Nitisastra Kawi, Subrata, 1926, #1283

JudulCitra
Terakhir diubah: 27-08-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Niti-sastra Kawi met Javaansche verklaring uitgegeven op last der Regiring.

Batavia lands – drukkerij 1871

--- [0] ---

Nitisastra Kawi

Gijarwa

Kaêcap ing kantor pangêcapan Kangjêng Gupêrnêmèn ing nagara Batawi ing taun 1871.

--- 1 ---

1. Sêkar Sardulawikridhita, lampah 19.

1.sêmbahning ulun ri Bathara Ari sarwajatma buh nityasasêmbah kawula ing Sang Hyang Wisnu salwiring tumuwuh tanpêgat amimbuhi
kang tansèng hwardaya patikwastuti hyang isu prathisthèngamêrkang tansah èsthining manah sêmbah kawula ing Sang HyangSiwah mênggahing pamrih
ring wahyastuti sêmbahning ulun ri jêng sang hya sahasrasumaning dununging panêmbah sêmbah kawula ing pada Sang HyangGuru
dadya pakrêti nitisastra inikêt lambang winatèng prajadados pandamêling nitisastra inganggit lambang winulangakêning nagari
Sêmbah kawula ing Sang Hyang Wisnu kang tansah amimbuhi sagunging tumuwuh. Mênggah èsthining manah sêmbah kawula dhatêng Sang Hyang Siwah. Wêkasan dununging panêmbah kawula amung dhatêng padaning Sang Hyang Guru. Dados ing pandamêl kawula wêwulang nitisastra, kaanggit minăngka lambang kawulangakên ing tiyang sanagari.

--- 2 ---

2.ri wwang tar wruha ring subasita mapunggunging tiyang botên uninga ing tatakrami
myang rasèng sadrasa tèn wrin myang raswaning sdhah pucangadoh tambula widya spisangêt bodho lan raosing sêsnê mbotên uninga lan raosingganthèn[1] têbih rahsaningkasagêdan sêpên
hyan ana mamiweka sabdan ri ngupiksa byakta munabratayèn wontên ajêjagongan rêraosan ing kawruh yêkti wicantênawrat
wwang mangkana tuhyaning rai kailik lwir dyan guweka idhêptiyang makatên saèstunipun rainipun anyanyêngit, upaminipunguwa katingal
Yèn tiyang botên uninga ing tatakrami punika sangêt bodho. Kasêbut botên uninga raos nêm prakawis. Lawan raosing gantèn têbih, rahsaning kasagêdan sêpên. Yèn wontên sapajagongan rêraosan ing kawruh, saèstu wicantênipun awrat. Tiyang makatên punika rainipun anyanyêngit, upami guwa katingal malongo.

--- 3 ---

3.ri janma dika motasita rêsêpning sarwa praja ngenakaing tiyang luwih mêndhêta manah pirênaning, sagungingnagari angecanana
ring stri madya manohara priya wuwus angde manah kung luluting satêngahing pawèstri amriha pangrurum, pangandikaadamêl manah asmara lulut
ri madyaning pandhita mucapto padesopik sang raswa prihêning têngahing pandhita amuwusa sasurahsaning kawruhingrahsa kasêdyaa
yyan ri madya nikang ripu mucapkên wakdhurasing akrêtiyèn ing têngahing kang mêngsah amuwusakên umbag sabarangkarya
Mênggah tiyang ingkang linuwih punika sagêda amêndhêt manah angecani tiyang sanagari. Kados ta: yèn dhatêng pawèstri amriha pangrungrum pangandika kang adamêl kasmaraning manah. Yèn wontên ing ngarsaning pandhita angraosana surahsaning ngèlmi lawan kawruh. Yèn wontên ing ngarsaning mêngsah angandikaa umuk ing sabarang damêl.

--- 4 ---

4.ri wahyaning masakala uninganta mwang guna satataknaing wêdaling măngsakala kawikanana lawan guna kagêlarêna
karaksaa sakèng ulat ilat ulah trayika kramanitikarêksa saking ulat ilat ulah tiga punika tatakrami yêktos
saddhakala manggêh ayu angingi yyan tatan prayatnèng riyasanalika manggih wilujêng nanging yèn botên èngêt ingngriku
apuara ala nistang krama yudanagara tan kagêgyanawêkasan awon, ical kang tatakrami yudanagari botênkalabêtan
Angawikanana ing wêdaling măngsakala yèn badhe anggêlarakên kagunan. Karêksaa saking wêdaling ulat kêdaling ilat, patraping pratingkah, tigang prakawis punika jatosing tatakrami. Yèn sagêd amatrapakên amanggih wilujêng, nanging yèn botên sagêd matrapakên awêkasan awon ical tatakraminipun, botên kalabêtan ing yudanagari.

--- 5 ---

5.jroning we parimana nala gaganging tunjung daut kawruhilêbêting toya watêsing manah gaganging tunjung binêdholakauningan
yyan ring jati kula pracara winaya mwang silakramèng gitayèn ing priyantun wicantên ingangkah-angkah lan lênggahtataning têmbung
hyan sang pandhita ring sama mudita santopiksa ri marddhawayèn sang pandhita ing pangapuntên pamêngku sabar ngèlmi ingpangalus
yyan sastragnya wuwusniran marta suddha angde sutusthèngprajayèn pujăngga wicantênipun asrêp alus, damêl sukaning nagari
Yèn badhe anguningani salêbêting manah, kadi anguningani watês lêbêting toya, gaganging sêkar tunjung binêdhola kauningan. Kados ta: yèn priyantun kawawasa wicantênipun lan lênggah tataning têmbung yêkti angangkah-angkah. Yèn pandhita, putus ing ngèlmi sabar maklum momot mêngku. Yèn pujăngga, patitis ing wicara, sagêd angecani manahing tiyang sanagari.

--- 6 ---

6susila wikrama wara guna sujana maka panngêranlênggah sae wicantên sae sugih kasagêdan tiyang sae dadospanêngêran
ring wara wira suddhira bya sastra jaya maka panngêraning prajurit agêng langkung êndêl, nate ulah dêdamêl, dadospanêngêran
ring wara boga mukyapusthi ywar lesawak juga panngêraning sugih têdha pangajêngipun, panyêpêng gêmuhing sariraugi panêngêran
ring wara mitra sih tang sambrama tisaya maka panngêraning sugih sanak kêkasih kang panambrama anglangkungi dadospanêngêran
Ingkang dados panêngêraning sujana, lênggahipun tata, wuwusipun manis, sagêd matrapakên kagunan. Panêngêraning prajurit prêwira, kêndêl baud ulah dêdamêl. Panêngêraning tiyang tuwuk nêdha, gêmuh mêlês sariranipun. Panêngêraning asihing pawongmitra, panambramanipun anglangkungi.

--- 7 ---

7.ring dyrun alpa banyunya kampita kucak, ya pyan ibêkwaystitiing êjun kirang toyanipun, ebah kocak, manawi kêbêg toyatêtêp
yyan ri gorawa gora sabdanirang êng alpa siratnya kdhikyèn ing lêmbu agêng swaranipun umung kirang puhanipunkêdhik
ring janmèku rupa lpestha pacèsthi ta kwèh bawa solahnikaing tiyang punika kuciwa ing rupa pêpêk ing cacad, kathahujar solahipun punika
wwang alpa kasastra garwwita têrêhning sojarnya tarmarddhawatiyang kêkirangan sastra sugal turuning wuwusipun botênlêmês
Mênggah êjun yèn lukak toyanipun kocak-kacik, manawi kêbak toyanipun antêng. Yèn lêmbu swaranipun agêng, puhanipun kêdhik. Tiyang awon warninipun, tur cacad, punika kathah tênaganipun. Tiyang botên sagêd ing sastra, kasar wêdaling pangucap.

--- 8 ---

8.wyantên wwang muwah arta ina sabinukti alpa ring busanawontên tiyang sugih arta cacad kang dèn têdha kuciwa ingbusana
myang wwantên gunamanta sila nayanya nut ri kadèng durjanalan wontên tiyang langkung sagêd, tatakraminipun anutpatraping tiyang awon
wwang dirda yuswa warddha ina tan arêp ring darmasastrolahkêntiyang wanci yuswa asêpuh kuciwa botên ajêng ing kasaenanangulahakên sastra
yeka janmanira tla traya wilang nyoripnya nir tanpa doninggih punika tiyang botên dumugi wicalan tiga gêsangipun,sirna tanpa damêl
Wontên tiyang sugih arta, têdhanipun kuciwa busananipun kusut. Lawan wontên tiyang sagêd, tatakraminipun tumut-tumut kados prêtingkahing tiyang awon. Utawi tiyang sêpuh panjang yuswanipun, botên ajêng dhatêng kasaenan lumuh dhatêng kasagêdan. Inggih punika tiyang botên kasêbut wêwicalan tigang prakawis. Gêsangipun tanpa damêl.

--- 9 ---

9.matsika sirsaning kang tên dhasika wiswanira tan ana lènkalabang saubênging kang êndhas punika wisanira botênwontên sanès
mracika puncanikung gwaning wiswaniran ngêt tar ana lènkalajêngking pucuking buntut, ênggèning wisanira angêntup,botên wontên sanès
sarpa ri dantaning untu gwaning wismanireka taya wanèhsawêr ing siyunging untu ênggèning wisanipun punika botênwontên sanès
durjana sarwa sandining wiswanika pêpking awak kabèhtiyang awon sarwa saranduning wisanipun punika pêpak ingawak sadaya
Wisaning kalabang wontên ing sirah. Wisaning kalajêngking wontên pucuking buntut yèn angantup. Wisaning sawêr wontên ing untu. Amung wisaning durjana wontên saranduning awakipun sadaya.

--- 10 ---

10.ring widya wiswa tulya dènikang ina byasa salasi pnêhing wisaning panêmbah kadi dening kang cacad, matuh ulahcarobo
yyan tapa subrata wiswaniran atur satata mintonaknayèn tapa brata wisanira kadi tansah angatingalakên
garda inalêma lumayan angliya matanggal sanityasabingah dipun alêma bêtah luwe mêlèk tan pêgat
ngka malar maluywa papa wkasneka parasdya tan samepamangkana malah wangsul dhatêng nistha wêkasan punikaparasêdya botên sampurna
Ingkang dados wisaning panêmbah dhatêng dewa, yèn anglampahi padamêlan cacad matuh dhatêng ulah carobo. Yèn tapa brata, wisanipun tansah angatingalakên. Bingah kaalêma bêtah ngêlih bêtah mêlèk. Ingkang makatên malah wangsul dhatêng papa, samukawis sêdyanipun botên kadumugèn.

--- 11 ---

11.ring jana wiswa tulya mamukti sadêh ina byasa sang siptaing tiyang wisa kadi anêdha sêkul, kirang nate dadosipun
yyan tan jir nate kang binojana atur wiswa tmah odaryyayèn botên lêmbat, ingkang dipun têdha kadi wisa wêkasansangsaya
ri nging narta daridra tulya wiswa gosthinya tmah manglareing kirang arta miskin, kadi wisa rêmbagipun, wêkasan mamri
ri kanya wiswa tulya ri jadha bikun, tarpa marta ngde iliking parawan wisa kadi ing kêmpong pikun, botên ayu adamêlsêngit
Ingkang dados wisaning tiyang nêdha, kirang têlatos. Yèn botên lêmbat ingkang dipun têdha yêkti dados sakit. Ingkang dados wisaning tiyang miskin kêkirangan arta, samukawis rêraosanipun ing wêkasan amung dhatêng pamrih. Ingkang dados wisaning parawan, yèn ompong utawi wanên, yêkti ical ayunipun malah anyênyêngit.

--- 12 ---

12.krurang sarpa wiswanya somyat kaping mantra martèng karsanagalaking sawêr wisanipun, sirêp dening măntra mantun inggalakipun
singha wagra ilang galakika tkapning tambana mantrayasima agêng ical galakipun punika dening sarat japa măntra
mtang kunjara yyra ngkus angrubuhakên, dadya tmah mardawakrodhaning dipăngga ingêcis angrêbahakên, dados têmah alus
kruraning ripu sesa durjana glangnya wyakti tar wisyayanêpsuning mêngsah kantun, tiyang awon bêndunipun, yêktibotên mantun-mantun
Galaking sawêr kang anêmbur wisa, punika sirêp dening donga, mantun galakipun. Galaking sima mantun dening sarana. Mêtaning dipăngga, rêbah dening angkus têmah tutut, amung nêpsuning mêngsah sesaning, pêjah kalihan nêpsuning durjana punika botên wontên mantunipun.

--- 13 ---

yyan ring paksi winurca gagak ingaran, catur maha candhalayèn ing pêksi winuwus, winastan gagak, sakawan langkunglangar
ri sarwa mrêga gardabeka inaran, tocap maha candhalaing sakathahipun sato winastan gardaba punika kocaplangkung langar
ring budi tituca katopèk sasiko angde ilang aksamaing budi langkung awon, katingal dahwèn, damêl icalingpangapuntên
ring dur mitra cinandhalèng jana sor tang candhala triinucaping awoning sanak, kalangar ing tiyang asor kang langartêtiga winuwus
Sakawan ingkang kocap langkung candhala, yèn pêksi ingkang kasêbut candhala pêksi gagak. Yèn sato kewan ingkang kasêbut candhala gardaba. Yèn tiyang ingkang awon manahipun, dahwèn botên gadhah pangapuntên. Ingkang angasorakên candhala tigang prakawis punika amung tiyang anyidrani pawong mitra.

--- 14 ---

14.singha raksaka sing alas-alas ika ngraksèng ari nityasasima rumêksa ing wana-wana punika tansah rumêksa ing sima
singha mwang wana tan patut padha wiroddha ngdoh tekangkeswarisima lawan wana botên rukun sami tukar anêbih ingkang sima
hrug brastha wana denikang jana tinor wraksanya sirnagêmpangrisak sirna wana dening kang tiyang binabad, kêkajênganipunsirna têlas
singha nghêting sigrong nikang tgal ayun, sampun dinondurbalasima umpêtan ing jurang ingkang ara-ara sampun binujung ingsikêp
Sima punika rumêksa ing wana, ingkang wana angrêksa sima. Sarêng sima kalihan wana botên rukun tansah têtukaran, sima kêsah anêbih. Ing wêkasan wana risak binabadan dening têtiyang, kêkajênganipun sirna gêmpang. Dene sima wau umpêtan wontên ing jêjurang lajêng binujêng ing têtiyang dhusun.

--- 15 ---

15.ring wwang aywanira sraya sagawayên metang mahandra srayatêtiyang sampun tanpa kanthi sabarang damêl, mêndhêtakanthi linuwih
ton kang naga mara sraya Risang Bathara Srambama ngarcanakawikanana sang naga amrih kanthi ing Sang Hyang Guruangabêkti
sangke buktinê kaga panggêh masa wide Hyang Tri Rajyantakasaking badhe kamăngsa ing paksi kêkah kumalung dening SangHyang Guru
praptekang garudha prasomya mulat ing naga mabakti ngruhurdhatêngipun kang garudha sarèh ningali ing naga lajêngsêmbah ing nginggil
Mila têtiyang punika sampun ngantos tanpa sraya, samukawis padamêlan amêndhêta sraya ingkang prayogi. Kawikanana ing nalika sang naga amrih sraya dhatêng Sang Hyang Guru tansah angabêkti. Saking badhe kamăngsa ing garudha lajêng kumalung wontên jangganing Sang Hyang Guru. Sarêng garudha dhatêng têka sarèh aningali naga, lajêng nêmbah saking nginggil.

--- 16 ---

16.tingkahning suta manutèng bapa gawèn, myang guna pindhanênpatraping anak, anuta ing bapa sadamêlipun, lan kasagêdandèn iriba
ton tang matsya wiyangga weyana myang kurmeka naknya taniwêhkawikanana kang ulam loh buaya, bulus, lan pênyu punikaanakipun botên siwah
ring mina tar rinaksaneka dinlêng andhana tar sasanaing ulam botên rinaksa punika dinulu tiganipun tanpa ênggèn
ri kurme andhana tan inangên-angên, tan ton tuhu nandhanaing pênyu punika tiganipun, botên kacipta botên tiningalanyêktining tigan
Patraping anak punika anuta ing bapa, ing sadamêlipun lan kasagêdanipun dipun tulada. Kawikanana ulam loh, buaya, bulus, pênyu, punika anakipun botên siwah. Ulam punika tiganipun tanpa ênggèn, botên rinêksa botên dinulu. Pênyu punika tiganipun botên kaangên-angên botên tiningalan.

--- 17 ---

17.yyra pan antêluning wiyangga mangkin tang sasana tan isturaapan tiganing buaya mangkèng kang panggenan botên pasthi
ingêt ring smayanya ska ri kanang susaswa wahya kang sutaèngêt ing jangjinipun, saking ngriku kang prênah mêdal kanganak
byukta myang bapa rakwa rupa gina lwir karyanya tar abedyaangêbêgi kang bapa nênggih rupa kasagêdan, samukawisdamêlipun botên sanès
tan mangka jana putra winwa ngêngiwêh tansah rinaksèng amêrbotên makatên anaking tiyang dipun mong dipun pulasaratansah rinêksa kinudang
Tiganing buaya botên kantênan panggenanipun. Sarêng dumugi ing jangji mêdal anakipun saking prênahipun ing ngriku. Ing rupa solahipun miwah samukawis damêlipun botên sanès kalihan bapakipun, yèn anaking tiyang botên makatên. Dipun mong dipun opèni tansah rinêksa kinudang.

--- 18 ---

18.sang widdhanya palanya homa wangunên, tuhwa mrêtèng ratkabèhsang pandhita labêtipun adamêla pamujan, yêkti angasrêpiing jagad sadaya
silawrêti palanya ring sruti panggêh ring budi tar candhalapujăngga labêtipun ing wêwulang santosa ing budi botênlêlèmèrên
boga nindhya palanya yan kinahanan ring arta danèng prajatuwuk nêdha labêtipun, yèn kauntungan ing arta danakêna ingnagari
ring stri putra palanya ri surata lèn sardula wikriddhitaing pawèstri pêputra labêtipun, ing pamulasara sanèskalihan sima langkung galak
Sang pandhita labêtipun adamêla pamujan, dados angasrêpi ing jagad sadaya. Labêting pujăngga adamêla wêwulang kalihan santosa ing budi botên lêlèmèrên, labêting tiyang sugih, artanipun kadamêla dêdana dhatêng tiyang sanagari. Labêting tiyang èstri, gumatosa dhatêng putra.

--- 19 ---

2. Sêkar Băngsapatra Lampah 17.

1.busana wastra mukya tkaping para jana mamilihparabot sinjang pangajêng dening para têtiyang amilih
mukwanikang binojana minyak, Sang Brahmana mamilihpangajênging kang dipun têdha martega Sang Brahmana amilih
sastra wisesa mukya tkaping dwi jawara pilihênwawênanging sastra pangajêng dening pandhita kapilih
stri gmuh ing payodanta minukya inamê ring kakungpawèstri gêmuh ing pambayun, măngka pangajêng pinrih ingkakung
Yèn busana ingkang dados pangajêngipun kapilih ing têtiyang punika sinjang. Yèn têtêdhan ingkang dados pangajêngipun kapilih ing Brahmana punika martega. Yèn sastra ingkang kapilih ing pandhita punika Sastra Cêtha. Yèn pawèstri ingkang kapilih ing kakung punika ingkang gêmuh susunipun.

--- 20 ---

2.kokila ring swaranya mwang kang rupa kinalêwihakênpaksi menco ing swaranipun, lan kang rupa kinaluwihakên
stri rupa dibya mwang kapati brata kinalêwihakênpawèstri rupa ayu lan ulah lampah kinalêwihakên
ring syra biwada mangka gora wastra kinalêwihakêning punggawaning ratu măngka kampuh kinalêwihakên
suddhira wirama kasarotama kinalêwihakênprajurit kêndêl măngka sanjata luwi kinalêwihakên
Yèn pêksi ingkang kasêbut linuwih punika paksi menco dening swara lawan warninipun sae. Yèn pawèstri ingkang ayu sarta bêtah kapati brata. Yèn punggawaning ratu kampuh. Yèn prajurit, kakêndêlanipun kalihan gêgaman.

--- 21 ---

3.biksu kapangarcana ri niskala kinalêwihakênpandhita panêmbah ing dewa kinalêwihakên
sujana ring ksama mwang darma waktra kinalêwihakênsujana ing pangapuntên, lan padhanging rai kinalêwihakên
sarjana mangkana rupa gunawan kinalêwihakênsarjana mangkatên, warnaning kasagêdan kinalêwihakên
ring sruti manggyaha guru sastrawan kinalêwihakêning wêdharing wêwulang pujăngga kinalêwihakên
Yèn pandhita ingkang dipun gungakên amung panêmbahipun ing dewa. Yèn sujana amung pangapuntênipun kalihan sumèhing wadana. Yèn sarjana sakathahing kagunan. Yèn pujăngga amung wêdharing wêwulang.

--- 22 ---

4.manggwan ri suti[2] lingga sojaringsastra sana mandhalamanggèning wêwulang angrasuk sêujaring sastra dèn anggesadaya
ikang kadi kadang duk arsanjarwa ring rekaning kawiingkang kadi sadhèrèk, nalika arsa anjarwani patraping kawi
tkwan ulahi kanang sastra sajarwa nggwanya mamardidalah ulahing sastra ngriku sajarwanipun ênggèning anêgêsi
saksat angidhêpakên asti gra magalak ring wanadrikadi angidhêpakên dipăngga langkung galak ing wana
Ananging manggèning wêwulang punika botên wontên kados angangge saujaring kêkawin. Yèn amêrdèni suraosipun dipun kadi kawonging dhatêng kadang. Punapa ing saulahing sastra dalah sajarwanipun kapêrdia. Upaminipun kadi angidhêpakên dipăngga galak wontên ing wana.

--- 23 ---

5.nora na mitra malêwihanèng wara guna mangiwêhbotên wontên sanak, anglangkungana ing langkung sagêdangrêngga
tan ana satru malêwihanèng glêng nlah ring atibotên wontên mêngsah anglangkungana ing duka murkaninggalih
nora na sih kapwanglêwihanèng sihe wwang atanayabotên wontên asih sami anglangkungana ing sihipun tiyangasêsuta
tar ana sakti manglêwihanèng hyang amara siniwibotên wontên sakti anglangkungana ing Sang Hyang Wisesa
Botên wontên sanak ingkang anglangkungi kadi tiyang sagêd angrêngga basa. Botên wontên satru ingkang anglangkungi kadi sêrênging manah murka. Botên wontên asih kang anglangkungi kadi asihipun dhatêng anak, botên wontên sakti kang anglangkungi kadi gawasaning[3] Sang Hyang Wisesa.

--- 24 ---

6.saktining raryya ruddhita mular yyan tinulung inamêrsaktining rare napsu anangis yèn tinulung ingarih-arih
mino balanya ring banyu magêng maputêran adalêmulam udalanipun, ing toya agêng ulêkan alêbêt
saktinikang kanang layange ambara lêyêp aruhursaktining kang pêksi mibêr angambara anglangut inggil
saktining ratu yyan pêpêk yoddha lèn bala gana catursaktining ratu yèn pêpak prajurit lawan bala wisesa sakawan
Saktining rare nalikanipun budi anangis, yèn tinulung ingarih-arih. Saktining ulam, yèn udalaning toya agêng mulêk alêbêt. Saktining paksi yèn inggil ibêripun. Saktining ratu yèn pêpak prajuritipun sarta kagungan bala sakti sakawan.

--- 25 ---

7.emani sang anwam amukti dumadak tan ana gunaowêlipun sang anom amukti atêmah tanpa kasagêdan
yowana rupa wadu kula wiswalarta padha anarupa bagus, rencang èstri busana arta sami wontên
dan ika yyan tarpa sastra tana teja wadana kucêmmakatên punika yèn tanpa sastra botên wontên cahyaningwadana pucêt
lwir skaring sasami murub abang taya wangi nikakadi sêkaring têpus, murub abrit botên wontên wanginipunpunika
Owêling tiyang anèm amukti, yèn tanpa kasagêdan. Sanadyan bagusa warninipun, sugiha garwa busana rajabrana. Makatên punika yèn botên sagêd ing sastra, saèstunipun kucêm cahyaning rai. Kadi sêkar têpus, amrêngangah tanpa gănda.

--- 26 ---

8.utamaning danolih mamèt priyawak ika putêranutamaning arta antuk, amêndhêt piyambak punika amubêng
madyarta sunganing bapa kanistha dana sakèng ibumadyaning arta paringaning bapa kanisthaning arta sakingbiyung
nisthanikang kanistha dana yyan saka ring anak kurênnisthaning kang kanisthan ing arta yèn saking anak bojo
kotamaning inutama danolih ing anuku mungsuhutamaning utama arta antuking anjarah mêngsah
Utamining arta anggènipun anggaota piyambak. Madyaning arta paringaning bapa, nisthaning arta saking ibu. Nisthaning nistha yèn arta saking anak bojo. Utamining utami, yèn arta jarahan mênang prang.

--- 27 ---

9.dana wisesa ring catur upaya kêna ika kabèhkawasaning arta ing sakawan patrapêna punika sadaya
ri sama beda dhandha dana tayani dadya taraknaing sama beda dhêndha dana botên wontên salah satunggal,botên kenging
sang maharêp mungsuh catur upaya juga kênakhnakang ajêng-ajêngan mêngsah patrap sakawan, ugi trapêna
byakta sora sing ripu bala satata galak ingayunyêkti kawoning mêngsah wadya tansah galak ing ngarsa
Kawasaning arta kawan prakawis dipun trapêna, ing ngandhap punika sadayanipun, sema, beda, dana, dhêndha, botên kenging gethang salah satunggal. Yèn ajêng-ajêngan kalihan mêngsah, kawan pangkat punika kapatrapêna ugi. Yêkti angawonakên mêngsah, wadyabalanipun langkung kêndêl mangsah prang.

--- 28 ---

10.aywa kadiryyan ing para yadin ana kinatakutansampun kawêdhar ing kathah yèn wontên kinajrihan
diryya juga prihên galakaning bala gana malagakawêdhara ugi prihên galaking wadya kawasa aprang
aywa wamana ring ripu mungsuh tmah wuwuh agalaksampun anênangi manahing mêngsah-mêngsahipun mindhak mêwahagalak
bahnika yyan anggêsêngi tan mucap, swuh brastha ngkapuruglatu punika yèn ambêsmèni botên anyuwara sirna lêbur kangkatrajang
Yèn wontên kang dipun ajrihi sampun ngantos katingal ing kathah. Ingkang pantês katingalakên ing kathah, pamrih ingkang andadosakên suraning bala. Sampun anênangi manahing mêngsah, mêngsahipun mindhak mêwah galak, latu punika yèn ambêsmi tanpa swara, kang katrajang sirna lêbur.

--- 29 ---

11.inganikang yujana têpêt, salaksa dhêpa widinyaubênging kang pandêlêng jêjêg, salêksa dhêpa wicalanipun
bahiri sabda sadasa laksa lêpasanika kabèhswaraning bêndhe sadasa lêksa lêpasipun punika sadaya
dwi dasa laksa ywan kupak ikang glap ing awang-awangkalih dasa lêksa yèn pêtak ingkang glap ing gêgana
sabdani sang sujana mêpêki buhwana padha ngalêmwuwusing sang sujana ngèbêki jagad sami ngalêm
Saubênging pandêlêng ingkang lêpas, salêksa dhêpa wicalanipun. Lêpasipun swaraning bêndhe, sadasa lêksa dhêpa. Jêbrèting gêlap ing gêgana, kalih dasa lêksa dhêpa. Sabdaning sujana angèbêki jagad sami ngalêm.

--- 30 ---

12.ywa mamukti sang sujana tekastha wisita tilarênsampun anêdha sang sujana ing wêwolu punika wisa luwihkatilara
kasmalaning sarira puhya ri dalêm antaka parêkcilakaning sarira rancana ing salêbêting pêjah acêlak
lwirni kastha mrêcika musika sranggala wiyung ulatêgêsing wêwolu punika kalajêngking tikus sêgawon kodhoksawêr
krimi kathatma kadidika yeka padha ilagaknaêsèt, têkèk, kadhal, inggih punika sami kagigokna
Sang sujana sampun ngantos dhahar wolung prakawis. Punika anglangkungi wisa, prayogi kasingkirana. Anyilakani sarira, andadosakên rancana salêbêting pêjah. Lwiring wêwolu, kalajêngking, tikus, sagawon, kodhok, sawêr, êsèt, têkèk, kadhal, punika sami dipun kharamêna.

--- 31 ---

13.ayya manindha ring dwija daridra dumadak katmusampun maibên ing pandhita cilaka dumadak kang pinanggih
sastra tinindha dènira patakanya tinmu magêngsastra dipun paibên ing sira bilainipun agêng pinanggih
yyan tita nindha ring guru patinta maparêk katmuyèn sampeyan maibên ing guru pêjahipun parêk pinanggih
lwirnikang wangsapatra tumibèng sila rêmêk mapasahupaminipun ingkang balapêcah dhumawah ing sela rêmuk ambyar
Sampun ngantos maibên pandhita, papa sangsara kang pinanggih. Sampun mabiên ujaring sastra, bilai agêng kang pinanggih. Sampun maibên ing guru, cêlak yuswanipun kang pinanggih. Kados paminipun bala pêcah dhumawah ing sela rêmuk ajur.

--- 32 ---

3. Wêgang Sulanjani, Lampah 23.

1.tgal tanpa dukut, tinilar tkap ikang pasutaman, tan anamanglawadara-ara tanpa rumput, tinilar dening kang sato khewan,botên wontên sasaba
nadi tar ana toya suska matsyèng lar sarasa dumohika padhasêpilèpèn botên wontên toya garing ulaming lar kadi anêbihpunika sami sêpên
purusa inari-ariirèng asihan,tinalar[4] dening warangganatiyang jalêr kirang pangarih-arihipun ing pêpasihan,tinilar dening kang pawèstri
sujana wuwusniran tan amarta tinilar ing krêtawara padhailiksujana pangandikanipun botên asrêp, tinilar ing kang antukwêwulang sami sêngit
Yèn ara-ara botên wontên rumputipun, botên sinaba ing sato khewan. Yèn lèpèn botên wontên toyanipun, ulam sami minglar kesah anêbih punika dumèh sarwa sêpên. Tiyang jalêr kirang pangrungrumipun salêbêting paprêman, katilar ing pawèstri. Sujana pangandikanipun botên angasrêpi manah, katilar

--- 33 ---

ing têtiyang kang antuk wêwulang sami gêla.
ing têtiyang kang antuk wêwulang sami gêla.
2.suyati inarcanèng dina kasih tinilar ing sira watêksiddhaganapandhita kirang panêmbah ing dintên sae tinilar ing sirapara dewa
senadipa yyan tar angupaboga ngde suka nir wrahatbala yakesisansenapati yèn botên ambojakrama adamêl sukaning bala arahan,inggih kesisan
narendra tan pariksa nir grêna nis dana dumoh balaniramanginggatiratu tanpa pariksa botên wêlas botên pêparing anêbihbalanira anyingkiri
muwah arta moha sumung tinilar ing mitra mailik, tar ananglawadasugih arta botên ajêng dêdana tinilar ing sanak asêngit,botên wontên tilika
Pandhita kirang panêmbahipun nalikaning dintên sae, têbih dewanipun, senapati yèn botên angupaboga adamêl sukaning bala inggih kesisan. Sang ratu tanpa pariksa, botên wêlasan botên asring angganjar balanipun sami anginggati, tiyang sugih arta botên ajêng dêdana, tinilar ing sanak sami sêngit botên wontên ingkang atinjoa.

--- 34 ---

3.suruning jiwarta graha nak iryya kabehanya tan ana winawapjahsirnaning nyawa arta griha anak sotya sadayanipun, botênwontên binêkta pêjah
ikang mawi dharapwa wandhu suruding pamasaran, umulih padhanangisingkang gagêtun punika santana sudaning golongan, mantuksami nangis
atitiwa asakala ngkês tumutu rasa wètniran larasmara dahatuyung-uyung sanalika kadi tumuta sarèhning sungkawa sangêt
dumèh uwusnira sambeganika tan ana katutur mung andumandanadupi sasampunira emut punika botên wontên kemutan, amungwarisan rajabrana
Manawi pêjah, artanipun, griya anak bojo miwah sêsotya sadayanipun botên wontên kabêkta pêjah. Ingkang gêgêtun punika amung sanakipun dening kecalan akrab. Mantuk sami anangis wayang-wuyungan. Sanalika kadi tumuta pêjah sarèhning sangêt sungkawa. Sarêng sampun lipur, botên wontên ingkang kemutan amung warisan rajabrana.

--- 35 ---

4.kalinyanika ring dadi wwang asdhêng urip, mangulahèng darmasaddhanakalinganipun ing titah punika tiyang nalikaning gêsangangulaha ing sahaning artwa
pinardwi lkas ikang pêpindhahan arta jagani ngke mwangraksakèng kanapinara kalih patraping kang pêpalihaning arta rumêksaningngriki lawan karêksaning ngrika
gawe ala ajêng manuntun angiring manuduhakên ulah tkèng tkadamêl awon sae nuntun angiring anêdahakên ulah dumuginingparan
yyan ala pangulahanirèng yama yyan ayu pangulahaningsmaralayayèn awon pangulahaning naraka yèn sae pangulahaning swarga
Galinganipun ing titah punika tiyang gêsang amatrapna utamining arta, patrapipun pinara kalih, kang sapalih dadosa karêksaning dunya, kang sapalih karêksaning akherat. Padamêlan awon sae anuntun angiring anêdahakên ulah dumugining dêlahan. Yèn awon anuntun ulah dhatêng naraka, yèn sae pangulah dhatêng swarga.

--- 36 ---

5.lihan smantitani kanang uripan wami wayah ika puara ngmasimangkana tumitah ingkang gêsang anèm ing wayah punikawêkasan pêjah
anityaning uripnya wahyanikang kasugihanira matilar tanstitibotên lênggêng ing gêsangipun, wêdaling kang kasugihaniraatilar botên têtêp
ikang asura sanggameka kadi langgênga puara wiyoga tan lanaingkang kêndêl ing asmara punika kadi langgênga awêkasan,susah botên têtêp
sadargèng angga ri patinira ka tan ana kawawada sumèngtaknabusananing sarira ing pêjahipun ngriku botên wontên kabêktamangkana kawikanana
Makatên tumitahing tiyang gêsang awit anèm dumugi ing măngsa awêkasan pêjah. Botên langgêng ing gêsangipun, miwah kasugihanipun kantun inggih botên langgêng. Ingkang karêm ing karêsmèn awêkasan inggih botên langgêng. Sabusananing sarira ing pêjahipun ngriku botên wontên kabêkta.

--- 37 ---

6.nghing ardamala dirgyangga tumuwuh tka ring patinika manuttan ilangamung gèthèk ciri tumuwuh ing badan sakojur dumugi ingpêjahipun punika tumut botên ical
saddha ana ring sarira milu syuh dadi abu dhêbuningkamuksapadantêtêp wontên ing sarira tumut lêbur dados awu lêbuningkuburan
anèki kanang katilaran, angkên umilu saparan, wartaningulahawontên punika ingkang katilar kadi tumut sapurug, wartosingsolah
sudarma lawan ala guna mudha sura wdi padha kasmara nityasasae lawan awon, sagêd bodho kêndêl ajrih sami misuwur botênpêgat
Amung lalahi gèthèk cirining badan sakojur dumugining pêjah botên ical. Têtêp wontên ing sarira tumut lêbur dados awu lêbur wontên ing pakuburan. Wontên punika ingkang katilar kadi tumut sapurug. Inggih punika pawartosing solah. Sae lan awon, guna mudha sura wdi padha kasmara nityasa.

--- 38 ---

7.yyan ing supunya karyyaneka mangka busananing angga tamanana wanèhyèn ing kasugihan damêlipun punika dados busananing sarirabotên wontên sanès
surupa mangka mukya busanani kanang sumala i rikèngsabasanakabagusan dados pangajêng busananipun ingkang dumunung ingpasamoan ngriku
sukula murda mangenaki sita mangka busananirang raja sewakapajênging tatakrami angecani manah dadosbusanacaningsoan[5]ing ratu
susastra mangka busanèng rat kabèh mwang dadi dipa yyanuwun prak asitakasagêdan dados busananing jagad sadaya lan dados dilah yènsampun sangêt santosa
Yèn kasugihan punika damêlipun amung dados busananing sarira. Tiyang bagus amung dados busananing pasamoan. Tiyang ulah tatakrami ingkang sagêd angecani manah dados busananing sewaka. Kasagêdan punika dados busananing jagad. Kalihan dados dilahing kathah yèn sampun santosa ing galih.

--- 39 ---

8.supunya nihan ikang mangka busananya surupa yangde molihkaduryyankasugihan makatên ingkang dados busananipun bagusing rupaadamêl pakantuk katingalan
surupekanang mangka busaneka sukula tan wanèh dadimadhakatikabagusan ingkang dados busananipun punika tatakrami botênsanès, dados marêkati
sukula mukya mangka busananika susastra dibya krêtartasajarwatatakrami pangajêng dados busananipun punika kasagêdanluwih putus ing sawardinipun
susastra tekang mangka busananya tarlèn, sujana dikamartekanang ratkasagêdan ingkang dados busananipun botên sanès, tiyanglangkung sae ingkang ngasrêpi ing jagad
Kasugihan punika ingkang dados busananipun kabagusan. Busananing kabagusan punika tatakrami. Busananing tatakrami punika kasagêdan. Busananing kasagêdan punika dumunung wontên ing sujana kang angsrêpi jagad.

--- 40 ---

9.supunya mukyanika kapilih ikanang ati tucada manggani rikakasugihan pangajêngipun punika kapilih ingkang manah kirangasor ing sarira ngriku
surupa dining sira maka mukya kapilih tkap nikang watêkwanitakabagusan pangajênging sira dados pangajêng kapilih deningkang para èstri
sukula gawenya mangrêsêpi tyas mukyani rika kapilih ringjêng ajitatakrami damêlipun angrêsapi[6]manah pangajêngipun ing ngriku kapilih ing ratu
susastrarja dènika maka mukya kapilih i risang siddhamaharddhikakasagêdan rahayu dening punika dados pangajêng kapilih ingsang pandhita
Kasugihan punika amung dados pamilihing tiyang asor kêkirangan budi. Kabagusan punika amung kapilih ing para pawèstri. Tatakrami kang angrêsêpi manah punika kapilih ing sang ratu. Kasagêdan rahayu punika kapilih ing sang pandhita.

--- 41 ---

10.sujanotama ika maka mukya kapilih tkapning Hyang JagadKaranasujana utami punika dados pangajêng kapilih dening SangHyang Wisesa
patangyar sira sang sujana tansah puja gisêng ya dènyamangdewa srayamilanipun sira sang sujana tansah angêgêngakên puja inggihdènira ngabêkti ing dewa
mwang upa samambêking rat pinupul samangkana saksat alingganiskalalan angecani budining jagad, kinumpul kados makatên, saksatsarira dewa
sura suddhira jayani kanang rat, swuh brastha tkaping ulahdarmastutikêndêl langkung kêndêl, ungguling kang jagad, sirna lêburdening ulah puja bêkti
Sujana ingkang utami punika dados pangajêngipun kang kapilih ing dewa. Mila sang sujana punika botên kêndhat ênggènipun amêmuji angabêkti ing dewa. Lan sagêd angecani manahipun tiyang sajagad sami karukunakên. Ingkang kados makatên punika saksat samun sarira dewa. Ingkang sakti ingkang kêndêl ingkang kasêbut jaya ing jagad punika adat lêbur saking puja măntra.

--- 42 ---

11.catur pariksanirang aji kulawara guna sura gawenya kawruhisakawan pariksaning ratu bala labêt sagêd kêndêl, damêlipundipun uningani
suwarna pinariksa purwa dinadar pinalu inaluban cinidhanankancana pinariksa wiwit linèlèr pinalu ingêjèr ginêmblengan
yekopama sandinira sang maharaja yyan andumohakna mwangmaraknainggih punika upami panamunira sang ratu yèn anêbihêna lanmarêkna
pamidananira catur inujaranika tan angde stryarta sura gunapanyobanira sakawan winuwus punika botên wande èstri, artakêndêl, sagêd
Kawan prakawis pamariksaning ratu dhatêng bala kang alabêt kagunan kakêndêlan, dipun uninganana ing sadamêlipun. Yèn pamariksaning kancana, ingkang rumiyin linèlèr pinalu ingêjèr ginêmblengan. Inggih punika upami panyamuripun sang ratu yèn anêbihakên utawi anyêlakakên bala. Panyobanipun kawan prakawis, èstri, arta, kêndêl, sagêd.

--- 43 ---

12.pinidana ring wadu mamadaya ring arta tan wawarêngênangurudicinoba ing èstri ambalenjani ing arta botên awèt angunusi
kadiranika wdi pinidanèng wignya sarwa karya taman ana dadikakêndêlan punika ajirih cinoba ing kasagêdan, sabarangdamêl botên wontên dados
masêpi nikang catur nispala yyan turasing sujana dhandhapat tar wanèhasêpên ingkang sakawan botên prayogi yèn têdhaking tiyangsae dhêndha sakawan botên sanès
dinanèng ujar mwang arta linaranta wkasanika dhinandha ringpatidhinêndha ing ujar lawan arta sinakitan sira wêkasan punikadhinêndha pêjah
Yèn cinoba ing èstri anguciwani, cinoba ing arta amborosi. Cinoba ing kakêndêlan ajirih, cinoba ing kasagêdan sabarang damêl tanpa dados. Sêpênipun saking kawan prakawis botên prayogi kinawulakakên. Nanging yèn têdhaking sujana katindakakên dhêndha kawan prakawis. Dhinêndha ing dêduka, dhinêndha ing arta, dhinêndha ing pisakit, wêkasan dhinêndha ing pêjah.

--- 44 ---

13.catur wilang ikang suka ri purwa maka puara mawèh duhkaring wurisakawan wicalanipun ingkang suka ing wiwitan, dados wêkasanasung susah ing wingking
ika wwang autang lawan sranggala mituna sukara sdhêngsamangkanapunika tiyang nyambut lawan sagawon mimi cèlèng nalikakados makatên
duk apiutang ika kakan-kakan yayyan-yayyan yyan wus têkaring samadikala apisambut punika kakang-kakangan yayèn-yayènan, yènsampun dumugi ing samaya
tanpa maluyakên arta tmahnya padha rêngat ati kèlikanpamitrabotên sagêd mangsulakên arta têmahipun sami sêrêngan manahkasêngitan pawong sanak
Sakawan wêwicalanipun ingkang awiwitan suka awêkasan sungkawa ing wingking. Punika tiyang potang apiutang, lan sêgawon, mimi, cêlêngan, nalika kados makatên. Kala sambut-sinambut punika kakang-kakangan yayèn-yayènan, yèn sampun dumugi ing sêmados botên sagêd nyaur, wêkasanipun sami rêrêngatan manah kapêdhotan mitra.

--- 45 ---

14.samangkana tang sona kalanika pèndhungan, sakarêng sukitakawuryyankados makatên kang sagawon, kalanipun wêwajangan, sanalikalangkung bingah katingalan
marini dahat duhkiteka dumèh yyrajaning purusa mangèlarddarkasamantunipun sangêt susah punika dene wêdaling pajalêran,angèl langkung rêkaos
pituwi kanang mituna sdhênging akucumbi sira byakta tanpasiringtuwin ingkang mimi nalika asalulut sira yêkti tanpa timbang
tkèng andhana dupi mamnuhi garbanika dadi kalmahan atidumugining anigan, dumèh ngêbêki wêtêngipun punika dadoskasungkanan manah
Kados makatên kang sagawon, kalanipun wêwajangan, sakêdhap katingal bingah. Mantuning wêwajangan sangêt susah, punika dumèh wêdaling pajalêran, angèl langkung rêkaos. Tuwin ingkang mimi nalika sakalulutan, tanpa timbang dumugining anigan, dumèh ngêbêki wêtêngipun punika dados lumuh manahipun.

--- 46 ---

15.sukara yadina wawka sutusthanya nghing ayana pètunasparandecêlêngan manawi anak-anak, langkung bingahipun, nanging yènamêndhêt mêmangsan parandèsipun
tatan katutu ring suta tmahan ika matya dadi duhkahitaringdebotên kèngêtan ing anak, têmahan punika pêjah dados sangêtsusahing damêl
salah-salahanika wwang ati tustha tar lana tmahan duhka tanangdelêpat-lêpatipun punika tiyang langkung suka botên têtêp,têmahan susah botên wande
sastri pinisuka sdhêng sinanggama garbyani tmahan ika duhkangdekadi èstri dipun bêbingah nalika sinanggaman amêtêngtêmahan punika damêl susah
Cêlêngan manawi anak-anak sangêt bingahipun, parandosipun sarêng mêndhêt têtêdhan, supe ing anakipun, têmah sami pêjah dados awêkasan adamêl susah. Ing salêpat-lêpatipun ingkang sangêt suka botên têtêp têmahan adamêl susah. Punika botên kados tiyang èstri, nalika sinanggaman bingah, sarêng anggarbini têmahan susah.

--- 47 ---

16.para marta mawarwisma juga tang amarta ika ralapêntêkapnirapara jampi awor upas, ugi kang jampi punika kapêndhêtadènira
sekang kanaka mwang purisya mapulang kanaka juga pinètakumbahênkadi ingkang kancana lawan tinja gêgubras, kancana ugikapêndhêta wasuhên
gunotama wara upadesa yadin tuca kahananya yogya yyanprihênkasagêdan sae wêwulang kawruh manawi nistha panggenanipunsae yèn kasupriha
yadyan tuca wtuning wadu tama surupa alapên sirang mahajananadyan nistha wijiling èstri sae ayu kapêndhêta sira sangtiyang agêng
Yèn wontên marta awor wisa, punika martanipun kapêndhêta. Kados ta: kancana awor kalihan tinja, inggih kapêndhêta kancananipun kakumbah. Yèn guna pangawikan kang sae, măngka anistha panggenanipun, inggih kasupriha kagunanipun kemawon. Manawi tiyang èstri ayu warninipun, nanging nistha wijilipun, pantês kapundhuta ing priyantun agêng.

--- 48 ---

17.bwating rat ikarta kapètanira linakwana dagang alayar mètdutuawrating jagad punika arta pamêndhêtipun linampahan adagangalayar mêndhêt indhakan
ri wus katêmwan i dan ati saya duhka ina yam-ayam ingduratmakaing sampun kapanggih ing arta anglangkungi susahkaincim-incim ing pandung
ilanging arta tan sipi wèh prihatin yyan sisip alara duhkakaswasihicaling arta tansah asung prihatin yèn sisip sakit susahkawlasasih
kalinghanika arta kanaka tidurnika tinilar ing sang mahamunimilanipun ingkang arta kancana langkung awonipun punikatinilar ing sang pandhita
Ingkang awrat ing jagad punika namung arta, ing pamêndhêtipun linampahan saking dagang alayar amrih indhaking arta. Sarêng sampun anglêmpak artanipun, sangsaya sangêt susah dening kaincim-incim ing pandung. Yèn ical artanipun sadaya tansah adamêl susah, sisip sêmbir anglampahi kawlasasih. Mila arta kancana punika dipun tilar dhatêng para pandhita, amargi awon sangêt.

--- 49 ---

18.samanta ring awiryyan arta suwarna palatu lungakna martèngkaswasihsakathahipun ing kamulyan arta kancana prayogi tulunganaangasrêpi ing kawlasasih
karaksanikang arta mas tan ana wanèh dana pinaka pagêrsuraksakakarêksaning kang arta kancana botên wontên sanès, pawèwèhminăngka pagêr langkung santosa
asing wwang asrêb nèng maha muni lèn lapa duhka satatahyang sukasma naddhasabên tiyang kumêd ing pandhita kalihan luwe sungkawatansah sang hyang wisesa abêbêndu
saksat swa wismanira kuthini kanang wwang akêkêd ing ardanaring layakados griya tanpa pagêr ingkang têtiyang akêkêd ing artadhatêng masakat
Sakathahipun ingkang sami sugih arta kancana, prayoginipun asring têtulunga dhatêng têtiyang kawlasasih. Karêksaning arta kancana punika ingkang minăngka pêpagêr amung dêdana. Sintên ingkang kumêd dhatêng pandhita utawi dhatêng tiyang kaluwèn kasusahan, saèstu angsal babênduning dewa. Tiyang kêkêd dhatêng arta punika upami griya botên mawi pagêr.

--- 50 ---

19.wway agêng atiwega tambakana bêngkungên upamaning artasètuatoya agêng langkung santêr tambak ana bêndungên, upaminingarta kabêbêga
tmah abdhah parawasa tanpa sesa kaili kadaut lajêrnikatêmah abêdhah risak tanpa kantun larut kabêdhol cagakipunpunika
samangkanarta yyan akêkêdana rugsaneka luyut têkwanpamitanyakados makatên arta yèn dipun kêkêdana risakipun punikasirna dalah pawitanipun
dadi maluya layat mahlupa wêwka sing yayah pusaka syuhbrasthadados wangsul sangsara têmah supe wêwêlinging tiyang sêpuhwasiyat sirna larut
Yèn arta dipun bêbêg, punika kados toya agêng langkung santêr dipun bêndung. Wêkasan bêdhah larut dalah lêlajêripun. Kados makatên yèn arta dipun kêkêdi, saèstu sirna dalah pawitanipun. Dados wangsul sangsara têmah botên anglabêti wêwêlinging tiyang sêpuh, pusaka sirna gêmpang.

--- 51 ---

20.bathara ari prabancana ati saya lumêwihi ri tejaning wulansang hyang surya sorotipun anglangkungi angungkuli ingsoroting wulan
pradiptaning kalihanya kalêwihan têkapning ambêk sangakawasmarapadhanging kalihipun kaungkulan dening budining sangpujăngga
bathara sari candhana tisaya rumne alumêwihi rumingswamiddhasang hyang cêndhana sêkar anglangkungi wanginipun punikaangungkuli wangining ratus
wangini kanang kalihanya kalêwihan têkapning wacana sangsujanawangining kang kalihipun kaungkulan dening pangandikaningsang sujana
Srêngenge punika prabanipun anglangkungi soroting wulan. Nanging padhangipun prabaning sakalihan punika taksih kaungkulan dening padhangipun manahing pujăngga. Kajêng candhana sari punika wanginipun anglangkungi gandaning dupa ratus. Ananging wangipun[7] sakalihan punika taksih kaungkulan dening pangandikaning sujana.

--- 52 ---

21.bathara gangga tisaya tisnira lumêwihi ri tisning amartasaddhatoya anglangkungi asrêpipun, angungkuli asrêping padhidhing
satisning kalihanya kalêwihan têkapning warotamèng sangmahardikasaasrêping kalihipun, kaungkulan dening wêwulanging sangpandhita
bathara bahni tisaya mapanas lumêwihi ri tiksnaning hyangarunalatu anglangkungi panas, angungkuli ing panasing surya
panasnikang kalihanya kinalêwihan têkapning laksanèngduratmakapanasing kang kalihipun, kaungkulan dening lampahingdurjana
Toya punika anglangkungi asrêp, angungkuli asrêping măngsa padhidhing. Ananging asrêping sakalihan punika kangungkulan dening wêwulanging pandhita. Latu punika anglangkung panas, angungkuli panasing surya. Ananging panasing sakalihan punika kaungkulan dening lampahing durjana

--- 53 ---

22.ika kabèhanya kinalêwihan têkapnira Hyang Siwanda Ariyanapunika sadayanipun, kaungkulan dening Sang Hyang Wisesa
sakwehanikang pranawa tan angkên krêtadnyana sakèng pramanawisesasakathahing kang padhang botên kados angsal pambudi sakingSang Hyang Wisesa
ikang suganda martanika taman kadi krêtawara nugrahaningringyaingkang wangi asrêp punika botên kados angsal wangsit,nugrahaning Sang Hyang Wisesa
salwirning apanas tan atur krêta glanging hyang saksatwêgang sulanjanisakathahing apanas, botên kados angsal bêbênduning dewasaksat uwanging lutung
Mênggah sadaya wau kaungkulan dening Sang Hyang Wisesa. Sakathahing padhang botên kados angsal ilham saking dewa. Sakathahing aswap, botên kados angsal wangsit kanugrahaning dewa. Sakathahing apanas botên kados angsal bêbênduning dewa, sisip sêmbir dados bangsaning lutung.

--- 54 ---

4. Wisalya Arini, Lampah 21.

1.swabawaning masika maharêping purisya kadarpa sirèng kaninulah bawaning lalêr angajêngi ing têtinja kadêrêng dhatêngtatu
wayasari kadarpa umibêr angambara maharêping kunarpapaksi gagak ing adrêng mibêr angambara angajêngi ing wangke
kujana ri kalana sadyasa ayu tan wunu mèt duhkaning paradurjana ingkang totos, sêdya rahayu botên wande amrihsusahing kathah
ksama mudita kayuning sujana darma tingnaki-taki nityasapangapuntên têlênging karsanipun sang sujana utamikapêlêng-pêlêng tan pêgat
Lalêr punika pakarêmanipun amung dhatêng tinja kalihan tatu. Pakarêmaning paksi dhangdhang muluk angambara wêkasan amung amrih bêbathang. Durjana punika ing sara ajênganeya ciptanipun botên wande amung amrih susahing kathah. Sanès kalihan pakarêmaning sujana ingkang kaèsthi amung kautamèn kalihan pangapuntên.

--- 55 ---

2.sang hyang candra taranggana makadi pama madhangi kalaningwngiwulan lintang dados dilah amadhangi kalaning dalu
sang hyang surya sdhêp rabata makadi pama madhangi ringrainasurya kala sumorot, dados dilah amadhangi ing raintên
weddhastra darma sruti maka dipèng tyas, mêmadhangi bumimandhalarahsaning sastra wêwulang sae dados dilahing manahamadhangi saubênging jagad
widyasthi rajaniti dipaning tri buhwana sumnêh prabaswarakhukum adil, dilahing tigang jagad, gumêbyar murub
Wulan akalihan lintang punika minăngka damaring dalu. Surya punika minăngka damaring raintên. Rahsaning sastra kalihan wêwulang ingkang sae punika minăngka damaring manah mêtabar ing sajagad. Adil khukum punika minăngka damaring jagad sadaya.

--- 56 ---

3.putra suputra sadu gunawan mêmandhangi kula wandhu wandhawaputra bagus jatmika langkung sagêd amadhangi kawulawargasantana
putra kuaka muwa tituca mamtêngi wangsa wandhu wandhawaputra awon, bodho balilu amêtêngi sanak warga santana
patangya aywa nghla-hla putra sang sujaneka tmah dosa tarwurungmilanipun sampun angugung putra sang sujana punika têmahdosa botên wande
ywa lêlana sang parama putra nir de tmah mingmang warga tanwurungsampun amêng-amêngan sang sugih putra tanpa damêl têmahangribêdi sanak botên wande
Yèn putra bagus jatmika kathah kasagêdanipun, punika minăngka damar amadhangi sakathahing akrabipun. Yèn putra awon sarta bodho balilu, punika amêtêngi akrabipun. Milanipun sujana punika sampun angêla-êla putra, têmah botên wande dados dosa, yèn tiyang sugih putra sampun ngantos adamêl suka bingah, botên wande angribêdi ing akrab.

--- 57 ---

4.kwèh sujananti arsa ring suta tan satataning uswa mwangrangganakathah sujana langkung bingah ing putra botên satataningangêmong lawan amulasara
dadi tanaya wiswaning sturan janapriya nguniwèh warangganadados putra wisa botên sinihan ing tiyang jalêr utawipawèstri
dumèh ika inarja inarcana puara dursila durlaksanasabab punika kirang rahayu kirang panêmbah wêkasan awonlênggahipun awon lampahipun
suta tituceka satahên suskatma gni mbaranang alas sirnaputra langkung cacad punika upami kajêng akir mêdal latuambêsmi wana sirna
Kathah para sujana ingkang adamêl suka bingahing putra, botên limrah ênggènipun angugung kalihan angrêngga. Makatên punika dados putra wisa, botên sinihan ing têtiyang jalêr èstri. Sabab punika kirang rahayu budi kirang panêmbah dhatêng ing dewa, ing wêkasan dados tiyang dursila durjana. Putra awon punika upami kajêng akir atêmahan latu ambêsthi[8] wana sirna.

--- 58 ---

5.yyan sujana tilar sya tanaya sismita tang padanya duluhakênyèn sujana atilar asihing putra pinisakit, ingkangsukunipun kajêjakakên
tapyan sasmita darman inulahakên puara susila sastrawanmanawi sasmita sae pinardèkakên, wêkasan jatmika limpad ingsastra
dinewarcanèng wadu jana mwa para sujana lulut mangastutikinabêktèn ing tiyang èstri lawan para sujana asih samingidini
suputra kasah ima jaladara tmah truh tuwuhning sarwwa umaputra sae punika upami mega mêndhung têmah jawah thukulingsarwa wiji
Yèn sujana botên patos asih dhatêng putra, tansah pinisakit dhinupak ing suku. Ênggènipun amêrdi dhatêng kasaenan. Wêkasan putranipun dados jatmika limpad ing kagunan. Kinabêktèn ing têtiyang èstri, lawan sinihan kadidene para sujana. Putra sae punika upami mega mêndhung atêmahan jawah dados anukulakên sakathahing wiji.

--- 59 ---

6.tingkahning suta sasaneka kadi rajata ri sdhêng limang taunpratingkahing putra panganggenipun punika kados anganggêplatu ing nalika umur gangsal taun
saksat dasih tkapta yyan sapuluh taun ika wurukên ingsastrasaksat abdi dènira yèn sadasa taun punika kawulanga ingsastra
yapyan sadasa warsa tulya mitra tinaha-taha dèn ta midanamanawi nêmbêlas taun, kados pawong sanak, kadugi-dugiaênggènipun mêrdi
yyan wus aputra tinghalana solahika warahên ring nayènggitayèn sampun pêputra tingalana solahipun punika kawulanga ingpasêmon
Pratingkahing amêrdi putra yèn sawêg ngumur gangsal taun kaanggêpa kados angêmong ratu. Yèn sadasa taun kados abdi kawulanga sastra. Yèn nêmbêlas taun kados pawong mitra, kadugi-dugia ênggènipun mêrdi. Yèn sampun pêputra winawasa ing solah tingkahipun kapêrdia kalihan sista sasmita kemawon.

--- 60 ---

7.ring wwang aywa manut ring budining para sudra matmahkasangsayaing têtiyang sampun anut, ing budining tiyang asor ingtêmah kasiya-siya
aywa manut ri budinikanang duratmaka matmah winasanasampun manut ing budining kang durjana ing têmah katiwasan
aywa manut budining istri tmah inerang-erang ing para janasampun manut budining èstri ing têmah kaisin-isin ingsagung têtiyang
aywa manut budining raryya tmahan ika manirakên prêyatnasampun manut budining rare, têmahan punika angicalakênwêweka
Têtiyang punika sampun ngantos manut budining tiyang asor, ing têmahan kaèsi-èsi. Sampun manut budining durjana ing têmahan mindhak katiwasan. Sampun manut budining èstri, ing têmahan mindhak kawirangan. Sampun manut budining rare, ing têmahan mindhak angicalakên prayitna.

--- 61 ---

8.tumutèng budining sang paramèswara wangsa dumadi tansangsayaanuta budining sang băngsa luhur dados botên siya-siya
wyakti mamanggih wiryya pinuji jagad traya yyan ruhuryyrambêkirayakti amanggih kaluhuran, pinuji ing jagad têtiga yèn luhuring budinipun
satirun tekang budi para sujanotama satata purohitaprayogi anulad ingkang budi para sujana utami tansah dadosguru
byakta nêmakêni sêswa kita yyan lumkasakna budining guruyêkti amanggihakên ing sabat, sira yèn anglampahanabudining guru
Prayogi manuta budining băngsa luhur dados botên siya-siya. Saèstu manggih kaluhuran pinuji ing tigang jagad. Yèn luhur ing budinipun. Prayogi anulad ing budining para sujana kang utami dados paguron. Saèstu sugih sabat manawi anglampahi sawiraosing guru.

--- 62 ---

9.lwirning madani jana purusa sura guna mwang kulina yowanasagunging kabagusanipun tiyang jalêr kêndêl sagêd, lawankarêm ing birai
yyan ana sang daneswara surupa guna sura kulina yowanayèn wontên sang sugih arta bagus sagêd kêndêl, karêm ingbirai
anirmada mahardika pangaranya sujana tusing pinandhitatanpa cacad langkung mulya namanipun sujana têdhakingtiyang putus
mwang trahning witaradya suraya gawe wêrêhning tyassaprajotamalan têdhaking amêngku nagari kêndêl adamêl kandêling manahsanagari utami
Ingkang dados kabagusaning tiyang jalêr punika kakêndêlan, kasagêdan, kabêsusan. Kados ta: manawi wontên tiyang sugih arta, bagus, sagêd, kêndêl sarta bêsus. Botên wontên cacadipun, punika kasêbut nama langkung mulya turasing sujana putus. Lawan têdhaking mêngku nagari, kêndêl adamêl kandêling manahipun tiyang sanagari kautamanipun.

--- 63 ---

yawwan sang sura ri kasuranika nanaway pracayèng praja wiramanawi sang kawasa ing kakêndêlanipun punika amurugakênpitadosing nagari prawira
sang sura mnanging ranangga mamukti naragana sih ingpaprangansang kawasa jaya ing paprangan, amukti ing swarga rêmên ingpaprangan
yyan wirun wdi ring rana pjah yama bala mangikut mamidhanayèn prajurit, ajrih pêjah ing paprangan, wadyanipun SangHyang Yama anyêpêng misakiti
yyan pjah tininda ring jana kerang-erangan inina sinorakênyèn pêjah pinoyokan, ing têtiyang kaisin-isin, cinacadkinawonakên
Manawi prajurit punika kakêndêlanipun sampun kapitados, ing sanagari kasêbut prawira. Yèn prajurit sampun nate mênang prang, manggih kamuktèn ing dêlahan, sinêbut asih dhatêng paprangan. Yèn prajurit ajrih pêjah ing prang, manggih siyasat ing naraka. Yèn pêjah kaerang-erang ing jana cinacad kawon ing paprangan.

--- 64 ---

11.yya gya nghaku wara pandhita widagda ri arêpi sangmahardikasampun enggal angakên pandhita langkung putus ingngarsaning sang pandhita
aywa nghaku suraya dibya sakti ri arêpira sang wiraganasampun angakên kêndêl, langkung sakti ing ngarsaning sangprajurit kawasa
sang yoddhèng rana sora dèn ta sata wilangnya sahatus ikangwanisang prajuriting paprangan, kawona dènira satuswicalanipun, sarta têdhaking kang kêndêl
sakwèhning apaksa pandhita sahasra pupulakna sora dènirasagunging angakêna pandhita sèwu kumpulêna kawona dènira
Sampun enggal angakên pandhita putus, wontên ing ngarsaning pandhita. Sampun angakên kêndêl sakti wontên ing ngarsaning prajurit kawasa. Ingkang angakên prajurit sakti punika manawi sampun angawonakên prajurit kawasa saking satus sami têdhaking suraya. Sakathahipun kang angakên pandhita putus, yèn sampun angawonakên pandhita sèwu kinumpulna.

--- 65 ---

12.yeka pandhita yoyga nama guruning sabuhwana twasnikang wikuinggih punika pandhita pantês, nama guruning sajagad,turasing sang pandhita
mangkin wwang pulungên salaksa mapaksa bisa kalah ringwidhayakamangke tiyang golongêna salêksa kang angangkên sagêd, kawoning Rêsi Widhayaka
yèki wassmita ranya winiyawat padha-padha lawan Wrihasapatiinggih punika waskitha ing sêmu namane kinintênanglangkungi sasami kalihan Rêsi Wrihasapati
sang siptanya kanisthaning mangaku tangga yatna tkap mahajanadadosipun saruning angakên, uwasêna dening sujana
Inggih punika pandhita ingkang sampun pantês sinêbut dados guruning pandhita sajagad. Ananging kaklêmpakna para sagêd, angsala salêksa taksih kawon kalihan Rêsi Widhayaka, inggih Sang Rêsi Widhayaka punika kasêbut waskitha ing sasmita kinintên anglangkungi ing sasami kados Rêsi Wrihasapati. Dados kanisthaning tiyang angakên punika yèn kaungasakên wontên ing ngarsaning sujana.

--- 66 ---

13.yekang marana tantra yugya pituhun tkap sang inutamèngprajainggih kang angganjar bala prayogi kaestokakên dening sangratu
ingêtakêna sakèng totosing kaprawiran mwang putusingkagunankawikanana saking têguhing kaprajuritan lawan putusingkasagêdan
patitising kang pamicara nguniwèh tatasing karyya yyandinutapatitising kang pamicara utawi tatasing damêl yèn kautus
dadi tan amadaya dana dumununging tyang rèh wisalya arinidados botên ambalenjani ganjaran dumunung ing damêl angrèhsolahing pawèstri
Patraping ratu badhe angganjar dhatêng bala prayogi kapituhua. Kawikanana saking kaprawiranipun, lawan putusing kagunan. Patitising wicara utawi tatasipun yèn kautus. Dados botên anguciwani, ganjaran dumunung ing damêlipun anggènipun angrèh ing wadya.

--- 67 ---

5. Kusumawicitra, Lampah 12.

1.singgah ya pwan têka ri yugatèng kaliinggih manawi dhatêng ing zaman ingkang kali
tan malêwihana sakèng mahadanabotên anglangkungana saking kasugihan
tan wak tan guna sura pandhya widagdabotên kocap sagêd kêndêl, pandhita putus
padha marêk mangarêpi daneswarasami nyêlak kayungyun ing kasugihan
Manawi dumugi ing jaman kaliyuga. Botên wontên ingkang anglangkungi tiyang sugih. Botên kocap tiyang ingkang guna ingkang prawira utawi pandhita putus. Sadaya sami marêk anêmbah dhatêng tiyang sugih.

--- 68 ---

2.sakwèhaning rika angeswang wiku ilangsakathahing ngriku basaning pandhita sirna
mwang kula ratu padha ina kasihanlawan bangsaning ratu sami kikiran kawlasasih
putra dira nandhya ring bapa sinudraanak purun ngawon-awon ing bapa dèn pitnah
bani jawara wiryani sang pandhitasudagar agêng kaluhuraning sang pandhita
Ing jaman ngriku bangsaning pandhita sirna. Lawan bangsaning ratu sami mlarat kawlasasih. Anak sami purun angawon-awon dhatêng bapakipun tansah dipun pitnah. Para pandhita sami anglampahakên dados nangkoda.

--- 69 ---

3.minggung ikang rat buhwana mandangkaragonjing ingkang jagad bumi dahuru
ratwinadana dinanèng smararatu kêkirangan arta pinisungsungan ing tiyang sugih
sarwwe dagadhayanya nut prawèsanasakathahing ulah padamêlanipun anut ingewahan
samudra gati manut lampahing kalisagantên yêkti anut lampahing lèpèn
Bumi tansah gonjing, jagad tansah dahuru, ratu kêkirangan arta tansah pinisungsungan ing tiyang sugih. Sagunging kang ulah padamêlan sami anurut ing epahan, sagantên mili dhatêng lèpèn.

--- 70 ---

4.wwang sudra sampati wisama walipatiyang asor nistha wangsul dados luhur
ri siranirang nara ika ninditaing kamurkaning tiyang punika anglangkungi
sang raja kasampi ing sang dwijawarasang ratu kalumuhan ing sang pandhita agêng
tan ana ngulahakên ing pangarcanabotên wontên anglampahakên ing panêmbah
Tiyang bèbèt asor wangsul dados tiyang luhur. Kamurkaning tiyang sangsaya anglangkungi. Sang ratu kalumuhan dhatêng pandhita. Botên wontên ingkang anglampahi panêmbah.

--- 71 ---

5.mwang wahyaning awiryya winehan danalan wêdaling kaluhuran sinusungan arta
karana ratu kadinan danèsmarakarantên ratu kawisesa ing tiyang sugih
ikang durta maka dirda jiwangkaraingkang salah dados awèt gêsanging damêl
ri sang sidhi jarna dumadak alpartaing sang lêrês katiwar dumadak kirang arta
Kalihan wêdaling kaluhuran saking dipun saranani arta. Karantên sang ratu kawisesa ing tiyang sugih. Tiyang salah dados awèt kangge ing damêl. Tiyang lêrês dados katiwar awit saking malarat.

--- 72 ---

6.duskarta mandadra dadi lêbda jiwakamurkan andados dados angsal gêsang
sadu jana dumadak alpakamartatiyang sarèh dumadak kirang pangapuntên
dursila durnaya uniwèh kujanaawon ing lênggah awon ing ulat, utawi tiyang cacad
padha miweka wèh wma bage yayahnyasami anglèpèti, sami ngèmbèt, asung cilakaning tiyangsêpuhipun
Tiyang murka sangsaya andadra dados angsal panggêsangan. Tiyang sabar wêkasan dados kirang paramarta. Tiyang dursila durjana sami adamêl cilakaning tiyang sêpuhipun.

--- 73 ---

7.sang maraja yayah sawite ngapatyasang ratu kadi suwita ing patih
samang dum amilih yyrulah wipwaryyayasakathahing andum amilih ing pratingkah langkungsawênang-wênang
nir awaryyaning pratiwi karusandyaical barkating bumi kasarakat
kadi lata tarupala taya gunakados oyod gêgodhongan, woh tanpa guna
Sang ratu saksat suwita dhatêng pêpatih. Sagung kang andum sami amilih pratingkahipun sawênang-wênang. Ical barkating bumi sami kasêrakat. Kados ta oyod-oyodan, gêgodhongan, woh-wohan, sami tanpa guna.

--- 74 ---

8.ring aguna gananira martèng jagadingkang sagêd sakti ical pangasrêpipun ing jagad
wipra satriya wasya sudra sakarapandhita satriya wasi sudra tunggil damêl
karana sajagad mapaksa pandhitakarantên sajagad kêdah angakên pandhita
padha pundhingan dhiri lmah asorasami angêgungakên sarira lumuh kasora
Ingkang sagêd ingkang kawasa botên angasrêpi ing jagad. Băngsa pandhita satriya wêwasi miwah bong[9] sudra sami tunggil padamêlan. Karantên sajagad sami angakên sagêd. Sami angêgungakên dhiri botên wontên kang purun kasosora.

--- 75 ---

9.nande sastra mwang samadi japa yogapangulahing aksara lawan pamuja samadi
tan ana maduting wiwe sang sunyatabotên wontên anut apamardining pandhita
nir de mantra tamar ana katarimatanpa damêl pandonga botên wontên katarima
tan têlasi kang darma dadi durgamabotên anglabêti kang adil dados pangadilan awon
Tiyang ulah sastra lawan puja samadi botên wontên ingkang anut ing pamardining pandhita, tanpa damêl sagung japa măntra botên wontên ingkang katarima. Adil khukum botên anglabêti têmah dados durgama.

--- 76 ---

10.rug tang campaka ngsoka ngsana candhanarêbah kang sêkar campaka angsoka angsana candhana
wungwu bagula surabi nagapuspawungu kananga surastri nagasari
sakwèh punya winadung tinor tinut wadyasadaya witipun winadung tinêgor tinutuhan
pinêr hrinikang pung pigêr lawan pilangkaprapal êrining kang ngêpung sêcang lawan pilang
Sami rêbah kang sêkar campaka angsoka angsana candhana wungu kananga surastri nagasari. Sadaya witipun sirna sami winadungan tinêgoran tinutuhan. Kaprapalan êrining ngêpung sêcang lawan pilang.

--- 77 ---

11.brastha angsa manyura sarwa kokilalêbur banyak mêrak sagunging paksi
iningsa pakari wuwu kangka bangupinasangan pikating kurungan dhangdhang bango
tusthe kang sranggala wwagi kainiwêhsuka ingkang sagawon, babi punika ingopenan
winargan ruddhira daging rinangganatinuwukan êrah daging pinilala
Sakathahing pêksi mêrak banyak dhangdhang bango sapanunggilanipun sami lêbur pinasangan pikat lajêng sinêngkêran. Ingkang suka bingah namung sêgawon babi sami ingopenan. Pinilala tinuwukan êrah kalihan daging.

--- 78 ---

12.pandyani kaliyuga murkaning janatingkahing zaman kaliyuga murkaning têtiyang
wimoha matukarar bwat kawiryyawananglangkungi murka atukar rêbat kaluhuran
tan crangi kang rat nama kulawandhawabotên uninga ingkang jagad, nama kawulawarga
ripu ina kinayuh maka pasayamêngsah cacad rinangkul, dados rowang
Salêbêting zaman kaliyuga sakathahing têtiyang sami langkung angkara murka, tansah tukar arêbat kaluhuran. Tiyang sajagad botên wontên uninga dhatêng sanak sadhèrèk. Mêngsah ingkang sampun kathah cacadipun rinangkul minăngka kanthi.

--- 79 ---

13.drawa dewa winasa darma rinurawêwalêring dewa tinarajang candhi rinisak
kabuyutan nispala padha sahamunsanggar tanpa pedah sami sêpên
wata sapata supra sakti linburcariyos pêpakêm guna sêkti linêbur
tkapi kang adama murkaning jagaddening kang bodho murkaning jagad
Wêwalêring dewa tinarajang, sakathahing candhi rinisakan. Kabuyutan botên wontên damêlipun sami samun. Sagung cariyos pêpakêm, kagunan kasantikan sami linêbur dening tiyang bodho ingkang murka ing jagad

--- 80 ---

14.kawaktan ikang yuga byakta caturakocap ingkang zaman yêkti sakawan
mita krêta labanira hyang pramanawiwit zaman krêta labêtira sang hyang atma
kaanan ikang urip stiti pranayaprênah ingkang gêsang têtêp ing pulung galih
wau-wau siniwi ring suralayasawêg-sawêg siniwi ing swarga
Kacariyos ingkang zaman punika saèstunipun sakawan. Ingkang wiwitan nama zaman krêtayuga, sang hyang pramana ingkang dados wiwiting agêsang punika prênahipun wontên pulunging galih. Sawêg taksih siniwi ing swarga.

--- 81 ---

15.dwita tirta labanira hyang pramanakaping kalih zaman tirta labêtira sang hyang atma
pataunta ananya madya nityasapaningal prênahipun ing têngah botên pêgat
trita dwapara sang hyang pramana labakaping tiga zaman dwapara labêting sang hyang atma
masayu lawan rudira kahanannyaing daging lawan êrah prênahipun
Kaping kalih zaman tirtayuga, prênahipun sang hyang pramana wontên têngahipun paningal. Kaping tiga zaman dwaparayuga, prênahipun sang hyang pramana wontên ing daging lawan êrah.

--- 82 ---

16.caturta kaliyuga labèng pramanakaping sakawan zaman kali labêting sang hyang atma
manggwan ri kulit wulu puhuning jananganggèn[10] ing kulit, wulupuhuning janma
sang hyang pana lawasnireka niyatasang hyang atma laminira punika yêkti
satus èwu tuhun rikalaning krêtasatus èwu taun, ing nalikaning jaman krêta
Kaping sakawan zaman kaliyuga, sang hyang pramana manggèn wontên ing kulit lawan ing wulu puhun. Dene yèn zaman krêtayuga yuswaning sang hyang pramana sakêthi taun.

--- 83 ---

17.ring tirta pwa niyata sangsaya kasayaing zaman tirta punika yêkti sang gêsanging pramana
dhatêng sapuluh èwu taun irikadumugi sadasa èwu taun ing ngriku
swaddhi dwapara yuswa sahasra warsazaman dwapara yuswa sèwu warsa
mwang sata warseka lèn sata candramalan satus taun punika kalihan satus wulan
Ing zaman tirta punika gêsanging pramana dumugi salêksa taun. Ing zaman dwapara yuswa sèwu taun langkung satus taun kalihan satus wulan.

--- 84 ---

18.yyan rang saddhini kanang yuga kalikayèn ing zaman ingkang kaliyuga punika
uniyusa calita saikaning hubyuswa enggal kadi kilat gumêbyar ing mêndhung
ring stri sangkaning wirodra ngsita krêtaing pawèstri wiwiting dados kêrêngan, ing zaman krêta
yoganing wiku sira Dèwi Narukiputraning pandhita sira Dèwi Naruki
Yèn zaman kaliyuga punika yuswanipun enggal. Enggal kados upaminipun gêbyaring kilat wontên ing mêndhung. Kala ing jaman krêta wiwitipun ingkang dados pêrang putraning pandhita nama Dèwi Naruki.

--- 85 ---

19.ring tirtayuga tisayèng prang atbutaing zaman tirta jalaraning prang agêng
nimitaning alaga Dèwi Janakiwiwiting prang Dèwi Sinta
nganing ring dwapara purwaning ayudakala ing jaman dwapara wiwitaning prang
Sang Drupadi parama putri inucapDèwi Drupadi kocap putri linuwih
Ing zaman tirta jalaranipun ingkang dados prang agêng Dèwi Sinta. Ing zaman dwapara, ingkang dados wiwiting prang agêng Dèwi Drupadi.

--- 86 ---

20.akwèh maka karananing prang atbutakathah dados sababing prang agêng
ring kalika stri mwang ksiti rajataddhiing zaman kaliyuga punika èstri lawan siti rajabrana
sang siptanya yatnakna sirang sujanadadosipun èngêtna sang sujana
ywanggêng ulah dana mamring wadujanasampun anggung ulah arta amrih ing pawèstri
Ing zaman kaliyuga, akathah ingkang dados sababing prang agêng. Inggih punika pawèstri, siti, miwah rajabrana. Mila kaèngêt-èngêta sang sujana. Sampun pijêr ulah arta, amrih dhatêng tiyang èstri.

--- 87 ---

21.lwirning tan sarju ring jagad tri gatinyasakathahing botên pantês ing jagad, tiga yêktinipun
tar ana mamnêr ulahnya kawruhibotên wontên lêrês tingkahipun, kawikanana
ika stri od bahnawi tar arju wilutpunika èstri, oyod, lèpèn, botên sae menggak-menggok
lakunika padha tan wênang tutaknalampahipun punika sami botên pantês tinuruta
Liripun ingkang botên pantês ing jagad punika têtiga. Kawikanana ingkang sami botên lêrês lampahipun. Satunggal èstri, kaping kalih oyod, kaping tiga lèpèn. Lampahipun menggak-menggok botên pantês tinuruta

--- 88 ---

22.yya nut pata seta tunjung tuw nèng silayèn pêksi gagak pêthak, tunjung tuwuh ing sela
manawika mnêr ulahing angganamanawi punika lêpas tingkahing pawèstri
yyan Sri Widdhayaka wakmikastha gunayèn Prabu Widdhayaka prang natanipun punika para wolu
ana kêbid tar kari kang maha janawontên ingkang pêpakêm, botên kantun kang para sujana
Manawi wontên gagak pêthak, tunjung tuwuh ing sela, punika manawi lêrês lampahing pawèstri. Manawi pranatanipun Prabu Widhayaka punika kapara wolu. Kocap wontên ing pêpakêm kaangge para sujana.

--- 89 ---

23.ri bukti karyyanyeka ing nistha bagaing têtêdhan padamêlanipun punika kapara wolu
tkyaning kapurusa astha baganênkalihan ing kasanggama kaparaa wolu
ring stri tan kaanan warêging purusaing pawèstri botên manggèn tuwuk ing kakung
ling Drupadi sang lwir kusumawicitrapangandikanipun Dèwi Drupadi ingkang kadi sêkar asri
Ing têtêdhan miwah padamêlanipun tiyang èstri punika kalihan tiyang jalêr tikêl wolu. Utawi ing sanggama inggih tikêl wolu. Mila pangandikanipun Dèwi Drupadi, botên wontên tiyang èstri tuwuk ing kakung

--- 90 ---

6. Lêbdajiwa, Lampah 11.

1.aywa mada cedhaning para janasampun anacad kacacadaning para têtiyang
tan ana tarpa cantrikanya ring ratbotên wontên tanpa cacadipun ing jagad
griwa sang hyang sangkara nilakanthajangganing Sang Hyang Guru ciri cêmêng
Sang Hyang Endra kwèh pata saprasanaSang Hyang Endra kathah netra saênggèn-ênggèn
Sampun asring amada kacacadaning têtiyang. Saèstunipun tiyang sajagad punika botên wontên ingkang tanpa cacad. Sang Hyang Guru tênggakipun dhiri cêmêng. Sang Hyang Endra sugih netra saênggèn-ênggèn.

--- 91 ---

2.sasupala Hyang Keswa mong andanakadi rare bajang Sang Hyang Wisnu angon banthèng
sang hyang candra ciri krêsna ring mukasang hyang căndra ciri cêmêng ing wadana
wang inina tyaping sasi tan gênêplawan cinacad sabên wulan botên jangkêp
sang hyang surya tèngswaning praba panassang hyang surya soroting cahya panas
Sang Hyang Wisnu kadi rare bajang ing nalika angon banthèng. Sang hyang căndra ciri cêmêng ing wadana. Kalihan cacadipun malih sabên wulan botên langgêng. Sang hyang surya sunaring cahyanipun apanas.

--- 92 ---

3.ring dina smi yogyan sunga danaing dintên sae prayogi yèn angganjara arta
tkapira sang inutamèng prajadènira sang ratu
ring dina mrih ta sahaskaranlekaing dintên pamrihira kados kalairanipun punika
pwahayun paslêning smara bawanapunika kêdah kasidêkahakên ing swarga
Yèn nuju dintên sae prayoginipun sang ratu anggêganjara arta ing bala. Yèn nuju dintên wiyosanipun, punika kêdah asidêkaha dhatêng para lêluhur ingkang sampun minggah swarga.

--- 93 ---

4.hyang ddhiwagra arbah tan winositatilas dalêming dewa rêbah botên dinandosan
wangunên ika saharja sêmbahênwangunên punika kados sae sinêmbahan
nganglayar nyuh taman papiniajêngbêbathang lungkrah tanpa ingopenan
inamêr awawwan skar samiddhapinulasara alurub sêkar ratus
Yèn wontên tilas dalêming dewa sampun risak, botên wontên kang andandosi. Punika dipun wanguna, kados prayogi kadamêl pamujan. Wangke ingkang sampun rênyuh botên wontên kang angopèni. Punika prayogi kasaenana ing lêlurub kalihan sêkar miwah ratus.

--- 94 ---

5.aywa wèh guna sakti ring kuhakasampun angsung kasagêdan kasaktèn ing durjana
sujana sarjana yogya satmatatiyang sae tiyang sagêd prayogi kapriksaa
ton ring bahni inungsir ikang wsitiningalan ing latu sinugonan ingkang tosan
sinoga tanunika pinurmataingêntasa tosan punika katingal mêrngangah
Sampun asung guna sakti ing durjana. Sujana sarjana prayogi kacêlakna. Kawikanana latu punika yèn linêbêtan tosan. Sarêng kaêntas tosanipun katingal mêrngangah.

--- 95 ---

6.sampun ta ngayah mawaka gni mabangsampun ingkang tosan amurugakên latu abrit
ikang lêwih panasing hyang analaingkang langkung panas saking latu
pdhatri wkasan kêna dhinandhaprangangahing wêkasan kenging pinalu
kolat manunya binaduka mitakatingal tosanipun rineka gampil
Dene tosan ingkang mawi mêrngangah, punika saking panasing latu. Prangangahing tosan ing wêkasan kenging pinalu. Katingal tosanipun kareka gampil.

--- 96 ---

7.wraksa candhana tulya sang sujanakajêng candhana upami sang sujana
sarpa mulêt ing sopama ngasriasawêr mulêt ing wit murugakên asri
ring pang wanara ring singkara paksiing êpang rewănda ing gêgodhongan paksi
kusumanyeka bramara mangrubungsêkaripun punika kombang angrubung
Sang sujana punika upami kajêng candhana. Sawêr mulêt ing wit dados murugakên asri. Ingkang wontên ing êpang rewănda, ingkang wontên ing gêgodhongan paksi. Sêkaripun punika kombang ingkang angrubung.

--- 97 ---

8.yyan dinina dinanda wèh sugandayèn tinêgor pinêcèl asung gănda sae
mêlêk malêri ngirung nir antaramulêk ananduki ing grana tanpa antawis
mangka ika buddhi sang muniwaramakatên punika budinipun sang pandhita
wira tisa tata cêta nirmalalangkung wiyar tansah suci ing galih
Yèn katêgor pinêcèl asung gănda arum. Tansah mulêk ananduki ing grana. Makatên punika budinipun sang pandhita anglangkungi wiyar tansah suci ing galih.

--- 98 ---

9.yyan nir santa sira sang pinandhitayèn tanpa sarèh sira sang pandhita
tmahanika tinustha ring jagadwêkasan punika dipun gêgujêng ing jagad
yyan tan santosa sirang narèswarayèn botên santosa sira sang ratu
nir jajahannya linapgang ring mungsuhical bawahipun kapêndhêt ing mêngsah
Yèn sang pandhita botên paramarta ing galih. Têmahan dipun cacad ing jagad. Yèn sang ratu botên santosa ing galih. Têmahan risak jajahanipun kapêndhêt ing mêngsah.

--- 99 ---

10.yyan lantira irikang wadu wiswayèn lènjèha ing ngriku kang pawèstri wisa
kajaliran ika ilang ayunyakalènjèhan punika ical ayunipun
nir tang wirang ika wadhu tan tamasirna kang kalingsêman punika
tmah mari inaran warangganawêkasan mantun winastan èstri têmên
Yèn pawèstri punika lènjèh dados wisa. Mênggah kasundêlan punika angicalakên warninipun ingkang ayu. Pawèstri ingkang botên gadhah kalingsêman punika tiyang awon. Têmahan mantun kasêbut èstri sae.

--- 100 ---

11.lwirning wala yogya tiyayaknang strilwire tiyang anèm yogya nampika ing pawèstri
krêpana daridra karsa pawaknyabotên wêlasan anistha carobo awakipun
smara magot drupa waka sama strismara brabah awon panastèn samining èstri
mwang gala kanaddhe grawaya punggunglan bêngis pangucap ing laki tur bodho
Milanipun tiyang anèm prayogi anampika pawèstri ing ngandhap punika. Pawèstri nistha, botên wêlasan, carobo awakipun. Smara brabah, wani awon, panastèn samining èstri, bêngis pangucapipun dhaêng[11] laki, tur bodho.

--- 101 ---

12.lwirning wala yogya milalak nang strilwiring tiyang anèm yogya amiliha ing pawèstri
wara guna rupa di kuladanalangkung sagêd warni sae têdhaking sugih
mêmês tambêk grênika susilarjaêmpuk kang budi nastiti langkung jatmika
ngkanika stri antuk tinpengadyamakatên punika èstri pakantuk tinulad ing pawèstri
Prayoginipun tiyang anèm, amiliha pawèstri ing ngandhap punika. Ingkang langkung sagêd, ingkang ayu, têdhaking tiyang sugih, alus budinipun, nastiti, langkung jatmika. Pawèstri ingkang makatên punika prayogi dados têtuladan samining èstri.

--- 102 ---

13.maspi tekang waktra tan amucangsamuning kang wadana botên anggantèn
maspi tang wisma tan ana putrasamuning kang griya botên wontên putra
maspinikang desa taya mukyasamuning kang dhusun tanpa pangagêng
sutistisning tri pupul ing inartaanglangkungi samuning têtiga gumolong ing kêkirangan arta
Sêpêning rai yèn botên anggantèn. Sêpêning griya yèn botên wontên putra. Sêpêning dhusun, yèn tanpa pangagêng. Ingkang anglangkungi sêpêning têtiga punika, gumolong wontên ing tiyang kêkirangan arta.

--- 103 ---

14.taki-taki sesawa bunawanyangirang-irangi anyênyantri ya taksih rarenipun
smara wiswaya dwi puluhing yuswaasmara panggaota yuswa kalih dasa
tngah tuwuh sarwa cana gêgêntatêngah tuwuh sakathahing panêmbah anggêpên
pati lari ngatma tanwi gurwakênpêsating nyawa tiyang sêpuh gurokêna
Yèn rare punika prayogi angirang-irangana sarta anggêgurua. Yèn sampun yuswa kalih dasa taun, prayogi ulaha tingkahing asmara sarta panggaota. Yèn têngah tuwuh, mintuhua salwiring ngèlmi. Yèn sampun sêpuh anggêgurua ngèlmi kasampurnan.

--- 104 ---

15.dana palanira tan amucappawèwèh pakantukira botên angucapa
tilasira palanya tan imutalabêtira prayoginipun botên kaèngêt-èngêt
kang aglak ing sabda manmu duhkaingkang juwèh ing wicara amanggih sungkawa
kang umna sabda nayanya matumpukkang amêm ing wicara ulatipun tumpa-tumpa
Pakantukipun tiyang adêdana botên wiraosan. Labêtira prayogi botên kaèngêt-èngêt. Ingkang juwèh ing wicara asring amanggih sungkawa. Ingkang amêm ing wicara sêmunipun tumpa-tumpa.

--- 105 ---

16.wasitaning marta manmu laksmiwarah ingkang ngasrêpi amanggih kamulyan
wasitaning mita manmu mitrawarah ingkang andhap asor amanggih prasanakan
wasitaning mitya manmu duhkawarah ingkang dora amanggih sungkawa
wasitaning prita pati katmuwarah ingkang canthula pêjah kang pinanggih
Ujar alus amanis punika amanggih kamulyan. Ujar andhap asor punika amanggih pawong mitra. Ujar doracara punika amanggih kasusahan. Ujar canthula punika amanggih bilai.

--- 106 ---

17.labaning suptenjang manmu papalabêting tilêm enjing amanggih malarati
ri madya ngwe ika manmu lapaing têngange punika amanggih kaluwèn
tibra lalu ika manmu siptalingsir kilèn punika amanggih pikir
surupning hyang arka manmu larasêraping surya amanggih sêsakit
Labêtipun tiyang tilêm enjing punika amanggih papa. Tilêm ing wanci têngange punika amanggih lapa. Tilêm ing wanci lingsir kilèn punika amanggih pambudi. Tilêm ing wanci sêrap surya punika amanggih sêsakit.

--- 107 ---

18.sirêping wwang ika manmu sukasirêping tiyang punika amanggih bingah
titi sunya ika manmu duhkatêngah dalu punika amanggih sungkawa
bawuning sayêmprêba kasangsarabangun enjing kasangsara
ngwang umojar lining aji tuhunênkula wêwarah winuwus ing nitisastra kapituhua
Tilêm ing wanci sirêp tiyang punika amanggih suka. Tilêm ing wanci têngah dalu punika amanggih sungkawa. Tilêm bangun enjing wêdaling sayêmprêba punika kasangsara. Mila wêwarah kula ingkang kocap ing nitisastra yogya pinituhua.

--- 108 ---

19.ulwan tang supta juga tèlingakênujuring kang tilêm ugi kaemutakên
yyan ring kulyan yuswanira madirdyayèn ing kilèn yuswanira langkung panjang
yyan utara nityasa nmu danayèn êlèr tansah amanggih arta
witan mitra ilik kaanangnirawetan sanak sêngit panggenanira
Mênggah ujuring tilêm ugi kaemut-emuta. Yèn ujuring tilêm mujur ngilèn, yuswanipun panjang. Yèn mujur ngalèr enggal-enggal angsal arta. Yèn mangetan, dipun sêngiti ing pawong mitra.

--- 109 ---

20.yyan ring daksina pati amaparêkyèn ing kidul pêjahipun acêlak
paduma kwèh prakaranirantarapojok kathah prakawis tanpa antawis
ana muwah palanirang asuptawontên malih labêting atilêm
pining sanari dalêming sawarmadipun kaping sapisan ing dalêm sadintên sadalu
Yèn mujur mangidul, cêlak yuswanipun. Yèn mujur dhatêng pêpadon tansah kadhatêngan prakawis. Wontên malih, prayogining atilêm punika ngamungêna kaping sapisan ing dalêm sadintên sadalu.

--- 110 ---

21.lawan tiksnaning rawi ri purwitalawan soroting surya ing wetan
mawèh sangsaya manglare tang anggaasung siya-siya anyakiti kang sarira
hyang we kilyan atur wèh martèng anggasurya ing kilèn kadi asung asrêping sarira
lwir waluya lêbda jiwasuci kadi wangsul antuk gêsang
Lawan malih yèn tilêm, soroting surya taksih wontên ing wetan, punika murugakên kasangsaya anyakêti sarira. Yèn surya sampun wontên kilèn, murugakên saras dhatêng sarira angicalakên sêsakit kados wangsul angsal gêsang.

Tamat.

9/12 1926.

[Tandatangan]

--- [0] ---

[2 halaman kosong]

 


gantên. (kembali)
sruti. (kembali)
kawasaning. (kembali)
tinilar. (kembali)
busananing pasamowan. (kembali)
angrêsêpi. (kembali)
wanginipun. (kembali)
ambêsmi. (kembali)
băngsa. (kembali)
10 manggèn. (kembali)
11 dhatêng. (kembali)