Kartapiyoga, Soetarsa, 1979, #174 (Hlm. 001–035)

Judul
Sambungan
1. Kartapiyoga, Soetarsa, 1979, #174 (Hlm. 001–035). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
2. Kartapiyoga, Soetarsa, 1979, #174 (Hlm. 035–065). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
3. Kartapiyoga, Soetarsa, 1979, #174 (Hlm. 065–100). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
Citra
Terakhir diubah: 03-12-2018

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

PÊDHALANGAN DJANGKÊP

LAMPAHAN: KARTAPIJOGA

--- [1] ---

PÊDHALANGAN JANGKÊP

SÊDALU - MUPUT

LAMPAHAN KARTA PIYOGA CIDRA

PIRASAT SAHA ANGSARIPUN SAE.

Kaimpun dening: KI SOETARSA

Cap-capan taun 1979.

Kawêdalakên dening: Pênêrbit/Toko buku "K.S." Kios Pasar Gêmblêgan no. 15 SALA.

--- [2] ---

[...]

--- [3] ---

PURWAKA.

Nuwun para maos ingkang minulya, buku pêdhalangan jangkêp lampahan KARTAPIYOGA MALING inggih SÊMAR MBARANG JANTUR punika, sayêktosipun dhupukan kula piyambak ingkang sumusul sasampunipun Lampahan Indrajala Maling lan Kusumalêlana. Ingkang buku kêkalih wau pancèn kula têmah, rakitaning basa sarwa prasaja, samantên ugi bab gêndhing-gêndhing sarta sanès-sanèsipun. Ing pangangkah ambudi murih gampilipun tinampi para ingkang sami nggilut lan sêngsêm tumrap pêdhalangan ing mangka taksih tarap pasinaon. Supados sami mbotên sêmplah ing pangajêng-ajêng awit saking angèling bab-bab ingkang gêgayutan lan pêdhalangan.

Kathah kemawon ingkang kagungan niat agêng badhe sinau ndhalang, nanging sarêng priksa kangèlanipun bab-bab, ubarampening gêndhing-gêndhing lan sanès-sanèsipun, wêkasan lajêng sêmplah rumaos mbotên kadugi mumpuni.

Mila kula lajêng gumregah tumut cêcawe nganggit buku-buku pêdhalangan ingkang prasaja rumiyin, èsthining manah kula kenginga kangge tataran tuwin tuntunan sampun ngantos lajêng sêmplah kêpalang ing bab-bab ingkang sampun muluk-muluk. Nanging mangke saya dangu saya dipun undhaki, saya dipun tambahi, ingkang wêkasanipun sagêda nêtêpi punapa waton-watoning pêdhalangan.

Pramila buku punika kula anggèp tataran ingkang angka 2 liripun sampun mindhak satatar tinimbang buku kêkalih kasêbat ing ngajêng. Inggih gêndhing-gêndhing inggih basa sarta udanagara lan sanès-sanèsipun.

Sampun tamtu bilih buku anggitan kula punika kathah kêkirangan-kêkiranganipun. Pramila kula suwun para paramèng basa kasdu maringi pitêdah-pitêdah sarta panuntun-panuntun sadaya kêsalahan-kêsalahan sarta kêkiranganipun buku punika.

Wasana matur nuwun, mugi-mugi sagêda marakabi para ingkang sami trêsna ing pêdhalangan.

Surakarta, 17 Agustus 1961.

Pangripta.

--- [4] ---

[...]

--- 5 ---

JÊJÊR ING NAGARI MANDRAKA.

Sasuwuking gangsa têlu, dhalang lajêng mlêbêt dhatêng papanipun, kalimrah dipun wastani panggung. Lajêng mapan lênggah ingkang sakeca, kaangkaha sasampunipun wiwit ndhalang sampun ngantos mingsat-mingsêt. Sasampunipun mapan katiti priksa rumiyin kêndho kêncênging kêlir wiyaring panggungan, mapanipun kothak lan dablag (tutup kothak). Manawi taksih mawi blencong lajêng ngungalakên blencong. Manawi sampun katingal tumata sadayanipun lajêng nyêpakakên ringgit-ringgit ingkang badhe kawêdalakên. Sasagêd-sagêd ingkang badhe kangge sadalu muput. Awit kirang prayogi manawi ing têngah-têngahing ndhalang ndadak mundhut ringgit. Têmtu kemawon panatanipun ing dablag utawi ing kothak, ingkang badhe kawêdalakên rumiyin dhawah ing nginggil. Namung para ratu tuwin senapati utawi ringgit kang agêng-agêng, prayogi katancêpakên ing kêdêbog têlas-têlasan ing simpingan lajêng katutup gunungan (manawi mangke sampun wiwit mbêdhol kayon) ingkang angsal saking têngên ugi wontên têngên. Ingkang angsal saking kiwa ugi wontên kiwa.

Manawi sampun pêpak sadayanipun, tuwin sampun tumata, dhalang nyêpêng cêmpala nuthuk kothak lamba alon-alon kalihan ngapalakên mantram sasmita nêdha gêndhing ayak-ayakan manyura.

Mungêl gêndhing yak-yakan manyura dhalang mbêdhol kayon kalorod. Tangan têngên tumumpang lambening kothak, kabêkuk sarta lajêng kapijêt-pijêt mawi tangan kiwa kalihan ngrapalakên mantran. Kayon lajêng kainggahakên malih kaubêngakên sawatawis, lajêng katutupakên sampingan têngên. Manawi kayonipun kalih, satunggalipun ugi lajêng kabêdhol têrus katutupakên ing sampingan kiwa botên pêrlu kados ingkang satunggalipun.

Lajêng nyandhak ringgit parêkan (êmban) kalih kawêdalakên saking têngên kalampahakên mangiwa. Malik nyêmbah lajêng tancêp.

Nyandhak ringgit Prabu Salya, mêdal saking têngên, tancêp tangan wingking malangkêrik. Tangan ngajêng kumlawe nyasmitani êmban kapurih sumingkir. Êmban lajêng nyêmbah kalampahakên manêngên andhap (kapêtha lampah dhodhok). Tancêp ing sawingkingipun Prabu Salya sakêdhik, kaangkaha prahênanipun êmban tumèmpèl kêlir sangajênging padhararipun Prabu Salya. Têmtu kemawon tanganipun ngajêng Prabu Salya kadhawahakên ing njawi supados manawi imbal pangandikan mangke botên ndadak ngongkrèh-ongkrèh. Kasusul Cangik tuwin Limbuk ing wingkingipun Prabu Salya.

--- 6 ---

Nyêpêng ringgit putran Rukmarata. Mêdal saking kiwa majêng nyêmbah, dipun êlus-êlus Prabu Salya, malik kalampahakên mangiwa andhap (kapêtha lampah dhodhok), malik manêngên malih nyêmbah lajêng tancêp. Tangan ndhêku.

Nyêpêng ringgit patih. Mêdal saking kiwa, nyêmbah lajêng tancêp sawingkingipun Rukmarata. Lêtipun sampun cêlak-cêlak utawi sampun ngantos kêtêbihên. Saugêr katingal wayang saking wingking kêlir. Tangan ngapurancang.

Salajêngipun manawi sampun tata dipun kombangi manut wiramaning gêndhing. Badhe dhawah gong kirang 8 thutukan[1] ndhodhog kothak alon-alon saya kêrêp, saya kêrêp pas dhawah gong kasarêngan dhodhogan kothak rangkêp, dados kirang langkung makatên:

"Dhog...dhog...dhog...dhog...dhêrodhog: gong. Gangsa sabibaripun suwuk ayak-ayakan manyura sirêpan, lajêng malik gêndhing karawitan.

nJantur:

"Swuh rêp data pitana, anênggih pundi ta nêgari ingakng kaeka adi dasa purwa. Eka marang sawiji adi linuwih dasa sapuluh purwa kawitan têgêse.

Nadyan kathah titahing jawata ingkang sinangga pratiwi kaungkulan ing akasa kaapit samodra laya, kathah ingkang samya anggana raras nanging ora kaya praja ing Mandraka. Pramila nêgari Mandraka pantês dadya bêbukaning carita, awit sayêkti ngupayaa satus datan antuk kalih sèwu datan jangkêp sadasa. Nagari kang luwih gêdhe obore padhang jagade kondhang kaonang-onang kajana priya. Nagara ingkang panjang-punjung, pasir wukir, loh jinawi, gêmah ripah kêrta tur raharja.

Panjang dawa pocapane punjung luhur kawibawane pasir samodra wukir gunung. Pranyata praja ing Mandraka ngungkurakên parêdèn, ngananakên pasabinan ngêringakên bênawi, mangku bandaran agêng. Loh tulus ingkang sarwa tinandur, jinawi murah ingkang sarwa tinuku. Gêmah katandha ingkang samya lampah dagang layar siyang pantaraning ratri datan ana pêdhote, sêlur alur dumulur labêt datan ana sangsayaning marga. Ripah kathah tiyang ingkang samya bêbara saking mancanagari adêdunung ing praja jêjêl riyêl pipit abên cukit têpung taritis. Papan jêmbar satêmah katon rupak amargi saking arjaning praja. Karta para kawulaning praja,

--- 7 ---

samya ayêm têntrêm uripe. Nara kisma mungkul nggènnya ulah têtanèn ngudi undhaking pamêtu, nara praja samya saiyêg saeka kapti njujung[2] kawibawaning praja. Raharja nêgara ingkang têbih saking parangmuka pêrak ing katêntrêman. Nir loking dursila juti, têbih saking parapadu, acêcêngilan tan antuk papan. Pitik iwèn rajakaya datanpa cinancangan. Yèn awan dèn umbar aglar ing pangonan lamun ratri padha mulih mring kandhange sowang-sowang datan ana gothang sawiji. Kalokaning praja mrabawani arum asmane narendra ingkang amêngku.

Sintên ta jêjuluking narendra ingkang ngasta pusaraning praja Mandraka. Wênang ingucapna jêjuluking narpati ora kaya Sang Prabu Salya iya Narasoma. Narendra ingkang ambêg pinandhita sêkti mandraguna. Putus sagunging èlmu, mumpuni salwiring kagunan, kaprawiran, kanoragan dhasar limpat pasanging graita. Pambêganing Narendra Saraita, Danaita Darmaita lire:

Karêm ulah kaprajuritan, mumpuni pasang gêlaring prang bangkit ing ulah gêgaman, dhasar senapati linuwih.

Karêm pêparing ganjaran sung têkên jalma kalunyon, sung boga jalma kapiran sung warih jalma kasatan, sung obor ingkang kêpêtêngan. Sung sêsulang ingkang samya prihatin. Datan mawas sêkalir amung anut rèh rahayu, mêmayu hayuning bawana. Darmaita karêm ulah kapradatan. Lampahing kapradatan gêgêbêngane narendra adhêdhasar dana wêsiasat. Lire tan pisan baukapine. Paring ganjaran marang kang samya lêlabuh, midana ingkang samya dosa, datan mawas kadang putra myang santana. Bêbasan bau kanan kêring lamun dosa sayêkti sinêmpal-sêmpal. Pramila kawula ing Mandraka sami ajrih asih mangèstu pada narendra, sumuyut saeka kapti, njunjung kawibawaning praja. Kadya pambêganing sri bupati kathah ratu-ratu mancapraja ingkang samya suwitèng nata kathah ingkang samya nungkul karana aris, lila lêgawa manunggaling prajanira datanpa ginêbag ing yuda. Amung kayungyun pêpayoning kautaman. Sabên taun samya asung bulu bêkti, glondhong pangarêng-arêng, guru bakal guru dadi, pèni-pèni raja pèni. Sawênèh asung putri pratandhaning panungkul. Saya luhur wibawaning praja, adoh kuncarane. Ora mung ing tanah Jawa kewala ingkang samya sumawita, nadyan tanah sabrang rêbut dhucung anggènira anungkul ngèstu padha[3] nêmpil kawibawan, nunut kamuktèn. Bêbasan kang adoh manglung kang cêrak mêntiyung.

Yèn ta ginunggunga lêlabuhaning narendra wiyaring jajahan praja kaya sêdalu datan ana pêdhote.

--- 8 ---

Sinigêg ênêngêna ingkang winuwus ganti cinarita. Nalika samana sang prabu miyos tinangkil anuju ari Soma, lênggah kursi gadhing angadhêp dhampar dênta inalipit sêsotya nawarêtna, linèmèkan babut prangwêdani. Sinêbaran sari-sari ginanda wida ing jêbat kasturi kinêbutan lar badhak kanan miwah kering. Kasi[...] ing samirana kongas gandane ngambar-ambar praptèng pangurakan. Sang prabu ngagêm busananing kêprabon ingkang sarwa kêncana katinon sirna sipat kamanungsane kadya jawata angejawanah.

Sintên ingkang kapering ngayun andhêku, amarikêlu yayah konjêm-konjêma bantala wêdanane. Inggih punika warnanira putra nata Mandraka, ingkang kêkasih Radèn Rukmarata. Bagus warnane mbranyak pasêmone wasis pangandikane. Prigêl ulah kridhaning gêgaman. Lantip panggraitane, tanggap ing cipta sasmita. Pramila dahat kinasihan ing rama, dèn jumênêngakên pangeran dipati anom. Ginadhang-gadhang ing têmbe gumantos narendra.

Sinambung ing wuri pisowaning Rêkyana Patih Tuhayata. Pranyata dêdêg pidêksa sêmbada wirotama. Tautate angêntasi karya bisa momong kawula gusti. Marma tansah cinakêt ing narendra, tinanggênah nyêkêl bang-bang pangalum-aluming praja. Sangandhaping talundhak bêg andhèr ambêlabar ingkang samya nangkil. Para mantri bupati, gandhèk, nayaka myang para ratu têlukan ambalabar ngêbêgi pagêlaran, kaya ndhoyong-ndhoyongna pancak sujining alun-alun saking kèhing kang samya anangkil. Ing alun-alun katon umbul-umbul bandera rontèk angêndhanu kaya mêndhung, songsong gilap payung agung kaya jamur, ing mangsa rêndhêng agêm-agêman ing pra dipati pasisiran ingkang samya nuhoni dhawahing ratu.

Rêp sidhêm pramanêm datan ana sabawaning walang alisik kêkayon datan obah samirana datan lumampah. Amung kapiyarsa pradangga anganyut-anyut, ocèhing kukila kang mungging pang mandira ngupaya bukti binarung swaraning abdi kriya êmpu gêmblak kêmasan ingkang samya nambut kardi imbal gantya lir madyaraga. Cat kapiyarsa cat botên amimbuhi sarining pasewakan.

Nadyan tanpa wilangan ingkang samya anangkil nanging datan ana ingkang imbal pangandika, amung samya angantu-antu dhawah sabda pangandikaning ratu.

Nalika samana sang prabu dèrèng karsa imbal wacana labêt dahat duhkitèng galih. Pasêmoning wadana suntrut prabaning guwaya surêm mrabawani pasewakan lir sinaput ima sang pratanggapati. Sadaya sami tansah unjal prana anut laku jantraning gagasanira sowang-sowang. Apa ta kang dadya èmêng ing pênggalihira sang nata. Jroning pagêdhongan amung tansah èngêt dhatêng musnanira [musna...]

--- 9 ---

[Grafik]

PASEWAKAKAN AGUNG NAGARI MANDRAKA.

Prabu Salya miyos sinewaka kaadhêp kang putra R. Rukmarata, Patih Tuhayata kêtamuan R. Pamadi.

--- 10 ---

[...nira] ingkang putra sêkaring kêdhaton kusumaning ayu Dèwi Irawati ingkang musna tanpa lari. Mangka wus antara ari tan ana kabar myang sisik mêlik. Pramila kaya mangkana pangudasmaraning driya sang prabu.

Lajêng dipun kombangi nurut iramaning gêndhing minangka sasmita bilih janturan sampun têlas gangsa sirêpan.

Sawatawis dangu ndungkap dhawah gong kirang 8 utawi 16 thuthukan ndhodhog kothak sêpisan sasmita nêdha kasrêpêgakên. Gangsa kasêsêgakên lajêng suwuk. Kasambêt pathêtan.

Pathêt 6 wantah kalajêngakên ada-ada girisa kados ngandhap punika:

333333
nDwansêm-bahni-rèngu-
x2x3x2x3x5.5555
lunka-pur-bari-sang
55x3x56535532x6x6x5x6x1x6
mur-bèngratO .......sa-hanani
5x2x1x2x1x632.2222
kang,O....yekanangsihing
11x.x2x3553
da-sihma-wèhbo-ga
x3x5x5x532x2x.3x5x2x.352
sa-wê-gungma-sihring
221xyxtx.xyx.xyxyx6x6x12
dê-lah-anO .....dwanka-
2222x2x1x2x.x1x.x2x1x2x1xyxyx3
nanga-mêmjwê-ngaO .......
wxextxtxyxyxextxexyxexyxw22222
umpak gêndèrnga-rin-jêngna-ya-
x2xx1x.x2x6x.x1x6x521x.x2x1x6x3x.3212
kèngratO .....O ......du-tèngrat
22-x1x23x5x36x2x2x2x21x6x1
ko-ta-mamang-guhhumahuraba
1x4x1x1x2x2x5x6355x3x2
O ......[...][4]wantasa-gotra
x2x3x5235222
kangu-wusmi-nul-ya
1x6x6xyxyxyxyy1x.x2222
O...kangu-wusmi-nul-
2x1x.x2.1x.x2x6x5x3(xwxextxyxtxextxyxtxextxexw)
yaO .......(umpak gêndèr)

Kasambêt ada-ada girisa:

2355553562222
lêng-lêngga-ti-ningkanga-wansa-
221x2x3x3x666
basa-ba-nikingNgas-

--- 11 ---

6x5x622222x1x26
ti-nasa-man-ta-ratê-kèngtê-
66666x5x.x6111
galmi-ru-rèngkar-yaKrês-naa-
111111112
kuni-raPa-rasu-ra-maKan-
22x2x.x163x5x.x63x5x3x22
waJa-na-ka,du-lurNa-rat-da,
x@x^@x@x!632222
kapang-gihingi-kaju-mu-rung-ing
x1x2x3x522226x3x3x3x3x3
karsasa-par-titatala-ya

Têrus ginêm:

Prabu Salya: "Jagad dewa bathara ya wayah bathara jagad, sapandhurat ingsun tan bisa imbal pangandika. Kulup putraningsun wong bagus putraningsun wong sigit, Rukmarata! Wis suwe anggonira marak kulup?"

Rukmarata: "Kawula nuwun inggih kangjêng rama sawatawis dangu pisowan kula, sadèrèngipun kangjêng rama, têdhak ingkang putra sampun nglèsèt ing pasewakan kawula nuwun."

Prabu Salya: "Sukur mangayubagya kulup. Apa padha basuki pisowanira?"

Rukmarata: "Kaluhuran dhawuhipun kangjêng rama, kanthi raharja pisowan kula, botên manggih sakara-kara amung sêmbah pangabêkti kawula mugi konjuk saandhaping pêpadha. Kawula nuwun nuwun."

Prabu Salya: "Iya iya kulup, bangêt panarimaningsun. Amung pangèstuku bae tampanana kulup!"

Rukmarata: "Nuwun inggih kangjêng rama, gurawalan pamundhi kula. Pangandikanipun kangjêng rama kula cadhong tangan kalih kapundhi ing mustaka, kacancang pucuking wèni, kakalungakên kuwaya rumêsêp ing pranaja amimbuhana bawa laksana kawula kangjêng rama, kawula nuwun nuwun."

Prabu Salya: "Ya ya kulup Rukmarata. Ora liwat kêpenakna lênggahira!"

Rukmarata: "Sampun botên kirang sakeca kangjêng rama. Kawula nuwun nuwun."

Prabu Salya: "Kakang Patih Tuhayata! Kanthi raharja pisowanira patih?"

Patih Tuhayata: "Kawula nuwun inggih kangjêng sinuwun pisowan kula kanthi raharja. Namung sêmbah pangabêkti kula mugi konjuka saandhaping pêpadha kangjêng sinuwun."

--- 12 ---

Prabu Salya: "Iya patih, ingsun tampa pangabêktinira pangèstuku bae gênti tampanana!"

Patih: "Sangêt pamundhi kawula pangèstunipun kangjêng sinuhun. Kula candhong tangan kêkalih kapundhi ing mustaka mugi dadosa jimat paripih. Kawula nuwun."

Prabu Salya: "Iya, iya patih. Mara dikapara ngayun pamarakira wya darbe rikuh pakewuh!"

Patih: "Nuwun inggih sinuwun sampun kirang sakeca."

Prabu Salya: "Sawuse lungguh kanthi prayoga patih, marma sira piniji ing ngarsa, ingsun mundhut pawarta, kadiparan mungguh kaanane prajaningsun ing samêngko? "Matura patih ingkang têrwaca!"

Patih: "Kawula nuwun inggih sinuwun jimat pêpundhèning para kawula ing Mandraka. Kawontênaning praja paduka ing samangke sakêlangkung tata raharja: ngungkuli warsa ingkang sampun-sampun. Kawula ing praja Mandraka mbotên wontên ingkang nglirwakakên dhawuh, sadaya sami saiyêg saeka kapti nêtêpi kuwajibanipun piyambak-piyambak. Para ratu, têtêlukan sami datan kêndhat anggènipun caos pisungsung, ndlidir kados ilining toya narmada. Malah kathah ratu sèwu nagari saking amanca ingkang sami sumusul mangèstupada paduka, nêmpil kawibawan, ndhèrèk nunut kamuktèn. Kawula nuwun nuwun inggih."

Prabu Salya: "Wadhuh sokur bage sakêthi jumurung patih, sapa manèh kang bisa njunjung kawibawaning praja Mandraka kajaba mung sira patih."

Patih: "Kaluhuran dhawuhipun kangjêng sinuwun. Sêdaya punika kasawaban saking bêrkah pangèstu paduka gusti kula ingkang sinuwun. Kawula nuwun nuwun."

Prabu Salya: "Patih iya. Muga-muga bae barang kang bêcik anggonên salawas-lawase, èsthinên murih tambahing kawibawan.
Gêdhèkna sipat utama waspada marang pakarti ingkang dudu talitinên dikongsi atul sipat-sipat ing têlik sandi upaya kang mawor sambu tumindak mbidhung api rowang. Ywa sira malêncèng karoban rêruba, nyimpang saka anggêr-anggêring wedha amung amikir marang kamuktènira pribadi. Aja nganti sira kêdunungan rasa melik nggendhong lali. Lamun sira bisa tansah nuhoni dhawuh ingsun iki, sayêkti prajanira nir ing sambekala kuwawa dadya panutan, mêmayu hayuning bumi."

Patih: "Adhuh gusti jimat pêpundhèn kula inggih paduka sêsêmbahan kawula saparaja Mandraka. Inggih namung abdi paduka kula nyuwun tambahing pangèstu mugi tansah sagêd nuhoni

--- 13 ---

Dhawuh pangandikanipun gusti kawula ingkang sinuwun. Sarta tansah pinaringan èngêt kawula noknon nun nun inggih."

Prabu Salya: "Patih iya."
"Kulup, putraku wong bagus putraku wong sigit, Rukmarata, apa ora dadi kagèting atimu kulup sira piniji mangarsa."

(Pèngêt: Sabên gantos ingkang ginêm punika ugi gantos suwantên kapantêsa kalihan wujuding ringgit sarta kasinggêta mawi dhodhogan kathok rangkêp).

Rukmarata: "Kangjêng rama jimat pêpundhèn kawula botên kadosa marasing manah kawula nalika kawula nampi dhawuh timbalanipun kangjêng rama. Kumêndhap kumêpyur pindha panjang putra paduka yayah kambêngan salamba pinanjêr ing alun-alun katêmpuh ing prahara. Sumrêpêt ing panon kadi sumêrêp gêbyaring kilat tan wikan dhawahing gêlap. Dhêg-dhêgan kados tinubruk ing mong tuna sinambêring gêlap lêpat. Nanging sarêng sampun ngabyantara nata raosing manah kula clês pindha siniram banyu sawindu kawula nuwun nuwun, nuwun inggih."

Prabu Salya: "I lha dalah. Anakku nggèr Rukmarata. Apa darunane dene sira kadunungan rasa ingkang kaya mangkono iku kulup?"

Rukmarata: "Kaluhuran kangjêng rama, nalika putra paduka nêmbe tampi dhawuh timbalanipun kangjêng rama dewaji. Kumêdhap kumêpyur raosing wardaya awit ngrumaosi bilih kang putra anyandhang dosa kathah. Gèk pidana punapa kang badhe kawula sanggi. Nanging sarêng sampun ngabyantara, putra paduka mupus. Rèhning purba wisesaning nagara sadaya kasarira kangjêng dewaji ingkang putra namung sumarah sumunggèng karsa. Upamia ingkang putra kapidana inggih kangjêng rama ingkang andhawahna, yèn ta kapêjahana ugi kangjêng rama ingkang amisesa. Sampun malih ing wanci rahina nadyan ing ratri ingkang putra botên badhe suwala, lila lêgawa botên nggrantês sagluguting kolang-kaling. Kawula nuwun nuwun."

Prabu Salya: "Anakku nggèr Rukmarata. Pancèn bênêr aturira kulup, kalamun ingsun kang ngasta pangadilan amidana kang dosa misesa ingkang dosa gêdhe, ora mawas santana. Nanging kulup dadya sumurupmu. Saka gêdhene lêlabuhanira marang praja Mandraka kaya-kaya kalamun sira bênêre kapatrapan ukum pati, sun lèngsèr dadi ukum pidana, kalamun bênêre kapidana, isih gêdhe pangaksamaningsun.

--- 14 ---

Mula kulup sira aja kêladuk ati kajêron panampa, darbe panggraita sing ora-ora. Marma sira piniji aja katênta bakal nampa ganjaran cindhe kang dawa ubêde, kêris kang mubyar pamore. Tangèh kêlakone cêpak cupête. Bêbasan doh lintang sinawat ing kayu."

Rukmarata: "Botên pindhah putra paduka angajêng-ajêng ganjaran, kangjêng rama, awit pêparingipun kangjêng rama ingkang rumêntah dhatêng putra paduka sampun tanpa kêndhat kadi ilining narmada. Pramila ingkang putra namung anyênyadhong dhawuhipun kangjêng rama. Kadhawuhana nêbak bèntèng amboyong putri, pinataha ngayahi pakaryan ingkang awrat-awrat botên badhe sêlak suminggah, rêmuk kasawurna, tugêl kabalangna saugêr kangge njunjung kawibawaning praja. Kawula nuwun nuwun."

Prabu Salya: "Sokur bage sêkêthi jumurung kulup Rukmarata. Mulane sira piniji, adoh dak awe, pêrak rinakêtake kulup. Yêktine nadyan akèh kawula praja Mandraka ingkang anung-anung. Saprangkul gumbalane, kang crapang rawise. Nanging ora ana kang pantês sun ajak ngrêmbuk ruwêt rêntênging praja kajaba sira kulup Rukmarata. Mula dikêpering ngayun linggihira ingsun nêdya wawan pangandikan kang wigati."

Rukmarata: "Kawula nuwun inggih kangjêng rama, ngestokakên dhawuh."

Dipun pathêti pathêt sanga jugug.

yyyyyy
an-jrahing-kangpus-pi-
yxyxy1222
taa-rum,ka-si-lir
222222
liringsa-mi-ra-na-
1.2x6x1x6x535x5x2x.x2x2x.x3
mrikO ...sê-karga-dhung
.5x3x.x5x235x2x216.56t6y6y
ko-ngasgan-da-nyaO ....
122222222
ma-wèhra-rasrê-na-
12212653(2e6.6535.533t.2)
ningdri-yaO ...umpak gêndèr

Rukmarata kabêdhol nyêmbah lajêng kaajêngakên tancêp nDhodhog kothak rangkêp (dhê-ro-dhog).

Têrus ginêm:

Prabu Salya: "Kulup Rukmarata. Marma sira ingsun piji kulup, arsa ingsun pundhuti palapuranira. Kapriye mungguh wartane musnane mbakyunira Si Irawati. Apa wis ana sisik mêlik apadene pawarta kang cêtha ana ngêndi dununge kulup."

--- 15 ---

Rukmarata: "Adhuh kangjêng rama dewaji jimat pêpundhèn kawula. Ingkang putra nyadhong dêduka ingkang kathah mugi kaparênga kangjêng rama anyirnakakên putra paduka kula pun Rukmarata. Jalaran sadaya pambudidayanipun ingkang putra dalah para kawula praja Mandraka cabar tanpa wusana. Ngantos dumugining mangsa samangke dèrèng pikantuk pêpajar. Pramila kangjêng rama, kawula namung sumanggèng karsa.

Babak unjal Prabu Salya ngucap dhadha dipun sêndhoni Pananggalan.

6.666x6x6x6x522
Siyangpan-tararatriamungcip-
22221.6x5x5x5
tapu-ku-lun,O .....tan
5522x2x2x1x2x35635
nalyankaèksi milaka-a-tur
x5x3x2x2x35x2x3x52x2x16
kangcun-dha-ma-nik,pra-
x5x333x35x3x23x55
sa-satra-gèngu-lun
35512x2x.x3x5x2x.x3x52
kangsu-mêm-bah,munggwèngpa-
2221656.6
dantapra-bumyangka-
666x6x5x6x3x22
gung-antasingsimsak-sat
22x2x235x5x6x3
sam-punprap-tika-ton
333x2x2x3x52x.x3x.x52
as-tapu-kulunwulat-ên
x2x2x1x6x5x3x3x3(335323556666 56532)22
nar-patia ...umpak gêndèrra-ma
22x2x1x1x2x1x62.1 (1112612312.623635235)
de-wa-ning-sunO .....

Satêlasing sêndhon nggêdhog kothak rangkêp (dhê–ro–dhog).

Lajêng kacariyosakên:

Mangkana ta Sri Narendra Prabu Salya dupi midhangêt aturipun ingkang putra R. Rukmarata, padha sanalika peloh sariranipun, yayah linolosan bayu angganira. Têlasing pangarsa-arsa. Pasêmoning wadana kucêm pindha sasadara karahinan. Dhêlêg-dhêlêg kadya tugu sinukarta mawantu-wantu mangunjal prana, ngusap jaja. Amandêng tanpa tujuan. Saking dahat èmêng ing panggalih. Jroning kalbu angentha-entha kaya-kaya kang putra kusumaning ayu Dèwi Irawati jroning pasiksan. Tansah cumanthèl ing têlênging netra, sêkêling panggalihira ingkang garwa Kusuma Dèwi Sêtyawati. Ing pangarsa kaya-kaya angrungkêpi ing padanira kanthi sêsambat amêlasarsa. Saking sêkêling panggalihira sang prabu, mrabawani sapêndhapa agung. Datan ana ingkang kuwagang imbal wacana, sadaya amung dhêlêg-dhêlêg akêdhèp têsmak kamiwêlasên anon sang aji kang lagya nawung kingkin, sawênèh padha

--- 16 ---

sawang-sinawang jroning cipta upama kawijila samya têtanya padha rowang. Saking samya katungkul anggènira ngulatakên solah bawaning narpati tan wuninga mring rawuhira Rahadyan Pamadi. Sawusnya minggah pandhapa rêpèpèh-rêpèpèh kadya sata manggih krama patrape."

nDhodhog kothak kaping 5 lamba tamban sasmita nêdha gêndhing ayak-ayakan. Mungêl gêndhing ayak-ayakan, nyêpêng Radèn Pamadi kawêdalakên saking kiwa dumugi sangajêngipun Prabu Salya anyêmbah mbalik kalampahakên mangiwa andhap (kapêtha lampah dhodhok) malik-malik nyêmbah lajêng tancêp sangajêngipun Rukmarata.

nDhodhog kothak rangkêp sasmita sirêpan, lajêng njantur.

"Katungkul bela sungkawa datan uninga saka sangkanira Rahadyan Pamadi. Pramila samya kagyat gora wêkasan anyipati kabagusanira myang jatmikaning tindak marang kang nêmbe prapti. Katêmbèning kang wuninga andugi lamun punika jawata saking suralaya tumurun, arsa paring pêpajar mring murcaning Kusumayu Irawati. Amung sang nata kang tan sêmang ing pandulu, lamun ingkang nêmbe prapti satuhu panêngahing Pandhawa pulunanira pribadi, putranira ingkang rayi Prb. Pandhu kêkasih R. Pamadi. Pramila alon wijiling pangandika sang aji."

Lajêng ndhodhog kothak sêpisan sasmita bilih janturan sampun rampung.

Gangsa mantun sirêpan. Sawatawis lajêng suwuk. Sasuwuking gêndhing têrus ginêm, pramila bibar suwuk dipun singgêt mawi dhodhogan kothak rangkêp, pratandha tanpa pathêtan.

Prabu Salya: "Dak waspadakake kaya putraningsun Pamadi. Pamadi padha raharja praptanira kulup?"

Pamadi: "Kaluhuran dhawuhipun wa prabu. Botên klèntu putra paduka Pamadi ingkang sowan. Lulus raharja pisowan kula, kula ngaturakên sêmbah pangabêkti kula mugi konjuka saandhaping pêpadha wa, prabu."

Prabu Salya: "Iya, iya nggèr dak tampa kanthi suka rênaning ati. Pangèstuningsun bae tampanên kulup!"

Pamadi: "Dahat pamundhi kula wa prabu katampi tangan kalih kapundhi mustaka mugi dadosa jimat paripih!"

Prabu Salya: "Iya kulup Pamadi. Ora liwat dikêpenakake lênggahira."

Pamadi: "Nuwun inggih wa prabu, botên kirang sakeca."

Rukmarata: "Yayi Pamadi. Padha raharja praptanira yayi."

Pamadi: "Raharja kakang mas pangabêkti kula katur."

Rukmarata: "Iya, iya yayi tiba sapadha-padha."

--- 17 ---

Patih Tuhayata: "Kula ngaturakên bêkti radèn, rawuh paduka ing Mandraka dèrèng dangu."

Pamadi: "Inggih sang rêkyana patih, kula tampi dhawah sami-sami."

Prabu Salya: "Kok kadingarèn kulup Pamadi sira prapta ing Mandraka datanpa rowang, apa mung mratinjo nglangke apa baya ana wigatining laku, apa diutus rakanta prabu. Mara sajarwaa kulup!"

Pamadi: "Kawula nuwun inggih wa prabu, mugi tinêbihna tulak sarak, linêpatna ing sapudhêndha. Putra paduka kula kamipurun marak datan tinimbalan. Lugunipun pisowan kula saking kajêng kula piyambak awit kajawi dangu botên sowan ugi kapengin ngyêktoskên ujaring bakul sinambiwara. Ujaring kabar kabur kanginan bilih ing Mandraka wêkdal mangke kataman pêpêtêng wit murcanipun kakang mbok Irawati. Punika punapa nyata wa prabu?"

Prabu Salya: "I lha dalah jagad wasesaning bathara. Pamadi bênêr aturira nggèr. Pancèn nyata kalamun mbakyumu Irawati wêktu mêngko musna saka praja Mandraka wus watarèng saptari kalungguhan iki. Wus ora kurang-kurang pambudidayane kadang-kadangira ing Mandraka apadene para kawula. Nanging tumêkaning samêngko durung ana sisik mêlik ingkang gumathok."

"O Pamadi, Pamadi, kaya apa susahe wakira ratu. Kaya-kaya mati raga. Mula niyat ingsun Pamadi sêksènana ingsun arsa pasanggiri. Sing sapa bisa nêmokakên mbakyunira si Irawati, yèn priya bakal ingsun dhaupake ing têmbe, lamun wanita sun anggêp kadang sinarawèdi lawan mbakyunira."

Pamadi: "Kaluhuran dhawuh paduka wa prabu, kula ngèstokakên dhawuh."

Kasinggêt mawi dhodhogan "dhê-ro-dhog" lajêng kacariyosakên:

"Kocap kacarita, dèrèng têlas pangandikaning narendra kasaru gègèring njawi, sowanira tamu saking nagari Ngastina Dahyang Drona anganthi nindya mantri Sangkuni."

Drona (namung suwantên): "Oook, ook. E lole, samarante, nggèr anak Prabu Salya, amit pasang taliman tabik mugi tinêbihna ing siku dhêndha bapa paduka ing Sokalima ingkang sowan nggèr."

Salya (kumlawe): "Adhuh paman, suwawi kula aturi lajêng tindakipun."

nDhodhog kothak x 5 lamba kalihan dipun kombangi "O..." gangsa ayak-ayakan. Sawêtawis lajêng kasinggêt dhodhogan "dhê–ro–dhog" gangsa.

--- 18 ---

Salya: "Kulup Pamadi, mara manjinga ing jroning puri, sowana wakira ratu kulup, iki sajake ana tamu saka Ngastina."

Pamadi: "Ngèstokakên dhawuh wa prabu."

Salya: "Rukmarata, pêthukên anggèr tamu saka Astina iki."

Rukmarata: "Kawula nuwun dhatêng sandika kangjêng rama."

Dipun kombangi "O..." gangsa mantun sirêpan. Pamadi nyêmbah kabêdhol lajêng kapêtha lampah dhodhok mlêbêt manêngên. Rukmarata nyêmbah kabêdhol pindhah ing sangandhaping Prabu Salya, paseban têngên majêng mangiwa.

Lajêng Pandhita Durna mêdal saking kiwa dipun acarani dening Prabu Salya, tabik karna lajêng tancêp jêjêg wontên gêdêbog nginggil. Lajêng ngêdalakên Patih Sangkuni, nyêmbah lajêng tancêp wontên ing sawingkingipun Pandhita Drona.

Sasampunipun tumata ayak-ayakan kasuwak, lajêng dipun pathêti pathêt 6 wantah.

33333x2x.x32
lêng-lêngra-mya-ningkangsa-
35555x3xx5x6x3x3x.x5x3x2
sang-kaku-mê-nyar,O .....
66666x6x1x6
ma-ngrêngga-ru-mingpu-
5x2x1x2x1x.x63x2222
riO ......mang-kintan-pa
221x2x3x5x6x3x5x.x3
si-ringha-lêpingkangumah
x2x2x352x3x5x52352
maslwirmu-rub-ingla-
221656xyxyxyxyxy122222
ngit,O .....têkwamsa-wama-
121 x2x1 6 x5x3(wettetyyet.tyw)
nikO .....umpak gêndèr

Ginêm:

Salya: "Nuwun, radi andadosakên guguping manah, sami raharja rawuhipun Panêmbahan Drona wontên ing nagari Mandraka paman?"

Drona: "E lole-lole samarante êmprit gantil omah joglo buntute raharja nggèr pisowanipun bapa paduka kula datan manggih sakara-kara. Amung pambagenipun anak prabu katampi ing asta kêkalih mugi dadosa jêjimat."

Salya: "Nuwun inggih paman kasinggihan. Lajêng andika kakang Patih Sangkuni kanthi raharja praptanira ing Mandraka."

Sangkuni: "Nuwun inggih sinuwun, raharja pisowan kawula Mandraka, amung patikbra ngaturakên pangabêkti kunjuka ing pêpadha."

--- 19 ---

Salya: "Iya kakang bangêt panarimaku tiba sapadha-padha. Mangke ta mangke paman Panêmbahan Drona sajak mêngku wigatos rawuh paduka ing Praja Mandraka. Punapa namung rawuh mratinjo punapa dinuta ing anak Prb. Anom Duryudana."

Drona: "Hee, Ok, oook inggih nggèr. Kêparênga munjuk atur. Sowanipun pun bapa ing Mandraka sêpisan inggih namung mratinjo tuwin kasugênganipun anak prabu Mandraka."

Salya: "Paman panêmbahan inggih."

Drona: "Jangkêp kaping kalih kula dinuta ing anak Prabu Anom Duryudana ngaturakên sêmbah pangabêkti, mugi kunjuka ing ngarsanipun anak Prabu Mandraka."

Salya: "Paman panêmbahan ênggih, sampun katampi pangabêktinipun anak Prabu Duryudana, ing mangke kula titip pangèstu kula mugi kaaturna anak Prabu Kurupati."

Drona: "Inggih nggèr anak prabu, badhe dados atur sawangsul kula ing praja. Jangkêp kaping tiga, punika wigatosing lampah. Inggih awrat-awratipun dados pamonging ratu. Sêjatosipun pun bapa kapasrahan kinèn ngêbun-êbun enjing jêjawah sontên. Gandhèng sampun sawêtawis lami anak Prabu Anom Kurupati jumênêng narpati ing Astina mangka wêkdal sapunika taksih lamban, pramila anggèr anak prabu sarju ing panggalih anak Prabu Kurupati kêpengin ngêmong putra paduka ingkang pambayun inggih kusumaning ayu Dèwi Irawati. Kenginga dados têtimbanganing nata, kapasrahan angrênggani praja Ngastina. Makatên anggèr samangke kêng bapa sumanggèng karsa."

Salya: "Adhuh bapa panêmbahan. Bêgja kêmayangan dene pun Irawati kakêrsakakên anak Prabu Kurupati. Nanging paman panêmbahan, mugi ndadosna kawuningan. Sampun sapta ri kalênggahan punika nagari Mandraka kataman ing prihatos, awit anak kula pun Irawati murca saking salêbêting kaputrèn datan nilar tabêt, kados pinulung ing jawata musna saraganipun. Eman sadumugining sapriki kula dèrèng angsal wêwêngan ingkang gumathok. Dados kula kêpêksa botên sagêd ngaturakên pun Irawati kanthi lêlancaran. Mila inggih sawêg nama bêgja kula dene anak èstri sampun wontên trontonging kamulyan awitdene badhe kakêrsakakên narendra binathara ing Ngastina têka malah manggih rêribêt. Namung paman, sampun dados kêkudanganing manah, murcanipun pun Irawati, inggih awit saking judhêging nalar, lajêng kula damêl pasanggiri. Datan mawas sintêna ingkang manggihakên. Yèn jalêr dadosa guru lakinipun, bilih èstri ingkang sagêd manggihakên manjinga dados sadhèrèk sinarawadi.[5]

--- 20 ---

Dados langkung kados punapa agênging manah kula manawi anak Prabu Kurupati ingkang sagêd manggihakên pun Irawati. Punika paman mugi ndadosna kawuningan."

Drona: "E, oook, oook. Sampun têrang pangandikanipun anak Prabu Salya, kula sagah badhe madosi pun Kusumaayu Irawati ngantos kêpanggih badhe dados garwanipun anak Prb. Kurupati. Ing mangke pun bapa kêparênga mêdal pasilan. Ayo adhi Cani enggal pamita."

Sêngkuni: "Iya wakne Gondhèl. Sinuwun kula nyuwun pamit madal pasilan."

Salya: "Nuwun inggih ndhèrèkakên basuki mugi angsala damêl kasêmbadan sêdyanipun anak Prabu Kurupati."

nDhodhog kothak rangkêp kaping 7 gangsa mungêl srêpêgan 6. Drona lan Sangkuni manêmbah lajêng kaundur. Gangsa suwuk lajêng katutup dhodhogan "dhê–ro–dhog" tanpa pathêtan. Ginêm:

Salya: "Kulup Rukmarata. Undhangana marang para kawula kabèh lamun ingsun wêktune samangko nganakake pasanggiri. Sing sapa bisa nêmokake mbakyunira Irawati nêdya ingsun dhaupake ing têmbe, lamun priya. Yèn wanita manjinga sêdulur sinarawèdi."

Rukmarata: "Kawula nuwun inggih kangjêng rama, ngèstokakên dhawuh ingkang pangandika."

Prabu Salya:"Ngiras pantês budhalna pasewakan kulup Rukmarata. Ingsun arsa kondur angêdhaton."

Rukmarata: "Punapa sampun botên wontên dhawuh malih ingkang rumêntah ing putra paduka kangjêng rama."

Prabu Salya: "Kaya-kaya wis ora ana, wis anggèr aja sira kaya bocah cilik, diprayitna pangrêksanira praja aja nganti kabêsturon. Lan awya kurang wêweka sumêbaring patêmbayaningsun."

Rukmarata: "Nuwun inggih kangjêng rama. Nyuwun idi pangèstu."

Prabu Salya: "Iya iya kulup Rukmarata."

nDhodhog kothak rangkêp dhê–ro–dhog lajêng kacariyosakên:

"Wus paripurna dhawuh sabda pandhita pangandikaning ratu datan kêna wola-wali sêpisan dadi, yayah dlancang seta katulisan mangsi. Amila sang prabu têdhak jlêg saking palênggahan anggapit gamparan kêncana arsa kondur ngêdhaton. Piyak ngarsa tangkêp ing wuri."

Dhodhok kothak x 5 lamba, sasmita nêdha gêndhing ayak-ayakan Prabu Salya kabêdhol lajêng kalampahakên manêngên. Êmban Cangik lan Limbuk ugi kabêdhol têrus malik kalampahakên manêngên.

--- 21 ---

Rukmarata bêdholan nyêmbah, malik kalampahakên mangiwa. Sêmantên ugi Patih Tuhayata.

Nyêpêng Prabu Salya malih kalampahakên saking kiwa manêngên têrus kaêntas. Lajêng parêkan kalampahakên jogedan saking kiwa manêngên têrus kaêntas. Tangan kiwa nyêpêng Limbuk têngên nyêpêng Cangik kalampahakên saking kiwa sêsarêngan (sasagêd-sagêd ingkang gêcul) têrus kaêntas.

Kayon ing sisih têngên kajêjêgakên. Êmban satunggalipun kalampahakên saking kiwa manêngên jogedan dumugi, panggenan kayon lajêng malik tancêp (kapêtha mipi kori).

Prabu Salya mêdal kiwa kalampahakên manêngên dipun tut wingking êmban satunggalipun. Lajêng tancêp cêlak kayon. Êmban tancêp sawingkingipun ndhodhog kothak rangkêp dipun rumiyini dhodhogan sêpisan mungêl "dhog–dhê–ro–dhog" gong sasmita sirêpan.

Tumuntên janturan, janturan gapuran.

Sêbêt byar katalika ing kana ta wau Sang Prabu wus jêngkar saking sitinggil binatu rata arsa kondur angêdhaton. Anggapit gamparan kêncana ginarêbêg ing cèthi parêkan jaka palara-lara salajur sisih, ingkang samya angampil upacara banyakdhalang, sawunggaling, ardawalika. Menthogmas, bèbèkmas dwipangga kêncan kêmbarmayang godhongklêpu dewandaru, sugihmanik rêroncèn sêsotya nawarêtna. Binarung swaraning monggang ingkang ngrangin panutaning para srimpi badhaya manggung katanggung ingkang lenggotbawa ngarak konduring narendra. Kathah para kênya ingkang sulistya ing warna. Mêlok-mêlok wêdanane rompyoh-rompyoh sêsinome mandul-mandul payudharane. Pancèn dadya brantane para taruna. Nalika samana sang narpati ngagêm busananing kêprabon. Apa ta busananira. Jamang mas sungsun tiga kinancingan garudha mungkur, utah-utahane sinangga ing praba.

Anting-anting mas sêsotya, sumping kêncana rineka gêgubahan sorèng pati. Sangsangan ulur-ulur naga karangrang dawala ngiras têtali. Kêlatbau naga mangsa, supe tanjung sakêmbaran, gêlang kana rinangkêp salumpringan. Paningsêt cindhe puspita gubêg, kampuh limar kêtangi miwah ukup byur rinenda rukmi. Wangkingan warangka ladrang, ukiran nunggaksêmi, dhuwung tinatah tinanurêngga sinêlut mêndhak kêmalon rêkta. Sinongsongan kêrtas jêjêne pinarada byur. Ngagêm badhong giwangkoro, lancingan cindhe biru mayas-mayas sinulam angrawit. Tindakira sri narendra lêngkèh-lêngkèh kaya singa lupa, lembehane mêrak kasimpir riyak amucang kanginan. Satindak mandhêg, sapêcak tumolèh

--- 22 ---

labêt èmênging wardaya. Jroning cipta tansah èngêt dhawuh pangandikanira jroning pasewakan. Amila sang prabu kèndêl sangajênging gapura arsa mriksani uparêngganing gapura, kinarya panglipuring driya. Agênging gapura samahamèru, luhuring gapura sapucang lawan tirisan. Pucaking gapura sinungan mêmaniking warih sêpuh jênggi gêdhene. Katon mubyar-mubyar kantar-kantar rêbut sorot lawan sang pratanggapati. Kadya baskara kêmbar ing dharatan. Siraping gapura parunggusari, adêg-adêg wêsi balitung.

Talundhang akik jêjobinan, têbing têmbaga, êmas salaka malêngkung pinindha kaluwung ingkang nginum toya, utah-utahan dèn jogên ing palataran pinindha sumêmburing wisa saking nagaraja. Inêping gapura gêdhah, tinulis gambar kamandaka jalu lan èstri. Yèn mênga kang gapura pindha bedhang kêncan sêmayan, kalamun minêp ingkang gapura pindha mantèn posah-pasihan. Pipining gapura sinungan gupala sakêmbaran. Dèn awak-awaki parunggusari, rambut pamor mata kumala, binrêngosan kawat, untu jatha salaka mênur. Ilat-ilatan mas jingga, irung jinara trusing talingan dèn ingon-ingoni brêmana lawan brêmani. Brêmana kombang lanang, brêmani kombang wadon. Ponang gupala cinêpêngan gada myang tamèng. Amila kalamun mênga minêbing gapura gumêrot binarung swaraning brêmana gêrêng-gêrêng kaya sardula arsa mêmangsa. Katêmbèn ingkang uninga sirna sipating gupala kadi Sang Cingkarabala Balaupata, rasêksa dèwa kang njaga ing lawang sela matangkêp. Palataraning dhatulaya sinêbaran nila pakoja akik jumêrut mutiara. Pramila mênawi kasampar kasandhung pating galêbyar, pating pancurat lir kartika asilih pêrnah.

Dhasar nagari Mandraka gasik aradin anumpang warih. Ana umbul tinalangan dèn jogên têtêlihan, wutahe pinara-para kinarya ngrêsiki jroning dhatulaya miwah padusaning para putri. Marmanira lamun anuju ari Soma myang Rêspati, ilining tirta mrik arum angambar-ambar gandane kalunturan konyohing para putri myang srimpi badhaya ingkang samya adus. Layoning kêmbang pindha sarah. Mila datan ana ganda kang kuciwa jroning dhatulaya.

Saking kathahing rêrêngganing dhatulaya kang kinardi: sêsotya nawarêtna nganti datan kantênan siyang dalune. Lamun pinuju panglong kadya wulan purnama, yèn purnama saya anêlahi. Kang kinarya antara ana paksi jiwa-jiwa sajodho. Yèn sami saba pratandhaning rahina, kalamun mencok jêjodhoan pratandhaning ratri. Wêkasan jalma saisining dhatulaya anut laku jantraning manuk.

--- 23 ---

Nalika samana wus paripurna anggènira mriksani uparêngganing gapura sang aji, radi wontên enggaring driya sawêtara. Sigra sung sasmita dhumatêng parêkan ingkang amipi kori kinèn awarta sang kusuma ratu. Kalamun sang prabu arsa kondur angêdhaton, kaya mangkana pangandikanira: "Êmban, warahên gustimu kusuma ratu yèn ingsun wus kondur ngêdhaton!"

Êmban: "Kawula nuwun inggih sinuwun."
"O ..."

Dipun kombangi anut iramaning gangsa, pratandha janturan sampun rampung gangsa mantun sirêpan êmban ingkang mipi kori kabêdhol malik lajêng kalampahakên manêngên. Sang prabu kabêdhol kalampahakên manêngên dipun dhèrèkakên êmban satunggalipun. Nyandhak ringgit Sêtyawati, kawêdalakên saking tangèn.[6] Kapapag Pb. Salya. Pb. Salya tancêp ing kiwa. Dw. Sêtyawati nyêmbah ngusap pada lajêng gêgandhengan asta kalampahakên manêngên, dumugi têngên Prabu Salya tancêp ing têngên. Sêtyawati ing kiwa Surtikanthi lan Banuwati saking kiwa nyêmbah mêngkêr tancêp sawingkingipun Sêtyawati, Surtikanthi ing ngajêng. Kasusul R. Pamadi nyêmbah tancêp ing sawingkingipun Banowati.

nDhodhog kothak banyu tumètès ndungkap dhawahing gong katutup dhodhogan rangkêp, sasmita gangsa sirêpan. Lajêng njantur:

"Punika ta warnanira ingkang wontên kênya puri sang narpadayita, kusumaning ayu Dèwi Sêtyawati. Nalika samana sang dyah lagya dahat nawung kingkin. Sangga uwang maca arawat maca udrasa. Wit saking murcanira ingkang putra kinasih Kusuma Ayu Dèwi Irawati. Watara sapta ari anggung karuna, mila bintiting pasuryan angrubah endahing warna, lamun tinadhahan waspane watara ana sajèdhi. Dadya wêlasan ingkang uninga.

Guragapan dupi dèn aturi priksa ing parêkan ingkang ndhèrèk sewaka, kalamun sang prabu wus kandur. Gurawalan tindakira angrungkêpi padanira ingkang raka angasta sêkar sêtaman wijikaning sri bupati. Kêpanggih sawingkinging gapura, sigra nyêmbah amijiki ingkang raka. Têrus kêkanthèn asta manjing jroning dhatulaya. Mangka wus satata lênggah. Sang narendra myang pramèswari, ingadhêp ingkang putra Kusuma Dèwi Surtikanthi ingkang tuhu sulistyèng warna. Kaduk luruh pasêmone, arum manis kalamun nuju ngandika miwah ingkang rayi Kusuma Dèwi Banowati. Ingkang pranyata sulistya ing warna. Ambranyak pasêmone, bêngle kiris pamulu lir mas sinangling. Gonas-ganès kaduk manis wiragane, nanging datan nguwatiri. Putri kêkalih saranduning sarira datan ana kang kuciwa, pantês

--- 24 ---

dadya sêkar lathining para taruna. Ingkang ngadhêp ing wurinira, iya Rahadyan Pamadi ingkang kinanthi narendra saking pasewakan. Amarikèlu wadanane yayah konjêm-konjêma bantala. Wuninga ingkang uwa sang narpati dahat kamiwêlasên ing driya Risang Pamadi. Jroning cipta ngandika: "I lha dalah apa baya kang bisa nyaranani amrih wa ratu nir ing dhuhkita panggalih. Sawusnya satata lênggah kaya mangkana wijiling pangandika kusuma dèwi:

O...

Dipun kombangi anut iramaning gêndhing pratandha janturan sampun têlas, gangsa mantun sirêpan. Sawêtawis lajêng suwuk. Suwuking gangsa dipun sambêt pathêtan, pathêt 6 wantah.

33333x2x.x32
lêng-lêngra-mya-ningkangsa-
35555x3x.x5x6x3x3x.x5x3x2
sang-kaku-mê-nyar,O .....
66666x6x1x6
ma-ngrêng-garu-mingpu-
5x2x1x2x1x.x63x2222
riO ......mang-kintan-pa
2212x3x5x6x3x5x.x3
si-ringha-lêpingkangumah
x2x2x352x3x5x552352
maslwirmu-rub-ingla-
221656xyxyxyxyxyx1x22222
ngit,O .....têkwamsar-wama-
121 x2x1 6 x5x3(wettetyyet.t62)
nikO .....umpak gêndèr

nDhodhog kothak rangkêp têrus ginêm:

Sêtyawati: "Nuwun kangjêng sinuwun, kula ngaturakên pangabêkti sarawuh paduka ing dhatulaya sinuwun?"

Prabu Salya: "Iya yayi ratu, ingsun tampa kanthi suka rênaning pênggalih, pangèstuku bae tumrupa jênêng sira yayi."

Sêtyawati: "Kaluhuran ingkang adhawuh pangandika sinuwun kula tampi tangan kalih kapundhi ing mustaka dadosa rah daging kayuwanan kula."

Banowati: "Kula ngaturkên sêmbah pangabêkti kula konjuka saandhaping pêpada kangjêng rama."

Prabu Salya: "Ya nini bangêt panarimaku, pangèstuku gênti tampanana."

Banowati: "Inggih kangjêng rama dahat pamundhi kula, kula cadhong tangan kêkalih kula pundhi ing mustaka dadosa jimat kangjêng rama."

Surtikanthi: "Kula ngaturakên sêmbah pangabêkti mugi kunjuka ing saandhaping pêpada kangjêng rama."

--- 25 ---

Prabu Salya: "Iya nini dèwi bangêt parimaku[7] pangèstuningsun tampanana."

Surtikanthi: "Nuwun inggih kangjêng rama kapundhi ing mustaka dadosa jêjimat."

Prabu Salya: "Nini putri iya."

Sêtyawati: "Têka bênèh kalihan padatan sinuwun, pasewakan dintên mangke, punapa kewala ingkang dhinawuhakên kêparêng ri paduka kula dipun paringi dhawuh."

Prabu Salya: "Iya yayi ratu beda lan adat sabên. Pasewakan dina iki, ora liya manèh ingkang sun dhawuhake, kajaba ruwêt rêntênging Praja Mandraka uga bab murcane putranta Si Irawati. Sun dangu siji sawiji anggone padha ngupaya sisik mêlik, nanging cabar tanpa wusana. Malah nuli kêtamuan plunanira putrane yayi Pandhu Dewanata sing panêngah, amartakake bab musnane putranta Si Irawati. Manut pandongane yayi sajak Pamadi iki kang adhapur daradasih pêpadhange praja Mandraka. Mula ingsun kanthi manjing dhatulaya dimène bisa naliti dikongsi cêtha tapak tabête durjana sajroning pagêdhongan yayi."

Sêtyawati: "Kawula nuwun inggih sinuwun. Kulup Pamadi kanthi basuki swanira kulup?"

Pamadi: "Nuwun inggih wa ratu angsal idi pangèstu paduka lulus raharja pisowan kula. Sêmbah pangabêkti kula konjuka."

Sêtyawati: "Iya iya kulup, dikêpenakake lênggahira."

Pamadi: "Sampun botên kirang prayogi."

Banowati: "Tobat-tobat ki mau Pamadi ta têka anggak têmên. Sajak kaya durung nate srawung, lênggah nèng mburi mênêng-mênêngan bae."

Pamadi: "Inggih kangmbok, ingkang angkuh sanès Pamadi. Yêktosipun ingkang kagungan dalêm."

Banowati: "Iya iya Pamadi ndak akoni, nanging wong jane aku ora wêruh iki mau. Rak ya padha slamêt ta dhimas?"

Pamadi: "Inggih wilujêng bêkti kula katur."

Banowati: "Iya iya tiba sapadha-padha."

Pamadi: "Kangmbok Surtikanthi, sêmbah pangabêkti kula katur."

Surtikanthi: "Adhuh katiwasan kalah dhisik aku. Iya yayi ndak tampa pangèstuku tampanana."

Pamadi: "Nuwun inggih kakang mbok."

Sêtyawati: "Lajêng kêparêngipun kangjêng sinuwun kadospundi?"

Prabu Salya: "Dadya wruhanira yayi, jroning pasewakan ingsun ngundhangake, pasanggiri. Sing sapa bisa nêmokake putranira Nini Irawati bakal ingsun ganjar gêdhe. Yèn kakung têtêpa dadi

--- 26 ---

jatukramane, yèn wadon manjinga sadulur sinarawèdi. Mulane yayi ratu ingsun nêdya minta nugrahaning jawata marang ing sanggar pamêlêngan tatanên sêsajinira."

Sêtyawati: "Banowati apa wis kok tata sêsaji ing sanggar pamêlêngan, Banowati?"

Banowati "Sampun samêkta sadaya kangjêng ibu."

Prabu Salya: "Sokur bage sêkêthi." Pamadi sira sun lilani manjing kaputrèn naliti priksa tapak tabête durjana. Gêdhe pangarêp-arêpku sira kang bisa mberat mêmalaning praja Mandaraka kulup."

Pamadi: "Nuwun inggih kangjêng wa, nyuwun idi pangèstu."

Prabu Salya: "Iya nggèr dak pangèstoni. Surtikanthi, Banowati kanthinên adhimu Pamadi naliti kaananing dhatulaya."

Banowati ngglandhang Pamadi kalihan ginêm:

"Inggih inggih nJêng Rama. Ayo ayo dhimas. Mangga kangmbok."

Surtikanthi: "Iya ayo yayi Banowati."

Pamadi: "Mangga kangmbok, ning ya aja diglandhang bae ta."

Surtikanthi kabêdhol lajêng dipun tutakên Pamadi dipun kanthi Banowati kalampahakên.

Prabu Salya: "Yayi ratu. Ayo dhèrèkna pun kakang manjing ing sana busana."

Sêtyawati: "Sumangga sinuwun kula dhèrèkakên."

Gangsa mungêl ayak-ayakan manyura dipun bukani dhodhogan kothak lamba x 5. Salya lan Sêtyawati akanthèn asta kalampahakên manêngên. Minangka lucon amrih mbotên nyèlèhi kasêling limbukan. Limbuk mêdal saking têngên kapêtha rêsik-rêsik, dumugi têngah-têngahan mandhêg radi dangu. Kasusul Cangik mêdal saking têngên dumugi panggènanipun Limbuk lajêng tumut mandhêg Limbuk dipun cablèk kagèt, lajêng malik kalihan ginêm: (Gangsa sirêpan mawi atêr-atêr dhodhogan kothak rangkêp).

Limbuk: "Ana apa yung kowe nyablèk aku gawe kagèt. Saking kagètku njênggirat nganti sêtagènku pêdhot yung. Tujune kêtututan."

Cangik: "Anakku nggèr anakku Endhang Harini Pudyastuti Sulistyaningrum Marendahyani Darajati Janmikawati Purnamaningrat. "E e tobil-tobil. Aku anggèr ngundang anakku iki kok njur kelingan kangmas Bèi sing wis suwargi. Kangmas Bèi kangmas Bèi wong ninggal putra siji rupane sêgêr rujak sênthe wae, nunggalane jênêng ora kuwat 10 pikul.

--- 27 ---

"Anakku nggèr, anakku. Kowe kok agêr-agêr cao anggêr-anggêr mêsthi ngono. Ora susah kok cêngêl-cêngêlake aku iki wong tuwa ya nggèr mundhak marai kêranta-rantaning atiku."

Limbuk: "Gèk sing marai kêranta-ranta ki apa yung?"
"Olèhku dhêlêg-dhêlêg kuwi aku ora duwe pênjaluk apa-apa. Mung mèlu mikir sang prabu."

Cangik: "O lha ya kuwi nggèr, sing aku njur kêranta-ranta. Aku wis rumangsa nggèr, yèn kowe kuwi wis wanci, nanging kêpriye manèh. Mula nggèr tak sawang kowe wêruh ingkang sinuwun kanthèn asta njur dadi timun diiris-iris. Ngalamun ora uwis-uwis. Aja nggèr aja, manungsa duwe pêpêsthèn dhewe-dhewe. Aja sok mèrèkake kabêgjane liyan ya nggèr, yèn nyawang iku aja mung dhangak wae, nanging nyawang iku sapadha-padhamu, sokur nyawang sapêngisormu, supaya ora rumangsa apês uripmu. Ora pisan-pisan rumangsa apês uripmu ya nggèr ya."

Limbuk: "O ngono yung panêmumu. Ora pisan-pisan aku mèri karo kabêgjane liyan yung: Aku ora nggagas iku, ora nggagas le kêkanthèn asta kang sinuwun. Dadi panêmumu iku ngalor ngidul karo gagasanku. Sing dak gagas iku adiling dewa anggone pêparing. Coba yung saiki gagasên. Bungah susah iku satêmêne ora pilih papan. Yèn kawula cilik susah olèhe golèk butuh mangan sadinane, barêng sang prabu ora kurang barang-barang ya susah awit kelangan putrane. Mangka yèn dinalar wiwit umur 14 th, sang dèwi iku wis dipingit, ora tau wêruh priya lha kok mêksa lunga karo yange. Lho kuwi rak mung sarana supaya sang prabu uga kêtaman susah ya yung."

Cangik: "E e tobil-tobil. Lha kok duwe panêmu dhuwur timên nggèr kowe, apa iku mau yange, nggèr?"

Limbuk: "Êmbuh yung aku dhewe ora bisa. Aku iki mung mèlu-mèlu yung. Mula yèn saka panêmuku dipingit-pingit tumrape wanita iku wis ora njamani tumraping jaman saiki. Coba yung contone aku iki, ora susah kok pingit, ora susah kok kuwatirake ora bakal nguwatiri awit aku iki nadyan ing pasrawungan prèi omgang, nanging waton-watoning kasusilan tak andhêmi têmênan."

Cangik: "E e tobil anakku nggèr anakku, sêploke lungan jare lès-lès kae kok pintêr têmbung-têmbung liya. Apa nggèr ongkang-ongkang ki mau?"

Limbuk: "Prèi omgang yung ora ongkang-ongkang, kuwi têgêse sêsrawungan kang bebas. Ora ana bedane priya lan wanita. Ugêr ora nrajang kasusilan."

"Aku kok arani prawan kasèp ki pira ta yung umurku?"

Cangik: "Anu nggèr kowe kuwi wis 20 taun ngancik iki."

--- 28 ---

Wong dhèk udan awu kae biyèn kowe kuwi sapihan. Mangka têlung Alip suk êmbèn kuwi!"

Limbuk: "Lha yèn lagi umur sêmono iku durung kasèp yung, iki durung kasèp."

Cangik: "Durung kasèp piye ta nggèr, wong barakanmu wis padha duwe ngêmban anak malahan ana sing loro utawa têlu. O nggèr mbokmanawa ora kêbênêran dinane sing tak anggo nyupitake kowe biyèn yake?"

Limbuk: "Ora ngono yung ora marga saka kuwi. Ya bèn kanca-kanca barakanku wis padha momong putra. Tumrap aku durung wayahe yung durung wayah. Yèn njaluk majuning bêbrayan kawin kuwi aja kurang saka 20 taun yèn wanita 25 taun lamun priya. Yèn bab jodhoku kowe ora pêrlu kuwatir yung besuk kowe ngêrti dhewe. Yèn umurku wis têka wayahe. Yèn saiki aku lagi klumpuk-klumpuk sangu kawruh ingkang kanggo bêsuk ing têmbe. Awit ora gampang jêjêr dadi kaum ibu kuwi yung. Kudu bisa bêkti laki. Ngubêtake butuh, nata wisma nggulawênthah putra wani karya lan liya-liyane. Dadi ora cukup yèn wanita mung bisa macak lan manak wae.

Cangik: "Tobil-tobil lagi nêmoni jaman saiki ana wong gêrang diwêjang bayi wingi sore. E nyata yèn dununging wulangan iki ora mung ana wong tuwa wae. Ora ta nggèr olèhmu ngèlmu dakik-dakik kuwi, saka ngêndi rumangsaku durung tau tak ajari."

Limbuk: "Saka tabêriku maca buku-buku yung. Mula wong sing ora bisa maca kaya kowe iku paribasan ora doyan panganan sing enak-enak. Lan anggone lès yèn ana wêktu nganggur."

Cangik: "Iya iya nggèr aku wis ngrumangsani nanging kêpriye pêcut disabêtake, wis kêbacut dikapakake."
Ora nggèr sapa calonmu kuwi, sing dadi karo kowe sapa?"
Wong rupamu ..."

Limbuk: "Mêsthine ya ana yung besuk kono kowe wêruh dhewe jalaran jodho kang pinasthi ora golèk gêbyaring rupa mubyaring busana sing dadi sosog wadhahing kêndhi, tur padha irênge."

Cangik: "Sokur nggèr, ayo aja kêsuwèn mundhak dadi dukaning sang prabu."

Cangik lan Limbuk mlêbêt dipun sêndhoni Kloloran:

33x3x5x6x5x3!!!
galaku-latka-ditha-
!!x1x2x1x622
thita-ba-rungkangpa-
2x1x23
mu-lu,a-

--- 29 ---

33653x5x.x32x.x1
lusma-nisma-wèhkung
x2x1x6x1x233xyx5x3x22q
O ....sêm-ba-dakanga-
ytex2x51.wq6
dê-dêgman-da-rang-kung
(eyeyewq2)222x1x.x23
(umpak gêndèr)a-go-rèhpanda-
3333x3x5x3x2x.x1
dyapan-têsma-larkung
2.xqxy(et.teytte5w.ety)
O .....umpak gêndèr

Taksih nyarêngi sêndhonan Surtikanthi lan Pamadi kawêdalakên. Tancêp Pamadi kiwa Surtikanthi têngên. Ginêm:

Surtikanthi: "Yayi Pamadi apa wis entuk titikan yayi anggonira niti priksa yayi?"

Pamadi: "Nuwun dèrèng angsal kakang mbok."

Surtikanthi: "(Radi dipun ajêngakên) Yayi Banowati mau mênyang ngêndi kok ora katon?"

Pamadi: "Ngêndika kondur ing patunggon badhe cawis dhahar kakang mbok."

Surtikanthi: "O, mangkono. Sajake yayi Pamadi ya sing arêp diwiwaha. Ayo ta dhimas mampir ing patunggonku aku ya kêpengin kêmbul dhahar lan yayi Pamadi."

Pamadi: "Nyuwun pangapuntên kakang mbok, kula radi kasesa badhe nyuwun pamit."

Surtikanthi: "Dadi yayi Pamadi ora gêlêm."

(Dhalang nêcêg kothak banyu tumètès, pratandha rêmbag badhe dados sêrêng)

Pamadi: "Nuwun inggih purunipun purun, nanging radi kêsêsa amargi sajakipun wontên tabêting duratmaka. Dados kula nyuwun pamit."

Surtikanthi nêsu: "Kêbangêtên yayi Pamadi sira nampik asih ingsun. Gawe lingsême Surtikanthi. Yayi ndak pujèkake nandhanga kulupan ing madyaning dêdalan yayi."

Dipun suluki ada-ada Mataraman jugag.

666666
Ridhuma-worma-nga-wor
6666x5x62
a-worwu-rah-an,tê-
x121111x6x.x12
nga-ra-ningaju-rit,gong
222222
ma-gurugang-satê-têg
2222x2x1x.63x2x1x6x5
ka-yabu-tul-aO .....

--- 30 ---

Nyarêngi ada-ada Surtikanthi klepat mlêbêt manêngên. Banowati mêdal saking kiwa malik sajak kagèt. Pamadi usap-usap dhadha. Ginêm:

Banowati: "Ana apa yayi cah bagus, polatanira kok bias lan riwenira dleweran?"

Pamadi: "Botên wontên punapa-punapa kangmbok."

Banowati: "Ah kok dadak silib, wong aku krungu dhewe kok, aku mau wis anguping cêdhak kono."

Pamadi: "Mênawi mirêng kok dadak nambong?"

Banowati: "Ya wis bèn rasakna. Ayo yayi pinarak ing patunggonku wis dak tatakke dhahar, lan nglêrêmake sarira dhisik."

Pamadi: "Nuwun kangmbok sêlak dipun êntosi para punakawan mêsakakên."

Banowati: "Ah alêsan. Kêpengin yèn Banowati muring kaya kangmbok Surtikanthi mau ta?"

Pamadi: "Inggih mbotên."

Banowati: "Lha iya ayo."

Pamadiiii:[8] "Ing ... ing ... gih sumangga."

Banowati: "Lha ya ngono ... kok le sajak isih jirih kuwi Pamadi, Pamadi."

Pamadi dipun glandhang Banowati dipun suluki ada-ada grêgêt saut.

.666666666
Ridhuma-worma-nga-wora-worwu-
6x5x6x2x121111x6xx1
rah-an,tê-nga-ra-ningpra-ju-rit,
111116x5x2x2x2x2x2x2
gongma-gu-rugang-saO .....têtêgkaya
11111x1x62111111
bu-tul-a,myangpan-jrit-ingtu-rang-
1x6x12222222
gès-thi,rê-kataking-kangdwi-ja
22x162.2165
lê-la-yuO .....

Gunungan katancêpakên ing têngah dhoyong manêngên sakêdhik lajêng kacariyosakên:

"Mangkana Sang Prabu Salya wus kondur angadhaton sasampunira paring pangandika dhatêng sang narpadayita, sang prabu sigra kinanthi manjing sana bujana. Nanging nalika samana sang prabu tan arsa bukti tan arsa ngunjuk labêt saking dahuruning tyas. Tanggap ing sasmita kusumaning ratu, ingkang raka sigra kinanthi manjing sana busana.

--- 31 ---

Lukar agêm-agêmaning narendra ngrasuk busana kapandhitan. Sigra manjing sanggar pamêlêngan, mapan sidhikara. Angasta kêmênyan samurdaning dipangga gêdhene katumpangakên ing agni. Murub mubyar makantar-kantar yayah sundhul ing akasa kukuse. Mapan sidhikara sang aji sêdhakêp krêkêp suku tungal, nutupi abah-abahan hawa sanga ngêningakên pancadriya. Panca lima driya pangangên-angên. Amberat nafsu limang prakara, linêbur kari sajuga ingkang pinusthi. Amandêng pucaking tursena, mranata wijiling prana, layap-layap ingaluyup ngambah alam rupaloka. Jagad kinukut amung samrica ginugut gêdhene. Nanging dudu jagade kang gumêlar amung jagade sang aji pribadi. Anyênyadhang tumuruning wahyu jatmika ingkang mrabawani praja Mandraka.

nDhodhog kothak rangkêp kangge singgêtan. Tuwin supados botên kêmba (cêmplang) salêbêting cariyos punika kasêrêngakên. Lajêng cariyos:

"Ênêngêna kang lagya manungku puja. Ora kaya kang ana pagêlaran jawi. Wuninga têdhakipun pangeran dipati anom saking sewaka surak ambata rubuh kaya gludhuging mangsa kêsanga."

(Sasmita nêdha gêndhing pêrang sanga).

Mungêl gêndhing pêrang sanga. Gunungan kabêdhol kawangsulakên ing papanipun. Nyandhak ringgit Rukmarata, mêdal saking têngên kalampahakên mangiwa kaêntas.

Mêdal malih saking têngên tancêp ngawe-awe lajêng Burisrawa mêdal saking kiwa. Rukmarata urmat lajêng tancêp Patih Tuhayata mêdal saking têngên dumugi kiwa tancêp tangan wingking katèmpèlakên sangajênging karna lajêng ngapurancang. Tumênggung Jayasutikna (ingkang kadamêl Patih Prabawa) mêdal saking kiwa tancêp nyêmbah sawingkingipun patih. Gangsa kasêsêrakên lajêng suwuk, kasambêt ada-ada grêgêt saut sinarêngan dhodhogan kothak nitir.

666666
Ri-katlam-pah-i-rèng
66666x5x6
ra-tatanan-ta-ra
211111
prap-tèngsu-ku-ningar-
x6x1!!!!x!x6
gae-ramtu-mi-ngal
5@x@x@x@x@@!!!!
ingO .....paku-wona-srine
x1x61 11111
ndhên-dhêngsa-eng-gapra-
x6x122222
jau-myungkangpra-dang-
22222x2x1
gabu-sê-kankangjan-
6x3x2x1x6x5
maO .....

--- 32 ---

Katutup dhodhogan kothak rangkêp lajêng ginêm:

Burisrawa: "I hik, i ha ha ha. Adhiku dhi adhining pun kakang Rukmarata. Wartanana yayi, apa pangandikane Kangjêng Rama. Gage yayi, sira sing sênêng seba. Yèn aku mono. I ha ha ha yèn seba awakku kaya disepaki jaran rasane."

Patih: "Rèhning abdi paduka kêpering têbih radèn sing kêparênga anglèbèri punapa dhawuhipun ingkang rama radèn."

Tumênggung Wirabangsa: (Jayasutikna) "Inggih radèn mugi kêparênga abdi paduka kula ing tumênggungan nyuwun pawartosing pasewakan."

Rukmarata: "Nuwun inggih kakang mas Burisrawa, kula aturi nyêkecakakên lênggah. Lan sira patih lawan tumênggung padha kêpenakna lungguhmu dhisik."

Burisrawa: "Ya, ya ora kurang kêpenak anggêre isih entuk jigang ngono bae i ha ha ha ha."

Patih tumênggung: "Inggih, inggih radèn ngèstokakên dhawuh."

Burisrawa: "Rukmarata, katimbang aku ngregon-ngregoni anggonmu paring dhawuh wis aja rikuh pakewuh dhawuhna marang patih aku tak ngrungokake bae karo riyam-riyam ha ha ha."

Rukmarata: "Nuwun inggih kakang mas, sampun kirang ing pamêngku."

Burisrawa: "Ya ya ora, dadi apa."

Rukmarata: "Mangkene wa patih apadene sira Wirabangsa, rama prabu ndangu murcane kangmbok Irawati. Nanging nganti praptèng dina iki durung ana sisik mêlike, mula kangjêng rama banjur pasanggiri patêmbayaning panggalih sing sapa wae ingkang bisa nêmokake kangmbok Irawati, kalamun priya didhaupake, yèn wanita pinundhut kadang sinarawèdi ora mawas turuning pêdhak pêdarakan."

Patih: "E e, lah dalah makatên kêparêngipun ingkang rama. Lajêng kêparêngipun radèn kadospundi?"

Rukmarata: "Kajaba didhawuhi ngundhangake sayêmbara mau, uga didhawuhi naliti kaananing praja sing prêmati, mbokmanawa ana têlik sandi upaya kang mawor sambu. Mulane wa patih asiyagakna upakartining yuda. Karsaningsun arsa ngayahi wajib nitipriksa kaananing nagara sarta ngiras pantês nyêbat wara-wara masang plakat ing panggonan ingkang prayoga."

Patih: "Kawula nuwun inggih radèn ngèstokakên dhawuh."

--- 33 ---

Patih kabêdhol lajêng mundur dipun suluki. Ada-ada Astakuswala alit.

66666666x6x!x@
Mun-durrê-kya-napa-tih,un-dhang
@@@@@@@@x#x%26
ingprawa-dyasa-myasane-ga,u-
666666666x5x6
myungra-myaswa-ra-ningbên-dhebèri,
555555x3x5x6x3x3x26
gu-bêrgur-nangka-la-wanpuk-sur
x!x@@@ @@@@@@@@
tam-burmyangsu-lingpê-pan-jènda-
x#x%26666666
lu-dagban-de-ramu-wahka-kan-
6 66 66x5x65555x3x5x6x5x2
dhawarna-war-napin-dhajala-dhiyanO ......
x5x3x2x.x1x6555x5x3x5x6x x5x3x2
asrika-wur-yan

Têrus ginêm:

Patih: "E e, bocah-bocah para wadya ing Mandraka kabèh padha majua mrene ana dhawuh wigati."

Wadya: "Inggih, inggih, inggih! Rêkyana patih."

Patih: "Mula kowe kabèh saiki padha dak klumpukake, ana gawe kang wigati. Padha samêkta pirantining yuda. Bêcik bêdhil tumbak pêdhang sangkuh, canggah tamèng myang trisula. Bêdhil buntêt padha dikorokana pêdhang diwarangi tumbak putung landhehana aja mung sakayu-kayune wae, miliha yèn ora walikukun ya nagasari. Pêrlune ana kuciwaning tumbak landhehane bisa ngêntasi gawe."

Wadya: "Inggih, inggih, inggih rêkyana patih."

Patih: "Titihane gusti-gustimu padha samêktakna."

Wadya: "E kanca, jaran, jaran kanca jaran."

Patih: "Apadene titihane gustimu pangeran dipati anom rakitana."

Wadya: "Inggih rêkyana patih. E kanca kreta, kreta, kreta kanca kreta."

Patih: "Mungguh wigatining pêrlu iki gustimu nêdya ngundhangake sayêmbara miwah nitipriksa kaananing praja. Apa wis padha mangêrti kabèh sing dak dhawuhake iki?"

Wadya: "Sampun rêkyana patih sampun."

Patih: "Yèn wis padha mangêrti mara enggal padha tindakna. Budhaling wadya kanthi têngara bêndhe pisan dandan, ping pindho tata ping têlu budhalan."

--- 34 ---

Wadya: "Inggih, ênggih ngèstokakên dhawuh rêkyana patih."

Patih: "Apa kira-kira ora nguciwani dak aturake ngêrsane Radèn Rukmarata."

Wadya: "mBotên, mbotên, mbotên, bidhal sawanci-wanci mbotên badhe nguciwani."

Dipun suluki Asthakuswala agêng.

36222x2x1
Ga-gragan-dhê-maning-
x2x33x5x666x6x.x1
kangja-ranngrikma-ga-
65333x2x1
lakgên-tima-ni-tih,
22222x.x11
pa-mê-kak-i-rari-
x2x3x2x1x6x1x2x1x6x5x32222
sangO .....su-dar-sa-na-
21x2x.x3x2x1x61111
da-hat,kên-dha-lira-
11x6x12.1x5x3x3x5x66
ngahman-jingO .....lak-lak-
66 16x1x x6x333
anku-dangrikmi-jil
x2x122222
rah,ka-dyatuksu-ma-
x2x1x2x3x2x1x6111111(qqqwywyqwyqyetyqy)
ram-bahO...(umpak gêndèr)
6262x1x1x1x11
mang-jirmang-jira... yaksatê-
11 1!x^x%x@x@x@x@x@x@111
mah-anO .....kru-rasru
1x1x65x1x1x1x1x1x122
ma-na-uta .....yit-na
222x2x16x3x2x5
sangnar-pat-ma-jaO .....

Ginêm:

Patih: "Punika sampun mirantos sadaya radèn, bidhal sawanci-wanci botên badhe nguciwani."

Rukmarata: "Wis wa patih nabuha bêndhe têngaraning budhalan."

Patih: "Ngèstokakên dhawuh."

Rukmarata: "Sumangga kakang mas bidhal."

Burisrawa: "Ya, ya dak tuwanane, lakuning prajurit Mandraka."

Dipun suluki ada-ada budhalan.

666666
En-jingbu-dhalgu-mu-
66666x6x5
ruhsa-kingjro-ningpra-
5x2x31111
jakèhing-kangba-la-
x1x651111
kuswaa-brabu-sa-na-
11x6x1222
ni-ralirsur-yawê-
22 22
dal-i-ra

--- 35 ---

222222
sa-kingjro-ningja-la-
2x3x56666 6
ni-dhiar-sama-dhang
x6x x6x6x51 111111
i jagaddukmu-ngup-mu-ngup
x6x122222
a-nènga-nèngpu-cak-
x2x16x3x2x6x5
ingwukirO .....

 


thuthukan. (kembali)
njunjung. (kembali)
pada. (kembali)
Teks tidak terbaca. (kembali)
sinarawèdi. (kembali)
têngên. (kembali)
panarimaku. (kembali)
Pamadi:. (kembali)