemu apa kowe seba ora warana tak timbali.

Aturipun.

Kawula nuwun nuwun, gusti sowanipun ingkang abdi angunjuki uninga, kula anampèni aturipun pun Wijamantri angaturi uninga lampahipun abdi paduka pun Rênggutmuka dhatêng Ngastina, angaturakên duta panglawung.

Sang prabu amangsuli.

Aja milu basa-ingabasa, duta kongkonan, panglawung rajapati, ana rajapati apa biyung, lan layang ingkang kogawa iku layange sapa biyung.

Aturipun êmban Wewegidrah.

Kawula nuwun andadosna kauningan, prikănca punggawa danawa lampahipun dhatêng Ngastina, sami tiwas pêjah wontên ing margi, lawanipun băndayuda kalih satriya Madukara, namanipun Pamadi, punika pustakanipun gusti kawula kabêkta wangsul.

Dipun caritakakên.

--- 2 : 542 ---

Wau ta Sri Kaladiyu, dupi miyarsa aturipun êmban Wewegidrah yèn carakanira sami pêjah, sanalika Prabu Kaladiyu kaya sinabêt talingane, kalangkung kruraning wardaya, jaja bang mawinga-winga, idêp mangada-ada, kumêjot padoning lathi, netra andik, kumbala kumitir, gêrêng-gêrêng pindha singa angsal bayangan, sarira anggaluga, yèn sinabêta ing mêrang kaya bêl mijila pawaka.

Dipun suluki gêrgêt saut manyura.

Sêkar Basănta lampah 14. Jumangkah anggro sêsumbar lindhu bumi gonjing | gumaludhug guntur kêtug umob kang jaladri | lumembak pênyu kumambang gumuruh walikan | tuhu yèn Wisnu Bathara pantês umangan rat ||

Pangandikanipun sang prabu.

I bojlèng bojlèng bêlis lanat ajêjegan, jabèhèl jabèhèl, patine bocah bupati apa tatune lan gêgamane, ingkang aran Pamadi iku apa, dene sabêne ora nana pasah tapak paluning apandhe, ing mêngko têmahan padha apês tanpa kiwul ing prang.

Aturipun.

Kawula nuwun, gusti aturipun pun Wijamantri, pun Rênggutmuka punika tatu dhadhanipun, kenging jêmparing, dene pun Thothogatho tatu sirahipun kenging gêmbêl. Pun Ditya Klanthangmimis tatu dhadhanipun, kenging katganipun piyambak, kenging karêbat dening mêngsah, dados sadaya sami tatu jaja.

Sang prabu angandika.

Iku biyung nyata yèn kawulaku padha mati prang tatu dhadha, tăndha mantêp anglakoni ayahan, yèn ta tatua ing buri utawa ngucira lumayu urip,

--- 2 : 543 ---

aku ora sudi ngawulakake saturun-turune. Wis biyung anak warise bocah bupati ingkang padha mati banjur gêntèkna, aja owah ing kabupatène. Karo undhang-undhanga pradangdan bocah bupati, utawa bocah prajurit ing Timbultaunan, aku dhewe bakal seba maring Ngastina jaluk Si Drusilawati.

Aturipun.

Kawula nuwun, susti[7] sampun paduka inggal-inggal tindak dhatêng Ngastina, manawi namung sinuhun karsa mundhut Rêtna Drusilawati, yèn kawula taksih gêsang, paduka kawula aturi eca kasukana wontên ing kadhaton, pun êmban ingkang kadugi andhustha Rêtna Drusilawati, manawi kawula sampun botên sagêd mêndhêt putri Ngastina, punika kawula sumăngga ing karsa paduka.

Sri Kaladiyu ngandika.

Iya biyung tak anggêp aturmu, yèn dhasar kowe bisa dhustha putri Ngastina, bakal gêdhe ganjaraku ing kowe, wis ora duwe bocah roro tatêlu, kajaba amung kowe biyung. Karêpmu mangkat besuk apa biyung.

Aturipun.

Manawi sampun parêng karsanipun gusti kawula, pun êmban mangkat ing sapunika, kalilana kawula amit madal pasihan, nira jêng kangjêng sinuhun, manggiha suka ing sawingking kawula. Namung pun êmban nyuwun idi pangistu raharjaning lampah kawula.

Wangsulanipun Sri Kaladiyu.

--- 2 : 544 ---

Bok nyai aku ora nyangoni mas picis rajabrana, kurangku nadhah nendra, iku dak paringake ing kowe. Muwuhana têguh yuwana, muga kalakona kaya kasaguhamu, bisa gawa putri Ngastina, banjur mangkata biyung ing sadina iki.

Aturipun.

Kawula nuwun, inggih dhatêng anuhun. Sasat ingkang abdi kapatêdhan sangu jimat paripih.

Găngsa mungêl plajêngan manyura, sang prabu kondur ngadhaton. Êmban kalampahakên mêdal, sawatawis kèndêl lampahipun. Găngsa kasuwuk, dipun suluki gêrgêt saut manyura.

Sêkar Rini lampah 17. Ana ke wre tunggal kagiri-giri gêngnya kra magalak | ahêng karambêknya gora-godha tananggo tulungana | tinêpak kaparsat buta kabarubuh puh kayu pokah | bêlah bêntar sirna watu kumalasa swuh kabarubuh ||

Dipun caritakakên.

Wau ta êmban Wewegidrah inggal mêdal dhatêng ing alun-alun. Sanajan awarna yêksi tautate angêntasi karya, ing mangke dhasar tinuduh ing ratune, mangkana badhe lumampah, mêdal ing jumantara, sanyata danawa tan pae brakasakan. Ora ketung sajêbug têkan lambarane, buta bisa mahawan ing gêgana, sampun cancut atali wanda, kinêncêngakên pêkak madyane, linongsorakên calanane, tumênga ing akasa, dêdêl pratiwi, umêsat ing gêgana, kêbat kaya kilat.

--- 2 : 545 ---

Găngsa mungêl plajêngan manyura, êmban Wewegidrah mumbul linampahakên ing gêgana manêngên, sawatawis dangunipun, găngsa kasuwuk, dipun suluki pathêt manyura, kajêng katancêpakên ing têngah.

Sêkar Sasradara Kawêkas lampah 20. Mèh raina sêmu bang hyang aruna kadi netraning angga rapuh | sabdaning kang kila ring kanigara sêkêtêr kinidung ning akung | lir wuwusing pinipanca papêtêking ayam wanèh ring pagakan | mrak manguwuh bramara ngrabasèng kusuma ring wara baswana rum ||

Dipun caritakakên.

Lah ing kana ta wau, sampun lêpas lampahe êmban Wewegidrah mahawan ing jumantara, sinigêg ingkang lagya lumampah, gênti kocapa nagari ing Ngamarta, ing wanci bang-bang wetan.

Mungêl gêndhing Sumirat. Ngadêg Prabu Yudhisthira, Bratasena, Nakula, Sadewa, parêkan kalih, gêndhing kajantur dipun caritakakên.

Anênggih nagari ing pundi ingkang gênti kocapa, ing nagari Cintakapura, ya nagara ing Batanakawarsa, ya nagara ing Ngamarta. Mila nama nagara Ngamarta, panggenan pangasrêpan, marma nama nagara ing Batanakawarsa, ilèn-ilèning toya jawah, mila nama nagara ing Cintakapura, kêdhatoning sêkar pudhak. Sintên ingkang jumênêng nata ing Ngamarta, punika atmaja Prabu Pandhu, ajêjuluk Prabu Puntadewa, Yudhisthira, Gunatalikrama, Darmaputra, Darmaraja, Darmakusuma, ya Maharaja Dwijakangka, ya Darmawăngsa.

Mila ratu Ngamarta, jêjuluk Puntadewa, ingangkên rahswaning jawata.

--- 2 : 546 ---

Mila ajêjuluk Prabu Yudhisthira, ratu ing Ngamarta minăngka makuthaning narendra.

Mila ajêjuluk Prabu Gunatalikrama, ratu ing Ngamarta sagêd nangsuli basa.

Mila jêjuluk Prabu Darmaputra, dene Ratu Ngamarta pinundhut putra Bathara Darma.

Mila jêjuluk Prabu Darmaraja, ratu ing Ngamarta jêjêg pangadilane.

Mila jêjuluk Prabu Darmakusuma, ratu ing Ngamarta pami sêkar sae, pantês warna lan gandane.

Mila jêjuluk Prabu Dwijakangka, ratu ing Ngamarta ambêk pinandhita.

Mila jêjuluk Prabu Darmawăngsa, ratu ing Ngamarta băngsa sae, sanyata trahing kusuma rêmbêsing madu, wijining atapa, têdhaking dana warih, umadêg narendra pinandhita, bêbasan ratu darbe rudira seta, saking tangèhing runtike, ratu lila ing donya tega ing pati, ing mangke Prabu Yudhisthira dahat kèmêngan badra irawan. Sakesahe satriya Madukara, sampun dungkap sacandra, dèrèng wontên pawartosipun, mila Prabu Yudhisthira miyos ing pandhapa, animbali ingkang rayi panênggak, satriya ing Munggulpawênang, sintên dasanamane, dasa sapuluh, nama marang kêkasih, akêkasih Radèn Bratasena, Warkodhara, Judhipati, Bayuputra, Gănda Wastraatmaja, Arya Kusumayuda, Kusumadilaga, Jayalaga, Bima, ya Wayuninda.

Mila kêkasih Radèn Bratasena, satriya ing Munggulpawênang amêngku tapa.

Mila kêkasih Radèn Wêrkodhara, satriya Munggulpawênang amot sajêmbaring jagade.

--- 2 : 547 ---

Mila kêkasih Judhipati, satriya ing Munggulpawênang karêm prang.

Mila kêkasih Radèn Bayuputra, dene satriya ing Munggulpawênang pinundhut putra Bathara Bayu.

Mila kêkasih Radèn Gănda Wastraatmaja, dene satriya ing Munggulpawênang putraning Prabu Pandhu.

Mila kêkasih Radèn Jayalaga, satriya ing Munggulpawênang wênang molahkên ing payudan.

Mila kêkasih Arya Kusumayuda, satriya ing Munggulpawênang amadhangakên ing paprangan.

Mila kêkasih Kusumadilaga, satriya ing Munggulpawênang minăngka sasêkaring prang.

Mila kêkasih Bima, satriya Munggulpawênang minăngka bapa babuning nata Pandhawa.

Mila kêkasih Wayuninda, satriya Munggulpawênang karêm angin, darbe prabawa maruta, sabên lumampah dèn iring bajra sindhung riwut. Ing mangke satriya Munggulpawênang ngandikan manjing kadhaton, prapta ngarsa nata lajêng jajar lênggah, dene ingkang cakêt kapara ngandhap punika kadanging nata ingkang mijil saking Dèwi Madrim, ingkang sêpuh satriya ing Bumiratawu, akêkasih Radèn Nakula, ya Radèn Pintèn, warujunipun satriya ing Sawojajar, akêkasih Radèn Sadewa, ya Radèn Tangsèn. Mila sinêbut Nata Pandhawa, nata ratu, Pandhawa gangsal, pranyata kadang gangsal sami priya, saksat madêg ratu sowang-sowang, lan Nata Pandhawa beda-beda lêlabuhane. Pambêkane

--- 2 : 548 ---

Sri Puntadewa, jalma sapraja padha suka bungaha, sinandhang lara prihatine. Pambêkane Radèn Bratasena, sapa bêcik binêcikan, sapa ala dèn alani, najan bau kering bau kanan, yèn ala binuwang. Pambêkane satriya Madukara, anyamirana, amaratani. Pambêkane Radèn Nakula, bêcik ing têmbe, ala ing têmbe. Pambêkane Radèn Sadewa, ala-alane dhewe, bêcik-bêcike dhewe. Mangkana pangudasmaraning driya Prabu Gunatalikrama. Si adhi Pawênang apa ora mikir susah, lungane kadange wis lawas durung têka dene ora diupaya. Gêndhing kaunggahakên, sawatawis dangunipun kasuwuk, dipun suluki sastradatan.

Sêkar Madurêtna lampah 12. Narpati Darmaputra myang Dananjaya | matur ring raka Narendra Harimurti | saha waspa ing madya wasananira | katur sadaya mring sang rèh madurêtna ||

Prabu Darmaputra ngandika.

Adhi Bratasena, wis pira lawase lungane adhimu Si Pamadi.

Wangsulanipun Bratasena.

Iya kakangku pambarêp, lungane adhimu Si Pamadi wis ana sacandra iki.

Pangandikanipun sang prabu.

Yèn mêngkono wis lawas, Bratasena lungane adhimu Si Pamadi, ya geneya ora koupaya, iku pamikiring liyan, aku utawa kowe disêngguh bungah, sadulure sirna ora karuwan parane.

Bratasena mangsuli.

Olèhku ora tumuli ngupaya iku pambarêp kakangku, wong wis ora [o...]

--- 2 : 549 ---

[...ra] sapisan kaping pindho adhimu iku lunga tanpa pêpoyan, têkane samasa-masa. Karêpku tak srantèkake yèn wis tita ora têka pêndhak dina iki aku dhewe ingkang bakal ngupaya Si Pamadi.

Pangandikanipun sang prabu.

Iya bênêr Bratasena, adhimu iku wis adate lunga tanpa tutur, têka sawayah-wayahe, nanging lungane iki wis antara, aku isih eling jangjining dewa, Pandhawa upama êndhog sapatarangan, pêcah siji ingkang papat barênga rêmuk, wis manawa kowe ora kaduga ngupaya, klumpuka kayu bae tak bela lumêbu tumangan, sirnane adhimu ing Madukara.

Sinigêg dipun caritakakên.

Wau ta Prabu Puntadewa, lagya imbal wacana kalih Radèn Bratasena, kasaru dhatêngipun Lurah Sêmar Nala Garèng Petruk, atawan-tawan tangis, dumrojog manjing kadhaton, găngsa mungêl plajêngan manyura, Sêmar prapta lajêng ngrungkêbi padanipun Sri Darmawăngsa lara karuna, Nala Garèng Petruk tumut nangis, sarêng sampun tata lungguh. Găngsa kasuwuk, dipun suluki sastradatan.

Sêkar Madurêtna lampah 12. Narpati Darmaputra myang Dananjaya | matur ring raka Narendra Harimurti | saha waspa ing madya wasananira | katur sadaya mring sang rèh madurêtna ||

Sang prabu andangu.

Kakang Badranaya, momongamu êndi, ya geneya kowe têka tawan-tawan tangis, mara ta tutura, kakang aja pijêr nangis bae.

Tangisipun Sêmar.

--- 2 : 550 ---

Ae bapa bandaraku, adhuh lêlancurku, sapa sing tak kêmpul cilik, lae sapa sing tak mong, sapa sing tak curiga wrêksa, sapa sing tak ngèngèri, adhuh manuk pinilih swarane, sapa sing tak tutake, lae pangrêmbang pari, kali sirah gajah mungkur, jalma tuhu ing wacana, kaniaya têmên wong Ngasinan lae bapa bandaraku.

Nala Garèng tumut nangis.

Dara dara uwa uwa, êk êk rama priye dara kae polahe.

Petruk nangis.

Biyung rama biyung tulung tulung, biyung sapa sing angsung pohung biyung.

Radèn Bratasena ngandika.

Sêmar tutura aja pijêr nangis, bandaramu Si Pamadi êndi, dene ora koiringake, têka wong têlu banjur gêmbor barêng, ta padha mênênga, têkan Nala Garèng Si Petruk iku kaya gêrangane, padha gêmbèng kaya wong wadon, jêmak mênêng salah siji tutur sing gênah, yèn ora mênêng ana wong tak cêmplungake ing kandhang macan.

Nala Garèng ngucap ing Sêmar.

Bok wis mênêng kakèkne kuwe, aja marah-marahi nangis, didukani dara Sadara, karo wong nangis bae bisa nyambi parikan, o ambakna wong wis tuwa ora nana sing diwêdèni.

Petruk nyambungi.

Kyai bok ya wis cêp mênêng, aja pijêr bêngak-bêngok, mêngko diparakake mênyang kidul patalon, cara radèn plak-pluk, yèn wis duka kowe [ko...]

--- 2 : 551 ---

[...we] manèh yèn ora diukuma têmênan, o durung wêruh rasane bae kowe, aku iki sing wis katanggor kapokku sêprene, ming dithothok bae olèhku mumêt nganti slapan dina, iba dibithia, layak kalêngêr tuwa.

Sêmar matur.

Kauningana rayi dika tiwas dicêkêl wong Ngasinan tanpa dosa, lajêng diwiyungyung Kurawa kathah, kadospundi lae bandaraku.

Sang prabu andangu ing Sêmar.

Kakang Nayataka tuturmu Si Parta dicêkêl wong Ngastina iku, purwane priye, mara tutura kawitana ditêka ing pungkasane pisan Sêmar.

Aturipun Lurah Sêmar.

I makatên waunipun rayimu, niku lèrèn ontên sêndhang pinggir alas, mirêng tiyang sambat-sambat nêdha tulung, botên dangu nuntên katingal, nika raka dika Dèwi Drusilawati bêngak-bêngok digawa gajah putih, lajêng ditututi kalih rayi dika, putri dipun rêbut gajahe dipanah barat ical, putri niku kăndha nèk dicolong gajah, lajêng ditêrake mantuk, ontên dalan kêpêthuk kalih Dipati Wăngga, tuwin patih sêkutil, putrine ditunggangake jêmpana, rayimu dibyuk Kurawa nutut mawon, turene dianggêp ngiwat konangan, dikandhani yèn candhang botên gugu, lae pripun sêdulur dika digawa têng Ngasinan.

Dipun suluki gêrgêt saut manyura.

Sêkar Sardulawikridita lampah 19. Tatkala narpa ceda mati nguni wèh sang sastra darma parêng | kantèki raina masangsaya mawas hyang surya [sur...]

--- 2 : 552 ---

[...ya] lumrèng rana | makansêh nira Sang Wiratha narpa lèn Păncawala dulur | Nirbita mangka pangruhun putunira wiratriya nindita ||

Dipun caritakakên.

Lah ing kana ta wau, Prabu Puntadewa sarêng miyarsa aturing Lurah Sêmar dahat ngungun ing wardaya, sapandurat datan angandika. Namung Radèn Bratasena langkung runtiking wardaya, rinasa ingkang rayi kenging pirantining Kurawa, têmahan gêrêng-gêrêng kadya singha antuk bayangan, wasana andangu ing Sêmar.

Sêmar Si Drusilawati apa ora tutur, yèn ditulungi Si Janaka gone digawa gajah.

Aturipun Sêmar.

O gih tutur, wong malah ditakoni kawit-kawitane, kabèh gih dikandhakake, mêngkotên ika, maksa botên ngandêl, turene wis lumrah durjana aling-alinge mungkir.

Ratu Ngamarta ngandika.

Adhi Bratasena priye karêpmu, lakune adhimu iku saksat gêntèni nyêkêl buntut macan.

Wangsulanipun.

Bênêr kakangku pambarêp, Si Janaka iku cêcandhang tanpa yêktining durjana, yèn ingkang dicandhangi iku bugêl, barêng anyandhangi manusa wis tutur mêksa ditampik, yèn karêpku adhimu tak jujul, karêpe kakang Jayapitana bae priye, yèn adhimu diukum Si Drusilawati, tak jaluk aku ingkang ngukum, manawa pancèn wis padha dhêmêne jaka karo prawan jaba didhaupake, [didhau...]

--- 2 : 553 ---

[...pake,] nanging pangrunguku Si Drusilawati arêp dijodhokake karo Si Jayadrata.

Dhawuhipun Prabu Yudhisthira.

Iya Bratasena wis bênêr karêpmu, tumuli mangkata, si kakang Sêmar saanake gawanên.

Aturipun.

Iya pambarêp kakangku karia tak mangkat nusul adhimu, ayo Sêmar Nala Garèng milua nusul bandaramu marang Ngastina. Găngsa mungêl plajêngan manyura, Bratasena sasampunipun pamit, Prabu Darmaputra tininggilakên ing sirah rambah ping tiga, nulya mangkat. Sêmar Nala Garèng Petruk sami ngiring, Ratu Ngamarta ngadhaton. Radèn Bratasena prapta jawi tuwin rêpat punakawan, găngsa kasuwuk, dipun suluki gêrgêt saut manyura, kajêng kapêtha lampahing maruta.

Sêkar Kusumawicitra lampah 12. Buta pandhawa tata gati wisaya | indri yaksa sara maruta pawana | bana marga samirana lan warayang | pănca bayu wisikan gulingan lima ||

Dipun caritakakên.

Lah ing kana ta wau Radèn Bratasena sampun mêdal saking kadhaton, dumugi ing pagêlaran, nalika arsa lumampah satriya ing Munggulpawênang mêdal prabawa maruta, Bratasena yèn lumampah ambênêr nora nganggo menggok, sampun angrasuk busana, rema dèn ore, kinancing grudha mungkur cinandhi rêngga, karêpe satriya ing Munggulpawênang tan samar dewa lan manusane, [manu...]

--- 2 : 554 ---

[...sane,] pupuk mas ciri ing bathuk, kinarya pangèngêt-èngêt cahya kang katon jro garbaning Hyang Dewa Ruci, anting sotya sumping jaroting asêm kancana kinara wistha, karêpe satriya ing Munggulpawênang, budine ngrawit pindha jaroting asêm, pintêr api balilu, tinumpangan sêkar pudhak putih karêpe yèn wangi jaba ya wangi jêrone, kêlatbau pindha manggis ginubah têkan kandhagane, karêpe satriya ing Pawênang praptaning wêkasan sampurna aja na kari, binggêl căndra kirana căndra wulan, kirana tulis, karêpe satriya ing Munggulpawênang, kawruhe tanpa papan tulis padhang datan kasamaran, kalung nagabănda, naga sarpa raja, bănda têtalining sarira, Radèn Bratasena yèn mangun prang karosane nimbangi kruraning naga, lan botên purun lumajêng, ora watak kalah, kalahe mati, cawêd polèng bintulu lima, kinarya pangèngêt-èngêt misah nêpsuning gangsal. Paningsêt cindhe binara ngrawit, numpang wêntis kering kanan, satriya ing Munggulpawênang datan kewran kiwa panêngêne kinawruhan, porong kancana numpang pupu, karêpe satriya ing Pawênang, kamot sajêmbaring jagade, kroncong sarpa raja mulêt pada, kinarya pangèngêt-èngêt sagêde panggih Hyang Dewa Ruci, sapêjahing naga ingkang mulêt angga, kuku păncanaka sêlancur sisih, Radèn Bratasena dadya pikukuhing kadang gangsal, sarta ngungkabi ing kabisan, mangkana sangsaya agêng wêdaling bayu bajra sindhung aliwawar, amatak aji wungkal bênêr tuwin bandung băndawasa, lan aji jaya sangara, Bratasena yèn lumaku dèn iring barat kumpul bayu gangsal, bayu ingkang abang ingkang darbèni wil Jajahwrêka, lima nunggal bayu, dene bayu ingkang ijo ingkang darbèni Bagawan Maena, kalima nunggal [nungga...]

--- 2 : 555 ---

[...l] bayu, bayu ingkang irêng ingkang darbèni liman Satubănda, lima nunggal bayu, bayu ingkang kuning ingkang darbèni satriya ing Munggulpawênang, lima nunggal bayu, bayu ingkang putih ingkang darbèni Bagawan Kapiwara, lima nunggal bayu, ngumpul sakèhe bayu, gumludhug asru swaraning prahara, narajang kayu ingkang jêro pancêre pokah, ingkang cèthèk pancêre sol, ambênêr anut sêjaning satriya ing Munggulpawênang, mangkana rêpat punakawan sami gendholan. Sigra lumumpat Radèn Bratasena, sapandêlêng gajah kêbat kadi kilat, kêsit pindha thathit.

Găngsa mungêl plajêngan manyura, Bratasena kalampahakên lumumpat, sawatawis lampahan kajêng katancêpakên têngah, găngsa dipun suwuk, dipun suluki pathêt manyura.

Sêkar Sulanjari lampah 20. Tandya bala Pandhawambyuk gumulung mangusir ring sata Kurawa | kambah kosik sru katitih mirut kerut larut katut para ratu | sigra praptanira | Aswatama têtanya lah pagene ta iki ya padha lumayu ||

Dipun caritakakên.

Lah ing kana ta wau, sampun lêpas lampahe Radèn Bratasena, pindha naga krura, kapungkur praja ing Ngamarta. Sinigêg gênti kocapa salêbêting kadhaton Ngastina, kathah pawongan wanita tawan.

Mungêl gêndhing Kaboyong, ngadêg Prabu Dhêstharata, Rêtna Anggandari, Rêtna Drusilawati, parêkan pêpak angayap, sasampunipun tata lênggah gêndhing kajantur. Dipun caritakakên.

--- 2 : 556 ---

Anênggih ing pundi ingkang gênti kocapa salêbêting kadhaton Ngastina, ing karadenayon, sintên ingkang lagya lênggah ing dalêm kradenayon, Prabu Dhêstharata ajajar pinarak kalih ingkang garwa Dèwi Anggandari, ingkang cakêt ing ngarsa, Rêtna Drusilawati, sarêng kapanggih ingkang putra Prabu Dhêstharata, pindha manggih rêtna sawukir, para parêkan pêpak umarêk ing gusti, sadaya sami urun suka, mangkana pangudasmaraning driya Prabu Dhêstharata i ya jagad dewa bathara, anakku gèr anakku, Drusilawati katujune bisa katêmu. Gêndhing dipun unggahakên, sawatawis dipun suwuk, dipun suluki sastradatan.

Sêkar Bramarawilasita lampah 11. Ramya wwang padha tustha anggarjita | têkapira nirmala mangayun ring | trus unggyaning sang sri supadniwara | tarlèn sanggya dwi lêmbana mangagnya ||

Sang prabu ngandika ing garwa.

Bok ratu êndi anakmu mau.

Aturipun.

Lah punika sinuhun putra paduka, botên kesah-kesah.

Pangandikanipun.

Sokur aku durung marêm kangênku ing kowe rara, karo tutugna aturmu mau, kawit kowe bisa mulih. Aturipun Rêtna Drusilawati.

Kula nuwun, kangjêng rama sarêng kula dipun bêkta ing liman, ing sabên wontên wana ingkang wontên wowohanipun, liman punika mêndhêt, dipun adhêpakên ing kula, sarêng antawis lami mubêng ing wana agêng, pinuju dumugi wana trataban, kula pirsa putra sampeyan pun Pamadi, lênggah ngandhap mandera, dipun adhêp [a...]

--- 2 : 557 ---

[...dhêp] punakawanipun, punika lajêng kula jêrit nêdha tulung, lajêng pun Pamadi mêsat jumantara, kula wontên gigiring liman dipun rêbat, nuntên dipun bêkta dhatêng ngandhap mandera, karêksa ing pun wa Sêmar saanakipun, punika kula rumaos gêsang rama.

Sang prabu angandika malih.

Lah iku bêburon apa, dene duwe karêp adhustha manusa, o katujune Anggandari ana pitulunging dewa, dumadakan anakmu Madukara ingkang wêruh, yèn ta aja anaa Si Pamadi, baya tiwas anakmu si rara, lah gajahe banjure priye.

Aturiwun.[8]

Sarêng kula karêbat ing pun Pamadi, liman mêta nguwuh-uwuh, kula katêdha wangsul, kalih bêdholi kêkajêngan dipun sawatakên, putra sampeyan ing Madukara anyipta sanjata bajra, liman kabuncang kilap dhawahipun, kula lajêng mantuk kapêthuk punggawa ing Banakêling, kula dipun têdha, kalampahan băndayuda, prajurit Banakêling sami kasor. Kula anglajêngakên lumampah, sawatawis onjotan kapanggih kakang Adipati Karna, pun paman kapatihan, tuwin pun kakang Kurawa sampun bêkta jêmpana, kula tumuntên numpak jêmpana, mangkat rumiyin, pun Pamadi kantun sarêng kalih kakang Adipati Ngawăngga.

Sang prabu ngandika winor gumujêng.

Êhêng hêng eling-eling trah Saptarêngga, Pamadi anakku wong bagus wong sigit bisa mitulungi kadange, lah saiki êndi anakku Si Pamadi, têka durung ana seba mrene.

--- 2 : 558 ---

Dipun caritakakên.

Wau ta eca imbal wacana Prabu Dhêstharata, miyarsa aturing putra Rêtna Drusilawati, kalangkung sukaning driya. Sinigêg gênti kocapa, êmban Wewegidrah sampun dangu, kaya jangkung miling-miling, ngungkuli ing kadhaton Ngastina, sampun tatas pamiyarsane yèn Rêtna Drusilawati imbalan pangandika, mangkana sêja sinêndhal mayang, inggal niyup mangandhap, dipun suluki gêrgêt saut manyura.

Sêkar Rini lampah 17. Punggawa prayitna pudhêndha mangaran amamrih lawan | Sri Dasawadana anuduh punggawa wira dumraksa | mangrusak ing gêlar ardacandranira Patih Suwănda | gadgada umangsah wahana dwipangga mangundha dhandha ||

Wewegidrah ngucap lajêng bêkta Rêtna Drusilawati, kadhaton gègèr kadya gabah dèn intêri, Dèwi Anggandari jêrit gulungan, Prabu Dhêstharata grayahan têbah-têbah jaja, para parêkan sami karuna.

Hèh aja kari kelangan, Rêtna Drusi takgawa, yèn ora lila marang kadang wargamu, susulên prajaku ing Timbultaunan, ora sumêja aku inêp sakèthèng. Găngsa mungêl plajêngan manyura, sarêng sampun Rêtna Drusilawati kabêkta mumbul ing jumantara. Găngsa dipun suwuk tanpa suluk.

Prabu Dhêstharata ngandika.

Priye Anggandari anakmu mau mênyang ngêndi, Drusilawati anakku gèr, dene lagi katêmu iki, disêndhal mayang ing duratmaka, sapa ingkang kaniaya mau Gandari, kowe sing wêruh mau priye, baya sida sirna anakku.

--- 2 : 559 ---

Aturipun Dèwi Anggandari.

Sinuhun kula punika wau kados kamitêngêngên, dene wontên yêksi tumurun saking gêgana, kadospundi sinuhun putra sampeyan, anakku gèr Drusilawati anakku, katuwone dene lagi katêmu, mêngko didhustha ing buta wadon, mara bocah wadon, ngaturana uninga ing gustimu kaki prabu.

Aturipun.

Kawula nuwun inggih sandika. Găngsa mungêl kêrêpan manyura, parêkan kalampahakên mêdal. Găngsa kasirêp dados ayak-ayakan.

Ngadêg Prabu Kurupati, Arya Sangkuni, Radèn Jayadrata, parêkan kalih, găngsa kajantur, dipun caritakakên.

Anênggih ing pundi ingkang gênti kocapa, ing kadhaton nagari Ngastina, Prabu Kurupati ingkang lagya pinarak ing pandhapa, animbali Rêkyana Patih Arya Sangkuni, anggalih badhe dhaupipun Rêtna Drusilawati, dèrèng pantara dangu dhatêngipun Radèn Jayadrata lajêng umarêk ing ngarsa nata, lênggah tumungkul amarikêlu, kaya konjêma ing pratala wadanane, mangkana pangudasmaraning driya Prabu Jayapitana, lah iki kabênêran adhiku ing Banakêling têka, dene pinuju arêp tak inggalake bisaa tumuli têka ing Ngastina. Găngsa mantun kajantur, sawatawis lajêng kasuwuk, dipun suluki sastradatan.

Sêkar Rini lampah 17. Lêngêng gati nikang awan saba-saba nikèng Ngastina | samantara têkèng Têgalkuru Nararya Krêsna laku | sirèng Parasu [Para...]

--- 2 : 560 ---

[...su] Rama Kanwa Janaka durur Naradha | kapanggihi ri kang têgal milu ing karya sang bupati ||

Sang prabu nêmbrama ing Jayadrata.

Yayi bagya satêka pakênira ana ing nagara Ngastina, pakênira paran padha raharja.

Aturipun.

Kawula nuwun nuwun, sih panêmbramanipun Kangjêng Sinuhun ingkang adhawuh, sadèrèng sasampunipun dahat kalinggamurda, kawula cadhong ing asta kalih, kacancang ing rema kapêtêk ing mastaka, lumèbèra ing pranaja, rat daging kayuwanan, kapundhi kados jimat paripih, amêwahana têguh yuwana, saking pangèstunipun ingkang sinuhun, raharja ing lampah kawula.

Arya Sangkuni nêmbrama.

Anak mas kasêgan panakrama, satêkane ing ngarsane kangjêng sinuhun.

Aturipun Jayadrata.

Kula nuwun, panêmbramanipun paman ing kapatihan, sadèrèng sasampunipun dahat alinggamurda,[9] katampèn asta kalih, kapêtêk ing pranaja, tumanêma kulunging tyas, angêrahana satètès, andagingana satampèl.

Prabu Kurupati ngandika.

Lagi bae Jayadrata ênggon manira rêrasan karo Paman Arya Sangkuni, dene lawas jênêng para boya seba ing manira, ing mêngko kabênêran pakênira seba, rèhning sirnane Si Drusilawati saiki wis katêmu, pakênira banjura [ba...]

--- 2 : 561 ---

[...njura] anampani, ubaya manira, yèn wis lastari gon manira krama, pakênira manira dhaupakên lan kadang manira Si Drusilawati.

Atur wangsulanipun.

Kawula nuwun, inggih dhatêng sandika, kawula anglampahi punapa karsanipun kangjêng sinuhun, namung panuwun kawula mugi paduka paringa uninga ing kangjêng rama, punapa tamtunipun ing karsa sang prabu.

Sinigêg dipun suluki sastradatan manyura agêng.

Sêkar Bramara Wilasita lampah 11. Ramya wwang padha tustha anggarjita | têkapira nirmala mangayun ring | trus unggyaning sang sri supadniwara | tarlèn sanggya dwi lêmbana mangagnya ||

Dipun caritakakên.

Lah ing kana ta wau, Prabu Kurupati lagya imbal wacana kalih Radèn Jayadrata, kasaru dhatênge Radèn Bratasena, prabawa prahara sindhung aliwawar, gumludhug swaraning maruta, otrê sapraja Ngastina, kathah kêkajêngan kaparapal, wisma kang cêlak marga sami kabuncang, gègèring jalma bingung tan karuwan kang dèn ungsi.

Găngsa mungêl kêrêpan manyura, Bratasena prapta ngarsa nata jajar pinarak, Sangkuni katisên, Jayadrata ngalih mungging wurining nata, Sangkuni nèng wurining Sena, Sêmar Nala Garèng Petruk sami ngadhêp wurining Sangkuni. Sasampunipun tata lênggah, găngsa kasuwuk dipun suluki gêrgêt saut manyura.

Sêkar Mêdhangmiring lampah 23. Atari pêjah ningkang prawara Somadênta tanaya têkap sinisuta | mangkin aparêk Jayadrata têkap Arjuna [Arju...]

--- 2 : 562 ---

[...na] Warkodhara nora kamu | mangka muka sang dwijendra Karna Karpa Salya kuruku tarlèn girikola ||

Prabu Kurupati nêmbrama.

Bratasena bageya satêkamu ing Ngastina, si adhi padha raharja.

Wangsulanipun.

Iya kakang Jayapitana, kowe bagèkake ing aku, sadurung sauwise tak trima, kowe padha bêcik kakang Jayapitana.

Wangsulanipun.

Iya Bratasena padha raharja, têkamu apa si adhi kinongkon ing yayi Prabu Ngamarta, apa gawemu dhewe.

Wuwusing Bratasena.

Têkaku ing ngarêpmu kakang Jayapitana, arêp janahake Si Pamadi, tuture Si Sêmar jare Si Janaka têtulung ilange Si Drusilawati digawa gajah putih, banjur Si Drusilawati diiringake, karêpe mulih mênyang Ngastina ana dalan katêmu kakang Karna karo Si Sangkuni, Si Pamadi iku dianggêp ngiwat banjur diwiyuyung, yèn dhasar Si Pamadi kok ukum, Si Drusilawati tak jaluk aku ingkang ngukum, yèn pancèn têmên alane digawe apa, Yèn aku najan andhêng-andhêng ora prênah gone tak cukil, dupèh sadulurku oraa yèn dhasar luput, patènana aku lila.

Arya Sangkuni kesah awad sêni.

O kok arêp nguyuh aku, wêtêngku pating slêmêt bae iki geneya.

Petruk ngucap dhatêng Sangkuni.

--- 2 : 563 ---

Êng mulane ampun sok mangan rujak kyai, lah niku mundhak mulês, bok gih sing kêrêp jamu, wis adat têmên kyaine kuwe yèn arêp kabêntus prakara kêna têmên didadak mulêse, nganti pringas-pringis, iyak wêtênge dipijêti kalo Ki Garèng.

Nala Garèng sumaur.

Iyah Truk kae rak lara wêtênge patagihan madat, nèk ora saking gêruse atine, dadi isèn-isèn wêtêng nusung, wong dara lagi rawuh bae wis wel-welan, cathukên nganti nrêthêg, kaya kêprak wirèng srisig.

Prabu Kurupati mangsuli.

Iya Bratasena, bênêr panêmune kakang Adipati Ngawăngga, utawa paman Arya Sangkuni, adhimu diarani ngiwat, nanging ora sêja tak ukum, mung supaya kapoke, aja nganti ing buri nglakoni kaluputan manèh, karo kaya wong ngêndi, Bratasena, ngantia kêdawa-dawa nalar mêngkono bae, karo aku isih angèlingi jangji lawas, yèn ta aku jaluka ukume Si Janaka, lah rak tak kirimake marang Ngamarta, supaya tiniban ukum apa saprakarane.

Wangsulanipun.

Iya layak kakang Jayapitana, kowe mulang muruka Si Janaka wis wajibe, nanging Si Drusilawati yèn ora milu kokapokake kowe iku kăndha dhewe yèn budimu ambaukapine, ujare wong kacêlik, sakiki ana ngêndi Si Janaka, adhimu Si Drusilawati kosèlèh ngêndi.

--- 2 : 564 ---

Dipun caritakakên.

Wau ta Prabu Kurupati dipun pêngkokakên dening Radèn Bratasena, nglênggêr dèrèng mangsuli, kasaru gêdêring kadhaton pating blêbêr mawongan lumajêng mêdal alara karuna. Găngsa mungêl kêrêpan Manyura, sarêng parêkan sampun prapta ngarsaning nata, găngsa kasuwuk tanpa suluk.

Parêkan lara karuna.

Anggèr gusti kula, radèn ayu kula botên sagêd kantun, e lae bandaraku, durung tutug têmên dewa gone nitah, dene lagi bae bandaraku katêmu, saiki ilang digondhol buta wadon.

Sri Kurupati andangu, êmban mênênga, aja pijêr lara-lara anangis, tutura ana apa sajroning kadhaton.

Êmban matur ing nata.

Kawula nuwun, gusti kawula kautus ing kangjêng ratu ibu, aparing uninga ing paduka, gusti kawula Rêtna Drusilawati tiwas kabêkta ing duratmaka warni yêksi, lajêng dêdêl mumbul ing jumantara, sêsumbaripun makatên:

Hèh aja kari kelangan, Rêtna Drusilawati tak gawa, yèn kadang wêrgane ora rila mara tututana, prajaku ing Timbultaunan. Adhuh kadospundi sinuhun rayi paduka yèn botên kasusula tamtu tiwas.

Sinigêg dipun suluki tlutur barangmiring.

Sêkar Rini lampah 17. Lêlawa gumandhul ring pang kêbêt-kêbêt lir milu susah | yèn bisaa muwus pagene Pandhawa tan ana tumut [tumu...]

--- 2 : 565 ---

[...t] | ri pati aminta prajanta sapalih sêkaring tanjung | ruru ambalasah lêsah kadi susah ngêsah kapisah ||

Dipun caritakakên.

Wau ta Prabu Kurupati miyarsa aturing pawongan dahat ngungun ing wardaya, dene Rêtna Drusilawati sirna sinêndhal mayang ing yêksi, mangkana pangudasmaraning wardaya.

Adhiku dhi adhiku, Rara Drusilawati durung tutug têmên lêlakone, dene lagi katêmu bae, iki sirna manèh.

Sang prabu ngandika ing parêkan.

Mara bocah wadon, timbalana bandaramu Si Pamadi, ingkang ana ing patamanan.

Aturipun.

Kawula nuwun inggih dhatêng sêndika. Parêkan sampun nimbali satriya Madukara, kerid mangarsa, dipun suluki sastradatan.

Sêkar Bramarawilasita lampah 11. Jahning yahning têlaga kadi langit | kêmbang tapas wulan upamaneka | wintang tulya kusuma ywa sumawur | lumranging kang sari kadi jalada ||

Sang prabu ngandika ing Parta.

Pamadi katiwasan, bakayumu Si Drusilawati, didhustha ing buta wadon, banjur mumbul ing jumantara, sêsumbare sanak sadulure yèn mrina kon nusul, nagarane Timbultaunan. Priye Pamadi yèn ora kowe sing mrinani.

--- 2 : 566 ---

Aturipun Arjuna.

Inggih kakang prabu kula sagah dèrèng kantênan, sèlak kula botên, têmên kula wontên ing wana mêjahi yêksa ing Timbultaunan, bokmanawi punika panunggilanipun, namung yèn kula kang kadhawuhan ngupadosi nyuwun kanthi badhe pangantèn kemawon, tumuta ing salampah kula, ngupadosi kakang bok.

Sang prabu angandika.

Iya Janaka apa ing sakarêpmu, adhi Jayadrata milua lakune Si Pamadi ngupaya sirnane Si Drusilawati, anuta salaku jantrane si adhi ing Madukara.

Aturipun Radèn Jayadrata.

Kawula nuwun inggih dhatêng sandika, kawula dhèrèk ing rayi paduka radèn ing Madukara, mugi angsala idi pangèstunipun kangjêng sinuhun.

Arjuna pamit.

Kakang prabu kantuna pinarak nira jêng manggiha suka ing sawingking kula.

Wangsulanipun.

Iya Janaka, aku jumurung basuki ing lakumu, tak rewangi nanêdha ing dewa.

Parta matur ing Bratasena.

Kakang mas ing Pawênang kantulê[10] pinarak, kula nyuwun pangèstu sampeyan.

Wangsulanipun.

Iya wis mangkata, Sêmar Nala Garèng Petruk padha ngiringa bandaramu, golèki Si Drusilawati.

--- 2 : 567 ---

Găngsa mungêl ayak-ayakan manyura, Parta Jayadrata mangkat kalih punakawan sami kalampahakên, sawatawis lampahan kajêng katancêpakên têngah. Găngsa kasuwuk, dipun suluki pathêt manyura.

Sêkar Rini lampah 17. Lêngêng gati nikang awan saba saha nikèng Ngastina | samantara têkèng Têgalkuru Nararya Krêsna laku | sirèng Parasu Rama Kanwa Janaka durur Naradha | kapanggihi ri kang têgal milu ing karya sang bupati ||

Dipun caritakakên.

Lah ing kana ta wau, sampun lêpas lampahe satriya ing Madukara kalih Radèn Jayadrata, samawana rêpat punakawan tiga, sêja ngupaya Rêtna Drusilawati.

Sinigêg gênti cinarita ing praja Timbultaunan, kathah punggawa kaerang-erang.

Ngadêg nata yêksa, punggawa kang ngadhêp Ditya Anipraba, Ditya Maudara, găngsa dipun jantur, dipun caritakakên.

Anênggih nagari pundi ingkang gênti kocapa, ing Timbultaunan, Sri Kaladiyu ingkang lagya pinarak ing pandhapa, ingkang cakêt punggawa pangarsa, Ditya Anipraba kalih Ditya Maudara, saangkatipun êmban Wewegidrah, Prabu Kaladiyu anggung gêgabah wadya prajurit, mangkana pangudasmaraning driya Sri Kaladiyu.

Dene nganti lawas lakune si biyung ora nana têka, apa baya durung olèh gawe. Găngsa mantun kajantur, êmban Wewegidrah prapta ngarsa nata, sasampunipun tata, găngsa kasuwuk, dipun suluki sastradatan.

--- 2 : 568 ---

Sêkar Basănta lampah 14. Jumangkah anggro sêsumbar lindhu bumi gonjing | gumaludhug guntur kêtuk umob kang jaladri | lumembak pênyu kumambang gumuruh walikan | tuhu yèn Wisnu Bathara pantês nglêbur bumi ||

Prabu Kaladiyu ngandika.

Biyung padha raharja lakumu, dene nganti lawas, apa olèh gawe apa ora, arêp tumuli tak jujul lakumu marang Ngastina.

Aturipun.

Kawula nuwun, saking pangistunipun gusti kawula ingkang sinuhun, lampah kawula manggih raharja, dene lampah kawula angsal damêl, punika Rêtna Drusilawati sampun kawula bêkta wontên ing cupu manik astagina.

Prabu Kaladiyu ngucap.

Mara biyung wêtokna putri Ngastina, kaya apa rupane dene dadi ojat. Rêtna Drusilawati mêdal saking cupu, lajêng manjing kadhaton, dipun suluki sastradatan. Kasarêngan lampahipun Radèn Pamadi, Radèn Jayadrata, tuwin rêpat punakawan sami matak aji limunan, yêksa sami datan wuninga.

Sêkar Bramarawilasita lampah 11. Ramya wwang padha tustha anggarjita | têkapira nirmala mangayun ring | trus unggyaning sang sri supadniwara | tarlèn sanggya dwi lêmbana mangagnya ||

Prabu Kaladiyu ngandika.

Biyung nyata ayu, ambune kaya prayangan, wis dadi kaulku kowe yèn [yè...]

--- 2 : 569 ---

[...n] olèh gawe, dadia ganjaramu kabèh bocah ing Timbultaunan, karèha ing kowe, lungguhmu tak undhaki limang atus karya.

Aturipun nyai mban.

Kawula nuwun, inggih gusti kalangkung panuwun kawula, kapatêdhan ganjaran wêwah lênggah.

Sang prabu ngandika.

Mau aku mambu wangi, sawise banjur mambu gănda ora enak, apa kowe mambu biyung utawa apa kowe ngêntut.

Aturipun.

O botên gusti, nanging gandanipun inggih saèstu santun, ingkang wau amrik anglangkungi, sapunika mambêt gănda botên eca, amăncawarni.

Sang prabu adhawuh.

Wis biyung mênênga, baya iki sêmbulihe, mêntas ana sambang wangi, banjur ana sambang sênggung, sambang-sambang wêruh aku, aku ora wêruh sambang, biyung padha bujanaa karo kancamu bupati, tak padhakke gustimu Si Drusilawati.

Găngsa mungêl ayak-ayakan, Prabu Kaladiyu manjing kadhaton. Ngadêg Rêtna Drusilawati sampun panggih Sang Parta, lajêng ngrangkul kalih karuna, Jayadrata lênggah wurining sang rêtna. Găngsa kasuwuk dipun suluki pathêt manyura.

Sêkar Rini lampah 17. Mulat mara Sang Partasmu kamanusan kasrêpan ring ti- | ngkahning mungsuh niran padha kadang taya wwang wanèha | ana wwang anaking yayah myang ibu lèn umanggêh paman | mangkadi Narpa Salya Karpa Bisma sang dwijanggêh guru ||

--- 2 : 570 ---

Rêtna Drusilawati ngucap awor karuna.

Adhiku dhi adhiku, Pamadi ora nyana aku yèn bisa katêmu kowe, dene kowe wêruh ing kene, Janaka sapa sing nuduhake.

Parta umatur.

Ingkang dikakakên nusul kakang Prabu Ngastina, dene sumêrêp kula yèn kakang bok dipun bêkta dhatêng Timbultaunan, kangjêng uwa Anggandari ingkang paring pirsa, ing mangke karsa sampeyan kadospundi, upami kula bêkta mantuk, yèn sampun dumugi Ngastina, sampeyan lajêng dipun dhaupakên kalih pun Jayadrata.

Rêtna Drusilawati ngandika.

Pamadi aja sing didhaupake karo satriya Banakêling bok didhaupna karo cebol pêlikan, jangji ora dirabi ing buta.

Radèn Jayadrata lajêng kesah kalih ngucap: enak rasane. Rêtna Drusilawati nolih tanya. I tobil dadi iku mau wonge ana kono, lah kae arêp mênyang ngêndi. Arjuna matur. Inggih kula kanthi punika wau, kajêngipun manggihi ingkang darbe nagari, măngga kula aturi manjing supe kula ngriki. Rêtna Drusilawati lajêng manjing, dipun suluki gêrgêt saut manyura.

Sêkar Sardulawikridita lampah 19. Tatkala narpa ceda mati nguni wèh sang sastra darma parêng | kantèki raina masangsaya mawas hyang surya lumrèng rana | makansêh nira Sang Wiratha narpa lèn Păncawala adulur | Nirbita mangka pangruhun putunira wiratriya nindita ||

Prabu Kaladiyu nguwuh-uwuh.

--- 2 : 571 ---

Adhiku Drusilawati, papagên banyu bokor aku nimas.

Petruk sumaur.

Kula aturi lajêng mriki kakang prabu, kula ajêng-ajêng sampeyan.

Prabu Kaladiyu têtanya.

Kowe ana ngêndi ni mas, dene ora ana sajroning kadhaton, dêrma bae kakangmu jumênêng nata kowe ingkang nguwasani kêkabèh sanagara Timbultaunan.

Sauripun Petruk.

Kakang mas kula aturi pinarak ing ngandhap gêdhogan ngriki, sami pados jamur grigit. Raja yêksa kapanggih Jayadrata, dipun suluki gêrgêt saut manyura.

Sêkar Rini lampah 17. Yaksa gora rupa ri sêdhêng Sang Kumbakarna lêlaku | kan malwa lènging kang gambira wangarah angisis siyung | umijil prabawa lesus aprakêmpa gora walikan | ditya durbalarsa mrih curnaning lawan wiratri rodra ||

Sri Kaladiyu ngucap.

Iki wong apa ana sajroning kadhaton, apa gawemu.

Sauripun.

Aku utusane Sinuhun Ngastina, dikakake mriksa jêmbaring dhadhamu, sêpira dêdêgmu.

Prabu Kaladiyu ngucap.

I bojlèng bojlèng bêlis lanat ajêjegan, jabèhèl jabèhèl [jabèhè...]

--- 2 : 572 ---

[...l] lèhmu enak, durung mati aku arêp kobani ukur, mara cobanên.

Găngsa mungêl lajêng prang, yêksa raja kalih Radèn Jayadrata, dangu Jayadrata dipun garot, lajêng anyandhak gada, Raja Kaladiyu dipun gada sirahipun rêmuk, gègèr para parêkan danawa mêdal ing pandhapa, para punggawa danawa lajêng manjing kadhaton, prang lan Jayadrata, Radèn Pamadi têtulung mênthang sanjata bramastra lumêpas kumantar-kantar, yêksa sami kabasmi sirna wadya yêksa, găngsa mungêl ayak-ayakan, Arjuna Jayadrata kalampahakên kèndêl jawining praja, găngsa dipun suwuk, dipun suluki pathêt manyura.

Sêkar Rini lampah 17. Lêngêng gati nikang awan saba-saba nikèng Ngastina | samantara têkèng Têgalkuru Nararya Krêsna laku | sirèng Parasu Rama Kanwa Janaka durur Naradha | kapanggihi ri kang têgal milu ing karya sang bupati ||

Dipun caritakakên.

Lah ing kana ta wau, sampun sirna yêksa raja tumpês sapunggawanipun, dening Radèn Jayadrata kalih Radèn Pamadi, Rêtna Drusilawati kabêkta kondur dhatêng Ngastina, lampahe sampun kapungkur praja ing Timbultaunan, sinigêg ingkang lagya lumampah dumugi jajahan Ngastina, rame swaraning paksi antaraning rina.

Mungêl ladrangan Rina-rina, ngadêg Prabu Kurupati, Radèn Bratasena jajar pinarak kalih Adipati Ngawăngga, ingkang ngadhêp Arya Sangkuni, parêkan kalih ngayap ing wuri, găngsa kajantur. Dipun caritakakên.

--- 2 : 573 ---

Anênggih ing pundi ingkang gênti kocapa, nagari ing Ngastina Prabu Kurupati ingkang lagya pinarak ing pandhapa, kalih satriya ing Munggulpawênang, jajar pinarak kalih Narapati Karna, ingkang ngadhêp ing ngarsa Kyai Patih Arya Sangkuni, parêkan sami ngayap ing pungkur, para kadang sata Kurawa pêpak sami sowan ing srimanganti. Mangkana Prabu Kurupati sasirnanipun Rêtna Drusilawati dèrèng kondur ngadhaton, amêpak para kadang Kurawa bujana ing pandhapa, para mantri bupati tuwin prajurit ing Ngastina sami prayitna ing wèsthi, cipta yèn Prabu Kurupati karsa lumurug dhatêng ing Timbultaunan, mangkana pangudasmaraning wardaya Sri Kurupati, priye dadine yèn ora bisa katêmu Si Drusilawati.

Găngsa mantun kajantur, sawatawis dangunipun dipun sêsêgakên lajêng kasuwuk, dipun suluki sastradatan.

Sêkar Rini lampah 17. Lêlawa gumandhul ring pang kêbêt-kêbêt lir milu susah | yèn bisaa muwus pagene Pandhawa tan ana tumut | ri pati aminta prajanta sapalih sêkaring tanjung | ruru ambalasah lêsah kadya susah ngêsah kapisah ||

Prabu Kurupati ngandika.

Paman Arya Sangkuni, karsa manira yèn bisa katêmu anak pakênira Si Drusilawati, banjur manira dhaupake bae karo anak pakênira ing Banakêling, daya-daya kalakona, rèhning wis manira pacang-pacang, wasana akèh têmên pêpalange.

Aturipun Arya Sangkuni.

--- 2 : 574 ---

Kulunun inggih sakarsa-karsa paduka, jangji kapanggih sampun prayogi kemawon, wangsul manawi lampahipun rayi paduka ing Madukara botên angsal damêl kadospundi, dene ngantos sapunika dèrèng wontên dhatêng, punapa malih punika badhe pangantèn dungkap damêlipun, kesah ngupadosi badhe jodhonipun piyambak.

Pangandikanipun sang prabu.

Saupama boya bisa têka Si Janaka ing pêndhak dina iki, paman anjaba kakang Adipati Karna kanthia Kurawa patang golongan saprajurite, nglurug marang praja Timbultaunan, angrêbuta ing Si Drusilawati, kadospundi kakang Adipati Ngawăngga, pênapi andika kêdugi jujul dhatêng prajaning raja danawa, kanthi kadang-kadang kula sata Kurawa.

Aturipun Karna.

Inggih yayi yèn wontên karsa paduka, sanajan dhatênga lak-lakaning naga, kula sandika anglampahi, sampun dhumatêng ing sakit, pêjah kula andhêmi.

Radèn Bratasena sumambung sabda.

Kakang Jayapitana yèn adhimu Si Pamadi ora têka antara têlung dina, aja susah aku dhewe ingkang nusul, marang nagaraning buta ing Timbultaunan, yèn aku ora têka têlung dina karo angkatku, iku kongkonana nusul pasthi aku ora olèh gawe utawa kapara ing tiwas.

Dipun caritakakên.

Sinigêg Prabu Kurupati ingkang lagya imbal wacana kalih satriya ing Munggulpawênang, samawana Narapati Karna tuwin Radèn Apatih Arya Sangkuni, angarsa-arsa [angarsa-ar...]

--- 2 : 575 ---

[...sa] Radèn Pamadi Radèn Jayadrata, ingkang samya ngupaya Dèwi Drusilawati. Kasaru gêdêring jawi dhatêngipun satriya Madukara satriya Banakêling, sapunakawanipun andhèrèkakên Rêtna Drusilawati.

Găngsa mungêl ayak-ayakan, sarêng sampun prapta sami tata lênggah ing ngarsa nata.

Găngsa kasuwuk dipun suluki pathêt manyura.

Sêkar Rini lampah 17. Mulat mara Sang Partasmu kamanusan kasrêpan ring ti- | ngkahning mungsuh niran padha kadang taya wwang wanèha | ana wwang anaking yayah myang ibu lèn umanggêh paman | mangkadi Narpa Karna Salya Bisma sang dwijanggêh guru ||

Sri Kurupati anabda.

Adhiku dhi adhiku, Pamadi dene lagi bae tak rasani, katêmu ing ngêndi bakayumu ora nyana yèn olèh gawe lakumu.

Aturipun Radèn Pamadi.

Inggih saking pangistunipun kakang prabu ingkang kula pundhi, mênggah kapanggihipun kakang bok, wontên kadhaton ing Timbultaunan, rajanipun jêjuluk Prabu Kaladiyu, sampun pêjah kalih rayi sampeyan pun Jayadrata, dene wadya punggawanipun sampun tumpês, bela pêjahipun Prabu Kaladiyu.

Kurupati ngandika.

Janaka wis dadi ubayaku, yèn Si Drusilawati katêmu banjur tak dhaupake, gampang gone bujana katêmu ing buri, jangji wis kalakon dhaup, mara [ma...]

--- 2 : 576 ---

[...ra] kakangamu gawanên marang kadhaton, banjur paèsana, matura kangjêng ibu yèn Si Drusilawati banjur tak dhaupake, yèn wis gone busanani gawanên mêtu ing paringgitan.

Aturipun Parta.

Kula nuwun inggih dhatêng sandika, Rêtna Drusilawati kabêkta manjing kadhaton, dipun suluki sastradatan.

Sêkar Madurêtna lampah 12. Narpati Darmaputra myang Dananjaya | matur ring raka Narendra Harimurti | saha waspa ing madya wasananira | katur sadaya mring sang rèh madurêtna ||

Dipun caritakakên.

Lah ing kana ta wau, Rêtna Drusilawati sampun binêkta manjing dhatulaya, lajêng dipun paripurna, binusanan punapa sabusananing pangantèn. Dhasar wanudya endah warnane, karêngga ing busana sarwa rêtna, wêwah pinaèsan, kasangsaya warnane pindha widadari. Sarêng sampun Dèwi Anggandari tuwin Pramèswari Rêtna Banuwati, anganthi sang pinangantèn Rêtna Drusilawati, mangkana Radèn Pamadi lajêng mêdal ing pandhapa. Găngsa mungêl ayak-ayakan, Parta prapta ngarsa nata, găngsa dipun jantur.

Arjuna matur ing nata.

Punika kakang prabu kauningana, kakang bok sampun dipun paèsi, kèndêl ing kori prabasuyasa.

Sang prabu angandika.

Nêdha kakang Adipati Karna, rayi andika pun Jayadrata, lajêng kadhaupna ka- [ka...]

--- 2 : 577 ---

[...lih] pun Drusilawati, lajênga manjing ing pêpajangan suyasa, pakênira Paman Arya milua nganthi pangantèn.

Aturipun Adipati Karna.

Kula nuwun inggih dhatêng sandika, măngga paman Arya Sangkuni dipun dhaupakên pun adhi Jayadrata.

Aturipun Arya Sangkuni.

Inggih anak adipati suwawi.

Găngsa mantun kajantur, Jayadrata ngabêkti lajêng binêkta manjing kênyapuri, sampun dhinaupakên Rêtna Drusilawati kalih Radèn Jayadrata, sami lênggah ing pajangan. Karna Sangkuni sarêng sampun dhaupakên pangantèn wangsul dhatêng pandhapa, găngsa kasuwuk dipun suluki sastradatan.

Sêkar Bramarawilasita lampah 11. Ramya wwang padha tustha kang garjita | têkapira nirmala mangayun ring | trus unggyaning sang sri supadniwara | tarlèn sanggya dwi lêmbana mangagnya ||

Prabu Kurupati ngandika.

Adhi Bratasena, iki dhaupe Si Drusilawati, kowe lan Si Pamadi ngêntènana sabubaring sapasar, arêp tak jak bujana nayub, rèhning Si Pamadi ingkang têtulung.

Wangsulanipun.

Kakangku Jayapitana aja dadi cuwaning pamikirmu, rèhning Si Pamadi wis lawas lungane, kakangku pambarêp bangêt pangarêp-arêpe, mulane kudu adhimu tak [ta...]

--- 2 : 578 ---

[...k] kon mulih saiki, najan balia marang Ngastina manèh, yèn wis katêmu ing si kakang Darmaji.

Prabu Kurupati ngandika malih.

E lah cuwa têmên pikirku Bratasena, yèn adhimu mulih kowe bae tak andhêg aja milu mulih, Si Janaka tak lilani mulih nanging nulia bali.

Wangsulanipun.

Iya kakang Jayapitana, aku bae dadia wakile adhimu Si Pamadi, angêntèni sapasaring pangantèn, apa ing sakarêpmu.

Sri Ngastina ngandika.

Paman Arya Sangkuni, pakênira dhawuha makajangan, lan para kadang manira sata Kurawa, padha manira karsakake bujana ing kadhaton.

Aturipun Arya Sangkuni.

Kula nuwun inggih dhatêng sandika. Sinigêg dipun suluki gêrgêt saut manyura.

Sêkar Mêdhangmiring lampah 23. Atari pêjah nikang prawara Somadênta tanaya têkap sinisuta | mangkin aparêk Jayadrata têkap Sang Arjuna Warkodhara nora kamu | makamuka sang dwijendra Karna Karpa Salya kuruku tarlèn girikola ||

Dipun caritakakên.

Lah ing kana ta wau, eca imbalan pangandika Prabu Kurupati, kasaru gègèring jawi ing alun-alun dhatêngipun dirada seta, basa jalma nêdha Rêtna Drusilawati, [Drusila...]

--- 2 : 579 ---

[...wati,] dangu-dangu lajêng mêta dwipangga angrêrisak. Găngsa mungêl kêrêpan manyura, Kartamarma marêk ing ngarsa nata, sawatawis lajêng găngsa kasuwuk tanpa suluk.

Prabu Ngastina andangu.

Kartamarma apa ingkang dadi gitaning jaba, dene kowe lumêbu gurawalan lakumu.

Aturipun Radèn Kartamarma.

Kawula nuwun, kauningana ing paduka, ing alun-alun wontên dirada seta sagêd tata jalma, wicantênipun nêdha pun Drusilawati, lajêng soroh amuk mêta angrisak pasowan sami dipun obrak-abrik, dipun pambêngi ing prajurit, dipun sanjata botên tumama, prajurit kathah ingkang tiwas.

Prabu Kurupati ngandika.

Kakang Adipati Karna, paman Arya Sangkuni, para kadang Kurawa pakênira dhawuhana ngruwat gajah ingkang soroh amuk, ayo Bratasena padha mêtu ing sitinggil.

Găngsa mungêl kêrêpan manyura, Karna Sangkuni sami mêdal ing jawi, Prabu Kurupati tuwin Radèn Bratasena, ningali saking sitinggil, Kurawa pêpak ing pagêlaran. Ngadêg Dipati Karna Sangkuni, găngsa dipun suwuk tanpa suluk.

Narapati Karna undhang-undhang, hèh adhi-adhiku Kurawa kabèh dikakake ngruwat gajah ingkang soroh amuk, aja na kowe taha-taha, iki gajah sulap, masa baya nana, rekane wong Pandhawa bae.

--- 2 : 580 ---

Găngsa mungêl kêrêpan, Kurawa sami mangsah gajah dèn but ing kathah, nanging dwipangga wantala tan pasah tapak paluning apandhe, Kurawa singa kasampe dhawah, anggêlasah tangi sami bibar lumajêng angungsi ing Adipati Ngawăngga, Arya Sangkuni sinandêr lumayu niba tangi, panggih Dipati Karna ngadêg ing pagêlaran. Găngsa kasuwuk dipun suluki gêrgêt saut manyura.

Sêkar Sulanjari lampah 20. Tandya bala Pandhawambyuk gumulung mangusir ring sata Kurawa | kambah kosik sru katitih mirut kerut larut katut para ratu | tuwin sagung pra dipati katut kapalayu sigra praptanira | Aswatama têtanya lah pagene ta iki ya padha lumayu ||

Sangkuni matur.

O katiwasan anak adipati, rayi-rayi jêngandika Kurawa, kathah kaprawasa ing èsthi, sampun bibar lumajêng sadaya, lah punika limane mriki.

Wangsulanipun pun Karna.

Kajêngipun paman mangke kula pêthukne, hèh kowe iku gajah apa karêpmu, dene angrêrusak.

Sauripun.

Aku jaluk bojoku Si Drusilawati, wis tak gawa banjur dirêbut Pamadi, êndi Si Pamadi tak jake tandhing prang.

Karna amangsuli.

Yèn kêna kowe tak eman, balia ing ngêndi panggonamu, lan Si Drusilawati wis dhaup karo satriya Banakêling, sêlagi lêlambana durung ana adate kewan jodho manusa, tak arani kowe gajah lumaku diruwat.

--- 2 : 581 ---

Găngsa mungêl kêrêpan manyura, Karna sinandêr ing liman, kacandhak dipun wasuh nulya binucal dhawah kalêmpêr, wungu èngêt narik curiga, liman mangsah malih Karna marjaya, lajêng ginadhing malêsat dhawah kantaka, ginosongan ing wadya Ngawăngga.

Ngadêg Sri Kurupati lan Sena, găngsa dipun suwuk tanpa suluk.

Ratu Ngastina ngandika.

Adhi Bratasena tiwas, manawa ora kotulungi kakang-kakangmu padha nandhang sangsara, kakang Adipati Karna kasrakat satêngah mati.

Wangsulanipun.

Iya kakang Jayapitana tak papage gajah iki, wong Ngastina padha kon nyuraki, lan anabuh galaganjur. Găngsa mungêl galaganjur, Bratasena mangsah kalih tayungan. Prajurit Ngastina sami surak, kinêpung kubênging alun-alun, sarêng sampun prapta ngajênging èsthi. Găngsa kajantur. Liman tanya. Hèh sapa wong Ngastina, rupamu sêmbada bagus ajarot. Sauripun. Aku Bratasena dudu wong Ngastina, aku wong Ngamarta. Liman mangsuli, dudu kowe mungsuhku, êndi bojone Drusilawati, karo Pamadi iku satruku. Bratasena mangsuli, apa abamu gajah gêlahing jagad, kowe dhustha putri Ngastina, sandhangên wêwalêsku. Gajah mangsuli, i Bratasena iya têkakna budimu, ayo singa tiwasa, dudu caraku prang andhingini. Bratasena sumaur, iya payo tak uja apa sagêndhingmu. Găngsa mantun kajantur, kasêsêgakên. Sena prang lan liman, dangu ngabên karosan. Gajah didêdêl kalênggak, Sena dipun gadhing, tlale dipun tarik ing Radèn Bratasena, [Bratase...]

--- 2 : 582 ---

[...na,] sirah manglung gurung kinuku pêdhot, gajah pêjah kapisanan. Galaganjur kasuwuk. Gajah cinandhak ing Radèn Bratasena lajêng binucal sinawatakên sumêbrung. Găngsa mungêl kêrêpan, gajah bakenipun[11] dhawah bangawan Silugăngga. Sena tinimbalan dhatêng sitinggil. Găngsa dipun suwuk mungêl gêndhing Kinanthi.

Ngadêg Prabu Kurupati, Bratasena, Arya Sangkuni parêkan kalih. Găngsa kajantur.

Dipun caritakakên.

Lah ing kana ta wau, Prabu Kurupati, sapêjahing dwipangga suka ing wardaya, Radèn Bratasena tinimbalan dhatêng sitinggil kalih Radèn Arya Sangkuni. Radèn Pamadi sapunakawanipun mantuk dhatêng Ngamarta. Kontrak sapraja Ngastina, Radèn Bratasena karosane animbangi liman, sami mangalêmbana, namung Radèn Arya Sangkuni, lan Rêtna Anggandari sêja sami nandukkên pangupaya murih sirnaning Pandhawa, aywa kongsi panjang lêlakone, găngsa mantun kajantur lajêng tancêp kayon.

Tamatipun jilid 2.

--- 2 : [0] ---

[...]

--- 2 : [0] ---

[...]

 


ngriki. (kembali)
padha. (kembali)
Sang. (kembali)
ingkang. (kembali)
Drusilawati (dan di tempat lain). (kembali)
anggarjita. (kembali)
gusti. (kembali)
Aturipun. (kembali)
kalinggamurda. (kembali)
10 kantuna. (kembali)
11 bangkenipun. (kembali)