Langên Driya (Jilid 2), Bale Pustaka, 1932, #590

Judul
Sambungan
1. Langên Driya (Jilid 1), Bale Pustaka, 1929, #590. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
2. Langên Driya (Jilid 2), Bale Pustaka, 1932, #590. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
3. Langên Driya (Jilid 3), Bale Pustaka, 1932, #590. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
Citra
Terakhir diubah: 09-07-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Serie No. [821a]

Langêndriya

Inggih punika pakêm padhalangan ringgit krucil, cariyos lêlampahanipun Radèn Damarwulan.

Babon saking Ngayogyakarta.

Mawi rinêngga ing gambar ringgit krucil saking pitulungan dalêm, Sampeyan Dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara VII ing Surakarta.

Jilid 2

Lampahan: Pêjahipun Rănggalawe.

Bale Pustaka - 1932 - Batawi Sèntrêm.

--- 2 : [2] ---

Wêwênangipun ingkang ngarang kaayoman miturut anggêr ingkang kapacak ing sêtatsêblad 1912 No. 600.

--- 2 : [3] ---

1. Rănggalawe badhe nglurug dhatêng Blambangan.

Rakit, lagon nêm, waosan sêkar Dhandhanggêndhis, pangkat saking barang.

Dhandhanggula. manis arum sinawung langên sri | sru kawuryan pamudyaning raras | kamulya pangrèh sakèha[1] | lir manik mandaya gung | brêming rat wus winayang ing sih | sih wigunaning karya | akarya wulangun | wulanguning tama arja | arjèng deya sinêmangkara suksma di | pangèsthi murwèng karsa ||

Kangjêng Gusti Pangran Adipati | Mangkubumi opsir pan oranya | nasaopsir krun siyême | litênan kolonèl gung | ajidannya sang ondêr koning | mangun Srat Damarwulan | winayang ing lagu | sêkar gêndhing winastanan | Langêndriya saha pinaringan idi | dalêm sri naranata ||

kyat pinundhi sinugun ingkang sih | pasyan dalêm dhumatêng rayindra | duk mêmayang subrangtane | sumaryang yan yun-yun kung | kongas angrèh sumyarjèng puji | jinum sih sumrih sumrah | sêtyarjèng silarju | sarju rumêsêp budyarja | mangarjana mandaya Yudhisthira Ji | sinidhi trusing cipta ||

kang jinêjêr kandhanirèng tulis | Sang Dipati Rănggalawe Tuban | sêdhêng siniwèng wadyane | pra menak pra tumênggung | kalerehan măncanagari | dènnya miyarsa warta | Menakjingga sampun | umadêg Ratu Blambangan | marmanira kinumpul măncanagari | tansah prayitnèng baya ||

Dhawah ayak-ayakan, ringgit majêng.

Dhawah gêndhing [...], rêp.

Kăndha: hong ilahèng hong ilahèng awigênamastu namasidhêm, awigêna, mastu silat mring Hyang Jagad Karana, sirantăndha kawisesaning bisana, sana sinawung wanguning langên wilapa damar sasăngka, èstu mêksih lampahing buda, jinantur tutur katula, tela-tela tulad mrih labdèng paran, winursita pangupama, pramèng niskara, karana dya tumiyèng ringgit jalma, Langêdriya winisudha, trahing dinama pinardi pramèng lalata, mangke têkap wusananing gupita tan wun rênggèng pralambang, atumpa-tumpa, panggung panggêng panggunggung mring sang murwèng karsa.

Anênggih punika nagari Tuban, ingkang kaeka adi dasa purwa, basa eka marang sawiji, adi marang linuwih, dasa sapuluh, purwa marang wiwitan, sanadyan kathaha nagari, ing rat jagad pramusesa, ingkang kasăngga pratiwi, ingkang kaungkulan ngakasa, ingkang kakêbêng mahara, ingkang kasiwêr samodra, ingkang kasênênan sang hyang pratănggapati, ingkang kawinunan sang hyang căndra, datan paja memba,

--- 2 : 4 ---

[...]b kadi nagari Tuban. Pranyata nagari Tuban punika panjang apunjung, pasir awukir, loh jinawi. Basa panjang marang dawa, punjung marang aluhur, pasir tamping samodra, wukir angajêngakên gunung, loh jinawi, banyu tumumpang, tulus kang sarwa tinandur, murah kang sarwa tinuku, eca manahe kawula alit. Kêbo sapi bèbèk ayam, datan ana kinandhangan, dhatêng aglar munggèng pangonan. Saking arja kartaning nagari, sirna wong laku dursila, durta durcara datan ana, pranyata Wong Agung Tuban punika, sanadyan dudu panjênênganing narendra, nanging bupati pinusaka, ing rat Jawa tanpa sisihan, andêlira Narendra Majapait, sinung angrèh sakèhing raja dipati kang kawilang kalerehanira, miwah amujagani ruwêt-rêntênging praja, obah-osike wadyabala, kumèdhêm ing parangmuka, kasok prêcayaning narendra, wênang ngagêm upacara kapraboning ratu, sruning luhur kawisesanira, kêna ingaran mukti sari, nyakrawati baudhêndha. Basa nyakra apan midêr, bau sêntana, dhêndha kuwasa. Midêra sèwu nêgara, datan ana kadi Wong Agung ing Tuban. Kinasihan ing dewane, kinamulèn ing widadari, kinacèk sasamining tumitah, sênênira Sang Hyang Surya. Lan sabên dina Anggara Mulya, katamuan jawata ing suralaya, lan wus pinêsthi dadya musthikaning prajurit linuwih, kinudang ing para dewata, tumraptaning dina kailangan kinarya jêjangkêping dewa, watak nawa sanga, pranyata Wong Agung Tuban punika, ta[...]h mule bêlaba ing donya, dana boga lumintu sabên dina, ngupaya dasih utama, amulang bala balilu, angganjar ing aprang pupuh, ngapura tiwasing wadya, mintir pangrèhing utama, mila tansaya têbih kuncaranira, kasusra kajana priya saking nagari liyan, yèn pinunjul ing rèh bawaning rat, amumpuni ing aguna kasêktèn, tansah mêdhot kasuwalaning kawula alit, amêmatut sakèhing wadyabala, lan kinèringan ing parangmuka, ingkang têbih manglung, ingkang cêlak tumiyung, sanadyan datan linawanan ing ayuda, kungkulan ing budi darma, sami asrah bulubêkti, paglondhong pangarêng-arêng, tansah mintir sabên warsa.

Sintên ta dasanamanira Wong Agung Tuban, dasa sapuluh, nama aran. Ajêjuluk Sang Adipati Rănggalawe. Mila Wong Agung Tuban, kocap sapunika, dene lagya kèmêngan badra irawan, basa badra amêndhung, irawan srêngenge, kadya srêngenge kalingan mêndhung, surêm prabawanira. Punapa ingkang dadya èmêngira Wong Agung Tuban. Awit Sri Narendra Kênya dèrèng karsa nambut titahing akrama, silaning pramada, wimbuh ing mangke mirêng kabar yèn Adipati Blambangan sampun umadêg ratu, ajêjuluk Maha Prabu Urubêsma, saha nglamar dhatêng Sri Narendra Kênya, ing mangke sampun anglanggar ing ayuda sawadyabalanira, ambêbahak kalerehanira, Sang Adipati Sindura, laju ngêbroki kitha Prabalingga. [Pra...]

--- 2 : 5 ---

[...balingga.] Mila Wong Agung Tuban tansah sadhiya sakapraboning ayuda. Para dipati rerehanira pêpak sadaya, baris tugur wontên nagari Tuban, mung nganti karsaning narendra, dènira lumurug ing yuda, wondene sapunika, Wong Agung Tuban karsa miyos ing pagêlaran, gunging wadya pinêpak sadaya, karsanira anggalih balelanira Sang Adipati Menakjingga.

Sinigêg pangrêngganira Sang Dipati Rănggalawe, kocapa ingkang wontên ing pasowan jawi, ingkang wontên têngah punika, pun Patih Jayapuspita, têngênira ki patih punika, Radèn Arya Krêtagnyana, kang pilênggah ing Jipang, kiwanira ki patih punika, Radèn Arya Purbarana, kang pilênggah ing Sêdayu, wingkingira ki patih punika, Radèn Arya Menak Widuri, kang pilênggah ing Pathi, ingapit Tumênggung Menak Găndamustaka, kang pilênggah ing Warung, kalih Tumênggung Menak Binarong, kang pilênggah ing Grobogan. Wondene putranira Sang Adipati Rănggalawe, Radèn Buntaran, kalih Radèn Watangan, inggih sampun sami sowan, anjujug salêbêting kadhaton. Wondene wadyabala ing Tuban sampun sami pêpak sowan sadaya, panganggenira inggih awarna-warna, pasikêpanira inggih maneka-neka, kadya ta sêkar sêtaman, myang wana karêbun măngsa, ingkang ngangge sêlaka kêncana, sorotira pating karênyêp, pating galêbyar, tansaya minuni sari ing panangkilan. Saking èbêg lungiding pasêmon, myang ruming pranatèng rat, luhur-linuhuran ing pasêmon, kang manuha[...] arja, datanpa wikara, akarya kredhaning tyas. Lah ing ngriku saking gunge ingkang sewaka, ambalabar lir sagara tanpa têpi, kang wetan dumugi pagongan, kang kilèn anglangkungi wantilan, ingkang lèr dumugi pangurakan, kadya ta rubuha, pancaksuji kayu arêng, ing nagari Tuban.

Pangkat dhawah.

Wau ta botên antawis dangu, kasaru wiyosira Wong Agung Tuban. Punapa antawisira yèn miyos, jajaran ingkang mêdal rumiyin, sakèhing prajurit baris kurmat, munya gumêrah, myang brêdăngga munggang, munya angangkang, lan sanjata agêng, munya kaping tiga, gur, gur, gur.

Gêsang, gandhang-gandhang.

Sinom. (Jayapuspita): hèh-hèh bocah nagri Tuban | dhodhoka-dhodhoka sami | dewaji miyos sineba | jaga nagri pa wis nangkil | (wadya): inggih pan sampun nangkil | (Jayapuspita): yèn mangkono apa ta wus | samêkta sêsaosnya | yèn uwis ajokna nuli | (wadya): inggih radèn kawula dhatêng sandika ||

Gêsang, Adipati Rănggalawe miyos, rêp.

--- 2 : 6 ---

Sinom. (Rănggalawe): lah Patih Jayapuspita | kabèh kang padha sumiwi | padha sira dhawuhana | majua nèng ngarsa mami | (Jayapuspita): nuwun sandika gusti | hèh kănca-kănca sadarum | dhawuhnya sang dipatya | kinèn majêng dènnya nangkil | (wadya sadaya): kyana patih kawula dhatêng sandika ||

Gêsang, rêp.

Kăndha: wau ta wadya ingkang anangkil, upamine lintang abyor kalaning dalu. Sarêng kawijilan ing surya wicăndra, sudhama nir ujwalanira, kaluhuran ing sang hyang pratănggapati. Sadangunira pinarak, sadèrèngira ngandika, sirêp ing panangkilan, tan ana sabawane walang aslisik, amung swarane pandhe gêndhing kêmasan, ingkang taksih kalilan nyambutdamêl, lan swaraning pêksi êngkuk, munya anglangut anèng tawang.

Gêsang, suwuk, lagon, kawin.

Dhawah sêkar gêndhing kêlayunêdhêng. Rêp.

Kêlayunêdhêng. (Rănggalawe): Jayapuspita | sakancamu kabèh | wadyaningsun Tuban | apa wus pêpak | sebane padha | anèng ngarsaningwang | (Jayapuspita): gusti yèn andangu | wadya ing Tuban | non sampun pêpak | sowan munggèng ngarsa | (Rănggalawe): sokur yèn wus pêpak | lah ta apatih | sun myarsa warta | mêngko Menakjingga | uwis madêg aji | anèng Blambangan ||

raja dipatya | akèh padha nungkul | marang Menakjingga | (Jayapuspita): non jêng dewaji | sanadyan kula | wartosnya tyang dagang | yèn pun Menakjingga | umadêg ratu | raja dipatya | kathah ingkang têluk | malah sapunika | sampun anduta | nglamar Sri Kênya | yèn ta botên karsa | badhe rinêbat prang | Jêng Sri Wanodya ||

(Rănggalawe): mangkono patya | (Jayapuspita): inggih jêng dewaji | kadospundi kakang | Sang Krêtagnyana | atur kawula | (Krêtagnyana): lêrês jêngandika | kakang mas dipatya | lêrês aturnya | pun adhi patya | mila sapunika | yèn pun Menakjingga | sampun anglamar | dhatêng Sri Kênya | yèn ta botên tarsa[2] | badhe rinêbat prang | Sang Sri Wanodya ||

(Jayapuspita): mangkono rimas | (Krêtagnyana): inggih kakang mas | kadospundi adhi | Sang Purbarana | atur kawula | (Purbarana): lêrês jêngandika | kangmas sang dipatya | lêrês aturnya | ki raka ing Jipang | mila sapunika | yèn pun Menakjingga | sampun anglamar | dhatêng Sri Kênya | yèn ta botên karsa | badhe rinêbat prang | Sang Sri Wanodya ||

(Jayapuspita): mangkono rimas | (Purbarana): inggih kakang

--- 2 : 7 ---

êmas | (Rănggalawe): lah ta sira patih | kalawan sira | yayi karonya | yèn kaya mangkono | ingsun dhewe arsa | anglanggar pupuh | mring Balambangan | nglunas Menakjingga | yèn ta durung sirna | saka ing aku | pan durung lêga | rasaning atiku | (tiga sarêng): yèn ta makatêna | sumanggèng karsa ||

Kăndha: wau ta Sang Dipati Rănggalawe, sarêng myarsa aturira Ki Patih Jayapuspita, miwah dipati kêkalih, saklangkung ngunguning driya. Dèrèng ngantos ngandika, kasaru gègèring jawi, kadya gabah dèn intêri, pyak, pyak, pyak.

Dhawah plajaran, gandhang-gandhang, Jayapuspita mundur. Rêp.

Asmaradana. (Jayapuspita): hèh hèh mêngko bocah Tubin | apa kang dadi gègèrnya | ing jaba aluwih rame | apa ta ana dirada | mêdhot saka wantilan | apa ana macan ngamuk | ucul saka krangkèngira ||

(Aturan): kang dados gègèring jawi | sang dipati katamuan | Arya Sêsimping Rahadèn | duta saking Majalêngka | (Jayapuspita): apa mangkono bocah | ya êndhêgna dadi atur | (aturan): inggih dhumatêng sandika ||

Gêsang, gandhang-gandhang, Jayapuspita wangsul, suwuk.

Sinom. (Jayapuspita): gusti amba tur uninga | kang dados gègèring jawi | jêng paduka katamuan | duta saking Majapait | (Rănggalawe): nuli turana patih | (Jayapuspita): dhatêng sandika pukulun | lah kănca timbalana | duta saking Majapait | (panimbal): kyana patih kawula dhatêng sandika ||

Lagon, panimbal nimbali.

Asmaradana. (Panimbal): anggèr Ariya Sêsimping | jêngandika ingaturan | dhatêng anggèr Rănggalawe | sarênga salampah kula | (Sêsimping): pnapa makatên paman | (panimbal): inggih ingaturan laju | (Sêsimping): inggih dhumatêng sandika ||

Arya Sêsimping sowan.

Kăndha: sèbêt byar wau ta Radèn Arya Sêsimping, sarêng dèn aturi lajêng dhatêng păncaniti, sakalangkung sukanira, nyat anulya jumênêng, alon dèn têtêpakên jamange, dèn oglèngakên dhuwunge, dèn longsorakên koncane. Wantune maksih agung anèm, tansah miragèng raras sumbaga. Sarêng jumangkah suku kang kiwa, tansah kacipta dènira mundhi dhawuhing nata, ana têka gupuh-gupuh tindakira.

Gêndhing gupuh, rêp.

--- 2 : 8 ---

Kăndha: wau ta salêbêtira Radèn Arya Sêsimping, piyak wadya ingkang sewaka, piyak ngarêp têkab ing wuri, samya gupit-ginupita. Priye têgêse gupit-ginupita, kang wontên wingking, jawil kang wontên ngajêng, kang wontên ngajêng, jawil ing kanan kering, tansah pating kalêsik swaranira, saking kathahing wadya kang rêraosan, yayah tanpa rungyaning dharatan, ngantos ngumandhang ing gêgana. Ya mangkana yitnanira Radèn Arya Sêsimping, bêgja kamayangan têmên têkaku iki, kakang adipati pinuju siniwaka. I, iba wis apriksa kang dadi aturku, tak duga bangêt pangungune galihe kakang adipati. Wondene pangunandikanira Wong Agung Tuban, iki adhi Arya Sêsimping diutus sri narendra, diutus apa, têka asigra-sigra. Titi mangkana pangunandikanira Wong Agung Tuban.

Gêsang, suwuk, lagon.

Mijil. (Rănggalawe): lah bagea dhi Arya Sêsimping | prapta ngarsaningong | (Sêsimping): inggih dhatêng kasuwun sabdane | kacancang wontên ing pucuk wèni | mimbêti rah daging | (Buntaran Watangan): paman rawuhipun ||

kaaturan ingkang panakrami | (Sêsimping): inggih gèr sakaro | langkung nuwun gèr pêpasihane | (Rănggalawe): lah ta adhi Ariya Sêsimping | sira klakon prapti | anèng ngarsaningsun ||

apa karêpmu priyăngga tuwin | dinuta sang katong | (Sêsimping): inggih kangmas kawula èstune | dipun utus dhatêng sri bupati | (Rănggalawe): dinuta punapi | dhawuhêna gupuh ||

(Sêsimping): amaringkên pangèstu narpati | (Rănggalawe): bangêt pamundhi ngong | (Sêsimping): kaping kalih kinèn dhawuhake | paring priksa yèn pun Adipati | Menakjingga balik | sampun madêg ratu ||

malah mangke sampun andhatêngi | anglamar sang katong | yèn tan arsa tampi panglamare | Menakjingga badhe andhatêngi | dhatêng Majapait | angrêbat sang prabu ||

(Rănggalawe): kaya priye karsanya sang aji | (Sêsimping): karsanya sang katong | kang panglamar pan botên tinampèn | dhawuh nata andika samangkin | kinèn nglanggar jurit | mring Blambanganipun ||

anyirnakkên dhatêng Urubêsmi | (Rănggalawe): iya yèn mangkono | tur sandika munjuka mring rajèng | (Sêsimping): yèn makatên kula nyuwun pamit | (Rănggalawe): sun jurung basuki | (Sêsimping): dhumatêng anuwun ||

Plajaran, rêp.

Sinom mèngkrèng. (Rănggalawe): lah Patih Jayapuspita | yayi Jipang Sadayuning | sira padha wus miyarsa | dhawuhe sri narapati | (tiga sarêng): inggih sampun [sampu...]

--- 2 : 9 ---

[...n] miyarsi | wangsul karsa jêng pukulun | (Rănggalawe): saiki sun nglanggar prang | marang Blambangan nagari | anyirnakke lêlêthêk Si Menakjingga ||

(Tiga sarêng): inggih saklangkung prayogi.

(Rănggalawe): sira padha prêdandana | sakapraboning ajurit | ... | kabèh sakancamu Tubin | ... | dina iki pangkat ingsun | ... | ... | anglanggara mring Balambangan nagara ||

(Tiga sarêng): kulup Buntaran Watangan | sira aja milu jurit | tunggua nagaranira | ing Tuban sêpine mami | ywa nganti owah kaki | dikaya yèn ana ingsun | (kalih sarêng): inggih dhatêng sandika | kawula têngga nagari | ... ||

Kăndha: wau ta rampung pangandikanira Wong Agung Tuban, karsa kondur adhatulaya, têdhak saking palênggahanira kursi dênta, jlog.

Gêsang, rêp.

Kăndha: pantês tan ana wingwang Wong Agung Tuban, yèn kala kondur adhatulaya, ginarêbêg sakathahing para biyada, manggung tanapi badhaya, plara-lara ingkang ngampil upacara, udakawis kalih lajur sisih, kang rompyo-rompyo sinome, kang ijo pilingane, kang sapêkak têngahe, kang sajari miring tapake, kang mangkah-mangkah jajane, kang pating karêncang bayune, kang mandul-mandul payudarane, kang ketol-ketol brotole, kang mungal panggalake, kang [...]plang platukane. Swaranira gumêrah, mara mara mara, dug grudug-grudug.

Wau ta Wong Agung Tuban, sarêng ngiwa tingale, ingkang nampèni sêmunira lurah parêkan, Nyai Lurah Ranujiwa, kalih Nyai Lurah Arudita. Wêdalira enggal-enggalan.

Gêsang, rêp.

Parêkan andhawuhakên.

Sinom. (parêkan): ki patih manira ngêmban | dhawuhnya sang adipati | sagung pasikêpaning prang | enggal dèn priksaa sami | kang rêgêd dèn rêsiki | kang risak mulyakna gupuh | sampun ngantos kuciwa | (Jayapuspita): gèh matur sandika nyai | nyai lurah nêdha sami kur-ungkuran.

Gêsang, antal, rêp.

Kăndha: wau ta sakondurira Wong Agung Tuban kèndêl ing danaprêtapa. Punapa ingaran danaprêtapa gapura, mila gapura, ingaran danaprêtapa, danane yèn kalangkahan, kawula jalêr lan èstri, tapane yèn kapanasan. Wau ta Wong Agung Tuban, sarêng angiwa tingale, wontên brêmara anguswa [angu...]

--- 2 : 10 ---

[...swa] sari, sari maksih kudhup, dèn isêp brêmara akèh polahe kang brêmara. Ana têka mèsêm salêbêting galihira Wong Agung Tuban.

Gêsang, suwuk, lagon.

Adipati Rănggalawe, parêkan.

Dhandhanggula. (Rănggalawe): bocah wadon iki pamulaning | dene iki kang kali bêngawan | cilik têmên ing iline | (parêkan): gusti pramilanipun | ing bêngawan ilinya alit | pinêndhêt kănca ngarsa | ngêlêb ngalun-alun | (Rănggalawe): iya nadyan mangkonoa | aja bangêt-bangêt sabab darbèk mami | kalangênan sun iwak ||

padha pating klênggèk arêp mati | (parêkan): kula nuwun gih dhatêng sandika | (Rănggalawe): karo sira dhawuhake | bocah ingsun panandhun | apadene kang kêmitbumi | pêthethan ingsun padha | rompyo-rompyo iku | sira dhawuhna angrampas | (parêkan): kula nuwun dhumatêng sandika gusti | (Rănggalawe): manèh sira dhawuha ||

bocah ingsun kênèk gamêl srati | titihan sun kuda rata gajah | aja na kurang pakane | (parêkan): sandika jêng pukulun | (Rănggalawe): lawan sira mlêbua nuli | sira matura nimas | Banowati gupuh | iya mêngko karsaningwang | ingsun arsa kondur dhatulaya nuli | (parêkan): inggih dhatêng sandika ||

Kăndha: wau ta Wong Agung Tuban, ingkang kondur andhatulaya, tan liya ingkang ginalih, namung dhawuhe sri narendra ing Majapait. Ya mangkana pangunandikanira Wong Agung Tuban, ora kaduga atèningsun, dene karêpe Adipati Blambangan iki, têka dibacut-bacutake, anglamar mênyang Sri Narendra Kênya, iya layak jêr wong sugih kuwanèn, ora nitèni sihè, sri narendra kang wus swargi.

2. Rănggalawe pamitan para garwa.

Gêndhing titipati, rêp.

Kăndha: anênggih punika ingkang wontên salêbêting dhatulaya, ingkang musthika garwanira, Wong Agung Tuban. Sintên ta dasanamanira, têtimbanganira musti, Wong Agung Tuban. Akêkasih Sang Dyah Ayu Banowati. Wondene ingkang marak, wontên ngarsanira Sang Dyah Ayu Banowati punika, putranira Wong Agung Tuban, akêkasih Sang Dyah Rêtna Sêkati, wondene Sang Dyah Sêkati punika, anglangkungi [anglangkung...]

--- 2 : 11 ---

[...i] ayu warnanira, yèn cinăndra kang warna, kirang căndra langkung warna, ayu tulus tur rada karana, ta[...] lindri, liringe lir pasopati, larapan alus alètèr, patutnya pindha ancala, srinatanya lir pendah kudhuping puspa wisata, rema mêmak ngandhan-andhan, amrêcêt kang pucuk rêkta, pasu tumurut imbanya nanggal sajuga, lathi manis kawuryan ing lathi, ginantyanan kaping tiga, waja èsmu gumaci, mila yèn kalanira mèsêm, winatarèng netya, tukup lathi ing asta, wajanya kongas sumorot dlèrèng, gêbyar, ah têka dadi brangtane kang ningali, midêra sèwu nagara, măngsa angsala, kadi Sang Dyah Ayu Sêkati. Wondene sang dyah adining kusuma, Rêtna Dèwi Banowati, sadangunira tinilar, miyos siniwaka, tansah angarsa-arsa. Ya mangkana pangudasmaranira, Sang Dyah Ayu Banowati, kadingarèn têmên, kangjêng pangeran iki, olèhe miyos siniwaka têka suwe, beda karo saban-saban. Yêkti mangkana pangudasmaranira, Sang Dyah Ayu Banowati.

Gêsang, sêblak siyêng, rêp.

Parêkan atur-atur.

Kinanthi. (parêkan): gusti kawula tur-atur | raka panduka dipati | karsa kondur dhatulaya | (Banowati): yèn mangkono dipun aglis | kabèh padha rêsikana | (parêkan): dhatêng sandika sang dèwi.

Gêsang, suwuk, lagon.

Rănggalawe miyos.

Asmaradana. (Banowati): jêng pangeran sang dipati | gèn panduka siniwaka | sanès adat lan sabêne | karsa dhawuhkên punapa | (Rănggalawe): nimas yèn nungsung warta | mula suwe miyos ingsun | ingsun nimbali apatya ||

sêdene para bupati | ingsun takon kang pawarta | yèn Si Menakjingga mangke | madêg Ratu Balambangan | jêjuluk Urubêsma | akèh măncapraja têluk | (Banowati): wangsul karsa jêng panduka ||

(Rănggalawe): ingsun ya bakal tur uning | marang jêng sri naranata | lawan ingsun nglanggar pupoh | nyirnakake Menakjingga | iku nora antara | adhi Arya Simping rawuh | dinuta mring sri narendra ||

(Banowati): wangsul dinuta punapi | (Rănggalawe): paring priksa marang ingwang | Menakjingga madêg katong | nglamar marang sri narendra | yèn sri nata tan arsa | bakal rinêbut ing pupuh | nanging karsaning narendra ||

panglamar banjur tinampik | dhawuhe sri naranata | ingsun kinèn nglanggar pupoh | nyirnakake Menakjingga | (Banowati): wangsul atur panduka | (Rănggalawe): ya sandika atur ingsun | sa[...] [sa...]

--- 2 : 12 ---

[...[...]] iki sun mangkat ||

nyirnakake Urubêsmi | (Banowati): yèn makatên jêng pangeran | kawula sumêdya dhèrèk | lumurug ing rananggana | (Rănggalawe): lah iku nimas nora | mundhak angribêdi laku | bêcike sira nèng pura ||

lêlangên badhaya srimpi | dene nimas kang rumêksa | iya atmajamu karo | kulup Buntaran Watangan | dene ta nimas ingwang | nora lawas ulih ingsun | (Banowati): inggih dhumatêng sandika ||

(Rănggalawe): nimas sun arsa samèdi | (Banowati): inggih dhumatêng sandika | lah ta mara bocah wadon | mara ing sanggar planggatan | ge sira têbahana | jêng pangeran arsa nêkung | (parêkan): inggih dhumatêng sandika ||

Lagon jugag, ical, rakit.

Kăndha: wau ta Wong Agung Tuban, ingkang minggah ing sanggar pamujan, amêmuja samèdi, angobong mênyan seta dupa pêpanggil, botên agêng botên alit, udakawis saêndhasing gajah abuh, kukusira sumyak ing suralaya, kagegeran jawata watak nawa sanga. Sinigêg ingkang mamuja samèdi, kocapa ingkang wontên pasowan jawi, samya amlitir[3] kumbalanira.

3. Bala Tuban bidhal dhatêng Blambangan.

Gêndhing caplang, rêp.

Kăndha: anênggih punika ingkang wontên pasowan jawi, ingkang sowan wontên kilèn punika, Ki Patih Jayapuspita, ingkang wontên ngajêng wetan punika, Radèn Arya Krêtagnyana, ingkang wontên ngajêng wetan kidul punika, Radèn Arya Purbarana, ingkang wontên têngah wingking punika, Radèn Menak Widuri, ingapit Tumênggung Menak Găndamustaka, Tumênggung Menak Binarong, ing wingking sinambêtan para punggawa, para menak para dipati, ambalabar ing pasowanan, lawan sampun samêkta sasikêping ayuda, sabab sampun kadhawuhan, badhe anglurug prang, dhatêng nagari Blambangan. Ya mangkana yitnanira, Ki Patih Jayapuspita.

Dhawah gêndhing ladrang Pangkur.

Kaya kapriye kakang Arya Krêtagnyana, utawa kakang Arya Purbarana, olèhe padha prêdandanan, apa iya wis padha samêkta, apa iya durunga, utawa manèh titihane kanjêng dewaji, kang aran kuda rata dipăngga, apa iya wis rampung, apa iya durunga, karodene manèh Si Menakjingga Blambangan, dene banjur madêg ratu, banjur kumawani-wani nglamar mênyang Sri Narendra Wanodya. Iki wong ngêmping lara anggenjah pati, iya dirasakêna, ora sirna dening aku. Wondene

--- 2 : 13 ---

yitnanira, Radèn Arya Krêtagnyana, kalih Radèn Arya Purbarana, inggih botên sanès kalih yitnanira Ki Patih Jayapuspita. Lah ing ngriku Radèn Arya Purbarana, anulya ngandika.

Pangkur. (Krêtagnyana): lah Adhi Jayapuspita | sakalangkung pangungun kula maring | Menakjingga dene purun | madêg Ratu Blambangan | lawan malih dene lajêng nglamar prabu | punika tiyang winastan | ngêmping sakit genjah lalis ||

(Jayapuspita): lêrês ingkang pangandika | (Krêtagnyana): paran yayi Purbarana tur mami | (Purbarana): lêrês kangmas aturipun | adhi Jayapuspita | lêrês kangmas Krêtagnyana aturipun | inggih ta sanadyan kula | botên siwah atur mami ||

sangêt pangunguning driya | Menakjingga dene umadêg aji | lan purun anglamar prabu | punapa angandêlna | kang pusaka gada pangruwating satru | punapa sura sêktinya | lawan kathah bala aji ||

(Jayapuspita): lêrês ingkang pangandika | datan lêpat raka sang arya kalih | inggih ta sanadyan ulun | botên sanès lan dika | Menakjingga yèn ngandêlna sêktinipun | lawan ingkang gada kilat | lawan kathah bala aji ||

kula sagah anyirnakna | Menakjingga tan susah sang dipati | ingkang tumindak anglurug | ngamungna kula pyambak | (kalih sarêng): lêrês adhi patih pangandikanipun | inggih ta sanadyan kula | apan inggih smantên ugi ||

(Jayapuspita): sagunging para nararya | kadospundi ing mangke gènnya sami | dandos kapraboning pupuh | pnapa sampun samêkta | (para nararya): anggèn kula dandos kapraboning pupuh | inggih sampun amirantya | (Jayapuspita): sokur yèn sampun miranti ||

Kăndha: sèbêt byar wau ta, kocapa Wong Agung Tuban, sakondurira dhatulaya, lajêng angrasuk busana kaprajuritan. Kunêng Wong Agung Tuban, kocapa ingkang wontên pasowan jawi, Ki Patih Jayapuspita, kalih Radèn Arya Krêtagnyana, tiga Radèn Arya Purbarana, kang nata lampahing prajuritan, tanapi titihan kula, rata dipăngga, tuwin wadya ingkang ngampil-ampil. Kaprabon sikêping ayuda, inggih sampun samêkta sadaya. Sarêng sampun sami samêkta jawi nglêbêt, Wong Agung Tuban nulya miyos enggal-enggalan.

Dhawah plajaran, rêp.

Adipati Rănggalawe miyos.

Kăndha: wau ta sawiyosira Wong Agung Tuban, ginarêbêg ing upacara. Wondene Ki Patih Jayapuspita inggih sampun sami samêkta sawadyabala sadaya. Wondene Wong Agung Tuban sadangunira miyos, ingkang tansah ginalih-galih amung Mraja Urubêsma, ingkang pinudya ing adilaga.

--- 2 : 14 ---

Ketang trêsnanira dhatêng Sang Prabu Wanodya, utawi gènira tata-tata Ki Patih Jayapuspita. Ya mangkana yitnanira Wong Agung Tuban, i kaya kapriye Si Patih Jayapuspita iki olèhe padha prêdandan, yèn wis padha rampung samêkta kabèh, arêp dak angkatake tumuli. Aku sêlak arêp wêruh rupane Si Menakjingga. Titi mangkana yitnanira Wong Agung Tuban.

Gêsang, suwuk ada-ada.

Asmaradana. (Rănggalawe): lah Jayapuspita Patih | paran gonmu prêdandanan | apa wis samêkta kabèh | (Jayapuspita): jêng dewaji gèn kawula | prêdandosan ngayuda | sakănca kula sadarum | non sampun sami samêkta ||

(Rănggalawe): iya sokur yèn wus mranti | bangêt lêganing tyas ingwang | lah ta mara patih age | bocah panganjuring yuda | mara dhawuhna mangkat | (Jayapuspita): sandika gusti pukulun | hèh kănca-kănca sadaya ||

yèn sampun samêkta sami | gènnya sami prêdandosan | sikêp kapraboning pupoh | dhawuhnya sang adipatya | nuli dikakke mangkat | aja klayatan lumaku | (punggawa sadaya): inggih dhumatêng sandika ||

gandhang-gandhang jajam kuning | sarêntêk samaradana | girang-girang yèn binopong | ulate sada bêlalak | rêspatine pi[...] cal l | èsême linapas madu | wong irêng asăngga rukma ||

Gandhang-gandhang.

Asmaradana. (Jayapuspita): hèh-hèh bocah-bocah Tubin | gonmu padha prêdandanan | apa wus samêkta kabèh | miwah saliring wahana | apa tan kêkurangan | (aturan): dhuh rahadèn inggih sampun | botên wontên kêkirangan ||

(Jayapuspita): yèn uwis padha miranti | budhalna panganjuring prang | manut têngaraning bêndhe | yèn bêndhe sapisan obah | bêndhe ping pindho nunggang | ping têlu budhalna gupuh | (aturan): kawula nuwun sandika ||

Kawin, pangkur.

Kăndha: wau ta ingkang wontên jawi, pun guna panantang, ingkang kinèn nêmbang têngara, nyat anulya bêndhe. Dhasar bêndhe agêng, pinatut barang, angungkung karêngèng tawang, sinauran ing têngara, kêndhang gong tambur salomprèt, gurnitra gumrah, myang têtêg mawanti-wanti, lan sanjata agêng, munya gumludhug kaping tiga, acihna umangkating prang, mawurahan, gora rèh bumi lir bêlah. Sakala budhal sadaya, sumahap tandhanging wadya, kadya dhandhang alêlumbungan, mung, mung, mung.

Gêndhing gagaksetra. Rêp.

--- 2 : 15 ---

Kăndha:

Kyai sangu dika kèri, ya susulna ya susulna, lah kiyai sikêpane, taksih kantun wontên wisma, ya susulna ya susulna, kyai putra dika tumut, ya susulna ya susulna.

Lah ing ngriku bodholira sadaya dêdamêl ing Tuban. Gumrêging baris muntap, lir jaladri bêna, anggamêng gumulung agêgolongan, swara gumêrah gumlêdhêg, kadya alun anêmpuh parang, têngran kăndha daludag kasir lêlayu, lir pisahing alun, sumirat binarung wangkawa teja, asri winulat kêdhaping wastra, myang busana sêsotya, pating galêbyar, pindha sunaring tirta, molah kasrang ing surya, ujwala sri sinawung lidhah cancala, ing gêgana ngêmu riris, surêm baskara salili, asri panganggèning wadya, tinon lir panjrahing sari ngudyana, tan awor tatanira, sajuru-juru rampak, sakupu-kupu pipit arêntêt, atali-tali, apanthan-panthan dêduluran, sasawigra jalang-jalangan, dhasar sami wadya pêpilihan, nom-anom atuwuk dana, lawan ingugung pinuja kasu-[...]ra, sasolah angajap yuda, samarga agora-godha.

Sênggakan.

Wondene ingkang wadya cucuking lampah, Tumênggung Menak Binarong, munggèng kuda jragêm, têngran yaksa manaut, amangku wadya sanêmbang, dhasar prajurit gagah prakosa, sarwi ngunjuk brandhuwin tigang dhasar, sumringah wadananira, dadya pêpantêsira. Sumundhul ing wuri, Tumênggung Menak Gadamustaka,[4] munggèng kuda palăngka rêta, têngran pun banthèng makrura, amangku wadya sanêmbang, dhasar prajurit gagah prakosa, sarwi ngunjuk brandhuwin tigang dhasar, sumringah wadananira, dadya pêpantêsira. Sumundhul ing wuri, Radèn Menak Widuri, munggèng kuda palumpung, wasta pun damarkèli, amangku wadya sanêmbang, dhasar prajurit utama, sarwi ngunjuk mandherah tigang dhasar, sumringah wadananira. Sumundhul ing wuri, Radèn Arya Purbarana, munggèng kuda bopong, wasta pun samoga, sinongsongan maliyo jênar, amangku wadya wolung èwu, têngranira nanggala, dhasar prajurit gagah prakosa, sarwi ngunjuk brandhuwin tigang dhasar, sumringah wadananira, tinon lir putra Mandura, Radèn Kakrasana. Sumundhul ing wuri, Radèn Arya Krêtagnyana, munggèng kuda jajam biru, têngran pun sardula, sinongsongan maliyo jênar, mangku wadya wolung èwu, [è...]

--- 2 : 16 ---

[...wu,] têngran ciri trisula, apajêng wanara krura, dhasar prajurit gagah prakosa, sarwi ngunjuk brandhuwin tigang dhasar, sumringah wadananira, tinon lir putra Ngalêngka, Radèn Trisirah. Sumundhul ing wuri, Ki Patih Jayapuspita, munggèng kuda mangsi tirta, wasta pun layarwarih, sinongosongan kartas pita, amangku wadya salêksa, têngran ciri kunta, apajêng pare anom, dhasar bagus ingkang warna, baranyak pamulunira, sarwi ngunjuk brandhuwin tigang dhasar, sumringah wadananira, tinon lir warăngka Maèspati, Radèn Bambang Sumantri. Sumundhul ing wuri, upacaraning ayuda, myang andhungan turăngga. Sang Adipati Rănggalawe, munggèng kuda dhawuk bang, wasta pun sangupati, sinongsongan gilap, tunggul mutyara, ginarêbêg andêl pralena, aran wong tramtraman, sarwi ngunjuk mandherah tigang dhasar, sumringah wadananira, tinon lir Wong Agung Maèspati, Prabu Arjuna Sasrabau. Wondene ingkang datan têbih, tindakira Wong Agung Tuban, amung Ki Patih Jayapuspita. Lah ing ngriku lampahira arsa ginêlak. Sang adipati nulya ngandika.

Sinom. (Rănggalawe): lah Patih Jayapuspita | (Jayapuspita): kula nuwun jêng dewaji | (Rănggalawe): lah mara nuli sêngkakna | sakancamu kang lumaris | (Jayapuspita): sandika jêng dewaji | hèh kănca-kănca sadarum | kinarsan nyêngkakêna | gènipun sami lumaris | (punggawa): kyana patih kawula dhatêng sandika ||

Gêsang, suwuk, ada-ada.

Kăndha: wau ta lampahira dêdamêl Tuban, sarêng ngancik talatahing Pasuruan, wantune wadya anom-anom, kaduk wani kurang dêduga, sarêng aningali kêbo sapi am[...]nang, supe ing parentah, nulya anjarah rayah, nyandhak upêt angobong-obongi, thuh, thuh, athuh.

Plajaran, suwuk, lagon.

Kăndha: wau ta laris tindakira Wong Agung Tuban, ingkang karsa nglurug ing ayuda sawadyabalanira, samarga-marga lampahing bala pating balêbêr, asrang-srangan, datan nyipta mundur ing ayuda.

4. Layangseta Layangkumitir campuh kalihan Angkatbuta Ongkotbuta.

Gêndhing Durma rangsang, rêp.

Kăndha: anênggih punika Radèn Layangseta, kalih Radèn Layangkumitir, ingkang baris wontên samadyaning wana, ingutus dhatêng Sri Wanodya, dados tingaling prang, ngrêrangu yudanira ingkang paman, Wong Agung [A...]

--- 2 : 17 ---

[...gung] Kêdhiri. Wondene radèn kêkalih sawêg sineba, pêpak wadyabalanira sadaya. Dene ingkang lênggah kilèn lèr punika, Radèn Layangseta, ingkang lênggah kilèn kidul punika, Arya Menak Kalungkung, ingkang pilênggah ing Kartasana. Têngênira Arya Menak Kalungkung punika, Arya Menak Bagaspatra, ingkang pilênggah ing Sarêngat. Kiwanira Arya Menak Kalungkung punika, Arya Menak Brajamusthi, ingkang pilênggah ing Jagaraga. Ing wingking sinambêtan wadyabala sadaya, ambalabar. Wondene Arya Menak Balaruci, kalih Arya Menak Têpèngsara, botên sowan, awit ing galih botên pitados tinindhihan dhatêng radèn kêkalih, mila tansah manggung sumêlang rangu-rangu ing ayuda. Ing mangke dadya malik tingalira, sumêdya nungkul dhatêng wong agung Blambangan. Wau ta sadangunira lênggah, Radèn Layangseta, kalih Radèn Layangkumitir, ingkang tansah ginalih-galih, namung ingkang paman, Wong Agung Kêdhiri, awit dene sampun anglanggar prang dhatêng Prabalingga. Radèn kalih tansah cuwa galihira dhatêng ingkang paman Wong Agung Kêdhiri. Lah ing ngriku radèn kêkalih nulya ngandika.

[Grafik]

Radèn Layangseta.

Durma. (Seta Kumitir): lah paman Menak Kalungkung de punika | Paman Mas Balaruci | Gajah Têpèngsara | sami botên katingal | (Menak Kalungkung): gèr dangu pun paman kalih | anjagi baya | yèn wontên mêngsah prapti ||

(Layangseta): yèn makatên paman paran ingkang kabar | paman mas ing Kêdhiri | (Menak Kalungkung): anggèr Layangseta | kawula mirêng kabar | kangmas Dipati Kêdhiri | sampun anglanggar | mring Prabalingga jurit ||

(Layangseta): punapa makatên Paman Krêtasana | (Krêtasana): makatên ingkang warti | [...]ran atur kula | anak mas Bagaspatra | lawan anak Brajamusthi | (kalih sarêng): lêrês andika | Paman Krêtasananing ||

(kakang) Yayi Layangseta lêrês turnya paman | inggih sanadyan mami | paman Mas Sindura | sampun anglanggar yuda | (Layangseta):

--- 2 : 18 ---

makatên kakang mas yayi | (kalih sarêng): inggih kakang (yayi) mas | (Layangseta): lah adhi mas Kumitir ||

kaya priye ingkang dadi rêmbugira | paman Sindura uwis | nglanggar ing ayuda | kèri gawe tur sisa | (Layangkumitir): inggih kakang mas yèn mami | yèn nusul ing prang | èstu botên prayogi ||

momor damêl kados sanès tyang utama | saeba wat pribadi | mangke kantênannya | paman Dipati Daha | andhap unggiling ajurit | manawi andhap | yogi bawat pribadi ||

wondene yèn mangke unggul ing ayuda | inggih prayogi nunggil | jêr ingutus nata | dadya têtingaling prang | (Layangseta): apa mangkonoa yayi | (Layangkumitir): inggih kakang mas | (Layangseta): ya yayi luwih bêcik ||

Kăndha: sèbêt byar wau ta, dèrèng dumugi anggènira imbal wacana radèn kêkalih dhatêng para menak têtiga, kasaru dhatêngira wadya pacambêng, pun Gêtêrpatêr, dumrojog tanpa larapan.

Dhawah plajaran, rêp.

Durma. (Seta Kumitir): ana paran Gêtêrpatêr sira têka | ana ing ngarsa mami | mara ge matura | (Gêtêrpatêr): inggih dhatêng sandika | kawula atur udani | paman panduka | Sang Dipati Kêdhiri ||

kasambut prang mêngsah Prabu Urubisma | tumpês sawadya jurit | kawula sumăngga | (Seta Kumitir): mangkono aturira | (Gêtêrpatêr): rahadèn kêkalih inggih | (Seta Kumitir): ya wis mundura | (Gêtêrpatêr): sandika radèn kalih ||

Gêsang, rêp.

Kăndha: sèbêt byar wau ta radèn kêkalih, sarêng mirêng aturira pun Gêtêrpatêr, saklangkung maras galihira, dene ingkang paman, Wong Agung Kêdhiri, kasambut ing ayuda. Dèrèng ngantos ngandika, kasaru dhatêngira wadya pajinêman, pun Dhèdhèt Erawati, dumrojog kanpa[5] larapan.

Plajaran, rêp.

Kăndha: wau ta radèn kêkalih, sarêng priksa dhatêngipun Dhèdhèt Erawati, sowanira dumrojog tanpa larapan, radèn kalih saya wêwah maras, kumambang ing galih. Dèrèng ngantos dinangu, pun Dhèdhèt Erawati anulya matur.

Durma. (Dhèdhèt Erawati): radèn kalih kawula atur uninga | wadya Blambangan mangkin | angangsêg kang yuda | pun Kotbuta Katbuta | punika ingkang nindhihi | amba sumăngga | (Seta Kumitir): ya Dhèdhèt Erawati ||

para menak sampun mirêng aturira | pun Dhèdhèt Erawati | (sarêng): inggih sampun myarsa | wangsul karsa andika | (Seta Kumitir): inggih

--- 2 : 19 ---

pinapag ngajurit | sami dandosa | (sarêng): inggih langkung prayogi ||

(Seta Kumitir): punapa ta sampun gènnya prêdandosan | sasamêktaning jurit | (sarêng): sampun amirantya | (Layangseta): sokur sampun samêkta | yèn kaya mangkono yayi | aja klayatan | (Layangkumitir): inggih dhatêng suwawi ||

Gêsang, rêp.

Kăndha: sèbêt byar wau ta, sampun campuh ing ayuda, wadya Krêtasana, wadya Jagaraga, wadya Sarêngat, lan wadya Blambangan, saklangkung dènira rame, sanjatanya brondongan, pêtêng muksmaning kucika, kang yuda gagap-gagapan, long-linongan, tambuh mungsuh lan rowang. Lah ing ngriku wadya Krêtasana, èsmu repot yudanira. Sarêng katalika dhatêng Tumênggung Menak Kalungkung, langkung bramantya, karsa mangsah ing ayuda, dèn pêthukakên dhatêng Radèn Menak Jayalêlana. Lah ing ngriku nyat nulya majêng.

Gêsang, suwuk, ada-ada.

Pangkur. (Menak Kalungkung): Menak Klungkung mapag ing prang | bêcik nungkula marang Narendra Bêsmi[6] | (Menak Kalungkung): wis aja kakehan wuwus | payo Jayalêlana | pêrang ngarêp padha ngadu kang sêsiyung | bathara panglêbur jagad | (Menak Jayalêlana): iya payo padha bêcik ||

Kăndha: lah ing ngriku risang kalih nulya sami ngasta agêmira gada bindi, cag, sarwi ngandika.

Menak Kalungkung: lah payo wirutama, pêrang ngarêp rêbut unggul.

Menak Jayalêlana: ya payo kapara ngarsa.

Plajaran, prang, rêp.

Kăndha: wau ta Radèn Jayalêlana, sarêng kenging dèn bindi andhêmanira, ambruk andhêpani bantala, dangu akapidhara. Tumênggung Menak Kalungkung anulya sêsumbar.

Sinom. (Menak Kalungkung): sura mrata jaya mrata | sasat padha lawan mami | Menak Kalungkung ya ingwang | rêbutên madyaning jurit | lah Jayalêlana glis | yèn nyata prajurit punjul | mara enggal tangia | malêsa ingsun tadhahi | payo kene aja nganti kalayatan ||

Kăndha: lah ing ngriku Radèn Jayalêlana, sarêng kasilir ing samirana, janggirat anulya wungu, tandya narajang.

Gêsang, prang, rêp.

Kăndha: wau ta Tumênggung Menak Kalungkung, sarêng kenging winalês jajanira, ambruk andhêpani bantala, dangu akapidhara. Radèn Jayalêlana anulya sêsumbar.

--- 2 : 20 ---

Sinom. (Menak Jayalêlana): sura mrata jaya mrata | sasat padha lawan mami | sun Menak Jayalêlana | rêbutên madyaning jurit | lah Menak Klungkung aglis | yèn nyata prajurit punjul | mara enggal tangia | malêsa ingsun tadhahi | payo kene aja nganti kalayatan ||

Kăndha: lah ing ngriku Tumênggung Menak Kalungkung, sarêng kasilir ing samirana, janggirat anulya wungu, sarwi manitir bindi.

Gêsang, suwuk, ada-ada.

Durma. (Menak Jayalêlana) lah ta padha yèn padhaa imbang-imbang | sasat padha lan mami | pun Jayalêlana | rêbutên ing ayuda | Menak Klungkung tunggalmu ndi | barênga mara | amuk-amuk ngajurit ||

Plajaran, suwuk.

Kăndha: eling Tumênggung Menak Kalungkung kapara tiwas, nyata, nyata. Wau ta sarêng katalika dhatêng Tumênggung Bagaspatra yèn ingkang paman kapara tiwas, langkung bramantya, nulya mangsah ing ayuda, dèn pêthukakên dhatêng Radèn Menak Pramangsul. Lah ing ngriku nyat anulya majêng.

Plajaran, suwuk, ada-ada.

Pangkur. (Menak Pramangsul): Bagaspatra mapag ing prang | luwih bêcik nungkula mring Sri Bêsmi | (Bagaspatra): wis aja kakehan wuwus | payo kapara ngarsa | Paramangsul padha ngadu kang sêsiyung | bathara panglêbur jagad | (Paramangsul): iya payo padha bêcik ||

Kăndha: lah ing ngriku risang kalih anulya sami narik ngasta agêmira curiga bindi, cag, sarwi ngandika.

Bagaspatra: lah payo wirutama, pêrang ngarêp rêbut unggul.

Pramangsul: ya payo kapara ngarsa.

Plajaran, prang, rêp.

Kăndha: wau ta Tumênggung Bagaspatra, sarêng kenging ginoco jajanira, ambruk andhêpani bantala, dangu akapidhara. Radèn Menak Pramangsul anulya sêsumbar.

Sinom. (Pramangsul): sura mrata jaya mrata | sasat padha lawan mami | Menak Paramangsul ingwang | rêbutên madyaning jurit | lah Bagaspatra aglis | yèn nyata prajurit punjul | mara enggal tangia | malêsa ingsun tadhahi | ... ||

--- 2 : 21 ---

Kăndha: lah ing ngriku Tumênggung Bagaspatra, sarêng kasilir ing samirana, janggirat anulya wungu, tandya narajang malih, titi Menak Pramangsul mawi jêmparing.

Gêsang, suwuk, ada-ada.

Mijil. (Pramangsul): lah ta padha yèn padhaa sêkti | sasat padha ingong | lah Bagaspatra êndi tunggale | Paramangsul rêbutên ing jurit | barênga kang prapti | nora èrèp ingsun ||

Plajaran, suwuk.

Kăndha: eling Tumênggung Bagaspatra tiwas, nyata, nyata. Wau ta sarêng katalika dhatêng Radèn Lalangkumitir[7] yèn ingkang rayi tiwas, langkung dukanira, karsa mangsah ing ayuda, dèn pêthukakên dhatêng ponang Patih Angkatbuta. Lah ing ngriku nyat anulya majêng.

Plajaran, suwuk, ada-ada.

Pangkur. (Agkatbuta): Kumitir kapasang yogya | yogya para katuju ngênu yêkti | ingsun aya le panêru | wusana iki sira | katêmu nèng samadyaning aprang pupuh | sayêkti sun durung lêga | yèn sira durung sun pusthi ||

(Layangkumitir): babo-babo Angkatbuta | ya cobanên wiragèngsun ngajurit | yèn luputa sira lampus | sun pocok murdanira | (Angkatbuta): babo-babo payo ngadu kang sêsiyung | bathara panglêbur jagad | (Layangkumitir): iya payo padha bêcik ||

Kăndha: lah ing ngriku risang kalih nulya sami narik ngasta agêmira curiga bindi, cag, sarwi ngandika.

Angkatbuta: lah payo wirutama, pêrang ngarêp rêbut unggul.

Layangkumitir: ya payo kapara ngarsa.

Plajaran, prang, rêp.

Kăndha: wau ta pun Apatih Angkatbuta, sarêng kenging ginoco andhêmanira, ambruk andhêpani bantala, dangu akapidhara. Radèn Layangkumitir nulya sêsumbar.

Sinom. (Layangkumitir): ): sura mrata jaya mrata | sasat padha lawan mami | Layangkumitir ran ingwang | rêbutên madyaning jurit | lah Angkatbuta Patih | yèn nyata prajurit punjul | mara enggal tangia | malêsa ingsun tadhahi | ... ||

Kăndha: lah ing ngriku pun Apatih Angkatbura, sarêng kasilir ing samirana, jênggirat anulya wungu, tandya narajang.

--- 2 : 22 ---

Gêsang, prang.

Titi Kumitir dipun gêtak.

Suwuk, ada-ada.

Durma. (Angkatbuta): lah ta padha yèn padhaa imbang-imbang | sasat padha lan mami | ingsun Angkatbuta | rêbutên ing ayuda | Kumitir tunggalmu êndi | barênga mara | amuk-amuk ngajurit ||

Plajaran, suwuk.

Kăndha: eling Radèn Layangkumitir kaplajar, nyata, nyata. Wau ta sarêng katalika dhatêng ingkang raka Radèn Layangseta yèn ingkang rayi kaplajar, langkung dukanira, nulya mangsah ing ayuda, dèn pêthukakên dhatêng pun Patih Ongkotbuta. Lah ing ngriku nyat anulya majêng.

Plajaran, suwuk, ada-ada.

Pangkur. (Ongkotbuta): i Seta kapasang yogya | yogya para katuju ngênu yêkti | ingsun ngaya le panêru | wusana iki sira | katêmu nèng samadyaning aprang pupuh | sayêkti sun durung lêga | yèn sira durung sun pusthi ||

(Layangseta): babo-babo Ongkotbuta | ya cobanên wiragèngsun ngajurit | yèn luputa sira lampus | sun pocok murdanira | (Ongkotbuta): babo-babo payo ngadu kang sêsiyung | bathara panglêbur jagad | (Layangseta): iya payo padha bêcik ||

Kăndha: lah ing ngriku risang kalih nulya sami narik ngasta agêmira curiga bindi, cag, sarwi ngandika.

Ongkotbuta: lah payo wirutama, pêrang ngarêp rêbut unggul.

Layangseta: ya payo kapara ngarsa.

Plajaran, prang, rêp.

Kăndha: wau ta ponang Patih Ongkotbuta, sarêng kenging ginoco jajanira, ambruk andhêpani bantala, dangu akapidhara. Radèn Layangseta anulya sêsumbar.

Sinom. (Layangseta): sura mrata jaya mrata | sasat padha lawan mami | ingsun Radèn Layangseta | rêbutên madyaning jurit | lah Ongkotbuta Patih | yèn nyata prajurit punjul | mara enggal tangia | malêsa ingsun tadhahi | ... ||

Kăndha: lah ing ngriku ponang Patih Ongkotbuta, sarêng kasilir ing samirana, jênggirat anulya wungu, tandya narajang.

--- 2 : 23 ---

Gêsang, prang, rêp.

Kăndha: wau ta ingkang prang, saklangkung dènira rame. Solahira Radèn Layangseta lir prênjak tinaji. Sarêng kenging pinusthi dhatêng pun Apatih Ongkotbuta, tandya binucal, blas dhawah têbih.

Gêsang, suwuk, ada-ada.

[Grafik]

Patih Angkatbuta.

Durma. (Ongkotbuta): lah ta padha yèn padhaa imbang-imbang | sasat padha lawan mami[8] | ingsun Ongkotbuta | rêbutên ing ayuda | Layangseta tunggalmu ndi | barênga mara | amuk-amuk ngajurit ||

Kăndha: eling Radèn Layangseta kaplajar, nyata, nyata. Wau ta sarêng katalika dhatêng Tumênggung Brajamusthi yèn ingkang rayi kaplajar, langkung bramantya, nulya mangsah ing ayuda. Lah ing ngriku nyat anulya majêng.

Plajaran, suwuk, ada-ada.

Pangkur. (Ongkotbuta): Brajamusthi mapag ing prang | luwih bêcik nungkula mring Sri Bêsmi | (Brajamusthi): wis aja kakehan wuwus | lah payo Ongkotbuta | pêrang ngarêp padha ngadu kang sêsiyung | bathara panglêbur jagad | (Ongkotbuta): iya payo padha bêcik ||

Kăndha: lah ing ngriku risang kalih sami ngasta agêmira gada bindi, cag, sarwi ngandika.

Brajamusthi: lah payo wirutama, pêrang ngarêp rêbut unggul.

Ongkotbuta: ya payo kapara ngarsa.

Plajaran, prang, rêp.

Kăndha: wau ta pun Apatih Ongkotbuta, sarêng kenging binindi andhêmanira, ambruk andhêpani [andhêpa...]

--- 2 : 24 ---

[...ni] bantala, dangu akapidhara. Tumênggung Brajamusthi anulya sêsumbar.

Sinom. (Brajamusthi): sura mrata jaya mrata | sasat padha lawan mami | Menak Brajamusthi ingwang | rêbutên madyaning jurit | lah Ongkotbuta Patih | yèn nyata prajurit punjul | mara enggal tangia | malêsa ingsun tadhahi | payo kene aja nganti kalayatan ||

Kăndha: lah ing ngriku pun Apatih Ongkotbuta, sarêng kasilir ing samirana, janggirat anulya wungu, tandya narajang.

Gêsang, prang, rêp.

Kăndha: wau ta Tumênggung Brajamusthi, sarêng kenging winalês poking karna, ambruk andhêpani bantala, dangu akapidhara. Pun Apatih Ongkotbuta anulya sêsumbar.

Sinom. (Ongkotbuta): sura mrata jaya mrata | sasat padha lawan mami | ingsun Patih Ongkotbuta | rêbutên madyaning jurit | lah ta sira Brajamusthi[9] | yèn nyata prajurit punjul | mara enggal tangia | malêsa ingsun tadhahi | payo kene aja nganti kalayatan ||

Kăndha: lah ing ngriku Tumênggung Brajamusthi, sarêng kasilir ing samirana, janggirat anulya wungu, tandya manitir bindi.

Gêsang, suwuk, ada-ada.

Durma. (Ongkotbuta): lah ta padha yèn padhaa imbang-imbang | sasat padha lan mami | ingsun Ongkotbuta | rêbutên ing ayuda | Brajamusthi tunggalmu ndi | barênga mara | amuk-amuk ngajurit ||

Plajaran, suwuk.

Kăndha: eling Tumênggung Brajamusthi kapara tiwas, nyata, nyata. Wau ta kocapa Radèn Layangseta Radèn Layangkumitir, sarêng priksa Tumênggung Menak Kalungkung, Tumênggung Menak Bagaspatra, Tumênggung Menak Brajamusthi, sami kapara tiwas, tumpês sawadyabalanira sadaya, saklangkung gêtêr-patêr galihira. Radèn kalih lajêng tumêdhak saking kuda, lumajar kêkadhalan. Kocapa Menak Balaruci, kalih Menak Gajah Têpèngsara, ingkang baris samun, amping-ampingan rêdi. Kocapa radèn kalih, sarêng mulat wontên baris samun, amping-ampingan rêdi, sangsaya maras galihira, lajêng angulap-ulap. Sarêng priksa yèn sanès mêngsah, èstu ingkang paman, Menak Balaruci, kalih Menak Gajah Têpèngsara, lah ing ngriku nulya sami amrêpêki, lajêng rêrangkulan gapyuk.

Plajaran, suwuk, tlutur.

--- 2 : 25 ---

Mêgatruh. (Seta Kumitir): adhuh paman adhuh kula nyuwun tulung | anggèn kula bantu jurit | mèh tiwas karoban satru | (kalih sarêng): măngga lênggaha rumiyin | (Seta Kumitir): gih paman dhatêng rumojong ||

Lagon, tlutur jugag.

Mêgatruh. (Kalih sarêng): paran radèn ingkang dados purwanipun | dene ta lumajar gêndring | anusup ing jurang rungkut | ngong tingali mêlasasih | (Seta Kumitir): inggih paman mila ingong ||

nusup jurang ingkang dados purwanipun | anggèn kula pacak baris | lan paman Menak Kalungkung | Bagaspatra Brajamusthi | wontên pajinêman ingong ||

dhatêng suka yuning gènnya aprang pupuh | uwa Sindhura Kêdhiri | mangke kasambut ing pupuh | sawadya atumpês tapis | lajêng kula bantu pupoh ||

lan pra menak lajêng rêrêmpon ing pupuh | Bagaspatra Brajamusthi | Menak Klungkung sami lampus | kula ngamuk ambêg lalis | kathah mêngsah ingkang layon ||

pêjah ngajêng wingking ngangsêg soroh amuk | ngong sangêt karoban tandhing | ngong rêmbag sumlang kalangkung | tan wontên atur udani | dhumatêng Sang Prabu Sinom ||

kula lajêng mundur nusup jurang rungkut | (kalih sarêng): manawi makatên ugi | sumăngga ngong turi wangsul | kula kang dhèrèkkên jurit | (Seta Kumitir): paman konduran kemawon ||

măngga mantuk tur uninga jêng sang prabu | (kalih sarêng): manawi mamakatên mami[10] | botên dhèrèkakên kondur | (Seta Kumitir): paman ngong têdha kang wajik | ngong tumpaki antuk ingong ||

(Kalih sarêng): yèn makatên ngong saosi sanèsipun | (Seta Kumitir): [...] botên apti | yèn sanès kuda puniku | (kalih sarêng): sangêt ing panuwun mami | kuda èstu sangu layon ||

Kăndha: sèbêt byar wau ta, radèn kalih sarêng mundhut kudanira Menak Balaruci kalih Menak Gajah Têpèngsara sami botên suka. Radèn kalih langkung dukanira, nulya narik curiga, sarwi ngandika.

Ada-ada.

Sinom. (Seta Kumitir): lah paman sira miliha | urip apa milih mati | yèn milih urip ulungna | kudanira sun tunggangi | mulih mring Majapait | yèn ta sira milih lampus | paman iki awasna | pati uripmu sayêkti | nora mindho katiban curiganingwang ||

Kăndha: sèbêt byar wau ta, Arya Menak Balaruci, Arya Menak Gajah Têpèngsara, sarêng mirêng pangandikanira radèn kalih, sarwi narik curiga, saklangkung bramantyanira, tandya angêjèpi wadya, kinèn [ki...]

--- 2 : 26 ---

[...nèn] ngêdrèl dhatêng radèn kêkalih, nulya ingêdrèl, tandya sami lumajar.

Plajaran, ngêdrèl, rêp.

Durma rangsang manis. (Balaruci): lah ta yayi Menak Gajah Têpèngsara | dene Seta Kumitir | tan sudirèng yuda | lajêng sawênang-wênang | sami anêdha turanggi | (Gajah Têpèngsara): lêrês andika | kakang mas Balaruci ||

pasmonira sakojur pan botên angsal | lamun sudirèng jurit | sagêd mung micara | têmah anêdha kuda | mangke sampun mlajar dhêlik | Kumitir Seta | ki raka paran karsi ||

(Balaruci): yèn makatên yayi angèstokkên rêmbag | nungkul mring Mraja Bêsmi | paran marganira | (Gajah Têpèngsara): kakang prayogi kula | Kotbuta Katbuta Patih | kinarya marga | masrahkên pati urip ||

dhatêng Prabu Urubisma èstu wignya | ananggêl tiyang kalih | (Balaruci): yayi lêrês dika | mring Kotbuta Katbuta | yèn kados makatên yayi | sampun klayatan | (Gajah Têpèngsara): inggih dhatêng suwawi ||

Plajaran, rêp.

Kăndha: laris lampahira Arya Madiun kêkalih, ingkang sumêdya nungkul dhatêng Wong Agung Blambangan. Sawarnining pasikêpaning prang, sampun sami dèn bongkoki sadaya. Kocapa, Ki Patih Ongkotbuta, anggènira ngungsi mêngsah, angiwut-iwut kang dèn ănta-ănta, pinuja ing adilaga, namung Radèn Layangseta Radèn Layangkumitir. Wau ta ki patih kêkalih, sarêng mulat mangilèn, priksa yèn wontên prajurit lumampah, namung sagunging pasikêpaning prang, sami dèn bongkoki sadaya, dèn nyana yèn badhe têluk. Lah ing ngriku ki patih kêkalih, nugya[11] sami amrêpêki.

Gêsang, rêp.

Dhandhanggula. (Patih kêkalih): jêngandika yayi Balaruci | lawan yayi Gajah Têpèngsara | kula tingali samangke | pasikêpaning pupuh | dene sami dipun bongkoki | kadiparan ing karsa | yayi mas Madiun | (kalih sarêng): dhuh kakang Patih Blambangan | mila sagung pasikêpaning ajurit | kula bongkok sadaya ||

jêngandika yèn karsa nampèni | kula nungkul mring Sri Urubisma | pasrah pêjah gêsang ingong | (patih kêkalih): yayi mas sakalangkung | bêgja dika yèn dèn tampèni | nging sampun sumlang driya | ingkang nanggêl ulun | panungkulipun andika | yèn makatên sumăngga sami ngong irid | (kalih sarêng): inggih dhatêng sumăngga ||

Plajaran, rêp.

Kăndha: laris lampahira ki patih kêkalih, karsa sowan dhatêng Wong Agung Blambangan, angirit têlukan [têlu...]

--- 2 : 27 ---

[...kan] kêkalih, Menak Balaruci, kalih Menak Gajah Têpèngsara. Kunêng kocapa Radèn Layangseta Radèn Layangkumitir, ingkang sami lumajar, mêntas ingêdrèl, dhatêng wadya ing Madiun. Tindakira radèn kalih, saklangkung singidan, turut jurang barangkangan. Lah ing ngriku radèn kalih, sumêdya sowan ingkang paman, Wong Agung Tuban, karsa nyaosi priksa, sasolahing ayuda. Sinigêg gênti kocapa, pêkathikira Mraja Dewa Jarumuka, ingkang sumêdya ngarit rumput, dhatêng satêpining wana, lampahira samarga-marga tansah anggêgunêm.

Miji. (Ênèm): ngêndi kakang golèk sukêt iki | ênggone kang jombor | aja nganti kasuwèn lakune | (sêpuh): iya payo kowe dak tuduhi | tur nèng pinggir margi | wingi gonku wêruh ||

(Dhalang): he e niku gène sami ngarit | bok ampun cêdhak tom | mênèk botên kêna dielikke | niku mangke lo kula bandhêmi | ngangge krakal margi | jêr kula pun tutur ||

Kinanthi. (Ênèm): cilaka têmên awakku | ngarit arêp dibandhêmi | wong ngelikke sumangkean | dupèh ora anusoni | lan kelangan dadah dulang | katanggor uwong nyênyêngit ||

(Sêpuh): e mas sampun ta bok sampun | kula botên ngarit ngriki | ngamungna pisan punika | (ênèm): wis ta kang aja cariwis | atiku banjur dhêg-dhêgan | lah payo nuli gèk ngarit ||

Kăndha: sèbêt byar wau ta, kocapa Radèn Layangseta, kalih Radèn Layangkumitir, ingkang alêlampah wontên madyaning wana. Karsanira badhe lajêng sowan dhatêng ingkang paman, Wong Agung Tuban, ingkang pacak baris wontên ing Bangil. Sarêng mulat mangetan priksa yèn wontên pakathik angarit rumput, wontên samadyaning wana. Radèn kalih arsa mrêpêki badhe anungsung warta, barisipun Wong Agung Tuban, lampahira enggal-enggalan.

Plajaran, rêp.

Kăndha: wau ta ponang pêkathik, sarêng mulat radèn kalih saklangkung maras ing nala. Lah ing ngriku Radèn Layangseta anulya ngandika.

Sinom. (Layangseta): lah sira bature sapa | ngarit nèng têngah wanadri | (pêkathik): dhuh radèn dangu kawula | pêkathiknya Raja Bugis | Sri Jarumuka Aji | (Layangseta): ing mêngko gustimu prabu | Bugis sawadyanira | barise ana ing ngêndi | (pakathik): barisipun wontên sawetan bêngawan ||

Kăndha: wau ta radèn kalih, sarêng priksa yèn punika pêkathiknya Raja Bugis, saklangkung suka ing

--- 2 : 28 ---

driya, karsanira badhe dèn cêpêng. Radèn kalih nulya ngêjèpi wadya. Tanggap wadya kang tampi sasmita. Lah ing ngriku anulya sarêng panubrukira.

Gêsang, rêp, pêrungan.

Sinom. (Layangseta): pêkathik sira muliha | tutura mring Raja Bugis | yèn iki supatraningwang | aja liya kang nampani | Si Jarumuka Aji | poma-poma wêkas ingsun | (Layangkumitir): têmênan ge tutura | aja slewengan pêkathik | yèn slewengan sira mati anèng dalan ||

Gêsang, pêkathik mundur, rêp.

Sinom. (Layangseta): adhi mas lêga tyas ingwang | olèh dhadhakaning jurit | sun duga Si Jarumuka | galak manglanggar ing jurit | mênyang sakulon kali | (Layangkumitir): lêrês kangmas nadyan ulun | sumăngga lajêng sowan | dhatêng paman Răngga Tubin | (Layangseta): iya payo aja nganti kalayatan ||

Gêsang, pêkathik mêdal malih, suwuk.

Durma. (Pêkathik): adhuh biyung larane nora kêjamak | kuping pinêrung sisih | dene sumangkean | têka sawênang-wênang | patrape kêmering-kering | pyayi binantang | patut dikèkrèk ngarit ||

Plajaran, suwuk.

Kăndha: laris lampahira pêkathik ingkang sumêdya marêk Mraja Jarumuka [...] lampahira samarga-marga tansah anangis.

Kocapa Radèn Layangseta Radèn Layangkumitir, ingkang sumêdya sowan dhatêng ingkang paman Wong Agung Tuban, lampahipun tansah anusup angayam alas. Bawaning taksih wijiling kusuma, rêmbêsing madu, têdhaking maratapa, trah andana warih, sakala andhatêngakên gara-gara, aru-ara ing suralaya, kadya ingoyag lawang sela matangkêp, lir ginonjit bale si marcukundha, yayah kinocak kawah căndradimuka, ngolang-aling sapi gumarang, kumitir pêthite Hyang Ăntaboga. Wondene gara-gara ing ngarcapada, sagara umob, bumi obah, lindhu kaping pitu sadina, wukir wanggit-wanggit, ing gêgana angêmu riris, mêsês ingkang bayu bajra, kuwung pating palêngkung, teja makara-kara.

Plajaran, suwuk, lagon.

--- 2 : 29 ---

5. Damarwulan suwita Patih Lugêndèr.

Kăndha: sirnaning gara-gara wontên prêpat punakawan kêkalih, wulucumbunira Radèn Damarwulan, wasta Ki Sabdapalon, kalih Ki Nayagenggong. Wondene prêpat kalih punika, wontên satêngahing wana, pisah lawan gustinira, midêr-midêr ngupados wi gêmbili. Lah ing ngriku pun Sabdapalon, kalih pun Nayagenggong, tansah atêtêmbangan.

[Grafik]

Nayagenggong. Sabdapalon.

Dhandhanggula. (Sabdapalon): samendraning bawana tan manggih | sakurêbing akasa tan mimba | saklangkung-langkung baguse | lir Hyang Asmara nurun | nora mèmpêr nora na mirib | lir hyang sang Hyang Asmara[12] | iya Damarsantun | singa mulat lênglêng brănta | swaranya rum manganyut oswanya èstri | manggung karya la-êla ||

(Nayagenggong): wus karsane jawata linuwih | sanagri Jawi măngsa punika | miwah ing suralayane | sakèhing bagus-bagus | alus-alus myang sigit-sigit | dêling myang raras-raras | myang kang rayung-rayung | malêntra myang mawilêtan | manis sumèh mrak-ati mintaning angin | kari ampas sadaya ||

[30 ---

Dhawah kaloran, suwuk.

Mijil. (Sabdapalon): Nayagenggong payo seba aglis | marang sang wiranom | aja pijêr suka-suka bae | mring bandara mundhak didukani | (Nayagenggong): bênêr kang sira ngling | bakal amêgatruh ||

Dhawah sêkar gêndhing Mêgatruh, rêp.

Kăndha: anênggih punika Bagawan Musthikamaya, ingkang pilênggah wontên prêtapan arga Paluhămba, sawêg lênggah kalih ingkang wayah, Radèn Damarwulan, utawi ingkang putra, Sang Dyah Endhang Campursari, mêdhar dènira samadi. Bagawan Musthikamaya punika pandhita luwih gêntur kasutapanira, trus ing tingal, sidik ingkang pangandika, barang kang cinipta dadi, tapa-tapa punapa, ingkang dipun lampahi, anggêniara, anoyawara, angayangara, tapa tan mona, abora wiku, angruba ricik, sampun sami kalampahan sadaya, mila sabên dina Anggara Mulya, katamuan jawata ing suralaya, badhe kasêndhal mayang, kadamêl jangkêping dewa, watak nawa sanga, nanging sang pandhita sangêt lênggananira, taksih andugèkakên kasupatanira. Wondene sang pandhita sadangunira pinarak, ingkang tansah ginalih-galih namung ingkang wayah, Radèn Damarwulan. Ya mangkana yitnanira sang pandhita, kaya kapriye karêpe wayah ingsun, si kulup Damarwulan iki, têka bangêt têmên olèhe takon mênyang sudarmane, utawa putraningsun, ni bok Endhang Campursari, iya samono manèh, ngudi takon nyatane, Adipati Maudara, pakewuh têmên atiku, arêp ora dak tuturi, mêsakake têmên, arêp dak tuturi, aku wêdi dukaning Sang Hyang Girinata. Wondene yitnanira, Radèn Damarwulan, kaya kapriye karsane kangjêng eyang, dene panuwunku durung karsa ma[...]sa, apa ora anggalih wekasane awakku. Wondene yitnanira, Sang Dyah Endhang Campursari, kaya kapriye karsane kangjêng rama iki, dene panuwunku durung dilêgani, apa ora anggalih awêlas mana marang awakku. Yêkti mangkana pangudasmaranira, Sang Dyah Endhang Campursari. Lah ing ngriku sang pandhita anulya ngandika.

Mêgatruh. (Musthikamaya): sira kulup Damarwulan marmanipun | tansah marêk ngarsa marmi | yèn rina sadina nutug | yèn sore nutug sawêngi | paran kulup kang suwados ||

(Damarwulan): dhuh jêng eyang mila kula, umarêk wontên ing ngarsi.

lamun siyang sadintên sontên sadalu | lamun jêng eyang marêngi | kawula nuwun pituduh | murcanipun rama patih | kadospundi ing lêlakon ||

(Musthikamaya): sira takon sudarmanta, murcane sing Majapait.

saikine wus piniji mring dewa gung | nganglang jagad pakaryaning | yèn saiki tan katêmu | uga

--- 2 : 31 ---

besuk sira panggih | luwih abot kang lêlakon ||

(Damarwulan): kangjêng eyang nadyan awrat, inggih kawula lampahi.

(Musthikamaya): iya kulup lamun sira kudu-kudu | mêngko suwitaa kaki | narendra ing Majalangu | jujuga paman ta kaki | Lugêndèr wrangkaning katong ||

Nging sira aja suminggah, sabarang pakoning patih.

silih lara sanadyan tumêkèng lampus | lakonana dadi puji | iku kaki marga agung | mring ramanta gonmu panggih | poma-poma putuningong ||

(Damarwulan): punapa makatên eyang. (Musthikamaya): ya mangkono Damarsasi.

(Campursari): dhuh jêng rama lilanana kula tumut, wayah dika Damarsasi.

(Musthikamaya): lah iki si lara klayu, aja mèlu sira nini, mundhak angribêdi lakon.

(Campursari): punapa makatên rama. (Musthikamaya): iya lara Campursari.

(Damarwulan): dhuh jêng eyang yèn sampun rampung kang dhawuh | kantuna manggih basuki | kawula nuwun pangèstu | pangkat sadintên puniki | (Musthikamaya): iya kulup putuningong ||

Sun nyangoni karaharjan. (Damarwulan): dhatêng anuwun kapundhi.

dhuh jêng ibu kantuna lênggah pukulun | kawula anuwun pamit | (Campursari): iya kulup Damarsantun | cêgahku dhahar lan guling | sun sangokke mring sira nom ||

(Damarwulan): dhatêng anuwun kula, sihipun ibu kapundhi.

lah ta kakang Nayagenggong Sabdapalun | padha anuwuna pamit | marang eyang kangjêng ibu | (kalih sarêng): gih sandika kula pamit | payo pamit Nayagenggong ||

Dhawah srêpêgan, rêp.

Sinom. (Musthikamaya): ana paran sira Sabda | anggadhêpêk ngarsa mami | mripatira pandonongan | [...] mring mami | (Sabdapalon): êlo jêbule iki | durung matur wis didangu | gih êmpun botên sida | (Nayagenggong): wong tuwa kakehan warsi | akêpatuh nalêtuh dhêmên sêmbrana ||

matur mono rak sing gênah | kawula anuwun pamit | dhèrèkakên wayah dika | anyuwun sangu basuki | lah rak mangkono iki | yèn matur marang sang wiku | (Sabdapalon): lah Genggong ana apa | pêcicilan clumak-clumik | (Nayagenggong): lah rak banjur ngrasaya pênthil sawêlas ||

Girisa mèngkrèng. ya găngga-găngga tri găngga | payungana kalacakra | lakune kulup Sasăngka | mring nagara Majalêngka | sun têtêdha marang dewa | muga-muga anyandhunga | iya kang kêmbang capaka | kang sawakul agêngira ||

Gêsang, plajêngan, rêp.

--- 2 : 32 ---

Kăndha: wau ta sawêdalira Radèn Damarwulan saking ngarsanira ingkang eyang, Bagawan Musthikamaya, gorohe wong mêmayang, gêlise wong munggêl kawi, pêrag ginawe adoh, adoh ginawe pêrak, enggal kadamêl lami, lami kadamêl enggal. Kocapa sampun kapungkur têbihing prêtapan, angajêngakên drigama. Apa binasakakên drigama, dri alas, gama pakewuh, angambah alas kang gêdhe, jurang ingkang ajêro, sêngkan ingkang aluhur, sakathahing cira-cira ingkang cira, saha kutu-kutu walang ataga, bujungan wana, iming kabrasak sadaya, sag, sag, arug. Yèn ta sagêda ngucap, ponang bujungan wana, hèh wong batur, aja wani-wani pêrak, iki ana kusuma, rêmbêsing madu, wijiling amaratapa, trah andana warih, yèn kowe wani ngidak wayangane gustimu, mêsthi kowe dadi byuh pada lêr pada, dadi êndhêg amun-amun. Balik kowe, babadana dêdalan, pituduha ingkang marga, nyaosana ingkang karaharjan. Wondene pêksi ingkang măngsa wowohan, swaranira gumêrah.

Sênggakan pêksi.

Nayagenggong ngindhik-indhiki gêmak.

Mijil. (Sabdapalon): ana apa têka mindhik-mindhik | kowe Nayagenggong | ja sêmbrana ana alas gêdhe | (Nayagenggong): arêp dhêkêp gêmak kakang mami | nèk kêcêkêl mêsthi | nèng nagara payu ||

Macan ngombang.

Mijil. (Sabdapalon): kêna apa guragapan bali | kowe Nayagenggong | (Nayagenggong): iya kakang dene alas gêdhe | [...] uwong idêr lênga ngrintih | (Sabdapalon): ta tutugna aglis | karbèn pupak êntut ||

aku tutur alas iki wêrit | akèh macan gembong | lah ta enggal cêkêlên gêmake | (Nayagenggong): aku gêmang kakang aku suthik | nèk kaliru macin | sida wurung wêdhus ||

Kăndha: lah ing ngriku ponang pêksi, ingkang macar wowohan, dèn cucuk dèn rêntahakên. Yèn ta sagêda matur, gusti sampeyan dhahar sêgah kula. Wondene ingkang sêsêkaran, ingkang têbih manglung, ingkang cêlak tumiyung, ingkang kudhup mêkar, ingkang mêkar kababar. Yèn ta sagêda matur, gusti sampeyan pêthik kula, sampeyan agêm sêsêkar. Wondene Radèn Damarwulan sampun angudanèni saciptanira kutu-kutu walang ataga, punapadene ingkang pêksi lan sêkaran. Ya mangkana yitnanira Radèn Damarwulan, iya wis padha dak trima, pangadhêpmu marang aku. Lah ing ngriku karsa lajêng, anulya ngandika.

--- 2 : 33 ---

Mijil. (Damarwulan): kakang Sabdapalon Nayakarti | bangêt lêganingong | panuwunku mring jêng eyang dene | wus kalilan sarta dèn jarwani | ya lêlakon mami | (kalih sarêng): gih lêrês sang bagus ||

nadyan kula gih samantên ugi | sangêt bingah batos | (Damarwulan): yèn mangkono payo mangkat age | (Sabdapalon): inggih măngga radèn mumpung enjing | payo Nayakarti | (Nayagenggong): ya kakang ngong manut ||

[Grafik]

Radèn Damarwulan.

Gêsang, rêp.

Kăndha: wau ta lampahira Radèn Damarwulan, ingkang dèn dhèrèkakên parêpat kalih, kapungkur ing wanapringga, ngambah marga padesan, jêjêl supênuh wadya nêningal, kênya răndha walanjar, sêdene modrèng dêdungik, myang bakul sambiwara, atap satêpining marga, kayungyun mulat ing warna pindha sasăngka, wênèh brăngta kasmaran, kadya tumutur saparanira. Kocapa atmajaning pêtinggi ing Karanganyar, kalih samya ayu ing warna, kasmaran dhatêng Radèn Damarwulan, tan kêna sinayutan brangtanira. Wanita kalih tandya mêthukakên Radèn Damarwulan, lampahira tansah alon-alonan.

Gêsang, rêp.

Mijil. (Damarwulan): lah ta sira wanodya ing ngêndi | mrêpêki maringong | (kalih sarêng): lamun dangu kawula wiyose | kalih samya anaking pêtinggi | Karanganyar sami | kasmaran sang bagus ||

lamun parêng dasihêna gusti | tan ginggang sapakon | (Damarwulan): sun tarima sêdyanta karone | cuwaning tyas sun lagi nglakoni | pakoning sudarmi | pirangbara besuk ||

yèn raharja sira sun balèni | (kalih sarêng): makatên sang anom | (Damarwulan):

--- 2 : 34 ---

iya karo lah uwis dèn age | muliha mring wismanira sami | angayêmna ati | (kalih sarêng): sandika sang bagus ||

Gêsang, rêp.

Kinanthi. (Senggolmodot, lumampah): e e biyung tobil biyung | dhandhing têmên pyayi iki | kèndêlêna dèn kèndêla | kampira mring griya mami | kula anake tyang kaya | tur taksih parawan sunthi ||

Mijil. (Damarwulan): lah ta sira iku wadon ngêndi | têka ngarsaningong | sapa ranta lan apa sêdyane | (Senggolmodot): dhuh radèn yèn andangu mring mami | prawan Têgalsari | anak bêkêl dhusun ||

dene nama kula wong asigit | Lara Senggolmodot | taksih sunthi tur kondhang ing akèh | nate tinakèkkên mantri dhistrik | kula sungkan suthik | yèn parêng sang bagus ||

akampira kula gumatèni | (Damarwulan): bangêt panrimèngong | Sabda Genggong tanggapana [...] | (kalih sarêng): inggih radèn kula kang nanggapi | (Sabdapalon): payo Genggong gêlis | (Nayagenggong): kakang payo gupuh ||

Srêpêgan, suwuk.

[Grafik]

Patih Lugêndèr.

Ri godhonge, gêgujêngan.

Srêpêgan, suwuk, lagon.

Kăndha: laris lampahira Radèn Damarwulan, lan prêpatira kêkalih, ingkang sumêdya suwita dhatêng kapatihan. Lah ing ngriku sarêng dumugi salêbêting nagari, ana têka gumawang candraning satriya.

Gêndhing căndra, rêp.

Kăndha: anênggih punika Rêkyana Patih Lugêndèr, ingkang sawêg pinarak munggèng bangsal, animbali

--- 2 : 35 ---

andêl pajinêman, nama Menak Dorapati, kalih Menak Jagabela. Wondene Ki Patih Lugêndèr punika, sadangunira pinarak, ingkang tansah ginalih-galih, namung ingkang sami lumurug ing prang dhatêng Blambangan, Sang Dipati Rănggalawe, miwah Sang Dipati Sindura, punapadene Radèn Layangseta Radèn Layangkumitir. Têka mangkana yitnanira Ki Patih Lugêndèr.

Titi dha- [...] Kinanthi barang, sanga.

I kaya kapriye bae, kang padha lumurug ing prang iki, apa ya unggula, apa ya asora, nanging pandugaku yèn dak titik prakosane, Adipati Sindura, karo sêktine adhi Dipati Rănggalawe, apadene waskithane si kulup Layangseta Layangkumitir, kaya-kaya wong Blambangan, wis ora olèh papan, ewasamono tambuh karsaning dewa amayang titah. Wondene yitnanira pun Dorapati, pun Jagabela, kadingarèn têmên ki patih iki, nimbali mênyang aku, dak duga bakal ana karsane kang prêlu. Titi mangkana yitnanira pun Dorapati, pun Jagabela. Lah ing ngriku ki patih nulya ngandika.

Kinanthi. (Lugêndèr): kayaparan pandugamu | sira Menak Dorapati | kang padha manglurug ing prang | adhi Rănggalawe Tubin | kakang mas Sindura lawan | si kulup Seta Kumitir ||

Apa unggul ing ayuda, utawa lamun kalindhih.

(Dorapati): yèn saking pandugi ulun | kados sagêd inggil jurit | awit Sang Dipati Tuban | mumpuni ing guna sêkti | miwah Sang Dipati Daha | adigung prakosèng jurit ||

(Lugêndèr): iya bênêr duganira. (Dorapati): lah ta Jagabela adhi.

kadospundi atur ulun | (Jagabela): lêrês tur andika sami | sa- [...] lêrês turnya | kakang Menak Dorapati | inggih ta sanadyan kula | botên siwah ing sawèni ||

Kunon mila sapunika, wit putra panduka kalih.

Dyan Seta Kumitiripun | guna sarana tur sêkti | (Lugêndèr): iya bênêr tuturira | Jagabela Dorapati | ananging panduganingwang | kang bisa ngêntasi kardi ||

Si kulup Kumitir Seta, wit ya[...] Tuban Kêdhiri.

sayêkti padha katungkul | ing kasêktèn prakosaning | tan kaya Kumitir Seta | waskithèng glar amumpuni | tan kewran ing lêmbut agal | (sarêng): non lêrês sang adipati ||

Kăndha: wau ta dèrèng dumugi anggènira imbal pangandika Ki Patih Lugêndèr, kasaru dhatêngira Radèn Damarwulan, lan prêpatira kêkalih. Dèrèng ngantos tinimbalan lajêng umarêk ing ngarsa, lampahira enggal-enggalan.

Srêpêgan, rêp.

--- 2 : 36 ---

Kăndha: wau ta sadhatêngira Radèn Damarwulan, lan prêpatira kalih, cingak sagung ingkang mulat, sêdene pra cèthi ing dalêm, prasamya ngintip rahadyan, prasamya gupit-ginupita, cêngêngêlêng tumingal, kadyadene manungsa satuhu, ya uga jawata mulya. Ingkang satêngah cèthi kagagas karasa-rasa, wênèh angambung kancane, wênèh ngusap-usap jaja, wênèh angirab rikma, wênèh amijêt lambunge. Wondene Sang Dyah Anjasmara, sarêng mirêng swaranira cèthi gumêrah, arêraosan sarwi angintip, Sang Dyah Anjasmara laju angintip munggèng cêndhela. Sarêng priksa warnanira sang prapta kumêsar galihira, gumêtêr sariranira, sakala tanpa jamuga. Sang dyah kêtêgnya sumawur, tambuh raosing wardaya, amawang-mawang liringing kang prapta, kadi samêloking purnama, malela gumawang kang cahya nrus ing tawang, lir muksa ngênggèn sang kusuma, kenging pangaribawa, tandya kondur mring dalêmira, gandrung-gandrung nandhang brăngta. Wondene Ki Patih Lugêndèr saklangkung kagèt ing galihira dene kadhatêngan satriya, bagus anom suwarnanira. Ki patih dangu datan ngandika, kewran ciptaning galih, tansah sinamun anggêbêg wangkinganira. Têka mangkana yitnanira Ki Patih Lugêndèr, i iki ana satriya têka ana ngarêpaku, bagus anom suwarnane, baya ngêndi pinangkane, lan sapa wêwangine, sarta paran sêdyane, bangêt ora duga atiku. Wondene yitnanira Radèn Damarwulan, bêgja kamayangan têmên lakuku iki dene paman patih nuju pinarakan ing bangsal. Iya muga-muga katampana mana kang dadi sêdyaku iki. Titi mangkana yitnanira Radèn Damarwulan.

Gêsang, suwuk, lagon.

Kinanthi. (Lugêndèr): lah bagea sira kulup | têkamu nèng ngarsa mami | (Damarwulan): kasuwun kapundhi kumbang | pasihannya panakrami | kang rumêntah dhatêng ingong | (Lugêndèr): lah ing ngêndi pinangkamu | lawan sapa têngranira | (Damarwulan): wasta kula Damarsasi ||

kula tiyang saking dhusun | dhêkah Paluhămba wukir | (Lugêndèr): sapa awèh têngranira | (Damarwulan): ingkang paring nama mami | eyang Musthikamayane | wukir Paluhămba wiku | (Lugêndèr): lah sapa sudarmanira | (Damarwulan): andikanya eyang rêsi ||

Hyang Tunggulmanik mawiku | tilas răngka Majapait | sêsilih Patih Udara | mangke ingkang sampun ênir | saking ing Majapaite | (Lugêndèr): yèn mangkono sira iku | dadi prunan sun priyăngga | putrane kakang mas patih ||

yèn mangkono sira kulup | apa sinêdya ing kapti | sira têka ngarsaningwang | (Damarwulan): kawula badhe dêdasih | dhatêng panduga èstune | (Lugêndèr): sun tampani ing sêdyamu | nanging luwih abotira | wong ngawula lawan mami ||

(Damarwulan): nadyan sakit dugi lampus |

--- 2 : 37 ---

inggih kawula lampahi | (Lugêndèr): sirèku dumunung magang | ingsun pintani pakarti | wêngkon paseban lan regol | lurunge yya kongsi jêmbrung | lawan sakèhing pêthethan | patutên ingkang awingit ||

aja pêgat siramipun | lan aja ngambah sirèki | marang sajroning plataran | si guntur durung tau wrin | anèng praja pratikêle | manèh ngiras gawe kulup | abumèni lawang jaba | dèn awas wong majing mijil ||

yèn ana wong gagawa kulup[13] | dèn titi amitakoni | wruha pakaryaning lampah | lan yèn na sandining jalmi | sira kang katêmpuh kuwe | lah uwis mêtua kulup | mêtua mring paregolan | (Damarwulan): non sandika paman patih ||

Gêsang, suwuk.

Kăndha: wau ta sawêdalira Radèn Damarwulan, lan prêpatira kêkalih, saking ngarsanira ingkang paman Ki Patih Lugêndèr, lajêng manggèn wontên ing regol, punapa sadhawuhira kyana patih inggih sampun linampahan sadaya. Wau ta Radèn Damarwulan, sarêng sampun anglampahi punapa dhawuhira kang paman, solahira prêpat Ki Sabdapalon lan Nayagenggong kadya jangkrik mambu kili.

Gêndhing jangkrik genggong, rêp.

6. Wadya Bugis campuh kalihan wadya Tuban.

Kăndha: anênggih punika Mraja Dewa Jarumuka, ingkang baris wontên sawetaning kali Cacing, pêpak sawadyabalanira sadaya. Ingkang wontên ngajêng punika, Patih Jarumampang, kalih Patih Baurêksa, ing wingking sinambêtan [...] yuda, nama Dhaèng Marewah, Dhaèng Makodhêng, Dhaèng Makincing, Dhaèng Maklabu, miwah kapalaning wadya sêsêtabêl, nama Ciktirkèmis. Wondene Mraja Dewa Jarumuka punika tansah angajap paguting yuda. Têka mangkana yitnanira Mraja Dewa Jarumuka.

Dhawah Durma katawang.

I lêbih bimbang kami punya ati ini, mungsuh tradhak mêlawan, pigi timur bêngawan, mau kami mêlawan anggar sêkali, sakira tidhak jadhi maunya sri paduka, lêbih baik bêrnanti prentahnya sri paduka saja. Wondene yitnanira patih kêkalih inggih botên sanès kalih yitnanira Mraja Dewa Jarumuka. Lah ing ngriku Patih Baurêksa anulya matur.

Durma. (Baurêksa): sri paduka twanku raja bagimana | tidhak manglanggar ini | (twanku): nyang dhianti apa | mangka musuh sêkarang | trak brani sama sêkali | (nglanggar): barat bêngawan- | ne twanku lêbih [lê...]

--- 2 : 38 ---

[...bih] baik (twanku) ||

manglanggar prang pêgi dhi barat bêngawan | krana musuh trak brani | (Jarumuka): (iya): (Baurêksa): adhik bagimana | apa trak kêbêtulan | (Jarumampang): bêtul kakak jugak mami | (trak lin): sri paduka twan | bêtul sêkali wasir (punya) ||

pêrmintaan dhan hamba bêgitu jugak | twan raja lêbih baik | (nglanggar): prang barat bêngawan | krana musuh trak nglawan | kaluk twan sêkarang ini | tidhak mênglanggar (pêrang): apa nyang dhibêrnanti (twanku) ||

(Jarumuka): bêtul wasir dhua-dhua punya kata | memang trak nglanggar kami | (wasir): bêlum adha prentah | Panduka Raja Bêsma | saya lêbih takut wasir | (kaluk): trak jadhi munya | Panduka Raja Bêsmi || (kalih sarêng): (twanku).

Kăndha: wau ta Mraja Dewa Jarumuka, dèrèng dumugi gènira imbal wacana dhatêng patihira kêkalih, kasaru plajarira tukang pêkathik, pun Anakangana, plajarira sarwi tawan-tawan tangis.

Dhawah plajaran, rêp, nangis.

Kăndha: wau ta Mraja Jarumuka, sasampunira ngandika dhatêng pêpatihira, karsa mundhut minuman. Wadyanira kinarsakkên sarêng minum sadaya, pinrih kasuraning driya. Lah ing ngriku wadyanira Mraja Jarumuka, ingkang ngampil minuman, nulya majêng ngarsa, ngladosakên minuman.

[Grafik]

Patih Baurêksa.

Minuman majêng.

Kăndha: wau ta Mraja Jarumuka, sarêng sampun dèn ladosi minuman, sampun wradin sadayanira, anulya ngandika.

Durma. (Jarumuka): mari wasir in sêmua lêkas megang | bêrsama dhèngên sontit | (patih sarêng): (saya). (Jarumuka): urmat kêslamêtan | dhan biyar jadhi kuwat | no lêkas sêmua mari | (patih sarêng): (saya). (Jarumuka): mari sêmua | têmên bêrsama sontit ||

--- 2 : 39 ---

Surak.

(Patih sarêng): hamba ganti minta pêrmisinya tuwan | dhèngên minum trak lain | (Jarumuka): (iya). (Patih sasrêng): ini angkat kêrja | turut tuwanku raja | jangan sampe kêcil ati | (Jarumuka): (iya). (Patih sarêng): têmên sêmua | no mari minum mari ||

Surak.

(Wadya Bugis): hamba minum sama sri paduka raja | dhan lagi dhua wasir | (Jarumuka): (iya). (Wadya Bugis): jadhi sêmuanya | tradhak adha takut prang | (Jarumuka): mari-mari lêkas mari | (wadya Bugis): (saya). (Jarumuka): sêmua pegang | gêlas sama sêkali ||

Surak.

Kăndha: pranyata sampun angsal tigang dhasar anggènira minum, Mraja Jarumuka kalih pêpatihira, punapadene wadyanira sadaya. Lah ing ngriku minuman lajêng dèn undurakên.

Minuman mundur.

Kăndha: sèbêt byar wau ta Wong Agung Bali Têrnate, sampun dumugi gènira inum-inuman. Dèrèng ngantos ngandika, kasaru plajarira tukang pêkathik pun Anakangana, plajarira sarwi tawan-tawan tangis.

Dhawah plajaran, rêp, nangis.

Kăndha: wau ta sadhatêngira pêkathik pun Anakangana, Mraja Dewa Jarumuka, sarêng priksa tukang pakathik, dhatêngira tawan-tawan tangis, pinêrung kupingira sasisih, ingkang sasisih dèn kanthili supatra, Mraja Dewa Jarumuka, saklangkung dukanira. Lah ing ngriku ingkang sêrat nulya pinundhut, tandya winaos.

Durma. ini surat dhari saya Layangseta | nyang dhititahkên jadhi | kêpala prang bêsar | jugak nyang dhipêrcaya | Ratu Ayu Majapait | kumisi bêsar | kêpadha Raja Bugis ||

Jarumuka jikaluk sungguh sêorang | raja gagah dhan sêkti | mari lêkas nyabrang | pêgi kulon bêngawan | mlawan kita orang ini | mar sayang-sayang | jikaluk tradhak brani ||

sa katakên kowe itu bukan raja | baik mênisil têki | busuk punya rupa | mulutmu kaya luwak | turut Menakjingga anjing | raja pêrgila | no jaga baik-baik ||

musthi besuk potong lèhèrmu binatang | sa bunuh dhèngên kêris | sêbab kowe lupa | dhahulu dhipêrcita | Brawijaya Majapait | pantês sêkarang | sênêng sêpêrti kuli ||

Kăndha: wau ta Mraja Dewa Jarumuka, sarêng sampun têrang pamaosira sêrat, sakala amangku duka, ingkang sêrat tandya sinêbit-sêbit sarwi ngandika.

--- 2 : 40 ---

Sinom. (Jarumuka): êngkao wasir bêrdhua | sudhah dhèngêr surat dhari | Kumitir dhan Layangseta | (patih sarêng): sudhah mêndhèngêrkên kami | sêkarang apa jadhi | munya sri paduka twanku | (Jarumuka): wasir baik mênglanggar | pêgi dhi baratan kali | mênyarik Ki Kumitir dhan Layangseta ||

(Patih sarêng): sri paduka kêbêtulan | hamba dhèngên sukak ati | (Jarumuka): wasir balatantra sudhah | mari lêkas pakik-pakik | (patih sarêng): twan raja lêbih baik | dhèngên sudhah sampik sungguh | sêmua balatantra | (Jarumuka): mari lêkas brangkat wasir | (patih sarêng): sri paduka twanku raja dhèngên sukak ||

Sêsang, suwuk.

Kăndha: wau ta laris lampahira Mraja Dewa Jarumuka, sawadyanira Bugis sadaya, ingkang sumêdya nglanggar dhatêng sakilèning bêngawan, ngulati Radèn Layangseta Radèn Layangkumitir. Sinigêg gênti kocapa, lampahira Radèn Layangseta Layangkumitir, ingkang sumêdya sowan ingkang paman Wong Agung Tuban, ing samarga-marga tansah prihatin ing driya.

Gêndhing prihatin, rêp.

Kondha: anênggih punika Sang Dipati Rănggalawe, ingkang baris wontên sakilèning lèpèn Cacing, sawadyabalanira, para menak para dipati. Wondene Sang Dipati Rănggalawe punika bodholira saking pabarisan Bangil, awit miyarsa pawarta yèn Ki Patih Onggotbuta Angkatbuta, sakancanira, para menak para dipati, sami baris wontên sakilèning lèpèn Cacing, nanging sadhatêngira Sang Dipati Rănggalawe, Ki Patih Ongkotbuta Angkatbuta sampun ambêdhol barisira, lorodan dhatêng sawetaning bêngawan. Pramila Sang Dipati Rănggalawe saklangkung kanggêg ing galihira. Ing sapunika Sang Dipati Rănggalawe miyos sineba munggèng tarub wêwangunan, apratistha ing kursi kancana. Wondene ingkang samya marêk munggèng ngarsi, Ki Patih Jayapuspita, têngênira Radèn Arya Krêtagnyana, ing kering Radèn Arya Purbarana, ing wingking Radèn Menak Widuri, dèn apit Menak Găndamustaka, kalih Menak Binarong, ing wingking sinambêtan para menak, para răngga, dêmang, ngabèi, ulubalang, pêcattăndha, tăndhamantri, pangalasan. Wondene wadyabalanira sampun pêpak, samya sumewa sadaya, ambalabar lir samodra tanpa têpi. Wau ta Sang Dipati Rănggalawe, sadangunira pinarak, sadèrèngira ngandika, ingkang tansah ginalih-galih namung anggènira badhe nglanggar ing ayuda dhatêng sawetaning bêngawan. Têka mangkana yitnanira Sang Dipati Rănggalawe.

--- 2 : 41 ---

Dhawah sêkar gêndhing Dhandhanggula.

Cuwa têmên atiku dene Patih Ongkotbuta Angkatbuta wis padha budhal mênyang sawetaning kali. Yèn ta aja mangkonoa, dak duga lêbur dening aku. Wondene ingkang samya sumewa inggih botên sanè-[...] yitnanira Sang Dipati Rănggalawe. Lah ing ngriku Wong Agung Tuban anulya ngandika.

Dhandhanggula. (Rănggalawe): lah ta Jayapuspita Apatih | sakancamu bocah ingsun Tuban | nèng barisan salawase | apa tan kurang sangu | (Jayapuspita): sang dipati dangu gung dasih | tan wontên kêkirangan | samya suka tuwuk | (Rănggalawe): bangêt lêganing tyas ingwang | lah ta patih duganên kang nglanggar jurit | kakang Arya Sindura ||

apa unggul apa ta kalindhih | (Jayapuspita): inggih gusti pandugi kawula | raka paduka yudane | kados yèn sagêd unggul | Sang Sindura prakosèng jurit | (Rănggalawe): apa mangkono patya | (Jayapuspita): inggih dugi ulun | kadospundi kakang Jipang | punapa ta botên lêrês atur mami | (Krêtagnyana): inggih lêrês andika ||

non kakang mas aturira patih | kakang mas sanadyan ta kawula | kangmas Sindura yudane | manawi sagêd unggul | kangmas dahat prakosèng jurit | (Rănggalawe): apa mangkono dhimas | (Krêtagnyana): inggih dugi ulun | dhimas Arya Purbarana | punapa ta botên lêrês atur mami | (Purbarana): inggih lêrês andika ||

dhuh kakang mas kula swantên ugi | lêrês turnya kangmas Krêtagnyana | kangmas Sindura yudane | kados yèn sagêd unggul | de adigung prakosèng jurit | (Rănggalawe): apa mangkono dhimas | (Purbarana): inggih dugi ulun | (Rănggalawe): lah Patih Jayapuspita | sira padha aja kurang ngati-ati | (Jayapuspita): inggih dhatêng sandika ||

Kăndha: sèbêt byar wau ta Wong Agung Tuban, dèrèng dumugi anggènira imbal pangandika, kasaru dhatêngira Radèn Layangseta Radèn Layangkumitir, sarwi mănca udrasa, lajêng anungkêmi pada sang adipati, dumrojog tanpa larapan.

Dhawah plajaran, suwuk, tlutur.

Sinom grandhèl. (Seta Kumitir): paman Rănggalawe Tuban | sangêt botên nyana mami | yèn sagêd kapanggih paman | wontên pasanggrahan ngriki | tur ta sami basuki | paman kula nyuwun tulung | (Rănggalawe): kulup sira lungguha | aja pijêr tawan tangis | ingsun arsa miyarsa gatining driya ||

Asmaradana tlutur jugag. kulup Seta lan Kumitir | bagea satêkanira |

--- 2 : 42 ---

ana ing ngarêpan ingong | (Seta Kumitir): dhumatêng kasuwun paman | ingkang sih panakrama | kang rumêntah dhatêng ulun | têmahan cahya nur cahya ||

(Rănggalawe): lah kulup Seta Kumitir | padha têka ngarsaningwang | amawa sungkawa mêngko | sarwi amănca udrasa | apa kang dadi purwa | madya wusanane kulup | ta mara enggal tutura ||

[Grafik]

Radèn Layangkumitir. Adipati Rănggalawe.

(Layangseta): paman Rănggalawe Tubin | kula dinuta narendra | dados tingaling palugon | nindhihi gèn panduka prang | mung kula lajêng ngetan | anindhihi barisipun | paman Dipati Sindura ||

lajêng arêrêmpon jurit | lawan baris Balambangan | wontên ing Prabalinggane | nanging paman katiwasan | paman Dipati Daha | kasambut madyaning pupuh | prang tandhing lan Menakjingga ||

sawadyanya tumpês tapis | kula lajêng pêpulih prang | yayi lan pra menak golong | ngamuk punggung ambêg pêjah | nanging karoban mêngsah | para menak ingkang lampus | Menak Klungkung Bagaspatra ||

miwah Menak Brajamusthi | dene ingkang malik tingal | Menak Balaruci dene | Menak Gajah Têpèngsara | nungkul mring Menakjingga | kawula karoban satru | kasangsang ing ganjur atap ||

kula lajêng angunduri | sumlang yèn kapara tiwas | tan wontên [wo...]

--- 2 : 43 ---

[...ntên] tur priksa mangke | dhumatêng panduga paman | (Rănggalawe): mangkono Layangseta | (Layangseta): gih makatên wontênipun | priye dhimas atur ingwang ||

lêrês kangmas turnya sami | kula nuwun paman Răngga | lêrês kakang mas ature | nadyan kula botên siwah | namung mênggah panduka | yèn ta enggal rawuhipun | kados botên katiwasan ||

Kăndha: wau ta Wong Agung Tuban, sarêng mirêng aturira ingkang putra, Radèn Layangseta Radèn Layangkumitir, saklangkung pangungunira dene ingkang raka, Wong Agung Kêdhiri, seda kasambut ing adilaga. Sang dipati tansah kumêmbêng waspanira, sarwi dèn usap-usap ing kunca. Titi mangkana yitnanira Wong Agung Tuban, hêh, hêh, bangêt ora nyana atiningsun dene kakang mas Adipati Sindura têka kasambut ing adilaga, tumpês sawadyabalane. Iya diayonana Menakjingga kowe, sida sirna dening aku. Titi mangkana yitnanira sang dipati. Lah ing ngriku anulya ngandika.

Mêgatruh. (Rănggalawe): iya jagad dewa ngabatharaningsun | dene nora nyana mami | kangmas Sindura kasambut | anèng madyaning ajurit | prang tandhing lan Bêsma Katong ||

ya diayonana Menakjingga Prabu | yêkti sirna dening mami | lah patih yayi Sêdayu | Jipang wis padha miyarsi | ature si kulup karo ||

Layangseta Kumitir kang marang ingsun | (tiga sarêng): inggih sampun amiyarsi | wangsul karsa jêng pukulun | (Rănggalawe): ingsun arêp nglanggar jurit | (tiga sarêng): kawula inggih rumojong ||

(Rănggalawe): lah ta patih yayi Jipang lan Sêdayu | dandana kaprabon jurit | sawadya Tuban sadarum | (tiga sarêng): inggih saklangkung prayogi | dandos kapraboning pupoh ||

Kăndha: sèbêt byar wau ta, dèrèng dumugi anggènira imbal pangandika, kasaru dhatêngira wadya pêcambêng, rumrojog[14] tanpa larapan.

Plajaran, rêp.

Kăndha: wau ta sadhatênging wadya pêcambêng wontên ngarsanira Wong Agung Tuban, dèrèng ngantos dinangu anulya matur.

Pangkur. (Pêcambêng): dewaji kula tur priksa | lamun wontên prajurit Bugis prapti | lajêng sami soroh amuk | dhatêng ing pasanggrahan | pangiridnya Dewa Jarumuka Prabu | (Rănggalawe): apa mangkono turira | (pêcambêng): non kangjêng dewaji inggih ||

(Rănggalawe): lah Patih Jayapuspita | lawan sira Jipang Sêdayu yayi | apa ta wus padha krungu | ture wran pajinêman | (tiga sarêng): inggih sampun wangsul karsa jêng pukulun | (Rănggalawe):

--- 2 : 44 ---

iya pinapag ing aprang | (tiga sarêng): inggih saklangkung prayogi ||

(Rănggalawe): priye gonmu prêdandanan | apa uwis kabèh padha miranti | (wadya): sampun samêkta sadarum | (Rănggalawe): sokur yèn wis samêkta | lah ta sira Ki Seta Kumitir kulup | payo ywa nganti klayatan | (Seta Kumitir): inggih dhumatêng suwawi ||

Gêsang, rêp.

Kăndha: wau ta lampahing wadya Tuban, sampun ajêng-ajêngan yuda kalih wadya Bugis. Kocapa Mraja Dewa Jarumuka, sawadyabalanira, ingkang ngamuk ing ayuda dhatêng pabarisan ing Tuban, tansah ambrondong sanjata, sarwi ambêkik-bêkik, surak magiyak-giyak, sarwi alok, amuk, amuk.

Gêsang, suwuk, mriyêman.

Kăndha: sèbêt byar wau ta Mraja Dewa Jarumuka, sarêng mriksa pangamuking wadya Tuban sangsaya ngangsêg, Mraja Dewa Jarumuka lajêng andhawuhi dhatêng pêpatihira, kinèn angangsêg pambrondongira.

Durma. (Jarumuka): mari lêkas wasir kumêndhir sêmua | balatantramu Bugis | jangan prang plan-pêlan | lêkas antêp nyang kêras | dhikêrja hancur sêkali | bêrnanti apa | (patih sarêng): ya baik tuwan baik ||

Plajaran, titi wadya Jawi sakawan wadya Bugis sakawan, prang, sanjata sampyuh, rêp.

Kăndha: sèbêt byar wau ta, wadya Bugis saya nglarug pangamukira, sarwi ambrondong sanjata, miwah ambrondong mriyêm, sawênèh angamuk, sarwi pêdhang lan kalewang. Lah ing ngriku sarêng kapapagagên para dipati, wadya Bugis larut sumêbar, datan măngga puliha. [...] lika Mraja Dewa Jarumuka, lajêng ngabani andêling wadya, nama Dhaèng Marewah, Dhaèng Maklabu, kinèn têtulung ing yuda, dèn papagakên Radèn Arya Krêtagnyana. Lah ing ngriku nyat anulya majêng.

Gêsang, suwuk, ada-ada.

Durma (Marewah): Krêtagnyana adha mana Layangseta | dhua Layangkumitir | (Krêtagnyana): jangan banyak kata | (Marewah): tanyaki lantas marah | mana têmpatnya Kumitir | dhan Layangseta | (Krêtagnyana): tus tidhak tau kami ||

(Maklabu): dhitanyaki trak mau ngaku têmpatnya | Layangseta Kumitir | jangan banyak kata | mari krubutên saya | no trak kêna bikin baik | no mari lêkas | itu dhibikin mati ||

Plajaran, prang, rêp.

--- 2 : 45 ---

Durma. (Kalih sarêng): no êngkao sêkarang lêkas balêsa | mana nyang dhisukaki | apa dhi kêpala | apa dhi badan jugak | kami musthi tidhak lari | no mari lêkas | (Krêtagnyana): ya jaga baik-baik ||

Gêsang, suwuk, ada-ada.

Durma. (Krêtagnyana): lah ta padha yèn padhaa imbang-imbang | sasat padha lan mami | ingsun Krêtagnyana | rêbutên ing ayuda | wong Bugis tunggalmu êndi | barênga mara | amuk-amuk ngajurit ||

Kăndha: eling pun Dhaèng Marewah Dhaèng Maklabu [...] kapara tiwas, nyata, nyata. Wau ta Ciktirkèmis, sarêng ningali kancanira kapara tiwas, dèn amuk Radèn Krêtagnyana, Ciktirkèmis badhe nglambung mriyêm, sigra mangsah enggal-enggalan.

Plajaran, prang mawi mriyêm.

Dhawah ambruk, kontal, panggah nrajang, nglantak, suwuk.

Kăndha: eling Ciktirkèmis kapara tiwas, nyata, nyata. Wau ta sarêng katalika dhatêng pun Apatih Baurêksa, saklangkung bramantya, tandya mangsah ing ayuda, dèn pêthukakên dhatêng Menak Gadamustaka. Lah ing ngriku nyat anulya majêng.

Plajaran, suwuk, ada-ada.

[Grafik]

Dhaèng Marewah.

Pangkur. (Baurêksa): Gadamustaka mlawan prang | mana Layangseta Layangkumitir | itu dhua tlalu busuk | sa mu bunuh lèhèrnya | (Gadamustaka): Baurêksa no jangan banyak mênyaut | no mari lêkas anggar prang | no ya mari lêkas mari ||

Kăndha: lah ing ngriku Patih Bugis nulya musthi pêdhang, bêdhamaning prang, cag, sarwi ngandika.

--- 2 : 46 ---

Baurêksa: no mari Gadamustaka, anggar prang jangan takut.

Gadamustaka: ya mari lêkas-lêkas.

Plajaran, prang, rêp.

Baurêksa: no mari mêmbalêsa.

Gadamustaka: jaga baik kita pukul.

Baurêksa: iya mari lêkas-lêkas.

Gêsang, suwuk, ada-ada.

Durma. (Gadamustaka): lah ta padha yèn padhaa imbang-imbang | sasat padha lan mami | sun Gadamustaka | rêbutên ing ayuda | wong Bugis tunggalmu êndi | barênga mara | amuk-amuk ngajurit ||

Plajaran, suwuk.

Kăndha: eling Patih Baurêksa kapara tiwas, nyata, nyata. Wau ta sarêng katalika dhatêng Mraja Dewa Jarumuka yèn patihira kapara tiwas, langkung dukanira, karsa mangsah ing ayuda, dèn pêthukakên dhatêng Radèn Arya Purbarana. Lah ing ngriku nyat anulya majêng.

Plajaran, suwuk, ada-ada.

Pangkur. (Jarumuka): Purbarana mêlawan prang | mana Layangseta Layangkumitir | itu dhua tlalu busuk | sa mu bunuh lèhèrnya | (Purbarana): Jarumuka no jangan banyak mênyaut | no mari lêkas anggar prang | (Jarumuka): iya mari lêkas mari ||

Kăndha: lah ing ngriku risang kalih nulya sami ngasta bêdhamaning prang, cag, sarwi ngandika.

Jarumuka: no mari Purbarana, anggar prang jangan matakut.

Purbarana: iya mari lêkas-lêkas.

Plajaran, prang, rêp.

Kăndha: wau ta Radèn Arya Purbarana, sarêng kenging dèn pêdhang jajanira ambruk andhêpani bantala, supe purwaduksina. Mraja Dewa Jarumuka anulya sêsumbar.

Sinom. (Jarumuka): jadhi abu campur tanah | Purbarana musthi mati | apa trak mêdhèngêr kabar | mêlawan prang kita ini | Sri Jarumuka sêkti | mar takut lainnya mashur | no mari lêkas-lêkas | bangun dhan mêlawan lagi | kapan kamu trak bangun potong lèhèrnya ||

Kăndha: wau ta Radèn Arya Purbarana, sarêng kasilir ing samirana, jênggirat anulya wungu, tandya narajang malih.

--- 2 : 47 ---

Gêsang, prang, rêp.

Kăndha: wau ta Mraja Dewa Jarumuka, sarêng kenging dèn walês bindi pok talinganira ambruk andhêpani bantala, supe purwaduksina. Radèn Arya Purbarana anulya sêsumbar.

Sinom. (Purbarana): sura mrata jaya mrata | sasat padha lawan mami | ingsun Arya Purbarana | rêbutên madyaning jurit | lah sira Mraja Bugis | yèn nyata prajurit punjul | mara enggal tangia | malêsa ingsun tadhahi | payo kene aja nganti kalayatan ||

Kăndha: wau ta Mraja Dewa Jarumuka, sarêng kasilir ing samirana, jênggirat anulya wungu, tandya narajang malih.

Gêsang, [...], rêp.

Kăndha: wau ta kang yuda kêkalih, saklangkung rame, nêdhêng sudiraning prang, samya wantêr ing driya, cukat trampil [...]ga. Lah ing ngriku Radèn Arya Purbarana èsmu repot yudanira. Katalika Patih Jayapuspita nglambung ayuda, ngayat-ayat jêmparing. Sarêng Radèn Arya Purbarana nyêngkah jaja Mraja Dewa Jarumuka, kawêngkang, Patih Jayapuspita anglêpasakên jêmparing. Mraja Dewa Jarumuka kening jajanira, blas anulya sirna.

Gêsang, suwuk, ada-ada.

Durma. (Purbarana): lah ta padha yèn padhaa imbang-imbang | sasat padha lan mami | ingsun Purbarana | rêbutên ing ayuda | Raja Bugis tunggalmu ndi | barênga mara | amuk-amuk ngajurit ||

Plajaran, suwuk.

Kăndha: eling Mraja Dewa Jarumuka kapara tiwas, nyata, nyata. Wau ta satiwasira Mraja Dewa Jarumuka, miwah pêpatihira, sawadyanira Bugis, sasisaning pêjah dhadhal larut tan măngga puliha, thuh, thuh, athuh.

Plajaran, suwuk, lagon, rakit.

Kăndha: sèbêt byar lah ing kana wau, Wong Agung Tuban, sapêjahira Mraja Dewa Jarumuka sawadyanira Bugis sadaya, karsanira Wong Agung Tuban laju nglanggar ing ayuda dhatêng sawetaning kali Cacing, laju bodhol lan kêbut sawadyabalanira sadaya, sinêrang daya-daya lampahira.

Wau ta lampahira dêdamêl ing Tuban, ingkang sumêdya nglanggar prang dhatêng sawetaning kali Cacing. Wancinipun punapa samangke, wanci gagat bangun raina.

Gêndhing, rina-rina, rêp.

--- 2 : 48 ---

7. Wadya Tuban campuh kalihan wadya Balambangan.

Kăndha: anênggih punika pasanggrahan Prabalingga, pasanggrahanira Wong Agung Blambangan, jêjuluk Mraja Urubêsma. Mila Wong Agung Blambangan masanggrahan wontên Prabalingga, awit mêntas unggul ing ayuda, mêngsah kalihan Adipati Sindura. Wondene Sang Dipati Sindura inggih sampun kalampahan sirna sawadyabalanira sadaya. Sri narendra lajêng masanggrahan wontên Prabalingga punika. Ing mangke dawêg miyos sineba, animbali ingkang rayi, Wong Agung Maudra, kalih ingkang raka Wong Agung Balega, tiga ingkang paman Wong Agung Bali, punapadene wadyabala, inggih pinêpak sadaya, samê[...] astraning ayuda. Wondene Ki Patih Ongkotbuta, kalih Ki Patih Angkatbuta, botên sowan, taksih tugur wontên ing Pasuruan.

Wau ta sri narendra, sadangunira pinarak, sadèrèngira ngandika, kaetang brangtanira dhatêng Sri Narendra Kênya, linali saya nglela, dumunung êlênging cipta, supe yèn siniwaka, tansah rêngêng-rêngêng ngarang karungrungan.

Dhandhanggula. (Urubêsma): pantês tan ana wingwang sang putri | Ratu Ayu intên Majalêngka | ginarêbêg pawongane | para biyada manggung | pan badhaya plara-plaraning | kang ngampil upacara | rong lajur yu-ayu | arămpya-rămpya sinomnya | ijo pilingane sapêkak madyaning | sajri miring têpaknya ||

lan kang mangkah-mangkah prêjajaning | pating krêncang dhenok bayunira | ya mandul-mandul susune | tol-ketol brotol-brutul | iya mungal panggalak ati | gêmpang pêlatukannya | swarane gumuruh | mara mara mara mara | grudug-grudug banjur lênggah pangkon mami | anuli jaluk êmban ||

Gumujêng.

Durma. Ratu Ayu sun rasa saya karasa | sun gugu angranuhi | adoh katon cêdhak | gumawang ing pandêngan | ora ngambung pipi kering | larangan dewa | têngên samono ugi ||

êmpak-êmpi ngambung pipi êmpak-êmpa | angambung dhadha kuning | êmpak-êmpêng nguswa | wêtênge răndha tuwa | êmpak-êmpong angambungi | bokonging lanjar | pak êmpuk prawan sunthi ||

Gumujêng, dhawah tarupala.

Sinom. (Madura): kaka Prabu Urubêsma | sangêt ing panuwun mami | yèn kaka prabu kasmaran | wanodya botên prayogi | yèn kaka prabu galih | krama Nata Majalangu | lamun [la...]

--- 2 : 49 ---

[...mun] maksih kawula | kados kasêmbadan ugi | kaka prabu èngêta mugi èngêta ||

Gêsang, gêmbyakan, sindhenan, gumujêng, rêp.

Dhandhanggula. (Carangwaspa): kur non yayi Prabu Urubêsmi | sangêt-sangêt panuwun kawula | lamun dinulur wirage | tan sae wêkasipun | watêk suda lêksana aji | gonyèh kêkulitira | gêtas tosanipun | yèn arsa mondhong Sri Kênya | Majapait yèn maksih kawula yêkti | botên lêpat ing karsa ||

Gêsang, gêmbyakan, sindhenan, gumujêng, suwuk.

Dayun têmbangan.

Ulêr kambang, rêjasa ginawa jala, satitahe, wong ngarah aja gumampang.

Pisang mêgar, gapura sinupit urang, graitanên, rêntênging manah kawula.

Prabu yêksa, sri laga kênya taruna, ulatana, sasmita jroning paesan.

Rotan buntal, jangkrik gung pangrike dawa, sirnakêna wujud lan paningalira.

Lintang katon, panglêburan jagad nala, jroning langse, aja na rasa-rumăngsa.

[Grafik]

Dayun.

Tikus klapa, putra aji mijil garwa, sampun jumbuh, gusti kalawan kawula.

Suwuk.

Dayun: tan dora tur kula gusti, naranata, yèn sangêt wigêna, tan prayogi, dadosnya wusana, yèn karuna waspa tumètès ing kisma, dadya sangar têmah nyarangakên praja, yêkti kêmba, wadya ingkang ngèstupada, têmah cuwa, karsa paduka narendra, pan prayoga, lumembak karsèng jawata, lamun dora pun Dayun kadukanana.

Asmaradana. (Urubêsma): ora kaya si wong iki | tuture winor têmbangan | bisa têmên Dayun kowe | lah Dayun yêkti manira | lamun tan kalakona | dhaup lan Sang Ratu Ayu | lila tumêkèng palastra ||

--- 2 : 50 ---

Dayun mundur, têmbangan.

Ri godhonge, ya ngrêmpoyok wowohane.

Dipun sênggaki Pangsêng lan Kalingkung.

Ima-ima. Singsèh.

Garêbong pangirid kuda. Singèng.

[Grafik]

Menak Pangsêng.

Margarata. Singèng.

Gul-agule. Singèng.

Wong suwarga. Singèng.

Dayun têmbangan.

Asmaradana. sun lali-lali tan lali | sun lêlipur saya brăngta | sasolahe katon bae | gêmbili gung woh ing tawang | gadêbugan wak ingwang | jênang gamping rêca kayu | dalênjêt golèki dika ||

Kandhang kêndhi, mas ajêng osog-osogên. Sêmut seta, pasêmone wong anendra, layap-layap, sêmune wis tunggal karsa. Siwur tukung, trisnaku ambruk mring dika.

Dipun sênggaki Pangsêng lan Kalingkung.

E lo, e lo, e lo, e lo. Brung.

E lo, e lo, e lo, e lo. Brung.

Pangkur. (Raja Madura): lah Dayun sira wong apa | angombyongi kaka prabu abrangti | kang jamak mamriha lipur | (Dayun): sang nata sampun duka | bêborongan êmbyak ngajêng mogèl pungkur | (Raja Madura): lah Si Dayun saya dadra | ya bacutba angombyongi ||

kaka prabu akèndêla | kaka prabu manawi kula maksih | suka dadya woding pupuh | yèn putung kasawatna | lamun rêmuk kasawurna dhatêng satru | nadyan pêjah maksih sura | mêngsah lan tyang Majapait ||

Sinom. (Urubêsma): jagad dewa ngabathara | kadya tyang edan kinardi | yayi pun kakang punika | (Raja Madura): pan botên maibên mami | paduka kaka aji | gung anèm jumênêng ratu | karsa apalakrama | dèrèng kasêmbadan ugi | (Urubêsma): yayi prabu lêrês ingkang pangandika ||

yayi kakang paman nata | gènipun sami sumiwi | wontên ing ngajêngan kula | punapa sampun antawis [a...]

--- 2 : 51 ---

[...ntawis] | (raja sarêng): inggih sampun antawis | salêbêtnya yayi (kaka, anak) prabu | kasmaran mring wanodya | sampun sumewa ing ngarsi | (Urubêsma): lah ta yayi Prabu Dewa Baudhêndha ||

bapa Kotbuta Katbuta | dene lami dèrèng prapti | gènnya sami ngungsir mêngsah | (Baudhêndha): saking ing pami [...] | wontên tyang Majapait | ingkang ambantoni pupuh | senapatining yuda | pun Seta Layangkumitir | dugi kula lajêng arêrêmpon yuda ||

(Urubêsma): lêrês ingkang pangandika | (Baudhêndha): kadospundi atur mami | kaka Prabu Carangwaspa | (Carangwaspa): lêrês aturipun yayi | kula non yayi aji | lêrês turnya yayi prabu | Dewa Gung Baudhêndha | kawula samantên ugi | dugi kula pun patih unggul ing yuda ||

kur non mila sapunika | pun Seta Layangkumitir | èstu botên purun panggah | mung kumêndhungnya nglangkungi | (Urubêsma): lêrês kakang narpati | (Carangwaspa): kadospundi atur ulun | paman Bali Narendra | (Walikrama): lêrês turnya anak aji | kula nuwun anak prabu lêrês turnya ||

anak Prabu Carangwaspa | kawula samantên ugi | lampahipun pun apatya | kados unggul ing ajurit | non mila sapuniki | pun Seta Kumitiripun | èstu tan purun panggah | mung kumêndhungnya nglangkungi | (Urubêsma): paman prabu lêrês ingkang pangandika ||

yayi kakang paman nata | ing samangke kajêng mami | yèn bapa Buta Katbuta | yèn ta botên lajêng prapti | saari kalih ari | kula badhe lajêng bantu | dhatêng ing rananggana | sawadyabala prajurit | (raja sarêng): yayi (kaka, anak) prabu kawula sumanggèng karsa ||

Kăndha: wau ta dèrèng dumugi gènira imbal wacana sri narendra, kasaru dhatêngipun Apatih Ongkotbuta Angkatbuta dumrojog tanpa larapan.

Plajaran, rêp.

Wau ta sadhatêngira pun apatih kêkalih munggèng ngarsanira Wong Agung Blambangan, samya cingak ingkang sewaka. Ya mangkana yitnanira pun apatih kêkalih, i kabênêran têmên têkaku iki, sri narendra lagi miyos pasamuan, saiba bungahe yèn wis amirêng kang dadi aturku. Wondene pangetangira Wong Agung Blambangan, i si bapa wus padha têka, dak duga padha unggul lakune, sabab kêtara sêmune. Titi mangkana pangetangira sri narendra.

Gêsang, suwuk, ada-ada.

Gambuh. (Urubêsma): bagea satêkamu | bapa patih anèng ngarsaningsun | (patih sarêng): jêng dewaji sabda paduka kapundhi | kapêtak wontên ing êmbun | dadya jimating krahayon [kra...]

--- 2 : 52 ---

[...hayon] ||

(Urubêsma): bapa paran lakumu | gonmu ngungsir mungsuh kang kaplayu | (Ongkotbuta): kula nuwun dewaji gèn kula ngungsir | sisaning prang ingkang lampus | botên wontên purun tanggon ||

punika jêng sang prabu | wontên bantu saking Majalangu | Layangseta Kumitir têtindhih jurit | angirid para tumênggung | lajêng rêrêmpon ing pupoh ||

angsal pangèstu prabu | anggèn kula yuda sagêd unggul | prajurit ing Majapait ingkang lalis | Bagapa[...] Menak Kalungkung[15] | Brajamusthi sami layon ||

dene têtindhihipun | Layangseta Kumitir nyalurut | botên purun [...] lajêng ngunduri | angrucat busananipun | [...]mur pêkathik kang awon ||

(Urubêsma): mangkono bapa turmu | (Ongkotbuta): non makatên kangjêng sang aprabu | priye adhi ora bênêr atur mami | (Angkatbuta): lêrês kakang aturipun | kula nuwun jêng sang katong ||

non lêrês aturipun | kakang patih nadyan atur ulun | botên siwah sarikma pinra sakêthi | lan punika jêng sang prabu | wontên kalih kang bupatos ||

Balaruci jêjuluk | Gajah Têpèngsara sami têluk | botên mawi sarana andon ing jurit | gènnya têluk sami alus | sêdya suwita mring katong ||

(Urubêsma): bangêt panrimaningsun | ingkang padha têluk jênêng ingsun | iya padha tulusna jênêng bupati | nora owah kang palungguh | (patih sarêng): dhatêng sandika sang katong ||

Kăndha: sèbêt byar wau ta dèrèng dumugi gènira ngandika sri narendra, kasaru dhatêngira pun Apatih Jarumampang, dumrojog tanpa larapan.

Plajaran, rêp.

--- 2 : 53 ---

Sinom. (Urubêsma): Jarumampang lêkas-lêkas | dhatêng dhi hadhapan sini | no apa punya bêrkata | (Jarumampang): dhatêngku bêrmula kami | mêngadhêp bawah dhuli | hamba mêngunjuk bêrtau | Twan Raja Jarumuka | sudhah mênglanggar ngajurit | dhan têmênnya sudhah dhi barat bêngawan ||

tapi tuwan kêsusahan | Raja Jarumuka mati | balanya habis sêmua | satu trak adha yang udhip | (Urubêsma) [...] lah sungguh mati | (Jarumampang): ya têngku têrlalu sungguh | (Urubêsma): mêmbritau sa trima | iya sudhah kluwar wasir | (patih sarêng): baik têngku hamba sudhah dhapêt kluwar ||

Plajaran, rêp.

Kăndha: wau ta Sang Prabu Urubêsma, sarêng miyarsa yèn ingkang paman, Mraja Dewa Jarumuka, kapara tiwas, sawadyanira têtumpêsan, sri narendra saklangkung dukanira. Dèrèng ngantos ngandika kasaru dhatênging wadya andêl pêcambêng, pun Macan Ambal, dumrojog tanpa larapan.

Gêsang, rêp.

Wau ta sadhatêngipun Macan Ambal, dèrèng ngantos dinangu anulya matur.

Asmaradana. Slobog. (Macan Ambal): kula nuwun jêng dewaji | kawula atur uninga | manawi Sang Rănggalawe | sapunika sampun nglanggar | dhatêng wetan bêngawan | dêdamêlnya langkung agung | lajêng sami jarah rayah ||

miwah angobong-obongi | (Urubêsma): apa mangkono turira | (Macan Ambal): inggih makatên sang katong | (Urubêsma): bapa-bapa lan pra nata | sampun sami miyarsa | Macan Ambal aturipun | (sarêng): inggih sampun amiyarsa ||

wangsul karsa kadospundi | (Urubêsma): inggih pinapag ing yuda | (sarêng): kawula inggih rumojong | (Urubêsma): jêngandika pradandosan | sawadyèngsun Blambangan | sasamêktaning prang pupuh | (sarêng): inggih dhumatêng sandika ||

(Urubêsma): ing samangke kadospundi | gènnya sami prêdandosan | punapa sampun mirantos | (sarêng): inggih sampun amirantya | (Urubêsma): sokur yèn makatêna | sampun klayatan amagut | (sarêng): inggih dhumatêng sumăngga ||

Gêsang, suwuk.

Kăndha: sèbêt byar wau ta wadyabala Blambangan, ingkang bodhol saking pasanggrahan, lampahira lajêng kapêthuk dêdamêl ing Tuban, anulya sami tata glar, mungsuh rowang asawang-sinawang. Lah ing ngriku anulya campuh ing ayuda, têngara wor suraking wadya, kadya angrubuhna langit, sarwi alok, mungsuh mungsuh.

--- 2 : 54 ---

Plajaran, rêp.

Kăndha: wau ta ingkang campuh yuda, wadya Blambangan lan wadya Tuban, saklangkung dènira rame, sanjata barondongan, mariyêm lir gêlap ngampar, pêtêng muksane kucika, kokap wor lêbu, kasarug mangampak-ampak, kang yuda gagap-gagapan, long-linongan, mungsuh rowang tan ngetang pêjah, drêsing punglu kadi mimang, suwara jumêthot, jumêngèr, nratas kentas, murub pasikêpaning yuda, katiban ing gutuk api, sanjata wus kaliwat, caruk watang, ujung pêdhang, lêmbing kunta candrasa, lamêng kulewang, bêrêg-binêrêg, rog-rinrog, aliru papan, kang pêjah tan ingetang, banjir gêtih sarah watang, lumut lêlayu bandera, parang liman turăngga. Lah ing ngriku wadyabala [Tu]ban èstu karepotan yudanira, mundur-mundur katawan, maju-maju katutuh, katimpah-timpah, katundhung kagulung kagilês, pating sulayah katunjang, kajêngkang karangkang-rangkang, burangkangan asamba[t bi]yang. Lah ing ngriku katalika wadya andêl tram-traman kalih nêmbang, anglancangi mangsah ing yuda, dèn papagagên wadya andêl pinilih ing Blambangan kalih nêmbang, aran wong rujakpolo, nyat anulya majêng.

Gêsang, suwuk, ada-ada.

Durma. (wadya Tuban): drohun-drohun wong Blambangan mapag ing prang | (wadya Blambangan): iya iku wong Tubin | (wadya Tuban): gustimu kon mangsah | Dipati Menakjingga | sun kêmbarane ngajurit | (wadya Blambangan): wis aja ngucap | gêndhingmu sun tadhahi ||

(wadya Tuban): wong Blambangan sira tan kêna sun eman | apa dhêmên bilai | mara tadhahana | iya curiganingwang | (wadya Blambangan): ya padhaa nganggo kêris | êndi kang jaya | boyong răndha prajurit ||

Plajaran, prang, sampyuh, suwuk.

Kăndha: eling wadya sakawan sampyuh yudanira, nyata, nyata. Wau ta sarêng katalika dhatêng Menak Binarong, nulya mangsah ing yuda, dèn pêthukakên dhatêng Radèn Panatasingron. Lah ing ngriku nyat anulya majêng.

Plajaran, suwuk, ada-ada.

Pangkur. (Panatasingron): Si Binarong mapag ing prang, luwih bêcik nungkula mring Sri Bêsmi | (Binarong): wis aja kakehan wuwus | payo kapara ngarsa | Panatasron padha ngadu kang sêsiyung | bathara panglêbur jagad | (Panatasingron): iya payo padha bêcik ||

--- 2 : 55 ---

Kăndha: lah ing ngriku risang kêkalih anulya sami narik agêmira curiga bindi, cag, sarwi ngandika.

Panatasingron: lah payo wirutama, pêrang ngarêp rêbut unggul.

Binarong: ya payo kapara ngarsa.

Plajaran, prang, rêp.

Kăndha: wau ta Menak Binarong, sarêng kenging ginoco jajanira, ambruk andhêpani bantala, dangu akapidhara. Radèn Panatasingron anulya sêsumbar.

Sinom mèngkrèng. (Panatasingron): sura mrata jaya mrata | sasat padha lawan mami | Panatasingron ya ingwang | rêbutên madyaning jurit | Menak Binarong aglis | yèn nyata prajurit punjul | mara enggal tangia | malêsa ingsun tadhahi | ... ||

Kăndha: lah ing ngriku Menak Binarong, sarêng kasilir ing samirana, jênggirat anulya wungu, tandya narajang.

Gêsang, rêp.

Asmarandana. (Binarong): abot sangganing ajurit | salawas sun yuda gada | durung olèh tandhing tanggon | iki olèh wirutama | Panatasron digdaya | (Panatasingron): nora cuwa mungsuh ingsun | sagêndhingmu sun tan ulap ||

(Binarong): babo ya sanadyan mami | apa kang tumèmpèl sira | tamakêna marang ingong | ingsun tadhah tamèng dhadha | (Panatasingron): iya ingkang prayitna | tadhahana panah ingsun | (Binarong): iya mara tibakêna ||

Kăndha: lah ing ngriku Radèn Panatasingron, nulya nyandhak agêmira jêmparing, cag, angiwakakên gandhewa, anêngênakên jêmparing, jumangkah wêntis kang kiwa, mancat suku kang têngên. Menak Binarong kenging linêpasan jêmparing, blas têbih dhawahira.

Gêsang, suwuk, ada-ada.

Mijil. (Panatasingron): lah ta padha yèn padhaa sêkti | sasat padha ingong | Menak Binarong êndi tunggale | Pnatasingron rêbutên ngajurit | barênga kang prapti | nora èrèp ingsun ||

Plajaran, suwuk.

Kăndha: eling Menak Binarong tiwas, nyata, nyata. Wau ta sarêng katalika dhatêng Radèn Jayapuspita, yèn Menak Binarong tiwas, anukya[16] mangsah ing yuda, dèn pêthukakên dhatêng Menak [Mena...]

--- 2 : 56 ---

[...k] Balaruci kalih Menak Gajah Têpèngsara. Lah ing ngriku nyat anulya majêng.

Plajaran, suwuk, ada-ada.

Pangkur. (Kalih sarêng): Jayapuspita mapag prang | luwih bêcik nungkula mring Sri Bêsmi | (Jayapuspita): wis aja kakehan wuwus | payo sagêndhingira | (kalih sarêng): Japuspita têka banjur ambêg lampus | lah payo yudanagara | (Japuspita): iya payo padha bêcik ||

Kăndha: wau ta risang katri anulya sami musthi bêdhamanira, cag, sarwi ngandika.

Kalih sarêng: lah payo wirutama, pêrang ngarêp rêbut unggul.

Jayapuspita: ya payo kapara ngarsa.

Plajaran, prang, rêp.

Kăndha: wau ta Menak Balaruci kalih Menak Gajah Têpèngsara, sarêng sami kenging ti-[na]puk mukanira, tandya sami ambruk andhêpani bantala, dangu akapidhara. Radèn Patih Jayapuspita anulya sêsumbar.

Sinom mèngkrèng. (Jayapuspita): sura mrata jaya mrata | sasat padha lawan mami | ya ingsun Jayapuspita | rêbutên madyaning jurit | Têpèngsra Balaruci | yèn nyata prajurit punjul | mara enggal tangia | malêsa ingsun tadhahi | ... ||

Kăndha: lah ing ngriku Menak Balaruci kalih Menak Gajah Têpèngsara, sarêng kasilir ing samirana, jênggirat anulya wungu, tandya sami manitir bindi.

Gêsang, suwuk, ada-ada.

Mijil. (Jayapuspita): lah ta padha yèn padhaa sêkti | sasat padha ingong | lah prajurit êndi ta tunggale | Patih Tuban rêbutên ngajurit | barênga kang prapti | nora èrèp ingsun ||

Kăndha: eling Menak Balaruci kalih Menak Gajah Têpèngsara sami tiwas, nyata, nyata. Wau ta sarêng katalika dhatêng Radèn Wijanarka, anulya mangsah ing yuda. Lah ing ngriku nyat anulya majêng.

Plajaran, suwuk, ada-ada.

Sinom. (Wijanarka): lah sira Jayapuspita | angamuk lir banthèng kanin | yèn sira kêna sun eman | nungkula mring Raja Bêsmi | (Jayapuspita): wis aja kakehaan [kakeha...]

--- 2 : 57 ---

[...an] ngling[17] | sun tadhahi sagêndhingmu | (Wijanarka): payo kapara ngarsa | angudang pucuking kêris | (Jayapuspita): iya payo ngudang pucuking curiga ||

Kăndha: wau ta risang kalih anulya sami narik akênmira[18] curiga, sarwi ngandika.

Kăndha: wau ta risang kalih anulya sami narik agêmira curiga, sarwi ngandika.

Wijanarka: lah payo wirutama, kapara ngarêp rêbut unggul.

Jayapuspita: ya payo kapara ngarsa.

Plajaran, prang, bucalan ping kalih, rêp.

Asmarandana. (Wijanarka): abot sangganing ajurit | salawas sun yuda gada | durung olèh tandhing tanggon | iki Si Jayapuspita | tuhu prawirèng yuda | (Jayapuspita): nora cuwa mungsuh ingsun | sagêndhingmu sun tan ulap ||

(Wijanarka): babo ya sanadyan mami | apa kang tumèmpèl sira | tamakêna marang ingong | ingsun tadhah tamèng dhadha | (Jayapuspita): iya ingkang prayitna | tadhahana panah ingsun | (Wijanarka): iya mara tibakêna ||

[Grafik]

Mraja Dewa Gung Walikrama.

Kăndha: lah ing ngriku Radèn Patih Jayapuspita nulya nyandhak agêmira jêmparing, cag, angiwakakên gandhewa, anêngênakên jêmparing, jumangkah wêntis kang kiwa, mancat suku kang têngên. Radèn Wijanarka kenging linêpasan jêmparing, blas têbih dhawahira.

Gêsang, suwuk, ada-ada.

Mijil. (Jayapuspita): lah ta padha yèn padhaa sakti | sasat padha ingong [ing...]

--- 2 : 58 ---

[...ong] | Wijanarka êndi ta tunggale | Japuspita rêbutên ngajurit | barênga kang prapti | nora èrèp ingsun ||

Plajaran, suwuk.

Kăndha: eling Radèn Wijanarka kaplajar, nyata, nyata. Wau ta sarêng katalika dhatêng Wong Agung Bali, Mraja Dewa Gung Walikrama, anulya mangsah ing ayuda, dèn pêthukakên dhatêng Menak Găndamustaka. Lah ing ngriku nyat anulya majêng.

Plajaran, suwuk, ada-ada.

Pangkur. (Walikrama): Găndamustaka mapag prang | bêcik nungkula mring Sri Urubêsmi | (Găndamustaka): wis aja kakehan wuwus | payo kapara ngarsa | Walikrama pa[dha nga]du kang sêsiyung | bathara panglêbur jagad | (Walikrama): iya payo padha bêcik ||

Kăndha: wau ta risang kêkalih anulya nyandhak agêmira gada bindi, cag, sarwi ngandika.

Găndamustaka: lah payo wirutama, pêrang ngarêp rêbut unggul.

Walikrama: ya payo kapara ngarsa.

Plajaran, prang, rêp.

Kăndha: wau ta Wong Agung Bali, sarêng kenging binindi pok talinganira, ambruk andhêpani bantala, dangu akapidhara. Menak Găndamustaka anulya sêsumbar.

Sinom. (Găndamustaka): sura mrata jaya mrata | sasat padha lawan mami | sun Menak Găndamustaka | rêbutên madyaning jurit | lah Walikrama aglis | yèn nyata prajurit punjul | mara enggal tangia | malêsa ingsun tadhahi | payo kene aja nganti kalayatan ||

Kăndha: lah ing ngriku Wong Agung Bali, sarêng kasilir ing samirana, jênggirat anulya wungu, tandya narajang.

Gêsang, prang, rêp.

Kăndha: wau ta Menak Găndamustaka, sarêng kenging winalês bindi poking karna, ambruk andhêpani bantala, dangu akapidhara. Wong Agung Bali anulya sêsumbar.

Sinom. (Walikrama): sura mrata jaya mrata | sasat padha lawan mami | sun Dewa Gung Walikrama | rêbutên madyaning jurit | Găndamustaka aglis | yèn nyata prajurit punjul | mara enggal tangia | malêsa ingsun tadhahi | iyo payo aja nganti kalayatan ||

--- 2 : 59 ---

Kăndha: lah ing ngriku Menak Găndamustaka, sarêng kasilir ing samirana, jênggirat anulya wungu, tandya manitir bindi.

Gêsang, suwuk, ada-ada.

Durma. (Walikrama): lah ta padha yèn padhaa imbang-imbang | sasat padha lan mami | ingsun Walikrama | rêbutên ing ayuda | Găndamustaka sira glis | barênga mara | amuk-amuk ngajurit ||

Plajaran, suwuk.

Kăndha: eling Menak Găndamustaka kapara tiwas, nyata, nyata. Wau ta sarêng katalika dhatêng Radèn Menak Widuri, langkung bramantya, anulya mangsah ing ayuda, dèn pêthukakên dhatêng Radèn Sarijana, lah ing ngriku nyat anulya majêng.

Plajaran, suwuk, ada-ada.

Pangkur. (Sarijana): Menak Widuri mapag prang | bêcik nungkula mring Sri Nata Bêsmi | (Menak Widuri): wis aja kakehan wuwus | lah payo Sarijana | pêrang ngarêp padha ngadu kang sêsiyung | bathara panglêbur jagad | (Sarijana): iya payo padha bêcik ||

Klithikan, muryani busana, rêp.

Kăndha: wau ta risang kêkalih, sarêng sampun amuryani kang busana, nulya sami narik agêmira curiga, sarwi ngandika.

Menak Widuri: ya payo Sarijana, pêrang ngarêp rêbut unggul.

Sarijana: ya payo kapara ngarsa.

Bucalan kaping kalih, bucalan wangsul gawang.

Dhawah plajaran, rêp.

Asmarandana. (Menak Widuri): abot sangganing ajurit | salawas sun yuda gada | durung olèh tandhing tanggon | iki olèh Sarijana | tuhu prawirèng yuda | (Sarijana): nora cuwa mungsuh ingsun | sagêndhingmu sun tan ulap ||

(Menak Widuri): babo ya sanadyan mami | apa kang tumèmpèl sira | tamakêna marang ingong | ingsun tadhah tamèng dhadha | (Sarijana): iya ingkang prayitna | tadhahana panah ingsun | (Menak Widuri): iya mara tibakêna ||

Kăndha: lah ing ngriku Radèn Sarijana nulya nyandhak agêmira jêmparing, cag, angiwakakên gandhewa, anêngênakên jêmparing, jumangkah wêntis kang kiwa, mancat suku kang têngên. Radèn Menak Widuri [Wi...]

--- 2 : 60 ---

[...duri] kenging linêpasan jêmparing, blas anulya sirna.

Plajaran, suwuk, ada-ada.

Mijil. (Sarijana): lah ta padha yèn padhaa sêkti | sasat padha ingong | lah Widuri êndi ta tunggale | Sarijana rêbutên ngajurit | barênga kang prapti | nora èrèp ingsun ||

Plajaran, suwuk.

Kăndha: eling Radèn Menak Widuri kapara tiwas. Wau ta sarêng katalika dhatêng Radèn Arya Krêtagnyana, yèn Radèn Menak Widuri kapara tiwas, langkung bramantya, nulya mangsah ing ayuda, têdhak saking titihanira dipăngga, jlog, sakala liwung galihira.

Gêndhing liwung, rêp.

Kăndha: anênggih punika ingkang majêng sura ing adilaga, Radèn Krêtagnyana kalih Wong Agung Madura. Risang kêkalih antuk tandhing ing ayuda, yèn sinawang lir Wong Agung Lokapala, Maha Prabu Dhanaraja, prang lan Wong Agung Ngalêngkadiraja, Maha Prabu Dasamuka. Ya mangkana yitnanira Radèn Arya Krêtagnyana, iki Mraja Baudhêndha mapagake mênyang aku, solahe ginawe-gawe, kaduk gumêndhung kumasura, mlaku kinawêdènana, iya diprayitna, ora wurung krasa dening tanganku. Wondene yitnanira Wong Agung Madura, iki Si Arya Krêtagnyana maju ing adilaga, iya kabênêran, tandhing karo aku, iya diprayitna bae, yèn nganti kêtlangso aji jayamu, ora wurung sida sirna dening aku. Titi mangkana yitnanira Wong Agung Madura.

Gêsang, suwuk, ada-ada.

Pangkur. (Baudhêndha): Krêtagnyana mapag ing prang | bêcik nungkula mring Sri Nata Bêsmi | (Krêtagnyana): wis aja kakehan wuwus | lah payo Baudhêndha | pêrang ngarêp padha ngadu kang sêsiyung | bathara panglêbur jagad | (Baudhêndha): iya payo padha bêcik ||

Kăndha: wau ta sang kêkalih, nulya sami ngasta agêmira gada bindi, cag. Yèn sinawang sang kêkalih, kagok liwung solahira.

Gêndhing Kagok Liwung.

Kăndha: wau ta ingkang bêksa ènjèr, Wong Agung Madura Mraja Dewa Gung Baudhêndha kalih Radèn Arya Krêtagnyana ing Jipang. Sang kêkalih antuk tandhing ing yuda, tansah amêntarakên kawiragan. Ya mangkana yitnanira Wong Agung Madura, nora talah Arya Krêtagnyana, solahe ginawe-gawe, kaduk kumêndhung kumasura, mlaku kinawêdènana, iya diprayitna, ora wurung krasa dening tanganku. Wondene [Wo...]

--- 2 : 61 ---

[...ndene] yitnanira Radèn Arya Krêtagnyana, kowe Wong Agung Baudhêndha tandhing karo aku, iya kabênêran padha babag ing ayuda, ya diprayitna kowe, yèn kêtlangso ami[19] jayamu, ora wurung rêmuk katiban bindi. Titi mangkana yitnanira Radèn Arya Krêtagnyana.

Gêsang, wangsul ênggèn, dhawah gangsaran, rêp.

Pangkur. (Krêtagnyana): ... | ... | Dewa Baudhêndha Prabu | tan ana wêkasannya | yuda gada ngêntarake kadibyan nung | lah payo kapara ngarsa | (Baudhêndha): iya payo padha bêcik ||

Gêsang, prang, rêp.

Kăndha: wau ta Wong Agung Madura, sarêng kenging dèn bindi jajanira, ambruk andhêpani bantala, dangu akapidhara. Lah ing ngriku Radèn Arya Krêtagnyana anulya sêsumbar.

Girisa. (Krêtagnyana): sura mrata jaya mrata | imbang-imbang sasat padha | ingsun Arya Krêtagnyana | rêbutên madyaning yuda | lah ta sira Baudhêndha | yèn nyata prawirèng yuda | ta mara enggal tangia | malêsa sun tamèng dhadha ||

Kăndha: wau ta Wong Agung Madura, sarêng kasilir ing samirana, jênggirat anulya wungu, sarwi malês bindi.

Gêsang, rêp.

Kăndha: wau ta Radèn Arya Krêtagnyana, sarêng kenging dèn walês bindi pok talinganira, ambruk andhêpani bantala, dangu akapidhara. Lah ing ngriku Wong Agung Madura anulya sêsumbar.

Girisa. (Baudhêndha): sura mrata jaya mrata | imbang-imbang sasat padha | ingsun Mraja Baudhêndha | rêbutên madyaning yuda | lah ta sira Krêtagnyana | yèn nyata prawirèng yuda | ta mara enggal tangia | malêsa sun tamèng dhadha ||

Kăndha: wau ta Radèn Arya Krêtagnyana, sarêng kasilir ing samirana, jênggirat anulya wungu, tandya sarêng ambindi.

Gêsang, prang, rêp.

Kăndha: wu ta sang kêkalih, ingkang yuda saklangkung dènira rame, tan wontên ingkang kuciwa, lir sawung tanglêt, gêntos kapilis, sami rumangkang atêkên gada bindi.

Gêsang, suwuk, ada-ada.

Durma. (Baudhêndha): lah ta padha yèn padhaa imbang-imbang | sasat padha lan mami | ingsun Baudhêndha | rêbutên ing ayuda | Krêtagnyana tunggalmu ndi | barênga mara | amuk-amuk ngajurit ||

Plajaran, suwuk.

--- 2 : 62 ---

Kăndha: eling Radèn Arya Krêtagnyana kapara tiwas, nyata, nyata. Wau ta sarêng katalika dhatêng Radèn Arya Purbarana, yèn ingkang raka Radèn Arya Krêtagnyana kapara tiwas, langkung bramantya, tandya mangsah ing ayuda, dèn pêthukakên Wong Agung Balega. Lah ing ngriku nyat anulya majêng.

Plajaran, suwuk, ada-ada.

Pangkur. (Carangwaspa): Purbarana mapag ing prang | bêcik nungkula mring Sri Urubêsmi | (Purbarana): wis aja kakehan wuwus | lah payo Carangwaspa | pêrang ngarêp padha ngadu kang sêsiyung | bathara panglêbur jagad | (Carangwaspa): iya payo padha bêcik ||

Kăndha: lah ing ngriku sang kêkalih nulya ngasta agêmira bindi curiga, cag, sarwi ngandika.

Purbarana: lah payo Carangwaspa, pêrang ngarêp rêbut unggul.

Carangwaspa: ya payo kapara ngarsa.

Plajaran, prang, rêp.

Kăndha: wau ta Radèn Arya Purbarana, sarêng kenging dèn goco jajanira, ambruk andhêpani bantala, dangu akapidhara. Wong Agung Balega anulya sêsumbar.

Sinom. (Carangwaspa): sura mrata jaya mrata | sasat padha lawan mami | ingsun Mraja Carangwaspa | rêbutên madyaning jurit | lah Purbarana aglis | yèn nyata prajurit punjul | mara enggal tangia | malêsa ingsun tadhahi | payo kene aja nganti kalayatan ||

Kăndha: wau ta Radèn Arya Purbarana, sarêng kasilir ing samirana, jênggirat anulya wungu, tandya anrajang malih.

Gêsang, rêp.

Asmarandana. (Purbarana): abot sangganing ajurit | salawas sun yuda gada | durung olèh tandhing tanggon | iki èlèh[20] Carangwaspa | tuhu prawirèng yuda | (Carangwaspa): nora cuwa mungsuh ingsun | sagêndhingmu sun tan ulap ||

(Purbarana): babo ya sanandyan mami | apa kang tumèmpèl sira | tamakêna marang ingong | ingsun tadhah tamèng dhadha | (Carangwaspa): iya ingkang prayitna | tadhahana panah ingsun | (Purbarana): iya mara tamakêna ||

Kăndha: lah ing ngriku Wong Agung Balega nulya ngasta agêmira jêmparing, cag, angiwakakên gandhewa, anêngênakên jêmparing, jumangkah wêntis kang kiwa, mancat suku kang têngên. Radèn Arya Purbarana kenging linêpasan jêmparing, blas anulya sirna.

--- 2 : 63 ---

Mijil. (Carangwaspa): lah ta padha yèn padhaa sêkti | sasat padha ingong | lah Purbarana êndi tunggale | Carangwaspa rêbutên ngajurit | barênga kang prapti | nora èrèp ingsun ||

Plajaran, suwuk.

Kăndha: eling Radèn Arya Purbarana kapara tiwas, nyata, nyata. Wau ta sarêng katalika dhatêng Wong Agung Tuban, yèn ingkang rayi Radèn Arya Purbarana kapara tiwas, langkung dukanira, karsa mangsah ing ayuda, têdhak saking titihanira turăngga, jlog. Wau ta sarêng katalika dhatêng Wong Agung Blambangan, nulya karsa mêthuk ing ayuda, têdhak saking titihanira dipăngga, jlog. Risang ka[...] sarêng mulat mangilèn katon sumirat panglayunging kang raditya.

8. Rănggalawe kapupu ing paprangan.

Gêndhing sumirat, rêp.

Kăndha: anênggih punika ingkang ajêng-ajêngan yuda, Wong Agung Tuban kalih Wong Agung Blambangan, upamine kadya dhawuhan bêdhah katêmpuh ing banjir larut, kantun lajêre kewala. Sintên ta ingkang minăngka lajêr, inggih Wong Agung Tuban, anglela madyaning rana. Ya mangkana yitnanira Wong Agung Blambangan, iki Adipati Rănggalawe ngamuk ing aprang, solahe kadi banthèng katawan. Iya layak bae yèn mangkonoa, ujêr dudu padhane. Yèn saiki dak duga olèh babag ing ayuda, iya diprayitna bae, ora wurung bilai takamu. Wondene yitnanira Wong Agung Tuban, i lah kabênêran têmên, Menakjingga mapagake marang aku, dene solahe nganggo ginawe-gawe, pinuntir brêngose, kinêtap-kêtap godhège, sinunggar-sunggar simbar jajane, mundar-mandir netrane, sambada karo rupane, patut bae yèn duwea ati murka durmala, sanadyan rupaa buta sakêthi, aku măngsa wêdia. Titi mangkana yitnanira Wong Agung Tuban.

Gêsang, suwuk, ada-ada.

Sinom. (Urubêsma): sira Rănggalawe Tuban | dene ambêg kumaluwih | ngamuk nèng madhyaning rana | tandangmu lir banthèng kanin | pantês tan na tumandhing | jêr dudu boboting pupuh | yèn kêna ingsun eman | nungkula bae mring mami | mêsthi tulus luhur kabupatènira ||

(Rănggalawe): lah ta sira Menakjingga | aja sira acariwis | dene têka eman-eman | ingsun aprang [a...]

--- 2 : 64 ---

[...prang] têka balik | iba dhêndha [Hyang Wi]dhi | nglabuhi rèh tanpa kusur | măngsa kayaa sira | linuhurake nèng bumi | suprandene balela amurang dana ||

sri narendra kurang apa | sih marmane mring sirèki | (Urubêsma): ywa kakehan wuwus sira | beda mêngko lan ing nguni | sagung lakoning bumi | dhingin Brawijaya Prabu | samêngko jênêng ingwang | ing jagad kang misesani | pantês uga sira sumiwi maringwang ||

eman yèn tumêkèng lena | iba dukane Sang Murti | (Rănggalawe): [O]ra kaya Menakjingga | ambêg digung kumasêkti | gêlah-gêlahing bumi | sira ngranggoni laku dur | (Urubêsma): sira lumuh raharja | tadhahana pêdhang mami | (Rănggalawe): mara kene Menakjingga tibakêna ||

Kăndha: wau ta Mraja Urubêsma nulya narik agêmira pêdhang kumbayana, sawi ngandika.

Urubêsma: lah payo Răngga Tuban, pêrang ngarêp rêbut unggul.

Rănggalawe: ya payo kapara ngarsa.

Plajaran, prang, rêp.

Asmarandana. (Menakjingga): abot sangganing ajurit | salawas sun yuda gada | durung olèh tandhing tanggon | iki olèh Răngga Tuban | tuhu prawirèng yuda | (Rănggalawe): nora cuwa mungsuh ingsun | sagêndhingmu sun tan ulap ||

(Menakjingga): babo ya sanadyan mami | apa kang tumèmpèl sira | tamakêna marang ingong | ingsun tadhah tamèng dhadha | (Rănggalawe): iya ingkang prayitna | tadhahana panah ingsun | (Menakjingga): iya mara tibakêna ||

Kăndha: wau ta Sang Dipati Rănggalawe nulya ngasta agêmira jêmparing, cag, angiwakakên gandhewa, anêngênakên jêmparing, jumangkah wêntis kang kiwa, mancat suku kang têngên. Mraja Urubêsma linêpasan jêmparing, kenging jajanira, nanging datan tumama.

Gêsang, rêp.

Sinom. (Urubêsma): panahe Si Răngga Tuban | tibane nèng dhadha mami | kumêtèp lir pendah mawa | tujune kêtanggor mami | aja kêtanggor mami | sayêkti butul dhadhaku | (Rănggalawe): Menakjingga malêsa | (Menakjingga): tampanên bramastra mami | (Rănggalawe): Menakjingga iya mara tibakêna ||

Kăndha: lah ing ngriku Mraja Urubêsma nulya ngasta agêmira bramastra, cag, angiwakakên gandhewa, anêngênakên jêmparing, jumangkah wêntis kang kiwa, mancat suku kang têngên. Sang Dipati Rănggalawe kenging [ke...]

--- 2 : 65 ---

[...nging] linêpasan ing bramastra, sakala kagêbêng ing dahana, murub mangarab-arab.

Gêsang, rêp.

Kăndha: wau ta Sang Dipati Rănggalawe, sarêng kenging bramastra, murub akantar-kantar, yayah sundhul ing akasa, nanging datan tumami,[21] dèn nyana têkèng palastra. Mraja Urubêsma nulya sêsumbar.

Durma. (Urubêsma): dadi awu sira Rănggalawe Tuban | sirna pinangan gêni | jêr sira bêgsura | jampêng tan kulak warta | yèn Urubêsma sinêkti | wudhu ing aprang | kèringan nuswa bumi ||

Kăndha: wau ta Sang Dipati Rănggalawe, ingkang wontên salêbêting dahana, tansah sidhakêp suku tunggal, nutupi babahan hawa sanga, pinati kang păncadriya. Pundi ta dununge, netra datan ningali, karna datan miyarsa, grana datan anggănda, tutuk datan ngandika, ăngga datan sabawa, amung ti-[...] apusika, nungkul nêgês karsaning dewa kang linuwih. Lah ing ngriku sampun katrima saciptanira, sakala da-[...]k jawah, dêrês asalah măngsa. Ingkang dahana blas anulya sirna.

Gêsang, rêp.

Durma. (Urubêsma): Rănggalawe sun sêngguh uwis pralaya | sirna pinangan gêni | lah sira dipatya | Rănggalawe malêsa | (Rănggalawe): tadhahana Urubêsmi | warastraningwang | (Urubêsma): tibakna sun tadhahi ||

Kăndha: lah ing ngriku Sang Dipati Rănggalawe nulya ngasta agêmira sanjata dibya, cag, angiwakakên gandhewa, anêngênakên jêmparing, jumangkah wêntis kang kiwa, mancat suku kang têngên. Mraja Urubêsma kenging linêpasan jêmparing, dhawahira kuwalik-walik.

Gêsang, rêp.

Kăndha: wau ta Mraja Urubêsma, sarêng kenging linêpasan jêmparing, ambruk andhêpani bantala, supe purwaduksina, dangu akapidhara. Sang Dipati Rănggalawe nulya sêsumbar.

Sinom. (Rănggalawe): sura mrata jaya mrata | sasat padha lawan mami | ingsun Rănggalawe Tuban | rêbutên madyaning jurit | Menakjingga Dipati | yèn nyata prajurit punjul | mara enggal tangia | balia malêsa nuli | sun tadhahi Menakjingga walêsira ||

Kăndha: lah ing ngriku Mraja Urubêsma, ingkang kapidhara kenging sanjata dibya, sarêng kasilir ing samirana anulya wungu, saklangkung merang galihira, nulya ngasta agêmira pusaka gada wêsi kuning, lah ing ngriku tandya majêng malih.

Gêsang, suwuk, ada-ada.

--- 2 : 66 ---

Sinom. (Rănggalawe): bali manèh Menakjingga | sun sêngguh uwis ngêmasi | (Urubêsma): babo Rănggalawe Tuban | tadhahana gada mami | ya gada wêsi kuning | sapisan ji iki lampus | yèn nom-nom tapanira | tumpangsuh japa mantraning | têkan antakamu Rănggalawe Tuban ||

Urubêsma ngayati, Rănggalawe anjêmparing.

Gêsang, nglantak, rêp.

Kăndha: eling Mraja Urubêsma kabuncang ing jêmparing, dhawah sajawining barisan, nyata, nyata. Wau ta Prabu Urubêsma, ingkang kabuncang ing jêmparing dhawah sajawining barisan, lah ing ngriku Prabu Urubêsma saklangkung dukanira, nulya dhawuh ing Ki Patih Ongkotbuta Angkatbuta, Sang Dipati Rănggalawe kinèn angrutug sanjata mriyêm kalataka, sanjata gutuk api, jêmparing sumayana, brangkolang suligi, saking katêbihan, mawanti-wanti, kadya gêlap sakêthi, barung mangampar, dhawahira adrês kadi mimang.

Gêsang, plajêngan.

Kăndha: wau ta Wong Agung Tuban, ingkang wontên madyaning adilaga, dèn dhèrèkakên abdi panongsong pun Wăngsapati. Wau ta Wong Agung Tuban, ingkang kinrutug saking katêbihan, dhawahing mimis tumibèng jaja, tinon lir sêsungging, wênèh ajur manulak, tansah gêbyar-gêbyar, kadi wêwêdhakan parada. Lah ing ngriku pun Wăngsapati kenging mimis andhêmanira, tandya ingabênan, kuwat malih pun Wăngsapati. Lah ing ngriku sang dipati sêsumpingira dhawah katrajang dening mimis, kumêsar galihira sang dipati. Lah ing ngriku tandya songsong kenging mimis, dhandhanira putung [...]nang songsong, sigra mulat mring tawang. Lah ing ngriku sang dipati nulya ngandika.

Asmarandana. (Rănggalawe): lah Wăngsapati dèn aglis | muliha awèh pawarta | mring nimas Banuwatine | yèn sun kasambut ing rana | tumpês sawadyabala | tan ana kari sajurung | (Wăngsapati): inggih dhumatêng sandika ||

Gêsang, rêp.

Kăndha: sèbêt byar wau ta Sang Dipati Rănggalawe, sampun rumaos asor yudanira. Sang dipati nulya sidhakêp, tumênga ing akasa, amancêr ing tingal, amêgêng napas awor ing pangawruh lan dewane Hyang Wisesa, aningali gapura ing swarga, binuka angraras ati. Sigra Hyang Yamadipati prapta, lan pra jawata, ambêkta malige rukma, punapadene widadari samya ngudanakên gănda burat arum [aru...]

--- 2 : 67 ---

[...m] ingkang wangi-wangi. Wau ta sang dipati, sampun eklas ing karsa, lajêng kondur dhatêng kamuksan. Sampun murcita yuswanira, tandya gumuling layonira sang dipati. Wau ta kocapa, Ki Patih Jayapuspita, sarêng priksa sang dipati anêmahi seda, layon gumuling ing siti, lah ing ngriku tandya dèn prêpêki, ingkang kunarpa lajêng dèn sungkêmi.

Gêsang, nga[...], suwuk, tlutur.

Maskumambang. (Jayapuspita): adhuh gusti kawula sang adipati | tan sagêd kawula | [...] wibawa donya di | dhuh gusti dhèrèk pralaya ||

antosana wontên ing pangarib-arib | sumusul kawula | mugi tulusa dêdasih | sampun pisah jêng paduka ||

swarga nraka ngranupada [...] gusti | tan sagêd ngabdi lyan | jalma kaping sapta gusti | kawula angranupada ||

Kăndha: wau ta Ki Patih Jayapuspita, ingkang nungkêmi kuwandanira Sang Dipati Rănggalawe, adrês ingkang waspa, sêsambêtira mêmêlasarsa. Kocapa Prabu Urubêsma, sarêng priksa yèn Wong Agung Tuban nêmahi pralaya, saklangkung sukaning galihira, lah ing ngriku Prabu Urubêsma nulya prêpêki.[22]

Plajaran, rêp.

Durma. (Urubêsma): sida mati saiki Dipati Tuban | jêr nora gugu mami | lah iki patihnya | anungkêmi kunarpa | lah Jayapuspita bêcik | sira nungkula | mênyang ing jênêng mami ||

Titi Jayapuspita ngajêngakên Urubêsma.

Asmarandana. (Jayapuspita): lah Menakjingga Dipati | aja kakehan pangucap | lan aja mrêpêki layon | enggal aku patènana | belakna sang dipatya | (Urubêsma): Jayapusita kumêndhung | nora kêna ingsun eman ||

yêkti sira sun patèni | tadhahana pusakèngwang | gada wêsi kuning gligèn | wruhanamu iki gada | pangruwataning guna | tan kêna wong têguh timbul | (Jayapuspita): iya mara tibakêna ||

Gêsang, suwuk, ada-ada.

Durma. (Urubêsma): lah ta padha yèn padhaa imbang-imbang | sasat padha lan mami | ingsun Urubêsma | rêbutên ing ayuda | Patih Tuban tunggalmu ndi | barênga mara | amuk-amuk ngajurit ||

Plajaran, rêp.

Kăndha: eling Sang Dipati Rănggalawe kalih Patih Jayapuspita kapara tiwas, nyata, nyata. Lah ing ngriku Wong Agung Blambangan nulya andhawuhi wadya kinèn ambêsmi layonira Sang Dipati Rănggalawe [Răng...]

--- 2 : 68 ---

[...galawe] kalih layonira Ki Patih Jayapuspita. Lah ing ngriku nulya sami dèn prêpêki, ingkang layon lajêng binêkta, dèn inggahakên ing tumangan.

Gêsang, mêdal, ical, suwuk.

Kăndha: wau ta sampun ingobong layonira Sang Dipati Rănggalawe kalih layonira Patih Jayapuspita. Urubing dahana ngalat-alat, yayah sundhul ing akasa. Para jawata tanapi widadari samya ningali, angudanakên wangi-wangi. Wondene risang layon kêkalih sampun sirna awor lan kukus, langkung sumrik arum gandanira, mangambar-ambar, pracihnya yèn prajurit linuwih, anglabuhi kraton, pinaringan nugraha luhur sedanira, kamulyan awor Hyang Sukmana kang linuwih. Kunêng sasedanira Wong Agung Tuban kinrutug ing badhamaning ayuda, saking katêbihan wadya ali [...]m bêdhol tumbak, andhaut payung, anggulung bandera, ambucal epok, ambanting paidon, dhadhal larut datan măngga puliha, thuh, thuh, athuh.

Plajaran, suwuk, lagon, rakit.

Kăndha: sèbêt byar wau ta Wong Agung Blambangan lajêng kalêmpakan, animbali ingkang rayi Wong Agung Madura, tuwin ingkang raka Wong Agung Balega, miwah para satriya bupati, lajêng ngalêmpak wontên ing pasanggrahan ing Prabalingga. Wondene Ki Patih Ongkotbuta Angkatbuta lajêng sami ngusir plajaring wadya Tuban. Lah ing ngriku Wong Agung Blambangan [...]sah ginalih-galih pêjahira Adipati Rănggalawe miwah para menak para dipati, ingkang karya girising wardaya.

[Grafik]

Prabu Urubisma.

Gêndhing Gurisa, rêp.

Kăndha: wau ta Wong Agung Blambangan, ingkang kalêmpakan lan ingkang rayi, ingkang raka, ingkang paman, [pama...]

--- 2 : 69 ---

[...n,] tuwin sagunging para satriya bupati, Wong Agung Blambangan saklangkung sukaning galihira dene Sang Dipati Rănggalawe tumêkèng tiwas, myang sawadyabalanira têtumpêsan ing ayuda. Wong Agung Blambangan karsanira amangun suka ăndrawina sawadyabalanira sadaya, pinudya kasuranira. Lah ing ngriku Wong Agung Blambangan nulya ngandika.

Girisa. (Urubêsma): yayi kakang paman nata | kang mêntas mênang ayuda | punapa sami raharja | (raja sarêng): saking pangèstu narendra | sa[...] sami raharja | (Urubêsma): sokur yèn sami raharja | yayi prabu de punika | pun bapa tan wontên seba ||

kadya paran ing ayuda | (Baudhêndha): kakang prabu pun apatya | kêkalih sami raharja | namung lajêng ngungsir mêngsah | sisaning prang kang lumajar | (Urubêsma): inggih sokur yayi kakang | paman sangêt ngungun kula | dhatêng Rănggalawe Tuban.

de ènthèng wawrating yuda | ngong dugi saklangkung awrat | (raja sarêng): lêrês pangandika nata | sampuna mêngsah paduka | saèstu saklangkung awrat | (Urubêsma): makatên kang para raja | (raja sarêng): inggih makatên narendra | (Urubêsma): yayi kakang paman nata ||

ing samangke kajêng kula | arsa kasukan ing driya | mêmudya suraning bala | dènnya mêntas mênang yuda | yayi kakang paman nata | sêdene kang pra satriya | rumyin sami angasoa | (sarêng): kawula dhatêng sandika ||

[Grafik]

Golèk.

Kăndha: wau ta rampung pangandikanira Wong Agung Blambangan, ingkang karsa kasukan ing [...] sukaning wadyabala, ingkang mêntas unggul ing yuda, nanging sagunging para raja dipati samya kinarsan ngaso sadaya. Sang Prabu Urubêsma karsa kondur amasanggrahan, têdhak saking dhamparira, jlog.

Gêsang, suwuk, srêpêkan.

--- 2 : 70 ---

Golèk mêdal, suwuk, lagon, gêndhing Kinanthi jăngga căndra, rêp, uran-uran gangsal pada, têlas dhawah Sinom pangrawit, kêtawang, uran-ura gangsal pada, têlas suwuk, ayak-ayakan, suwuk.

Tancêb kayon.

Tamat.

--- 2 : [71] ---

Isinipun

Kaca
1. Rănggalawe badhe nglurug dhatêng Blambangan ... 3
2. Rănggalawe pamitan para garwa ... 10
3. Bala Tuban bidhal dhatêng Blambangan ... 12
4. Layangseta Layangkumitir campuh kalihan Angkatbuta Ongkotbuta ... 16
5. Damarwulan suwita Patih Lugêndèr ... 29
6. Wadya Bugis campuh kalihan wadya Tuban ... 37
7. Wadya Tuban campuh kalihan wadya Blambangan ... 48
8. Rănggalawe kapupu ing paprangan ... 63

--- 2 : [0] ---

[...]

 


Guru lagu seharusnya 8e, kamulya pangrèh sakèhe. (kembali)
karsa. (kembali)
amlintir. (kembali)
Găndamustaka. (kembali)
tanpa. (kembali)
Lebih satu suku kata: bêcik nungkul marang Narendra Bêsmi. (kembali)
Layangkumitir. (kembali)
Lebih satu suku kata: sasat padha lan mami. (kembali)
Lebih satu suku kata: lah sira Brajamusthi. (kembali)
10 Lebih satu suku kata: manawi makatên mami. (kembali)
11 nulya. (kembali)
12 Lebih satu suku kata: lir sang Hyang Asmara. (kembali)
13 Lebih satu suku kata: yèn ana wong gawa kulup. (kembali)
14 dumrojog. (kembali)
15 Lebih satu suku kata: Bagapa[...] Menak Klungkung. (kembali)
16 anulya. (kembali)
17 Lebih satu suku kata: wis aja kakehan ngling. (kembali)
18 agêmira. (kembali)
19 aji. (kembali)
20 olèh. (kembali)
21 tumama. (kembali)
22 mrêpêki. (kembali)