Kartapiyoga, Soetarsa, 1979, #174 (Hlm. 065–100)

Judul
Sambungan
1. Kartapiyoga, Soetarsa, 1979, #174 (Hlm. 001–035). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
2. Kartapiyoga, Soetarsa, 1979, #174 (Hlm. 035–065). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
3. Kartapiyoga, Soetarsa, 1979, #174 (Hlm. 065–100). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
Citra
Terakhir diubah: 03-12-2018

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Têrus ginêm:

Rasêksa: "Oe, oe, satriyo – aa! Satriyoaa! Or – or O ... O!"

Petruk: "Rèng kae sêtopna sik Rèng. Aku arêp nunut."

Garèng: "Nunut apa?"

Petruk: "Lha kae rak bis ta Rèng?"

Garèng: "Ana ngalas bis apa? Macan yake."

Kala Pralaya: "Oe oe. Satriyoaa. Satriyoaa, or ... or ... or ... ok ... kagèt aku."

Petruk njêdhul.

"E lha tak arani bis tibake buta."

Kala Pralaya: "Kowe kok njêdhul ka grumbul kang."

Petruk: "Iya! Kowe sapa hih?"

Kala Pralaya: "Aku Kala Pralaya kang, sumingkira aku buta galak bangêt lho kang. Kowe sapa?"

Petruk: "Aku Petruk."

Kala Pralaya: "Peterauk."

Petruk: "Petruk kok Peterauk."

Kala Pralaya: "Iya kang Peterauk sumingkira kang aku arêp matèni bêndaramu. Aja ngewuh-ewuhi."

Petruk: "Aja ta kowe balia aja mèlu-mèlu kancamu."

Kala Pralaya: "Ora kang aku galak bangêt."

Petruk: "Ora gêlêm bali?"

Kala Pralaya: "Êmoh."

Petruk: "Rèng! Kuwi jupukna pusakaku sing ampuh, kyai pulang pigi kuwi Rèng!"

Garèng: "Kyai pulang pigi ki sing êndi."

Petruk: "Alah kuwi sing mêntas kanggo mêcah dêgan iku lho."

Garèng: "Kaya ngene iki kyai pulang pigi, nyoh."

Arit dipun uncalakên natap gêgêripun Petruk.

Petruk: "We lha sêmbrana kang Garèng ki. Tujune gêdhige sing ngênani. Anua rak rampung. Ambak kaya ngene iki tinggalane putuku lho."

--- 66 ---

"Wis buta saiki bali apa mbacut? Bali ora mati mbacut kukut. Tinggal pilih satu dari dua. Ayo wangsulana. Bali apa mbacut?"

Kala Pralaya: "mBa ... cut." Sarêng kalihan dhawahing arit ing sirahipun. Têrus pêjah.

Petruk: "Toh kowe mangsa mindhoa gawe. Ayo amuk. Ayo. Amuk-amuk suramrata jayamrata. Kroyokên kaya wong adol gula, rêbutên kaya Putri Manthili ora bakal ndak unduri. Ayo lha kae, kae kancane mlayu la – la la – la, nyêmplung kalèn. Ayo ayo lha kae ... We banyak dhing."

Petruk wangsul gangsa ayak-ayakan. Pamadi tancêp dipun adhêp, Sêmar Garèng kalihan Petruk. Gangsa suwuk kasambêt sêndhon Rêncasih.

@@@@x@x!1
Lê-la-wagu-man-dhul
655553
nèngpangkê-bèt-kê-bèt
x1x1x1x1x1x155553 5
O...lirmè-lusu-sah
6x!x@^!55x6x!.
yèntabi-samu-wus
25x6x15x3x532 16
pa-genePan-dha-watan
66x.x1x656x1x.x2
a-natu-mutpri-ba-
6x1x155 56.1x5x6x1
dia-min-tapra-ja
5553x2x11
nyasê-pa-lihkangsê-
2222x2x1x1x25
kartan-jungru-ruam-
55x5x.x6x3x5x61x.x26
bê-la-sahlê-sahka-
!x!6x5x5x6x153
disu-sahngêsahka-pi-
x2x1y y y6116 561 122 6215 36
sahaumpak gêndèrngê-sahka-
1 55 x6 3x3x3x3x5x5x33 3 3 5 2 3 2 3 5 2 1 5 2 3 5 3 6 2 5 1 2 1 5 6 1 2
pi-sahO...umpak gêndèr

Lajêng ginêm:

Sêmar: "Ae ae aeik. I.. i.. i lah niki pripun ndara, têka sampeyan kathik lajêng nglumpruk tanpa bayu. Niki pripun."

Garèng: "Ênggih ta ndara, sing sakit napane, pitêk nggih ndara."

Petruk: "nDara kuwi ana apa ta ma?"

Sêmar: "Êmbuh thole aku dhewe ora ngêrti."

Petruk: "We lah iki piye ana mêntas pancakara karo buta nganti butane êntèk jêbul njur nglêntruk kaya ngono. Apa kêwalat iki."

Pamadi: "Kakang Sêmar, Nala Garèng lan Petruk. Sawise buta-buta padha mati, sing cilik-cilik padha ngisis awit miris. Têka rasane

--- 67 ---

anggaku kaya linolosan. Kringêt mijil tanpa watêsan wêtêngku ngêlih bangêt. Apa kaya ngene iki wong kalirên iku Sêmar."

Sêmar: "E ae ae, lha kathik kadingarên sampeyan kalirên niku ndara. Adate pirang-pirang sasi ora dhahar ora apa-apa, iki lagi sawatara dina bae têka ..."

Garèng: "Penake ya digolèkake woh-wohan."

Petruk: "Iya kuwi akur digolèkake papaya, mangga pisang jambu dibawa dari ..."

Sêmar: "E! Bocah ki nèk kêpatuh gêndhawêsan."

Pamadi: "Adhuh kakang Sêmar aku ora kuwat nahan rasaning angganingsun. Saiki aku golèkna pangan. Nanging êmoh bangsane woh-wohan, mundhak saya sênêp."

Sêmar: "E ae ae lha gèk ana alas adoh lor kidul adoh uwong. Lha iki piye thole."

Garèng: "Ya aèng wong ana alas êmoh woh-wohan lha nyang êndi lèhe golèk."

Petruk: "Ning mpun mbotên kuwat saèstu ndara? Upama ngilèn mriku sakêdhik malih."

Pamadi: "Kaya-kaya wis ora kuwat ngglawat Petruk."

Petruk: "Wah cilaka ane, kathik kadingarèn ndara Pamadi kok ngono ya. Wis Ma, Rèng aku duwe panêmu. Manungsa kang kapèpèt adhakane mêtu akale. Saiki aku karo kowe kabèh golèk pangan nyang desa."

Garèng: "Ngêmis? Aku êmoh yèn ngêmis hla mati."

Petruk: "Ngono kuwi nèk kanggo kowe ta Rèng, barêng kagêm ndara? Dadi rila korban bandha donya tênaga pikiran pêrasaan ugêr kanggo nusa lan bangsa rak ngono."
Lan ya ora ngêmis. Nanging dhasar ana disaranani "mbarang."

Garèng: "Lha mbarang apa? Ura-ura. Jênèh ana Sêmar Garèng Petruk partikêlir ki mêngko."

Petruk: "Gajêge biyèn padha bisa nyulap. Upama iku piye Ma?"

Sêmar: "E ae ae iya aku mathuk, mbarang jantur bae."

Petruk: "Nah rak ya ngono. Kowe piye Rèng?"

Garèng: "A C C."

Petruk: "Lha ayo saiki enggal mangkat mênyang padesan banjur sampeyan ngêntèni ngriki dhisik, ampun kesah-kesah nggih ndara.
Lan ampun mati-mati nèk kula, kakèkne, kang Garèng dèrèng wangsul."

Pamadi: "Iya Petruk aku manut."

Petruk: "Wis ayo Ma, Rèng mangkat."

Sêmar: "Iya thole ayo. Nyuwun pangèstu ndara?"

Garèng: "Kula ênggih ngotên niku adara."[1]

Pamadi: "Iyo iyo, ndak pangèstoni."

--- 68 ---

Dipun pathêti pathêt Jingking.

%%x%x%%^!
Tun-jungmbangtê-ra-te
2!6!6532x2x x3x56x6x1x6x55 x6x1
O...i-rim-i-rima-
x6x52222x2x x3x2
tap-tap-ingka-yua-
16333.5x3x2x2x3x5
pua-sri-ninglê-lu-
5x!x!x!x!xx2222
mutO...kang-kung-irai-
2 x12x.x5x6x1111
ijosri-gadhingdi-ya-sa
x1x6 1x2x1x6x.x1x6x5x.2252x1x2x1x63
O...rêtnaningrê-ja-sakêm-
3x3x53 23 35 5x!x!x!x!x!x!
bangka-rangsung-sangO...
2222x2x13
bo-gêm-ea-ra-ras
xtxy1x2x1x6x1x6x556x1x.x6x1
ra-dènO...kêm-bang
2x.x16xtxy1x.x6x1316
iraka-rangsungsang
122363253162165555x3x5x3x235
Umpak gêndèrbo-gêm-i-raa-
1x2x1222222x!x!x!x!x!x!
ra-rasO...O....

nDhodhog kothak lamba ping 5, mungêl gêndhing ayak-ayakan Sêmar Garèng Petruk kalampahakên manêngên. Pamadi bêdholan gunungan kalampahakên kêdhêr mangiwa manêngên ambal x 2 nuntên tancêp ing têngah dhoyong mangiwa sakêdhik. Gangsa suwuk, têrus katutup dhodhogan kothak rangkêp, pratandha tanpa pathêtan. Têrus cariyos.

"Gêgancangan lampahipun Ki Lurah Badranaya miwah para putra arsa ngupaya boga konjuk Radèn Pamadi ingkang nalika samana nandhang kapiran ing têngah wana. Sabakdane bandayuda mêngsah para diyu saking Tirtakandhasan ingkang samya ngrangu-rangu Radèn Kartapiyoga.

"Para wil diyu rasêksa sami kaciwadana tan bisa malès. Kèhing kunarpa mblasah lir babadan pacing kathah ingkang samya nandhang kanin. Sawênèh mlajar miris ngupadi urip. Sasirnane para danawa karaos sarirane angglah kasulayah tan kuwawa ngglawat bayu lir linolosan. Utusan punakawan kinèn ngupadi boga."

Tan kawarna lampahe panakawan ênêngêna ganti kang kocap. Tunggal kandhane seje critane. Kang adoh ginawe pêrak kang pêrak dèn êdohake. Ora kaya kang ana padhepokan ing pucuking wukir. Kang anggung sinuba-suba para parêkan."

(Sasmita nêdha gêndhing Subakastawa).

--- 69 ---

nDhodhog kothak rangkêp mungêl gêndhing Subakastawa.

Wayang ingkang mêdal Lara Irêng ing têngên êmban Cangik lan Limbuk ing kiwa. Sasampunipun tata sadaya, ndhodhog kothak sasmita sirêpan.

Gangsa sirêpan lajêng jantur:

"Lah punika warnanipun ingkang ana ing padhepokan, padhepokan pundi ta ingkang dadya gêmpalaning carita. Inggih punika padhepokan Ngargadana. Ingkang amandhita taksih taruna apêparap Anom Wasi Jaladara. Nalika samana sang wasi lagya mêsu brata ing sanggar pamêlêngan. Mila amatah ingkang rayi kinèn ana pandhapaning pacrabakan. Sintên ta ingkang sêsilihing sang sulistya ing warna ingkang pinatah, inggih punika warnane Kusuma Ayu Endhang Bratajaya. Wanita endah ing warna. Dêdêg sêdhêng pawakan ngringin sungsang sarira wêwêk, amêmalat sih dinulu lir mas sinangling. Dhasar gandês luwês solah bawane. Pasêmoning wadana kaduk luruh saranduning sarira tan ana ingkang kuciwa, yèn cinandra kurang candra turah rupa.

Palarapan nyela cêndhani, wimba tanggal sajuga, idêbing tumêngèng tawang, athi-athi ngudhup turi karna ngrupuk têrung. Grana ngrungih pangarasan ndurèn sajuring, lathi nggula satêmlik sinamburat kêkinang maya, kêthêkan nyangkal putung. Jangga wanglung mangolan-olan, pamidhangan nraju mas. Payudara wêwêg nyêngkir gadhing, wangkingan nawon kêmit. Asta nggêndhewa gadhing racikan mucuk êri, yèn lumaku lêngkung-lêngkung dhasar mêrak ati, lembehane mêrak kasimpir, polatan tajêm andamar kanginan. Dhasar antêng jatmika ing budi. Pramila dadya hyang-hyanging bawana, sêkar lathine para taruna. Ora mung sipat priya kewala kang nandhang branta nadyan wanita samya kayungyun."

"Nalika samana sang sulistya ing warna lênggah ing pandhapining pacrabakan didhawuhi ingkang raka sang wasi kinèn angêdêgakên ngamal adana driyah. Amitulungana marang sagung titah ingkang samya mbutuhake pitulungan. Amung dèn adhêp para parêkan miwah êmban cèthi sawatawis ingkang samya biyantu karsane ingkang raka, samya lênggah marak sang kusuma ayu. Kaya mangkana, wijiling pangandika sang pinunjul."

"O ..." (dipun suluki anut iramaning gangsa). Pratandha janturan rampung gangsa mantun sirêpan. Gangsa suwuk têrus dipun pathêti. Pathêt jugag 9.

--- 70 ---

yyyyyyyyy
As-car-yaPar-tawê-kas-anmu-
tyyyy2111
wahhê-ka-tanaye-kaWi-sang-gê-
1111111x6x1x2x1xyx1xyx5
niSangHyangI-suPra-diptaO o o o

Têrus ginêm:

Bratajaya: "Êmban! Kowe kok wis padha ngadhêp apa wis rampung anggonmu padha tata-tata sêsaji êmban."

Êmban: "Nuwun inggih kusuma dèwi, sadaya kuwajiban ingkang dipun dhawuhakên dhatêng para abdi sampun botên wontên ingkang nguciwani gusti, namung sêmbah pangabêkti kula mugi katura."

Bratajaya: "Iya êmban ndak tampa, pangèstuku bae gênti tampanên."

Êmban: "Inggih kapundhi."

Bratajaya: "Kajaba kuwi êmban, kêpriye mungguh anggonmu mènèhi sêsulang apadene wulang wuruk kawruh kang utama marang para sêdulur-sêdulur padesan. Apa wis kok tindakake?"

Êmban: "O ..., taksih têtêp tumindak gangsar kusuma dèwi, wiwit saking pama lan pami, dhatêng pambrastha wuta sastra, ngantos dumugi tatatan[2] lès kawanitan sampun sami lumampah sae. Kusuma dèwi malah samangke sampun botên wontên ingkang wuta sastra."

Limbuk: "Wah ênggih kusuma dèwi sarêng kula pêndhak-pêndhak mandhap mulang wuta sastra, murid-murid kula kathah sangêt, dangu-dangu kathah para priya 17 ke atas sing sami mlêbêt."

Bratajaya: "Iya iya sokur mangayubagya. Dene wis padha insyap para kawula dadesan. Mung bae gandhèng kabèh priya kang padha ngangsu kawruh, mangka kowe sipat wanita. Mula dipadha ngati-ati lan waspada. Aja lali marang anggêring kasusilan lan kautaman. Lire sanadyan sira padha bebas sasrawungan, ora mbedak-bedakake priya lan wanita, nanging aja nganti nêrak anggêr-anggêr wêwatoning susila, ngilangake tatakrama lan subasita. Kang tundhone agawe asoring budi, ngrèmèhake nusa lan bangsa.

Limbuk: "Ênggih, ênggih kusuma dèwi, ngèstokakên dhawuh."

Bratajaya: "Muga-muga bae kanthi lêlabuhanmu kabèh iku para kawula ing padesan bisa maju. Kajaba iku bocah wadon. Apa ya wis lumaku dhawuhku supaya padha nggêdhèkake dana driyah?"

Êmban: "Kados ugi sampun prayogi. Sadaya tiyang-tiyang ingkang sami dhatêng nêdha darma botên wontên ingkang sami kawangsulakên nglênthung. Sadaya pinaringan sacêkapipun kusuma dèwi."

--- 71 ---

nDhodhog kothak rangkêp sêpisan (singgêtan) tumuntên cariyos:

"Sinigêg ingkang samya imbal pangandika katungka gumêrahing jawi lare-lare ingkang samya tut wingking Ki Lurah Sêmar miwah para putra. Kagyat Endhang Bratajaya kaya mangkana pangandikane."

nDhodhog kothak rangkêp têrus ginêm:

"Êmban. Apa kae kok bocah-bocah, wong-wong padha gumêrah gumarudug kae ana tontonan apa? Yèn wong mbêbarang timbalana mrene êmban!"

Êmban: "Nuwun inggih kusuma dèwi, cobi kula tingalipun."

Êmban kabêdhol dipun undur kasarêngan kombangan. "O ..."

Êmban: "Niku adol napa mbakyu e ... mbok dhe?"

Petruk: "Matik wong. Kakèkne di mbokdhe iki."

Sêmar: "E ya bèn thole, bêtèke wong durung ngêrti. Anu dèn ngantèn niki mbarang jantur. Sanès wong dodol."

Êmban: "Ajêng ditanggap têng padhepokan napa purun?"

Sêmar: "E, e, ae. Ênggih purun anggêr cocog tanggapane."

Êmban: "Yèn purun enggal kula aturake kusuma dèwi."

Sêmar: "E, ae ênggih. Ayo thole?"

Garèng: "Ayo Ma." Petruk: "He eh ayo."

Sêmar, Garèng, Petruk, tancêp ing kiwa. Êmban tancêp ing wingkingipun Bratajaya. Gangik[3] Limbuk ugi. Ginêm:

Êmban: "Anu kusuma dèwi punika tiyang mbarang jantur. Sumangga kula aturi paring dhawuh."

Bratajaya: "Iya êmban. Ora mbok gêdhe jantur kuwi tanggapane pira?"

Sêmar: "Kula niki dudu wong wedok, ning lanang dadi botên mbokdhe, ning pak, napa mbahkung napa paman, napa lik."

Garèng: "Gèk kowe kok di lik sing ngêlik umur pira. Wong wis gênah nyunggi kapuk wusu."

Sêmar: "Iya wis bèn thole."

Bratajaya: "O dadi kowe wong lanang, sing gêdhe pangapuramu dak arani yèn wadon njur tanggapane pira?"

Sêmar: "Aku kok rumangsa ewuh petungan. Petruk, kowe wae sing cêtha, petungana kene!"

Petruk: "Iya mundura kene. Bat tobat tobat wong petung bae ora mrantasi."
"Niki anu kusuma dèwi, yèn dhuwite mbotên sapintêna mung satak sêlawe padha abote suwang sêprapat dirêmbug mrih padha kuwat. Têlung dhuwit kula botên sakit sarupiyah sampeyan mbotên susah, sabenggol awya duwe ati mrongkol."

--- 72 ---

Garèng: "Ora klèru Ma, pilihanmu luwês, bangêt."

Sêmar: "Mula kuwi thole."

Bratajaya: "Iya ta saguhi."

Petruk: "Ênggih bab dhuwit êmpun saguh?"

Bratajaya: "Iya."

Petruk: "Nah saniki sing rada abot niku sajène."

Bratajaya: "Sajène apa?"

Petruk: "Sêga liwêt, iwak duduh, sambêl gorèng tur pêtene wutuh, bothok sarèn gêdhene sapiring-piring, iwak êmpal abon rêmuk, ora lali cêplok êndhog."

(Pèngêt: Punika dipun têmbangakên Gambuh).

Bratajaya: "Iya ta saguhi."

Petruk: "Mêngke riyin dèrèng rampung. Têrus tumpêng panggang, tumpêng botên sah gêdhe-gêdhe anggêr dang-dangan bêras sapitrah. Panggange pirik[4] lenang kêna wedok gênah ugêr winayah."

Takon pasar jangkêp. Jênang warna pitu, pencok bakal, kêmbang sêtaman. Ênjêt, ampo, kacang bawang, kacang ijo êmping mlinjo gèpèng-gèpèng sing kêmbên ijo mêtêng-mêtêng."

Êmban nyêla: "Wong edan, ora gênah kok nyampluk kiwa têngên."

Petruk: "Niku wau sajène. Bab liya-liyane kêna dibas bae mêntah Rp. 250,- pripun."

Êmban: "Wah kok awis sangêt kusuma dèwi?"

Petruk: "Kabèh niku ana rêga ana rupa, kalih kwantitèt mênang kwaline tèt kok anèh."

Garèng: "Kwaline tèt ki apa, wong kwalitèt kok."

Petruk: "E klèru sithik. Ayo pripun sida nanggap napa mbotên. Nèk ora sida ayo ma bali."

Bratajaya: "Mêngko dhisik ta aja kêsusu. Iya iya tak saguhi. Kana êmban samêktakna sajèn-sajèn lan ubarampening gawe."

Êmban: "Inggih kusuma dèwi, ning saka akèhe aku lali. Kêna pak aku njaluk cathêtan."

Petruk: "Matik! Ngapuntên kula mbotên gadhah plupèn."

Êmban: "Lha piye?"

Petruk: "Napa kala[5] mawon tumut nata?"

Êmban: "Iyah ki mêngko rak ora karuan. Ya wis tak eling-elinge dhewe."

Êmban mundur sakêdhap lajêng wangsul kalihan matur:
"Sampun sadaya kusuma dèwi."

Bratajaya: "Mula wiwitana jantur kyai."

Sêmar: "E, ênggih, kowe Petruk sing dhisik dhewe, apa ngèlmumu tokna."

Petruk: "Ya ma aku arap[6] nyulap, ning jane prayoga Garèng sik kok iki."

Garèng: "Yoh kono tak jantur."

--- 73 ---

"Punika anu kusuma dèwi, kula ajêng badhe nyulap godhong pari dados wadêr."

Lajêng lêlagon "godhong pari tak puja dadia wadêr" ambal ping kalih.

Garèng: "E lho ora dadi ma, iki kurang sajèn."

Petruk: "Opahe durung marakke."

Bratajaya: "Ênya-ênya gilo opahe."

Garèng: "Wis ma kowe gênti."

Sêmar: "Ya thole tak wiwitane. Godhong waru bisaa dadi bulus.

(lajêng lêlagon). Godhong waru iki tak puja dadia bulus (2x).

La punika sampun kusuma dèwi kula aturi mriksani."

Bratajaya: "Lho kok iya ta. Godhong waru kok dadi bulus tênan."

Sêmar: "Wis thole ganti kowe Petruk."

Petruk: "Iya ma. Janggêl iki bae tak puja dadia ... dadi apa ya ... ah têmbolong bae ... (lêlagon x 2 janggêl-janggêl tak puja dadia têmbolong."

nDhodhog kothok[7] nggantêr dipun sarêngi cariyos:

"Jangêl[8] dados têmbolong. Padha sanalika Endhang Bratajaya kamigilanên, dhawah kantaka tan èngêt purwa duksina."

Gangsa sampak tanggung.

Petruk: "Wis ma kono kukutên sajèn-sajène, ayo enggal bali mênyang alas."

Sêmar: "Iya thole, ayo Nala Garèng."

Putri-putri pating jalêrit, lajêng bêdholan.

Adêgan ing wana. Pamadi tilêman, Sêmar, Garèng lan Petruk dhatêng sampun mbêkta têdha. Gangsa suwuk, ndhodhog kothak rangkêp lajêng ginêm:

Sêmar: "Bêndara, bêndara Pamadi, kula aturi wungu ndara para abdi sampun wangsul."

Petruk: "Piye ma sajake isih dadi dandanan apa ora?"

Garèng: "Petruk kuwi kok ngono. Aja gawe ciliking ati. Yèn nunggu wong lara ki sabisa-bisa tansah gawe mongkoging ati sing lara rak ngono."

Pamadi tangi lajêng wicantên:

"Piye kakang Sêmar apa olèh gawe olèhmu golèk boga?"

Sêmar: "Pangèstunipun bêndara punika pikantuk radi lumayan."

Pamadi: "Kok nganti mbênthoyot iku mau saka ngêndi olèhmu padha ngupadi."

Sêmar: "E, e, e. Saking prêtapan Ngargadahana. Pancèn lakune niki wau dhawah kêlêrêsan bêndara. mBotên susah têbih-têbih sampun pikantuk."

--- 74 ---

Pamadi: "Sokur bage kakang Sêmar, Nala Garèng, Petruk gêdhe panarimaku. Coba bukakên ingsun dhahar olèh-olèhanmu."

Sêmar: "E, -, ênggih. Kuwi coba thole padha bukakên! Bêndaramu arêp dhahar."

Garèng: "Iya ma."

Petruk: "Iya ma, sumangga bêndara."

nDhodhog kothak rangkêp sêpisan kaagge[9] singgêtan lajêng kacariyosakên:

"Kacarita mangkana dupi Radèn Pamadi priksa wujuding rampadan anggènipun ngupadi para panakawan, padha sanalika kêdadak duka yayah sinipi. Jaja bang mawinga-winga, gègèr têmpuking kang lathi karna kadi sinêbit. Kaya mangkana pangandikane:

"Jagad wasesaning bathara. Iki saka pratapan Ngargadahana kakang Sêmar?"

Sêmar: "Eee ênggih."

Pamadi: "Sing paring sapa?"

Sêmar: "E - ee kêsupèn kula. Sapa mau thole?"

Garèng: "Anu ma, mbokmase Barata."

Petruk: "Iyah kathik mbokmase Barata, sanès ndara anu niku wau sing paring anu e - mbokmase. ... Jayasubrata ... ênggih mbokmas. ..."

Pamadi: "Pancèn ora lamba karêpe. Ngrèmèhakên Pamadi. Kaya awèh pakan sona, klakon dak langga gêtihe."

Pamadi kesah kalihan ngunus curiga. Gangsa mungêl sampak sakêdhap lajêng suwuk. nDhodhog kothak rangkêp sêpisan têrus ginêm:

Petruk: "E lha iki piye ta, ana digolèkake ngaya-ngaya ora didhahar malah bramantya kaya ngono."

Garèng niliki: "O layak ndara duka. Lha rama lèhe nggawa dicampur dadi siji ngene, sêga campur ênjêt ampo, sambêl gorèng campur kinang campur jênang, campur gêdhang, wah mula."

Sêmar: "E ee, e, saka kêsusuku thole. Mula banjur campur dak gulung salèmèk-lèmèke. Jêbul numplêg dadi siji ngene. Ayo thole enggal ditututi bêndara kae mêngko ndhak sêling surup."

Petruk: "Ah nututi mêngko. Saiki rak mangan dhisik sing enak-enak ya eman-eman yèn ora kêpangan."

Garèng: "Wong ki nèk kêmalan pangan. Ayo ma ditinggal."

Sêmar: "Ayo thole."

Gangsa sampak tanggung malih. Sêmar, Garèng lan Petruk sami nututi Pamadi Bratajaya tancêp ing têngên dipun rubung êmban Cangik lan Limbuk. [Lim...]

--- 75 ---

[...buk.] Gangsa suwuk têrus ginêm: (tanpa pathêtan dados kasinggêt dhodhogan kothak rangkêp).

Êmban: "Kadospundi kusuma dèwi têka lajêng dhawah kantaka?"

Bratajaya: "Êmban saka gilaku sumurup ana têmbolong samana gêdhene, gèk klolèt-klolèt. Sing mbarang mau padha mênyang êndi?"

Êmban: "Kula lajêng botên sumêrêp awit lajêng ngupakara paduka. Sarêng paduka èngêt jêbul sampun botên wontên. Sadaya sajèn saubarampenipun dipun bêkta sadaya."

22222222
Ka-dang-mupa-dhawa-rah-ên
2@1.2!!!!!.^
dènbê-cikbe-suka-mên-dhêm-
5x@x@x@x@x@x@x@111x1x6x511
aO o o o obarisprayit-naaywasa-ran-
11111 112x6x122
tawongingDwa-ra-watiti-num-
22222222
pês-anwiti-kupê-nga-wak
2x2x.x1yx1x1x1x1x1x1
Pan-dha-waO o o o o

Lajêng dipun sambêt cariyos ginêm:

Pamadi: "Jamak kaya apa wujude wong ingkang awèh pangan manungsa, kaya pakan sona. Klakon dak langga wadhukmu."

Sêmbadra mlajêng kalihan ginêm:

"Iki piye êmban ana wong mbarang amuk. Kakang wasi aku tulungana kakang."

Gangsa sampak tanggung. Tancêp ing têngên. Kakrasana lajêng dipun rungkêpi pun Bratajaya. Gangsa suwuk lajêng ginêm:

Bratajaya: "Kakang, kakang wasi, ana wong mbarang ngamuk kakang aku tulungana."

Jaladara: "Sapa mbarang amuk. Kene-kene ana mburiku kene."

Pamadi dhatêng kalihan ginêm:

"Ayo aja mlayu ora sida mbrodhol dening aku."

Jaladara: "Lho iki rak dhimas Pamadi. Dhimas sarèhna panggalihmu, warangkakna curigamu. Ana bab-bab kêna dinalar, ana rêruwêt kêna diudhari. Mara lungguha sing prayoga."

Pamadi: "Ayo kowe aja ngregoni karêpku. Êndi buronku kêlakon dak langga gêtihe."

Jaladara: "Iyah kok nêkat bae. Yayi Pamadi. Apa sira pangling lawan pun kakang Kakrasana. Yayi mara disarèh. Yèn nganti kêlakon sira prajaya sing kelangan sapa. Ora wurung si adhi dhewe."

--- 76 ---

[Grafik]

ING PADHEPOKAN NGARGADAHANA.

Wasi Jaladara kagèt dipun rungkêpi Bratajaya katungka dhatêngipun Pamadi mandhi dhuwung dalah panakawan.

--- 77 ---

yyyyyy
As-car-yaPar-tawê-
yyytyy
kas-anmu-wah-hê-ka-
yy1111
ta-nayekaWi-sang-gê-
111111
niSangHyangI-suPra-
1x6x1x2x1xyx1xyx5
dip-taO o o o

Têrus ginêm:

Jaladara: "Kapriye mulabukane yayi nganti sira duka mawantu-wantu, mundhi pusaka ngoyak-oyak adhiku Si Bratajaya?"

Pamadi: "Nuwun inggih kakang mas mila Pamadi nêpsu awit saking trekah pakartinipun: ingkang rayi nyêpèlèkakên dhatêng Pamadi. Pramila kêparêng mbotên kêparêng kula suwun pêjahipun."

Jaladara: "Bab kuwi gampang yayi, sanadyan pun kakang ora bakal ngowêl yèn pancèn sing luput Bratajaya. Kêpriye yayi sing sira karêpake ngrèmèhake si adhi?"

Pamadi: "Sakawit kula nandhang kapiran ing têngahing wana, kula utusan kakang Sêmar tuwin Garèng Petruk ngupadi boga. Sawangsulipun mbêkta rampadan dhêdhaharan nanging kados pakan sona. Awit sawêrnining dhêdharan kacampur dados satunggal. Prasasat nganggêp Pamadi bangsaning sona."

Jaladara: "E ngono ta sêbabe Bratajaya. Kêpriye dhaharan kok campur dadi siji kuwi karêpmu kêpriye?"

Bratajaya: "Aku ora nyampur kakang kuwi maune ana wong mbarang jantur. Lha tak tanggap. Panjaluke sajèn warna-warna bangêt, iya tak turuti. Barêng wis njantur warna-warna ana godhong waru dadi bulus; lan ... barêng janggêl dadi têmbolong aku gila bangêt nganti sêmaput. Êmban padha ngupakara aku, barêng aku wis eling manèh sing mbarang jantur wis ora ana. Sajèn-sajèn êntèk sawadhah-wadhahe salèmèke, sajake dikukut ngono bae."

Jaladara: "Dadi sing nyampur dudu kowe?"

Bratajaya: "Dudu."

Jaladara: "Lho si adhi midhangêt dhewe ature Bratajaya. Coba Sêmar saanake timbalana."

Pamadi: "Sêmar mara majua mrene Sêmar."

Sêmar: "E, ee ee êmpun ngriki mawon."

Pamadi: "Mara majua mrene Sêmar!"

Sêmar: "Botên king ngriki mawon."

Jaladara: "Kakang Sêmar, majua coba tak dangu."

Sêmar: "E, ee es êmpun ngriki mawon badhe ndangu napa?"

--- 78 ---

Jaladara: "Apa kowe sing nyampur panganan dadi siji?"

Sêmar: "Botên, botên kula jarag. Awit saking kêsusu kula sajèn sadaya kula kukut satlèmèk-tlèmèke pisan. Jêbul numplêg blêg dadi siji. Sêga campur ênjêt ampo jênang campur susur."

Pamadi: "Ora gênah. Dadi kowe Sêmar sing gawe wirangku."

Jaladara: "Ya ora ta. Wong kabèh mau ora dijarag. Aku sing njalukake pangapura kakang Sêmar saanake. Bratajaya."

Bratajaya: "Apa kakang wasi?"

Jaladara: "Kana nyanga mburi kana. Olah-olaha sing mirasa kanggo sugatane adhimu Si Pamadi."

Bratajaya: "Aku wis ora dioyak-oyak kakang?"

Jaladara: "Ora ora! Aja samar. Rak wis ora nêpsu manèh ta yayi?"

Pamadi: "Janipun taksih nanging ..."

Jaladara: "Nanging ya wis lilih. Rak ya ta? Kana Bratajaya enggal digêlis."

Bratajaya: "Iya kakang, ngèstokake dhawuhmu."

Jaladara: "Yayi Pamadi, apa darunane dene si adhi nganti nannandhang[10] kalupan ing madyaning alas yayi?"

Pamadi: "Kakang mas Jaladara. Saèstunipun ingkang rayi manjing wana punika sapêrlu ngupados murcanipun kakang mbok Irawati saking Mandraka."

Jaladara: "E, dadi gêdhe cilike sliramu kuwi nglêboni sayêmbara ta?"

Pamadi: "Karêntêging manah kula mbotên kakang mas namung nêtêpi kadarmaning satriya, wit ri paduka kula dipun mintasraya wa Prabu Salya. Dados mbotên niyat nglêbêti sayêmbara."

Jaladara: "E ngono ta. Lha bacute kêpriye? Apa si adhi wis kasil apa durung?"

Pamadi: "Sampun malih kasil angsal sisik mêlik kemawon dèrèng. Kok malah raosing manah kula punika kêdah kumêdah wangsul dhatêng Mandraka kewala kakang mas."

Jaladara: "Lha upama pun kakang mèlu nglêboni sayêmbara mêngkono kêpriye pamawasira?"

Pamadi: "Manawi pancèn makatên prayogi kakang mas sumangga kula sowanakên wa Prabu Salya."

Jaladara: "Awit ngene yayi pun kakang antuk wangsiting dewa yèn besuk dina palguna mbênêri mêcakan iki malinge têka manèh marang Mandraka arêp ndhustha adhine sing jênêng Banowati. Mulane kaya-kaya prayoga dijaga ing dina iki, mbokmanawa dadi margane bisa kêtêmu."

Pamadi: "Manawi makatên sampun kêdangon kakang mas. Sumangga gêgancangan sowan dhatêng Mandraka, mangke kula ingkang badhe ngaturakên."

--- 79 ---

Jaladara: "Bratajaya."

Bratajaya: "Apa kakang?" (saking nglêbêt).

Jaladara: "Apa wis rampung olèhmu tata dhaharan?"

Bratajaya: "Uwis kakang sumangga tak aturi manjing."

Sêmar, Garèng lan Petruk, kene padha mlêbua ayo padha bêbarêngan dhahar mêngko gèk budhal mênyang Mandraka."

Sêmar, Garèng lan Petruk: "Ênggih, ênggih, inggih."

Jaladara, Pamadi bêdholan gangsa mungêl ayak-ayakan. Gunungan kalampahakên kêdhêr mangiwa manêngên ambal kaping kalih têrus tancêp têngah, dhoyong mangiwa sakêdhik. Gangsa suwuk têrus dipun pathêti manyura:

333333
Mèhra-i-nasê-mu-
333333
banghyanga-ru-naka-
333222
dinetra-ningang-gara-
2222x2x2x22
puhsab-da-ningku-ki-
1x3x3x3x3x33333
laO ...ringka-ni-ga-
33x3x.x5x6x2x2x2x2x2x2x.3
rasa-kê-têrO ...ning
333x3x2x12x2
ki-dung-a-ningkunglir
32222x1x2
wu-wus-ingpi-ni-pan-
13216111111
caO ...pê-pê-tok-ing
11x1x62x6x.x1x3
a-yamwa-naO...

Lajêng kacariyosakên:

"Lah ing kana ta wau, wus manjing papungkuran Sang Wasi Jaladara miwah Rahadyan Pamadi. Saparipurnanira ngunjuk lan bukti, sigra gêgancangan budhal mring praja Mandraka, dhinèrèkakên abdi panakawan. Tan kawarna lampahira ing marga. Ênêngêna ganti kawuwusa."

Kasinggêt dhodhogan kothak rangkêp.

"Ora kaya kang ndawêg lêlênggahan ing sajroning praja. Sang nata lêlênggahan anawung kingkin. Jroning cipta namung tansah èngêt dhatêng murcaning ingkang putra. Katon lir surya kalingan mega candrane."

(Sasmita nêdha gêndhing Rêmêng).

Mungêl gêndhing Rêmêng utawi Eling-eling kasmaran. Gunungan kabêdhol kawangsulakên dhatêng papanipun. Wayang ingkang mêdal Prabu Salya, Sêtyawati, Banowati. Kasusul sowanipun R. Pamadi, Jaladara lan panakawan. Sasampunipun tancêp tata, ndhodhog kothak rangkêp sasmita gangsa sirêpan, têrus njantur:

"Amangsuli carita sakawit. Ora kaya Sang Prabu Salya ing Mandraka ingkang lagya nandhang sru prihatin. Nalika samana sang nata lênggah ing kênyapuri, anggung ginubêl ingkang

--- 80 ---

garwa Kusuma Dèwi Sêtyawati kang tansah ngrungkêpi pada narendra atawan-tangis, arawat udrasa. Sakêdhap-sakêdhap mijil pisambatira amêlasarsa, ketang trêsnanira dhatêng kang putra ingkang musna tanpa lari. Waspa drês mijil tan kêna sinayutan sarira datan ingopenan. Rekma ngore, bintiting paningal sakêpêl-kêpêl. Adina-dina tan arsa dhahar myang ngunjuk, ratri datan manendra. Amila sarira nggagang aking amêlasarsa. Nadyan tansah dèn rêrêpa ingkang raka miwah ingkang putra Dyah Banowati, nanging datan ana enggaring driya. Malah sangsaya ndaluya ndalarung angambra-ambra. Marma anggung dados singkêling panggalih sang aji. Sakêdhap-sakêdhap unjal prana sêrêt wijiling pangandika. Dangu tan imbal pangandika, namung ngêtut laku jantraning pikiran sowang-sowang. Katungka pisowanira ingkang putra Radèn Pamadi anganthi Anom Wasi Kakrasana, inggih Wasi Jaladara. Sapandurat sang aji datan bisa ngandika. Jroning cipta amung tansah minta nugrahaning jawata mrih enggal timbula kang putra Dyah Irawati. Mila ing pangangên-angên dudu Pamadi ingkang prapta, nanging kaya-kaya jawata saking suralaya kang arsa paring pêpadhang. Sasampunira satata lênggah, kapiarsa kaya mangkana pangandikanira jroning pêpanggihan.

"O ..." dipun kombangi anut iramaning gêndhing, janturan têlas.

Gangsa mantun sirêpan. Sawatawis lajêng suwuk kasambêt sêndhon tlutur.

x1x1x1x1231x6x5x3x51111
O...O...su-rêm-su-rêm
1111x1x66
di-wang-ka-raking-kin
66666x6x5
lirma-ngus-wakangla-
3x5x6x1x2x1x6x5x3x51111
yonO .....dè-nyai-lang
1111x6x1x1x3x3x5
kangmê-ma-nis-ewa-
55555x6x16
da-na-ni-rala-yu
321211
ku-mêlku-cêmrah-nya
111x6x3666666 5 3561x2x1x6
ma-ra-ta-niO...e...
x5x3x211111
ma-rangsa-ri-rani-
1x6x1 1x2x3x55x66
punmê-lêsde-ninglu-
.5332 22 21
di-raka-wang-wangngga-
1.x2x31.11 11x1x.x65
ga-nabangsumirat
xe(e e e e w e t e e w e . q e w t)
a(umpak gêndèr)

Têrus ginêm:

Prabu Salya: "Ah! Hêmmm. Jagad dewa wasesaning bathara. Yayi, yayi Sêtyawati. Aja bangêt-bangêt anggonira nyiksa raganira.

--- 81 ---

Aja, yayi aja. Ngelingana rusaking raga kêmbanging lêlara, lêlara kêmbanging pati. Aku ngêrti sêpira aboting pinêgat trêsnanira marang putranira Si Irawati. Kaya lumrahing ibu marang putra. Nanging kabèh iku kita amung ichtiyar lan mbudidaya, purba wisesa ana pangwasaning dewa. Mula yayi, dibisa mranata panggalihira kalamun amung kandhêg ing rasa, iku amung dadi pêpêtêng, pêpêtênging pikir kurang titising laku pêpagêring ichtiyar, pêpalanging pambudidaya. Wusana jugar apa kang ginayuh, cupêt apa-apa kang dèn jangkah. Beda karo samubarang ingkang ditindakake kanthi wêninging cipta, sabar têwêkêling driya. Bisa cekat-cèkêt kanthi pratitis. Yayi Sêtyawati, beratên duhkitaning atimu. Ayo bêbarêngan nyênyuwun amrih enggal olèha pêpadhang."

Banowati: "Inggih ta kangjêng ibu, mbok kêrsa ndahar[11] tuwin ngunjuk. Kula aturi pitados bilih kakang mbok Irawati enggal timbul. mBotên-mbotên manawi manggih alangan. mBokmanawi yayi Pamadi punika kang mbêkta kabar. mBok cobi kadangua rama."

Prabu Salya: "Ih lah dalah. Nganti kalimput ora ngêrti sira kang prapta Pamadi sing gêdhe pangapuranira nggèr, pambagene pun uwa kasêp. Padha raharja praptanira nggèr!"

Pamadi: "Nuwun inggih wa prabu mbotên dados punapa, raharja pisowan kula, sêmbah pangabêkti kula katura saandhaping pêpada."

Salya: "Iya tak tampa. Pangèstuku tumrapa."

Pamadi: "Sangêt pamundhi kula wa prabu."

Salya: "Iya nggèr sapa, rewangira kang marak iki?"

Pamadi: "Wa prabu, inggih punika kakang Wasi Jaladara saking padhepokan Ngargadahana."

Salya: "O mangkono. Ngaturakên pambagya basuki anak anggèr sarawuh jêngandika dhatêng Mandraka?"

Jaladara: "Inggih njêng paman prabu, kula pundhi dhawuh pambagya paduka, sêmbah kula pangabêkti kula katura saandhaping pêpada kawula nuwun."

Salya: "Inggih nggèr. Mugi sêkecakna lênggah paduka."

Jaladara: "Kawula nuwun, mbotên kirang sakeca sinuwun?"

Petruk: "Lha niki kakèkne Sêmar, Nala Garèng, lan kula niki Petruk, sinuwun."

Garèng: "Ora gênah. Wong mara dhayoh kok kaya koperasi konsumsi bae."

Salya: "Iya iya bocah-bocah panakawan kowe ya padha bêcik?"

Sêmar: "E, - ee, ee, ênggih wilujêng."

Garèng: "Wilujêng sinuwun."

Petruk: "Ênggih kuru-kuru."

--- 82 ---

Banowati: "Wangsulan kok kuru-kuru ki priye Petruk?"

Petruk: "Kuru-kurua niku mbotên kurang mangan kok ndara radèn ayu, sinau pikiran besuk gêdhe ..."

Banowati: "Aja nggladrah. Nèng nggone wong susah barang jare cêngèngèsan."

Garèng: "Sokur Truk. Wong kuwi nèk kulina cêngèngèsan."

Salya: "Pamadi. Kêpriye nggèr, ing nguni sira sun jaluki tulung ngupadi mbakyumu: Irawati. Têka saiki wis marak ngarsaningsun. Apa wis entuk sisik mêlik, apa malah wis kêtêmu nggèr. Coba matura."

Pamadi: "Kangjêng uwa jimat pêpundhèn kula. Pamadi nyuwun têdhaking dêduka. Awit ngantos samangke dèrèng pikantuk punapa-punapa. Nanging rèhning wontên sasmitaning jawata ingkang kaparingakên dhatêng Wasi Jaladara, bilih sarananipun kangmbok Irawati sagêda pinanggih manawi panjagining kaputrèn dipun santosani. Pramila kêparênga kakang wasi nglêbêti sayêmbara tuwin lajêng pinarêngna mlêbêt kêputrèn sapêrlu ngrêksa kaputrèn. Awit wangsiting jawata badhe wontên pandung malih ingkang mlêbêt kaputrèn Mandraka, wa prabu. Ingkang mbokmanawi punika ingkang dados marginipun kakang mbok Irawati pinanggih."

Salya: "I lah dalah têka ndaradasih têmên iki. Mangkono wigatining pisowanira Pamadi. Iya-iya nggèr kêng uwa mung sumarah panyuwunira sun lilani. Padha manjinga kêputrèn mangsa bodhoa pangrêksanira Banowati, mara kanthinên adhimu Si Pamadi apadene nak anggèr Jaladara mlêbu kêputrèn. Sêmar, Garèng, Petruk aja kari."

Banowati: "Nuwun inggih kangjêng rama. Ayo dhimas manjing kêputrèn."

Pamadi: "Sumangga kakang mbok kula dhèrèkakên. Kakang mas sumangga."

Jaladara: "Iya yayi. Nyuwun pangèstu paman."

Salya: "Inggih nggèr sumangga."

nDhodhog kothak lamba ping 5 mungêl gêndhing ayak-ayakan lajêng bêdholan. Salya, Sêtyawati kalampahakên manêngên. Pamadi dipun kanthi Banowati manêngên dipun tutakên Jaladara tuwin panakawan. Tancêp ing têngên Banowati, Pamadi ing kiwa tuwin Jaladara ing wingkingipun.

Gangsa suwuk tanpa pathêtan lajêng ginêm:

Jaladara: "Yayi Pamadi. Iki prayogane si adhi ingkang ana kêputrèn aku dak ana patamanan. mBokmanawa mlêbu kêputrèn enggal si adhi ngundanga pun kakang yèn manjing taman si adhi sun undang."

--- 83 ---

Pamadi: "Ngèstokakên dhawuh kakang mas, kakang Sêmar, Garèng karo kowe Petruk mara padha mrenea."

Sêmar: "E, e, ditimbali ndara thole ayo sowan."

Garèng Petruk: "Ayo ma." (Lajêng tancêp sawingkingipun Jaladara)"

Sêmar: "Wontên dhawuh ndara?"

Pamadi: "Iki mêngko njaga mbokmanawa ana maling, mula kowe kabèh kudu ora kêna turu tansah ngamat-amati."

Petruk: "Wah cilaka awor wong pintêr-pintêr ki rêkasa. Arêp ana maling we ngêrti. Lha ning saniki ngètên ndara. Mangke nèk tanpa tandha napa-napa bisa kêprukan padha kanca. Mula niki kudu disukani tandha-tandha."

Pamadi: "Lha prayogane kêpriye Petruk?"

Petruk: "Kajêngipun mbotên klèntu kêdah dihurdah. Yèn sagêd mangsuli cocok niku kanca yèn mbotên cocok gênah maling."

Garèng: "Jadah pohung aku mathuk kuwi."

Pamadi: "Iya njur hurdahe priye prayogane Petruk?

Petruk: "Nèk èntên klèsèding wong dihurdah jaran ngotên, wangsulane kudu kepang hurdahan têrus "mangan" wangsulane kudu "pari" mbotên mangsuli pari dikêpruk mawon. Hurdahan têruse klambi abang, wangsulane kudu "sing marai" botên muni sing marai rangkèt. Pripun mathuk mbotên."

Jaladara: "Iya sakarêpmu, padha anggonên sakancamu lan waratakna marang kang padha kêmit, nanging jaganên sing ngati-ati aja nganti kêprojol ing mungsuh."

Petruk: "Nggih, ning saniki Nala Garèng kula cobane."

Jaladara: "Iya sakarêpmu."

Petruk: "Coba kowe wakne thekle, kowe tak hurdah. Ngati-ati lho. Eling-elingèn klèru tatu, lali mati, ngawur ajur. "Jaran."

Garèng: "Kepang pring."

Petruk: "Aja ditambahi Rèng. Mangan."

Garèng: "Sêga."

Petruk nabok: "Huh kowe, aku kandha klèru tatu."

Garèng: "Adhuh ... adhuh ... Lha kok kêjêm tênan."

Petruk: "Ya bèn, nèk pra dikonokake yèn têtêp nggladrah. Hurdahan têruse Rèng awas, lali mati lho. Klambi abang."

Garèng: "... mbakyumu."

Garèng dipun kamplêng malih.

Garèng: "Adhuh ... adhuh ... Lha kok ngono."

Petruk: "Ya bèn. saguh nganti bênêr ora?"

Garèng: "Ya iya ora kuwatir, tanggung bèrès ta wis."

--- 84 ---

Jaladara: "Wis yayi lan kowe punakawan ayo padha golèk papan kang sakira prayoga."

Pamadi: "Inggih kakang mas sumangga."

Sami bêdholan kantun Pamadi lan Banowati. Ginêm malih.

Banowati: "Kok arêp ana maling mlêbu manèh iku apa iya ta yayi."

Pamadi: "mBotên kok. Tiyang punika namung kêrsanipun kula sagêd kêpanggih malih kalihan kangmbok Banowati."

Banowati: "Lah kok ngono bèn apa? Arêp apa yèn wis kêtêmu aku?"

Pamadi: "Pamadi tansah kangên kok kangmbok."

Banowati: "Iyah tênan pa piye lho kuwi?"

Pamadi: "Saèstu kok kangmbok."

Banowati: "Lha kok cocok nèk tênan. Aku sapungkurmu dhèk êmbèn kae tansah ktok-ketokên lambemu iki lho dhi." (Banowati njawil Pamadi).

Pamadi: "Ah sampun ngantên ta kangmbok. Sêjatosipun mbotên punika. Wontênipun Pamadi sowan malih punika kajawi kangên kangmbok ugi badhe nyêpêng pandung."

Banowati: "Arêp ana maling tênan ta dhimas?"

Pamadi: "Inggih, ingkang dipun dhustha sanès rajabrana. Nanging panjênêngan kangmbok Banowati."

Banowati: "Sing dimalingi aku?"

Pamadi: "Inggih."

(Banowati ngrangkul Pamadi kalihan wicantên).

"Ih ... ih ... ih ... aku wêdi dhimas, aku mèlu sliramu bae?"

Pamadi: "Tumut inggih tumut, ning kok ngene ta iki. Kula punika Pamadi lhe kangmbok, cobi ta kula aturi sampun ngatên punika ..."

Banowati: "Ya bèn, jênèh wong di ... Huh kowe gêmês aku."

(Banowati njiwit).

Pamadi: "Atho ..."

Dipun suluki ada-ada grêgêt manyura kasarêngan dhodhogan kothak.

@@@@@@
Ridhuma-worma-nga-wor-
@@@@2x2x1
a-worwu-rahantê-nga-
2111 6165x2x2x2x2x2x21
ra-ningprajuritO o o ogong
11x1x6x5111
ma-gu-rugangsatêtêgka-
11x1
dyabu-tu-

--- 85 ---

122222
lamyangpan-jrit-ingtu-
222222
rang-gès-thirê-ka-tak
x2x16x1x1x1x1x1x1
ing-kangO o o o

Ginêm (Jaladara wayangipun botên katingal dados namung swantên thok):

Jaladara: "Iki rêgêmêng-rêgêmêng iki apa, apa iki maling aguna."

Kartapiyoga: "(ugi namung suwantên): Dudu, aku dudu maling, aku dhapuran pring."

Jaladara: "Ana dhapuran pring bisa gunêman apa Pamadi iki?"

Kartapiyoga: "Iya aku Bamadi."[12]

Jaladara: "Dudu, iki mêsthi dudu Pamadi, suwarane kok antêp têmên. Ngakua bae apa Jaladara?"

Kartapiyoga: "Iya aku Jaladara."

Jaladara: "Maling aguna nututa ndak cêkêl. Yayi, yayi Pamadi iki malinge wis têka yayi, mara enggala mêtu, ayo padha dioyak. Cêgatên kulon ndak cêgate wetan."

Pamadi: "Inggih kakang mas. Cobi kakang mbok kula ngoyak maling."

Banowati ngrangkul malih: "Hii, aku wêdi dhimas, aku wêdi ndhèrèk kowe bae dhimas."

Pamadi: "Sampun kangmbok sampun kuwatos sakêdhap malih kula wangsul kalihan kangmbok Irawati. Kula aturi ngatos-atos kakang mbok."

Banowati ngêculakên pangrangkulipun kalihan wicantên: "Iya dhimas, ning aja suwe-suwe ya."

Pamadi: "Inggih kangmbok kantuna basuki." Pamadi kesah nDhodhog kothak rangkêp kaping 3 gangsa mungêl sampak tanggung.

Kartapiyoga ayun-ayunan kalihan Jaladara. Têrus dipun susul ada-ada grêgêt. Ginêm:

"Hayo kowe gênah maling aguna ngakua mumpung durung sirna. Sapa jênêngmu saka ngêndi pinangkamu?"

Kartapiyoga: "Kartapiyoga putra nata Tirtakandhasan Prabu Kurandhagêni. Kowe sapa kang ngrêksa taman Mandraka kene?"

Jaladara: "Iki wujude Anom Wasi Jaladara, ya Kakrasana saka padhepokan Ngargadahana."

Kartapiyoga: "E he lah dalah, ana pandhita cênunukan dadi gêdibal, ngrêksa tamanan diopahi apa he."

Jaladara: "Ora susah kakehan wuwus. Ayo nututa ndak banda maling aguna."

Kartapiyoga:"Ora gampang mbanda Kartapiyoga, lena tandangmu kêlakon ana pêrandha dadi bathang."

Jaladara: "Sing prayitna kêlakon ndak untir gulumu."

--- 86 ---

Kartapiyoga: "Sing prayitna kêlakon ndak untir gulumu."

nDhodhog kothak dipun tututi kêprak. Gangsa sampak dados pêrang rame. Wêkasan Kartapiyoga umpêtan. Gangsa suwuk dipun suluki ada-ada grêgêt. Kartapiyoga tancêp ing têngên radi manêngên madhêp mangiwa têrus ginêm:

"Hêm, hêm. Antêp tangane Jaladara kaya gandhèn wêsi. Nganti kumêpyur panonku. Iya-iya tujune Kartapiyoga mangsa kewuhana. (Pamadi dhatêng sawingkingipun) ... Tak njujug patugurane Banowati bae nuli tak gawa."

Nuntên nêmpiling Kartapiyoga saking wingking. Kartapiyoga njungkêl, gangsa sampak lajêng suwuk, Kartapiyoga tancêp ing kiwa ajêng-ajêngan lajêng ginêm:

Kartapiyoga: "He lah dalah. Dak sawang manganggone satriya têka ora ngêrti ing tata. Mrawasa uwong ora taha-taha. Sapa kowe?"

Pamadi: "Radèn Pamadi saka Madukara. Ayo maling aguna nututa. Sapa aranmu."

Kartapiyoga: "Ora tèdhèng aling-aling iki putra nata. Tirtakandhasan Prabu Kurandhagêni, Radèn Kartapiyoga jênêngku."

Pamadi: "Kartapiyoga nututa dak banda!"

Kartapiyoga: "Wa thah! Aja gumampang muwus. Angur baya kowe aja ngganggu karêpku nèk kowe isih sênêng urip."

Pamadi: "Ora nutut kêlakon mati dening aku."

Kartapiyoga: "Sing prayitna."

Gangsa sampak dados pêrang rame. Kartapiyoga umpêtan malih, kados patrap nalika badhe dipun prawasa Pamadi kalihan ngudarasa.

"Ora nyana wandane ora kolu banyu bae kathik tandange cukat trêngginas trampil. Nganti kewuhan aku."

Petruk njêdhul saking têngên lajêng hurdah ...!"

"Jaran ... Mangan ...!" Klambi abang ...!" mBotên enggal wangsulan têrus mupuhi Kartapiyoga ngangge alu. Kartapiyoga mlajêng kêpapag Jaladara dipun antêm jambak kabucal manêngên. Dhawah dipun tampèni Pamadi lajêng dipun têmpiling kacandhak kabucal mangiwa. Dhawah dipun pupuh Petruk. Makatên antawis kalih rambahan. Sarêng mêngsah Petruk kang kantun. Kartapiyoga amblês ing bumi Jaladara, Pamadi, Sêmar, Garèng tuwin Petruk tancêp gangsa suwuk têrus ginêm:

Jaladara: "Mênyang ngêndi yayi malinge?"

Pamadi: "Duka kakang mas mênyang ngêndi Petruk."

Petruk: "Lha niki napa, ngêcop mblusuk urung-urung niki. Kula gandhuli mung kêna jarike thok. Tobat-tobat jarik kok le kêmrisik kaya ngene. Iki gèk payu pira nèk dak gadhèkake."

--- 87 ---

Jaladara: "We lha. Dadi mlêbu kene Petruk?"

Petruk: "Ênggih, ênggih, niki, niki. Cobi kula inguke dalane niki, cilup ... ba. Biyuh ... biyuh ... pêtênge, têbih ... jêro lêbêt ... ndara."

Pamadi: "Kadospundi kakang mas?"

Jaladara: "Ora susah malang tumolèh yayi, ayo padha dilacak têrus nganti têkan praja Tirtakandhasan."

Pamadi: "Sumangga kakang mas, kula ndhèrèkakên. Ayo panakawan kabèh padha mèlu."

Petruk: "Kula nyuwun pamit ndara, awit kula ajêng sakit."

Garèng: "Wong arêp lara. Lagi arêp sing ngêrti sapa."

Pamadi: "Kêna Petruk, nanging sabanjure ora pêrlu sowan ngadhêp mênyang kasatriyan."

Petruk: "Wah mbotên ndara, nèk ngotên ndhèrèk têng Tirtanadi mawon."

Garèng: "Tirto ... gagasan, kok Tirtanadi."

Petruk: "Athik Tirtagagasan ta Rèng."

Garèng: "Êmbuh aku dhewe lali."

Pamadi: "Wis aja kêsuwèn ayo gêlis mangkat. Mangga kakang mas."

Jaladara: "Iya yayi ayo gêgancangan."

Gangsa sampak bêdholan. Kalajêngakên ayak-ayakan. Gunungan kalampahakên kêdhêr mangiwa manêngên kaping kalih. Lajêng kawangsulakên ing papanipun malih. Adêgan pêtamanan Tirtakandhasan. Irawati ing têngên dipun adhêp [...] satunggal. Pamadi dhatêng kalihan Kakrasana tancêp ing sawingkingipun êmban. Sasampunipun tancêp prêmati, lajêng ndhodhog kothak rangkêp ping 1. Gangsa sirêpan lajêng njantur:

"Lah punika ingkang dadya jatining jagad. Kusuma Dèwi Irawati ingkang dèn dunungakên ing patamanan Tirtakandhasan. Nalika samana sang dèwi sangêt ing prihatinira. Awit dêdunung ing krajaning diyu ingkang sarana cinidra Radèn Kartapiyoga, arsa dèn angkat dadya pamèswari. Nanging datan sarju jroning panggalih mula tansah golèk rekadaya murih wurunging sêdya. Amula rusak sarirane anggènira anganti-anti kabarira R. Kartapiyoga kang ing nguni dèn suwuni bêbana mundhut ingkang rayi Kusuma Dèwi Banowati. Nanging praptaning samangke dèrèng ana kabare. Dèrèng ngantos imbal wacana katungka pisowanira ingkang rayi Radèn Pamadi. Kagyat jroning cipta rumangsa tan pracaya apa kang dinulu. Alon wijiling pangandika kaya mangkana:

"O..."

--- 88 ---

Dipun kombangi anut iramaning gêndhing. Gangsa mantun sirêpan. Têrus suwuk kasambêt pathêtan, pathêt manyura jugag.

111111
Jah-ningya-ningta-la-
11116x1x.x3x2
gaka-dila-ngitmam-
222222
bangtê-paswu-lanu-
222x1x232x1x6x51
pa-ma-ne-kaO...lin-
111111
tangtul-yaku-su-ma
111x6x12x1x6x5x x6x5x3
yasu-ma-wurO o o o

Ginêm:

Irawati: "Êmban kok kowe wis marak iku apa wis rampung kuwajibanira êmban?"

Êmban: "Kawula nuwun inggih sampun sadaya. Gèk kuwajiban punapa ta kusuma dèwi tiyang kadhawuhan ngladosi paduka mangka mbotên kêrsa dhahar, ngunjuk tuwin busana. Kok ngantos bosên nggantos dhaharan. Gèk punapa ta kusuma dèwi, ingkang dados kêkiranganipun."

Irawati: "Êmban kowe aja kêladuk ati kêjêron panampa. Ana e aku ora kêrsa mangan ora busana saka prihatinku muga-muga bisaa dadi sarana anggonku bisa enggal bali mênyang prajaku êmban."

Êmban: "Gèk punapa ingkang dados kêkiranganipun kusuma dèwi? Sampun sugih singgih, bandha bandhu, dhasar gusti kula Kartapiyoga taksih taruna, sêmbada pêrwira digdaya, kajèn kèringan, bagus rupinipun gèk ..."

Irawati: "Bênêr êmban pamuwusmu, nanging aku tan sarju awit ora cocog karo adêging pikir lan alusing sêdya. Karsaningsun suwuni maru adhiku Si Banowati dimène bali mênyang ing Mandraka. Yèn bali saka pandugaku, bakal kadênangan êmban, apa kowe ngêrti marang wong sing prapta iki êmban?"

Êmban nolèh lajêng mangsuli: "Biyuh-biyuh ana wong baguse kaya ngono. Dèrèng kusuma dèwi, punika sanès pawonganing Tirtakandhasan."

Irawati: "Mbotên kisanak paduka sipating priya têka kamipurun manjing pura. Sintên sinambating wangi, pundi pinangka paduka."

Pamadi: "Kakang mbok Irawati, sampun sêmang-sêmang ing panggalih, kula ri paduka pun Pamadi saking Madukara."

Irawati: "Adhiku dhi, adhiku. Sèwu ora nyana ora ngimpi yèn si adhi ingkang prapta. Priye yayi apa karyanira mêsthine diutus rama prabu didhawuhi mboyong aku, rak iya ta dhi?"

--- 89 ---

Pamadi: "Kaluhuran dhawuh paduka kakang mas, nanging mugi ndadosna kawuningan, bilih kula nganthi kakang mas Wasi Jaladara, ingkang sapêrlu nglêbêti sayêmbara. Awit samurcanipun kangmbok ing Mandraka pasanggiri sintên ingkang sagêd manggihakên paduka badhe kadhaupakên. Pramila panyuwun kula mangsa borong ing têmbe bilih sampun prapta ing Mandraka."

Irawati: "Iya yayi mung manut. Mangke ta radèn ngaturi pambagya basuki sarawuh paduka."

Jaladara: "Ah. Hmm. Piye iki. Ing ... ing ... gih wilujêng. Kok rasane kaku nyang ati."

Irawati: "Iya kêrsane yayi Pamadi kêpriye yayi?"

Pamadi: "Sarèhning punika mangke dados rame. Pramila kangmbok ingkang ngatos-atos. Kakang mas Jaladara sampun ngantos sêpi ing kaprayitnan. Kartapiyoga têmtu bramantya."

Jaladara: "Aja kuwatir yayi wus ana pun kakang."

Dipun ada-adani ada-ada grêgêt:

!!1111
Tan-dyaba-laPan-dha
1!!!!!
wabyukgu-mu-lungma-
!x6x1x3x5x6666
ngung-siringSa-taKo-
6656x#x#x#x#x#x#2
ra-wakam-bahO ...kong-
2222162
kihsruka-ti-tihmi-
222222
rutla-rutka-tutpa-
22x1x2x2x2x2x2x2
rara-tuO ...

Têrus kasambêt cariyos:

"Praptanipun Radèn Kartapiyoga" Gangsa sampak tanggung dipun sarêngi ginêm:

"Adhiku dhi adhiku wong ayu Irawati. Irawati papagên kêmbang sêtaman yayi pun kakang ingkang prapta mbèk meyong wok-wok kêthêkur. Nimas Irawati."

Kartapiyoga dhatêng tancêp. Gangsa kasêsêgakên têrus suwuk lajêng ginêm:

Kartapiyoga: "Ih lah dalah. Iki wong èlèk-èlèk sing mlêbu taman kene kêparat. Jaladara gumêdhig kumaki ngêndêl-êndêlake. Sapa sing ngakon kowe mlêbu taman, he kêparat."

Jaladara: "Lancang pangucap. Aku diutus Nata Mandraka kinèn mboyong Dèwi Irawati. Mula Kartapiyoga mandhêga samene bae sêdyamu. Aja ngganggu gawe pamboyongku."

Kartapiyoga: "Enak, gampang têmên rumangsamu. Ayo ora gêlêm padha minggat dak lunasi nyawamu."

--- 90 ---

[Grafik]

ING PATAMANAN TIRTAKANDHASAN.

Dèwi Irawati kasusul dening Pamadi lan Wasi Jaladara katungka dhatêngipun R. Kartapiyoga.

--- 91 ---

Jaladara: "Mara kêpara ngarsa, ora sida ana sirah pisah karo gêmbung."

Kartapiyoga: "Hèh! Tak rêmêt ajur kuwandamu."

Dados pêrang sampak. Kartapiyoga kasoran umpêtan konangan Pamadi.

Dados pêrang rame. Kartapiyoga kasoran mlajêng dipun tututi Jaladara.

Dados pêrang malih. Dangu-dangu Kartapiyoga dipun têmpiling mawi sênjata nênggala pêjah. Jaladara tancêp ing cêlak bangkenipun Kartapiyoga kalihan sumbar:

"Amuk-amuk suramrata jayamrata. Ayo aja maju siji, barênga mara. Ampyakên kaya wong njala rêbutên kaya mênjangan mati ora sida sirna dening aku. Ayo Kartapiyoga, nyata linuwih tangia dak êntèni."

Pamadi dhatêng kalihan Petruk.

Pamadi: "Kadospundi kakang mas?"

Petruk: "Pripun ndara?"

Jaladara: "Wis tumêkèng pati yayi. Iki Petruk. Kartapiyoga mis[13] anjêrbabah ndhêpani bantala."

Petruk: "He lah dalah. Niki wau panjênêngan napakake ndara?"

Jaladara: "Dak têmpiling Petruk, pêcah êndhase."

Petruk: "Tur dadi lima. Mêsthi kewuhan le ngrangkani."

Jaladara: "Iya Petruk. Banjur kêpriye yayi iki prayogane."

Petruk: "Ênggih lah niki penake ..."

Jaladara: "Aja cêngesan. Apa kowe ki yayiku."

Petruk: "Kula wastani nèk taksih kula niki wau. Nyuwun pangapuntên dara?"

Pamadi: "Kula namung ndhèrèk sakarsa kakang mas."

Jaladara: "Iki ngene yayi amrih kêwêruhan Prabu Kurandhagêni, nêdya sun balangake mênyang pasewakan. Yayi mara gawèkna layang ndak sèlèhne kupinge kene."

Pamadi: "Nuwun inggih kakang mas. Mara Petruk gawenên layang iki, basane kang prayoga."

Petruk: "E, ênggih pundi, ... êmpun ndara."

Pamadi: "Wis kanthilna ing kupinge kono Petruk!"

Petruk: "Êmpun ndara."

Jaladara: "Mara dak balangne. Aja tiba-tiba yèn durung têkan sitinggil Tirtakandhasan."

Dipun sarêngi dhodhogan tuwin kêprak. Gangsa mungêl sampak, suwuk têrus ginêm:

Jaladara: "Wis yayi, saiki andum gawe. Boyongên mbakyumu Irawati, aku dak ngêntèni Prabu Kurandhagêni."

--- 92 ---

Pamadi: "Nuwun inggih kakang mas ngèstokakên dhawuh."

Jaladara: "Wis Petruk ndhèrèkake yayi Pamadi."

Petruk: "Inggih. Mangga ndara."

Pamadi: "Petruk ayo."

nDhodhog kothak kaping 5 lamba, mungêl gêndhing ayak-ayakan bêdholan. Gunungan kalampahakên kêdhêr mangiwa manêngên ambal kaping kalih lajêng kawangsulakên ing papanipun malih. Mêdal Prabu Kurandhagêni, tancêp. Lajêng Patih Dhêndhawasesa, mêdal saking kiwa nyêmbah tancêp.

nDhodhog kothak rangkêp sêpisan, gangsa sirêpan lajêng njantur:

Amangsuli carita ingkang rumuhun. Ingkang wontên dhangkaning danawa ing Tirtakandhasan. Sang Pabu Kurandhagêni lênggah anggana. Nglantur gagasanira, amung tansah èngêt ingkang putra Radèn Kartapiyoga kang manjing dhustha mring Mandraka. Tan antara dangu katungka sowanira Rêkyana Patih Dhêndhawasesa. Saking ngangsaning panggalih sang aji, arsa enggal midhangêt kabare ingkang putra. Mila adoh ingawe pêrak, pêrak rinakêtake. Kaya mangkana wijiling pangandika:

"O ..." Dipun kombangi anut iramaning gêndhing gangsa mantun sirêpan, suwuk lajêng dipun pathêti pathêt manyura jugag lajêng ginêm:

Kurandhagêni: "E, he lah dalah bojlèng-bojlèng Dhêndhawasesa. Kapara ngayun patih pisowanira. Rak ya padha basuki patih?"

Patih: "Kula noknon raharja pisowan kula kangjêng sinuwun.

Sêmbah pangabêkti kula katura. Kawula noknon."

Kurandhagêni: "Iya patih bangêt panarimaku. Saka nyêranging atiku, enggal ngêrtia kabare putraku Kartapiyoga. Duk ing nguni sira ingsun tuduh lumawat mênyang Mandraka mêmanuki lakune gustimu Kartapiyoga. Priye wusanane patih. Hm matura."

Patih: "Nuwun inggih sinuwun nyuwun lubèrêng[14] pangaksami abdi paduka kula sampun kalêksanan lumawat dhatêng Mandraka, ngrêrangu lampahipun Gusti Kartapiyoga. Nanging ndadosna kawuningan bilih lampah kula cabar tanpa damêl. Awit tapêl watêsing praja Mandraka dipun jagi kiyat sangêt. Ngantos kêdadosan pêrang rame, wêkasan wadya Tirtakandhasan kuciwa dene datan sagêd malês. Samya umpêtan dados têlik sandi upaya. Nanging saugêr nyêbar têlik sandi upaya sami katiwasan. Malah wadya rasêksa tumpês tapis dipun pêjahi Radèn Pamadi."

Kurandhagêni: "He e, he lah dalah. Dudu karêpe dhewe, dadi ora olèh kêtêrangan madya wusanane."

Patih: "Botên kangjêng sinuwun."

Kurandhagêni: "He, ehe. Patut karo wandane patih. Kancane tumêkèng pati malah cêngèngèsan bali mulih. Apa lêlabuhane marang praja ..."

--- 93 ---

Dipun singgêt ada-ada grêgêt sinarêngan dhodhogan kothak nitir:

!!!!!!
Bu-migon-jang-gan-jing
!!!!!!
la-ngitkê-lapkê-lap
!x!x.x6x3x5x6666
ka-tonlirkin-ca-nging
6x5x62222
a-lisri-sangma-wèh
2x1x23333
gan-drungsa-ba-rangka-
x3x212222
du-luwu-kirmo-yak-
21 2x3x2x3x2x6x5
ma-yikO ...

Kasambêt cariyos:

"Kocap kacarita mangkana. Eca nggènira ngêndika Sang Prabu Kurandhagêni. Padha sanalika kagyat anggana wêkasan priksa dhawahing wangkenira ingkang putra gumêbrug ing ngarsanira."

nDhodhog kothak katungka kêprakan. Gangsa mungêl sampak Kartapiyoga dhawah ing ngajêngipun Prabu Kurandhagêni. Gangsa suwuk têrus ginêm.

Kurandhagêni ngrungkêbi wangkenipun Kartapiyoga.

"He e nggèr anakku nggèr wong godhèg Kartapiyoga. Têka ngêmasi ora ana ngarsaningsun nggèr. Hmm, gèk apa lan sapa baya kang matèni anakku." Kurandhagêni ndêngèngèk:

Patih: "Adhuh radèn, têka panjênêngan tega nilar pun rama kalihan kula. Radèn kula aturi wungu. Anggêr gêlêm urip manèh tak ... dak tanggapake lèdhèk, tayuban tênan. Radèn kula aturi gêsang. Ah hêm, lha kok mati tênan."

Kurandhagêni: "Priye patih mau tênan anakku?"

Patih: "Pêt sinuwun."

Kurandhagêni: "Ora gênah kok cara lampu wae. E lho kuwi apa kanthil-kanthil ing kuping kuwi patih."

Patih: "Sêrat ngatên kok sinuwun."

Kurandhagêni: "Coba wacanên kêpriye surasane?"

Patih: "Ngèstokakên dhawuh ... m ... a ... m ... p ... i ... r ... y ... ê ... m. Mampiryêm."

Kurandhagêni nêpsu: "Hèh ora gênah, aja sêmbrana kowe patih."

Patih: "Saèstu sinuwun, kula mbotên damêl-damêl."

Kurandhagêni: "Iya banjure."

Patih: "Inggih ... My ... dear Kurandhagênar, anakdar Kartapiyogar modar ..."

Kurandhagêni: "Hèh lha kok aksara layar kabèh patih."

Patih: "Inggih. Matar ana patamanar sing matari radar Jaladarar, nèk kowar ora trimar mênyangar patamanar, isih diêntarar Jaladarar, Pamadi dan Petrar."

--- 94 ---

Kurandhagêni: "Ihi bojlèng-bojlèng. Piye kuwi gênahe patih?"

Patih: "Punika isinipun ngaturi priksa bilih ingkang putra Radèn Kartapiyoga seda, ingkang anyedani Jaladara wontên pêtamanan. Bilih paduka mbotên trimah kapurih tindak mrika, taksih dipun êntosi. Ingkang wontên mrika tiyang tiga Jaladara, Pamadi lan Petruk saking Mandraka. Ngatên punika sinuwun."

Kurandhagêni: "Hi lah bojlèng-bojlèng eblis lanat jêjegangan. Dudu karêpe dhewe. Wis patih gustimu unggahna pancaka, dak gaglage limpane Jaladara. E Jaladooora aja mlayu."

nDhodhog kothak têrus kêpyakan, Kurandhagêni bêdholan kalampahakên manêngên. Patih bêdholan njabut Kartapiyoga têrus kalampahakên mangiwa. Jaladara tancêp têngên Kurandhagêni ing kiwa lajêng sumbar-sumbaran.

[Grafik]

WASI JALADARA MÊNGSAH PRABU KURANDHAGÊNI.

Wêkasan Prabu Kurandhagêni sirna kenging nênggalanipun Wasi Jaladara.

--- 95 ---

Kurandhagêni: "E e he iki sapa ana nom-noman bagus sajroning taman iki, he kowe sapa?"

Jaladara: "Aku Wasi Jaladara. Kowe sapa sang prabu?"

Kurandhagêni: "Kalingane apa iki Jaladara ingkang bisa matèni putraku. Aku Prabu Kurandhagêni kêparat, ngêrtia. Ora lêga ora trima anakku kok patèni. Kêlakon dak gawe ijol kowe. Utang pati nyaur pati. Ayo aja mlayu kêlakon dak pradhah kalamangsa."

Jaladara: "Ora watak Jaladara ngucirèng yuda kêpara ngarsa kêlakon dak têbak bêngkah dhadhamu."

Kurandhagêni: "Kêlakon dak gaglag limpamu."

nDhodhog kothah[15] kêprakan. Gangsa sampak pêrang rame. Kurandhagêni dipun antêm wongsal-wangsul mbotên keguh, salajêngipun Jaladara dipun candhak dening Kurandhagêni lajêng dipun wasuh têrus dipun bucal dhawah klesedan, tangi majêng malih. Ngantêmi malih têrus kados nginggil punika kirang langkung 3 rambahan. Sarêng kaping sêkawanipun, bibar kawasuh mbotên kabucal, nanging lajêng kamangsa, pêpêthanipun sampun dipun untal kantun watês dhadha minggah. Gangsa sirêpan lajêng kacariyosakên:

"Rame nggènira bandawala pati. Wasi Jaladara mêngsah Sang Prabu Kurandhagêni. Wasi Jaladara kalindhih yudane, kenging kapikut dèn wasuh sigra inguntal. Wus praptèng pranajane. R. Jaladara, asta kêkalih wus prapta têlakira Prabu Kurandhagêni. Nalika samana Anom Wasi Jaladara emut katitipan sênjata nênggala ing astanipun, padha sanalika dèn pusus mijil kang sanjata nênggala jumlêgur swarane. Padha sanalika kêpyar mustakane Prabu Kurandhagêni, tan kakukup kuwandane. Kari gêmbung ambruk ndêpani bantala."

Gangsa sampak malih, kasêsêgakên. Jaladara kasêndhal mêdal. Kurandhagêni pêjah gumlethak. Gangsa suwuk, Jaladara sêsumbar.

"Ayo amuk-amuk suramrata, jayamrata. Ampyakên kaya wong njala rêbutên kaya mênjangan mati. Tambaha sayuta ngarsa sakêthi wuri. Kêlakon sirna dening aku. Ayo wong Tirtakandhasan sing padha ora trima patine gusti-gustimu, ngluruga mênyang ing praja Mandraka."

Jaladara bêdholan kaundur. Gangsa sampak. Gunungan kalampahakên kêdhêr mangiwa manêngên ambal kaping kalih têrus kawangsulakên ing papanipun malih. gangsa mungêl ayak-ayakan. Sêngkuni mêdal saking têngên tancêp malangkêrik. Lajêng kasusul Dursasana, Kartamarma, Aswatama, Jayajatra, Citraksa, Citraksi, sadaya mêdal saking têngên milik nyêmbah [nyêm...]

--- 96 ---

[...bah] lajêng tancêp ngadhêp Sangkuni. Namung Dursasana ingkang lênggah nginggil malangkêrik, gangsa suwuk lajêng ginêm tanpa pathêtan.

Sêngkuni: "O lha kêpriye nggèr, wis sawatara mangsa nggon kita lunga saka praja ngêmban dhawuhe anak Prabu Kurupati ngupadi murcane Dèwi Irawati têka durung antuk gawe?"

Dursasana: "E ha ha ha. Ênggih man wangsul mawon kula mathuk."

Sêngkuni: "E bali kêpriye, wong didhawuhi yèn durung entuk gawe ora kêna bali jare."

Dursasana: "We lha kojurane lan upamane man, Irawati niku êmpun mati napa ênggih botên kenging bali?"

Sêngkuni: "Iku rak prêkara seje, yèn wis mati mêsthine rak ora kudu digolèki Dur, Dur."

Kartamarma: "Paman kula kok kados sumêrêp rantap-rantap ing katêbihan punika sintên paman?"

Sêngkuni malik ngulatakên.

"Lha iya sapa kae. We gênah Jaladara ngana, sapa rewange kae. E, Pamadi, Sêmar, Garèng lan Petruk. Lho kok ana wêdoke barang. Wo lha kae sajake Irawati. Wis nggèr sing ngati-ati arêp ana gawe sajake."

Gangsa sampak Sêngkuni tancêp ing kiwa, katungka dhatêngipun Jaladara Irawati, Pamadi lan panakawan. Gangsa lajêng suwuk dipun pathêti ada-ada grêgêt saut jugag. Ginêm:

Sêngkuni: "Mangke kula waspadakakên kados anak anggèr Jaladara, anak mas Pamadi, lan Kusumayu Dèwi Irawati."

Jaladara: "Kados mbotên klèntu, saha mênawi kula ugi mbotên sisip, punika kados paman Sêngkuni lan para kadang Kurawa."

Sêngkuni: "Inggih nggèr pancèn lêrês. Lajêng saking pundi nggèr punika wau?"

Jaladara: "Saking nagari Tirtakandhasan, ngrêbat Kusuma Dèwi Irawati saking tanganing duratmaka."

Sêngkuni: "O makatên, kula punika ugi angsal dhawuh saking sinuwun Nata Mandraka, ngupadi murcanipun sang kusuma dèwi malah kaparingan purbawasesa, winênangakên nyêpêng sintên kemawon ingkang pinangih[16] sêsarêngan kalihan sang dèwi."

Jaladara: "Paman pangandika jêngandika punika sajak mêngku suraos kirang pitados dhatêng kula, kula matur salêrêsipun manawi kula punika sanès duratmaka nanging mligi madosi Kusuma Dèwi Irawati, punika sampun kêpanggih, lajêng badhe kula aturakên."

--- 97 ---

Sêngkuni: "Kula kok mbotên dipun ngêndikani kalihan sinuwun Prabu Mandraka bilih ugi utusan panjênênganipun anak mas sêkalihan."

Jaladara: "Nanging nyatanipun kula angsal dhawuh piyambak angayahi wajib punika, nanging makatêna ugi mbotên wontên pakèwêtipun bilih kula inggih tumut madosi amargi bab punika sampun kinarya sayêmbara sintên ingkang ..."

Sêngkuni: "O ... inggih ... inggih. Nanging ndadosna pariksa, kula ingkang kabiyantu para sata Kurawa dalah para wadyabala ingkang maèwu-èwu cacahipun kemawon mbotên sagêd manggihakên têka mokal manawi anak anggèr ingkang namung sêkalihan sagêd manggihakên. Dados kula gadhah panarka manawi paduka punika ingkang ndhustha Rêtna Dèwi Irawati. Amargi kados panjênêngan punika, arêp nglamar mêsthi ditampik, mula pados akal anak mas Pamadi sing baut slinthat-slinthut dikon ndhêlikake, lajêng mangke paduka ingkang manggihakên. Ênggih napa mbotên. mPun, saniki krama kula madya kemawon. ... sampeyan ampun kakehan polah mundhak kêdrawasan, nutut kemawon kula cêpêng ... Dèwi Irawati kula jaluk, mangke kula sing ngaturake têng Mandraka."

Jaladara: "Wadhuh-wadhuh, kêpenak têmên têmbunge wong kampra iki. Sêngkuni dudu sanak dudu kadang, sira mbêbidhung lakuku. Apa mbok kira sing nduwèni pikiran iki mung kowe dhewe kêparat. Ora nlusur githoke, bêtèke wong ora pêcus nyambut gawe mula ngatonake asoring budimu. Dèwi Irawati arêp tak aturake marang Mandraka dhewe!"

Sêngkuni: "E lho kok malah nungkak krama."

Jaladara: "Apa abamu. Kurawa minggat saka ngarêpku, ndak srantèkake sakêdhèping nêtraku, ora gêlêm minggat saka ngênggon aja takon dosa."

Sêngkuni: "Durung tutug têmbungku kok wis ngajak bêngkenengan. Jaladara, budi tak sêmbadani bangga tak rampungi. Ayo nggèr. Sata Kurawa krubutên Jaladara iki."

Jaladara: "Yayi Pamadi aja milu-milu, rêksanên bae sang dèwi, dak ajare wong Ngastina iki."

Pamadi: "Nuwun inggih kakang mas."

Gangsa sampak. Jaladara dipun krubut Kurawa. Sadaya sami kawon lajêng sami mlajêng, Gangsa suwuk lajêng ginêm:

"Ayo wong Kurawa, yèn isih ana kang kandêl kulite, tututana Wasi Jaladara mênyang praja Mandraka."

--- 98 ---

Gangsa sampak. Jaladara kaundur. Gunungan kalampahakên kêdhêr mangiwa manêngên ambal kaping kalih têrus kawangsulakên ing papanipun. Gangsa ayak-ayakan. Prabu Salya tancêp ing têngên Sêtyawati Banowati ing cêlakipun. Bratasena tancêp ing kiwa kasusul dhatêngipun Pamadi, Jaladara lan Irawati tuwin Panakawan. Irawati dumugi têrus dipun rangkul Sêtyawati lan Banowati. Sasampunipun tata tancêpipun, gangsa suwuk têrus ginêm:

Salya: "Anakku nggèr Pamadi punapadene anak anggèr Jaladara. Kanthi raharja nggèr sami."

Pamadi: "Inggih wa prabu tulus raharja pisowan kula."

Jaladara: "Inggih paman angsal bêrkah pangèstu paduka."

Salya: "Apadene sira nggèr Sena. Padha bêcik."

Sena: "Iya Salya wakku. Slamêt sowanku. Bêktiku katur."

Salya: "Iya Sena tak tampa. Pangèstuku gêntèn tampanana."

Sena: "Iya tak pundhi dadia jimat. Jane ngono sêdyaku sowan arêp takon apa adhiku. Jlamprog mrene. Kari-kari aku wêruh dhewe yèn ana kene. Dadi ora susah takon bae."

Salya: "Iya nggèr pancèn ana kene. Dak jaluki pitulungan ngupadi mbakyumu Irawati. Sajake iki kaya olèh gawe. Coba ndak dangune nggèr Sena."
Pamadi putraku cah bagus. Paran wartane kulup têka iki sowan wus nganthi mbakyumu Irawati."

Pamadi: "Nuwun inggih wa prabu. Angsal bêrkah pangèstu paduka, kangmbok Irawati sagêd pinanggih wontên praja Tirtakandhasan dipun dhustha dening Kartapiyoga putranipun Prabu Kurandhagêni. Malah dumugi titimangsa punika Kartapiyoga sampun dumugi tiwas ingkang mêjahi kangmas Wasi Jaladara."

Salya: "Anakku nggèr, kaya apa bungahing atiku lan sêpira gêdhêning panarimaku, mula ..."

Dipun singgêt ada-ada grêgêt, lajêng kacariyosakên:

"Eca nggènnya imbal pangandika. Kasaru gègèring njawi sowanira Patih Tuhayata."

Dhodhog kothak têrus kêprakan. Gangsa sampak. Patih Tuhayata marak nyêmbah tancêp lajêng ginêm:

Salya: "Patih Tuhayata ana apa ira datan tinimbalan marak biyas polatanira?"

Patih: "O, sinuwun, ngaturi wuninga bilih Mandraka kadhatêngan tiyang sabrang mbarang amuk. Kula takèni ngakên tiyang saking Tirtakandhasan sêdya malês sedaning gusti. Nyumanggakakên."

--- 99 ---

Salya: "Anggèr Sena aja kêpalang tanggung mangsa bodhoa."

Sena: "Wis aja mèlu-mèlu ndak balèkne."

nDhodhog kothak têrus kêprakan. Gangsa sampak bêdholan. Bratasena mêdal kêpapag kalihan Dhêndhawasesa dados pêrang. Dhêndhawasesa pêjah. Têrus kêpapag Jayapanigas, pêrang Jayapanigas kawon. Tayungan gangsa lajêng ayak-ayakan.

Adêgan pungkasan:

Prabu Salya kêputrèn tiga Sêtyawati, Irawati, Banowati, Rukmarata ing têngên, Pamadi, Arya Sena, Jaladara, Patih Tuhayata lan Panakawan ing sisih kiwa, sasampunipun tata tancêpipun têrus suwuk ginêm:

Salya: "Priye nggèr Sena wartane mungsuh saka Tirtakandhasan?"

Sena: "Hi i i. Kabèh wis padha mati, sing isih urip padha mlayu bali mênyang nêgarane."

Salya: "Sokur mangayubagya. Iki jênênge wis paripurna. Murcane anakku Irawati wis timbul, mêmalaning praja wis mati.

Anak anggèr Jaladara. Pamiwahan dhawah wingking supados sagêd sêmua ing sadayanipun. Nanging paduka sampun kêsesa kondur, sumangga sami manjing sana bujana andrawina, pranyataning pirênaning manah kula."

"Sena, Pamadi lan panakawan ayo padha bêbarêngan manjing sana bujana."

Jaladara: "Mangayubagya dhawuhipun paman prabu."

Sena: "Iya Salya wakku."

Pamadi: "Sumangga kula dhèrèkakên."

Sêmar, Garèng lan Petruk: "E, ênggih! Ênggih! Inggih!"

nDhodhog kothak rangkêp. Ayak-ayakan pamungkas lajêng tancêp kayon.

T A M M A T.

__________

--- 100 ---

BUKU-BUKU INGKANG PRAYOGI KANGGE BRAYAT

BASA JAWI

1. Pêdhalangan Jangkêp lampahan Kartapiyoga Cidra.
2. Pêdhalangan Jangkêp lampahan Suryadhadhari.
3. Pêdhalangan Jangkêp lampahan Indrajala Maling.
4. Pakêm Ringgit Purwa, Lairipun Rama – Brubuh, Ngalêngka.
5. Balungan Ringgit Purwa isi 20 halaman.
6. Primbon Jawi Sabda Guru, satunggaling primbon ingkang pêpak. Ngêwrat bab mawarni-warnining petang, impèn, kêdut, dêdonga, pawukon lsp.
7. Primbon Jawi "KÊLAIRAN JANGKÊP". Ngandharakên kêlairanipun sabên tiyang, panggulawênthahipun lare kêlairan kacandra saking pintên-pintên jurusan kêlairan.
8. Rêsèp masakan, kuwe-kuwe lan P.K.K.

Buku-buku kasêbat sagêd mundhut dhatêng:
(1) T.B. K.S. Kios Pasar Gêmblêgan no. 15 SALA.
(2) T.B. Indah Jaya, kios no. 11 têrminal bis Tirtonadi, SALA.

__________

 


ndara. (kembali)
tataran. (kembali)
Cangik. (kembali)
pitik. (kembali)
kula. (kembali)
arêp. (kembali)
kothak. (kembali)
Janggêl. (kembali)
kangge. (kembali)
10 nandhang. (kembali)
11 ndhahar. (kembali)
12 Pamadi. (kembali)
13 wis. (kembali)
14 lubèring. (kembali)
15 kothak. (kembali)
16 pinanggih. (kembali)