Langên Driya (Jilid 1), Bale Pustaka, 1929, #590

Judul
Sambungan
1. Langên Driya (Jilid 1), Bale Pustaka, 1929, #590. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
2. Langên Driya (Jilid 2), Bale Pustaka, 1932, #590. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
3. Langên Driya (Jilid 3), Bale Pustaka, 1932, #590. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
Citra
Terakhir diubah: 09-07-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Serie No. 821

Langêndriya.

Inggih punika pakêm padhalangan ringgit krucil, cariyos lêlampahanipun Radèn Damarwulan.

Babon saking Ngayogyakarta.

Mawi rinêngga ing gambar ringgit krucil saking pitulungan dalêm, Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara VII ing Surakarta.

Lampahan: Jumênêngipun Nata Dèwi Kancanawungu.

[Grafik]

Balepustaka, Wèltêprèdhên 1929.

--- 1 : [2] ---

Wêwênangipun pangarang sinêngkêr, miturut bab 11 anggêr ingkang kapacak ing sêtatsêblad 1912 No. 600.

--- 1 : [3] ---

I. Jumênêngipun Prabu Kênya.

1. Para adipati sami rêrêmbagan badhe anjumênêngakên Ratu Dèwi Kancanawungu.

Rakit: Adipati Rănggalawe, Adipati Sindura, Adipati Menakjingga, Tumênggung Lugêndèr, Tumênggung Arya Sêsimping, Tumênggung Arya Tiron, Tumênggung Menak Giyanti, Tumênggung Răngga Minangsraya, Radèn Layangseta, Radèn Layangkumitir, wadyabala Majapait.

Lagon: nêm, waosan sêkar Dhandhanggêndhis, pangkat saking barang.

Dhandhanggula. manis arum sinawung langên sri | sru kawuryan samudyaning raras | kamulya pangrèh sarèhe | lir manik mandaya gung | brêming rat wus winayang ing sih | sih wigunaning karya | akarya wulangun | wulanguning tama arja | arjèng deya sinêmangkara suksma di | pangèsthi murwèng sastra ||

Kangjêng Gusti Pangran Adipati | Mangkubumi opsir pan oranya | naso opsir krun siyême | litnan kolonèl mungguh | ajidannya sang ondêr koning | mangun srat Damarwulan | winayang ing lagu | sêkar gêndhing winastanan | langêndriya saha pinaringan idi | dalêm sri naranata ||

kyat pinundhi sinugun ingkang sih | pasyan dalêm dhumatêng rayindra | duk mêmayang subrangtane | sumar yayang yuyun kung | kongas angrèh sumyarjèng puji | jinum sih sumrih sumrah | sêtyarjèng silarju | sarju rumêsêp budyarja | mangarjana mandaya Yudhisthira ji | sinidhi trus ing cipta ||

kang jinêjêr kandhanirèng tulis | sasedanya Prabu Brawijaya | ing Majapait prajarjèng | sagunging pra tumênggung | para raja lawan dipati | rasika dining kanang | nararya supênuh | pênuh samya makajangan | pra dipati pêpakan samyarsa galih | kang badhe madêg nata ||

Dhawah gêndhing krawitan. Rêp.

Kăndha: hong ilahèng, hong ilahèng awigênamastu namasidhêm. Awigna, mastu silat marang hyang jagad karana, sirantăndha kawisesaning bisana, sana sinawung wanguning langên wilapa damarsasăngka, èstu maksih lampahing buda, jinantur tutur katula, tela-tela tulad mrih labdèng paran, winursita pangupama, pramèng niskara, karana dya tumiyèng ringgit jalma, langêndriya winisudha, trahing dinama pinardi pramèng lalata, mangke têkap wusananing gupita tan wun rênggèng prêlambang, atumpa-tumpa, panggung panggêng panggunggung mring sang amurwèng karsa.

Anênggih nagari pundi, ingkang pinurwèng carita, samangke kaeka adi [a...]

--- 1 : 4 ---

[...di] dasa purwa, basa eka marang sawiji, adi marang luwih, dasa sapuluh, purwa wiwitan. Têgêse juga ingkang winiwitan. Adi-adining garba gupita, botên wontên kados nagari Majapait. Nagari panjang apunjung, gêmah aripah, pasir awukir, loh jinawi. Basa panjang: marang dawa, basa punjung: marang luhur, basa gêmah: kathah jalma dagang botên kêndhat-kêndhat, basa aripah: kathah jalma gêgriya wontên wêwêngkoning nagari, basa pasir: angarêpake samodra, basa awukir: angungkurake gunung, basa jinawi: toya tumumpang, tulus kang sarwa tinandur, murah kang sarwa tinumbas, eca manahe kawula alit. Kêbo sapi, bèbèk ayam tan wontên kinandhangan, dhatêng aglar munggèng pangonan. Saking arja kartaning nagari, doracara ajrih wilalating narendra. Botên wontên panjênêngan ratu ing rat jagat pramudita, ingkang kasăngga ing pratiwi, ingkang kaungkulan ing akasa, ingkang kakêbêng mahara, ingkang kasiwêr samodra laya, ingkang kasênênan sang hyang căndra, ingkang kapadhangan sang hyang surya, datan paja mirib kadi wong agung ing Majapait. Luhur ing kawisesanira, apranyata sang prabu ing Majapait punika ratu adil palamarta, tansah mule balaba ing donya, dana boga lumintu ing sabên dina, ngupama dasih utama, amulang bala balilu, ngapura tiwasing wadya, aganjar ing aprang pupuh, datan ngêndhak gunaning wong, kasuranira pinuja, agung titi pariksa, mintir pangrèhing utama, panjênênganing narendra tuhu jawata angejawantah, kinasihan ing Sang Hyang Otipati, kinamulèn widadari, kinacèk samining ratu. Sintên ta jêjulukira wong agung ing Majapait punika. Ajêjuluk Maha Prabu Brawijaya, agêng obore, trus padhang paningale, atêbih kuncaranira, tinênga ing parangmuka, kathah nungkul tanpa linawan yuda, ajrih asih kumawula, ingkang têbih manglung, ingkang cêlak tumiyung, sami asrah bulu-bêkti, glondhong pangarêng-arêng, tansah mintir sabên warsa.

--- 1 : 5 ---

Sinigêg kaluhuranira sang nata, utawi rêganing praja, kacriyos Sang Prabu Brawijaya sampun kondur dhatêng kamuksan, sarêng kalihan garwanira, Sang Dyah Ayu Andayaswara, tansah andadosakên ruwêd galihira Patih Maudara utawi para raja, para dipati. Pramila andadosakên ruwêd, sri narendra botên tilar putra kakung, namung tilar putra satunggal putri, arum-arum Sang Dyah Kancanawungu, sawêg yuswa kawan wêlas warsa, patutan saking garwa pramèswari, Sang Dyah Ratu Andayaswara. Kocap ing kăndha, Sang Prabu Brawijaya punika kagungan andêl sakawan pinusaka, satunggal Rêkyana Patih Maudara, kalih Adipati Rănggalawe, tiga Adipati Sindura, sakawan Adipati Menakjingga, tuhu sakawan punika andêling rat Majalêngka, winênang misesa ruwêd-rêntênging praja, myang obah-osiking nagari, narendra darma sineba.

[Grafik]

Patih Maudara.

Kocapa ing pasowan jawi, ingkang wontên têngah ngajêng punika, Adipati Rănggalawe, ingkang pilênggah wontên ing nagari Tuban. Ingkang [Ing...]

--- 1 : 6 ---

[...kang] wontên lèripun Rănggalawe punika, Adipati Sindura, ingkang pilênggah wontên ing nagari Kadhiri. Ingkang wontên kidulipun Adipati Rănggalawe punika, Adipati Menakjingga, ingkang pilênggah wontên nagari Blambangan. Dene wingkingipun Adipati Rănggalawe punika, wasta Tumênggung Lugêndèr, arinira Ki Patih Maudara. Ingkang wontên têngênira Tumênggung Lugêndèr punika, Tumênggung Arya Sêsimping, ingkang wontên kiwanira Tumênggung Lugêndèr punika, Tumênggung Aryatiron, sinambêtan Tumênggung Menak Giyanti, Tumênggung Răngga Minangsraya, Radèn Layangseta, Radèn Layangkumitir, ing wingking sinambêtan malih wadyabala ing Majapait. Wondene wadyabala ingkang samya nangkil, sampun pêpak sadaya, panganggène awarna-warna, kadya sêkar sataman, myang wana karêbun măngsa, ingkang ngangge salaka kancana, sorotira pating karênyêp, pating galêbyar, pating pancorong, saya mimbuhi asrining panangkilan, saking èbêg lungiding pasêmon, myang ruming pranatèng rat, luhur-linuhuran ing pasêmon, kang manuhara raharja, datanpa wikara, akarya kridhaning tyas. Lah ing ngriku saking gunging kang siwaka, ambalabar dhatêng alun-alun, kadya ta sagara tanpa têpi, kang wetan dumugi ing pagongan, kang kilèn nglangkungi wantilan, ingkang lèr dumugi ing pangurakan, kadya arubuh-rubuha pacaksuji kayu arêng ing Majapait.

Wau ta kasaru wêdalira Rêkyana Patih Maudara, karsa anggalih ingkang badhe jumênêng nata, sarawuhira ing panangkilan, orêg sagung ingkang sumewa.

Gêsang, Patih Maudara mêdal, rêp.

Sinom. (Maudara): yayi Rănggalawe lawan | yayi Sindura tanapi | yayi êmas Menakjingga | majênga dènnya sumiwi | myang sagung kănca sami | (tiga

--- 1 : 7 ---

sarêng): kakang mas dhatêng kasuwun | hèh hèh kănca sadaya | majênga dènnya sumiwi (wadya sarêng): | nuwun inggih kawula dhatêng sandika ||

Gêsang, rêp.

Kăndha: wau ta ingkang siniwaka, sadangunira pinarak, sadèrèngira ngandika sirêp sadaya ing panangkilan, amung swaraning pandhe gêndhing gêmblak kêmasan, ingkang taksih kalilan nyambutdamêl, kalih swaraning pêksi kapiyarsa, brêkutut ukung munya ing tawang.

Gêsang, suwuk, lagon nêm, kawin Gurisa, dhawah gêndhing kêtawang, Sinom manyura, rêp.

Sinom. (Maudara): yayi Rănggalawe lawan | yayi Sindura tanapi | yayi êmas Menakjingga | sagung kănca kang sumiwi | punapa sampun sami | pêpak sumiwi sadarum | (sarêng): kakang mas Maudara | dangu kănca kang sumiwi | sampun pêpak sadaya amagêlaran ||

Maudara: Punapa makatên rimas.

Dipati têtiga: kakang Maudara inggih.

(Maudara): sokur manawi wus pêpak | mangke yayi kadospundi | sasurudnya sri narendra | punika sampun antawis | yogi samya ginalih | mamrih mulyaning praja gung | sintên gumantya nata | ngrênggani ing Majapait | dene nata mung tilar putri sajuga ||

Dipati têtiga: Punapa makatên kangmas.

Maudara: Yayi mas têtiga inggih.

(Dipati têtiga): yèn saking pamanggih kula | jêngandika kakang patih | jêr misesa bawaning rat | susilaning praja niti | ruwêd rêntênging nagri | rèh karaton mangke suwung | nata tan tilar putra | mung sajuga wanodya di | jêngandika kakang yogi mrinanana ||

Maudara: Punapa makatên rimas.

Dipati têtiga: kakang Maudara inggih.

(Maudara): inggih sanadyan kawula | yayi ingkang misesani | gampil tyang dados warana | ruwêd-rêntênging nagari | yayi katêmpah galih | pundi ta ingkang panuju | kula mangayubagya | (dipati têtiga): makatên kakang mas patih | (Maudara): inggih yayi yayi dipati têtiga ||

--- 1 : 8 ---

Rănggalawe: kakang Patih Maudara, yèn saking pangrêmbag mami.

sasurudnya sri narendra | Brawijaya kang kaping tri | kang yogi gumantya nata | inggih putraning narpati | nadyan punika putri | jêr waris yogi jinunjung | ngrênggani Majalêngka | (Maudara): punapa makatên yayi | (Rănggalawe): inggih kakang punika rêmbag kawula ||

Paran kakang mas Sindura.

Sindura: Lêrês jêngandika yayi.

kakang Patih Maudara | lêrês aturipun yayi | inggih sanadyan kawula | inggih putrining narpati | nadyan punika putri | jêr wasis yogi jinunjung | ngrênggani Majalêngka | (Maudara): punapa makatên yayi | (Sindura): inggih kakang punika rêmbag kawula ||

Paran yayi Menakjingga.

Menakjingga: Lêrês kakang mas Kadhiri.

kakang Patih Maudara | lêrês Kakang mas Kadhiri | nging kula tan byantu karsa | lamun sang dyah kang dadya ji | swargi sang nata kardi | andêl sakawan dikbya nung | satêmah tanpa karya | (Maudara): punapa makatên yayi | (Menakjingga): inggih kakang punika rêmbag kawula ||

Maudara: Yayi Rănggalawe Tuban.

Rănggalawe: Punapa kakang mas patih.

(Maudara): yayi mangke kadya paran | dene sanès ing panggalih | lawan yayi Menakjingga | paran wusananya yayi | (Rănggalawe): kakang patih yèn mami | tan malih mratiga wuwus | rèh mung dyah trahing nata | pancêr pakuning rat Jawi | pan karaton dene wajibing kawula ||

Wajibing kula manawang, manêngèng pada nrêpati.

yèn ta botên makatêna | iba dhêndhaning dewa di | dhatêng kakang miwah kula | sri nata kang sampun swargi | tansah among ing dasih | rinêksa niskaranipun | (Maudara): makatên yayi êmas | (Rănggalawe): Kakang Maudara inggih | (Menakjingga): dhuh Kakang mas Rănggalawe Adipatya ||

Lêrês atur jêngandika, nanging ta manawi mami.

gampil tyang malês utama | kautamaning nrêpati | wangsul arjaning rat Jawa | kakang prayogi binudi | lan kaluhurannèki | (Rănggalawe): yayi dipati yèn ulun | gampil mrih arjaning rat | jêr kathah kang misesani | (Menakjingga): botên gampil [ga...]

--- 1 : 9 ---

[...mpil] ratu nyawaning buwana ||

Lamun sang dyah kang gumantya, paran arjaning rat Jawi.

sigug kaprabon narendra | èwêd kridhaning nagari | tan wande manggung sumêlang | (Rănggalawe): pundi ingkang dados yayi | èwêd sumlanging nagri | yèn sang dyah kang madêg ratu | (Menakjingga): sabab kirang prawira | sigugnya ratu pawèstri | botên sagêd kulina lan wadyabala ||

Ratu tan kulinèng wadya, sayêkti yèn tanpa kering.

sadaya ing măncapraja | kathah balik mêjanani | (Rănggalawe): saya lêpat jêngandika | rumêksa dhatêng nrêpati | ngantos dèn mêjanani | pundi ta antêping wadu | (Menakjingga): kula sumanggèng karsa | wangsul ing wingking botên wrin | kridhaning rat ing nagari Majalêngka ||

Gêsang, suwuk.

Kăndha: sèbêt byar wau ta, Sang Adipati Sindura, sarêng myarsa pangandikanira Sang Adipati Menakjingga, èstu sulayèng karsa, katon sudirganing driya, Sang Adipati Sindura langkung bramantya, jaja bang mawinga-winga, idêp mangada-ada, kumêdut padoning lathi, goyang pilênggahira, lir anjomplang kang pratala, gêrêng-gêrêng lir singa antuk bayangan.

Kawin Gurisa.

Pangkur. (Sindura): Yayi Răngga kadya paran | tanpa wêkas satêmah mindho kardi | sintên nêdya tan biyantu | yèn sang dyah madêg nata | sagêndhinge kula botên nêdya mundur | (Rănggalawe): lêrês Kakang mas Sindura | kawula samantên ugi ||

(Kalih sarêng): kakang Patih Maudara | èstu sang dyah ingkang jinunjung aji | ngrênggani ing Majalangu | gung wadya dhawuhana | (Maudara): punapa makatên yayi kalihipun | (kêkalih): inggih makatên kakang mas | (Maudara): inggih saklangkung prayogi ||

Kăndha: Sèbêt byar wau ta sampun rampung anggènira anggalih ingkang badhe gumantya nata, èstu adining kusuma, Sang Dyah Kancanawungu, ingkang ngrênggani Majapait. Sampun rujuk para priyagung sadaya, amung Sang Adipati Menakjingga ingkang taksih mindaka tan ngayubagya, mangke tan kangge pangrêmbagira, saklangkung meranging wardaya, netra bang ngatirah,

--- 1 : 10 ---

jaja bang lir wora-wari, sinabêta mêrang sagèdhèng, bêl mêdal kang dahana. Lahing ngriku sang Adipati Menakjingga, pangèsthining wardaya, sumêdya ngrêmak nagari Majapait. Kasêrênging wardaya, sang rêksasa raja diyu cumlorot manjing mring hawane Adipati Menakjingga, nulya lolos saking pasowanira.

Plajaran, Menakjingga lolos, rêp.

Dhandhanggula. (Maudara): yayi êmas dipati kêkalih | sakalangkung ing pangungun kula | dhatêng Menakjingga mangke | dene botên biyantu | lamun sang dyah jumênêng aji | lajêng mundur larasan | katingal yèn putung | yayi ing pandugi kula | Menakjingga sumêdya balela aji | (sarêng): lêrês kang pangandika ||

nanging lamun kalampahan ugi | kangmas patih pun yayi Blambangan | gènipun balela katong | sampun sumêlang kalbu | katêmpahna dhumatêng mami | sirnanya Menakjingga | sampun wontên ulun | (Maudara): sokur makatên yayi mas | yayi kalih măngga jumênêngkên aji | (sarêng): inggih dhatêng sumăngga ||

Gêsang, suwuk.

2. Dèwi Kancanawungu jumênêng ratu.

Lagon. Rakit: Dèwi Kancanawungu, kajajaran pajinêman, ingayap para biyada. Sang Dyah Rarasati, Citrawati, Citra Asmara, Wida Asmara. Kaadhêp Patih Maudara, Sindura, Lugêndèr, Arya Sêsimping, Arya Tiron, Menak Giyanti, Răngga Minangsraya, Layangseta, Layangkumitir, wadyabala.

Kăndha: Sèbêt byar wau ta Ki Patih Maudara, kalih Sang Adipati Rănggalawe, tiga Sang Adipati Sindura, punapadene bupati para nararya ing Majapait sadaya, ingkang badhe anjumênêngakên nata, dhatêng Sang Dyah Kancanawungu, sainggahira dhatêng sitinggil, tansah akarya asmaraning driya.

Gêndhing Asmarandana, rêp.

Kăndha: Anênggih punika, Sang Dyah Kancanawungu, ingkang badhe jumênêng narendra, munggèng sitinggil binaturata, kasongan witana adi rinukmi, [ri...]

--- 1 : 11 ---

[...nukmi,] punakawan ingkang anjajari pêpak sadaya ing kanan kering wuri, pasikêpanira warna-warna, têngranira inggih aneka-neka, pajinêman ing ngarsa, asikêp tamèng pêdhang, sang kusuma pinarak munggèng kananing dhampar kancana cinitrèng rêtna, alèmèk kasur baludru wilis, rinenda adi aisi sari, kang nobong mubêng, linangse tundha sapta, pinatut rinêngga pinarmas, sang kusuma ngagêm nyamping parangrusak adi, mêkak banguntulak tinêpi kancana rineka myang sêsotya, abinggêl nata asmara,

[Grafik]

Sang Dyah Rarasati.

Sang Dyah Kancanawungu.

Têlas bau sarpa raja, ajamang mas sungsun tiga, pinaraba kinancing garudha mungkur, sangsangan sungsun tiga, asêkar kancana rineka anggrèk sutèngsu, arumbing kinala cakra, asêkar hèr nawa muncar, soroting rêtna, pagut lan liringing tingal, kadya kilat barung lan thathit, wimbuh akarya wirangrong. Sang kusuma agêgănda jêbad kasturi, gandanya anrus marang ing pagêlaran. Ingayap para biyada, ing kanan kering wuri,

--- 1 : 12 ---

udakawis kalih lajur sisih, tur sami ayu luwih, sêdhêng nome, apangawak lindhu sêkar, abusana raras, aragi nata, asurya bisika, akalpijana kusuma, kadya murca kinêdhèpna. Ingkang tansah cêlak sang kusuma, amung Sang Dyah Rarasati, inggih punika putranira Adipati Sindura, ing mangke ginadhang dadya pêpatih wanădya. Sinambêtan Sang Dyah Citrawati, Sang Dyah Citraasmara, Sang Dyah Widawati, Sang Dyah Widaasmara, sami atmajaning bupati. Wondene ingkang wontên ngabyantara, Ki Patih Maudara. Kananira ki patih, Adipati Rănggalawe, keringira ki patih, Adipati Sindura, wingkingira ki patih, Tumênggung Lugêndèr, ingapit Tumênggung Arya Sêsimping, Tumênggung Arya Tiron, sinambêtan Tumênggung Arya Menak Giyanti, Tumênggung Răngga Minangsraya, Radèn Layangseta, Radèn Layangkumitir, ing wingking sinambêtan wadyabala ing Majapait sadaya, ambêlabar dumugi alun-alun, pagêlaran. Lah ing ngriku Ki Patih Maudara anulya matur:

Asmarandana. (Maudara): dhuh gusti kusumèng puri | kawula lawan pun paman | Rănggalawe katigane | pun paman Dipati Daha | sami marêk byantara | badhe jumênêngkên ratu | paduka nèng Majalêngka ||

Gêntosi sudarma aji. (Kancanawungu): saklangkung panêdha mami | sêtya tuhunipun paman | sun jinunjung madêg rajèng | ing mangke pamuji kula | mugi dipun walêsa | sihing jawata kang agung | mring paman dipati tiga ||

Lan kang prasêtya ing kapti. (tiga sarêng): gusti saklangkung kapundhi | sih paduka kang rumêntah | dhatêng kawula wiyose | (Kancanawungu): paman patih pun dipatya | Blambangan botên seba | punapa suwawinipun | (Maudara): dhuh gusti pun Menakjingga ||

Botên purun nyuwawèni.

gèn paduka madêg aji | mangke sampun bêbodholan | mantuk dhatêng Blambangane | katingal nêdya balela | nanging gusti paduka | sampun sumêlang ing kalbu | prakawis pun Menakjingga ||

Sampun wontên yayi kalih.

ing Tuban miwah kadhiri | sirnanipun Menakjingga | (Kancanawungu): makatên paman ature | (Maudara): inggih punika tur kula | paran yayi

--- 1 : 13 ---

kalihnya | (kalih sarêng): lêrês jêngandika matur | dhuh gusti lêrês turira ||

Kakang patih nadyan mami.

prakawis pun Adipati | Menakjingga Balambangan | sampun sumêlang ing batos | sirnanipun Menakjingga | sampun wontên kawula | (Kancanawungu): yèn makatên aturipun | măngsa boronga andika ||

(Maudara): Amba nyuwun lilah gusti.

maos srat undhang narpati | (Kancanawungu): inggih dhumatêng sumăngga | (Maudara): hèh hèh kănca sadayane | sami dipun piyarsakna | undhang-undhanging praja | jumênêngira sang arum | (wadya sarêng): inggih dhumatêng sandika ||

Gêsang, suwuk.

Kăndha: Sèbêt byar wau ta Ki Patih Maudara, sarêng sampun dèn lilani maos srat undhanging narendra, lajêng majêng wontên sangajênging kobong.

Lagon.

Dhandhanggula. (Maudara maos): pèngêting srat undhanging nagari | Adipati Udara kalawan | Adipati Rănggalawe | ing Tuban kang pilungguh | miwah Adipati Kadhiri | Sindura liring layang | pra andêl têtêlu | pan wus sabiyantu karsa | sasurudnya Narendra Brawijaya di | kang jumênêng ping tiga ||

kang sun junjung umadêg narpati | putra nata dyah sêkaring pura | sun saosi jêjuluke | Sang Dyah Kancanawungu | ratu ayu rêtnaning adi | sêsotyaning buwana | ngrênggani kadhatun | nagari ing Majalêngka | kang kaping pat mupakata gung wadya ji | tur kang sinidikara ||

pinuja măntra sagung pra rêsi | pra pandhita samya mèstu deya | muji wijah kamulyarjèng | kasubing rat pinunjul | mahambara ratu dimurti | winongwong pra jawata | sinêmangkara nrus | kinamulèn sagung para | widadari lulut yun ing sih mèstuti | sinihan suksma nasa ||

pra nararya rasika dipati | wadyabala ing sa-Majalêngka | padha ngèstrènana kabèh | mring kang jumênêng ratu | sapa ingkang wani malangi | nuli padha têkakna | suraning apupuh | andêl tri tumanggên yuda | titi brastha srat undhang katandhan dening | adipati têtiga ||

Kăndha: Sèbêt byar wau ta sampun rampung anggènira maos sêrat undhang narendra, para nararya rasika bupati ing Majapait, tuwin [tuwi...]

--- 1 : 14 ---

[...n] sagunging wadyabala sami saur pêksi sadaya, botên wontên ingkang nêdya malangana. Lah ing ngriku ki patih nulya wangsul pilênggahira malih.

Lagon jugag.

Asmarandana. (Maudara): dhuh gusti Sang Prabu Murti | punika dhampar kancana | kang wontên lêbêting kobong | gusti lajêng lênggahana | sinewa gunging wadya | (ratu ayu): gih paman dhatêng amèstu | sun pinarak munggèng dhampar ||

Kăndha: Watu[1] ta Sri Nata Wanodya, sarêng ingaturan lênggah dhampar dhatêng ingkang paman Ki Patih Maudara, sri narendra anulya lênggah ing dhampar.

Lagon jugag.

Kăndha: Wau ta Sri Narendra Wanodya sampun lênggah wontên dhampar kancana. Lah ing ngriku sagunging wadyabala ing Majapait sadaya sami enggar manahira, lir mina kasatan toya, kasiram ing tirta anyar, adhêm têntrêm manahira. Ya mangkana yitnanira Ki Patih Maudara: iya mula wis mungguh bangêt, sri wanodya iki, basa wis jumênêng nata ngrênggani nagara Majapait, iya wus nora kuciwa, mung cacade durung nambut silaning akrama, saiba yèn wus nambut titahing palakrama, saya wuwuh kang dadi pêpantêsane, iba yèn priksa kang dadi aturku, dak duga bangêt pangungune. Wondene pangetangira Sang Adipati Rănggalawe, kalih Sang Adipati Sindura, botên sanès kalih Ki Patih Maudara. Lah ing ngriku Ki Patih Maudara anulya matur:

Sinom. (Maudara): dhuh gusti sri naranata | amba atur pamrayogi | rèh sampun jumênêng nata | prayogi galih akrami | miliha trah utami | sokur sasamining ratu | ingkang yogi sinêmbah | sagung tiyang Majapait | mrih mêwahi arja kartaning prajendra ||

(Ratu ayu): punapa makatên paman | (Maudara): gusti sri narendra inggih | dhuh yayi Răngga punapa | botên lêrês atur mami | (Rănggalawe): lêrês kakang mas patih | dhuh gusti sri nataningrum | lêrês turnya pun kakang | sanadyan [sanadya...]

--- 1 : 15 ---

[...n] kawula gusti | nyuwawèni sang nata nambuta krama ||

(Ratu ayu): punapa makatên paman | (Rănggalawe): gusti sri narendra inggih | Kakang Sindura punapa | botên lêrês atur mami | (Sindura): lêrês aturnya yayi | dhuh gusti lêrês turipun | yayi Răngga ing Tuban | (ratu ayu): makatên paman Kadhiri | (Sindura): inggih gusti punika atur kawula ||

(Ratu ayu): paman Patih Maudara | saklangkung panêdha mami | sih marmanta dhatêng kula | nanging kula dèrèng apti | nguni dewa sung wangsit | tangèh jatukramanipun | ing benjang wontên uga | yèn wus cêlak mangsanèki | asarana banjir gêtih sarah watang ||

lumut lêlayu bandera | aparang turăngga èsthi | lawan kang wukir kapala | ngriku paman nuli prapti | nèng nagri Majapait | badhe jatukramaningsun | mila paman andika | ywa dadya rêngating galih | (Maudara): inggih gusti kawula sumanggèng karsa ||

Kăndha: wau ta rampung pangandikanira Sri Narendra Kênya, ngrênggoni sabdane pandhita ratu, ngandika sapisan rampung, lir mangsi tumamèng dlancang, tan kêna lumèbèk. Sri narendra kondur angadhaton. Jlog têdhak saking palênggahan dhampar kancana.

[Grafik]

Sang Dyah Citra Asmara.

Ayak-ayakan, rêp.

Kăndha: pantês tan anawingwang, Sri Narendra Kênya, yèn kala kondur angadhaton. Ginarêbêg para biyada, manggung tanapi badhaya, palara-lara ingkang angampil-ampil upacara, udakawis kalih lajur sisih, ingkang ijo pilingane, kang rompyo-rompyo sinome, ingkang sapêkak madyane, ingkang sajari miring tapake, ingkang ketol-ketol barotole, ingkang mandul-madul payudarane, ingkang mungal panggalake, ingkang gampang platukane, [platu...]

--- 1 : 16 ---

[...kane,] swaranira gumêrah: mara, mara, rêgêdêg, rêgêdêg.

Wau ta sarêng sri narendra paring sasmita ngiwa tingale, ingkang nampèni sêmu lurahing para gusti, nyai lurah Sêpêtmadu, nyai lurah Wilaja, wêdalira enggal-enggalan.

Gêsang, kêncêng, rêp.

Sinom. (parêkan): ki patih dhawuh narendra | (Maudara): nêdha kadhawuhna nyai | (parêkan): sagung pasikêpaning prang | andika priksaa sami | kang rêgêd dèn rêsiki | kang rusak mulyakna gupuh | sampun ngantos kuciwa | (Maudara): gèh matur sandika nyai | nyai lurah nêdha sami kur-ungkuran ||

Găngsa gêsang.

3. Prabu Kênya Kancanawungu paring priksa bilih badhe wontên bêbaya agêng.

Găngsa antal, Prabu Kênya lan para putri mêdal, rêp.

Kăndha: wau ta Sri Narendra Kênya, ingkang kondur angadhaton, tan liyan ingkang ginalih-galih namung salolosira Adipati Blambangan. Ya mangkana pangudasmaranira sri narendra: nora anduga atiningsun, lolose Adipati Blambangan iki, kaya dudu sabaene. Iya layak jêr sugih kuwanèn. Titi mangkana pangudasmaranira Sri Narendra Kênya.

Gêsang, suwuk, lagon.

Mijil. (ratu ayu): lah ta yayi Dèwi Rarasati | gon sun madêg katong | apa ora kuciwa sêmune | (Rarasati): adhuh gusti jumênêngnya aji | wêwah kang rêspati | siniwèng wadya gung ||

(ratu ayu): iya yayi gênti sun rasani | wit ora rumojong | Menakjingga apa suwadine | (Rarasati): ulun dugi gusti darbe kapti | nêdya madêg aji | gêmpur Majalangu ||

(ratu ayu): iya bênêr aturira yayi | kang kaya mangkono | pan ing nguni jawata wangsite | Majapait praptèng ratu putri | ngalamat kang prapti | bêbaya lwih agung ||

(Rarasati): amba gusti [gu...]

--- 1 : 17 ---

[...sti] sangêt tan andugi | sabda jêng sang katong | yèn ta botên raharja ing têmbe | (ratu ayu): iya bênêr aturira yayi | sira lawan mami | mung narimèng pandum ||

yayi têbaha sanggar panêpi | (Rarasati): sandika sang katong | bocah wadon ing sanggar panêpèn | têbahana Sri Narendra Murti | akarsa sêmadi | (parêkan): sandika sang arum ||

Lagon, ical.

Kăndha: wau ta Sri Narendra Kênya, ingkang minggah sanggar palanggatan, angobong mênyan seta, botên agêng botên alit, udakawis êndhasing gajah abuh, kukusira sumyak mring suralaya, wondene sêsajinira, sawarnining sêsêkaran, aglar akarya wirangrong.

4. Menakjingga mundur saking Majapait têrus mantuk dhatêng Balambangan sumêdya ambalela.

Kăndha: sinigêg gênti kocapa, sawêdalira Sang Adipati Menakjingga, sarêng dumugi sajawining alun-alun, lajêng dèn pêthukakên dhatêng Patih Ongkotbuta Angkabuta, sawadya kuswala, lampahira enggal-enggalan.

Plajaran, rêp.

Kăndha: wau ta sawêdalira Adipati Menakjingga, sampun kapêthuk kalih pêpatihira sawadya kuswala, ya mangkana pangetangira, patih kêkalih: I, dene iki sang adipati, mêdal saka pasamuwan asigra-sigra, dak waspadakake kaya ngêmu duka, baya ana prakara apa ing nagara iki. Titi mangkana pangetangira patih kêkalih.

Gêsang, suwuk, ada-ada.

Pangkur. (Menakjingga): bapa Kotbuta Katbuta | piyarsakna ingsun awèh pawarti | mêngko sun sulayèng rêmbug | katri andêling praja | Maudara Rănggalawe

--- 1 : 18 ---

Sindurèku | sasurude sri narendra | putra nata madêg aji ||

ingsun lênggana ngawula | sabab sigug kapraboning narpati | ewuh kridhaning praja gung | sagung măncanagara | nora wurung mêjanani marang ratu | ingsun nêdya ambalela | kinèdhêpa ing sabumi ||

(patih sarêng): dewaji sampun sumêlang | lêbur luluh inggih kula labêti | (Menakjingga): sokur yèn sira wus rêmbug | ing mêngko karsaningwang | banjur mulih mring Blambangan madêg ratu | ajêjuluk Urubêsma | (patih matur sarêng): inggih saklangkung prayogi ||

(Menakjingga): bapa ge sira dandana | sumêkta ing mêngko sun arêp mulih | mring Blambangan prajaningsun | (patih matur sarêng): inggih dhatêng sandika | mangke sampun sumêkta sadayanipun | (Menakjingga): payo aja kalayatan | (patih matur sarêng): inggih dhumatêng suwawi ||

Plajaran, suwuk, lagon.

Kăndha: wau ta laris tindakira Wong Agung Blambangan, sawadya kuswala, ingkang sumêdya kondur dhatêng Blambangan. Lampahing bala ana têka gêgolongan samarga-marga.

5. Patih Maudara lan para Adipati Majapait sami samêkta ing pakèwêd.

Gêndhing golong, rakit: Patih Maudara kaadhêp Rănggalawe, Sindura, Lugêndèr, Arya Sêsimping, Menak Giyanti, Răngga Minangsraya, Layangseta, Layangkumitir, wadyabala.

Kăndha: anênggih punika ingkang wontên ing pasowan jawi. Ingkang wontên kilèn punika Ki Patih Maudara. Ingkang wontên wetan, ngajêng lèr punika Sang Adipati Rănggalawe, ingkang wontên kidul ngajêng punika Sang Adipati Sindura, wingking têngah punika Tumênggung Lugêndèr, ingkang lèr Tumênggung Arya Sêsimping, ingkang kidul Tumênggung Menak Giyanti, wingkingira malih Tumênggung Răngga Minangsraya, ingapit Radèn Layangseta Radèn Layangkumitir, sinambêtan wadyabala ing Majapait sadaya. Wau

--- 1 : 19 ---

ta ingkang siwaka sampun pêpak sadaya, ya mangkana yitnanira Ki Patih Maudara:

Dhawah: iya kaya kapriye lolose Adipati Blambangan iki, yèn ta dak langgara prang tumuli, kaya durung antara balelane, luwih bêcik sun antarakake, sacăndra dungkap têlung căndra. Wondene yitnanira, Sang Adipati Rănggalawe kalih Sang Adipati Sindura: i, kaya kapriye, kang dadi karsane kakang patih iki, apa ora banjur anggalih anglanggar prang tumuli mênyang nagara Blambangan, sabab wus têrang ing pambalelane. Kang saupama ora anggalih anglanggar prang tumuli kang diantèni apa, aku sêlak grêgêtên, ora wurung dadi panggalih. Titi mangkana yitnanira sang adipati kêkalih.

[Grafik]

Adipati Rănggalawe.

Gêsang, suwuk, lagon.

Dhandhanggula. (Rănggalawe): kakang patih mangke kadospundi | punapa tan enggal matah wadya | nglanggar prang mring Blambangane | kalamun dangu-dangu | kakang patih ngantos punapi | satêmah Menakjingga | kathah ingkang suyud | (Maudara): punapa makatên rimas | (Rănggalawe): inggih kakang Maudara Adipati | paran kakang Sindura ||

(Sindura): lêrês atur jêngandika yayi | kakang êmas Patih Maudara | lêrês yayi Rănggalawe | kakang mas nadyan ulun | yogi enggal linanggar jurit | lami ngantos punapa | têmah kathah suyud | pra raja mring Balambangan | (Maudara): lah punapa makatên rimas Kadhiri | (Sindura): inggih kakang mas patya ||

--- 1 : 20 ---

(Maudara): lêrês yayi-yayi kang panggalih | mila kula dèrèng matah wadya | nglanggar prang mring Blambangane | yayi ngantos rumuhun | ing sawarsa têkan tri warsi | manawi botên sowan | dhatêng Majalangu | sampun sawatawisira | Menakjingga yogi linanggar ngajurit | (kalih sarêng): inggih sumanggèng karsa ||

(Rănggalawe): kakang patih kula nyuwun pamit | badhe mantuk dhatêng nagri Tuban | ngong tilar sampun kêlamèn | manawi risak tamtu | tan lyan saking sri narapati | kakang ingkang kecalan | lawan nama ulun | (Maudara): punapa makatên rimas | (Rănggalawe): inggih Kakang Maudara Adipati | paran kakang Sindura ||

(Sindura): lêrês atur jêngandika yayi | kakang patih sanadyan kawula | nuwun pamit mantuk mangke | sabab ta sampun dangu | amba tilar nagri Kadhiri | yèn ta klampahan risak | tan sanès sang prabu | kakang mas ingkang kecalan | (Maudara): lah punapa makatên rimas Kadhiri | (Sindura): inggih kakang mas patya ||

yayi kalih inggih dèn lilani | kondur dhatêng praja sarta para | măncapraja sadayane | inggih kalilan mantuk | namung ingkang rumêksa aji | lah andika pataha | gilirannya taun | punapadene yayi mas | yèn wus mundur sami dèn sudhiyèng jurit | (kalih sarêng): inggih dhatêng sandika ||

[Grafik]

Tumênggung Răngga Minangsraya.

Kăndha: wau ta rampung anggènira imbal wacana, Ki Patih Maudara, Sang Adipati Tuban, Sang Adipati Kadhiri, lah ing ngriku nulya sami bibaran.

Plajaran, lajêngan, suwuk, ada-ada.

--- 1 : 21 ---

(Rănggalawe): kakang êmas Dipati Kadhiri | sakalangkung lêga manah kula | wit linilan mantuk mangke | utawi malih ulun | lamun sampun dumugi Tubin | inggih lajêng sudhiya | sumêkta ing pupuh | kakang kula dèrèng lêga | Menakjingga yèn tan sirna dening mami | (Sindura): lêrês kang pangandika ||

nadyan kula gih samantên ugi | sakalangkung lêga manah kula | wit linilan mantuk mangke | utawi malih ulun | lamun sampun praptèng Kadhiri | inggih lajêng sudhiya | sumêkta ing pupuh | yayi kula dèrèng lêga | Menakjingga yèn tan sirna dening mami | (Rănggalawe): lêrês kang pangandika ||

(kalih sarêng): patih mêngko sun wus klilan mulih | marang nagriningsun Tuban Daha | sira pradandana kabèh | kalawan sakancamu | (patih sarêng): inggih dhatêng sandika gusti | ulun sampun sumêkta | samudayanipun | (kalih sarêng): sokur yèn uwis samêkta | (Rănggalawe): măngga kakang sampun klayatan lumaris | (Sindura): inggih dhatêng sumăngga ||

Plajaran, suwuk, lagon.

Kăndha: laris lampahira Sang Adipati Rănggalawe, kalih Sang Adipati Sindura, sawadyabalanira sadaya, ingkang kondur dhatêng nagarinira piyambak-piyambak. Ing samarga-marga sri tinon lampahira.

--- 1 : [22] ---

II. Prabu Menakjingga nglamar Prabu Kênya.

1. Dhatêngipun Patih Ongkotbuta Angkatbuta ambêkta sêrat lamaran.

Rakit: Prabu Kênya, Sang Dyah Rarasati, parêkan, Patih Lugêndèr, Layangseta, Layangkumitir, wadya.

Gêndhing srikaton, rêp.

Kăndha: anênggih punika nagari Majapait, ingkang rinênggèng tiga. Sintên ingkang ngrênggani nagari Majapait punika, anênggih panjênênganira Sang Prabu Wanodya, ajêjuluk Maha Prabu Sêsotyaningrat. Wondene Ki Patih Maudara, ing mangke sampun murca saking nagari Majapait. Dene ingkang gumanti dadya patih sapunika, ingkang rayi Ki Patih Maudara piyambak, wasta Tumênggung Lugêndèr. Wondene sapunika Sri Narendra Wanodya dawêg miyos siniwaka wontên ing sitinggil binatu rata, animbali Ki Patih Lugêndèr miwah sagunging wadyabala. Ingkang sewaka pêpak sadaya. Sadangunira pinarak, Maha Prabu Wanodya ingkang tansah ginalih-galih, amung salolosira Adipati Blambangan. Ya mangkana pangudasmaranira sri narendra: Kaya paran kadadeyane, lolose Adipati Blambangan iki, dene wus lawas durung ana wartane. Wondene pangetangira Ki Patih Lugêndèr: iki sri narendra miyos siniwaka, dak duga bangêt sêkêl panggalihe, salolose Adipati Blambangan, yèn ta ora entuk pitulunging jawata kang linuwih, dak duga kêbacut-bacut sungkawane. Titi mangkana pangetanira Ki Patih Lugêndèr. Lah ing ngriku sri narendra anulya ngandika.

--- 1 : 23 ---

Sinom. (ratu ayu): bapa patih wadyaningwang | apa pêpak kang sumiwi | bocah ingsun Majalêngka | (Lugêndèr): gusti andangu gung dasih | pêpak samya sumiwi | wontên ngabyantara prabu | (ratu ayu): ... | ... | iya bapa bangêt lêgane tyas ingwang ||

lah ta bapa kadiparan | wartane Si Adipati | Menakjingga Balambangan | sira matura dèn aglis | (Lugêndèr): sandika jêng dewaji | dangu ing pawartosipun | ... | ... | pun Dipati Menakjingga ing Blambangan ||

ing samangke sampun têrang | Menakjingga èstu balik | malah sampun madêg nata | ajêjuluk Urubêsmi | abdinta pra bupati | raja satriya tumênggung | ... | ... | kathah suyud ajrih asih kumawula ||

sêdya ngrêmak Majalêngka | mangke sampun tata baris | (ratu ayu): bênêr tuturira bapa | nanging paman adipati | ing Tuban lan Kadhiri | dene durung atur wêruh | ... | ... | jênêng ingwang apan padha durung priksa ||

(Lugêndèr): gusti pandugi kawula | yayi Rănggalawe Tubin | utawi yayi Sindura | sampun lajêng mêthuk jurit | (ratu ayu): yèn mêngkono hèh patih | mrantia sikêping pupuh | ... | ... | (Lugêndèr): inggih gusti kawula nuwun sandika ||

[Grafik]

Patih Lugêndèr.

Gêsang, suwuk.

Kăndha: sèbêt byar wau ta dèrèng dumugi anggènira imbal pangandika, [panga...]

--- 1 : 24 ---

[...ndika,] kasaru dhatêngira Radèn Nilasraya, dutanira Sang Adipati Sindura, anyaosakên nawala, dèrèng ngantos ingandikan, laju minggah ing sitinggil, miyak sagung kang sewaka, lampahira enggal-enggalan.

Asmarandana, (Nilasraya): ki patih kula tinuding | dhatêng kakang mas Sindura | nyaoskên nawala mangke | konjuk ing pada narendra | sumăngga jêngandika | (Lugêndèr): nêdha katampèkna gupuh | (Nilasraya): inggih dhumatêng sumăngga ||

(Lugêndèr): gusti kawula nampèni | sratnya Dipati Sindura | konjuk ing pada sang katong | (ratu ayu): yayi dèwi tampanana | layang saka ing Daha | tumuli wacanên gupuh | (Rarasati): kawula dhatêng sandika ||

Gêsang, suwuk.

Kăndha: wau ta Sang Dyah Rarasati, sarêng badhe maos sêrat saking ingkang rama Adipati Sindura, tinata lênggahira, pinatut-patut pasêmonira, saya kongas ujwalaning wanodya. Lah ing ngriku kang sêrat nulya binuka, tandya winaca.

Mijil. sêrat saking pun paman Kadhiri | konjuk jêng Sang Katong | Sotyaningrat ing Majapaite | pun Sindura nyaosi udani | yèn pun Adipati | Menakjingga purun ||

Madêg ratu têngran Urubêsmi | pra dipati katong | kathah têluk dhatêng Blambangane | malah mangke sampun madêg baris | wondene samangkin | kawula pan sampun ||

Tata baris badhe nglanggar jurit | Balambangan Katong | nyuwun dhawuhing paduka rajèng | titi sinrat ing Daha nagari | pratăndha Dipati | Sindura pukulun ||

Kăndha: sèbêt byar wau ta Sri Narendra Kênya, sarêng myarsa suraosing supatra saking ingkang Paman Adipati Sindura, sakalangkung dukanira, nanging tansah sinamun ing ujwala, angunandika jroning wardaya: He, dadi têmênan saka wartane Paman Patih Lugêndèr, bangêt ora anduga atiningsun, dene karêpe Si Menakjingga, têka dibacut-bacutake. Titi mangkana pangudasmaranira. Dèrèng ngantos ngandika, [ngandi...]

--- 1 : 25 ---

[...ka,] kasaru dhatêngipun Patih Ongkotbuta, dumrojog tanpa larapan.

Plajaran, rêp.

Kăndha: sèbêt byar wau ta Patih Ongkotbuta tuwin Patih Angkatbuta, sarêng dumugi ngarsaning narendra saklangkung gêtêr manahira, muka lir konjêm pratala. Mangkana yitnanira patih kêkalih: He, mula gêdhe nagara Majapait iki, luwih wingit luhur mêmanone, layak kang jumênêng ratu kèringan pêpadhaning narendra. He, kêbênêran têmên lakuku iki, dene sri narendra kêparêng siniwaka, sineba sagunging wadyabala. I, muga-muga kêtampanana panglamare gustiku Prabu Urubêsmi. Wondene yitnanira, Ki Patih Lugêndèr: iki baya patihe Si Menakjingga, dene rupane amêmêdèni, patut têmên karo kang duwe patih. Wondene yitnanira sagung wadyabala, tan sanès kalih Ki Patih Lugêndèr. Wondene pangunandikanira Sri Wanodya: ana karêpe apa, Si Menakjingga, dene akongkonan pêpatih loro, nganggo anggawa layang. Yêkti mangkana pangudasmaranira Sri Narendra Kênya.

Gêsang, suwuk.

Durma rangsang manis. (Ongkotbuta): kula nuwun dewaji kula dinuta | dewaji Urubêsmi | Nata Balambangan | nyaoskên kang nawala | (ratu ayu): lah ta mara bapa patih | ge tampanana | layang Blambangan nagri ||

(Lugêndèr): non dewaji kawula dhatêng sandika | lah duta dhawuh aji | mundhut kang supatra | manira kang anămpa | (patih): sangêt ing panuwun mami | liya narpendyah | kang nampèni pribadi ||

Gêsang, mrêpêki, rêp.

Sinom. (Seta Kumitir): nora talah Ongkotbuta | dene sira kumawani | anggendholi kang supatra | dumèh rama kang nampani | (Ongkotbuta): rahadèn sampun runtik | èstu wêlingnya sang prabu | lyan narpendyah tan klilan |

--- 1 : 26 ---

(Seta Kumitir): dinuta bisane angling | ya bacutna gendholi ingkang supatra ||

Seta Kumitir nyêpêng bau.

Wau ta Sri Narendra Kênya, sarêng priksa solahira Radèn Layangseta, Radèn Layangkumitir, Sri Narendra Kênya mèsêm sajroning wardaya, sarwi miyak samiring gubah. Apranyata Patih Ongkotbuta, Angkatbuta, sarêng mulat Sri Narendra Kênya, katon gumêbyaring wadana, larud bayuning angga, gumêtêr drês karingêtira, tumungkul tanpa sajuga, ingkang sêrat laju rinêbat dhatêng Radèn Layangseta, kasaosakên dhatêng ingkang rama.

Gêsang, sêrat katampèn Rarasati, suwuk.

Asmarandana, (ratu ayu): Yayi Dèwi Rarasati | layang saka Balambangan | nuli wacanên dèn age | ingsun kapengin miyarsa | surasaning kang layang | (Rarasati): sandika gusti sang prabu | kinarsakkên maos sêrat ||

Kăndha: wau ta Sang Dyah Rarasati, sarêng sampun dhinawuhan, ingkang sêrat tandya binuka, saha winaos.

ingkang sêrat | saking Menakjingga | katur prabu | Dèwi Majapait | Menakjingga | tur-atur udani | sampun madêg Ratu Balambangan ||

ajêjuluk | Prabu Urubêsma | kathah raja | sabrang miwah sagung | măncapraja | mèstuti trus batin | mangke ulun | nyuwun ngabdi prabu ||

sumiwiyèng | jinêmrik Sang Murti | yèn paduka | karsa mundhut pèni | rajapèni | busana kang adi | Urubêsma | saèstu ngladosi ||

Kăndha: wau ta Sang Dyah Rarasati, sarêng priksa têmbunging nawala, pêgat-pêgat pamaosira, sangêt runtiking galihira. Riwe ridik-ridik ing wadana, netya angêmu waspa, wusana dèn waos malih.

yèn sang aji | anampik mring mami | saèstunya | kula andhatêngi | Majapait | ngong gêmpur ing jurit | tur ta mêsthi paduka kacakup.

Kăndha: sèbêt byar wau ta Sang Dyah Rarasati, sarêng sampun trang pamaosira, gumêtêr ingkang sarira, waspa drês kadi turasan, saklangkung [saklang...]

--- 1 : 27 ---

[...kung] dukanira, ingkang srat tandya sinêbit-sêbit.

Kăndha: wau ta Sri Narendra Kênya, sarêng sampun têrang anggènira mirêngakên suraosing nawala, saklangkung dukanira, nanging tan kawêdhar ing sabda, amung kacihna solah netya, wêkasan tanpa ngandika, nulya kondur angadhaton, têdhak saking dhampar kancana, jlog.

Ayak-ayakan, rêp.

Kăndha: wau ta Sang Prabu Wanodya, wus rawuh ing dhatulaya, sri narendra karsa maringi sêrat wêwangsulan ingkang dhatêng Kadhiri, tuwin maringi priksa dhatêng Tuban, sarta maringakên wangsul sêsêbitan sêrat ingkang saking Balambangan. Parêkan kalih ingkang dinuta, Nyai Lurah Sêpêtmadu lan Wilaja, gêgancangan lampahira.

Gêsang, rêp.

Sinom. (parêkan): dhuh ki patih dhawuh narpa | paringa priksa mring Tubin | lawan ika kang nawala | wêwangsul dhatêng Kadhiri | lan sêbitan kintèki | paringêna wangsul gupuh | nata tan paring sabda | (Lugêndèr): gèh, nuwun sandika nyai | krungu dhewe sira Kotbuta Katbuta ||

Gêsang, parêkan wangsul, banting. Rêp.

Asmarandana slobog. (Kumitir): glis minggata sira tuding | tutura mring Menakjingga | yèn ingsun banting layange | tur ta uwis sêsêbitan | mawut nèng pasowanan | (Layangseta): têmênan tutura tuduh | mring si lanat Menakjingga ||

Gêsang, Ongkotbuta, Angkatbuta, mundur, rêp.

Sinom. (Lugêndèr): jêngandika lumampaha | adhi Ariya Sêsimping | paring priksa dhatêng Tuban | sadaya liring prakawis | (Sêsimping): sandika kakang patih | (Lugêndèr): lah duta Kadhiri gupuh | tămpaa srat wangsulan | marang yayi mas Kadhiri | (jinêman): kyana patih sumăngga kaparingêna ||

(Lugêndèr): lah ta kulup Layangseta | lan kulup Layangkumitir | age sira prêdandana | pasikêpaning ajurit | karsanira sang aji | sira pinatah anglurug | dadi tingale narpa | nindhihi baris Kadhiri | (kalih sarêng): kangjêng rama kawula dhatêng sandika ||

--- 1 : 28 ---

Kăndha: wau ta sarêng sampun rampung dhawuhira Ki Patih Lugêndèr, anulya sami bibaran.

Gêsang, lajêngan, mêdal: Layangseta Layangkumitir, Talangtaka Talanglaya, wadya. Suwuk ada-ada.

Pangkur. (Layangseta): bangêt pangungunku dhimas | marang Menakjingga têka awani | anglamar mring nataningrum | apa baya si duta | iku dhimas ingkang ora idhêp urus | apa baya kang kongkonan | ora idhêp tata yayi ||

[Grafik]

Radèn Layangkumitir, Radèn Layangseta.

(Radèn Layangkumitir): lêrês ingkang pangandika | nadyan kula inggih samantên ugi | manawi sêmbadèng kalbu | sumăngga tinututan | pun cundaka Balambangan kalihipun | lajêng sami dèn plaksana | (Layangseta): iya payo ditututi ||

(sarêng): lah ta bapa Talangtaka | Talanglaya padha dandana jurit | lawan kabèh sakancamu | Talangpati dèn enggal | karsa nata ingsun kinarsan anglurug | dadi tingalirèng nata | nindhihi baris Kadhiri ||

lawan manèh ngiras karya | anututi duta Blambangan Patih | (Talangtaka, Talanglaya, Talangpati):

--- 1 : 29 ---

dhatêng sandika sang bagus | mangke sampun sumêkta | (Layangseta): iya sokur yèn wis sumêkta sadarum | dhimas aja kalayatan | (Layangkumitir): inggih dhumatêng suwawi ||

Plajaran, lajêngan.

2. Layangseta, Layangkumitir pêrang lan Angkatbuta Ongkotbuta.

Găngsa lajêngan. Mêdal: Ongkotbuta Angkatbuta kapêthukakên wadya. Rêp.

Kăndha: wau ta sawêdalira pun Patih Ongkotbuta Angkatbuta, sampun kapêthuk lurah ing pajinêman pun Udanprahara, Baratkatiga sakancanira sadaya. Ya mangkana yitnanira lurah pajinêman kêkalih: I, iki ki patih wis mundur saka pasamuwan, apa ya olèha gawe, apa ya oraa, dene asigra-sigra tindake, sêmune amangku duka, kaya priye wusanane. Titi mangkana pangetangira lurah pajinêman.

Sinom. (sarêng): ya jagad dewa bathara | ora talah Rarasati | dene têka kumalancang | nêbit-nêbit nawala ji | sêdene atmèng patih | Seta Kumitir kumêndhung | wani angumbar basa | tan patut rinungu kuping | mêtonana ingsun ajap ing ayuda ||

ora krasa tangan ingwang | (Ongkotbuta): lah ta Angkatbuta adhi | priye mungguh rêmbugira | prakara ing laku iki | (Angkatbuta): kakang yèn rêmbag mami | prayogi lajêng ingamuk | pun Kumitir lan Seta | kula grêgêtên ningali | dèrèng lêga yèn dèrèng lampahan sirna ||

(Ongkotbuta): bênêr adhi rêmbugira | rèh iki lagi tinuding | manawa dadi pangarsa | arsanira jêng dewaji | prayoga mulih dhingin | matur sasolah ingutus | (Angkatbuta): upama makatêna | (Ongkotbuta): ya mangkono rêmbug mami | (Angkatbuta): inggih kakang kawula dhèrèk sakarsa ||

(sarêng): lah ta lurah pajinêman | sira prêdandana aglis | sasumêktaning ayuda | mêngko ingsun arêp mulih | marang Blambangan nagri | nging laku padha dèn rusuh | rajah angrayahana | obongên [o...]

--- 1 : 30 ---

[...bongên] padesan sami | (sarêng): kyana patih kawula dhatêng sandika ||

kăndha: wau ta patih kêkalih, dèrèng dumugi anggènira sami wawan sabda, kasaru dèn tututi wadya talangpati, gumêrah swaranira: duta mandhêga, duta mandhêga, mandhêg ta, mandhêg ta.

Asmarandana pelog, (Ongkotbuta): adhi kae ditututi | marang uwong Majalêngka | priye adhi mungguh kowe | (Angkatbuta): ki raka manawi kula | prayoginya pinapag | punapa sinêdyèng kayun | nututi tiyang lumampah ||

(Ongkotbuta): bênêr tuturira adhi | prayoga iya pinapag | mara adhi sira mire | ingsun ingkang amapagna | marang wong Majalêngka | (Angkatbuta): ingkang prayitna ing kalbu | (Ongkotbuta): ya adhi aja sumêlang ||

gêsang, rêp.

Kăndha: wau ta pun Patih Ongkotbuta, ingkang sumêdya mêthukakên lajêng wangsul lampahira, nulya dèn pêthukakên dhatêng Radèn Layangkumitir, lah ing ngriku nyat anulya majêng.

Gêsang, suwuk, ada-ada.

Durma. (Ongkotbuta): Si Kumitir anututi lakuningwang | apa sinêdyèng kapti | (Layangkumitir): iya Ongkotbuta | mula nututi ingwang | sira sun eman sayêkti | bêcik wurungna | panglamarmu mring aji ||

sira pasthi bakal ora mulih aran | (Ongkotbuta): babo Layangkumitir | yèn ingsun wêdia | prang tandhing lawan sira | baya wus mati duk bayi | payo prang gada | (Layangkumitir): ya payo padha bêcik ||

Lah ing ngriku risang kêkalih anulya sami ngasta agêmira bindi, cag, sarwi ngandika.

Layangkumitir: Lah payo wirutama pêrang ngarêp rêbut unggul.

Ongkotbuta: Ya payo kapara ngarsa.

Plajaran, prang, rêp.

Wau ta pun Patih Ongkotbuta, sarêng kenging dèn goco jajanira, [jajani...]

--- 1 : 31 ---

[...ra,] ambruk andhêpani bantala, dangu akapidhara, Radèn Layangkumitir anulya sêsumbar.

Sinom. mèngkrèng (Layangkumitir): sura mrata jaya mrata | sasat padha lawan mami | sun Kumitir sudibyèng prang | rêbutên madyaning jurit | lah Ongkotbuta Patih | yèn nyata prajurit punjul | mara enggal tangia | malêsa ingsun tadhahi | ... ||

Lah ing ngriku pun Patih Ongkotbuta, sarêng kasilir ing samirana, jênggirat nulya awungu, Radèn Layangkumitir tandya ginêtak, blas têbih dhawahira.

Gêsang, suwuk, ada-ada.

Durma. (Ongkotbuta): lah ta padha yèn padhaa imbang-imbang | sasat padha lan mami | ingsun Ongkotbuta | rêbutên ing ayuda | Kumitir tunggalmu êndi | barênga mara | amuk-amuk ngajurit ||

Plajaran, suwuk, eling Radèn Layangkumitir, kêplajar, nyata, nyata.

Wau ta sarêng katalika dhatêng raka Radèn Layangseta, saklangkung dukanira, nulya mangsah ing ayuda, dèn pêthukakên dening Patih Angkatbuta. Lah ing ngriku nyat anulya majêng.

Plajaran, suwuk, ada-ada.

Durma. (Angkatbuta): Layangseta maju sura ngadilaga | angêmping lara pati | (Layangseta): babo Angkatbuta | mula nututi ingwang | sira sun eman sayêkti | bêcik wurunga | panglamarmu mring aji ||

sira pasthi nora nganti mulih aran | (Angkatbuta): babo Seta sumêkti | yèn ingsun wêdia | prang tandhing lawan sira | baya wus mati duk bayi | payo prang gada | (Layangseta): ya payo padha bêcik ||

Kăndha: ing ngriku risang kalih anulya sami ngasta agêmira bindi, sarwi ngandika.

Angkatbuta: Lah payo wirutama, pêrang ngarêp rêbut unggul.

Layangseta: Ya payo kapara ngarsa.

--- 1 : 32 ---

Plajaran, prang, rêp.

Kăndha: wau ta pun Patih Angkatbuta sarêng kenging linêpas mukanira, ambruk andhêpani bantala, dangu akapidhara, Radèn Layangseta anulya sêsumbar.

Sinom mèngkrèng. sura mrata jaya mrata | sasat padha lawan mami | iya ingsun Layangseta | rêbutên madyaning jurit | lah Angkatbuta Patih | yèn nyata prajurit punjul | mara enggal tangia | malêsa ingsun tadhahi | ... ||

Kăndha: lah ing ngriku pun Patih Angkatbuta, sarêng kasilir ing samirana, jênggirat anulya wungu, tandya narajang.

Titi Layangseta dipun bucal, nyandhak jêmparing, Angkatbuta ngancap dipun jêmparing.

Gêsang, suwuk, ada-ada.

Mijil. (Layangseta): lah ta padha yèn padhaa sakti | sasat padha ingong | Angkatbuta êndi ta tunggale | Layangseta rêbutên ing jurit | barênga kang prapti | nora èrèp ingsun ||

Plajaran, rêp.

Kăndha: elingipun Patih Angkatbuta kabuncang ing jêmparing, nyata, nyata. Wau ta sarêng katalika pun Patih Ongkotbuta, yèn ingkang rayi kabuncang ing jêmparing, nulya cinandhak.

Gêsang, rêp.

Sinom. (Ongkotbuta): Adhi Angkatbuta sira | tiba anèng ngarêp mami | priye adhi gonmu yuda | (Angkatbuta): ki raka pramila mami | dhawah wontên ing ngarsi | gèn kawula aprang pupuh | kalih pun Layangseta | kawula dipun jêmparing | kalampahan dhawah ing ngarsa andika ||

(Ongkotbuta): yèn mêngkono amirea | sun papagne ing ajurit | wiragane Layangseta | (Angkatbuta): sangêt ing pangungun mami | yogi kondur rumiyin | tur priksa dhatêng sang prabu | (Ongkotbuta): ya adhi bênêr sira | aja klayatan lumaris | (Angkatbuta): non ki raka inggih dhumatêng sumăngga ||

Gêsang, Ongkotbuta Angkatbuta mundur, suwuk, lagon.

--- 1 : 33 ---

Kăndha: laris lampahira pun Patih Ongkotbuta Angkatbuta, ingkang sumêdya mantuk dhatêng Blambangan. Wondene Radèn Layangseta kalihan Radèn Layangkumitir, sarêng priksa yèn mêngsahira angoncati, risang kalih saklangkung cuwanira ing galih. Sinigêg gênti kocapa ing Blambangan. Mraja Urubêsma, ingkang tansah aboja lawan para raja tanapi bupatya, ana têka kadya marma kang sami sung prasêtya.

--- 1 : [34] ---

III. Nagari Blambangan.

1. Gandrungipun Prabu Menakjingga.

Rakit: Dewa Gung Baudhêndha, Carangwaspa, Walikrama, Radèn Panatasingron, Wijanarka, Sarijana, Menakpangsêng, Kalingkung, wadya.

Gêndhing Udan sêjati, rêp.

Kăndha: anênggih punika nagari Blambangan, ingkang rinênggèng carita samangke, sintên ta ingkang ngrênggani nagari Blambangan, anênggih panjênênganira Wong Agung Blambangan, ajêjuluk Mraja Urubêsma. Apan sayêkti Wong Agung Blambangan punika putraning pandhita, têngran ajar Pamênggêr, prêtapan ing arga Mahamèru, pinuja dening rama, têguh timbul ing yuda, lan kêpanjingan kumaraning sang rêksasa raja diyu, wah darbe pusaka wêsi kuning dhapur naga, pinanjingan Sang Hyang Brama, lêpat janma têguh timbul. Kathah para raja dipati myang prajurit ingkang wudhu prang, pêjah dening gada kilat, sarta kêrêp mêjahi pandhita wêwasi, pramila Mraja Urubêsma punika, kalisung ing rèh utama, kalimput ing suka arda, linulu ing jawata, mila sansaya kasuranira. Wondene Mraja Urubêsma punika, yèn cinăndra warnanira, langkung saru nanging dados pêpantêse, tur sêmbada sêkti amăndraguna, ing sabrang tanpa tandhing. Amangsuli kandhanira nguni, Mraja Urubêsma punika andêling prang Majapait, têngran Adipati Menakjingga, ugi palênggah ing nagari Blambangan. Wondene sasurudira Wong Agung Majapait, Narendra Brawijaya, karsanira para andêl Majapait: Kyana Patih Maudara, Adipati Rănggalawe Tuban, Adipati Sindura Kadhiri, rèhning narendra [na...]

--- 1 : 35 ---

[...rendra] botên darbe putra kakung, namung satunggal putri, lajêng dèn jumênêngakên narendra putri ing Majapait, sumulih sudarma nata. Punika Sang Adipati Menakjingga datan ambiyantu karsa, lamun putri kang dadya nata, rumaos datan kangge rêmbagira, lajêng mundur tanpa pamit, pangèsthining wardaya sêdya ngrêmak nagari Majapait, amisesa satanah Jawi. Wondene sakondurira dumugi praja lajêng jumênêng nata, ajêjuluk Mraja Urubêsma punika, lajêng nyuruhi raja sèwu nagari. Kocap ing kăndha ingkang lajêng sami têluk dhatêng Wong Agung Blambangan, inggih punika ing Madura Mraja Dewa Gung Baudhêndha, ing Balega Mraja Dewa Gung Carangwaspa, ing Bali Mraja Dewa Gung Walikrama, ing Kêling Mraja Dewa Pralagi, ing Mêkasan Mraja Dewa Basutăntra, ing Bandhung Mraja Dewa Taka, ing Sumênêp Mraja Dewa Sraya, ing Têrnate Rajèng Bugis, Mraja Dewa Jarumuka, sami kinadang kinulit daging dhatêng narendra Urubêsma, lan sami asrah bulubêkti glondhong pangarêng-arêng dhatêng Wong Agung Blambangan, tansah mintir sabên warsa. Wondene pangajêngira raja sakawan, satunggal Wong Agung Madura, têngran Mraja Dewa Gung Baudhêndha, kaprênah nèm tur kaipe. Kalih Wong Agung Balega, têngran Mraja Dewa Gung Carangwaspa, kaprênah sêpuh tur kaipe. Tiga Wong Agung Bali, têngran Mraja Dewa Gung Walikrama, kaprênah paman tur marasêpuh. Sakawan Wong Agung Têrnate, Mraja Dewa Jarumuka, kaprênah paman, sarta sami darbe wadyabala kuswala. Wondene mangke Sri Narendra Urubêsma punika, karsa lêlana andon prang, mila sri narendra karsa lêlana, dhapur anggènira darbe karsa kinèdhêpan ing sabumintara. Wondene ingkang kinarya bêbukaning yuda, anggènira karsa anggarwa dhatêng Narendra Kênya Majapait. Malah sapunika sampun utusan nyaosakên sêrat panglamar dhatêng Majapait. Wondene ingkang dipun utus, pun Patih Ongkotbuta, kalih pun Patih [Pa...]

--- 1 : 36 ---

[...tih] Angkatbuta, sumêkta sawadya kuswala. Wondene sapunika Wong Agung Blambangan karsa miyos siniwaka, munggèng tarub wêwangunan, akarsa bojana lan sagung para raja dipati, tuwin para andêling prang sawadyakuswa pêpak sumiwi ing pagêlaran. Mila pinêpak sadaya, karsa anggalih lampahira Patih Ongkotbuta, Angkatbuta.

Sinigêg kocapa ingkang sampun sami sowan wontên pasowanan jawi, ingkang wontên ngajêng têngah punika Mraja Dewa Gung Baudhêndha, ingkang pilênggah nagari Madura, têngênira Rajèng Madura punika Mraja Dewa Gung Carangwaspa, ingkang pilênggah nagari Baligêpung, kiwanira Rajèng Madura punika Mraja Dewa Gung Walikrama, ingkang pilênggah nagari Bali, wingkingira Rajèng Madura punika Radèn Panatasingron, wingkingira Rajèng Baligêpung punika, Radèn Wijanarka. Wingkingira Rajèng Bali punika Radèn Sarijana. Dene ingkang sowan ngajêng kapering kalih punika, ingkang têngên Menakpangsêng, ingkang kiwa Menakkalingkung, ingkang wingking piyambak sinambêtan wadya andêl gêgangsingan, aran wong Galagothang, Bajubarang, Juranggathu, Gathudara, Surabêthot, Rujakpolo, Culikmanik, Macanambal, Surarayah, punika sami wong tinatah mêndat, jinara mèntèr, panganggène warna-warna, tur sami acundhuk sêkar. Ing wingking sinambêtan wadyabala, ambêlabar dumugi ing alun-alun.

Wau ta botên antawis dangu, kasaru wiyosira sri narendra. Punapa antawise yèn miyos, jajaran ingkang mêdal rumiyin, prajurit baris urmat, tambur slomprèt saruni munya gumêrah, miwah kalasăngka munya gumêntar, sinauran sanjata agêng, munya rambah kaping satus tigang dasa tiga. Gur, gur, gur.

Gêsang, Menakjingga miyos, rêp.

Kăndha: wau ta sawiyosira sri narendra munggèng tarub wêwangunan, rêspati alênggah kursi dênta. Wau ta sri narendra sadangunira

--- 1 : 37 ---

lênggah, ketang brangtanira dhatêng Sri Narendra Putri ing Majapait, linali saya anglela, rinasa saya karasa, ginugu saya ngranuhi, sabarang pangandika kalintu wêdharing sabda, kadi amarna Sri Narendra Kênya, ingkang dadya paraning driya, yèn lênggah kadya sumandhing, yèn tindak kados tut pungkur, yèn sare kados supênan, saèstu awor lan budi kasmaya, ing satêmah karang karungrungan, supe kaprawiranira, tansah rêngêng-rêngêng kêkidungan.

Dhandhanggula. pantês tan ana wingwang sang putri | ratu ayu intên Majalêngka | ginarêbêg pawongane | para biyada munggung | lan badhaya plara-laraning | kang ngampil upacara | rong lajur yu-ayu | arămpya-rămpya sinomnya | ijo pilingane sapêkak madyaning | sajri miring têpaknya ||

lan kang mangkah-mangkah pêrnajaning | pating krêncang dhenok bayunira | ya mandul-mandul susune | tol-ketol brotol-brutul | iya mungal panggalak ati | gampang pêlatukannya | swaraning gumuruh | mara mara mara mara | grudug grudug banjur lênggah pangkon mami | anuli ingsun êmban.

Durma. (Urubêsma gumujêng): ratu ayu yèn lumaku sontrang-sontrang | sênêng sun srênggarani | malerok ngujiwat | anuli ingsun êmban | ban-êmbane cindhe wilis | nuli sun gawa | maring ing tilam mami ||

wong akuning sêsambate gèndèng manah | nuli sun arih-arih | ing asmara tăntra | wulung kulambi jingga | si dhandhang kulambi langking | si kuntul seta | si podhang ridhong kuning || (gumujêng)

Dhawah Raja suwala.

Sinom. (Raja Madura): kaka Prabu Urubêsma | sangêt ing panuwun mami | yèn kaka prabu kasmaran | wanodya botên prayogi | yèn kaka prabu galih | krama Natèng Majalangu | lamun têksih kawula | kados kasêmbadan ugi | kaka prabu èngêta mugi èngêta ||

Gêsang, gêmbyakan, sindhenan.

Urubêsma gumujêng, rêp.

Dhandhanggula. (Raja Carangwaspa): adhuh yayi Prabu Urubêsmi | sangêt-sangêt panuwun kawula | lamun dinulu wirage | tan sae wêkasipun | watêk suda

--- 1 : 38 ---

laksana aji | gonyèh kêkulitira | gêtas tosanipun | yèn arsa mondhong Sri Kênya | Majapait yèn maksih kawula yêkti | botên lêpat ing karsa ||

Gêsang, gêmbyakan, sindhenan.

Urubêsma gumujêng, rêp.

(Raja Walikrama): adhuh anak Prabu Urubêsmi | sangêt-sangêt panuwun kawula | lamun dinulur wirage | tan sae wêkasipun | watêk suda laksana aji | gonyèh kêkulitira | gêtas kulitira | yèn arsa mondhong sri kênya | Majapait yèn maksih kawula yêkti | botên lêpat ing karsa ||

[Grafik]

Dayun, Mraja Urubêsma.

Gêsang, gêmbyakan, sindhenan.

Urubêsma gumujêng, suwuk.

Dayun majêng têmbangan:

--- 1 : 39 ---

Ulêr kambang, rêjasa ginawa jala, satitahe, wong ngarah aja gumampang.

Pisang mêgar, gapura sinupit urang, graitanên, rêntênging manah kawula.

Prabu yêksa, sri laga kênya taruna, ulatana, sasmita jroning paesan.

Rotan buntal, jangkrik gung pangrike dawa, sirnakêna wujud lan paningalira.

Lintang katon, panglêburan jagad nala, jroning langsèng, aja na rasa rumăngsa.

Tikus klapa, mutra aji mijil garwa, sampun jumbuh, gusti kalawan kawula.

Suwuk.

(Dayun): tan dora tur kula gusti | nara nata | yèn sayêkti wigêna | tan prayogi | dadosnya wusana | yèn taruna waspa tumètèsing kisma | dadya sangar têmah nyarangakên praja | èstu kêmba | wadya ingkang ngèstupada | têmah cuwa | karsa paduka narendra | pan prayogi | lumembak karsèng jawata | lamun dora pun Dayun kadukanana ||

Asmarandana, (Urubêsma): ora kaya si wong iki | tuture winor têmbungan | bisa têmên Dayun kowe | ya Dayun yêkti manira | lamun tan kêlakona | dhaup lan sang ratu ayu | lila tumêkèng palastra ||

Dayun mundur têmbangan, dipun sênggaki dening Pangsêng lan Kalingkung:

Ri godhonge, angrêmpoyok wowohane.

[Grafik]

Menakpangsêng.

Ima-ima. Singsèh.

Garêbong pangirid kuda. Singsèh.

Marga rata. Singsèh.

Gul-agule. Singsèh.

Wong suwarga. Singsèh.

Asmarandana: sun lali-lali tan lali | sun lêlipur saya brăngta | sasolahe [sasolah...]

--- 1 : 40 ---

[...e] katon bae | gêmbili gung wohing tawang | gadêbugan wak ingwang | jênang gamping rêca kayu | dalênjêt golèki dika ||

Kandhang kêndhi, mas ajêng osog-osogan. Sêmut seta, pasêmone wong anendra, layap-layap, sêmune wis tunggil karsa. Siwur tukung, trisnaku ambruk mring dika. E lo, e lo, e lo, e lo.

Dipun sênggaki Pangsêng lan Kalingkung: brung.

E lo, e lo, e lo, e lo. - brung.

Pangsêng Kalingkung mundur.

Pangkur. (Raja Madura): lah Dayun sira wong apa | angombyongi narendra lagi brangti | kang jamak mamriha lipur | (Dayun): sang nata sampun duka | bêborongan êmbyak ngajêng mogèl pungkur | (Raja Madura): lah Si Dayun saya dadra | ya bacutna angombyongi ||

kaka prabu akèndêla | kaka prabu manawi kula maksih | suka dadya woding pupuh | yèn putung kasawatna | lamun rêmuk kasawurna dhatêng satru | nadyan pêjah maksih sura | mêngsah lan tyang Majapait ||

Sinom. (Urubêsma): ya jagad dewa bathara | kados tyang edan kinardi | yayi pun kakang punika | (Raja Madura): pan botên maibên mami | paduka kaka aji | gung anèm jumênêng ratu | karsa apalakrama | dèrèng kasêmbadan ugi | (Urubêsma): yayi prabu lêrês ingkang pangandika ||

yayi kakang paman nata | gènipun sami sumiwi | wontên ing ngajêngan kula | punapa sampun antawis (raja sarêng): inggih sampun antawis | salêbêtnya (yayi, kaka, anak) prabu | kasmaran mring wanodya | sampun sumewa ing ngarsi | (Urubêsma): yèn makatên yayi kakang paman nata ||

gèn andika tata-tata | badhe abêboja krami | pasang tarub têtuwuhan | punapa sampun miranti | (tiga sarêng): (yayi, kaka, anak) prabu gèn mami | tata-tata pasang tarub | têratag têtuwuhan | lan sampun sumêkta sami | (Urubêsma): inggih sukur yèn sampun sami sumêkta ||

yayi Prabu Baudhêndha | paran panduginya yayi | lampahipun bapa patya | nglamar dhatêng Majapait | punapa angsal kardi | utawi yèn botên antuk | (Baudhêndha): saking pandugi kula | lampahipun patih kalih | nglamar dhatêng ing nagari Majalêngka [Ma...]

--- 1 : 41 ---

[...jalêngka] ||

kados sagêd angsal karya | yèn mênggah tan angsal kardi | punapa arêmên risak | nagari ing Majapait | (Urubêsma): lêrês duginya yayi | (Baudhêndha): kadospundi kaka prabu | botên lêrês tur kula (Carangwaspa): lêrês turnya yayi aji | kula nuwun yayi Prabu Urubêsma ||

lêrês yayi Baudhêndha | kawula samantên ugi | kurnon mila sapunika | yèn ta botên angsal kardi | nagari Majapait | èstu dados tasik marus | (Urubêsma): lêrês kaka narendra | (Carangwaspa): kadospundi paman aji | punapa ta botên lêrês atur kula ||

(Walikrama): lêrês atur jêngandika | kurnon anak Prabu Bêsmi | lêrês anak Prabu Blega | kawula samantên ugi | non mila sapuniki | yèn ta mênggah botên antuk | nagari Majalêngka | èstu dados karang abrit | (Urubêsma): inggih lêrês Paman Prabu Walikrama ||

yayi kaka paman nata | ing samangke kajêng mami | yèn sarina kalihira | bapa patih botên prapti | inggih kula pribadi | nuwun dhatêng Majalangu | lan sagung wadyabala | ngong pondhonge Prabu Dèwi | (sarêng): (kaka, yayi, anak) prabu kawula sumanggèng karsa ||

Kăndha: sèbêt byar wau ta sri narendra, dèrèng dumugi anggènira imbal pangandika, kasaru dhatêngipun Patih Ongkotbuta, Angkatbuta, dumrojog tanpa larapan.

Plajaran, rêp.

Wau ta sadhatêngipun Patih Ongkotbuta Angkatbuta, wontên ngarsanira Wong Agung Blambangan, samya cingak sagung kang sewaka. Ya mangkana yitnanira pun Patih Ongkotbuta Angkatbuta: kêbênêran têmên têkaku iki, sri narendra lagi miyos siniwaka, saiba yèn wis priksa aturku, dak duga bangêt dukane. Wondene pangetangira sri narendra: i, iki Si Bapa Ongkotbuta Angkatbuta wis padha têka, kaya priye ingsun utus, nglamar marang Majapait, apa olèh gawe apa ya ora. Wondene yitnanira wong agung tiga, inggih botên sanès kalih yitnanira sri narendra.

Gêsang, suwuk, ada-ada.

--- 1 : 42 ---

Dhandhanggula. (Urubêsma): lah bagea sira bapa patih | satêkamu ana ngarsaningwang | (sarêng): dhatêng kasuwun sang rajèng | kapêtak munggèng ngêmbun | mimbêtana ingkang rah daging | (Urubêsma): kaya paran sun duta | mara sira matur | (Ongkotbuta): inggih dhumatêng sandika | sampun kula dinuta mring Majapait | nyaoskên srat narpendyah ||

sampun katur lajêng winaos mring | Dèwi Rarasati ingkang sêrat | tumuntên sinuwèk-suwèk | ing Rarasati wau | awusana Seta Kumitir | purun angumbar basa | nguwus-uwus ulun | tan pantês katur narendra | (Urubêsma): pa mangkono tuturira bapa patih | (Ongkotbuta): inggih sri nara nata ||

lah ta adhi priye atur mami | (Angkatbuta): lêrês atur jêngandika kakang | kula nuwun jêng sang katong | lêrês ing aturipun | kakang patih lawan pun patik | sarêng sampun amêdal | dugi jawinipun | ing praja dyan tinututan | Layangseta Kumitir anantang jurit | ugi lajêng rêmpon prang ||

langkung rame gènipun ajurit | samya èngêt yèn sawêg dinuta | manawi ngantos kasuwèn | ing lampah têmahipun | andadoskên pangarsi-arsi | jêng paduka narendra | lajêng sami mundur | gènipun andon ngayuda | (Urubêsna): pa mangkono tuturira bapa patih | (Angkatbuta): inggih sri naranata ||

Asmarandana. slobog, (Urubêsma): jagad dewa bathara di | nora talah Rarasatya | têka kumasura mènthèl | nyêbit-nyêbit nuwalèngwang | sêdene atmèng patya | Seta Kumitir kumêndhung | anantang dadining aprang ||

iya ta yèn diayoni | yêkti sirna dening ingwang | Si Kumitir Seta kowe | yayi kakang paman nata | sampun sami miyarsa | bapa patih aturipun | (raja sarêng): inggih sampun amiyarsa ||

wangsul karsa kadospundi | (Urubêsma): ingkang dados kajêng kula | ngong pyambak nglanggar palugon | dhatêng nagri Majalêngka | ngiras karya ing lampah | gêcak Lumajang rumuhun | (raja sarêng): inggih sumăngga ing karsa ||

(Urubêsma): yayi kakang paman aji | jêngandika pradandosa | sasumêktaning palugon | ngong pangkat dintên punika | dhatêng ing Majalêngka | (raja sarêng): non sandika (yayi, kaka, anak) prabu | (Urubêsma): Bapa Kotbuta Katbuta ||

sira prêdandana nuli | sumêktaa ing ayuda | lawan sakancamu kabèh | lawan sira sudhiyaa | wahananing wanodya | (patih sarêng): non sandika [sandi...]

--- 1 : 43 ---

[...ka] jêng sang prabu | (Urubêsma): lah Dayun sira sun duta ||

tutura mring Raja Bugis | Paman Dewa Jarumuka | panglamar sun tan tinampèn | mêngko sun rêbut ngayuda | si paman dhawuhana | gêpuk Lumajang rumuhun | (Dayun): inggih dhumatêng sandika ||

Wau ta rampung pangandikanira sri narendra, karsa ngrasuk busana kaprajuritan, nulya kondur angadhaton, têdhak saking palênggahan kursi dênta, jlog.

Plajaran, bodholan, rêp.

2. Prabu Menakjingga sulaya rêmbag kalihan Rêsi Pamênggêr.

Kăndha: wau ta sakondurira angadhaton Wong Agung Blambangan, sarêng dumugi samadyaning palataran, pinêthukakên ingkang rama Rêsi Pamênggêr ing Mahmèru. Lah ing ngriku tindakira enggal-enggalan.

Găngsa gêsang, mêdal: Prabu Menakjingga kapêthukakên Rêsi Pamênggêr, rêp.

Dhandhanggula. (Pamênggêr): adhuh nyawa sira putra mami | karsanira garwa Sri Wanodya | aja kabanjur sira gèr | iku gusti satuhu | ratu agung pusakèng bumi | sinêmbah para raja | ing sabrang sumuyud | winongwong para jawata | kinamulèn sagung ingkang widadari | tan kêna ginagampang ||

(Urubêsma): rama sampun kathah kang ginalih | gung pra andêl nagri Majalêngka | sadaya kula tan èrèp | nadyan sayuta ngayun | atangkêpa sakêthi sisih | kawula botên wangwang | angrabasèng pupuh | nadyan dewa suralaya | tumuruna atandhing ngadu kasêktin | kawula datan ulap ||

(Pamênggêr): iya bênêr tuturira kaki | nanging swargi Prabu Brawijaya | tuhu utamaning rajèng | angglarkên tyas rahayu | angayomi sagung wadya ji | manawa sira nyawa | katrap ing sêsiku | dening Sang Hyang Suksmanasa | lan tan ana kawula anggarwa gusti | garwanta kurang apa ||

(Urubêsma): têka dadak kakehan ingkang ngling | tanpa gawe wong tuwa sinêmbah | malangi amrih wurunge | ing tyas kang wus kêtlanjur | ingkang jamak wong darbe siwi | sinung pamuja arja | raharjaning laku | têmahan asung supata | sasabdane tan patut rinungu kuping | dhaplok sira minggata ||

--- 1 : 44 ---

Kăndha: sèbêt byar wau ta Sang Rêsi Pamênggêr, sarêng priksa yèn ingkang putra duka sarta ngasta pakêcohan, lah ing ngriku sang pandhita anulya mêsat ing gagana, kondur dhatêng pratapan.

Gêsang, Menakjingga sarta Rêsi Pamênggêr ical, Busungmêrnung murugi Dayun, suwuk.

Mêgatruh. (Busungmêrnung): Lurah Dayun mêdal kula nungsung catur | (Dayun): iya sêrate sang aji | panglamar mring Majalangu | pan sinêbit-sêbit dening | Rarasati patih wadon ||

nataning dyah ora aparing wêwangsul | wusana Seta Kumitir | angajap dadining pupuh | (Busungmêrnung): wangsul karsaning narpati (Dayun): iya mêngko karsa katong ||

lumurug prang mring nagara Majalangu | Lumajang rinurah dhingin | ngong dinuta paring wêruh | marang sang raja ing Bugis | kinèn nganjuri palugon ||

(Busungmêrnung): yèn makatên kadospundi Lurah Dayun | andika kalawan mami | napa dhèrèk napa mantuk | (Dayun): ah mêsthine ora kari | saparan dhèrèk sang katong ||

(Busungmêrnung): yèn makatên paran rekadayanipun | ngupaya sangu puniki | dene datan êmpun-êmpun | (Dayun): gampang bae kowe kuwi | buruha ngisèni gênthong ||

yèn wis kêbak mêsthi pituwase mêtu | (Busungmêrnung): ah ki lurah dika niki | ngrêkasa dadak bêburuh | (Dayun): yèn wêdi ngrêkasa bêcik | nyênèn bae ora abot ||

tuk pisungsung yèn kêparêng omah suwung | okèh sandhangan sumampir | dijupuk kabèh binanjur | ginadhe lan dèn êdoli | (Busungmêrnung): ah ki lurah niku awon ||

sarat ngêmis sajatine amêmandung | yèn konangan bilaèni | kêcandhak banjur dipênthung | napa niku botên sakit | (Dayun): layake lara mêngkono ||

Busungmêrnung aja pijêr acêcatur | apa ora nyênyuwèni | aja klayatan lumaku | mring pasowan Raja Bugis | (Busungmêrnung): dawêg kyai lurah gupoh ||

--- 1 : 45 ---

3. Nglurug dhatêng Lumajang.

Rakit, Raja Madura, Balega, Bali, Patih Ongkotbuta Angkatbuta.

Kăndha: wau ta kocapa Wong Agung Blambangan, sakondurira angadhaton, lajêng ngrasuk busana kaprajuritan, tuwin ingkang para garwa Sang Dyah Juwitawati, Sang Dyah Juwitaningsih, Sang Dyah Juwitaningrum, inggih sampun sami kadhawuhan busana kaprajuritan, inggih sampun sami ngrasuk busana kaprajuritan sadaya.

Kunêng Wong Agung Blambangan, kocapa ingkang wontên pasowan jawi, Wong Agung Madura, kalih Wong Agung Balega, tiga Wong Agung Bali, utawi Patih Ongkotbuta, Angkatbuta, kang nata-nata lampahing prajurit, tanapi titihan kuda, rata, dipăngga, miwah titihaning sagung para wanodya tuwin wadya ingkang badhe nampèni ampilan. Kaprabon sikêping yuda inggih sampun sumêkta sadaya. Sarêng sampun sumêkta jawi lêbêt, Wong Agung Blambangan nulya miyos enggal-enggalan.

Plajaran, Menakjingga saha para garwa mêdal, rêp.

Kăndha: wau ta sawiyosira Wong Agung Blambangan, lawan ingkang garwa sang dyah têtiga, sampun sami sumêkta ngrasuk busana, tuwin para raja dipati sabalanira, inggih sampun sumêkta sadaya. Wondene Sri Urubêsma, sadangunira miyos, ingkang tansah ginalih-galih namung Sang Prabu Kênya, kang kaèsthi pinudya ing ngadilaga, tuwin anggènira tata-tata, ingkang rayi Mraja Dewa Gung Baudhêndha, tuwin ingkang raka Mraja Dewa Gung Carangwaspa, tiga ingkang paman, Mraja Dewa Gung Walikrama, punapadene Ki Patih Ongkotbuta Angkatbuta. Ya mangkana yitnanira Wong Agung Blambangan: i, kaya priye yayi tuwin kakang utawa paman, apadene bapa patih, apa wis rampung olèhe padha prêdandanan. Yèn wis rampung olèhe padha prêdandanan,

--- 1 : 46 ---

arêp dak angkatake tumuli, aku sêlak arêp wêruh rupane nimas sêsotyaningrat. Titi mangkana yitnanira Wong Agung Blambangan.

Gêsang, suwuk, ada-ada.

Asmarandana, (Urubêsma): yayi kakang paman aji | punapa sampun sumêkta | anggèn jêngandika dandos | sakapraboning ayuda | (raja sarêng): inggih sampun sumêkta | sakapraboning prang pupuh | (Urubêsma): sukur yèn sampun sumêkta ||

lah ta sira bapa patih | sakancamu Balambangan | apa wus sumêkta kabèh | gone padha prêdandanan | (patih sarêng): gusti sampun sumêkta | sakapraboning prang pupuh | miwah saliring wahana ||

jêmpana crumpung myang joli | kuda rata lan dipăngga | sadaya pêpak sumaos | botên wontên kêkirangan | (Urubêsma): lamun mangkono bapa, ajak layatan lumaku | (patih sarêng): dewaji dhatêng sumăngga ||

Plajaran, suwuk, lagon.

Kăndha: laris tindakira Wong Agung Blambangan, ingkang karsa nglurug prang dhatêng nagari Majapait, sawadyanira Blambangan sadaya, samarga-marga solahing bala srang-srangan, pating balêbêr, datan nyipta mundur ing ayuda.

4. Raja Têrnate nusul Prabu Menakjingga dhatêng Lumajang.

Rakit: Raja Bugis, patihipun kêkalih, wadya.

Gêndhing Durma kêtawang, rêp.

Kăndha: anênggih punika Raja Bugis, ing Têrnate, ingkang jêjuluk Mraja Jarumuka, andêlira Wong Agung Blambangan, ingkang dawêg lênggah kalawan patihira kêkalih, Patih Jarumampang, kalih Patih Baurêksa, tuwin wadyanira Bugis, wasta pun Dhaèngmarewah, Dhaèngmaklabu, Dhaèngmakodhêng, Dhaèngmakincing, tuwin wadya andêl, tukang mariyêm wasta Ciktirkemis. Ingkang tansah ginalih-galih wong agung Têrnate, amung anggènira utusan Wong Agung Blambangan, nglamar dhatêng nagari [na...]

--- 1 : 47 ---

[...gari] Majapait. Ya mangkana yitnanira wong agung têrnate: i, bagimana ini, jalannya bêrdhua-dhua wasir, Ongkotbuta, Angkatbuta, bolehnya dhisuruh sama anak prabu, pigi nêgri Majapait, apa dhapêt kêrja, dhan lagi apa dhitrima, èn tidhak dhitrima. Kaluk tidhak mau trima, apa yang jadhi maunya, sakit apa yang dhimintak, apa sukak dhibikin ancur. Wondene yitnanira patih kêkalih, botên sanès kalih Mraja Jarumuka. Lah ing ngriku Raja Jarumuka anulya ngandika.

[Grafik]

Patih Baurêksa.

Durma. (Jarumuka): bagimana wasir yang jadhi maunya | tuwanku raja ini | (patih sarêng: saya): dhari hal bolihnya | kawin dhapêt ratu mas | dhulunya dhisuru wasir | (patih sarêng; saya): Buta Katbuta | sudhah lama sêkali ||

(patih sarêng: saya): tradhak kabar cobak kowe punya kira | jalannya dhua wasir | (patih sarêng: saya): apa dhapêt kêrja | dhan lagi apa tidhak | (patih sarêng: saya): dhari pêrasakan kami | (Jarumuka: iya): dhapêt pêkêrja | jalannya dhua wasir (Jarumuka: iya) ||

cobak dhia ratu mas trak mau trima | mêncari apa lagi (Jarumuka: iya) | musthi dhapêt susah | dhari ancur nêgrinya | syapa-syapa orang brani (Jarumuka: iya) | toh tradhak lawan | tuwanku sungguh sakti ||

(Jarumuka): saya rasa bêtul kowe punya kira | marcobak Prabu Dèwi | (patih sarêng: saya) tradhak mau trima | mêndhapêt sakit apa | kita trat [tra...]

--- 1 : 48 ---

[...k] takut sêndhiri | (patih sarêng: saya): pukul dhèngên prang | kêrja ancurnya nêgri (patih sarêng: saya) ||

Kăndha: wau ta Mraja Jarumuka, sasampunira ngandika dhatêng pêpatihira, karsa mundhut minuman, wadyanira kinarsakkên sarêng minum sadaya, pinrih kasuraning driya. Lah ing ngriku wadyanira Mraja Jarumuka ingkang ngampil minuman, nulya majêng ing ngarsa, ngladosakên minuman.

Minuman majêng.

Kăndha: wau ta Mraja Jarumuka, sarêng sampun dèn ladosi minuman, sampun wradin sawadyanira, anulya ngandika.

[Grafik]

Dhaèngmarewah.

Durma. (Jarumuka): mari wasir èn samua lêkas megang | bêrsama dhèngên sontit | (patih sarêng: saya): urmat kêslamêtan | dhan biar jadhi tuwan | no lêkas sêmua mari | (patih sarêng: saya): mari sêmua | têmên bêrsama sontit (surak) ||

(patih sarêng): amba ganti mintak pêrmisinya tuwan | dhèngên minum trak lain | (patih sarêng: saya): ini angkat kêrja | turut tuwanku raja | jangan sampè kêcil ati | (Jarumuka: iya): têmên sêmua | no mari minum mari ||

(surak), (wadya Bugis): amba minum sama sri paduka raja | dhan lagi dhua wasir | (Jarumuka: iya): jadhi sêmuanya | tradhak adha takut prang | (Jarumuka): [(Ja...]

--- 1 : 49 ---

[...rumuka):] mari-mari lêkas mari | (wadya Bugis: saya): sêmua megang | gêlas sama sêkali || (wadya Bugis surak).

Kăndha: pranyata sampun angsal tigang dhasar anggènira minum, Mraja Jarumuka kalih pêpatihira, punapadene wadyanira sadaya. Lah ngriku ingkang minuman, lajêng dèn undurakên.

Minuman mundur.

Kăndha: sèbêt byar wau ta Wong Agung Têrnate, sampun dumugi anggènira inum-inuman. Dèrèng ngantos ngandika, kasaru dhatêngira Ki Lurah Dayun, dumrojog tanpa larapan.

Plajaran, rêp.

Kăndha: wau ta sadhatêngira Ki Lurah Dayun, Mraja Dewa Jarumuka utawi para Bugis, sami kagèt sadaya. Lah ing ngriku Mraja Dewa Jarumuka nulya ngandika:

Sinom. (Jarumuka): Dayun dhatêng sama kita | apa dhisuru dipati | (Dayun): ya tuwan disuru saya | kasih priksa dhua wasir | trak dhapêt kêrja dhari | sêbab ratu mas trak mau | (Jarumuka): sêkarang bagimana | (Dayun): maunya Sri Urubêsmi | dhipukul prang èn sêkarang sudhah brangkat ||

dhan lagi tuwan sêkarang | dhisuru brangkat kumêndhir | Lumajang dhulu pukul prang | (Jarumuka): iya baik Dayun baik | no kowe dhua wasir | dhèngêr prentahnya Si Dayun | (patih sarêng): ya tuwan dhèngêr saya | (Jarumuka): no mari lêkas kumêndhir | dhi Lumajag dhulu yang kita pukul prang ||

Kăndha: wau ta rampung pangandikanira Mraja Dewa Jarumuka, saha sampun sumêkta sawadyabala sadaya. Lah ing ngriku tandya budhal enggal-enggalan.

Gêsang, suwuk.

Kăndha: wau ta lampahing wadya Bugis, ing samarga-marga tansah pating galèlèng lampahira.

Lurugan, ical, suwuk.

--- 1 : 50 ---

Kăndha: laris lampahira Mraja Jarumuka, sawadyanira Bugis sadaya, sumêdya nusul tindakira Wong Agung Blambangan, ing samarga-marga tansah abêbarongan lampahira.

--- 1 : [51] ---

IV. Adipati ing Lumajang sarta ing Daha.

1. Arya Menak Koncar mêthukakên wadyabala ing Blambangan.

Rakit: Menakkocar, para garwa, para sêlir, kadangipun èstri kêkalih, Jayasupêna, Banumaya, wadya. Gêndhing Dhandhanggula katawang, rêp.

Kăndha: anênggih punika Radèn Arya Menak Koncar, ingkang sawêg pinarak munggwèng pandhapi, ingayap pra garwa sêlirira. Pintên ta kathahe garwa sêlirira Radèn Arya Menak Koncar, apan namung kawan dasa tur rampak sami ayu-ayu warnanira. Padminira sakawan tansah sinandhing. Ingkang wontên ngajêng kapering kiwa, padmi ingkang sêpuh, têngran Dèwi Angronsari, putri saking Mêkasan. Ingkang wontên ngajêng kapering têngên, padmi panênggak tinêngran Dèwi Sumarsanasari, putri saking Acèh. Ingkang wontên wingking kapering kiwa, padmi panêngah, têngran Dèwi Mayangsêkar, putri saking Siyak. Ingkang wontên wingking kapering têngên padmi mudha, têngran Nonah Mantarsari, putri saking Mêrtisa. Wondene ingkang wontên wingkingira radèn arya punika, kadangira taruna Radèn Arya Menak Koncar, ingkang kiwa têngran Dèwi Kalpikawati, ingkang têngên têngran Dèwi Kalpikaningsih. Pra garwa sakawan punika lan kadang taruna kalih sami ayu-ayu warnanira, tur ingugung sakarsanira, tansah angadi busana kagok nyonyah. Wondene garwa sêlir kawan dasa punika, anracak kagok Malayu sadaya, bedane pan namung waja lan sinjang tuwin sêngkang cara Jawi, tur sami sagêd cara Mlayu sadaya. Wus wantune Radèn Arya Menak Koncar, dhasar bancèr sugih garwa kuwarisan,

--- 1 : 52 ---

ladak tur kasêmbadan, cucud sasolahira, gung prawira ing yuda. Mangsuli kandhanira, apan sayêkti radèn arya punika putraning pandhita Bagawan Butlawa, ingkang sampun murcita. Pintên ta putranira Rêsi Butlawa punika, apan namung têtiga, ingkang sêpuh inggih Radèn Menak Koncar punika, panênggak Dèwi Kalpikawati, wuragil Dèwi Kalpikasinggih. Mangsuli kandhanira malih. Pramila radèn arya pinarak munggèng pandhapi, arsa anggalih cariyosing Blambangan, animbali rayi-rayi ipe. Ingkang sowan wontên lèr Radèn Jayasupêna, kadangira taruna Dèwi Mayangsêkar. Ingkang wontên kidul Radèn Banumaya, kadangira taruna Nonah Mantarsari. Wondene ingkang sowan ing wingking kapara moncol punika, lurahing wadya andêl trunalanang, wasta pun Trunamaesa. Wingkingira Trunamaesa punika, pun Trunamenda, ingapit pun Trunawarak kalih pun Trunasangsam. Ing wingking sinambêtan wadya trunalanang sadaya. Wau ta sarêng sampun pêpak ingkang sami sowan sadaya, Radèn Arya Menak Koncar anulya ngandika:

[Grafik]

Radèn Arya Menak Koncar.

Dhandhanggula. Yayi Jayasupêna samangkin | kaya paran yayi kang pawarta | Menakjingga Blambangane | (Jayasupêna): kakang mas kabaripun | Menakjingga madêg narpati [narpa...]

--- 1 : 53 ---

[...ti] | têngran pun Urubêsma | kathah ingkang têluk | pra raja ing tanah sabrang | lawan malih pra bupati măncanagri | kathah ingkang suwita ||

(Menak Koncar): iya bênêr tuturira yayi | (Jayasupêna): kadospundi yayi atur kula | (Banumaya): lêrês kakang mas ature | kangmas lêrês turipun | Kangmas Jayasupêna inggih | sanadyan atur kula | sami èstunipun | malah mangke Menakjingga | sampun duta nglamar dhatêng nata dèwi | (Menak Koncar): bênêr yayi turira ||

nimas-nimas sagung garwa mami | sira apan wus padha miyarsa | ature yayi mas karo | (pra garwa): sampun miyarsa ulun | wangsul karsa kadosa pundi | (Menak Koncar): ya nimas karsaningwang | yèn kalakon iku | Sri Wanodya dhaup lawan | Menakjingga sun merang nèng tanah Jawi | (pra garwa): inggih sumanggèng karsa ||

Kăndha: sèbêt byar wau ta dèrèng dugi anggènira imbal wacana Radèn Arya Menak Koncar, kasaru dhatêngira wadya pajinêman Trunawraha, dumrojog tanpa larapan.

Dhawah plajaran, rêp.

Durma. (Menak Koncar): Trunawraha sira dumarojog têka | ana ing ngarsa mami | mara ge tutura | (Trunawraha): kawula tur pariksa | wontên baris agêng prapti | saking Blambangan | ingkang nyenapatèni ||

inggih maharaja Urubêsma pyambak | cucuknya Mraja Bugis | (Menak Koncar): lah sira yayi mas | wus padha amiyarsa | Trunawraha kang pawarti | (kalih sarêng): wangsul ing karsa | paduka kadospundi ||

yayi karo sira padha prêdandana | sumêktaning ajurit | lan wong trunalanang | (kalih sarêng): inggih dhatêng sandika | malah sampun amiranti | (Menak Koncar): ajak layatan | (kalih sarêng): inggih dhatêng suwawi ||

Gêsang, lurugan, wadyabala Lumajang ajêng-ajêngan kalihan wadyabala Bugis, suwuk.

Kăndha: sèbêt byar wau ta lampahing dêdamêl Lumajang, sampun kapêthuk kalih dêdamêl ing Blambangan, samya tata aglar asawang-sinawang. Wondene pangajêng wadya Blambangan, Mraja Dewa Jarumuka sawadyanira Bugis sadaya. Sarêng sumêrêp wadya Lumajang papag ing yuda, Mraja Dewa Jarumuka [Ja...]

--- 1 : 54 ---

[...rumuka] nulya dhawuh kinèn ambendrongi sanjata mariyêm. Lah ing ngriku nulya ngangsêg pangêdrèlira.

Plajaran, suwuk, mriyêman.

Sèbêt byar wau ta Mraja Dewa Jarumuka sarêng priksa pangangsêging wadya Lumajang, Mraja Dewa Jarumuka anulya andhawuhi dhatêng pêpatihira kinèn ngangsêg pambendrongira.

Durma. (Jarumuka): mari lêkas wasir kumêndhir sêmua | balatantramu Bugis | jangan prang plan-pêlan | lêkas hantêm yang kêras | dhikêrja hancur sêkali | bêrnanti apa | (patih sarêng): ya baik tuwan baik ||

Plajaran, rêp.

[Grafik]

Dhaèngmakincing.

Kăndha: sèbêt byar wau ta pangangsêgira wadya Bugis, sarêng sampun campuh prang kalih wadya Lumajang, langkungg rame anggènira yuda, bêrêg-binêrêg, surung-sinurung, gêntos kêplajar, katalika dhatêng wadya andêling Lumajang, wasta pun Trunamaesa nglancangi wadya, mangsah ing yuda, pinêthukakên dhatêng cucuking wadya Bugis, wasta Dhaèngmakodhêng, lah ing ngriku nyat anulya majêng.

Gêsang, suwuk, ada-ada.

Blabak. (Dhaèngmakodhêng): orang Jawa kowe sapa punya nama |

--- 1 : 55 ---

(Trunamaesa): hak hak hèk | (Dhaèngmakodhêng): lêbih bagus mêlawan prang tlalu brani | (Trunamaesa): hak hak hèk | (Dhaèngmakodhêng): sayang-sayang kaluk mampus bagimana | (Trunamaesa): hak hak hèk ||

Lajêng nyêkar:

Kinanthi: buh aja kakehan wuwus | ngisruhi sun arsa jurit | lah sira iku wong apa | rupamu amêmêdèni | apa kang jênêng wrangutan | ingsun tan tau miyarsi ||

Blabak. (Dhaèngmakodhêng): hwa hak hwa hak no kowe bêlun mêngêrti | (Trunamaesa): hak hak hèk | (Dhaèngmakodhêng): kita orang Portêgis balatantranya | (Trunamaesa): hak hak hèk | (Dhaèngmakodhêng): Sri Paduka Raja Bêsar Jarumuka | (Trunamaesa): hak hak hèk ||

Lajêng nyêkar:

Kinanthi: buh-êmbuh caturmu iku | ingsun pan ora mangrêti | caturan lawan wrangutan | lah sira minggata aglis | yèn tan minggat ngong kalewang | pêdhot murdanira pasthi ||

Blabak. bagimana orang kowe pakik sungu | hah hah hah | no sêpêrti kêrbo kowe bosên idhup | hah hah hah | saya tlalu kêtawa lihat rupamu | hah hah hah ||

Kinanthi, (Trunamaesa): e e kowe dadi mungsuh | sun sêngguh dudu prajurit | de rupamu lir wrangutan | lah payo padha prang tandhing | mêntarake kawiragan | (Dhaèngmakodhêng): ya baik kêrbo ya baik ||

Plajaran, prang, rêp.

Kăndha: wau ta Trunamaesa sarêng kenging dèn pêdhang jajanira ambruk nungkêmi kisma, dangu akapidhara, Dhaèngmakodhêng anulya sêsumbar:

Blabak. musti mampus sêkarang kowe binatang | hah hah hah | mari lêkas bangun mêlawan prang lagi | hah hah hah | kaluk tradhak lêkas bangun kowe têmtu | sya subèk ||

Kăndha: wau ta Trunamaesa, sarêng kasilir ing samirana, ngadêg nyat anulya narajang.

--- 1 : 56 ---

Gêsang, prang, rêp.

Kăndha: wau ta Dhaèngmakodhêng, sarêng kenging dèn walês, klewang andhêmanira, nadyan datan busik, nanging ambruk andhêpani kisma, supe purwaduksina, dangu akapidhara. Trunamaesa anulya sêsumbar:

Kinanthi: sida modar kowe mungsuh | jêr sira ambêk kumaki | katiban klewang pusaka | Guwa Kiskêndha naluri | lah mara enggal tangia | aprang manèh padha bêcik ||

Kăndha: wau ta Dhaèngmakodhêng, sarêng kasilir ing samirana, ngadêg nyat anulya nitir pêdhang.

Gêsang, suwuk, ada-ada.

Kinanthi, (Trunamaesa): babarpisan sida lampus | Si Bugis ambêk kumaki | dene nora sapiraa | wani yuda lawan mami | lah êndi kang sêdya lena | ingsun krubutên ngajurit ||

Kăndha: eling Dhaèngmakodhêng, kaplajar, nyata, nyata. Wau ta sarêng katalika dhatêng wadya sêtabêlan wasta Ciktirkemis, sarêng sumêrêp kancanira Dhaèngmakodhêng kaplajar, langkung bramantya, sarta nyandhak dêdamêlira mriyêm, sumêdya nglambung saking ngiringan, pun Trunamaesa botên sumêrêp dhatêng Ciktirkemis. Lah ing ngriku Ciktirkemis nulya nyumêd mriyêmira isi mimis prunggu, Trunamaesa kenging dhadhanira, datan tumama, kagèt sarwi acikrak-cikrak. Gumujêng:

Kinanthi, (Trunamaesa): êlo sapa ingkang nglambung | mariyêm kang isi mimis | kêtanggor Trunamaesa | bisa ambalèkkên mimis | êlo kok wis rada cêdhak | enggal mariyêmên maning ||

Lajêng dipun mriyêm malih. Trunamaesa gumujêng.

Kinanthi: payo êntèkna mimismu | tan nêdya ngucira mami | (Ciktirkemis): iya jangan girang-girang | nanti jaga baik-baik | tunggu jatuhnya mimis mas | (Trunamaesa): buh-êmbuh nora mangêrti ||

Lajêng dipun mriyêm malih, Trunamaesa kawon.

--- 1 : 57 ---

Plajaran, gumujêng. Nglantak, suwuk.

Kăndha: eling pun Trunamaesa, kaplajar, nyata, nyata. Wau ta sarêng katalika dhatêng Radèn Jayasupêna, nulya mangsah ing yuda, dèn pêthukakên kalih Radèn Panatasingron. Lah ing ngriku nyat anulya majêng.

Pangkur. (Panatasingron): Jayasupêna mapag prang | bêcik nungkul mring Kaka Prabu Bêsmi | (Jayasupêna): wis aja kakehan wuwus | payo kapara ngarsa | Natasingron padha ngadu kang sêsiyung | bathara panglêbur jagad | (Panatasingron): iya payo padha bêcik ||

Kăndha: wau ta risang kêkalih, anulya sami narik agêmira curiga, sarwi ngandika.

Jayasupêna: lah payo wirotama pêrang ngarêp rêbut unggul.

Panatasingron: ya payo kapara ngarsa.

Plajaran, prang, rêp.

Asmarandana. (Jayasupêna): abot sangganing ajurit | salawas sun yuda gada | nora olèh tandhing tanggon | iki Panatasron nyata | prawira ing ayuda | (Panatasingron): nora cuwa mungsuh ingsun | sagêndhingmu sun tan ulap ||

(Jayasupêna): babo ya sanadyan mami | apa kang tumèmpèl sira | tamakêna marang ingong | ingsun tadhah tamèng dhadha | (Panatasingron): iya ingkang prayitna | tadhahana panah ingsun | (Jayasupêna): iya mara tibakêna ||

Kăndha: lah ing ngriku Radèn Panatasingron, nulya nyandhak agêmira jêmparing, cag. Angiwakakên gandhewa, anêngênakên jêmparing, jumangkah wêntis kang kiwa, mancat pupu kang têngên. Radèn Jayasupêna kenging linêpasan jêmparing, blas têbih dhawahira.

Plajaran, suwuk, ada-ada.

Mijil. (Panatasingron): lah ta padha yèn padhaa sêkti | sasat padha ingong | Jayasupêna êndi tunggale | Natasingron rêbutên ngajurit | barênga kang prapti | nora èrèp ingsun ||

--- 1 : 58 ---

Plajaran, suwuk.

Kăndha: eling Radèn Jayasupêna kaplajar, nyata, nyata. Wau ta sarêng katalika dhatêng Sang Dyah Mantarsari, nuwun pamit dhatêng ingkang raka Radèn Arya Menak Koncar, sumêdya mapag yuda, sampun dèn lilani. Katalika Menakkalingkung, sarêng mulat dhatêng Dyah Mantarsari, majêng ing rananggana, Menakkalingkung sigra nglancangi lampahira. Lah ing ngriku nyat anulya majêng.

Plajaran, suwuk, ada-ada.

Pucung. (Menakkalingkung): dhenok kowe pyayi ngêndi mas dalêmmu | ayu têmên sira | nok ya aja magut jurit | mundhak sayah tur nèk seda eman-eman ||

nèk kaparêng sarju karsamu wong ayu | padha rêrukunan | kêng sêlira tak rabèni | aku sugih apa sing kok pundhut ana ||

Kinanthi, (Mantarsari): dene sêngguh kowe dhuwur | aku arêp kok rabèni | ya gêlêm nging owahana | irungmu kuwi sathithik | karo tanganmu kadawan | mara owahana dhisik ||

Pucung. (Menakkalingkung): kadospundi karsa paduka puniku | irung ingongotan | niku napa botên sakit | botên wande nèk awon andika gêla ||

Kăndha: lah ing ngriku Menakkalingkung sangêt kasmaranira dhatêng Sang Dyah Mantarsari, saya nêsêg pilênggahira, mêndhêk-mêndhêk anyèlèhakên waosira, sarwi amriyêmbada.

Pangkur. (Menakkalingkung): awidara kula êmban | kondur dhatêng wismanipun kang abdi | eman têmên yèn prang lampus | sapa baya kelangan | nora liya dasihe Menakkalingkung | iba pantês gusti sira | dadi têtimbangan mukti ||

(Mantarsari): saya dluya irung dawa | pangucape ugêre gêlêm muni | ya wong kaya cangak awu | mulane ora tata | (Menakkalingkung): èt jur duka wong padhakke cangak awu | dupèh rupa kula ala | jênèh jogèd kula wasis ||

e mênggah sampeyan priksa | lamun [la...]

--- 1 : 59 ---

[...mun] kula jogèd angibing ringgit | mathêm sangêt sampun tamtu | o kok jêbul wis lunga | mênyang ngêndi pyayi ayu iki mau | lunga kok ora pamitan | e lah kae sun tututi ||

Menakkalingkung nutututi, plajaran, rêp.

Kăndha: wau ta kocapa Patih Jarumampang sarêng mulat yèn Menakkalingkung nututi Sang Dyah Mantarsari, saklangkung bramantyanira, sigra nglancangi lampahira. Lah ing ngriku Sang Dyah Mantarsari nulya binujung purun.

Gêsang, suwuk, ada-ada.

Sinom. (Jarumampang): mas nonah sapa bêrnama | (Mantarsari): kami Nonah Mantarsari | êngkao sapa bêrnama | (Jarumampang): Jarumampang nama kami | wasirnya Raja Bugis | Dewa Jarumuka Mulku | kao jangan turut prang | sayang-sayang kaluk mati | tradhak lêbih mlingkên kami yang kelangan ||

kaluk nonah adha sukak | lêbih baik jadhi binik | (Mantarsari): kon trak mau sama dhiya | (Jarumampang): no apa nonah dhicarik | tidhak mênurut kami | saya lêbih kaya sunggu | (Mantarsari): jangan banyak bêrkata | mari anggar mukak sini | (Jarumampang): mari cobak kamu bunuh padha saya ||

Kăndha: wau ta Nonah Mantarsari nulya narik agêmira curiga sarwi ngandika:

Lah mari Jarumampang, anggar prang jangan martakut.

Jarumampang: iya mari lêkas-lêkas.

Plajaran, prang, jêblosan, rêp.

Kăndha: wau ta Patih Jarumampang, sarêng kenging dèn goco curiga, nanging datan tumama, tansah api kantaka, Nonah Mantarsari nulya sêsumbar:

Sinom. jadhi abu campur tanah | Jarumampang kamu mati | apa trak mêndhèngêr kabar | mêlawan prang padha kami | Mastarsri lêbih sêkti | martakut lainnya mashur | no mari lêkas-lêkas | bangun mêlawan prang lagi | kapan kamu trak bangun potong lèhèrnya ||

(Jarumampang): no nanti dulu nonah mas | jangan girang-girang ati | saya

--- 1 : 60 ---

ni bêlun mêninggal | (Mantarsari): mari Bugis anggar lagi | kêndhati nonah kami | tapi sunggu tidhak takut | (Jarumampang): tidhak saya pro tidhak | sayang nonah kaluk mati | lêbih baik tuwan sênêng ati saja ||

Jarumampang kasmaran lajêng mênyanyi.

Ebat tan mantuk.

Kăndha: wau ta ingkang ayuda, langkung dènira rame, Patih Jarumampang kinrocok ing curiga. Sarêng kraos sakit, Patih Jarumampang mundur-mundur, Sang Dyah Mantarsari, nulya ginêtak mamprung, têbih dhawahira.

Gêsang, plajaran, nglantak, suwuk.

Kăndha: eling Nonah Mantarsari kaplajar, nyata, nyata. Katalika dhatêng Radèn Banumaya, yèn Sang Dyah Mantarsari kêplajar, dèn pêthukakên dhatêng Radèn Wijanarka, lah ing ngriku nyat anulya majêng.

Plajaran, suwuk, ada-ada.

Pangkur. (Wijanarka): Banumaya mapag ing prang | bêcik nungkul mring Kaka Prabu Bêsmi | (Banumaya): wis aja kakehan wuwus | lah payo Wijanarka | pêrang ngarêp padha ngadu kang sêsiyung | bathara panglêbur jagad | (Wijanarka): iya payo padha bêcik ||

Kăndha: wau ta risang kalih nulya sami narik agêmira curiga, sarwi ngandika:

Banumaya: lah payo Wijanarka, pêrang ngarêp rêbut unggul.

Wijanarka: ya payo kapara ngarsa.

Gêsang, prang, mawi bucalan, rêp.

Asmarandana. (Banumaya): abot sangganing ngajurit | salawas sun yuda gada | durung olèh tandhing tanggon | iki olèh Wijanarka | tuhu prawirèng yuda | (Wijanarka): nora cuwa mungsuh ingsun | sagêndhingmu sun tan ulap ||

(Banumaya): ya babo sanadyan mami | apa kang tumèmpèl sira | tamakêna marang ingong [i...]

--- 1 : 61 ---

[...ngong] | sun tadhahi tamèng dhadha | (Wijanarka): iya ingkang prayitna | tadhahana tangan ingsun | (Banumaya): iya mara tibakêna ||

Kăndha: lah ing ngriku Radèn Wijanarka nulya nyandhak agêmira jêmparing, cag. Angiwakakên gandhewa, anêngênakên jêmparing, jumangkah wêntis kang kiwa, mancad suku kang têngên, Radèn Banumaya kenging linêpasan jêmparing, blas têbih dhawahira.

Plajaran, suwuk, ada-ada.

Mijil. (Wijanarka): lah ta padha yèn padhaa sêkti | sasat padha ingong | Banumaya êndi ta tunggale | Wijanarka rêbutên ngajurit | barênga kang prapti | nora èrèp ingsun ||

Plajaran, suwuk.

Kăndha: eling Radèn Banumaya kaplajar, nyata, nyata. Wau ta sarêng katalika dhatêng Sang Dyah Dèwi Mayangsêkar, yèn ingkang rayi kêplajar, langkung bramantya, karsa pêpulih ing ayuda, nyuwun pamit dhatêng ingkang raka Radèn Arya Menak Koncar, sampun dèn lilani, lah ing ngriku nyat anulya majêng.

Plajaran, rêp.

Sinom. (Mayangsêkar): lah prajurit Balambangan | êndi ingkang nêdya mati | sura mrata jaya mrata | ingsun Dèwi Mayangsari | pilih tandhing ing jurit | kêmbulana ing prang pupuh | lah aja gênti mara | barênga mara ngajurit | nora èrèp nadyan tangkêpa sayuta ||

Kăndha: wau ta kocapa Mraja Dewa Jarumuka, sarêng myarsa sêsumbarira Dèwi Mayangsêkar, saklangkung bramantya, nulya mangsah ing yuda. Lah ing ngriku nyat anulya majêng.

Gêsang, suwuk, ada-ada.

Sinom. (Jarumuka): ma nonah sapa bêrnama | sukak-sukak sumbar brani | (Mayangsêkar): kami Dèwi Mayangsêkar | kamu sapa nama Bugis | (Jarumuka): Raja Têrnate kami | nama Jarumuka Mulku | nonah jangan turut prang | sayang-sayang kaluk mati |

--- 1 : 62 ---

... ||

lêbih baik kamu nonah | jadhi pramisori kami | saya ini raja bêsar | apa kamu mintak musti | dhapêt sama sêkali | (Mayangsêkar): lah jangan banyak mênyaut | mari lêkas anggar prang | (Jarumuka): ya mari nonah kumari | ... ||

Dhawah plajaran golèk, sanga.

Kăndha: lah ing ngriku Dèwi Mayangsêkar anulya narik curiga, sarwi gandika:

Lah kumari Bugis mêlawan anggar prang.

Jarumuka: ya mari nonah baik, sondêr bêdhama.

Gêsang, prang, ebat-ebatan, lintu ênggèn, rêp.

Jarumuka mênyanyi.

Wangsul ênggèn, ulap-ulap sapisan.

Mayangsêkar: lah kumari Jarumuka balêsa, tampir jaja apa nyangkamu bêdhama.

Jarumuka: sayang-sayang tlalu kasihan ma nonah.

Mayangsêkar: lah ta Bugis jangan banyak-banyak kata, kras jatuhkên, apa yang kamu pegang.

Jarumuka: sayang-sayang kaluk mampus saya susah.

Gêsang, dhawah plajaran, ngrocok dhucung, Bugis mundur anggêtak, nglantak, suwuk.

Kăndha: eling Dèwi Mayangsêkar kaplajar, nyata, nyata. Wau ta sarêng katalika dhatêng Radèn Arya Menak Koncar, yèn ingkang garwa kaplajar, langkung dukanira, nulya mangsah ing yuda, dèn pêthukakên dhatêng lurahing pajinêman, pun Baratkatiga. Lah ing ngriku nyat anulya majêng.

Plajaran, suwuk, ada-ada.

Pangkur. (Baratkatiga): Menak Koncar mapag ing prang | luwih bêcik nungkula mring Sri Bêsmi | (Menak Koncar): wis aja kakehan wuwus | payo sagêndhingira (Baratkatiga): Menak Koncar dene têka ambêk lampus | tadhahana kêris ingwang | (Menak Koncar): tibakna ingsun tadhahi ||

Plajaran, prang, rêp.

Baratkatiga: Menak Koncar malêsa.

--- 1 : 63 ---

Menak Koncar: tadhahana walês ingsun.

Baratkatiga: iya mara tibakna.

Gêsang, prang, nglantak, rêp.

Kăndha: wau ta Radèn Arya Menak Koncar pangamukira lir banthèng kêtaton, singa ingkang katrajang bibar. Kocapa Radèn Jayasupêna kalih Radèn Banumaya, sarêng priksa Radèn Arya Menak Koncar pangamukira karoban mêngsah, sumêdya ngaturi mundur yudanira. Lah ing ngriku lampahira enggal-enggalan.

Gêsang, rêp.

Sinom. (Menak Koncar): yayi-yayi ana paran | sira anututi mami | (kalih sarêng): dhuh kakang mas Menak Koncar | sangêt ing panuwun mami | sampun kasêrêng jurit | sarèhning karoban mungsuh | prayogi ingunduran | atur priksa ing Kadhiri | timbang wawrat lamun ngatêp ing ayuda ||

(Menak Koncar): ya bênêr aturmu rimas | bêcik ngunduran kang jurit | sira yayi Banumaya | lumakua mring Kadhiri | tur priksa ing ajurit | sun singidan mring wana gung | de garwa sêlir ingwang | repot wadya ja na kèri | (kalih sarêng): inggih kangmas kawula dhatêng sandika ||

Gêsang, wangsul, ical, Bugis mêdal ngêdrèl, rêp.

Kăndha: wau ta wadya Bugis ingkang sami ngêdrèl dhatêng Radèn Arya Menak Koncar, lah ing ngriku sarêng mulat, yèn Radèn Arya Menak Koncar sampun lumajar sawadyabalanira nulya sami surak-surak.

Gêsang, surak, wangsul, suwuk, lagon.

Kăndha: laris lampahira Radèn Arya Menak Koncar, sumêdya singidan dhatêng wana. Kocapa Ki Patih Ongkotbuta Angkatbuta, sarêng sumêrêp Radèn Arya Menak Koncar sampun lumajar sawadyabalanira sadaya, ki patih kêkalih lajêng sowan ngarsanira Wong Agung Blambangan, atur priksa yèn Arya Menak Koncar sampun lumajar. Wau ta kocap ing kăndha, Wong Agung Blambangan lajêng ngêbroki, mêsanggrahan wontên salêbêting kitha Lumajang.

--- 1 : 64 ---

Kocapa lampahira Radèn Banumaya ingkang sumêdya ngaturi priksa dhatêng Kadhiri, ing samarga-marga tansah gandrung-gandrung galihira.

2. Adipati Sindura ing Daha kêjibah ing pakèwêd.

Rakit: Adipati Sindura, Patih Kêbogêdhah, Arya Giwangkara, Arya Surănggapati, Tumênggung Endrajaya, Tumênggung Căndrakètu, wadya.

Gêndhing gandrung-gandrung, rêp.

Kăndha: anênggih punika nagari Daha ingkang rinênggèng tiga, sintên ingkang pilênggah wontên ing nagari Daha punika, anênggih panjênênganira wong agung Daha ajêjuluk Sang Adipati Sindura, ing mangke dawêg sineba, animbali Ki Patih Kêbogêdhah, punapadene Radèn Arya Dhiwangkara, Radèn Arya Surănggapati, pinêpak sawadyanira sadaya. Wondene ingkang sampun sowan wontên ngajêng têngah punika pun Patih Kêbogêdhah, ingapit Radèn Arya Dhiwangkara, ing Mambêng. Radèn Arya Surănggapati ing Ngrawa. Wingkingira Radèn Arya Dhiwangkara punika, Tumênggung Endrayana, wingkingira Radèn Surănggapati punika Tumênggung Căndrakètu, pilênggah ing Panaraga. Ing wingking sinambêtan andêling wadyabala, aran wong Saradula, kalih wong Surabaya, pêpak andhèr ingkang siwaka, ambalabar kadya sagara tanpa têpi, lan sumêkta sasikêping yuda. Wondene sang adipati sadangunira pinarak, sadèrèngira ngandika, ingkang tansah ginalih-galih namung Sang Adipati Menakjingga ing Blambangn, awit sampun mirêng kabar têrang, yèn Adipati Blambangan salolosnya saking nagari Majapait lajêng madêg ratu, ajêjuluk Prabu Urubêsma, kathah para raja para dipati ingkang sami têluk dhumatêng Blambangan, mila saklangkung èmêng galihira, sang dipati rumaos tiwas anggènira dadya tanggulanging praja. Wondene sang dipati inggih nyaosi nawala dhatêng Prabu

--- 1 : 65 ---

Wanodya, anyaosi uninga, jumênêngira narendra Sang Dipati Menakjingga, miwah sang dipati nyuwun dhawuh anggènira badhe mapag yuda, nanging Sang Prabu Wanodya dèrèng paring wangsulan, mila sang dipati tansah angarsa-arsa. Ya mangkana yitnanira Sang Dipati Sindura.

Dhawah ladrang Durma rangsang

[Grafik]

Adipati Sindura.

I ora talah Si Menakjingga, dene salolose saka Majapait, banjur wani-wani dadi ratu ana nagara Blambangan, lan sumêdya ngrusak nagara Majapait. Karodene manah uwis lawas têmên kongkonaku iki durung ana têka, lan Sri Wanodya durung paring wangsulan. Yèn ta ora paringa dhawuh tumuli, dak duga parangmuka Blambangan iki ambêbayani. Wondene yitnanira pun Patih Kêbogêdhah: kaya priye karsane dewaji iki, dene ora karsa nglanggar prang tumuli mênyang Blambangan. Yèn ta ora karsa nglanggar prang tumuli, kang diantosi apa. Wondene yitnanira Radèn Arya Dhiwangkara, Radèn Arya Surănggapati botên sanès kados yitnanira pun Patih Kêbogêdhah. Lah ing ngriku sang adipati anulya ngandika.

--- 1 : 66 ---

Durma. (Sindura): lah ta Patih Kêbogêdhah kadiparan | kancamu kang sumiwi | apa uwis pêpak | (Kêbogêdhah): pukulun dangu kănca | kula wadya ing Kadhiri | pêpak sadaya | sumiwèng păncaniti ||

(Sindura): iya sukur bangêt lêganing tyas ingwang | kaya kapriye patih | adhi Nilasraya | lumaku ingsun duta | marang nagri Majapait | nyaoske layang | de lawas durung prapti ||

(Kêbogêdhah): non pukulun yèn saking pandugi kula | pramila dèrèng prapti | yèn ngantos timbalan | wangsulan Sri Wanodya | (Sindura): bênêr tuturira patih | (Kêbogêdhah): anggèr Pamalang | kadospundi tur mami ||

(Dhiwangkara): inggih paman lêrês atur jêngandika | kangmas lêrês pun patih | inggih nadyan kula | pramila dèrèng prapta | yèn ngatos timbalan aji | (Sindura): bênêr turira (Dhiwangkara) | Paman Surănggapati ||

punapa ta botên lêrês atur kula | (Surănggapati): lêrês aturnya sami | anggèr lêrês turnya | anak mas Giwangkara | mila lami dèrèng prapti | ngantos timbalan | dewaji Majapait ||

(Sindura): lêrês Paman Surănggapati turira | lah Kêbogêdhah Patih | sira pradandana | sumêkta ing ayuda | sakancamu ing Kadhiri | marma mangkana | lamun Sri Nata Dèwi ||

uwis paring dhawuh maring jênêng ingwang | kalilan nglanggar jurit | ingsun nuli mangkat | nglanggar mênyang Blambangan | nyirnakake adipati | Si Menakjingga | (Kêbogêdhah): sandika sang dipati ||

Kăndha: sèbêt byar wau ta dèrèng dumugi anggènira imbal pangandika Sang Dipati Sindura, kasaru dhatêngira Radèn Banumaya, dumrojog tanpa larapan.

Dhawah, plajaran, rêp.

Durma. (Banumaya): dhuh jêng rama kula tinuding kakang mas | Menak Koncar atur wrin | mangke Menakjingga | sampun anglanggar yuda | langkung agêng ingkang baris | mangke kakang mas | sampun tumanggên jurit ||

lajêng kasor mangke sampun ngungsi wana | sagung prepotnya sami | (Sindura): iya Banumaya | sira nuli balia | ingsun ya wis tata baris | arêp nglanggar prang | (Banumaya): sandika wa dipati ||

Gêsang, Banumaya mundur.

--- 1 : 67 ---

Kăndha: sèbêt byar wau ta Sang Dipati Sindura, sarêng mirêng aturira Radèn Banumaya, Sang Dipati Sindura saklangkung dukanira. Dèrèng ngantos ngandika, kasaru dhatêngira Tumênggung Nilasraya ingkang saking nagari Majapait, sarwi angampil sêrat wangsulan, dumrojog tanpa larapan.

Plajaran, rêp.

Kăndha: wau ta sadhatêngira Tumênggung Nilasraya, munggèng ngarsanira sang adipati sarwi mundhi nawala wêwangsulan. Dèrèng ngantos dinangu, Tumênggung Nilasraya anulya matur:

Asmarandana: sampun kawula tinuding | nyaoskên sêrat paduka | dhatêng jêng sang prabu sinom | sampun katur jêng narpendyah | mangke paring wangsulan | (Sindura): mara ulungêna gupuh | (Nilasraya): kawula nuwun sumăngga ||

Gêsang, Nilasraya ngaturakên sêrat, suwuk.

Kăndha: wau ta ingkang nawala, sarêng sampun tinamèng pan dhatêng Sang Adipati Sindura, ingkang nawala nulya binuka, tandya winaos:

Mijil. kang pangèstu Maha Prabu Dèwi | sinujwèng suksma nom | marang Paman Sindura wiyose | jêngandika ngaturi udani | lamun Adipati | Menakjingga purun ||

kang punika ngong sumanggèng karsi | pangrêksèng krahayon | rèh atmanta wanodya èstune | datan wignya tumanggên ing jurit | dene Adipati | Menakjingga sampun ||

andhatêngi nglamar jênêng mami | yèn lênggana ingong | Majapait ginêmpur èstune | baya ta wus karsaning Hyang Widi | risak Majapait | jêr paman pitambuh ||

Kăndha: wau ta Sang Dipati Sindura, pamaosira nawala tansah pêgat-pêgat. Lah ing ngriku sarêng sampun têrang pamaosira, sang dipati ketang trêsnanira dhatêng Sang Prabu Wanodya, kagagas ing wardaya, wusana aprêbêng-prêbêng angêmu waspa, ingkang nawala tandya sinungkêman.

Tlutur.

--- 1 : 68 ---

Kăndha: wau ta Sang Dipati Sindura dangu anungkêmi nawala, lah ing ngriku èngêt ing wentehan, jênggirat anulya wungu.

Ada-ada.

Pangkur. (Sindura): ya jagad dewa bathara | nora talah Menakjingga Dipati | dene anglamar sang prabu | iya diayonana | Menakjingga sida sirna dening ingsun | lah ta Patih Kêbogêdhah | apa kabèh wus miranti ||

sakapraboning ayuda | sakancamu bocah ingsun Kadhiri | (Kêbogêdhah): sampun sumêkta sadarum | sakapraboning yuda | (Sindura): yèn mêngkono bangêt lêganing tyas ingsun, payo aja kalayatan | (Kêbogêdhah): inggih dhumatêng suwawi ||

Plajaran, bodholan, suwuk, lagon.

Kăndha: wau ta laris lampahing dêdamêl Daha, ingkang sumêdya nglanggar prang mapag yudanira Wong Agung Blambangan. Sinigêg gênti kocapa, Radèn Arya Menak Koncar ingkang sumêdya lampah dhustha mangendrajala, nyidra dhatêng Wong Agung Blambangan, ingkang ngêbroki sarta mêsanggrahan wontên Lumajang. Sarêng dumugi sajawining banon kapisan, lajêng lumumpat sarencangira, tansah angulap-ulap, pados papan ingkang silo, tindakira tansah alon-alonan.

3. Arya Menak Koncar nyidra Prabu Menakjingga.

Mêdal: Menak Koncar, Trunamaesa, Trunamaenda.

Ayak-ayakan, rêp.

Kăndha: anênggih punika Radèn Arya Menak Koncar, dèn dhèrèkakên wadyanira andêl trunalanang wasta pun Trunamaesa, kalih pun Trunamaenda, sampun dumugi salêbêting banon. Lah ing ngriku Radèn Arya Menak Koncar anulya ngandika:

Mijil. ewuh têmên rasaning tyas mami | wus prapta jro banon | mrih lêstari [lê...]

--- 1 : 69 ---

[...stari] ing laku kapriye | (kalih sarêng): inggih gusti sakecaning galih | jinêjêp rumiyin | ing lampah mrih samun ||

(Menak Koncar): yèn mêngkono sira padha kari | sira uwong roro | manggona ing papan samar bae | sun ngulati papane yèn guling | Prabu Urubêsmi | sun cidrane lampus ||

yèn ta durung kalakona mati | tan lêga tyas ingong | lah ta uwis karia nèng kene | (kalih sarêng): inggih gusti dipun ngati-ati | (Menak Koncar): măngsa kaya bayi | (kalih sarêng): inggih gusti sokur ||

Gêsang, ical, suwuk, lagon.

Kăndha: laris lampahira Radèn Menak Koncar, ingkang ngulap-ulap pasareyanira Wong Agung Blambangan. Kapiyarsa kumricik kumaraning kitha.

Rakit: Menakjingga, Dayun, Busungmêrnung.

Gêndhing ricik-ricik, rêp.

Kăndha: anênggih punika Sang Prabu Urubêsma, ingkang dawêg sare wontên pasanggrahan, ambapang munggèng kasur sari ingapit gêguling, mujung singêbira jingga, tansah sênggur gêgêluran, sêmu kawuron anggènira ăndrawina, anggêgala para andêl sadaya, pinuja kasuranira, mila sangêt Sang Urubêsma anggènira kêpati nendra, tinêngga parêpatira kêkalih, wasta Ki Lurah Dayun, kalih pun Busungmêrnung, rêngêng-rêngêng têtêmbangan.

Gêsang, suwuk, lagon.

Balabak. (Dayun): Busungmêrnung sri narendra lagi guling | lah kowe | aja turu-turu tunggu sri narendra | rewange | karo aku padha mêlèk uwong kalih | sun kowe ||

(Busungmêrnung): inggih inggih ki lurah langkung prayogi | tan sare | têngga ajêng dewaji gènipun nendra | saene | têtêmbangan kutut manggung pun prayogi | (Dayun): gèk-agèk ||

Lajêng gêndhingan kutut manggung.

Kăndha: sèbêt byar wau ta Radèn Arya Menak Koncar, ingkang madosi [ma...]

--- 1 : 70 ---

[...dosi] papaning sare Mraja Urubêsma, sampun atas pamiyarsanira Radèn Menak Koncar, papanira sare Wong Agung Blambangan, amung ingkang jagi taksih sami mêlèk sadaya. Lah ing ngriku Radèn Arya Menak Koncar anulya matêk aji sêsirêpira meganănda, saksana wadya ingkang sami jagi kêpati dènira nendra.

Pucung. (Busungmêrnung): Lurah Dayun kawula sangêt angantuk | sumăngga ki lurah | kawula badhe aguling | (lajêng tilêm), (Dayun): êlo aja êlo kok wis banjur nendra ||

Busungmêrnung mêngko yèn dewaji wungu | yêkti dinukanan | êlo kok lêr-lêran mami | arêp turu măngsa boronga rumêksa || (lajêng tilêm).

Kăndha: wau ta Radèn Arya Menak Koncar, sarêng priksa wadya ingkang jagi sami nendra, nulya mrêpêki alon-lonan.

Durma. (Menak Koncar): lah ta iki Si Menakjingga wus nendra | bapang nèng kasur sari | kêpati anendra | sambata kang ayoga | katiban curiga mami | tan wurung sira | yêkti tumêkèng pati ||

Kăndha: lah ing ngriku Radèn Arya Menak Koncar, nulya narik agêmira curiga, tandya nrajang nglarihi dhatêng Wong Agung Blambangan.

Plajaran, nglarihi, rêp.

Kăndha: wanti-wanti panudukira Radèn Arya Menak Koncar, Mraja Urubêsma datan ngalisik, eca dènira ngorok. Lah ing ngriku Mraja Urubêsma alihan dènira sare, Radèn Arya Menak Koncar tandya mundur saking papan.

Mundur ngulap-ulap, gêsang, rêp.

Kăndha: dangu Radèn Arya Menak Koncar amawang-mawang. Sarêng Sri Urubêsma taksih katingal sare, Radèn Arya Menak Koncar tandya nrajang nglarihi malih.

Gêsang, majêng, nglarihi, rêp.

Kăndha: mangkana dangu cinacah-cacah mukanira Sri Urubêsma, miwah inguncêkan [i...]

--- 1 : 71 ---

[...nguncêkan] netranira, namung botên tumama. Lah ing ngriku Sri Urubêsma amarêngi nglindur katongton brangtanira dhatêng Sang Prabu Wanodya. Radèn Arya Menak Koncar kagyat myarsa panglindurira Sri Urubêsma, panyananira Sri Urubêsma wungu, Radèn Arya Menak Koncar nulya milar ngêjlogi pun Dayun. Dayun kagyat tangi, nulya alok pandung, sarwi ambujêng Radèn Arya Menak Koncar.

Urubêsma nglindur: dhenok kuning nang ning Ratu Majalêngka.

Menak Koncar mundur ulap-ulap: mlajar, ngidak Dayun. Dayun alok pandung sarwi mungu Menakjingga.

Plajaran, bêdholan, rêp.

Kăndha: sèbêt byar wau ta ingkang anjagi pasanggrahan, sampun tangi sadaya, nulya samya tumandang ambujêng Radèn Arya Menak Koncar, sawênèh nyumêt oborira, ing pasanggrahan kadya raina, Radèn Arya Menak Koncar katingal saparanira. Mangkana plajarira Radèn Arya Menak Koncar, sarêng kasupit ing pagêr bata lajêng lumumpat sawadyanira trunalanang, nulya mêdal sadaya, wontên kang mêdal nglawang, wênèh nusup margi toya, wênèh mancik mancal rowang, gênti tulung-tinulungan.

Gêsang, bujung-bujungan, Menak Koncar sawadyanipun sami kèndêl, suwuk.

Sinom. (Menak Koncar): si dêdrohun Menakalas | sun suduki tan ngalisik | raine sun cacah-cacah | gumilir datan nêdhasi | lindure mêmêdèni | swarane lir asu baung | baya kranjingan setan | rupane anggêgilani | sun têtêdha olèha tandhing prawira ||

(Trunamaesa): radèn dingarèn paduka | ulap sasamining janmi | dene datan linawanan | iba yèn kongsia tangi | (Menak Koncar): witne samêngko mami | dèn dua wis tobat ingsun | hi hi atiku gila | (Trunamaesa): makatên sang adipati | (Menak Koncar): ya mêngkono bocah ingsun trunalanang ||

dhuh-adhuh aku sangara | sun tobatake madati | anyudakkên kaprawiran | lêsu ing awak bêncirih | (truna sarêng): inggih lêrês sang pêkik | kula ugi ngangsur-angsur | (Trunamaesa): lo aku mambu madat | sapa kang anggawa

--- 1 : 72 ---

iki | baya kowe adhi ingkang sangu madat ||

Rêbatan apyun.

(Menak Koncar): hèh ta bocah trunalanang | aja ta sira prihatin | apyunmu bobot sapira | (truna sarêng): mung wawrat satêngah tail | (Menak Koncar): yèn prapta kuwon mami | sun lironi tikêl têlu | saiki aja susah | iku otot tunggu urip | payo mangkat aja nganti kalayatan ||

Plajaran, suwuk, lagon.

Kăndha: laris tindakira Radèn Arya Menak Koncar, ingkang sumêdya kondur dhatêng panggubahanira ing wana, lawan sawadyanira trunalanang sadaya. Wancinipun punapa samangke, wanci gagat bangun raina.

4. Pêjahipun Adipati Sindura mêngsah Prabu Urubêsma.

Rakit: Prabu Menakjingga, Patih Ongkotbuta Angkatbuta, Wong Agung Madura, Balega, Bali Radèn Panatasingron, Sarijana, Wijanarka, wadya.

Gêndhing Rina-rina, rêp.

Kăndha: anênggih punika pasanggrahan Lumajang, sintên ingkang masanggrahan punika, panjênênganira Wong Agung Blambangan. Sakèngsêrira Radèn Arya Menak Koncar, Wong Agung Blambangan lajêng ngêbroki masanggrahan wontên Lumajang. Kocapa sapunika Wong Agung Blambangan, dawêg miyos sinewaka wontên tarub wêwangunan, animbali Ki Patih Ongkotbuta, Ki Patih Angkatbuta, utawi Wong Agung Madura, Wong Agung Balega, Wong Agung Bali, miwah Radèn Panatasingron, Radèn Sarijana, Radèn Wijanarka, wingking sinambêtan wadyabala Blambangan, sowan pêpak sadaya. Wondene sri narendra sadangunira pinarak, ingkang tansah ginalih-galih namung anggènira kalêbêtan dhustha mangendrajala, sangêt cuwaning panggalihira sri narendra, awit dene [de...]

--- 1 : 73 ---

[...ne] Radèn Arya Menak Koncar ingkang lumêbêt andhustha botên sagêd kacêpêng. Ya mangkana yitnanira Wong Agung Blambangan: bangêt gumune atiku, dene Si Menak Koncar wani lumêbu anduratmaka, amarasandi mangendrajala, nêdya nyidra panjênêngan ingsun. Cuwaning atiku dene ora wani tanggon, banjur oncat. Yèn ajaa oncat ora wurung dak sêmpal-sêmpal balunge, dak sêbit-sêbit kulite, ajur ana ing tanganku. Wondene yitnanira Ki Patih Ongkotbuta Angkatbuta utawi para raja inggih botên sanès kadi yitnanira Wong Agung Blambangan. Lah ing ngriku sri narendra katongton brangtanira dhatêng Sang Prabu Majapait.

Durma. (Urubêsma): dhuh kusuma mirah intêne pun kakang | benjang punapa yayi | panggih lan kawula | asung jampining brăngta | yêkti pun kakang ngêmasi | lamun wurunga | karongron nèng tilam mrik || (lajêng gumujêng).

Gêsang, suwuk, plêncung.

Sinom mèngkrèng. yayi kakang paman nata | mangke kula suka uning | salêbêting pasanggrahan | kalêbêtan dhustha sêkti | badhe anyidra lalis | dhatêng panjênêngan ingsun | pandung pun Menak Koncar | nanging botên anêdhasi | ... ||

sangêt gêtan-gêtun kula | duratmaka tan kapusthi | yèn ta mênggah kacêpênga | iba lêganya tyas mami | kulit ngong sêbit-sêbit | ngong sêsêmpal balungipun | (raja sarêng): lêrês kang pangandika | kawula samantên malih | ... ||

tujunipun jêng paduka | dipun cidra tan nêdhasi | (Urubêsma): lêrês ingkang pangandika | mênggah Prabu Urubêsmi | têdhas sisanya kikir | tanpa damêl madêg ratu | lan nglamar Sri Wanodya | èstu kathah kang ngèsêmi | ... ||

(raja sarêng): lêrês ingkang pangandika | (Urubêsma): kaya paran bapa patih | gonmu angupaya gustha | (patih sarêng): anggèn kula ngupadosi | dustha tan sagêd panggih | mlêbêt madyaning wana gung | (Urubêsma): mangkono bapa patya | (patih sarêng): non kangjêng dewaji inggih | ... ||

Kăndha: sèbêt byar wau ta, dèrèng dumugi gènnya ngandika sri narendra, [na...]

--- 1 : 74 ---

[...rendra,] kasaru dhatêngira wadya pacambêng pun Galagothang, dumrojog tanpa larapan.

Plajaran, rêp.

Kăndha: wau ta sadhatêngira pun Galagothang wontên ngarsanira Wong Agung Blambangan, dèrèng ngantos dinangu anulya matur:

Durma. jêng dewaji non kawula tur uninga | baris Daha dhatêngi | langkung gêng barisnya | sampun adamêl rêsah | lajêng angobong-obongi | senapatinya | Sang Sindura pribadi ||

(Urubêsma): pa mangkono Galagothang aturira | (Galagothang): kangjêng dewaji inggih | (Urubêsma): bapa para nata | sa[mpu]n pyarsa priyăngga | turnya pacambêng mring mami | (sarêng): sampun miyarsa | wangsul karsa narpati ||

(Urubêsma): bapa bapa kakang yayi paman nata | andika dandos aglis | sumêkta ing yuda | lan sagung wadyabala | amapag baris Kadhiri | (sarêng): dhatêng sandika | dandos kaprabon jurit ||

(Urubêsma): bapa bapa yayi kakang paman nata | ing mangke kadospundi | gènnya pêrdandosan | (sarêng): inggih sampun sumêkta | (Urubêsma): sukur yèn sampun miranti | sampun klayatan | (sarêng): inggih dhatêng suwawi ||

Gêsang, bodholan, suwuk.

Kăndha: sèbêt byar wau ta wadyabala Blambangan ingkang bodhol saking pasanggrahan, lampahira lajêng kapêthuk dêdamêl ing Daha, nulya sami tata glar mungsuh rowang, asawang-sinawang. Lah ta ing ngriku tandya campuh ing ayuda têngara wor suraking wadya, kadya angrubuhna langit, sarwi alok: mungsuh, mungsuh.

Plajaran, papagan, rêp.

Kăndha: wau ta ingkang campuh yuda wadya Blambangan lan wadya Daha, saklangkung dènira rame, sanjatanya barondongan, mariyêm lir gêlap ngampar, pêtêng muksaning kucika, kokap wor lêbu, kasarug mangampak-ampak, kang yuda gagap-gagapan, long-linongan, mungsuh rowang tan ngetang pêjah, drêsing punglu kadi mimang, swara lumrang, jumêthot, [jumêtho...]

--- 1 : 75 ---

[...t,] sumêngèr nratas kentas, kentas murub, pasikêpaning yuda, katiban ing gutuk api, sanjata wus kaliwat, caruk watang, ujung pêdhang, lêmbing kunta candrasa, lamêng kulewang, bêrêg-binêrêg, larag-linarag, aliru papan, kang pêjah tan ingetang, banjir gêtih, sarah watang, lumut lêlayu bandera, parang liman turăngga. Lah ing ngriku wadyabala Kadhiri èstu karepotan, mundur-mundur katawan, maju-maju katutuh, katimpah-timpah, katundhung kagulung, kagilês, pating sulayah katunjang, kajêngkang kêrangkang-rangkang, burangkangan asambat biyang. Lah ing ngriku Sang Dipati Sindura saklangkung bramatya, nulya mangsah ing ayuda, kapêthukakên wadya andêl pinilih ing Blambangan kawan nambang, aran wong surabêthot, juranggatho, surarayah, carukdhênggung, lah ing ngriku nyat anulya majêng.

Plajaran, suwuk, ada-ada.

Pangkur. (sakawan sarêng): Dipati Daha mapag prang | luwih bêcik nungkula mring Sri Bêsmi | (Sindura): wis aja kakehan wuwus | mara sagêndhingira | (sakawan sarêng): Adipati Sindura ambêk anglampus | tadhahana kêris ingwang | (Sindura): tibakna ingsun tadhahi ||

Plajaran, prang, rêp.

Sakawan sarêng: Sindura umalêsa.

Sindura: tadhahana walês ingsun.

Sakawan sarêng: iya mara tibakêna.

Gêsang, pêrang, wadya sakawan kapara tiwas, suwuk, ada-ada.

Durma. (Sindura): lah ta padha yèn padhaa imbang-imbang | sasat padha lan mami | sun Dipati Daha | rêbutên ing ayuda | wong Blambangan tunggalmu ndi | barênga mara | amuk-amuk ngajurit ||

Kăndha: eling wadya sakawanan, kapara tiwas. Nyata, nyata. Wau ta sarêng katalika dhatêng pun Udanprahara, yèn wadya sakawanan [sakawana...]

--- 1 : 76 ---

[...n] kapara tiwas, langkung bramatya. Lah ing ngriku nyat anulya majêng.

Plajaran, suwuk, ada-ada.

Pangkur. (Udanprahara): Sindura ngamuk ing aprang | bêcik nungkul marang dewaji Bêsmi | (Sindura): wis aja kakehan wuwus | mara sagêndhingira | (Udanprahara): Adipati Sindura ambêk anglampus | tadhahana kêris ingwang | (Sindura): tibakna ingsun tadhahi ||

Plajaran, prang, rêp.

Udanprahara: Sindura umalêsa.

Sindura: tadhahana walês ingsun.

Udanprahara: iya mara tibakêna.

Gêsang, pêrang, Udanprahara kêtèmpêr, suwuk, ada-ada.

Durma. (Sindura): lah ta padha yèn padhaa imbang-imbang | sasat padha lan mami | sun Dipati Daha | rêbutên ing ayuda | Danprahara tunggalmu ndi | barênga mara | amuk-amuk ngajurit ||

[Grafik]

Patih Angkatbuta.

Plajaran, suwuk.

Kăndha: eling Udanprahara, kêplajar, nyata, nyata. Wau ta sarêng katalika dhatêng Ki Patih Angkatbuta yèn pun Udanprahara kêplajar, langkung bramatya, nulya mangsah ing ayuda. Dèn pêthukakên dhatêng Radèn Endrajaya, lah ing ngriku nyat anulya majêng.

--- 1 : 77 ---

Plajaran, suwuk, ada-ada.

Pangkur. (Angkatbuta): Endrajaya mapag ing prang | luwih bêcik nungkula mring Sri Bêsmi | (Endrajaya): wis aja kakehan wuwus | lah payo Angkatbuta | pêrang ngarêp padha ngadu kang sêsiyung | bathara panglêbur jagad | (Angkatbuta): iya payo padha bêcik ||

Kăndha: wau ta risang kalih nulya sami nyandhak dêdamêlira gada bindi, cag, sarwi ngandika.

Plajaran.

Angkatbuta: lah payo wirutama, pêrang ngarêp rêbut unggul.

Endrajaya: ya payo kêpara ngarsa.

Pêrang, Angkatbuta kêtèmpêr, rêp.

Kăndha: wau ta Ki Patih Angkatbuta, sarêng kenging dèn bindi andhêmanira, ambruk andhêpani bantala, supe purwaduksina, Radèn Endrajaya anulya sêsumbar:

Sinom. sura mrata jaya mrata | sasat padha lawan mami | iya ingsun Endrajaya | rêbutên madyaning jurit | lah Angkatbuta Patih | yèn nyata prajurit punjul | mara enggal tangia | malêsa ingsun tadhahi | payo kene aja nganti kalayatan ||

Kăndha: lah ing ngriku Ki Patih Angkatbuta, sarêng kasilir ing samirana, jênggirat anulya wungu sarwi ambindi.

Gêsang, prang Endrajaya kêtèmpêr, rêp.

Kăndha: wau ta Radèn Endrajaya sarêng kenging dèn walês bindi andhêmanira, ambruk andhêpani bantala. Supe purwaduksina, Ki Patih Angkatbuta anulya sêsumbar:

Sinom. sura mrata jaya mrata | sasat padha lawan mami | ingsun Patih Angkatbuta | rêbutên madyaning jurit | lah Endrajaya aglis | yèn nyata prajurit punjul | mara sira tangia | malêsa ingsun tadhahi | payo kene aja nganti kalayatan ||

Kăndha: lah ing ngriku Radèn Endrajaya, sarêng kasilir ing samirana, jênggirat anulya wungu tandya manitir bindi.

--- 1 : 78 ---

Gêsang, pêrang, Endrajaya kêplajar, suwuk, ada-ada.

Durma. (Angkatbuta): lah ta padha yèn padhaa imbang-imbang | sasat padha lan mami | ingsun Angkatbuta | rêbutên ing ayuda | Endrajaya tunggalmu ndi | barênga mara | amuk-amuk ngajurit ||

Plajaran, suwuk.

Kăndha: eling Radèn Endrajaya kapara tiwas, nyata, nyata, nyata. Wau ta sarêng katalika dhatêng Radèn Nilasraya, yèn ingkang raka Radèn Endrajaya kapara tiwas, langkung bramatya, nulya mangsah ing ayuda, dèn pêthukakên dhatêng Radèn Sarijana. Lah ing ngriku nyat anulya majêng.

Plajaran, suwuk, ada-ada.

Pangkur. (Sarijana): Nilasraya mapag ing prang | bêcik nungkul mring Kaka Prabu Bêsmi | (Nilasraya): wis aja kakehan wuwus | lah payo Sarijana | pêrang ngarêp padha ngadu kang sêsiyung | bathara panglêbur jagad | (Sarijana): iya payo padha bêcik ||

Kăndha: lah ing ngriku risang kêkalih | nulya sami narik agêmira curiga, sarwi ngandika.

Nilasraya: lah payo Sarijana, pêrang ngarêp rêbut unggul.

Sarijana: ya payo kapara ngarsa.

Plajaran, prang, bucalan, rêp.

Gêsang, prang, bucalan, rêp.

Gêsang, prang, wangsul, rêp.

Asmarandana, (Nilasraya): abot sangganing ajurit | salawas sun yuda gada | durung olèh tandhing tanggon | iki entuk Sarijana | tuhu prawirèng yuda | (Sarijana): nora cuwa mungsuh ingsun | sagêndhingmu sun tan ulap ||

(Nilasraya): babo ya sanadyan mami | mara kang tumèmpèl sira | tamakêna marang ingong | ingsun tadhah tamèng dhadha | (Sarijana): iya ingkang prayitna | tadhahana panah ingsun | (Nilasraya): iya mara tibakêna ||

Kăndha: lah ngriku Radèn Sarijana nulya nyandhak agêmira

--- 1 : 79 ---

jêmparing, cag, angiwakakên gandhewa, anêngênakên jêmparing, jumangkah wêntis kang kiwa mancad suku kang têngên. Radèn Nilasraya kenging linêpasan jêmparing, blas anulya sirna.

Mijil. (Sarijana): lah ta padha yèn padhaa sêkti | sasat padha ingong | Nilasraya êndi ta tunggale | Sarijana rêbutên ngajurit | barênga kang prapti | nora èrèp ingsun ||

[Grafik]

Patih Ongkotbuta.

Plajaran, suwuk.

Kăndha: eling Radèn Nilasraya kapara tiwas, nyata, nyata, nyata. Wau ta sarêng katalika dhatêng Patih Kêbogêdhah, yèn Radèn Nilasraya kapara tiwas, langkung bramatya, karsa mangsah ing ayuda, dèn pêthukakên dhatêng Ki Patih Ongkotbuta, lah ing ngriku nyat anulya majêng.

Plajaran, suwuk, ada-ada.

Pangkur. (Ongkotbuta): Kêbogêdhah mapag ing prang | luwih bêcik nungkula mring Sri Bêsmi | (Kêbogêdhah): wis aja kakehan wuwus | lah payo Ongkotbuta | aprang ngarêp padha ngadu kang sêsiyung | bathara panglêbur jagad | (Ongkotbuta): iya payo padha bêcik ||

Kăndha: wau ta risang kêkalih nulya sami nyandhak dêdamêlira gada bindi, cag, sarwi ngandika:

--- 1 : 80 ---

Kêbogêdhah: lah payo Ongkotbuta, pêrang ngarêp rêbut unggul.

Ongkotbuta: ya payo kapara ngarsa.

Plajaran, prang, Ongkotbuta kêtèmpêr, rêp.

Kăndha: wau ta Ki Patih Ongkotbuta sarêng kenging dèn bindi andhêmanira, ambruk andhêpani bantala, supe purwaduksina. Ki Patih Kêbogêdhah anulya sêsumbar:

Sinom. sura mrata jaya mrata | sasat padha lawan mami | ingsun Patih Kêbogêdhah | rêbutên madyaning jurit | lah Ongkotbuta Patih | yèn nyata prajurit punjul | mara enggal tangia | malêsa ingsun tadhahi | payo kene aja nganti kalayatan ||

Kăndha: lah ing ngriku Ki Patih Ongkotbuta, sarêng kasilir ing samirana, jênggirat anulya wungu sarwi malês ambindi.

Gêsang, prang, Kêbogêdhah kêtèmpêr, rêp.

Kăndha: wau ta Ki Patih Kêbogêdhah, sarêng kenging dèn bindi andhêmanira, ambruk andhêpani bantala, supe purwaduksina, Ki Patih Ongkotbuta anulya sêsumbar:

Sinom. sura mrata jaya mrata | sasat padha lawan mami | ingsun Patih Ongkotbuta | rêbutên madyaning jurit | lah Kêbogêdhah Patih | yèn nyata prajurit punjul | mara enggal tangia | malêsa ingsun tadhahi | payo kene aja nganti kalayatan ||

Kăndha: lah ing ngriku Ki Patih Kêbogêdhah, sarêng kasilir ing samirana, jênggirat anulya wungu, tandya manitir bindi.

Gêsang, pêrang, Kêbogêdhah kêpara tiwas, suwuk, ada-ada.

Durma. (Ongkotbuta): lah ta padha yèn padhaa imbang-imbang | sasat padha lan mami | ingsun Ongkotbuta | rêbutên ing ayuda | Kêbogêdhah tunggalmu ndi | barênga mara | amuk-amuk ngajurit ||

Plajaran, suwuk.

--- 1 : 81 ---

Kăndha: eling Ki Patih Kêbogêdhah kapara tiwas, nyata, nyata. Wau ta sarêng katalika dhatêng Radèn Surănggapati, yèn Ki Patih Kêbogêdhah kapara tiwas, langkung bramatya, nulya mangsah ing ayuda, dèn pêthukakên Wong Agung Bali, Mraja Dewagung Walikrama. Lah ing ngriku nyat anulya majêng.

Plajaran, suwuk, ada-ada.

Pangkur. (Walikrama): Surănggapati mapag prang | luwih bêcik nungkula mring Sri Bêsmi | (Surănggapati): wis aja kakehan wuwus | lah payo Walikrama | pêrang ngarêp padha ngadu kang sêsiyung | bathara panglêbur jagad | (Walikrama): iya payo padha bêcik ||

Kăndha: wau ta risang kalih anulya sami nyandhak agêmira gada bindi, cag, sarwi ngandika.

Surănggapati: lah payo Walikrama, pêrang ngarêp rêbut unggul.

Walikrama: ya payo kapara ngarsa.

Plajaran, prang, Dewagung Walikrama kêtèmpêr, rêp.

Kăndha: wau ta Wong Agung Bali, sarêng kenging dèn bindi andhêmanira, supe purwaduksina, ambruk andhêpani bantala, Radèn Surănggapati nulya sêsumbar:

Sinom. sura mrata jaya mrata | sasat padha lawan mami | ya ingsun Surănggapatya | rêbutên madyaning jurit | lah Walikrama Aji | yèn nyata prajurit punjul | mara enggal tangia | malêsa ingsun tadhahi | payo kene aja nganti kalayatan ||

Kăndha: lah ing ngriku Wong Agung Bali, sarêng kasilir ing samirana, nyat anulya wungu, sarwi ambindi.

Gêsang, prang, Surănggapati kêtèmpêr, rêp.

Kăndha: wau ta Radèn Surănggapati, sarêng kenging dèn walês bindi pok talinganira, supe purwaduksina, ambruk andhêpani buntala, Wong Agung Bali anulya sêsumbar:

--- 1 : 82 ---

Sinom. sura mrata jaya mrata | sasat padha lawan mami | sun Dewagung Walikrama | rêbutên madyaning jurit | sira Surănggapati | yèn nyata prajurit punjul | mara enggal tangia | malêsa ingsun tadhahi | payo kene aja nganti kalayatan ||

Kăndha: lah ing ngriku Surănggapati, sarêng kasilir ing samirana, nyat anulya wungu, tandya nitir bindi.

Gêsang, pêrang, Surănggapati kêpara tiwas, suwuk, ada-ada.

Durma. (Walikrama): lah ta padha yèn padhaa imbang-imbang | sasat padha lan mami | ingsun Walikrama | rêbutên ing ayuda | lah mara tunggalmu êndi | barênga mara | amuk-amuk ngajurit ||

[Grafik]

Mraja Dewagung Walikrama.

Plajaran, suwuk.

Kăndha: eling Radèn Surănggapati kapara tiwas, nyata, nyata. Wau ta sarêng katalika dhatêng Radèn Giwangkara, yèn Radèn Surănggapati kapara tiwas, langkung bramatya, nulya mangsah ing ayuda, dèn pêthukakên Wong Agung Balega. Lah ing ngriku nyat anulya majêng.

Plajaran, suwuk, ada-ada.

Pangkur. (Carangwaspa): Giwangkara mapag ing prang | bêcik nungkul mring Prabu Urubêsmi | (Giwangkara): wis aja kakehan wuwus | lah payo Carangwaspa | pêrang ngarêp padha ngadu kang sêsiyung | bathara panglêbur jagad | (Carangwaspa): iya payo padha bêcik ||

Klithikan, muryani busana, rêp.

--- 1 : 83 ---

Kăndha: wau ta risang kêkalih sarêng sampun sami muryani kang busana, nulya sami narik agêmira curiga, sarwi ngandika:

Giwangkara: lah payo Carangwaspa, pêrang ngarêp rêbut unggul.

Carangwaspa: ya payo kapara ngarsa.

Gêsang, prang, dhawah plajaran, rêp.

Asmarandana. (Giwangkara): abot sangganing ajurit | salawas sun yuda gada | durung olèh tandhing tanggon | iki olèh Carangwaspa | tuhu prawirèng yuda | (Carangwaspa): nora cuwa mungsuh ingsun | sagêndhingmu sun tan ulap ||

(Giwangkara) babo ya sanadyan mami | apa kang tumèmpèl sira | tamakêna marang ingong | (Carangwaspa): saru yèn sun dhinginana | (Giwangkara): babo ingkang prayitna | tadhahana panah ingsun | (Carangwaspa): iya mara tibakêna ||

Kăndha: lah ing ngriku Radèn Giwangkara nulya nyandhak agêmira jêmparing, cag, angiwakakên gandhewa, anêngênakên jêmparing, jumangkah wêntis kang kiwa, mancad suku kang têngên, Wong Agung Balega linêpasan jêmparing, kang jêmparing kenging cinadhak.

Gêsang, suwuk, ada-ada.

Mijil. (Giwangkara): mati ngadêg Carangwaspa Aji | kêna warastrèngong | (Carangwaspa): Giwangkara aja age-age | nora mati Carangwaspa luwih | iki kang jêmparing | sayêkti wis putung ||

(Giwangkara): Carangwaspa umalêsa nuli | (Carangwaspa): iya ingkang tanggon | tadhahana warastraku kiye | Giwangkara sira têkèng pati | ing sadina iki | (Giwangkara): ya tibakna gupuh ||

Kăndha: lah ing ngriku Wong Agung Balega nulya nyandhak agêmira jêmparing, cag, angiwakakên gandhewa, anêngênakên jêmparing, jumangkah wêntis kang kiwa, mancad suku kang têngên, Radèn Giwangkara kenging linêpasan jêmparing, blas anulya sirna.

Plajaran, suwuk, ada-ada.

Mijil. (Carangwaspa): lah ta padha yèn padhaa sêkti | sasat padha ingong | Giwangkara êndi ta tunggale | Carangwaspa rêbutên ngajurit | barênga kang prapti | nora èrèp ingsun ||

--- 1 : 84 ---

Plajaran, suwuk.

Kăndha: eling Radèn Giwangkara kapara tiwas, nyata, nyata. Wau ta sarêng katalika dhatêng Radèn Căndrakètu, yèn Radèn Giwangkara kapara tiwas, langkung bramatya, nulya mangsah ing ayuda. Wau ta sarêng katalika dhatêng Wong Agung Madura, Mraja Dewagung Baudhêndha arsa mêthukakên yudanira Radèn Căndrakètu, têdhak saking titihanira turăngga, jlog. Lah ing ngriku Wong Agung Madura lungkèh-lungkèh tindakira.

Gêndhing lungkèh, rêp.

Kăndha: anênggih punika ingkang mangsah ing rana, Wong Agung Madura, Mraja Dewagung Baudhêndha, amêthukakên Radèn Arya Căndrakètu, risang kalih antuk tandhing ayuda, yèn sinawang lir pendah putra Ngalêngka, Radèn Trisirah prang lawan wre Anggada. Ya mangkana yitnanira Wong Agung Madura: nora talah Arya Căndrakètu, dene mapag ing ayuda, solahe ginawe-gawe, kaduk kumêndhung kumasura, lumaku kinawêdènana, iya diprayitna, nora wurung krasa dening tanganku. Wondene yitnanira Radèn Căndrakètu: iki Mraja Baudhêndha mapagake mênyang aku, ilah kêbênêran têmên, padha babag ing ayuda, iya diprayitna, yèn nganti kêtlangso aji jayamu, ora wurung rêmuk katiban bindi. Yêkti mangkana yitnanira Radèn Căndrakètu.

Gêsang, suwuk, ada-ada.

Pangkur. (Baudhêndha): Căndrakètu mapag ing prang | bêcik nungkul mring kaka Prabu Bêsmi | (Căndrakètu): wis aja kakehan wuwus | lah payo Baudhêndha | aprang ngarêp padha ngadu kang sêsiyung | bathara panglêbur jagad | (Baudhêndha): iya payo padha bêcik ||

Kăndha: lah ing ngriku risang nulya sami ngasta agêmira gada bindi, cag, sarwi ngandika:

--- 1 : 85 ---

Căndrakètu: lah payo Baudhêndha, prang ngarêp rêbut unggul.

Baudhêndha: ya payo kapara ngarsa.

Plajaran, prang, Dewagung Baudhêndha kêtèmpêr, rêp.

Kăndha: wau ta Wong Agung Madura sarêng kenging dèn bindi andhêmanira, ambruk andhêpani buntala, supe purwaduksina. Radèn Căndhrakètu anulya sêsumbar:

Sinom. sura mrata jaya mrata | sasat padha lawan mami | sun Bupati Panaraga | rêbutên madyaning jurit | lah Baudhêndha Aji | yèn nyata prajurit punjul | mara enggal tangia | malêsa ingsun tadhahi | payo kene aja nganti kalayatan ||

Kăndha: lah ing ngriku Wong Agung Madura, sarêng kasilir ing samirana, nyat anulya wungu sarwi malês ambindi.

Gêsang, prang, Căndrakètu kêtèmpêr, rêp.

Kăndha: wau ta Radèn Căndrakètu sarêng kenging dèn malês bindi andhêmanira, ambruk andhêpani buntala, supe purwaduksina, Wong Agung Madura anulya sêsumbar:

Sinom. sura mrata jaya mrata | sasat padha lawan mami | ingsun Raja Baudhêndha | rêbutên madyaning jurit | lah Căndrakètu aglis | yèn nyata prajurit punjul | mara enggal tangia | malêsa ingsun tadhahi | payo kene aja nganti kalayatan ||

Kăndha: lah ing ngriku Radèn Căndrakètu sarêng kasilir ing samirana, nyat anulya wungu, tandya manitir bindi.

Gêsang, pêrang, Căndrakètu kêpara tiwas, suwuk, ada-ada.

Durma. (Baudhêndha): lah ta padha yèn padhaa imbang-imbang | sasat padha lan mami | ingsun Baudhêndha | rêbutên ing ayuda | Căndrakètu tunggalmu ndi | barênga mara | amuk-amuk ngajurit ||

Kăndha: eling Radèn Căndrakètu kapara tiwas, nyata, nyata. Wau ta sarêng katalika dhatêng Wong Agung Kadhiri, sarêng priksa yèn [yè...]

--- 1 : 86 ---

[...n] ingkang rayi Radèn Căndrakètu kapara tiwas, saklangkung dukanira, karsa mangsah pêpulih ing ayuda, dèn pêthukakên dhatêng Wong Agung Blambangan, têdhak saking titihanira dipăngga, jlog. Sarêng mulat mangilèn katon sumirat panglayunging kang raditya.

Gêndhing sumirat, rêp.

Kăndha: anênggih punika ingkang ajêng-ajêngan yuda, Wong Agung Kadhiri kalih Wong Agung Blambangan, upamine kadya dhawuhan bêdhah katêmpuh ing banjar larut, kantun lajêre kewala, sintên ta ingkang minăngka kalajêr, inggih Sang Adipati Sindura, kang nglela madyaning rana. Ya mangkana yitnanira Sang Adipati Sindura: i lah, dene alaning ala têmên, Menakjingga kowe, dene lali mênyang sih marmane sri narendra kang wus swargi. Iya diprayitna bae, kowe Menakjingga, ora wurung karasa dening tanganku. Wondene yitnanira Mraja Urubêsma: iki Sindura ngamuk ing ayuda, polahe lir singa krura, lumaku dikawêdènana. Iya diprayitna bae kowe Sindura, aja guru-guru kêplok tangan ambanting sikil, yèn ora gêlêm nungkul mênyang aku, ora wurung mati dening aku. Yêkti mangkana yitnanira Sang Prabu Urubêsma.

Gêsang, suwuk, ada-ada.

Durma. (Urubêsma): Adipati Sindura maju ing aprang | nungkula bae bêcik | (Sindura): babo Menakjingga | bêcik wêwalêsira | mring Brawijaya kang swargi | tan kurang sihnya | marang sira dipati ||

(Urubêsma): iya bênêr Sindura pangucapira | jêr wus sun sêdyèng ati | (Sindura): i kêparat dadak | angêgungakên tekad | tekadmu amonyar-manyir | biyèn ngapaa | gêlêm dadi dipati ||

(Urubêsma): lah Sindura wis aja kakehan ucap | payo padha prang tandhing | angudang siyungnya | iya Bathara Kala | iya êndi kang kalindhih | (Sindura): iya dipatya | karêpmu sun tadhahi ||

gangsaran, rêp.

--- 1 : 87 ---

Kăndha: wau ta risang kalih nulya sami ngasta agêmira gada bindi, cag, sarwi ngandika:

Sindura: lah payo Menakjingga, pêrang ngarêp rêbut unggul.

Urubêsma: lah payo kapara ngarsa.

Gêsang, prang, rêp.

Kăndha: wau ta wong agung kêkalih ingkang ayuda, saklangkung dènira rame, suraking wadya ambal-ambalan. Mraja Urubêsma tan lawan ing ayuda, wanti-wanti ginada, dèn obat-abitakên, sinabêtakên ing sela, sela sumyur, nanging tan rinasèng angga, Sang Dipati Sindura saklangkung bramatyanira, ambucal gadanira nulya ambêdhol wit waringin agêng, sinabêtakên marang Mraja Urubêsma, wrêksa ajur nanging mêksa tan rinasa. Lah ing ngriku Dipati Sindura nulya nyandhak agêmira gada wêsi pusaka, sinabêtakên Mraja Urubêsma wanti-wanti tan tumama. Wau ta Sang Dipati Sindura èsmu kakên ing wardaya, asta kraos bêntèr angêmu rah, Mraja Urubêsma nulya dèn bucal lumêpas dhawahira kuwalik-walik.

Gêsang, suwuk, ada-ada.

Durma. (Sindura): lah ta padha yèn padhaa imbang-imbang | sasat padha lan mami | sun Dipati Daha | rêbutên ing ayuda | Menakjingga nyata luwih | enggal balia | malêsa sun tadhahi ||

Kăndha: wau ta Mraja Urubêsma dangu sumungkêm ing kisma, tandya èngêt ing wentehan, saklangkung bramatyanira. Lah ing ngriku nyat anulya majêng malih sarwi musthi agêmira pusaka gada wêsi kuning.

Plajaran, suwuk, ada-ada.

Pangkur. (Urubêsma): Sindura iki awasna | panggonane pati uripmu pasthi | ing bindi pusakaningsun | Sindura amiliha | apa urip apa ta milih alampus | yèn pilih urip nungkula | wurung pinunahing bindi ||

(Sindura): wis aja kakehan ucap | kênang apa ingsun prang mundur urip | iba suraking dewa gung | andêling Majalêngka [Ma...]

--- 1 : 88 ---

[...jalêngka] | nora pani[2] mati labuh marang ratu | eman-eman sihing narpa | lamun tinggal playu mami ||

(Urubêsma): kumêndhung si adipatya | pangucape ngêgungakên yèn luwih | yèn kowe tan gêlêm nungkul | yêkti tumêkèng lena | (Sindura): lah ta iya măngsa maroa ing wuwus | yêkti sun pêlaur lena | mulih kawisesan mami ||

untapna ing ariloka | ingsun nusul Maha Brawijaya di | lah ta payo kene gupuh | tibakna bindinira | (Urubêsma): kang prayitnya tumêngaa ing aluhur | sumungkêma ing pratala | sambata ingkang ayogi ||

Kăndha: wau ta Sang Dipati Sindura sampun rumaos yèn badhe tumêkèng tiwas, nulya sidhakêp tumênga ing awiyat, amêncar tingal, mêpêt ing napas awor ing pangawruh lan dewane kang wisesa. Lah ing ngriku Mraja Urubêsma nulya mrêpêki Dipati Sindura, dèn bindi kenging pok talinganira, Sang Dipati Sindura anêmahi pralaya.

Plajaran, suwuk, ada-ada.

Durma. (Urubêsma): lah ta padha yèn padhaa imbang-imbang | sasat padha lan mami | ingsun Urubêsma | rêbutên ing ayuda | Sindura tunggalmu êndi | barênga mara | amuk-amuk ngajurit ||

Plajaran, rêp.

Kăndha: eling Wong Agung Kadhiri kapara tiwas, nyata, nyata. Lah ing ngriku Wong Agung Blambangan nulya andhawuhi wadya, kadhawuhan nacah-nacah kuwandhanira Sang Sindura. Kocapa wadyabala ing Daha, sarêng sumêrêp dhatêng Sang Dipati Sindura kapara tiwas, nêdya dèn rêbut kuwandhanira, nyat anulya majêng.

Gêsang, mêdal, ical, suwuk.

Kăndha: wau ta satiwasira wong agung Daha dening Sang Prabu Urubêsma, wadya alit bêdhol tumbak, dhaut payung, gulung bandera, ambucal epok, ambanting paidon, dhadhal larut tan măngga puliha. Thuh, thuh, athuh.

Plajaran, suwuk, lagon.

--- 1 : 89 ---

Kăndha: sèbêt byar wau ta Wong Agung Blambangan lajêng kalêmpakan, animbali Wong Agung Madura miwah ingkang raka Wong Agung Balega, punapadene ingkang paman Wong Agung Bali tuwin para satriya bupati. Lajêng ngalêmpak wontên pasanggrahan ing Prabalingga. Wondene Ki Patih Ongkotbuta tuwin Ki Patih Angkatbuta lajêng ngusir plajaring wadya Daha. Lah ing ngriku Wong Agung Blambangan ingkang tansah ginalih-galih amung satiwasira Dipati Sindura ingkang kagiwang gonjinging wardaya.

Gêndhing giwang gonjing, rêp.

Kăndha: wau ta Wong Agung Blambangan ingkang kalêmpakan lan ingkang rayi, ingkang raka, punapadene ingkang paman tuwin sagunging para satriya bupati, Wong Agung Blambangan saklangkung sukaning galihira, dene Sang Dipati Sindura tumêkèng tiwas myang sawadyabalanira têtumpêsan ing yuda. Wong Agung Blambangan karsanira amangun suka, ăndrawina sawadyabalanira sadaya, pinudya kasukanira. Lah ing ngriku Wong Agung Blambangan anulya ngandika:

Sinom manut gêndhing. yayi kakang paman nata | kang sami mêntas ajurit | punapa sami raharja | (raja sarêng): saking pangèstu narpati | kawula sami rahayu | (Urubêsma): sokur yèn sami rahayu | yayi prabu de punika | bapa patih tan katingal ||

kadospundi ing ayuda | (Baudhêndha): kaka prabu pun apatih | kêkalih sami raharja | nanging mangke taksih ngusir | sisaning prang ingkang mundur | (Urubêsma): inggih sokur yayi prabu | yayi kakang paman nata | sangêt ing pangungun kula ||

yèn Sindura ènthèng ing prang | ngong dugi awrat sinanggi | (raja sarêng): lêrês pangandika nata | sampuna mêngsah narpati | yêkti awrat sangginipun | (Urubêsma): makatên kang para ratu | (raja sarêng): inggih makatên narendra | (Urubêsma): yayi kakang paman nata ||

lawan malih kajêng kula | badhe kasukan ing kapti | mêmudya suraning bala | dènnya mêntas mênang jurit | yayi kakang paman prabu | sami ngasoa rumuhun | sêdene kang pra satriya | (raja sarêng): inggih dhumatêng sandika ||

Kăndha: wau ta rampung pangandikanira Wong Agung Blambangan, ingkang

--- 1 : 90 ---

karsa kasukan ing galih, mêmuja kasuraning wadyabala ingkang mêntas unggul ing yuda, nanging sagunging para raja dipati sami kinarsan ngaso sadaya. Sang prabu karsa kondur amêsanggrahan, têdhak saking palênggahan kursi dênta, jlog.

[Grafik]

Golèk.

Gêsang, suwuk, pêrpêkan.

Golèk mêdal, gêndhing ayak-ayakan, suwuk, lagon, gêndhing Kinanthi jăngga, kêndhangan căndra, golèk anjogèd anggrudha mawi ura-ura Kinanthi.

kanthi-kanthining pangidung | ngudang dadining pudya di | pra wendyaning langêndriya | wandaya wêwêding èdi | wit karsa Jêng Gusti Pangran | Adipati Mangkubumi ||

litnan kolnèl jidan gupnur | pan sêtaf èstuning puji | mring raja jêng sri narendra | kluhuran yogya lêstari | sagarwa putra santana | têkan liyaning sanagri ||

Ngayugyakarta kadhatun | pra andêl nayaka wrêsni | sumrambaha kasênêngan | wadyaning nata gêng alit | mituhuning kasadarman | darma amonging dumadi ||

jêr pangudanging pangidung | ngêngudang dadining pamrih | tan lyan mrih arjaning lampah | kudu waspadèng pra widi | aninggahi kawadakan | ngudi dadining utami ||

krama sutamèng tumuwuh | mêmanuh langgênging tokid | anirdeya dèn kawangwang | wanguning kaanan jati | lir warna sajroing kaca | manjing ingkang aningali ||

Găngsa dhawah mas ginonjing, golèk panjogèd, nyambêr lajêng nglana. Rêp, ura-ura malih, gêndhing Sinom grandhèl:

kakang gambyong prayoganya | aja katungkul ing kapti | luwih bêcik angupaya | pangrêti praboting urip | apa kang sira pilih | gramèn myang ngabdi pyayi gung | (gambyong): raning bandhul baita | kayu gung rineka jalmi | karbèn apa nganggo golèk [golè...]

--- 1 : 91 ---

[...k] kang kangelan ||

(Golèk): kakang gambyong aja wangkal | kudu ora anglakoni | jêr iku wus ingran lumrah | panguripan dèn ulati | tan kêna anyinggahi | luwih luput yèn katungkul | (gambyong): babo gèr pagêr wayang | lamun ta bodho lir mami | apa dadak banjur nora kêdadean ||

(Golèk): kakang gambyong kaya paran | durung ngrêti wis madoni | gonmu urip iku apa | ora lawan nyandhang bukti | yêkti iku tan prapti | kalamun ora linuru | (gambyong): mas mirah kothak jêpan | kapithing kang sabèng sabin | apa dadi wong ayu pêpasthèn ilang ||

(Golèk): kakang gambyong bênêr sira | mula nyata nganggo pasthi | nging tan tinggal pangupaya | jêr witing ana pinurih | ana dadi kinardi | rasakna iki ujarku | (gambyong): walang ijo larira | rak arèn dèn imbu lami | êmbuh-êmbuh kudu sun sukak gambyongan ||

(Golèk): kakang gambyong lamun sira | tan mituhu ujar mami | luwih bêcik pêpisahan | tanpa gawe sun ladèni | kêrêp ngudur sayêkti | wit wus sulayèng panêmu | (gambyong): mas mirah sêmut abang | raning jendraling wong Arbi | aku gêmang yèn pisaha lawan sira ||

Jogèd macak, suwuk, prêpêkan. Golèk ical, suwuk, bibaran.

Tamat.

--- 1 : [92] ---

Isinipun.

Kaca:

I. Jumênêngipun Prabu Kênya.

1. Para adipati sami rêrêmbagan badhe anjumênêngakên Ratu Dèwi Kancanawungu ... 3
2. Dèwi Kancanawungu jumênêng ratu ... 10
3. Prabu Kênya Kancanawungu paring priksa bilih badhe wontên bêbaya agêng ... 16
4. Menakjingga mundur saking Majapait têrus mantuk dhatêng Blambangan sumêdya ambalela ... 17
5. Patih Maudara lan para Adipati Majapait sami samêkta ing pakèwêd ... 18

II. Prabu Menakjingga nglamar Prabu Kênya.

1. Dhatêngipun Patih Ongkotbuta Angkatbuta ambêkta sêrat lamaran ... 22
2. Layangseta, Layangkumitir pêrang lan Angkatbuta Ongkotbuta ... 29

III. Nagari Blambangan.

1. Gandrungipun Prabu Menakjingga ... 34
2. Prabu Menakjingga sulaya rêmbag kalihan Rêsi Pamênggêr ... 43
3. Nglurug dhatêng Lumajang ... 45
4. Raja Têrnate nusul Prabu Menakjingga dhatêng Lumajang ... 46

IV. Adipati ing Lumajang sarta ing Daha.

1. Arya Menak Koncar mêthukakên wadyabala ing Blambangan ... 51
2. Adipati Sindura ing Daha kêjibah ing pakèwêd ... 64
3. Arya Menak Koncar nyidra Prabu Menakjingga ... 68
4. Pêjahipun Adipati Sindura mêngsah Prabu Urubêsma ... 72

 


wau. (kembali)
wani. (kembali)