Bratayuda, Albert Rusche & Co., 1901, #1244 (Jilid 1: hlm. 184–251)

Judul
Sambungan
1. Bratayuda, Albert Rusche & Co., 1901, #1244 (Jilid 1: hlm. 001–061). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
2. Bratayuda, Albert Rusche & Co., 1901, #1244 (Jilid 1: hlm. 061–121). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
3. Bratayuda, Albert Rusche & Co., 1901, #1244 (Jilid 1: hlm. 121–184). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
4. Bratayuda, Albert Rusche & Co., 1901, #1244 (Jilid 1: hlm. 184–251). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
Citra
Terakhir diubah: 07-10-2020

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

65. Dhandhanggula

1. kawuwusa Prabu Dwarawati | ingkang dèn iring Nata Pandhawa | langlang ing wêngi karsane | mubêng-mubêng ing dalu | duk sêmana wus gagat enjing | ana ngalamat ala | pukul nêm kêpêthuk | ing dhandhang sajodho tukar | dudu măngsa sambêr-sinambêr pan muni | ngarsane Prabu Krêsna ||

2. rame kuwêl ingkang dhandhang kalih | kabruk-kinabruk parêng tibanya | wau ta dhandhang kalihe | samya mutah nanah wuk | mibêr prapta kang riris gêtih | rame turăngga kêrah | pabarisan agung | angêsah Narendra Krêsna | wau sagung Nata Pandhawa udani | sêdhihe Nata Krêsna ||

3. sami susah Pandhawa ningali | prihatinira Narendra Krêsna | samya lêsu sarirane | tan ana wani matur | lampahira wangsule prapti | ing pinggir pabaratan | pan ing Têgal Kuru | ana pucang èndhèk mayang | dadya wuwuh susahe sri narapati | nanging datan sajarwa ||

4. Têgal Kuru abêlêk rasêksi | ingkang samya amanggul bêbathang | dupi katingalan dene | wong agung samya mabur | kang danawa angalap jisim | sirna siji tan ana | nulya na kêpêthuk | mantri cara katur sêmbah | mêndhak ngarsanira Prabu Dwarawati | pukulun atur tiwas ||

5. pun Swatama anumpês ing wêngi | nyidrèng yuda maring pasanggrahan | anggêmpur ingkang

--- 1 : 185 ---

wadya kèh | sami kinagèd dalu | karya kuwur cidraning jurit | satriya pra dipatya | kawur tanpa tutur | putra jêng Sang Păncawala | Drusthadyumêna lan Dyah Srikandhi ngêmasi[1] | tinigas Aswatama ||

6. marma sami krêtarta kang kêni | prawira rota liring krêtarta | putus kaprajuritane | rota galak akukuh | Arya Păncawala sayêkti | lawan Drusthadyumêna | krêtarta satuhu | Srikandhi manjing krêtarta | milanipun ngantos anêmahi pati | kacidra maksih nendra ||

7. kesahipun Swatama mèh enjing | duk miyarsa wong agung sadaya | Narendra Krêsna tyas supe | kapati rêntêngipun | Yudhisthira tan bisa angling | waspa drês ingawêran | Wrêkudara jêtung | Arjuna wiyoga brata | Sang Nakula Sadewa samya anangis | sigra ing lampahira ||

8. praptèng pakuwon gumêr kang tangis | awurahan Dèwi Kunthi miwah | tumpêk kabèh prihatine | Dèwi Drupadi anggung | sambat-sambat putra kang lalis | dhuh gusti putraningwang | Păncawala masku | têka mati tanpa karya | duk prang rame satru pirang yuta gusti | sira nora palastra ||

9. dosanira mring bapanirèki | asêmbrana nora milu lunga | midêr ing dalu siranggèr | nyawa-nyawa putraku | Basudewaputra kang kardi | gusti ing patinira | dosa nora milu | nglêlana dalu mring wana | iki baya tan winaris awak mami | anèng manungsa pada ||

10. iya apa kang

--- 1 : 186 ---

ingsun karèni | kudu karasa nèng madyapada | kadang-kadang mati kabèh | kalawan putraningsun | Păncawala nusul ngêmasi | anggung aguladrahan | mangkana karungu | marang Sang Narendra Krêsna | lir rinêncêm tyas Sang Prabu Dwarawati | kadya pêdhot kang driya ||

11. nglingira lon Prabu Dwarawati | yayi dèwi nolih ing bathara | pratingkah manungsa kiye | dudu bawaning ulun | wus karsaning bathara luwih | dene mungguh wak ingwang | sinangsayèng kewuh | akarya kaprihatinan | kang sun sêdya malah rahayune yayi | tinutuh tanpa karya ||

12. kudu nêmu ing mangkene iki | wus pinêsthi tan kêna suminggah | ing bathara di pangrèhe | pan ingsun amrih ayu | marang kadang sadaya sami | amrih êning kang cipta | suci mawèh luhur | tulus-tulus suka-suka | sampun angèl pratingkahing bathara di | tan wande ngajap duka ||

13. aywa walangati rèhing Widhi | pati urip iku kang kagungan | winangkotan cacad gêdhe | apan kamulyan agung | yèn satriya mati ing jurit | linuwih ing sawarga | jêjaluk tinurut | kumpul lawan ibu rama | nora wurung nèng suralaya sru mukti | lawan kang ibu rama ||

14. karantênira ta yayi dèwi | aja prihatin kaliwat-liwat | walêr sangkêr ing patine | prajurit kang pinunjul | Sang Narendra Krêsna wusnya ngling | Dèwi Drupadi mêksa | anjêlèh sru muwun | tan kêndhat pinituturan

--- 1 : 187 ---

Dèwi Kunthi tyasira kadi jinait | miyarsa kang karuna ||

15. samya sêdhih kang sami miyarsi | Narendra Krêsna langkung sungkawa | susah sapandhawa kabèh | sigra jlêg praptanipun | tanpa sangkan sang pandhita di | Bagawan Abiyasa | kagyat kang andulu | gugup sirêp kang karuna | wus alinggih Bagawan Biyasa nuli | Narendra Krêsna sigra ||

16. namudana risang wau prapti | gupuh manêmbah sagung Pandhawa | jalu èstri nêmbah kabèh | ngandika sang awiku | anadene prapta ngong iki | iya aja tinarka | warêg atêtêmu | pêrlu pitutur kewala | marang ingkang padha kapati asêdhih | brata patining putra ||

17. ing wahya dyatmika pamasê ing | murka-murka ing bumi magêlah | ing jaman pinilih gone | pangilanging budi dur | budi ala nêpsu tan mari | mopo rèhing bathara | tan bêcik tinêmu | ing sakêcap aja-aja | nikêlakên tuduhe Sri Dwarawati | lah babo poma-poma ||

18. lah idhêpên sabarang pakarti | pituture pan iku nugraha | kang anut luwih bêkjane | kang lênggana kalangkung | saking luput papa pinanggih | pitutur Sang Narendra | Krêsna luwih ayu | arjaning kang tri buwana | barang karya mung iya wêkasan bêcik | mrêtadi patnamaya ||

19. ingkang aprang lawan ingkang mati | ingkang urip lawan ingkang lara | puniku sami karsane | bathara kang pinunjul | nora kêna yèn dèn singgahi | Bathara Girinata [Giri...]

--- 1 : 188 ---

[...nata] | wus panitahipun | manungsa apan kuwasa | iya lamun duwèni andum amilih | yêkti pratingkah brăngta ||

66. Asmaradana

1. dene wiwite ajurit | pan iya ing suralaya | dunya iki nutugake | anut lakuning sawarga | dene ing suralaya | duk jawata nora patut | apêrang lawan rêksasa ||

2. ing nguni apan tinunggil | jawata lawan rêksasa | nèng suralaya jamane | diyu rêksasa gandarwa | wêkasan asulaya | prang lan para jawata gung | marma tinurunkên dunya ||

3. para jawata kang maksih | tinêtêp ing suralaya | duk aprang kaliwat rame | pêpatine long-linongan | padha prawiranira | kasoran jawatanipun | têmah padha karusakan ||

4. para dewa pothar-pathir | tanbuh ingkang dèn ungsia | binujung dèn oyok-oyok | nulya Hyang Wisnu Bathara | wêlas mulat ing dewa | dewa ingkang kagum-kagum | ngungsi mring Wisnu Bathara ||

5. ginawa mring jro jaladri | dewa kang samya palastra | miwah dewa kang kêtaton | Bathara Wisnu sadaya | ingkang asung waluya | miwah asung uripipun | jawata mulya sadaya ||

6. nuli ditya lan rasêksi | wil diyu buta gandarwa | linut tinandangan kabèh | dening Hyang Wisnu Bathara | dene kang sampun pêjah | yitmane sami tumurun | samya manjing ing manungsa ||

7. kang nora mati samya jrih | tumurun mring alam dunya | maksih sinung

--- 1 : 189 ---

pangwasane | kang mati manjing manungsa | kabèh yitmaning buta | padha-padha putuningsun | pan iya Si Duryudana ||

8. kapanjingan ing rasêksi | pan iya Sata Korawa | yitmaning danawa kabèh | nuli mungsuh lan Pandhawa | dèn mong Wisnu manjanma | dalane mênanga iku | jêr Wisnu anèng Pandhawa ||

9. mungsuh kalihan sirèki | Korawa tan ananăngga | ing jagad pan abot dhewe | ujêr si danawa raja | kang manjing Suyudana | yèn amungsuh nganggo Wisnu | pasthi sirna tanpa bisa ||

10. mila sayogyaning jurit | anut lakuning suwarga | ingkang yuwana linakon | apan Sri Narendra Krêsna | gone angrèh ing aprang | tan tinggal utamanipun | pratingkahing suralaya ||

11. kaya ta putranirèki | patine luwih utama | saking ing satriya kabèh | awit kêna ing durjana | aprang nora satata | sinêksenan patinipun | mring sagung para jawata ||

12. Drusthadyumêna Srikandhi | iku kang padha utama | luwih ta saking sakèhe | marmane aja rinasa | wênang kinapenginan | ing patine buyut ingsun | sinêksèn para jawata ||

13. sayêkti swargane luwih | angluwihi lawan ingkang | mati jro Bratayudane | ya marmane wong agêsang | pasthi anitènana | ala bêciking pamuwus | kaya ta pituturira ||

14. Narapati Dwarawati | luwih-luwihing utama | nora kêna yèn pinopo | sadaya ingkang miyarsa [mi...]

--- 1 : 190 ---

[...yarsa] | linge Bagawan Byasa | anêmbah prasamya anut | lipur luwar saking brata ||

15. Bagawan Byasa nulya mit | musna saking palênggahan | ingkang kari lipur kabèh | wontên dasih tur uninga | ênggone Sang Swatama | dhukuh kiwa pinggir gunung | munggèng satêngahing wana ||

16. kumpul wong têtiga sami | Karpa lawan Kartamarma | katiga tunggil saênggèn | sigra Sang Narendra Krêsna | ngatak akèn têngara | samêkta badhe anglurug | nglurugi mring Aswatama ||

17. kalangkung meranging bumi | Wrêkurada yèn luputa | Swatama dening gadane | budhal Sang Nata Pandhawa | gumêrah mawurahan | Senambêkira panganjur | gumrêdêg rata dipăngga ||

18. Narendra Krêsna jênêngi | kêrig sabala Pandhawa | samya gut-gutên tandange | krodha dening cidranira | amèt pati andhustha | kang dudu cara satuhu | Swatama dursila ing prang ||

19. datan kawarna ing margi | lampahing baris wus prapta | parêk ing wana ênggone | Swatama lan Kartamarma | anèng dhukuh lan Karpa | kagyat praptaning wadya gung | kontap padhêkahanira ||

20. kèndêl sakathahing baris | Wrêkudara langkung suka | mulat ing padhêkahane | ênggoning Drunatanaya | Karpa lan Kartamarma | katiga prasamya kumpul | Bima glis yuda kanaka ||

67. Pangkur

1. krura mangkrak Wrêkudara | ngundha gada bêkik asru dènnya ngling | masinga nabda kumêdut | gègèr ing padhukuhan | sigra Arya

--- 1 : 191 ---

Swatama samêkta sampun | sakapraboning ayuda | mangsah ing prang anadhahi ||

2. Swatama asru sêsumbar | hèh hèh Sena iki sida matèni | marang Pandhawa wak ingsun | iya ta dèn prayitna | sigra bala Pandhawa punggawanipun | satriya parêng umangsah | ngrêbut ing Swatama sami ||

3. Swatama gya mênthang langkap | pratihata Swatama liwat luwih | sanjata pamungkas tuhu | sajêge durung mêdal | kang sanjata musthikaning ratu-ratu | lire ratuning musthika | saking Hyang Guru rumiyin ||

4. paring Dhanghyang Kumbayana | nora kêna iku ginawe jurit | anèng manungsapadèku | manawa ing sawarga | tinamakna ing jawata pasthi lêbur | linêpasakên saksana | kang sanjata mijil gêni ||

5. gêni luwihing sajagad | ing urube miwah panasing gêni | sayêkti pan tikêl sèwu | lan api madyapada | mubal-mubal angrêbda pawaka murub | Narendra Krêsna angatag | marang Arjuna anangkis ||

6. angêmbat panah panulak | pan lumêpas samya sanjata gêni | andadi karone mumbul | têmpuh sami anala | dadya rame siswa lawan anak guru | kumutug nampêg gêgana | pawaka ngebat-ebati ||

7. anglanjak mring suralaya | mangkin dêdêl dahana amimbuhi | matambah imbuh ambrubul | muwêr alêlumbungan | pirang-pirang golongan arêbut dhuwur | kumupak nêngkêr gêgana | suralaya mèh kabêsmi ||

8. gègèr kuwur awurahan

--- 1 : 192 ---

suralaya dewa gugup angungsi | saparan-paran kabujung | jawata bilulungan | ting balêbêr Naraddha gupuh malêbu | mring sawarga Kutharêtna | ênggone Bathara Giri ||

9. gupuh ature Naraddha | Sang Hyang Guru kagyat sarêng miyarsi | sigra Naraddha ingutus | lan sagung para dewa | pinituwa jawata nayaka sampun | ngiring Sang Rêsi Naraddha | gumêrah dewa lit-alit ||

10. ewon kang ngiring Naraddha | liya saking dewa nayaka sami | kumêbul samya aniyup | prapta gène kang aprang | maksih rame mêtu kaluwihanipun | Arjuna kaliwat-liwat | pangwasa panah panangkis ||

11. samya asrênge kang aprang | bumi gênjot lindhu agonjang-ganjing | samodra kadi kinêbur | yayah curna kang jagad | yèn ajaa prapta dutane Hyang Guru | Naraddha ngêmban dêduka | dhawuh ring sang yuda kalih ||

12. hèh ta karo kang ayuda | tampanana dukane Hyang Pramèsthi | marang sira kang satuhu | pagène sira aprang | nguculakên sanjatèku nora patut | kanggo prang manungsapada | iku panglêburing bumi ||

13. yèn nora padha nglaruta | nora wurung Hyang Guru anêdhaki | bêndu mring karo sirèku | wusnya muwus Naraddha | para dewa nayaka mojar gumuruh | nyata-nyata pamuwusnya | Naraddha ngêmbani runtik ||

14. atub kang para jawata | jibêg samya muwus tuhu nglêstari | dêdukanira Hyang Guru | dewa angling wurahan

--- 1 : 193 ---

peling-peling Arjuna sèlèha gupuh | gandhewa lajêng umarak | andhêku anikêl warti ||

15. pukulun sêmbah kawula | kaatura paduka Maha Muni | aksama tuwan kang agung | apan inggih kawula | botên awit anguculakên puniku | sanjata luwih kawasa | pukulun amung nênangkis ||

16. saking ingkang pangandika | jêngira sang prabu ing Dwarawati | mulat sanjataning mungsuh | Swatama liwat purba | mila enggal uculing panah pamêthuk | bok kasêlak karisakan | titahing bathara sami ||

17. Naraddha sarêng miyarsa | ing ature Dananjaya sayêkti | Bathara Naraddha asru | mojar mring Aswatama | hèh Swatama sira kang têtêp tan patut | sayêkti sira sor ing prang | lan Sri Nata Pandhawa Di ||

68. Sinom

1. balik ta iku Swatama | iya ana cundhamani | sêsotya dining surêtna | kang sanjata kumara di | tan pantês nèng sirèki | srahna marang Pandhawèku | singa ingkang tampia | ing Pandhawa gone yêkti | duk miyarsa sira Sang Drunatanaya ||

2. pamuwusira Naraddha | sèlèh gandhewanira glis | dadya sirêp kalihira | sirna ingkang sanjatagni | Swatama marêk aglis | ngrangkul pada nêmbah matur | pukulun tadhah duka | amung jêng paduka yêkti | amêngkua ing lupute Aswatama ||

3. pukulun kanang musthika | kang sanjata cundhamani | kumara dining suwarga | pun bapa kang masiyati | mangun lêstarining ngling | walêr sangkêr Sang

--- 1 : 194 ---

Hyang Guru | langkung saking bêbaya | cundhamani sanjata di | apan botên tumamèng kang tanpa dosa ||

4. sanadyan inggih gêng dosa | yèn sampun angucap bêcik | pan inggih botên pinangan | mring sanjata cundhamani | mila kula nglêpasi | ingkang sanjata piturun | dhatêng Nata Pandhawa | pan tan nêdya amatèni | botên nêdya angrisak Nata Pandhawa ||

5. amung amrih emutira | tuluse tan salah kapti | dene ta mangko sumăngga | ing karsa Sang Maha Muni | pan kawula sadarmi | kaatura ing pukulun | amung awak kawula | sampun amanggih bilai | basukia ing mangke praptèng dêlahan ||

6. Bathara Kanekaputra | sigra dènira nampani | kumara adining jagad | kang surêtna cundhamani | Sang Prabu Dwarawati | mrêpêki Naraddha wau | lan Prabu Yudhisthira | Nakula Sadewa sami | Wrêkudara giring mring Narpati Krêsna ||

7. Swatama supêk tyasira | miyat ingkang marêpêki | sangsaya pandhêkunira | Naraddha kang dèn sungkêmi | ature ngasih-asih | jawata sadayanipun | kang pinintan aksama | supaya wèha lêstari | mrih kature mring Bathara Girinata ||

8. Naraddha maringkên sigra | kang sanjata cundhamani | mring Sang Arya Dananjaya | dhêngku gupuh anampèni | kumilat kadi thathit | Naraddha alon amuwus | iki sanjata tama | iya nora amatèni | marang mungsuh kang rahayu ing pangucap ||

--- 1 : 195 ---

9. lan padha angapuraa | dosane Swatama iki | sigra kang dewa nayaka | sadaya anambadani | mring pangapuranèki | gumêdêr pra jawata gung | sigra Narendra Krêsna | saengga duka dènnya ngling | hèh mulane jawata kudu ngapura ||

10. marang wong ala kaliwat | ngrusak krama gêmpur niti | pagene dhusthèng ayuda | amatèni wong aguling | Păncawala Srikandhi | cinidra ing aprang dalu | miwah Drusthadyumêna | katrinira sami lalis | nora kêna wong mangkono antuk swarga ||

11. mung iya apuraningwang | nora mati ing saiki | besuk patine Swatama | iya pan Si Parikêsit | ing mêngko ingkang maksih | anèng jro garbaning ibu | jumênêng ing Ngastina | Maha Prabu Parikêsit | kang amêngku ing tanah manungsa Jawa ||

12. kono patine Swatama | sawarga nora sun dumi | mung naraka sèwu warsa | sun ganjarakên ing gêni | binadhoga ing agni | Si Swatama sèwu taun | yên uwis kalampahan | nèng naraka sèwu warsi | pan ing kono ana pangapuraningwang ||

13. dene ta Si Kartamarma | kang narik cidraning jurit | tan swarga datan naraka | iku nuksma ing bêbacin | tan kêna mambu wangi | Si Kartamarma yèn lampus | kêna bêbangêr gêsang | sayêkti dadi brangkutis | dene Karpa iku wong katut kewala ||

14. tanpa dhapur ing ayuda | nora na kang dèn pamrihi | milu prang kanut ing kadang [ka...]

--- 1 : 196 ---

[...dang] | Druna dadi senapati | iku nutugna malih | amanguna maha wiku | sagung para jawata | rêrêp sirêp samya ajrih | ing wuwuse wau Sang Narendra Krêsna ||

15. samya ngudanakên kêmbang | sadaya anambadani | ing rèh Sang Narendra Krêsna | gumuruh ngudankên wangi | anêtêpakên sami | Krêsna pangandikanipun | asanti nyata-nyata | karsane Sri Dwarawati | tulus-tulus kalakone rèh sadaya ||

16. pan èstu tan kêna owah | sabdane Sri Harimurti | Swatama ngênês miyarsa | dene dewa nambadani | mring Prabu Dwarawati | barang pangandikanipun | kinurmat kêmbang-kêmbang | pinuja-puja sayêkti | langkung putêk tyasira Sang Drunatmaja ||

17. para Pandhawa sadaya | sukane sami angênting | mulat ing Narendra Krêsna | jawatane samya ajrih | tan ana kang malangi | sakarsanira tinurut | Krêsna andum sawarga | Swatama langkung prihatin | ngrungkêb siti Karpa miwah Kartamarma ||

18. jawata prasamya nêmbah | maring Prabu Dwarawati | bubar marang ariloka | Pandhawa bubar kang baris | sampurna ing ajurit | kawijayanira tulus | wau kang kari ngwana | katiga langkung prihatin | mantuk marang ing dhukuh angguladrawa ||

69. Dhandhanggula

1. kawuwusa sakathahing baris | Nata Pandhawa lajêng mring kitha | Prabu Krêsna panutane | praptèng nagara sampun | kadhatone wus dèn lêbêti | sagung kang para nata | punggawa nung-anung | ngiring manjing ing kadhatyan [kadhatya...]

--- 1 : 197 ---

[...n] | katalika wêwêngkon sajroning puri | wus samya cinacahan ||

2. binubarkên kang nèng pakuwoning | Kurusetra kêrik mring jro kitha | wus amèt gon dhewe-dhewe | Arya Dananjaya wus | panggih lawan Sang Banuwati | supe marang sanjata | cundhamani tuhu | kumara adining jagad | Wrêkudara umatur abisik-bisik | marang Narendra Krêsna ||

3. cundhamani nèng Si Parta iki | tanpa gawe pijêr tan rinawat | amung Banuwati bae | luhung prênahna iku | marang Yudhisthira prayogi | ya ta Narendra Krêsna | pangandikanipun | yayi cundhamani iya | aturêna mring raka para prayogi | Arjuna tan lênggana ||

4. ingkang cundhamani dèn tampani | marang Sang Aprabu Yudhisthira | sangsaya wuwuh tejane | Bathara Darma rawuh | saking swarga kathah kang ngiring | ingkang para jawata | ngèstrèni kaprabun | mangkana ing ari măngsa | undhang pêpak sagung para ratu sami | pungawa sinatriya ||

5. Nata Krêsna ngadêgkên narpati | ing Ngastina Prabu Yudhisthira | jawata ngèstrèni kabèh | Bathara Darma sampun | nglêstarèkkên lawan sêmadi | rahayu parikrama | paramartanipun | tuluse mêmayu ing rat | rêbut praja pinarlu dandanan batin | rèhe Bathara Darma ||

6. amêngku cakraning kang sabumi | Yudhisthira ambêk paramarta | cakra pêpayung ta lire | pan adêgira ratu | Yudhisthira ngadhêmi bumi | martani sabuwana | lir tingkah

--- 1 : 198 ---

rum-arum | Darma drêng rumêksèng praja | Krêsnarjuna satuhuning Wisnumurti | rumêksa jênêngira ||

7. upamane Krêsna gêni singgih | Dananjaya urube pawaka | Sang Krêsna anglir kêmbange | Arjuna wanginipun | apan iku roroning tunggil | amung Wisnu kewala | kang loro liripun | nalika ing Bratayuda | kang rumêksa mring Nata Yudhisthira Ji | karane wijayèng ing prang[2] ||

8. tan wontên kang tumêngèng pakarti | ing jênênge Prabu Yudhisthira | sirna duratmaka kabèh | dursilanya linuluh | dènnya Wisnu rumêksèng bumi | mila datan rêkasa | amrih sirnanipun | ingkang apakarti dhustha | Suyudana panuksmaning danawa ji | saparane rinusak ||

9. bêburonira Sang Wisnumurti | besuk yèn mulya nagri Ngastina | Bathara Wisnu kondure | marang sawarganipun | lan sakulawargane sami | mangkana ing Ngastina | ayêm sêmi sampun | Arjuna rumêksèng praja | pakaryane abrata agung sêmadi | dêdana ing buwana ||

10. tulus ambêk pinandhita luwih | luwih prayitna rumêksèng jagad | titi pangati-atine | mantêp têtêp tinutup | sakathahe panggawe juti | jawata tan akêndhat | dhatêngkên rum-arum | mangarum nagri Ngastina | dadi kidung widadara widadari | sang ambêk wiku Parta ||

11. asri raras pakartinira di | satriya mawiku Dananjaya | dènnya rumêksèng jagade | sung têkên ing alunyu | asung boga ing

--- 1 : 199 ---

janma ngêlih | wèh sandhang wong kawudan | kodanan pinayung | mêmulang ing punggung mudha | mimbuhi ring buwana banotama di | dibya rêksakaning rat ||

12. Narendra Krêsna ngastitiati | amrih sajagad magêm agama | manawa na rusuh dene | dursila gya linêbur | pan kinarya cakraning bumi | dadia sudarsana- | nira para ratu | mêngku tuladan utama | kaarjaning ratu-ratu nungswa Jawi | ngidhêp nagri Ngastina ||

13. mundhi-mundhi mring Sri Dwarawati | mila têdhak maring madyapada | rumêksèng jagad karyane | pinituwaning ratu | madêg ana ing Dwarawati | sinêmbah para raja | panjanmaning Wisnu | singa-singa kang nagara | ana ratu durcara rinêmêd aglis | ilang maling mêmala ||

14. dadya panăngga ing rat sayêkti | anguwiti ratu parikrama | paramarta ing aube | yeka ramya muwah rum | pasewakan gunême mari | masalah pangawulan | amung kang cinatur | patitising ulah puja | lêstarine mêmangun rèhing sêmèdi | ayuning jiwa lunga ||

15. sab-sab muksab dumoh kunêng yyangi | wêwah sring uning unang angarang | sring amêgat sih manglare | têgêse sab-sab iku | maling rêsmi dumoh atêbih | muksab padha angilang | kunêng muwah-muwuh | bratane tan kalampahan | tanpa gawe akèh wong tinuwêk sami | kang mrih cidrèng asmara ||

16. nora nana dêdosan lyan èstri | tarka-tinarka wus datan ana | praja gung gêrah ayune | mari

--- 1 : 200 ---

matèni satru | ing paprangan saking basuki | bêbuka wus utama | pratamaning laku | kalakon ing lêluhuran | angluhuri sagung jawata para ji | Sang Prabu Yudhisthira ||

17. marmanya rakêting pipindadi | mapan dhaga muwuhi rarasnya | ingadadya ing têgêse | karane karya wuwuh | ing rarase praja gung sami | adadya mêmandhaga | wong wadon wus ayu | wuwuh nganggo uwang-uwang | pan mangkana nagri Ngastina upami | arja langkung utama ||

18. Natèng Madura taksih nênggani | marang kang ngadêg narendra anyar | Prabu Wiratha wusdene | miwah Cêmpala Prabu | katrinira maksih nênggani | anèng nagri Ngastina | katri dèrèng kondur | anêntrêmakên ing driya | siyang ratri anjurung puja sêmèdi | kunêng malih winarna ||

19. sabibare Bratayuda nguni | kang jumênêng nagari Ngastina | Yudhisthira sakadange | wibawa buwana gung | karaton gêng dadya satunggil | Wiratha wus aniwa | mring Ngastina Prabu | para ri sinung kamulyan | kawiryawan sajuru-juru pinanci | jinêjêr jinunjungan ||

20. Arya Bratasena sinung linggih | banjar jungut de ari Sang Parta | sampuning dhinaupake | lan Banuwati iku | pinaringan ing Banakêling | gumantyèng Jayadrata | lan ari waruju | sira Sang Arya Nakula | Sahadewa kalihnya kinarya aji | jumênêng ing Măndraka ||

21. nama Prabu Nakula lan ari | Prabu Sadewa tulus raharja | Natèng

--- 1 : 201 ---

Măndraka karone | miwah wadya sadarum | samya sinung măncanagari | bêtan saking Ngamarta | kang sami jinunjung | tuwin Prabu Baladewa | Rêsi Bisma samana kang dèn gêntosi | dumadi paranpara ||

22. wontên punakawannya kêkalih | kakang adhi kadang naking-sanak | sinungan praja kalihe | Prasapati kang sêpuh | pinaringan ing Gilingwêsi | Sayakèsthi rinira | Mukabumi sinung | kalihnya jinêjêr raja | nama Prabu Paswapati Sayakèsthi | taksih tulus aniwa ||

23. wontên malih kang sinung lêlinggih | Sang Satyaki gumantya ing raja | Lesanpura kadhatone | Risang Satyaki Prabu | miwah sagung santana aji | pinatah pêpangkatan | punggawa sadarum | duk samana para raja | dèrèng wontên ingkang sami dèn lilani | mantuk mring prajanira ||

24. apan maksih sumiwèng narpati | tuwin sira Sri Bathara Krêsna | dèrèng kondur sawadyane | mangkana wus misuwur | ing Ngastina arja linuwih | wahyaning kautaman | de kang madêg prabu | ratu utamèng sajagad | darma tama paramarta maratani | ya ta malih winarna ||

25. cinarita mèh dungkap sawarsi | saking dènira prang Bratayuda | maksih anunggil warsane | taun surya ingetung | sinêngkalan sajroning warsi | paksa gunaning swara |[3] taun căndra ketung | tata gatining pandhita |[4] duk samana nagri Ngastina winarni | wontên cipta sasmita ||

26. kadhatêngan cahya anglimputi [anglimpu...] ||

--- 1 : 202 ---

[...ti] | sabuwana kèbêkan sadaya | tan ana wrin pinangkane | cahya wênês sumunu | lintang-lintang myang bumi langit | miwah kang surya căndra | sadaya kalimput | kongsi saptari mangkana | datan ana kang wikan ing rina wêngi | amung kang tinêngêran ||

27. lamun karasèng arsa abukti | miwah anginum iku siyangnya | kang tinêngran ing ratrine | kabèh swaraning dalu | maksih munya rinêngèng janmi | walangkrèk calapita | lir sabên anguwuh | nanging padhang tan prabeda | surya căndra kalihnya datan kaèksi | kasongan prabanira ||

28. duk sêmana Sang Sri Narapati | Yudhisthira miwah para nata | sadaya ngungun galihe | samya duhkitèng kalbu | cipta gênging bancana prapti | sagunging para nata | samya mamèt kawruh | manawa na ingkang mawa | Sang Bathara Krêsna miwah Maswapati | katiga Baladewa ||

29. samya parentah kinèn ngulati | kang amawa cahya akaryebat | mêksa tan ana ênggone | kapitèng tyas sadarum | dadya rêmbag samya sêmèdi | manêgês karsaning Hyang | kang murwèng pandulu | riwusnya samya mangkana | nulya wontên parmaning jawata luwih | nuruni rata cahya ||

30. kusirira myang kuda pangirid | sami cahya mrabani buwana | tumibèng ngarsa panêpèn | kagyat kang samya nungku | para nata myang para ari | sadaya samya mulat | gung gawoking kalbu | ya ta Sri Bathara Krêsna | wus atampi cipta sasmita kang prapti

--- 1 : 203 ---

mèsêm jroning wardaya ||

31. ingkang samya nèng ngabyantara ji | datan ana kang graitèng driya | amung kagawokan bae | wau ta Sang Aprabu | Yudhisthira lan para ari | lênggah marêk ing nata | miwah para ratu | Bathara Krêsna tan têbah | myang Wiratha Sang Aprabu Maswapati | miwah Sri Baladewa ||

32. dangu dènnya samya aningali | Sri Bathara Krêsna angandika | nanging sinandi yêktine | amung kinarya sêmu | pasamuwan lir pasanggiri | dhuh yayi sri narendra | miwah para ratu | langkung ginaib punika | karsaning Hyang wontên ingkang dèn paringi | kang rata mawa cahya ||

33. nanging kula tuhu tan andugi | ingkang sinung ing rata punika | mila yèn sami karsane | inggih prayoginipun | titihana aganti-ganti | pundi ingkang linilan | sayêkti pikantuk | samana Sri Yudhisthira | duk miyarsa miwah kang para narpati | suka rêmbag sadaya ||

34. Prabu Maswapati ngrumiyini | wus tumamèng ring doning swandana | tan pikantuk panitihe | kadya upaminipun | angidaki wayangan nênggih | tan ana antaranya | sang nata gya wangsul | gantya Sang Sri Yudhisthira | Sri Bathara Krêsna gumujêng ing galih | nulya lon matur tanya ||

35. nênggih maring Prabu Maswapati | kadi pundi raosing sarira | miwah ta ing antarane | Sri Maswapati muwus | datan wontên raose ugi | manah kula kalintang | asangêt kumêpyur | mèsêm Sri Bathara Krêsna | dene

--- 1 : 204 ---

Prabu Yudhisthira sami ugi | lan prabu ing Wiratha ||

36. nuli Prabu Drupadi[5] sira glis | yun umanjing nging datanpa karya | sampun wangsul mring ênggène | Sri Baladewa Prabu | gantya manjing nanging tanpolih | nulya Bathara Krêsna | alon lêbêtipun | sêsandi angarah-arah | ing patute baya ta ragèngong iki | kang sinung rata cahya ||

37. wus umanjing tan adangu mijil | saking cahya prabaning swandana | wus wangsul lêga galihe | nulya sira Sang Prabu | Yudhisthira umanjing malih | tan pae lan ing ngarsa | saksana gya wangsul | marang palênggahanira | sigra ari Sang Sena ingatak aglis | kinèn manjing ing rata ||

38. Bratasena gumuyu dènnya ngling | lah ta iku iya ngêndi ana | sarana ingujudake | nanging sayêktinipun | yèn kang amrih utamèng pati | tan samar sangkaning kang | karya salah surup | sira Sri Bathara Krêsna | asasmita mring ari sarya nganthuki | sigra Sang Bayusuta ||

39. marêpêki rata gya anitih | tan adangu Arya Sena mêdal | tan antuk don panitihe | nulya para ri masuk | ganti-ganti wus tanpa kardi | miwah para santana | tan pae rumuhun | ya ta Sri Bathara Krêsna | sukèng galih nulya pirêmbagan malih | mring sagung para nata ||

40. ingkang maksih lênggah pêpak sami | Sri Bathara Krêsna angandika | sampun wradin sadayane | nanging datan kinayun | yèn suwawi ing yayi aji | yogya atur uninga [u...] ||

--- 1 : 205 ---

[...ninga] | ing sasolahipun | inggih dhatêng ing Saptarga | kangjêng eyang ingaturan aningali | rata kang diwangkara ||

41. Prabu Yudhisthira duk miyarsi | tuwin sagung kang para narendra | mangayubagya karsane | wusnya dadining rêmbug | prabu ari kalih tinuding | umarêk ingkang eyang | marang ing Ngartawu | Prabu Nakula Sadewa | wus winêling saliring rèh kang ginati | prabu kalih gya budhal ||

42. tan winarna lampahirèng margi | Prabu Nakula Prabu Sadewa | praptèng Saptarga kalihe | lajêng ing sowanipun | marêk marang eyangirèki | Bagawan Abiyasa | kagyat duk andulu | prabu kalih atur sêmbah | sampun katur sadaya ingkang wêwêling | wiwitan lan wêkasan ||

43. ngungun ing tyas wau duk miyarsi | Sri Bagawan Rêsi Abiyasa | wus karasa ing driyane | nulya dhawuh mring sunu | Sri Bagawan Dhêstharata Ji | arsa maring Ngastina | kang pugra[6] sang wiku | nuwun kêdah umiringa | tan linilan kinèn atêngga ngasrami | kang putra tan lênggana ||

44. wus mangkana sang mahambêk êning | sampun budhal saking ing Saptarga | ingiringakên wayahe | ing Măndraka sang prabu | lawan wontên siswa umiring | sakawan atut wuntat | tan kawarnèng ênu | wus praptèng nagri Ngastina | Sri Bagawan Abiyasa manjing puri | panggih lan para wayah ||

45. Natèng Ngastina lan para ari | lawan sagung kang para narendra | gupuh mangraup padane | amung kang para sêpuh | datan tumut amangênjali [ama...]

--- 1 : 206 ---

[...ngênjali] | amung ajawab asta | satata wus lungguh | miwah para pramèswara | kumarubut gantya-gantya mangastuti | praptane eyangira ||

46. Sri Bagawan Abyasa ningali | prabaning kang rata mawa cahya | wus karasèng wardayane | nanging maksih sinamun | karsaning kang jawata luwih | kinêkêr jro wardaya | wêkasing tumuwuh | wus tan samar pamorira | ing kamuksan kang kuwasa amung pasthi | pinusthi ing sri nata ||

70. Sinom

1. samana kang punang cahya | ing nalikanira prapti | Sri Bagawan Abiyasa | obah kang kuda pangirid | kadya samaktèng kardi | kang cahya wuwuh sumunu | beda lan waunira | dupi wruh kang dipun anti | solahira kadya ge tinitihana ||

2. wus mangkana Sri Bagawan | Abiyasa ngandika ris | andangu wawratanira | nênggih Ni Dèwi Utari | Sri Krêsna matur aris | pukulun sampun lèkipun | kang eyang malih mojar | iya ing wêwêkas mami | lamun jabang bayi benjang mêdal priya ||

3. aja na ngêmèk sirahnya | sarta parapana benjing | iya Radèn Dipayana | Sri Puntadewa wotsari | sandika turirèki | sami kumêpyur tyasipun | miwah kang para nata | ing karsa datan andugi | de asmanya sinungkên mring canggahira ||

4. amung Sri Bathara Krêsna | kang sampun tampi ing galih | wau ta risang bagawan | sadangune aningali | ing rata cahya adi | api kascaryaning kalbu | alon dènnya ngandika [nga...]

--- 1 : 207 ---

[...ndika] | sun arsa nyoba alinggih | ring pêdhati kang mawa cahya tulyendah ||

5. pinambêngan nora kêna | adrêng dènirarsa nitih | anulya mrêpêki rata | sigra anitih tumuli | ing ngriku sang mahêning | wus karsaning jawata gung | sirna kamanungsanya | wus wujud cahya anunggil | duk samana kang rata lajêng umêsat ||

6. mirut prabaning kang cahya | rata mangayuh wiyati | wus sirna sami sakala | ing Ngastina sampun pulih | kadi ing nguni-uni | samana ingkang winuwus | nalika kadhatêngan | cahya kongsi pitung ari | datan kawistara siyang dalunira ||

7. ya ta Prabu Yudhisthira | miwah sagung para ari | mangu mangunêng ing driya | tikbra sakala para ji | miwah kang para putri | sadaya karuna umyung | lir tinêbak mong tuna | Sri Krêsna anggung maripih | angêngimur amrih lipure sadaya ||

8. nulya Sri Bathara Krêsna | parentah kinèn akardi | panuturirèng kamuksan | dupanya sampun sinaji | tan antara dhatêngi | tandhaning kêkasih tuhu | sagung jawatèng wiyat | miwah kang para apsari | angudani gănda mrik lan kêmbang-kêmbang ||

9. sumilir maruta mănda | yayah mangayuh wiyati | dewa sang kalêngkaning rat | kerut karêrantan tistis | trênyuh sapraja kingkin | kataman ing kung kalangkung | kongas kusuting kang rat | wirut wirutaning bumi | kang kawangwang kêkuwung ngawêngi wiyat ||

10. ima manglimput ing pura | lir sumungsung ing prihatin | idhêpe sakala dahat [daha...]

--- 1 : 208 ---

[...t] | kadaut tyas sanagari | taru-taru kapyarsi | asru kang têruh kumucur | ri wusnya tan antara | katingalan ing wiyati | cumalorot kadi andaru kumênyar ||

11. tumiba ing ênggonira | Sang Rêtna Dèwi Utari | nulya wontên kang pawongan | lumajêng matur wotsari | gupuh solahirèki | dhuh pukulun sang aprabu | kawula tur uninga | gusti Sang Dèwi Utari | ing samangke sampun babar mijil priya ||

12. suka Prabu Yudhisthira | gupuh samya anêdhaki | miwah sagung para nata | wus praptèng gone Utari | sadaya aningali | kang jabang bayi binagus | ngênguwung cahyanira | samana wus dèn namani | wêwêlinge Sri Bagawan Abiyasa ||

13. nênggih kinèn namanana | Radèn Dipayana nguni | ing mangkya wus linaksanan | lajêng karan sanagari | nulya Sri Narapati | Krêsna sigra dènnya nuduh | marang wukir Saptarga | pan kinèn atur udani | mring kang uwa Sri Bagawan Dhêstharata ||

14. lamun ingkang rama seda | myang babarira Utari | samana ingkang dinuta | sira Sang Prabu Satyaki | sampun anandhang wêling | budhal saha wadyanipun | kunêng ingkang dinuta | ya ta kawuwusa malih | duk samana wontên nangkoda ngajawa ||

15. karyanya dagang turăngga | tiyang saking tanah Kêling | awasta Puthut Brabana | sampun pakaryanirèki | dhatêng ing tanah Jawi | kathah pêpajênganipun | nuju sawiji dina | puthut umarêk sang aji | lawan [la...]

--- 1 : 209 ---

[...wan] bêkta gagramènira turăngga ||

16. samana Sri Yudhisthira | anuju miyos tinangkil | pêpak sagung para raja | punggawa satriya mantri | supênuh păncaniti | sang nata kagyat andulu | wontên nakoda prapta | akathah bêkta turanggi | tinimbalan sampun prapta ngarsèng nata ||

17. dinangu ing sêdyanira | umatur lamun agrami | turăngga wêdalan sabrang | mugi konjuka sang aji | nata dhawuh mriksani | sadaya daganganipun | wontên kuda satunggal | kinarsan ing sri bupati | pinaringan arta ing sarêginira ||

18. Puthut Brabana turira | pukulun sri narapati | patikbra nuwun dêduka | tan susah pinaring picis | sumăngga sri bupati | katura sadayanipun | amba turkên kewala | amung idi sang siniwi | ulun pundhi tulusa mangèstupada ||

19. lawan Ki Pungut[7] Brabana | katur atur-aturnèki | mangkana Sri Yudhisthira | kapranan tyasira aji | langkung sihirèng galih | marang sira kyai puthut | ginanjar ing Kuningan | sakiwa têngêne sami | ingkang cêlak kalilan ngangge karajan ||

20. sampun sami ingestrenan | ki puthut adègirèki | sumujud angaras pada | lawan dipun tarimani | putri Rêtna Duwati | nênggih nguni putranipun | sira Arya Durmuka | nak-sanaking sri bupati | wus dhinaubakên lan Puthut Brabana ||

21. akathah bêbêktinira | pêparing marang sang dèwi | tan winarna antaranya | ki puthut pan sampun [sa...]

--- 1 : 210 ---

[...mpun] pamit | wus linilan tumuli | budhal saking ngarsa prabu | lawan sarèrèhanya | kang saking ing tanah Kêling | amiranti saupakartining raja ||

22. tan winuwus lampahira | ing Kuningan sampun prapti | lajêng anyêngkali kitha | nêngna kang wus sinungan sih | gantya ingkang winarni | wuwusên wukir Ngartawu | pratapan ing Saptarga | Bagawan Dhêstharata Ji | tanpi cipta sasmita sedaning rama ||

23. karasa wardayanira | miwah pamyarsaning rêsi | kêsaring tyas sung pratăndha | sêsêg waspanira mijil | kêtir-kêtir kuwatir | ciptaning angga kumêdut | cihnaning duka cipta | miwah ingkang kapiyarsi | sêsauran munya parêk ing pratapan ||

24. paksi dhandhang mawurahan | munya drês kadi pêpeling | lir karunaning duhkita | tan taha anèng asrami | dhuh sang anggung sêmadi | ramanira sampun lampus | tuwan kari anggana | tulusa têngga asrami | wus mangkana Sri Bagawan Dhêstharata ||

25. sayarda trênyuhing driya | nuwenda pandoning lalis | sasmita cipta nuwala | wontên malih kapiyarsi | têngis umyung lir nangis | mawèh pasmoning malatkung | ima manglimput arga | sorot surêm mawa tistis | rêsrêsing tyas karasa sungkawanira ||

26. lênglênging driya duhkita | waspanira andrês mijil | sinantosan jroning prana | tan was-was moring dumadi | kèhing sasmita prapti | idhêpe saarga kusut | kasasmitèng wardaya | wau Sri Dhêstharata Ji | tanpa muwus mung amawas kang wêkasan ||

--- 1 : 211 ---

27. saksana samêktèng driya | ngèsthi pêpêsthèning urip | sasampunira mangkana | kasaru praptanirèki | kang putra Sri Satyaki | duk prapta sukuning gunung | bagawan wus uninga | karasa sajroning galih | kêsaring tyas sangsaya duhkitanira ||

28. dupi prapta ngarsanira | kang putra Prabu Satyaki | sri bagawan gupuh tanya | kulup sira lagi prapti | datan sangsoyèng margi | miwah kalamun ingutus | nêmbah Sri Lesanpura | pangèstu tuwan basuki | lawan malih pukulun prapta kawula ||

29. inggih kawula dinuta | ing putra tuwan sang aji | kinèn ngaturi uninga | ing paduka narapati | nênggih wus katur sami | kabèh sapitungkasipun | wiwitan lan wêkasan | myang babarira Utari | mijil priya pan sampun katur sadaya ||

30. samana Sri Dhêstharata | nalikanira miyarsi | ature Sri Lesanpura | kagyat ing tyas tanpa angling | tumungkul sru prihatin | katon karantan kalangkung | tikbra sakala dahat | sumaput tyas manaputi | kasêsêgên ing driya têmah pralaya ||

31. gugup Prabu Lesanpura | saksana utusan aglis | lêlayu marang Ngastina | dutanya sampun winêling | nêngna ingkang tinuding | winuwus sungkawanipun | sujanma ing saptarga | gêng alit sami prihatin | miwah Rêtna Gêndari sapawongannya ||

32. asru kataman sungkawa | gumuruh karunèng wukir | sang dyah nungkêmi kang raka | kuwur Sang Prabu Satyaki | myarsa [myar...]

--- 1 : 212 ---

[...sa] swaraning tangis | anggung dènnya angêngimur | mrih lipuring sungkawa | prapta prabawaning rêsi | lindhu kosik saarga tanpa pantara ||

33. prahara gora ru-ara | raraping riris tan aris | kêkuwung ngawêngi arga | kawangwang tumeja kuning | kunêng ingkang prihatin | kocapa ingkang ingutus | punggawèng Lesanpura | praptèng Ngastina nagari | amarêngi sang nata miyos sewaka ||

34. supênuh ing panangkilan | pêpak kang samya siniwi | satriya mantri punggawa | ulubalang lan panamping | lir robing jalanidhi | miwah ingkang para ratu | maksih samya aniwa | samya jajar ing ngarsa ji | miwah Sang Sri Bathara Krêsna tan têbah ||

35. jajar Prabu Baladewa | lawan Wiratha Sang Aji | sira Sang Prabu Drupada | sumiwèng ngarsa tan têbih | ing Măndraka sang aji | Nakula Sadewa ngayun | satriya myang punggawa | ugi wus sumiwèng ngarsi | Sang Arjuna nunggil Arya Bratasena ||

36. dutanya Satyaki nêmbah | katur sadaya kang wêling | purwa ing wêkasanira | ngungun sadaya kang myarsi | nata parentah nuli | arsa têdhak mring Ngartawu | sandika wus samakta | tan antara budhal sami | rêrikatan datan kawarna ing marga ||

37. praptaning wukir Saptarga | sang nata sawadyanèki | wus marêk ing wangkenira | Bagawan Dhêstharata Ji | sadaya anglud tangis | Bathara Krêsna kalangkung | anglipur kang sungkawa | dupi lipur sawatawis | Rêtna Dèwi Anggêndari amit bela ||

--- 1 : 213 ---

38. sapawongan kawan dasa | pinambêngan nora kêni | lajêng samya suduk jiwa | wus nunggil wangkening laki | ngungun ingkang para ji | mangkana lajêng tinunu | tinutur purnèng pêjah | sawusnya sampêt basuki | sri narendra karsa kondur ing nagara ||

39. samêkta sampun parentah | sang nata kondur tumuli | gumuruh kang wadyabala | datan kawarna ing margi | ing Ngastina wus prapti | lajêng sewaka sang prabu | munggèng ing panangkilan | sadaya lajêng sumiwi | tata linggih tan owah lan sabênira ||

40. wau ta kang para nata | sadaya anuwun pamit | arsa kondur mring prajanya | Wiratha Sri Narapati | miwah Baladewa Ji | pamit mring Madura sampun | sira Bathara Krêsna | kondur marang Dwarawati | Sri Drupada pamit marang ing Cêmpala ||

41. sadaya sampun kalilan | amung Drupada Sang Aji | kinèn ngalih mring Ngamarta | sandika aturirèki | dene kang para aji | anom-anom dèrèng kondur | maksih anèng Ngastina | tan ana kang dèn lilani | amung para ratu kang sêpuh sakawan ||

42. punika ingkang linilan | kondur mring prajanirèki | wau ta Sri Yudhisthira | kondur ngadhaton sang aji | bubar kang sami nangkil | samana kang para ratu | wusnya antara dina | sagung kang para narpati | abudhalan mring prajanya sowang-sowang ||

43. amung Sang Prabu Drupada | marang Ngamarta nagari | sakathahe wong Cêmpala | wus samya kinèn angalih | boyongan anak [ana...]

--- 1 : 214 ---

[...k] rabi | miwah barang darbèkipun | Ngamarta wus raharja | suka manahe wadya lit | ing nagari tata tulus raharjanya ||

44. tan ana sangsayanira | jênjêm ayêm kang wadya lit | tata tita ing samangkya | gantya kang pinurwèng Kawi | samana salin warsi | katri gunaning sang wiku | taun căndra pinetang | anênggih ingkang marêngi | sinêngkalan obah gatine prabata |[8]|

45. kunêng nagari Ngamarta | ya ta kang winuwus malih | kang anggung anêgês karsa | nèng wana Tikbrasarèki | katiga atêtaki | tan mèngèng asru manungku | sira Arya Swatama | lawan Arya Karpa nênggih | katigane sira Arya Kartamarma ||

46. duk maksih prang Bratayuda | prawira katri sêmadi | dènnya kalêbêt ing wêca | benjing yèn Dèwi Utari | dènira anggarbini | lamun babar mijil jalu | iku kang mêjahana | mocok sirahe sang katri | mila dahat rudatining manahira ||

47. ing mangke miyarsa warta | lamun Sang Rêtna Utari | wus ambabar mijil priya | Swatama putêk ing galih | miwah sang arya kalih | sami aclum netyanipun | prapta pikir pupusan | ngugêmi ambêk prajurit | wus anêmah satriya matiyèng rana ||

48. dadya samya pirêmbagan | Swatama wacana aris | lah puniki paran karsa | yèn amanggunga sêmadi | tanpa wêkasan ugi | wus lami pijêr manungku | kula miyarsa warta | lamun Si Rêtna Utari | sampun babar jabang bayi mijil priya ||

49. suwawi

--- 1 : 215 ---

lamun sêmbada | dhinustha kang jabang bayi | yèn kêpanggih pinêjahan | sampun nganti bisa urip | lamun ngantosi akir | punika benjang kêbanjur | anêtêpi ing wêca | Kartamarma anauri | lah ta inggih suwawi ngantos punapa ||

50. prayogenggal pinêjahan | inggih mupung maksih alit | Sang Karpa nambungi sabda | lah inggih nuntên suwawi | lan ing măngsa puniki | andika sami katêmpuh | sedane sri narendra | wajib sami apêpulih | sapikantuk sampun katungkul nèng wana ||

51. sawusnya dadining rêmbag | katiga sami miranti | ngrasuk gêgamaning aprang | wus sinandhang radèn katri | nêdya datanpa dasih | tan antara budhalipun | samarga pirêmbagan | benjang yèn manjing ing puri | sabiyantu sumêdya yuda kanaka ||

71. Pangkur

1. nêngna kang lagya lumampah | kawuwusa nagari Dwarawati | sira Sang Sri Krêsna Prabu | dangu dènnya sineba | ingkang putra Radèn Sêtyaka nèng ngayun | miwah Sang Patih Udawa | wus munggèng ngarsa sang aji ||

2. Bathara Krêsna ngandika | hèh ta kulup samêktaa dèn aglis | sawadyabalanirèku | sun arsa mring Ngastina | awit saking gon ingsun sandeyèng kalbu | iya marang ramanira | Sinuhun Ngastina nagri ||

3. nanging sun mêtu gêgana | sira nuli nusula laku mami | Si Udawa aja kantun | sandika aturira | sigra radèn samêkta sawadyanipun | nulya Sri Bathara Krêsna

--- 1 : 216 ---

samêkta budhal tumuli ||

4. wus manapak jumantara | ingkang kari sampun budhalan aglis | sawadyanira gumuruh | mèh prapta ing Ngastina | nêngna Prabu Krêsna kang lagya lumaku | warnanên nagri Ngastina | hyang arka wus nitih wukir ||

5. samana kang cinarita | Radèn Dipayana sru dènnya nangis | pamularira kalangkung | tan kêna ingênêngan | ingkang ibu dahat sêngkêlirèng kalbu | myarsakkên tangising putra | kathah karaosing galih ||

6. kagagas-gagas tyasira | sira Dèwi Utari milu nangis | Wara Sumbadra kalangkung | putêk tyas ngêmu waspa | dènnya amrih lêjare ing wayahipun | sangsaya sru pamularnya | kang eyang tumut anangis ||

7. Radèn Abimanyuputra | tuhu lamun jawata ingkang kardi | pamulare radèn sunu | Utari sambatira | dhuh pangeran paran iki putranipun | dene tanpa sita-sita | ing panangisira gusti ||

8. Rêtna Banuwati sigra | radèn putra cinandhak dèn ênêngi | alon ing pamuwusipun | mênênga sira nyawa | wêlasana kabèh wong tuwa-tuwamu | paran ingkang sira pinta | têka amular tan sipi ||

9. Rêtna Drupadi anyandhak | mêksa datan darana dènnya nangis | Wara Sumbadra kalangkung | ardaning tyas karasa | para arum sadaya sêngkêl tyasipun | Sang Aprabu Yudhisthira | gya myarsa swaraning wangsit ||

10. hèh hèh kaki Yudhisthira | lamun arsa tutut wayahirèki | sira sungana sêsanggup [sê...]

--- 1 : 217 ---

[...sanggup] | benjang gumantya nata | lawan aranana Parikêsit iku | lah nuli wêcanana |[9] wus têlas ujaring wangsit ||

11. ya ta Prabu Yudhisthira | amituhu ujar kang kapiyarsi | marêpêki wayahipun | sarwi sinungan sabda | dhuh dhuh Parikêsit mênênga ta kulup | benjang gumantia nata | sirèku wus sun lilani ||

12. mangkya Radyan Dipayana | duk miyarsa kèndêl dènira nangis | suka tyasira para rum | lajêng guling rahadyan | wus binêkta marang pasareyanipun | sang nata wangsul lan garwa | marang jungut tilamsari ||

13. Sang Rêtna Wara Sumbadra | sare munggèng kadhatyan lawan cèthi | madya ratri wancinipun | Sang Rêtna Banuwatya | majang wulan lawan saparêkanipun | ing natar sajroning pura | samya kêpati aguling ||

14. nêngêna kang sami nendra | kawuwusa kang nêdya laku maling | ingkang duratmaka têlu | Swatama lawan Karpa | Kartamarma mangkana ing lampahipun | praptèng nagaring[10] Ngastina | wus wanci ing lingsir wêngi ||

15. laju manjing ing jro pura | sarwi nandukakên sêsirêp sami | nglimputi jroning kadhatun | samya kênèng kêmayan | sawusira laju lumampah sang pandung | ngidêri sajroning pura | sakèhing gêdhong dèn intip ||

16. tinon sonya sadayanya | nora nana sira Dèwi Utari | amung para kênya turu | kathah madyaning natar | prawira tri ngalih-ngalih lampahipun | praptèng gone Banuwatya | nèng natar maksih aguling ||

--- 1 : 218 ---

17. wantune dangu tan nendra | katêlangso dènnyu[11] ngênêng-ênêngi | duk mulare radèn sunu | dadya sakeca nendra | kawêwahan kenging kêmayaning pandung | sêsirêpira andadya | tan ana janma ngulisik ||

18. ya ta Arya Kartamarma | uninga mring Sang Rêtna Banuwati | kagagas muntab tyasipun | sakala salin cipta | kang kawangwang Banuwati cêmêripun | sedaning raka tan bela | têmah dhaub lan Pêrmadi ||

19. bramantya Sang Kartamarma | sigra narik katganya sarwi angling | hèh Banuwati si nguthu | nguni sira sun sêmbah | ing samêngko lanji iki bêktiningsun | pagene sira tan lana | si nistha mêmanas ati ||

20. sigra tinigas murdanya | kapisanan Banuwati ngêmasi | katri lajêng lampahipun | ngulati ênggènira | Rêtna Dèwi Utari sang rêksakèng rum | nging kadi bingung katrinya | dangu ngubêngi jro puri ||

21. ya ta malih kawuwusa | lampahira Sang Prabu Dwarawati | praptèng Ngastina anjujug | sajroning dhatulaya | lingsir dalu Sri Krêsna ing lêbêtipun | tan ana ingkang uninga | sadaya kêpati guling ||

22. sapraptanirèng jro pura | Nata Krêsna kagyat dènnya ningali | lampahing maling katêlu | Swatama Kartamarma | lawan Karpa mire Sang Sri Krêsna gupuh | matêk aji panglimunan | angodhol lakuning maling ||

23. tyasira atêrataban | angandika sang nata jroning galih | kadingarèn wardayèngsun | têka atêrataban | ingsun tate

--- 1 : 219 ---

kinarubut mungsuh sèwu | tan kadi mangke tyas ingwang | sampun laju atut wari[12] ||

24. lajêng lampahe sang dhustha | Nata Krêsna misih dènnya kêkinthil | samana lampahing pandung | bingung tan wruh ing marga | kawarnaa Dèwi Wilutama dulu | yèn putrane tan wruh marga | kang marang gèning Utari ||

25. sigra dènira tumêdhak | Rêtna Dèwi Wilutama wus panggih | lan Swatama putranipun | kagyat sang dwijatmaja | duk andulu yèn ibunira tumurun | lajêng umarêk tur sêmbah | kang ibu têtanya aris ||

26. dhuh paran kaki karsanta | sira iki padha kawêlasasih | Radèn Swatama umatur | nuwun sêdya kawula | angulati gènira Utari ibu | rèhning ulun kenging wêca | inggih benjang kang matèni ||

27. dhatêng ing badan kawula | inggih sutanipun Dèwi Utari | patutane lan Bimanyu | mangke sêdya kawula | ulun dhustha mupung bayi maksih timur | ibu badhe kula lunas | sampun ngantos sagêd urip ||

28. lan malih wau kawula | sadangune ngulati tan kêpanggih | pun Kartamarma duk wau | mêjahi Banuwatya | wontên natar sawêg sakeca aturu | tinigas murdane pêjah | ya ta Nata Dwarawati ||

29. kumêpyur tyasnya miyarsa | angandika sang nata jroning galih | baya iki mawanipun | gon ingsun têrataban | liwat saking bêbaya si anjing iku | dene ta kaliwat-liwat | mêjanani marang mami ||

30. mangkana panglocitanya

--- 1 : 220 ---

Sri Bathara Krêsna ing Dwarawati | babo paran polahipun | yèn yayyaji uninga | matur malih Swatama mring ibunipun | dhuh mugi dipun jurunga | ibu ing sasêdya mami ||

31. lawan pundi ingkang marga | angandika Wilutama Sang Dèwi | sruning trêsna marang sunu | hèh kaki mangetana | ika ana gêdhong maksih damaripun | iya iku ênggonira | lah age dèn ngati-ati ||

32. Wilutama wus umêsat | dhustha katri laju dènnya lumaris | Bathara Krêsna duk wau | waspada solahira | Aswatama kapanggih lan ibunipun | sigra ngrumiyini lampah | wus prapta gèning Utari ||

33. nanging mêksih sêsiluman | Rêtna Dèwi Utari mêksih guling | para putri ingkang turu | sadaya anggêlasah | namung jabang bayi ingkang sampun wungu | wus kèndêl datanpa mular | ya ta Bathara Krêsna glis ||

34. lênggah ngulon-ulonira | jabang bayi Sri Krêsna amiranti | mangkana dhustha katêlu | lajêng manjing saksana | marang daganira sabiyantu rêmbug | kasêsa ing solahira | mèh prapta ing bangun enjing ||

35. sulaya pratikêlira | dhustha tiga ngagagi kang jêmparing | ingayat-ayat adangu | rahadèn putra suka | panyanane liniling suka gumuyu | suku karo karoncalan | jêjêk jêmparingirèki ||

36. Kartamarma anèng ngarsa | suraweyan astanya kanan kering | kang kanan anyampe sampun | gandhewane [gandhe...]

--- 1 : 221 ---

[...wane] Swatama | kering nyampe Sang Karpa gandhewanipun | dadya jêmparing malêsat | ambalik lajêng ngênèni ||

37. naratas dhustha katiga | kawatgata kenging jăngga pribadi | aniba katrinya lampus | nèng dagan gulangsaran | Nata Krêsna sru ngungun dènira dulu | mèh praptèng bangun raina | prabaning raditya mijil ||

72. Mijil

1. bang-bang wetan sang hyang arka mijil | sigra sang akatong | wus rinacut nênggih silumane | Dèwi Utari winungu aglis | kagyat sang lir Ratih | gupuh dènnya wungu ||

2. dupi mulat mring Sri Krêsna Aji | sang rêtna yu anjog | mring kajogan sang nata wuwuse | hèh Utari aja sira wigih | mêngko sun wartani | mau ana pandung ||

3. wus wantune pawèstri yun anjrit | Sri Krêsna lingnya lon | lah ta aja baribin ing mangke | mapan uwis sun dunungkên têbih | sambutên dèn aglis | lah iku sutamu ||

4. gupuh dènnya manambut ing siwi | sang nata gya miyos | lah kariya sira anèng kene | ingsun arsa marêk yayi aji | saksana wus mijil | lajêng lampahipun ||

5. marêk marang Sri Yudhisthira Ji | maksih anèng gêdhong | eca guling lan praswarine[13] | Nata Krêsna andhodhog kang kori | alon dènira ngling | wungua ri prabu ||

6. sampun sakeca anungku guling | wau kang anèng jro | duk miyarsa Sri Krêsna dêlinge | gurawalan umiyos sang aji | tundhuk lan raka

--- 1 : 222 ---

ji | nèng jawining pintu ||

7. alon matur Sri Yudhisthira Ji | kamayangan ingong | kaka prabu ing mangke praptane | ing Ngastina têka rawuh enjing | baya wontên kardi | Sri Krêsna lingnya rum ||

8. yayi aji praptèng ulun ngriki | wau sirêping wong | mila dalu saking gêng watire | duk maksihe anèng Dwarawati | tan sakeca yayi | pijêr kêpyur-kêpyur ||

9. prapta kawula sajroning puri | ing Ngastina anon | duratmaka têtiga lampahe | saliring rèh wus winêdhar sami | Nata Krêsna ngênting | Yudhisthira ngungun ||

10. sang hyang rawi wêtune wus inggil | mijil nata karo | samya têdhak miyat ponang wangke | sri narendra angiling-ilingi | sigra cèthi kalih | gya ingutus gupuh ||

11. animbali sagung para ari | miwah para katong | cèthi kalih manêmbah wus lèngsèr | praptèng jawi dhinawuhkên aglis | sagung para ari | gugup lêbêtipun ||

12. sampun kerid ing cèthi kêkalih | sagung prawira nom | praptèng pura wus sumiwi kabèh | para ari ngarsa dènnya linggih | samya atur bêkti | raka kalihipun ||

13. Nata Krêsna angandika aris | hèh sagung riningong | miyarsakna wartaningsun kiye | mau ratri ana laku juti | umanjing jro puri | kang maling têtêlu ||

14. lah ta iku rupane si maling | katiga tos-atos | Aswatama lan Karpa kalihe | Kartamarma amangarah pati | mring wayahirèki | sutane [suta...]

--- 1 : 223 ---

[...ne] Bimanyu ||

15. ing samêngko wus padha ngêmasi | dene wayah ingong | tanpa sesa maling katêlune | ingkang wangke lah dulunên sami | sagung para ari | ngungun duk angrungu ||

16. samya mulat mring wangkening maling | Sri Măndraka Katong | Prabu Nakula lan Sadewane | pan kabangan marang wangke katri | Sri Bathara angling | iku dudu laku ||

17. ngêndi ana mungsuh wus ngêmasi | ingajak prang pupoh | tuwas sayah yêkti tanpa gawe | Arya Sena ambêkuh dènnya ngling | dhuh kakangku aji | pagene sirèku ||

18. têka dadak datanpa baribin | wong nêmu pakewoh | jamak nganggo wêwarah kadange | Sri Bathara Krêsna ngandika ris | dhuh pangrasa mami | tan susah pitutur ||

19. nora pae sira lawan mami | rumêksèng kadhaton | pakewuhe praja iki kabèh | pracayakna maring sun sayêkti | kaya tan gumingsir | nanggulang pakewuh ||

20. ayya sandeya kabèh sirèki | ewuhe karaton | katêmpuha ya pun kakang dhewe | saking gon ingsun rumêksa yêkti | marang yayi aji | Yudhisthira nuwun ||

21. Nata Krêsna angandika aris | sagung ariningong | yêktènana besuk yayi têmbe | iya lamun ana rare alit | yèn tan kanthi sakit | mular dalu-dalu ||

22. yitnanana yayi ingkang bêcik | aja kabêsturon | lan rêksanên praptèng salatrine | iku ana bêbaya kang prapti

--- 1 : 224 ---

sagung para ari | sandika wotsantun ||

23. Sri Bathara angandika malih | hèh Sena riningong | ingsun iki dahat mong wirage | marang arinira Si Pamadi | dene bakal kingkin | mêngko ingsun tutur ||

24. iya mau kala duk ing ratri | Banuwati layon | pan cinidra tinigas murdane | duratmaka iki kang matèni | ingsun tan mênangi | duk pinagasipun ||

25. nanging yayi mungguh wus pinasthi | Banuwati layon | praptèng jangji ing saratri kiye | pinulung ing dewa kang among sih | marmane sun iki | tan bisa pitulung ||

26. ya ta wau sagung kang miyarsi | sadaya èsmu loh | Risang Parta kumêpyur galihe | têrataban ing tyas sênik-sênik | tan panggah alinggih | rongèh anglès mêtu ||

27. anglêsing tyas nitya among wingit | lêlana sang anom | tanpa rowang anglalu galihe | kunêng ingkang kapugutan ing sih | kang winarna malih | nata kalihipun ||

28. lawan para ari maksih nangkil | anèng jro kadhaton | Nata Krêsna tan wrin duk lungane | Sang Arjuna dadya sri bupati | angandika aris | lah mara dèn gupuh ||

29. wangke iku parêkna ing mami | nulya prabu karo | ing Măndraka sigra nyaosake | praptèng ngarsa wangke pandung katri | Nata Krêsna angling | kang maling katêlu ||

30. pinarsapan hèh sirèku juti | karêm laku cêlor | Si Swatama mêngko pramukane | lah sirèku dadia brêngkutis | hèh

--- 1 : 225 ---

Kartamarmèki | dadia sirèku ||

31. kêkowangan kang dhêdhongka jis-jis | Karpa sira mêngko | adadia êngkik-êngkikane | aja parêk sira lawan janmi | pinae sanggyaning | lawan kutu-kutu ||

32. hèh hèh enggal lungaa sirèki | saka ngarsaningong | kang sinapan mabur katigane | angumbara wus datan winarni | wau ta sang aji | Yudhisthira Prabu ||

33. lawan Nata Krêsna manjing puri | yun nampurnèng layon | para ari pan umiring kabèh | kawuwusa sagung para cèthi | gumêr samya nangis | gustinira lampus ||

34. Rêtna Dèwi Drupadi anangis | miwah para sinom | gumarumung asru sêsambate | Wara Sumbadra mênggah anangis | sêsambatirèki | dhuh yayi riningsun ||

35. nguni dadya kadang sêpuh mami | mangkya ariningong | wus anêmah dadya kadang anèm | saking uwis sabudi lan mami | têka mêngko yayi | ngoncati maringsun ||

36. iya kabèh maru-maru mami | pan wus padha layon | ing samêngko kari sira dhewe | saking dahat trêsnanira yayi | marang jênêng mami | tan rêngkuh-rinêngkuh ||

37. mêngko sira alumuh kêpati | marang raganingong | aksamanta yèn akèh lupute | pamêngkuningsun mring sira yayi | dhuh ta Banuwati | sapa kanthiningsun ||

73. Kinanthi

1. mangkana panangisipun | Rêtna Sumbadra tan sipi | mèh kadurus laraning tyas | samana kasêlak prapti | sira Prabu Yudhisthira | lan Bathara Dwarawati ||

2. para ari atut pungkur [pung...]

--- 1 : 226 ---

[...kur] | umanjing sajroning puri | ya ta Sri Bathara Krêsna | angimur tangising ari | Mahaprabu Yudhisthira | maripih mring pramèswari ||

3. sasampuning sami lipur | sagung kang samya anangis | nulya Sri Bathara Krêsna | parentah kinèn angrukti | upakartining sampurnan | wus samakta ing sêsaji ||

4. gya tinunu wangkenipun | Kusuma Yu Banuwati | tinutur marang kamuksan | sampun paripurna sami | mangkana Sri Nata Krêsna | nimbali Radèn Pamadi ||

5. Natèng Măndraka umatur | rayi paduka dewaji | duk maksihe anèng jaba | nalikanira miyarsi | lamun garwanira pêjah | tan darana kesah mijil ||

6. Bathara Krêsna angungun | miwah Yudhisthira Aji | kumêpyur kecalan kadang | mangkana Sri Harimurti | awit arsa ngulatana | ring Sang Parta dènira nis ||

7. Prabu Yudhisthira matur | sumăngga ing kakang aji | kang mugi tuwan panggihna | rayi paduka Pamadi | nauri Bathara Krêsna | sampun sandeya ing galih ||

8. amung ing sapungkur ingsun | nuntên utusana nuli | ngaturi raka paduka | kaka Prabu Madura Ji | lan rama tuwan Ngamarta | sandika ingkang winêling ||

9. Sri Bathara Krêsna sampun | abudhal margèng wiyati | nêdya ngulati Sang Parta | mangkana malih winarni | Sang Aprabu Yudhisthira | parentah punggawa kalih ||

10. samakta badhe ingutus | mring Madura angaturi | kang raka Sri Baladewa | punggawa ingkang satunggil | ingutus marang Ngamarta | sami kinèn angaturi ||

--- 1 : 227 ---

11. sandika umangkat sampun | wau kang punggawa kalih | tan winarna anèng marga | praptèng Madura duta ji | lajêng umarêk ing nata | Baladewa wus pinanggih ||

12. duta manêmbah umatur | kawula gusti tinuding | rayi tuwan sri narendra | paduka dipun aturi | têdhak dhumatêng Ngastina | wus katur sadaya sami ||

13. ngungun Baladewa Prabu | sigra dènira ngundhangi | ing wadya samêkta budhal | datan kawarna ing margi | praptèng nagari Ngastina | wus panggih lawan sang aji ||

14. ya ta malih kang ingutus | marang ing Ngamarta nagri | ing marga datan winarna | praptèng Ngamarta tumuli | wus panggih Prabu Drupada | duta umatur wotsari ||

15. gusti kawula ingutus | putra tuwan sri bupati | ngaturi jêng padukendra | dhatêng Ngastina nagari | putra tuwan sang lir rêtna | dahat onêngirèng galih ||

16. Prabu Drupada agupuh | parentah budhal tumuli | marang nagari Ngastina | tan antara sri bupati | wus budhal sawadyanira | gumuruh samargi-margi ||

17. tan winarna lampahipun | sapraptanirèng wanadri | wontên janma atanaga | gila ngaglah gêgilani | nênggih wasta Wiku Mudra | ngadhang bêbedhung nèng margi ||

18. marêpêki lampahipun | ing dipăngga Drupada Ji | dupi cêlak ing matêngga | Sang Wiku Mudra nulya glis | ngamuk liwung ambêk pêjah | gègèr wadya Ngamartèki ||

19. pinarbutaning wadya gung | gugup solahirèng jurit | dadya tanpantuk ing yuda | punggawa Ngamarta

--- 1 : 228 ---

sami | sigra Risang Wiku Mudra | marêpêki sri bupati ||

20. sarwi mênthang langkapipun | lumêpas ingkang jêmparing | kawatgata Sri Drupada | jaja trus lajêng ngêmasi | nulya Risang Wiku Mudra | sakala muksa tan kèksi ||

21. ngungun wau wadyanipun | kyana patih sru anangis | tyas tan cipta yèn sang nata | kongsia nêmahi lalis | dadya kang para punggawa | ngrukti wangkenirèng gusti ||

22. duta Ngastina lêlayu | mring Ngastina tur upêksi | saliring rèh solahira | wus kamot ingkang tinuding | Dhêsthakètu wus utusan | mring Ngamarta tur udani ||

23. marang pramèswari prabu | winêling sadaya sami | wus budhal duta kalihnya | datan winarna ing margi | caraka marang Ngamarta | wus prapta matur ing gusti ||

25. katur sapitungkasipun | mangkana sang pramèswari | nalikanira miyarsa | ature dutaning patih | sigra dayitèng Ngamarta | karuna anjrit tan sipi ||

26. sang rêtna saksana emut | yun wikan wangkening laki | ingiring wadya kang têngga | praja tan winarnèng margi | dupi prapta gyaning raka | tan sarănta mêlayoni ||

27. sigra anungkêmi gupuh | kunarpanira sang aji | tanpanon rat idhêpira | kadurus rasaning ati | pramèswari ing Ngamarta | têmahan bela ngêmasi ||

28. ya ta Patih Dhêsthakètu | sayarda tikbraning galih | lajêng anungka utusan | mring Ngastina anusuli | lamun pramèswari seda | wus mêsat ingkang tinuding [tinu...]

--- 1 : 229 ---

[...ding] ||

29. datan kawarna ing ênu | ing Ngastina sampun prapti | samana Sri Yudhisthira | anuju miyos tinangkil | pêpak kang sumiwèng ngarsa | punggawa prameya mantri ||

30. ya ta duta kang rumuhun | lajêng marêk ing ngarsa ji | umatur sasolahira | miwiti malah mêkasi | kumêmbêng Sri Yudhisthira | nalikanira miyarsi ||

31. miwah kang sami angrungu | sêmuning tyas ngêmu tangis | tan antara malih prapta | duta kang lumakyèng wuri | lajêng ngabyantarèng nata | umatur saha wotsari ||

32. wus katur sadayanipun | ing sapitungkasirèki | lênglêng sang nata miyarsa | mangu mangunêng ing galih | saksana kondur ngadhatyan | sarwi parentah tumuli ||

33. kinèn samêkta lumaku | punggawa lan para ari | lamun Prabu Yudhisthira | arsa têdhak mring wanadri | sandika kang para wadya | sang nata wus manjing puri ||

34. lajêng wêwarta sang prabu | mring garwa Dèwi Drupadi | kabèh saliring pawarta | mangkana duk amiyarsi | langkung trênyuhing wardaya | sang dyah aniba ing siti ||

35. asru ing panangisipun | kagagas-gagas ing galih | dènira kari anggana | tinilar ing yayah bibi | myang kadang sadaya sirna | tuwin putranya ngêmasi ||

36. tyas rudah angga kadaut | dahat matrênyuh tan sipi | sang nata sru pangimurnya | dhuh jiwèngong yya makingkin | aja kadurus tyasira | sun arsa mangkat tumuli ||

37. riwusnya samêktèng laku | sagung kang badhe umiring | tan winuwus sungkawanya

--- 1 : 230 ---

nulya budhal sri bupati | lawan pramèswarinira | ginarêbêg ing samargi ||

38. matrênyuh tyas sang aprabu | rêntênging driya tan sipi | dènira sang pramèswara | sayarda rudahing galih | anggung mangimur ing garwa | Kusuma Dèwi Drupadi ||

39. prapta ing gèn layonipun | sang prabu myang pramèswari | Sang Aprabu Yudhisthira | lan pramèswari nungkêmi | prasamya lara karuna | kalihnya kawêlasasih ||

40. angandika sang aprabu | kang layon kinèn angrukti | ingupakara rinêngga | wus paripurna sinuksci | inginggahakên pancaka | wau kang layon kêkalih ||

41. paripurnaning pamangun | sigra dhêdhawah sang aji | kinèn karya panuturan | upakartining ambêsmi | sampun sumaji sadaya | sagunging kang brăngta kingkin ||

74. Asmaradana

1. mêpêki kang saji-saji | upakartining kamuksan | kayu-kayu myang apine | sigra sang sri naradipa | parentah ing punggawa | kinèn nyulêt ingkang latu | saksana sami tumandang ||

2. ponang dahana wus dadi | anggrêng swaraning pawaka | lir ăndakara urube | yayah mangayuh ngawiyat | mumbul angalad-alad | ponang wangke kalihipun | parêng ing panununira ||

3. wus pinanjingkên jro agni | kunarpa Natèng Ngamarta | sinarêng pramèswarine | ya ta kang ardi pawaka | jumêgur swaranira | wèh tăndha sampurnèng lampus | mangkana ing antariksa ||

4. kathah jawata nêdhaki | ngurmati [ngurma...]

--- 1 : 231 ---

[...ti] ing muksanira | Sri Drupada lan garwane | manastuti kêmbang-kêmbang | sagung jawatèng wiyat | sumawur ing agni murub | lir mangenggar sungkawanya ||

5. Kusuma Rêtna Drupadi | kang kasedan ibu rama | sanityasa duhkitane | yayah manganyuta jiwa | dadya para jawata | manabda sabda pangimur | hèh pramèswari Ngastina ||

6. aywa gung manggung prihatin | sirèku titahing dewa | kudu anut sapangrèhe | mupusa pêpasthèning rat | muksane ramanira | myang ibu sorinirèku | wus samya manggih kamulyan ||

7. parêk ing Hyang Udipati | tan sangsaya kalihira | mulya ing swarga karone | têlas wuwusing jawata | kang anèng antariksa | sakathahing bathara gung | wus kondur marang kahyangan ||

8. sirêp urubing kang agni | sang nata apêparentah | kinèn anyandhi awune | kalih pisan pinênêdan | sampurna sri narendra | nulya sang natarsa kondur | punggawa sami samêkta ||

9. Sang Yudhisthira Narpati | wus kondur sawadyanira | datan winarna lampahe | prapta nagari Ngastina | sang nata lawan garwa | lajêng manjing ing kadhatun | makuwon kang para wadya ||

10. samana Rêtna Drupadi | sapraptaning dhatulaya | maksih wigêna galihe | ing driya saya karasa | muksane ramanira | sungkawèng tyas sang dyah ayu | lalu kalingling lolanya ||

11. atajin dhahar lan guling | rêtna dayita tyasira | datan tolèh [to...]

--- 1 : 232 ---

[...lèh] kawiryane | mung ayam-ayam antaka | saking sru sungkawèng tyas | lêng-lênging driya malatkung | kongas kawistarèng netya ||

12. ing siyang pantara ratri | pamularira sang rêtna | pan akathah sêsambate | yèn ratri nungku patrêman | siyang gubêl ing raka | putêk tyasira sang prabu | kataman tangising garwa ||

13. anuju dina sawiji | risang narendra dayita | marêk ing raka sang katong | nungkêmi pada karuna | kathah sêsambatira | dhuh kang misesa ring ulun | asiha ing dasihira ||

14. paran wêkasaning sêdhih | dhuh pukulun batharèngwang | lah tulungên raganingong | brasthanên sing marcapada | atêrna mring kamuksan | sampun kadawa katèngsun | tumuwuh atuwas-tuwas ||

15. nadyan uripa wak mami | wus tanpa pangarsa-arsa | dhuh sang nata dewaningong | tuwan muktia priyăngga | maharjèng ayuning rat | ulun tan bêtah wulangun | kataman mêmala dahat ||

16. rama ji myang ibu sori | lan kadang sadaya sirna | liwat luwih sungkawèngong | nging gêruse tan trus ing tyas | dêstun cuwa kewala | wangsul têtangsuling kalbu | pukulun putra paduka ||

17. pun Păncawala ngêmasi | sintên ulun kudang-kudang | paran benjang wêkasane | wau ta duk amiyarsa | Sang Prabu Yudhisthira | rawat waspa kapirangu | kongas ngênês ing wardaya ||

18. mangkana nglingira aji | dènira ngimur ing garwa | sarwi ngrarêpa sang katong | dhuh pêpujanku

--- 1 : 233 ---

ywa dahat | nangsasèng driyanira | dadya nêmahana lampus | pun kakang măngsa kantuna ||

19. aja kadurus ing sêdhih | benjang praptaning dêlahan | gusti maksih akarongron | ywa pisah saparanira | janmaa kaping sapta | kondhangêna ping sapuluh | tan gingsir sapakonira ||

20. dhuh wulatên ari mami | tolèha marang pun kakang | ilangna sruning wirage | sapa ingkang dasihêna | benjang nèng Ngendraloka | aja lyan sira mas ingsun | saksana wau sang nata ||

21. sori sinambut tumuli | binêkta marang paprêman | ingarih-arih gya sare | karongron lan raka nata | kunêng kang mriyêmbada | pangimuring garwanipun | nahan gantya kawuwusa ||

22. kang anggung anèng wanadri | Sang Parta datanpa rowang | kawlasasih saparane | salamine nis ing praja | duk sedane kang garwa | Rêtna Banuwati iku | tyasira gung aru-ara ||

23. tanpa dhahar lawan guling | nityasa sungkawanira | rawat waspa saparane | tan ana liya kacipta | amung putri Măndraka | sagon-gonira agandrung | wigêna yayah antaka ||

24. mangkana ciptaning galih | Sang Parta jroning sungkawa | dhuh mirah pêpujaningong | paran dosèng dasihira | dêduka mring pun kakang | gandrung-gandrung kapirangu | dhuh yayi putri Măndraka ||

25. yèn tan asih mring kang dasih | pun Parta têmah antaka | saking jrih dukèng riningong | benjang praptaning dêlahan | aywa pisah pun [pu...]

--- 1 : 234 ---

[...n] kakang | kadurus ing lara gandrung | Sang Parta saparanira ||

26. saking sru gênging wiyadi | saputing tyas tanpanon rat | nging saking lae mut tyase | muntab krodhaning wardaya | katon kang duratmaka | hèh dhustha sikara mring sun | patimu pati druhaka ||

27. yêkti sinaranging bumi | kaèsi-èsi ing benjang | patimu tan tunggal lan wong | sakala emut ing garwa | lajêng niba ing kisma | wungunira pungun-pungun | lir ngungun sasolahira ||

28. lajêng tumindak aririh | sarwi angalap puspita | kinuswa-kuswa sarine | dhuh yayi iki puspita | pantês nèng ukêlira | iki puspitèng lung gadhung | kayungyun sira cundhukna ||

29. karêmênira ing nguni | ukêl sinarojèng sêkar | tinon asri rompyoh-rompyoh | kinalèwèr kênèng jăngga | duk maksih nèng Măndraka | nalikane sun andulu | akarya rarasing driya ||

75. Mijil

1. sangsayarda lir murcitèng galih | risang prawira nom | dènnya seda anênggih garwane | musthikèng rat Rêtna Banuwati | anggung nèng wanadri | ketang kang mawèh kung ||

2. tajin dhahar miwah tanpa guling | wau ta sang anom | tan angetang ing wanapringgane | sruning sêdya kabyatan wiyadi | sedane kang rayi | murca ciptanipun ||

3. mila tansah Sang Parta ngulati | sagon-gon wirangrong | karungrungan ngarang saparane | ngungak-ungak jurang kali-kali | nityasa gêng wingit ||

--- 1 : 235 ---

èngêt garwanipun ||

4. tanpa mêndha saparan ngrêrintih | dhuh woding tyas ingong | sasmitanên gusti kêkasihe | aja pijêr nangsaya ing dasih | tan wande ngêmasi | pun Parta wong ayu ||

5. yèn tan paring usada wiyadi | tan wurung salah ton | sruning agring yayi tanpa sarèh | rangu-rangu pijêr ngèsthi pati | sapa ngusadani | gon ingsun lara kung ||

6. nora katon kasatriyan mami | mung sira katongton | kayaparan babo wêkasane | ênggon ingsun anandhang wiyadi | anèng ing wanadri | mung ketang sirèku ||

7. riwusira Sang Parta anangis | pêtêng netra karo | kawaranan ing waspa wijile | sêkêling tyas tansah kawlasasih | pan wus kalih sasi | anggung ngusapi luh ||

8. hyang raditya wus anunggang wukir | bang-bang sirat kulon | angêlayung wuyungan driyane | sangsayarda rudahing wiyadi | lêng-lêng sang mong kingkin | non pringganing dalu ||

9. kèh swaraning ratri kapiyarsi | dening sang wiranom | calapita walangkrèk arame | lir karunaning dyah duk pinardi | hyang căndra umijil | ping astha sumunu ||

10. asri kawuryan lêlangêning langit[14] | kang tranggana abyor | lir panjrahing sêkar duk wudhare | saking gêlunging rara rinêsmi | dyan lumampah ririh | rangu-rangu ngadhuh ||

11. rêncêming tyas katrêsan gung tistis | tanpa pantarèng don | Risang Parta wus datan wrin ing rèh | karantan-rantan rêntêng kêpati | putêk manaputi [ma...]

--- 1 : 236 ---

[...naputi] | murcatma agandrung ||

12. mêtêk jaja ambêkuh anangis | ketang ingkang layon | ngêndi baya babo panuksmane | kalulut ingsun Ni Banuwati | sikara gung dadi | pangupayèng gandrung ||

13. dhuh dulunên dasihta kaswasih | saparan wirangrong | tanpa rowang angruruh dhèwèke | tanpanon rat netrèngong kêkalih | sruning gêng wiyadi | katanggulang kewuh ||

14. dhuh hyang-hyanging akasa wiyati | parêk kêna ingong | iya ngêndi baya panggonane | dunungira kalulut ngong iki | dhuh wong suranadi | tulungên katèngsun ||

15. dene padha nangsoyèng ing dasih | ambêndu maringong | kaya wus tan ana jagad kiye | isèn-isèn kang padha dèn ambil | kang kasăngga dening | wiyati supênuh ||

16. têka amung pinilih sawiji | baya ta kurang wong | lah pulungên wasisan sun kiye | aywa anggung andêdawa sêdhih | wus tan ana ugi | kang wêlas maring sun ||

17. lah jawata kang ngrêksèng wanadri | asiha maringong | sampurnakna laraningsun kiye | parêkêna ênggone tumuli | lan kêkênyêr mami | pitulung dewa gung ||

18. saya kalunta dènnya lumaris | wau sang wiranom | kasangsaya kadurus lakune | ing samarga-marganing wanadri | nityasèng panangis | dahat kawlasayun ||

19. diwasaning ratri gantya enjing | hyang arka sumorot | amrabani ing wana langêne | sarining sêkar anjrah nèng siti | kadyangsung wêwangi | mring

--- 1 : 237 ---

sang kataman kung ||

20. sêkaring pudhak parêk srigadhing | cakêt lan argulo | yom ngayêmi wora-wari cènggèr | sêkar sikatan lumêkêt ing wit | witing widasari | rewana lung gadhung ||

21. sêkar dangan pêpulutan tuwin | tulupan ngalap gon | gêganthetan bondhoting prabusèt | gogrog dening katêmpuh ing angin | angrêsing kaswasih | mulat ing sarwa rum ||

22. sining wana kang kamargan dening | risang prawira nom | kadya sumungsung nambrama kabèh | sari-sari sumawur ing margi | amrih dèn alap ring | sang kataman gandrung ||

23. ya ta wau kang anggung wiyadi | anon puspita byor | wungu malih sakala lêng-lênge | karêrantan rêntênging tyas tistis | mung ngèsthi ing pati | samarga agandrung ||

24. têbah jaja ngadhuh sru anangis | dhuh babo riningong | kaya ngapa awèta mangkene | yèn tan atuk usadèng wiyadi | tan wun bêbayani | kadurus gêng wuyung ||

25. ana manyura marêk ing margi | nayut sang wirarong[15] | pan mangkana manyura isthane | tanpa gawe polahirèng margi | balia dèn aglis | radèn aja banjur ||

26. babo tiwas kadrawasan sêdhih | tan bisa têtêmon | mêrak lajêng sumêbut ibêre | wontên kidang marêki sung peling | emuta dèn aglis | yèn satriya punjul ||

27. ayya dadra ardaning wiyadi | măngsantuka wartos | lah kondura radèn mring prajane | kadang warganira walangati | lunganira [lu...]

--- 1 : 238 ---

[...nganira] wingit | wuri wayang-wuyung ||

27. apa gawe anggung nèng wanadri | yêkti tanpa rungon | silarjaning praja lan eyunge | lah nuntêna kondur dèn tumuli | kang santosèng galih | kanthia tyas emut ||

76. Kinanthi

1. wus mangkana lampahipun | sira sang magêng prihatin | tan tolih pringganing marga | milalu laraning galih | kang ketang mung garwanira | Rêtna Wara Banuwati ||

2. murcitèng tyas gênging wuyung | wuyungan samargi-margi | lalu tikbraning wardaya | yayah tanpanon wiyati | putêking tyas sanityasa | saparan datanpa aring ||

3. rangu-rangu kapirangu | ngungun nalika mèngêti | satriya di wirotama | sotama têmahan tistis | trênyuh ing ăngga karantan | sedane Dyah Banuwati ||

4. lênglêng kerut ing lara kung | kongkalan samargi-margi | kagagas rasaning driya | ta[16] lyan mung Dyah Banuwati | bisa wèh kasmala dahat | tanpantara siyang ratri ||

5. sangsaya gung kung kalangkung | kawawas wêkasing galih | nir wèsthi pêpasthènira | malah milalu malatsih | Sang Parta ciptaning driya | paran puwarane iki ||

6. dene ta sasmitèng ulun | lêlana mring suranadi | paran darunaning duka | mila tan paring udani | dasih ta datanpanon rat | kaleban waspa drês mijil ||

7. marawayan wêtuning luh | sapa kang asihèng dasih | aywa gung nangsaya dahat | tan kawawa anahêni | saking sruning laraningwang [lara...]

--- 1 : 239 ---

[...ningwang] | lir murcatma sabên ari ||

8. mangu-mangunêngan gandrung | mung sira tansah kaèksi | nadyan kalangêning wana | miwah ta rêsmining tasik | kumaranirèng buwana | măngsantuka ngusadani ||

9. kabèh akarya wulangun | lêlangên ingkang kaèksi | kang sarwa gănda sugănda | umarêk ing angga mami | malah gêng mêmala dahat | wèh ardèng wiyoga yêkti ||

10. dhuh sang murtining rum-arum | paran polah ta maskwari | apisah lan dasihira | sapa umiring ing gusti | yèn lêlangên mring suwarga | apa datan aris yayi ||

11. saya têbih lampahipun | Sang Parta samargi-margi | giyuh tyas kaya matia | sagon-gon manggung aguling | ngungun mangu têbah jaja | juwêt juwèh ing tyas tistis ||

12. rangu-rangu kapirangu | solahe Radèn Pamadi | diwasaning diwangkara | tan darana minggah wukir | sigra tumêngèng awiyat | katon gumantining ratri ||

13. kapyarsa swaraning dalu | kalong kêkalangan amrih | mêmangsan saananira | mèt sasana witing wuni | wênèh năngka jambu bêndha | kacang karandhang-karandhing ||

14. codhot gandhul panging dhuku | dhuwêt tangkil lan kusambi | kêdhondhong kêpundhung jirak | jambu pijêtan lan manggis | gowok tunglon parijatha | kanang calakêt kêcêpit ||

15. kèh warna pala gumantung | ngêndhanu jroning wanadri | ingalap kalong kalangnyan | wangune kadi mêmilih | kang matêng ruru ngayangan | yayah nunggatèng lumaris ||

--- 1 : 240 ---

16. mangkana sang kataman kung | angrês dènira miyarsi | kalong kang andon wowohan | wurahan awira-wiri | unine kadi sambatnya | rara duk pinrêp ing gati ||

17. obahe kang taru-taru | lir gêtêring ăngga kongkih | ron kang sinrang ing pawana | pindha kasingsal ing tapih | piniluta ing asmara | panduke kang amangun sih ||

18. sangsayardaning wulangun | sira sang kandhuhan brangti | winantu turidanira | samarga-marga malatsih | tan ana kaciptèng driya | mung Kusuma Banuwati ||

19. sabarang ingkang kadulu | miwah ingkang kapiyarsi | wèh gita gatining driya | tinarka sang mawèh agring | pinindha gung rinarêpa | rinungrum ingarih-arih ||

20. dhuh hyang-hyanging kumala rum | lah iki karsa kaèksi | kaarsayan don wowohan | têka tan galih mring dasih | babo saruwenên enggal | pun dasih kang nandhang kingkin ||

21. têka nganiaya masku | dene ta tanpa wêwarti | kalangêning Endraloka | paran sumusul ing gusti | saking sruning sandeyèng tyas | apa tan asih ing dasih ||

22. antara diwasèng dalu | bang-bang wetan tinon asri | prabane langêning wana | kukila barungan muni | lir mangenggar-inggar driya | risang kandhuhan wiyati ||

23. sata wana sru kaluruk | manyura manawung muni | wèh uninga yèn raina | marang mawuring kang sari | anêdhêng gănda mrik ngambar | kentaring kang maruta ris ||

24. panjrahing puspita [pu...]

--- 1 : 241 ---

||

[...spita] tanjung | tunjung bang dipun sêlani | mênur malathi sridênta | angsoka kalak kumuning | kênanga purbanagara | sumarsana lan saruni ||

25. gambir ambabar gănda rum | rumambat ing nagasari | rêjasa sana sêmboja | argulo bang cêplokpiring | prabusèt malathi dênta | têluki lan pacar warih ||

26. tumruntun puspita ranu | talutur kumuda asri | tunjung trate kanigara | karagan-ragan nèng warih | wewehan mawèh wiyoga | marang sang kataman agring ||

27. samana kang among gandrung | mulat wigaring kang sari | sarira mèh kawigaran | sruning onêng mring kang rayi | putri adi ing Măndraka | sorindra Sang Kurupati ||

28. mangu têbah jaja gandrung | kadurus rasaning galih | sira sang among wiyoga | lamine anèng wanadri | sarira sawang kunarpa | sêmuning ujwala salin ||

29. kentar lalitaning sêmu | sruning kabyatan wiyadi | miwah tanpa dhahar nendra | amung amanyipta pati | cinarita tanpantara | lir kiyamat sabên ari ||

30. tan antara wjilipun | raditya mradiptèng bumi | anon ingkang paksi dhandhang | umencok witing karandhing | swarane kawêlasarsa | kapyarsa risang magêng gring ||

31. kadya belani lara kung | dènnya tan kandhêg lumaris | sandeyèng kadudonira | kadung kadudut tyas sêdhih | kadhasih ngêsah kang swara | dènnya non sang brăngta kingkin ||

32. lênglênging tyasira ngungun | lalu

--- 1 : 242 ---

laranirèng margi | tan tolih kawibawanya | mung ketang tinilar ing sih | ciptaning wardayanira | amung ngayam-ayam pati ||

33. tan kandhêg ing lampahipun | sira sang among wiyadi | mulat manyura mong raras | karasikan lan kang èstri | ngigêl ngisor wit tilarsa | kaarsa mring kang lumaris ||

34. angrês tyasira andulu | emut onêngirèng ari | wungu wiyoganya dahat | sanityasa sambat mati | dhuh paran wusananira | laraningsun tan sinipi ||

35. cacak kang pêksi kêkuncung | tan ana sangsayèng krami | kongang asmara widada | paran baya awak mami | sinartu tan sita-sita | wus pinasthi mati gêring ||

36. sarwi lumampah agandrung | Sang Parta samargi-margi | kambah wimbuhing wardaya | mangu-mangunêng ing galih | lah yayi putri Măndraka | apa karanane gusti ||

37. dêdukèng dasih kalangkung | pagene tilar ing dasih | aksamanên ta kawula | kulina anèng wanadri | tansah angruruh ing sira | tanpa dhahar tanpa guling ||

38. laku luput alara kung | mung sira gusti kaèksi | cumanthèl padoning netra | gumantung tuntunging ati | kabèh lêlangêning wana | tan dadya sudaning brangti ||

39. dhuh yayi asiha mring sun | ayyanggung nangsayèng kami | payo kalangên nèng wana | kathah ingkang sarwa sari | ana ron pakis unusan | mimba sinomira gusti

77. Sinom

1. duk samana Sang Arjuna | sangsayardaning mong kingkin ||

--- 1 : 243 ---

dènira emut ing garwa | rêtnaning Dyah Banuwati | lena cinidrèng maling | milalu lara malatkung | tan wrin purwa duksina | putêking tyas manaputi | anglêgèyèh sare ngisoring angsana ||

2. sumilir maruta mănda | tumanduk mawa gănda mrik | sumawur sarining sêkar | angsana nambramèng wingit | dènnya gung brăngta kingkin | kagyat wungu sang wulangun | krêbêting lar manyura | sarwi manampar ing sari | ciptanira sinjanging dyah rinatusan ||

3. julalatan Sang Arjuna | dhuh ariku Banuwati | tuhu asih ring pun kakang | paran karsanira yayi | sumusul mring wanadri | kasusu akusung-kusung | karêbêting kang sinjang | rinatusan gănda amrik | aksamanên dasih ta tan namudana ||

4. sarwi nolih ngèri nganan | dangu tan ana kaèksi | lênglêng Sang Parta alênggah | ngêningkên ciptaning galih | tan supe asêmadi | jroning gandrung kapirangu | sawusnya amêmuja | lajêng tumindak aririh | kang kacipta mung ngayam-ayam palastra ||

5. duk inguni sedanira | Kusuma Wara Srikandhi | Sang Parta rudahing driya | jêr emut garwanya nguni | ingkang saking ing wukir | Rêtna Ulupi sumusul | mring raka wusananya | duk maksihe anèng margi | lawan putra seda binegal rêksasa ||

6. sayarda sungkawanira | nging sasampurnaning jurit | pramèswari ing Ngastina | Kusuma Yu Banuwati | kagarwa Sang Partatèki | wontên lêrêming tyasipun | dene Sang Banuwatya | amirib [a...]

--- 1 : 244 ---

[...mirib] Wara Srikandhi | tan alami Rêtna Banuwati seda ||

7. cinidra ing duratmaka | mila sangsaya gêng wingit | wau ta Sang Dananjaya | kulingling marang ing bèji | bèji jroning wanadri | ngungak-ungak wèh agandrung | mulat kang tarate bang | kumambang têpining bèji | obah-obah kambah ombaking kang toya ||

8. dhuh yayi putri Măndraka | iki tarate bang gusti | baya ta karêmênira | Sang Parta kèndêl anangis | lênglêng tyas lir jinait | ngrêrintih sambat angadhuh | dhuh babo ariningwang | dulunên panangis mami | anèng wana angruruh panuksmanira ||

9. anggèr wêlasa pun kakang | kongkalan anèng wanadri | tanpa rowang kawlasarsa | mung yayi paraning kapti | woding tyas ingsun yayi | tan lyan sira pêpujanku | lamun tan awêlasa | dasih andika mas gusti | anêmahi kasmala ngulati sira ||

10. sruning ngarang karurungan | anggung kadhudhah ing sêdhih | amung ngangên-angên sira | paran wusanane gusti | yèn anggèr tan paring sih | ngusadani kapirangu | dasih andika nyawa | tan wande nêmahi pati | saking sruning manah bunêk tan kawawa ||

11. waspèngsun drês marawayan | sapa kang asih ing mami | wusnya angucap mangkana | Sang Parta bêkuh anangis | nir kasatriyannèki | mung ketang kalulutipun | ru ara driyanira | kongsi lami nèng wanadri | tan angetang pringganing samarga-marga ||

12. tajin dhahar lawan nendra | Sang Parta ciptaning galih | mung ngayam-ayam palastra | mangkana [mangka...]

--- 1 : 245 ---

[...na] sang kataman gring | dangu dènira nangis | kabèh isining wana gung | kadya bela sungkawa | dhêdhêp tan amobah-mosik | saking sruning awlas marang sang asmara ||

13. kunêng kang anggung wigêna | anèng sajroning wanadri | dahat dènnya kawlasarsa | Bathara Krêsna winardi | dènira angulati | ing murcane arinipun | satriya Madukara | lami tan ana pinanggih | sêkêling tyasira Sang Bathara Krêsna ||

14. mangkana osiking driya | Sang Aprabu Dwarawati | kadingarèn têmên ingwang | cabar tan bisa ngulati | pêpêt tanpa pawarti | maring ngêndi ariningsun | dhuh dewa dhuh bathara | tulunga dasih angsung sih | aywa anggung sangsaya anèng jro wana ||

15. lalu lênglênging wardaya | dèniranggung angulati | ênggone Sang Dananjaya | samana Sri Harimurti | waspanya mèh drês mijil | putêking tyas sru lara kung | ya ta ing praptanira | parmaning jawata luwih | ana swara amor ing maruta mănda ||

16. sumilir ing ngarsanira | Sri Bathara Dwarawati | rum-arum mawa sugănda | mangkana linging kang wangsit | hèh hèh Sang Wisnumurti | pagene têka kalimput | ênggone arinira | samêngko ngong sung udani | ulatana jroning alas Tikbrasara ||

17. kaliwat dening bêbaya | larane arinirèki | marma kaki dipun enggal | aywa suwe anèng ngriki | amung dèn ngati-ati | lah ta wus mangkata gupuh | ya ta Bathara Krêsna | wau ta duk amiyarsi | sukèng driya lajêng

--- 1 : 246 ---

dènira lumampah ||

18. ing marga datan winarna | lampahira sampun prapti | jroning alas Tikbrasara | kagyat dènira ningali | solahira kang rayi | rusaking sariranipun | alon dènnya sabawa | Sri Bathara Dwarawati | dhèhèm-dhèhèm marêpêki mring Sang Parta ||

19. kagyat kang rayi tumingal | waspa dènnya ningali[17] | ing praptanira kang raka | sinuhun ing Dwarawati | gupuh amalajêngi | prapta anungkêmi suku | sarya sru karunanya | kang raka putêk ing galih | gya rinangkul lungayane arinira ||

20. sarya lon ing wuwusira | dhuh pagene ari mami | gingsir rêncananing dewa | kaya ta dudu linuwih | jamak dèn nganggo ririh | aja kadarpa ing kayun | ilang jênênge Parta | nanging ta bênêr sirèki | sapa bisa yayi katêkan sungkawa ||

21. paran ardaning wardaya | kalamun maksih kaèksi | sira ingkang tuhu trêsna | yèn lalia sira yayi | yêkti mèlu ngêmasi | saking dahating wulangun | amung ta dèn waspada | sirèku satriya luwih | aja pijêr kaluluh laraning driya ||

22. kakangira sri narendra | liwat padha anahên sih | miwah kadang-kadangira | sira karya walangati | duk lunganira dhingin | nagara gung ura-uru | angruruh marang sira | malah ta kongsi samangkin | sanityasa tikbrane wong sanagara ||

23. wus lêjarna wardayanta | aywa gung anèng wanadri | yèn sira susah ing garwa | patine Si Banuwati | pun [pu...]

--- 1 : 247 ---

[...n] kakang kang nglironi | wanodya ayu pinunjul | nanging ta piyarsakna | sun iki arsa wêwarti | kang akarya darunaning brangtanira ||

24. tan lyan saking garwanira | kang karya kingkinirèki | renane Si Aswatama | ya Si Wilutama yêkti | sutane dèn turuni | lah ta iku kang pituduh | sabarang rèh kacidran | ya ta wau duk miyarsi | Sang Arjuna sakala tyase kabranang ||

25. nir duhkitaning wardaya | saksana matur wotsari | mring raka Bathara Krêsna | lan prasêtyanya kawijil | dhuh kaka jêng dewaji | sêksènana ujar ulun | garwamba waranggana | sadaya ulun indhani | sampun kongsi parêk kalawan kawula ||

26. mantuna kagarwèng amba | Bathara Krêsna lingnya ris | iya yayi sakarsanta | ingsun ingkang ngudanèni | prasêtyanira yayi | mugi tulusa ing kalbu | ya ta ana pratăndha | swaraning kang bumi langit | tri gumuruh jumêgur kang păncawara ||

27. miwah swaraning kang arga | gêtêr-patêr anggêtêri | kadya mèlu ngèstrènana | sêtyane Sang Parta nêngih | ya ta ngandika malih | Sang Parta ing garwanipun | kang anèng sariranya | sadayaning widadari | ingkang sami dumunung anggèng Sang Parta ||

28. ingkang anèng ing bun-bunan | Rêtna Dèwi Rarasati | Kilatmaya netra kanan | Kilatmaya netra kering | Siratmaya Sang Dèwi | kuping têngên dunungipun | Wirasma ingkang kiwa | dene Dèwi Găndawati | adêdunung ing grana [gra...]

--- 1 : 248 ---

[...na] lèng-lèngan kanan ||

29. Rêtna Dèwi Găndarasa | dêdunung grana kang kèri | ing tutuk Dyah Talibrăngta | Talirasa sang lir Ratih | ing lidhah kang dèn goni | Drêsanala Sang Dyah Ayu | punika anèng manah | jêjantung Dyah Drêsawati | ingkang anèng pusêr Rêtna Dumawatya ||

30. kang anèng purus Sang Parta | Kancanararas Sang Dèwi | samya rumêksèng sarira | Sang Rêtna Kancanawati | punika kang dèn goni | rumêksa sajroning jubur | dene sadayanira | sagung ingkang widadari | samya karèh dening Rêtna Drêsanala ||

31. miwah Drêsawati Sang Dyah | iku ingkang mambarêpi | mangrèh sagung waranggana | tan na wani nyulayani | mangkana dènira ngling | Sang Parta mring garwanipun | lah yayi Drêsanala | lawan sagung widadari | kabèh sira mijila sing garbaningwang ||

32. ingsun wus lumuh mring sira | myang sakadangira sami | muliha marang kahyangan | awit sagung widadari | kabèh wus sun lumuhi | sanadyan sira mas ingsun | mangkana sang lir rêtna | kumêpyur duk amiyarsi | rawat waspa sang rêtna lon aturira ||

33. dhuh pukulun paran karsa | sabda paduka sung kingkin | migêna wong tanpa dosa | paran darunaning runtik | têka lumuh kapati | mring dasih kawêlasayun | nadyan kang waranggana | sadaya dosa ing gusti | nging kawula tan mèlu druhakèng tuwan ||

34. dhuh pangeran yèn paduka | tan arsa angaksamani | dhumatêng pra waranggana | kang anèng sarira

--- 1 : 249 ---

sami | suka banjura lalis | sampun andêdawa wuyung | margi salaminira | tan mèngèng tuduhing laki | kongsi nêmah tan amulat surya căndra ||

35. anggung munggwèng garba tuwan | bote nut pakoning gusti | dhuh ing mangke raganingwang | tan wruh margane ing sisip | katugane wak mami | dhuh pangeran laki ulun | kawula tan druhaka | amung lumampah satuding | Sri Bathara Krêsna angrês duk miyarsa ||

36. Sang Parta malih lingira | witne sira angakoni | gurunadi marang ingwang | yêkti kudu anglakoni | anut sarèhing laki | iku wanodya pinunjul | tuhu kalêkaning rat | kasub kaonang ing bumi | jatmika di susila wêdi ing priya ||

37. lah ta yayi wus dèn enggal | aywa kèh kang sira pikir | sun lagya lumuh kalintang | mring sagunging widadari | lah muliha dèn aglis | marang kahyanganirèku | mangkana sang lir rêtna | putêk tyas lajêng anangis | alon mijil sarowang sing garbèng Parta ||

38. praptaning jawi sang rêtna | samya amular tan sipi | luhira drês marawayan | lajêng sami anungkêmi | ing pada kawlasasih | ngrêrêpa ing aturipun | dhuh babo batharèngwang | kang pinasthi gurunadi | sampun kirang aksamanta mring kawula ||

39. Sang Parta alon ngandika | aywa sandeya ing galih | tan kurang aksamaningwang | mring sira ing lahir batin | amung yayi samangkin | kabèh manjing sudarèngsun | mangkana sang lir rêtna | sadaya mit mangênjali [ma...]

--- 1 : 250 ---

[...ngênjali] | wus ngumbara sagunging waranggana[18] ||

40. angrês sang kalih tumingal | murcane kang widadari | ya ta Sri Barthara Krêsna | alon ngandika sang aji | hèh Parta ari mami | ingsun ingkang paring liru | patine garwanira | Banuwati lan Srikandhi | miwah kabèh muksane kang waranggana ||

41. ingsun darbe pawong mitra | sang nata ing Sriwadari | nama Sri Arjunapatya | yèku krama putri luwih | punjul samaning putri | jêtmika susilèng kakung | putri ing Parangguwa | nama Dèwi Citra Hoyi | ing samêngko durung kêna cinangkraman ||

42. ciptane sang lir kusuma | duk anèng prajane maksih | prasêtyaa saha krama | yèn antuk Sang Arjuna di | iya jênêngta yayi | jumbuh têmahan kaliru | antuk Arjunapatya | duk durung wêruh ing yêkti | pangrasane dinalih Arjuna sira ||

43. dene ta padha Arjuna | tan wruh yèn Arjunapati | tur iku ratu prakosa | widigdaya ing ajurit | anom dhasare pêkik | nanging ciptane sang ayu | yèn dudu jênêng para | sang dyah suka têkèng pati | ing samêngko maksih tansah dera mular ||

44. kang sinambat amung sira | marma Sri Arjunapati | tyase uyang mawuyungan | lali pruhita mring mami | tur yayi iku dhingin | wus manjing murit satuhu | lawan jênêng manira | ing mangke lagya wiyadi | awit datan kapadhan sihe mring garwa ||

45. iku yayi yèn sêmbada | payo marang Sriwadari [Sri...]

--- 1 : 251 ---

[...wadari] | ingsun têmbunge garwanya | yêkti datan pindho kardi | nging iya sun ijoli | nadyan mintaa lêliru | widadari suwarga | Dyan Parta duk amiyarsi | andikaning raka lêjar gya tur sêmbah ||

46. dhuh pukulun karsa tuwan | ulun namung nayogyani | ing sapangrèh tan suwala | nanging kalamun marêngi | lan karsa sri bupati | sumăngga nuli lumaku | mèsêm Bathara Krêsna | basakêna sira iki | têka banjur daya-daya tan sarănta ||

47. Sang Parta umatur nêmbah | pukulun inggih sayêkti | kados dhawuh padukendra | saking tan bêtah nahêni | nandhang gênging wiyadi | Sri Krêsna miyarsa guguk | tan winarna lingira | gya bidhal wong agung kalih | lampahira sami mêdal ing gêgana ||

48. kunêng kang margèng awiyat | gantya kang pinurwèng Kawi | nênggih Sriwadari praja | kang jumênêng narapati | Prabu Arjunapati | nata karuna dibya nung | kasub kaonang-onang | ing ayuda pilih tandhing | dhasar ambêk kotama manis sêmunya ||

__________

Taksih wontên sambêtipun kawrat jilid: 2.

--- 1 : [252] ---

[Grafik]

--- 1 : [0] ---

[Iklan]

--- 1 : [0] ---

[Iklan]

 


Lebih satu suku kata: Drusthadyumna lan Dyah Srikandhi ngêmasi. (kembali)
Lebih satu suku kata: karane wijayèng prang. (kembali)
Tanggal: paksa gunaning swara (732 taun surya). (kembali)
Tanggal: tata gatining pandhita (755 taun căndra). (kembali)
Drupada. (kembali)
putra. (kembali)
Puthut. (kembali)
Tanggal: obah gatine prabata (665 taun căndra). (kembali)
Kurang satu suku kata: lah anuli wêcanana. (kembali)
10 nagari. (kembali)
11 dènnya. (kembali)
12 wuri. (kembali)
13 Kurang satu suku kata: eca guling lan pramèswarine. (kembali)
14 Lebih satu suku kata: asri kawuryan langêning langit. (kembali)
15 wirangrong. (kembali)
16 tan. (kembali)
17 Kurang satu suku kata: waspada dènnya ningali. (kembali)
18 Kurang satu suku kata: wus ngumbara sagung ingkang waranggana. (kembali)