Bratayuda, Albert Rusche & Co., 1901, #1244 (Jilid 1: hlm. 001–061)

Judul
Sambungan
1. Bratayuda, Albert Rusche & Co., 1901, #1244 (Jilid 1: hlm. 001–061). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
2. Bratayuda, Albert Rusche & Co., 1901, #1244 (Jilid 1: hlm. 061–121). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
3. Bratayuda, Albert Rusche & Co., 1901, #1244 (Jilid 1: hlm. 121–184). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
4. Bratayuda, Albert Rusche & Co., 1901, #1244 (Jilid 1: hlm. 184–251). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
Citra
Terakhir diubah: 07-10-2020

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

BROTOJOEDO.

Sêrat Bratayuda Jarwa Sêkar Macapat.

Wiwitipun nalika Sri Bathara Krêsna lumampah duta dhatêng ing nagari Ngastina ngantos dumugi jumênêngipun Sang Prabu Dipayana wontên ing Ngastina.

Jilid: 1.

ALBERT RUSCHE & Co.
SOERAKARTA.
1901.

--- 1 : [0] ---

[...]

--- 1 : 1 ---

1. Asmaradana

1. dahat utamaning tulis | wadyaji sarèh ing agnya | amurwani panitrane | ing kagungan naranata | ingkang ingêla-êla | dhapur kăndha kang dibya nung | srat katêngran Bratayuda ||

2. basanya Kawi sinalin | ginantya ing basa jarwa | miwah têmbang gêng ingêlèh | kinarya têmbang macapat | kang jinêjêr ing kăndha | angandhakakên prangipun | Pandhawa lawan Korawa ||

3. nênggih Sang Prabu Kadhiri | jêjuluk Sri Jayabaya | kang ayasa pangikête | kang ngikêt ran Êmpu Sêdhah | kinèn marna carita | caritane kang lêluhur | dadya Sêrat Bratayuda

4. Êmpu Sêdhah mrasabêni | nalika akarya gita | nuju jamane gustine | ing Kadhiri Jayabaya | winuwus Jayèngrana | marma ing jagad pinunjul | Mahaprabu Jayabaya ||

5. dènnya mrih ayuning jurit | sang sura ngasmarèng laga | ing sirnane mungsuh kabèh | tinêdha jroning pamuja | anawurakên gănda | minăngka rambuting mungsuh | kang mati ing rananggana ||

6. gêntha kêkêlèng tanapi | munggul ing sanggar pamujan | gumutug gêsêng isthane | mungsuh têngah pabaratan | prasêtyaning bathara | kinarya anyandhak satru | pinagas têngah payudan ||

7. wus mangkana Sri Bupati | Jayabaya cinarita | Ngastina sajagad kabèh | dadya nguyuni bawana | mungsuh mangsah sumêmbah | misuwur ing prang pinunjul | sasat pêpakuning jagad ||

8. lawan sampun den èstrèni | sujana sarjana lawan

--- 1 : 2 ---

dwijawara pandhita kyèh | maharsi sewa sunggata | yèn nanggulanging jagad | malah ta Bathara Guru | nêdhaki paring nugraha ||

9. nalikanira nêdhaki | Bathara Jagad Pratingkah | jawata ginawa kabèh | Sang Sri Aji Jayabaya | laku ing tyas nirmala | ngêningakên ciptanipun | panggih ing Hyang Jagad Nata ||

10. Hyang Guru ngandika aris | mêmangsit Sang Jayabaya | eh wêkas ingsun sang katong | aywa sangsaya ing driya | lah iki tampanana | iya kanugrahan ingsun | jêr sira pêpakuningrat ||

11. miwah prabu nyakrawati | cakra pêpayunging jagad | iya iki karyaningong | nulya sagung para dewa | sung nugraha sadaya | jawata ngastuti umung | jaya Prabu Jayabaya ||

12. tan na sisihaning bumi | tulus jayaning buwana | Jayabaya pamèngête | mêngku tuladan utama | mangkana wusnya bubar | sira Sang Bathara Guru | lawan jawata sri nata ||

2. Sinom

1. Sang Aprabu Jayabaya | misuwur pakuning bumi | wus mangkana Êmpu Sêdhah | kinèn mangikêt miwiti | Bratayuda inganggit | duk wiwit sangkalanipun | panganggite Pu Sêdhah | yama kirtya sangkala ring | sanga kuda suda candrama punika |[1]|

2. prabawa Sang Jayabaya | kadya surya măngsa katri | tan pêgat padhang sumêblak | upama wulan yun tandhing | tan kêna animbangi | ing payudan wêtunipun | wulan kêna ing surya | sirna sorote kalindhih | pan mangkana sira Prabu Jayabaya ||

3. kaluhuraning prawira | rahayu Jayabaya [Jaya...]

--- 1 : 3 ---

[...baya] Ji | mangkana Ki Êmpu Sêdhah | ingkang jinêjêr rumiyin | Nata Pandhawa sami | anèng Wiratha akumpul | busana ing ayuda | sang prabu ing Dwarawati | saha bala wus anèng nagri Wiratha ||

4. sêdya mangun yudabrata | Sang Yudhisthira Narpati | aminta nagaranira | ing Ngastina kang sapalih | kang binobot ing budi | linakon satuduhipun | dhatêng alara pêjah | tan lyan Prabu Dwarawati | angalangna angujurna solahira ||

5. pêpakan kang para nata | anèng Wiratha nagari | kang samya rumojong ing prang | amrih kamulyaning pati | miwah Ngastina nagri | iya akèh para ratu | Jawa myang ratu sabrang | kang samya miyarsa warti | mila samya samakta busananing prang ||

6. wau kang anèng Wiratha | Sang Darmaputra Narpati | ngrarêpa ing aturira | marang Prabu Dwarawati | tuwin kadang prasami | kang măngka panutan ulun | sumăngga ing paduka | kawula minta sapalih | mrih pênêde pukulun nagri Ngastina ||

7. alon dènira ngandika | Mahaprabu Dwarawati | yèn mangkono karsanira | ngèlingi sasanak bêcik | pun kakang anglakoni | aminta saparonipun | sigra ngundhangi wadya | wus nitih rata narpati | mring Ngastina budhale Narendra Krêsna ||

8. sawadyopacaranira | miwah Rahadyan Sêtyaki | umiring marang Ngastina | minta nagari sapalih | kalamun dèn kukuhi | tan asrah sapalihipun | dadining Bratayuda | mangkana sri

--- 1 : 4 ---

narpati | lampahira wus prapta jawining kitha ||

9. rikat lampahe turăngga | ratane sri narapati | rata gêng pindha anglayang | nagri Ngastina kaèksi | balêdug anglimputi | angin mawor riris riwut | bandira kumlap kadya | priya duk karoron guling | lawan priya susah dene inguncatan ||

10. pucak-pucaking gapura | isthane kadya anganti | angadhang agea prapta | narpati ing Dwarawati | bauning gapura di | kadyarsa nêmbah kang rawuh | lan ana witing sêkar | cêpaka têpining margi | pang kanginan kadi ngawe atêtanya ||

11. mring wong agung ingkang prapta | apindha Sang Banuwati | êpange sêkar cêpaka | takèn ing Pandhuputra di | apa tan milu ngiring | mring Nata Krêsna kang rawuh | swaraning ratanira | lan gêbyaring sêsotya di | kadya saur ngujiwat marah kang tanya ||

12. kadya mangkana saurnya | sira têtanya mring mami | milane Pandhutanaya | tan ana kang milu siji | Arjuna misih kari | nèng Wiratha ênggènipun | lawan sakadangira | tan ana kang milu siji | pang kanginan kadya mingo tan kaduga ||

13. tan antuk pitakènira | dene nora milu prapti | Arjuna marang Ngastina | têka nora iring-iring | mring Prabu Dwarawati | anjabêl nagaranipun | mangkana isthanira | sagung kalangêning margi | kêmbang-kêmbang samyarsa malêbèng jurang ||

14. wit-witan têpining marga | tinon kadya bosah-basih | kanginan susahing

--- 1 : 5 ---

manah | Pandhawa tan ana ngiring | cucur kadyèsmu ajrih | mênggah-mênggèh ungêlipun | pudhak rêntah ing sela | lumuh sangêting prihatin | dènnya Pandhuputra tan ana tut wuntat ||

3. Pangkur

1. lêlawa gumandhul pisang | kêbêt-kêbêt si lawa milu sêdhih | kalamun bisa amuwus | pagene Pandhuputra | nora mèlu dhewe minta nagrinipun | sêkar tanjung anggêlasah | kadya mèlu sêdhih kingkin ||

2. kombang-kombang bujung sêkar | lir nangisi anut unthuking warih | kadya prihatin kaduwung | dene Sang Dananjaya | nora milu lakune narendra iku | lumut kang aking ing sela | lir kalêngêr soking galih ||

3. miyat ing dyah ngupang-ngupang | luntur amung kèri kang anèng pipi | sangsara wurung andulu | marang Sang Dananjaya | tan wus langêning marga lamun winuwus | rawa-rawa pinggir marga | tangèh ucapên ing tulis ||

4. nyênyuwe lampahing kăndha | duk sêmana tindake sri bupati | ing Têgalkuru wus rawuh | ana jawata papat | samya têdhak Janaka Ramaparasu | Kanwa kalawan Naradha | milu ing karya narpati ||

5. kagyat Sang Narendra Krêsna | yèn jawata sakawan anêdhaki | umingsêr marang gènipun | sêratine tinunggal | dadya lajêng jawata sakawan sampun | kang nunggil sajroning rata | jawata amituturi ||

6. Sang Krêsna ngèstuti nglingnya | kang jawata sakawan prasamnya ngling | sampun ta age ing laku [la...]

--- 1 : 6 ---

[...ku] | pan ingsun iki milya | ing salampah-lampah andika sang prabu | lajêng dewa nèng jro samya | Narpati Krêsna nèng kusir ||

7. sigra lajêng lampahira | rata ririh gunêm samargi-margi | mêmikir ayuning laku | ngayêm-ayêm ing driya | anglalêmbut sabarang pratingkahipun | sadaya mawarna marta | mangkana ingkang winarni ||

8. narpati ing Gajahoya | duk miyarsa yèn Prabu Dwarawati | wus prapta ing Têgalkuru | sigra Prabu Ngastina | pêparentah jro nagara lurung-lurung | kinèn gêlarana wastra | awit sakèthènging jawi ||

9. sasaping mariyo kasa | aja pêgat dèn têka ing sitinggil | lawan para pinisêpuh | ngaturan manggihana | Bisma Druna Dhêstharata samya anut | ana sukanirèng driya | dene Krêsna kang lumaris ||

10. ciptane manut kewala | mung Sangkuni lawan Sri Kurupati | apêgêl wardayanipun | dene Narendra Krêsna | badan siji lawan Pandhawa puniku | mangkana kumpul sadaya | marang ing jro pura sami ||

11. prapta kikising nagara | lampahira Sang Prabu Dwarawati | linirihkên lampahipun | ubêkan jro nagara | kang amapag miwah kang samya andulu | orêg sapraja wurahan | pêksa wruha narapati ||

12. umop wong nagri Ngastina | tembak pinggir marga gêng rintip ngintip | uyêl atêtêl atimbun | sami lumuh kantuna | mênèk kasèp ing langkungira sang prabu | pating balêbêng [ba...]

--- 1 : 7 ---

[...lêbêng] lumajar | tan ana ngrawati kanthi ||

4. Kinanthi

1. para dyah akèh kasusu | gêlung lukar tan pinikir | miwah kêkêmbêne wudhar | nora sêdya dèn rawati | pambayun sinăngga ngasta | kayungyun pesok kapipit ||

2. kadya nyaoskên pambayun | marang narendra kang prapti | myang kang lagya nganggit sêkar | akaleweran cinanging[2] | kadya ta sinaosêna | marang Prabu Dwarawati ||

3. ana dyah kari kêsusu | tan antuk don aningali | sigra dènnya ngalap ăndha | gupuh dènira ngunggahi | putung untune kang ăndha | dyah kika[3] tiba kuwalik ||

4. kalingkap sinjang karangkut | kagungan melok kaèksi | dènnya kapênthang mêthanthang | kadya pamèncêping lathi | kang sumosot ewa-ewa | ewa dènira ningali ||

5. tangèh wuwusên ing kidung | ramening kang nêningali | miwah asrining dêdalan | lampahe sri narapati | kang mêthuk ancaranira | ngaturan lajêng mring puri ||

6. tata panggenane lungguh | sagung kang para narpati | miwah para pinituwa | wus samya prapta rumiyin | Dhêstharata Bisma Druna | Narpati Salya nèng ngarsi ||

7. Arya Widura tan kantun | Dipati Ngawăngga prapti | wus samya munggèng ngayunan | miwah sêsaosan sami | boga aglar munggèng ngarsa | langkung asri warni-warni ||

8. Sri Narendra Krêsna sampun | rawuh manjing jroning puri | kumrubut ingkang [ing...]

--- 1 : 8 ---

[...kang] pambagya | miwah pinituwa sami | Suyudana tur sumăngga | sagung pasunggatan sami ||

9. pinêrakkên sanggyanipun | kakang Prabu Dwarawati | sagung saosan sumăngga | têtambaning lêsu singgih | nauri Narendra Krêsna | gampil yèn sampuning kardi ||

10. bujana kapanggih pungkur | Prabu Ngastina ngling malih | dingarèn kakang narendra | tan arsa pambuja mami | sang prabu alon lingira | pambuja kapanggih wingking ||

11. suka-sukanya kêlangkung | sang prabu ing Dwarawati | mulat sagung pinituwa | lan sagung para narpati | pamit Prabu Krêsna arsa | amasanggrahan kariyin ||

12. Suyudana mèsêm muwus | kakang Prabu Dwarawati | ratu mandi ing sajagad | Sang Prabu Krêsna wus pamit | sarwi alon wuwusira | pijêr amêmangan mukti ||

13. panggawe kang durung tamtu | ugia sida ing kardi | matur ing dewa sakawan | kula makuwon rumiyin | ing enjing botên kêsêsa | lan botên kabrangas aris ||

14. praptèng jawi lajêng sampun | marang gène Dèwi Kunthi | sigra ngraup padanira | kang bibi asru nangisi | anutur sêngkêling driya | sasat Pandhawa kang prapti ||

15. akathah wêtuning tutur | saking gêng-gênging prihatin | kang nêkani sariranya | pamuwuse Dèwi Kunthi | pêgat-pêgat dening waspa | dadya kèndêl dènira ngling ||

16. pamit mring bibi sang prabu | maring pakuwon tumuli | wismane Yama Widura | wus prapta samêkta sami [sa...]

--- 1 : 9 ---

[...mi] | sakathahing sêsaosan | patamunira angênting ||

17. kunêng sang narendra tamu | kang sinuba-suba nênggih | Suyudana pirêmbagan | lawan sagung para ari | miwah Narpati Ngawăngga | minăngka sirahing kardi ||

18. amung tyasira Sang Prabu | Ngastina gung walanggalih | dene ta sunggatanira | marang Prabu Dwarawati | têka tan arsa andhahar | sayêkti ngêmu wêwadi ||

19. sabarang dèn anggo têmbung | ring Sang Prabu Dwarawati | aywa ginugu ing benjang | hèh Drusasana dèn bêcik | kadangmu warahên padha | besuk amêndhêma baris ||

20. aja sarănta ing kayun | tinumpês wong Dwarawati | iku awaking Pandhawa | sayêkti ngandhut wêwadi | măngsa wurunga mungsuhan | awat angandhut mêmanis ||

5. Dhandhanggula

1. bubar sagung Korawa prasami | para ratu ingkang pinituwa | mring kuwune dhewe-dhewe | mung Suyudana Prabu | kondur marang ing dalêm puri | mring gène garwanira | Banuwati mêthuk | kinanthi asta narendra | sarêng lênggah atembak parêkan cèthi | ing wingking ngarsa aglar ||

2. galak ulat Rêtna Banuwati | manis pamulu dêdêg sêmbada | arongèh dadi pantêse | tan ana sarunipun | nadyan bêkis wimbuh prakati | jêlèh sarwi jêlalat | saya manis arum | bêsuse saya wiraga | marênguta malerok wuwuh rêspati | nadyan nora siyaga ||

3. bombrong bae têka dadi manis [mani...]

--- 1 : 10 ---

[...s] | ruwèg-ruwèg kalung kasêmêkan | mundhak rong dina ayune | basêngut malah patut | gonas-ganès nènès mantêsi | kabèh dadi wiraga | salêlewanipun | tanpa gănda tanpa sêkar | parandene sêkar banjare ngêbêki | sakadhaton Ngastina ||

4. anangisa mundhak mulêt ati | kumarêsêk wiragane prapta | rêbut ênggon mêmanise | jog esuk uthuk-uthuk | ting garendhol sêdhêpe prapti | êbyar raga karana | wuwuh ngundhung-undhung | têngange sore surupa | têngah wêngi gumriyêng wilête prapti | kalumut ing salira ||

5. ya ta wau Rêtna Banuwati | angajêng-ajêng suruping arka | pan lagya wêktu lingsire | hyang-hyang jaladri madu | duk samana baskara lagi | gumiwang sawatara | ing mangilènipun | ririh rèrèh lampahira | kadi dèrèng têlas dènira ningali | srining pura Ngastina ||

6. lampahira nolah-nolih kadi | lam-lam mulat èstri jroning pura | kayungyun Banuwatine | duk samana sumurup | diwangkara saengga purik | muriki wong jro pura | tan ana kang nusul | mangulone kang raditya | gumrah manuk-manuk mêmilih gèn sami | kasusu praptanira ||

7. sang hyang wulan pan mèh andhadhari | ingkang pêksi jrih bok kawênangan | marang ing taman parane | pêksi kadya awayuh | anggiliri saking sangêt sih | wulangun tyas ma-[...][4]-rang | mring kalulutipun | kombang [ko...]

--- 1 : 11 ---

[...mbang] brêngêngêng barungan | nèng wiwara lir wuwus mriyêmbèndèng sih | mrih lukare kang sinjang ||

8. amicara carita suruping | toyanya lumrah limut araras | gêgana abra sêkare | lintang kadya sumawur | kwèhning swara sajroning puri | manuk katup maruta | katêmpuh rum-arum | wulan amingkis mararas | amuwuhi kalangênan srining puri | lir pura batharendra ||

9. balêrêngi rêsmining kang sasi | gumêbyar busananing jro pura | sangsaya wuwuh rarase | awor wismèng mas murub | muncar-mancur anèng wiyati | ing wuwunge mutyara | sêsotya sinawung | gènnya pramèswari nata | pan ing kono kalanira sri bupati | nambrama mriyêmbada ||

10. angrêsmèni Rêtna Banuwati | kilèning wisma kana kataman | bale kancana ênggène | latar manik sumawur | mutyaara miwah widuri | pinacak suji ing mas | atunjung jumêrut | hèr kêmbang munggèng gapura | bêbaune pinatik nila waduri | gêbyaring diwangkara ||

11. wulan mawêlu sumilak kadi | ngintip-intip kontap mangun atap | ing suraloka langêne | gêbyaring lintang wuluh | silih lawan kayu-kayuning | kang rinênggèng kanaka | tirahnya sumunu | sinêrang ing samirana | tejaning ron kèngêl kadya ngilayoni | pradapaning kumala ||

12. kongas mengas tumamèng gănda mrik | widaning dalu mênuhi grana | graitaning tyas rarase | wangwang wangunan wungi | wonga-wonganing

--- 1 : 12 ---

dyah kaèksi | wus kawawas jroning tyas | wiweka kawêngku | têngis anangis upama | rarasing dyah rinabasèng kakung amrih | luruning têmbing-tambing ||

13. wênèh ana parêkan aguling | timpah-tinimpah sami rowanya[5] | liling-linilingan gêntèn | gantya rungrum-inungrum | rewa-rewa gênti nitihi | kalih sami sukanya | myang guyu-ginuyu | sinau pulang asmara | parandene ana kang wasis awêgig | laris sami sinambat ||

14. yèn angungrum mring awak pakolih | malah kadya rinungrum ing priya | sêgêr mangkirig wulune | yèn suwe dènnya ngungrum | kadi bêdhêl kulit lan daging | tyase ajur mèh rênyah | balungipun nyunyur | kadi gêdhah tibèng sela | sru kumêpyur malah rasanira mijil | sruning asmara cipta ||

6. Asmaradana

1. tangèh langêning pawèstri | sampun surup sang hyang arka | gumêbyar katon lintange | lumrang gandaning puspita | ulêkan sajro pura | pinanduk maruta musus | marma sumawur kang sêkar ||

2. tan wus winarna ing tulis | uparêngganing jro pura | mangkana cinêndhak bae | wus mijil sang hyang baskara | gumrah sajroning pura | para dyah rame angundhuh | puspita marang ing taman ||

3. kunêng Sang Sri Narapati | Suyudana wus siyaga | badhe manggihi tamune | wus munggèng manik pandhapa | tinata ênggènira | ingkang para pinisêpuh | lan ênggèning para raja ||

4. Dhêstharata sampun prapti [pra...]

--- 1 : 13 ---

[...pti] | Bisma Druna Karpa prapta | miwah ingkang para katong | kang milu gunêm ing ngarsa | sang prabu ing Mandraka | Dipati Ngawăngga sampun | lawan Arya Drusasana ||

5. Yuyutsuh Widura linggih | Prabu Krêsna ingaturan | siyaga lan sawadyane | rata sumaos gya budhal | saking ing pamondhokan | anèng marga kang amêthuk | Sangkuni Karpa lan Karna ||

6. wus panggih sarêng lumaris | binêkta lajêng mring pura | sampun praptèng jro kadhaton | narendra wus ingacaran | lênggah sampun atata | Sri Krêsna tumêngèng luhur | prapta jawata [...]-wan ||

7. saking pêpêtêng duk prapti | Bisma Druna si-[...]-têdah | mring Prabu Ngastina age | lamun jawata kang prapta | ka-[...]-kane kang putra | Janaka Ramaparasu | sigra Nata Duryudana ||

8. mangsah sumêmbah mawanti | marang jawata sakawan | [...]-ta dewa lungguhe | nungil lawan pinituwa | raja pra-[...] raja | satriya kang munggèng ngayun | nunggil prasamya satriya ||

9. samya rêrêm kang alinggih | ngling arum Narendra Krêsna | mriyêmbada têtêmbunge | lah laku manira paman | ngatutakên sêsanak | paman aywa na kang dudu | pênêt yèn papa atuta ||

10. rêmên ingkang datan asih | yèn kongsia păncabakah | yayi Prabu Ngamartane | trima sapalih kewala | paman putra andika | Pandhawa pan sami anut | paman ing sarèh manira ||

11. Dhêstharata anauri | anak [ana...]

--- 1 : 14 ---

[...k] prabu pan sêmbada | inggih tan wontên sisipe | [...] sakêthi prayoga | sumambung para dewa | puniku luwih a-[...]-tut | ing rèh Sang Narendra Krêsna ||

12. sakêca-[...]-na sisip | dènnya mrih bêcik sêsanak | Bisma Druna [...] ngrojong | ing wuwuse para dewa | mung Nata Suyudana | jêtung basêngut tumungkul | sakêcap pan nora ngucap ||

13. Yama Widura nambungi | Yuyutsuh samya prayoga | a-[...]-ja yèn kalakon | ibune Prabu Ngastina | Dèwi Gêndari mojar | turutên luwih apatut | wuwuse sarwi karuna ||

14. apa sinêdya kang luwih | saking atut asêsanak | Nata Duryudana nolèh | bêkuh Sang Prabu Ngastina | Sangkuni Dursasana | tan ana ubayanipun | Karna ngêjèpi kèn lunga ||

15. mundur Risang Kurupati | Sangkuni lan Dursasana | ingkang angiring morode | amêpak sanjatanira | Korawa satus samya | sakapraboning prang pupuh | lawan saprajuritira ||

16. kuda rata miwah èsthi | sira Arya Sindurêja | pangirid andêling kewoh | jêjêl lèr kidul lan wetan | kilèn kêbêg gêgaman | Dhêstharata age ngutus | kang putra kinèn arisa ||

17. aja aganas ing budi | ibune sangêt karuna | akèn angaturi age | mring putra Natèng Ngastina | aywambèg gora-godha | dêgsura ing tingal saru | kasaru Sêtyaki prapta ||

18. saking jawi awotsari [a...]

--- 1 : 15 ---

[...wotsari] | matur Radèn Wusniwira | pukulun dede wadose | ing jawi jêjêl gêgaman | arsa numpês paduka | pun Suyudana pukulun | sayêkti tyase dursila ||

19. ing kanan kering wus rakit | Korawa busananing prang | sampun tinata ênggène | gêgaman manjing ing pura | inggih sampun akathah | Narendra Krêsna angrungu | pinrêp ing yuda kênaka ||

7. Pangkur

1. dyan krodha Narpati Krêsna | têdhak saking gone gunêm nulya glis | madêg tiwikramanipun | wimbuh nèng palataran | jlêg sagunung patang gunung pitung gunung | pan kadi Bathara Kala | duk krodharsa nglêbur bumi ||

2. isèn-isèn têlung jagad | ing sawarga myang nungsapada tuwin | jro bumi kang saru-saru | kabèh dadi awaknya | dewa-dewa kang bau papat têtêlu | anetra têtêlu papat | wus munggèng sarira sami ||

3. isining manungsapada | ditya diyu raksasa lan maharsi | cantrik-cantrik lan manguyu | kabèh kang salah rupa | jroning bumi naga sarpa lindhu-lindhu | tumpuk munggèng ing sarira | sirna sipating sujanmi ||

4. jumangkah asru sêsumbar | lindhu gêtêr-patêr kang bumi gonjing | gumaludhug guntur kêtug | gora rèh gara-gara | kadya bêlah bumi wukir manggut-manggut | umob jaladri prakêmpa | pênyune kumambang wingwrin ||

5. tuhu yèn Wisnu Bathara | durung tumon pantês ambadhog bumi | angêmah wukir ginilut | kêlar mangan-mangan rat | sagung ingkang

--- 1 : 16 ---

gêgamaning prang angumpul | ting karegol ting karêlap | ting palêngkung ting paluntir ||

6. satus Korawa umulat | tana-[...] bayu kêkês kalangkung miris | wong kêthèn andulu kawus | [...]-nana bisa ngucap | gogrog runtuh kang nyêkêl gêgamanipun | tan ana tupa mangkana | iki sok anguntal bumi ||

7. [...]-na miwah Duryudana | sami ngênês miris amêmpis-mêmpis | [...]-pta gêsêng tumpur gêmpur | Bisma Druna karuna | mêndhak-mêndhak nêmbah-nêmbah matur-matur | miwah [...]-wata sakawan | angrarêpa ngasi-asih ||

8. gègèr ing loka buwana | Sri Bathara Surya tumêdhak aglis | jawatèng wiyati umung | ngudankên kêmbang-kêmbang | otêr gêtêr sumawur udan rum-arum | bathara ri angrarêpa | aywa gung krodhanta kaki ||

9. gêmpurên Korawa băngga | mung sakêdhap netra măngsa na kari | yutan kêthèn prajanipun | kabèh măngsa kariya | mung tolèhên jagad wêlasana iku | kapindhone wêlasana | Si Wrêkudara punagi ||

10. lan Si Drupadi ubaya | nora gêlung-gêlung lawase urip | yèn nora karamas marus | rahing sata Korawa | nèng paprangan Drupati[6] tan arsa gêlung | iku bae wêlasana | dêdimèn tutug punagi ||

11. apan mangèstuti samya | Sri Bathara Krêsna pinuji-puji | dyan waluya warnanipun | ambirat wikramanya | wus waluya lênggah malih sang aprabu | Bisma Druna angrarêpa | miwah Rêsi Naraddha di ||

--- 1 : 17 ---

12. sakawan suka marwata | mêdal saking pura kondur tan pamit | jawata sakawan tumut | praptèng jawi pêsatnya | mring awiyat jawata wus samya mantuk | lajêng Sang Narendra Krêsna | marang gène sri mas kentir ||

8. Maskumambang

1. Nata Krêsna prapta gène Dèwi Kunthi | alon atêtanya | sarwi karuna dènnya ngling | kaki prabu kaya ngapa ||

2. lakunira iya apa antuk kardi | alon aturira | Mahaprabu Dwarawati | pun Suyudana apugal ||

3. pêgat-pêgat pamuwuse Dèwi Kunthi | warahên rinira | anuta utamèng pati | satriya êtoha jiwa ||

4. rêbut praja utama rinêbut jurit | mati antuk swarga | poma wêkas ingsun kaki | arimu amanguna prang ||

5. Kunthiboja kunêng wau dènira ngling | nulya amit nêmbah | narpati ing Dwarawati | sanega wus nitih rata ||

6. Widura Sanjaya Yuyutsuh angiring | Dipati Ngawăngga | nunggil sajro rata sami | kalawan Narendra Krêsna ||

7. pan jinawil marang Prabu Dwarawati | [...]-mute Pandhawa | Karna tan arsa nglakoni | kudu milu Korawendra ||

8. saking sampun ing nguni-uni punagi | atandhing aguna | arok băndawala pati | lan satriya Dananjaya ||

9. kunêng Karna tan arsa dèn pituturi | mring Narendra Krêsna | praptèng jawi kitha nuli | Karna mit ungkur-ungkuran ||

10. lan Widura Yuyutsuh Sanjaya sami

--- 1 : 18 ---

wangsul maring kitha | sira Prabu Dwarawati | dènira lumampah eca ||

11. Adipati Ngawăngga lajêng wus prapti | marang ibunira | angling sarwi brêbês mili | sira ngatêr kakangira ||

12. ing ulihe kaki Prabu Dwarawati | amêmêkas apa | kakanta mring sira kaki | kang putra umatur nêmbah ||

13. kula kinèn kesaha saking ing ngriki | dadining ayuda | kula kinèn tumut aglis | marang Ki Arya Pandhawa

14. Dèwi Kunthiboja angling sarwi nangis | sira kayaparan | turutên pan luwih bêcik | pituture kakangira ||

15. angumpula lan sadulurira kaki | pranging Bratayuda | gone u-[...]-ning pati | gusti sira ambalika ||

16. mati urip kumpula kadangmu gusti | lan sarwi karuna | pangatage Dèwi Kunthi | kang putra Karna turira ||

17. ila-ila ibu yèn satriya luwih | ngukuhi wacana | inggih kang sampun kawijil | lara pati tan suminggah ||

18. pan kawula ibu kalindhihan ing sih | Prabu Duryudana | sihipun agêng tan sipi | dhatêng ing badan kawula ||

19. yèn gingsira iba cacading aurip | dede pawangunan | satriya para bupati | dadi urakan kewala ||

20. tinangisan ing ibu Karna tan gingsir | Dèwi Kunthi ngêsah | langkung wagugên ing galih | dene putrane duk kênya ||

21. wusnya bubar tan antuk tuturing siwi | kunêng kang lumampah | Sang Aprabu Dwarawati | lan ari Satyaki Wira ||

--- 1 : 19 ---

22. mèh prapta ing Wiratha Sri Narapati | drêsing ratanira | Pandhawa wadyane sami | amêthuk ing praptanira ||

23. orêg sagung Nata Pandhawa ningali | praptaning narendra | gupuh namudana sami | ngrarêpa nuwun pawarta ||

24. sru ngandika narpati ing Dwarawati | yayi nora kêna | Korawa ginawe bêcik | kudu atakêr prabawa ||

25. yayi aji panjalukira sapalih | malah ana dewa | kang milu ing laku mami | Kanwa Janaka Naraddha ||

26. lan Bathara Parasu ngadhangi margi | Têgalkuru mapak | ngawruhi purwa mêkasi | ngèstokkên rêmbug sêmbada ||

27. bapakane ibune milu nangisi | Bisma Druna samya | uga milu nambadani | asrah saparo nagara ||

28. tan rinungu rêmbuge jawata sami | malah ngala-ala | sêdyane mring laku mami | kunêng ngling Narendra Krêsna ||

29. ngungun gêtêm kang samya miyarsa warti | Prabu Darmaputra | Wrêkudara Parta tuwin | ari Nakula Sadewa ||

30. lan duk myarsa wêwêlinge ingkang umi | Dèwi Kunthiboja | akèn angrêbuta jurit | mrih utamaning satriya ||

31. para ratu miwah kang para dipati | kang rumojong samya | mring Nata Pandhawa sami | mangkata yuda kênaka ||

9. Pangkur

1. Radèn Tanaya Wiratha | Seta Wirasăngka Utara sami | galak samya ngajak magut | tuwin putra Cêmpala | Radèn Drusthadyumêna angajak magut | kèlu sagunging punggawa | narpati sami [sa...]

--- 1 : 20 ---

[...mi] nuruti ||

2. nêtêg kêndhang gong sauran | gumrah sagung prawira nata baris | abudhal enjing gumuruh | saking nagri Wiratha | kèhing wadyakuswa bra busananipun | kadi surya wêdalira | mêntas saking jalanidhi ||

3. duk arsa madhangi jagad | mungup-mungup anèng pucaking wukir | baranang sadayanipun | kêna soroting surya | mega-mega alas-alas gunung-gunung | soroting baskara enjang | tumarontong maratani ||

4. mangkana wadya Pandhawa | gunging baris kadi samodra ngalih | balabar ambèr wana gung | jêjêl jibêg ing marga | lumrah kyèhning busana bra yèn dinulu | kang abang golong samya bang | kang kuning prasamya kuning ||

5. ijo sami jo golongnya | irêng sami irêng tan anyêlani | biru golong sami biru | wungu-wungu sapăntha | datan ana corab-carub kang bala gung | putih-putih apêpanthan | tan petungan gunging baris ||

6. lir guntur swaraning bala | ting pancurat cumlorot ting parêlik | muncar-mancur angênguwung | gêbyaring rata rêtna | atêmpur lan kêlaping lêlayu tunggul | lawan busananing bala | lir wukir sèwu kabêsmi ||

7. sumawur-sawur sumêbar | Sang Hyang Endra ngudankên wangi-wangi | samya mangastuti umung | jawata ing Kaendran | jaya-jaya anjayakakên prangipun | unggula prang Bratayuda | Pandhawa antuk nagari ||

8. panganjuring lampahira | Wrêkudara manggala ngêrik baris | surănggakara winangun | dharat [dha...]

--- 1 : 21 ---

[...rat] angundha gada | murang-muring apan sajêging tumuwuh | tan arsa nitih turăngga | miwah rata lawan èsthi ||

9. lumakuwèng jro samodra | gunung jurang alas lan kali-kali | dharat bae sukanipun | aja si mring Ngastina | dhasar parêk arata ing Têgal Kuru | gumêrah sabalanira | wong agung ing Jodhipati ||

10. drêsing daludag bandera | kumlap dening sindhung riwut ngin-angin | gora rèh arga lir guntur | kêtug bumi prakêmpa | abusêkan sato singa barwang mabyung | lir trunaning gajah alas | sêsumbar samargi-margi ||

11. tan wruh kasêktèning liyan | nguwuh-uwuh lir gêlap manêngkêri | hèh hèh hèh wong Ngastinamuk | rêbutên ing ngayuda | iki besuk gêgêdhug manggalèng pupuh | lajêring prang Bratayuda | dhu[7] dhuh age rêbut pati ||

12. kadya gonjing bumi kambah | anglir bubul bur buwah bantala tri | kăntrag-kăntrag rug gumuntur | gêtêr-patêr putêran | dhèdhèt erawati watêk mawut-mawut | sabalane Wrêkudara | mangkrak sri nata tan kari ||

10. Sinom

1. wusnya nandhês barisira | wong agung ing Jodhipati | satriya Andananjaya | barase[8] kang anambungi | busananing wadya sri | mugèng[9] rata mantên murub | linungsir ing mas jingga | muncar-mancur anêlahi | kadya wukir tanaya mawa dahana ||

2. kadyarsa ge gumêsênga | nagari Ngastina bêsmi | syuh brastha tanpa upaya | tunggule kumlap aciri [aci...]

--- 1 : 22 ---

[...ri] | wanara mangap angrik | gurnitaning mega barung | kilat mawêtu gêlap | aliwêran kilat thathit | ing gêgana kuwung-kuwunge kawawang ||

3. lir pemut karya jayèng prang | ing wuri ingkang nambungi | satriya Madrimtanaya | Nakula Sadewa nitih | ing rata jong bangunjring | têgêse pan manik wungu | lir Kamajaya kêmbar | rumabasèng dalêm puri | Korawendra minăngka pawèstrinira ||

4. lênglêng tunggul aling-lingan | ayêm kêlape aririh | lir mega angêmu teja | urute nipis mariris | lir riris sêkar amrik | sinêrang ing sadpada gung | gêlape sawatara | gêtêr-patêr lir angrêngih | ing wurine sang rajaputrèng Wiratha ||

5. Radèn Utara Wratsăngka | gumêrah barise asri | kêkalih munggèng ing rata | tunggule kentir kumitir | Arya Seta nèng wuri | gumrêdêg barise barung | swaraning kalasăngka | wadyanira kyèh winarni | gumrah gora-godha prawira Wiratha ||

6. kêlaping tunggul akêras | rarase anggêgirisi | karya miris tyasing mêngsah | satriya Wiratha katri | sudira sura sakti | sawadya samya ngun-angun | wuri putrèng Cêmpala | Drusthadyumêna prajurit | baris abra kumêlap tunggul makilat ||

7. ing wurinira kang rama | Prabu Drupada nèng èsthi | kinubêng sagung prawira | tan petungan gunging baris | jêjêl sêsêg mênuhi | lir mina trang nungsung jawuh | untaping wong Cêmpala | ing wuri

--- 1 : 23 ---

Dèwi Drupadi | munggèng rata sri tinon arja songsong mrak ||

8. kadya pratima kancana | angore Rêtna Drupadi | sumilir silir kanginan | wudharing remanya kadi | ngawe ing mega aglis | ngajab age udan marus | ludirèng Korowendra | kadya karamasa nuli | pasang ukêl kusuma putri Cêmpala ||

9. Srikandhi ing wurinira | asri munggèng rata rukmi | kumitir têngêranira | tunggul kadya ngirid angin | sadarma putra aji | ingayap wadya gumuruh | munggèng èsthi rinêngga | sinongsongan sri ingapit | sarwi mangku pustaka kalimasada ||

10. tuhu darma martotama | mênggêp nèng luhuring èsthi | kadyèstu nampurnakêna | amungkasi jayèng jurit | pustaka kang pinusthi | yayah pamuputing mungsuh | kumrap mantri prameya | anggarêbêk kanan kèri | ing wurine balane Narendra Krêsna ||

11. tunggulira samya seta | aciri puthut sêmadi | munggèng rata nawa rêtna | arja songsong seta manik | putih maniking warih | kumilat-kilat ngênguwung | angayuh jumantara | kadya peling ing swarga di | hèh dulunên bêbotohe ing ayuda ||

12. samya angayap sadaya | marang Prabu Dwarawati | kang rinatu ing ngakathah | saingga darbeni kardi | Prabu Ngamarta singgih | saengga pangantènipun | angarak mring Ngastina | nagara minăngka putri | wising karya katampan mring Darmaputra ||

13. yèn durung uwising karya | yêkti [yê...]

--- 1 : 24 ---

[...kti] Prabu Dwarawati | sagung suruhan kang nyumbang | marang Nata Dwarawati | marma sagung narpati | punika rinatu-ratu | jangjine Bratayuda | sing sapa mati nglakoni | ing tuduhe Sri Maha Bathara Krêsna ||

14. matine manggih suwarga | luput ing siksa sayêkti | Krêsna kang duwe naraka | sawarga ingkang ambagi | marma sagung narpati | sêngkut suka tan jrih lampus | mati prang Bratayuda | têtêp tan kêna winilis | suwargane pandume Narpati Krêsna ||

15. Radèn Satyaki Prawira | ngirid sagung pra dipati | sangkêp busana maneka | sanjata mênuhi margi | tuhu datanpa wilis | gumrah wadya gung gumuruh | prakêmpa bumi molah | jalanidhi kocak-kacik | minta kadya sumêbar andon asmara ||

11. Asmaradana

1. ingkang sumundhul ing wuri | Rahadèn Partatanaya | abra tinon gêgamane | Bimanyu munggèng rata mas | sarwi angundha cakra | wadya sri busananipun | kadya panjrahing puspita ||

2. tunggul kumêlap kapuntir | ulaping wadya badhong mas | tirah turut mantên ijo | asongsong laring manyura | ing wuri lampahira | păncawala di gumuruh | bala busananira bra ||

3. munggèng ing rata rinukmi | ing rêtna-rêtna mradipta | rinawisan ngumala byor | êlar-êlaring manyura | asongsong laring kombang | tunggule kumêlap katub | kerut kèlu ing maruta ||

4. sarwa ijo mradapa di | katranganing surya

--- 1 : 25 ---

teja | mawastra tiningkah abyor | sumyaring kasturi ngambar | mulêk amrik ing marga | tinampêk maruta mawut | awor gandaning jawata ||

5. tan wus wuwusên kang baris | kyèhning satriya pra putra | myang asrining bala kabèh | miwah gunging wadyakuswa | pangarsanira prapta | aglar anèng Têgal Kuru | pêpêt sumêbar balabar ||

6. para ratu pra dipati | dalêdêg wuri tan kêndhat | praptane samya mèt ênggèn | mêmatut pakuwonira | sadaya ingkang prapta | nèng Kurusetra supênuh | sami rakit kuthagara ||

7. kêkuwu kang pra dipati | para ratu rakit pura | sadaya mindha kadhaton | sajuru-juru wus tata | pasang rakiting bala | dadya para ratu kumpul | satriya kang pra dipatya ||

8. aglis wau dèn utusi | Dèwi Kunthi sampun prapta | Widura kang dhèrèkake | maring Têgal Kurusetra | langkung samya karuna | tutur mula susahipun | tatkala malêbèng alas ||

9. gantya nuturkên ing nguni | nalika ngungsi ing wana | wusnya sêdhih suka kabèh | tangèh warnanên ing suka | sagunging wong Pandhawa | Yama Widura wus mantuk | praptèng jro kitha Ngastina ||

10. ingkang kantun Dèwi Kunthi | anèng kuwu Kurusetra | pakuwon pindha kadhaton | pasanggrahan Darmaputra | jêjêl kang pra dipatya | miwah puranira prabu | Sri Maha Narpati Krêsna ||

11. kuwu-kuwu liwat asri | rinakit-rakit kadhatyan | jêjêl ingkang

--- 1 : 26 ---

para katong | Sang Aprabu Yudhisthira | Wrêkudara Arjuna | Nakula Sadewa sampun | lawan sagung pra dipatya ||

12. nèng kuwu Sri Dwarawati | jêjêl samya pagunêman | miwah sagung para katong | samya anêdha parentah | marang Narendra Krêsna | Prabu Yudhisthira matur | kawula sumanggèng karsa ||

13. sintên kinarsakna nênggih | kang măngka ugêring aprang | panutane baris kabèh | pangirid mangsahing rana | para ari prasamya | Bima Parta milu matur | kadya ture Yudhisthira ||

14. marang Prabu Dwarawati | prasamya ngatas ing karsa | ing aprang senapatine | ngandika Narendra Krêsna | yayi Prabu Ngamarta | inggih kang manira tuduh | prakosa bandhu prawira ||

15. Ki Arya Seta prayogi | senapatining ayuda | sigra ngestokakên kabèh | gumrah samya namudana | ngèstrèni jênêngira | Seta ugêring prang pupuh | senapati ing alaga ||

16. mêngkoni sagunging baris | Sang Rajaputra Wiratha | sampun winangsit gêlare | marang Sang Narendra Krêsna | benjang têmpuhing yuda | wus pinuja-puja danu | kinutug Sang Arya Sena ||

17. kunêng gantya kang winarni | nalika miyarsa warta | yèn sampun prapta mungsuhe | jêjêl anèng Kurusetra | wau Prabu Ngastina | wus undhang punggawanipun | lawan ature Widura ||

18. lamun sagung pra narpati | sampun pêpakan sadaya | kumpul kang rumojong kabèh | jêjêl anèng Kurusetra [Kuru...]

--- 1 : 27 ---

[...setra] | wau bala Ngastina | wurahan siyaga sampun | budhale saking jro kitha ||

19. para ratu pra dipati | tanpa wilangan kang bala | lir kocaking samodra rob | wutah marang ing dharatan | gunging bala Ngastina | kathah ingkang para ratu | rumojong prang Bratayuda ||

20. wus samya tata rinakit | kuwu pinindha kadhatyan | sagunging kang para katong | miwah satriya punggawa | senapati kinarya | Bisma pinapuja sampun | senapati tan mundura ||

12. Durma

1. tan kawarna lamine anata bala | ing Pandhawa tanapi | Korawa samêkta | enjing mijiling papan | têngara kêndhang gong bèri | surak gumêrah | yayah karêngèng langit ||

2. tanpa rungyan swaraning gong mawurahan | umob sagunging baris | Pandhawa Korawa | wus samya rakit bala | gyaning ratu pra dipati | para satriya | kapanggih siji-siji ||

3. wus andhêndhêng kilèn kang bala Pandhawa | ngetan arêpe nênggih | barising Korawa | nênggih ngilèn arêpnya | andhêndhêng datanpa wilis | kidul têpungnya | sami anotog wukir ||

4. ingkang êlèr sami anotog samodra | kandêle ingkang baris | jêjêl titip atap | timbun sungsun-sungsunnya | pirang pandulu atêbih | pêgating bala | kang prapta maksih gili ||

5. pasang tawur sira Narpati Pandhawa | Irawan kang kinardi | prabu ing Ngastina | tawurira pandhita | Sagotra [Sa...]

--- 1 : 28 ---

[...gotra] nak putu sami | apan kinarya | tawur Ngastina nênggih ||

6. pasang gêlar sira Senapati Bisma | nênggih wukir jaladri | kang minăngka karang | sagung rata dipăngga | alunira kang kinardi | para narendra | lawan sakyèhing baris ||

7. sagung ingkang bala minăngka toyanya | balabar angêlèbi | barising Pandhawa | gêlare Arya Seta | bajra sutiksna alungit | Sang Wrêkudara | ngrêksa sawadya sami ||

8. lan satriya Dananjaya saha bala | miwah Rêtna Srikandhi | saprajuritira | tumut anèng ing ngarsa | Drusthadyumêna Satyaki | nèng kèri kanan | nanging ragi kawuri ||

9. lawan gone Senapati Arya Seta | prênah ragi kawuri | lan baris pangarsa | wadya munggèng ing tênggak | Prabu Darmaputra sami | dumunyèng têngah | lan Prabu Dwarawati ||

10. lawan sagung para ratu pra dipatya | wus mangkana ningali | Arya Dananjaya | nglês ing tyas kamanungsan | wêlas mring mungsuhnya sami | tan ana liya | kadang myang paman kaki ||

11. miwah guru dadya matur angrêrêpa | mring Prabu Dwarawati | pukulun sang nata | yèn kenging tur kawula | paduka wurungna inggih | prang Bratayuda | tan sagêd aningali ||

12. angandika sira Sang Narendra Krêsna | tan kêna wurung iki | karsaning bathara | kalawan ila-ila | satriya mati ing jurit | luwih utama | sawarga kang pinanggih

13. lawan kakangira yayi Yudhisthira | mama[...]sa [mama...]

--- 1 : 29 ---

[...[...]sa] punagi | dadi sira nyata | nglabuhi kadang tuwa | dhuh [...]-bo ing guru gampil | ana pinatah | pan ora angawa[...] ||

14. lawan sira yayi nêmbaha kewala | yèn pa-[...]-rangguli | guru nèng payudan | lan sira aja niyat | [...]-suh gurunta yayi | pan ora kurang | ing rana kang nadhahi ||

15. wusnya angling Narendra Krêsna mring Parta | yèn ora a-[...]-ni | wurungira aprang | Bratayuda sinida | sigra samya [...]-sah jurit | mungsuh lan rowang | parêng rok angêmbuli ||

16. surak umung gubar bèri wawurahan | awor grêdêging èsthi | gumriting kang rata | pambêkèring turăngga | kadya [...] gunturing wukir | bumi prakêmpa | gora rèh manêngkêri ||

17. pamuking kang bala masêlur maliwêran[10] | mawor mawuru gêtih | wus kathah kang pêjah | prajurit pra dipatya | rata sapuluh wor siti | ratu satriya | kang nitih parêng mati ||

18. miwah gajah sapuluh kang sami pêjah | parêng lan kang nitihi | ramening ayuda | kêtug mawêtu gêlap | gumuruh sambating kanin | riwuting papan | la[11] jawah kang jêmparing ||

19. prajurit kang turăngga atusan pêjah | mungsuh rowang prasami | mati tanpa kuda | ing wuri kang umangsah | sèwu kang prawira malih | kang nitih rata | salêksa munggèng èsthi ||

20. salêksa kang prajurit munggèng ing rata | nunggang gajah sakêthi | turăngga sayuta | dharate patang yuta | têmpuh orêg bumi gonjing [go...]

--- 1 : 30 ---

[...njing] | ing wuri prapta | dharat sawêndra prapti ||

21. dupi têngah dina dènira ayuda | ana prawira mati | kana-[...] satriya | Rajaputrèng Wiratha | Wirasăngka kang ma-[...] | Sang Dhanghyang Druna | satunggal kang matèni ||

22. sang u-[...]-jah dening Nata Salya | miwah Korawa sami | prawira [...] pêjah | kuwêl ulêng ling-lingan | sêrêg-sinêrêg prasa-[...] | [...]-pak rinêmpak | pyak ngarsa nêmpuh wuri

13. Pangkur

1. Dyan Seta sigra umangsah | krodha dening pati-[...] ari kalih | tumanduk sawadyanipun | galak lir saradu-[...] | amêmăngsa kumêrut parêng angamuk | para prawira Wiratha | kadya buta măngsa daging ||

2. Seta gumrit ratani-[...] | mênthang langkap gumêrèt anglêpasi | sanjata dibya tumêm-[...] | mring Prabu Măndaraka | luput amung kusir lan ratanipun[12] | [...]-muk ratane katiban | ing jêmparing lumrèng siti ||

3. Kartamarma munggèng ngarsa | ratanira pêksa dènnya ngadhangi | Dyan Seta pangamukipun | sigra tiniban panah | Kartamarma tiba saking ratanipun | luput mung ratane kêna | rêmuk rên-[...] tibèng siti ||

4. gègèr kang bala Korawa | de-[...] bala Wiratha apêpulih | sakêthi parêng angamuk | mêngka-[...]-sik kaambah | abusêkan sagung baris kawur-kuwur | kasulayah akèh pêjah | sigra dènira nulungi ||

5. Bisma Druna wrahatbala | Jayasena ngundha gada ngajrihi | Radèn Rukmarata [Rukmara...]

--- 1 : 31 ---

[...ta] tumut | nimbangi mring kang rama | Prabu Măndaraka pinêngko-[...] pamuk | Sang Rajaputrèng Wiratha | pamukira gêgirisi ||

6. Rukmarata munggèng rata | jinêmparing mring Arya Seta kêni | jaja gumuling wus lampus | anèng sajroning rata | parêng-[...]-k bala Wiratha gumulung | gustine munggènng ing ngarsa | lir a-[...]-wan kanin ||

7. rêmak-rêmpu kasulayah | pa-[...] miwah kang pra dipati | akathah tumpês kapusus | giri-[...] Ngastina | bubar larut malêdug mawur katawur | lir kidang umulat singa | giris-giris kêkês miris ||

8. pêlayune [...] Ngastina | ingadhangan mring satriyane sami | tan kêna tinamba-[...]-s | katutuh praptanira | Gathutkaca Drusthadyumêna têtulung | mring Rajaputra Wiratha | miwah Dyan Bimanyu sêkti ||

9. [...]-nglut ngamuk sadaya | Bisma Senapati mangsah pêpulih | pra-[...] Korawa tumut | Rajaputra Wiratha | jinêmparing mring [...]-tu ambubul | angêbêki rananggana | têmpuh samya sênapati ||

10. sungsun atub kang sanjata | anibani [...] Seta senapati | tibèng angganira murub | Seta [...]-mama | Wrêkudara Dananjaya atêtulung | sami ngucu-[...] panah | kadya jawah ing wiyati ||

11. Sang Wrêkudara [...]-nah | Bargawastra Bisma wau kang pinrih | Korawa raja [...]-lung | marang Sang Rêsi Bisma | Kurupati pinêthuk sigra pinagut | jinêmparing jajanira | tan pasah nanging asakit ||

--- 1 : 32 ---

12. mundur sarwi kalênglêngan | nêkên jaja mire kaparèng têbih | kang wus ngungun tanpa muwus | sigra Korawa samya | angubêngi miwah para mantrinipun | magêrsari praptanira | gya mundur sri narapati ||

14. Durma

1. wau krodhanira Rêsi Wara Bisma | mulat Korawa gusis | dening pangamuknya | Rajaputra Wiratha | nèng rata ngadêg pribadi | musthi sanjaya[13] | sungsun-sungsun nibani ||

2. garjita sang rajaputra ing Wiratha | mênthang gandhewa aglis | Bisma kang pinanah | kêna bau tan pasah | syuh rênyuh punang jêmparing | Sang Dewabrata | wulune datan busik ||

3. Arya Seta senapati ing Pandhawa | duka yayah sinipi | mulat sanjatanya | tumamèng Dewabrata | Santanuputra tan busik | jêmparingira | rênyuh awor lan siti ||

4. jog tumêdhak saking rata nyandhak gada | Sang Seta Senapati | lumumpat wus prapta | ngarsane Dewabrata | ginada Bisma ngoncati | mlumpat sing rata | ratane kang ginitik ||

5. lawan kusir miwah turăngga katiban | rêmuk awor lan siti | kusir rata kuda | luluh katiban gada | mangkrak krura ambêg julig | mangsah manêngah | gadane mobat-mabit ||

6. para ratu kang nitih rata katiban | rêmuk barêng ngêmasi | ratu kusir rata | kuda barêng luluhnya | miwah kang anitih èsthi | binabit rêbah | ajur lan kang nitihi ||

7. limang ratu pêjah rêmuk lan ratanya

--- 1 : 33 ---

lêlima ratu mati | tumpur lawan gajah | kang pra dipati kathah | prakosa kapati-pati | Sang Arya Seta | tuhu datanpa tandhing ||

8. sumyur mawur malêdug bala Korawa | giris angrês umiris | mulat marang Seta | solahira lir yêksa | sèwu sêdhêng amrih daging | kagila-gila | gada ngebat-ebati ||

9. Rêsi Dewabrata ragi giris mulat | Seta wuru ing jurit | murus Rêsi Bisma | senapati Korawa | dewa nguwuh saking langit | hèh sira Bisma | dene murus ing jurit ||

10. pan patine Sang Rajaputra Wiratha | iya saking maharsi | têgêse pan sira | rêsi matèni putra | Wiratha madyaning jurit | ing Bratayuda | Bisma sira miyarsi ||

11. wangsul sarwi mênthang jêmparing dahana | lumêpas Seta kêni | ing bramastranira | Rêsi Santanuputra | trus jaja Seta ngêmasi | surak gumêrah | kang wus lumayu bali ||

12. giyak-giyak sata Korawa ambêksa | pating galidrah sami | Arya Dursasana | bapang akiprah-kiprah | Arya Sindurja anggêndhing | Jaya Susena | Jaya Wikatha ngêrik ||

13. Srutayuda Sang Ayuta Yuniyuda | Sudirga Dirgagati | myang Rekadurjaya | [...]-ya Sang Kartamarma | bala Pandhawa prihatin | dhêdhêp sadaya | kêkênan sênapati ||

14. tandang mangsah sira sang ar-[...] girbita | Bisma kang jinêmparing | kumêbul ulêkan | têmpuh sami sanjata | Pandhawa krodha prasami | gumulung mangsah [mang...]

--- 1 : 34 ---

[...sah] | ngamuk angrok ngêbyuki ||

15. suka parêng sirna lan Prabu Wiratha | gumrêdêg rêbut dhingin | rêbah kasulayah | bala Korawa ngrêmpak | balêdug mawur angisis | Sang Duryudana | kesisan ing ajurit ||

16. pan kasaru sirêp sang hyang bagaskara | yayah kadya anapih | kang sayah ing aprang | isthaning diwangkara | padha mantuka rumiyin | enjah kewala | apranga dipun manis ||

15. Dhandhanggula

1. ing tatkalanira mantuk sami | sagung ingkang para prawirèng prang | amakuwon sru sayahe | ya ta wau sang prabu | ing Wiratha samya nangisi | ing putra katri pêjah | layone katêlu | binarsihan pinênêdan | langkung putêk tyasira sri narapati | kalawan ingkang garwa ||

2. putra katri taruna apêkik | tyasira lir pêjah pinartiga | têtiga paraning sihe | ibunira angrangkul | mring putrane ginanti-ganti | sêsambate mlasarsa | nyawa putraningsun | bok aja katiga pisan | sapa ingkang sumisiha ing narpati | mêngku nagri Wiratha ||

3. lah wungua babo anak mami | sapanên pun ibu aji prapta | têka padha kèndêl bae | dene abarêng lampus | bok iyaa kari sawiji | ana panglipure brăngta[14] | babo putraingsun | Seta Utara Wratsăngka | bisa têmên agawe rasaning ati | dewa banjutên ingwang ||

4. nêngna tangisira pramèswari | ing Wiratha Risang Pandhuputra | prapta [pra...]

--- 1 : 35 ---

[...pta] saanak putune | bêkta dandananipun | busanane ngurmati pati | rinubung tinangisan | pinasangan lurup | inginggahakên pancaka | sirêping wong padhanging wulan binêsmi | ingèstrèn para nata ||

5. satriya Pandhawa angadhêp sami[15] | ginêsênging putra tri Wiratha | ingatêr mring kamulyane | têdhak paring pangèstu | sang aprabu ing Dwarawati | sampun sinidhikara | ing măntra pamusus | awune mring Endraloka | manggih swarga luwih kalêbu ing jangji | mati prang Bratayuda ||

6. ênêngêna kang sampun lêstari | ing pupute putra tri Wiratha | kinurmatan panggêsênge | Prabu Wiratha sampun | amakuwon sami anggusthi | lawan Narendra Krêsna | kang sami nênuwun | sintên senapatining prang | kang gumantya angling Prabu Dwarawati | iya Drusthadyumêna ||

7. asalina gêlar kagapati | senapati Si Drusthadyumêna | garudha nglayang têgêse | kabèh ngèstokkên sampun | para ratu satriya sami | miwah kang pra dipatya | jumurung ing kayun | pinuja kinutug dupa | Risang Drusthadyumêna kang mêngku baris | senapati ngalaga ||

8. wusnya ngadêg ingkang senapati | byar raina anêmbang têngara | wadya wus siyaga kabèh | kirab mring Têgal Kuru | aglar bala Pandhawa rakit | miwah bala Korawa | gumuruh ambubul | nèng Kurusetra wus aglar | tanpa wilis andhêndhêng sungsun apipit | jêjêl tanpa wangênan ||

9. baris Pandhawa [Pa...]

--- 1 : 36 ---

[...ndhawa] amasang rakit | gêlar kagapati grudha nglayang | ingkang minăngka patuke | Risang Dananjaya nung | saha bala cucuk dèn goni | dene Prabu Drupada | sirah ênggènipun | Sri Maha Narpati Krêsna | nunggil lawan Dananjaya dèn rêksani | nunggil sami jro rata ||

10. ing panjawat têngên senapati | mila senapati nèng panjawat | akuwata sêsabête | panjawat kiwanipun | Wrêkudara ingkang tinuding | Sang Satyaki prawira | ênggène ing buntut | ing gêgithokira nata | angubêngi Prabu Darmaputra nênggih | ing gêgithok rinêksa ||

11. bala Korawa sarêng ningali | lamun Pandhawa salin gêlarnya | garudha wau gêlare | sigra glare rinacut | ingkang wukir sagara nguni | aniru gêlarira | Pandhawa katiru | pêpatuk Natèng Măndraka | ingkang sirah anênggih Arya Sangkuni | senapati panjawat ||

12. Bisma kiwane ingkang dèn gèni | Druna munggèng têngêning panjawat | Dursasana ing buntute | munggèng gêgithokipun | para ratu myang Kurupati | rinêksa ingubêngan | gêgithok gènipun | ri wusnya dadi kang gêlar | Rêsi Dewabrata ingkang senapati | mangsah ngabani bala ||

13. mênthang langkap pangabar sira glis | Rêsi Dewabrata yun rumusak | Drusthadyumêna gêlare | tiniban panah brubul | tan akêndhat saengga riris | sigrarya Parta mapag | sanjata kawangsul | mêmanasi Dananjaya

--- 1 : 37 ---

kruri[16] mênthang sanjatanira prêmati | nêdya ngundurkên lawan ||

16. Durma

1. mangkrak krura sira Arya Wrêkudara | ngamuk agêgilani | ambabadi gada | rusak bala Korawa | kasulayah kèh ngêmasi | sata Korawa | tan ana măngga pulih ||

2. sasèlèhing gada nyandhak bargawastra | kèh pêjah jinêmparing | pirang atus ingkang | pêjah ing bargawastra | gumulung Arya Satyaki | syuh ing Korawa | pra ratu pra dipati ||

3. Sri Ngastina Mahaprabu Duryudana | kesisan ing ajurit | Karna Karpa Salya | Dursasana Sindurja | sadaya sami angungsi | marang panjawat | Bisma Druna dèn ungsi ||

4. ya ta wau sigra Mahaprabu Krêsna | marang gène mrêpêki | sarati ingatak | ngrikatkên lampahira | rumêksèng Parta ing jurit | sêdhêng manglaga | mêtyakên sanjatagni ||

5. duka yayah sinipi Sang Dananjaya | kadi ngontragna bumi | jêmparing ulêkan | bayak arak-arakan | Wara Bisma anadhahi | panah panulak | têmpuh anèng wiyati ||

6. Bisma ngatag mring Druna kèn gumingsira | dènira Bisma apti | mêtokkên santika- | nira tiyasa dahat | pêtêng mêlêg angin-angin | lêbu kasiram | ing marus kadi tasik ||

7. lêbu sirêp rahira mangombak-ombak | măngka lêtuhe nênggih | rawising prawira | ingkang minăngka karang | rata turăngga lan èsthi | minăngka pandha- | nira rine nêcêki ||

8. malah [ma...]

--- 1 : 38 ---

[...lah] ngrêregoni satriya kang masah[17] | ajrih ingkang pindha ri | tata wus mangkana | wau Sang Dewabrata | arsa mijilna tumuli | kaluwihira | ngamuk panundhung tandhing ||

9. ngêmbat langkap wau sira Rêsi Bisma | minantran sru pinusthi | sanjata mangalap | rowang wus pinèt sigra | muntab ngêbêki wiyati | Sang Dewabrata | garjita trusthèng galih ||

10. ing gêgana lor kidul wetan kèbêkan | sumêrot ngasut sami | amrawasèng mêngsah | riwut ngêbêki papan | gêgilani nglêluwihi | luwih kawasa | Bisma mêtu kang budi ||

11. dadya mukul kêndhang Narpati Korawa | sarêng mangsah mapulih | dènnya Rêsi Bisma | mêtu budine dahat | jêmparinge angêbêki | sarta minantran | cumlorot amèt pati ||

12. gumuruh kang gong bèri Sata Korawa | Karpa lawan Sangkuni | Karna Prabu Salya | surak sawadyanira | Dananjaya anadhahi | panah panulak | kumêbul anusuli ||

13. têmpuh pupug lan sanjata Rêsi Bisma | sangsaya gung pêpati | mati dening panah- | ira Arya Palguna | lir jawah ngêbêki langit | mudhun kumêrap | cêb-cêb tumanjêb sami ||

14. maring mungsuh kathah pêjah kasulayah | datan katulak dening | panahe Arjuna | Korawa suka miyat | samya mangsah angêbyuki | bala Pandhawa | panggah nanging kèh mati ||

15. pamukira Srênggi raksasa kotama | ditya napung ing jurit | ing nguni ubaya | benjang

--- 1 : 39 ---

prang Bratayuda | Bambang Irawan ngêmasi | putra Arjuna | lawan Dèwi Ulupi ||

16. sinaud ing Srênggi raksasa nimpuna | Janaka aningali | yèn Irawan pêjah | miwah kang pra dipatya | para ratu akèh mati | dening sanjata | Bisma luput ing tangkis ||

17. datan kêna tinulak sanjata Bisma | Arjuna sru anangis | kèndêl tan mêmanah | Narendra Krêsna mulat | Janaka pijêr anangis | jog saking rata | Sang Prabu Dwarawati ||

18. praptèng siti duka musthi cakranira | sumêng jaja narpati | ingayatan cakra | Bisma awas tumingal | lamun Prabu Dwarawati | arsa anyakra | Bisma mudhun marani ||

19. dhuh gustiku lae Sri Narendra Krêsna | bêja têmên wak mami | katibanan cakra- | nira Bathara Krêsna | angatêrna pati mami | mring ariloka | pira-pira wak mami ||

20. kamulyane mungguhing ari buwana | mêndhêk-mêndhêk marani | wau Wara Bisma | Krêsna mangayat cakra | kagyat Arjuna ningali | sigra tumêdhak | nêmbah nyandhak asta glis ||

21. angrêrêpa Dananjaya aturira | sarya waspa drês mijil | dadya wande dènnya | anyakra Rêsi Bisma | narendra ing Dwarawati | minggah ing rata | lawan kang rayi malih ||

22. gya ingatak mring Krêsna Parta mêmanah | kinèn angawe aglis | putri ing Cêmpala | wau panahe Parta | mupugakên ing jêmparing | Sang Dewabrata | mari murub wiyati ||

--- 1 : 40 ---

23. Rêtna Dèwi Srikandhi prapta angatas | parentahe sang aji | Krêsna kang tinêdha | marang putri Cêmpala | Rêsi Bisma ngrês ningali | Srikandhi prapta | êmar sarira rêsi ||

24. Brabu[18] Yudhisthira ingawe mring Bisma | ingkang pinintan urip | Risang Darmaputra | tan buh api tan wikan | tumungkul Yudhisthira Ji | datan tumingal | Srikandhi dèn kêjèpi ||

25. marêka mring kakang prabu lumuruga | Arjuna kinèn tunggil | minggaha ing rata- | nira putri Cêmpala | Srikandhi sampun winangsit | marang Sri Krêsna | anglêpasi jêmparing ||

26. kêna jajanira Rêsi Wara Bisma | nanging tan anêdhasi | pinindho saksana | Parta ngatêr ing panah | gandare kang jinêmparing | dadya akêras | jêmparing rarasati ||

17. Mijil

1. mangsah tumancêb ing jaja aglis | rah muncar sumorot | Bisma niba gumuling ratane | Bisma mati dening Dyah Srikandhi | bala Pandhawa tri | surake gumuruh ||

2. lumrèng tawang jawata ngudani | wêwangi rum mawor | kêmbang-kêmbang kombang manglut akèh | malêdug baris Korawa wiwrin | larut tan apulih | kèh prawira lampus ||

3. Prabu Pratipa kênèng jêmparing | bargawastra nonjok | pêjahira parêng turanggane | dene Wrêkudara kang jêmparing | Gathutkaca tuwin | Drusthadyumênanggung ||

4. amêmati sakyèhing prajurit | wau ta sang katong | Darmaputra ngawe prajurite | sèlèh gêgaman sigra nungkêmi

--- 1 : 41 ---

marang kang ngêmasi | atmajèng Santanu ||

5. angrangkul sukunira kang lalis | wau ta sang katong | ing Ngastina ubaya rukune | nora aprang ing sadina iki | padha atut dhingin | aja na kang dudu ||

6. Kurupati gupuh amarani | angrangkul pada lon | ing suku Sang Bisma sru tangise | myang Arjuna Nakula prasami | Sadewa nungkêmi | sukune sang lampus ||

7. Sata Korawa samya nangisi | nanging tyas pakewăh | nora têtêg mulat ing solahe | dene Wrêkudara durung mari | galak ing ajurit | têkênan gada gung ||

8. sadaya sèlèh gêgaman jurit | wadya lit samya doh | pra dipati miwah satriyane | ingkang nyêlak sampun sèlèh sami | gêgamaning jurit | angrubung kang lampus ||

9. Prabu Yudhisthira ngawe aglis | Wrêkudara ngadoh | datan arsa milu cêlak sèlèh | ing gêgaman dèn palaur nêbih | angadêg tur maksih | nyêkêl gadanipun ||

10. kang akathah atut rubung sami | nambrama ring layon | Pandhawa lan Korawa arame | samya mikir kang brana mèh lalis | kèndêl sadayaning | prajurit gung-agung ||

11. Rêsi Dewabrata durung mati | satêmêne kasok | ngantak-antak durung sah atmane | maksih eling sakêdhap tan lali | anggung minta warih | Suyudana asung ||

12. dangu nora dèn inum kang warih | tinètèskên mengo | mung toyane Arjuna dèn ame | toya

--- 1 : 42 ---

sêsawaning jêmparing[19] | Yudhisthira nuding | Parta kang tinuduh ||

13. payo yayi ngaturana warih | marang sang mèh layon | sigra Arjuna wus ngaturake | toya kêkumbahaning jêmparing | inginumkên aglis | Rêsi Bisma lampus ||

14. lunga yitmane saking ing jisim | gumêrah pra katong | angurmati marang ing patine | binusanan parabot ambêsmi | baskara wus manjing | bumi samodra gung ||

15. wêtuning wulan sampun binêsmi | musnane kang layon | marang loka buwana awune | kunêng wau ing dina sawiji | kari kawlasasih | samya wayang-wuyung ||

16. sarêng bubaran Pandhawa sami | Korawa makuwon | Dhanghyang Druna kairing ing ngakèh | ingèstrènan madêg senapati | wêngi udan gêtih | kutha Korawa gung ||

17. ing pakuwon adrês rah umili | kabèh para katong | pra dipati satriya tarkane | apratăndha yèn unggul ing jurit | udan rah umili | cipta soring mungsuh ||

18. tanpa turu Korawa sawêngi | enjingira bodhol | dwijawara minăngka adine | senapati Druna ambêg julig | gong gumuruh atri | surake gumuntur ||

19. praptèng Têgal Kuru wus apanggih | bala Pandhawa byor | wus ambanjêng tan owah gêlare | maksih têtêp gêlar kagapati | garudha kang maksih | Pandhawa glaripun ||

20. bala Korawa gêlare salin | gajah bangun angrok | pan dirada amêkta [a...]

--- 1 : 43 ---

[...mêkta] têgêse | Suyudana githok kang dèn goni | wira kang kinanthi | Arya Sindurjwa nung ||

21. lawan Narpati Ngawăngga sami | kinanthi ing kewoh | aprayoga Korawa gêlare | Korawa satus minăngka gadhing | dadya nyekat sisih | lan sabalanipun ||

22. tulalening gêlar kang ngênggoni | Bagadênta Katong | sarwi nitih dipăngga yudane | munggwèng sirah wus sami rinakit | gêlare wus dadi | tan anêdya mundur ||

18. Durma

1. parêng tandang bala Pandhawa Korawa | lir paguting jêladri | gong bèri wurahan | surak kadya ampuhan | lir gora manêngkêr langit | mawêtu gêlap | liwêran kilat thathit ||

2. pan gumulung Pandhawa arda mangrêmpak | gêlare Druna Rêsi | Dananjaya sigra | nguculkên sarawara | bêlêg panah anibani | bala Korawa | anglêskên nèng jêmparing ||

3. miwah Wrêkudara anguculkên panah | bargawastra nibani | Korawa kèh pêjah | manglut anyandhak gada | akèh bupati ngêmasi | katiban gada | rêmêk tan măngga pulih ||

4. sampun rusak kang gêlar dirada mêta | gadhinging gêlar gusis | sirahe busêkan | tulalene kang gêlar | Bagadênta mangsah aglis | ngêtap dipăngga | tilar ing senapati ||

5. miwah Karna lawan Arya Jayadrata | Druna sampun kawingking | sira Bagadênta | wantêr sakti prakosa | tinujahakên kang èsthi | kudaning [ku...]

--- 1 : 44 ---

[...daning] rata | Arjuna ingkang pinrih ||

6. kuda caruk sira Prabu Bagadênta | nawat samoga aglis | Arjuna kantaka | niba kênèng samoga | jajanira pan gumuling | munggèng ratangga | sigra dènnya nulungi ||

7. ingusapan sêkar wijayakusuma | dening Sri Harimurti | ginugah Sang Parta | kagyat wungu anyandhak | gandhewa pinênthang aglis | Sang Bagadênta | saksana jinêmparing ||

8. pacar wutah kêna ragu srati gajah | katiga sarêng mati | Prabu Bagadênta | mati dening Sang Parta | anglut Pandhawa ngêbyuki | sagung satriya | punggawa ngamuk sami ||

9. sirna larut barise Sata Korawa | Wrêkudara mupuhi | ya ta ratri prapta | kukut karo kang aprang | Korawa ing dalu sêdhih | munya têngara | bangun tyasira sami ||

10. tan kawarnèng dalu kawuwusa enjang | nêtêg kêndhang gong bèri | puksur mawurahan | Sang Nata Duryudana | masang makutha buka sri | maneka warna | têbah jajanting-anting ||

11. abêbadhong tri ujung agandhowara | bêbêsur gapura tri | miwah mantên buja | abate nawa rêtna | susun seta rêkta rukmi | ponthang-pinonthang | pêpanthaning hèr gêni ||

12. umeb mijil wiwara kutha wangunan | gumuntur kadya wukir | gora aru-ara | jêjêl praptaning papan | atembak kang pra dipati | samya sêseban | nganti mungsuhe sami ||

13. Dhanghyang Druna lingira mring naranata | Duryudana [Duryuda...]

--- 1 : 45 ---

[...na] mêmangsit | yèn prabu arsenggal | tumpêse ingkang uwa | lamun tan pisah kêkalih | têmpuhing aprang | pan dhèrèkêna mati ||

14. Si Pandhawa lawan nora kêna rusak | tangèh praptaning pati | rusak lagi nora | yèn uga tan apisah | sadina bae ngêmasi | tumpêsing aprang | cindhile abang mati ||

15. aja kongsi awor Si Arjuna Bima | pisaha ing ajurit | sirnaning Pandhawa | sigra dènira ngucap | Natèng Sapta Gardapati | mangke kawula | sumbarane pribadi ||

16. Si Arjuna apranga aja woworan | lan baris agêng mangkin | wau dadinira | rêmbuge kang ananta | mring Wrêkudara nadhahi | Sangkuni lawan | Wrêsaya sawadyèki ||

17 wêdalira barise bala Pandhawa | lir sungapan jaladri | dalêdêg tan pêgat | wus dadi rakitira | têtêp gêlare ing wingi | maksih garudha | anglayang kaga wuri ||

19. Pangkur

1. mèh pagut kadi samodra | sigra wau Sang Prabu Gardapati | pinêlak dipangganipun | mring gène Dananjaya | sumbar-sumbar Gardapati nguwuh-uwuh | hèh satriya Dananjaya | yèn sira tuhu prajurit ||

2. menak kêkaptining mêngsah | ingsun iki darpa-darpa punagi | ing prang aja na kang nyêndhu | tutug sapolah-polah | mara payo aprang sapinggiring gunung | ing kidul kana kang kiwa | aja na kang ngrêregoni ||

3. yèn sira tan nurutana | cukêng

--- 1 : 46 ---

dudu prajurit kang sayêkti | aprang amrih suka nutug | a-[...] pupu jaja | arok banda pragola kol ukêl [...]-k | iki ratu kang Kasapta | kasub sura Gardapati ||

4. satriya Andananjaya | duk miyarsa sumbaring mungsuh nuli | [...] pangganira ngidul | miwah sawadyanira | Gardapati wus [...] sukuning gunung | anusul Sang Endraputra | saparane Gardapati ||

5. tan kari Narendra Krêsna | anunggil-[...] kalawan kang rayi | sabalanira angi-[...] | sigra wau Wrêsaya | Wrêkudara ingundhamana dèn uwuh | hèh Wrêkudara [...]-nang | payo prang pinggir jaladri ||

6. amrih tutuga [...]-bawa | ngadu sakti aywa na kang ngregoni | bandawala [...]-palu | lamun sira prawira | angalora prang pinggiring samodra gung | apragola liru gada | rok piling liru jêmparing ||

7. Wrêkudara nora bisa | sinumbaran anurut tinggal baris | angalor lumaku ngutu | pisah baris Pandhawa | Druna sigra anyalini gêlaripun | gêlar cakraning swandana | wêkasing durgama rungsit ||

8. wruh lamun Sang Dananjaya | lunga ngidul Wrêkudara masisir | mila salin gêlaripun | cakra adining gêlar | nora kêna rinusak pangèsthinipun | Karna Karpa supitira | Arya Jayadrata kiping ||

9. lawan sagung pra dipatya | Nata Duryudana buntuting supit | Nata Pandhawa andulu | salin gêlare cakra | wong Ngastina têtêg dènira [dèni...]

--- 1 : 47 ---

[...ra] [...] | de pisahe Dananjaya | Wrêkudara pisah sami ||

10. mila èsmu marasing tyas | Prabu Yudhistira akèn ni-[...] | mring putra Radèn Bimanyu | badhe kinèn rumusak | ing [...]-re cakra Dhanghyang Druna iku | Bimatanaya dinuta | ni-[...] sigra lumaris ||

11. Bimaputra praptanira | ing ku-[...] sang anggung ando-[...] | Pamadeputra Bimanyu | angling [...] Gathutkaca | sira a-[...] nimbalan sang sinuhun | kinèn angrusak ing gêlar | kang cakra durgama rungsit ||

12. de su-[...]-nga kangjêng paman | lunga ngidul aprang lan Gardapati | marang su-[...]-kuning gunung | tan ana kang ngagêma | panah cakra pan namung sira ri-[...] | pangrusake cakrabyuha | Kusuma Siti Sundari ||

13. [...]-yarsa langkung sungkawa | de wus ana kang rama amêmêling | a-[...] awèh mêtu-mêtu | sadina mêngko iya | mring paprangan mila [...]-patna tyas wimbuh | angrês lir ana manjêla | Kusuma Siti Sundari ||

14. mênêng tan bisa angucap | luh tinahan pinê-[...] ing jro galih | asangêt sungkawanipun | ajrih ngêbo-[...] ulat | ila-ila garwaning satriya iku | aywa ba-[...] ninggal ing prang | tan antuk utamèng krami ||

15. dandan Sang Partatênaya | garwanira kèn amit pramèswari | Sang Partatanaya anut | amit ing garwa Krêsna | sigra lajêng amit marang ibunipun | kalulut ibu Sumbadra | tandya mangsah ing ajurit ||

16. prapta ngarsaning kang uwa | mangusapi ing jêng

--- 1 : 48 ---

sang narapati | Prabu Yudhisthira ngutus | rusakên cakrabyuha | wong Korawa salin cakra gêlaripun | salina mangkarabyuha | sigra dènnya masang rakit ||

17. Drusthadyumêna minăngka | gêlar supit urang pucuking supit | Gathutkaca lawanipun | têngên Drusthadyumêna | Sang Prawira Satyaki kang [...] buntut | Prabu Darmaputra sirah | kang para ratu ing wuri ||

18. sêsungut Bimanyu gènnya | gêlar supit urang sampun arakit | myang Korawa dadi dangu | gêlar cakra swandana | [...] rungkut pêtêng rangkêp tur barukut | miwah gêlar supit urang | Pandhawa datan ngunduri ||

20. Durma

1. sigra mangsah [...] kang bala Pandhawa | sêsungut kang angirid | Radèn [...]-ta | Bimanyu ngirid bala | gumuruh kêndhang gong bèri | surak gumêrah | yayah manêngkêr langit ||

2. sarêng ngrêmpak bala kang nitih turăngga | punggawa nitih èsthi | kang anitih rata | gumrêdêg mawurahan | awor suraking wadya tri | gora prakêmpa | ru-ara ing ajurit ||

3. mênthang langkap Bimanyu amusthi cakra | lumêpas angênani | syuh kang cakrabyuha | malêdug katêrajang | ingamuk Bimanyu sêkti | kathah kang pêjah | wadya kèh rawa ngisis ||

4. mirut prapta ing gèn Prabu Duryudana | wadya Korawa ngungsi | angering anganan | jrih dening pamukira | bala Pandhawa kang ngirid | sunguting gêlar | Bimanyu sura sêkti ||

5. sigra Arya Sindurja

--- 1 : 49 ---

kipinging gêlar | trangginas anginêbi | kang apindha lawang | tugêl baris Pandhawa | tinutup Bimanyu kêni | kiping ing kiwa | bathithit anginêbi ||

6. sarêng tandang Korawa mangrêbut ing prang | mangrupak mangidêri | Sudarga Sudarma | Wirya Jayasusena | Satrujaya Jayapati | Jayawikatha | Jayawirya prajurit ||

7. Upacitra Citracaru Citradarma | Citrase-[...] Citraksi | Citradirga Mantra | lan Citragurni Citra | Citrawicitra ngêmbuli | Sarasudirga | Dirgasura mrêpêki ||

8. Yutayuni Yutasena Citrayuda | Durmala Durmagati | Drusaha Sadarma | myang Darmadirgantara | Darmayuda Yudakarti | Sang Dursasana | myang Sindurja pangirid ||

9. miwah Rajaputra Lêksmana Kumara | samya tumut ngêmbuli | lan Sang Kartasuta | mangsah sigra pinanah | mring Partasuta ngêmasi | Sang Kartasuta | mati kênèng jêmparing

10. dènnya mêmanasi mêmpêng pamukira | Bimanyu sura sêkti | tan jrih rinêbut prang | Wrêhatbala palastra | Sang Trutyasawa ngêmasi | mati pinanah | wadya gung tan ngundhili ||

11. rajaputra prawira wisesa mangsah | tanayèng Kurupati | Lêksmana Kumara | rame panah-pinanah | dangu lantaran jêmparing | Ngastinaputra | kongkalan ing jêmparing ||

12. jaja pêcah mati Lêksmana Kumara | sangsaya krura sêkti | nêngah nêdya mangsah | maring gon Suyudana | sêsêk ngudanan jêmparing | Sang Sindurêja | wruh yèn Lêksmana mati ||

--- 1 : 50 ---

13. dening krodhanira Sang Partatanaya | matia nêdya mulih | lawan Suyudana | sigra Sang Sindurêja | ngadhangi mênthang jêmparing | lumêpas kêna | Bimanyu ing jêmparing ||

14. sarêng tandang Korawa ngêculkên panah | rêmêk turăngga mati | ratanira rusak | kinêrêpan pêpanah | saking kanan saking kering | tur pinarpêkan | tan ana luput siji ||

15. akrêp kanin sira Sang Partatanaya | jaja miwah ing gigir | ing bau walikat | ing wêntis ngula-ula | tan rinasa krêping kanin | saya manêngah | ambêk matia mamrih ||

16. uwor lawan Prabu Duryudana ing prang | mênthang langkapira glis | tikêl gandhewanya | gapuk krêp katibanan | pangrubute sanjata kris | pan kadi jawah | jêmparing kang nibani ||

17. ciptanira ing tyas Sang Partatanaya | kajawahan jêmparing | lir panggaruting dyah | duk arsa rinabasa | tibaning warastra lungit | mantêp cinipta | pindha kincanging alis ||

18. ngiwa nêngên nyandhaki jêmparing tiba | krêtêking rata kadi | rêngihing wanodya | pangêmprèting dwipangga | lir panjêlèhing pawèstri | rah gubras jaja | muncar lir andubangi ||

19. kadya macangkrama lan pawèstri kênya | Bimanyu dèn idêri | ginunturan panah | samo-[...] kèri kanan | sarira rênyuh tan gingsir | têtêp tyasira | kadya binayangkari ||

20. muwus kêras hèh Sata Korawa aja | gugup dera mrih pati | măngsa sun gingsira | lamun trahing Pandhawa [Pa...]

--- 1 : 51 ---

[...ndhawa] | rujitên suka ing pati | sêdhêng satriya | mati rinêbut jurit ||

21. pêgat-pêgat angêsah sêsumbarira | tan kaur anyandhaki | bau sungsun atap | lir atêp anèng jaja | sirah mawur lir ukêling | wanodya kirab | jro tilam wusing gati ||

22. jaja lambung kadya cêpaka ginubah | rêbahing rata manik | lumudan ingkang rah | lir ratus mawor atal | netra krêp kandhih tumindhih | sêking sanjata | balud-balud alindri ||

23. mastaka buh pindha puspa kanigara | rinêbut lir inganggit | lawan sumarsana | jajanya tunjung mêkar | angacêmbang irim-irim | patyaning sura | wisesa mangêrêsi ||

24. kombang-kombang riris saking awismara | rêrêm sirêm mênuhi | lir jênu kanaka | tumibèng salang-salang | tangèh lêlangêning pati | satriya tama | cinêndhak wanguning sih ||

25. patinira Bimanyu rinêbut ing prang | kang waspadaning aji | Prabu Yudhisthira | Satyaki Gathutkaca | Drusthadyumêna pêpulih | mangrusak ing glar | gumulung rêbut pati ||

26. yayah kontrag kadi trunaning udaya | parêng ambyuk ngêbyuki | Prabu Darmaputra | păncawala dwitiya | kapi têmên ing ajurit | wutah mawantah | gumuntur manêngkêri ||

27. kosik kambah kawur-kuwur mawurahan | tan lyan Sang Sindupati | pinrih pamukira | arda sureng Pandhawa | dan kukud kasapyèng ratri | bubar gumêrah | Korawa suka sami ||

28. wau Dananjaya

--- 1 : 52 ---

lan Narendra Krêsna | kang momong ing ajurit | nèng sukuning arga | rame dènira yuda | Gardapati wus ngêmasi | bubar wangsulnya | gumrah miyarsa tangis ||

29. swara umung mawurahan tanpa rungyan | sagotranira sami | saking ibu rama | miwah garwa kalihnya | sami makundhah nèng siti | Wara Sumbadra | walikan wor ing siti ||

30. Sang Utari Rajaputri ing Wiratha | ingkang lagya garbini | nênggih wolung wulan | ngadhuh angêsah-êsah | gumêr sambating kang tangis | sapabarisan | kudhandhangan prasami ||

21. Dhandhanggula

1. kawuwusa wau ingkang prapti | Dananjaya myang Narpati Krêsna | lan Wrêkudara kalihe | prang pinggir samodra gung | Sang Wrêsaya mungsuhe mati | sarêng ing praptanira | saking lèr lan kidul | Dananjaya duk miyarsa | putra lalis kantu gumuling ing siti | yayah tanpanon ing rat ||

2. Narendra Krêsna amituturi | ila-ila ujaring satriya | sungkawa mati putrane | suda darajatipun | nêmu dosa ing bathara di | Dananjaya miyarsa | pangandikanipun | Sri Maha Narpati Krêsna | wangwang wungu manêmbah aminta sisip | inggih ingapuntêna ||

3. lajêng nêmbah mangraup pada ji | Yudhisthira Sang Parta lon turnya | pukulun paran purwane | pêjahipun Bimanyu | ngandika Sang Yudhisthira Ji | rasuk rumusak ing glar | dwijawara iku | cakrabyuha linêbonan | Sindurêja kipinging gêlar nginêbi | patine sutanira ||

--- 1 : 53 ---

4. sanakira kabèh apêpulih | Drusthadyumêna Madrimtanaya | Satyaki Gathutkacane | parêng mangamuk punggung | mrih patine Si Sindupati | nanging kudu tan kêna | ing sadina mau | de belane sutanira | Si Lêksmana Măndrakumara ngêmasi | satriya Kartayuda ||

5. Wrahadbala parênge ngêmasi | Satyasrawa iku ingkang kêna | dening Si Bimanyu kabèh | pangamuke anakmu | kapi têmên nêdya pêpulih | akèh bupati pêjah | mung Sindurja luput | sigra madêg Dananjaya | apratignya inggih kawula punagi | kalamun pun Sindurja ||

6. botên pêjah ing sadintên benjing | dening kawula lêbu tumangan | obong kawula sontêne | mangkana amisuwur | pratignyane Arjuna nênggih | myarsa Sata Korawa | gumyah samya ngrungu | dadi Sang Arya Sindurja | kinèn mulih inggih ing sadintên benjing | dèrèng suruping surya ||

7. amintaa pujaning basuki | mring Sang Dwija Sang Sampwani yayah | miwah agêm sanjatane | kang antuk Sang Bimanyu | sêmadinên wuwuh asêkti | wau Sata Korawa | Duryudana Prabu | sungkawanira kalintang | de Lêksmana Măndrakumara ngêmasi | putra binadhe raja ||

8. mya[20] tangise Rêtna Banuwati | awuyungan jro pura wangunan | nging Duryudana lêjare | myarsa pratignyanipun | Dananjaya yun lêbu gêni | yèn ta bangkit mandhêma | mring Sang Sindurjwanung | mila Arya Sindurêja | panggenanya

--- 1 : 54 ---

rinêksa ing don kang wêrit | mrih aywa kawênangan ||

9. maring wadya Pandhawa sakyèhing | purihira Risang Dananjaya | an[21] bangkit mamèt patine | maring Sang Sindurjèku | yêkti sida alêbu gêni | Parta sakadangira | Bratayuda wurung | kunêng solahing Korawa | suka-suka cipta yèn Arjuna mati | iya sadina benjang ||

10. kawarnaa kang sami gêng kingkin | Nata Pandhawa kawêlasarsa | dènnya Bimanyu patine | Siti Sundari anggung | ciptanira kudu tumuli | belani lêbu wongwa | marang priyanipun | nanging samya ginujêngan | pan wong agung jêr pikire durung dadi | pangupayaning aprang ||

11. putri Wiratha Dèwi Utari | nora kêna yèn nêdya abela | dèrèng mijil wawratane | mangkana Sang Aprabu | Dwarawati ngandika aris | marang Sang Dananjaya | paran ta riningsun | kabèh Korawa wus myarsa | punaginta yun mandhêm Si Sindupati | pasthi sadina benjang ||

12. sru kinêkar rinêksa ing jurit | Jayadrata măngsa dèn wêtokna | ubayanira kang pinrèh | Arjuna nêmbah matur | măngsa borong paduka aji | Prabu Krêsna ngandika | iku saratipun | pujanên waspadakêna | iya wruha kabèh kang awêrit-wêrit | katona dening sira ||

13. Dananjaya matur angastuti | inggih sumăngga karsa paduka | mung darmi lumampah rèhe | Nata Krêsna amuwus | iki ana ta rata mami | jangjine kinawasa | papat kudanipun [kudanipu...]

--- 1 : 55 ---

[...n] | pangirid kang anèng ngarsa | si walaha lan si abrapuspa iki | dene kang munggèng wuntat ||

14. si sukăntha lan si sonyasêkti | besuk yèn aprang sira anggoa | jêr rata iku watêke | sakèh sanjata luput | lan têngêran ingsun ing benjing | êgong si păncajanya | aywa dohing besuk | ngagêma sanjata cakra | iya kaya patine sadina benjing | Si Arya Sindurêja ||

15. jêmparingira si pasopati | tibakêna marang Si Sindurêja[22] | pan iku abot sanggane | dene bapakne wiku | Si Sampwani ulah sêmadi | pan lagya tinarima | dening Sang Hyang Guru | yèn bêcike atasêna | pujanira dèn bangêt sawêngi iki | pintanên ing bathara ||

16. ya patine Arya Sindupati | manawa luput panarkaningwang | payo pujanên dèn age | sêmadinên dèn mêsu | nêmbah lèngsèr Dananjaya glis | umangsah muja măntra | dupane kumutug | ngangsêk ngêningakên cipta | Dananjaya sumêmbah Hyang Odipati | sidhakêp suku tunggal ||

17. nora nana kêpyarsa kaèksi | Dananjaya mati jroning gêsang | konjêm tumancêb êninge | tan adangu kadulu | sarirane sang bathara ji | ya Sang Jagad Pratingkah | soring jangganipun | sapangandhap katingalan | trahing wangsit ah Dananjaya dèn aglis | racutên pujanira ||

18. dene patine Si Sindupati | sun lilakkên ing panêdhanira

--- 1 : 56 ---

tamakna pasopatine | Sang Nata Krêsna besuk | lawan gonge iya ja têbih | kang aran păncajanya | sigra dènnya ngracut | pujanira Sang Arjuna | lajêng marêk marang Prabu Dwarawati | sarya lon aturira ||

19. dhuh pukulun tan wontên kang sisip | èstu kadya pemut jêng paduka | Bathara Guru wangsite | botên ewah sarambut | lawan sabda paduka aji | mèsêm Narendra Krêsna | payo yayi gupuh | angatêr kang mati bela | nini putri iya Si Siti Sundari | ingkang anganyut êmas ||

22. Maskumambang

1. ya ta wau Kusuma Siti Sundari | sampun asiyaga | sabusananirèng lalis | rakite bela ing priya ||

2. pijêr ngimur Sang Rêtna Siti Sundari | ing kilayunira | Kusuma Dèwi Utari | nêdya tan purun kantuna ||

3. pan kêsusu Kusuma Siti Sundari | wijiling sasăngka | guguping basănta inggil | prapta madyaning awiyat ||

4. nglingira lon Kusuma Siti Sundari | apan ila-ila | sira lagi anggarbini | sagung para siniwaka ||

5. ngling tan parêng ambelani marang laki | yèn misih awawrat | sapangucap ing sirèki | ngarani wêdi palastra ||

5. iya mêsthi nora ana kang ngrasani | ing wong lagi wawrat | belane nora pakolih | malah amanggiha dosa ||

7. jêr têtela sira lagi anggarbini | iya wolung wulan | wus kariya ingsun amit | marang pancaka pambelan ||

--- 1 : 57 ---

8. nadyan silih dadia gita kêkawi | kidunging pralambang | măngsa ana ala bêcik | ingsun padha lawan sira ||

9. pêgat-pêgat wuwuse Dèwi Utari | ingsun warahêna | marang Abimanyu benjing | lamun sungkawa kalintang ||

10. sungkawèngsun dene padha dèn gujêngi | marang para nata | nora kêna milu mami | bela minggah ing pancaka ||

11. awit dene anggarbini durung lair | ingaran tan kêna | nêmu duka ring dewadi | nanging sun liwat sungkawa ||

12. datan ana kacipta marang sun iki | mung pangoling asta | jroning sewala malatsih | waluya laya milua ||

13. padha nuli aja liru ratri malih | poma tuturêna | pangêsah ingsun tan sipi | kadya ge rèntèng-rèntènga ||

14. runtung-runtung marang Endraloka sami | ing aribuwana | pagene têka sarênti | sarănta sangsaraningwang ||

15. yèn kari ngong panjanmanira mring ngêndi | iya raganingwang | tumuntur tumular ing di | sapa narik margasana ||

16. sananira ngêndi drêsananing pati | alon saurira | Kusuma Siti Sundari | karsaningsun nèng sasăngka ||

17. nangis asru Kusuma Dèwi Utari | hèh bagyèstu sira | nora antara belani | ingsun ingkang ngantak-antak ||

18. wusnya lipur Kusuma Dèwi Utari | sigra kesahira | Kusuma Siti Sundari | wèh brăngta kang pinamitan ||

19. wus mangkana Kusuma Siti Sundari | marang pabaratan | ênggène wangkening [wang...]

--- 1 : 58 ---

[...kening] laki | parêng tinunu pancaka ||

20. sampun bubar mulih kang samya ngèstrèni | wulan sampun mandhap | angayom amblêsing bumi | kadya sih kang parêng bela ||

21. byar raina têngara gumrah gong bèri | pan sampun tinêmbang | kêndhang gong Sri Dwarawati | angungkung si păncajanya ||

22. angumandhang kadya ngayuh ing wiyati | napak jumantara | păncajanya angungkulti[23] | sumuking Endrabuwana ||

23. kumrap mijil sakathahing pra dipati | tuwin para nata | sawadyanira mênuhi | kadya trunaning udaya ||

24. baris agêng Sata Korawa umijil | lir jaladri pasang | gêlar cakra ingkang maksih | byuhaning Sata Korawa ||

25. kadi sabên kang munggèng kanan sinalin | Korawa tinata | dene ta kang sinimpêni | amung Sang Arya Sindurja ||

23. Durma

1. wus andadi barise Sata Korawa | patmabyuha awêrit | kiping wus prayoga | sapuluh kang Korawa | ujure sangang pangaksi | kurang satêngah | alange ponang baris ||

2. sapandêlêng kyèhe kang mantri prameya | lan wadya sura sêkti | dyan baris Pandhawa | animbangi glar cakra | Drusthadyumêna ing kiping | têngên kang kiwa | Wrêkudara nênggèni ||

3. Dananjaya sampun munggèng ing têtênggak | lan Prabu Dwarawati | saprajuritira | Parta nitih ratangga | kang saking Sri Dwarawati | pangiridira | mung kuda patang siki ||

4. ngajêng cipta walaha lan abra [a...]

--- 1 : 59 ---

[...bra] puspa | dene pangirid wuri | namaning turăngga | sukăntha anèng kiwa | ingkang têngên sonyasakti | gong păncajanya | ngungkung munyèng wiyati ||

5. abusêkan kang jawata nawa sanga | dupi myarsa swaraning | gong si păncajanya | ngungkung nanduki swarga | dewa sami nêningali | jibêk ngawiyat | lan sêsaos wêwangi ||

6. miwah gong si dewadênta munyèng wuntat | bala Pandhawa sami | tyasira gambira | thukul kasuranira | asuka samyambêk pati | si păncajanya | ngungkung anèng wiyati ||

7. grêgut sarêng umangsah bala Pandhawa | lir buta măngsa daging | gumulung marêmpak | gêlar cakra Korawa | wus dhadhal larut mangisis | rusak tan kuwat | tadhah pamuking jurit ||

8. awit bala Pandhawa liwung rumusak | yayah wuru ing jurit | sigra Rajaputra | Măndraka Burisrawa | mangsah pêpulih mèt pati | gumrit ratanya | sêsumbar hèh Satyaki ||

9. ngêndi gonmu payo kene ngadu yasa | rok băndawala pati | Radèn Burisrawa | nguwuh sabda manampar | sigra prawira Satyaki | gumrit ratanya | mangsah sarwi nudingi ||

10. hèh ta Burisrawa bagya ko manglaga | ayya na kang ngoncati | wus ayun-ayunan | parêng dènnya sarosa | gya mênthang langkape sami | nguculkên panah | Sang Prawira Satyaki ||

11. mêtu wutah Satyaki jêmparingira | rata kudanya kêni | rêmuk rêmak pupak | ratane [rata...]

--- 1 : 60 ---

[...ne] Burisrawa | têkan kudane ngêmasi | kusire pêjah | malumpat marang siti ||

12. tandang krodha Burisrawa mênthang langkap | lumêpas angênani | Satyaki ratanya | rêmuk agya malumpat | samya dharat kang ajurit | parêng ambuwang | gandhewanira kalih ||

13. sarêng nyandhak gada kalih parêng mangsah | sigra gitik-ginitik | kadi macangkrama | pupuh-pinupuh pêlak | tinanggul parêng nadhahi | tikêl kang dhêndha | sarêng pyuk buwang kalih ||

14. udrêg dêdêl-dinêdêl adangu buwang | binuwang parêng kosik | Satyaki kangelan | dènnya dugang-dinugang | kalumah tiba kabanting | dèn idak-idak | Satyaki mêmpis-mêmpis ||

15. kèlês kontit Satyaki jinambak-jambak | mèh cinăndrasa nuli | Narapati Krêsna | angling mring Dananjaya | jêmparingên dipun aglis | Si Burisrawa | baune kang sawiji ||

16. nguculêna panjambake Wrêsniwira | sigra mênthang jêmparing | lumêpas narajang | baune Burisrawa | tugêl bêt tiba ing siti | Sang Burisrawa | kagyat asru dènnya ngling ||

17. hèh Pandhawa rusuh aprangira cidra | Arjuna anauri | Pandhawa tan cidra | nut lakune Korawa | patine Bimanyu nguni | kêna ing cidra | sigra Radèn Satyaki ||

18. wruh yèn Burisrawa tugêl baunira | kacipratan ing gêtih | tangi nyandhak panah | Burisrawa pinanah | tugêl tênggake ngêmasi | Sang Burisrawa | mati dening Satyaki

--- 1 : 61 ---

19. sru gumuruh surake bala Pandhawa | Korawa aningali | mati Burisrawa | pêpulih parêng mangsah | kadya jawah kang jêmparing | Sang Dananjaya | sura mangamuk aglis ||

20. Wrêkudara Drusthadyumêna mangrêmpak | saha bala ngêbyuki | Gathutkaca ngrupak | Nangkula lan Sadewa | akèh Korawa katitih | kalindhih kambah | Pandhawa jêjêl wuri ||

 


Tanggal: sanga kuda suda candrama (S 1089). Tahun Masehi: 1167–8. (kembali)
cinangking. (kembali)
ika. (kembali)
Naskah sobek (dan di tempat lain). (kembali)
rowangnya. (kembali)
Drupadi. (kembali)
dhuh. (kembali)
barise. (kembali)
munggèng. (kembali)
10 Lebih satu suku kata: pamuking kang bala sêlur maliwêran. (kembali)
11 lan. (kembali)
12 Kurang satu suku kata: luput amung kusir lawan ratanipun. (kembali)
13 sanjata. (kembali)
14 Lebih satu suku kata: ana panglipur brăngta. (kembali)
15 Lebih satu suku kata: satriya Pandhawa ngadhêp sami. (kembali)
16 krura. (kembali)
17 mangsah. (kembali)
18 Prabu. (kembali)
19 Kurang satu suku kata: toya sêsawaning kang jêmparing. (kembali)
20 myang. (kembali)
21 tan. (kembali)
22 Lebih satu suku kata: tibakêna marang Si Sindurja. (kembali)
23 angungkuli. (kembali)