Pakem Ringgit Purwa, Commissie Voor De Volkslectuur, 1917, #531

JudulCitra
Terakhir diubah: 10-07-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Rêgi dalah wragad ngintunakên mêdal ing post f 0.20. Kenging tumbas dhatêng Depot van Leermiddelen ing Weltevreden, kalayan ngintunakên yatra wau mawi postwissêl.

PAKÊM RINGGIT POERWA

JILID III

1. Lampahan Narasoma.

2. Lampahan Pandhu Papa.

3. Lampahan Bima Bungkus.

KAWÊDALAKÊN DENING COMMISSIE VOOR DE VOLKSLECTUUR

Mawi gambar 9 iji.

Cap-capan ingkang kaping kalih.

Kaêcap ing pangêcapanipun G. KOLFF & Co., BÊTAWI, taun 1917.

--- 3 : [0] ---

[Iklan]

--- 3 : [1] ---

Serie uitgaven door bemiddeling van de Commissie voor de Volkslectuur No. 59b.

PAKÊM RINGGIT POERWA

JILID III

1. Lampahan Narasoma.

2. Lampahan Pandhu Papa.

3. Lampahan Bima Bungkus.

KAWÊDALAKÊN DENING COMMISSIE VOOR DE VOLKSLECTUUR

Mawi gambar 9 iji.

Cap-capan ingkang kaping kalih.

Wêwênangipun ingkang nganggit sêrat punika kaayoman dening anggêr taun 1912 bab karang-karangan. Sêrat punika inggih kenging katurun, kaêcap utawi kaanggit malih, nanging kêdah wontên sêrat palilah saking Commissie voor de Volks-lectuur, sarta kêdah katêrangakên kapêthik utawi kapirid saking sêrat punapa.

Kaêcap ing pangêcapanipun G. KOLFF & Co., BÊTAWI, taun 1917.

--- 3 : [2] ---

[...]

--- 3 : [3] ---

Punika Lampahan Narasoma.

Adêgipun Ratu Mandura: Mahraja Kunthiboja pinarak wontên pandhapa, nimbali ingkang putra Radèn Basudewa, Arya Prabu, Ugrasena; ingkang ginunêm Prabu Basukêthi kalihan ingkang putra têtiga; Prabu Basukêthi ngandika mring kang putra:

"Kapriye adhimu têka mêtêng kuwe? Tak takoni rewange ora ana sing diakoi, anaa sing diakoni bae, ya tak têmokake bae, dadia panakawan, gamêl, cêcebol pêlikan, puluh-puluh wus bêgjane, saking tiwase olèhku mbaurêksa."

Sadèrèngnya dugi anggènnya imbal wacana, kasaru wontên utusan dhatêng saking Têratebang, lajêng tinimbalan wontên ing ngajêngan. Prabu Kunthiboja ngandika mring utusan.

Sang caraka matur yèn utusan saking Têratebang, kautus ngunjukakên sêrat. Nulya tinampèn ponang sêrat, lajêng binuka, ungêling sêrat ngêbun-êbun enjing njêjawah sontên, yèn parêng ingkang putra Dèwi Kunthi kasuwun.

Kunthiboja ngandika mring utusan, yèn ingkang putra kadamêl sayêmbara pilih, datan pilih jalma. Caraka lajêng mundur; Kunthiboja kondur ngadhaton.

__________

Sinigêg adêge pramèswari Dèwi Patah, pinarak kalihan ingkang putra Dèwi Kunthi. Undure ingkang rama, pramèswari samya mêthuk lajêng pinarak.

Prabu Kunthiboja ngandika yèn katêkan layang. "Unining layang nglamar anakmu; iku wis tak gawe sayêmbara pilih, sapa-sapa kang dikarêpake." Pramèswari jumurung. Kunthiboja ngandika mring Dèwi Kunthi:

"Apa kuwe kang dadi sênênge atimu?"

--- 3 : 4 ---

Ingkang putra matur dèrèng ajêng.

Ingkang rama ngandika malih, ingkang putra kinèn ngaku: "Iku ora kêna koumpêt, besuk saya rowa yèn lair takon bapa."

Dèwi Kunthi matur: "Ingkang wau rama, kula kêtamuan pandhita pêparab Bêgawan Druwasa, pratapanipun tapêl watês jagad ingkang wetan, kula kapêndhêt putra lan kula dipun wêca, yèn kula nurunakên wijiling ratu, sintên-sintên ingkang dados jodho kula botên gadhah tuwuh."

Eman têmên Kunthi kowe kuwe.

"Sarêng kula nêlangsa kula kaparingan aji punta wêkasing tunggal tampa lawanan, lan aji dupa pêpanggil, sasampunipun kula cakêp, Bêgawan Druwasa mantuk sarta têtilar wêwalêr, kula dipun poma-poma: Aja kowe wani-wani ngunèkake, yèn ora kowe besuk wis laki, dene yèn ana ingkang lali, ngobonga mênyan bae, aku ya têka, sanajan ngunèkêna ping sapira, yèn ana aku, ora dadi bêbaya. Lah punika kula kasupèn kula ungêlakên piyambak, mila dados mêkatên."

Ingkang rama sarêng mirsa byar padhang galihe, ingkang rama Kunthiboja ngandika mring kang putra Dèwi Kunthi.

"Ya genea kowe ora tutur mênyang aku, wong duwe wiji pêdhot ana ingkang nyambungi, aku iki milu kapotangan, arêp têmên katêmu karo gurumu kuwe akèh têmên potange karo aku."

Dèwi Kunthi umatur: "Gampil rama, yèn sampeyan badhe panggih, kula matak aji pêpanggil kemawon, kalih kula ngobong sela, criyosipun dhatêng."

Ingkang rama ngandika: "Mara ngobonga mênyan."

Nulya ngobong mênyan bobot sakati, sarta matak aji pêpanggil; kumutug kukusing mênyan kadya nggayuh ing akasa. Antawis sapamucang, jlêg dhatêng tampa sangkan, wadana mblêrêngi, nuntên sinapa.

Sumaur ingkang sinapa, ngakên Bêgawan Druwasa. "Mulane têka ditêkakae, ana apa?"

--- 3 : 5 ---

Kunthiboja umatur: "Kula rumaos kapotangan dhatêng sampeyan."

Druwasa mojar: "Sakiye ora ngrasa motangake, kajaba besuk yèn wis laki anakmu pêsthi ana dadine, mênèk dadi trimamu."

Kunthiboja matur mring Panêmbahan Druwasa: "Panêmbahan, sakalangkung anggèn kula rumaos kapotangan; pun Kunthi punika tiyang ical wijinipun, sampeyan pêparing, saking kapencut kula, ajêng pêpanggih kalih kangjêng panêmbahan; kalih anggèn sampeyan pêparing punika, putra sampeyan samangke wawrat, kula sumangga ing sampeyan."

Druwasa mojar: "Layak mêtênga, ngunèkake ora nganggo aku, biyèn tak walêri."

Kunthiboja nêlangsa: "Bawaning lare wontên kasupènipun, sakathah-kathahipun inggih nyuwun maklum, anak kula ingkang lêpat, ingkang mugi panêmbahan anyirnakna sêsukêripun, sagêda ical anggènipun wawrat."

Druwasa mojar: "Iku ora kêna yèn kojaluk ilange, wis dipêsthi marang dewa, kuwe besuk mêtu lanang gadhangan dadi prajurit, ewasêmono yèn kowe dadak wêtune aku iya bisa mêtokake, ingkang ora lair têka ing marga ina."

Kunthiboja aturnya: "Sumangga."

Druwasa ngandika: "Bojomu bae konên ngilèni kupinge ingkang kiwa kalawan gagange ing bawang lanang.

Sigra Dèwi Patah ingkang putra sinambut, kinilenan talinganira ingkang kiwa; ingkang putra lajêng amical kêdhèp, jangkêp kumêdhèp ping sanga, lair ingkang jabang bayi mêdal ing talingan; Dèwi Kunthi datan emut ing nalika, konjuk yèn jabang bayi sampun lair mêdal ing talingan; lajêng pinundhut mring Bêgawan Druwasa sampun katur ing Bêgawan Druwasa, nulya ngandika jabang banyinya sakal sinungan nama.

"Tak arani Si Karna jabang bayi kiye, sarta tak lih têka ing kene, dêlapok aja na pocapane anakmu, lan karodene aja manèh-manèh poma."

--- 3 : 6 ---

Druwasa lajêng mumbul, jabang bayi binêkta, lampahing Surya[1] ngungkuli alas bawah ing Pêthapralaya sinèlèh ing sela gêgilang, sinukanan sêrat namanira, Radèn Karna namanira: Suryatmaja Dewa Karasuta, lajêng tinilar.

__________

Sinigêg gênti kocapa nêgari ing Mandaraka, Maharaja Mandratpati, putranira kêkalih, ingkang sêpuh Radèn Narasoma, ingkang nèm Dèwi Madrim.

Kocapa pinarak munggèng ing pandhapa, lawan Patih Tuhayata, ingkang ginunêm icale ingkang putra Radèn Narasoma; Tuhayata ingutus ngupadosi mring kang putra Radèn Narasama:[2] "Aja mulih-mulih yèn ora wis katêmu."

Sigra mêsat Patih Tuhayata, amêndhêm kawula anyamur lampah tanpa kanthi.

_________

(Gambar No. 1). Sinigêg adêgipun Bêgawan Bagaspati ing gunung Ngargabêlah, gadhah putra satunggil wanodya putra pêpujan, sarwa endah warninira, wasta Dèwi Pujawati, ing wanci birai sandhang; mothah munggèng ngarsane ingkang rama, kinèn nggolèki impèn, pinanggih astralungian lan putra Mandaraka Radèn Narasoma: "Ora laki yèn ora katêmu impènku, dadia jubag tak lakoni."

Bagaspati mojar mring kang putra: "Ya wis kowe kariya, tak têmonane Radèn Narasoma, dadia kêdhok, dadia topèng tak lakoni, mênèk parêng Radèn Narasoma, tak aturi padang juru panutu."

Lajêng mangkat mêdal sajawining pratapan, ningali ing wana wontên teja ngadêg sasada lanang, lajêng pinurugan, sasirnaning teja wontên gara-gara, kadya kinocak têlênging gambiralaya, lir kinêbur kawah si Candragumuka, rêtati braja pipika, duta mangkara lêbu murcita, kadya

--- 3 : [7] ---

[Grafik]

--- 3 : [8] ---

[...]

--- 3 : 9 ---

pêpêcut pucuking gunung. Jlêg: Sêmar, Petruk, Nalagarèng, wontên ing wana, sasampunira bêbanyolan, ngadêg Radèn Narasoma, mila kesah tinari krama mring kang rama botên purun. Sêmar matur ngajak mantuk; Narasoma botên purun.

Sadangune pocapan sadhatênge Bêgawan Bagaspati, Narasoma kagyat sarta mojar, takon mring Bagaspati.

Sumaur Bagaspati, ngakên yèn pêndhita.

Bagaspati takèn malih mring Narasoma, ngakên yèn putra Mandaraka. "Jênêngku Narasoma."

Bagaspati kagyat èngêt supênane ingkang putra lajêng pinêndhêt mantu.

Narasoma botên purun, lajêng pêrang, Narasoma kawon, lajêng binêkta mantuk mring pratapan, Sêmar, Petruk, Nalagarèng tumut.

Nulya adêgipun Dèwi Pujawati ngajêng-ajêng dhatênge ingkang rama, botên antawis dangu dhatênge ingkang rama, tutur yèn wis katêmu.

Dèwi Pujawati ajêng uninga, lajêng kinèn ngaturi. Sarêng lumêbêt Radèn Narasoma, Dèwi Pujawati aningali sakêdhap netra, lêkêring wadana, jaiting netra botên samar ingkang kapanggih salêbêting supêna. Sang dyah lênggah tumungkul, Bagaspati ngandika mring Radèn Narasoma:

"Punika anggèr, wadene pun bapa, mênawi ngarsakakên juru dang juru panutu."

Narasoma awas dènira ningali mring Dèwi Pujawati, lajêng tyasira trênyuh tan kêna muwus. Bagaspati mirsa yèn kapanujon manah putra kêkalihnya, lajêng pinanggihakên Radèn Narasoma lan Dèwi Pujawati. Tan kocapa sajroning paprêman sasampuning ndhatêngakên karsa lajêng pinarak sakalihan.

Kocapa sampun angsal sapêkên Radèn Narasoma ngandika mring kang rayi:

"Aku iki yèn ndêlêng mênyang kowe, tisnaku pirang-pirang gunung, mung sathithik kang dadi gêlane atiku; mung mênèk ndêlêng bapakmu, tisnaku pirang-pirang gunung ilang

--- 3 : 10 ---

kabèh, kowe tak tari, aja dadi atimu, abot êndi bapakamu karo aku."

Pujawati matur: "Mila sampeyan ngandika kados makatên, yèn kula tisna pun bapa sampeyan kadospundi, yèn kula tisna sampeyan, karsa sampeyan kadospundi?"

Ngandika Radèn Narasoma: "Mêngkene karêpku, yèn kowe tisna bapakmu, kowe tak pêgat, ngamungna samene bae kowe karo aku, anadene yèn kowe tisna marang aku, bapakmu tak patèni".

Dèwi Pujawati kèndêl sakêdhap, lajêng matur mring kang raka: "Pramila bapa sampeyan pêjahi, ingkang dados kêrsa sampeyan kadospundi?"

Ngandika Radèn Narasoma: "Mulane tak patèni, aku isin duwe maratuwa buta yèn isih urip, ewasêmono yèn kowe awèh tak patèni bapakamu, kowe karo aku dadia kaki-kaki nini-nini ora tak guwang.

Dèwi Pujawati matur: "Yèn parêng kêrsa sampeyan, bok mugi sampun sampeyan akên marasêpuh, kadosa tiyang sanès kemawon."

Radèn Narasoma ngandika: "Iku ujar apa? Dadi kowe kuwe arêp mbalilu maring aku, ya sadina rong dina, sasasi rong sasi, sataun rong taun andhêge sirêping pocapan, nuli tak upamakake: banyu bêbêndungan, dilapisa, bawaning banyu, arêmbês, ya wis padha rupêkan bae, kowe, karo aku, yèn kowe tisna bapakamu, ya wis aku tak mulih, kowe kariya, yèn ana jatukramamu ingkang kèri, ya wis tak lilani omah-omaha."

Dèwi Pujawati matur mring kang raka: "Kawula punika pêsthi kangge awak kula, punapa botên sampeyan bucal-bucal, yèn botên kanggene awak kula, pangungsèn kula pundi?"

Narasoma ngandika mring kang rayi: "Yèn bapakamu awèh tak patèni, ya aku bapakamu, aku ora rabi-rabi mung kowe bojoku ana ing marcapada têkaa ing dina kailangan."

Pujawati matur: "Punapa Kenging kula bundhêli pangandika sampeyan?"

--- 3 : 11 ---

Mojar Radèn Narasoma: "Yèn ora kêna apa dudu sinatriya".

Sigra lèngsèr Dèwi Pujawati mrêpêki ingkang rama.

Bêgawan Bagaspati munggèng sanggar muja sêmèdi, kasaru dhatênge ingkang putra Dèwi Pujawati tawan-tawan tangis nyungkêmi padane ingkang rama. Kagyat Bêgawan Bagaspati, sarta ngandika: "Kowe kêna ngapa dene têka nangis, apa padu karo bojomu? Apa ingkang kurang tutura karo aku, aja kowe gêgulang padu".

Matur Dèwi Pujawati sarta asênggruk-sênggruk, ature Dèwi Pujawati sarta pêgat-pêgat, nêlas tuture mring kang rama, wiwitan têkèng wêkasan.

Bêgawan Bagaspati nglênggêr tan kêna muwus, sarta kumêmbêng ingkang waspa, nulya ngandika mring kang putra: "Ya wis, padha matia angur aku, kowe aja pêgatan karo bojomu, sing tak êntèni apa, wong wis tuwa, wis wêruh rasane kang pêdhês kang asin, nanging bojomu undangên marene aku arêp ngrungu dhewe basane."

Botên dangu Narasoma katingal, munggèng plataraning sanggar, lajêng dèn awe, minggah Narasoma munggèng sanggar.

Bêgawan Bagaspati alon ngandika mring kang putra Radèn Narasoma: "Radèn mundhut punapa, dene ingkang rayi ngantos mancarawat, yèn radèn darbe karsa aluwung ngandika piyambak kalih pun bapa, sampun ngangge lantaran".

Narasoma ngandika mring Bêgawan Bagaspati: "Kowe tisna êndi awakmu karo anakmu? Yèn tisna awakmu, anakmu tampanana, wis ngamungna samene bae olèhku rukun-rukun karo anakmu; yèn kowe tisna anakmu, kowe tak patèni".

Bagaspati mojar: "Yèn kula pêjaha, Radèn Narasoma punapa kenging kula cêpêngi pangandikane? Kula tiyang sampun sêpuh, awon pêjah bubukên. Punapa kenging nèdipun nggèri ingkang rayi anèm dumugi sêpuh?"

--- 3 : 12 ---

Narasoma mojar: "Iya Bagaspati, aja kuwatir prakara ing anakmu, yèn tak gawea raga tanpa mulih, utawa tak gawea lara lucu[3] apamanèh yèn tak guwanga anakmu, sêcanana aku".

Bagaspati mojar: "Inggih sampun radèn kula sêcani, nanging kula ngaturi têtêngêr dhatêng Radèn Narasoma, anamaa Radèn Saliya, ingkang rayi kula lih ing namane Dèwi Sêcawati." Sinauran gêtêr-patêr muni jagad lor wetan.

Bagaspati mojar pasrah pêjah gêsang; sigra Radèn Narasoma narik curiga, lajêng ginoco jajanira wanti-wanti datan pasah.

Mojar Radèn Narasoma: "Dene têka ora têdhas, apa bali lilamu?"

Bagaspati mojar: "Mangke, radèn, kula kasupèn, kula gadhah cis."

Lajêng pinundhut ingkang cis, sinungakên mring Radèn Narasoma, nulya ginoca[4] ing jajanira, pasah mêdal rahira pêthak sarta ganda amrik wangi lir dhèdhès rasa mala.

Narasoma mojar: "Ya genea ora mati tumuli, ngêntèni apa?"

Ujaring Bagaspati: "Kula taksih sukêr botên kenging mantuk ing ajal, aji kula puniki ingkang botên kenging kula bêkta, dipun sêtani aji candha-abirawa, sadintên kalih dintêna kula botên sagêd pêjah".

Mojar Radèn Narasoma: "Lah karêpmu kapriye?"

Bagaspati muwus malih: "Yèn Radèn Narasoma parêng, radèn ingkang kagungana, aji kula punika lowung, agêng sawabe, yèn Radèn Narasoma manggih pakewuh utawi prang agêng, sagêd ngampingi salira, wontêna mêngsah sayuta kirna, sampun mêntas dening punika. Yèn radèn botên parêng, kula titipi kemawon, owêl kula bêkta pêjah."

--- 3 : 13 ---

Radèn Narasoma manyêlak sarta manglung janggane, nulya dèn wisik mring Bêgawan Bagaspari,[5] tamat aji lajêng pêjah. Narasoma emut yèn gadhah marasêpuh, lajêng dipun ujungi layone Bêgawan Bagaspati. Bêgawan Bagaspati sirna dalah saraganipun. Narasoma njêngêr gêgêtun; tan dangu wontên swara munggèng luhur bêluk-bêluk mring Narasoma; kagyat Radèn Narasoma sarta mojar anyapa ingkang swara.

Ingkang swara mojar: "Aku Bagaspati, mulane aku bêluk-bêluk aku tutur mênyang kowe, besuk prang Bratayuda, aku malês menyang kowe. Yèn ana ratu sadulure lêlima, gêlunge kêkêlingan, ngagêm layang klimasada, kowe dieling."

Lajêng ical. Narasoma kêrsa mantuk mring pratapan kalihan ingkang garwa, sarta dèn wisik ingkang rayi: "Mênèk kowe didangu mring kangjêng rama, matura ora duwe bapa, ora duwe ibu." Sarta Ki Lurah Sêmar pinacêkan: "Saunjuk-unjuke mring kangjêng rama kowe manuta."

Sêndika aturing Sêmar; nulya ingkang rayi dinèkèk ing sêsupe, lajêng mangkat.

__________

Gênti kocapa Patih Tuhayata ingkang wontên ing wana, ingkang ngupados icale Radèn Narasoma, sampun satêngah candra, dangu-dangu mawas tingale yèn wontên tiyang lumampah mèmpêr Radèn Narasoma, nulya pinalajêngan. Sarêng cêlak lajêng nyungkêmi Patih Tuhayata sarta nangis, kadya wanudya sêsambate.

Sirêping tangis Narasoma mojar mring Patih Tuhayata: "Dene kowe katêmu ana kene, apa kowe didukani mring kangjêng rama?"

Tuhayata matur: "Kula dipun utus dhatêng rama jêngandika, ngupadosi dhatêng ing sampeyan, botên kalilan mantuk yèn sampeyan dèrèng pinanggih, badhe kapundhut kalênggahan kula."

--- 3 : 14 ---

Narasoma mojar mring Patih Tuhayata: "Aja kogolèkana aku ya mulih, olèhku lunga iki rabi, olèh anake wong desa, saiki wis tak gawa bojoku, tak dokok ing ali-ali, Tuhayata, kowe muliha dhisik, munjuka mring kangjêng rama, yèn aku wis katêmu, sartane aku wis rabi, yèn kowe wis munjuk nuli balia, nggawaa reta sarta joli."

Tuhayata sigra mêsat.

__________

Sinigêg gênti kocapa ratu ing Pêthapralaya Maharaja Radeya, ginubêl mring kang garwa kapengin ngêmban siwi. Mraja Radeya angecani mring kang garwa, kesah saking nêgara, ngupados siwi. Sarêng ningali satêngahing wana wontên teja katingal lajêng pinaranan; nulya wontên jabang bayi tumumpang wontên ing sela gêgilang, mawi sêrat ing namanira, lajêng binêkta mantuk, sinungakên mring kang garwa, sakêlangkung ing rênanipun, putra lajêng dèn onthoh-onthoh[6] payudaranya lajêng pinancawara.

__________

Sinigêg adêgipun ratu ing Mandaraka, sarta dhatênge Patih Tuhayata, munjuk yèn ingkang putra sampun kapanggih, kapêthuk ing marga sarwa mawi krama: "Sarta putra sampeyan mundhut pêthuk, kula dipun utus rumiyin ngunjuki uninga, mundhut pêthuk rata lan joli."

Mandratpati ngandika: "Ya, age papagên."

Dèrèng dangu dhatênge Narasoma, majêng sarta angaras pada; kang putra rinangkul lan ingkang putra èstri. Mandratpati sakêlangkung ing tusthanira mulat ing atmaja kalihira.

Kang putra dinangu mring kang rama: "Iku olèhmu rabi ngêndi, dene têka bêcik têmên rupane, kaya têdhaking atapa?"

--- 3 : 15 ---

Ingkang putra umatur: "Punika anggèn kula manggih, lare ing dhusun, lare ngèngèr kula pêndhêt, botên gadhah bapa biyang."

Mandratpati ngandika mring kang putra èstri, ndangu kawijilanira, sarta yayah renanira.

Dèwi Sêcawati matur: "Kula inggih botên gadhah bapa ibu."

Lajêng rinangkul, ngandika ingkang rama: "Wêlas têmên aku, emane ora duwe bapa ibu, ya aku bapakamu, ibumu ya wis ana kene, aku ora duwe anak lanang, ya kowe anakku". Lajêng kinèn lumêbêt dalêm pinaringakên ingkang garwa, nuntên ingkang rayi mêdal, Dèwi Madrim. Lênggah sandhing ingkang raka.

Ingkang rama ngandika malih: "Satêmên-têmêne anake sapa bojamu kuwe? Isin ngaku maratuwa, nèk anake bêkêl utawa anake sikêp, mênèk kowe isin ngaku maratuwa, tak sêngkakne ing ngaluhur, tak junjunge lungguhe, tak dadèkne bupati".

Narasoma matur: "Ila-ila punapa yèn puruna mujuk dora ing sampeyan".

Mandratpati ndangu mring Sêmar, nunggil ature ingkang putra botên gèsèh. Sêmar dipun sêpatani: "Yèn wêruh ngakua ora wêruh kênaa ing sêpataku".

Sêmar munjuk bêlaka, konjuk purwa lan dêksinane.

Mandratpati sarêng mirsa ature Sêmar, jaja bang winga-winga, lajêng kang putra dinukanan kathah-kathah, lajêng tinundhung mring kang rama, Narasoma nangis, botên purun kesah angunjukakên ing lêpatira.

Mandratpati sangsaya sangêt dukanya: "Aku dudu bapakamu, yèn kowe ingrasa duwe bapa aku, pasthi ngrasa yèn dianakake nguwong, bocah wadon kuwe anane têka sapa, dene ora rumasa yèn kadanan rasa, kowe têka ora lunga, nganti tak balang ing paidon?"

Narasoma lajêng kesah sarta nangis. Sêmar lajêng binubuh ing duka:

"Yèn kowe ora lunga apa nganti dak du karo macan?"

--- 3 : 16 ---

Sêmar ajrih lajêng kesah, Petruk Nalagarèng samya tumut.

Dèwi Madrim kalajêng nututi ingkang raka, kacandhak sajawining kitha, Sêmar Petruk Nalagarèng samya nusul, matur yèn binubuh duka mring kang rama.

Dèwi Madrim mular mring kang raka angajak wangsul, Narasoma ajrih yèn wangsula, dene kang rama salamine dèrèng nate duka ingkang mêkatên, Narasoma lajêng liwung manahe kapêdhotan trêsna mring kang garwa, badhe ngupados panglipuring manah.

Sêmar matur: "Ngriki wontên putri kadamêl sayêmbara pilih nêgari ing Mandura, wastane Dèwi Kunthi, punapa rayi sampeyan warnènipun, taksih sae Dèwi Kunthi".

Narasoma lajêng parêng, ingkang rayi Dèwi Madrim tan purun wangsula kêdah tumut, lajêng dinèkèk ing kalpika, nulya mangkat.

_________

Sinigêg gênti kocapa raja ing Têratebang sadhatênge ing utusan ngunjukakên sêrat wêwangsul, lajêng tinupiksa, wêdharing sêrat pratela, yèn manggih sayêmbara pilih. Lajêng bodhol sabalanya, ngancik sajabaning nêgara ing Mandura, masanggrahan, utusan ngunjuki uninga, sang caraka mangkat.

_________

Sinigêg adêge ratu ing Mandura Mahraja Kunthiboja, Basudewa, Arya Prabu, Ugrasena, ingkang ginunêm saluware ingkang putra Dèwi Kunthi. Sadhatênge utusan saking Têratebang lajêng tinimbalan, dinangu sang caraka matur, yèn gustine sampun masanggrahan sajawining kitha; lajêng tinimbalan kinèn njujug ing pasowanan, kidul.

Sang caraka mêsat, Kunthiboja lajêng miyos pasowan kidul saputra putri garwanira munggèng ing pêpanggungan. Raja Têratebang dhatêng sarta sampun siyaga; nulya kinèn majêng Raja Têratebang, ngrasuk busana

--- 3 : 17 ---

nêlas ing panganggenira, kinusya[7] ing êmas rinêngga ing intên, majêng munggèng ing ngandhap pêpanggungan.

Dèwi Kunthi tinantun mring kang rama: ingkang putra datan arsa, Prabu Têratebang mundur lingsêm, saundurnya lajêng pasanggiri mring balanira kinèn majêng saking satunggal, nêlas bala ing Têratebang, tan wontên ingkang kinarsakakên, lajêng miris sêdaya raja ing Têratebang. Radèn Narasoma majêng, nulya dinangu mring Kunthiboja; kunjuk yèn putra Mandaraka Radèn Narasoma.

Kunthiboja ngandika mring kang putra Dèwi Kunthi ingkang putra botên sagêd munjuk, lajêng tinêtêr mring kang rama Dèwi Kunthi lajêng morot, osik salêbêting galih, rumaos yèn dipun tampik, grênjak lajêng morot[8] lajêng tinimbalan kondur dhatêng kadhaton, sarta ginarêbêg putra kêkalih: Arya Prabu lan Ugrasena, tinimbalan minggah ing pandhapa, dhinawuhan Narasoma yèn kenging sayêmbara pilih.

Narasoma matur mring Mraja Kunthiboja, nuwun inah ajêng adus dhatêng bênawi Silugangga, lajêng kalilan. Ugrasena kinèn ngiring.

__________

Sinigêg gênti kocapa nêgari Ngastina Prabu Abiyasa, ingkang putra têtiga: Radèn Dhêstharata, Pandhu, Yamawidura, sampun sami diwasa.

Kocapa wontên warti putri kadamêl sayêmbara pilih nêgara ing Mandura, sutane Mraja Kunthiboja wasta Dèwi Kunthi; Prabu Abiyasa karsa nindaki, lumampah nyamur, kang putra binêkta Radèn Pandhu wau, datan mbêkta bala satunggal, dumugi bênawi Silugangga kapêthuk

--- 3 : 18 ---

kalih Radèn Narasoma, lajêng tinakenan mring Radèn Narasoma.

Sumaur Abiyasa yèn ngadêgi sayêmbara pilih.

Narasoma mojar sayêmbara pilih yèn wis bubar: "Kula ingkang olèh sayêmbara pilih, nanging kula wangun kula gawe sayêmbara pêrang, yèn anak dika bisa ngalahake kula, dialapa putri ing Mandura Dèwi Kunthi."

(Gambar 2). Abiyasa nantun mring kang putra Radèn Pandhu inggih purun, lajêng aprang rame. Kawon Narasoma, lajêng matak aji candhabirawa, dhatêng dênawa atusan sagêgamanira, nuntên kinèn mangsah. Pandhu mirsa mlajêng, cinêgatan mring Abiyasa, kang putra kinèn wangsul, lingnya Abiyasa:

"Aywa kowe lawan, mênênga bae bari mêrêma, aja kowe wiwit".

Pandhu mituhu lajêng wangsul, ngadêk sarta sidhakêp, candhabirawa dhatêng atusan, kanan kering pating gêlidrah nggêgilani, ana ingkang gulung, wênèh njungkir, ana ingkang ngagar-agar pêdhang, nanging botên tumiba yèn botên dhininginana. Pandhu tangèh yèn miwitana eca anggènira kèndêl, candhabirawa njoto sêdaya, dangu samya kèndêl, candhabirawa osik galihira:

"Kanca batur, mungsuhmu iki, ambêke kaya gustimu Bêgawan Bagaspati, mêngko wis ora nana, mênèk nitis ana ing kene, ora enak kanca, ayo padha anglès".

Lajêng sirna candhabirawa, datan wontên katingal. Narasoma mangsah malih kêdah ngajak sarosa; Abiyasa mangsit mring kang putra, Narasoma kinèn nglêpasi barat, aja tiba aja mudhun kinèn ngumbul-umbulakên.

(Gambar 3). Mangsah Radèn Narasoma pinêthuk ing lesus lajêng binêkta mumbul.

Narasoma sêsambat, Pandhu kinèn mêjahi, Pandhu datan arsa mêjahi.

Narasoma mumêt panonipun sarta awang-awangên. Narasoma bêluk-bêluk yèn wis kalah, sarta pasrah putri Mandura, lajêng kaudhunakên mring lesus.

--- 3 : [0] ---

[Grafik]

--- 3 : [0] ---

[Grafik]

--- 3 : 19 ---

Narasoma sarêng dumugi siti purun malih nantang mring Pandhu, sigra binêkta ing lesus malih ingubêngakên ing tawang.

Narasoma girap-girap bêluk-bêluk yèn wis kalah: "Gêguyon bae, Pandhu".

Pandhu mojar: "Apa kalahmu?"

Narasoma pasrah putri Mandura: "Si Kunthi alapên, aku wis ora".

Pandhu mojar: "Kalahmu kang kari êndi, satriya ora kêna duwe basa loro".

Narasona ngraos lajêng bêluk-bêluk: "Pandhu aku duwe sadulur wadon êpèkên, jênênge Si Madrim".

Pandhu sumaur takon mring Narasoma: "Êndi rupane adhimu?"

Narasona bêluk-bêluk nduduhake ingkang rayi.

Pandhu sumaur: "Sèlèhêna, ora-orane tiba, dene kowe mêngko-mêngko yèn wis adhimu, kowe tak udhunake". Narasoma mojar, nèlèhakên ingkang rayi: "Srah-srahkên bang waru, tibaa ora milu-milu aku".

Lajêng sinangga ing lesus mangandhap anjog ngarêpe Pandhu.

Narasoma mojar: "Wis ta aku udhunêna Pandhu".

Ujaring Pandhu: "Mêngko-mêngko".

Narasoma mojar bêluk mring kang rayi Dèwi Madrim kinèn sandhing mring sang Pandhu.

Madrim lajêng sandhing, Narasoma mudhun, lajêng masrahakên mring kang rayi, Radèn Ugrasena kinèn ngaturakên mring kang rama, sarta kapasrahan nalar.

Narasoma mojar mring Pandhu, nitipakên ingkang rayi: "Yèn ora kanggone, aja kobuwang saênggon-ênggone," lajêng bubar.

__________

Sinigêg adêge nêgari ing Plasajênar, Mahraja Tisthawa, apêputra têtiga, pambajêng Radèn Anggêndara, pangulunya Dèwi Anggêndari, kang waruju Radèn Sêngkuni. [Sêng...]

--- 3 : 20 ---

[...kuni.] Prabu Tisthawa mojar mring kang putra Radèn Anggêndara, ingkang putra kinèn ngadêgi sayêmbara pilih mring nêgri Madura, lajêng kinèn mangkat, Dèwi Gêndari tumut jagi pêngarih, sarta Radèn Sêngkuni lajêng mangkat.

__________

Sigêg ratu ing Mandura pêpakan para putra sadhatênge Radèn Ugrasena, sarta ngaturakên nalar mring kang rama, lajêng kinèn ngaturi Prabu Abiyasa, lajêng jajar lênggah. Sasampunnya binagèkakên, ingkang putra arsa pinanggihakên; Abiyasa lênggana:

"Yèn parêng kula suwun kemawon kula panggihakên ing Ngastina".

Kunthiboja jumurung, ingkang putra lajêng winêdalakên lajêng binêkta, Ugrasena, Arya Prabu samya umiring, tinulak wangsul sajabaning Mandura. Saungkure sêntana kalih kapêthuk Radèn Anggêndara. Anggêndara mojar mring Radèn Pandhu:

"Kowe kuwe têka ngêndi, Pandhu! Dene têka nggawa grêbong?"

Mojar Radèn Pandhu: "Aku mêntas ngadêgi sayêmbara prang mring Mandura, mênang prangku, putri tak gawa".

Gêndara mojar: "Tak jaluk putri Mandura, krana pacangaku bocah mula, awèh tak jaluk ora wèh tak jaluk, budi tak sêmbadani".

Lajêng prang panah-pinanah, satêlasing panah Anggêndara lajêng narik kêris, Pandhu sinuduk tan pasah, Anggênadara cinandhak rambutnya, dèn ukêl sinungkêmakakên siti. Anggêndara datanpa bayu bêluk-bêluk mring Anggêndari:

"Têbusana awakku".

Anggêndari mara sarta nangis mring Pandhu, lajêng kinèn nyingkirake mring Sêmar. Sasampunira sumingkir, Anggêndara pinêjahan mring Pandhu, Sêngkuni lajêng têluk, lajêng bubar mantuk mring Ngastina.

--- 3 : [0] ---

[Grafik]

--- 3 : 21 ---

Sêmar dipun wangsit mring Pandhu: "Mêngko yèn wis tutug ing Ngastina, kakang Dhêstharata nèk dikakake milih putri, putri kang loro kuwe borèhana kang kasap-kasap bae, aja nganggo dhèdhès, putri Plasajênar iku borèhana kang bêcik, nganggo dhèdhès". Sêmar mituhu.

(Gambar 4). Tan kocapa ing margi sampun dumugi ing Ngastina lajêng ngadhaton, pinarak nèng pandhapa, nimbali mring kang putra Radèn Dhêstharata kinèn milih mring kang rama:

"Putri têtêlu, miliha siji".

Dèwi Kunthi sinaosakên, ginanda botên mambêt, ginarayang kasap, lajêng tinampik mring Dhêstharata kinèn ngundurakên. Nulya Dèwi Madrim sinaosakên, inggih kados wau punika gènira nampik. Nuntên Anggêndari sinaoskên, ganda amrik, ginarayang astane lumêr, lajêng pinilih:

"Iki wong wadon rane wêrdèn".

Lajêng sami pêngantenan Pandhu lan Dèwi Kunthi. Dèwi Madrim lênggana, lajêng matur:

"Purun kula sampeyan cêngkramani, kula nyuwun lêmbu andini titihane Bathara Guru".

Dhêstharata sarêng lan Anggêndari. Atancêp kayon.

__________

--- 3 : [22] ---

Punika Lampahan Pandhu Papa.

Ingkang jinêjêr rumiyin Gajahoya, Radèn Dhêstharata, Radèn Sêngkuni, Jayapitana, ingkang ginunêm gêrahe ingkang rayi Mraja Pandhu Dewanata, kocap tansah angranuhi. Sadangune pocapan sadhatênge utusan saking Ngastina Bêgawan Domya, lajêng tinimbalan mring ngajêngan, Bêgawan Domya dinangu mring Radèn Dhêstharata, matur yèn gêrahe ingkang rayi sangêt, Dhêstharata mojar, duta kinèn rumuhun; sang caraka umêsat. Dhêstharata lumêbêt dalêm panggih lan Dèwi Gêndari, tinuturan ingkang rayi sangêt, lajêng kinèn dandan lumêbêt ing butulan.

__________

Sinigêg gênti kocapa Bathara Guru kalihan Nêrada, Hyang Guru ndangu gara-gara. Nêrada matur, yèn gara-garane Pandhu sakit sangêt. Hyang Guru ngandika mring Nêrada, yèn Pandhu sampun puput lakone lajêng kinèn nimbali Yamadipati. Sadhatêngira Yamadipati dhinawuhan kinèn nyêndhal mayang mring Pandhu. Aturira Yamadipati sandika, lajêng mêdal. Bathara Guru dhawuh mring Nêrada, kinèn marang Cakrakêmbang dhawuh mring Kamajaya, kinèn mundhut momongane. Nêrada mangkat mbêkta juwata sakawan.

Nuntên adêgipun Kamajaya lan Dèwi Ratih, ingkang ginunêm laraning Pandhu: "Luwih têka abot, yèn tak tunggu rada ana ènthènge, yèn tak tinggal bangêt, kowe kèriya Ratih, tak tunggune adhimu, yèn ana pandangune Hyang Guru matura yèn ora wêruh paranku".

Sadangune pocapan dhatênge Hyang Nêrada lan juwata sêkawan, sasampunnya binagèkakên Nêdara mojar:

"Ngêmban timbalanira Hyang Guru dikakake mundhut ing momongane Si Pandhu Dewanata".

--- 3 : [0] ---

[Grafik]

--- 3 : 23 ---

Kamajaya umatur: "Nyuwun sêmêne yèn sampun mêntas putrane gangsal".

Nêrada botên nglilani kêdah kinèn matur priyangga. Kamajaya botên purun, pinundhut datan suka lajêng prang rame, dewa sêkawan sami kawon, Nêrada mundur lan juwata sêkawan.

__________

(Gambar 5). Sinigêg gênti kocapa, adêge Puntadewa lan Bratasena, Janaka, ingkang ginumên[9] sagêrahe ingkang rama, ngupados wisik, tan dangu panusule Bêgawan Domya, matur:

"Yèn ingkang rama sangêt, cat emut cat botên, bêndara-bêndara ingkang dinangu lajêng dikakakên ngupadosi, yèn botên nuntên kondura, pintên banggi mênangi gêrahe rama jêngandika".

Lajêng bodhol mantuk.

Nuntên adêgipun Pandhu, sinundhang mring Abiyasa, Dèwi Kunthi, Dèwi Madrim, Dhêstharata, Anggêndari. Sadhatênge Yamadipati munggèng luhur, sêdaya sami botên uninga, mung Mraja Pandhu ingkang uninga.

Yamadipati mojar: "Aku iki diutus mênyang Hyang Girinata, dikakake nimbali mênyang kowe ing sadina kiye, aja ngangsi lingsir kulon".

Lingnya Pandhu: "Antèkna sêdhela, aku arêp wêruh anakku, Si Punta, Si Bratasena, Si Janaka, wêkas-wêkasane katêmu".

Yamadipati mundur.

Pandhu ngandika kinèn ngenggalakên ingkang putra.

Yamadipati dhatêng malih, takon mring Pandhu: "Anakmu apa wis têka?"

Saurnya Pandhu: "Durung".

Yamadipati mojar: "Gagèkna, iki sêlak lingsir kulon".

Pandhu ngandika malih ngenggalakên ingkang putra ingkang dèrèng dhatêng. Kocapa surya sampun diwasa, numpak lingsir kulon, Yamadipati datan sêranta, sang Pandhu [Pan...]

--- 3 : 24 ---

[...dhu] sinêndhal mayang lajêng sirna, tangis kadya gêrah, Dèwi Kunthi, Madrim, Anggêndari, nyungkêmi padane ingkang rama Bêgawan Abiyasa, tan dangu Abiyasa niba saking gènira lênggah, Kunthi, Madrim, samya klêmpêr, Dhêstharata brangkangan.

__________

Sinigêg, ing jaba dhatênge Radèn Bratasena, mirsa tangis kadya gêrah age lêbêtira, dipun nyana ingkang rama klêmpêr. Sarêng dumugi salêbêting kadhaton, ingkang eyang kapanggih gilang-gilang, lajêng cinandhak tininggil-tinggil, sarêng dangu kasiliring samirana, nulya emut Bêgawan Abiyasa, lajêng dipun udhunakên, lajêng lênggah. Kocapa Dèwi Kunthi lan Dèwi Madrim, sadhatênge ingkang putra samya ngrangkul mring kang putra Radèn Punta. Sasirêping tangis Bratasena mojar takèn mring bapakira.

Sumaur Abiyasa: "Anadene bapakmu wus mati, durung suwe karo satêkamu ilange bapakamu".

Bratasena nglênggêr sarta gêrêng-gêrêng.

__________

Sinigêg Dèwi Madrim emut gènira sêcan kalih ingkang raka, pamit ingkang rama yèn badhe bela, sarta pamit ingkang raka Dèwi Kunthi, sarta nitipakên ingkang putra Radèn Pintèn Tangsèn.

Dèwi Kunthi tan kêna muwus, lajêng nênggak waspa, Dèwi Madrim lajêng pamit mring para putra. Lingnya Dèwi Madrim: "Dibisa momong mênyang adhimu bocah loro kuwe".

Sawusnya têlas putra winêkas-wêkas, lajêng mundhut patrêm, sinaosakên ingkang patrêm, lajêng tinarik munggèng ngarsane ingkang rama, nulya sinungkêman jajanira têrus, tan dangu nulya ngêmasi.

Abiyasa dhêdhawuh ingkang putra kinèn nyandhi marang Giri Saptarêngga, sawusnya mangkat, Bratasena angling mring Bêgawan Abiyasa:

--- 3 : 25 ---

"Patine Bapakku Madrim, aku têka dhêmên, arêp tak tiru yèn rêmbug sanak-sanakku, Pêndhawa kuwe bêcik sêsêcan, êndhog sapêtarangan rêmuk siji, kang papat aja sêlaya".

Radèn Punta lajêng manut, miwah Radèn Janaka Pintèn Tangsèn, kaidèn mring kang eyang Bêgawan Abiyasa, sêcane ingkang wayah sinauran gêtêr-patêr. Nuntên Bratasena mojar mring Bêgawan Abiyasa:

"Priye kaki patine si bapa, alame kaki buyut canggah warèng apa ana kang kaya mangkene?"

Lingnya Bêgawan Abiyasa: "Sawêruhku durung ana, eyangmu Bêgawan Palasara, Bêgawan Sakri, Bêgawan Sakutrêm, miwah Bêgawan Manumayasa, Bêgawan Parikanan,[10] kuwe padha dicandhi ana ing gunung Saptarêngga, mung bapakmu kiye nyêle, ilang têkan ragase".

Saurnya Bratasena, sarta takon mring Sêmar: "Apa kaya mêngkono Sêmar, alame kang dhingin-dhingin?"

Aturnya Sêmar: "Inggih, lêrês timbalane eyang dika Bêgawan Abiyasa".

Bratasena mojar: "Yèn kaya mêngkono durung trima patine si bapa iku, dene têka ilang lêluhurku, dene beda kang akèh-akèh, sapa Sêmar, kang kuwasa gawe pati urip?"

Ature Sêmar: "Botên wontên kajawi Bathara Guru, ingkang kuwasa damêl pêjah gêsang".

Ujare Bratasena: "Yèn kaya mêngkono Sêmar, tak sêrêg kaki Guru, ora trima aku, si bapa digawe beda wong akèh, wis kaki kowe kariya, wêkasku mênyang kowe tinggal-tinggalane si bapa layang klimasada karo lênga tala, padha simpênana bae, besuk saulihku warisên, aku tak padu lan kaki Guru".

Dèwi Kunthi tumut dinèkèk kancing gêlung, sarta ingkang raka Radèn Punta, ingkang rayi Radèn Janaka, dinèkèk wontên pulunging manah, Radèn Pintèn Tangsèn dinèkèk wontên porong, satunggil sisih, Sêmar, Petruk, Nalagarèng tumut, lajêng samya mangkat nurut sukuning gunung Jamurdipa.

__________

--- 3 : 26 ---

Sinigêg lampahe Yamadipati kang mbêkta Mraja Pandhu, sawêg dumugi sukuning gunung Jamurdipa, lajêng katututan lampahe Bratase, ora samar yèn ingkang rama ginawa ing dewa, nulya jinaluk; Yamadipati tan suka, kêrsa rinêbat. Yamadipati lumajêng binuru kabutuh ing wot ogal-agil, Yamadipati lajêng, Bratasena kandhêg, mila kandhêg kang wot golang-galing, lajêng linumpatan Sêmar, Petruk, Nalagarèng tumut.

__________

(Gambar 6). Sigêg ngadêg Cingkara Bala upata, kang tunggu lawang sela matangkêp, tan dangu dhatênge Yamadipati, kang mbêkta Mraja Pandhu, lajêng sinukanan kori. Nuntên dhatênge Bratasena, nêdha kori tan suka, lajêng prang. Cingkara Bala upata kawon kalih pisan, lajêng Bratasena.

__________

Sinigêg gênti kocapa ngadêgipun Bathara Guru kalihan Nêrada, umatur sadhatênge kautus saking ing Cakrakêmbang, mundhut momonganira Sang Kamajaya, munjuk yèn botên suka, ngantos sami brawala, Hyang Pramèsthi Guru èsmu duka. Dèrèng dangu imbal wacana, sadhatêngira Yamadipati, ngaturakên raganira Pandhu, sarta ngunjuki uninga, yèn dipun rêbat sutaning Pandhu kang nama Bratasena, ngantos brawala: "Pandugi kula mangke lajêng minggah mriki".

Hyang Guru sarêng mirsa ature Yamadipati kalajêng dukanira, nulya dhêdhawuh mring Yamadipati, Pandhu kinèn nglajêngake mring kawah. Sakèsahe Yamadipati, dhatênge Bratasena munggèng ngarsane Hyang Guru, lajêng dinangu mring Bathara Guru.

Ature Bratasena: "Aku iki arêp nanahake patine si bapa, dene têka ilang têkan ragane, kowe sing gawe prentah sapa, aku bangêt ing kagètku, alame si kaki buyut canggah warèng udhêg-udhêg têka durung ana, kang diturut sapa?"

--- 3 : [0] ---

[Grafik]

--- 3 : 27 ---

Angling Bathara Guru: "Ora ana kang tinut mung bapakamu tak pêsthi mati ilang têkan ragane".

Ature Bratasena: "Uwis, kaki Guru, aku ya manut apa patine si bapa, sanak-sanakku yèn mati aku jaluk kaya mêngkono".

Hyang Guru kèndêl, nulya dhêdhawuh mring Bratasena, kinèn nututi mring kawah: "Jalukên ragane bapakamu".

Bratasena kagyat: "Iku têmên kaki Guru, anadene duwe basa loro".

Bratasena sigra nututi mring kawah.

__________

Sinigêg gênti kocapa adêgipun ing Tinjomaya, widadari sêkawan, Dèwi Supraba, Supraba Sini, Lênglêng Danu, Gagarmayang, Nini Thowong, ingkang ginunêm ngajak ningali raganing Pandhu ingkang linabuh kawah.

Widadari ngunadika: "Apa ing dosane kêkasih, têka linêbokake ing kawah, kapriye polahe, mendah ing sêsambate". Lajêng mangkat widadari sêkawan, gangsal Nini Thowong.

__________

Sinigêg gêti kocapa lampahe Yamadipati ingkang dumugi ing kawah, ngatag mring Pandhu kinèn lumêbua ing kawah, têmbunge Yamadipati: "Ya kuwe kaswarganmu".

Lingira Mraja Pandhu: "Ya tak lêbonane, nanging ana kang tak êntèni, bojoku Si Madrim, biyèn sêcan karo aku, yèn nêtês antèkna têka sapênginang".

Yamadipati kèndêl, ngantosi sapênginang. Tan pantara dangu sadhatênge Dèwi Madrim, ingkang sampun warni yitma, Yamadipati ngatag malih mring Pandhu: "Apa sing koantèni manèh".

Lingnya Pandhu: "Ora ana, mung kiye sing tak antèni".

Yamadipati mojar: "Ya wis lêbonana".

Mraja Pandhu lumêbêt lan ingkang garwa, ingkang kawah lajêng umob, tan dangu lajêng lèbèr. Yamadipati [Yama...]

--- 3 : 28 ---

[...dipati] kableberan kawah, Yamadipati mumbul, tan dangu lajêng ladhu sela sagriya sagajah-gajah. Tan dangu dhatênge Bratasena, mirsa yèn kang rama sampun kacêmplung ing kawah, Bratasena ajêng nggêbyur kawah, nulya ginendholan mring Sêmar, Petruk Nalagarèng.

Ature Sêmar: "Mangke sampeyan nggêbyur nyuwun sarèh rumiyin, yèn sampeyan lajêng nggêbyur, dados kaniaya tiyang, badhe masesa kang kathah-kathah".

Bratasena emut sakala yèn mbêkta ingkang ibu, ingkang raka, ingkang rayi-rayi, lajêng kinèn mêdal, sarêng sampun sami mêdal lajêng tinuturan, yèn ingkang rama sampun kalêbêt ing kawah, rêmbagipun sami nggêbyur putra gangsal kanêm Dèwi Kunthi. Sêmar ingkang mucuki nggêbyur rumiyin, Petruk, Nalagarèng, nuntên Dèwi Kunthi, Puntadewa, Bratasena, Nakula, Sadewa, Arjuna kantun.

Sêmar matur: "Sampeyan botên lumêbêt, kantun kalih raka-raka jêngandika".

Arjuna nauri: "Mlêbu pedahe apa, wong ora matèni mundhak adhêm". Tan adangu mirsa swaraning widadari kang sami nênonton, Sêmar girap-girap, gustine dipun aturi lumêbêt ing toya, matur yèn widadari punika botên kenging yèn tiyang jalêr katingal, sami mbêkta sêking, samangsane wontên tiyang jalêr katingal, sami rêbutan ngirisi sêking. Arjuna sarêng mirsa aturing Sêmar lajêng ajrih. Arjuna lajêng lumêbêt ing kawah, nanging wontên pinggir ngiras ngintip-intip. Tan dangu dhatênging widadari, wontên pinggiring kawah. Ngucap Dèwi Supraba mring Wilutama, mring Dèwi Aryang, ngraos yèn kalungsèn ora mênangi lêbune: "Kira-kirane apa dora Si Pandhu apa ora". Lajêng kinèn dumuk kawah, didumuk asrêp kemawon: "Yèn kaya mangkono Si Pandhu kuwe ukur mati bae". Arjuna mirsa wêlas dhatêng widadari, ngeman kangelane, lajêng tarèn mring Sêmar èpèk-èpèke arsa tiningalakên, Sêmar ngampah: "Sampun dèn, mênawi dipun gunting, lêpatipun dipun pecok sêking".

Arjuna mirsa graita yèn dipun balilu, lajêng dipun

--- 3 : 29 ---

katingalakên astane dumugi sikut. Widadari mirsa mring astane Radèn Janaka, widadari sami ngalêm:

"Ngrayung têmên darijine, mendahneya kang duwe darijine". Lajêng kinèn ndudut widadari satunggal, Arjuna bêluk-bêluk dhatêng Sêmar: "Kapriye kakang, tanganku ora dicul-culake".

Ature Sêmar: "Kula botên tumut-tumut, wau mila kula elingake, mangke sampeyan samangsa mêntas lajêng dipun purak widadari kathah, doyanane manahing manusa widadari makatên".

Dinudut astane botên kenging, malah dipun kathahi, mriksa yèn kalêmpêr kemawon, saya sêngkut manahing widadari tarik-tinarik widadari lajêng sami kagêbyur sêdaya, lajêng pinondhong widadari sakawan pisan. Ingkang kantun Nini Thowong sarta mojar: "Katona mana tak dudute".

Nulya Sêmar lajêng ngatingalakên tangane dumugi sikut. Nini Thowong jumbul dipun wastani sirah badhawangan, ajrih nyêpêng. Sarêng dangu lajêng mundur. Sêmar, Petruk majêng ngatingalakên tangane, Nini Thowong njumbul malih, dipun wastani pêlus, sarêng dipun èmpêr-èmpêr wontên darijine, lajêng cinandhak arsa dinudut, Petruk malês nggêgêm, Nini Thowong lajêng sinêndhal lajêng nggêbyur.

__________

Sinigêg yitmaning Pandhu kang wontên salêbêting kawah, lênggah wontên kawah lan Dèwi Madrim, lajêng nimbali mring kang putra, nguwuh-uwuh Kunthi, Bratasena, Puntadewa, Janaka, Pintèn Tangsèn. Kunthi para putra sarêng mirsa kagèt, wontên swara tanpa rupa, botên samar yèn swarane ingkang raka Mraja Pandhu, lajêng sami mara munggèng ngarsaning swara.

Bratasena nguwuh-uwuh: "Kowe iku apa aluse si bapa?"

--- 3 : 30 ---

Pandhu mojar: "Ya aluse bapakamu aku, lan kowe padha têka kene sêjamu arêp apa?"

Ujaring Bratasena: "Aku iki arêp nusul ing kurungamu, arêp tak bêbêciki ana ing Giri Saptarêngga, sanajan dadia awu arêp tak kukup tak bêciki".

Mraja Pandhu mojar: "Wis ora kêna, pinêsthi yèn dadi panutamu, besuk saturun-turunku saturun-turunmu padha mati mikrat saragane, iku pratelane Sang Hyang Girinata, sarta suwunên aku iki kênaa dadi panutamu, ora tak arani saturun-turunku kabèh, wis nuli kowe muliha, Kunthi kowe dibisa momong anakmu".

Kunthi tan sagêd matur kêtutuh wêdaling waspa.

Pandhu ngandika malih mring Puntadewa: "Tinggalaku layang kalimasada iku kowe Punta kang duwe, dene lênga tala iku padha nggonên adhimu lêlima aja na kaliwatan ing awakmu kabèh, êndi kang kaliwatan dadi gonyèh, kacocoga ing alang-alang pasah, dene satinggal-tinggalaku kabèh, mangsa bodhoa wakamu si kakang Dhêstharata, lan nêgara Ngastina sêparo kowe kang nduwèni, poma aja tan ora."

Nulya bubar, Kunthi, Puntadewa, Arjuna, Pintèn Tangsèn kinèn mantuk rumiyin.

Nuntên adêgipun Guru lan Nêrada sadhatênge Bratasena, tutur: "Yèn si bapa wis kasèp, ora katututan kacêmplung ing kawah, mung aluse bae aku katêmu karo si bapa, karo aku diwêkas mênyang si bapa, dadia pêplanggêran patine si bapa, saturun-turune si bapa, saturun-turunku kabèh ya kaya mêngkono, karo swarganing si bapa têka anèh tundha pira?"

Hyang Guru ngandika: "Swargane bapakamu tak wènèhi tundha sangalikur, sêdhêng diênggoni saturunmu kabèh ingkang mati mikrat, saturun-turunmu tak watêsi têkan Majapait; Pajang, Mêntaram wis ora kêna, dudu bubuhanaku".

Bratasena mituhu, lajêng mantuk.

Nuntên adêgipun Dhêstharata kalihan Jayapitana lan

--- 3 : 31 ---

Sêngkuni. Dhêstharata mojar mring kang putra Jayapitana:

"Kowe sebaa eyangamu nyuwuna warisan tinggalane pamanamu, sanajan akèha tinggalane pamanamu, mung lênga tala suwunên, aja nyuwun akèh-akèh, iku pusaka, pamanamu Sêngkuni gawanên dokokna jaba bae, kowe lumêbua".

Lajêng mangkat tiyang kêkalih.

Nuntên adêgipun Bêgawan Abiyasa kalihan Bêgawan Dhumya, ngajêng-ajêng dhatêng ingkang wayah Radèn Bratasea. Tan pantara dangu dhatênge Radèn Jayapitana, munjuk:

"Ngaturakên panglayat surudipun kangjêng paman, kalih kula nyuwun warisan, sanajan kathaha ingkang kula suwun naming lisah tala".

Nulya pinaringan lisah sabumbung, tinampèn lajêng pamit mêdal, kapanggih lan Sêngkuni, lajêng sinukakakên lisah mring kang paman; tinampèn lajêng ginanda. Sêngkuni lajêng njêngêr tutur yèn kaliru: "Lênga latung, dudu lênga tala".

Jayapitana lajêng wangsul sowan mring kang eyang malih, sadhatêngira munjuk yèn dede lisah tala, lisah latung.

Ujarnya Abiyasa: "Ora duwe pamanamu, ya kuwe lênga tala".

Radèn Jayapitana supe mring kang eyang, lajêng cinandhak sukune dipun lêlarak, kêthunya kaleweran, ingkang cupu rêntah, wadhah lisah tala katingal mêncorong, lajêng pinêndhêt mring Jayapitana, nuntên mêdal panggih lan Sêngkuni, sinungakên mring kang paman, nulya ginanda. Sêngkuni lajêng manthuk-manthuk, ingkang putra ingaturan mantuk.

__________

Sinigêg adêgipun Bêgawan Abiyasa, ingkang kalêmpêr dipun lêlarak ingkang wayah, sinungkêman Bêgawan Domya; tan pantara dangu dhatênge Radèn Bratasena, mirsa

--- 3 : 32 ---

inkang[11] eyang gilang-gilang nulya cinandhak sinunggi-sunggi, lingnya Bratasena:

"Kaki wis mupusa, si bapa wis bêcik ênggone".

Sarêng dangu tininggil kasilir ing samirana, angling Bêgawan Abiyasa, lajêng sinèlèhakên, nulya tata lênggah, pêpak sêdaya ingkang wayah miwah Dèwi Kunthi.

Mojar Bêgawan Abiyasa: "Kapriye lêlakumu, olèhmu nusul bapakamu?"

Mojar Radèn Bratasena: "Si bapa wis bêcik ênggone, ora kêna tak rêbut ragane, mung aluse bae aku katêmu karo si bapa ana ing kawah, malah aku dikongkon marang si bapa, dikon njalukake swargan mênyang si kaki Guru, diwènèhi tundha sangalikur, sarta si bapa dadi panutan patine si bapa besuk saturun-turunku ya padha ilang têkan ragane, diwatêsi têkan besuk Majapait. Karo wêkase si bapa, nêgara Ngastina sêparo aku ingkang duwe, ingkang sêparo wa Dhêstharata ingkang duwe, sarta tinggalane ingkang akèh-akèh, dipênging mikir aku, mung lênga tala karo layang kalimasada aku ingkang nduwèni".

Abiyasa mojar: "Aku mau tas kêdhayohan kakangamu Si Jayapitana, têkane kene têmbunge nglayat patine bapakamu, nuli njaluk warisan, lênga tala ingkang jinaluk; tak gawani lênga latung, ora suwe nuli bali mbalèkake lênga latung. Basa aku cêlathu ora duwe ya kuwe lênga tala, nuli aku dilêlarak, kêthuku kleweran, cupu tiba, jinupuk mênyang kakangamu, banjur digawa mênyang kakangamu".

Bratasena sarêng myarsa gugup, ajêng dipun tututi, Abiyasa ngampah: "Kae sarèh pênganggone, nganggo adus kêramas pênganggone, ayo padha mindha-mindha bae, yèn kakangamu Si Jayapitana ngirid mênyang adhi-adhine, adus mênyang bêngawan Silugangga, cupu ana wakamu. Kowe ayo tak irid, mindha-mindha cêlathune kakangamu kabèh. Putuku Si Arjuna padha buwanga swara, miwah putuku Si Pintèn Tangsèn, Si Puntadewa miwah Si Sêmar Si Nalagarèng [Nala...]

--- 3 : 33 ---

[...garèng] mindha Si Sêngkuni, Petruk mindha Si Drusasana".

Lajêng mangkat.

__________

Nuntên sinigêg adêgipun Dhêstharata, sadhatênge ingkang putra Radèn Jayapitana lan Sêngkuni, ngaturakên lisah tala.

Ujare Jayapitana: "Kula sampun ngangge".

Mojar Radèn Dhêstharata: "Yèn kowe wis nganggo mono ya wis, kowe pênganggone adus kramas dhingin, lan ora kêna kliwatan, ngêndi kang ora kambah ing lênga tala gonyèh, kacocoga ing alang-alang bae pasah".

Jayapitana matur mring kang rama: "Pupu kula ingkang kiwa ingkang kalangkungan".

Lingnya Dhêstharata: "Mêngko bae balènana, adhimu padha têrna adus mring bêngawan Silugangga, Sêngkuni ngirida".

Lajêng dèn irid mring bêngawan Silugangga. Bêgawan Abiyasa sampun dumugi ing Gajahoya, nanging têksih dhêdhêp kemawon, mirsa sêpining Kurawa, nulya lumêbêt mindha swaraning Kurawa: "Rama nyuwun lisah tala sêlak asrêp".

Swarane ndulur tan kêna ganti, Petruk mindha Drusasana, Nalagarèng midha Sêngkuni, Bratasena mindha Jayapitana, Abiyasa kang mbasakakên.

Mojar Sang Dhêstharata: "Nya tampanana lênga tala, pupumu sing kliwatan mau usapana, nuli adhi-adhimu lênganana kabèh".

Nulya tinampan mring Abiyasa sarta mojar: "Bêcik têmên Dhêstharata kowe, anakmu koajani mênyang aku, koarani sapa aku mau?"

Bratasena mojar: "Aku mau koarani sapa, picak wa, ndhêkok".

Dhêstharata sarêng mirsa ndhêku mring kang rama, matur yèn kula botên kèngkèn, kajêngipun piyambak. Abiyasa lajêng ngrapu mring kang wayah, lajêng binêkta mundur. [mun...]

--- 3 : 34 ---

[...dur.] Saundure Bêgawan Abiyasa, dhatênge Radèn Jayapitana nyuwun lisah kadamêl nglisahi ingkang rayi-rayi. Dhêstharata mlêpah mring kang putra yèn lênga tala wis dijaluk kang duwe. "Saungkurmu ora suwe têkane eyangmu Bêgawan Abiyasa, adhimu Si Bratasena, adhimu Si Puntadewa, Si Janaka, Si Pintèn Tangsèn sapanakawane padha mindha swaramu, banjur tak ulungake saiki wis digawa mulih".

Jayapitana sarêng mirsa wuwuse ingkang rama supe ing purwaduksina, ingkang rama ajêng dipun sabêtakên, tangginas Radèn Sêngkuni, kang putra sinikêp, sambate:

"Anggèr, sampun, ila-ila punapa ingkang dipun panggih, tiyang purun dhatêng bapa, sampeyan botên gêgadhangan mêngku nêgari, sampeyan pêjahana, bangga pintên tiyang sêpuh, wilalate ta dumèh sami nêksaa luhung rayi sampeyan, dhasar sampeyan pêrnah sêpuh, yèn rayi sampeyan botên suka rinoda, bangga pintên tiyang gangsal, rayi sampeyan satus, bêbalangana kopyah kantun kathah".

Jayapitana emut, lajêng nusul nututi sarta Kurawa satus.

(Gambar No. 3). Kocapa Bratasena ingkang sampun prayitna, ingkang eyang kinèn rumiyin ingkang raka ingkang rayi, Bratasena ingkang wontên ing wingking, sarta mbêkta cupu ginêgêm, katututan lampahing Kurawa, mirsa yèn nggêgêm cupu, Bratasena lajêng dipun êbyuk, cupu lajêng tininggil, astane Bratasea tinêlungakên sakathahing Kurawa, tan kenging gingsir: taksih tininggil; kaku manahing Kurawa, Bratasena dèn ilik-ilik; Bratasena risi, yèn ngucapa Bratasena. "Angur aja kaduwe pisan".

Lajêng binucal têbih, tibane tiba sumur Jalatundha, benjing timbul, yèn wontên putra saking ing Ngatasangin ngêjawa, ingkang nama Bambang Kumbayana. Lajêng Kurawa kinipatakên pating palêsat, lajêng bubar Kurawa sami mantuk, nuntên tancêp kayon.

__________

--- 3 : [0] ---

[Grafik]

--- 3 : [0] ---

[Grafik]

--- 3 : [35] ---

Punika Lampahan Bima Bungkus.

(Gambar no. 1). Ingkang jinêjêr rumiyin Dhêstharata wontên ing nêgari Gajahoya, nimbali Radèn Sêngkuni, Radèn Jayapitana, lajêng kinèn ngupados gêgaman ingkang pasah bungkusira ingkang rayi radèn bungkus; lajêng mangkat Sêngkuni lan Radèn Jayapitana.

Nulya kadhatonan, Dèwi Gêndari kalihan Dèwi Dursilawati sakunduripun Radèn Dhêstharata lajêng kondur.

Nulya pasowan jawi, angkatipun Radèn Sêngkuni lan ingkang putra Radèn Jayapitana, dèn iring para Kurawa, lajêng bodhol.

__________

Sinigêg gênti kocapa adêgipun Bathara Guru lan Bathara Nêrada babakan ngunjal[12] dhatênge Mahraja Pandhudewanata, tinimbalan mring ngarsane Bathara Guru, lajêng dinangu ing lampahira. Mraja Pandhu matur nyuwun nyambut titihanira Bathara Guru ingkang wasta Lêmbu Andinikênya, pratela yèn dibêbana ingkang rayi Dèwi Madrim, botên purun carêm yèn botên angsal titihan pun Lêmbu Andinikênya. Bathara Guru parêng lajêng kapatêdhakakên. Bathara Guru dhêdhawuh kalilan nitihana kalih ingkang rayi Dèwi Madrim. Lajêng bubaran mantuk, lajêng kadhatonan.

Dèwi Madrim kang kocapa, ngajêng-ajêng rawuhe ingkang raka, botên dangu sarawuhe ingkang raka mudhun saking ngawiyat anjog palataran ing kadhaton. Dèwi Madrim lajêng mêthuk mring kang raka, ingkang raka kèndêl munggèng luhur sarta ngawe ingkang rayi kinèn tumut [tu...]

--- 3 : 36 ---

[...mut] nitiha, lajêng mundhut lantaran panitihan, sinaosan Dèwi Madrim lajêng minggah ing lantaran. Mraja Pandhu nyandhak astane ingkang rayi, sarta ngrangkul têngahe ingkang garwa, lajêng samya nitih, kang garwa munggèng ngarsane ingkang raka, lajêng kaidêrakên saubênging pandhapa, ngantos mubêng kaping tiga, têdhake saking lêmbu mangka surup sang hyang pratanggapati, têdhak saking luhuring titihan, sarta nganthi astane ingkang garwa, lajêng lênggah sakalihan, mundhut dhêdhaharan, sêsampunira dhahar sêkalihan, lajêng kondur dhatêng pasarean kocap lajêng sacumbana, lha ing ngriku Dèwi Madrim gènira sêsêcan kalih ingkang raka, yèn ingkang raka surud rumiyin, ingkang rayi sampun sulaya dintên. Kocap sampun sapêkên Mraja Pandhudewana sumêngka pangawak bajra, ngunjukakên titihan.

__________

Sinigêg Dèwi Madrim sowan ingkang raka Dèwi Kunthi, nyuwun aji puntawêkasing tunggal tanpa lawanan, sarta ngakên guru mring kang raka Dèwi Kunthi, lajêng winêjang rambah kaping kalih sagêd, lajêng nggarbini mila kêmbar gènipun wawrat.

__________

Sinigêg gênti kocapa ratuning dênawa Mahraja Kaladêrgangsa, nêgari ing Batareta, utusan nglamar dhatêng nêgari ing Tasikmadu. Lajêng mangkat cakara bupati satunggal wasta Kyai Bragalba, bodhol samantrinira, lajêng ngancik sajawining kitha ing Tasikmadu. Mahraja Karêntagnyana, kalih kêng putra waruju lan patihira.

Sadangune pocapan, sadhatênge Kyai Bragalba, lajêng tinimbalan, dinangu katur kang ponang sêrat, binuka sinukmèng driya, bêbukaning sêrat ngêbun-êbun enjing; Prabu Karêntagnyana sumendhe dhatêng ing putra Radèn Citra Warsita, lajêng mundhut ingkang putra, mundhut sayêmbara prang. Bragalba sagah ngtauri[13] kêncengan, [kênce...]

--- 3 : 37 ---

[...ngan,] lajêng bubar, Radèn Citra Warsita mêdal saha balanira sarta rêkya-[14]na patya.

__________

Sigêg barising dênawa, sawêdalira Kyai Bragalba, wêwarta yèn kapundhutan sayêmbara prang, Bragalba rêmbag ngeman lampah. Sadanguning pocapan têngara gêgaman ing kaputran mêdal, lajêng pinêthuk bala sami bala, gaman kaputran kawon. Sigra Kyai Patih Mandanasraya tumandang, bala dênawa pinagut bubar. Mangsah Kyai Bragalba, Mandanasraya pinêlandang, Mandanasraya kuwalahên lumajêng. Mangsah Radèn Citra Warsita prang lan Bragalba, kalindhih Radèn Citra Warsita, lumajêng sabalanira, bala dênawa anglut ing saparanira. Citra Warsita botên lumêbêt kitha, manjing ing wanawasa, nulya gara-gara, jlêg Sêmar, Petruk, Nalagarèng; sampunira bêbanyolan adêgipun Arjuna ingkang sêdhih manahira ningali ingkang raka, kang binucal ing pasetran ingkang nama Radèn Bungkus, ingkang asring dipun endhangi.

Sêmar ngajak kondur mring gustine, Arjuna tan karsa mantuk, karsa prihatin mring kang raka, muga angsala nugraha mring Sang Hyang Otipati, kaparingana marga pêcahing bungkus. Sampun tita karsane ingkang rama, kadamêl sayêmbara: sapa ingkang bisa mêcah bungkus sinêngkakakên ing aluhur, jinunjung sêka ngisor; sampun nêlas mantri bupati ing Ngastina datan wontên ingkang sagêd mêcah bungkus, miwah pitulunge ingkang eyang Wiratha tuwin prabu ing Mandura, ingkang asung gêgaman tan têtês, pramila Arjuna sangêt gènira prihatin, datan arsa kauban wangon, kêkadhar munggèng wana. Datan antara dangu dhatênge putra ing Tasikmadu Radèn Citra Warsita, kapanggih lan Radèn Janaka, lajêng kapinta sraya. Arjuna purun, lajêng prang lawan dênawa, dênawa kawon, pêjah têtiga jinêmparing, lajêng sinebakakên mring kang rama ing Tasikmadu, Arjuna nyuwun

--- 3 : 38 ---

gêgaman, ingkang pasah bungkuse ingkang raka. Lingira prabu ing Tasikamdu ngandika datan wontên ingkang pasah ingkang warastra, kawaskitha[15] yèn badhe wontên pitulunging juwata. Byar padhang ing galihira Janaka, lajêng pamit mring Prabu Tasikmadu.

__________

(Gambar No. 2). Sinigêg gênti kocapa adêgipun Bathara Guru kalihan Nêrada, Hyang Guru ndangu gara-gara. Nêrada matur yèn putraning Pandhu ingkang mêdal bungkus, ingkang binucal ing alas Setragandamayit purawanya[16] binucal tan pasah dening braja. Hyang Guru ngandika: "Yèn bungkus tan pêcaha, ilang ugêr-ugêring Pandhawa têtalining kêkasih".

Nyang[17] Guru nimbali sutanira kang aran Gajahsena. Hulya[18] dhatêng Gajahsena, dhinawuhan kinèn mêcah bungkus. Aturnya Gajahsena sêndika, Nêrada kinèn ngiringakên. Sakesahing Gajahsena, Hyang Guru dhawuh mring Dèwi Uma, kinèn maringi wastra mring jabang bayi kang mêdal bungkus. Dèwi Uma mituhu sigra mundhut wastra polèng bang binêkta, tan antara dhatêng prênahing bungkus, sampun linêbêtan sajronging bungkus, nulya binusanan cinawêtan sinjang polèng, Dèwi Uma sigra mêsat. Tan antara dhatênge Hyang Nêrada, mbêkta Gajahsena, lajêng tinuduh mring Nêrada, ponang bungkus kinèn nujah sarta nggadhing. Nulya mangsah Gajahsena, ponang bungkus tinujah sarta ginadhing. Pêcahing bungkus Gajahsena sirna; jabang bayi wus katêmu cêcawêtan, mulat ngiwa nêngên tan wontên ingkang katingal, mung jawata satunggal, sigra pinaranan mring jaka bungkus; sigra dènnya têtanya: "Kowe iki sapa aranmu?"

Kang tinanya nabda, lingya: "Aku dewa Bathara Nêrada".

Jaka Bungkus têtanya: "Kowe wêruh si bapa? Aku tuduhna mring si bapa".

--- 3 : 39 ---

Lingnya Nêrada: "Kowe anaking Pandhu, biyungmu Dèwi Kunthi, lairmu mêtu bungkus tan pasah dening wêsi, sinayêmbarakakên mring ramanira, sakèhe ratu sèwu nêgara, ora ana ingkang bisa mêcah ing bungkusmu, mung yogane adhi Guru ingkang aran Gajahsena, ingkang mêcah ing bungkusmu; kowe mêtu, Gajahsena ilang. Kowe bungkus tak jênêngake Si Bratasena brata iku tapamu salawasmu ana ing bungkus, kanthi duwe adhi siji, jênênge Si Janaka; kakangamu Si Punta, dene sena ngêpèk jênêng kang mêcah mring bungkusmu, Gajahsena kang ilang, kowe kang ana, mulane kowe jênêng Bratasena. Wis ta kowe muliha mênyang nêgaramu ing Ngastina, yèn ditakoni bapakamu ngakua bocah sêka Setragandamayit, jênêngmu Sang Bungkus".

Bratasena sumêmprung kesah.

Kocapa ingkang kèri Hyang Nêrada, ningali bungkus taksih wontên tejane, osike Hyang Nêrada: "Ana dadine bungkus iki besuk," sigra pinundhut binêkta mumbul mring wiyati, nulya ngungkuli ing alas Banakêling, tumurun Hyang Nêrada, munggèng sela gêgilang, sigra dinèkèk ing sela, Nêrada mumbul.

__________

Sinigêg gênti kocapa nêgari ing Banakêling, Mahraja Sêmpani, ya Wijawastra, ginubêl mring kang garwa, kapengin ngêmban putra. Sêmpani datan darbe tuwuh, sigra kesah mumbul ing awiyat, sarêng ningali wana Banakêling wontên teja, sigra pinaranan njujug sela gêgilang, ingkang mawi teja, ningali ngalumpruk pêthak, cinandhak lajêng ginanda. Lingnya Mraja Sêmpani: "Têka kaya bocah bayi ambune". Ponang bungkus sarêng kasabda mring Mraja Sêmpani, purnajati, ilang warnaning bungkus dadya jabang bayi. Mraja Sêmpani bungah mriksa jabang bayi nangis congèr-congèr, nulya binêkta mantuk, lajêng sinungakên mring kang garwa. Lingnya Prabu Sêmpani jabang bayi gènira manggih munggèng

--- 3 : 40 ---

sela gêgilang, lajêng tinampanan mring kang garwa, nulya dèn êmban cindhe puspita.

Lingnya Mraja Sêmpani: "Aja kowe amboni banyu susu, aja koinyakake, mundhak akèh larane, angur gêlisa dadi batur, nuli gêlisa gêdhe, aku arêp wêruh dadine kaya sapa".

Nulya dinusan ing toya gege, nulya gêng dados jêjaka, sinungan jêjuluk radèn Tirtanata kalih Radèn Jayadrata.

__________

Sinigêg gênti kocapa Radèn Janaka, Sêmar, Petruk, Nalagarèng, ingkang arsa tuwi bungkuse ingkang raka, kang anèng Setragandamayit, tan dangu wontên kang katingal, tiyang lumampah agêng inggil, sarira koning sarta cêcawetan, lajêng pinurugan mring Janaka.

Janaka têtanya: "Kowe iku bocah ngêndi?"

Kang tinanya sumaur ngaku yèn bocah Setragandamayit: "Jênêngku Si Bungkus, bungkus kang binuwang mring si bapa Pandhu Dewanata, babuku Dèwi Kunthi".

Janaka sarêng mirsa mring tuture Radèn Bungkus, sigra nyungkêmi mring Radèn Bungkus sarta nangis. Kang tinangisan têka dhêlog-dhêlog sarta alon wuwusnya:

"Kowe sapa, dene têka nangisi mênyang aku?"

Janaka pratela: "Kula rayi sampeyan tumuntên, nama kula pun Janaka".

Bratasena emut lingya Sang Hyang Nêrada, ingkang rayi rinangkul, sarta tutur purwanira pêjah saking bungkus, kang rayi kinèn mantuk rumiyin, pratela mring kang rama. Ingkang rayi lajêng nurut mantuk rumiyin, Bratasena nusul nanging ngêdohi kemawon.

__________

Sinigêg kasaru kocapa putra Gajahoya Radèn Jayapitana, lan Sêngkuni, Dursasana, Durmuka, Srutayuda, Srutayu, Yudirgareka, Drujaya, Jayawikata, Citraksa, Carucitra, Citragambir, kinèn ngupados gêgaman mring

--- 3 : [0] ---

[Grafik]

--- 3 : 41 ---

kang rama, ingkang pasah bungkus, sami kesah ngecani sarak kemawon, munggèng sajawining kutha, tan dangu ningali tiyang lumampah piyambak. Jajapitana tan samar yèn ingkang rayi Radèn Janaka. Rêmbage Sêngkuni ingkang putra ginasah:

"Angur patènana mupung kêtêmu dhewe, ayo padha binêncèt".

Radèn Jayapitana rêmbag lan sakadangira nulya kinêpung. Jayapitana tanya mring Janaka, matur yèn mêntas ngupados gêgaman, nanging botên angsal; Jayapitana ngêjèpi mring kang paman, kêjèp-kinêjepan, ingkang putra sarêng umangsah, nubruk mring Janaka. Janaka wus lumumpat. Janaka kinuya-kuya, kinandhang-kandhang. Kocapa Radèn Bungkus, sarêng mirsa ingkang rayi dipun kaniaya, sigra gènira têtulung, mring Kurawaboga, sigra pinêlandang.

Sêngkuni tanya mring Bratasena: "Kowe sapa, bocah ngêndi, lan jênêngmu sapa, karo apamu têka koiloni kuwe?"

Sumaur Bratasena: "Aku bocah têka Setragandamayit, Si Bungkus jênêngku; Si Janaka mulane dak iloni, dudu samak dudu kadang, nanging patine milu kelangan".

Kurawa sarêng mirsa sumbare Radèn Bungkus lajêng bubar sami lumajêng. Bratasena eca gènira lumampah kalih ingkang rayi.

__________

Sinigêg adêge prabu ing Ngastina, Mraja Pandhu, lan ingkang rama Bêgawan Abiyasa, Radèn Puntadewa. Kocapa Dèwi Madrim wawrat sêpuh, ngajêngakên dintên Abiyasa ngandika mring kang putra Mraja Pandhu, atanya ingkang wayah Radèn Janaka.

Aturing Pandhu: Kula botên uninga purugipun, salamine wayah sampeyan ingkang mêdal bungkus kula bucal wontên wana Setragandamayit, wayah sampeyan dèrèng mantuk-mantuk.

--- 3 : 42 ---

Sêdangune pocapan dhatênge Radèn Janaka, dumrojog nèng ngarsanira. Dinangu mring kang rama. Janaka matur purwa dhatêng duksina, sarta matur ingkang raka sampun mulya pêcah saking bungkus, nama Radèn Bratasena kêrsaning juwata. Lajêng tinimbalan Radèn Bratasena, sarêng dumugi ngarsa botên purun ndhodhok, nulya rinangkul mring kang ibu sarta tinangisan. Bêgawan Abiyasa anglud samya ngrangkul miwah Radèn Puntadewa.

Sirêping tangis Bratasena dinangu mring kang rama, katur ature Bratasena purwa têkèng wêkasan, lajêng tancêp kayon.

__________

 


§ Bêgawan Druwasa sêsilihipun nama Bathara Surya. (kembali)
Narasoma. (kembali)
§ Limrahipun: lala lucu. Têmbung: raga tanpa mulih: lêrêsipun: raga tanpa mule, mbasakakên tiyang ingkang sampun botên kajèn, utawi siningkang-singkang, sampun kajarwakakên ing saloka paribasanipun Tuwan Wintêr. (kembali)
ginoco. (kembali)
Bagaspati. (kembali)
§ Onthoh-onthoh artosipun ngrangkul ngambung tuwin ngucêl-ucêl, sêrêpipun ing lare utawi ing tiyang èstri. (kembali)
§ Limrahipun: kinuswa. (kembali)
§ Katandhing kalihan sêratipun Tuwan Cohen Stuart botên sagêd analêsihakên têmbung; grênjak punika, awit kasêrat: grêjok, saya anyamarakên ukara, bokmênawi lêrêsipun: grênjêt. (kembali)
ginunêm. (kembali)
10 Parikênan. (kembali)
11 ingkang. (kembali)
12 § Babakan ngunjal utawi babak unjalan, artosipun, ungêling gangsa manut ringgit ingkang jinêjêr, mangka wontên ringgit malih ingkang dhatêng, kasêlan gêndhingan sanès. (kembali)
13 ngaturi. (kembali)
14 § Pikajênganipun: rakya. (kembali)
15 § Têmbung tanggap - ka, saking lingga waskita têgêsipun sami sakilah waspada. (kembali)
16 purwanya. (kembali)
17 Hyang. (kembali)
18 Nulya. (kembali)