Langên Driya (Jilid 3), Bale Pustaka, 1932, #590

Judul
Sambungan
1. Langên Driya (Jilid 1), Bale Pustaka, 1929, #590. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
2. Langên Driya (Jilid 2), Bale Pustaka, 1932, #590. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
3. Langên Driya (Jilid 3), Bale Pustaka, 1932, #590. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
Citra
Terakhir diubah: 09-07-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Serie No. 821b

Langêndriya

[Grafik]

Jilid: 3

Lampahan: Gunjaran.

Bale Pustaka - Batawi Sèntrêm.

--- 3 : [1] ---

Serie No. 821b

Langêndriya.

Inggih punika pakêm padhalangan ringgit krucil, cariyos lêlampahanipun Radèn Damarwulan.

Babon saking Ngayogyakarta.

Mawi rinêngga ing gambar ringgit krucil saking pitulungan dalêm, Sampeyan Dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara VII ing Surakarta.

Jilid 3.

Lampahan: Gunjaran.

Bale Pustaka - 1932 - Batawi Sèntrêm.

--- 3 : [2] ---

Wêwênangipun ingkang ngarang kaayoman miturut anggêr ingkang kapacak ing sêtatsêblad 1912 No. 600.

--- 3 : [3] ---

1. Jêjêr Ratu Ayu.

Rakit, lagon nêm, waosan sêkar Dhandhanggêndhis, pangkat saking barang.

Dhandhanggula. manis arum sinawung langên sri | sru kawuryan pamudyaning raras | kamulya mangrèh sakrèhe | lir manik mandaya gung | brêming rat wus winayang ing sih | sih wigunaning karya | akarya wulangun | wulanguning tama arja | arjèng deya sinêmangkara Sukma Di | pangèsthi murtèng sastra ||

Kangjêng Gusti Pangran Adipati | Mangkubumi opsir pan oranya | nasaopsir krun siyême | litênan kolonèl gung | ajidannya sang ondêr koning | mangun srat Damarwulan | winayang ing lagu | sêkar gêndhing winastanan | Langêndriya saha pinaringan idi | dalêm sri naranata ||

kyat pinundhi sinugun ingkang sih | pasyan dalêm dhumatêng rayindra | nukma mayang subrangtane | sumaryangyan yuyun kung | kongas angrèh sumyarjèng puji | jinum sih sumrih sumrah | sêtyarjèng silarju | sarju rumêsêp budyarja | mangarjana mandaya Yudhisthira ji | sinidhi trus ing cipta ||

kang jinêjêr kandhanya samangkin | inggih tiyang agung Majalêngka | prabu kumaraning sinom | dahat mangayun-ayun | kang dinuta lumurug jurit | Dipati Tuban Daha | dangu datan rawuh | ing mangke sang prabu rara | siniwaka karsa anggalih saliring | kang mangun yuda brăngta ||

Ayak-ayakan.

Dhawah gêndhing krawitan, rêp.

Kăndha: hong ilahèng, hong ilahèng awigênamastu namasidhêm. Awigna, mastu silat mring hyang jagad karana, sirantăndha kawisesaning bisana, sana sinawung wanguning langên wilapa damar sasăngka, èstu maksih lampahing buda, jinantur tutur kawula, tela-tela tulad mrih labdèng paran, winursita pangupama, pramèng niskara, karana dya tumiyèng ringgit jalma, langêndriya winisudha, trahing dinama pinardi tamèng lalata, mangkya têkap wusananing gupita tan wun rênggèng prêlambang atumpa-tumpa, panggung panggêng panggunggung mring sang amurwèng karsa.

Anênggih nagari pundi, ingkang pinurwèng carita, samangke kaeka adi dasa purwa, basa eka marang sawiji, adi marang luwih, dasa sapuluh, purwa wiwitan. Têgêse juga ingkang winiwitan. Adi-adining garba gupita, botên wontên kados nagari Majapait. Nagari panjang apunjung, gêmah aripah, pasir awukir, loh jinawi. Basa panjang: marang dawa, basa punjung marang luhur, basa gêmah kathah jalma dagang botên kêndhat-kêndhat, basa aripah kathah jalma gêgriya wontên wêwêngkone nagari, basa pasir ngarêpake samodra, [samo...]

--- 3 : 4 ---

[...dra,] basa wukir ngungkurake gunung, basa jinawi toya tumumpang, tulus kang sarwa tinandur, murah kang sarwa tinumbas, eca manahe kawula alit, kêbo sapi, bèbèk ayam tan wontên kinandhangan, dhatêng aglar munggèng pangonan. Saking arja kartaning nagari, doracara mrih wilalating narendra, botên wontên panjênêngan ratu, ing rat jagat pramudita, ingkang kasăngga ing pratiwi, ingkang kaungkulan ing akasa, ingkang kagêbêng mahara, ingkang kasiwêr samodra laya, ingkang kasênênan sang hyang căndra, ingkang kapadhangan sang hyang surya, datan paja mirib kadi wong agung ing Majapait. Luhur ing kawisesanira, pranyata sang prabu Majapait punika ratu adil palamarta, tansah mule balaba ing donya, dana boga lumintu ing sabên dina, ngupaya dasih utama, amulang bala balilu, aganjar ing aprang pupuh, ngapura tiwasing wadya, datan ngêndhak gunaning wong, kasuranira pinuja, agung titi pariksa, mintir pangrèhing utama, panjênênganing narendra tuhu jawata angejawantah, kinasihan ing Hyang Utipati, kinamule ing widadari, kinacèk samining ratu. Sintên ta dasanamanira wong agung ing Majapait punika, dasa sapuluh, nama aran jêjuluk Maha Sri Kancanawungu, inggih Sri Kancanawungu, inggih Sang Sri Ratu Ayu, inggih Sang Sri Ratu Ayu, inggih Sri Narendra Kênya, inggih Sri Narendra Kênya, inggih Sang Prabu Rara, inggih Sang Prabu Rara, inggih Sri Nata Wanodya, inggih Sri Nata Wanodya, inggih Sang Prabu Murti, inggih Sang Prabu Murti, inggih Sri Rêtnaning Adi, inggih Sri Rêtnaning Adi, inggih Prabu Sêsotyaning Rat. Pramila jêjuluk Sri Kancanawungu, Sri Ratu, Kancana Mas, wungu băngsa nglangut, amidêr liring sêpi. Mila jêjuluk Ratu Ayu, ratu wus ngarani, ayu raharja, anêtêpi karatonira. Mila jêjuluk Narendra Kênya, dèrèng nambut titah palakrama. Mila jêjuluk Sri Nata Wanodya, manggung dinama-dama, ing para pandhita. Mila jêjuluk Prabu Murti, inggil trus panggalihe. Mila jêjuluk Sri Rêtnaning Adi, rêtna intên kang winêning, adi luwih, wus ngudanèni saliring prakawis. Mila jêjuluk Prabu Sêsotyaning Rat, trus padhang paningale, agêng obore, atêbih kuncaranira, tinênga ing parangmuka, kathah nungkul tanpa linawan yuda, ajrih asih kumawula, ingkang têbih manglung, ingkang cêlak tumiyung, sami asrah bulubêkti, paglondhong pangarêng-arêng, tansah mintir sabên warsa.

Kocapa ing sapunika, narendra Majapait, lagya sêkêl ing galih, kèmêngan badra irawan, têgêse badra mêndhung, irawan srêngenge, lir surya kalingan mêndhung, rêm-rêm surêming driya katawêngan, binawur ing sang hyang wisesa, kawaspadaning cipta, wit tabête băngsa titah, tăndha pamayanging jawata, awit Sang Dipati Blambangan, botên purun nyuwawèni jumênêngira narendra, lajêng lolos mantuk dhatêng prajanira Blambangan, sak rèh-rèhanira sadaya, lajêng jumênêng ratu, wontên ing Blambangan, ajêjuluk Maha Prabu Urubêsma. Ing mangke sampun andhatêngi panglamar sumêdya anggarwa Sri Narendra Kênya. Wondene [Wo...]

--- 3 : 5 ---

[...ndene] sri narendra inggih lajêng utusan dhatêng ingkang paman Adipati Rănggalawe ing Tuban, miwah ingkang paman Adipati Sindura ing Kadhiri, sêdene Radèn Layangseta, Radèn Layangkumitir sami kinarsan mapag yudanira Dipati Menakjingga ing Blambangan. Sampun lami antaranira dipati kêkalih, botên atur uninga asor lan ungguling yuda, pramila Sang Prabu Rara tansaya sêkêling galih, ing sapunika Si Narendra Majapait karsa miyos siniwaka ing sitiluhur, sawadyabalanira pêpak sadaya.

Sigêgên pangrêngganing nata, kocap ingkang wontên pasowan jawi, ingkang têngah ngajêng punika Ki Patih Lugêndèr, têngênipun ki patih kapering wingking punika Tumênggung Arya Sêsimping, wingkingira Tumênggung Menak Giyanti, Tumênggung Răngga Minangsraya. Wingkingira Tumênggung Arya Sêsimping, punika Tumênggung Arya Tiron. Wondene Radèn Layangseta, Radèn Layangkumitir botên sowan, dawêg dipun utus dados tingaling narendra nindhihi barisira Adipati Tuban, kalih Adipati Kadhiri, wondene wadyabala Majapait, inggih sampun pêpak sowan sadaya, panganggène warna-warna, kadya sêkar sataman, myang wana karêbun măngsa, ingkang ngangge saloka, suwasa, kancana sêsotya, sorotira pating karênyêp, pating galêbyar, pating pancorong, sangsaya minuni sari ing panangkilan, saking èbêk lungiding pasêmon, myang ruming pranatèng rat, luhur-linuhuran ing pasêmon, kang manuhara raharja, datanpa wikara, akarya kridhaning tyas. Lah ing ngriku saking gunging ingkang siwaka ambêlabar dhatêng alun-alun, kadya sêgara tanpa têpi, kang wetan dumugi pagongan, kang kilèn dumugi wantilan, ingkang lèr dumugi pangurakan, kadya ta rubuha wancaksuji kayu arêng, ing nagari Majapait.

Wau ta botên antawis dangu, kasaru wiyosira sri narendra, punapa antawisira yèn miyos, jajaran ingkang mêdal rumiyin, prajurit baris kurmat, tambur salomprèt munya gumêrah, myang brêdăngga munggang munya mangangkang, lan sanjata agêng mungêl rambah kaping tigang dasa tiga, gur, gur, gur.

Gêsang, gandhang-gandhang, rêp.

Gandhang-gandhang.

Sinom. hèh hèh bocah Majalêngka | dhodhok ya dhodhoka sami | dewaji miyos sineba | jaga nagri pa wis nangkil | (aturan): inggih pan sampun nangkil | yèn mêngkono apa ta wus | sumêkta cêcaosan | yèn uwis ajokna nuli | (aturan): inggih radèn kawula dhatêng sandika ||

Gêsang, miyos, rêp.

(Ratu Ayu): yayi Dèwi Rarasatya | konên maju bapa patih | (Rarasati):

--- 3 : 6 ---

inggih dhumatêng sandika | paman patih dhawuh aji | gènnya sami sumiwi | kinarsan majêng sadarum | (Lugêndèr): inggih dhatêng sandika | hèh kănca majênga sami | (wadya sarêng): kyana patih kawula dhatêng sandika ||

Gêsan, rêp.

Kăndha: wau ta ingkang siniwaka, upamine lintang abyor kalaning dalu, sarêng kawijilan ing surya narendra, sudama nir ujwalanira, kaluhuran ing sang hyang pradănggapati, sadangunira pinarak, sadèrèngira ngandika, sirêp sadaya ing panangkilan, tan ana sabawaning walang salisik, namung suwarane pandhe gêndhing kêmasan, lan suwarane pêksi êngkuk, munya anglangut nèng tawang.

[Grafik]

Patih Lugêndèr. Ratu Ayu.

Gêsang, suwuk, lagon, kawin.

Dhawah gêndhing kinanthi jăngga, rêp.

Kinanthi, (Ratu Ayu): bapa patih sakancamu | kang seba nèng ngarsa mami | apa ta

--- 3 : 7 ---

kabèh wus pêpak | (Lugêndèr): kula nuwun jêng dewaji | andangu sagunging wadya | pêpak sadaya sumiwi ||

(Ratu Ayu): sukur kalamun wus pêpak, bangêt lêganing tyas mami.

bapa paran pandugamu | paman Rănggalawe Tubin | myang paman Dipati Daha | sêdene Seta Kumitir | kang padha anglanggar ing prang | nyirnakake Urubêsmi ||

Apa unggul ing ayuda, utawa lamun kalindhih.

(Lugêndèr): dewaji pandugi ulun | ingkang sami nglanggar jurit | kados inggil ingkang yuda | sabab yayi Răngga Tubin | mumpuni ing sêkti guna | pasah dhatêng agal alit ||

Utawi yayi Sindura, adigung prakosèng jurit.

miwah dasihnya sang prabu | pun Seta Layangkumitir | sêkti tur guna sarana | ing kadigdayan mumpuni | kados-kados kalih pisan | pasah dhatêng Urubêsmi ||

Ratu Ayu: apa ta mêngkono bapa.

Lugêndèr: gusti sri narendra inggih.

(Ratu Ayu): yayi dèwi pandugamu | kaya paran ingkang jurit | (Rarasati): dewaji pandugi kula | kados inggil ingkang jurit | dene lami antawisnya | botên wontên tur udani ||

Yèn tiwasa ing ayuda, kados kang kinanthi jurit.

pra mantri para tumênggung | sampun wontên tur udani | dhumatêng paduka nata | matur solahing ngajurit | (Ratu Ayu): mêngkono panduganira | (Rarasati): gusti sri narendra inggih ||

Gêsang suwuk.

Kăndha: wau ta dèrèng dumugi anggènira imbal wacana, Sri Narendra Kênya kalih Radèn Ayu Patih Rarasati, punapadene Rêkyana Patih Lugêndèr, kasaru dhatêngira Radèn Layangseta, Radèn Layangkumitir, ingkang saking paprangan, laju minggah ing sitinggil, miyak sagung ingkang siwaka, dumrojog tanpa larapan.

Plajaran, rêp.

Kăndha: wau ta sadhatêngira Radèn Layangseta, kalih Radèn Layangkumitir, miyak sagung ingkang sumewa, miyak ngarêp tangkêp ing buri, prasamya gupit-ginupita. Priye têgêse gupit-ginupita, kang wontên wingking anjawil kang wontên ngajêng, kang wontên ngajêng anjawil kang wontên kanan keringira, tansah pating kalêsik swaranira, saking gunge kang rêraosan, yayah tanpa rungwan ing dharatan, ngantos ngumandhang ing gêgana, wondene sri narendra saklangkung kampita ing galih. Têka mangkana yitnanira Radèn Layangseta, Radèn Layangkumitir: kabênêran têmên ulihku iki, sri narendra nuju miyos siniwaka, iba wisa priksa aturku, dak duga bangêt sêkêl galihe. Wondene pangudasmaranira Sri Narendra Kênya: iki Si Seta Kumitir, padha têka ana ngarêpaku, sawange asigra-sigra, [asigra-si...]

--- 3 : 8 ---

[...gra,] dak duga padha cabar ing gawe, katara pasmone, kucêm ulate. Wondene yitnanira Rêkyana Patih Lugêndèr, utawi Radèn Ayu Patih Rarasati, inggih botên sanès kalih pangudasmaranira Sri Narendra Kênya. Lah ing ngriku Radèn Layangseta anulya matur:

Sinom. (Layangseta): kula nuwun sri narendra | sampun kawula tinuding | dados têtingaling rana | baris Daha miwah Tubin | kang sami nglanggar jurit | nyirnakakên Bêsma Prabu | dhatêng kitha Prabalingga[1] | langkung rame ing ngajurit | ... ||

ling inglongan wadyabala | namung kêtiwasan gusti | paman Tubin uwa Daha | sami kasambut ing jurit | mêngsah Sri Urubêsmi | tumpêsan sawadyanipun | (Ratu Ayu): apa mangkono turira[2] | (Layangkumitir): gusti sri narendra inggih | ...

priye dhimas atur ingwang | (Layangkumitir): lêrês tur andika sami | kula nuwun sri narendra | lêrês turnya kangmas sami | kula samantên ugi | botên sanès aturipun | satiwasnya wa paman | kula kangmas bantu jurit | ... ||

myang pra menak kapatihan | sampun arêrêmpon jurit | Menak Klungkung Bagaspatra | Brajamusthi sami lalis | kangmas pêpulih jurit | miwah kula ngamuk punggung | angsal ing pêjah kathah | anamung karoban tandhing | ... ||

dados sumêlanging manah | yèn tiwasa ing ngajurit | sumlang tan wontên tur wikan | ing ngarsa paduka aji | rèhning kawratên tandhing | wusana lajêng amundur | (Ratu Ayu): apa mangkono turira[3] | (Layangkumitir): gusti sri narendra inggih | ... ||

Kăndha: wau ta Sri Narendra Kênya, sarêng myarsa aturira Radèn Layangseta, yèn ingkang paman Adipati Rănggalawe, miwah Adipati Sindura sami kasambut ing adilaga, sri narendra saklangkung anglêg galihira, dangu datan ngandika tansah kumêmbêng waspanira. Wondene Sang Dyah Rarasati, ingkang datan kenging ingampah, saklangkung lêgêg ing galih, mulêk sruning duhkita, yayah cêngêng sumaput ing tingal, tansah karuna.

Gêsang, suwuk, tlutur.

Maskumambang. (Rarasati): adhuh gusti maha Sri Narendra Murti | amba lilanana | pêjah lumêbêt ing agni | ambelani kangjêng rama ||

ingkang muksa kasambut madyaning jurit | jêng panduka nata | kantuna wibawa mukti | luhur angrênggani pura ||

(Ratu Ayu): adhuh yayi aja age nganyut pati | iku tan sayogya | siniku ing bathara di | têmah sasar kang pinanggya ||

wus pinêsthi karsaning jawata luwih | paman praptèng tiwas | kasambut madyaning jurit | iku pati kang utama ||

mulya tanpantara laju mring swarga di | nglabuhi rèh arja | tan ginggang ing sabda kang wis | pracaya mring Suksmanăngsa [Su...]

--- 3 : 9 ---

[...ksmanăngsa] ||

alah sira sun iki luwih kaswasih | prandene narima | yèn sira trisna mring mami | karyanên gêntining bapa ||

sinaua olèh kawiryaning puri | glung kalêngkaningrat | puluh-puluh bêgja mami | wis yayi padha narima ||

Kăndha: wau ta Sang Dyah Rarasati, sarêng mirêng pangandikanira Sri Narendra Kênya, yèn kapatêdhan priksa kathah-kathah, sarta kinèn anarima pamayanging jawata, sakala lilih galihira Sang Dyah Rarasati, saha mituhu sinung sabda dhatêng Sri Narendra Kênya.

Lagon.

Kăndha: wau ta Sri Narendra Kênya, sarêng priksa dhatêng ingkang rayi Sang Dyah Rarasati, sampun lilih galihira, saha mituhu sinung sabda, sri narendra ketang trisnanira, dhatêng ingkang rayi Sang Dyah Rarasati. Sri narendra karsa ngadêgakên sayêmbara, sirnanira Mraja Urubêsma ing Blambangan. Ya mangkana pangudasmaranira sri narendra: ewuh têmên rasaning atiku, paman Rănggalawe karo paman Sindura, padha kambut ing adilaga, yèn mangkono sapa kang dadi bêbantênku, kang ngukuhi nagara Majapait. Luwih bêcik dak gawe sayêmbara bae, sirnane Si Menakjingga iki, ora nganggo pilih jalma, sanadyan wong cilik kapisan, wong pidak padarakan, wong cèkèl longan bale, wong kumbah krakah, wong cukit andulit, sapa-sapa kang bisa nyirnakake marang Si Menakjingga, iya banjur dak jumênêngake ratu ana nagara Majapait. Yêkti mangkana pangudasmaranira Sri Narendra Kênya. Lah ing ngriku nulya ngandika:

Asmaradana. (Ratu Ayu): lah bapa Lugêndèr Patih | sira dhewe wus miyarsa | Seta Kumitir ature | (Patih Lugêndèr): inggih sampun amiyarsa | wangsul karsa narendra | (Ratu Ayu): iya bapa karsaningsun | ingsun gawe sayêmbara ||

lumrahêna wadya mami | poma aja pilih jalma | nadyan wong cilik sêdene | uwong pidak padarakan | cèkèl longan balenya | wong kumbah krakah lanipun | wong cukit andulit pisan ||

sapa-sapa ingkang bangkit | nirnyakake[4] Urubêsma | kasrah ing nagaraningong | madêg Ratu Majalêngka | (Patih Lugêndèr): makatên sri narendra | (Ratu Ayu): ya bapa punaginingsun | (Patih Lugêndèr): kawula dhatêng sandika.

Kăndha. Sèbêt byar wau ta, rampung pangandikanira sri narendra, tuhu ngranggoni sabdaning pandhita ratu, ngandika sapisan rampung, lir mangsi tumamèng dlancang, tan kêna lumembak. Sri narendra kondur angadhaton, têdhak saking palênggahan dhampar kancana, jlog.

Srêpêkan, rêp.

--- 3 : 10 ---

Kăndha: pantês tan ana wingwang, Sri Narendra Kênya, yèn kala kondur angêdhaton, ginarêbêg para biyada, manggung tanapi badhaya, plara-lara ingkang ngampil-ampil upacara, udakawis kalih lajur sisih, ingkang ijo pilingane, ingkang rompyo-rompyo sinome, ingkang sapêkak pamadyane, ingkang sajari miring tapake, ingkang ketol-ketol brotole, ingkang mandul-mandul payudarane, ingkang mungal panggalake, ingkang gêmpang platukane, swaranira gumêrah: mara, mara, rêgêdêg-rêgêdêg.

Wau ta Sri Narendra Kênya, sarêng ngiwa tingale, ingkang nampèni sêmu lurahing para gusti, Nyai Lurah Sêpêtmadu, Nyai Lurah Wilaja, wêdalira enggal-enggalan.

Gêsang, rêp.

Sinom. (Parêkan): ki patih dhawuh narendra | (Patih Lugêndèr): nêdha kadhawuhna nyai | (parêkan): sagung pasikêpaning prang | andika priksaa sami | kang rêgêd dèn rêsiki | kang risak mulyakna gupuh | sampun ngantos kuciwa | (Patih Lugêndèr): gèh matur sandika nyai | nyai lurah nêdha sami kur-ungkuran ||

Gêsang, ical, antal, mêdal, rêp.

Kăndha: wau ta Sri Narendra Kênya, ingkang kondur angêdhaton, tan liya ingkang ginalih-galih, namung sasedanira ingkang paman, Sang Dipati Rănggalawe, kalih Sang Dipati Sindura, utawi anggènira ngadêgakên sayêmbara, sirnanira Mraja Urubêsma Blambangan. Ya mangkana pangudasmaranira sri narendra: nora anduga atiningsun, dene Paman Rănggalawe karo Paman Sindura, padha kasambut ing adilaga, tumandhing aprang karo Si Urubêsma, baya dudu sêbaène. Iya muga-muga anaa kang bisa nyirnakake Si Urubêsma. Lah ing ngriku Narendra Kênya anulya ngandika:

Asmaradana. (Ratu Ayu): yayi Dèwi Rarasati | ingsun bangêt nora nyana | dene paman Rănggalawe | sêdene paman Sindura | anggone nglurug aprang | dene ta padha kasambut | mungsuh lawan Menakjingga ||

sabalane tumpês tapis | priye yayi mungguh sira | (Rarasati): lêrês sabda jêng sang katong | inggih ta sanadyan kula | kêlangkung botên nyana | andêling wrat Majalangu | paman Rănggalawe Tuban ||

sarta jêng rama Kadhiri | gènipun sami nglurug prang | sami kasambut palugon | amêngsah pun Menakjingga | sabala têtumpêsan | kadospundi jêng sang prabu | nagari ing Majalêngka ||

têlas andêling ajurit | tan wontên ingandêlêna | mapan Menakjingga prange | (Ratu Ayu): iya bênêr yayi sira | nguni wangsite dewa | ing nagara Majalangu | lamun praptèng Ratu Kênya ||

ana bêbaya gung prapti | sagara gêtih lan sarah | watang lumut lêlayune [lêlayu...]

--- 3 : 11 ---

[...ne] | miwah kang wukir kêpala | mêngko wus kanyataan | ingsun madêg Majalangu | bêbaya wus kanyataan ||

(Rarasati): lêrês sabda panduka ji | wangsul mangke karsa nata | (Ratu Ayu): iya yayi karsaningong | sumarah karsaning dewa | rèh wuri wus kajăngka | yêkti narima ing pandum | (Rarasati): lêrês sabda sri narendra ||

ananging ta wênang ugi | titah angupaya srana | amrih raharja dadose | ananêdha dhatêng dewa | sirnane glahing jagad | yèn têmên yêkti tinurut | ing sapamintaning titah ||

(Ratu Ayu): bênêr tuturira yayi | ingsun manut rêmbugira | yayi kang kaya mangkono | yèn ing wuri sinêmbadan | panêdhèngsun mring dewa | sira milu mukti ingsun | (Rarasati): nuwun kapundhi sri nata ||

kula nuwun jêng dewaji | satiwasnya paman Tuban | punapa botên binoyong | garwa sêlir myang atmaja | (Ratu Ayu): iya bakal sun undang | sun boyong mring Majalangu | (Rarasati): lêrês karsa sri narendra ||

(Ratu Ayu): yayi sun arsa sêmèdi | sanggar sira têbahana | (Rarasati): dhatêng sandika sang rajèng | bocah wadon têbahana | ing sanggar palanggatan | sri nata arsa manêkung | (parêkan): inggih dhumatêng sandika ||

Gêsang, bêdhol, suwuk.

Lagon jugag, ical.

2. Paseban jawi. Patih Lugêndèr andhawuhakên sayêmbara.

Kăndha: wau ta Sri Narendra Kênya, ingkang minggah sanggar palanggatan, angobong mênyan seta, botên agêng, botên alit, udakawis saêndhasing gajah abuh, kukusira sumyak marang suralaya. Wondene sajatinira, sawarnining sêsêkaran, aglar akarya wirangrong.

Sinigêg gênti kocapa, ing pasowan jawi, sawêdalira Ki Patih Lugêndèr, punapadene para wadya santana sadaya, lajêng amagêlaran, ana têka dhandhun magêlaran.

Gêndhing Găndakusuma kêtawang, rêp.

Kăndha: anênggih punika, ing pasowan jawi, ingkang wontên kilèn punika, Ki Patih Lugêndèr, ingkang wontên wetan têngah punika, Tumênggung Arya Sêsimping, ingapit Radèn Layangseta, Radèn Layangkumitir. Wingkingira Tumênggung Arya Sêsimping punika, Tumênggung Aya Tiron, ingapit Tumênggung Menak Giyanti, Tumênggung Răngga Minangsraya, wingking sinambêtan wadyabala Majapait. Ingkang siwaka sampun pêpak sadaya. Sadangunira lênggah kyana patih, ingkang tansah ginalih-galih namung sayêmbara nata. Lah ing ngriku Ki Patih Lugêndèr anulya ngandika:

Găndakusuma. (Patih Lugêndèr): lah ta yayi samya | Arya Simping lawan |

--- 3 : 12 ---

yayi Arya Tiron | Menak Giyanti lan | Răngga Minangsraya | lan sawadya kabèh | sami miyarsakna | sayêmbara prabu | sintên kang nyagahi | anyirnakke Bêsma | botên pilih jalma | nadyan tiyang alit | pidak padarakan | cèkèl longan bale | kumbah krakah miwah | cukit dulit pisan ||

sintên ingkang wignya | nyirnakkên pun Bêsma | punagi narpati | jinunjung narendra | ngrênggèng Majalêngka | (wadya sarêng): dhuh rêkyana patya | sayêmbara nata | kula tan nyagahi | nyaoskên wêwarnèn | gêndhaga myang bawat | songsong lante katur | (Patih Lugêndèr): makatên aturnya | (wadya sarêng): inggih kyana patih | (Patih Lugêndèr): lah ta sira kulup | Seta lan Kumitir | priye mungguh sira ||

(Layangseta): jêng rama yèn kula | sayêmbara nata | pêjahnya pun Bêsma | kula kang nyagahi | (Patih Lugêndèr): atmajèng sun priya | (Layangseta): kêpriye ta dhimas | (Layangkumitir): lêrês turnya kangmas | rama lêrês kangmas | mila sapunika | sabab jêng wa Daha | ngandêlkên prakosa | paman Răngga Tubin | ngandêlakên sêkti | dados kalih pisan | kang tungkul ing baya | (Patih Lugêndèr): iya bênêr kulup ||

Kăndha: wau ta sasampunira andhawuhakên sayêmbaraning narendra, pra nararya ing Majapait, miwah sagunging wadyabala, samya saur kukila, botên wontên ingkang sagah, samya ngaturakên wêwarnèn, wontên ingkang ngaturakên palênggah, sawênèh ngaturakên songsong lante, ingkang sawênèh ngaturakên kêndhaga bawat, gumarumung swaranira, botên wontên ingkang purun dhatêng Menakjingga, namung Radèn Layangseta ingkang anyagahi nyirnakakên dhatêng Prabu Urubêsma. Rêkyana patih saklangkung marwata suta. Lah ing ngriku dèrèng ngantos ngandika, kasaru wêdalira Nyai Lurah Sêpêtmadu lan Wilaja, wêdalira enggal-enggalan.

Dhawah plajaran, rêp.

Sinom. (Parêkan): ki patih dhawuh narendra | karsa nimbali kang bibi | ing Tuban saputranira | dene ta ingkang tinuding | kula tyang kalih kanthi | Menak Giyanti Tumênggung | lan Răngga Minangsraya | (Patih Lugêndèr): gih dhatêng sandika nyai | adhi Menak Gyanti Răngga Minangsraya ||

andika lumampah karya | dhèrèkkên duta narpati | (kalih sarêng): inggih dhumatêng sandika | (parêkan): kadospundi kyana patih | punapa sampun mranti | (kalih sarêng): inggih nyai lurah sampun | (parêkan) yèn ta makatên kula | badhe bidhal sapuniki | (kalih sarêng): inggih nyai lurah dhumatêng sumăngga ||

Gêsang, rêp.

3. Damarwulan prang kalihan Layangseta Layangkumitir

Kăndha: laris lampahira Nyai Lurah Sêpêtmadu lan Nyai Lurah Wilaja, ingkang sumêdya dhatêng Tuban. [Tuba...]

--- 3 : 13 ---

[...n.] Sinigêg gênti kocapa Radèn Damarwulan saprêpatira, Ki Sabdapalon Nayagenggong, ingkang sawêg têngga gapura, sarêng priksa yèn ingkang paman kyana patih kondur mêntas sowan, Radèn Damarwulan mire pilênggahira, sarwi andhodhok.

Gêsang, lajêngan, rêp.

Asmaradana. (Sabdapalon): lah ta Radèn Damarsasi | angkuhe kagila-gila | paman dika Ki Lugêndèr | sumangkean kang wibawa | têka lalène dadra | banjur ora sapa aruh | (Damarwulan): wis kakang padha narima ||

(Sabdapalon): nadyan makatêna ugi | ing manah kêdah rêrasan | (Nayagenggong): iya kakang bênêr kowe | witne aku iki iya | kok kudu rêrasanan | (Damarwulan): wis kakang aja binanjur | jêr wus karsaning jawata ||

Kăndha: wau ta dèrèng dumugi anggènira ngandika Radèn Damarwulan dhatêng prêpatira, sinigêg kocapa Radèn Layangseta, kalih Radèn Layangkumitir, sumêdya sami sowan dhatêng ingkang rama, sarêng dumugi ing regol, priksa yèn wontên satriya lênggah wontên samadyaning kori, bagus suwarnanira, katon umancur ujwalanira, radèn kalih èsmu bêntèr ing galih, lah ing ngriku nulya sami mrêpêki enggal-enggalan.

Gêsang, rêp.

Bêdholan, Damarwulan mêdal:

Anênggih punika Radèn Damarwulan, ingkang sawêg lênggah ing gapura kapatihan, tansah niti tiyang mlêbêt mêdal, lan ambumèni pêpêthetan ing jawi gapura sadaya, ingadhêp prêpatira kêkalih, Ki Sabdapalon, kalih Ki Nayagenggong. Wau ta Radèn Darmarwulan, sarêng priksa ingkang paman ki patih kondur mêntas sowan, Radèn Damarwulan mire pilênggahira sarwi andhodhok.

Gêsang, Damarwulan wangsul lênggah, rêp.

Ada-ada.

Sinom. (Layangseta): lah sira iku wong apa | anjêjêr nèng têngah kori | ing ngêndi pinangkanira | lawan sapa kang wêwangi | (Damarwulan): andangu nama mami | Damarwulan asalipun | saking ing Paluhămba | atma Maudara Patih | mila kula wontên ngribi[5] angawula ||

kya patih kula kinarsan | magang ngiras kêmit bumi | lan kinèn têngga gapura | niti tiyang manjing mijil | utawi ambumèni | sadaya pêthetanipun | (Layangseta): sanadyan mêngkonoa | ika padalêman patih | nora kêna yèn sira dêksurèng tingkah ||

lan manèh sun tan rumăngsa | darbe cêcêndhêng wong dèsi | ingsun putraning apatya | mendah ta ingkang pawarti | darbe sanak wong dèsi | tur

--- 3 : 14 ---

tingkahe nora patut | (Damarwulan): dhuh radèn jênang sela | dèn agung pangapuntêning | dhatêng kula tiyang ardi enggal prapta ||

(Layangseta): wis aja kakehan ucap | yêkti sira sun larangi | ulungna curiganira | (Damarwulan): kakang Sabda paran iki | (Sabdapalon): radèn dika kêkahi | yèn dhuwung dika pinundhut | (Damarwulan): radèn èstu tan suka | (Seta Kumitir): desa kêpati ngukuhi | nora wurung sira krasa tangan ingwang ||

Kăndha: wau ta radèn kêkalih, sarêng mundhut curiganira Radèn Damarwulan, saèstu yèn botên suka. Wondene Radèn Layangkumitir, saklangkung dukanira, dhasar bang-bang sring mara tangan, tan kêna pinadhan sabda. Lah ing ngriku nulya narajang, tandya tinapuk mukanira.

[Grafik]

Radèn Layangkumitir. Radèn Layangseta.

Gêsang, titi Seta nrajang, tinapuk, rêp.

Kăndha: wau ta Radèn Layangseta kalih Radèn Layangkumitir, ingkang sami kapidhara, dèn tapuk mukanira. Sarêng kasilir ing samirana, jênggirat anulya wungu.

Gêsang, rêp.

Asmaradana. (Seta Kumitir): nora talah cêdhis wukir | tangane amindha waja | iya ngati-ati kowe | katiban curiganingwang | măngsa dadak mindhoa | (Damarwulan): radèn sampun sangêt bêndu | (Seta Kumitir): wis aja kakehan ucap ||

--- 3 : 15 ---

Kăndha: wau ya radèn kêkalih, nulya sami narik agêmira curiga, tandya narajang.

Plajaran, prang, rêp.

Kăndha: Wau ta ingkang păncakara, saklangkung dening rame, radèn kalih wanti-wanti panggoconira, nanging datan tumama. Kocapa Ki Patih Lugêndèr, sarêng mirêng ing jawi wontên swara gêdêr gumêrah, pating jalêrit, ki patih anulya tindak mêdal. Sarêng priksa dhatêng Radèn Damarwulan, păncakara dèn but kalih dhatêng ingkang putra Radèn Layangseta, Radèn Layangkumitir, lah ing ngriku nulya dèn prêpêki lajêng amisah.

Gêsang, rêp.

Asmaradana. (Lugêndèr): aja kaki aja kaki | lah uwis padha lèrèna | gonmu păncakara kiye | sira padha durung wikan | samêngko ingsun jarwa | ta padha lungguha kulup | (kalih sarêng): inggih dhumatêng sumăngga ||

Gêsang, rêp.

Asmaradana. (Lugêndèr): lah kulup Seta Kumitir | ênggonira păncakara | wruhanira iku anggèr | apan dudu uwong liya | kadangira priyăngga | kangmas Maudara kang wus | murca iku kang pêputra ||

wit cilik manggon nèng wukir | ing asrama Paluhămba | diêmong marang eyange | Bagawan Musthikamaya | iku maratuwanya | aja kobacutke kulup | (kalih sarêng): inggih dhumatêng sandika ||

(Lugêndèr): sira kulup Damarsasi | iku kadangmu taruna | putraningsun sakarone | (Damarwulan): punapa makatên paman | (Lugêndèr): iya kulup Sasăngka | (kalih sarêng): dhuh kakang mas Damarsantun | jênang sela munggèng sêdhah ||

kang agung pangapuntêning | kakang mas dhumatêng kula | saking dèrèng sumrêp ingong | (Damarwulan): inggih sanadyan kawula | nyuwun kang pangaksama | jêngandika ingkang agung | (kalih sarêng): inggih sami-sami kangmas ||

(Lugêndèr): lah ta kulup Damarsasi | ing samêngko jênêng sira | sun salini pakaryane | turănggaku gamêlana | ritna sukêt priyăngga | ywa kurang lêmokna sagung | (Damarwulan): kawula dhatêng sandika ||

(Lugêndèr nolèh wadya): jagabela dorapati | iku kulup Damarwulan | salinana panganggone | wastra bêrkutut kalawan | paringana gêgaman | arit kudhi dèn agupuh | (wadya kalih): inggih dhumatêng sandika ||

(Lugêndèr): yèn kaya mangkono kaki | wus manggona nèng gêdhogan | aja tunggal gamêl akèh | (Damarwulan): inggih dhumatêng sandika | lah kakang Sabda Naya | payo mring gêdhogan gupuh | (kalih sarêng): gih radèn dhatêng sumăngga ||

--- 3 : 16 ---

Gêsang, Damarwulan, bêdholan, suwuk, lagon.

Kăndha: wau ta sakondurira ing dalêm, Ki Patih Lugêndèr, Radèn Damarwulan inggih lajêng manggèn wontên ing gêdhogan, sarta inggih kesah ngarit dhatêng wana, lawan prêpatira kêkalih. Yèn sampun dumugi anggènira ngarit, inggih lajêng wangsul dhatêng gêdhogan malih, angêrok gadhuhanira turăngga sadaya, rintên dalu botên kesah-kesah wontên ing gêdhogan, Radèn Damarwulan tansah amêlasarsa. Wondene prêpatira, Ki Sabdapalon lawan Ki Nayagenggong, apan botên gadhah susah, tansah atêtêmbangan, anglêlipur dhatêng Radèn Damarwulan, ana têka mocung ing sadina-dina.

4. Adêgan nagari Tuban, Sang Dyah Ayu Banuwati, tampi pawarta bab sedanipun ingkang raka: Adipati Rănggalawe.

Gêndhing Pocung, rêp.

Kăndha: anênggih punika garwanira Sang Adipati Rănggalawe ing Tuban, ingkang rinênggèng gita. Sintên ta dasanamanira, garwanira Sang Dipati Rănggalawe, dasa sapuluh, nama aran, arum-arum, Sang Dyah Ayu Banuwati. Wondene adining kusuma, Sang Dyah Ayu Banuwati punika, salaminira tinilar ingkang raka, Sang Dipati Rănggalawe, nanggulang yudanira Sang Dipati Menakjingga, adining kusuma tansah mêlang-mêlang ing galih, dene sampun sapta dina punika, ing nagari Tuban tansah grahana wulan srêngenge, miwah prabaning arka surêm têdhuh ing awiyat, kilat tathit lêlidhah obar-abir, siyang-siyang pating galêbyar, dhandhang-dhandhang munya mawurahan, wimbuh adining kusuma asupêna ing dalu, ingkang raka sang dipati katon madyaning supêna, kèrêm ing samodra laya, sawadyabalanira para menak para dipati, mila tansaya sungkawa galihira. Ing mangke adining kusuma, lagya pinarak munggèng dalêm paringgitan, ingayap sakathahing cèthi pawongan, gumêlar ingkang para biyada. Wondene ingkang wontên ngarsa, kapering kanan punika, adining kusuma Sang Dyah Ayu Rêtna Sêkati, ingkang wontên ngarsa kêkalih punika, Radèn Buntaran, Radèn Watangan. Têtiga punika, sami putranira Sang Dyah Ayu Banuwati, patutanira kalih Sang Dipati Rănggalawe. Ingkang wontên wingkingira radèn kalih punika, wulu cumbunira, pamomongira radèn kêkalih, anama Ki Dêmang Gathul. Wondene Sang Dyah Ayu Banuwati punika, sadangunira pinarak, ingkang tansah ginalih-galih, namung ingkang raka sang dipati, ingkang lêlana andon prang. Lah ing ngriku Sang Dyah Ayu Banuwati, anulya ngandika.

Pucung. (Banuwati): putraningsun Ni Sêkati sudarmamu | ingkang nglurug aprang | nyirnakake Adipati | Menakjingga ing Blambangan kadiparan (nini duganira) ||

apa unggul apa [a...]

--- 3 : 17 ---

[...pa] kasor ing prang pupuh | (Sêkati): ibu dugi kula | sagêd inggil ing ajurit | wit jêng rama sêkti punjul ing aguna (botên kewran ing aglar) ||

agal alus (Banuwati): bênêr nini pandugamu | (Sêkati): yayi mas Buntaran | ora bênêr atur mami | (Buntaran): lêrês kangbok jêng ibu lêrês turira (kangbok nadyan kula) ||

èstunipun rama inggil ing prangipun | (Banuwati): bênêr duganira | (Buntaran): paran dhimas atur mami | (Watangan): lêrês kangmas jêng ibu lêrês turira (kakang mas Buntaran) ||

nadyan ulun botên sanès duginipun | rama gènnya aprang | saèstu yèn sagêd inggil | (Banuwati): iya bênêr iku kulup duganira ||

(Buntaran) (adhimas Watangan): sira besuk yèn kangjêng rama wus kondur | sira nyuwun apa | (Watangan): kawula nyuwun turanggi | kawandasa pambujungan sami gêngnya (kangmas jêngandika) ||

napa nyuwun yèn jêng rama sampun kondur | (Buntaran): iya nyuwun ingwang | gundhik atmaning narpati | ingkang akèh tur kang kuning-kuning padha (dling dêdêg mêjana) ||

tur kang rujuk gandhang lêbêt liringipun | kang jêtmika wignya | mikat sih sênêngan mami | angroyok prang anggalakake wardaya (luput êmoh ingwang) ||

yêkti sanggup ingêbut kinaron mungsuh | têlu mundhak sura | papat yasa mantêp mami | (Watangan): inggih lêrês pangandikanipun kangmas ||

Kăndha: sèbêt byar wau ta, dèrèng dumugi anggènira ngandika, adining kusuma, Sang Dyah Ayu Banuwati, kasaru dhatêngira abdi panongsong, pun Wăngsapati, sarwi anêkêm kaninira, dumrojog tanpa larapan.

Dhawah plajaran, tlutur, rêp.

Kăndha: wau ta sadhatêngira panongsong pun Wăngsapati, adining kusuma Sang Dyah Ayu Banuwati, saklangkung kumêsaring galih, sakala anyipta yèn ingkang raka kasor yudanira, adining kusuma waspanira adrês mijil, datan kenging dèn ampah. Wondene para putri tuwin para putra, inggih sami kumêpyur ing galih. Lah ing ngriku pun Wăngsapati, dèrèng ngantos dinangu nulya matur sarwi karuna.

Asmaradana. (Wăngsapati): gusti kawula tur uning | raka dika sang dipatya | kasambut madyèng palugon | dening Mraja Urubêsma | kunarpane dèn onar[6] | pra menak para tumênggung | sawadyanya têtumpêsan ||

Kăndha: wau ta pun Wăngsapati, sarêng sampun têlas aturira, datan kuwawa anandhang brana, sakala andhawah nêmahi pralaya. Sang Dyah Sêkati nulya nungkêmi padanira ingkang ibu, sarwi karuna.

Gêsang, rêp, suwuk, tlutur.

Maskumambang. (Banuwati): nora nyana pangeran kasambut jurit | ulun antosana [antosa...]

--- 3 : 18 ---

[...na] | dhuh dewa banjutên mami | tan klar nandhang rasaning tyas ||

(Sêkati): dhuh jêng ibu kawula anyuwun pamit | lumabuh jêng rama | sulung lumêbêt ing agni | tan sagêd kantun kawula ||

Kăndha: wau ta Radèn Buntaran, kalih Radèn Watangan, sarêng myarsa sêsambatira ingkang ibu miwah ingkang raka Sang Dyah Ayu Sêkati, punapadene sambating para cèthi parêkan, gumrah sajroning pura, radèn kêkalih ri tansaya lir tinêrês raosing wardaya. Lah ing ngriku radèn kêkalih anulya matur:

Sinom. (Kalih sarêng): jêng ibu kangbok kèndêla | sampun kathah kang ginalih | mindhak mêmanjang sungkawa | jêr jêng rama sampun pasthi | seda madyaning jurit | lumabuh karsaning ratu | punika kang utama | dhuh ibu kèndêla nuli | apasraha mring dewa kang mayang titah ||

Kăndha: wau ta Sang Dyah Ayu Banuwati, sarêng myarsa aturira ingkang putra, Radèn Buntaran, kalih Radèn Watangan, sakala lipur galihira. Lah ing ngriku nulya lênggah satata.

Tlutur, jugag.

Kăndha: wau ta Sang Dyah Ayu Banuwati, kalih ingkang putra Sang Dyah Sêkati, sarêng sampun sami lênggah, sarta sampun sami lêjar galihira, Radèn Buntaran, kalih Radèn Watangan, sakala mêdal kasuraning galih, karsanira badhe sumêdya malês ing lara pati dhatêng Mraja Urubêsma. Lah ing ngriku radèn kalih nulya sami nyuwun pamit dhatêng ingkang ibu.

Sinom. (Kalih sarêng): ibu kula lilanana | badhe malês sakit lalis | dhumatêng pun Menakjingga | (Banuwati): adhuh nyawa putra mami | mah Raja Urubêsmi | dudu lawanamu pupuh | sayêkti widikbyèng prang | lan manèhe sapa kaki | kang sun dulu sasedane ramanira ||

(Kalih sarêng): adhuh kangjêng ibu kula | saèstu yèn botên kenging | manawi pinalangana | inggih kawula lumpati | yèn cinancanga inggih | saèstu amêdhot ulun | (Buntaran): payo yayi Watangan | aja klayatan lumaris | (Watangan): inggih kangmas kawula dhatêng sumăngga ||

Plajaran, rêp.

Kăndha: wau ta sawêdalira Radèn Buntaran, kalih Radèn Watangan, miwah Ki Dêmang Gathul, ingkang sumêdya labuh ingkang rama Wong Agung Tuban. Wondene adining kusuma, Sang Dyah Ayu Banuwati, sarêng ningali ingkang putra kêkalih, sami anglurug prang, ambelani ingkang rama, adinining kusuma, ri tansaya ginugah galihira. Dèrèng ngantos ngandika, kasaru dhatêngira Nyai Lurah Sêpêtmadu, Nyai Lurah Wilaja, miwah Răngga Minangsraya, Menak Giyanti, laju tumamèng dhatulaya, dumrojog tanpa larapan.

Gêsang, rêp.

--- 3 : 19 ---

Kăndha: wau ta sadhatêngira, Nyai Lurah Sêpêtmadu lan Wilaja ing ngarsanira Sang Dyah Ayu Banuwati, adining kusuma, èsmu kampita ing galih. Lah ing ngriku Nyai Lurah Sêpêtmadu lan Wilaja anulya matur:

Mijil. (Nyai lurah): adhuh Sang Dyah Rêtna Banuwati | timbalan sang katong | jêngandika tinimbalan mangke | miwah para putra para sêlir | dhatêng Majapait | sarênga lan ulun ||

(Banuwati): nyai lurah gih sandika mami | kula apawartos | Ki Buntaran lan Watangan mangke | sampun kesah lumurug ing jurit | nêdya labuh lalis | mring madyaning pupuh ||

[Grafik]

Tumênggung Răngga Minangsraya. Banuwati.

mawi pamit kula tan nglilani | ki putra ambêrot | malah dèrèng antawis budhale | mangke sumăngga andika nyai | (nyai lurah): makatên sang dèwi | (Banuwati): gih Nyi Sêpêtmadu ||

(Nyai lurah): lah andika ki tumênggung kalih | anusula gupoh | radèn kalih wus nglurug prang mangke | (Răngga Minangsraya): nyai lurah prayoginya mami | anjujul sang pêkik | amambêngi kayun ||

jêngandika yayi mas Giyanti | dhèrèkna sang sinom | myang pra putri mring Majapaite | (Menak Giyanti): inggih kakang saklangkung prayogi | andika mêgati | lampahnya sang bagus ||

--- 3 : 20 ---

(Nyai lurah): yèn makatên budhala samangkin | mumpung dèrèng adoh | radèn kalih ywa lajêng karsane | (Răngga Minangsraya): inggih nyai kantuna basuki | (nyai lurah): gih ki răngga mugi | raharja ing laku ||

Gêsang, rêp.

Kăndha: wau ta Sang Dyah Banuwati, sarêng priksa yèn Ki Răngga Minangsraya, anututi ingkang putra radèn kêkalih, adining kusuma èsmu asrêp galihira, lah ing ngriku nulya tata-tata, sasumêktaning lampah, para putra marunira sadaya, utawi para pawongan cèthi, sampun sami sumêkta sadaya, karsanira badhe bidhal tumuli, Nyai Lurah Sêpêtmadu anulya matur:

Mijil. (Nyai lurah): dhuh sang rêtna napa sampun mranti | sagunging mirantos | (Banuwati): inggih sampun mranti sadayane | (nyai lurah): yèn makatên nêdha bidhal nuli | (Banuwati): lah ta inggih nyai | nêdha bidhal gupuh ||

Gêsang, suwuk.

Pangkur. (Buntaran): dhimas sun bangêt tan nyana | de jêng rama seda madyaning jurit | nora lêga atiningsun | yèn ta Si Menakjingga | nora klakon sirna dening tangan ingsun | (Watangan): lêrês panduka kakang mas | kawula samantên ugi ||

sakalangkung botên nyana | de jêng rama seda madyaning jurit | botên lêga manah ulun | yèn ta pun Menakjingga | botên sagêd klampahan sirna ing ulun | (Buntaran): iya dhimas bênêr sira | (Dêmang Gathul): dhuh rahadèn kadospundi ||

ing mangke karsa panduka | dene arsa nagih ing lara pati | apan dede wawratipun | Dipati Bêlambangan | wudhu ing prang sugih bala para ratu | (Buntaran): iya nadyan mêngkonoa | ingsun nêdya labuh pati ||

(Dêmang Gathul): inggih nadyan makatêna | benjang yèn wus pilênggah wontên Tubin | (Watangan): ya bapa bênêr aturmu | nanging sun wus tan kêna | (Buntaran): payo dhimas aja klayatan lumaku | anagih ing lara lena | (Watangan): inggih dhumatêng suwawi ||

Gêsang, rêp.

Kăndha: wau ta Tumênggung Răngga Minangsraya, ingkang anututi lampahira Radèn Buntaran, Radèn Watangan, ingkang sumêdya nglanggar prang, sampun katututan ing margi, radèn kalih tansah sêsandêran. Răngga Minangsraya karsa anglancangi dhatêng radèn kêkalih, kudanira nulya ginêtak.

Gêsang, rêp.

Pangkur. (Răngga Minangsraya): dyan kalih sami tampia | kang pangèstu Maha Sang Prabu Dèwi [Dè...]

--- 3 : 21 ---

[...wi] | (kalih sarêng): kapundhi dhawuh sang prabu | (Răngga Minangsraya): lan malih dhawuh nata | jêngandika ngandikan mring Majalangu | kerida salampah kula | botên klilan nglanggar jurit ||

mring Menakjingga Blambangan | èstu sanès wawrat timbanging jurit | (kalih sarêng): yèn makatên dhawuh prabu | inggih dhatêng sandika | nanging kula badhe nêdya nagih lampus | mring dipati ing Blambangan | dèrèng lêga ing tyas mami ||

yèn tan sirna dening kula | (Răngga Minangsraya): inggih lêrês nanging dhawuh narpati | andika purun tan purun | kerida lampah kula | (Buntaran): payo dhimas aja kakehan pangrêmbug | nuli padha anglanggar prang | (Watangan): kakang mas dhatêng suwawi ||

Gêsang, rêp.

Kăndha: wau ta sapêngkêrira Radèn Buntaran, kalih Radèn Watangan, Tumênggung Răngga Minangsraya kantun anggana, ciptanira nêdya ngrêrangu yudanira radèn kêkalih, nulya tindak enggal-enggalan.

Gêsang, suwuk.

5. Buntaran lan Watangan prang kalihan Angkatbuta Ongkotbuta.

Kăndha: wau ta Radèn Buntaran, kalih Radèn Watangan, ingkang sumêdya nglanggar prang dhatêng nagari Prabalingga. Sarêng dumugi tlatah nagari Pasuruan, lajêng kapêngkok barisira Ki Patih Ongkotbuta, Angkatbuta, sarwi alok mungsuh, mungsuh.

Plajaran, rêp.

Kăndha: lah ing ngriku sampun campuh ing ayuda, wadya Blambangan dèn amuk Radèn Buntaran, kalih Radèn Watangan, saklangkung rame ing ayuda, swaraning sanjata pating jarêthot, pating rêgadag, pating garudug, mriyêm kalataka, gutuk api, tuju bahni, lir guntur sèwu agra, bêrêg-binêrêg, surung-sinurung, cêngkah-cinêngkah, dugang-dinugang, suduk-sinuduk, acaruk watang ujung pêdhang, bindi-binindi, mukswaning kucika, mangampak-ampak, mawor lêbu kasarug, dhêdhêt têdhuh ing awiyat, kang yuda gagap-gagapan, yayah sirna antaranira, namung swaraning sêbrak rêkatak, kêncrang-kêncring kumêncrang, gêmbrang-gêmbrang gêrombyang, kêmprang-kêmprang kumêmprang. Radèn kalih ngamuk manêngah, lir singa lodra magalak, nêdhêng kasuraning aprang. Wadya blambangan, singa sinêrang kentas, mawur sumêbar datan măngga puliha, lir sulung lêbu tumangan, maju-maju mati, mundur-mundur katawan. Para menak Bêlambangan, ingkang pêjah: Menak Wirubraja, Basukenta, Brajapati, Lindhuparang, Lindhuwulung, Bimakendra, Dhêsthapati. Sasisaning pêjah larut angungsi wuntat. Lah ing ngriku katalika dhatêng Baratkatiga, yèn wadya Blambangan kathah

--- 3 : [22] ---

[Grafik]

Patih Ongkotbuta. Patih Angkatbuta.

--- 3 : 23 ---

Pêjah, langkung bramantya. Baratkatiga mangsah ngayuda, dèn papagakên Radèn Watangan. Lah ing ngriku nyat anulya majêng.

Gêsang, suwuk, ada-ada.

Pangkur. (Baratkatiga): Si Watangan ngamuk ing prang | luwih bêcik nungkula mring Sri Bêsmi | (Watangan): wis aja kakehan wuwus | mara sagêndhingira | (Baratkatiga): Si Watangan dene nganggo ambêk lampus | tadhahana kêris ingwang | (Watangan): tibakna ingsun tadhahi ||

Plajaran, prang, rêp.

Baratkatiga: Si Watangan malêsa.

Watangan: tadhahana walês ingsun.

Baratkatiga: iya mara tibakêna.

Gêsang, suwuk, ada-ada.

Mijil. lah ta padha yèn padhaa sêkti | sasat padha ingong | Baratkatiga êndi tunggale | sun Watangan rêbutên ngajurit | barênga kang prapti | nora èrèp ingsun ||

Kăndha: eling Baratkatiga kaplajar, nyata, nyata. Wau ta sarêng katalika, dhatêng Ki Patih Angkatbuta, yèn pun Baratkatiga kaplajar, langkung bramantya. Lah ing ngriku nyat anulya majêng.

Plajaran, suwuk, ada-ada.

Pangkur. (Angkatbuta): Si Watangan ngamuk ing prang | luwih bêcik nungkula mring Sri Bêsmi | (Watangan): wis aja kakehan wuwus | lah payo Angkatbuta | pêrang ngarêp tadhahana kêris ingsun | (Angkatbuta): iya mara tibakêna | sayêkti ingsun tadhahi ||

Kăndha: wau ta Radèn Watangan, nulya anarik agêmipun curiga sarwi ngandika.

Watangan: lah payo Angkatbuta, pêrang ngarêp rêbut unggul.

Angkatbuta: ya payo kêpara ngarsa.

Plajaran, prang, rêp.

Kăndha: wau ta Ki Patih Angkatbuta, sarêng kenging dèn goco jajanira, ambruk andhêpani bantala, supe purwaduksina, Radèn Watangan anulya sêsumbar.

Sinom. (Watangan): surak mrata jaya mrata | sasat padha lawan mami | sun Watangan atmèng Tuban | rêbutên madyaning jurit | lah Angkatbuta Patih | yèn nyata prajurit punjul | mara enggal tangia | malêsa ingsun tandhahi | payo kene aja nganti kêlayatan ||

Kăndha: wau ta Ki Patih Angkatbuta, sarêng kasilir ing samirana, jênggirat anulya wungu, tandya anêrajang malih.

--- 3 : 24 ---

Gêsang, rêp.

Asmaradana. (Angkatbuta): abot sanggane ing jurit | sêlawas sun yuda gada | durung olèh tandhing tanggon | iki olèh Si Watangan | tuhu prawirèng yuda | (Watangan): nora cuwa mungsuh ingsun | sagêndhingmu sun tan ulap ||

(Angkatbuta): babo ya sanadyan mami | apa kang tumèmpèl sira | tamakêna marang ingong | ingsun tadhah tamèng dhadha | (Watangan): iya ingkang prayitna | tadhahana panah ingsun | (Angkatbuta): iya mara tibakêna ||

Kăndha: lah ing ngriku Radèn Watangan, nulya nyandhak agêmira jêmparing, cag, angiwakakên gandhewa, anêngênakên jêmparing, jumangkah wêntis kang kiwa, mancad suku kang têngên, Patih Angkatbuta linêpasan jêmparing, kenging jajanira, nanging datan tumama, ambruk api kantaka.

Mijil. (Watangan): măngsa klara sira anadhahi | ing warastraningong | lah ta mara tangia dèn age | lamun nyata prajurit linuwih | yèn tan gêlêm tangi | sun tigas murdamu ||

Kăndha: wau ta Radèn Watangan, karsanira badhe nigas murdanira Ki Patih Angaktbuta, nulya narik agêmira curiga laju mrêpêki, tanggap Ki Patih Angkatbuta, jênggirat anulya wungu, Radèn Watangan tinubruk.

Gêsang, rêp.

Pangkur. (Angkatbuta): kêcandhak sira Watangan | ingsun bănda katur Sri Urubêsmi | (Watangan): wis aja kakehan wuwus | luhung sun patènana | (Angkatbuta) hèh Watangan eman yèn tumêkèng lampus | lah bocah sira băndaa | (wadya sarêng): inggih sandika ki patih ||

Gêsang, suwuk, ada-ada.

,

Durma. (Angkatbuta): lah ta padha yèn padhaa imbang-imbang | sasat padha lan mami | ingsun Angkatbuta | rêbutên ing ayuda | Watangan tunggalmu êndi | barênga mara | amuk-amuk ngajurit ||

Plajaran, suwuk.

Kăndha: eling Radèn Watangan kapikut, nyata, nyata. Wau ta sarêng katalika dhatêng Radèn Buntaran, yèn ingkang rayi Radèn Watangan kapikut, saklangkung dukanira, nulya mangsah ing rana, dèn papagakên Udanprahara. Lah ing ngriku nyat anulya majêng.

Plajaran, suwuk, ada-ada.

Pangkur. (Udanprahara): Si Buntaran mapag ing prang | luwih bêcik nungkula mring Sri Bêsmi | (Buntaran) wis aja kakehan wuwus | mara sagêndhingira | (Udanprahara): Si Buntaran dene [de...]

--- 3 : 25 ---

[...ne] nganggo ambêg lampus | tadhahana kêris ingwang | (Buntaran): tibakna ingsun tadhahi ||

Plajaran, prang, rêp.

Udanprahara: Si Buntaran malêsa.

Buntaran: tadhahana walês ingsun.

Udanprahara: iya mara tibakêna.

Gêsang, suwuk, ada-ada.

Mijil. (Buntaran): lah ta padha yèn padhaa sêkti | sasat padha ingong | Udanprahara êndi tunggale | sun Buntaran rêbutên ngajurit | barênga kang prapti | nora èrèp ingsun ||

Kăndha: eling Udanprahara kaplajar, nyata, nyata. Wau ta sarêng katalika dhatêng Ki Patih Ongkotbuta, yèn pun Udanprahara kaplajar, langkung bramantya, lah ing ngriku nyat anulya majêng.

Plajaran, suwuk, ada-ada.

Pangkur. (Ongkotbuta): Si Buntaran ngamuk ing prang | luwih bêcik nungkula mring Sri Bêsmi | (Buntaran): wis aja kakehan wuwus | lah payo Ongkotbuta | pêrang ngarêp tadhahana kêris ingsun | (Ongkotbuta): iya mara tibakêna | sayêkti ingsun tadhahi ||

Kăndha: wau ta Radèn Buntaran, nulya narik agêmira curiga, Ki Patih Ongkotbuta nyandhak agêmira bindi, cag, sarwi ngandika.

Buntaran: lah payo Ongkotbuta, pêrang ngarêp rêbut unggul.

Ongkotbuta: ya mayo kêpara ngarsa.

Plajaran, prang, rêp.

Kăndha: wau ta Ki Patih Ongkotbuta, sarêng kenging dèn goco jajanira, ambruk andhêpani bantala, supe purwaduksina. Radèn Buntaran anulya sêsumbar.

Sinom. (Buntaran): surak mrata jaya mrata | sasat padha lawan mami | sun Buntaran atmèng Tuban | rêbutên madyaning jurit | lah Ongkotbuta Patih | yèn nyata prajurit punjul | mara enggal tangia | malêsa ingsun tadhahi | payo kene aja nganti kêlayatan ||

Kăndha: lah ing ngriku Ki Patih Ongkotbuta, sarêng kasilir ing samirana, jênggirat anulya wungu, tandya anêrajang.

Gêsang, rêp.

Kăndha: wau ta sang kêkalih ingkang ayuda, saklangkung dènira rame, wuru riwut tandangira. Wau ta sarêng katalika dhatêng Ki Patih Angkatbuta, èsmu marma ningali yudanira ingkang raka, Ki Patih Angka

--- 3 : 26 ---

@@@tbuta karsa anglambung, lah ing ngriku nyat anulya majêng Radèn Buntaran kenging tinubruk.

Gêsang, rêp.

Pangkur. (Kalih sarêng): kêcandhak sira Buntaran | ingsun bănda katur Sri Urubêsmi | (Buntaran): wis aja kakehan wuwus | luhung sun patènana | (kalih sarêng): hèh Buntaran eman yèn tumêkèng lampus | (Ongkotbuta): lah payo yayi binănda | (Angkatbuta): ki raka dhatêng suwawi ||

[Grafik]

Kalingkung. Baudhêndha.

Gêsang, suwuk.

Kăndha: eling Radèn Buntaran kapikut, nyata, nyata. Wau ta sakacêpêngira Radèn Buntaran, kalih Radèn Watangan, Ki Dêmang Gathul kari anggana, tansah bilunglungan sarwi anangis, mêlasasih sêsambatira, pangèsthining manah sumêdya nutut, andhèrèk momonganira kêkalih, lampahira enggal-enggalan.

Plajaran, suwuk.

Balabak. (Dêmang Gathul): adhuh-adhuh nora nyana nora ngimpi | kok radèn | padha kacêkêl anèng samadyèng laga | kapriye | polah ingsun yêkti datan bisa kari | bêcike ||

--- 3 : 27 ---

apa ngamuk apa mulih apa nutut | aku kye | lamun ngamuk mêngko mundhak dipatèni | yêktine | lamun mulih kang dhèrèkke radèn sapa | samangke ||

luwih bêcik nutut bisa tunggal dara | karone | wis gumathok saiki panêmu mami | bêcike | êndak wuda mung cêlana kang dak rasuk | pacake ||

Kăndha: wau ta Ki Dêmang Gathul, ingkang sumêdya nutut, sarta sampun ngrucat panganggènira sadaya, namung kantun calana, ingkang taksih dèn angge. Kocapa wadya pajinêman, pun Pangganggajah, kalih pun Pêcêlsetan, sarêng sumêrêp dhatêng Ki Dêmang Gathul, dhothong-dhothong ambêkta buntêlan panganggènira, nulya sami mrêpêki enggal-enggalan sarwi anubruk.

Plajaran, suwuk.

Durma. (Dêmang Gathul): aku iki arêp dikapakake ta | ugêre ora mati | ya sakarêpira | aku măngsa boronga | (kalih sarêng): ora-orane yèn mati | di buntêlanta | (Dêmang Gathul): ja aja duwèk mami ||

Plajaran, suwuk, lagon.

Kăndha: wau ta sakacêpêngira Ki Dêmang Gathul, lajêng dèn bêkta dhatêng ngarsanira ki patih kêkalih, sarta radèn kalih sampun sami binêkta sadaya, ki patih kêkalih lajêng utusan, pun Udanprahara kalih pun Baratkatiga, kinèn nyaosakên bêbêstan têtiga, dhatêng Wong Agung Blambangan, ingkang masanggrahan wontên ing Prabalingga.

Sinigêg gênti kocapa, Ki Răngga Minangsraya, ingkang angrêrangu yudanira radèn kêkalih, sarêng mriksa yèn radèn kalih sami kapikut ing ayuda, Ki Răngga Minangsraya nulya dhawuh ing wadyanira, karsanira badhe kondur dhatêng nagari Majapait, ngaturakên solahing dinuta, tandya angêtap kuda sêsandêran lampahira, daya-daya têkana, ing samarga-marga tansah angraras sumbaga.

6. Prabu Urubêsma brăngta dhatêng Sri Wanodya. Watangan lan Buntaran dipun kunjara.

Gêndhing Raras Sumbaga, rêp.

Kăndha: anênggih punika, Sri Narendra Urubêsma, ingkang sawêg miyos sineba munggèng tarub wêwangunan, ginarêbêg cèthi parêkan, ingkang ngampil upacara kapraboning ayuda, animbali ingkang rayi Wong Agung Madura, ingkang raka Wong Agung Balega, ingkang paman Wong Agung Bali, lan mêpak wadyabala sadaya. Wondene Ki Patih Ongkotbuta, Angkatbuta, botên sowan, taksih

--- 3 : 28 ---

baris tugur wontên Pasuruan. Wondene sri narendra, sapêjahira Adipati Rănggalawe, miwah Adipati Sindura, karsa nyarèhakên ing ayuda, botên nglanggar dhatêng Majapait, Sri Narendra Kênya pinrih nungkul sangkaning aris. Ing mangke sri narendra, sadangunira pinarak, ingkang tansah ginalih-galih, namung brangtanira dhatêng Sri Wanodya, linali saya anglela, dumunung têlênging cipta, supe yèn siniwaka, tansah rêngêng-rêngêng ngarang karungrungan.

[Grafik]

Tan dora tur kula gusti, naranata, yèn sangêt wigêna, tan prayoga.

Dhandhanggula. (Urubêsma): pantês tan ana wingwang sang putri | ratu ayu intên Majalêngka | ginarêbêg pawongane | para biyada manggung | lan bêdhaya plara-laraning | kang ngampil upacara | rong lajur yu-ayu | arompyo-rompyo sinomnya | ijo pilingane samêkak madyaning | sajri miring têpaknya ||

lan kang makah-makah prênajaning | pating krêncang dhenok bayunira | ya mandul-mandul susune | tol-ketol brotol-brutul | iya mungal panggalak ati | gêmpang pêlatukanya | swaraning gumuruh | mara mara mara mara | grudug-grudug banjur lênggah pangkon mami | anuli ingsun êmban || (gumujêng).

--- 3 : 29 ---

Durma. ratu ayu yèn lumaku sontrang-sontrang | sênêng sun srênggarani | malerok ngujiwat | anuli ingsun êmban | ban-êmbane cindhe wilis | nuli sun gawa | marang ing tilam mami ||

wong akuning sêsambate gèndèng manah | nuli sun arih-arih | ing asmara tăntra | wulung kulambi jingga | si dhandhang kulambi langking | si kuntul seta | si podhang redhong kuning || (gumujêng).

Dhawah raja suwala.

Sinom. (Baudhêndha): kaka Prabu Urubêsma | sangêt ing panuwun mami | yèn kaka prabu kasmaran | wanodya botên prayogi | yèn kaka prabu galih | krama Nata Majalangu | manawi taksih kula | kados kasêmbadan ugi | kaka prabu kèndêla mugi kèndêla ||

Gêsang, gêmbyakan, sindhenan, gumujêng, rêp.

Dhandhanggula. (Carangwaspa): adhuh yayi Prabu Urubêsmi | sangêt-sangêt ing panuwun kula | lamun dinulur wirage | tan sae dadosipun | watêk suda lêksana aji | gonyèh kêkulitira | gêtas tosanipun | yèn arsa mondhong Sri Kênya | Majapait yèn mêksih kawula yêkti | botên lêpat ing karsa ||

Gêsang, gêmbyakan, sindhenan, gumujêng, rêp.

Dhandhanggula. (Walikrama): adhuh anak Prabu Urubêsmi | sangêt-sangêt ing panuwun kula | lamun dinulur wirage | tan sae dadosipun | watêk suda lêksana aji | gonyèh kêkulitira | gêtas tosanipun | yèn arsa mondhong Sri Kênya | Majapait yèn maksih kawula yêkti | botên lêpat ing karsa ||

Gêsang, gêmbyakan, sindhenan.

Urubêsma gumujêng, suwuk.

Dayun majêng têmbangan: ulêr kambang, rêjasa ginawa jala, satitahe, wong ngarah aja gumampang.

Pisang wigar, gapura sinupit urang, graitanên rêntênging manah kawula.

Prabu yêksa, sri laga kênya taruna, ulatana sasmita jroning paesan.

Rotan buntal, jangkrik gung pangrike dawa, sirnakêna wujud lan paningalira.

Lintang katon, pangêmbulan jagad nala, jroning langse, aja na rasa-rumăngsa.

Tikus, klapa, putra adi mijil garwa, sampun jumbuh gusti kalawan kawula.

Suwuk.

Dayun: tan dora tur kula gusti, naranata, yèn sangêt wigêna, tan prayoga, dadinya wusana, yèn karuna waspa tumètès ing kisma, dadya sangar têmah nyarangakên praja, yêkti kêmba [kê...]

--- 3 : 30 ---

[...mba] wadya ingkang ngèstupada, têmah cuwa karsa panduka narendra, pan prayoga lumembak karsèng jawata, lamun dora pun Dayun kadukanana.

Asmaradana. (Urubêsma): nora kaya si wong iki | tuture winor têmbangan | bisa têmên Dayun kowe | ya Dayun yêkti manira | lamun tan kêlakona | dhaup lan sang ratu ayu | lila tumêkèng palastra ||

Dayun mundur têmbangan, dipun sênggaki dening Kalingkung lan Pangsêng.

Ri godhonge, angrêmpoyok wowohane.

Ima-ima. Singsèh.

Garêbong pangirid kuda. Singsèh.

Martarata. Singsèh.

Gul-agule. Singsèh.

Wong suwarga. Singsèh.

Asmaradana. (Urubêsma): sun lali-lali tan lali | sun lêlipur saya brăngta | sasolahe katon bae | gêmbili gung woh ing tawang | gadêbugan wak ingwang | jênang gamping rêca kayu | dalênjêt golèki dika ||

Kandhang kêndhi mas ajêng, osog-osogên, sêmut seta pasêmone, wong anendra, layap-layap, sêmune wis tunggil karsa, siwur tukung trisnaku ambruk mring dika.

Kalingkung lan Pangsêng: e lo, e lo, e lo, e lo, brung.

E lo, e lo, e lo, e lo, brung.

Pangsêng Kalingkung mundur.

Pangkur. (Baudhêndha): lah Dayun sira wong apa | angombyongi narendra lagi brangti | kang jamak mamriha lipur | (Dayun): sang nata sampun duka | bêborongan êmbyak ngajêng mogèl pungkur | (Baudhêndha): lah Si Dayun saya dadra | ya bacutna angombyongi ||

kaka prabu akèndêla | kaka prabu manawi kula mêksih | suka dados woding pupuh | yèn putung kasawatna | yèn ta rêmuk kasawurna dhatêng satru | nadyan pêjah maksih sura | mêngsah lan tyang Majapait ||

Sinom. (Urubêsma): jagad dewa ngabathara | kados tyang edan kinardi | yayi pun kakang punika | (Baudhêndha): pan botên maibên mami | panduka kaka aji | gung anèm jumênêng ratu | karsa apalakrama | dèrèng kasêmbadan ugi | (Urubêsma): yayi prabu lêrês ingkang pangandika ||

yayi kakang paman nata | gènipun sami sumiwi | wontên ing ngajêngan kula | punapa sampun antawis [anta...]

--- 3 : 31 ---

[...wis] | (raja sarêng): inggih sampun antawis | salêbêtnya kaka (yayi, anak) prabu | kasmaran mring wanodya | sampun sumewa ing ngarsi | (Urubêsma): lah ta yayi Prabu Dewa Baudhêndha ||

kadospundi prayoginya | rèh pun Rănggalawe Tubin | sêdene Dipati Daha | ing mangke sampun ngêmasi | andêling Majapait | pan sampun têlas sadarum | (Baudhêndha): inggih kaka narendra | prayogi linanggar jurit | Majapait botên awrat sanggining prang ||

[Grafik]

Menak Pangsêng. Mraja Gung Walikrama.

(Urubêsma): inggih lêrês jêngandika | (Baudhêndha): kadospundi atur mami | kaka prabu ing Balega | (Carangwaspa): lêrês aturipun yayi | kurnon yayi narpati | lêrês turnya yayi Prabu | Madura nadyan kula | nagari ing Majapait | sampun ènthèng prayogi linanggar ing prang ||

(Urubêsma): inggih lêrês jêngandika | (Carangwaspa): kadospundi atur mami | paman Prabu Walikrama | (Walikrama): lêrês turnya anak aji | kurnon anak narpati | lêrês turnya anak Prabu | Balega nadyan kula | nagari ing Majapait | sampun ènthèng prayogi linanggar ing prang ||

(Urubêsma): inggih lêrês jêngandika | yayi kakang paman aji | sami lêrês tur andika | nanging mangke karsa mami |

--- 3 : 32 ---

botên linanggar jurit | nagari ing Majalangu | prabu rara ngong pinta | nungkula sangkaning aris | kula antos sacăndra têkap tri căndra ||

yèn botên enggal nungkula | nagari ing Majapait | ngong langgar ing adilaga | prabu rara kang ngong incih | kêcêpêng ing jinêmrik | tuman yèn tan glis kapikut | (Walikrama): makatên naranata | (Urubêsma): yayi kakang paman inggih | kaka (yayi, anak) prabu kawula sumanggèng karsa ||

Kăndha: sèbêt byar wau ta, dèrèng dugi anggènira ngandika, Sri Narendra Urubêsma dhatêng wong agung têtiga, kasaru dhatêngira pun Baratkatiga, sarwi ambêkta bêbêstan tiga, dumrojog tanpa larapan.

Plajaran, rêp.

Kăndha: wau ta sadhatêngira pun Udanprahara, kalih pun Baratkatiga, sarwi ambêkta bêbêstan atmajèng Tuban kêkalih, lawan pamomongira wasta Ki Dêmang Gathul, cingak sagunging wadya ingkang sewaka, sri narendra saklangkung kagèt ing galih. Ya mangkana yitnanira pun Udanprahara, kalih pun Baratkatiga: i, kabênêran têmên têkaku iki, kangjêng dewaji lagi miyos siniwaka, dak duga bangêt suka galihe kangjêng dewaji, dene têkaku iki, anggawa bêbandan têtêlu. Wondene yitnanira sri narendra: iki Si Udanprahara, karo Si Baratkatiga, têka ana ngarêpaku, nganggo anggawa bêbandan têtêlu, kang loro Si Buntaran, Si Watangan, kang siji dak duga mung bala bae. Karodene manèh atmajèng Tuban, aladak nganggo ora gêlêm lungguh, mendahane kang duwe santana, mêsthi patang mono, wong ayu kang wibawa, tur ugungan marang aku, yèn kalane mothah, angicak-icak pangkon, pantês angidoni rai, lah tujune padha kacêkêl urip, ingkang saupama, padha kacêkêl mati, saiba dukane, nimas sêsotyaningrat. Wondene yitnanira wong agung têtiga: iki atmajèng Tuban, padha kacêkêl kabèh, dene têka ambêk kumêndhung, padha ora gêlêm lungguh ana ngarsaning narendra, bangêt têmên olèhe kumasura, iya disirnakêna mana. Titi mangkana yitnanira wong agung têtiga.

Gêsang, rêp.

Durma. (Urubêsma): sira Udanprahara Baratkatiga | têka ing ngarsa mami | anggawa bêbandan | têtêlu ge matura | (kalih sarêng): dhatêng sandika dewaji | kula dinuta | pun bapa patih kalih ||

nyaosakên bêbêstan atmajèng Tuban | Buntran Watangan kalih | inggih pamomongnya | wasta pun Gathul Dêmang | sumăngga karsa dewaji | tiga bêbêstan | (Urubêsma): iya wis sun tampani ||

Mêgatruh. (Urubêsma): lah Buntaran Watangan pangawruhanmu | ya ingsun kang madêg aji |

--- 3 : 33 ---

mêngku rat Jawa sawêgung | lan sineba para aji | marma sun tutur sakaro ||

sira bêcik nungkula mring jênêng ingsun | sira sun karya dipati | anggêntèni kang wus lampus | nèng Tuban miwah Kêdhiri | (kalih sarêng): Bêsma ingsun plaur layon ||

lah ta mara kene patènana gupuh | ingsun nusul kang wus swargi | (Urubêsma): si atmèng Tuban kumêndhung | sun eman angajap pati | iba dukane sang katong ||

sotyaning rat pantês nora enggal luntur | palakrama lawan mami | (kalih sarêng): wis aja kakehan wuwus | lah mara pra rasikaning | tumuli cacakên ingong ||

(Urubêsma): hèh Buntaran Watangan aja kèh wuwus | lah sira loro sun tuding | glisa mring gunung Mahmèru | iku loro atmèng Tubin | padha dèn lêbokna gêdhong ||

wêsi kunjra waja pasrahêna gupuh | marang uwa Prabu Kêling | lan wêkasên yayi prabu | turna ngrêksa ngati-ati | (Udanprahara lan Baratkatiga): dhatêng sandika sang katong ||

Gêsang, bêdholan, suwuk.

Kăndha: wau ta laris lampahira pun Udanprahara, kalih Baratkatiga, ingkang sumêdya dhatêng ardi Mahmèru, sarwi ambêkta bêbêstan, Radèn Buntaran, Radèn Watangan, punapadene Ki Dêmang Gathul. Pranyata Radèn Buntaran, kalih Radèn Watangan punika, wijiling kusuma rêmbêsing madu, têdhaking maratapa, trahing andana warih, sakala andhatêngakên gara-gara, aru-ara ing suralaya, kadya ingoyag lawang sela matangkêp, lir ginojid bale si marcukundha, yayah kinocak kawah căndragumuka, ngolang-aling sapi gumarang, kumitir pêthite Hyang Ăntaboga. Wondene gara-gara ing marcapada, sagara umob, bumi obah, lindhu ping pitu sadina, wukir wanggit-wanggit, anggon angêmu riris, mêsês ingkang bayu bajra, kuwung pating palêngkung, teja mangkara-kara.

Plajaran, lagon.

7. Damarwulan dados pangarit.

Kăndha: sirnaning gara-gara, prêpat punakawan kêkalih, wulu cumbunira Radèn Damarwulan, wasta Ki Sabdapalon, kalih Ki Nayagenggong. Wondene prêpat kalih punika, wontên satêngahing wana, prêpat kalih wau pisah lawan gustinira, midêr-midêr ngupados uwi gêmbili. Lah ing ngriku Ki Sabdapalon, kalih Ki Nayagenggong, tansah atêtêmbangan:

Dhandhanggula. (Sabdapalon): samendraning bawana tan manggih | sakurêbing ngakasa tan memba | saklangkung-langkung baguse | lir Hyang Asmara nurun | nora mèmpêr nora na mirib | ing Hyang Sang Hyang Asmara | iya Damarsantun | singa mulat ngênglêng brăngta | swaranya rum manganyut yuswanya èstri [è...]

--- 3 : 34 ---

[...stri] | manggung karya la-êla ||

(Nayagenggong): wus karsaning jawata linuwih | sanagri Jawi măngsa punika | miwah ing suralayane | sakèhing bagus-bagus | alus-alus myang sigit-sigit | dêling myang raras-raras | myang kang rayung-rayung | malêntrah myang mawilêtan | manis sumèh prak-ati mintaning angin | kari ampas sadaya ||

Dhawah kaloran, suwuk.

Mijil. (Sabdapalon): Nayagenggong payo seba aglis | marang sang wiranom | suka-suka nèk konangan kowe | mring bêndara mundhak didukani | (Nayagenggong): bênêr kang sirangling | angla-la sang bagus ||

[Grafik]

Ki Sabdapalon kalih Ki Nayagenggong tansah atêtêmbangan.

Dhawah gêndhing la-la, rêp.

Kăndha: anênggih punika Radèn Damarwulan, ingkang dawêg pinarak wontên sangandhaping kajêng angsana, ingadhêp parêpatira kalih, Ki Sabdapalon, Ki Nayagenggong. Mila Radèn Damarwulan wontên samadyaning wana, dene lagya ngarit, têka mangkana yitnanira, Radèn Damarwulan.

Dhawah ladrang mèngkrèng: kaya priye ênggone ngarit, kakang Sabdapalon, karo kakang Nayagenggong, apa iya wis olèh sukêt apa durung. Yèn durunga têka padha ngayêm-ayêm bae,

--- 3 : 35 ---

yèn uwisa arêp dak jak mulih tumuli, mêsakake jarane, yèn kasèp pamangane. Wondene yitnanira prêpat kêkalih: gèk mênyang ngêndi bae, ênggone golèk sukêt iki, dene alas pirang-pirang, padha dilagar, mula kêbangêtên wong desa iki, ora wêruh mênyang kabutuhanku. Yêkti mangkana yitnanira parêpat kêkalih.

Sinom mèngkrèng. (Damarwulan): kakang Sabdapalon Naya | paran gonmu padha ngarit | apa uwis olèh kakang | (sarêng): radèn anggèn kula ngarit | rumput tan angsal kardi | awit botên wontên rumput | sawêg tan măngsa nglagar | rumputipun sami prigis | … ||

(Damarwulan): kakang Sabdapalon Naya | yèn tan olèh gonmu ngarit | mêsakake kang turăngga | (sarêng): liwat saking amarsudi | puluh bêgjane thithik | sumăngga rahadèn kondur | manawi wontên marga | kapêthuk rumput sinunggi | ... ||

kula têdhane sadaya | yèn tan angsal kula têdhi | sayêktos lajêng ngong rêbat | yèn budi kula kêmbari | băngga ngong sêmbadani | măngga radèn nuntên kondur | sampun ngantos klayatan | (Damarwulan): ya mayo kakang lumaris | ... ||

Dhawah ayak-ayakan, lajêngan, rêp.

Kăndha: sampun lêpas lampahira Radèn Damarwulan, ingkang sumêdya mantuk dhatêng pagêdhogan, ing samarga-marga tansah dadya brangtaning wanodya ingkang kapapag, samya lênglêng mulat ing warna mindha purnama, kang sawênèh anjêjêr datan lunga-lunga, tansah ngêtutakên liringira, kang sawênèh kagagas karasa-rasa, kang kaduk wani kurang dêduga, lajêng anjêjawat, naning Radèn Sasăngka lumuh asalah karya, dadya tansah sinamun anitik rumput kanan keringing marga. Wau ta parmaning dewa ingkang linuwih, wontên bakul sambiwara, nama Byang Parunjang lan Puspalaya, ing nguni dasihira Ki Patih Maudara, langkung sinung sih palimarma, ing mangke bêbakul kêkalih, sêdya malês sihira Ki Patih Maudara, mila sarêng kapapag lampahira Radèn Damarwulan, saklangkung sukanira, ngrasa katêkan sêdyanira, lah ing ngriku bakul kêkalih tandya sami mrêpêki alon-alonan.

Gêsang, rêp.

Asmaradana. (Damarwulan): lah sira wadon ing ngêndi | lawan sapa aranira | (kalih sarêng): yèn andangu kula radèn | (Parunjang): anama Biyang Parunjang | (Puspalaya): dene nama kawula | Puspalaya arum-arum | sami wisma wontên praja ||

(Damarwulan): lah apa sêdyaning ati | mapagake lakuningwang | (kalih sarêng): pramila kula rahadèn | mêthukakên ing panduka | radèn kula punika | nguni samya dasihipun | rama dika Sang Udara [U...]

--- 3 : 36 ---

[...dara] ||

mangke sumêdya malês sih | yèn parêng radèn kampira | dhatêng wisma kula radèn | punapa kang kêkirangan | gèn panduka nyuwita | mundhuta dhumatêng ulun | sakarsa măngsa kiranga ||

(Damarwulan): ya bangêt panrima mami | yèn sira tuhu mangkana | ingsun jaluk sukêt bae | kang warêg kuda sadaya | lan iku batur ingwang | aja kurang panganipun | (kalih sarêng): gih radèn dhatêng sandika ||

lah dika parêpat kalih | sabên dina êmpun kêndhat | mring griya kula sayêktos | (batur kalih): gih bêcik ning jangji kula | yèn dika awèh pangan | êmpun lali jênang katul | plèk-êmplèk lo niku poma ||

(Parunjang lan Puspalaya): gih sampun sumêlang galih | dhuh radèn yèn sampun têrang | kula ngrumiyini mangke | (Damarwulan): bibi sun jumurung arja | (batur kalih sarêng): lo ampun lali poma | sambêl bawang srundèng jagung | (bakul kalih sarêng): gih prêpat êmpun sumêlang ||

Gêsang, tiyang 2 ical. Biyang Prada mrêpêki, suwuk.

Mijil. (Biyang Prada): he e biyung tobil biyung tobil | bêgja têmên ingong | bangêt ngaya le pasa lawase | mring Dyan Săngka kapapag nèng margi | sidane saiki | ya dak têmu kuwuk ||

dhuh kèndêla rahadèn samangkin | kampira wismèngong | kula sugih napa dèn takèkke | kang kumêbut miwah kang kumrincing | kula prawan sunthi | anak bêkêl dhusun ||

Amaradana. (Damarwulan): lah sira wadon ing ngêndi | lawan sapa aranira | mapagake lakuningong | (Biyang Prada): dhuh radèn dangu kawula | nama kula Bok Rara | Prada mompyor prawan dhusun | nanging sugih rajabrana ||

kang kumêbut kang kumrincing | yèn parêng radèn kampira | dhatêng griya kula mangke | kawula punika radyan | sanadyan prawan desa | nate tinakèkên pyantun | tigang jungan kula sungkan ||

nadyan dèrèng darbe linggih | kalamun andika radyan | kula uja sakarsane | (Damarwulan): ya bangêt ingsun tarima | lah kakang Sabda Naya | tanggapana prawan iku | (kalih sarêng): gih radèn dhatêng sandika ||

Ayak-ayakan, rêp, gêgujêngan.

Gêsang, suwuk, lagon.

Kăndha: laris lampahira Radèn Damarwulan, ingkang sumêdya kondur dhatêng pagêdhogan, lan prêpatira kêkalih, Ki Sabdapalon, Ki Nayagenggong, tansah akêkanthèn lampahira.

8. Dèwi Anjasmara pêpanggihan kalihan Damarwulan.

Gêndhing Kinanthi, rêp.

Kăndha: anênggih punika ingkang wontên kubon sêkar, putranira Ki Patih Lugêndèr, ingkang wuragil, [wuragi...]

--- 3 : 37 ---

[...l,] arum-arum Sang Dyah Ayu Anjasmara, patutanira saking pramèswari, Sang Dyah Ayu Gêndari. Apan yêkti Sang Dyah Anjasmara punika, langkung endah suwarnanira, wus kawêtu ing kidung prêlambang, nadyan apsari Endrabawana, pantês anyênyèthi, singa pêrak nora papak, singa sandhing nora sumandhing, yèn cinăndra warnanira, luwih warna kurang căndra, rêspati dêdêg majana, pamulu lir golèk mas sinangling, datan pati kaduk wanodya, sasolahira dadi sêmbada, cèkêt sèdhêt tur prêsaja, yèn lumampah kadi prêdapa kasilir, asta pindha gandhewa, sêblak asta anjungkar angin, liringe landhêp lir pasopati, dhasar wasis ing tanaga, rêspati wiragèng solah, mung èsême dlèrèng gêbyar, têka dadi brangtaning singa kang mulat, pramila kathah para raja dipati kasmaran mring sang adining kusuma, kanggêg sang dyah datan arsa krama. Ing mangke adining kusuma, dawêg kandhuhan wigêna, tansah angarang karungrungan, sruning kunjana papa, supe dhahar lawan nendra, ujwala manglayung, kadya brêdapa sinêmpal sore. Sintên ta ingkang dadya raosing galih, namung satriya ing Paluhămba, ingkang kêkasih Radèn Damarwulan, tansah kawayang têlênging cipta, wimbuh marma ing galih. Dene Radèn Sasăngka sangêt winratan karya dening ingkang rama, ing mangke adining kusuma, lagya pinarak ing paringgitan, ingayap dening êmban inya, miwah cèthi parêkan, gumlar munggèng ngarsa. Adining kusuma, sadangunira pinarak, ingkang tansah ginalih-galih namung Radèn Sasăngka. Lah ing ngriku adining kusuma anulya ngandika:

[Grafik]

Sang Dyah Ayu Anjasmara.

Kinanthi. (Anjasmara): kêpriye wartane biyung | kakang êmas Damarsasi | wêlas têmên ingsun êmban | dene ta kêpati-pati | jêng rama tan darbe wêlas | supe mring kang dèn gêntèni || (miwah si kakang karonya, kaniayane kêpati).

têka lir wong mêndêm gadhung | amburu panasing ati | turne biyung mundhak apa | uwong asih digêthingi | wong raharja pinrih rusak | pêgêl têmên ati mami ||

(êmban): (lêrês ingkang pangandika, dhêdhasar gusti ki patih): gêthing tyang warnane bagus | gêthing tyang ulah sêmadi | gêthing mring tyang wicaksana | budi bênêr pinrih sisip | dene rakanta kalihnya | lumuh dèn samèni jalmi || (wingi dhatêng pêkên kula, sumrêp rakanta dyan mantri).

wontên gêdhogan pitêkur | saklangkung amêlasasih | prêpatnya wadul mring kula | rama andika yèn paring | dhahar tan mèmpêr yèn putra | mung sacowèk wor tumênthil || (lah kapriye adhi inya, apa tan bênêr tur mami).

(inya): bênêr aturmu bak ayu | dhuh gusti sang anglir ratih | wau kula

--- 3 : 38 ---

sumrêp radyan | sarean ngandhaping sari | prêpatnya murugi kula | nêdha panganan sakêdhik || (sakêlangkung ngêrês kula, lajêng kula pitakèni).

solahnya Dyan Damarsantun | salaminya wontên mriki | prêpat mangsuli yèn radyan | tanpa dhahar tanpa guling | tur sangêt ngêrêsing driya | saking kawratên ing kardi ||

Kăndha: wau ta adining kusuma, sarêng myarsa aturira êmban inya, kadya sinêndhal galihira, tansah kumêmbêng ingkang waspa, wusana anulya ngandika:

Kinanthi. (Anjasmara): êmban inya raganingsun | mring sira nora kêkêlir | jêr sun rêmbug ewuh apa | payo padha derah pati | biyung sun pêlaur lena | wurung panggih Damarsasi || (puluh-puluh ingsun wêlas, dene ta bangêt kaswasih).

biyung sêsaosa gupuh | hèr mawar jêbad kasturi | miwah busananing priya | (inya): dhuh gusti nuwun kang dasih | tan wande tumraptèng pêjah | kinêthok marang ki patih ||

(Anjasmara): (biyung sira mèlu apa, ingsun andhêmi pribadi): wus jangjine raganingsun | kudu papa kawlasasih | kang nglabuhi kadang tuwa | apa sun ulati maning | lah ta mara payo mangkat | (inya): dhuh inggih sumăngga gusti ||

Dhawah ayak-ayakan, bêdholan, lajêngan, rêp.

Kăndha: anênggih punika Radèn Damarwulan, ingkang dawêg wontên pagêdhogan, ingadhêp prêpatira kêkalih, wontên sangandhaping wrêksa nagasari, ing ngriku Radèn Damarwulan dawêg anglampahi kawlasarsa, tumindak pakonira Ki Patih Lugêndèr, anggamêli kuda titihanira ki patih. Wondene prêpatira kêkalih, sabên dintên kesah ngarit, mantuk lajêng angisik-isik kuda. Wancinipun punapa samangke, wanci titiyani. Ya mangkana yitnanira Radèn Damarwulan: kaya kapriye lêlakonku iki, yèn mandhêga mung samene bae kaprie wêkasane. Wondene yitnanira prêpat kêkalih, inggih botên sanès kalih yitnanira Radèn Damarwulan.

Gêsang, suwuk, lagon.

Dhandhanggula. (Damarwulan): kakang Sabdapalon Nayakarti | kaya priye kakang wêkasannya | iya lêlakonku kiye | (prêpat sarêng): dhuh radèn langkung ewuh | lêlampahan dika puniki | mung aja katungkula | wêlinge eyangmu | (Damarwulan): apa ta mangkono kakang | (Sabdapalon): inggih radèn punika tur-atur mami | kadiparan Si Naya ||

(Nayagenggong): iya bênêr kakang turmu yêkti | dhuh rahadèn lêrês turnya kakang | inggih ta sanadyan ingong | yêkti saklangkung ewuh | lêlampahan dika puniki | mung aja katungkula | wêlinge eyangmu | lan manah sampun sumêlang | (Damarwulan): apa ta mêngkono kakang Nayakarti | (Nayagenggong): inggih makatên radyan ||

--- 3 : 39 ---

Kăndha: wau ta Radèn Damarwulan, sarêng myarsa aturira Ki Sabdapalon, kalih Ki Nayagenggong, saklangkung sukanira, saèstu datansah pawêlingira ingkang eyang Bagawan Musthikamaya, saking kêdah badhe priksa sudarmanira ingkang sampun murca. Kocapa Sang Dyah Anjasmara, ingkang tindak saking dalêm kubon sêkar, dèn dhèrèkakên êmban inya kêkalih, sumêdya tindak dhatêng pagêdhogan. Wau ta Radèn Damarwulan, sarêng ngulap-ulap trang pamawasira, yèn wontên wanodya amrêpêki, radèn sampun anyana, yèn Sang Dyah Anjasmara, sakala Radèn Sasăngka lir ginoyang galihira, kumênyut lêsah wor ngangên-angên kewraning cipta, lunga pêjah kèndêl angêmasi. Lah ing ngriku Radèn Damarwulan anulya ngandika:

Dhandhanggula. (Damarwulan): kakang Sabdapalon Nayakarti | kadiparan kakang polah ingwang | dene ta sang ruming sinom | mrêpêki marang ingsun | (prêpat sarêng): inggih radèn mula sayêkti | rayinta Anjasmara | (Damarwulan): priye solah ingsun | uwis kapêngkok ing papan | kaniaya sang dyah mring dasih kaswasih | (Sabdapalon): radèn gampang kewala ||

wus kèndêla radèn ayya bribin | kèndêlira sampun lir gupala | yèn nabda sampun angame | èwêd ujar puniku | botên kenging sinami-sami | yèn ta dèrèng waskitha | èstu manggih suwung | ing suwungnya wontên nyata | sanyatane prêlambang winurwèng ati | wêkasan panarima ||

priye Naya ora bênêr mami | (Nayagenggong): iya kakang bênêr aturira | radèn lêrês tur-ature | kang Sabda nadyan ulun | inggih sampun anayogyani | ingkang kadya mangkana | swawi radèn sampun | dangu ngêntosi punapa | mindhak mangke kêmanjon kasilir angin | (Damarwulan): ya kakang lumaksana ||

Kăndha: wau ta Radèn Damarwulan, sarêng myarsa aturira prêpat kêkalih, sakala arsa muja sêmadi, sidhakêp suku tunggal.

Wau ta Radèn Damarwulan, ingkang sumêja sêmadi, asidhakêp suku tunggal, nutupi babahan nawa sanga, amatèni păncadriya, pănca lima, driya angên-angên, matèni nêpsu ingkang limang prakara. Êndi ta dunungne, [7] atutuk tan ngandika, anetra tan ningali, atalingan tan miyarsa, agrana tan anggănda, ăngga tan na aobah, mung tis agrana sika, tis paningal, grana irung, sika pêpucuk, ingkang tansah pinancêr ing tingal, tênta dewane mangkruk-mangkruk, sapucuking grana apan botên, anggènira ngumpulakên tingal kalih, kadadosakên satunggal, dadi nglangut panêmbahe Radèn Damawulan, awor dewaning Sang Hyang Wisesa, yèn awor dadi jumbuh, kawula lawan dewane, yèn tan awor rada dinglangut panêmbahe Radèn Damarwulan, sampun katrima saciptanira, angungsi andhêlik marang dewane kang linuwih.

--- 3 : 40 ---

Wau ta Radèn Damarwulan, ingkang sampun ngungsi marang dewanira, wondene prêpat kêkalih, ingkang dèn tilar ngungsi, sakala sami kraos ngantuk badhe tilêm.

Suwuk.

Pucung. (Sabdapalon): Nayagenggong iki daramu wus nglangut | ngungsi marang dewa | kari gawe sira mami | (Nayagenggong): iya kakang payo anendra kewala ||

Kăndha: sèbêt byar wau ta, prêpatira Radèn Damarwulan, sampun sami tilêm. Kocapa Sang Dyah Anjasmara, dèn dhèrèkakên êmban inya, ingkang sami anjêjêp ampingan ing wrêksa, sarêng Radèn Damarwulan sampun katingal sare, sarta prêpatira kêkalih inggih sampun sami tilêm, adining kusuma lajêng amrêpêki, tindakira tansah alon-alonan.

Ayak-ayakan, rêp.

Kinanthi. (Anjasmara): lah kaya kapriye biyung | iki kangmas Damarsasi | tansah sakeca anendra | ora nyêgu ora mosik | lah biyung wungunên enggal | (êmban): inggih sandika sang dèwi || (mrêpêki mungu).

dhuh wungua sang binagus | sampun ngeca-eca guling | radèn dika katamuan | dhukun saking ing swarga di | arsa jampèni grah dika | mulyakêna kawlasasih || (wangsul).

(Anjasmara): priye biyung sira mungu | (êmban): dhuh sang dyah Dyan Damarsasi | bilih sawêg nandhang gêrah | ingobah minggu tan mosik | (Anjasmara): sabar têmên biyang sira | aku dhewe kang mrêpêki ||

Gêsang, rêp.

Kinanthi. (Anjasmara): kakang mas sapanên ulun | ulun Anjasmara prapti | angruwat papa cintaka | amudhar ing kawlasasih | dene têka nora obah | biyung undangên kang abdi ||

(êmban): inggih sandika sang ing rum | hèh-hèh prêpat-prêpat kalih | tangia gonmu anendra | tinimbalan mring sang dèwi | bok ya kang dirada enggal | he e ora tangi-tangi || (gugah).

(prêpat): uwong napa dika niku | gugah-gugah wong aguling | (êmban inya): he e sêguh bangêt prêpat | bok duwèni ngrasa ati | (prêpat): ngrasa ati ati napa | dene nganggo diduwèni || (gèndèng).

(Anjasmara): paman bêndaramu iku | de nglela kaya wong mati | apa wus lagehanira (prêpat): dhuh-adhuh adhuh sang dèwi | têmpahana raka dika | niku wau kadospundi ||

sumăngga mulyakna gupuh | kang pulih lir wingi nguni | dhasare mula apêsan | wimbuh kawratan pakardi | wusana andika têka | pêsthi kang akarya lalis ||

(Anjasmara): kamangkara wong abagus | eman-eman pinrih mati | yêkti sun arêp ngawula | mring kangmas [kang...]

--- 3 : 41 ---

[...mas] satriya wukir | kangmas-kangmas aja lena | yêkti aku milu mati ||

apan uwis basanipun | Anjasmara nora laki | kakung liya saking sira | lalungarang sun lakoni | mula sira aja lena | aku nora bisa kari ||

Kăndha: wau ta Radèn Damarwulan, sarêng dèn singèni dhatêng Sang Dyah Anjasmara, kagèt dènnya nukmèng palastra, sampun pêpak plawanganing budi, winastan păncadriya, sanalika napasira sampun lumampah, taksih pinêgêng apikantaka. Duk miyarsa sambatira sang kusuma, lir rinujit galihira. Ya mangkana yitnanira Radèn Damarwulan: kaya priye karsane sang kusuma iki, têka isih dibacut-bacutake, baya wus bêgjane awakku, anglabuhi karsane sang kusuma, lara pati pan wus ora suminggah, sabab wus kasupit kapêngkok ing papan. Hèh sanak badan nyawa, kabèh saisining jisim, dèn agilig ing jangji aja sulaya, payo padha anarima, urip bêgja lara pati, pirabara ing wuri yèn padha nêmu raharja. Titi mangkana yitnanira Radèn Damarwulan, lah ing ngriku anulya wungu, sarwi mingsêr lênggahira.

Gêsang, rêjêgan, rêp.

Dhandhanggula. (Anjasmara): kangmas kowe arêp mênyang ngêndi | kangmas-kangmas aja lunga-lunga | yèn lunga yêkti sun layon | kakang wêlasa mring sun | (Damarwulan): kakang Sabda paran sun iki | (Sabdapalon): pindho gawe rahadyan | bok gih êmpun gapyuk | witne kula niki napa | nora nana wong wadon padha kapengin | kalunta kongsi kawak ||

(Damarwulan): jênang sela munggèng sêdhah gusti | dipun agêng pangapuntênira | inggih dhumatêng dasihe | (Anjasmara): kakang mas Damarsantun | nadyan aku samono ugi | iya minta ngapura | (Damarwulan): adhuh sang rêtnayu | kawula dipun uculna | botên-botênipun kawula ngoncati | yêkti lumiring karsa ||

Kăndha: wau ta adining kusuma, ingkang nyêpêngi astanira Radèn Damarwulan, lah ing ngriku nulya dèn uculakên anggènira nyêpêngi asta.

Gêsang, rêp.

Kinanthi. (Damarwulan): jêngandika risang ing rum | amrêpêki dhatêng mami | punapa sinêdyèng karsa | (Anjasmara): aku mau wus pawarti | (kangmas aja tambuh kowe) (Damarwulan): (kawula botên pitambuh), saèstu lumiring karsa | ing panduka risang dèwi ||

nadyan sakit praptèng lampus | kula sêdya anglampahi | ajarwaa suwadosnya | (Anjasmara): iya kangmas Damarsasi | (sun nêdya nyèthi mring kowe, nanging yèn mungguh sun suwun) mring rama yêkti tan klilan [klila...]

--- 3 : 42 ---

[...n] | sun dhaup lan sira yêkti ||

sun wus nêdya derah lampus | mrene lêlaku lir maling | nêdya nglabuhi mring sira | nadyan lara praptèng pati | (apa ta nimbangi kowe). (Damarwulan): (dhuh ta sang kusumaning rum) kula botên malih wêca | pintên-pintên Damarsasi ||

pêkathik ngardi kaswayun | sinampar dhatêng ing gusti | (Anjasmara): yèn kaya mêngkono kangmas | payo mèlua mring mami | (mulih marang ing pakuwon, ing kubon sari wismèng sun) payo aja kalatan[8] | (Damarwulan): inggih dhumatêng suwawi ||

Gêsang, suwuk.

Kăndha: wau ta Sang Dyah Anjasmara, kalih Radèn Damarwulan, ingkang kondur dhatêng kubon sêkar, sarêng sampun dumugi ing kubon sêkar, lawan êmban inya, sarta prêpat kêkalih, Radèn Damarwulan lajêng minggah dhatêng paprêman, amêdharakên karsa, mangun brăngta mahartèng purnamasada, anjum puji rêjasèng asmara tăntra, lir brêmara ngrabasèng puspita. Sinigêg ingkang andon asmara, sakala wontên swaraning pêksi kolik tuhu sêsauran, myang bênce mawurahan.

[Grafik]

Radèn Damarwulan.

Wau ta kocapa Radèn Layangseta, Radèn Layangkumitir, ing dalu sowan ingkang rama Ki Patih Lugêndèr, anggalih yudanira Adipati Tuban, lawan Adipati Daha, lah ing ngriku radèn kalih, sawêdalira saking ngarsanira ingkang rama, amiyarsa swaraning pêksi têkak kolik sêsauran, myang bênce mawurahan wontên sanginggiling kubon sêkar, radèn kêkalih ing galih datan sakeca, nyana yèn dalêmira ingkang rayi kalêbêtan duratmaka, radèn kêkalih karsa anjêjêp dalêmira ingkang rayi, wadyanira pajinêman, dèn dhawuhi prayitna sadaya, sarwi ngliga pasikêpanira. Lah ing ngriku anulya mangkat, sarwi amawas-mawas kanan keringira.

Plajaran, rêp.

Kăndha: wau ta Radèn Layangseta, Radèn Layangkumitir, dangu anggènira anjêjêp dalêmira ingkang rayi, [ra...]

--- 3 : 43 ---

[...yi,] Rêtna Dèwi Anjasmara, tansah angulap-ulap ing kanan kering, datan ana swaraning jalma.

Wau ta ingkang wontên salêbêting tilam sêkar, Sang Dyah Anjasmara lan ingkang raka Radèn Damarwulan, tansah gêguyon imbal raras.

Asmaradana. (Anjasmara): kangmas-kangmas Damarsasi | aja kêtanggungan sira | anglabuhi marang ingong | jêr sira iku kakang mas | kabotan ing pakaryan | tur kaluwih nisthanipun | pantêse mukti nèng tilam ||

aja pêgat sabên ari | sun labuhi sira kangmas | yèn ta ana bêbayane | (Damarwulan): adhuh adining kusuma | kawula botên siwah | nadyan sakit praptèng lampus | botên ginggang ing sajangkah ||

Pangkur. (Layangseta): lah ta sira Anjasmara | sapa rowangira nèng tilam sari | swarane kaya wong jalu | gêguyon imbal raras | angakua aja sira ngumpêt wuwus | apa ta sira culika | aglis wêngakna kang kori ||

(Damarwulan): gusti intênipun kakang | kadospundi pun dasih Damarsasi | punapa kinèn anutut | punapa kinèn panggah | kawulanya dhèrèk karsanya sang ayu | (Anjasmara): aja nutut sira kangmas | panggaha ingsun labuhi ||

(Layangkumitir): suwe têmên Anjasmara | tan nauri sapa rowangmu linggih | kang lawang wêngakna gupuh | sun arsa têmu sira | (Anjasmara): suthik sungkan lagi ewuh jaluk pangku | mring kakang mas Damarwulan | sira balia tumuli ||

(kalih sarêng): nora talah Damarwulan | wani-wani marang sadulur mami | padha dene mènthèlipun | sabên tinari krama | tinampikan pra mantri para tumênggung | saiki alaning ala | caluthak bêdhog pêkathik ||

(Anjasmara): sanadyan si pêkathika | bagus têrus andhandhing tur jukining | kapriye apa wus rêmbug | wong loro iku padha | aku laki olèh kangmas Damarsantun | yèn tan rêmbug aku minggat | rangkat lan Dyan Damarsasi ||

(kalih sarêng): crèwèt têmên Anjasmara | cangkêmira nganti kaya gulamit | nglabuhi si kompra gunung | (Anjasmara): kowe wong loro kakang | sikak-sikak aja sira padha jêgug | sayêkti wus ingsun sêdya | wirang isin sun labuhi ||

Kăndha: sèbêt byar wau ta, Radèn Layangseta, Radèn Layangkumitir, sarêng myarsa ngandikanira ingkang rayi Rêtna Dèwi Anjasmara, saklangkung dukanira. Lah ing ngriku Radèn Layangkumitir, nulya anjêjêk ingkang kori, jêbol sanalika.

Gêsang, rêp.

Kăndha: wau ta Radèn Layangkumitir, sarêng priksa ingkang rayi Rêtna Dèwi Anjasmara dèn pangku dhatêng

--- 3 : 44 ---

Radèn Damarwulan, anèng watoning jinêm raras, Radèn Lalangkumitir[9] kogêl ing galih, dadya tansah amênggah-mênggah, Rêtna Dèwi Anjasmara anulya ngandika:

Pangkur. (Anjasmara): lah mara age tibakna | Damarwulan yêkti ingsun labuhi | (Layangkumitir): he Damarwulan sirèku | aja tamèng wanodya | lah udhuna payo padha kantar bau | (Anjasmara): aja kakehan pangucap | lah mara tibakna aglis ||

Kăndha: wau ta Radèn Layangkumitir, sarêng myarsa pangandikanira ingkang rayi, talinganira kadya sinêbit, nulya narik agêmira curiga, tandya anêrajang.

Gêsang, rêp.

Kăndha: wau ta Radèn Layangkumitir, tansah anitir panggoconira, dhatêng ingkang rayi Sang Dyah Anjasmara, nanging datan tumama, tumibèng jaja murub makantar. Sang Dyah Anjasmara karsa amalês, Radèn Layangkumitir nulya binalang pamojokan, sakala mênyonyo sajengkol-jengkol.

Gêsang, lajêngan, suwuk, ada-ada.

Sinom. (Layangseta): lah Damarwulan nututa | tanganira sun talèni | jêr sira nyidra asmara | marang ing sadulur mami | (Damarwulan): wis aja kakehan ngling | sun tadhahi sagêndhingmu | (Layangseta): payo kêpara ngarsa | angudang pucuking kêris | (Damarwulan): iya payo ngudang pucuking curiga ||

Klithikan, rêp.

Kăndha: wau ta risang kêkalih, sarêng sampun sami amuryani ingkang busana, anulya sami narik agêmira curiga, sarwi ngandika:

Layangseta: lah payo Damarwulan, pêrang ngarêp rêbut unggul.

Damarwulan: ya payo kêpara ngarsa.

Gêsang, prang, dhawah plajaran, rêp.

Asmaradana. (Layangseta): abot sangganing ngajurit | sêlawas sun yuda gada | durung olèh tandhing tanggon | iki olèh Damarwulan | tuhu prawirèng yuda | (Damarwulan): nora cuwa mungsuh ingsun | sagêndhingmu sun tan ulap ||

(Layangseta): babo ya sanadyan mami | apa kang tumèmpèl sira | tamakêna marang ingong | (Damarwulan): saru yèn sun dhinginana | (Layangseta): babo ingkang prayitna | tadhahana panah ingsun | (Damarwulan): iya mara tibakêna ||

Kăndha: lah ing ngriku Radèn Layangseta, nulya nyandhak agêmira jêmparing, cag, angiwakakên [angiwaka...]

--- 3 : 45 ---

[...kên] gandhewa, anêngênakên jêmparing, jumangkah wêntis kang kiwa, mancad suku kang têngên, Radèn Damarwulan linêpasan jêmparing, kang jêmparing kenging cinandhak.

Gêsang, suwuk, ada-ada.

Mijil. (Layangseta): mati ngadêg sira Damarsasi | kêna warastrèngong | (Damarwulan): Layangseta aja age-age | nora mati Damarwulan sêkti | iki kang jêmparing | yêkti uwis putung ||

(Layangseta): Damarwulan malêsa tumuli | (Damarwulan): iya ingkang tanggon | tadhahana warastraku kiye | Layangseta sira têkan pati | ing sadina iki | (Layangseta): ya tibakna gupuh ||

Kăndha: lah ing ngriku Radèn Damarwulan, nulya nyandhak agêmira jêmparing, cag, angiwakakên gandhewa, anêngênakên jêmparing, jumangkah wêntis kang kiwa, mancad suku kang têngên, Radèn Layangseta kenging linêpasan jêmparing, blas têbih dhawahira.

Plajaran, suwuk, ada-ada.

Mijil. (Damarwulan): lah ta padha yèn padhaa sêkti | sasat padha ingong | Layangseta êndi ta tunggale | Damarwulan rêbutên ngajurit | barênga kang prapti | nora èrèp ingsun ||

Plajaran, rêp.

Kăndha: eling Radèn Layangseta, kaplajar, nyata, nyata. Wau ta ing kubon sêkar, gègèr sagunging cèthi, pawongan, solahing wong bilulungan, saparan-paran anglut karuna. Kocapa Ki Patih Lugêndèr, kagyat wungu anggènira nendra, sarêng myarsa suwara mawurahan, ki patih saklangkung dukanira, nulya têdhak saking pasarean, sarwi musthi agêmira talêmpak, karsa tindak dhatêng kubon sêkar, dèn pêthukakên dhatêng ingkang putra Radèn Layangseta, Radèn Layangkumitir, tindakira enggal-enggalan.

Gêsang, rêp.

Asmaradana slobog. (Kalih sarêng): rama kula tur udani | mênawi pun Damarwulan | mlêbêt kubon sêkar mangke | purun-purun nyidrasmara | dhatêng pun Anjasmara | wau badhe kula pikut | Damarwulan purun panggah ||

wusana kula kalindhih | mêngsah lawan Damarwulan | (Lugêndèr): kulup yèn kaya mangkono | payo aja kêlayatan | nyêkêl Si Damawulan | mlêbu marang kubon santun | (kalih sarêng): inggih dhumatêng sumăngga ||

Gêsang, rêp:

--- 3 : 46 ---

Kăndha: wau ta Ki Patih Lugêndèr, ingkang tindak dhatêng kubon sêkar, dèn dhèrèkakên ingkang putra radèn kalih. Kocapa Sang Dyah Anjasmara, sarêng priksa dhatêng ingkang rama Ki Patih Lugêndèr, arsa nyêpêng dhatêng Radèn Damarwulan, sarwi musthi talêmpak, adining kusuma nulya mêthukakên tindakira ingkang rama, lumajar lajêng nungkêmi pada, sarwi tawan-tawan tangis.

Gêsang, rêp.

Megatruh. (Anjasmara): kangkêng rama untapêna pêjah ulun | jêng kawula sampun sisip | wit kawula purun-purun | nyidrasmara Damarsasi | margi saking kajêng ingong ||

awit dene anêng kawula kalangkung | mokal yèn rama marêngi | Damarwulan kula suwun | dados jatukrama mami | rama untapêna ingong ||

Pangkur. (Layangseta): kula nuwun kangjêng rama | sampun galih nadyan putri kêkasih | jêr ta awon lampahipun | prayogi pinêjahan | (Lugêndèr): iya bênêr pangrêmbugmu iku kulup | (Layangseta): priye dhimas atur ingwang | (Layangkumitir): lêrês kangmas turnya sami ||

kula nuwun kangjêng rama | lêrês kangmas kula samantên malih | damêl rêntênging praja gung | nistha kalokèng jana | satêmah anyampuri lampah rahayu | yèn ta botên pinêjahan | (Lugêndèr): bênêr tuturira kaki ||

lah kulup Kumitir Seta | bab prakara arimu nyidra rêsmi | ingkang dadi karsaningsun | prayoga kinunjara | luwih gampang ing buri iya rinêmbug | kang prayoga ukumira | (kalih sarêng): inggih sumăngga ing karsi ||

(Lugêndèr): dhenok-dhenok Anjasmara | ing samêngko ya karsaningsun nini | rèh ta sira nyidra lulut | lawan Si Damarwulan | padha ingsun kunjara minăngka ukum | (Anjasmara): inggih dhumatêng sandika | yèn tunggil pun Damarsasi ||

nadyan sakit dugi pêjah | kangjêng rama inggih kula lampahi | (Lugêndèr): lah ta babo putraningsun | nora sun pisah sira | sun kunjara nunggal karo Damarsantun | (Anjasmara): yèn makatên kangjêng rama | inggih saklangkung prayogi ||

Kăndha: wau ta rampung pangandikanira Ki Patih Lugêndèr, ingkang putra adining kusuma, karsa dèn lêbêtakên dhatêng kunjara, lawan Radèn Damarwulan, lah ing ngriku tindakira enggal-enggalan.

Gêsang, suwuk, lagon.

Kăndha: wau ta Ki Patih Lugêndèr, ingkang karsa nglêbêtakên kunjara dhatêng ingkang putra adining kusuma Rêtna Anjasmara, lawan Radèn Damarwulan, inggih sampun sami dèn lêbêtakên ing kunjara, dèn kunci saking ing jawi. Wondene êmban inyanira adining kusuma, lawan prêpatira Radèn Damarwulan, inggih sampun sami dèn bêsta sadaya, wontên sajawining kunjara, jinagi wadya pajinêman kawan dasa, sumêkta sadêdamêlira, ana têka kadya sumêdhang ing kunjara.

--- 3 : 47 ---

9. Menak Koncar dipun waduli bab kêcêpêngipun Buntaran lan Watangan.

Sêkar gêndhing ladrang, slobog, rêp.

Kăndha: anênggih punika, Radèn Arya Menak Koncar, ingkang têtruka samadyaning wana, sagarwa sêlirira, miwah sawadyanira trunalanang. Pramila Radèn Arya Menak Koncar têtruka samadyaning wana, dene kalindhih yudanira kalih Mraja Urubêsma, kalampahan nagarinira Lumajang karêbat dening wadya Blambangan, mila radèn arya saklangkung merang galihira, dene datan kuwawa nêmbadani yudanira Wong Agung Blambangan. Wondene salaminira têtruka samadyaning wana, tansah kèwêdan ing galih, anggènira badhe sowan dhatêng ing Majapait, kanggêg dènnya kasor ing ayuda, têmah ngungsi ing wana, sumêlanging galih yèn ingaran ajrih palastra. Ing mangke Radèn Arya Menak Koncar, lagya pinarak ing tarub wêwangunan, garwanira sakawan, anggarêbêg munggèng kanan kering, Sang Dyah Angronsari, Sang Dyah Sumarsanawati, Sang Dyah Mayangsari, Sang Dyah Mantarsari, miwah ingkang rayi kêkalih, Sang Dyah Kalpikawati, Sang Dyah Kalpikaningsih. Wondene ingkang wontên ngarsanira radèn arya punika, Radèn Jayasupêna, kalih Radèn Banumaya, wingking sinambêtan wadya trunalanang, pêpak sumiwèng ngarsa. Radèn Arya Menak Koncar sadangunira pinarak, ingkang tansah ginalih-galih, saundurira nyidra Mraja Urubêsma, lawan anggènira têtruka samadyaning wana, karsanira badhe sowan dhatêng Majapait, nanging kanggêg lingsêm ing galih, dene anilar galanggang. Lah ing ngriku Radèn Arya Menak Koncar anulya ngandika:

Asmaradana. (Menak Koncar): lah Jayasupêna yayi | Banumaya kadyaparan | salawase anèng kene | masanggrahan têngah alas | sabocahing Lumajang | apa tan kurangan sangu | (kalih sarêng): kangmas kula salaminya || (dhèrèk masanggrahan mriki).

sawadya Lumajang sami | botên wontên kêkirangan | (Menak Koncar): sukur yèn kaya mangkono | dhenok-dhenok bagimana | slamanya masanggrahan | apa tyadha kurang sangu | (garwa sarêng): tyadha adha kêkurangan ||

(Menak Koncar): (dhèngên sukak trima kasih), dhan lagi saya mêmbêri | tau slamanya kita prang | trak sapêrti Bêsma Rajèng | sêkti dhan têrlalu kuwat | kutika sa bunuh dhya | trak mêrasa enak tidhur | mukanya sa cacah-cacah || (suwatu tradhak nêdhasi).

enak tidhur lêkas mimpi | bangun dhan banyak bicara | sapêrti anjing mênggonggong | (garwa sarêng): bagimana itu kangmas | tidhak sapêrti adat | sêkarang kok punya takut | musuhnya tidhak mêlawan || (bahwa sampe bangun musthi).

(Menak Koncar): no sêkarang ini lagi | tradhak brani sama dhia | têrus dhi dhalêm pangimpèn [pangi...]

--- 3 : 48 ---

[...mpèn] | (garwa sarêng): apa sungguh punya kata | (Menak Koncar): iya tlalu sungguhan | yayi karo paran rêmbug | salawase anèng alas || ( bangêt ing pakèwuh mami).

yèn sowan mring Majapait | saiba êloking jana | ingsun ngucirèng palugon | (kalih sarêng): inggih nadyan makatêna | kangmas prayogi sowan | mêngsah sanès wawratipun | (Menak Koncar): iya yayi bênêr sira ||

Kăndha: sèbêt byar wau ta, dèrèng dugi anggènira ngandika, Radèn Arya Menak Koncar dhatêng ingkang rayi Radèn Jayasupêna, Radèn Banumaya, utawi dhatêng para garwa, kasaru dhatêngira Ki Dêmang Gathul, saking ardi Mahamèru, dumrojog tanpa larapan.

Dhawah plajaran.

Kăndha: wau ta sadhatêngira Ki Dêmang Gathul, Radèn Arya Menak Koncar, saklangkung kagèt galihira. Lah ing ngriku anulya ngandika:

Sinom. (Menak Koncar): paman Dêmang Gathul sira | wêruh panggubahan mami | sapa kang warta mring sira | têkamu apa tinuding | mring paman Răngga Tubin | (Dêmang Gathul): dhuh rahadèn prapta ulun | sumêdya atur priksa | uwa Panduka Kêdhiri | lan paman ta ing Tuban kasambut ing prang ||

mêngsah lan pun Urubêsma | sawadyanya tumpês tapis | rayi dika Dyan Buntaran | Watangan sêdya nglabuhi | kapikut ing ajurit | mangke kinunjara sampun | wontên Mahmèru arga | (Menak Koncar): lah iku apa sayêkti | (Dêmang Gathul): inggih radèn sayêktos atur kawula ||

Kăndha: wau ta Radèn Menak Koncar, sarêng myarsa aturira Ki Dêmang Gathul, yèn ingkang uwa Sang Adipati Sindura, kalih ingkang paman Sang Adipati Rănggalawe sami kasambut madyaning adilaga, punapadene ingkang rayi atmajèng Tuban kêkalih sami kacêpêng sadaya, ing mangke lajêng kinunjara, wontên ing ardi Mahmèru, saklangkung kagèt galihira, pitung pandurat dahat ngandika:

Sinom grandhèl. (Menak Koncar): ya jagad dewa bathara | dene nora nyana mami | paman răngga myang jêng uwa | Sindura kasambut jurit | miwah yayi kêkalih | padha kacêkêl ing mungsuh | (Dêmang Gathul): radèn mangke sumăngga | luwarnya rayinta kalih | tan lyan amung radèn kang pantês murina ||

(Menak Koncar): ya paman sun bangêt trisna | mring paman myang rayi kalih | nanging sira kapakêna | mring Bêsma tobat sayêkti | anèng pangimpèn ngucir | kêrêp bae kagum-kagum | wadi apa mring sira | yèn liya mungsuh Si Bêsmi | nora ulap mung sok aja mungsuh Bêsma ||

(Dêmang Gathul): Radèn Arya Menak Koncar | kawula gadhah punagi | sintên ingkang sagêd ngrêbat | rayi [ra...]

--- 3 : 49 ---

[...yi] panduka kêkalih | yèn sampun krêbat kenging | rayi dika Sang Rêtnayu | Sêkati dadya garwa | kula matur mring dyan kalih | sarta purun kandhas matur mring narendra ||

Kăndha: wau ta Radèn Arya Menak Koncar, sarêng myarsa aturira Ki Dêmang Gathul, gadhah punagi sintên ingkang sagêd ngrêbat momonganira kêkalih, kadangira Sang Dyah Dèwi Sêkati lajêng kagarwaa, Radèn Menak Koncar sakala mêdal kasuranira, sêdya sagah ngrêbat ingkang rayi wontên kunjaran. Lah ing ngriku anulya ngandika:

Dhandhanggula. (Menak Koncar): paman dêmang samêngko jêng bibi | apa isih ana nagri Tuban | apa wus malbu kadhaton | (Dêmang Gathul): sampun malbêt kadhatun | rayi dika inggih umiring | (Menak Koncar): yèn ta mêngkono paman | jangjinira mau | sok aja angoncatana | sun rêbute dhimas kang kawêlas-asih | (Dêmang Gathul): dhuh inggih botên cidra ||

(Menak Koncar): lah ta dhimas karo wus miyarsi | aturira paman Gathul Dêmang | (kalih sarêng): inggih sampun myarsa ingong | wangsul karsa pukulun | (Menak Koncar): iya yayi dandana aglis | kabèh wong trunalanang | sumêktaning pupuh | sadina iki sun mangkat | mring Mahmèru angrêbut kang kawlasasih | (kalih sarêng): inggih dhatêng sandika ||

(Menak Koncar): dhenok-dhenok lah sêkarang ini | kita mau angrêbut adhinta | Buntaran Watangan Radèn | kamu sêmua tunggu | (garwa sarêng): iya baik kakandha baik | (Menak Koncar): yayi karo gonira | dandan apa uwus | (kalih sarêng): inggih sampun amirantya | (Menak Koncar): iya sukur aja klayatan lumaris | (kalih sarêng): inggih dhatêng sandika ||

Gêsang, suwuk, lagon.

[Grafik]

Dêmang Gathul.

Kăndha: wau ta laris lampahira Radèn Arya Menak Koncar sawadyanira sadaya, sumêdya dhatêng ardi Mahamèru, badhe ngrêbat atmajèng Tuban kêkalih, sinêrang lampahira daya-daya têkana. Sarêng andungkap prênahira, ana têka lir sinungging galihira.

10. Ratu ayu dhawuh dhatêng patih madosi Damarwulan.

Gêndhing songgèng, rêp.

Kăndha: anênggih punika Sri Narendra Kênya, ing nagari Majapait, dawêg miyos siniwaka, munggèng [mung...]

--- 3 : 50 ---

[...gèng] sitinggil binatu rata, animbali Ki Patih Lugêndèr, punapadene para wadya sadaya. Wondene ingkang tansah cêlak, munggèng ngarsa kapering kanan narendra punika, Radèn Ayu Patih Rarasati, sinisihan Sang Dyah Ayu Banuwati, garwanira Adipati Tuban. Pramila Sang Dyah Ayu Banuwati wontên ing Majapait, awit sasedanira ingkang raka, Sang Adipati Rănggalawe, karsanira sri narendra, dèn timbali dhatêng nagari Majapait, saputranira tanapi marunira sadaya, namung Radèn Buntaran, Radèn Watangan, ingkang botên sowan, awit sampun kalajêng nglurug dhatêng Prabalingga, sumêdya labuh ingkang rama. Wondene ingkang wontên ing pêngkêraning narendra punika, Sang Dyah Sêkati, putranira Adipati Tuban, sinêbatan Sang Dyah Citrawati, Citra Asmara, Widawati, Wida Asmara, ing wingking sinambêtan para biyada, parêkan cèthi sadaya. Wondene Ki Patih Lugêndèr, inggih sampun sowan, punapadene para punggawa, inggih sampun pêpak sowan sadaya, ambêlabar lir sagara tanpa têpi. Wondene sri narendra, sadangunira pinarak, ingkang tansah ginalih-galih, namung anggènira kagungan sayêmbara, sirnaning Mraja Urubêsma ing Blambangan, wah angsal wangsiting jawata, kinèn angupadosi tiyang, ingkang nama Damarwulan, sampun pinasthi punika, ingkang sagêd mêjahi Mraja Urubêsma ing Blambangan. Ya mangkana pangudasmaranira sri narendra.

Dhawah sêkar gêndhing Mijil.

Kaya priye bapa Patih Lugêndèr iki olèhe andhawuhake sayêmbara, patine Si Menakjingga, apa ana kang saguh, apa iya oraa, dene wus lawas durung ngaturake marang aku. Wondene yitnanira Ki Patih Lugêndèr: iki sri narendra miyos siniwaka, animbali mênyang aku, baya ana karsane apa, dak duga mundhut priksa bab sayêmbara, patine Si Menakjingga. Iya sanadyan mangkonoa, wus kalakon dak dhawuhake ora ana kang saguh, amatèni Si Menakjingga, malah padha nyaosake epok bawate, payung lampite, kadrajatane kabèh. Iba yèn wis priksa kang dadi aturku, dak duga bangêt susah, panggalihe sri narendra. Lah ing ngriku sri narendra anulya ngandika:

Mijil. (Ratu ayu): kaya piye mêngko bapa patih | sayêmbaraningong | sirnanira Urubêsma Rajèng | apa ana kang saguh matèni | (Lugêndèr): non kangjêng dewaji | manawi andangu || (prakawis kang sayêmbara, kawula sampun andhawuhi).

wadya santana ing Majapait | tan wontên sawiyos | ingkang sagah amêjahi Rajèng | Urubêsma sadaya samya jrih | nyaoskên wawêrnin | songsong lantenipun || (epok utawi kang bawat, sumaos ing pada aji).

(ratu ayu): apa mêngkono turira patih | (Lugêndèr): inggih jêng sang katong | (ratu ayu):

--- 3 : 51 ---

yèn mangkono lah bapa Lugêndèr | ing samêngko iya karsa mami | ngulatana jalmi | kang ran Damarsantun || (iku bapa dadi srana, arja kartaning nagara).

poma yèn tan bisa têmu patih | abot ukum ingong | sira ingsun lorod klungguhane | (Lugêndèr): inggih dhatêng sandika dewaji | (ratu ayu): lawan manèh patih | priye kang lumaku || (nimbali yayi Buntaran, Watangan kang nglurug jurit).

(Lugêndèr): jêng dewaji ingkang animbali | atmèng Tuban karo | pun adhi Răngga Minangsrayane | mangke gusti dèrèng wontên prapti | (ratu ayu): pa mangkono patih | (Lugêndèr): inggih jêng sang prabu ||

Kăndha: sèbêt byar wau ta, dèrèng dumugi anggènira imbal pangandika sri narendra dhatêng Ki Patih Lugêndèr, kasaru dhatêngira Ki Tumênggung Răngga Minangsraya, ingkang animbali atmajèng Tuban kêkalih, dumrojog tanpa larapan.

Dhawah plajaran, rêp.

Kăndha: wau ta dhatêngira Tumênggung Răngga Minangsraya, munggèng ngarsaning narendra, dèrèng ngantos dinangu anulya matur:

Mijil. (Minangsraya): gusti sampun kawula nimbali | atmèng Tuban karo | botên purun rahadèn kalihe | lajêng brêsot lumajar ing jurit | kawula tut wingking | sampun rêmpon pupuh ||

wusananya kapikut dyan kalih | ing madyèng palugon | kalih sami binêsta samangke | ingaturkên Prabu Bêsma maring | Prabalingga nagri | sumăngga sang prabu ||

Kăndha: wau ta Sri Narendra Kênya, sarêng mirêng aturira Tumênggung Răngga Minangsraya, yèn ingkang rayi atmajèng Tuban kêkalih sami kacêpêng madyaning alaga, sri narendra saklangkung lêgêg galihira, ketang trisnanira dhatêng ingkang bibi, Sang Dyah Ayu Banuwati, sakala datan ngandika, karsa kondur angadhaton. Sri narendra têdhak saking palênggahan dhampar kêncana, jlog.

Dhawah ayak-ayakan, bêdholan.

Suwuk, lagon.

Kăndha: wau ta sakondurira angadhaton sri narendra, saklangkung sêkêling galih. Wondene Sang Dyah Ayu Banuwati, punapadene Sang Dyah Sêkati, tansah karuna ambondhèt dhatêng sri narendra, anyuwun amit pralaya. Wondene sri narendra, sarêng priksa dhatêng ingkang bibi, Sang Dyah Ayu Banuwati, punapadene ingkang rayi, Sang Dyah Sêkati, sri narendra tansah anglipur, mamrih lêjar galihira ingkang bibi, tuwin ingkang rayi, kang lagya sêngkêl ing galih, ana têka tlutur galihira.

--- 3 : 52 ---

11. Menak Koncar andhustha Radèn Watangan lan Radèn Buntaran, dipun tututi lajêng dados prang.

Gêndhing tlutur, rêp.

Kăndha: anênggih punika, Radèn Buntaran, lan Radèn Watangan, ingkang wontên salêbêting gêdhong wêsi kunjara waja, ing jawi jinagenan andêl pajinêman, kathahira kawan dasa. Wondene ingkang baris tugur, wontên sangandhaping ardi, raja kêkalih, sawadyanira sadaya, sumêkta kapraboning ayuda. Kocapa radèn kêkalih, ingkang wontên salêbêting kunjaran, saklangkung dènira kawlasarsa, tanpa dhahar tanpa nendra, sadangunira ingkang tansah ginalih-galih, namung ingkang ibu, Sang Dyah Ayu Banuwati, kalih ingkang raka Sang Dyah Sêkati, ingkang tinilar nglurug prang. Ya mangkana yitnanira radèn kêkalih: i, kaya kapriye wêkasane awakku iki, yèn awèta anèng kunjaran bae kapriye, namung yèn aku nungkula mênyang Si Menakjingga, baya dak plaur mati, karodene manèh kangjêng ibu, utawa kakang bok, yèn wus apriksa wartane, yèn aku wong loro, padha dikunjara, dak duga bangêt susah galihe. I, dewa, banjutên aku, dewa, ora kêlar nandhang rasaning ati, dewa. Titi mangkana yitnanira radèn kêkalih.

Gêsang, suwuk, tlutur.

Asmaradana. (Watangan): dhuh dewa banjutên mami | tan klar nandhang rasaning tyas | yèn awèt kaya mangkene | (Buntaran): wis dhimas aja sungkawa | jêr ngarsa wus sinêdya | mring rama lumabuh lampus | mênênga yayi mênênga ||

Gêgujêngan, rundha.

Durma. (Gêbayan): kănca-kănca dika sampun sami nendra | (rundha): inggih gêbayan inggih | punapa kalilan | têmbangan namur nendra | (gêbayan): klilan mung kang ngati-ati | sampun sêmbrana | (rundha): inggih botên sêmbrani ||

Kăndha: sèbêt byar wau ta Radèn Watangan, saklangkung mêlasasih sêsambatira, sarêng dèn paringi priksa dhatêng ingkang raka, sakala kèndêl dènira sêsambat. Wau ta radèn kêkalih, ingkang wontên salêbêting kunjaran, anuju wanci dalu, arêm-rêm sata, asupêna aningali luhurira, wontên katingal cumlorot saking wiyat, kang jêjuluk Bagawan Pêmadi, laju ambibrah ponang gêdhong wêsi kunjara waja, lawan malih amaringi sêkar puspa sapasang tunggal sewang. Radyan kagyat anulya wungu, lajêng jarwa-jinarwa saniskaraning supênan, sakala asrêp galihira radèn kêkalih, rumaos angsal sihing dewa ingkang linuwih.

--- 3 : 53 ---

Wau ta kocapa Radèn Arya Menak Koncar, ingkang sumêdya ngrêbat dhatêng ingkang rayi kêkalih, tindakira Radèn Arya Menak Koncar, datan pisah kalih Ki Dêmang Gathul. Sarêng sampun cêlak kunjaran, Radèn Jayasupêna, kalih Radèn Banumaya, lan wadya trunalanang, sampun pinatah-patah papanira, sarta sampun winangsit sadaya, Radèn Menak Koncar laju ngulap-ulap ing kunjaran. Sarêng ingkang jagi taksih sami mêlèk sadaya, Radèn Arya Menak Koncar nulya matak aji sasirêp. Lah ing ngriku pajinêman ingkang sami jagi, kataman ing sêsirêp, sakala lajêng sami kraos ngantuk badhe tilêm sadaya.

[Grafik]

Radèn Watangan. Radèn Buntaran.

Durma. (Ingkang ngrêrêpi): kănca-kănca ngantuk têmên mata kula | bok gih sami ngrêrêpi | digo tămba nendra | nganggo sênggak kucingan | (ingkang nyênggaki): inggih lêrês jampi arip | kula kang sênggak | dawêg dika ngrêrêpi ||

Sinom. (Ingkang ngrêrêpi): kadhal ijo wismèng karang | (ingkang nyênggaki): payo turu sun kêloni | (ingkang ngrêrêpi): têkèk alit munggèng kepang | (ingkang nyênggaki): arêp micêk mata mami | baya bundêr ing kali | (ingkang nyênggaki): lus-êlusên êndak turu | (ingkang ngrêrêpi): gunung kêmbar ing dhadha | (ingkang nyênggaki): kasusu nèk arêp [a...]

--- 3 : 54 ---

[...rêp] guling | (ingkang ngrêrêpi): siwur tukung (ingkang nyênggaki: singsing meyong. Ingkang ngrêrêpi: meyong-meyong sènggrêng) trisnaku ambruk jur nendra ||

Sami tilêm.

Kăndha: sèbêt byar wau ta, ingkang jagi sampun tilêm sadaya, kocapa Radèn Arya Menak Koncar, sarêng priksa yèn ingkang jagi sampun tilêm sadaya, Radèn Arya Menak Koncar anulya mrêpêki dhatêng kunjaran.

Lagon.

Asmaradana. (Kalih sarêng): sapa kang sêbawa iki | kaya dudu wong kang jaga | apa Menakjingga kowe | mara ingsun patènana | belakna kangjêng rama | kang wus langgêng nèng swarga gung | payo aja kalayatan ||

(Dêmang Gathul): radèn sampun klintu tampi | punika raka panduka | Dyan Menak Koncar wiyose | arsa ngrêbat mring andika | (kalih sarêng): dhuh kangmas Menak Koncar | asiha mring kawlasayun | (Menak Koncar): yayi pan sampun sumêlang ||

Kondha: wau ta Radèn Arya Menak Koncar, sarêng myarsa pangandikanira, ingkang rayi kêkalih, saklangkung wêlas ing galih, sakala ngadêg suraning driya, ambêk sarosa angêpêl astanira. Lah ing ngriku ponang kunjara waja, nulya binithi sumyur ponang gapura.

Plajaran, suwuk, tlutur.

Asmaradana. (Kalih sarêng): botên nyana yèn kapanggih | kawula dhatêng paduka | kula tan rumaos darbe | kadang sanès jêngandika | nglabêti dhatêng kula | ngluwari papa kaswayun | kakang mas mugi tulusa ||

(Menak Koncar): rakanta samantên ugi | botên nyana yèn kapanggya | mring yayi kalih wiyose | kapanggih pintên prakara | yèn tan anglabêtana | sapisan katêmpuh sêpuh | ping kalih kadang sanyata ||

lawan pintên kadang mami | kajawi namung andika | (Dêmang Gathul): sampun dangu-dangu radèn | mangke mindhak kawanguran | mring tiyang ingkang jaga | măngga lajêng kondur gupuh | (Menak Koncar): ya payo aja klayatan ||

Plajaran, trunalanang majêng, suwuk.

Kăndha: sèbêt byar wau ta, pajinêman kawan dasa, ingkang jagi kunjara waja, wontên ingkang tangi, sarêng sumêrêp kunjaran sumyur, anarka yèn wontên duratmaka. Lah ing ngriku pajinêman kawan dasa, lajêng sami tangi gêragapan, gugup kadya gabah ingintêran.

Plajaran, suwuk, lagon.

Kăndha: wau ta wadya pajinêman, ingkang jagi kunjaran, sampun sami lumajar sadaya, tansah abilulungan, [a...]

--- 3 : 55 ---

[...bilulungan,] wênèh anututi dhatêng Radèn Arya Menak Koncar, wênèh andhêlik api tan uninga, wênèh alok-alok maling, wênèh lajêng lumajar, sêdya atur priksa dhatêng wong agung kêkalih. Wancinipun punapa, wayahe samangke, wanci gagat bangun ingkang raina.

Gêndhing rina-rina, rêp.

Kăndha: anênggih punika, pabarisan sukuning ardi Mahamèru, sintên ta ingkang baris wontên sukuning ardi Mahamèru, inggih Wong Agung Mêkasan, têngran Mraja Dewa Basutăntra, kalih Wong Agung Kêling, têngran Mraja Dewa Pralagi. Pramila wong agung kêkalih sami baris sukuning ardi Mahamèru, saking karsanira Wong Agung Blambangan, kinèn anyêlaki ardi Mahamèru, anjagi Radèn Buntaran, Radèn Watangan, ingkang dèn gêdhong wêsi kunjara waja. Wondene Wong Agung Mêkasan punika, dhatêng Wong Agung Blambangan, kaprênah ênèm. Wondene Wong Agung Kêling punika, dhatêng Wong Agung Blambangan, kaprênah sêpuh, pramila kinadang kinulit daging. Ing mangke wong agung kêkalih dawêg pinarak, lawan pêpatihira. Wondene ingkang wontên lèr punika, Mraja Dewa Basutăntra, ingkang wontên kidul punika, Mraja Dewa Pralagi, ingkang wontên ngajêng lèr punika, Patih Mêkasan, wasta pun Apatih Gajahdhungkul, ingkang wontên ngajêng kidul punika, Patih Kêling wasta pun Apatih Măndhakaki, ing wingking sinambêtan wadyabala sadaya, ambêlabar lir sagara tanpa têpi. Wong agung kêkalih sadangunira pinarak, ingkang tansah ginalih-galih, namung atmajèng Tuban kêkalih ingkang kinunjara. Ya mangkana yitnanira wong agung kêkalih: i, kaya kapriye karsane Narendra Blambangan iki, dene ora nglanggar prang tumuli mênyang Majapait. Yèn ta mungguh ora nglanggar prang tumuli, kang dèn antèni apa, andêling Majapait wis ora ana kabèh, aku bae iya kaduga, nglanggar mênyang Majapait. Karodene manèh, Si Buntaran karo Si Watangan, têka ora gêlêm nungkul, kudu ngajap patine, iya layak jêr anake Dipati Tuban. Titi mangkana yitnanira wong agung kêkalih.

Gêsang, suwuk, ada-ada.

Maskumambang. (Basutăntra): kaka prabu sangêt botên dugi mami | kaka Prabu Bêsma | de tan karsa nglanggar jurit | dhumatêng ing Majalêngka ||

sapunika punapa ingkang dèn tosi | nagri Majalêngka | sampun tan awrat sinanggi | (Pralagi): lêrês ingkang pangandika ||

nadyan kula inggih pan samantên ugi | sangêt ngungun kula | dhatêng atmèng Tuban kalih | sampun lami kinunjara ||

dene sangêt lênggana tan prun sumiwi | dhumatêng Sri Bêsma | yêkti sinudara wèdi | pinalaur ngajap lena ||

--- 3 : 56 ---

(Basutăntra): inggih lêrês kaka prabu kang panggalih | Buntaran Watangan | ngandêlkên yèn trah prajurit | (Pralagi): inggih lêrês jêngandika ||

Kăndha: sèbêt byar wau ta, dèrèng dumugi anggènira ngandika wong agung kêkalih, kasaru dhatêngira wadya pajinêman, ingkang anjagi kunjaran, dumrojog tanpa larapan.

Plajaran, suwuk, ada-ada.

Durma. (Basutăntra): ana paran sira bocah pajinêman | têka ing ngarsa mami | mara ge matura | (pajinêman): inggih dhatêng sandika | dewaji kula tur uning | yèn sapunika | kunjaran putra Tubin ||

sami mêdal binêkta ing duratmaka | Menak Koncar Dipati | kang lumêbêt dhustha | bêkta gêlar sêpapan | mangilèn dènnya lumaris | (Basutăntra): mêngkono bocah | (pajinêman): kangjêng dewaji inggih ||

Pangkur. (Raja sarêng): jagad dewa ngabathara | nora talah Menak Koncar kumini | maling marang Tuban sunu | Si Buntaran Watangan | yayi ayonana Menak Koncar iku | krasa dening tangan ingwang | (Basutăntra): dhuh kaka Prabu Pralagi ||

pan sampun myarsa priyăngga | aturipun pajinêman samangkin | (Pralagi): inggih sampun myarsa ulun | wangsul karsa andika | (Basutăntra): yèn sêmbada karsa dika kaka prabu | inggih sami tinututan | (Pralagi): inggih saklangkung prayogi ||

(raja sarêng): patih sira pradandana | sakancamu sumêktaning ajurit | patih mêngko karsaningsun | anyêkêl Menak Koncar | (kalih sarêng): inggih dhatêng sandika sumêktèng pupuh | (raja sarêng): patih gonmu pêrdandanan | apa kabèh wus miranti ||

(patih sarêng): dewaji dangu kawula | prêdandosan sakănca sampun mranti | sakapraboning prang pupuh | (raja sarêng): ya bangêt lêganingwang | yèn kados makatên măngga kaka prabu | sampun ngantos kêlayatan | (Pralagi): inggih dhumatêng suwawi ||

Plajaran, suwuk.

Kăndha: wau ta lampahing dêdamêl Pamêkasan, utawi Kêling, ingkang sumêdya nututi dhatêng Radèn Arya Menak Koncar, ing mangke sampun katututan wontên margi. Wondene Radèn Arya Menak Koncar, sarêng priksa yèn dèn tututi, nulya dhawuh ingkang rayi Radèn Jayasupêna, Radèn Banumaya kinèn mêthukakên, sarwi alok mungsuh-mungsuh.

Plajaran, rêp.

Kăndha: wau ta sampun campuh yuda, wadya Lumajang kalih wadya Mêkasan, wadya Kêling, saklangkung dening rame, sanjata barondongan, mariyêm lir gêlap ngampar, pêtêng mukswaning kucika, kocap [koca...]

--- 3 : 57 ---

[...p] wor lêbu, kasarug mangampak-ampak, kang yuda gagap-gagapan, long-linongan mungsuh rowang, kang pêjah tan ingetang, drêsing punglu kadi mimang, swara lumrang jumêthot sumêngèr, nratas kentas, kentas murub pasikêpaning yuda, katiban ing gutuk api, sanjata wus kaliwat, caruk watang ujung pêdhang, lêmbing kunta candrasa, lamêng kalewang, bêrêg-binêrêg, rok linrok aliru papan, kang pêjah tan ingetang, banjir gêtih sarah watang, lumut lêlayu bandera, parang liman turăngga. Lah ing ngriku wadyabala Wêkasan Kêling, èsmu karepotan, mundur-mundur katawan, maju-maju katutuh, katimpah-timpah, katundhung kagulung kagilês, pating sulayah katunjang, kajêngkang kêrangkang-rangkang, burangkangan asambat biyang. Lah ing ngriku wong agung kêkalih, langkung bramantya nulya dhawuh ing patihira, kinèn angangsêg kang yuda, lajêng parentah andêling wadya pilihan, wasta pun Mamangdraya, kalih pun Mamangkrădha, nulya mangsah ing ayuda, dèn pêthukakên andêl wadya trunalanang, wasta pun Trunasangsam, kalih pun Trunamenda. Lah ing ngriku nyat anulya majêng.

Gêsang, suwuk, ada-ada.

Durma. (Kalih sarêng): wong Lumajang sapa ranmu mapag ing prang | (Trunamenda): Trunamaenda mami | (Trunasangsam): sun Tarunasangsam | (kalih sarêng): kowe sapa ranira | (Mamangdraya): Mamangdraya aran mami | (Mamangkrădha): sun Mamangkrădha | (kalih sarêng): lah êndi sima maling ||

Menak Koncar ajokêna ing ayuda | arêp ingsun talèni | (Trunamenda lan Trunasangsam): wis aja ngucap[10] | payo kapara ngarsa | (kalih sarêng): ya payo kêpara ngarsi | ngudang curiga | (Trunamenda lan Trunasangsam): ya mayo padha bêcik ||

Plajaran, prang, rêp.

Kăndha: wau ta ingkang sami ayuda, sakêlangkung dening rame, goco-ginoco tan wontên ingkang nêdhasi, acaruk kuwêl ing yuda. Wau ta sarêng katalika dhatêng Trunamaesa, nulya mangsah ing ayuda, angamuk punggung, sarwi anyundhang anyingat ambijig-bijig, singa katrajang tiwas. Lah ing ngriku nyat anulya majêng.

Gêsang, prang, suwuk.

Durma. (Tiga sarêng): lah ta padha yèn padhaa imbang-imbang | sasat padha lan mami | sun Trunamaenda | (Trunamaesa, Trunasangsam): rêbutên ing ayuda | prajurit tunggalmu êndi | barênga mara | amuk-amuk ngajurit ||

Plajaran, suwuk.

Kăndha: eling pun Mamangdraya, kalih pun Mamangkrădha kapara tiwas, nyata, nyata, wau ta sarêng [sa...]

--- 3 : 58 ---

[...rêng] katalika dhatêng pun Drayuwila, yèn pun Mamangdraya kalih pun Mamangkrădha kapara tiwas, pun Drayuwila tandya mangsah ing ayuda, dèn pêthukakên dhatêng Radèn Banumaya. Lah ing ngriku nyat anulya majêng.

Plajaran, suwuk, ada-ada.

Durma. (Drayuwila): lah prajurit sapa ranmu mapag ing prang | (Banumaya): kowe takon ran mami | ingsun Banumaya | kowe sapa ranira | (Drayuwila): kowe takon marang mami | sun Drayuwila | andêl Mêkasan nagri ||

Banumaya lah ta êndi Menak Koncar | ingkang lumêbu maling | (Banumaya): wis aja ngucap[11] | sakarêpmu sun lawan | (Drayuwila): tan kêna sun gawe bêcik | tadhaha katga | (Banumaya): tibakna sun tadhahi ||

Plajaran, prang, rêp.

Drayuwila: Banumaya malêsa.

Banumaya: tadhahana walês ingsun.

Drayuwila: iya mara tibakêna.

Gêsang, suwuk, ada-ada.

Mijil. (Banumaya): lah ta padha yèn padhaa sêkti | sasat padha ingong | Drayuwila êndi ta tunggale | Banumaya rêbutên ngajurit | barênga kang prapti | nora èrèp ingsun ||

Plajaran, suwuk.

Kăndha: eling pun Drayuwila, kapara tiwas, nyata, nyata. Wau ta sarêng katalika dhatêng pun Trajudhêndha, yèn pun Drayuwila kapara tiwas, tandya mangsah ing ayuda, dèn pêthukakên dhatêng Radèn Jayasupêna. Lah ing ngriku nyat anulya majêng.

Plajaran, suwuk, ada-ada.

Durma. (Trajudhêndha): lah prajurit sapa ranmu mapag ing prang | (Jayasupêna): kowe takon ran mami | sun Jayasupêna | kowe sapa ranira | (Trajudhêndha): kowe takon marang mami | sun Trajudhêndha | andêl bêbanthèng Kêling ||

Jayasupêna êndi Si Menak Koncar | ingkang lumêbu maling | (Jayasupêna): wis aja angucap | sakarêpmu sun lawan | (Trajudhêndha): tan kêna sun gawe bêcik | tadhaha katga | (Jayasupêna): tibakna sun tadhahi ||

Plajaran, prang, rêp.

Trajudhêndha: Jayasupêna malêsa.

Jayasupêna: tadhahana walês ingsun.

Trajudhêndha: iya mara tibakêna.

--- 3 : 59 ---

Gêsang, suwuk, ada-ada.

Mijil. (Jayasupêna): lah ta padha yèn padhaa sêkti | sasat padha ingong | Trajudhêndha êndi ta tunggale | Jayasupêna rêbutên jurit | barênga kang prapti | nora èrèp ingsun ||

Plajaran, suwuk.

Kăndha: eling pun Trajudhêndha kapara tiwas, nyata, nyata. Wau ta sarêng katalika dhatêng patih ing Kêling pun Apatih Măndhakaki, yèn pun Trajudhêndha kapara tiwas, langkung brêmantya, arsa pêpulih ngayuda, dèn pêthukakên dhatêng Radèn Arya Menak Koncar. Lah ing ngriku nyat anulya majêng.

[Grafik]

Trajudhêndha.

Plajaran, suwuk, ada-ada.

Durma. (Măndhakaki): lah ta iki Menak Koncar mapag ing prang | nututa sira maling | payo ingsun bănda | sun ladèkke Sri Bêsma | (Menak Koncar): pêcak Menak Koncar yêkti | kêna binănda | baya wus mati nguni ||

(Măndhakaki): babo-babo Menak Koncar ambêk dibya | sayêkti kacèk sêkti | (Menak Koncar): sun tan guru sira | (Măndhakaki): yèn dhuwur-dhuwur ingwang | (Menak Koncar): măngsa dadak sun andhani | (Măndhakaki): ngadu gêdhea | sayêkti gêdhe mami ||

(Menak Koncar): măngsa dadak sira lamun sun kêpêla | (Măndhakaki): yèn ta angadu pyayi | yêkti pyayi ingwang | (Menak Koncar): măngsa dadak sun sêmbah | (Măndhakaki): babo nganggoku mring kering | tadhaha katga | (Menak Koncar): tibakna sun tadhahi ||

Kăndha: wau ta pun Apatih Măndhakaki, nulya narik sandhang walikatira, srèpèt, sarwi wicantên:

Măndhakaki: lah payo Menak Koncar, pêrang ngarêp rêbut unggul.

Menak Koncar: ya mayo kapara ngarsa.

Plajaran, prang, rêp.

Pangrawit.

--- 3 : 60 ---

Sinom. (Menak Koncar): kumênyut rasaning driya | kèngêtan kang pindha Ratih | (Măndhakaki nyuduk): pun kakang brăngta angarang | lamun tan kapadhan ing sih | (Măndhakaki nyuduk): sun pêpinta wong kuning | dadia sambunging umur | (Măndhakaki nyuduk): pantêse sung pamucang | tur mijil saking ing lathi | (Măndhakaki nyuduk): pragat jăngga pun kakang ngunduri sabda ||

[Grafik]

Menak Koncar.

Măndhakaki gumujêng.

Durma. (Măndhakaki): Menak Koncar mara manèh anêmbanga | kapenak sun miyarsi | (Menak Koncar): nganggo sêngguh prentah | (Măndhakaki): sun ganjar ta nêmbanga | (Menak Koncar): aku ora buruh ngrêpi | (Măndhakaki): i Menak Koncar | sun ganjar nganggo isin ||

Sinom. (Menak Koncar): ta mara manèh nyuduka | nora nêdya sun oncati | lah ta mara pilihana | wêdi marêp êndak miring | yèn sira wêdi miring | mara iya êndak mungkur | payo enggal nyuduka | suwe tan nyuduk si bêlis | (Măndhakaki dhèhèm): hi i jagur monon aku eram mulat ||

Menak Koncar ge malêsa | sakarêpmu sun tadhahi | mara kene pilihana | (Menak Koncar): apa sun go malês bêlis | (Măndhakaki): iya nyuduka kêris | (Menak Koncar): owêl bangêt kêris ingsun | ingsun slênthik kewala | (Măndhakaki): tibakna ingsun tadhahi | (Menak Koncar): ngati-ati sida răndha somahira ||

Gêsang, suwuk, ada-ada.

Mijil. (Menak Koncar): lah ta padha yèn padhaa sêkti | sasat padha ingong | Măndhakaki êndi ta tunggale | Menak Koncar rêbutên ngajurit | barênga kang prapti | nora èrèp ingsun ||

--- 3 : 61 ---

Plajaran, suwuk.

Kăndha: eling Kya Patih Măndhakaki kapara tiwas, nyata, nyata. Sarêng katalika dhatêng Wong Agung Kêling, yèn pêpatihira kêpara tiwas, saklangkung dukanira, arsa pêpulih ing ayuda, dèn pêthukakên dhatêng Radèn Watangan, nulya mangsah ing ayuda. Yèn sinawang risang kêkalih, ana têka gonjang tindakira.

Gêndhing gonjang, rêp.

Kăndha: anênggih punika, ingkang ajêng-ajêngan yuda, Mraja Dewa Pralagi kalih Radèn Watangan, dangu sawang-sinawang. Ya mangkana yitnanira Mraja Dewa Pralagi: i, iki Si Watangan, mapagake marang aku, nganggo ngêndêl-êndêlake yèn trahing luwih, wis kêlakon dikunjara nganti lawas, mêksa ora gêlêm suwita marang yayi Prabu Blambangan, têmah angajap patine, wusana saiki bisa mêtu saka ing kunjaran, dicolong kadange nak-sanak, kang jênêng Si Menak Koncar, iya kowe Watangan, saiki sida klakon sirna dening aku. Wondene yitnanira Radèn Watangan: iki Mraja Dewa Pralagi, maju sura ngadilaga, baya arêp nyêkêl marang aku, iya diprayitna bae, êndi kang kasliring iya tiwas. Titi mangkana yitnanira Radèn Watangan.

Gêsang, suwuk, ada-ada.

Durma. (Dewa Pralagi): Si Watangan mapagake marang ingwang | nututa sun talèni | êndi Menak Koncar | kang wani duratmaka | mring sira nèng gêdhong wêsi | konên mapag prang | ingsun obat-abitning ||

(Watangan): Mraja Kêling wis aja kakehan ucap | sagêndhingmu sun wani | (Dewa Pralagi): kumêndhung Watangan | wani tandhing lan ingwang | payo ngadu sêsiyunging | Bathara Kala | (Watangan): ya payo padha bêcik ||

Kăndha: wau ta Mraja Dewa Pralagi kalih Radèn Watangan, nulya narik ngasta agêmira curiga bindi, cag, sarwi ngandika.

Mraja Dewa Pralagi: lah payo wirutama, pêrang ngarêp rêbut unggul.

Watangan: ya payo kapara ngarsa.

Plajaran, prang, rêp.

Kăndha: wau ta Mraja Dewa Pralagi, sarêng kenging dèn goco jajanira, ambruk andhêpani bantala, supe purwaduksina, dangu akapidhara, Radèn Watangan anulya sêsumbar.

Sinom mèngkrèng. (Watangan): sura mrata jaya mrata | sasat padha lawan mami |

--- 3 : 62 ---

sun Watangan atmèng Tuban | rêbutên madyaning jurit | Mraja Dewa Pralagi | yèn nyata prajurit punjul | mara enggal tangia | malêsa ingsun tadhahi | ... ||

Kăndha: lah ing ngriku Mraja Dewa Pralagi, sarêng kasilir ing samirana, jênggirat anulya wungu, tandya narajang malih.

Gêsang, prang, rêp.

Asmaradana. (Dewa Pralagi): abot sangganing ngajurit | salawas sun yuda gada | durung olèh tandhing tanggon | iki olèh Si Watangan | tuhu prawirèng yuda | (Watangan): nora cuwa mungsuh ingsun | sagêndhingmu sun tan ulap ||

(Dewa Pralagi): babo ya sanadyan mami | apa kang tumèmpèl sira | tamakêna marang ingong | ingsun tadhah tamèng dhadha | (Watangan): iya ingkang prayitna | tadhahana panah ingsun | (Dewa Pralagi): iya mara tibakêna ||

Kăndha: lah ing ngriku Radèn Watangan, nulya ngasta agêmira jêmparing, cag, angiwakakên gandhewa, anêngênakên jêmparing, jumangkah wêntis kang kiwa, mancad suku kang têngên, Mraja Dewa Pralagi kenging linêpasan jêmparing, blas anulya sirna.

Gêsang, suwuk, ada-ada.

Mijil. lah ta padha yèn padhaa sêkti | sasat padha ingong | Mraja Kêling êndi ta tunggale | sun Watangan rêbutên ngajurit | barênga kang prapti | nora èrèp ingsun ||

Plajaran, suwuk.

Kăndha: eling Mraja Dewa Pralagi kapara tiwas, nyata, nyata. Wau ta sarêng katalika dhatêng Dewa Basutăntra, yèn ingkang raka Wong Agung Kêling kapara tiwas, saklangkung dukanira, karsa mangsah pêpulih ing ayuda, dèn pêthukakên Radèn Buntaran. Wau ta risang kêkalih sarêng mulat mangilèn, katon sumirat, panglayunging kang raditya.

Gêndhing sumirat, rêp.

Kăndha: anênggih punika, ingkang ajêng-ajêngan yuda, Mraja Dewa Basutăntra kalih Radèn Buntaran, risang kalih antuk tandhing ing ayuda, dangu asawang-sinawang, ya mangkana yitnanira Mraja Dewa Basutăntra: iki Si Buntaran, mapagake mênyang aku, ora kèlingan duk kacêkêl, nganti klakon digêdhong wêsi kunjara waja, bisane mêtu saka kunjaran, dicolong Si Menak Koncar, têka iki andadak mapag ing prang, solahe ginawe-gawe, iya aku măngsa wêdia, ora wurung krasa dening tanganku. Wondene yitnanira Radèn Buntaran: iki Mraja Mêkasan, maju sura ngadilaga,

--- 3 : 63 ---

baya arêp nyêkêl mênyang aku, iya diprayitna bae, êndi kang kasliring iya tiwas. Titi mangkana yitnaira Radèn Buntaran.

Gêsang, suwuk, ada-ada.

Sinom. (Basutăntra): Si Buntaran maju ing prang | mêthukake marang mami | nututa sira sun bănda | lah Si Menak Koncar êndi | kang wani-wani maling | mring sira bisane mêtu | saka kunjara waja | konên maju ing ngajurit | sun bandane lumadi mring Prabu Bêsma ||

(Buntaran): iya Raja Basutăntra | wis aja akèh sira ngling | sagêndhingmu ing ayuda | sun ora nêdya gumingsir | (Basutăntra): babo dene sumêkti | nora wurung sira lampus | lah ta payo Buntaran | angudang pucuking kêris | (Buntaran): iya payo ngudang pucuking curiga ||

Klithikan, rêp.

Kăndha: wau ta risang kêkalih, sarêng sampun amuryani ingkang busana, nulya sami narik agêmira curiga, sarwi ngandika:

Basutăntra: lah ta payo Buntaran, pêrang ngarêp rêbut unggul.

Buntaran: ya payo kapara ngarsa.

Gêsang, prang, dhawah plajaran, rêp.

Asmaradana. (Basutăntra): abot sangganing ngajurit | salawas sun yuda gada | durung olèh tandhing tanggon | iki olèh Si Buntaran | tuhu prawirèng yuda | (Buntaran): nora cuwa mungsuh ingsun | sagêndhingmu sun tan ulap ||

(Basutăntra): babo ya sanadyan mami | apa kang tumèmpèl sira | tamakêna marang ingong | (Buntaran): saru yèn sun dhinginana | (Basutăntra): babo ingkang prayitna | tadhahana panah ingsun | (Buntaran): iya mara tibakêna ||

Kăndha: lah ing ngriku Mraja Dewa Basutăntra, nulya ngasta agêmira jêmparing, cag, angiwakakên gandhewa, anêngênakên jêmparing, jumangkah wêntis kang kiwa, mancad suku kang têngên, Radèn Buntaran linêpasan jêmparing, kang jêmparing kenging cinandhak.

Plajaran, suwuk, ada-ada.

Mijil. (Basutăntra): mati ngadêg Buntaran sayêkti | kêna warastrèngong | (Buntaran): Basutăntra aja age-age | nora mati Buntaran sayêkti | iki kang jêmparing | yêkti uwis putung ||

(Basutăntra): lah Buntaran malêsa tumuli | (Buntaran): iya ingkang tanggon | tadhahana warastraku kiye | Basutăntra sira têkan pati | ing sadina iki | (Basutăntra): ya tibakna gupuh ||

--- 3 : 64 ---

Kăndha: lah ing ngriku Radèn Buntaran, nulya ngasta agêmira jêmparing, cag, angiwakakên gandhewa, anêngênakên jêmparing, jumangkah wêntis kang kiwa, mancad suku kang têngên, Mraja Dewa Basutăntra, kenging linêpasan jêmparing, blas anulya sirna.

Plajaran, suwuk, ada-ada.

Mijil. (Buntaran): lah ta padha yèn padhaa sêkti | sasat padha ingong | Basutăntra êndi ta tunggale | sun Buntaran rêbutên ngajurit | barênga kang prapti | nora èrèp ingsun ||

Plajaran, suwuk.

Kăndha: eling Mraja Dewa Basutăntra, kapara tiwas, nyata, nyata. Wau ta satiwasira wong agung kêkalih, wadya ing Blambangan ambêdhol tumbak andhaut payung, anggulung bandera, ambucal epok, ambanting paidon, dhadhal larut tan măngga puliha.

Thuh, thuh, athuh.

Plajaran, suwuk, lagon.

Kăndha: wau ta Radèn Arya Menak Koncar, kalih Radèn Buntaran, Radèn Watangan, punapadene Radèn Jayasupêna, Radèn Banumaya, sawadyanira wadya trunalanang sadaya, ingkang mêntas sami mênang ayuda, karsanira lajêng kondur dhatêng pakuwon wana, Radèn Arya Menak Koncar lajêng andhawuhi dhatêng garwa sêlirira sadaya, yèn karsa sowan dhatêng Majapait, angladosakên ingkang rayi Radèn Buntaran, Radèn Watangan. Para garwa sêlirira, miwah wadya trunalanang sadaya, lajêng sami sumêkta. Ing mangke Radèn Arya Menak Koncar karsa mangun suka, angurmati ingkang rayi Radèn Buntaran, Radèn Watangan, miwah mudya kasuraning bala, dènnya mêntas mênang ing ayuda, tandya sami mangun boja ăndrawina.

Ayak-ayakan.

Golèk mêdal, suwuk, lagon.

[Grafik]

Golèk.

 


Lebih satu suku kata: têng kitha Prabalingga. (kembali)
Lebih satu suku kata: pa mangkono turira. (kembali)
Lebih satu suku kata: pa mangkono turira. (kembali)
nyirnakake. (kembali)
ngriki. (kembali)
obar. (kembali)
dununge. (kembali)
Kurang satu suku kata: payo aja kalayatan. (kembali)
Layangkumitir. (kembali)
10 Kurang satu suku kata: wis aja angucap. (kembali)
11 Kurang satu suku kata: wis aja angucap. (kembali)