Ringgit Madya Lampahan Radèn Narayana, Mangkunagara IV, 1913, #83 (Pupuh 01–11)

Judul
Sambungan
1. Ringgit Madya Lampahan Radèn Narayana, Mangkunagara IV, 1913, #83 (Pupuh 01–11). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
2. Ringgit Madya Lampahan Radèn Narayana, Mangkunagara IV, 1913, #83 (Pupuh 12–20). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
Citra
Terakhir diubah: 20-06-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Sêrat Pêthikan saking Pakêm Ringgit Madya, Lampahan Radèn Narayana.

Aminta sraya dhatêng Sang Bagawan Danèswara ing wukir Nilandusa, anumpês sakathahing ama ingkang ngrisak pantun ing sabin, tuwin tanêman palawija ing patêgilan, pakêbonan sarta sanès-sanèsipun panggenan, yasan dalêm suwargi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara kaping IV. ing nagari Surakarta, inggih punika ingkang linuri para among tani anggènipun asarana sêsarat mênawi badhe nanêm pantun, saha wiwit (badhe panèn sapisan) amrih wilujêng kalis ing ama, sarta sêpên ing sambekala, ngantos dumugijaman sapunika, miturut wêwarahipun pararatuning ama dhatêng Radèn Narayana, kasêkarakên macapat.

--- [2] ---

[...]

--- 3 ---

1. Dhandhanggula

1. jamaking wong nêdya mardi budi | dipun katon mêmanising netya | cineda yya sakatine | winaon datan mêsgul | marma mêngko ingkang anulis | ayun mêdhar carita | gêgancaranipun | kang Pustakaraja Madya | winanguning sêkar macapat dera mrih | sanggyaning kang nupiksa ||

2. arsayèng tyas de ingkang rinuwi | lêlakyane Prabu Gêndrayana | ing Mamênang karatone | nata dibyambêk sadu | widagda ring ulah praniti | ing tyas wirotamarja | paramarta agung | amot mêngku pangaksama | tyase sami kadya pandhita ing wukir | mungkur mring ardaning tyas ||

3. nyata lamun kêkasih dewa di | Sri Mamênang gung dènnya dêdana | maring wadya punggawane | agêng alit tan kantun | sumarambah kawulèng nagri | tanapi măncapraja | kawratan sadarum | saking sih dana narendra | ing Mamênang tuhu binatharèng bumi | sinihan wadyakuswa ||

4. wignyèng basa mès[1] tyasing sasami | mila [mi...]

--- 4 ---

[...la] para nata măncapraja | ajrih trêsna sadayane | mring Gêndrayana Prabu | panganggêpe liningga kadi | jawata ngejawantah | ya ta duk mangapus | nujya ari Kêmis tanggal | ping wolulas wulan Siyam warsa Alip | dene angkaning warsa ||

5. tinêngêran tri catur naga ji |[2] kang pinurwa jêjêring carita | prajèng Mamênang wiyose | Gêndrayana Sang Prabu | nalikane ri Soma manis | nata miyos sewaka | pêpak pra wadya gung | kang nangkil nèng panangkilan | kang kaparèng ngarsa sang anindya mantri | Kyana Patih Sutiksna ||

6. jajar lawan risang narpasiwi | wêwangine Radyan Narayana | dahad sulistya warnane | lir Hyang Asmara tumrun | têmah dadya sêkaring lathi | kidunging para kênya | dhasar narpasunu | panuksmaning Hyang Kesawa | marma nadyan taksih timur rajasiwi | wus prawirèng ayuda ||

7. wingkingirasinambêtan dening | pra punggawa tuwin pra satriya | myang mantri ulubalange | balabar yayah laut | busanane manekawarni [ma...]

--- [0] ---

Ringgit Madya Lampahan Radèn Narayana, Mangkunagara IV, 1913, #83 (Pupuh 01–11): Citra 1 dari 2
Radèn Suksara. Bagawan Danèswara. Para punggagawa. Patih Sutiksna.Prabu Gêndrayana. Parêkan.

--- 5 ---

[...nekawarni] | kadi sêkar sataman | abyor sri dinulu | sang nata lênggah ing dhampar | kang pinatik sêsotya nawarêtna di | murub andiwangkara ||

8. ya ta wau kangjêng sri bupati | angandika arum marang patya | kakang ngong antuk wartane | Ngastina yayi prabu | ing samêngko pindhah nagari | praja ingêlih nama | Yawastina iku | ngêndi kakang prênahira | desa ingkang dèn lihi dadya nagari | lan bangêt ngungun ingwang ||

9. dene yayi prabu tan sung uning | matur nêmbah Dyan Patih Sutiksna | dhuh gusti kangjêng pamase | lêrês dhawuh pukulun | rayi tuwan pindhah nagari | nanging prasasatira | tan pindhah puniku | margi mung mingsêr kewala | têbihipun kalihan karaton lami | tan wontên tri onjotan ||

10. praja enggal gusti dèn wastani | Yawastina makatên kang warta | dèrèng têlas ing ature | sira sang mantri anung | dyan kasaru wau kang prapti | Bagawan Danèswara | kang martapèng gunung | padhepokan Nilandusa | dumarojog [du...]

--- 6 ---

[...marojog] laju manjing păncaniti | kagyat Sri Gêndrayana ||

11. gupuh-gupuh dènnya ngacarani | maring wau ingkang nêmbe prapta | wus tata lênggah kalihe | sang nata nambrama rum | sabdanira ngênorkên ragi | dhuh babo sangêt bêgja | kamayangan ingsun | kakang sang bagawan prapta | ing Mamênang raosing tyas kula kadi | prasasat karawuhan ||

12. Hyang Naradha dutèng Hyang Pramèsthi | pan makatên gênging manah kula | saking wus lami yêktine | kula onêng kalangkung | mring paduka kakang sang yogi | andhêku sang bagawan | lawan alon matur | dhuh gusti nataning jagad | nadyan ulun raosing manah tan slisir | kadi dhawuh paduka ||

13. langkung onêng mring paduka aji | nanging èngêt yèn ulun tinitah | alit kathah pakèwêde | lan kaping kalihipun | ing samangke pun kakang lagi | dahat rudatining tyas | de prawitanipun | kathah bêbênduning dewa | kang dhumawah wontên wêwêngkoning wukir [wu...]

--- 7 ---

[...kir] | pratapan Nilandusa ||

14. dasih tuwan tiyang among tani | kanan kering wukir Nilandusa | kathah kasrakat èstune | margi kang tanêm tuwuh | botên wontên sagêd mêdali | kaparag dening ama | sami tan lêstantun | de gusti warnining ama | warna-warna wontên warni walang sangit | andhapan myang jinada ||

15. tuwin warni ulêr sarta pêksi | dene ama kang tan sipat nyawa | ugi kathah ing warnine | mênthèk lodhoh myang jamur | ganggêng lumut sami mêjahi | sanggyanipun kang ama | nêmên tandukipun | yèn tanêm ing pasabinan | sampun têlas gusti laju nrajang maring | tanêm ing patêgilan ||

16. lamun patêgilan sampun ênting | lajêng nglanjak dhatêng pakawisan | kadosdede suwadose | dene amba pukulun | wus rumaos katêmpah dening | tinuwa tuwanggana | mring janma sadarum | wêwêngkon ing Nilandusa | botên kirang gèn kawula ngistiyari | isarat myang têtumbal ||

17. datanapi [data...]

--- 8 ---

[...napi] japa matra gusti | inggih namung sasagêd kawula | sadaya wus tanpa gawe | tan suda mandar agung | panrajange ngebat-ebati | pangupaya nir daya | nalar pratikêl wuk | saking sangêting duhkita | manah ulun toging pranamung sêmadi | nuwun aksamèng dewa ||

18. nuju dintên malêm Gara Kasih | madya ratri amba matêg puja | nyipta sajuga èsthine | dumadakan tan dangu | nulya wontên parmèng dewa di | kawula antuk swara | dumêling karungu | rumasuk karna kalihnya | de kang swara makatên ingkang kapyarsi | hèh Rêsi Danèswara ||

19. wruhanta kang among ama sami | para dewa têdhak Sang Hyang Kala | kabèh lêlima cacahe | dene ta wastanipun | Hyang Kithaka iku ngratoni | rupaning ama walang | dene kalihipun | pêparap Sang Hyang Gindhala | yèku ingkang ama ludhês dèn ratoni | katri Hyang Pritanjala ||

20. angratoni ama rupa pêksi | catur wasta sira Hyang Sungkara |

--- 9 ---

angratoni ama cèlèng | kalima arinipun | Hyang Sungkara ingkang wêwangi | Bathara Iranyaka | angratoni iku | sakèhing ama jinada | lima pisan tumurun barêngan sami | marang ing marcapada ||

21. banjur padha malih warna sami | angratoni ama sowang-sowang | sumêdya mêpêt pangane | janma nuswapadèku | pinrih sirna atumpês tapis | dene kalamun sira | yun lumawan pupuh | lawan jawata lêlima | sayêktine sira bakal tan kuwawi | dêstun malah sangsara ||

22. sisip sêmbir tiwas anêmahi | de kalamun sira yun raharja | nênuwuna pasihane | Sang Gêndrayana Prabu | Sri Narendra Mamênang nagri | iku sêsuwunana | pitulunganipun | wit isining pramudita | nora ana kang kuwasa nanggulangi | mrih sirnaning kang ama ||

23. iya amung putrane sang aji | Gêndrayana ratu ing Mamênang | Dyan Narayana parabe | yèku ingkang anggadhuh | astra aran Ki Pasopati | wruhanta putranira [pu...]

--- 10 ---

[...tranira] | Sri Mamênang mau | panuksmaning Hyang Kesawa | Sang Hyang Soman iya Sang Hyang Wisnumurti | prasasat ngejawantah ||

24. dhêdhasare wus dadya kang wajib | Sang Hyang Wisnu rumêksa ing jagad | rahayua saisine | ama duskarti lêbur | rawe-rawe rantas katapis | malang-malang sinêmpal | pinapar kang brênjul | rèpèh-rèpèh ingurugan | wus mangkono wajibe Hyang Wisnumurti | têlas ingkang wasita ||

25. dene amba satêlasing wangsit | enjingipun lajêng têrus bidhal | saking arga age-age | sowan ngarsa pukulun | ngaturakên wartaning wangsit | kados langkung sayogya | kalamun sang prabu | amarêngna putra tuwan | atêtulung mring sagung kawula alit | kang sami nandhang papa ||

26. yèn kongsia kalajêng sayêkti | têmah tiwas kawulèng padesan | jajahan Mamênang kabèh | bebas têmahan lêbur | sintên ingkang kecalan gusti | liya jêng padukendra | pramila pukulun |

--- 11 ---

mugi paringa aksama | mring kawula dene kamipurun kongsi | nuwun mring putra tuwan ||

27. Radyan Narayana kang supadi | tindak maring wukir Nilandusa | nyirnakkên ama sakèhe | sangêt panuwun ulun | rumêntahing kadarman aji | maringkên rajaputra | têlas aturipun | Sang Bagawan Danèswara | ya ta Prabu Gêndrayana duk miyarsi | atur ingkang mangkana ||

28. langkung putêk sajroning panggalih | têmah kèndêl dangu tan ngandika | saking pakèwêd galihe | yèn ta upaminipun | ingkang putra dipun kêkahi | yêkti antuk kuciwa | ing jana sinêbut | narendra kurang utama | datan tulung mring kawula kawlasasih | tan asih maring wadya ||

29. lawan lingsêm mring sasamèng aji | nanging lamun mangke ingkang putra | narpendra pinaringake | ing tyas awrat kalangkung | mèngêt putra dèrèng winanci | dadya saroyèng yuda | ingadu prang pupuh | mêngsah lan sakèhing ama | sru sandeya sang nata

--- 12 ---

jroning panggalih | bokbilih kasor ing prang ||

30. sayêktine tiwas angêmasi | têmah cuwa trêsnane ring putra | mila dangu mèndêl bae | sang nata lan tumungkul | saking dènnya nganam panggalih | ing ngriku sang bagawan | awaskithèng sêmu | wruh rêndhête sri narendra | dènnya dangu tan paring sabda mangsuli | saking kewraning driya ||

31. sang bagawan trampil angambali | aturipun mring wau sang nata | lan amèt sambang rapête | nihan ta aturipun | dhuh pukulun nataning bumi | ywa kaduk bela tămpa | mênggah atur ulun | gusti botên pisan-pisan | lamun nêdya ngloropakên putranta ji | Rahadyan Narayana ||

32. amung tuhu umatur sajati | lawan malih titahing jawata | jroning marcapada kabèh | kang nandhang sungkawa gung | yèn ing jagad maksih pinêsthi | wontên jênênging nata | yêkti sami ngaub | nênuwun sih pitulungan | kajawi ta ing jagad tanpa narpati | dene [de...]

--- 13 ---

[...ne] yèn tan wontêna ||

33. sri narendra yêktinipun gusti | badhe datan wontên pra pandhita | pra maharsi sasamine | ingkang martapèng gunung | amêmuji arjaning nagri | sintên kang dèn suwuna | jagad awang-uwung | tanpa ratu tanpa nata | dhuh pukulun atur kawula puniki | yogya dipun galiha ||

34. ya ta wau Sri Gêndrayana ji | myarsa ture Rêsi Danèswara | tandyangandika ge-age | hèh kakang sang awiku | kèndêl kula ing sawatawis | botên ta yèn katênta | kula badhe mingkuh | tumambuh saking bêbaya | amung saking gagas têmbe kadipundi | pêthanipun ing yuda ||

35. rèhning putra dika dèrèng wanci | lamun ingabêna băndayuda | dening sangêt maksih lare | lêrês nadyan pun kulup | panuksmaning Hyang Wisnumurti | ananging kadiparan | ing pratingkahipun | yèn dèrèng nama diwayah | saèstune dados sandeyaning ati | makatên sabab kula ||

--- 14 ---

36. ngantos dangu botên amangsuli | kakang maring paminta andika | saking manah pakèwêde | têlas sabda sang prabu | sang bagawan umatur malih | bêbolèh kathah-kathah | mrih sang nata lipur | ing galih nuli maringna | rajaputra binêkta marang ing wukir | mangkana aturira ||

37. dhuh-dhuh pukulun kangjêng dewaji | yèn makatên panggalih paduka | tilar ing tyas santosane | supe kawasanipun | Hyang Wasesa kang sipat asih | kang sipat sarwa murah | nadyan taksih timur | putranta sang narpaputra | lamun Sang Hyang Wasesa ingkang akardi | ungguling janma mudha ||

2. Sinom

1. sayêkti datan sangsaya | mungsuh agêng satus wukir | pun mudha botên rêkasa | karya soring satus ardi | nadyan kinosok bali | ingkang gagah gung aluhur | prawira măndraguna | sugih bala surasêkti | yèn Hyang JagadPratingkah damêl kasoran ||

2. sayêktine tanpa daya | sakêdhap wus sirna gusis | gunging

--- 15 ---

wadya tanpa sesa | kasêktène tan ngundhili | lan malih paduka ji | sayêktine taksih emut | cariyos jaman kina | kaelokaning dewa di | lêlampahanipun Sri Bathara Rama ||

3. rajaputra ing Ngayodya | tanah Indhu duk kariyin | atmaja Sri Dasarata | de Bathara Rama ugi | sami lan putranta ji | mapan sami titisipun | Sang Hyang Wisnu sanyata | duking yuswa wolung warsi | dipun suwun dadya sarayaning aprang ||

4. dening sang maha pandhita | Bagawan Sutiksna Yogi | dhepok ing wukir Dhandhaka | ayun ingabên ngajurit | lan danawa kang sami | ngrêrisak pratapanipun | pra rêsi myang pandhita | dene wau ka[3] para wil | wadyanipun Prabu Rahwana Ngalêngka ||

5. Bathara Ramawijaya | saèstu kabêkta dening | sang bagawan mring Dhandhaka | tan wontên ingkang umiring | kajawi ingkang rayi | parap Dyan Laksmanasadu | sapraptaning pratapan | wau rajaputra kalih |

--- 16 ---

dumadakan prange lan para rasêksa ||

6. sagêd unggul ing ayuda | danawa gung tumpês tapis | tan wontên kantun satunggal | sakondure rajasiwi | saking Dhandhaka wukir | botên sawatawis dangu | ngêdali sayêmbara | dhatêng nagari Mantili | prajanipun Sri Mahaprabu Janaka ||

7. karantên wau sang nata | darbyatmajuga pawèstri | langkung endah warnanira | ngasorkên langên sabumi | nadyan pra widadari | musthikaning sawarga gung | kabèh sami kawuntat | dèrèng paja-paja mirip | apêparap rum-arum Dyah Dèwi Sinta ||

8. de kang dadya sayêmbara | sintên-sintên kang kuwawi | amênthang langkap pusaka- | nira Sang Prabu Mantili | saèstu jatukrami | lawan Dyah Sinta Sang Ayu | ratu sèwunagara | sami prapta anglêbêti | sayêmbara nging tan wontên lêbda karya ||

9. têmahan wangsul sadaya | para nata sèwunagri | ngalênthung tangan kothongan | kèh jêmpana lawan joli | calon agêm [a...]

--- 17 ---

[...gêm] sang putri | lan para parêkanipun | anglur datanpa karya | pinikul binêkta bali | dupi raja pinutra Ramawijaya ||

10. majêng anyandhak gandhewa | pusakèng praja Mantili | kang langkap tandya pinênthang | tugêl bêt tan ngaping kalih | ya ta Natèng Mantili | umyat dahat sukèng kalbu | sayêmbara wus bubar | Bathara Rama nulya glis | dhinaubkên lan putra Dyah Dèwi Sinta ||

11. sabibaring mangun krama | Risang Dasaratasiwi | kondur mring nagri Ngayodya | ingiring para prajurit | wadyabala Mantili | pra mantri myang punggawa gung | dupi sapraptanira | têngah marga jro wanadri | sang nararya binegal dening pandhita ||

12. namarsi Rama Bargawa | langkung dènnya sura sakti | prawira dibya sumbaga | nguni kang ngasorkên maring | Narendra Maèspati | Sri ArjunaSasrabau | tan ngangge taha-taha | nèng ngarsane rajasiwi | ngajak aprang botên kenging sininggahan ||

13. para sêpuh kathah

--- 18 ---

nyêgah | lan umatur bêbolèhi | mring Rêsi Rama Bargawa | sampun ngantos ngajak jurit | rèhning sang rajasiwi | taksih dahat timuripun | nanging kèhing panyêgah | botên pisan nanggulangi | drênging sêdya Sang Rêsi Rama Bargawa ||

14. têmahan sang rajaputra | majêng lumawan ing jurit | dilalah parmaning dewa | Rama Bargawa kalindhih | măngka caritèng nguni | Bathara Rama rumuhun | duk aprang lan danawa | lagya yuswa wolung warsi | yèn pinetang sêpuh putra padukendra ||

15. lan malih wontên tuladan | eyang paduka pribadi | Ngastina Sri Dipayana | inggih Prabu Parikêsit | duk yuswa kawan ari | cinidra duratmaka nung | katri samya prawira | Arya Aswatama kalih | Arya Kartamarma tri Dyan Arya Karpa ||

16. tiga gêgêdhug Ngastina | kala jamanipun gusti | eyang paduka sang nata | Suyudana Sri Bupati | duk nuju madya ratri | dhustha tri manjing kadhatun | para putri [pu...]

--- 19 ---

[...tri] sadaya | tanapi parêkan cèthi | sajro pura tan ana mêlèk sajuga ||

17. wit kêna pangaribawa | prabawane maling sêkti | wau ta sang duratmaka | katri wus sami umanjing | mring pasarean bayi | tridhustha suka andulu | maring eyang paduka | sira Prabu Parikêsit | dèrèng sare tawar sirêping durjana ||

18. têtiga kang laku dhustha | dupi wus parêk bêbayi | sarêngan musthi warastra | bayi arsa dèn lunasi | karsaning jawata di | dumadakan duk ing wau | bayi ingagar-agar | badhe dhawahing jêmparing | bayi ngroncal lir suka antuk lilingan ||

19. suku jêjak tri warastra | têmah sami angênani | mring kang darbe sowang-sowang | dhustha tri sapangêmasi | makatên jawata di | karya kaelokanipun | botên kêni kinira | marang sakèhing dumadi | têlas ture Sang Bagawan Danèswara ||

20. Mahaprabu Gêndrayana | rikala wau miyarsi | bêbolèh kang kathah-kathah | tuwin [tu...]

--- 20 ---

[...win] dupi nguni-uni | lupiya nguni-uni | suka lêjar galihipun | Bagawan Daneswara | umyat lêjare sang aji | sang pandhita rêrewa datan nglagewa ||

21. ya ta wau sri narendra | tandya nantun rajasiwi | sira Radyan Narayana | hèh kulup apa sirèki | kaduga dèn jak dening | uwakira sang awiku | Bagawan Danèswara | maring Nilandusa wukir | pinèt sraya arsa ingadu ayuda ||

22. tandhing lan sakèhing ama | kang ngrusak tanêm ing sabin | tuwin tanêm patêgilan | tanapi sajroning dèsi | tanêm tuwuh sirnanting | kaparag ama sadarum | karya rusaking desa | manusane sêdhih kingkin | tur sandika sira Radyan Narayana ||

23. lawan nêmbah unjukira | dhuh pukulun jêng rama ji | tinêbihna ing dêduka | linêpatna tulah sarik | yèn parêng lan karsa ji | mênggah badhe lampah ulun | mring wukir Nilandusa | sampun ngantos dèn paringi | wadyabala umiring lampah kawula ||

--- 21 ---

24. mung amba nyuwun sajuga | sutanipun uwa patih | pun kakang Arya Suksara | ing lampah dadosa kanthi | nata manggut nyagahi | nging wus dungkap galihipun | mring karsane kang putra | Arya Suksara kinanthi | ngiras pantês ngulati ing musnanira ||

25. putrine rêkyana patya | wasta Dyah Sutiksnawati | kang murca tanpa karana | lir pinulung ing dewa di | lamun wignya kapanggih | Arya Suksara puniku | dadia saksinira | nata tambah sukèng galih | gya ngandika mring Bagawan Danèswara ||

26. hèh kakang maha pandhita | wruhanta kula samangkin | wus borong suta andika | kabêktaa maring wukir | amung kula bêktani | juga măngka kanthinipun | sira Arya Suksara | sutanipun kakang patih | sang pandhita tampi dhawuhing narendra ||

27. dahat sukaning wardaya | sang bagawan matur aris | sangêt ing panuwun amba | ingkang sarta ulun pundhi | pasihan paduka [padu...]

--- 22 ---

[...ka] ji | lah samangke amba nuhun | pamit dintên punika | wangsul mantuk maring wukir | putra tuwan ulun bêkta sapunika ||

28. muhung paduka paringa | pangèstu puja arjanti | sang nata maluyèng sabda | bok inggih dipun saranti | kèndêl watawis ari | manah kula dèrèng tuwuk | onêng lawan pun kakang | sang pandhita matur malih | dhuh pukulun sampun kirang pangaksama ||

29. rèhning manah daya-daya | ambujêng parlu rumiyin | ya ta wau sri narendra | têmahan laju jurungi | sang bagawan nulya glis | bidhal lawan rajasunu | Rahadyan Narayana | Arya Suksara umiring | sri narendra sapêngkêrira kang putra ||

30. mangu-mangu ing wardaya | ketang dènnya rajasiwi | tan ngangge dèn iring wadya | dahat sandeyèng jro galih | nanging lajêng kinikis | pinasrahkên ing dewa gung | lampahing rajaputra | lêstari antuk basuki | kongsi wangsul ing praja datan sangsaya ||

31. nata laju ngênyapura [ngênya...]

--- 23 ---

[...pura] | ginarbêg pawongan cèthi | kang nangkil samya bubaran | kya patih myang pra bupati | tanapi para mantri | sami sowang-sowang mantuk | ya ta tan winuwusa | sinigêg lampahirèki | rajaputra lan Bagawan Danèswara ||

32. tiga Dyan Arya Suksara | cinêndhak lampahe prapti | dhepok wukir Nilandusa | kagyat wau narpasiwi | myat sato măngsa sami | tanêman sajroning dhusun | tanêman patêgalan | tanapi tanêm ing sabin | samya bebas rinabasèng sato kewan ||

33. rajaputra rum têtanya | maring risang maha moni | dhuh wa sang maha pandhita | kadiparan kang sumarmi | kèh kewan măngsa sami | sasamining tanêm tuwuh | ing têgal pasabinan | sang pandhita amangsuli | dhuh ta anggèr sampun ngantos wara-wara ||

34. ngandikan ririh kewala | inggih punika kang warni | ama kang sami sikara | ngrêrisak tanêman sami | yèn rinêmbag baribin | lajêng wêwah kathahipun | brol-brolan [bro...]

--- 24 ---

[...l-brolan] tanpetungan | kadhang purun bujêng janmi | mring padesan yayah kadi soroh pêjah ||

35. ya ta sang rajapinutra | myarsa ature sang rêsi | umadêg kasuranira | nêdya tinumpês tumuli | saking duka tan sipi | myat ama ngrêrisak dhusun | nanging risang bagawan | sangêt botên nyuwawèni | tandya matur mring wau sang narpaputra ||

36. dhuh anggèr sang wirotama | prayogi rêrêm kariyin | lamun raosing sarira | wus wangsul lir wingi uni | labêt lêlampah têbih | sayahing angga wus mantun | lajêng mangsah ing yuda | makatên langkung prayogi | bêbasane wong badhe umagut yuda ||

37. kêdah mêpakkên sanjata | punika ingkang utami | yèn arsa prang sami janma | balik punika ing jurit | mêngsah kewan wanadri | lawan brêkasakanipun | parlu kiyating badan | myang puja matra mêmuji | mring jawata mrih rahayuning sarira ||

38. mangkana Arya Suksara | manambung sabda turnya ris | maring sang narpa atmaja [atma...]

--- 25 ---

[...ja] | dhuh gusti sang rajasiwi | kados langkung prayogi | andhèrèk sakarsanipun | Bagawan Danèswara | rajaputra nayogyani | ya ta katri samya manjing pacrabakan ||

39. wusnya samya tata lênggah | para cantrik ngadhêp sami | Sang Bagawan Danèswara | langkung êntyarsèng panggalih | urmat mring rajasiwi | dahat dènira sêsugun | sinuka parisuka | katri dhêdhaharan sami | ngiras ginêm dadining yuda kênaka ||

3. Pangkur

1. ya ta kang para pandhita | para cantrik jêjanggan myang maharsi | kang samya martapèng gunung | sakanan keringira | wukir Nilandusa wus sami karungu | yèn Bagawan Danèswara | antuk sarayaning wèsthi ||

2. ingkang badhe numpês ama | putranipun Sri Gêndrayana Aji | Natèng Mamênang jêjuluk | Rahadyan Narayana | para wiku maharsi myang uluguntung | sadaya prasami prapta | maring Nilandusa wukir ||

3. nêdya bantu ekapraya | amastuti jaya-jaya [ja...]

--- 26 ---

[...ya-jaya] sêsanti | mring kang arsa magut pupuh | Rajaputra Mamênang | wusnya nglêmpak anèng Nilandusa gunung | angginêm golonging rêmbag | wusnya kumpul rêmbag dadi ||

4. badhamine bangun enjang | rajaputra dènnya badhe ngangkati | amunah ama puniku | margi adating ama | dènnya măngsa ngrisak têtanêman dalu | muput kongsi gagat enjang | ya ta wau tan winarni ||

5. praptane ing kalamasa | lingsir dalu wau sang rajasiwi | Dyan Suksara kalihipun | lan sagung para tapa | wus sawega sangkêp upakartinipun | tandya sami sarêng budhal | saking Nilandusa wukir ||

6. mrêpêki panggenan ama | ingkang sami ngrisak tanêm ing sabin | dupi wus cêlak gènipun | kagyat sang narpatmaja | mirêng swara dahat gumêrah gumuruh | yayah angèbêki jagad | swarèng ama karya giris ||

7. radyan putra tandya mênthang | kang gandhewa lumêpas kang jêmparing | tinundha-tundha matimbun | nibani sakèh ama | kathah [ka...]

--- 27 ---

[...thah] pêjah nanging tangèh sudanipun | malah ing wuri gung prapta | sirna satus sèwu prapti ||

8. lamun sèwu kaprawasa | kalihèwu tambah wêwahe prapti | narpaputra saya sêngkut | warastra drês lir jawah | ya ta wontên cumalorot saking luhur | mawa gêbyar kadi kilat | nyambêri kanang jêmparing ||

9. dadya warastranya Radyan | Narayana kathah botên dumugi | panggenaning ama wau | wênèhana kaplêsat | tiba têbih sanjatane rajasunu | dyan putra awas tumingal | krodha dukane tan sipi ||

10. sigra dènnya mênthang laras | kang pusaka jêmparing Pasopati | pinusthi lumêpas sampun | cahya kang kadya kilat | kênèng Pasopati gya dhawah gumêbrug | kagyat sang narpa atmaja | lan Arya Suksara tuwin ||

11. Sang Bagawan Danèswara | tuwin sagung para tapa umaksi | nulya pinarpêkan gupuh | ing kathah pinariksa | wus têtela kang dhawah siti gumabrug | satuhu

--- 28 ---

kalamun janma | nanging sangêt datan eling ||

12. duk samantên byar raina | Sang Bagawan Danèswara turnyaris | mring wau dyan narpasunu | anggèr prayoginira | wangsul maring dhepok Nilandusa gunung | rèh punika janma ingkang | gumêbrug dhawah sing nginggil ||

13. têrang bilih dèrèng pêjah | kêkêtêke taksih gêtêr kumitir | ingupakara karuhun | lamun sagêd waluya | bokmanawi kenging dipun tantun-tantun | tuwin kenging tinakenan | wontêning ama puniki ||

14. rajaputra kacondhengan[4] | mring ature Danèswara Sang Yogi | narpatmaja tandya wangsul | mring dhepok Nilandusa | Dyan Suksara myang para tapa tan kantun | de janma kang kapidhara | binayang-bayang pra cantrik ||

15. sapraptaning padhepokan | kang kantaka nulya ngusadan dening | Danèswara sang awiku | saking parmaning dewa | wus waluya wau janma ingkang kantu | tan măntra yèn mêntas roga | pulih kadi wingi nguni ||

16. ya ta narpendra duk umyat [u...]

--- 29 ---

[...myat] | kang kantaka sampun waluya jati | dahat êntyarsaning kalbu | suka sukuring dewa | rajaputra nulya angandika arum | sira sapa aranira | lan pinangkanira ngêndi ||

17. myang paran karananira | dene sira tiba saking wiyati | kang dinangu lon umatur | dhuh gusti rajaputra | kang saèstu kêkasihing jawata gung | yèn andangu mring kawula | ulun sujanma sayêkti ||

18. wasta Êmpu Kumbayana | sutanipun Risang Êmpu Brangtadi | duk ing nguni jamanipun | gusti eyang paduka | Prabu Parikêsit narendra dibya nung | binathara ing Ngastina | de dhawah ulun sing nginggil ||

19. makatên purwakanira | duk tilaring bapa Êmpu Brangtadi | saking putêking tyas ulun | susah tansah kasandhang | têmahipun kawula lajêng mêmangun | mati raga tarakbrata | wontên sajroning wanadri ||

20. adrêng dêrênging tyas amba | mêlêng juga anggaulun pêpati | ing tekad wus datan mingkuh | niringkang pringgabaya |

--- 30 ---

băngsa lăngka myang elok kang ulun gayuh | gung ayam-ayam jroning tyas | amung sagêda wak mami ||

21. sumêngka pangawak braja | mrih sagêda nunggil kaanan jati | lawan para jawata gung | anèng Ngendrabawana | saking sangêt pamêsuning manah ulun | yayah pêjah jroning gêsang | pamlênging cipta sawiji ||

22. têmah sumuking pramana | mahanani warna teja sawiji | sagalugu agêngipun | jêjêr ngayuh gêgana | sigêg kawarnaa Hyang Bathara Guru | duk samana arsa têdhak | maring Widarba nagari ||

23. inggih nagari Mamênang | dèn iringkên apsara lan apsari | Sang Hyang Guru tindakipun | maring praja Widarba | amung parlu jênêngi pambabaripun | garwane Sri Gêndrayana | kang parap Dyah Padmawati ||

24. margi putra ing Widarba | ingkang badhe miyos dipun jênêngi | jawata myang pra apsantun | kawarti titisira | Hyang Kesawa inggih Hyang Bathara Wisnu | mila asmanipun pisan | Hyang Guru ingkang maringi ||

--- 31 ---

25. nama Radyan Narayana | salajênge amba botên udani | mangsuli ing lampahipun | Sang Hyang Jatiwisesa | duk bidhale arsa mring Widarba wau | dupi lampahipun prapta | doning ulun mati ragi ||

26. kagyat Sang Hyang Girinata | aningali teja jêjêr sawiji | mawa cahya luhuripun | mèh ngayuh ngantariksa | sanalika Hyang Pramèsthi tandya dhawuh | mring sagung dèwi myang dewa | kadhawuhan anggunturi ||

27. nanging kaanan kawula | kanang teja tan kengguh dèn gunturi | marang pra jawata agung | ajêg jêjêg tan ewah | nulya Sang Hyang Guru piyambak pukulun | anggunturi mring kawula | têmah badan amba kadi ||

28. lumpuh rapuh tanpa karkat | otot bayu kadi dipun lolosi | nulya ingupatan ulun | dening Hyang Girinata | sanalika warni tosan jêne ulun | karantosan Kumbayana | gya ginêtak Hyang Pramèsthi ||

29. mêsat kombul ing gêgana | anèng wiyat [wiya...]

--- 32 ---

[...t] lan mega biru nunggil | lan pinaring sabdanipun | makatên dhawuhira | hèh ta Êmpu Kumbayana sira besuk | mêsthi bakal bisa ruwat | dening putrane sang aji ||

30. Gêndrayana ing Mamênang | Radyan Narayana ingkang wêwangi | panuksmane Sang Hyang Wisnu | dupi ing lama-lama | wêcanipun Hyang Guru sagêd kapangguh | dumadakan jêng paduka | rawuh Nilandusa wukir ||

31. ayun nyirnakkên kang ama | kang ngrêrisak tanêm tuwuh ing sabin | mung punika gancaripun | lêlampahan kawula | narpaputra tuwin sanggya kang karungu | anjêngêr ngungun sadaya | dènira samya mêningi ||

32. kaelokaning jawata | têmah sami suka sukur ing Widhi | saksana dyan narpasunu | arum wijiling sabda | maring Êmpu Kumbayana dipun dangu | lah samêngko kadiparan | rèhning sira wus basuki ||

33. apa ta sira kaduga | atut wuri marang salaku mami | labuh lara têkèng lampus | dene kalamun sira | nora arsa iya

--- 33 ---

sun lilani mantuk | bali maring wismanira | Êmpu Kumbayana myarsi ||

34. sabdane sang rajaputra | nêmbah matur dahat angasih-asih | dhuh gusti sang rajasunu | yèn kaparêng ing karsa | dasihêna pun patik salaminipun | nadyan praptaning antaka | pun dasih nêdya nglabêti ||

35. margi pangraos kawula | kasaenan ingkang ngêbêki bumi | kawula angge pamangsul | sih kadarman paduka | mring pun patik sayêktine dèrèng sumbut | maksih gêng wilasa tuwan | pramila kang pantês naming ||

36. wutahing darah kawula | tuwin malih gusti bêdhahing kulit | myang pêcating jiwa ulun | makatên raosing tyas | milanipun gusti jiwa raga katur | lêbura ngarsa paduka | botên garantês samênir ||

37. lan malih prakawis ama | sasanane gusti awis kang uning | kajawi amba pukulun | myang sakathahing ama | kang ngratoni sami jawata sadarum | ya ta wau rajaputra | rikalanira miyarsi ||

38. turing

--- 34 ---

Êmpu Kumbayana | dahat dènnya suka sajroning galih | myang Arya Suksara iku | tanapi pra pandhita | sumawana pra wasi cantrik manguyu | sami suka tyase samya | ya ta wau narpasiwi ||

39. wus nganggêp pasuwitanya | marang Êmpu Kumbayana kinathik | dadya manggalaning laku | dènnyarsa munah ama | mila radyan putra gya nabda andangu | maring Êmpu Kumbayana | ing ngêndi akèh pribadi ||

40. padununganing kang ama | Êmpu Kumbayana umatur aris | prênah lèr kilèn puniku | kadi mung saonjotan | têbihipun saking Nilandusa gunung | ya ta sang narendra putra | myang sagung pra pandhitarsi ||

41. mirêng atur kang mangkana | katgadèng tyas nulya sami badhami | dintên badhe bidhalipun | mrêpêki gèning ama | sampun matêng sadaya ingkang rinêmbug | bidhal benjing pêndhak dina | tan wontên nêdya ngunduri ||

4. Durma

1. ya ta wau sira Radyan Narayana | Arya Suksara tuwin [tu...]

--- 35 ---

[...win] | kang para pandhita | myang Êmpu Kumbayana | dupi wus praptaning wanci | badhe budhalnya | mangrurah ama sami ||

2. wus anglêmpak nèng sasana pacrabakan | sami sawegèng wèsthi | tandya samya pangkat | budhal saking pratapan | Êmpu Kumbayana dadi | panganjur lampah | ngênêr kang dèn prêpêki ||

3. prênah salèr kilèn wukir Nilandusa | dupi wus parêk sami | unggyaning kang ama | sami kagyat umulat | kèh sungkara tanpa wilis | gumêr swaranya | măngsa tanêman sami ||

4. tandya rajaputra miwah pra pandhita | janggan manguyu cantrik | samya arsa nyêlak | nanggulang gunging wraha | dupi wus cêlak prasami | kanang waraha | sadaya musna anis ||

5. tan karuwan maring ngêndi purugira | kantun sungkara kalih | bule ulêsira | solahe lir nglêlaga | maring wau narpasiwi | sarowangira | ya ta kang samya mèksi ||

6. mring andhapan ulês bule sakêmbaran | samya ambujêng

--- 36 ---

sami | saparan tut wuntat | mring lampahing andhapan | nanging karsaning dewa di | sanggya kang ngoyak | sami darbe pangèksi ||

7. sowang-sowang bujung wraha sakêmbaran | dadya sang rajasiwi | anggana angoyak | Bagawan Danèswara | ugi ambujung pribadi | Arya Suksara | tan pae bujung sami ||

8. para wasi para cantrik ugi samya | pangrasane amblêdig | cèlèng sakêmbaran | makatên sowang-sowang | wus karsaning jawata di | sadaya pisah | lan para rowang sami ||

9. nging jatine cèlèng mung kalih balaka | ingkang binujêng dening | Radyan Narayana | dene sadayanira | kang dèn bujung para wasi | para pandhita | lan sagung para cantrik ||

10. karsèng dewa tuhune amung pangrasa | murih pisahe sami | lan sang narpaputra | ya ta Dyan Narayana | pambujunge saya têbih | solahing wraha | dahat mêmanas ati ||

11. yèn wus cêlak cèlèng musna tanpa krana | têbih [tê...]

--- 37 ---

[...bih] katingal malih | solah lir anggodha | maring narendra putra | ya ta wau rajasiwi | dupi umiyat | tingkahing wraha kalih ||

12. langkung duka Sang Rajaputra Mamênang | anyandhak pasopati | linêpaskên sigra | kêkalih cèlèng seta | kacundhuk ing Pasopati | dhawah ing kisma | palastra wraha kalih ||

13. nanging wangke dupi arsa pinarpêkan | musna datan kaèksi | lan barêng sakala | radyan santun paningal | wana trataban wus dadi | jlêg tanpa sangkan | kadhaton langkung adi ||

14. wisma-wisma kinarya êmas sadaya | uparênggane sami | sotya lan mutyara | mirah bang tuwin seta | kadhatone para aji | ing marcapada | durung ana ngèmpêri ||

15. rajaputra tansah lêngêr-lêngêr eram | miyat kadhaton rukmi | kasaru praptanya | wanodya sing jro pura | warnane ayu linuwih | raga karana | solahe milangoni ||

16. ngasorakên apsari Ngendrabawana [Nge...]

--- 38 ---

[...ndrabawana] | radyan putra duk mèksi | mring kang nêmbe prapta | ing tyas langkung kasmaran | gupuh-gupuh amrêpêki | nandukkên solah- | bawa nganyar-anyari ||

17. amaoni jamang miwah kampuhira | kunca tansah winiwir | imba kering kanan | dèn plirit-plirit minggah | lathi anggung dèn usapi | ingusap asta | yya kongsi katon ngintip ||

18. lan mrêpêki mring sang rêtna manuhara | winor têmbung ngrarêpi | de rêrêpènira | nulat kala Sang Parta | kapanggih lan pra apsari | nèng suralaya | madêg Prabu Kalithi ||

19. lagunipun sêkar agêng Madurêtna | ya ta wau sang putri | datan kasamaran | mring tyase rajaputra | dahat kasmaraning galih | mring kang sarira | anulya dèn pasangi ||

20. puja măntra mantraning aji kamayan | sakala rajasiwi | lumpuh kang sarira | andheprok nir budaya | otot kadi dèn lolosi | sampun anyipta | wau sang narpasiwi ||

--- 39 ---

21. lamun kêni pangaribawèng sang rêtna | tandya matur mlasasih | nênuhun aksama | sangêt ngênorkên raga | tuwin dahat ngasih-asih | lawan udrasa | sang dyah awlas ningali ||

22. gya rinacut kamayanira sang rêtna | sakala rajasiwi | waluya nirmala | wangsul lir mula buka | gya marêk ngarsa sang dèwi | yun ngaraspada | maring sang pindha Ratih ||

23. sang kusuma dahat dènnya kipa-kipa | wêkasan sami-sami | satata alênggah | munggèng bale witana | wusnya bêbagean sami | tandya sang rêtna | matur mring narpasiwi ||

24. dhuh rahadyan paduka ywa salah cipta | tuwin kalintu tampi | mring badan kawula | jatinipun sanyata | kula punika apsari | ingkang pêparap | Sang Dyah Dèwi Pratiwi ||

25. garwanipun ing nguni Sang Hyang Kesawa | inggih Sang Wisnumurti | ingkang dhinawuhan | têngga kadhaton êmas | kang wontên dhasaring bumi | nanging prênahnya | botên ngriki pribadi ||

26. ingkang wontên kadhatonipun [kadhato...]

--- 40 ---

[...nipun] kancana | nadyan ing pundi-pundi | yêkti botên beda | wontên kadhaton rukma | saking gaibing dewa di | de prapta tuwan | radèn wontên ing ngriki ||

27. lasar kula ingkang ngaturi paduka | rèhning radyan samangkin | arsa munah ama | mèstuti agnyèng dewa | rumêksa ayuning bumi | wajib andika | kula sangêt jurungi ||

28. nanging wontên tindak paduka kang cacat | kêdah kula waoni | dene karya tuwan | badhe nyirnakkên ama | têka angagêm jêmparing | Ki Pasopatya | agême Hyang Pramèsthi ||

29. sampun malih kang namung sipating ama | nadyan bumi puniki | lamun kadhawahan | dening sanjata dibya | warastra Ki Pasopati | lakon sadina | mubêng dadya kang bumi ||

30. bumi pêjah botên kêni tinanêman | barang tinandur mati | sintên kang katunan | kajawi mung paduka | rèh paduka panuksmaning | Bathara Suman | inggih Hyang Wisnumurti ||

31. ingkang wajib rumêksa [rumê...]

--- [0] ---

Ringgit Madya Lampahan Radèn Narayana, Mangkunagara IV, 1913, #83 (Pupuh 01–11): Citra 2 dari 2
Radèn Narayana. Dèwi Pratiwi.

--- 41 ---

[...ksa] sèsining jagad | wondening rajasiwi | nadyan titisira | Sang Hyang Wisnu Bathara | ananging amung kinardi | wrana kewala | dèrèng sawantah kadi ||

32. duk ing nguni manuksma eyang paduka | sinuhun Dwarawati | Sri Narendra Krêsna | kula ingakên garwa | datan suwala wit dening | pamawas kula | wus datan sănggarunggi ||

33. margi wontên pratandhanipun kang nyata | agêming pusaka di | kang sanjata cakra | myang sagêd tiwikrama | tuwin kasêktène malih | liya-liyanya | duk wontên ing swarga di ||

34. sampun pêpak wontên Sri Bathara Krêsna | têlas sabda sang dèwi | ya ta narpaputra | miyarsa sabdanira | Kusuma Dèwi Pratiwi | anglêsing driya | angraos antuk sisip ||

35. mung tumungkul rahadyan lan ngêmbêng waspa | dahat nalongsèng galih | ya ta sang kusuma | waskitha jroning driya | saosiking rajasiwi | tan kasamaran | tandya ngandika manis ||

36. lan ngrarêpa maring

--- 42 ---

wau narpaputra | dhuh sang kalêngkèng bumi | ywa sandeyèng driya | mring lampahe paduka | kang wus kalintu kawingking | tan dados dosa | pakarti kang dèrèng wrin ||

37. ya ta wau rajaputra ing Mamênang | kalanipun miyarsi | sabdaning sang rêtna | lêjar sami sakala | nulya matur ngasih-asih | dhuh sang lir rêtna | sangêt panuwun mami ||

38. nanging mangke tindak ulun kadiparan | kang kenging dèn lampahi | aywa kongsi karya | sangsayaning buwana | sang kusuma nabda aris | sampun sumêlang | radèn sajroning galih ||

39. mangke kula ingkang ngaturi prayoga | amung wêwêling mami | radyan mring paduka | sadaya kang lêlakyan | dèn sarèh myang awas eling | lamun mangkana | saèstu barang kardi ||

40. langkung gampil tan wontên sangsayanira | pundi sinêdya dadi | de têmbe kang dadya | jatukrama andika | sutane sang nindya mantri | Patih Sutiksna | Sang Dyah Sutiksnawati ||

41. ingkang musna mangke [mang...]

--- 43 ---

[...ke] sawêg warni rêca | nèng wana lèr puniki | de darunanira | sang dyah asalah warna | gandarwa raja kang kardi | Raja Salinga | marsêpuhnya sang aji ||

42. Sri Jajatma sasami gandarwa raja | marmane sang sudèwi | dèn dadoskên rêca | dening Raja Jajatma | sumêlang bilih nyamèni | lan sutanira | kang wasta Kèn Salithi ||

43. nanging mangke radèn dèrèng wancinira | kapanggihe sang putri | nadyan dèn ubrêsa | ing wana lèr punika | sayêkti tan bisa panggih | yèn dèrèng lawan | gambuh karsèng dewa di ||

5. Gambuh

1. pramila wêkas ulun | mring paduka radèn yya kalulun | angulati maring Dyah Sutiksnawati | ama sirnakna rumuhun | punika ingkang wigatos ||

2. kalawan kula masung | kang sanjata pangruwat linuhung | agêmipun Sang Hyang Wisnu duk ing nguni | Narayana wastaning hru | tuhu jêmparing kinaot ||

3. rahadyan duk angrungu | mring sabdane sang kusuma iku |

--- 44 ---

langkung nuhun sarta badhe dèn lampahi | sadaya ingkang pituduh | kalayan eklasing batos ||

4. jêmparing paringipun | sang kusuma tinampenan sampun | tandya radyan amit sampun dèn jurungi | sigra mêdal rajasunu | saking sajroning kadhaton ||

5. lagya tindak sapangu | mangu-mangu mengo rajasunu | langkung kagyat kadhaton mas wus tan kèksi | wangsul kadi wau-wau | wana tarataban wutoh ||

6. narpendra dèrèng dangu | pangungune mring kaanan wau | dyan kasaru Arya Suksara kang prapti | gya katungka tumaruntun | ingkang dhatêng gêntos-gêntos ||

7. Sang Danèswara wiku | tandya para wasi myang manguyu | prajêjanggan uluguntung tuwin cantrik | Êmpu Kumbayana kantun | wus samya wartos-winartos ||

8. sanggya lêlakyanipun | sowang-sowang prasami angungun | ing wêkasan suka sukur ing dewa di | sadaya wus mari bingung | tuwin manggih karahayon [karahayo...]

--- 45 ---

[...n] ||

9. wau ta rajasunu | nglairakên sabda kang tinamtu | dènirarsa numpês kèhing ama sami | sadaya sami jumurung | wusnya lêrêm myang mirantos ||

10. tandya budhalan sampun | narpatmaja lan sarowangipun | Êmpu Kumbayana manggalèng lumaris | ya ta risang narpasunu | samarga-marga kaprêgok ||

11. ama mamăngsa sagung | tanêm tuwuh saurut dalanggung | rajaputra tansah kandhêg anjêmparing | wangkening ama matimbun | gêlasah saênggon-ênggon ||

12. dupi ing lampahipun | prapta prênah salèr kilènipun | saking padhepokan Nilandusa wukir | sira panganjuring laku | Êmpu Kumbayana anon ||

13. anggamêng kadi mêndhung | swaranira sora kumarusuk | langkung kagyat winawas ingkang sayêkti | wusnyatruwaca kalamun | ama walang arêraton ||

14. anêba dhusun-dhusun | pasabinan têgal talun-talun | kang katrajang tanêm tuwuh sirna gusis [gu...]

--- 46 ---

[...sis] | ron salêmbar datan kantun | gogos prigis kantun pogog ||

15. Êmpu Kumbayanèku | wusnya têrang waspadèng pandulu | gya cangkelak wangsul nêdya tur udani | maring risang narpasunu | praptèng ngarsa matur alon ||

16. dhuh anggèr gustiningsun | koningana ing ngarsa puniku | wontên ama warni walang tanpa wilis | ambokmanawi ing ngriku | gusti ênggèning rêraton ||

17. wit saking kathahipun | tinon saking katêbihanipun | katon gamêng pêtêng yayah anglimputi | ngêmuli kang dhusun-dhusun | kèh katutup datan katon ||

18. ya ta sang narpasunu | lawan Arya Suksara puniku | tuwin Risang Danèswara mahamuni | myang para tapa sadarum | suka duk myarsa pawartos ||

19. gya budhal gupuh-gupuh | pangajape tumulia nêmpuh | numpês ama kang karya susahing janmi | sapraptane ing donipun | sadaya eram ing batos ||

20. myat ama langkung agung [a...]

--- 47 ---

[...gung] | kumpul ngantos pêtêng kadi mêndhung | tandya Radyan Narayana mênthang aglis | sanjata pangruwatipun | lan sinidhikarèng batos ||

21. lêpasing warastra nung | ingiringkên kang pawana agung | mawa wisa sumungsung mangsah ngênèni | mring ama gamêng lir mêndhung | dhadhal tumpês lir sinapon ||

22. wangke-wangke sumawur | katup dening kang maruta kabur | tan karuwan bakal tibane ing ngêndi | wus sirna kang kadi pêdhut | wus padhang sumilak katon ||

23. ama walang sirna wus | kawuwusa wau ratunipun | Sang Aprabu Kithaka ingkang wêwangi | tumrun sing kayanganipun | praptèng marcapada anon ||

24. wadyane sirna gêmpung | ponang wangke tapis samya larut | kabuncang ring maruta gêng kang nyaponi | Prabu Kithaka angungun | wêkasan ing tyas miraos ||

25. sapa kang numpês iku | wadyaningsun kang maèwu-èwu | têka siji bathange tan ana kari | wusnya nglocita jro kalbu | krodha nêdya [nê...]

--- 48 ---

[...dya] arêrêmpon ||

26. sigra mancala sampun | Sri Kithaka santun warnanipun | warna walang gêng inggilira saèsthi | gya mangsah manrang manungsung | bajra mor wisatananggop ||

27. dupi cêlak andulu | satriya nom cahyane sumunu | maksih ngasta langkape ing asta kering | Sri Kithaka nyipta sampun | baya satriyèku yêktos ||

28. kang karya sirnanipun | tanpasesa gusis wadyaningsun | Sang Kithaka mêmpêng dènnyarsa pêpulih | nglabuhi mring wadyanipun | kang maèwu sampun kasor ||

29. awas rajaputra nung | umyat kewan kadi walang kadung | agêngipun kalawan dipăngga sami | wus nyipta yèn ratunipun | ama kang sampun sinapon ||

30. prayitna rajasunu | dupi cêlak gya mênthang kanang hru | wus lumêpas andhêmanira kang kêni | ratuning ama pêjah wus | kuwanda musna tan katon ||

31. tan dangu ana muncul | jawata jlêg anèng ngarsanipun | narpaputra wus waskitha jroning galih |

--- 49 ---

wus nyipta jawata tumrun | gurawalan mêthuk alon ||

32. marêk mring ngarsanipun | nêdya arsa ngaraspadanipun | maring wau kang cinipta jawata di | Hyang Kithaka datan purun | kipa-kipa turnya alon ||

33. dhuh anggèr botên patut | lamun asta padukarsa kuncup | bêbasane kêni ingaran kuwalik | sayêktine ingkang mungguh | kula ingkang andhap asor ||

34. rèh sampun jamakipun | wong kasosor asor têmahipun | yèn sampuna kula tiyang kaki-kaki | pantês trapsila wotsantun | mring paduka ingkang munggoh ||

35. makatên èstunipun | kang kula têpa salaminipun | radèn putra maluyèng sabda turnya ris | dhuh pukulun jawata gung | botên makatên sayêktos ||

36. ingkang kula sêsuhun | kula têpa têtuladanipun | para eyang-eyang lêluhur ing nguni | Nata Pandhawa pukulun | yèn aprang mungsuhe kasor ||

37. ingkang kaprênah

--- 50 ---

sêpuh | maksih kinabêktèn datan keguh | sampun malih jroning prang kapikut urip | sanadyan kacêpêng lampus | dipun pêpundhi kang layon ||

38. kinurmat myang sinungsung | puja mantra minăngka panutur | wit punika kangge nênuwun aksami | makatên salaminipun | tuladan kang ulun cangkok ||

39. Sang Hyang Kithaka ngrungu | panalangsane sang narpasunu | dahat dènnya karênan jroning panggalih | nulya nabda manis arum | mrih kasmaran kang miraos ||

6. Asmaradana

1. dhuh anggèr sang narpasiwi | kang tuhu musthikèng jagad | rèh paduka panuksmane | Hyang Wisnu ingkang sanyata | wajib mêngku rumêksa | bawana saisinipun | mrih widada tan sangsaya ||

2. rahayua ing salami | pramila sayogyanira | larutên krodhanta anggèr | sêdene wadya kawula | ama walang sadaya | wus sirna tan wontên kantun | dene jatose kawula ||

3. kang ngratoni ama sami | kang awarna sato [sa...]

--- 51 ---

[...to] kewan | walang sapanunggalane | kula punika jawata | têdhaking Sang Hyang Kala | dhuh anggèr sang narpasunu | kula badhe awêwarta ||

4. pituhunên atur mami | ywa rêmên mangugung duka | mindhak dadya pangkalane | muhung paduka nindakna | marta sih parimarma | darapon pawingkingipun | yèn paduka madêg nata ||

5. prajanta arja basuki | lan paduka mêmulanga | mring sagung wadyabalane | kang among tani sadaya | aywa kongsi kalepyan | kalamun wiwit maluku | kula nyuwun têtawuran ||

6. gêcok mêntah jênang abrit | myang gantal dipun tumrapna | anèng sabin pêpadone | de kalamun badhe anyak | wiwit ngurit punika | dalêm sadintên sadalu | sadaya kang nambutkarya ||

7. sampun ngantos sami guling | tuwin wiwit tanêmira | sadalu jalu èstrine | ugi sampun mawi nendra | cebloking tanêmira | kawula nyuwun têtawur | sêsaji sêkul janganan ||

--- 52 ---

8. tuwin lawan sêkul gurih | lugasan warni satunggal | miwah sêkul gurih manèh | liwête sinungan karpa | sêkul warni sakawan | cêmêng jêne abrit pingul | sêkar konyoh ayam gêsang ||

9. kalawan padoning sabin | ingkang badhe tinanêman | sinungana sêsawine | kêkitir măngka isarat | yèn wus sangkêp sadaya | isarat têtawur wau | saèstu tanêm widada ||

10. tulus tan kataman malih | dening ama warni walang | wus têlas sanggya wulange | sira Bathara Kithaka | ya ta sang narpatmaja | miyarsa piwulang wau | umatur nuwun sandika ||

11. èstu badhe dèn lampahi | sawusnya ingkang mangkana | Hyang Kithaka amit age | badhe wangsul angayangan | radyan mangayubagya | andhêku matur jumurung | lawan jêjawaban asta ||

12. Hyang Kithaka mêsat aglis | sanalika sampun muksa | ya ta wau sapungkure | sira Bathara Kithaka | wau ta narpatmaja | lawan [la...]

--- 53 ---

[...wan] sapandhèrèkipun | sira Dyan Arya Suksara ||

13. myang Danèswara Sang Yogi | tuwin sagung para tapa | sami sangêt pangungune | myarsa mring piwulangira | sira Sang Hyang Kithaka | ing wêkasan suka sukur | mring jawata kang minulya ||

14. wusnya lêrêm sawatawis | sadaya prasamya budhal | ingkang dadya panganjure | maksih Êmpu Kumbayana | pangarsanirèng lampah | juru panginte gènipun | pasênêdaning kang ama ||

15. dupi lampahira prapti | kilèn wukir Nilandusa | dhusun Jêmbrana salère | kagyat Êmpu Kumbayana | miyat kèhing waraha | lir rêraton isthanipun | anjirap tanpa wilangan ||

16. Êmpu Kumbayana dupi | pamawase wus waspada | tandya umatur ge-age | mring Radyan Putra Mamênang | purwa madya wusana | sadayanira wus katur | ya ta Radyan Narayana ||

17. lan Arya Suksara tuwin | Sang Bagawan Danèswara | miwah para tapa [ta...]

--- 54 ---

[...pa] kabèh | dupi myarsa aturira | Sang Êmpu Kumbayana | samya dahat sukanipun | ing lampah samya ginêlak ||

18. saking daya-daya prapti | mring unggyan ama waraha | kang rêraton ewon kêthèn | ya ta ing wau duk prapta | radyan sarowangira | eram dènira andulu | sungkara tanpa wicalan ||

19. tandya risang rajasiwi | ngayat jêmparing pangruwat | mijil saking gandhewane | ambarubul ewon lêksan | ngênani mring waraha | sakêdhap kathah longipun | sanjata maksih tan kêndhat ||

20. tibane kadi garimis | dangu-dangu wraha dhadhal | tumpês tapis sadayane | tan ana kari satunggal | ya ta wau kocapa | ratuning waraha wau | jawata trahing Hyang Kala ||

21. Hyang Sungkara awêwangi | duk umyat momonganira | ama wraha sirna kabèh | langkung duka jroning driya | tumrun mring marcapada | krodharsa pêpulih nêmpuh | mring wau ingkang marwasa ||

--- 55 ---

22. wadyane waraha sami | Hyang Sungkara malih warna | arupa andhapan gêdhe | gung luhur sami dirada | bêkos mangsah narajang | kang sinêrang èsthinipun | amung Dyan Putra Mamênang ||

23. kang ngasta langkape maksih | awas Radyan Narayana | duk andhapan nêmpuh age | gya nguculkên kang sanjata | jêmparing pangruwatan | kacundhuk andhapan lampus | kuwanda umêsat muksa ||

24. tan antara dangu nuli | wontên sujanma kang prapta | jlêg tan karuwan sangkane | Dyan Narayana kampita | margi sampun anyipta | ingkang tanpa sangkan wau | saèstu lamun jawata ||

25. tunggil Hyang Kithaka dhingin | mila dèn prêpêki sigra | dupi cundhuk ing ngarsane | rajaputri ing Mamênang | arsa mangaraspada | sang jawata datan ayun | sangêt dènnya kipa-kipa ||

26. wêkasan asami-sami | prasamya satata lênggah | ngaub soring wrêksa gêdhe | sawusnya bagya-binagya [bagya-...]

--- 56 ---

[...binagya] | tanya nama pinăngka | kalih sami sajar wus |[5] nama myang pinangkanira ||

27. Hyang Sungkara sukèng galih | gya manabda manuhara | mêmuji kawijayane | dhuh rajaputra sotama | kang tuhu panuksmanya | sira Hyang Bathara Wisnu | kang rumêksa ing bawana ||

28. mrih rahayuning sabumi | radèn yèn paduka benjang | jumênêng narendra gêdhe | ambawani ing bawana | binathara ing jagad | satanah Jawi ing besuk | ngidhêp kawêngku paduka ||

29. dene yèn anggèr ing benjing | madêg nata binathara | wadya tuwan sadayane | kang among tani ing desa | sami dipun pardia | yèn wiwit panggarapipun | sabin arsa tinanêman ||

30. tuwin sêtrèn miwah têgil | sami nganggea isarat | têtawur mrih rahayune | kang badhe tinanêm samya | kalis lêpat ing ama | dene ta isaratipun | yèn sabin wiwit ginarap ||

31. anyak maluku sêsaji | sêkul gurih kanthi ulam [u...]

--- 57 ---

[...lam] | ulam sikil pat mêsthine | amung sakuwasanira | lawan têngahing sawah | kang sami ginarap wau | sami dipun tancêpana ||

32. sabên sakêdhok sawiji | kajênging luyung punika | dene watêsing lamine | ngantos ing sasêpuhira | umuring pantun samya | yèn wiwit ngurit puniku | lajêng sami sêsajia ||

33. jênang tigan munggèng takir | jênang timbul kalihira | de jênang tigan warnine | jênang uwos sinantênan | tanapi jênang kêtan | katigane jênang katul | ugi sami sinantênan ||

34. de jênang timbul kang warni | jênang abrit tinumpangan | jênang pêthak apadene | tinumpangan dening gantal | sarta sêkar rap-urap | dipun sajèkna puniku | nèng papaning panguritan ||

35. têmbunge kang dèn sêsaji | Dèwi Sri Pratiwi nama | ingkang rumêksa bumine | dene yèn daut punika | tan kenging asta kanan | kêdah kiwa ingkang daut | makatên kanthining sarat. ||

7. Kinanthi

1. ping tiga isarat [i...]

--- 58 ---

[...sarat] wau | yèn arsa tanêm tan kèri | binarêng sami sadina | lawan pandauting wiji | kêdah dipun lêrêmêna | rumiyin jroning salatri ||

2. yèn badhe tanêm puniku | tumrap ingkang gadhah sabin | sami botên kenging nendra | jroning sadintên salatri | lan tan kêni ngêtap wadhah | lawan nêpsu botên kenging ||

3. tuwin asunga têtawur | warni ayam gêsang siji | sinajèkna pasabinan | ingkang badhe dèn tanêmi | yèn pantunipun wus tuwa | badhe wanci dipun pêthik ||

4. sarêng ing sadintên wau | dêdanaa pêkir miskin | amung sakuwasanira | bilih sampun dèn lampahi | wujuding sarat sadaya | sangkêp tan wontên kang cicir ||

5. yêkti barang kang tinandur | kalis dening ama sami | lawan badhe kawêdalan | kang sarwa tinandur dadi | wus têlas wêwarahira | isarate wong sêsabin ||

6. ya ta wau narpasunu | lan Arya Suksara tuwin | sagung pratapa sadaya | sami suka duk miyarsi | wêwarahe Hyang Sungkara |

--- 59 ---

wasana sang rajasiwi ||

7. sandika ing aturipun | èstu badhe dèn lampahi | Hyang Sungkara malih nabda | anggèr kula mêling malih | mugi dipun lajêngêna | karsa andika puniki ||

8. amunah ama sawêgung | amung dipun ngati-ati | sarèhning ama sadaya | kathah sami sura sakti | myang kathah pawingkingira | lan kang wus sirna ing ngarsi ||

9. yèn lêpat panindakipun | èstu badhe bêbayani | lan murungakên lampahan | nanging yèn lampah patitis | yêkti nambahi kabêgyan | kaluhuran myang utami ||

10. lan rajaputra ing besuk | yèn lampah tuwan lêstari | mèstuti atur kawula | èstu andika ing benjing | badhe manggih kabingahan | bingah nglangkungi sabumi ||

11. wus têlas pawêlingipun | sira Hyang Sungkara maring | rajaputra ing Mamênang | rahadyan turira aris | sandika badhe lumaksa | ngèstokkên ingkang piwêling ||

--- 60 ---

12. tandya Hyang Sungkara nyuwun | pamit sampun dèn jurungi | sakala mêsat wus muksa | kang kari sang rajasiwi | lawan Dyan Arya Suksara | myang sagung pra pandhitarsi ||

13. tambah santosa ing kalbu | pra jawata kèh jurungi | mangistawa lampahira | ya ta wusnya lêrêm sami | narpaputra gya budhalan | nglajêngkên lampahe sami ||

14. angulati ênggènipun | ama-ama ingkang maksih | sira Êmpu Kumbayana | lêstari dadya pangarsi | măngka manggalaning lampah | juru niti juru nitik ||

15. ing ngêndi panggenanipun | ama kang ngrêrusak sami | tanêm tuwuh pasabinan | lampahe sang rajasiwi | prapta sawetaning praja | Mamênang kapara têbih ||

16. sigêg gantya kang winuwus | ama kang rêraton sami | sawetan praja Mamênang | warni tikus kang ngratoni | nama Prabu Iranyaka | ari Hyang Sungkara nguni ||

17. ya ta rijuga anuju | Sri Iranyaka sang aji | nimbali pêpatihira | warni [war...]

--- 61 ---

[...ni] tikus gêng nglangkungi | nama Sang Patih Jinadha | sang nata ngandika aris ||

18. paran patih wartanipun | dene wus watara lami | kakang Sang Prabu Sungkara | datan têtinjo ing mami | Patih Jinadha turira | kawula miyarsa warti ||

19. raka paduka pukulun | Prabu Sungkara samangkin | wus sirna sawadyanira | sadayanya tumpês tapis | dene ta ingkang mrawasa | Dyan Narayana wêwangi ||

20. satriya kang mêksih timur | kawarta putranira ji | Sri Gêndrayana Mamênang | pramila kawasa kardi | amunah nyirnakkên ama | jalaran punika gusti ||

21. panuksmanira Hyang Wisnu | kagyat Iranyaka Aji | myarsa turing patihira | ing lair duka tan sipi | nanging sadalêming driya | Prabu Iranyaka wingwrin ||

22. margi mèngêt wêcanipun | ing nguni Sang Hyang Pramèsthi | ing têmbe Bathara Krêsna | iya bakal nitis malih | maring Radèn Narayana | putrane sri narapati ||

23. Gêndrayana

--- 62 ---

Sang Aprabu | Narendra Mamênang nagri | iku bakal kang kawasa | nyirnakkên ama sakalir | kang ngrêrusak têtanêman | kabèh bakal tumpês tapis ||

24. wêkasan sira Sang Prabu | Iranyaka dhawuh maring | sira Kya Patih Jinadha | patih kumpulna saiki | kabèh wadyabalaningwang | tikus wirok tikus ciit ||

25. kêrigên aywa na kantun | awit karsaningsun patih | sadina iki yun budhal | alinggar sing papan ngriki | ngalor ngulon sêdyaningwang | mamrih widada lêstari ||

26. rahayu sawadyaningsun | mamăngsa tanêman sami | samya nutuk tan sangsaya | tan ana munasikani | patih sandika turira | mundur sakêdhap tumuli ||

27. undhang sapanguwus rampung | nglêmpak jinada gêng alit | ewon kêthèn yutan wêndran | kalêbu kang maksih cindhil | ya ta Prabu Iranyaka | wus budhal sawadya kêrig ||

28. siji tan ana kang kantun | ngalor ngulon kang lumaris | têgal-têgal pasabinan [pasabi...]

--- 63 ---

[...nan] | kang kamargan samya gusis | tanêm tuwuh sirna trabas | praptaning lèr kilèn nagri ||

29. lajêng kewala anjujug | wukir Kandha dèn dunungi | sira Prabu Iranyaka | sawadyabalane sami | ngraos wus têntrêm sadaya | tan kirang mêmangsan bukti ||

30. sigêg gantya kang winuwus | ingkang prasamya lumaris | rajaputra ing Mamênang | lan sagung ingkang umiring | jajah tanah wetan praja | tan ana ama kaèksi ||

31. sami suka ing tyasipun | nyipta kèhing ama tapis | sigêg kang samya lêlampah | kasaru wau kang prapti | sira Hyang Kanekaputra | kang anjog saking wiyati ||

32. lan nabda sora manguwuh | maring wau narpasiwi | dhuh babo sewayaningwang | kang tuhu kalêngkèng bumi | tuhu musthikaning jagad | kang tuhu prawirèng jurit ||

33. tuhu kêkasih dewa gung | payo marenea kaki | kagyat Radèn Narayana | lan Arya Suksara tuwin | Sang Bagawan Danèswara |

--- 64 ---

lan sagung pra pandhitarsi ||

34. umyat wau ingkang rawuh | Hyang Naradha sing wiyati | samya majêng gurawalan | sapraptanira ing ngarsi | prasamya mangaras pada | rajaputra gênti-gênti ||

35. ya ta risang narpasunu | dahat noraga minta sih | lawan gung dènnya nalăngsa | saking jrihira manawi | antuk sêsikuning dewa | Hyang Narada aningali ||

36. dyan putra nalangsanipun | dahat rênaning panggalih | tandya arum sabdanira | hèh kaki ywa walangati | sira tan manggih dêduka | malah lakunira iki ||

37. tinarimèng jawata gung | dene praptaningsun kaki | wêwarah mring jênêngira | ama kang dumunung sami | tanah sawetaning praja | sadaya wus samya ngalih ||

38. mung lagi bae kapungkur | linggare saka ing ngriki | ngalor ngulon lakunira | sapraptane lor nagari | laju mèt sasananira | wukir Kandha dèn ênggoni ||

39. marma ing mêngko lakumu | balia bae sing ngriki | turutên [turu...]

--- 65 ---

[...tên] lakuning ama | kang warna jinada sami | kang wus manggon wukir Kandha | lakumu ywa mampir-mampir ||

40. marga yèn kasuwèn kulup | kasêlak ngrêda sayêkti | karya rusaking manusa | wit tanêm tuwuhe sami | rinabasa dening ama | karya susahing sabumi ||

41. wus têlas ing dhawuhipun | sira Hyang Kanekasiwi | narpaputra tur sandika | badhe umèstu satuding | ya ta wau Hyang Naradha | amit sampun dèn jurungi ||

42. mêsat angumbara silum | sakêdhap wus tan kaèksi | ya ta kang kantun sadaya | dahat sukaning tyas sami | mèngêt dhawuhing jawata | tan ngetang jiwanya mijil ||

8. Mijil

1. narpaputra dhawuh budhal nuli | lampahe tan alon | Êmpu Kumbayana panganjure | Radyan Narayana ing samargi | agung mêmatèni | ama kang kapranggul ||

2. warastrane pangruwat pinusthi | sabên ama katon | jinêmparing nora mindho gawe | ambalasah wangke urut [uru...]

--- 66 ---

[...t] margi | cinêndhak wus prapti | radyan lampahipun ||

3. salèr kilèn Nilandusa wukir | wus cêlak ing kono | wukir Kandha kang dadi dununge | Prabu Iranyaka kang ngratoni | sakèh ama sami | ingkang warna tikus ||

4. Êmpu Kumbayana ingkang dadi | panglacaking êndon | dupi sampun cêlak ing lampahe | wukir Kandha kagyat aningali | lambunge ing wukir | pêtêng angêndhanu ||

5. yayah mêndhung ingkang angêmuli | aldaka yèn tinon | nanging sarêng dèn waspadakake | datan samar yèn ingkang kaèksi | pêtêng anglimputi | kabèh graning gunung ||

6. ama tikus kang makêthi-kêthi | sami arêraton | kumarasak kumrusuk swarane | Êmpu Kumbayana tandya bali | sêdya tur udani | maring narpasunu ||

7. wusnya panggih gya matur sajati | apa kang pinanggoh | wus ngaturkên purwa wusanane | datan wêwah lan datan ngirangi | dènira maniti | doning ama tikus ||

--- 67 ---

8. radyan putra kalane miyarsi | dahat sukèng batos | sumawana sagung pangiringe | samya suka-suka jroning ati | pramilane sami | lampahe sinêngkut ||

9. sampun prapta dyan narendra siwi | kagyat dupi anon | wukir Kandha balabar agêbèl | ngantos ical sêsipating wukir | tinon saking têbih | ngangkên gunung tikus ||

10. radyan tandya amênthang jêmparing | pangruwat kinaot | pan ing nguni iku pêparinge | widadari Dyah Dèwi Pratiwi | warastra pinusthi | wêdale barubul ||

11. tanpa kêndhat saengga garimis | adrêse tan anggop | anarajang mring kalumpukane | ama tikus ingkang tanpa wilis | kawaratan sami | kêni sanjata nung ||

12. tumpês tapis cindhile tan kari | ya ta winiraos | Prabu Iranyaka lan patihe | duk umiyat wadyanira gusis | krodhanya tan sipi | mangsah kalihipun ||

13. sami anrang baya [ba...]

--- 68 ---

[...ya] yun pêpulih | mring wadyane ewon | kang wus sirna tan ana sisane | gya narajang kalih ambêg pati | risang rajasiwi | wus prayitnèng kalbu ||

14. mênthang laras dèn arah mrih titis | jêmparing cumlorot | angênani jinada kalihe | wus palastra kuwanda prasami | muksa tan kaèksi | tan antara dangu ||

15. wontên janma tanpa sangkan prapti | nèng ngarsa sang anom | radyan putra wus graita tyase | lamun iku jawata sayêkti | tunggilipun sami | dewa kang wus-uwus ||

16. nulya mrêpêki arsa ngabêkti | mring sang nêmbe rawoh | Sang Hyang Iranyaka age-age | nulak maring kang ayun ngabêkti | lawan manabda ris | anggèr sampun-sampun ||

17. botên susah ngangge mangênjali | sasami kemawon | kalih tandya jawaban astane | nulya sami satata alinggih | munggèng ngandhaping wit | mandera kang aub ||

18. wusing bagya-binagya [bagya-bina...]

--- 69 ---

[...gya] prasami | jawata nabda lon | mêdhar asma dhuh anggèr jatose | kula punika jawata yêkti | trah Hyang Kala nguni | dene nama ulun ||

19. Hyang Iranyaka ingkang ngratoni | ama tikus ewon | lah paduka sintên wêwangine | lawan pinăngka anggèr ing pundi | dyan narendra siwi | andhêku lon matur ||

20. ingkang sotah prasami mastani | nama kula yêktos | Radyan Narayana atmajane | Sri Mamênang Gêndrayana aji | makatên sayêkti | kang kaprah pukulun ||

21. Sang Hyang Iranyaka duk miyarsi | atur kang mangkono | langkung dènnya suka jroning tyase | tandya angambali nabda malih | maring rajasiwi | wahyaning sabda rum ||

22. dhuh ta anggèr kang sotamèng budi | duk tuwan cariyos | kula kadi dipun èngêtake | wruhanira anggèr duk ing nguni | kula anampèni | wêcaning Hyang Guru ||

23. pan makatên sabda Hyang Pramèsthi | ing besuk [besu...]

--- 70 ---

[...k] lêlakon | ana uga sawiji turune | Sang Arjuna madêg narapati | nèng Mamênang nagri | ingkang ajêjuluk ||

24. Prabu Gêndrayana asêsiwi | juga jalu calon | Sang Hyang Wisnumurti panitise | parap Radyan Narayana benjing | kang kawasa mamrih | ambengkas ama gung ||

25. wêca wau sampun anètèsi | sadaya wus cocog | jêngandika anggèr kalingane | kang nêtêpi sabda Hyang Pramèsthi | radyan narpasiwi | nityasa andhêku ||

26. sangêt dènnya nalăngsa noragi | karsane sang anom | mrih lêstari jawata asihe | dènnya manadukara sêsanti | têmah rajasiwi | ngrêrêpa turipun ||

27. mugi sabda tuwan dèn lêstari | tulus botên linyok | Hyang Iranyaka guguk gujênge | dhuh dhuh anggèr sang kalêngkèng bumi | kang jatining jati | titising Hyang Wisnu ||

28. dèn pitados lair lawan batin | mring pitutur ingong | têmbe anggèr madêg ratu gêdhe | kang sinêmbah-sêmbah

--- 71 ---

ing sabumi | sabuwana Jawi | sadaya kawêngku ||

29. ing paduka datan wontên kalih | binathara kaot | milanipun dèn lajêngna anggèr | karsa tuwan rumêksèng sabumi | munah ama sami | mrih jagad lêstantun ||

30. amung kula darbe wêling malih | benjing yèn kalakon | jêng paduka ngasta pusarane | marcapada ing rat tanah Jawi | dhawuhana sami | mring wadya sadarum ||

31. para dhusun ingkang among tani | dèn èstokna yêktos | lamun wiwit ngurit isarate | bucal toya sing wadhah tan kêni | kêdah dèn cidhuki | asarana siwur ||

32. gya binuwang yèn makatên kêni | myang nyambat kemawon | anak-anak utawi rencange | tuwin sadaya wêwadhah sami | sampun dèn kothongi | lawan malihipun ||

33. sampun ngantos pabên lawan rabi | lawan botên ilok | bêbundhêli sadhengah barange | ngêthoki kênaka datan kêni | tuwin botên kenging | ambêsêmi rambut ||

34. dene [de...]

--- 72 ---

[...ne] cêcêgah makatên ugi | datan pati abot | amung sadintên sadalu bae | duk ngajêngakên wiwit angurit | ingkang kaping kalih | badhe tanêmipun ||

35. sajroning sadintên lan salatri | karo lanang wadon | botên kenging nêpsu sakalihe | sukur kuwawi cêcêgah sami | nêdha lawan guling | sadintên sadalu ||

36. sarta malih sami dèn awisi | tan kenging bêbêdhol | samukawis ingkang tanpa gawe | nyênyêlapkên sadhengah tan kêni | jangkêpe ping katri | yèn pantun wus sêpuh ||

37. badhe mêthik kêdah asêsaji | sêsajèn mirantos | sêkul warni catur gurih kabèh | pêthak jêne biru tuwin abrit | kanthinipun malih | kêtan warni catur ||

38. ugi kados sêkulipun gurih | abênipun dèn wor | lawan kumbu satunggal wadhahe | sêkar urap-urap aywa kari | de kang dèn sêsaji | turuning Hyang Wisnu ||

39. lawan turunipun Dyah Dèwi Sri | lamun wus mirantos | sarat-sarat [sarat-sa...]

--- 73 ---

[...rat] sampun sangkêp kabèh | nulya lamun miwiti amêthik | pêthikan sakawit | dèn rênggaa iku ||

40. botên bèntên lan ngrêngga pangantin | kinurmatan yêktos | saking sabin ingarak wong akèh | sapraptaning wisma dipun aglis | sarèkna tumuli | têngah kobongipun ||

41. wusnya ngatên tunggiling pamêthik | sadaya kemawon | botên susah dipun rêngga manèh | kadidene pêthikan sakawit | yèn samya nêtêpi | isarat puniku ||

42. tamtu barang kang tinanêm dadi | kèhing ama adoh | kang tinandur akathah wêdale | tikêl nêkuk lan adat ingkang wis | kang tan dèn sarati | dede timbangipun ||

43. rajaputra sarowange sami | sarêngan kemawon | saurpêksi sandika ature | sadaya piwulang dèn pêpundhi | yêkti dèn lampahi | lan eklasing kalbu ||

44. botên badhe nglirwakkên piwêling | kang pancèn wigatos | Hyang Iranyaka suka galihe [ga...]

--- 74 ---

[...lihe] | tandya pamit sampun dèn jurungi | Hyang Iranyaka glis | muksa lir mêgatruh ||

9. Mêgatruh

1. ya ta wau rajaputra ingkang kantun | lan sagung ingkang umiring | samya suka jroning kalbu | pra jawata kèh jurungi | maring tingkahing lêlakon ||

2. wusnya sami lêrêm sawatawisipun | rajaputra budhal aglis | Êmpu Kumbayana iku | panganjuring lampah maksih | juru panitining kewoh ||

3. angulati ing ngêndi panggenanipun | ama-ama ingkang maksih | ya ta radyan lampahipun | winatara dèrèng têbih | Êmpu Kumbayana anon ||

4. manuk-manuk anjirap datanpa petung | bèthèt bondhot glathik êmprit | duk lagya manêba ambyuk | patêgalan sabin-sabin | trabas kabèh tanêm tuwoh ||

5. jagung-jagung prigis kantun gagangipun | pari-pari kantun dami | Êmpu Kumbayana ngungun | wusnya waspadèng pangèksi | Êmpu Kumbayana gupoh ||

6. dènnya wangsul tur uninga [uni...]

--- 75 ---

[...nga] gatosipun | mring wau dyan narpasiwi | praptèng ngarsa nulya matur | miwiti kongsi mêkasi | tètèh tan ana kaledhon ||

7. rajasunu nalikane tampi atur | gitaning driya nulya glis | lumaksanane sinêru | dupi prapta doning paksi | kang anjirap arêraton ||

8. rajasunu jrèning[6] tyas kalangkung bêndu | tandya amênthang jêmparing | kang umiring anèng pungkur | pra pandhita myang maharsi | samya sêsanti ing batos ||

9. muji jaya-jaya kawijayanipun | jayaa sang rajasiwi | ya ta risang narpasunu | wusnya nglêpaskên jêmparing | ambarubul mêdal ewon ||

10. anibani pêksi-pêksi manuk-manuk | kawratan dening jêmparing | sakêdhap wus sirna larut | satunggal tan wontên kari | ya ta wau winiraos ||

11. Sang Aprabu Pritanjala duk andulu | yèn wadyane pêksi-pêksi | sadaya wus sirna lampus | datan wontên ingkang kari | langkung duka jroning batos ||

--- 76 ---

12. nanging sintên kang mrawasa wadya manuk | prabu kagatan udani | ananging ta dangu-dangu | Prabu Pritanjala uning | satriya kang bagus anom ||

13. maksih madêg lan angasta langkapipun | wus ngira sang raja pêksi | kalamun satriya iku | kang numpêsi gunging pêksi | krodha nêdya mati sampyoh ||

14. tandya muluk mring gêgana sêdyanipun | yun manyidra saking nginggil | dupyarsa niyup manêmpuh | waspada sang rajasiwi | nalika grudha cumlorot ||

15. sinarêngan lêpasing jêmparingipun | winawas lawan patitis | garudha sampun kacundhuk | ngandhap têlih trus suwiwi | datan ngaping kalih yêktos ||

16. wangkenipun dhawah ing siti gungêbrug[7] | sakêdhap musna tan kèksi | nulya tan watara dangu | wontên sujanma kaèksi | tanpa sangkan lajêng katon ||

17. nèng ngarsane wau risang narpasunu | saya tan samar ing galih | wus ngintên yèn janma iku | tunggile

--- 77 ---

jawata nguni | kang sampun sami kalakon ||

18. kang rinuwat sing papa cintrakanipun | marmane sang rajasiwi | gya mrêpêki gupuh-gupuh | sêdya arsa mangênjali | lan trapsila andhap asor ||

19. nanging wau sang jawata datan ayun | kipa-kipa lan nabda ris | dhuh anggèr tan susah iku | bêcik padha-padha sami | tan beda sira lan engong[8] ||

20. dyan andhêku sira radyan narpasunu | lan dahat ngênorkên ragi | suka risang nêmbe rawuh | gya jawaban asta kalih | satata sami alunggoh ||

21. nèng ngandhaping wrêksa gêng ing wana ngriku | wusnya bêbagean sami | sang jawata manabda rum | anggèr wruhanta sun iki | jatine dewa sayêktos ||

22. namaningsun Sang Hyang Pritanjala kulup | prênah kadange taruni | lawan Hyang Kanekasunu | karo atmajane sami | Hyang Caturkanaka kaot ||

23. wayahipun Hyang Darmajaka rumuhun | dadya prênah buyut sami | lan Sang Hyang Nurrasa [Nur...]

--- 78 ---

[...rasa] iku | ya ingsun ingkang ngratoni | ama manuk kang rêraton ||

24. êmprit-êmprit glathik kang maèwu-èwu | kang ngrusak tanêman sami | kabèh mangidhêp maringsun | ya ta risang narpasiwi | duk midhangêt kang cariyos ||

25. Sang Hyang Pritanjala ing aluranipun | saya sangêt dènnya ajrih | nityasa dhêku tumungkul | kalawan umatur aris | dhuh jawata kang kinaot ||

26. nama ulun Narayana èstunipun | putrane sri narapati | Gêndrayana Sang Aprabu | Narendra Mamênang nagri | makatên ingkang sayêktos ||

27. dene ulun numpêsi ama sadarum | kang ngrêrisak amêjahi | sakathahing tanêm tuwuh | kang tinanêm anèng sabin | patêgilan miwah kêbon ||

28. mapan namung sadarmi kewala ulun | saking panuwune sami | para tapa gunung-gunung | pandhita maharsi cantrik | lan janma dhusun myang dhukoh ||

29. ingkang samya botên sagêd [sagê...]

--- 79 ---

[...d] anênandur | saking ama angrusuhi | Sang Hyang Pritanjala ngrungu | ature sang rajasiwi | angguguk lan manabda lon ||

30. hèh ta kulup aywa sandeya ing kalbu | prakara lêlakon iki | tan dadi kasisipamu | malah banjurêna kaki | marjèng rat mrih karahayon ||

31. jêr ta iku sèsining bawana tuhu | sira ingkang amajibi | rumêksa among amêngku | supaya ayuning bumi | rèh sira iku sayêktos ||

32. kang sawantah titising Bathara Wisnu | iya Sang Hyang Harimurti | marma kuwasa sirèku | munah sagung ama sami | mila ywa sandeya yêktos ||

33. kang jinurung ngarjakkên jagad sawêgung | dadya lêlananging bumi | tarlèn amung sira kulup | amung ingsun amêmêling | yèn sira wus madêg katong ||

34. mêmulangna kabèh mring wadyanta dhusun | ingkang samya among tani | sapisan kalamun ayun | garap sawah nyêbar wiji | janma karo lanang wadon ||

--- 80 ---

35. wêktu jroning dina sadina sadalu | dèn padha cêcêgah sami | ing hawa kalawan nêpsu | mandar mêmujia sami | nyêbar ing wiji dumados ||

36. lawan aywa ana kang nglakoni iku | anggêtak gêgêsah sami | mring kabèh sipat nyawèku | utamane dèn êlèki | sadina sawêngi kono ||

37. kaping pindho yèn arsa miwiti tandur | ngèsthia jalu lan èstri | nalăngsa maring dewa gung | marga nora ana kaki | wong nalăngsa nêmu awon ||

38. lamun têmên-têmên panalangsanipun | yêktyantuk suka basuki | dene ingkang kaping têlu | yèn wus ngundhuh ingkang pari | dèn padha angatos-atos ||

39. dipun gêmi lan nastiti patrapipun | rumêksane mring rijêki | dèn kadi rumêksèng sunu | bisane arja basuki | dimèn lulus nora pêdhot ||

40. linulutan rijêkine dumalundung | kaping pate wêling mami | yèn pari munggah mring lumbung | miliha ing dina

--- 81 ---

Manis | myang rêrêsik lanang wadon ||

41. jroning wisma jaban wisma ngarsa pungkur | dèn saponana barêsih | tanapi sajroning lumbung | aywa na rêrêgêd kèksi | wêwadhah tan kêni kothong ||

42. sêsajine abon-abon urap santun | omah lumbung dèn damari | mungguh kaping limanipun | yèn ngudhunake kang pari | dèn mucung lan ngatos-atos ||

10. Pocung

1. lamun ayun ngudhunkên pari sing lumbung | duk arsa ginêntang | kudu wanci bangun enjing | sadurunge mijil sang hyang sayêmpraba ||

2. ywa kabanjur kadhinginan sata tumrun | lan panjutanana | mamrih sukane Dèwi Sri | de panggugah kala padha kawruhana ||

3. têrangipun bab sapisan dipun emut | wong ngumbar kamurkan | agung nêpsu muring-muring | bisa uga karya rusaking sarira ||

4. ping dwinipun wong carobo badanipun | carobo pangucap | iku kulup bisa dadi | lêlantaran sudane kang sandhang pangan [pa...]

--- 82 ---

[...ngan] ||

5. ping trinipun taledhor pakaryanipun | kêsèt lan sungkanan | ngêpluk lumuh barang kardi | bisa gawe cupêting budi utama ||

6. kaping catur gênêpe ingsun pitutur | yèn wong dhêmên karya | kasusahan ing sasami | wujudira wong dhêmên gawe sikara ||

7. sikarèku warna-warna ing panêmu | ana karya rusak | wênèhana amêgati | amêmurung maring wong tămpa kabêgyan ||

8. wong kadyèku manggan bangêt jroning kalbu | iku ngadatira | karya cupêt barang kardi | ingkang cêpak tan widada yuswanira ||

9. kabèh iku golongan garis kalêbu | aran gugah kala | kabèh kala nyilakani | pangajape mrih rusak maring manusa ||

10. mungsuhipun kala ing pangajapipun | maring karusakan | amung wong rahayu budi | ingkang sêtya mèstuti rèh puja mantra ||

11. yêkti limput kala pangarahe luput | Sang Hyang Pritanjala | têlas dènira mêmêling | ing piwulang mring Rajaputra [Rajapu...]

--- 83 ---

[...tra] Mamênang ||

12. narpasunu lan Danèswara Sang Wiku | Dyan Arya Suksara | myang sagung pra pandhitarsi | samya suka derantuk piwulangira ||

13. jawata gung Sang Hyang Pritanjala anung | wêkasan sadaya | sandika badhe nglampahi | rèhing dewa kang jati-jati utama ||

14. nêdya anut ing driya tan badhe limut | Sang Hyang Pritanjala | dahad suka jroning galih | gya pamitan badhe kondur angahyangan ||

15. sakalangkung dyan putra dhêku jumurung | sakala umêsat | musna sakêdhap tan kèksi | sampun muksa wau Sang Hyang Pritanjala ||

16. rajasunu sapungkuring dewa wau | lan Arya Suksara | Êmpu Kumbayana tuwin | sumawana sagung marsi myang pandhita ||

17. wusnya dangu lêrême sadaya iku | saksana gya budhal | nglajêngakên lampah sami | kang sinêdya ngulati panggenan ama ||

18. duk puniku lampahira dèrèng dangu | kintên saonjotan [saonjo...]

--- 84 ---

[...tan] | kagyat wau rajasiwi | sarowange myat tanêman pantun samya ||

19. sapandulu wiyare tanêman iku | ngrètèg aking pêjah | bosok lodhoh mênthèk tuwin | ganggêng lumut jamur ulêr kang angrusak ||

20. sirnanipun sanggya têtanêman pantun | rajaputra kewran | mangu mangunênging galih | mrih sarana numpês ama jroning toya ||

21. ragi ewuh dèrèng antuk kang pituduh | tandya parêpatan | lan sagung pra pandhitarsi | datanapi sira Dyan Arya Suksara ||

22. kongsi dangu tan ana antuk panêmu | dangu-dangu sira | Êmpu Kumbayana kadi | antuk marma mosik lir sasmitèng dewa ||

23. sigra matur mring dyan putra mulur galur | dhuh anggèr punika | saking ing pamanggih mami | munah ama kang lêmbat tan sipat nyawa ||

24. kêdah antuk naliti panggenan êtuk | tuking tirta marta | kang mili mring sabin-sabin | yèn wus nyata puniku sumbêring tirta ||

25. marginipun

--- 85 ---

lêrês ilèn-ilènipun | lajêng kinumana | jêmparing Ki Pasopati | narpaputra lan sagung ingkang miyarsa ||

26. sami rujuk mring atur ingkang pakantuk | Êmpu Kumbayana | pamikire rada mursit | nulya sami ngulari sirahing toya ||

27. datan dangu katêmu sirahing ranu | wujudipun sêndhang | toya srêp sumilak wêning | langkung adrês dêrês udaling kang tirta ||

28. kang saking tuk sêndhang anèng ngandhapipun | wrêksagawit gayam | nulya margining kang warih | kang ngêjogi anjog maring pasabinan ||

29. gumarujug santêring we lampahipun | maring pasawahan | margi toya dèn êkumi | kang pusaka jêmparing Ki Pasopatya ||

30. dèrèng dangu umop kanang we puniku | malik mumpal-mumpal | sakala ama jro warih | ganggêng lumut wrêjit cacing sarêng sirna ||

31. samya lampus tan tawa mring bêntèripun | kang daya prabawa | jêmparing Ki Pasopati | tanpasesa tan ana

--- 86 ---

măngga puliha ||

32. nging kabacut umoping tirta tan surut | saya mawalikan | tan dangu bantala gonjing | kadya jinjang bumi oncat sing panggonan ||

33. kathah rubuh wrêksasol lir binarubuh | saking gêng kalintang | lindhu gênjot gonjang-ganjing | wong padesan kang cêlak wayang-wuyungan ||

34. ting bilulung tambuh solahira bingung | golèk pangungsenan | ya ta wau kang winarni | dewa ingkang ngratoni ama sadaya ||

35. kang dumunung sajroning tirta sadarum | nama Hyang Gindhala | kagyat wau duk ningali | kèhing ama jro toya sirna sadaya ||

36. têmah gugup ngejawantah gupuh-gupuh | amindha brahmana | saking sabrang angajawi | duk umiyat mring wau sang rajaputra ||

37. samya lungguh dèn ayap pangiringipun | nèng têpining sêndhang | kang mindha brahmana ugi | wus anyipta punika kang numpês ama ||

38. gupuh-gupuh mrêpêki nulya alungguh |

--- 87 ---

lan matur ngrêrêpa | mring wau sang rajasiwi | dhuh dhuh anggèr kang tuhu satriyotama ||

39. sudibyanung kaonang-onang jinurung | dening pra jawata | kang èstu musthikèng bumi | bumintara titise Hyang Narayana ||

40. kang amêngku marcapada mrih rahayu | paduka kawogan | murih arja myang basuki | jêr paduka panuksmaning Hyang Kesawa ||

41. yèn kalantur isining buwana lêbur | siti dados pêjah | botên kenging dèn tanêmi | dening daya prabawa Ki Pasopatya ||

42. têmahipun manusa sakewanipun | kutu lan antaga | èstu badhe tumpês tapis | tanpasesa kadi maskentaring toya ||

11. Maskumambang

1. dhuh ta anggèr risang kalêngkaning bumi | nuntên dèn racuta | bêndu paduka puniki | ywa ngantos kadawa-dawa ||

2. margi lamun kadangon paduka runtik | lêbur sabuwana | yêkti wangsul lir sakawit | suwung wangwung awang-awang ||

3. tur paduka dêduka maring sawiji | sajagad kawratan [kawra...]

--- 83 ---

[...tan] | katut sangsara nêmahi | sintên kang badhe katunan ||

4. tarlèn amung anggèr paduka pribadi | jêr ingkang misesa | anggadhuhisining bumi | amung Hyang Wisnu sanyata ||

5. mila mangke dipun racuta tumuli | de sirnaning ama | kang wontên sajroning warih | pun kaki kang tur isarat ||

6. ya ta wau rajaputra duk miyarsi | atur kang mangkana | dahat sukaning kang galih | nulya ngambil sigra-sigra ||

7. Pasopati ingkang kinum jroning warih | asrêp sanalika | kanang tirtamarta malih | kadi duking mula buka ||

8. risang pindha brahmana suka umèksi | lêga jroning driya | toya wus nirmala jati | nulya wau rajaputra ||

9. ngacarani mring wau sang nêmbe prapti | tandya tata lênggah | wus bagya-binagya sami | myang samya tanya-tinanya ||

10. kang pinăngka kalawan ingkang wêwangi | tuwin sêdyanira | rajaputra sabdanya ris | dhuh risang maha pandhita ||

11. wasta kula [ku...]

--- 89 ---

[...la] Narayana kang sajati | putranya sang nata | Sri Gêndrayana Narpati | narendra prajèng Mamênang ||

12. dènnya midêr-midêr jajah desa wukir | numpês kèhing ama | saking panuwune sami | pra maharsi myang pandhita ||

13. kang martapa anèng arga wukir-wukir | myang janma padesan | kang sami payah wit dening | tan bisa nênanêm samya ||

14. anênandur sabarang ing sabin-sabin | miwah patêgilan | rinisak ing ama sami | sangêt karya duka cipta ||

15. sampun têlas sabdane sang rajasiwi | ya ta mêne gantya | kang mindha brahmana aglis | umatur mring rajaputra ||

16. dhuh ta anggèr yèn andangu mring pun kaki | kula pun Brahmana | Gindhala ingkang wêwangi | saking Ngawu-awu praja ||

17. tanah sabrang niyat lêlana ngajawi | saking manah kula | kumêdah-kêdah udani | jajahan ing pulo Jawa ||

18. saking dene kasok karobaning warti | saking pranangkoda | yèn ing pulo tanah Jawi | saklangkung tata raharja ||

19. sarwa mirah tinumbas baksana [ba...]

--- 90 ---

[...ksana] bukti | myang sêmbadanira | kang jumênêng narapati | ambêk tyas pindha pandhita ||

20. paramarta wicaksana sadu budi | pangastaning praja | jêjêg sampun anêtêpi | waton pranataning nata ||

21. ambêg sarahita samabeda tuwin | ambêg dana dhêndha | sarta mumpuni sakalir | ing rèh guna kasantikan ||

22. têka nyata kuncaraning tanah Jawi | ulun sawêg panggya | kalawan paduka mangkin | ngraos sampun kagawokan ||

23. iba-iba ramanta jêng sri bupati | sang narpa atmaja | dhêku sarwi amangsuli | dhuh sang maha wiku dibya ||

24. têka bèntên sangêt lan pangraos mami | nyipta maksih cingkrang | tangèh gayuh mring utami | saking dening mudha dama ||

25. de pangalêmbana paduka mring mami | mung saking kasrêdhan | kacondhongan ing panggalih | dadya mung têtêp bêbasan ||

26. datan kirang pangalêm wong lagi asih | tan kirang panacad | sujanma kang lagya gêthing | kang makatên pancèn limrah ||

27. risang pindha

--- 91 ---

Brahmana pasrangkara glis | anggèr tan katênta | pun kaki ngumpak ngupadi | suka pirêna paduka ||

28. kajawi mung lugu umatur sajati | botên ngamandaka | anggunggung mrih sukèng galih | anggèr botên pisan-pisan ||

29. lawan malih paripaos wus nêtêpi | yêkti datan ana | kukus ingkang tanpa agni | kêdah wontên nyatanira ||

30. kosokwangsul pawartos awona ugi | yèn sampun warata | kados-kados datan têbih | malèsèta botên kathah ||

31. pan makatên anggèr limrahing pawarti | têlas aturira | kang mindha brahmana maring | narpaputra ing Mamênang ||

32. radyan putra andhêku lon amangsuli | dhuh maha pandhita | sabda tuwan kula pundhi | lan sangêt panuwun kula ||

33. pamêcanta mring kula langkung utami | mugi lêstantuna | sih paduka anartani | rahayuning kang parasdya ||

34. ya ta ingkang mindha brahmana miyarsi | maring sabdanira | wau risang rajasiwi | langkung êntyarsaning [êntyar...]

--- 92 ---

[...saning] driya ||

35. nulya matur mring dyan putra têmbungnya ris | dhuh anggèr paduka | sampun sandeya ing galih | widadaning sêdyotama ||

36. amung anggèr pituhunên wêling mami | yèn paduka benjang | sampun jumênêng narpati | ambawani sabuwana ||

37. sabên waktu tanggal badhe tanggap warsi | sataun sapisan | utamaning narapati | mêmidêra jroning praja ||

38. tuwin sajawining praja dèn waradin | pedahe punika | nata ngidêri nagari | karya bingahing kawula ||

39. kabingahan pikantukipun nênarik | maring kamirahan | kamirahan sagêd ugi | ngwontênakên karaharjan ||

40. tuwin malih anggèr wulangêna sami | mring wadya paduka | ingkang sami among tani | makatên manising wulang ||

 


mèt. (kembali)
Tanggal: Kêmis wolulas (18) Siyam (Pasa) Alip: tri catur naga ji (AJ 1843). Tanggal Masehi: Kamis 21 Agustus 1913. (kembali)
kang. (kembali)
kacondhongan. (kembali)
Kurang satu suku kata: kalih sami sajarwa wus. (kembali)
jroning. (kembali)
gumêbrug. (kembali)
ingong. (kembali)