Ramayana, Annie Besant, 1940, #1652 (Bab 1)

Judul
Sambungan
1. Ramayana, Annie Besant, 1940, #1652 (Bab 1). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
2. Ramayana, Annie Besant, 1940, #1652 (Bab 2). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
3. Ramayana, Annie Besant, 1940, #1652 (Bab 3). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
4. Ramayana, Annie Besant, 1940, #1652 (Bab 4). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
5. Ramayana, Annie Besant, 1940, #1652 (Bab 7). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
Citra
Terakhir diubah: 01-11-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Serie R. No. ... Ramajana Sri Rama Tjandra Harga f ...

Sêrat Ramayana

Sri Ramacăndra narendra ingkang utami.

Karanganipun Nyonyah Dr. Ani Bèsên, kajawèkakên dening: R.M. Partawiraya, saha M.Ng. Arja Ubaya, ing Surakarta.

DITERBITKAN DAN DIJUAL OLEH: Boekhandel TAN KHOEN SWIE, - Kediri

1940

--- [0] ---

[2 halaman kosong]

--- [0] ---

Sêrat Ramayana

Sri Ramacăndra narendra ingkang utami.

Karanganipun Nyonyah Dr. Ani Bèsên, kajawèkakên dening: R.M. Partawiraya, saha M.Ng. Arja Ubaya, ing Surakarta.

__________

DITERBITKAN DAN DIJUAL OLEH: Boekhandel TAN KHOEN SWIE, - Kediri.

-1940-

--- [1] ---

PENERBIT TAN KHOEN SWIE KEDIRI.

Ramayana, Annie Besant, 1940, #1652 (Bab 1): Citra 1 dari 2

Kitab ini diperlindungi hak pengarang Stbl. 1912 No. 600 fatsal 11.

Kitab yang syah, mesti ada tanda tangannya si penerbit seperti di bawah ini:

[Tanda tangan Tan Khoen Swie]

--- [2] ---

Ramayana, Annie Besant, 1940, #1652 (Bab 1): Citra 2 dari 2
Dr. A. Besant. Paduka Dr. Ani Bèsên

--- 3 ---

Pangrantun

Ngantos kalih taun anggèn kula mangudi suraosipun Sêrat Mahabarata, inggih punika sêrat ingkang minulya ing dunya. Ing mangke kula badhe ngudi Sêrat Ramayana, ingkang sinawung ing sêkar. Sêrat wau nyariyosakên lêlampahanipun senapati ing tanah Indhustan. Sêrat kêkalih punika sumêbar piyambak wontên ing Hindhu. Dene Sêrat Wedha, inggih wêwaton saha ingkang kaanggit piyambak dening Manu, punika amung sagêd tinampèn dening para ingkang sami luhur pasinaonipun, tuwin para mursid, măngka Sêrat Mahabarata tuwin Ramayana sampun lumèngkèt dados dhêdhasaring bêbudèning tiyang jalêr èstri, sarta lare-lare ing tanah Indhustan, amargi tansah dipun angge dêdongengan, kados ta biyung dhatêng sutanipun, guru dhatêng siswanipun, punapadene tiyang sêpuh dhatêng para neneman. Agêngipun sawiyah lare Indhu prasasat saking dêdongengan, ingkang sampun dados kaluluting tiyang sêpuhipun wau, karantên wiwit alit ngantos dumugining diwasa, gujêng sarta tangisipun, têwah saking dêdongengan punika.

Robing dayanipun sêrat kêkalih punika sampun agêng sangêt, sanadyan wujuding kêkiyatanipun sampun botên kenging dipun [dipu...]

--- 4 ---

[...n] wêwahi malih, ananging bilih piwulangipun kadadosakên wêwatakan kita, saèstu kita sagêd anjunjung darajading Indhustan, amargi sêrat wau amêdharakên piwulang bab utamining pambêgan, nyumêrêpakên dhatêng kasaenan. Ingkang sami dipun lampahi sayêktos dening tiyang, dados punika prayogi kangge têtuladaning tiyang nèm sêpuh, jalêr èstri, bapa kalihan sutanipun, sadhèrèk jalêr èstri tuwin mitra sarta mêngsah. Tinimbang Sêrat Mahabarata taksih pikantuk Sêrat Ramayana, amargi gumêlaripun lêlampahan ingkang kawursita ing Mahabarata punika kita dêdunung ing dalêm măngsa nalika kawontênaning gêsang taksih kudhup, sarta taksih ing dalêm kabingungan. Punika dêdongengan ingkang prayogi sangêt, awon sae cêcampuran wontên wêwatakaning sawiyah tiyang, ingkang kita sumêrapi, mèh botên wontên ingkang murni, kajawi Sang Bisma ingkang kawistara sampurna kautamènipun. Saèstunipun awatara beda kalihan manungsa, karana punika darajad sanginggiling kamanungsan. Sêrat wau amung tumrap para mursid, sarta ingkang sampun kadunungan wêweka, punapadene sampun sagêd amilahakên dosa kalihan prihatos.

Beda kalihan ingkang kacariyos ing Sêrat Ramayana, ing

--- 5 ---

ngriku nyariyosakên kasudiran sarta botên sinamar, satunggal-tunggaling watak katingal cêtha, dados lajêng gampil sinudarsana, sarta gampil anggènipun amilahakên kalayan sanèsipun, sae mligi sae, awon lêstantun awon, cêmêng têtêp cêmêngipun, ingkang pêthak lêstantun pêthak, dene klawu botên wontên. Gunggunganipun dongèng wau nyariyosakên watak sae tuwin awon, tumraping tiyang nèm tamtu katêtangi dhatêng kasaenan, sarta tamtu niyat ambengkas piawon. Punapa wontên pawèstri Indhu ingkang kautamènipun kenging kangge têtuladan kados kautamènipun Sita. Punapa ing tanah Indhu wontên rajaputra ingkang anêtêpi anggêring kaprabon, angungkuli Ramacăndra. Punapa wontên tiyang Indhu ingkang bêktining anggènipun kêkadangan kados Laksmana. Mila amung asma-asma wau sadaya, ingkang sagêd ngebahakên manahipun tiyang Indhu, kidunging gêsang lajêng kapiyarsa angrêrangin, sak anggêr dhasaring laras, inggih asma-asma wau tinabuh.

Ugi sampun sami kasupèn, bilih anggèn kita sami priksa dhatêng kawontênaning Indhu kina punika saking sêrat wau. Saking ngriku sumêrêp kula kawajibaning tiyang gêsang, dhatêng ingkang sami nunggil [nunggi...]

--- 6 ---

[...l] sapraja, miwah kêkadangan, gêsang ingkang mulya tuwin sangsara, utamining gêsangipun tiyang sapraja, sarta pangupakaraning lare. Samăngsa kita sampun botên manah dhatêng lêlampahan Indhu kina, ingkang sumêrêp kita saking sêrat-sêrat wau, kita badhe linimputan ing pêpêtêng, wêkasan tanpa têtuladan.

Sêrat Ramayana dipun anggea wêwatoning pasinaon, sangking pangajêng-ajêng kula piwulangipun sagêda amigunani. Bilih sawarnining wêwatakan ingkang kacariyos ing sêrat wau kagêgulang satunggal-satunggal, kita badhe sumêrêp dhatêng ajinipun, samangke kêparênga kula nyariyosakên rumiyin, mulabukanipun wontên Sêrat Ramayana.

Kacariyos salêbêtipun jaman Kretayoga Sang Bagawan Walmiki pêpanggihan kalihan Rêsi Naradha, ing ngriku Bagawan Walmiki pitakèn, punapa ing dunya wontên tiyang ingkang sampun sampurna ing guna pangawikanipun, ingkang têtêp dhatêng sadaya kawajibanipun, têmên sarta tansah sênêng manahipun, cipta sarta pêpenginanipun sampun kawasesa, tuwin katarbuka ing budi. Rêsi Naradha mangsuli, nyata wontên, inggih punika rajaputra têdhaking Prabu Ikswaku, asmanipun Rama.

Sang Nararya Ramacăndra wau ambêkipun sabar, sampun sagêd [sa...]

--- 7 ---

[...gêd] mangrèh sarira tuwin pêpenginanipun, sulistya ing warni tuwin linangkung karosanipun, sudira ing ranagana, sarta asih dhatêng sasami. Ing ngriku Rêsi Naradha lajêng nyariyosakên lêlampahanipun Sri Ramacăndra, adil saha saening paprentahanipun, sumawana yomipun dhatêng kawula.

Rêsi Naradha anggènipun nyariyosakên kaprabonipun Sri Ramacăndra ngantos salêsih. Dipun cariyosakên, ing ngriku botên wontên tiyang sakit, utawi pacêklik, botên kêkirangan toya, botên wontên tiyang kecalan anak, punapa malih botên wontên tiyang pêgatan, katrêsnanipun tiyang jalêr èstri amung dhatêng semahipun piyambak, mêdal ingkang sarwa tinandur, botên wontên tiyang sumêlang bilih kêpandungan, tuwin kaluwèn (Walakandha 1). Makatên kawontênaning praja ingkang ratu saha têtiyanganipun sami lampah sae, sarta bêkti dhatêng kabêtahaning tiyang kathah. Nagari ingkang têtiyanganipun olah kasuksman punika anguwoh karaharjan, para dewa paring nugraha awujud karahayon dhatêng nagari ingkang têtiyanganipun sami sae-sae, sarta anêtêpi darmanipun piyambak-piyambak.

Manawi wontên băngsa ingkang kaplorod saking larikaning

--- 8 ---

bosa[1] mulya ing dunya, punika têtela saking kalêpataning têtiyanganipun nagari wau piyambak, bilih badhe ngangkah wangsulipun malih, sampun botên wontên sarana sanèsipun, kajawi amangun watak ingkang jujur. Mênggah badhe kadadosanipun ing Indhu punika gumantung wontên sutanipun jalêr ingkang taksih sami nèm. Bilih jêngandika sami mangun watak utami, tuwuhing kautamèn punika badhe sêsarêngan kalihan lampahing kamulyanipun praja wutah rah andika, wêkasan sagêd manjing ing larikaning kamulyan. Ciptanipun Bagawan Walmiki kèrêm wontên ing bab lêlampahanipun narendra ingkang ambêk utami wau, salêbêtipun lumampah ing wana, Sang Walmiki sakalangkung sêngsêm ing panggalih, aningali tuwin mirêngakên isèn-isèning wana, kewan-kewan ingkang sami andon mangsan, tuwin paksi-paksi ingkang sami pating klêpêr, ngocèh asingsutan, wontên panging kajêng mandira ingkang agêng.

Ing antawisipun pêksi-pêksi wau wontên pêksi krunca kêkalih (makutha) ingkang salisik nêdhêng sih-sinihan, nanging tanpantara lajêng jinêmparing dening tuwa buru, pêjah ingkang satunggal, pêksi satunggalipun lajêng mêsat mabur kêkêjêr angubêngi bathanging kancanipun, kalayan anjêrit sarosa kados sangêt [sa...]

--- 9 ---

[...ngêt] karêrantan. Ing nalika Sang Walmiki ingkang ambêkipun wêlasan, tuwin priksa manawi tindak kabêngisan punika anênuntun dhatêng kasangsaran, mila sakêlangkung trênyuhing panggalih, saking sangêting wêlasipun, lajêng angrêrêpi yayah kataman ing gandrung, suraosing kidung kadi angêsotakên dhatêng tuwa buru wau.

Ing nalika punika Hyang Brahma angatingali dhatêng Sang Walmiki, sarwi dhêdhawuh supados panganggitipun sêrat ingkang nyariyosakên lêlampahanipun Sri Ramacăndra punika mawi sinawung ing sêkar, kados salaguning anggènipun angrêrêpi wau, punapa malih andhawuhakên, manawi rêdi tuwin samodra têksih wontên, sêrat wau têmtu taksih tansah kawursita ing manahipun tiyang. Makatên wau wiwitipun wontên Sêrat Ramayana, sintêna ingkang maos têmtu katêtangi cipta wêlasasihipun.

Bagawan Walmiki sakêlangkung prihatos anggènipun badhe ngripta kidung wau. Panjênênganipun anggalih pêrlu sagêda wontên ancêr-ancêripun, pramila lajêng angèsthi prakawis punika, sami sanalika kabuka sêsawanganing batos, kalampahan uninga dhatêng Rama, Laksmana, tuwin Dèwi Sita, punapadene Prabu Dasarata kalayan para garwa wontên ing salêbêting pura, anggènipun sami ngandikan tuwin gêgujêngan kados gêsang

--- 10 ---

sayêktos (III).

Dados Bagawan Walmiki nyipati piyambak dhatêng lêlampahanipun sadaya wau. Ingkang dipun priksani Sang Walmiki punika gambar ingkang gêsang, ngantos kawontênaning lêlampahanipun alit-alit botên wontên kalangkungan, amargi botên wontên lêlampahanipun satunggal-tunggal ingkang botên nabêt, wontên ing akasa kang alus, inggih ingkang anarambas tuwin anglimputi sadaya. Pigunanipun marsudi kawruh punika kalih warni, sapisan lampahing sinau, pundi ingkang kenging kita udi, ingkang sampun dipun sumêrêpi ing tiyang, utawi ingkang sinêratan, sami kasumêrêpan, dados tiyang ingkang botên priksa, lajêng sami kados winulang. Kaping kalihipun, amargi kawruh sarta watak wau kita wangun ing lêbêt kita sarta tansah kasarawung ing dalêm cipta, măngka cipta punika kadosdene maripat, mêsthi isi ayang-ayanganing barang ingkang dipun tingali. Lampah ingkang ăngka kalih punika ingkang langkung prayogi, nanging pakèwêdipun, dene sangêt têbihipun. Lampah ingkang kasapisan punika dipun anggea lanjoning lampah ingkang kaping kalih. Cipta kêdah binuka saha kagêgulang sarana piwulang ingkang langkung lêbêt tinimbang ingkang kita sêrat, têmbe kita sagêd lumimbang

--- 11 ---

dhatêng margi ingkang ăngka kalih, sarta ambuka paningaling batos, ngantos sagêd aningali tuwin sumêrêp, dados botên pêrlu sarana pitulunganing sêrat malih. Makatên wau Sang Walmiki anggènipun anyumêrêpi punapa ingkang dipun cariyosakên, tuwin angsal pamarêm, anggènipun badhe nyariyosakên lêlampahan wau. Cariyosipun punika pinerang dados kawan likur èwu sloka, kabage dados gangsal atus bab, riningkês dados pitung kandham (bagian) ananging inggih kêdah ngangge pirantos malih ingkang kenging kangge sarana sagêdipun kidung wau sumêbar kamirêngan ing pamirêngipun tiyang sanagari, amargi jaman punika wêdharing piwulang sarana ijoan, botên asarana sêrat. Pramila Bagawan Walmiki lajêng amêlêng cipta, ingkang pinusthi: sintên ta ingkang badhe ngidungakên wontên ing antawisipun pasamuaning kathah, botên watawis dangu wontên jêjanggan neneman kalih katingal sarta lajêng anyungkêmi padanipun sang bagawan. Jêjanggan kalih punika Sang Kusa kalayan sadhèrèkipun jalêr, nami Sang Lawa, putranipun Rama. Sanadyan samangke dèrèng kasumêrêpan, kadospundi utawi punapa sababipun têka wontên lêlampahan ingkang anglêngkara punika, ing têmbe kita badhe priksa piyambak, amargi [a...]

--- 12 ---

[...margi] jêjaka kêkalih wau kasênênganipun angidungakên piwulang ingkang binarung ing găngsa, pramila lajêng winulang kidung wau dening Sang Walmiki, sarêng sampun sarwa widagda, kidung wau lajêng kinidungakên ing antawisipun pasamuaning para cantrik, wêwasi, jêjanggan, brahmana tuwin tiyang ingkang sae-sae. Sarêng dumugi nagari Ngayodya, inggih ing ngriku kaprabonipun Sri Rama, nalika jêjaka kêkalih wau lumampah wontên ing margi, salêbêting kitha, kalihan akêkidungan, kawuningan dening Sri Rama, têmahan sakalangkung sih aningali, kabagusan sarta sênêning netya, sarta sakalangkung kumênyut ing panggalih, mila lajêng tinantun punapa piyambakipun purun kêkidungan wontên kadhaton. Jêjaka kalih amung sumanggèng karsa. Kalampahan lare kêkalih wau lajêng sami kinarsakakên akêkidungan. Dene ingkang kawursita ing kidung: miyosipun Rama, sugêngipun tuwin kasangsaranipun, punapadene lêlampahanipun Dèwi Sita, Laksmana, Barata, tuwin para senapati sanèsipun, sadaya sami kagawokan mirêngakên lêlampahan ingkang kinudungakên wau, punapadene dhatêng pancurating guwayanipun sang angrêrêpi, sanadyan mangangge panganggening jêjanggan, tumrap kita ingkang sami mirêngakên, kêdah nyumêrêpi gumêlaring [gumê...]

--- 13 ---

[...laring] lêlampahan punika wontên ing jaman punapa, saha punapa prêlunipun, Rama rawuh ing dunya. Tumitahipun Prabu Rama wontên wasananing jaman Tretayuga. Lêlampahan ing dunya kabage dados sakawan yuga agêng, winastan Satyayuga, Tretayuga, Dwaparayuga, tuwin Kaliyuga, jumênêngipun Sri Rama wontên ing wêkasaning Treyayuga, dene muksanipun wontên wiwitaning jaman Dwaparayuga. Wêkasaning jaman Dwaparayuga punika miyosipun Krêsna, dene muksanipun wontên wiwitaning jaman Kaliyuga.

Sri Rama punika punapa. Sri Rama botên angêmungakên satriya tuwin narendra ingkang sakalangkung kawasa kemawon, panjênênganipun punika satunggaling awatara, dewa angejawantah, inggih panjanmaning dewa ingkang bineda kalihan sasaminipun sadaya tiyang, inggih panjanmaning dewa ing nglêbêtipun satunggal-tunggaling manungsa tamtu isi sugêngipun Hyang Maha Tunggal, pribadi ingkang wontên ing lêbêt kita punika, majêng-majêng utawi minggah-minggah, pribadi kita wau pangatag ingkang nyurung ing kita, sarta paring kanugrahan, sak anggêr kita miturut, ananging manawi kita nyariyosakên satunggaling awatara, punika bèntên kalayan sadaya wau.

--- 14 ---

Awatara punika witipun saking têmbung: tra, mawi atêr-atêr: A, pikajêngipun tumurunipun ingkang angupakara, inggih punika tumuruning dewa ingkang maujud manungsa, ing nglêbêt isi dewa ingkang anyorotakên prabanipun, sanès pêperanganing dewa ingkang minăngka wiji, kados ingkang wontên ing nglêbêt kita, ananging dewa ngejawantah wujud manungsa, ngatingali ing manungsa. Dados miyosipun awatara punika, wontên sababipun ingkang prêlu, sawênèhipun prêlu angêncêngakên darma, sarta anglêlêsu karosaning piawon. Limrahipun amastani sabab saking:

Sabên darma iku rusak, manawa adarmane andadra, lah têdhake Barata, ingsun angutus pribadiningsun, marang ing dunya, pêrlu angayomi kabêcikan, sarta angrusak piala, dadi miyos ingsun mau prêlu agawe santosaning darma. (Bagawatgita VI 7-8).

Wontên pitakèn malih, ingkang sambêt kalihan bab pêrluning awatara anggènipun mangrurah piawon.

Kalampahananipun dumados punika sagêd majêng, amargi saking daya kêkalih ingkang kosokwangsul (Sura kalihan Asura) kababar ing kakiyatanipun batosing dumados punika

--- 15 ---

amargi ing nglêbêt kita kadunungan iswara, kadosdene wiji dhinêdhêr ing siti, têwahipun dados wit-witan, ingkang badhe awoh, makatên kawontênaning dumadi. Wijining suksma katanjakakên ing bêbakalan, lajêng tuwuh dados sêkaring manungsa, inggih punika sêkar ingkang mêntilipun lajêng dados dewa, amargi kita sadaya punika dewa ingkang badhe dados dewa.

Sagêdipun majêng punika pêrlu wontên daya kalih warni, ingkang watakipun kosokwangsul. Ingkang satunggal angajêngakên lampahing kamajêngan, mila kaanggêp punika ingkang mitulungi, dene satunggalipun lumawan, dados lajêng kaanggêp kawontênan ingkang ngalang-alangi, ananging ingkang katingal punika anyidrani, kakiyatan kêkalih wau sami amigunani sadaya, saha mitulungi ing kita, angèngêtana kawontênanipun pit (padayantra) punika manawi rodhanipun kaubêngakên ing awang-awang, tamtu botên sagêd lumampah, ananging bilih rodhanipun tumumpang ing siti, ingkang katingalipun kados angêndhêg-êndhêgi lampahipun, punika lajêng sagêd majêng. Wontênipun ebah punika witipun amung saking wontên lawananipun. Sagêdipun tiyang mancolot punika manawi sukunipun tumumpang ing siti ingkang atos, ingkang kadosdene angênggrêg-ênggrêgi [angênggrêg-ênggrê...]

--- 16 ---

[...gi] sukunipun. Ingkang ngênggrêg-ênggrêgi ebahing dunya punika dipun wastani awon. Ananging kawuningana sagêdipun jêngandika majêng, punika bilih wontên lawananipun, manawi jêngandika lênggah botên madal siti, jêngandika têmtu botên sagêd mancolot, dados manawi jêngandika ngatut dhatêng piawon, botên purun lumawan, botên sagêd têwah karosan jêngandika, piawon punika kêdah kita anggêp mêngsah ingkang kêdah linawan, amargi panglawan kita punika ingkang anjalari kababaring watak minulya, dados awon sae punika ugi nayakaning dewa, ananging patrap anggènipun angladosi punika botên sami.

Kaupamèkakên gimnastik. Gimnastik punika jêngandika mathênthêng, mila saya wêwah-wêwah karosan ijêngandika. Manawi ijêngandika anjunjung barang awrat, punika jêngandika makartèkakên otot jêngandika, kangge lumawan bobot ingkang awrat, mila otot jêngandika lajêng dados rosa, bilih jêngandika dolanan putbal tuwin krikèt, punika jêngandika mathênthêng ngangkah sagêdipun unggul kalihan sawarnining pakèwêd, mila kêkiyatan jêngandika saya matambah-tambah, samăngsa jêngandika kêsèd tuwin lumuh gumregah, botên sagêd [sagê...]

--- 17 ---

[...d] mindhak karosan ijêngandika, dados pigunaning prang punika angindhakakên karosan, makatên wau pigunanipun piawon tumraping jiwa murih mathênthêng awit angangkah kamênangan. Kawuningana, manawi jêngandika ngantos ngatut dhatêng piawon, jêngandika dados mundur, ananging manawi jêngandika mêngsah piawon, ijêngandika tamtu majêng.

Mila manawi kêkiyataning piawon punika saya kuwawi, amargi saking tiyang amung manut kemawon dhatêng piawon, wêkasan angrêridhu kamajêngan, ing ngriku lajêng karawuhan awatara, pêrlu amaluya karisakaning kamanungsan, sarta angêmpalakên piawon, padatanipun sabên tiyang sampun dumugi pucaking piawon, sarta sabên tiyang katingal kados mêngsah ing awatara.

Pakartinipun Rahwana ingkang kacariyos wontên Sêrat Ramayana punika tumrap prakawis ingkang makatên wau. Sri Ramacăndra minăngka awak-awakaning kasaenan, nanging Rahwana wakiling piawon, kalampahan sami pêpêrangan, wêkasan Sri Ramacăndra ingkang unggul. Sasampuning kasoran, ing ngriku lajêng kawistara bilih piawon punika inggih saking iswara, amargi sarêng Rahwana sampun kasoran dening Rama, lajêng minggahgah [minggah...]

--- 18 ---

[...gah][2] dhatêng kahyanganipun Sang Hyang Wisnu.

Rawuhipun awatara punika wontên ugi ingkang saking prêlu sanèsipun. Panjênênganipun punika ugi satunggiling guru, kados ta lêlampahanipun Sri Krêsna, ingkang kawursita ing sêrat kidung suksma (Bagawatgita). Panjênênganipun wau ugi satunggiling tuladha kangge nuladhani tiyang ing dunya, botên tumrap para pandhita, para tapa tuwin para sèlèh kadonyan (sanyasi) ananging kangge têtuladanipun anak jalêr, tiyang jalêr ingkang kêkadangan, para nayakaning praja, prajurit, utawi sadhengahing tiyang ingkang mangudi kasuksman. Sri Ramacăndra misuwur sampurnanipun, sarta kautamènipun. Panjênênganipun punika botên amung satunggiling narendra ingkang utami tuwin prajurit kemawon, ananging ugi katingal utami pambêkanipun, tumraping sakukuban, kadang warga tuwin sasami-sami. Manawi miturut sêrat Indhu Sri Rama katingal linangkung piyambak, botên wontên lêlampahaning tiyang sanès ingkang pantês sinudarsana angungkuli panjênênganipun, ingkang tumurunipun prêlu nyumêrêpakên dhatêng manungsa kadospundi kawontênanipun manungsa sambêtipun kalihan pêdhanging gusti.

Pakaryanipun Sri Rama wontên prakawis ingkang sakêlangkung prêlu, [prê...]

--- 19 ---

[...lu,] inggih punika ambangun kautamènipun băngsa satriya, sabab para satriya sampun kalèntu panganggening pangwasa, sarta paprintahanipun. Sadaya tiyang ingkang rosa-rosa sampun sami sasar, kawasanipun botên kangge ngayomi, ananging malah dipun angge nindhês, botên kangge kamulyaning ngakathah, ananging malah kangge ngluhurakên badanipun piyambak, măngka kawajibanipun para ingkang sami anggayuh pangwasa punika ambiyantu dhatêng ingkang sami lêmbèk, nanging botên kangge ngilês piyambakipun.

Pramila wajibipun lare ingkang rosa, angayomi lare ingkang taksih alit-alit, sarta kaulatakên sampun ngantos tumindak ingkang botên prayogi. Lare ingkang sampun agêng măngka purun anggêbag lare alit, punika lare jirih, lare-lare ingkang sae têmtu ngrèmèhakên dhatêng piyambakipun.

Wêkdal samantên băngsa satriya kathah ingkang sampun kasirnakakên dening Sang Rama Parasu, minăngka paukuman kalèntunipun panganggening kawasanipun. Kasirnakakên, supados băngsa satriya sami sumêrêpa, bilih pangwasanipun kaangge ngilês tuwin nganiaya, piyambakipun inggih badhe dipun ilês dening

--- 20 ---

ingkang pangwasanipun angungkuli piyambakipun. Nalika wulang ingkang sakalangkung pêrih punika kawarahakên dening Sang Ramawadung (Ramaparasu) ing ngriku miyosipun Ramacăndra, pêrlu paring têtuladan bab kautamèning kasatriyan. Kita badhe angrêmbag kautamèning kasatriyan, ngantos pêperanganipun alit-alit, kula purun matur wontên ing purwakaning sêrat punika, bilih sadaya punika kautamèn ingkang pakangsal tumraping Indhustan samangke. Ing ngriku nyariyosakên lairing kautamènipun priya, inggih punika kasaenan ingkang pakangsal kangge angluhurakên darajadipun tiyang sanagari, kados ta: kasuran, karosan, kasabaran, kamomotan, priksa dhatêng ajinipun piyambak, rumêksa jêjêging adil, sarta angrisak tindak ingkang botên lêrês, saras tuwin parigêl, watak kabrêgasaning priya, rosa tumancêbipun wontên ing manahipun para senapati Indhu ing jaman kina, ananging owêl dene sampun oncat saking tanah Indhu ing wêkdal samangke, botên wontên praja ingkang sagêd luhur, bilih kasaenan wau sampun uncat saking wêwatakanipun, pramila watak kasaenaning priya wau kêdah katêtangi wontên ing manahipun para neneman ing Indhu. Utawi kêdah katêtangi [katê...]

--- 21 ---

[...tangi] ing manahipun sadaya tiyang ing tanah tuwin nagari ing pundi kemawon ingkang rumaos kêsandhang.

Sampun ngantos andugi, bilih kasaenan wau sagêd sêsarêngan kalihan lampahing tindak dêgsura, nguthuh tuwin saèn, sanadyan kalamăngsa lakar wontên lêlampahan ingkang makatên, botên wontên watak dêgsura tuwin saèn, ingkang nabêt wontên panggalihipun Sri Ramacăndra, panjênênganipun sakalangkung alus tuwin wêlasan, ambêkipun sae tuwin luhur, sakêlangkung bêkti dhatêng para lêluhuripun, punapadene dhatêng para winasis. Jêngandika kêdah adamêl diwasaning watak kasuran, miwah angajènana dhatêng sarira jêngandika piyambak, sinartanana ambêk santa tuwin luhur, jêngadika badhe kasinungan ambêking priya ingkang prayogi, inggih punika rosa nanging alus.

Anggadhahana pangangkah sampun ajrih dhatêng ingkang umuripun langkung sêpuh tinimbang ing jêngandika piyambak. Lare sampun ajrih dhatêng tiyang sêpuh, tuwin gurunipun, sanadyan piyambakipun kêdah angajèni, sarta pitados dhatêng saening pangangkahipun para sêpuh tuwin gurunipun wau. Ingkang prasaja, kêndêl, luhur sarta alus, dados jêngandika dipun sihi, sarta pinitados [pinitado...]

--- 22 ---

[...s] dening tiyang sapraja. Tiyang sae tamtu botên pisan gadhah pangangkah supados tiyang sanès sami ambrangkang bilih langkung wontên ing sacêlakipun, sarta ajrih ngatingalakên watak utamining priya.

Samangke wangsul dhatêng bab aluraning dongèng malih, kita sakêdhik-sakêdhik sampun sami mirêng ing pundi miyosipun Ramacăndra, inggih punika wontên ing Ngayodya kithanipun nagari Kosala, têgêsipun Kosala punika botên sagêd kasoran. Ing ngriku kawêngku dening narendra têdhaking Ikswaku, nagari wau karajanipun wiyar saha misuwur pamêdalipun agêng, sitinipun kaoncoran saking toyaning bangawan Sarayu, pramila sakalangkung êloh. Têtiyanganipun sami sugih-sugih. Ing praja Ngayodya sakalangkung anêngsêmakên, ngantos botên kenging cinăndra ing têmbung, sarta têtiyanganipun sampun sami luhur guna pangawikanipun, margi-margi wiyar, hawanipun cêkapan asrêpipun, mila ing pundi-pundi kaèbêkan sêsêkaran warni-warni ingkang mawa gănda marbuk arum. Ing pundi-pundi toko agêng-agêng ingkang kêbak dagangan rupi-rupi, mila gampil tiyang ingkang badhe sade-tinumbas, pirantosing ngupa boga. Kathah griya agêng-agêng kangge papaning [pa...]

--- 23 ---

[...paning] têtingalan, tuwin padalêmanipun para luhur, sarta patamanan ingkang asri-asri, pirantos kangge ngenggar-inggar para prajurit ingkang tansah ginagulang kaprigêlanipun nyêpêng sarta nandukakên dêdamêl, para prajurit tansah lêlana pêrlu anyirnakakên sakathahing buron wana ingkang nangsaya pangupajiwaning tiyang, ananging botên pisan wontên tiyang lola, ingkang niyat nyêpi dhatêng wana, ngantos kenging jêmparingipun para satriya ingkang sami adamêl sirnanin kewan galak ing wana wau. Para satriya tansah angayomi para ingkang sami mangun katêntrêman, saking panangsayaning tiyang tuwin kewan, ananging botên pisan anganiaya dhatêng tiyang alit, mila kathah para brahmana, tiyang sukci, tiyang sae-sae tuwin para winasis, sami sêrêng pangudinipun dhatêng kasunyatan, tuwin kamulyaning jiwa, punapadene kathah tiyang tapabrata. (§ V).

Amila sampun saèstu tiyang sanagari sami bêgja-bêgja tuwin saras, sarta katingal sami narimah dhatêng sakadaring kawontênanipun piyambak, botên wontên tiyang mlarat, tuwin botên wontên tiyang botên sumêrêp ing sastra.

Kenging kula wastani mèh mèmpêr kados kawontênanipun ing tanah Indhu wêkdal samangke, ananging bedanipun ing jaman [jama...]

--- 24 ---

[...n] punika botên sapintêna ingkang angsal piwulang kang luhur, ingkang kathah taksih kirang kasagêdan, punapadene panarimah dèrèng sumrambah ing sabên tiyang, măngka amung panarimah ingkang dados witing kabêgjan. Panarimah punika botên tuwuh saking kasugihan, tuwin luhuring darajad, ananging amung lantaran saking dêrêng pangudinipun dhatêng kasuksman.

Mênggahing panarimah punika kodrating Suksma, ananging botên tuwuh saking kawontênan, kathah tiyang malarat ingkang narimah kalayan sagadhah-gadhahanipun kemawon. Kosokwangsulipun kathah tiyang sugih ingkang botên gadhah panarimah, sanadyan bandhanipun sampun tanpa petangan, măngka panarimah tuwin botên narimah punika, sampun dumunung ing manahipun sawiyah tiyang.

Lajênging cariyos, tiyang sapraja sami watak sae, jiwa tuwin badanipun sukci, pramila botên wontên tiyang ingkang botên anyênêngakên, utawi botên sulistya ing warni, amargi bilih lairipun punika endah, tuwin anêngsêmakên, têmtu sêsarêngan kalihan sukcining watak sarta alusing bêbudènipun.

Sabab sanèsipun malih, mila tiyang sanagari sami bêgja,

--- 25 ---

amargi saking utami saha kacêkapaning ratunipun, inggih punika Sang Prabu Dasarata, sumawana kawicaksananipun amillih nayaka. Para nayaka sakalangkung sih saha sêtya dhatêng panjênêngan nata, salami-laminipun tansah mêmuji karaharjanipun sang prabu, sadaya sami winasis tuwin susila, cakêp dhatêng kawruh praja, sampun sagêd mangrèh pribadinipun, santosa kêkêncênganipun, alus têtêmbunganipun, botên nate cidra ingkang amargi saking piawon, prêlu amung badhe adamêl kabêgjanipun salah satunggal utawi saking kamelikan, sampun saèstu nugraha praja ingkang ratu saha nayakanipun kados makatên wau. Ananging ing antawisipun pêpadhang wau wontên undhukipun sawatawis, awit sang prabu sampun kaparèng yuswa dèrèng apêputra, pramila sang prabu punapadene tiyang sapraja sami sangêt angajêng-ajêng wontênipun rajaputra ingkang sayogya gumantos, angrênggani kaprabon ing praja Ngayodya. Ing mangke kaparêngipun sang prabu nêdya asêsaji, tuwin amuji ing dewa (§ VIII). Dene ingikang piniji saupakartining aswawedha (sêsajèn kapal) Sang Bagawan Rêsasrêngga. Sasampunipun sêsajèn kasadhiyakakên, sang prabu kalayan para garwa lajêng sami amêmuji. Tamtu para brahamana botên badhe

--- 26 ---

katurut pitêdahipun, manawi piyambakipun botên awêwaton Wedha, tuwin Wedhangga, utawi botên nyata cariyosipun, sarta botên mumpuni ing kawruh. Makatên ugi sampun ngantos wontên tiyang ingkang nglampahi sêsaji, manawi botên wontên ingkang mratitisakên. Ing jaman kang mulya brahmana ingkang botên paramèng sastra punika botên kaanggêp brahmana. Anggêr-anggêring Manu mungêl: brahmana kang ora awisastra iku kayadene gajah kayu utawa kidang kamusan.

Botên wontên sêsajèn ingkang lêrês samêsthinipun, manawi ingkang ngwontênakên sêsajèn wau bodho. Samăngsa kawruhipun kasucian saha kasêtyanipun sampun risak, pujinipun pandhita wau botên sagêd dumugi ngayunan. Kalampahanipun sagêd dumugi ing ngayunanipun Gusti Kang Maha Luhur punika amung manawi anggènipun sêsaji lêrês lampahipun.

Pêrlu dipun sumêrêpi pasamuan agêng wau, para brahmana, narendra, para darah, para sudira sami ngêmpal. Ingkang dipun ladosi dening satunggiling wanita kasêbut ing asma kêkasih Dèwi Kusalya, inggih punika garwanipun Prabu Dasarata ingkang sêpuh piyambak, makatên wau băndha kamulyanipun tiyang Indhu kina, ingkang samangkenipun sampun ical. Pêrlu

--- 27 ---

para pawèstri sami anulada lêlabêtan wau, manawi ambangun kaluhuraning băngsa kêdah mandarsana lêlampahan kina, amargi dayaning biyung punika agêng sangêt, tumrap anakipun jalêr (§ XIV).

Saparipurnaning sêsaji aswawedha (sêsajèn kapal) ingkang sangkêp saupakartinipun, para dewa sami anênuwun ing Hyang Brahma, mugi paringa pitêdah pundi sarana ingkang dados prangrurahing Rahwana.

Rahwana punika satunggaling rasêksa linangkung ing guna kasaktènipun, amargi kaparingan pangwasa dening Brahma pribadi, têmahan lajêng mangrurah katêntrêmaning tri bawana.

Pangandikanipun Brahma: srêngenge ora kawawa amanasi, angin ora bisa ambuncang, apadene sagara ora wani ngombak samăngsa dipandêng dening Rahwana.

Kasoripun amung kalayan manungsa, amargi sampun pinarêngakên botên sagêd kawon dening titah sanèsipun. Saking kumlungkungipun Rahwana, tiyang punika kaanggêp mêsthi kasoripun, dados botên kaaturakên dhatêng Brahma, mila kalampahanipun lajêng kasoran dening manungsa. Wisnu ingkang sikêp dêdamêl, gêntha kêkêlèng, cakra tuwin trisula, lajêng miyos.

--- 28 ---

Tumrapipun ing ngriki botên wontên wujud ingkang tanpa têgês, sadaya wau pasêmon, gêntha kêkêlèng punika isbating pangandika, pamanguning jantu ingkang ngwontênakên wujud. Cakra punika pasêmoning juru panglêburan, ubênging kêkiyatanipun gêtêr ingkang sasar, mila alam-alam punika lajêng pinerang-perang. Dene trisula atêgês pangwasa, pratandhaning pangwasa ingkang angayomi, tuwin angupakara bawana, sagêdipun lêstantun prayogi.

Jêngandika sadaya sagêd anyumêrêpi sawarnining pasêmon wau, ing candhi-candhi wontên sacêlaking rêcanipun Wisnu, wajib jêngandika kapriksa dhatêng pikajêngipun.

Bathara Wisnu ngatingal, sarta sanggêm dhatêng para dewa, bilih panjênênganipun badhe karsa mangejawantah, dados putranipun Prabu Dasarata, sakawan saha badhe nyirnakakên Rahwana (§ XV), sarêng Bathara Wisnu sampun botên katingalan, sanalika wontên cahya gumilang agana manungsa, amangkul bokor kancana, isi toya nugraha (payasa), inggih punika dewa utusanipun Sang Hyang Prajapati, Jagad Pratingkah, matêdhakakên toya wau dhatêng Sang Prabu Dasarata, supados kaparingan dhatêng para garwanipun, kalayan suka sukuring panggalih sang

--- 29 ---

prabu ambage toya nugraha dhatêng sori têtiga, wêkasan lajêng sami anggarbini. (§ XVI).

Ananging sadèrèngipun miyos, para dewa mirantosi srayaning ayuda, ingkang sampun dados gêgadhanganipun para rajaputra wau.

Para dewa amuja titah ingkang warni-warni, sawênèh rasêksa, satêngah kewan, baruwang, tuwin wanara, ingkang sakalangkung kuwawi, tur sagêd mancala putra mancala putri, wujudipun sakalangkung endah, titahing astral ingkang maujud kewan. Sang Hyang Endra angwontênakên wali (tiyang Jawi amastani Subali), dene Bathara Aditya: Sugriwa, kêkalih punika minăngka têtindhihing wadya wanara, ingkang ing têmbe badhe kita sumêrêpi, Bathara Wiswakarma undhagining kaswargan, angwontênakên Sang Nala, inggih punika ingkang badhe adamêl karêtêg ing samodra.

Makatên ugi Bathara Wayu, andumadosakên Anuman, sintêna ingkang badhe sumêrêp, kawontênaning para wanara, aningalana patamanan tuwin candhi-candhi ing tanah Indhu.

Inggaling cariyos, miyosipun Rama punika sampun sarwa samêkta sadaya pirantosipun.

--- 30 ---

Bab I. Neneman tuwin Pikramanipun.

Kacariyos, jumênêngipun Prabu Dasarata punika wontên nagari Ngayodya, katarimah panuwunipun, dene badhe kagungan putra ingkang dados pangajapaning dunya, amargi putranipun wau panjanmanipun Bathara Wisnu ingkang anarambas sarta angupakara bawana saisinipun sadaya, Wisnu manjanma ing narpaputra, pêrlu badhe mitulungi dunya.

Lampahing măngsa lêstantun kados padatanipun, wêkdal surya dhumawah ing palak aris, rêmbulan wontên ing: kaprikorus, lintang saturnus wontên ing libra, lintang yopitêr wontên ing kansêr, tuwin lintang penus wontên ing palak pisên.[3] Sori nata ingkang akêkasih Dèwi Kusalya ambabar miyos priya, katingal sarwa santosa, tuwin kawistara kêndêl, tur sapalihing Wisnu. Botên watawis dangu Dèwi Kekayi ugi lajêng apêputra, punapadene Dèwi Sumitra inggih lajêng apêputra kêkalih sami priya. Nararya sakawan punika wujudipun Bathara Wisnu, dados gêsang satunggal anggêsangi tiyang sakawan, inggih punika lairipun adil, katêmênan, kasêtyan [ka...]

--- 31 ---

[...sêtyan] saha kêkandêlan. Rajaputra sakawan wau kaparingan nama dening Bagawan Wasistha miturut sasipatanipun piyambak-piyambak, putranipun Dèwi Kusalya sinêbut Rama. Ingkang mijil saking Dèwi Kekayi kanamèkakên Barata, dene ingkang miyos saking Dèwi Sumitra ingkang sêpuh winastan Laksmana, ingkang nèm Satruna. Têtiyang sa-Ngayodya sakalangkung bingahing manahipun, mila ing margi-margi sami dipun rêrêngga, sarta sami ajêjogedan tuwin akêkidungan, Sang Prabu Dasarata paring têtêdhan dhatêng tiyang alit, sarta amisungsung para brahmana, pahargyan ing bawana gamêlan Lokanănta kapiyarsa angrêrangin wontên ing akasa. Para gandarwa tuwin apsara sami malenggot bawa, kalayan asêsêndhonan, enggalipun tri bawana sami suka sukur, dene Rama sakadangipun kamiyosakên wontên ing dunya, mila tri bawana sami bingah-bingah punika, wigatosipun angurmati miyosipun Bathara Wisnu, kita sadaya sampun sami priksa, ing sawarnining agami, inggih makatên kawontênanipun tri bawana, sabên wontên utusan ingkang kamiyosakên dhatêng ing dunya.

Nalika miyosipun Sang Buda saking Dèwi Maya, para dewa inggih sami asêsanti, kados kawontênanipun para malaekat [malae...]

--- 32 ---

[...kat] nalika miyosipun Kristus, saking Dèwi Maria. Alam ingkang luhur punika botên kapisah têbih saking sacakêt kita, ananging saèstu sampun alimput-limput kalihan dunya kita, mila sabên bawana ingkang wujud bêbakalan (Stof) punika winiyak, isinipun inggih lajêng sami sagêd sêsrawungan.

Para narpaputra wau sami ginulang saliring guna pangawikan, supados ing têmbe bilih sampun diwasa botên anguciwani rumêksa dhatêng prajanipun. Manawi kita nyumêrêpi saliring pasinaon ingkang winulangakên ing narpaputra, kita lajêng wuninga pundi pasinaon ingkang prayogi kangge cêcaloning para satriya ing nagari Indhu kina, amargi para rajaputra punika sadaya saèstu botên badhe dados pandhita, ananging ginadhang dados sujanma ingkang mranata nagari. Mila manawi kita purun nyumêrêpi pasinaon ingkang kacariyosakên wau, kita lajêng sumêrêp pundi pasinaon ingkang prayogi tumrap para taruna, inggih punika piwulang agami, tuwin kasusilan. Rajaputra wau winulang Wedha, pramila lajêng sami tansah mangangkah rahayunipun tiyang sanès, punapadene winulang saliring kagunan, kados ta: patrapipun tiyang nandukakên dêdamêl, numpak kapal sarta angusiri, amargi [a...]

--- 33 ---

[...margi] saking kasinau titi dhatêng patitising piwulang catur prakawis, inggih punika kawruh kasuksman, kasusilan, kautamèn, sarta kawadhagan, pramila diwasanipun sang nararya sakawan wau sami sinihan sarta tansah pinuji ing tiyang sanagari, punapadene adamêl karênanipun ingkang rama sang prabu.

Sampun sami dipun sumêrêpi, manawi sêrat-sêrat kina sami angêmot kadospundi patrap panggulawênthahing kawadhagan, kados ta pasinaoning badan, ingkang sampun mèh kapêngkêrakên dening tiyang Indhu neneman ing jaman samangke. Para neneman badan saha ciptanipun kêdah ingkang saras, tuwin rosa saha parigêl, dados botên kuciwa nambut saliring pandamêl, amargi manawi badanipun punika lêsu, pakartining ciptanipun inggih lajêng nguciwani. Badan punika pirantos ingkang kawasesa ing manungsa, saèstu gampil katandukakên.

Sabên-sabên kula manggih cacriyosan, bilih para rajaputra sakawan wau sampun sami sagêd mangrèh dhatêng indriya tuwin sariranipun, ananging kenging kaumapèkakên tiyang ngupados kapal, tamtunipun botên badhe amilih ingkang loyo utawi botên anggraita, ingkang dipun padosi

--- 34 ---

ingkang otot tuwin balunganipun kuwawi, punapadene pacak tuwin graitanipun sae, awit pangajêng-ajêngipun kapal wau sagêda miturut sakajêng kita, pramila jêngandika gadhaha pangangkah damêl karosan, saras tuwin parigêlipun sarira jêngandika, ingkang santosa ing tekad tuwin lantip, ananging ingkang mituhu dhatêng para luhur, kêdah sinau miturut wasesaning karsa, ingkang badhe nglêksanani gêgayuhan ingkang prayogi, sêtya dhatêng gêgayuhan kang luhur, sarta ingkang bakti anggèn jêngandika niyat ambiyantu ing sasami-sami tuwin Pangeran. Piwulang ingkang kawulangakên ing pamulangan luhur praja Bênarès, punika miturut pranatan kina sakawan warni kados ingkang sampun kacariyos ing nginggil, dene ingkang kamanah pêrlu piyambak piwulang ing ami[4] Indhu, amargi sampun têtela manawi panggulawênthah ingkang botên sarana piwulang agami punika badhe nguciwani, kangge adamêl sarana kaluhuraning băngsa, sarta botên kenging kangge anjunjung kaluhuraning bong[5] Indhu, kawruh kasusilan punapadene tumraping cipta ugi kawulangakên, sarta kita rumaos pêrlu sangêt bab parigêl tuwin rosaning badan. Panggulawênthah ingkang makatên mugi sagêda kawradinakên dhatêng tiyang Indhu, amargi ingkang sampun-sampun agêng [a...]

--- 35 ---

[...gêng] sangêt ajinipun.

Sri Rama adamêl bingah tuwin sihipun ingkang rama tuwin para kadang, amargi Sri Rama sae sangêt tandukipun dhatêng sadaya wau. Para narpaputra punika kados arêrakitan, Rama kalihan Laksmana, Barata kalihan Satruna. Sang Laksmana punika kenging kaupamèkakên ayang-ayanganipun Rama, ciptanipun botên sanès amung sêdya sumarah dhatêng kang raka, ngantos botên tumulèh dhatêng sariranipun piyambak. Laksmana botên badhe sare bilih botên wontên sacêlakipun ingkang raka, punapadene botên karsa dhahar bilih ingkang raka botên dhahar. Manawi ingkang raka ambêbêdhag awahana turăngga, Laksmana tamtu andhèrèk, kalayan angasta gandhewa sarta angendhong jêmparing prêlu rumêksa. Dene Satruna sakêlangkung rêmênipun dhatêng Barata. Anggèn kita sumêrêp dhatêng kautamènipun Sri Ramacăndra punika saking Sêrat Rama. Sasampunipun Sri Rama putus dhatêng saliring pasinaon ingkang kawarahakên, sarta sampun diwasa, prakawis agêng ingkang angênani dhatêng panjênênganipun, punapadene pisah saking saliring sadaya kasênêngan, panjênênganipun sampun mêngkêr saking sadaya kabingahan, tuwin kamulyanipun, alusing

--- 36 ---

budi rêmên sêsrawungan sarta tansah nalăngsa, ananing babar pisan botên maèlu dhatêng kamulyaning donya.

Sanadyan ingkang rama punapadene para kadang sadaya sami tansah mangangkah sagêdipun Sri Rama katêtangi dhatêng sadaya wau, ananging sampun botên sagêd anêdhasi. Para gurunipun tuwin para mitranipun sampun tanpa damêl kemawon pambudidayanipun, rêmên lênggah miyambak, kalayan tumungkul tuwin paningalipun mandêng mangandhap, amargi saking dayaning watak weragya, pikajêngipun sampun botên maèlu dhatêng sadaya ingkang kenging ewah gingsir, tuwin ingkang botên nyata, kanthi sêrêng pangangkahipun dhatêng kalanggêngan saha kasunyatan. Kadospundi pamulangipun Bagawan Wasistha dhatêng Rama, têka lajêng lêstantun akêkuwu ing dalêm kawicaksanan, manawi jêngandika sampun saya sêpuh, jêngandika sagêd maos sêrat nami Yogawasistha, inggih ing ngriku kalêmpakaning piwulang gaib. Amargi Sang Ramacăndra sampun lêbda dhatêng pangolahing katêntrêman, sarta dhatêng kamuksan, inggih punika kawruh ingkang amêmarah dhatêng wicaksanan, kadonyan sampun katingal sêpi, sarta sampun botên dados pamarêmipun. Ingkang kaupaya amung sajatining kamulyan. Sujanma ingkang makatên panggayuhipun sampun [sa...]

--- 37 ---

[...mpun] tamtu katabêrènipun langkung saking para olah kadonyan, tur sampun botên maèlu dhatêng kadadosaning pakaryanipun wau, sêngsêmipun wontên ing dalêm dad. Sarêng Sri Rama sampun sarwa samêkta, jagad mangarsa-arsa, mugi Sri Rama lajêng amiwitana kawajibanipun ing kalairan. Ing nalika Prabu Dasarata sinewa dening para nayakaning praja, anggalih badhe mikramèkakên kang putra Sang Rama, nanging dèrèng dumugi dènnya imbal sabda, kasaru wontên wadya kang atur uninga sang nata, manawi Bagawan Wiswamitra sowan. Jêngandika badhe priksa, punapa wigatosipun mila pandhita wau marêk ing panjênêngan nata. Sang prabu gupuh-gupuh amapagakên sang pandhita kalayan anoraga. Sawusing bage-binage, lajêng kairid dhatêng dhatulaya. Sawusnya lênggah satata, saking anggènipun badhe ngatingalakên bêktinipun dhatêng sang bagawan, Prabu Dasarata ngantos botên anggalih dhatêng pangandikanipun. Aturipun: Dhuh, sang maha wiku, punapa ingkang dados kaparênging panggalih, mugi tumuntên kadhawuhna, supados kula lajêng sagêd anglêksanani, awit paduka dewa sasêmbahan kula. Bagawan Wiswamitra matur sarwi mèsêm: Mugi sang prabu sampun angingkêdi punapa ingkang sampun kadhawuhakên. Ing ngriku Bagawan [Bagawa...]

--- 38 ---

[...n] Wiswamitra amratelakakên, manawi dènnya kusung-kusung tumurun saking asrama sowan ing ngarsa nata, atur uninga manawi piyambakipun mêntas adamêl sêsaji ing dewa, ananging tansah dipun rubeda dening rasêksa kêkalih, nami Marica tuwin Subau, punapa malih rasêksa kêkalih wau sami angrêgêdi palanggatan, sarana ambucali ulam daging tuwin rah. Dhuh sang prabu, putra panduka Rama ingkang sudira ing rananggana kaparingna, amargi amung Rama ingkang sagêd anyirnakakên rasêksa ingkang dahat angrubeda. Botên dangu, sadasa dintên sampun cêkap. Rama sampun diwasa, tur botên kirang kêkêndêlan, mila tumuntên kaparingna, dhuh narendra ingkang kawasa. Ing nalika Prabu Dasarata midhangêt aturipun sang pandhita sakalangkung kagyat ing panggalih, ngantos sawatawis dangu botên sagêd angandika, saking sangêting prihatos. Osiking panggalih: Rama dijaluk, prêlu arêp ditandhingake karo mungsuh kang anggêgirisi, ing măngka Rama iku anak pambarêp, kang isih kênomên, apa bisa ngulungake. Ing ngriku sang prabu lajêng ngandika ingkang pêgat-pêgat, bilih panjênênganipun badhe tindak piyambak kalayan angirid wadyakuswa, ananging Rama putra pambajêng ingkang dados dununging katrêsnanipun, tur anggènipun [anggèni...]

--- 39 ---

[...pun] apêputra sang prabu sampun kaladuk ing yuswa, botên tega badhe amaringakên. Sintên kawontênaning rasêksa sasar, sarta sintên ingkang anduta, ing nalika wau Rama midhangêt namining mêngsahipun, inggih punika Rahwana, sutanipun Wisrawana, ingkang pinunjul sasamining rasêksa, sarta ingkang unggul ing tri bawana, ingkang gêthing dhatêng tiyang adamêl sêsaji, mila kengkenan punggawanipun nami Marica tuwin Subau, awit saking pambêngokipun kang rama: mêngsah Rahwana. Kula botên kadugi lumawan dhatêng Sang Rahwana, amargi botên wontên ingkang sagêd ngawonakên, măngka pun Rama anak kula jalêr taksih nèm sangêt. Sanadyan piyambakipun pancèn kêndêl, tuwin bagus kados dewa, kula botên sagêd pisah lan piyambakipun.

Bagawan Wiswamitra lajêng matur, kalawau sang prabu sampun marêngakên, wêkasan samangke kajabêl, ingatasipun têdhaking ratu botên prayogi, ingkang makatên badhe anuntun karisakaning kaprabon panduka. Dhuh, sang prabu, kadospundi dene panduka cidra ing janji, botên langkung kula badhe tumuntên wangsul dhatêng padhepokan, mugi panduka sakadang warga sami karaharjan. Panulakipun sang prabu dhatêng panyuwunipun [panyuwu...]

--- 40 ---

[...nipun] Bagawan Wiswamitra wau adamêl prihatosing jagad, tuwin para wicaksana, amargi ingkang makatên wau botên anênuntun kasaenan, bilih botên miturut dhatêng para pandhita, karantên panyuwunipun punika botên tumrap kabêtahanipun piyambak, ananging kangge rahayuning tri bawana, dados panyuwunipun punika lêrês sangêt, pramila Sang Wasistha enggal marêpêki carwi[6] matur, sarta pêpèngêt dhatêng sang prabu, bilih botên prayogi narendra nyidrani pangandika ingkang sampun kawiyos, mila enggal maringna kang putra dhatêng Bagawan Wiswamitra, punapadene Sang Wasistha ugi anglêlipur dhatêng sang prabu, kados punapa prayoginipun, manawi sang prabu kaparêng angayomi dhatêng Bagawan Wiswamitra sabên damêl sêsaji ing dewa, amargi sang bagawan amung nyuwunakên kamulyanipun kang putra.

Ing ngriku Prabu Dasarata lajêng amaringakên Rama dhatêng Bagawan Wiswamitra. Sang bagawan lajêng madal pasilan, kairing dening Rama kalayan Laksmana, lampahipun ngantos pintên-pintên dintên, dados Rama kalihan Laksmana kados siswanipun sang bagawan, sabên dintên tansah anêtêpi puja tuwin samadi, sarta awiraosan prakawis kawruh kasampurnaning dumadi. Salêbêtipun [Sa...]

--- 41 ---

[...lêbêtipun] lumampah Rama amêjahi rasêksi biyungipun Marica, nami Tharhakha, punapadene Rama pinaringan dêdamêling dewa dening Sang Wiswamitra.

Sadumugining padhepokan, sang tapa lajêng pitêdah ing pundi tilas patapaning Wahmana (Dewa Bajang), inggih ing ngriku papan ingkang prayogi kangge mapagakên mêngsah. Ing nalika wiwit adamêl sêsaji (kurban), Marica katingalan sumêja gora-godha. Marica kajêmparing kenging dhadhanipun lajêng kabuncang dhawah ing sagantên, Subau lajêng binanting, enggalipun rasêksa kêkalih kasoran dening Rama, mila lampahing sêsaji botên karubeda, ananging kendhangipun Marica punika ingkang nêwahakên kirang prayogi tumrap Rama.

Enjingipun para tapa sami ngêmpal ing padhepokan. Ingkang sami kacariyosakên langkapipun Prabu Janaka ing praja Matili, ingkang sakalangkung elok, punapadene nyariyosakên bilih sang prabu badhe adamêl pamiwahaning sêsaji, pramila para tapa wau lajêng sami nêdya aningali.

Sang Wiswamitra pangkat dhatêng ing Matili, kadhèrèkakên rajaputra kêkalih. Samargi-margi sabên lèrèh Sang Wiswamitra lajêng nyariyosakên sawarnining lêlampahan, ingkang sampun [sampu...]

--- 42 ---

[...n] nate kadadosan, ing papan ingkang dipun langkungi, punapadene mampir ing padhepokanipun para pandhita. Narpaputra priksa dadongenganipun lèpèn Gangga, ingkang anggrujug sirahipun Bathara Mahadewa, Prabu Sahara, kalihan putranipun anggènipun angêbur samodra, sarta anggènipun Bathara Siwah ngunjuk wisaning kadonyan. Sarêng lampahipun Bagawan Wiswamitra kalayan rajaputra sampun dumugi sacêlaking kitha Matili, lajêng sami mampir tilas patapanipun Gotama. Ing ngriku Bagawan Wiswamitra nyariyosakên bilih semahipun Gotama taksih, manggèn wontên padhepokan punika, ananging botên katingalan, amargi minăngka paukuman anggènipun lampah cidra. Dene rawuhipun Rama ing ngriku punika ingkang sagêd dados pangruwat têmah piyambakipun sagêd wangsul dhatêng alam ingkang katingalan malih.

Pramila sarêng Rama rawuh, Ahalya lajêng katingalan sarta lajêng nunggil kalihan semahipun malih. Sasampunipun angruwat sangsaranipun Ahalya, Sang Bagawan Wiswamitra kalihan Rama tuwin Laksmana anglajêngakên lampahipun. Sadumuging Matili kapapagakên sarta sinambrama dening Sang Prabu Janaka. Bagawan Wiswamitra nyariyosakên lêlampahanipun ing margi, saha [sa...]

--- 43 ---

[...ha] pratela bilih Rama kêpengin priksa langkapipun sang prabu, ingkang sakalangkung elok.

Satêlasing aturipun Bagawan Wiswamitra, pun Shatanandha, sutanipun Gotama ingkang ugi wontên ing ngriku, sakalangkung suka sukur kalihan bingahing manah mirêngakên cariyosipun Bagawan Wiswamitra, dene biyungipun sampun luwar saking paukuman, sarta sampun kêmpal kalayan sudarmanipun malih. Piyambakipun lajêng gêntos andongèngakên lêlampahanipun Sang Wisamitra[7] dhatêng Rama. Dongengan wau kaèbêkan pintên-pintên piwulang ingkang pantês kangge pêpiridan, amargi ing ngriku nyariyosakên lêlampahanipun sujanma ingkang amangun kamajênganing dumadi, kalayan kasantosan anggènipun nanggulang sawarnining panggodha, puwara kalampahan sagêd kasêmbadan dumugi ingkang ginayuh, dene sujanma ingkang utami wau inggih Sang Wiswamitra.

Ing ngriku lajêng dipun cariyosakên dening Shatanandha, manawi Bagawan Wiswamitra punika ing nguni satunggaling narendra, anggêntosi kaprabonipun ingkang rama, ingkang pinudyasma Sang Prabu Gadi, jumênêngipun ngantos dangu. Ing satunggiling dintên panjênênganipun têdhak pêpara, kadhèrèkakên wadyakuswa sakalangkung [saka...] ---

--- 44 ---

[...langkung] kathah. Ing ngriku kapapagakên kalayan Bagawan Wasistha, sasampuning bage-binage, sang prabu kaaturan kampir ing padhepokan, sadumugining padhepokan sangêt sinunggun-sunggun dening sang tapa. Sang prabu kaaturan lêrêm sawatawis dintên, badhe dipun wuningakakên kaelokaning lêmbunipun, nami shuwala. Anggènipun sagêd angwontênakên têtêdhan warni-warni, ingkang lajêng kangge sêgahipun para wadyakuswa. Sarêng sang prabu wuninga, ing batos langkung melik dhatêng lêmbu gadhahanipun sang tapa, mila lajêng ngandika, bilih lêmbu badhe dipun lintoni pèni-pèni rajapèni. Ananging sang bagawan botên sagêd ngaturakên. Saking dêrênging pêpenginan, sang prabu ngantos tilar kautamèn, lêmbu karêbat, nanging lêmbu lajêng musna botên katingalan. Botên dangu katingal malih sampun anyêlaki sang bagawan kalayan ambêngok sora, sanalika lajêng wontên wadya dhatêng tanpa sangkan, ingkang wujudipun sakalangkung anèh, lajêng amarwasa dhatêng wadyabalanipun sang prabu, ngantos botên wontên ingkang gêsang. Ing nalika punika para putranipun sang prabu satus lajêng nrajang dhatêng Sang Bagawan Wasistha, kalampahan sami papêrangan.

Sang prabu sarosa panglawanipun, ngantos angêdalakên pangabaran [pa...]

--- 45 ---

[...ngabaran] warni-warni, ananging cabar tanpa dados, amargi sang tapa lajêng musthi têkênipun, ingkang kaisèn kakiyataning Brahmana, mila sagêd dados pangrisak kawasaning satriya, wêkasan sang prabu kasoran lajêng mundur.

Suwawi samangke angrêmbag sakêdhap bab angwontênakên barang wadhag saking pangwasaning karsa ingkang pinilih ing budi, karsa ingkang kapusthi ing budi punika angwontênakên kawasa, sanadyan prakawis padintênan, sabên tiyang badhe dêdamêlan sadhengah tamtu kacithak ing dalêm cipta rumiyin. Sintêna ingkang niyat dêdamêlan, têmtu kawangun rumiyin ing dalêm cipta, upaminipun tukang kayu badhe damêl bangku sadèrèngipun anggarap ciptanipun tamtu sampun amêtha bangku. Ingatasipun pujan, saèstu beda kalihan tukang kajêng ingkang damêl bangku, ananging ingatasipun puja sagêd maujudakên sadhengah ingkang tanpa badhe. Sayêktosipun botên wontên kawontênan ingkang tanpa pinăngka, amung kemawon panggarapipun langkung rikat tinimbang pamanguning kodrat.

Roning kêkajêngan angingsêp hawa ing awang-awang, pêperanganipun ingkang atos kakèndêlakên, mila lajêng adamêl agênging witipun, tiyang ingkang amangun punapa kemawon sarana [sara...]

--- 46 ---

[...na] pangwasaning karsa punika sagêd mangrèh kodrat, mila sagêd angsal băndha ingkang dados kabêtahanipun saking ingkang botên kasat mata, băndha wau ingkang lajêng kawangun sarana kakiyataning cipta. Prakawis makatên punika saking pamanggih kula jaman samangke botên bèntên kalihan ing jaman kina. Pramila upaminipun wontên tiyang gumujêng anggènipun maos sêrat kina, ingkang nyariyosakên bab kawontênan ingkang dumadosipun saking pujan, tiyang wau têtela kalimputan ing kabodhoan. Jêngandika sampun lingsêm dipun gêgujêng, ingkang santosa sagêdipun botên karaos dening gujêngipun tiyang ingkang botên priksa.

Prabu Wiswamitra kasoran dening satunggiling brahmana, mila lajêng anggayuh pangwasaning brahmana. Panjênênganipun dados brahmana, mila lajêng wiwit mangrèh indriyanipun, sarta anglampahi gêsang satataning gêsangipun brahmana. Pangangkahipun sinêmbadan dening Brahma, mila lajêng kaanggêp ratu rêsi (satriya sampun anggayuh kabrahmanan), ananing Bagawan Wiswamitra dèrèng narimah, mila anglajêngakên kasutapanipun. Sarêng sampun watawis dangu anggènipun amangun tapa, minggah satatar malih katêtêpakên dening dewa dados rêsi, ewadene têksih

--- 47 ---

anglêstantunakên tapabratanipun, awit dèrèng narimah dene taksih wontên sangandhaping brahmana. Ananging pituna, amargi nalika panjênênganipun wau pinanggih kalayan satunggaling apsara, ingkang nami Maneka, lajêng botên sagêd nayuti ardaning panggalih. Pramila lajêng wiwit amêrangi dhatêng ardanipun malih. Sarêng sampun sawatawis taun anggènipun mangun prang, lajêng kawisudha dening dewa dados maha rêsi, sarta kadhawuhan mangrèh indriyanipun lair batos. Ing nalika kagodha kaping kalihipun, Rêsi Wiswamitra lajêng amêngku duka, kalampahan ngantos angêsotakên dhatêng apsara ingkang anggora-godha wau, dados badhar kasutapanipun. Ewadene botên kèndêl samantên, panjênênganipun lajêng sumanggêm bisu saha nêdya angawonakên dhatêng hawa murkanipun. Sanadyan salêbêtipun anglampahi makatên wau tansah kadhatêngan ing coba tuwin godha ingkang tanpa kèndêl, Sang Wiswamitra botên keguh dening pangrêncananipun, wêkasan manggih unggul, mila lajêng têtêp dados brahmana rêsi, bangsaning satriya kasantunan dados bangsaning brahmana, punika kasudiran ingkang pantês sinudarsana, inggih kasuranipun sujanma ingkang angrancagakên kamajêngan, sinêmbadan dêrênging pangangkahipun.

--- 48 ---

Tiyang sagêdipun kagolongakên salah satunggiling băngsa, bilih wêwatêkaning băngsa wau kadadosakên watakipun. Tiyang ingkang taksih binănda kamurkan, ingkang taksih katempelan wicara wêngis, gêsangipun botên murni, tuwin kirang lantip, punika dede brahmana, sanadyan piyambakipun ngantos kaping satus anggènipun dados sutaning brahmana, ananging sintêna ingkang katingal sampun kasinungan watak kabrahmanan, inggih punika brahmana sajati, nadyan botên linairakên dados sutaning brahmana. Ingkang sinêksèn ing Gusti punika sanès kalairanipun, ananging watakipun, amargi sajatining băngsa dumunung wontên ing batos, sanès kawujudanipun. Bilih lairipun sampun runtut, tiyang wau nugraha tuwin karmanipun bêgja. Ananging manawi lair batosipun botên runtut, kados ta: pambêkan brahmana, wujudipun dados sutaning satriya, nanging langkung prayogi wujudipun langkung asor saking pambêkanipun, tinimbang wujudipun dados kulawarganing băngsa kang luhur nanging pambêkanipun asor.

Ing mangke Sang Ramacăndra sampun dumugi langkung ing kori kabêgjaning gêsang. Piyambakipun sampun langkah kasiswanipun, amargi sampun sagêd mêjahi rasêksa punika pratandhaning kadiwasanipun, [kadi...]

--- 49 ---

[...wasanipun,] dados samangke kêdah anêtêpi kawajibaning priya ingkang sampun diwasa, kêdah nambut silaning akrama sarta amêngkoni bale wisma. Makatên wau pranataning kina, tiyang ingkang tampi piwulang luhur botên kalilan nambut silaning akrama, ananging amung tumrapipun brahma carya, manawi sampun putus pasinaonipun, sawêg kenging nambut silaning akrama, ingkang makatên tumrap pangrêksaning kasarasan, manawi badanipun dèrèng kuwawi sayêktos, botên kuwawi nyanggi boting pêpikulan kalih warni, inggih punika sinau kalihan amêngku semah, bilih kasarêng sampun mêsthi bangsanipun lajêng lêmbèk-lêmbèk, sarta enggal sêpuh. Anggêr-anggêring kodrat punika inggih anggêring dewa, botên sagêd botên angukum dhatêng sintêna ingkang tilar kaprayitnan, Indhu gagrag samangke para neneman sami sangsara, amargi sampun botên mangêrtos dhatêng karma ingkang minăngka pasaksènipun, sampun botên tumolèh dhatêng caraning kina, sarta nalika piyambakipun dados siswa botên angèngêti dhatêng anggêring brahma carya.

Enjingipun malih nalika Prabu Janaka sinewa munggèng păncaniti, amanggihi têtamunipun, Bagawan Wiswamitra matur sang prabu: pundi langkapipun sang prabu ingkang kamirêng ing kathah

--- 50 ---

sakalangkung elok, tuwin lajêng kaparingna dhatêng Ramacăndra, pangandikanipun sang prabu minăngka wangsulan dhatêng sang tapa, gandhewa punika langkapipun Siwah, kaparingakên dhatêng dewa, ganjaran anggènipun damêl sêsaji dhaksa, saking para dewa kaparingakên dhatêng lêluhuripun sang prabu ingkang asma Dewarata, satunggiling dintên nalika panjênênganipun pinuju angradin siti prêlu kangge papaning sêsaji ing ngriku wontên jabang bayi èstri katingal mêdal saking singkal, inggih punika Sita, putrinipun sang prabu, mila panjênênganin[8] lajêng patêmbaya, sintêna ingkang sagêd mênthang gandhewanipun, badhe kadhaupakên kalihan putrinipun wau, kathah para raja tuwin nata binathara ingkang nyobi amênthang, ananging botên wontên ingkang kuwawi. Satêlasing cariyosipun sang prabu, Bagawan Wiswamitra lajêng matur: langkap wau kaparingna pun Ramacăndra. Sanalika langkap kapundhut, wujuding langkap kadèkèkakên pêthi agêng kaurungan ing sêkar, pambêkanipun kaêmot ing rata agêng. Sang tapa dhawuh dhatêng Rama, supados aningalana, Rama lajêng ambikak tutuping pêthi, paningalipun katingal tajêm mangarah-arah, sarwi umatur: punapa langkap lajêng kaparêng kula wêdalakên. Sang prabu punapadene sang bagawan sami nayogyani. Langkap lajêng kapêndhêt [ka...]

--- 51 ---

[...pêndhêt] dening Ramacăndra, sarta lajêng pinênthang, wêkasan tugêl dados kalih, suwantênipun jumêbrèt kadi suwantêning balêdhèg. Sarêng sampun lêrêm anggènipun sami kagawokan dhatêng karosanipun Sang Ramacăndra, sang prabu lajêng matur dhatêng Bagawan Wiswamitra, manawi Sita putrinipun sang prabu ingkang minăngka ganjaran dene kuwawi amênthang langkap pusaka, mila prayogi lajêng utusan ngaturi Prabu Dasarata, prêlu angèstrènana pikramanipun ingkang putra. Sang Prabu Dasarata sakalangkung suka sukur ing panggalih nalika panjênênganipun anampèni carakanipun Prabu Janaka, ingkang ngaturi uninga manawi putranipun kêkalih badhe kadhaupakên kalihan rajaputri ing Matili, kalih pisan, pramila sasampunipun dhawuh dhatêng para nayaka, sang prabu lajêng bidhal dhatêng Widhêha. Sadumuginipun ing Matili, Sang Prabu Dasarata dahat karênan ing galih, dene Rama sampun têtêp badhe kadhaupakên kalihan Sita, Laksmana kalayan Dèwi Armila, putrinipun Prabu Janaka ingkang panênggak.

Kacariyos Prabu Janaka, kagungan rayi asma Prabu Dwaja, punika kagungan putri kêkalih, ingkang ugi lajêng kasuwun dhatêng Bagawan Wiswamitra tuwin Wasistha, kadhaupakên kalayan [kalaya...]

--- 52 ---

[...n] Sang Barata tuwin Satruna. Dados rajaputra sakawan pisan kawiwaha sarêng sadintên. Pangandikanipun Prabu Janaka, nalika maringakên Sita dhatêng Rama, punika pangandika sukci ingkang misuwur: mara kanthinên putriningsun Sita, kang bakal mèlu anggarap kawajibanira, kang kudu sira sambut, muga dhèwèke bisa nêtêpi piwulanging agama, yaiku bêkti marang priya, sarta tansah angêtutna salakunira, dikaya layanganira. Ing nalika pangantèn sakawan jodho wau sami angubêngi padupan, dewa sami angudanakên sari-sari, Lokanănta kaungêlakên wontên ing awang-awang, amargi ing dintên punika dhaupipun Laksmi kalayan Wisnu, ingkang maujud manungsa wontên ing donya.

Enjingipun pangantèn kaundhuh dhatêng Ngayodya, sadaya ingkang aningali sami trênyuh ing manah, angèngêti têbihing lampahipun risang pinangantyan, punapadene pintên-pintên ngalamating karisakan ingkang katingalan, kados ta prahara agêng kadi pinusus, lindhu agêng, surya linimputan ing mêndhung ingkang sakalangkung kandêl, ing gêgana kaèbêkan balêdug. Dèrèng watawis têbih sang pinangantèn, lajêng kanggêg ing lampahipun, margi dipun adhangi dening Ramaparasu (Ramawadung), ingkang ngiwa gandhewa [ga...]

--- 53 ---

[...ndhewa] agêng, sarta mandhi wadung, sêmunipun kawistara sangêt nêpsu, amargi sasampunipun angurmati dhatêng sang tapa tuwin para pangarak pangantèn, Ramaparasu lajêng anyêlaki Ramacăndra kalayan wicantên, manawi saking pamirêngipun, Rama sampun anugêlakên gandhewa ing Matili, pramila panêdhanipun supados Rama ugi anugêla gandhewa ingkang ăngka kalih, iyasanipun Bathara Wiswakarma, undhagining kaswargan, ingkang lajêng kapisungsungakên ing Bathara Wisnu, saking Hyang Wisnu kaparingakên putranipun ingkang pêparab Sang Brigu, ingkang lajêng kaparingakên ing piyambakipun. Punapa sakintên Rama kuwawi mênthang langkapipun Wisnu kados nalika mênthang gandhewanipun Hyang Siwah, manawi makatên Rama nêdya dipun tantang pêrang dening Sang Ramawadung (Ramaparasu). Sanalika Ramacăndra lajêng ngasta gandhewanipun Sang Ramaparasu, enggal kapênthang sarta lajêng pinasangan jêmparing, ananging dèrèng ngantos kalampahan anjêmparing, Ramacăndra lajêng kanggêg, awit èngêt manawi Sang Ramaparasu punika brahmana, piyambakipun botên kenging anandukakên dêdamêl, sanadyan dipun ajak prang. Bagawan Ramaparasu pitakèn kalihan manthêlêng, punapa Rama sagêd anyirnakakên piyambakipun, utawi punapa Ramacăndra sagêd ambuncang piyambakipun [piyambakipu...]

--- 54 ---

[...n] saking alam dununging pasinaonipun, nalika Sang Ramaparasu pinandêng dening Sang Ramacăndra, sariranipun lajêng lêsu marlupa, amargi Wisnu anguncati badan ingkang rinasuk, nalika dados awatara ingkang rumiyin. Ing nalika punika Sang Ramaparasu lajêng ambruk sarta lajêng amarikêlu ing ngarsanipun Ramacăndra, anggènipun angurmati Ramacăndra kadi urmat dhatêng narendraning tri bawana. Pakaryanipun Ramaparasu sampun rampung, samangke sampun wontên ingkang langkung luhur tinimbang Sang Ramawadung.

Sasirnanipun Sang Ramaparasu surya katingalan, sarta arak-arakaning pangantèn lajêng lumampah malih, sarêng sampun sawatawis dintên dumugi ing kitha Ngayodya, ingkang karêngga-rêngga, minăngka pahargyanipun sang pinangantyan. Para ibu mapagakên kalayan sakalangkung suka pirênaning galih. Salêbêting dhatulaya Ngayodya kalimputan ing raos nugraha, sintên ingkang bingahipun angungkuli Sita kalihan Rama anggènipun sami sih-sinihan. Hyang pratănggapati sampun botên kasasaban ing mêndhung malih, têmah sagêd amadhangi ingkang sami amangun sukaning panggalih.

--- 55 ---

 


băngsa. (kembali)
minggah. (kembali)
§ Manawi badhe niti prakawis punika kêdah sinau palintangan. (kembali)
agami. (kembali)
băngsa. (kembali)
sarwi. (kembali)
Wiswamitra. (kembali)
panjênênganing. (kembali)