Ringgit Madya Lampahan Radèn Narayana, Mangkunagara IV, 1913, #83 (Pupuh 12–20)

Judul
Sambungan
1. Ringgit Madya Lampahan Radèn Narayana, Mangkunagara IV, 1913, #83 (Pupuh 01–11). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
2. Ringgit Madya Lampahan Radèn Narayana, Mangkunagara IV, 1913, #83 (Pupuh 12–20). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
Citra
Terakhir diubah: 20-06-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

12. Dhandhanggula

1. kang sapisan lamun wontên sabin | asring-asring katêrajang ama | margi toya lèn-ilène | kumana cucal sênggung | pamrihipun ingkang supadi | turuhaning wacucal [wa...]

--- 93 ---

[...cucal] | karut dening ranu | maradini pasabinan | kaping kalih sadaya margining warih | sami dèn adêgana ||

2. sada arèn winical kang ganjil | kaping tiga sadaya galêngan | sinungana sêsawine | roning arèn puniku | kaping caturipun mênawi | bêndung margining toya | bêbêndungan wau | sinungana ingkang tapas | inggih ugi tapasipun arèn sami | dene kang kaping gangsal ||

3. lamun wiwit tanêm dipun sami | nglakonana salatri sadina | sampun ngantos ngucapake | kala lan ama iku | kaping nênêm sarate malih | sajroning mêgêng arsa | amiwiti tandur | sadintên sadalu aywa | mêmatèni kabèh sipat nyawa sami | makatên dèn èstokna ||

4. mila anggèr makatên kang awit | sakathahing kala tuwin ama | sami ugi pangarahe | godha ngrancana sagung | pra manusa sami pinurih | klintua ing pangucap | crobo ing pamuwus | anggêpe ama lan kala | ngrasa antuk [a...]

--- 94 ---

[...ntuk] kaladesa dènnya amrih | risaking kang manusa ||

5. yêkti lajêng suka asêsirig | wênèhana ngalètèr mataya | dening pasah panggodhane | ananging kosokwangsul | lamun ana pangucap bêcik | myang karêm puja brata | lan budi rahayu | pun ama lan kala susah | wênèh roga kadhang ama alit-alit | sami kalajêng pêjah ||

6. saking datan kuwawi nanggêni | kêni prabawaning janma tama | kang tuman tarakbratane | dhuh anggèr dipun emut | dèn waspada sabarang kardi | sapêcaking panindak | sakêcap amuwus | nganggea pangarah-arah | mung punika anggèr ature pun kaki | prayogi yèn kagêma ||

7. amêmulang sagung wadya tani | têlas ture kang mindha brahmana | radyan putra sarowange | Arya Suksara iku | pra pandhita tuwin maharsi | duk sami amiyarsa | suka jroning kalbu | wêkasan matur sandika | badhe ngèstokakên sadaya piwêling | ya ta kang mindha-mindha [mindha-...]

--- 95 ---

[...mindha] ||

8. gya pamitan dipun sêngadèni | badhe nglajêngakên lêlampahan | anjajah tanah Jawane | radyan putra umatur | yèn kaparêng karsa sang yogi | bok inggih sawatara | kèndêla rumuhun | margi raosing tyas kula | ing bêbasan upamine tiyang bukti | kirang ing tuwukira ||

9. ingkang mindha brahmana tan kêni | yèn lêrêma malih sawatara | malah lajêng mêdharake | mrasajakkên kalamun | sajatine jawata yêkti | kang ngratoni sadaya | ama jroning ranu | nama Bathara Gindhala | têdhakipun Hyang Kalakuthana nguni | ya ta sang rajaputra ||

10. lawan Dyan Arya Suksara tuwin | pra pandhita wau duk miyarsa | èsmu ajrih sadayane | wêkasan mung jumurung | sakarsane sang jawata di | saksana Hyang Gindhala | mêsat muksa sampun | ing ngriku sapêngkêrira | Hyang Gindhala wau risang rajasiwi | kagyat dènnya umiyat ||

11. samadyaning wana datan têbih | lan [la...]

--- 96 ---

[...n] pakèndêlaning narpa putra | katon padhang ngagètake | ananging padhangipun | dede padhang soroting agni | margi padhanging wongwa | yèn siyang dinulu | datan wignya katon padhang | dêstun amung kukuse ingkang kaèksi | de kang katon punika ||

12. kadidene soroting cahya di | wusnya winaspadakkên paningal | gya sami pinaran age | sakêdhap sampun rawuh | radyan putra madyèng wanadri | kagyat kang samya miyat | kang sumorot wau | arca pawèstri yu endah | narpaputra lan sagung ingkang umiring | dahat pangungunira ||

13. dene arca ayune kapati | wau rajaputra ing Mamênang | umyat ing arca endahe | kasmaran jroning kalbu | yèn sampuna èngêt ing galih | punika dede janma | nêdyarsa rinungrum | pramilanta mung datansah | ponang arca ingêlus-êlus kang alis | tanapi ing plarapan ||

14. pangêluse radyan putra kadi | ngimur-imur [ngimur-i...]

--- [0] ---

Ringgit Madya Lampahan Radèn Narayana, Mangkunagara IV, 1913, #83 (Pupuh 12–20): Citra 1 dari 2
Radèn Narayana. Arca malihanipun Dèwi Sutiksnawati.

--- 97 ---

[...mur] mring kananggupala | yèn kawêdhar jroning tyase | dhuh arca aywa giyuh | mêngko ingsun kang bakal bangkit | ngruwat prihatinira | nanging narpasunu | mung katon prihatin dahat | ya ta wau Arya Suksara ningali | warnaning kang gupala ||

15. tyas kumênyut èngêt mring kang rayi | Dèwi Sutiksnawati kang murca | musna saking panendrane | saking cèplêsing wujud | warnanira kang arca èstri | dahat karantaning tyas | Arya Suksarèku | têmah mijil ingkang waspa | saking dènnya èngêt warnanya ing nguni | kadangira wanodya ||

16. kang pêparap Dyah Sutiksnawati | ingkang ical saking pagulingan | ya ta gupalèstri age | duk umyat kang rawat luh | dahat karya gawoking ati | karana ponang arca | ugi mijil kang luh | marawayan maring badan | saking adrês wijiling waspa ngêbêsi | yayah kadi turasan ||

17. yèn sampuna warni arca yêkti | duk uninga mring Arya Suksara | kadya pinalayon [pinala...]

--- 98 ---

[...yon] age | makatên osikipun | ya ta wau para maharsi | Bagawan Danèswara | lan sarowangipun | sagung ingkang para tapa | duk umiyat kanang arca luhnya mijil | langkung gawoking driya ||

18. nyipta lamun kawasèng dewa di | yèn akarya sipat kaelokan | kongsi ngebat-ebatake | nora kêna ginayuh | dening titah ngisoring langit | wau ta duk samana | radyan narpasunu | èngêt mring wêwêlingira | widadari Kusuma Dèwi Pratiwi | yèn têmbe bakal panggya ||

19. lawan badhe ingkang jatukrami | nanging lagya papa warni arca | mila radyan age-age | nyandhak jêmparingipun | pangruwatan pinusthi-pusthi | sinidhikarèng driya | linêpaskên sampun | kacundhuk kananggupala | sanalika sirna arca têmah dadi | wanodya yu utama ||

20. langkung kagyat kang samya ningali | ya ta sira Dyan Arya Suksara | duk umyat arca babare | sakêdhap wus tan pandung | yèn [yè...]

--- 99 ---

[...n] punika kadange èstri | ing nguni ingkang musna | saking tilamipun | tan ana labêting lacak | apêparap sira Dyah Sutiksnawati | dyan arya nubruk sigra ||

21. mring kang rayi lan udrasa anjrit | ya ta sang dyah nalika umiyat | Arya Suksara kadange | tan taha nulya gapyuk | ingkang raka dipun rungkêbi | kalawan jrit karuna | onêng kalihipun | ya ta Radyan Narayana | wus anyipta yèn Sang Dyah Sutiksnawati | kang ruwat saking arca ||

22. dyan ingimur kang udrasa kalih | wusnya lêjar kang sami karuna | yatarya Suksara age | nabda mring arinipun | yayi dèwi sira dèn aglis | nêmbaha mring rahadyan | Narayana iku | putrane jêng sri narendra | ya ta wau Kusuma Sutiksnawati | ragi wagugêning tyas ||

23. èngêt kênya kinèn angabêkti | mring satriya kang maksih jêjaka | ragi ribêng jroning tyase | dangu tansah tumungkul | lawan nikêl-nikêl dariji [dari...]

--- 100 ---

[...ji] | Radyan Arya Suksara | wus waskithèng sêmu | yèn kang rayi sang kusuma | ragi èwêt kang raka ngandika malih | dhuh yayi wruhanira ||

24. sira luwar saka ing prihatin | nandhang cintraka warna gupala | radyan putra mulyakake | wajib sira riningsun | ngaras pada saingga kadi | manêmbah mring jawata | iku yêktinipun | awit kang ngruwat duhkita | ya ta wau Kusuma Sutiksnawati | myarsa dhawuhing raka ||

25. yayah mêksa kinèn angabêkti | sangêt ajrih maring kadang tuwa | tandya sang kusuma age | marêk mring ngarsanipun | radyan putra sigra ngabêkti | Rahadyan Narayana | dupi trang andulu | mring warnanira sang rêtna | saya sangêt jroning tyas kandhuhan kingkin | kadya ge sinambuta ||

26. nanging dahat sinamun ing galih | èngêt lamun lagya anèng paran | wêkasan alon sabdane | wau sang narpasunu | atêtanya purwane nguni | maring Arya Suksara | dyan arya turipun | duk ical [i...]

--- 101 ---

[...cal] tanpa karana | botên wontên tabête banon kang gêmpil | lir pinulung ing dewa ||

27. rajaputra wusnya dèn aturi | purwakane musnane sang rêtna | tandya gênti pandangune | maring sang kusuma yu | paran marma praptaning ngriki | sapa ingkang andhustha | sang rêtna umatur | dhuh gusti sang narpatmaja | duk mulane amba binêkta tan uning | èngêt-èngêt kawula ||

28. sampun manggèn ing kadhaton rukmi | nanging dede kraton ing Mamênang | sarwa mas uparênggane | kawula langkung bingung | tambuh-tambuh raosing ati | tan dangu wontên prapta | janma gung aluhur | ngêngimur maring kawula | ngasih-asih amba dipun angkah rabi | kawarti gih punika ||

29. kang andhustha mring kawula gusti | wasta gandarwa Raja Jajatma | cinêndhak sang dyah ature | purwa wasananipun | jalaraning ngantos nêmahi | sarira wujud arca | sadaya wus katur | ya ta sang narendra putra | Dyan Suksara tuwin para pandhitarsi [pandhi...]

--- 102 ---

[...tarsi] | duk myarsa aturira ||

30. lampahane Dyah Sutiksnawati | èsmu ngungun lan suka jroning tyas | de kang dadya pangungune | dènnya elok kalangkung | lêlakyan kang dèn uningani | dene sukaning driya | wus bisa kapangguh | kalawan suka raharja | ya ta radyan putra angandika malih | mring Dyah Sutiksnawatya ||

31. andangu gèning gandarwa aji | ingkang aran Sang Raja Jajatma | anèng ing ngêndi prênahe | sang dyah manêmbah matur | gusti amba botên udani | amung nalikanira | kawula pukulun | nèng kadhaton nawarêtna | prênahipun wontên randhu wana inggil | pucaking wukir Kandha ||

32. duk miyarsa wau rajasiwi | mring ature Dyah Sutiksnawatya | langkung êntyarsagalihe | nulya radyan arêmbug | lawan Arya Suksara tuwin | Bagawan Danèswara | myang sarowangipun | dènnyarsa nyirnakkên mêngsah | sang gandarwa Raja Jajatma wêwangi | rèh iku mêksih gêsang [gê...]

--- 103 ---

[...sang] ||

33. kang andhustha Dyah Sutiksnawati | yèn miyarsa rêca wus nirmala | pinanggih lawan kadange | sayêkti soroh amuk | sawadyane nêdyambêg pati | para wil bêkasakan | tanapi lêlêmbut | yèn ta tininggal kewala | misuwure satriya kurang utami | mingkuh ngungkurkên mêngsah ||

13. Pangkur

1. ya ta kêmpalingkang rêmbag | rajaputra arsa ngrêrisak sami | sadaya saisinipun | kang anèng wukir Kandha | pangarahe yèn sadaya sampun lêbur | gandarwa Raja Jajatma | sayêkti nuntên kaèksi ||

2. yèn wus katon kasat mata | yêkti gampil pamaguting ajurit | Arya Suksara jumurung | tuwin para pandhita | sadayanya ngayubagya karsanipun | wau sang raja pinutra | ya ta Dyah Sutiksnawati ||

3. dhinawuhan manjing sigra | ing sêsupe agêmira sang aji | Gêndrayana Sang Aprabu | supe maniklokika | pan ing nguni saking atur-aturipun | Risang Êmpu Yogiswara | Kusuma

--- 104 ---

Sutiksnawati ||

4. sandika wus manjing sigra | ing kalpika agême rajasiwi | wau ta kang lagya rêmbug | mêne gantya kocapa | sang gandarwa Raja Jajatma winuwus | duk samana tyase dahat | wimbuh kambah ing prihatin ||

5. dènira dèrèng kapadhan | ing karsane lan Dyah Sutiksnawati | rintên dalu tansah mêsu | nyênyuwun maring dewa | kang dèn pinta datan liya apan namung | nuli ruwatingkang arca | nirmala lir nguni-uni ||

6. sira Sang Raja Jajatma | ngantos nglayung angga akuru aking | saking sangêt ing pamêsu | mrih ruwating gupala | winor lawan kasmaraning tyas gung wuyung | nging wus dangu tan katrima | panuwune mring dewa di ||

7. arca maksih wujud arca | dèrèng sagêd wangsul dumadya janmi | mila sang gandarwa prabu | kadaut larasmara | ngantos supe sangêt lawan garwanipun | Nikèn Sulithi kang nama | kadang warga tan tinolih ||

8. amung kang katon ing netra | kang gumantung anèng tuntunging

--- 105 ---

ati | tan liya kusumaning rum | kang lagya warni arca | ya ta wau sira Sang Jajatma Prabu | saking dahat onênging tyas | mring sang dyah kang salah warni ||

9. tandya tindak sang gandarwa | mêdal saking kadhaton yun têtuwi | maring wau unggyanipun | sang dyah kang warni arca | urut marga tansah dènnya gandrung-gandrung | gung ngrêrêpi ura-ura | jroning gagasan kalair ||

10. dhuh kusuma murca jiwa | luhung mati ingsun yèn datan panggih | garwa pawingking ranipun | lan sira sang lir rêtna | gapuraning karaton kawining jawuh | sun anti saruwatira | dèn kongsia satus warsi ||

11. kramaning sadulur tuwa | datan nêdya pun kakang mangro pikir | kasut wrêksa jamang wakul | dhuh babo kadiparan | lamun besuk manira sida amêngku | mring kang lagi warna arca | iba sukane tyas mami ||

12. palêsthaning janma nadar | bêbasane sulur wit pindha tali | saiba ta kaul ingsun | ngong pondhong têlung dina | jarwa nendra godhèg antaraning [a...]

--- 106 ---

[...ntaraning] bathuk | yèn dèn maru nora arsa | lan garwèngsun Kèn Sulithi ||

13. sayêktine ingsun pêgat | raning trajupithing kang sabèng sabin | yêkti ngong abot sang ayu | ya ta gandarwa raja | lagya eca rêrêpèn urut dalanggung | sapraptanira ing wana | kagyat wau duk ningali ||

14. wontên satriya sajuga | maksih mudha warna bagus rêspati | akathah pangayapipun | pra marsi myang pandhita | tuwin ingkang arca mêmalihanipun | sira Dyah Sutiksnawatya | wus datan ana kaèksi ||

15. wus nyipta lamun dèn alap | mring satriya kang katon nêmbe prapti | krodha sang gandarwa prabu | mêsu cipta prabawa | nulya prapta prahara gêng sindhung riwut | jroning wana kumarasak | swaranya anggêgirisi ||

16. kampitèng tyas rajaputra | lawan sira Arya Suksara tuwin | Bagawan Danèswarèku | myang sagung para tapa | duk umiyat jroning wana sindhung riwut | bayu bajra gêng tan kêndhat | wrêksasol [wrê...]

--- 107 ---

[...ksasol] sêmpal kapilis ||

17. sadaya wus sami nyipta | sindhung riwut prahara kang dhatêngi | punika prabawanipun | risang gandarwa raja | nulya sami amatêk panulakipun | prabawaning sêsiluman | rèrèh kang prahara ririh ||

18. wusnya sirna kang prabawa | gya katingal Risang Jajatma Aji | angliga badhamanipun | nrajang mungsuh anunjang | tan rêringa gandarwa raja anêmpuh | ing tyas nir baya wikara | ngamuk sêdya ambêg wani ||

19. kang ingancap datan liya | amung mandêng ênggèning rajasiwi | Radyan Narayana gupuh | tadhah tandange tatag | langkung rame dyan narpaputra prangipun | lan gandarwa Raja Jatma | tan ana ingkang kalindhih ||

20. gugup Dyan Arya Suksara | Sang Bagawan Danèswara pituwin | pratapa sadayanipun | myang Êmpu Kumbayana | sami ngambul anyênyiwo aprangipun | angsahe sing kering kanan | ing ngarsa miwah ing wuri ||

21. duk samana narpaputra | ragi

--- 108 ---

ombèr dènnya lumawan jurit | tandya mênthang langkapipun | jêmparing pangruwatan | dyan pinusthi kalawan wêninging kalbu | lumêpas jêmparing mêdal | yèku kang sara Sêngkali ||

22. inggih sanjata pusara | warni rante tumanduk analèni | mring gandarwa raja wau | ningsêti angganira | wiwit jăngga mangandhap dumugi suku | gandarwa Raja Jajatma | krodharsa molah kapati ||

23. nanging tan paja uwala | malah-malah rante langkung ningsêti | wêkasan bayu ngalumpruk | ambruk gumuling kisma | sirna larut daya myang karosanipun | sakojur marêntul kang rah | nurut wulu ingkang gêtih ||

24. gandarwa Raja Jajatma | datan bêtah nahan raosing sakit | kang sumandhang angganipun | wêkasan sru udrasa | sambat-sambat nênuwun aksamanipun | ya ta Radyan Narayana | lan sagung ingkang umiring ||

25. dahat suka jroning driya | miyat mungsuhira gumuling siti | sigra marêpêki gupuh | risang narpa [nar...]

--- 109 ---

[...pa] atmaja | tuwin Arya Suksara sakancanipun | pra maharsi myang pandhita | sadaya sami umiring ||

26. dèrèng kongsi prapta cêlak | lan unggyaning wau gandarwa aji | kang roga nandhang têtangsul | kasaru ingkang prapta | tanpa sangkan gandarwa Raja Salimbu | ramane Raja Jajatma | lawan tunggilipun malih ||

27. gandarwa Raja Salinga | akalawan sutanira pawèstri | Kèn Sulithi garwanipun | sira Raja Jajatma | tiga pisan mêndhak anèng ngarsanipun | Narpèndra Dyan Narayana | lan mangistawa sêsanti ||

28. kagyat wau rajaputra | nulya katri samya dinangu sami | nama myang pinangkanipun | tuwin ingkang sinêdya | kang dinangu pangarsa Raja Salimbu | umatur atur prasaja | dhuh radyan amba puniki ||

29. dede bangsaning manusa | sami băngsa gandarwa tiga sami | kula pun Raja Salimbu | tiyangasêpuhira | pun gandarwa Raja Jajatma puniku | kang kêni astra pusara | dene ta ingkang satunggil ||

--- 110 ---

30. gandarwa Raja Salinga | prênah ari kawula kang sayêkti | nging dadya marsêpuhipun | dening Raja Jajatma | dene ingkang pawèstri wontên ing pungkur | rabine Raja Jajatma | wastapun Nikèn Sulithi ||

31. sutane Raja Salinga | dados dhaup kadang nak-sanak yêkti | sami dhadhăngka pukulun | pucaking wukir Kandha | mênggah prapta kawula sadayanipun | nuwunakên pangaksama | pun Jajatma ingkang sisip ||

32. saking dahat mudha dama | tan uninga wêcane Hyang Pramèsthi | yèn paduka titisipun | Sang Hyang Wisnu Bathara | mila têmah kataman sangsaranipun | papa cintraka rogarda | pramila kalamun gusti ||

33. botên paring pangaksama | èstu lamun Raja Jajatma lalis | sêdene gusti kalamun | karsa paring wilasa | amba gadhah punagi saèstunipun | sakadang warga kawula | sadaya sumêdya ngabdi ||

34. nglampahi ayahan tuwan | yun tumindak mèstuti ing satuding | kathah-kathah [kathah-ka...]

--- 111 ---

[...thah] aturipun | ingkang mêmalat driya | pancèn wasis gandarwa Raja Salimbu | radyan putra tyas kakênan | lumuntur sajroning galih ||

35. wus katampèn suwitanya | sang gandarwa raja sadaya sami | saksana Jajatma Prabu | wus pinaringan luwar | nulya sami marêk ngaraspadanipun | mring Rajaputra Mamênang | ya ta dyan narendra siwi ||

36. alon dènira ngandika | hèh ta Raja Salimbu ngong kapengin | wêruh kadhatonirèku | kayapa rakitira | apa beda kalawan kadhatonipun | para ratuning manusa | Raja Salimbu miyarsi ||

37. asru guguk gujêngira | dhuh ta anggèr musthikaning sabumi | sajatosipun pukulun | kadhatoning lêlêmbat | lamun saking manusa paningalipun | èstu wontên kêkajêngan | kang agêng kang singit-singit ||

38. tuwin guwa pèrèng jurang | miwah sela kang agêng ingkang wingit | nanging yèn paningalipun | băngsa lêmbat piyambak | yêkti katon kadhaton [kadha...]

--- 112 ---

[...ton] asri kalangkung | sangkêp uparêngganira | tan pae kadhaton janmi ||

39. ewamakatên sumăngga | jêng paduka bilih badhe mriksani | lah suwawi dipun gupuh | sami tutupa netra | ya ta wau Radyan Narayana gupuh | lawan Sang Arya Suksara | tuwin sagung pandhitarsi ||

40. sadaya wus tutup mata | mung sakêdhap mêlèk byar wus asalin | sadaya paningalipun | katon kadhaton raras | munggul anèng wukir Kandha pucakipun | sadaya ingkang umiyat | sami ngungun jroning galih ||

41. Raja Salimbu turira | maring rajaputra sumăngga gusti | lamun jêng paduka ayun | nguningani sadaya | jroning pura kapirsanana sadarum | rajaputra langkung suka | gya tindak angasmarani ||

14. Asmaradana

1. sadaya sami umiring | malêbêt jro dhatulaya | samya eram pandulune | rêrênggan rakiting pura | langkung asri kawuryan | midêr-midêr narpasunu | wusnya kêmput jinajahan [jinajaha...]

--- 113 ---

[...n] ||

2. kèndêl lêlênggahan sami | sinambi lan rêraosan | rajaputra lon sabdane | dahat dènnya ngalêmbana | langkunging digbyanira | gandarwa Raja Salimbu | ywanjana guna wikara ||

3. tanggap sang gandarwa aji | dhuh gusti botên katênta | yèn pun patik matur omong | yèn lamak băngsa gandarwa | sakanan keringira | wukir Kandha samya têluk | mring amba kèh puruhita ||

4. pramilanta amba gusti | ngatasing băngsa siluman | ragi kaeringan dhewe | parandosipun kawula | ing manah langkung maras | uwas sor prabawanipun | lan Sang GrudhaWinanteya ||

5. rajaning garudha sami | balane tanpa wicalan | sami grudha gêdhe-gêdhe | langkung sêkti măndraguna | băngsa ulun siluman | sadaya tis manahipun | umyat ing kadibyanira ||

6. ing jagad nêdya ngijèni | Prabu GrudhaWinanteya | mangke wontên pawartose | sakêdhap malih punika | Sang Grudha Winanteya [Wi...]

--- 114 ---

[...nanteya] | yun mangrêbat kratonipun | sadaya nata manusa ||

7. rinêbat sarana jurit | mila gusti jêng paduka | yèn tan nuntên ngarsakake | anumpês mêngsah punika | Garudha Winanteya | sirna lan sawadyanipun | tan wande badhe bêbaya ||

8. kagyat wau narpasiwi | myarsa atur kang mangkana | sigra madêg kasurane | andangu kayanganira | GarudhaWinanteya | umatur Raja Salimbu | dhuh anggèr sang rajaputra ||

9. kayangane langkung inggil | nèng pucaking randhu wana | ing wukir Kandha prênahe | saking inggile punika | mèh sundhul lawan mega | brêkasakan manuk-manuk | wus tan wontên ingkang ngambah ||

10. saking dènnya sangêt inggil | dene kaping kalihira | saking sangêt ing ajrihe | dene gusti jêng paduka | lamun badhe uninga | kêdah mêdala rumuhun | saking jroning dhatulaya ||

11. amargi yèn botên mijil | wukir Kandha tan katingal | rajaputra sarowange | gya

--- 115 ---

mêdal saking jro pura | byar wangsul katon wana | wukir Kandha wus kadulu | ing pucak ana katingal ||

12. wit randhu wana kang inggil | radyan nulya lon ngandika | paran mêngko pratingkahe | gon ingsun magut mring mêngsah | têka susahing lampah | manêmbah Raja Salimbu | kajawi karsa paduka ||

13. rèhning randhu wana gusti | sakalangkung agêngira | kalawan sangêt inggile | upami dipun pènèka | sintên janma manusa | kang kadugi kongsi mucuk | mêncite kagila-gila ||

14. kalamun tinêgor gusti | dangu sangêt rêbahira | saking wit langkung agênge | kalawan botên prayoga | yèn ngantos ngobahêna | witing randhu wana iku | yêkti badhe kawanguran ||

15. makatên kirang prayogi | gêlar kawadakèng mêngsah | kang saèstu botên sae | Risang GrudhaWinanteya | sawadyabalanira | lajêng ombèr manahipun | gampil bobot boting [bo...]

--- 116 ---

[...ting] mêngsah ||

16. yèn ènthèng dipun ajêngi | yèn awrat katilar oncat | ngriki ingkang kirang sae | adat labêting satriya | lamun arsa masesa | ing mêngsah kongsi marucut | loking jana dados cacat ||

17. yèn dhahar tur amba gusti | ulun gadhah pawong mitra | pêksi jowan sampun sae | rèh sampun dangu srawungan | punika pêksi jowan | kalawan sabăngsa ulun | mila ragi blêjat-blêjat ||

18. nulat basa sampun bangkit | basa têmbunging gandarwa | gusti punika kemawon | ingagnya niti nalika | Sang GrudhaWinanteya | ing sawadyabalanipun | kinèn ngulat-ulatêna ||

19. kasêktèning garudha ji | lawan akaryaatilas | supadi benjing badhene | kêni tinurut kinarya | napak tilasing marga | sang rajaputra puniku | myarsa atur kang mangkana ||

20. dahat sukaning kang galih | dhawuh kinèn nimbalana | pêksi jowan [jo...]

--- 117 ---

[...wan] mring ngarsane | Raja Salimbu tur sêmbah | sandika mung sakêdhap | pêksi jowan prapta sampun | ing ngarsa sang narpatmaja ||

21. Raja Salimbu nabda ris | hèh ta sira pêksi jowan | marma ngong undang marene | ingsun arsa amêminta | pitulung maring sira | nalika asolahipun | Sang GarudhaWinanteya ||

22. sawadyabalane sami | awasna kasêktènira | dèn waspada wêwadine | kalawan ing lakunira | mring pucak randhu wana | karyaa têtilasipun | supaya ing têmbe kêna ||

23. tinurut kinarya margi | pêksi jowan wus winarah | sabarang rèh wigatine | wus kacakup jroning nala | pêksi jowan sandika | wus amit kalilan sampun | mêsat muluk ngantariksa ||

24. gya niyup pucaking wukir | pêksi jowan nglincak-nglincak | dènnya minggah ing lampahe | lan nêlèki gêgodhongan | ingkang mêntas kencokan | saurut minggah mandhuwur | praptaning pucak wus cêlak ||

--- 118 ---

25. pêksi jowan mapan aglis | dènnya nginte sêsingidan | manggèn anèng gêgowoke | ngathothor lir pêksi roga | waspada dènnya mulat | ing sasolahbawanipun | Prabu Grudhawinanteya ||

26. sigêg wau kang winarni | pratingkahing pêksi jowan | kang nyandi nèng gowok dhêmpèng | gantia ingkang winarna | Sang GrudhaWinanteya | anujya ing dintên wau | nimbali pra wadyabala ||

27. para garudha gêng alit | pêpak andhèr ing ngajêngan | tanpa wilangan cacahe | Sri GarudhaWinanteya | nulya alon ngandika | mêdharkên supênanipun | ing dalu wau duk nendra ||

28. ana kanane winisik | dening Sang Hyang Kagapatya | kaya mangkene wisike | yèn ana kang pêksi jowan | nuli dèn patènana | jalaran iku ing besuk | têkane antakanira ||

29. sabab si jowan sayêkti | bakal karya rusakira | dèn ngati-atia kowe | jangji ana kang katingal | manuk [manu...]

--- 119 ---

[...k] jowan dèn enggal | tumpêsên aywa pakewuh | mung samantên impènira ||

30. mula mêngko karsa mami | sakathahe wadyaningwang | padha ngong dhawuhi kabèh | yèn mrangguli manuk jowan | banjur lunasên enggal | sami sandika turipun | sagunging wadya garudha ||

31. ya ta dumadakan dening | sanalika mau ana | wadya garudha kang anon | mring sira si manuk jowan | nèng gowok dhêmpèng mapan | gya poyan mring kancanipun | tan dangu wus kauningan ||

32. maring garudha sang aji | dhawuh nuli kinèn bêkta | jowan marang ing ngarsane | sandika ingkang liningan | jowan nulya kinêpang | cinandhak sampun kapikut | mring wau kang grudha kathah ||

33. tandya binêkta tumuli | rinămpa-rămpa dhinabyang | wus lumados ing ngarsane | Risang Grudha Winanteya | ya ta sang grudha miyat | pêksi jowan kadya angluh | ngathothor ulate biyas ||

34. kadi sajatining sakit | ya

--- 120 ---

ta jowan duk samana | langkung maras ing driyane | dene wus ngrungu priyăngga | sabdane sri garudha | yèn ana jowan kadulu | gêdhe cilik patènana ||

35. marmane maras kapati | bokbilih èstu dèn lunas | jowan tansah ngruntuh bae | pantês kadi sangêt roga | ya ta wau sri grudha | alon sabdane andangu | maring sira pêksi jowan ||

36. hèh jowan paran ing kapti | sira nèng gowok singidan | apa mungguh wigatine | jowan matur angrêrêpa | ngrêruntuh swaranira | dhuh sang garudha pinunjul | kang sudibya wirotama ||

37. sêdyamba amung angungsi | wontên ngriki nyuwun gêsang | dene mênggah darunane | rèh kawula lagya roga | bilih manggèn ing ngandhap | kawula ajrih kalangkung | dèn sambêr pun alap-alap ||

38. de lamun amba nèng nginggil | mangsita pun alap-alap | purun minggah saèstune | nadyan ibêripun kiyat | nanging [na...]

--- 121 ---

[...nging] măngsa puruna | yêkti ajrih jêng pukulun | nata garudha sudibya ||

39. pra kuswa tur sura sêkti | sugih wadya kèh prawira | tanpa etangan kathahe | têlas aturipun jowan | Sang Grudha Winanteya | myarsa jowan aturipun | sakalangkung dènnya wêlas ||

40. tan parêng dipun pêjahi | Prabu GrudhaWinanteya | nulya dhawuh mring wadyane | jowan pinaring aksama | lawan manuk sajuga | dhasar lagi anandhang puh | măngsa băndakalanana ||

41. tandya jowan dèn dhawuhi | wangsul mring panggenanira | lan dinangu karêmane | jowan suka jroning driya | matur sarwi ngrêrêpa | dhuh sang kaga raja anung | salêbêtipun kawula ||

42. nandhang roga kang kaèksi | mung katès matêng punika | Sang GrudhaWinanteya ge | dhawuh kinèn madosêna | sakêdhap sampun angsal | jowan kinèn nêdha gupuh | nèng ngarsanira sri nata ||

15. Sinom

1. jowan matur angrêrêpa | dhuh sang

--- 122 ---

grudha dibya sakti | mugi sampun dados duka | mring abdi kang nandhang sakit | kalamun nuju bukti | ingadhêp kathah pukulun | kajawi botên eca | kadhang botên kolu gusti | yèn kalilan ulun bêkta mring pondhokan ||

2. Sang GarudhaWinanteya | myarsa atur kang mlasasih | langkung wêlas jroning driya | jowan wus kalilan bali | mring panggenaning lami | gowok pasênêdanipun | katès kinèn ambêkta | maring wadya grudha siji | ngatêrakên mring jowan panggenanira ||

3. pêksi jowan wusnya prapta | ing gowok suka tansipi | ngrasantuk guna wisaya | dènnya nêdya nguningani | sasolahbawa tuwin | kasêktèn kadibyanipun | Sang GrudhaWinanteya | wusing waspada sayêkti | duk kalimpe pêksi jowan nulya mêsat ||

4. amibêr niyup mangandhap | sakêdhap kewala prapti | ing ngarsa Dyan Narayana | pêksi jowan matur aglis | sasolahnya tinuding | maring Sang Raja

--- 123 ---

Salimbu | purwa madya wasana | dènira alampah sandi | mèh kewala ing lampah manggih bêbaya ||

5. wus titi dènnya carita | jowan dènira tinuding | Raja Salimbu anulya | umatur mring narpasiwi | rèhning radyan tan uning | mring cara basaning manuk | marma gandarwa raja | ingkang anjuru basani | langkung suka dyan putra miyarsa warta ||

6. akanthi tyas ngalêmbana | mring jowan dènira wasis | ngatase pêksi oreyan | kalêbu lêpasing budi | wicaksana undhagi | putus rèhing agal lêmbut | nulya gandarwa raja | Salimbu umatur aris | mring dyan putra badhe tumanduking karya ||

7. dhuh anggèr sang narpatmaja | lampah punika prayogi | jêng paduka anitiha | gigiripun suta mami | Raja Jajatma Gusti | punika kang sagêd muluk | mibêr gayuh gêgana | yèn wus sagêd angungkuli | kayanganing pun GarudhaWinanteya ||

8. sayêkti botên sangsaya | paduka mrawasèng jurit | suka [su...]

--- 124 ---

[...ka] Radyan Narayana | sakala dyan narpasiwi | jumênêng tandya nitih | gigiring gandarwa prabu | sira Raja Jajatma | wus sikêp lawan jêmparing | jroning driya dyan putra enggala yuda ||

9. marma sakêdhap umêsat | Raja Jajatma manginggil | nurut labêt gêgodhongan | pêksi jowan anêngêri | roning kang dèn têlèki | punika margi tinurut | kunêng ing lampahira | dyan putra ingkang manginggil | kang binêkta gandarwa Raja Jajatma ||

10. sigêg gantya kawuwusa | pra wadya garudha sami | arame prasamya opyak | yèn jowan miruda anis | katur sang kaga aji | raja garudha duk ngrungu | anglês sajroning driya | ngraos yèn kalêbon têlik | sandipaya cundakaning mungsuh dibya ||

11. myang èngêt supênanira | wangsite Hyang Kagapati | ananging tyas sinantosan | sigra dènira nimbali | wadya grudha gêng alit | kêrig sumiwi ing ngayun | kaga raja ngandika | hèh sakèhing [sa...]

--- 125 ---

[...kèhing] wadya mami | dèn santosa ing tyas kumandêling dewa ||

12. aywa na maras ing driya | padha mèngêtana sami | paribasaning prawira | wurung mati sida mukti | wurung mukti ngêmasi | iku wus pacanganipun | mêsthi tan kêna oncat | kudu kêna salah siji | lawan manèh yèn wus karsaning jawata ||

13. karya sor ungguling titah | măngsa bêbakala maning | yêkti wus tan kêna owah | kabèh lêlakoning urip | mung gumantung sawiji | karsaning dewa linuhung | para wadya garudha | samya angrês jroning ati | amiyarsa sabdane ing ratunira ||

14. samana sarêng turira | dhuh gusti sang kaga aji | sampun mawi wancak driya | sadaya wadya gêng alit | sumêdya anglabuhi | abipraya sabayantu | sami sarêng lêbura | ngayahan paduka aji | para wadya sadaya sami sumêtya[1] ||

15. mung ana grudha sajuga | wrêdha kang minăngka dadi | nujume para garudha | kang umatur nyulayani | dhuh Gusti Kagapati |

--- 126 ---

sadintên punika lamun | paduka datan jêngkar | sawadyabalanta sami | saking ngriki èstu badhe katiwasan ||

16. tur jalaran saking jowan | kang dhatêng amarasandi | margi tan dangu punika | mêngsah tuwan andhatêngi | ya ta duk amiyarsi | kagendra mring turing nujum | sakala tandya prentah | wadya garudha gêng alit | yun binêkta oncat saking ing sasana ||

17. atilar kahyanganira | sawusnya pêpak prasami | Sang GarudhaWinanteya | budhal kêbut sawadyèki | tan ana ingkang kari | brêng mabur swara gumuntur | kadi prabata bangkat | nèng gêgana angêbêki | bayak-bayak lir mêndhung dhêndhêng winulat ||

18. ya ta kang lagya lumampah | sang garudha nata pêksi | lan sawadyabalanira | kunêng mêne kang winarni | wau sang rajasiwi | kang anèng ing gigiripun | gandarwa Raja Jatma | kagyat wau aningali | ing gêgana ana katon pêtêng kadya ||

19. kang mêndhung arsa tumiba | rajaputra dangu maring | sira [si...]

--- 127 ---

[...ra] Sang Raja Jajatma | apa kang katingal iki | Raja Jajatma mèksi | mring kang pêtêng yayah mêndhung | wusnya têrang winawas | gugup umatur mring gusti | dhuh ta anggèr kang katon pêtêng punika ||

20. Sang GarudhaWinanteya | sawadyabalane sami | jêngkar saking kahyangannya | kados nêdya angoncati | ngucira ngungsi urip | ya ta dyan putra duk ngrungu | atur ingkang mangkana | dhawuh kinèn angundhaki | ibêrira sira Sang Raja Jajatma ||

21. sandika kang tampi sabda | sinêru mêsat manginggil | wusnya sawatara cêlak | lan lampahing garudha ji | radyan mênthang jêmparing | pamungkas pêparingipun | Sang Hyang JagadPratingkah | warastra Ki Pasopati | wus pinusthi sinidhikara jroning tyas ||

22. tan dangu sampun lumêpas | mêdal jêmparing makêthi | tumanduk sang kagaraja | sawadyabalane sami | garudha agêng alit | kawratan sadayanipun | sowang-sowang kataman | jêmparing Ki Pasopati | tumpês tapis [ta...]

--- 128 ---

[...pis] tan ana măngga puliha ||

23. mung ana grudha sajuga | wus tuwa kang măngka dadi | nujuming para garudha | wiyana dening jêmparing | ngandhuruk mencok mungging | panging randhu wana agung | Rahadyan Narayana | myat garudha maksih urip | mung sajuga ing galih kalangkung duka ||

24. sigra dènira amênthang | warastra Ki Pasopati | duk lagya ingayat-ayat | grudha miyat asru anjrit | sêsambat amlasasih | yèn janmaa têgêsipun | gusti nyuwun aksama | ya ta Sang Jajatma myarsi | mring tangise grudha dahat amlasarsa ||

25. margi sang gandarwa raja | ingkang wrin basaning paksi | gya matur mring narputra |[2] dhuh gusti sang rajasiwi | lamun parêng ing galih | grudha sajuga wus sêpuh | sambatipun mlasarsa | punika nyuwun aksami | yèn kaparêng mugi dipun aksamaa ||

26. rajaputra duk miyarsa | ature sang gandarwa ji | bilih wau dukanira | tan èstu mênthang jêmparing | nulya kinèn nakoni |

--- 129 ---

paran kang sinêdyèng kayun | sira gandarwa raja | sandika gya dangu maring | pun garudha paran kang sinêdyèng driya ||

27. umatur garudha wrêdha | kawula nujuming paksi | lamun pinarêng ing karsa | kawula nuwun aksami | badhe suwita yêkti | mèstuti rèhing pituduh | umatur kathah-kathah | anggancarkên nguni-uni | supênane Sang GarudhaWinanteya ||

28. nalikantuk warahira | wangsite Hyang Kagapati | kongsi paksi jowan prapta | myang angkaranirèng budi | risang narendra paksi | kongsi praptèng oncatipun | saking kahyanganira | wus katur sadaya sami | sang gandarwa Raja Jajatma anulya ||

29. umatur sang narpaputra | ngaturkên aturing paksi | garudha nujum punika | dènira nyuwun aksami | sanggya wus katur sami | suka risang rajasunu | wus kanggêp suwitanya | kang sarta kinèn lêstari | pawongmitra lan sira Raja Jajatma ||

30. tuwin dhinawuhan mangkya | pindhah sing kahyangan lami | garudha matur sandika |

--- 130 ---

wus kalilan angupadi | kahyangan kang pinilih | panggenan sasukanipun | ya ta Dyan Narayana | riwusnya nyirnakkên maring | kagaraja Sang GarudhaWinateya ||

31. ing tyas kadi kapanjingan | arda murkambêg tan yukti | warastra agung pinênthang | lumêpas tanpa ngêndhani | lintang kang dèn jêmparing | adrês sanjata lir jawuh | sira Raja Jajatma | bêbolèhatur mambêngi | tan prayogi ardaning tyas kang mangkana ||

32. nanging sang raja pinutra | wus tan kêna dèn pambêngi | malah-malah èsmu duka | sang gandarwa raja ajrih | kèndêl tan matur malih | apan muhung ibêripun | kadi sinêngkakêna | praptaning ngandhap tumuli | kawuwusa dewaning para sudama ||

33. sadaya sami gegeran | de kahyanganira sami | kajawahan kang sanjata | gya samya tumurun sami | ngejawantah manggihi | mring wau sang rajasunu | prapta ing marcapada | anulya satata linggih | sasampuning prasami bagya-binagya ||

34. tanya nama

--- [0] ---

Ringgit Madya Lampahan Radèn Narayana, Mangkunagara IV, 1913, #83 (Pupuh 12–20): Citra 2 dari 2
Radèn Narayana: ginendhong rajaning gandarwa Raja Jajatma anjêmparingi lintang ing langit.

--- 131 ---

myang pinăngka | tuwin kang sinêdya sami | sira Radyan Narayana | walèh yèn putraning aji | Mamênang Sri Bupati | Gêndrayana Sang Aprabu | wasta Dyan Narayana | jawataning lintang ugi | mrasajakkên lamun dewaning sudama ||

35. kagyat wau rajaputra | nalikanira udani | yèn kang prapta pra jawata | jroning tyas kalangkung ajrih | ngraos yèn antuk sisip | marma sanalika wau | langkung dènnya nalăngsa | ing tingkah sangêt noragi | sang jawata myat solahing narpaputra ||

36. dènnya katon analăngsa | karênan jroning panggalih | nulya arum angandika | kulup ywa sandeyèng ati | yêkti tan manggih sisip | wong kang wêruh luputipun | amung samêngko aja | tumindak kadi ingkang wis | laku arda ngaku kuwasa priyăngga ||

37. nadyan ta sira kinarya | titise Hyang Wisnumurti | sadaya kasrah ing sira | yêkti amung dèn gadhuhi | dening Hyang Odipati | aywa sira tyas gung limut | ardambêg [ar...]

--- 132 ---

[...dambêg] puwa-puwa | siya niaya sakalir | pangrasanta kabèh sira kang kawasa ||

38. ingkang mangkono pan ora | yèn sira kabanjur lali | tan wande kabèh sêdyanta | èstu wigar tanpa dadi | jêr sirarsa ngungkuli | sadaya kawasanipun | Sang Hyang Jagadwasesa | iku kaki nora kêni | pakênira pinatah nèng marcapada ||

39. jatine kinèn rumêksa | kabèh saisining bumi | aywa na kang kasangsaya | tulusa manggya basuki | de lamun sira kaki | mring wajibira tumambuh | sayêkti kadrawasan | kabèh karsanta tan dadi | malah rusak sadaya isining jagad ||

40. ujêr kulup sira selak | panuksmaning Wisnumurti | yèn mangkono marcapada | tan ana kang dèn aubi | rèh dene sira mungkir | tan wêlas sagung tumuwuh | malah tansah masesa | sanityasa misesani | manangsaya mring kaanan gung nangsaya ||

41. anggarês dènnya manabda | mring dyan putra mêmiringi | para dewataning [dewata...]

--- 133 ---

[...ning] lintang | Radyan Narayana myarsi | angrês jroning panggalih | nênuhun aksamanipun | lan adrêsingkang waspa | dewaning sudama mèksi | mring dyan putra dahat awlas jroning driya ||

42. tandya arum angandika | wus aywa sandeyèng ati | amung bae wêkas ingwang | èngêtên salami-lami | lamun tyasira maksih | murka angkara kalangkung | sayêkti datan ana | dadya lêlananging bumi | rèh tyasira ngungkurkên budi raharja ||

16. Pangkur

1. utamanirèng panindak | dipun mantêp sabarang kang kaèsthi | upamane wong lumaku | nêdya ngênêr mangetan | têngah marga dumadak menggok mangidul | iku kaki antuk cacat | ingaran wong salah kardi ||

2. iku padhane duksira | kang sakawit ing tyas ingkang pinusthi | mung sêdya numpês puniku | Garudha Winanteya | ing wêkasan salah cipta tindak dudu | misesa kang tanpa dosa | iku pakarti tan yukti ||

3. kang mangkono aja pisan |

--- 134 ---

anglakoni tindak kadi ingkang wis | lawan ta wêwêling ingsun | besuk kalamun sira | wus jumênêng nata binathara agung | sabarang rèhing pakaryan | aywa nganggo tampik milih ||

4. aja mung amèt kang gampang | ingkang angèl-angèl dipun singgahi | karana gampang lan ewuh | padha bubuhanira | rèh wus dadi karsaning dewa linuhung | sira kaki kang kajibah | rumêksa ayuning bumi ||

5. kabèh sèsining bawana | ala bêcik kawêngku sira kaki | karsane Bathara Guru | sira nèng madyapada | dadi tunggul kang minăngka agul-agul | pamunahing satru murka | angkara dhustha duskarti ||

6. ya ta riwusnya mangkana | risang rajaputra winulang dening | sagung pra jawata wau | pêparing sowang-sowang | wênèhana guna kawijayanipun | lantiping cipta sasmita | wênèh ana kang maringi ||

7. kawruh lampahing kang măngsa | palintangan kang kanggo among tani | samana radyan wus nyakup | sadaya kèhing wulang | wus [wu...]

--- 135 ---

[...s] widagda ing rèh saniskaranipun | rahadyan mangsah sumêmbah | ing pada pra jawata di ||

8. lan panggalih wus santosa | ngraos datan kewran sabarang kardi | nèng jroning driya kagêlung | pinêlêng gung kèlingan | ya ta para dewaning sudama wau | wus samya amit ngahyangan | radyan putra anjurungi ||

9. wus samya mêsat ngumbara | mung sakêdhèp netra wus datan kèksi | mantuk mring kahyanganipun | sawarga jroning lintang | ya ta wau Dyan Narayana kang kantun | sapêngkêring pra jawata | nulya ngandika wêwarti ||

10. maring Dyan Arya Suksara | Sang Bagawan Danèswara pituwin | sagung pra tapa sadarum | myang Êmpu Kumbayana | tanapi mring gandarwa raja sadarum | dènnya numpês mring garudha | miwiti kongsi mêkasi ||

11. sadaya ngungun ing driya | awêkasan sami suka ing galih | ya ta risang narpasunu | sawusnya sawatara | nêntrêmakên sarira nulya dhêdhawuh | arsa kondur mring Mamênang | rèh ama wus samya tapis [tapi...]

--- 136 ---

[...s] ||

12. sadaya gandarwa raja | miwah sagung pandhita myang maharsi | sadaya kinèn tumutur | maring prajèng Mamênang | amung sira Kèn Sulithi rabinipun | gandarwa Raja Jajatma | datan linilan umiring ||

13. rèh pawèstri ewuhaya | amung dhinawuhan angga nagari | atêngga kahyanganipun | sadaya tur sandika | wusnya matêng ing rêmbag bidhalan sampun | kapungkur ing wukir Kandha | ing lampah datan winarni ||

14. cinêndhak lampahe prapta | ing Mamênang wau sang rajasiwi | duk samana dina nuju | ing ari Soma Krêsna | Sang Aprabu Gêndrayana duk anuju | miyos siniwakèng wadya | pinarak ing păncaniti ||

15. andhèr wadya kang sumewa | pêpak sagung punggawa tuwin mantri | miwah ulubalangipun | tan ewah kadi saban | ya ta wau kasaru ing praptanipun | sira Radyan Narayana | lan sagung ingkang umiring ||

16. jujug maring panangkilan | kagyat wau sira jêng sri bupati | umyat putra ingkang rawuh |

--- 137 ---

jumênêng saking dhampar | gupuh-gupuh kang putra rinangkul gapyuk | gung kinuswa êmbunira | sira risang rajasiwi ||

17. anulya mangsah sumêmbah | ngaraspada ing rama sri bupati | tandya sang iswara gupuh | ngacarani sadaya | mring Bagawan Danèswara miwah sagung | pra maharsi myang pandhita | tuwin para gandarwa ji ||

18. sadaya wus sinambrama | ing pambagya dènnya wus prapta sami | sadaya samya andhêku | umatur sêsarêngan | saking barkah jêng paduka sang aprabu | sanggya tan wontên sangsaya | umiring jêng putra aji ||

19. ya ta Radyan Narayana | tandya matur ing rama sri bupati | angandhar sadayanipun | dènnya anumpês ama | wiwit bidhal saking praja duk ing dangu | ngantos dumugi wangsulnya | kalayan suka basuki ||

20. lan ngaturkên duk panggihnya | lawan arca Dèwi Sutiksnawati | sadaya wus sami katur | purwa madya wasana | sri narendra kalawan sang nindya anung | tuwin sagung pra punggawa | sadaya kang samya myarsi [myar...]

--- 138 ---

[...si] ||

21. saklangkung ngunguning driya | sarta lawan suka sajroning ati | dene kang dadya pangungun | eloking lêlampahan | sukanipun de wau sang rajasunu | wus kondur wangsul mring praja | kalawan suka basuki ||

22. ya ta wau narpaputra | gya ngêdalkên Sang Dyah Sutiksnawati | saking jroning supenipun | rêtna manik lokika | praptèng jawi kagyat kusumaning ayu | dènnya wus prapta Mamênang | raosing tyas lir wong ngimpi ||

23. nulya sang rêtna sumêmbah | ngaraspadanira jêng sri bupati | sang nata gya paring dhawuh | Sang Dyah Sutiksnawatya | kinèn laju manjing sajroning kadhatun | dèn iring parêkan nata | kang anggana raras sami ||

24. sang nata tandya ngandika | maring patih hèh kakang nindya mantri | baya ta wus karsanipun | jawata kang winênang | sutanira Ni Sutiksnawati iku | ingkang lagya nêmbe prapta | wus pinasthi jatukrami ||

25. lan si kulup Narayana | de têmune tan sêdya [sê...]

--- 139 ---

[...dya] dèn golèki | dadi têtêp wêcanipun | Sang Hyang JagatPratingkah | duk karone binobotkên ibunipun | wêcane Hyang Girinata | kalamun Wisnu lawan Sri ||

26. sanadyan durung pinanggya | nanging tansah srawungan datan têbih | dene ta lêlakyan mau | kang bakal bisa karya | kabungahan wêtuning kasukan ingsung | dununge panrimaningwang | tan liya jalaran saking ||

27. kakang Wiku Danèswara | yèn aywaa si kulup iku nguni | jinaluk mring kakang wiku | mring wukir Nilandusa | sinaraya nyirnakkên ama sadarum | yêktine durung pinanggya | Si Nini Sutiksnawati ||

28. andhêku Patih Sutiksna | kaluhuran sabda paduka aji | margi raosing tyas ulun | datan siwah samêndhang | lawan dhawuh jêng paduka sang sinuhun | pramilanipun patikbra | kêdah ing wêdal puniki ||

29. ngaturkên panuwun amba | maring Risang Danèswara sang yogi | rèh birat susahing kalbu | ginantyan [ginantya...]

--- 140 ---

[...n] kabingahan | tarlèn saking jalaran sang maha wiku | têlas turing kyana patya | ya ta Sang Danèswararsi ||

30. maluywèng atur mring nata | dhuh pukulun narendraning sabumi | lamun raosing tyas ulun | têbih sangêt punika | lawan dhawuh kang sampun kawahywa wau | botên yèn amba sagêda | damêl kabingahan aji ||

31. margi suka lan sungkawa | atas mijil saking badan pribadi | mung janma kirang sumurup | ing purwa-purwanira | dhatêngipun suka lawan duka wau | uninga yèn wus kalakyan | dêstun janma kang ngyêktosi ||

32. kang nindakkên kasaenan | atêtulung susah samining urip | adat wêwalês pinangguh | tinulung dening liyan | de kalamun watêk niaya puniku | sayêkti antuk wasesa | sinangsaya ing sasami ||

33. liripun lakyan punika | kang purwaka paduka mitulungi | maring kasusahan ulun | wêkasan jêng paduka | tampi walês manggih pirênaning kalbu | makatên lampahing [lampah...]

--- 141 ---

[...ing] janma | awon sae mêdal saking ||

34. kalakuwane priyăngga | namung awis ingkang angrumaosi | dene jawata puniku | amung jurungi sêdya | janma ingkang sêdyayu langkung jumurung | sanadyan mring sêdya durta | ugi botên amalangi ||

35. pramilanipun mangkana | awit lamun sêdya kang dèn jurungi | amung kang nêdya rahayu | tamtu durta tan ana | yèn ta amung tyas durta ingkang jinurung | yêkti tan ana sujanma | kang amrih rahayu budi ||

36. dados jatine têtela | awon sae saking badan pribadi | makatên pamanggih ulun | ya ta wau sang nata | dahat dènnya karênan miyarsa atur- | ira WikuDanèswara | tandya angandika maring ||

37. Rêkyana Patih Sutiksna | hèh ta kakang samêngko karsa mami | si kakang Danèswarèku | ingsun wisudha dadya | panggêdhening para pandhita sadarum | wêwêngkon praja Mamênang | arana sang maharêsi ||

38. iya Rêsi Danèswara |

--- 142 ---

wisma maksih nèng Nilandusa wukir | de Êmpu Kumbayanèku | dadi sor-soranira | uga aran Rêsi Kumbayana iku | dhêdhepoka anèng ngandhap | suku Nilandusa wukir ||

39. karo sun lilani samya | maksih kêna umanjing păncaniti | Patih Sutiksna turipun | nuwun inggih sandika | sigra dhawuh kya patih mring kalihipun | ingkang nêmbe winisudha | matur sandika nulya glis ||

40. sêmbah nuwun unjukira | nulya kalih majêng maring ngarsa ji | yun ngaraspada sang prabu | nanging datan linilan | mung jawaban asta kalih-kalihipun | nulya nata angandika | mring patih sabdanya manis ||

17. Dhandhanggula

1. hèh ta kakang mêngko karsa mami | sutanira Ni Sutiksnawatya | ingsun êlih pêparabe | Dèwi Sara puniku | rèh ruwate sing arca nguni | saka panah pangruwat | agême Hyang Wisnu | lan maning lamun sambada | Nini Sara sida sun dhaupkên yêkti | lan kaki Narayana ||

2. dadi

--- 143 ---

siwa lawan ingsun iki | padha nêtêpi pamêcanira | Sang Hyang Guru nalikane | sutanta kalih mau | duk maksihe kinandhut sami | mring ibu sowang-sowang | winêca kalamun | têmbe bakal jatukrama | anêrahkên pra nata ing tanah Jawi | dumulur tan sinêlan ||

3. iki wus mangsane ngong têtêpi | pamêcane Sang Hyang Siwah Boja | kyana patih lon ature | dhuh pukulun sang prabu | amba namung sumanggèng karsi | prakawis ing sutamba | Nini Sara wau | siyang ratri mung sumăngga | sri narendra tampi ature dyan patih | dahat êntyarsèng driya ||

4. nulya dhawuh kinèn amiranti | badhe uparêngganing pakaryan | rajaputra ing dhaupe | myang kinèn adhêdhawuh | nglêmpakakên sagung maharsi | tuwin para pandhita | kang martapèng gunung | kang badhe ngèstrèni samya | panggihipun pangantyan sang rajasiwi | kalawan Dèwi Sara ||

5. wusnya têlas dhawuhe sang aji | pasewakan [pasewaka...]

--- 144 ---

[...n] anulya bubaran | sang iswara jêngkar age | kondur manjing kadhatun | ginarêbêg pawongan cèthi | dyan patih sakancanya | bubaran sadarum | mantuk wismèng sowang-sowang | enjingipun dyan patih dhêdhawuh maring | sagung para punggawa ||

6. prasamya pinatah nambutkardi | amêmangun rêngganing kadhatyan | myang jawining praja kabèh | wênèhana ingutus | animbali para maharsi | tanapi pra pandhita | kang martapèng gunung | wawêngkon praja Mamênang | ingkang badhe kadhawuhan angèstrèni | dhaupe rajaputra ||

7. lan Dyah Dèwi Sara kang wêwangi | sutanira Dyan Patih Sutiksna | pra punggawa sadayane | kang samya tampi dhawuh | tur sandika tumandang sami | kanthi panêkarira | swaranya gumuruh | narapraja nambutkarya | jroning pura wangunan rinêngga asri | saka binuntal patra ||

8. taritise samya pinalisir | dening sutra biru kuning rêta | langkung pelak pangrakite | sajawining kadhatun | panangkilan [panang...]

--- 145 ---

[...kilan] ing păncaniti | myang sakèhing paseban | kangge ênggènipun | makajangan pra punggawa | kori ingkang anjog ngalun-alun sami | sinung palêngkung samya ||

9. rinarêngga ingkang janur kuning | dêg-adêge ginubêt ing buntal | lir naga mulêt esthane | sinungan pandam sèwu | samangkana cinêndhak dadi | uparêngganing karya | wus sampat sadarum | miwah kang para pandhita | myang maharsi kang sami badhe ngèstrèni | sadaya sampun prapta ||

10. ya ta nuju ari Soma Manis | Rajaputra Radyan Narayana | kalakyan dhinaupake | lan Dèwi Sara iku | duk lêbête pangantyan putri | dèn arak rinarêngga | pakurmatan agung | saking dalêm kapatihan | manjing pura ginarbêg punggawa tuwin | pra marsi myang pandhita ||

11. jinajaran tabuhan mawarni | bêbadhudan lan edan-edanan | mawarna tingkah solahe | praptaning jro kadhatun | pinanggihkên putra lan putri | dèn èstrèni [è...]

--- 146 ---

[...strèni] sadaya | mring sagung pra wiku | pra maharsi myang pandhita | wusnya dhaup pangantyan lênggahing puri | ngabêkti ibu rama ||

12. sri narendra sukanira ngênting | sanalika ganjaran umêdal | wastra warastra warnine | binagi wrata sampun | maring sagung punggawa mantri | praptaning ulubalang | kawaratan sampun | tampi kucahing narendra | para wiku pra pandhita myang maharsi | tampi ganjaran samya ||

13. ngantos langkung kawan dasa ari | sri narendra dènnya suka-suka | lan sagung pra punggawane | buja andrawina gung | jroning pura kalawan jawi | kang samya makajangan | swaranya gumuruh | dènnya langên lenggot bawa | karamean wusnya dungkap kalih sasi | wiwahan sawêg bibar ||

14. riwusira sawatara ari | lan bibare ingkang pamiwahan | sri narendra matah age | punggawa kang ingutus | paring priksa dhatêng kang rayi | Sang Prabu Yudayaka | Yawastina iku | samana kang gantung lampah | sutanipun Patih Sutiksna pribadi | sira Arya Suksara [Suksa...]

--- 147 ---

[...ra] ||

15. kanthi para panêkare sami | wus samêkta binêktan nawala | lan winêling ijêmane | sadaya wus kacakup | duta amit budhalan sami | samya wahana kuda | swaranya gumuruh | lampahing duta narendra | sampun mêdal saking jroning kitha sami | kitha prajèng Mamênang ||

16. sampun lêpas tan winarnèng margi | ya ta gênti ingkang winursita | prajèng Yawastina mangke | Sri Yudayaka Prabu | andhatêngkên sukaning kapti | rintên dalu drawina | tansah dhahar minum | lan sagung para punggawa | agêng alit tan pae sinuka ngênting | minăngka pakurmatan ||

17. miyosipun putra narpasiwi | kongsi nutug kawan dasa dina | wusnyanting among sukane | sang nata nulya nuduh | mring punggawa ingkang tinuding | tur uninga ing raka | Gêndrayana Prabu | nata ing prajèng Mamênang | duk samana punggawa ingkang piniji | Arya Sunjali nama ||

18. sutanipun Sunjaya Dyan Patih | kanthi sapanêkare sadaya | sêrat wus pinaringake | sadaya parlunipun | sampun kawrat [kawra...]

--- 148 ---

[...t] sajroning tulis | Arya Sunjali sigra | nampèni srat sampun | gya amit bidhal kalilan | praptèng jawi sadaya anitih wajik | dalah panêkarira ||

19. umung swaranira urut margi | lir prawira yun umagut yuda | samana lêpas lampahe | datan winarnèng ênu | sapraptane madyèng wanadri | wana bawah Mamênang | duta kalih tundhuk | kapêthuk prasami duta | ing nalika dèrèng waspadanya sami | kalihe samya kagyat ||

20. nyipta lamun mungsuh ngadhang margi | nanging dupi wus samya waspada | tan samar karo-karone | arya kalih wus pangguh | tandya sami satata linggih | nèng samadyaning wana | soring wrêksa agung | sawusnya bagya-binagya | Dyan Suksara nulya nabda arum manis | mring Sunjali Dyan Arya ||

21. hèh ta yayi lakuningsun iki | dinuta mring gusti sri narendra | maringakên nawalane | mring kang rayi sang prabu | Yawastina Sri Narapati | Sang Prabu Yudayaka | de wigatosipun [wigatosipu...]

--- 149 ---

[...n] | wus ginêlarkên sadaya | purwa madya wasana tan ana kari | Dyan Sunjali duk myarsa ||

22. langkung suka lan ngunguning galih | pangungune eloking lêlakyan | anadene ing sukane | dènnya sang rajasunu | Radyan Narayana basuki | wus nambut silèngkrama | Dyan Sunjali gupuh | wêwarta ing parlunira | yèn ingutus Sri Yawastina Sang Aji | ngaturkên kang pustaka ||

23. marang Sri Gêndrayana Sang Aji | wigatine ngaturi uninga | para putra pambabare | sanggya sami rahayu | Dyan Suksara wau miyarsi | mring kang rayi dyan arya | Sunjali turipun | wêkasan sukur ing dewa | wusnya têrang kêkalih parlune sami | Dyan Suksara gya nabda ||

24. mring kang rayi Dyan Arya Sunjali | rèhning iki panggih samya duta | kapasang yogya èstune | yèn yayi sira rujuk | awangsula bae sing ngriki | ngirita lakuningwang | sowan sang aprabu | Yudayaka Yawastina | besuk unduringsun sêratira yayi | ngonggawaulih [ngonggawau...]

--- 150 ---

[...lih] ingwang ||

25. marga pantês urmat sira yayi | mring utusan nata kadang wrêdha | yayi dutaning natanèm | Radyan Sunjali ngrungu | kirang rêna ing dalêm ngati | nadyan sêmu sinamar | kawistarèng wuwus | duk maluya mring kang raka | dhuh ta kakang sabda paduka puniki | lêrês dika priyăngga ||

26. dene lamun pamrayogi mami | luhung kakang wangsula kewala | mring Mamênang sakecane | ngirida lampah ulun | margi nadyan kula puniki | dutaning nata mudha | nanging langkung luhur | jêr narendra binathara | baudhêndha ambawani tanah Jawi | makatên rêmbag kula ||

27. Dyan Suksara dupi amiyarsi | mring Dyan Arya Sunjali jawabnya | nyipta tan kapadhan tyase | nulya ngambali wuwus | mring kang rayi Arya Sunjali | dhuh yayi wruhanira | aywa sêling surup | nora katênta pun kakang | nêdya ngasorake kawibawan aji | Narendra Yawastina ||

28. amung èngêt kang anduta kalih | karo padha kadange sanyata [sa...]

--- 151 ---

[...nyata] | tanapi ingsun lan kowe | ingkang padha dèn utus | kadang durung tumindak têbih | amung ngajak rukunan | têpunging sadulur | yèn yayi kurang mupakat | amung bae samêngko ing karsa mami | sayogya lêlintonan ||

29. sêratira ingkang sira ampil | ngong gawane wangsul mring Mamênang | layang ampilaku kiye | yayi bêktanên wangsul | unjukêna kangjêng sang aji | prabu ing Yawastina | dadi aranipun | cundaka aliru patra | utawane nawalaliru duta ji | mangkono yèn sambada ||

30. condhong lawan karyanira yayi | Dyan Sunjali lon wangsulanira | kakang ywa dados galihe | cêkak karsanta iku | kula botên anyuwawèni | jêr lampahing cundaka | utusaning ratu | nama lampahing karajan | botên kêni lamun rinusaka dening | rakêting sadherekan ||

31. yèn adating karaton sayêkti | kêdah botên tilar êmpan papan | yèn cinarub kirang

--- 152 ---

sae | kados upaminipun | Sri Narendra Mamênang panggih | lan Prabu Yawastina | rikalanya namung | onêng ingunêngan kadang | dados nama patêmoning pêjah kêlir | pantês lamun mangkana ||

32. ambucala subasita sami | amung mamrih karênaning driya | kêdah makatên êmpane | balik ing lampah ulun | lan pun kakang asami-sami | samya mundhi nawala | pakaryan prajèstu | botên kenging yèn ngantosa | nilar saking wêwaton dutèng narpati | kasêbut duta nistha ||

33. lawan malih kakang lampah mami | datan mawi dhawuh liya-liya | wêwêlingan sasamine | kang nglilani mring ulun | nglampahana tindak kang kadi | rêmbagipun pun kakang | milamba tan ayun | nglirwakkên dhawuh narendra | ingkang sampun kakang kawula tampèni | mila sayogyanira ||

34. kula lawan pun kakang lêstari | kula lajêng dhatêng ing Mamênang | kakang ugi nglajêngake | mring Yawastina iku | amung rèhning kakang lan mami | papagan têngah [tê...]

--- 153 ---

[...ngah] marga | yèn utaminipun | pun kakang paringa sêrat | mring kawula suraos atur udani | ing lampah karaharjan ||

35. mangke kula kang ngaturkên maring | Sri Narendra Prabu Gêndrayana | dene pun kakang èstune | ambêkta sêrat ulun | tan prabeda raosing tulis | atur uningèng nata | ing lampah rahayu | sapraptane Yawastina | unjukêna Sri Yudayaka Sang Aji | makatên kang prayoga ||

36. Dyan Suksara myarsa turing ari | Dyan Sunjali condhong jroning driya | manggut lan arum sabdane | iya yayi ngong rujuk | pratikêlmu mangkono iki | kalih tandya nênurat | sakêdhap wus rampung | sratira Arya Suksara | sinungakên ing rayi Arya Sunjali | lêlinton sêratira ||

37. nawalane Dyan Arya Sunjali | wus sinungkên mring Arya Suksara | wusnya liru wilapane | kêkalih budhal sampun | pêpungkuran andum basuki | lêpas ing lampahira | duta kalihipun [ka...]

--- 154 ---

[...lihipun] | tan winarna solahira | anèng marga sira Dyan Arya Sunjali | lampahe sampun prapta ||

38. ing Mamênang nuju amarêngi | ari Soma Manis sri narendra | miyos siniwèng wadyane | păncaniti supênuh | pra punggawa kang samya nangkil | tan ewah kadi saban | ya ta sang aprabu | Gêndrayana duk sewaka | dèrèng ngantos imbalwacana tumuli | katungka praptanira ||

39. duta saking Yawastina nagri | Dyan Sunjali sapanêkarira | laju mring panangkilane | kagyat wau sang prabu | aningali duta kang prapti | ingawe majêng ngarsa | Dyan Sunjali gupuh | umajêng saha wotsêkar | sri narendra andangu wosing wigati | praptanirèng Mamênang ||

40. Dyan Sunjali umatur wotsari | dhuh pukulun kangjêng sri narendra | sowan kawula wiyose | ingutus rinta Prabu | Yudayaka ngaturkên tulis | lawan duk wontên marga | kawula kapêthuk | pun kakang Arya Suksara | binêktanan [binê...]

--- 155 ---

[...ktanan] sêrat konjuk paduka ji | sang nata mundhut sigra ||

41. kang pustaka kalih pisan sami | gya binuka sinuksmèng wardaya | wusnya tamat pamaose | sang nata sukèng kalbu | de kang rayi Yudayaka Ji | samangke sugih wayah | gumrayah dumulur | suka sukuring jawata | lawan ngungun dènira kapasangyogi | papagan sami duta ||

42. tur ta sami karaharjan sami | sri narendra sukur maring dewa | tandya srat pinaringake | maring sang mantri ngayun | kinèn maos agênti-gênti | lan sagung pra punggawa | srat tinampèn sampun | winaos sang mantri mukya | wusnya têlas gantya pinaringkên maring | sagung para punggawa ||

43. wus waradin dènnya nupiksani | pra punggawa bela sukèng driya | lawan dahat pangungune | dening duta sang prabu | anèng marga papagan sami | duta prasami duta | miwah kalihipun | liru patra tur uninga | raharjaning lampah mring gustine sami | kang maos sukèng [su...]

--- 156 ---

[...kèng] driya ||

44. lawan sukur maring jawata di | sri narendra gya dhawuh mring duta | Sang Arya Sunjali kinèn | ngêntosi angsul-angsul | lan lêrêma ing sawatawis | anèng praja Mamênang | Dyan Sunjali matur | sandika dhawuh narendra | jêng iswara tandya jêngkar ngênyapuri | ingayap kênyasmara ||

18. Asmaradana

1. ya ta risang nindya mantri | Rêkyana Patih Sutiksna | lan sagung punggawa kabèh | bubar mantuk sowang-sowang | duta ing Yawastina | kapatihan pondhokipun | ya ta wau kang winarna ||

2. rikalanira ing ratri | nata dhawuh mring pawongan | kinèn animbali age | maring Dyan Patih Sutiksna | lan sagung pra prandhita | kèrida pangagêngipun | sira Rêsi Danèswara ||

3. lawan Kumbayana Rêsi | parêkan kang sinung sabda | sandika mêsat ge-age | tan dangu wus samya sowan | ngabyantarèng narendra | nèng sanggar planggatanipun | tandya sami bawa rasa ||

4. sri narendra ngandika ris [ri...]

--- 157 ---

[...s] | lah payo padha srasehan | aywa nganggo pakewuhe | rèh iki padha jaragan | dhasar wus padha tuwa | yèn wancia siyang iku | wayah jam satêngah lima ||

5. wus cêlak suruping rawi | katimbang lan plêthèkira | dadya wajib sadayane | yèn mikira kawusanan | lah payo sapa ingkang | dhingini murwani rêmbug | tanggap Rêsi Kumbayana ||

6. umatur saha wotsari | dhuh gusti inggih kawula | ingkang mucuki ginême | amung kewala yèn lêpat | mugi dèn aksamaa | rèh punika sêdyanipun | sami mêdhar bêbundhêlan ||

7. tekat gêgandhulan pati | liring tekat gêgêbêngan | manut ing tyas kikisane | yèn lêpat pamanggih amba | sampun manggih panacat | sadaya suka jumurung | maring Rêsi Kumbayana ||

8. dènnya munjuk mring sang aji | prasaja mêrakkên driya | suka sadaya kancane | sang nata manggut ngandika | iku wus jamakira | wong padha srasehan kawruh |

--- 158 ---

tan ana cêla-cinêla ||

9. ngerang-erang datan kêni | bênêr luput mung rinêmbag | lamun bênêr sukur bage | tinuta dening wong kathah | nanging kalamun ana | sajuga pikire puguh | ngrungkêpi kawruh kang lêpat ||

10. kang akèh uga tan kêni | mêmancah sarta amêksa | cikbèn sakarêpe dhewe | jêr iku aran gandhulan | kanggo tekating pêjah | karya pangandêling kalbu | mrih santosa jro sakarat ||

11. nging jatine yèn wus mati | êmbuh padha durung kinar | wong liya tan nyatakake | sadaya dhêku tur sêmbah | kaluhuran sabdendra | nata malih ngandika rum | maring Rêsi Kumbayana ||

12. mara wiwitana nuli | mêdharake kawruhira | Sang Rêsi Kumbayana ge | ebah nata lungguhira | lan mingkis jobahira | mapan ora ewah-ewuh | yèn anèng ngarsa narendra ||

13. sigra Kumbayana Rêsi | sora têrang wuwusira | dhuh dyan patih apadene |

--- 159 ---

Risang Rêsi Danèswara | tanapi jêng iswara | mênggah lênging tekat ulun | wusing gêsang têmah lena ||

14. kang pinanggih jroning pati | datan wontên kara-kara | swarga nraka boya darbe | botên wontên papa mulya | andhap inggil tan ana | sajatine suwung wangwung | kadi duk dèrèng tumitah ||

15. datan wontên kêdhah-kêdhih | cocog lan wasitanira | para sagêd pralambange | wong mati upamanira | uyah kalbèng samodra | mantuk asal-usulipun | witing toya mantuk tirta ||

16. lasar inggih banyu urip | kang murba misesèng angga | mobah mosik ngên-angêne | napas sagêd malbêt mêdal | tanapi lampahing rah | ing dalêm jasat sadarum | atas dayèng toya gêsang ||

17. duk Sang AryaSena nguni | gêguru Pandhita Durna | pinrih ngupadi ênggène | inggih kang tirta prawita | jatine gih punika | duk nalika alamipun | Rêsi Sakutrêm ing

--- 160 ---

kina ||

18. mêsu brata mati ragi | nênuwun maring jawata | dèn lilanana dhèwèke | ngawruhi kawruh kang nyata | sampurnaning agêsang | minum kang hèr kamandhanu | măngka sukcining agêsang ||

19. glèthèk pêthèlipun ugi | jêbul inggih toya gêsang | măngka urip têtaline | yèn tirtamaya wus oncat | raga tamtu nir daya | manggèn ing antawisipun | jêjantung kalawan utak ||

20. Niwatakawaca nguni | raja ditya Ngimantaka | misuwur darbe ajine | aji ginung ingaranan | gumêbyar jroning têlak | yèn puniku aji ginung | maksih têtêp datan ewah ||

21. Niwatakawaca yêkti | sajêg botên kenging pêjah | lah punika sajatose | sanadyan sadhengah tiyang | yèn tirtamaya wêtah | yêkti botên kenging lampus | jêr punika tangsul nyawa ||

22. namung nalika ing nguni | pra maharsi myang pandhita | rikala amêjangake | kadi adarbe prabawa | sadaya para siswa | manahe sami dhêg-dhêg [dhê...]

--- 161 ---

[...g-dhêg] pyur | duk kawruh dèrèng winêdhar ||

23. sarêng wijangan kawijil | saking sagêding pangucap | têka èdi pèni sae | jêbul thokthêle sajarwa | lamun tirta nirmala | ing gêsang dadya têtangsul | sinêbut suncining[3] gêsang ||

24. sampun mung punika yêkti | kêkêran tekad kawula | tan niyat ngupadi sanès | margi sampun manjing nalar | pasêksèn tan sumêlang | pêpalang sajroning lampus | yêkti wus datan pinanggya ||

25. ya ta wau Kyana Patih | Sutiksna kalane myarsa | Rêsi Kumbayana linge | jroning tyas kirang mupakat | tandya lon aturira | maring wau sang aprabu | dhuh gusti jêng sri narendra ||

26. kalilana amba gênti | ambabarakên ing tekad | jroning tyas gêgandhulane | mênggahing pamanggih amba | wong urip praptèng laya | pralambange kang saèstu | kadi wayangan jro kaca ||

27. sabab barang jroning carmin | botên sagêd katon dora | yèn kang ngilo warni awon [a...]

--- 162 ---

[...won] | yêkti awon kang kawuryan | yèn kang ngilo punika | pancèn warninipun bagus | yêkti bagus kang kawulat ||

28. makatên gambare yêkti | têgêsipun tiyang pêjah | manut nalika gêsange | yèn duk gêsang tindak durta | cêndhala gung niaya | rêmên karya arubiru | mring sasamaning tumitah ||

29. tan wande pêjahe dadi | isèn-isèn jro naraka | yèn duk gêsang lampah sae | pêjahipun manggih mulya | suwarga kang tinămpa | dados mung têtela manut | wujude duk gêsangira ||

30. cocog lan wulange sami | pra maharsi myang pandhita | duk mêmijang mring siswane | janma gêsang marcapada | kalamun dèrèng wignya | anucèkkên ing tyasipun | pêjaha ping kalih dasa ||

31. yêkti lajêng wangsul malih | tumitah ing marcapada | wungsal-wangsul salamine | tur sabên-sabên tumitah | langkung papa sangsara | nglangkungi kang sampun-sampun | dhuh iba sangsayanira ||

32. mila ngagêsang puniki | yèn tan èngêt mring kotaman [kota...]

--- 163 ---

[...man] | agung limut salamine | tan wande nêmahi papa | dene yèn sagêd yatna | mring kotamaning tumuwuh | nglampahi budi raharja ||

33. lêgawa rahayu budi | ywa karya saking sasama | tyas murka siningkirake | drêngki karenah pitênah | sadaya sininggahan | wus têtêp sukaning kalbu | lamun praptaning pralaya ||

34. botên mawi bola-bali | ngrêgiyêg mikul rêkasa | lajêng kemawon atmane | anjujug sawarga mulya | jroning alam widada | langgêng ing salaminipun | wibawa tan kêni ewah ||

35. nikmat mumpangat mênuhi | lêstantun tanpa wangênan | datan gingsir boya kalong | makatên mulyaning pêjah | mila pantês ingarah | jêr sujanma gêsangipun | wontên jaman marcapada ||

36. wongsal-wangsul tanpa wilis | tur tansah rinakêt marang | kasusahan sajêg-jêge | yèn nuju ana kabêgjan | amanggih kabingahan | tan pintêna sênêngipun | dèrèng paja-paja kandhas ||

--- 164 ---

37. mring dhasar watêsing ati | beda yèn manggih duhkita | saiprêt kewala pantog | ngraos wus datan kawawa | lamun dèn indhakana | punika kewala sampun | ngadhuh tan kuwawi nyandhang ||

38. mila parlu ing aurip | angudi sukcining manah | kangge swarga pitukone | sampun mung ngatên punika | gandhulan tekad amba | têlas pamêdharing kawruh- | ira Dyan Patih Sutiksna ||

39. tanggap gantya kang nambungi | sira Rêsi Danèswara | alon wau ing ature | dhuh gusti sri naradipa | kawula yun amêdhar | ing kawruh gandhulan ulun | yèn sisip dèn aksamaa ||

40. sumawana kyana patih | tuwin Rêsi Kumbayana | dèn sami jêmbar galihe | yèn wontên lêpating sabda | pamêdhar kawruh kula | sadaya dèn sami maklum | sang nata suka miyarsa ||

41. maluyèng sabda rum manis | dhuh kakang ywa wacakdriya[4] | wêkdal punika têgêse | sadaya sami jinarag | srasehan mêdhar sabda |

--- 165 ---

nglairkên gandhulanipun | lêrês lêpat tan dadyapa ||

42. lah sampun kakang tumuli | lêkasana mêdhar sabda | kadospundi pamanggihe | sigra Rêsi Danèswara | nglairkên kawruhira | yèn mênggah pamanggih ulun | rahsa raosing palastra ||

43. datan wontên kêdhah-kêdhih | suwung wangwung tawang-tuwang | nirdaya lir jroning sare | kang nuju botên supêna | kothong jatining rasa | kang kadi pamanggihipun | adhi Rêsi Kumbayana ||

44. ulun botên nyuwawèni | jêr pasêksèn kawon kathah | na-kumina praptèng mangke | dèrèng wontên siwahira | pra rêsi myang satriya | tuwin sujanma lènipun | kathah sami puruhita ||

45. mring para pandhita luwih | miwah maring para tapa | ingkang sinêdya tan pae | gêguru sampurnèng laya | malah ingkang sumêngka | dèn rencangi minggah gunung | nasak jroning wanapringga ||

46. nèng arga dipun lampahi | nyantrik mring para pandhita | nyapu ngangsu pakaryane [pa...]

--- 166 ---

[...karyane] | tanapi mêmacul têgal | makatên tan pinetang | sok ugi tampia kawruh | kasampurnaning dêlahan ||

47. lampah makatên puniki | wiwit kina praptèng mangkya | maksih tan wontên bedane | yèn nyata janma palastra | sami nirdayèng rahsa | punapa paedahipun | anggêguru puruhita ||

48. wêkasanira ing lalis | tan pae nyawaning kewan | sami tan gênah dununge | lan malih pangungun kula | bodhoning tiyang kina | têka lêstari tumurun | kongsi mangkin dèrèng pêgat ||

19. Mêgatruh

1. têka gumun sapriki maksih tumruntun | jangji sujanma wus wanci | ngaya-aya anggêguru | dene kang sami dèn udi | tarlèn wêkasing tumuwoh ||

2. mokal lamun wong mati rasane suwung | dene yèn tekad kang kadi | pamanggihe sang nindya nung | Dyan Sutiksna mêmiringi | gampil mrih ayuning layon ||

3. ugêr purun manuswa lampahe jujur | tumindak [tumi...]

--- 167 ---

[...ndak] ing bênêr bêcik | anucèkakên ing kalbu | iku pitukoning swargi | pêjah sapisan wus mondhok ||

4. yitmanipun laju jujug ing swarga gung | dene yèn sajroning urip | tyas dursila alampah dur | myang jail muthakil drêngki | karêm ngrenah mitênah wong ||

5. sajêgipun pêjahipun wongsal-wangsul | tumitahabola-bali | tur sabên-sabên tumuwuh | tambah sangsarane luwih | nglangkungi kang wus kalakon ||

6. malah eca sagêd gêsang wongsal-wangsul | yêkti bangkit nandhing milih | yèn gêsang ingkang rumuhun | tindake kang dèn lampahi | kirang sakeca linakon ||

7. lajêng santun ngangge tindak kang pakantuk | măngka yèn pamanggih mami | susahing janma tumuwuh | yèn tan sagêd angupadi | kawruh mrih mulyaning layon ||

8. yêkti kojur ujêr dènnya gêsang namung | sapisan kewala uwis | pramila bêbasanipun | janma kang ayun ngêmasi | kumêdah kang ngatos-atos [ngato...]

--- 168 ---

[...s-atos] ||

9. margi lamun sapisan jangkane luput | tan kenging dipun wangsuli | bêgja cilaka wus rampung | botên sagêd baban malih | nanging kang wus waspadèng don ||

10. datan bingung patrap rakiting pangracut | yèn wus antaraning pati | praptaning tăndha pituduh | wus parêg kalawan wanci | pêcating yuswa yun pêdhot ||

11. dipun pêngkuh pamanthênging driya têguh | aywa kongsi mirang-miring | têtêping pangèsthinipun | pêcating jiwa marêngi | byak manggih alam kang elok ||

12. datan wêruh sangkaning don kang linuhung | kadyangganing wong angimpi | ing kono mulyaning lampus | jumênêng urip pribadi | datan priya dudu wadon ||

13. nanging êmbuh nikmat mumpangat pinangguh | makatên mulyaning pati | nanging kosokwangsulipun | yèn pangancangipun sisip | saking samar myang kuwatos ||

14. kirang têguh jroning driya tambuh-tambuh | duk antaraning ngêmasi | mêlang-mêlang lan [la...]

--- 169 ---

[...n] dhêdhêg pyur | saking ajrihe ngêmasi | uwasing tyas tiwas yêktos ||

15. rikalanta pêsating atma kapêthuk | marêngi cipta tan yukti | byak manggih rah sami turut | pangangên-angên kuwatir | lir supêna dèn oyak wong ||

16. adhuh biyung binuru macan rong puluh | kagum-kagum nora nglilir | wong kagum sajêge umur | bèntên lawan tiyang ngimpi | nglilir yèn tyase rêkaos ||

17. gih puniku raosing naraka tuhu | siksa sinandhang jro pati | ukum pêksa sajêgipun | datansah salami-lami | langgêng rah sajroning layon ||

18. lara mulya ajêg tanpa watêsipun | mila salêbêting urip | kêdah tabêri gêgilut | kawruh sampurnaning lalis | ginêlung ginulang yêktos ||

19. margi yèn wus katrucut nyawane bacut | tan kenging dipun wangsuli | gampil yèn lir kawruhipun | adhi Kumbayana Rêsi | pêjah lamun dèrèng manggon ||

20. ing swarga gung yêkti maksih

--- 170 ---

wongsal-wangsul | kenging dipun angkah malih | wangsul sajatining kawruh | tan wontên wong mati bali | ngambali wangsul tumuwoh ||

21. tandhanipun kula tan nate kapranggul | janma ingkang awêwarti | kula titah kang wus wangsul | gêsang malih kaping kalih | amba tuhu dèrèng tumon ||

22. jangji makluk pangraos dènnya tumuwuh | lagya nêmbe sapisan thil | makatên ing limrahipun | lah ing pundi wontên janmi | ngakên wus rambah tumuwoh ||

23. lah ta sampun mung makatên tekad ulun | lêrês lêpat amba naming | borong karsanta sang prabu | sri narendra ngandika ris | kabèh kang wus babar kawroh ||

24. mapan ta wus manira wruhi sadarum | ngong timbang sajroning ati | têka bêcik sanggyanipun | jêrkawruh măngka têtali | pikukuh pêngkuh ing batos ||

25. pamrihipun antara praptaning lampus | tan nganggo was-wasing pikir | saka piyandêling kawruh | êmbuh jatine kang yêkti | jroning pati tan ana

--- 171 ---

wroh ||

26. papa ayu sapawonge ingkang wêruh | ujêr tanpa tăndha saksi | ananging manusa parlu | kudu-kudu andarbèni | gandhulan tekading batos ||

27. pedahipun têtêg atine tuwajuh | beda ingkang tanpa ngèlmi | gêgandhulan tali kukuh | kala sakarating pati | guragapan tyase keron ||

28. pandirangan mripate kadi wong bingung | katarik sumlanging ati | dening kothong sêpên kawruh | gandhulan kang dèn antêpi | têmah wasing tyas kapatos ||

29. amung ingsun sathithik iki nêdya yun | amêdharakên pamanggih | dene bênêr luputipun | gumantung kang padha mikir | mungguh ing panêmuningong ||

30. kawruh lampus dudu mrih suwarga luhung | dudu mulya suka singgih | jati kamulyaning layu | mung eling rasaning urip | urip lêstari tan layon ||

31. mung salugu rasaning urip puniku | nora boga datan ngêlih | tan kasatan tanpa nginum | nora nendra [ne...]

--- 172 ---

[...ndra] datan arip | uripe tan lanang wadon ||

32. alamipun dudu siyang tuwin dalu | kapriye dènnya mastani | bênêr ing pralambangipun | para putusing pambudi | jroning pati luwih elok ||

33. datan kêni kinayangapa wosipun | jêr ing marcapada sêpi | tan ana pêpindhanipun | priye gone ngupamani | mila pilih ingkang wêroh ||

34. nanging lamun pinarsudi sêdyanipun | dêdalane mung tabêri | lamun masakalanipun | wêninging driya marêngi | binudi yêkti kapanggoh ||

35. yèn pinuju marêngi tarbukanipun | karsaning dewa linuwih | sayêkti nuli kapangguh | rasa sajatining urip | urip tan rusak sayêktos ||

36. ywa sinêngguh angên-angên urip iku | adoh bedane sayêkti | angên-angên kêna bingung | kêna pati owah gingsir | molah-malih nora manggon ||

37. mung samênut pikir saline ping satus | tur mubang-mubêng mung mamrih | enak lan kapenakipun |

--- 173 ---

paedah badan pribadi | lara thithik bae êmoh ||

38. kang kadyèku uriping manuswa tuhu | dudu uriping Hyang Widhi | kang sukci langgêng lêstantun | ajêg jêjêg datan gingsir | nora molah-malih raos ||

39. samya dhêku wau ingkang tampi dhawuh | Danèswara Maharêsi | lawan sira sang nindya nung | Rêsi Kumbayana katri | ngluhurkên dhawuh sang katong ||

40. samya nuwun sandika ing aturipun | sarta yun samya marsudi | widadaning têmbenipun | praptaning kasidan jati | mrih titis jatining raos ||

41. sampat sampun mênggah panggupitanipun | kawruh sampurnaning lalis | ya ta wau sang aprabu | ngambali ngandika malih | ing samêngko karsaningong ||

42. ayun ngrêmbug ngatase janma tumuwuh | kang parlu dhihin kang êndi | apa sandhang kang rumuhun | apa sasana myang bukti | lah iku payo rinaos ||

43. ywa pakewuh dupèh ana ngarsaningsun | sapanêmunira kêni | mung kinarya cagak lungguh | yèn wus maton têmbe kêni | karya mulang mring wong

--- 174 ---

anom ||

20. Sinom

1. Rêkyana Patih Sutiksna | tanggap umatur wotsari | dhuh gusti jêng sri narendra | kajawi karsa narpati | pamanggih amba gusti | paugêraning tumuwuh | yêktine mung sasana | punika parlu rumiyin | tăndha saksi panjênêngan para nata ||

2. kalamun jumênêng enggal | ingkang ginalih rumiyin | pan nata saening praja | lamun praja wus prayogi | lajêng mêmilih abdi | wadya ingkang bagus-bagus | prawira măndraguna | wicaksana tyas undhagi | măngka dadya busananirèng narendra ||

3. yèn wus sakêp[5] dyi prakara | ping katri nulya marsudi | wêdalipun pangasilan | punika minăngka bukti | pikuwating dumadi | tuwin malih pedahipun | mirahipun baksana | narik têntrêming praja di | mung samantên gusti pamanggih kawula ||

4. sang nata suka miyarsa | mirêng ature dyan patih | nulya arum angandika | hèh kakang iya wus bêcik | ana [a...]

--- 175 ---

[...na] èmpêre ugi | kadi panêmunirèku | ananging mungguh ingwang | têka rada anggèsèhi | ing agêsang ugêr-ugêr iku sandhang ||

5. kang ingsun anggo piritan | duk bêbayi lagya lair | kang parlu dhihin busana | dudu sasana myang bukti | popok sinandhang dhihin | ngong pirit saka puniku | kyana patih tur sêmbah | kluhuran sabda sang aji | yèn kapirit saking bêbayi punika ||

6. nanging gusti kadiparan | yèn pasêksèn saking bayi | kang sasat taksih nirdaya | dèrèng pisan darbe budi | wontênipun bêbayi | sinung busana rumuhun | saking parimarmanya | kang sêpuh-sêpuh wit dening | katon asrêp labête mêntas ginuyang ||

7. nanging upami punika | sinungan têdha rumiyin | madu tanapi dawêgan | bayi botên sagêd nampik | têtela lamun bayi | manut ingkang sêpuh-sêpuh | kang sami ngupadrawa | rèhning dèrèng gadhuh budi | dados dèrèng pantês kangge pêpiritan ||

--- 176 ---

8. dene wêwatoning nalar | kang manjing kinarya saksi | kang sampun wanci diwasa | kang wus wignya nandhing milih | kados ta kang upami | janma wus busana luhung | pinatik nawarêtna | baksana rinampat adi | dhêdhasare baksana sarwa mirasa ||

9. nanging badhe pamboganya | sasana kirang prayogi | nèng rompok têpining marga | saèstu kirang utami | tarkadhang kang nglampahi | malah lingsêm jro tyasipun | busana sarwa rêtna | kinintên dènira nyilih | bèntên lawan sasana ingkang utama ||

10. sangkêp uparêngganira | sampun botên nguciwani | sanadyan busana nistha | sarwa rèmèh kang binukti | sintên kang nguningani | nêdhaa pes-pesan katul | wontên sajroning wisma | tan damêl lingsêming bukti | tur wismane kangjênggarang langkung pelak ||

11. botên kadakwa sambutan | dening janma kanan kering | jêr dèrèng wontên kupiya | wongwe wisma trimah nyilih | makatên kang wus pasthi | limrahing janma tumuwuh |

--- 177 ---

kang wus ngakir diwasa | saya malih para aji | yêkti praja kang kangge ăngka sajuga ||

12. ya ta sang nata duk myarsa | pangandhare nindya mantri | sira Dyan Patih Sutiksna | kraos galihe kalindhih | wimbuh kang para rêsi | sadaya ature ambyuk | nglêrêsakên dyan patya | ragi lingsêm sri bupati | saking ngraos kasosor pamanggihira ||

13. lawan Dyan Patih Sutiksna | langkung merang jroning galih | nging sinamun samudana | sakalangkung dèn sasabi | mèsêm ngandika aris | ya bênêr panêmunipun | kakang Patih Sutiksna | wus lêga rasaning ati | têmbe wuri kêni kinarya darsana ||

14. piwulang mring suta wayah | wêwaton ugêring urip | lah uwis payo bubaran | sandika ingkang sinung ling | kya patih myang Sang Rêsi | Danèswara samya mundur | myang Rêsi Kumbayana | mêdal saking jroning puri | praptèng jawi samya mantuk sêsowangan ||

15. kunêng kang wus mundur sowan | ya ta wau sri bupati |

--- 178 ---

gung kagagas lingsêming tyas | dènira sor ing pamanggih | kalawan kyana patih | sinupe-supe sayemut | têmah dêrênging karsa | yun muksa barêng sawêngi | lawan garwa tanapi saprajanira ||

16. kabêkta muksa sadaya | sakadhatone tan kari | saisine tan katilar | tandya nata manjing puri | nusul mring pramèswari | maring pasareanipun | rawuhing jro pasuptan | garwa Dèwi Padmawati | lagya nêdhêng sakeca dènira nendra ||

17. sang nata awlas tumingal | ing garwa kang lagya guling | milanggung sinawang-sawa[6] | sarya darêntênging galih | garwa dangu tan nglilir | tandya sang rêtna winungu | dening raka narendra | kagyat wau pramèswari | garagapan wungu pungun-pungun lênggah ||

18. wusnya waspadèng paningal | kang rawuh raka sang aji | sigra mingsêr pramèswara | mring raka nulya ngabêkti | ciptanira sang dèwi | mring nata arsa linulut | sang iswara ngandika | ngrêrêpa lan ngarih-arih | maring garwa mêdharkên wosing [wo...]

--- 179 ---

[...sing] sukarsa ||

19. dene ta jalaranira | sadaya wus sinungkên wrin | mring wau narpadayita | kagyat risang pramèswari | Kusuma Padmawati | myarsa dhawuhe sang prabu | dahat sèwu tan nyana | sang dyah kalangkung prihatin | dadya tansah tumungkul lawan udrasa ||

20. sang nata ngêngimur garwa | sigra sinambut sang dèwi | ingimur dèn manuhara | sabdanira angraripih | dhuh nimas ywa prihatin | èngêta lamun tumuwuh | iku yayi sadarma | atas karsaning dewa di | mobah molah titah mung anut parentah ||

21. iki ingsun lawan sira | padha muksa wus pinasthi | dening jawata winênang | nora kêna dèn owahi | nyingkira jaban langit | nora wurung sida lampus | măngsa ta bisa oncat | muhung sayogyane yayi | angèsthia sampurna sidaning muksa ||

22. ya ta sang dyah pramèswara | wus lêjar jroning panggalih | umatur mring raka nata | dhuh pukulun jêng dewaji | ulun tan sagêd kari [ka...]

--- 180 ---

[...ri] | sakarsanta mung tumutur | Sang Prabu Gêndrayana | langkung êntyarsaning galih | amiyarsa ature dyah pramèswara ||

23. tandya sang rêtna winulang | sandining kasidan jati | pangracut myang panitisan | sang kusuma sampun tampi | tan samar ing wêwadi | sanggyanira wus kacakup | rakit rekaning patrap | wus widagda sang sudèwi | sri narendra sigra yun ngadani karsa ||

24. duk samana wancinira | watara wus gagat enjing | mèh wijiling sayêmpraba | sang nata lan pramèswari | minggah sanggar panêpi | mapan ngêningkên pandulu | mêlêng mring cipta juga | sangkêp pamuntuning kapti | wus rinacut sakêdhap kalih wus muksa ||

25. sarêng lan praja Widarba | kinukut tan ana kari | nulya gara-gara prapta | keblat papat ngandhap nginggil | sêsarêngan prasami | kapyarsa swara jumêgur | yayah balêdhèg sasra | barêng udan lawan angin | lesus mêsês wrêksa gêng kèh sol kaprapal ||

26. kilat thathit lêliwêran |

--- 181 ---

lidhah lawan obar-abir | gègèr janma pêpuyêngan | swarane pating jalêrit | akèh nyipta manawi | praptaning kang kalabêndu | ngêlêm praja Widarba | sadaya tyas giris miris | ting bilulung solahe janma sapraja ||

27. duk samana wijilira | sayêmpraba amrabani | katon tilasing kadhatyan | wus malih dadya wanadri | kawuryan langkung singit | ya ta riris kang tumurun | sarêng wijiling surya | têrang sumêblak kaèksi | pra punggawa satriya myang wadyabala ||

28. wus sami ngumpul sadaya | kalawan rêkyana patih | tan antara samya miyat | maring risang rajasiwi | lan garwa rayi-rayi | pitêkur ngandhap wrêksa gung | dyan patih saha wadya | tanapi para bupati | gurawalan malajêngi rajaputra ||

29. umung samya tinangisan | dening abdi para èstri | ya ta Dyan Patih Sutiksna | nglipur kang samya prihatin | sadaya sampun lilih | sami satata alungguh | nèng ngarsa narpaputra | warta-winartanan [war...]

--- 182 ---

[...ta-winartanan] sami | duk nalika ngajêngkên badhe bêbaya ||

30. warna-warna kojahira | duk ngandikan mring sang aji | maring jroning dhatulaya | wênèh kăndha aningali | ilapat tan prayogi | ana kojah impènipun | têmah sukur ing dewa | dene rahayu ing wuri | duk samana têranging riris ginantya ||

31. gănda rum mulêk angambar | ngèbêki jroning wanadri | sadaya kagyat ing driya | nyipta parmaning dewa di | paring sih pangaksami | mring sanggyanira kang kantun | têmah tyas samya enggar | myang suka sukur ing Widi | ya ta wau sira sang raja pinutra ||

32. rêmbag lan sang mantrimukya | ing ngêndi ingkang prayogi | kang kangge pindhahing praja | dyan patih umatur aris | gusti lamun suwawi | ing taman udyana patut | mangsuli ing Mamênang | botên susah ambadheni | sasat amung kantun ngêbrêgi kewala ||

33. rajaputra langkung suka | myarsa ature dyan patih | dènnya atur pamrayoga [pa...]

--- 183 ---

[...mrayoga] | sampun pinujyèng panggalih | tandya kinèn ngundhangi | sadaya para wadya gung | budhal maring Mamênang | samana Arya Sunjali | dèrèng wangsul maring nagri Yawastina ||

34. dumadya umiring pisan | mring budhale rajasiwi | pindhah mring taman udyana | lampahe datan winarni | cinêndhak rajasiwi | lampahira sampun rawuh | wontên taman udyana | rajaputra manjing puri | kyana patih lan sagung para punggawa ||

35. tanapi para panêkar | sadaya wus mapan sami | manggèn prênah sowang-sowang | tan ana bedane sami | duk nèng Widarba nguni | sanggya wus têntrêm tyasipun | mangkya taman udyana | wus arja dadya nagari | tan prabeda asrine lawan Widarba ||

36. samana sang narpaputra | miyos ing jawi siniwi | mring sagung wadya punggawa | ingkang kapara ing ngarsi | Sutiksna Nindyamantri | ingkang munggèng wurinipun | sagung para punggawa | satriya prameya mantri | angandika sira sang raja

--- 184 ---

pinutra ||

37. hèh wa patih karsaningwang | taman udyana ing mangkin | wus tata gêmah raharja | tan pae Widarba nguni | samêngko ingsun êlih | aran Kadhiri praja gung | undhangna para wadya | tuwin mring wong sanagari | tur sandika sira Dyan Patih Sutiksna ||

38. wusnya dhinawuhkên wrata | narpaputra nabda malih | hèh uwa Patih Sutiksna | tanapi para maharsi | ingsun mundhut pamikir | gon ingsun bakal angutus | lêlayu maring praja | Yawastina tur udani | mring jêng paman Mahaprabu Yudayana ||

39. dyan patih umatur nêmbah | kajawi karsanta gusti | prayogi anggèr paduka | sayogya sowan pribadi | mring Yawastina nagri | lasar sampun lêrêsipun | paduka sumungkêma | mring paman rining sudarmi | kang minăngka gêgêntosipun ing rama ||

40. dhêdhasaripun samangkya | karsaning jawata luwih | ingkang jumênêng narendra | binathara tanah Jawi | paman paduka gusti | Sri Yudayana Sang Prabu [Pra...]

--- 185 ---

[...bu] | ambawani bawana | nguni ramanta suwargi | yèn sampuna satuhu kadange wrêdha ||

41. saèstune pêndhak warsa | sowan atur bulubêkti | nanging rèhning kadang wrêdha | malah pamanta sang aji | Yawastina sring-asring | sowan ramanta pukulun | maring praja Widarba | wangsul sapunika gusti | wus tumêrah anggèr dhumatêng paduka ||

42. langkung prayogi sowana | botên pisan manggih nisthip | malah kalangkung utama | winastan wruh tatakrami | paman paduka aji | sayêkti luntur sihipun | miyat paduka sowan | dhêdhasar kapasang yogi | Dyan Sunjali utusan ing Yawastina ||

43. wit dèrèng tampi wangsulan | saking ramanta sang aji | kasêlak jagade risak | têmah pun Arya Sunjali | kadaud praptèng mangkin | dèrèng sagêd bidhal mantuk | malah bela sangsara | ngantos umiring mariki | kalêrêsan ngirida sowan paduka ||

44. rajaputra langkung suka | myarsa ature dyan patih | sumêdya [su...]

--- 186 ---

[...mêdya] dèn èstokêna | nulya wau rajasiwi | dhawuh kinèn nimbali | Dyan Sunjali marêk ngayun | ya ta kang tinimbalan | gurawalan majêng ngarsi | atur sêmbah makidhupuh silanira ||

45. narpaputra rum ngandika | bêkja si kakang Sunjali | dene mênangi muksanya | jêng rama lan ibu sori | milu papa mlasasih | kalunta-lunta kalantur | milu labuh sangsara | apa sun walêsna yêkti | maring sira kakang de bela duhtita[7] ||

46. Dyan Sunjali duk miyarsa | mring sabdane rajasiwi | lir rinêmêt galihira | umatur saha wotsari | lawan waspa drês mijil | nihanta wau turipun | dhuh gusti narpaputra | tan katênta ingkang abdi | yèn ngajêngna dhatêng prakawis ganjaran ||

47. rèh ciptaning manah amba | wontên ing Widarba nagri | tan pae lan Yawastina | panganggêp ulun manawi | wontên Widarba nagri | rama tuwan gusti ulun | măngka suhunan kula | wontên Yawastina nagri | gusti amba Sang Aprabu Yudayana ||

--- 187 ---

48. dadya wus datan prabeda | panganggêp ulun anggusti | Yawastina lan Widarba | mila rikalane gusti | rama paduka aji | dadakan pamuksanipun | kadi bela-belaa | raosing tyas kang sayêkti | rajaputra miyarsa atur mangkana ||

49. langkung êntyarsaning driya | ginanjar Arya Sunjali | ing brana wastrawarastra | matur nuhun ingkang tampi | ya ta sang nindyamantri | kinèn mranata dhêdhawuh | matah kang wadyabala | kang umiring rajasiwi | sowan maring nagari ing Yawastina ||

50. sandika rêkyana patya | samana sampun rumanti | radyan patih têngga praja | narpaputra budhal aglis | saking praja Kadhiri | ingiring wadyakuswa gung | pra wadya Yawastina | dadya panganjur lumaris | sampun lêpas gantya sêkar guladrawa ||

Kasambêtan mêdal taun 1916.

 


sumêdya. (kembali)
Kurang satu suku kata: gya matur mring narpaputra. (kembali)
sukcining. (kembali)
wancakdriya. (kembali)
sangkêp. (kembali)
sinawang-sawang. (kembali)
duhkita. (kembali)