Ramayana, Annie Besant, 1940, #1652 (Bab 2)

Judul
Sambungan
1. Ramayana, Annie Besant, 1940, #1652 (Bab 1). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
2. Ramayana, Annie Besant, 1940, #1652 (Bab 2). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
3. Ramayana, Annie Besant, 1940, #1652 (Bab 3). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
4. Ramayana, Annie Besant, 1940, #1652 (Bab 4). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
5. Ramayana, Annie Besant, 1940, #1652 (Bab 7). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
Citra
Terakhir diubah: 14-10-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Bab II. Saking Wana lajêng Jumênêng Narendra.

Sang Barata kalihan Satruna mangkat saking Ngayodya, prêlu tinjo ingkang paman Prabu Aswapati, dene Rama sakalihan Laksmana kantun wontên Ngayodya. Ramacăndra sampun anyêlaki pucak kamulyaning kaênèmanipun, prabawaning kawicaksananipun saya sumorot anêlahi, kenging dipun wastani sampun botên tumolèh dhatêng kamulyaning dunya malih, suksmanipun sampun jênjêm, tuwin alus pamicaranipun, botên nate malês piawon dhatêng sintêna ingkang sami nangsaya ing piyambakipun, kados punapa anggènipun angèngêti, bilih wontên ingkang adamêl kasaenan sapisan kemawon dhatêng piyambakipun, ananging manawi wontên tiyang ingkang damêl piawon, tuwin anyênyamah, sanadyan kaping satus, botên nate nabêt wontên ing panggalihipun Rama.

Rêmên sêsrawungan kalihan para wicaksana, tuwin tiyang ingkang sae-sae, sarta botên sumêngguh dening kasudiran, miwah kasantosanipun, dhasaring panggalih tuwin pasinaonipun angluhurakên dhatêng piwulang kina, yèn dhatêng wadyanipun ingkang Rama, wêlasan dhatêng para ina papa, ananging kêras dhatêng tiyang

--- 56 ---

awon, botên nate angêcapakên têmbung ingkang kirang prayogi, tuwin botên nate tumindak awon, dados sarira tuwin jiwanipun sampun sukci, kasusilan miwah kasagêdanipun sampun langkung saking yuswanipun. Tabêri ing pakaryan sarta botên kasamaran dhatêng awon sae, sampun lêbda dhatêng Wedha, miwah basa Sangsêkrita tuwin sêrat-sêrat Prakrita, punapadene sampun dipun têtêpi sapitêdahipun, tuwin malih sagêd nitih sarta ngajar kapal, tuwin gajah, titis anjêmparing, sudira ing rananggana, sarta botên kewran tanduking gêlar, pramila sang nararya dahat adamêl karênanipun ingkang rama, saha adamêl agênging manahipun para wadyabala, makatên wau pangajapaning prajanipun.

Botên anglêngkara manawi sang prabu kagungan panggalih badhe sèlèh kaprabon, lajêng kagêntosakên dhatêng putranipun ingkang sampun sarwa putus wau, Prabu Dasarata animbali para nayaka, tuwin para pangeran, prêlu kadangu, punapa karsanipun ingkang makatên wau sampun sami anayogyani. (Ayodya Kandham § I).

Panjênênganipun sampun rumaos kaladuk ing yuswa, tuwin kawratên, mila kaparênging panggalih badhe sèlèh kaprabon

--- 57 ---

prêlu badhe anglêrêmakên sarira. Dene pusaraning praja kapasrahakên dhatêng kang putra, Sang Ramacăndra, awit Rama kagalih sampun botên nguciwani jumênêng nata ngasta paprentahan. Panjênênganipun sampun pitados dhatêng Sang Rama. Pangandikanipun sang prabu: padha anglairna sapanêmunira, ingatase prakara iki, apa sira nayogyani, karana bisa uga sira luwih tamat tinimbang pamawas ingsun.

Pêrlu sangêt kita nyumêrêpi lampah-lampahipun para nata, kalayan para nayaka, tuwin para pangeran ing jaman kina. Dipun cariyosakên bilih para brahmana, para senapati tuwin tiyang sapraja, sasampunipun mirêng dhawuh timbalanipun sang prabu, lajêng sami rêrêmbagan ngantos angsal putusan, sasampunipun lajêng munjuk ing sang prabu, manawi Sang Ramacăndra ingkang kapilih ing kathah gumantos jumênêng nata, anggènipun niyat adamêl sirnaning raos, sănggarunggi, manawi pamilihipun punika amung saking niyat adamêl rênaning panggalihipun sang prabu, pramila paturanipun sadaya wau kamot ing sêrat, suraosipun kados ing ngandhap punika.

Tumuntên putra panduka Sang Ramacăndra kajumênêngna, amargi sampun kawistara ing kautamènipun, kenging dipun wastani

--- 58 ---

botên siwah kalihan dewaning para dewa, dados sampun saèstu kawasa adamêl raharjaning nagari.

Sakala wau sang prabu lajêng andhawahakên, supados lajêng sami tata-tata pamiwahaning jumênêngan, ingkang makatên lajêng kamirêng tiyang sanagari, têmah sami suka ing manahipun, punapadene sang prabu lajêng dhawuh nimbali putra ingkang sadu budi, tuwin prakosa ing rananggana, ingkang lajêng binarung suraking kathah, ucapipun: ingkang pasuryanipun pindha sasăngka. Ramacăndra lajêng anyungkêmi padanipun ingkang rama, sasampunipun lajêng marikêlu, asta angapurancang, wontên ngarsanipun ingkang rama sang prabu. Kang rama lajêng andhawuhakên kaparênging karsanipun, saha ingkang sampun dados aturipun para nayaka, tuwin para senapati, manawi Ramacandra badhe kajumênêngakên anggêntosi kaprabonipun, punapadene winêling: sanadyan sira wus karêngga makuthaning kabêcikan dening kodrat (dewa) sarta wus ora nyulayani kabêcikan, ewadene kagawa saka sih ingsun marang jênêngira, ingsun mêkas marang sira.

Kang nalăngsa lan aja kêndhat pangrêksanira marang indriyanira, anyingkirana saliring piala, ambirata kamurkan miwah pakarêman, gêdhong ing rajabrana sarta puranira kêbakana, angkahên [ang...]

--- 59 ---

[...kahên] supaya jagad ngandêl marang kaprabonira, kang jêjêg adilira, lan angêgungna sih marang para nayaka, dalasan wonge cilik pisan, amarga kang mangkono kasênêngan kang gawe panrimane para wadyanira kang sira wêngku, bungahe atine kaya ngombe banyu amitra, mulane ênggèr putraningsun, êrèhên awakira dhewe, anggarapa kawajibanira.

Botên wontên piwulang minulya tuwin luhur kados panalăngsa, mangrèh pribadinipun, masesa indriya, tabêri dhatêng kawajibanipun, makatên wau kautamèning para narendra ing Indhu kina.

Sasampunipun mitungkas makatên, sang prabu lajêng dhawuh dhatêng Rama, bilih dintên benjing enjing Rama saèstu kajumênêngakên, amila dalunipun Rama kalihan garwanipun (Sita) sami anglampahana pasa sadalu, pramila sanadyan sa-Ngayodya sami bingah-bingah, ingkang suwantênipun kados gumludhuging samodra, tuwin pajaripun anyurêmakên purnamasidi, ewadene wontên satunggiling suyasa, ingkang tidhêm botên wontên suwantênipun, amargi ing ngriku dunungipun Sang Ramacandra, kalihan ingkang garwa Dèwi Sita, anggènipun anglowong kalihan amêmuji ing dewa, pinarêngna kawawa mikul boting kaprabon,

--- 60 ---

ingkang badhe sinangkulakên (§ IV-VI).

Ananging wontên suyasa sanèsipun malih ingkang isi duhkita, kaprihatosan ingkang badhe ambabar pakèwêd, saha karisakan, têka sakalangkung anèh, dene suyasa wau prabayasanipun sang prabu. Tiyang sanagari sami angrêngga griyanipun piyambak-piyambak, sarta anyêbar sêkar ing samargi-margi, kados punapa asrining sêsawangan ingkang binarung klèbèting gubah candhela, miwah kontên-kontên, sakubênging kitha kabanjiran ing sêkar măncawarni, ing gêgana kaèbêkan gandaning candhana, têmpuk kalihan gandaning sêkar, têmah mulêk tumanduk ing grana. Ing pundi-pundi kamirêngan suwantêning têtabuhan, ingkang sakêdhap-sakêdhap sinêlanan suwantêning surak, sarta bêngoking tiyang: Rama jumênêng, Rama jumênêng nata. Rama dinirgakna ing yuswa.

Punapa sababipun dene suyasanipun sang prabu, têka isi kaprihatosan, linimputan ing pêpêtêng, ingkang plêthèkipun dados pawartos ingkang anggêgirisi.

Kawuningana pun Matara, pawonganipun Dèwi Kekayi, ingkang gêgêripun sampun wungkuk labêt saking sêpuh, priksa salêbêting dhatulaya rame sami tata-tata, piyambakipun anungsung pawartos, [pa...]

--- 61 ---

[...wartos,] dipun wangsuli, manawi Rama badhe kajumênêngakên narendra, anggêntosi kaprabonipun ingkang Rama. Matara enggal marêk ing gustinipun, ingkang dipun êmong sangkaning timur, sarta ingkang sangêt dipun trisnani, ananging sihipun punika sih ingkang tanpa budi, mila lajêng botên sumêrêp ing adil. Sadumugining ngarsanipun Dèwi Kekayi, pun pikun wau umatur sarwi mênggèh-mênggèh, suraos atur uninga, manawi Rama badhe ngasta pusaraning kaprabon, ingkang wêkasanipun badhe adamêl sangsaranipun Dèwi Kekayi kalayan putranipun. Ananging Dèwi Kekayi kados punapa sukaning panggalihipun, nalika mirêng pawartos wau, amargi jumênêngipun Rama punika kagalih kanugrahan agêng tumrap sariranipun, sanadyan aturipun Matara kalayan panjêrit, pangandikanipun: iku agawe bungahku, amarga sihku marang Rama ora beda karo Barata, kaya apa bungahku, dene Rama sumulih kaprabone kang rama. Amarga Rama sangêt sinihan dening para ibu katiga pisan, awit Rama sangêt bêktinipun, sarta anêtêpi wajibing anak jalêr. Ananging Matara lajêng ambucali panganggenipun, kalihan nangis kalara-lara, dene gustinipun botên anggalih kaluhuraning putranipun. Jumênêngipun Rama punika

--- 62 ---

sangsaranipun Barata, tuwin Kekayi badhe dados parêkanipun Kusalya. Wangsulanipun Kekayi, punapaa sangêt botên ngajêngi dhatêng Rama, măngka sampun mêsthinipun Rama gumantos ing rama. Amargi putra pambajêng, tuwin malih sihipun dhatêng para kadang botên siwah kalihan sariranipun piyambak. Matara kèndêl anggènipun nangis, lajêng matur dhatêng Dèwi Kekayi kalayan aris, sarwi amêmêla, sarta angicuk-icuk. Dangu-dangu Kekayi lajêng madêg angkaraning driya, nêdya damêl piawon dhatêng Rama ingkang botên dosa, murih Barata sagêd jumênêng. Ing ngriku lajêng andangu dhatêng Matara kadospundi sagêdipun anyandèkakên jumênêngipun Rama. Punapa sarananipun sagêdipun kalampahan kajêngipun wau.

Matara èngêt nalika sang prabu nandhang kanin, punika awit saking saening pangruktinipun Kekayi, kalampahan sang prabu sagêd waluya, saking lêganing panggalihipun sang prabu, ngantos kawêdal lumunturing sih dhatêng Kekayi, dhawah dhatêng piyambakipun, manawi dipun parêngakên gadhah panuwun kalih warni, ingkang mêsthi badhe dipun pituruti. Ing măngka ngantos dumugi ing dintên punika, Kekayi dèrèng nate gadhah panyuwun. Kalih warni wau, ingkang prayogi kangge sarana. Panyuwun ingkang

--- 63 ---

sapisan: Barata kajumênêngna nata. Kaping kalihipun: Rama kabucala dhatêng wana salêbêtipun kawan wêlas taun, prêlunipun antukipun Rama dhatêng nagari, Barata sampun rosa jumênêngipun. Kekayi kaaturan malêbêt ing kamar prihatos, manawi dipun susul sang prabu lajêng kapurih nangis. Manawi sang prabu sampun katingal angarih-arih, Kekayi lajêng kapurih ngèngêtakên sêsanggêmanipun sang prabu. Bilih sang prabu sampun sagah anglêksanani, lajêng kalih warni wau kaaturna. Sanalika wau panggalihipun Kekayi rinubeda dening raos sêmang-sêmang, tuwin dêrênging pangajêng-ajêng, mila lajêng rewa-rewa sêdhih malêbêt ing kamar prihatos, sarta lajêng mangkurêb ing jrambah, raja kaputrènipun dipun bucali, kados patraping para papa ingkang kaluwèn mangkurêb ing siti, makatên patrapipun Dèwi Kekayi anggènipun ngêntosi konduripun sang prabu.

Salêbêtipun sang prabu tata-tata pamiwahan badhe jumênêngipun ingkang putra, sang prabu kèngêtan, bilih dèrèng paring priksa dhatêng garwanipun ingkang sangêt dipun sihi, Dèwi Kekayi. Kaparênging panggalih badhe paring priksa piyambak. Kados punapa kagèting panggalihipun, sarêng kaaturan priksa dening [de...]

--- 64 ---

[...ning] pawongan, manawi ingkang garwa wontên salêbêting gêdhong duhkita, sarta sarêng kasusul katingal mangkurêb ing jrambah, sarwi nangis kalara-lara. Kang garwa lajêng rinangkul sarwi kaarasan, sarta andangu punapa darunaning prihatos, malah kawiyos kasagahanipun ingkang kirang prayogi. Punapa panjênênganipun sanès narendra ingkang kawasa ing dunya, manawi botên sagêd amêjahana tiyang ingkang botên dosa, utawi nyugihakên tiyang malarat, punapa adamêl malaratipun tiyang sugih, sang prabu kawasa sawênang-wênang, sadaya punika kasadhiyakakên kangge panyuwunipun Kekayi. Mila makatên, amargi kablêrêngên dening sih sarta kawasesa dening kamanisanipun ingkang garwa, ngantos sang prabu botên èngêt dhatêng sanès-sanèsipun, tuwin sagah badhe tumindak ingkang botên lêrês.

Satêlasing pangandikanipun sang prabu, Kekayi matur sarwi aningsêti tangsuling jaringipun: Pukulun, kula gadhah pangajêng-ajêng, kados punapa bingahing manah kula, manawi sagêd kalampahan, bilih sang prabu sampun tamtu kaparêng, kula dawêg purun ngaturakên. Sasampunipun matur makatên, Kekayi lajêng ngrangkul jêngkunipun sang prabu. Sang prabu prasêtya manawi badhe amituruti. Mugi dewa anêksènana prasêtyanipun [prasêtyanipu...]

--- 65 ---

[...n] sang prabu: aturipun Kekayi kalihan angèngêtakên, manawi sang prabu sampun marêngakên, Kekayi gadhah panyuwun kalih warni, ingkang badhe dipun lêksanani. Dados sang prabu sampun botên sagêd selak, kadosdene kidang ingkang kenging jêjirêt. Aturipun Kekayi: Barata kamakuthanana kadi ingkang dipun sadhiyakakên pun Rama. Rama kaanggènana walulanging mênjangan, dintên jumênêngipun Barata, Rama kaangkatna dhatêng ing wana, laminipun ngantos kawan wêlas taun. Panduka sampun prasêtya, mila lajêng dipun laksananana.

Sang prabu sakalangkung kagèt, mila dahat karêrantan, dene sampun kalajêng pangandikanipun, sanalika wau satêngah kantaka, karaos mumêt amargi saking sangêting prihatos, awit saking aturipun Kekayi ingkang angêmu pamuring-muring, wêkasan sang prabu ngandika angasih-asih dhatêng Kekayi: kaya dunya wus tanpa aji manawa ingsun kapisah lan Rama. Ingsun ora bisa ngulungake Rama, dene liyane apa bae ing sakarêpira. Dak mêngkurêb anèng padanira, mula lêganana, wêlasa marang aku, kang wus tuwa sarta wus anèng lawanging pati. Dhuh, Kekayi, bangêt panjalukku, dak usapane lêbune dlamakanmu, ayomana Rama, supaya ingsun aja kongsi

--- 66 ---

karêgêdan ing dosa. Sang prabu ngantos botên èngêt ajining kaprabonipun, kalampahan mangkurêb ing padanipun kang garwa kalayan angrarêpa. Ananging Kekayi botên sagêd keguh dening pangasih-asih, sarta botên santun sêdyanipun, sanadyan ngantos marambah-rambah pangrêpanipun sang prabu. Osiking panggalih kadospundi raosipun Kusalya, ingkang sampun kakêbonakên, amargi saking sihipun dhatêng Kêkayi. Punapa Rama sagêd gêsang wontên ing wana, anilar suyasanipun ingkang sakêlangkung mulya. Kadospundi kadadosanipun Sita, manawi kapisah saking priyanipun. Rama saèstu miturut, botên pisan suwala, amargi salami-laminipun piyambakipun têtêp ing darmanipun. Kekayi pangrurahing bangsanipun adamêl karisakan. Piyambakipun angrisak karahayon. Manawi panjênênganipun amargi lêmbèk lajêng amituruti garwanipun, dados dosa amargi amatrapi putranipun ingkang botên dosa. Ing dalu botên kacariyos, sagung pamundhutipun sang prabu amung winangsulan, katêtêpana pangandika panduka ingkang sampun kawiyos. Enjingipun Bagawan Wasistha ngaturi wuninga lumantar Sumantra, manawi sadaya sampun mirantos, saha ngajêng-ajêng jumênêngipun Rama. Sarêng sang prabu

--- 67 ---

botên ngandika, Dèwi Kekayi dhawuh dhatêng Sumantra, animbali Rama. Sumantra rangu-rangu manahipun, punapa dhawuhipun sori nata wau inggih sampun dados kaparêngipun sang prabu. Sanalika wau sang prabu angandika alon: Rama iridên mrene, ingsun kêpengin wêruh. Kalayan sakêlangkung bingahing manahipun Sumantra animbali Sang Rama, amargi botên sumêrêp dhatêng sababipun mila dipun timbali.

Suyasanipun Rama dipun rêrêngga adi tuwin karamean, punapadene sadaya sampun kapirantosan, wadya ingkang badhe anjajari tuwin angurung-urung sowanipun dhatêng kadhaton. Rama lênggah ing suyasa ingkang sakêlangkung endah, kaadhêp ing garwa, kasaru dhatêngipun Sumantra, andhawuhakên timbalanipun sang prabu. Rama enggal jumênêng, Dèwi Sita adhèrèkakên ngantos dumugi ing palataran, sarta angaturakên karaharjan tindak pisowanipun. Rama enggal nitih rata ingkang sampun sumadhiya, kadhèrèkakên Laksmana. Samargi-margi tansah kaurmatan dening para wadyabala tuwin para ingkang sami aningali, amargi tindakipun Rama wau dèrèng kajumênêngakên, mila botên prayogi yèn kasêbuta sang prabu.

Sadumugining ngarsanipun ingkang rama, enggal anyungkumi[1] pada, [pa...]

--- 68 ---

[...da,] ananging ingkang rama katingal sakêlangkung sêkêl ing panggalih, dene amung ngandika sakêcap: Rama, tur sêrêt wêdaling pangandika, pramila Rama sakêlangkung maras, enggal matur ing ibu Dèwi Kekayi, punapa saking kalêpatanipun ingkang piyambakipun botên rumaos, punapa amargi saking gêrah dene botên kêparêng ngandika.

Sori nata ngandika, manawi botên pisan duka dhatêng piyambakipun, amung saking botên sagêd ngandikakakên, punapa ingkang anjalari prihatosing putra ingkang sangêt dipun kasihi, awit wontên sêsanggêmanipun sang prabu, ingkang kêdah dipun lampahi dening Sang Rama, inggih punika ingkang dados rudahing panggalihipun sang prabu. Manawi Rama sampun sanggêm badhe anglampahi, Dèwi Kekayi badhe karsa mêdharakên, ingkang sang prabu botên sagêd ngandikakên wau. Sumêlanging panggalihipun Dèwi Kekayi punapa Rama badhe purun anglampahi. Aturipun Rama, sanadyan lumêbêta ing latu, punapa ngombe racun, sarta anggêbyur ing samodra, bilih saking dhawuhipun kang rama, saèstu badhe dipun lampahi. Kadhawuhna kadospundi kêparêngipun sang prabu, Rama têmtu botên lênggana.

Dèwi Kekayi lajêng pratela dhatêng Rama, nalika sang prabu

--- 69 ---

kataton anggènipun mangun prang, sagêd waluya ingkang amargi saking pambudidayanipun, mila sang prabu lajêng marêngakên piyambakipun anggadhahi panyuwun warni kalih, tamtu badhe dipun pituruti. Samangke kalih warni wau kasuwun. Ingkang sapisan: Barata kajumênêngna nata. Kaping kalihipun: Rama kabucala laminipun kawan wêlas taun.

Lêksananana kasagahane kang rama, dimèn aja kongsi kawirangan. Barata kajumênêngakên nata, saupakartinipun ingkang sampun kasadhiyakakên kangge piyambakipun, dene Rama sumingkir dhatêng wana, panganggenipun klikaning kajêng, rambutipun klabangan, Barata ngasta pusaraning kaprabon, sarta mangwasani pèni-pènining rajapèninipun kadhaton ing Ngayodya.

Karaosna kados punapa wêngising pangandikanipun Dèwi Kekayi, ewadene pasêmonipun Rama botên ebah. Osiking panggalihipun Rama: dak turute sapanjaluke. Ananging ingkang kamanah punapa sababipun, karang rama botên karsa ngandika piyambak, măngka sampun darmanipun anak miturut ing bapakipun. Kalayan sukaning manahipun Rama botên gumantos, sarta Barata ingkang jumênêng, amargi pundi ingkang dados [da...]

--- 70 ---

[...dos] kaparênging panggalihipun ingkang rama punika kamanah têmtu prayoginipun, panglocitaning panggalih: wus ora nana kabêcikan kang ngungkuli kaya wong anglakoni parentahing bapa. Sanadyan mung dhawuhe ibu Kekayi bae wus masthi bakal dak turut, amarga panjênêngane uga kawajiban dhawuh marang aku, mula dak tumuli pamit kangjêng ibu, sarta anglêlipur Sita, dadi banjur bisa mangkat dina iki.

Sasampunipun makatên, Rama sumêmbah ing rama, miwah Dèwi Kekayi, lajêng mêdal pasilan. Botên wontên tiyang sagêd nyumêrêpi ewahing pasêmonipun salêbêting lumampah kondur, măngka Laksmana ingkang tansah andhèrèkakên katingal kadi langit ingkang kalimputan mêndhung. Ramacandra sampun sagêd sayêktos anglampahi sapitêdahipun Wasistha, inggih punika sajatining weragya, wujudipun botên maèlu dhatêng kadonyan. Sanadyan kabuncang saking dhampar dhumawah ing wana, makuthaning kaprabon kasantunan têkêning sudra sampali (kere) saking pucak kamulyaning donya dhatêng dhasaring jurang kasangsaran kadonyan, botên pisan sagêd angrubeda kajênjêmaning panggalihipun. Ananging kadospundi anggènipun paring priksa dhatêng Dèwi Sita, tuwin anggènipun matur dhatêng

--- 71 ---

ingkang ibu Dèwi Kusalya (§ XV-XIX).

Nalika Sang Ramacăndra matur kang ibu Dèwi Kusalya lajêng dhawah ing siti kantu, saèngêtipun lajêng nyuwun parmaning dewa, sakalangkung rudahing panggalih, sarta sangêt ngêrês sêsambatipun, botên angsal sihing garwa, ewadene taksih kuwawi, amargi pangajêng-ajêngipun kang putra jumênêng nata. Manawi putranipun kakendhangakên, punapa malih ingkang dados pamarêmipun. Kados punapa risaking panggalihipun Dèwi Kusalya wêdal punika. Sanalika wau Laksmana lajêng wicantên sêru: Rama botên badhe kendhang, kang rama sampun sêpuh, garwanipun têksih ênèm sangêt, pêrlu dipun tênggani, Ramacăndra kêdah jumênêng nata, kula ingkang badhe lumawan sarta nyirnakakên sintêna ingkang ngalang-alangi, langkung malih kangge pangrêsanipun Dèwi Kusalya, tamtu sirna manawi kapisah lan kang putra.

Kadospundi kawontênanipun Ramacăndra sarêng Laksmana makatên wau, pangandikanipun dhatêng Laksmana: aku ora kaduga lumawan parentahing sudarmaku. Aku kang bangêt panarimaku marang kowe, kang anandhakake gunging katrêsnanmu, nanging aku mêsthi mênyang alas.

Sarêng sampun ngarih-arih kanêpsonipun Laksmana, sarta têtarosan [tê...]

--- 72 ---

[...tarosan] dhatêng ingkang ibu: kula saèstu badhe anglampahi kesah, ibu. Sasampunipun luwar kasagahanipun kangjêng rama, tamtu kula tumuntên mantuk, sarta matur dhatêng kang ibu, sampun ngantos anglêpatakên Dèwi Kekayi, ngantos rambah-rambah anggènipun nyuwun palilahipun kang ibu: kula badhe ngèstokakên dhawuhipun sudarma kula. Sarêng Sang Rama mirêng dhawuhipun kang ibu: Ênggèr, ing ngêndi paranmu aku ora bisa kèri, kaya sapi karo pêdhète. Rama lajêng ngèngêtakên darmaning pawèstri dhatêng priyanipun, măngka kang rama sampun kaperang yuswa, kapêksa pisah kalihan putranipun, ingkang makatên botên prayogi, manawi katilar. Dèwi Kusalya ing batos èngêt dhatêng kuwajian (darma), mila lajêng dhawah dhatêng putra, supados tumuntên mangkat anglêksanani dhawuhipun ingkang rama, amung kemawon manawi sampun dumugi wêwangênipun, supados tumuntên wangsul. (§ XX-XX)?

Taksih wontên kawajiban satunggal ingkang kêdah kanthi kasudiran panambutipun. Kados punapa ebahing panggalihipun aningali pasuryanipun ibu ingkang kandhuhan prihatos, tuwin pasêmonipun ingkang rayi, ingkang kasumukan ing kanêpson, ewadene awrating panggalih dèrèng

--- 73 ---

măntra-măntra manawi katandhing kalayan anggènipun aningali kasusahanipun kang garwa, amargi Sita kapêksa dipun paringi priksa prakawis badhe kendhangipun wau.

Kados punapa jujuling panggalihipun Sita anggènipun manganti konduripun ingkang raka, kalayan sampun ngracuk[2] makuthaning kaprabon. Ananging nalika panjênênganipun aningali rawuhipun ingkang raka, ing galih sampun karaos, manawi kirang prayogi kadadosanipun, mila enggal malajêng sarwi matur: paran, pundi songsonging kaprabon ingkang kêdah panduka agêm. Pundi cèthi tuwin parêkan ingkang andhèrèkakên, para brahmana tuwin para nayaka, dipăngga sarta sanès-sanèsipun, ingkang dados upacaraning kaprabon panduka. Amargi sampun pitados dhatêng kasantosaning panggalihipun kang garwa, mila Sang Ramacăndra botên tèdhèng aling-aling, wangsulanipun: Dhuh garwaningsun, Sita, turasing narendra linuwih, kang sêtya tuhu marang agama, bakti marang têtuladan kuna, dhawuhe kangjêng rama aku dikendhangake marang alas, sêsanggêmane kangjêng rama, saka panagihe ibu Dèwi Kekayi. Barata bakal kajumênêngake nata, dene aku dibuwang marang alas. Mila salêbêtipun wontên wana, kang garwa [gar...]

--- 74 ---

[...wa] kadhawuhan ingkang bêkti anggènipun angladosi kang rama, tuwin kang ibu katiga pisan, punapadene amêmalada sih saha mituhua dhatêng parentahipun Sang Barata, ingkang samangke jumênêng narendra, mangrèh wadyabala, sarta dados pangagênging para darah: dhuh jiwaku, aku bakal tumuli mangkat marang alas, kapisah lan sira. Sita ing batos angèsêmi, dene Rama botên nêdya ambêkta sariranipun. Kadospundi dene pawèstri purun kantun mukti wontên ing antawisipun sakulawarga, nanging priyanipun dados tiyang bucalan, wontên ing wana, mila sampun tamtu pinalaur dados tiyang bucalan, saking botênipun sagêd kantun, piyambakipun botên dosa, punapa adil manawi kapisah kalayan priyanipun. Mila ing pundi dununging priyanipun, inggih ing ngriku cundhukipun. Ing măngka piwêlingipun ingkang rama salami-laminipun sampun ngantos pisah kalayan kang raka. Mila kalayan suka bingahing panggalih dêdunung wontên ing wana, botên pisan gadhah sumêlang, amargi pitados sangêt dhatêng kasudiranipun Ramacandra. Aturipun: kapiyarsakna aturing pawèstri, ingkang sampun masrahakên jiwaraganipun, tuwin botên tumolèh dhatêng sanèsipun, kajawi dhatêng panduka, sarta sampun prasêtya badhe anganyut [a...]

--- 75 ---

[...nganyut] tuwuh manawi katilar. Anggèning matur makatên kalayan mèsêm, nanging luhipun daleweran. Dèwi Sita botên kadugi kantun, mila enggal mangrangkul ingkang raka.

Rama angèngêtakên sangsaranipun gêsang wontên ing wana tumraping pawèstri ingkang botên nate ngraosakên panêmpuhing prahara ing wana, amila Ramacandra pratela kados punapa agênging pakèwêd tuwin sangsaranipun gêsang ingkang makatên wau, punapadene Rama prasêtya, bilih anggènipun nilar punika amung rumêksa rahayunipun kang garwa. Ananging sagunging bêbaya ingkang katêrangakên satunggal-tunggal, punika botên dados pêpalangipun kang garwa, malah saya amimbuhi dêrênging panggalih anggènipun nêdya tut wuri. Punapa piyambakipun (Sita) mukti wibawa wontên salêbêting pura, nanging Rama wontên ing wana kalayan anandhang sangsaraning sarira miwah kaluwèn. Sasampunipun angunandika makatên, Dèwi Sita lajêng manangis kalara-lara, sarwi matur, manawi êrining wana ingkang landhêp-landhêp, tamtu kadosdene sutra wontên ing pangraosipun. Balêdug-balêdug badhe kados bubukaning candhana, rumput-rumput kados babut. Roning kêkajêngan asrêb kadidene mimbar sak anggêr kaparêng andhèrèk kemawon. Sambatipun: Dhuh Rama,

--- 76 ---

dununging katrêsnan kula, kapisah kula kalayan panduka punika naraka tumraping kula, nanging cêlak kula kalayan panduka dununging kaswargan kula. Manawi kula mêksa katilar, kula kapêjahana kemawon rumiyin, amargi tamtu kula botên kuwawi nyanggi boting kasangsaran ingkang badhe kula lampahi. Punapa kula sagêd pisah lan panduka ngantos kawan wêlas taun.

Sakala wau ingkang rayi lajêng rinangkul sarwi binisikan, manawi sampun dados kakêncênganipun saèstu badhe katurut, anggènipun badhe ningali luhuring panggalihipun kang rayi tumrap prakawis ingkang botên gampil dipun lampahi, punika panjênênganipun lajêng dhawuh, supados kang garwa ambagea raja kaputrènipun, saha lajêng tata-tata badhe mangkatipun dhatêng wana. Ing ngriku Dèwi Sita lajêng mèsêm, kadosdene lare ingkang bingah ing manah anggènipun mandum raja kaputrènipun, enggal angrasuk panganggening tiyang ingkang kabucal dhatêng ing wana. (§ XXVI-XXX).

Kacariyos Sang Laksmana ugi lajêng anguswa padanipun ingkang raka, sarwi matur manawi botên kadugi kantun. Sanadyan kados punapa pangarih-arihipun kang raka, ewadene sampun botên santun kakêncênganipun. Pamanggihipun sampun dados [da...]

--- 77 ---

[...dos] kuwajibanipun tiyang nèm rumêksa dhatêng kadangipun sêpuh sakalihan, madosakên dhaharipun, tuwin angladosi ing siyang pantara ratri. Wasana kang raka marêngakên, sarta lajêng dhawuh, supados Laksmana amêndhêta dêdamêl pêparinging dewa. Saparipurnaning anggènipun maring-maringakên rajadarbèkipun, lajêng nêdya pamitan ingkang rama. Botên watawis dangu anggènipun sinurakan ingkang lajêng tinungka ing tangis sarta paraupan ingkang linimputan ing kasêdhihan, katiganipun lajêng pangkat dhatêng dhatulaya. Botên wontên ingkang kasumêrêpan ing tiyang maèwu-èwu kajawi ayêming pasêmon, saha botên wontên dalèwèring luh saking paningalipun sang katiga wau. (XXXI – XXXIII).

Sadumugining dhatulaya lajêng sami marêk ing ngarsanipun sang prabu, ingkang sawêk lênggah sarwi sangêt prihatos. Rama lajêng matur manawi badhe tumuntên pangkat, kairing dening Sita tuwin Laksmana, punapadene matur supados Barata tumuntên kajumênêngna, saha mangarih-arih sampun ngantos cuwa, dene putranipun ingkang sêpuh kendhang amargi saking anêtêpi dhawahipun. Sanadyan wontên ing wana, saèstu rumaos bêgja, amargi anglampahi parentahing Rama, kados manawi ngladosi

--- 78 ---

wontên salêbêting pura. Kaaturan sampun ngantos prihatos, karantên punika darmaning anak jalêr dhatêng sudarmanipun. Sang Prabu Dasarata dhawuh angêmpalakên sagunging wadyabala, tuwin saliring pirantos ingkang badhe kabêktakakên kang putra. Ananging awit saking santosaning panggalihipun Rama, mila sirnaning kaprabon kaalap sadhèrèkipun, pangagêmaning nata kasantunan, klikaning kajêng, punika botên sagêd dados pangrisaking panggalih.

Rajaputra kêkalih botên ewah pasêmonipun, sumawana sulistyaning warninipun botên risak dening pangangge, cara panganggenipun para tapa, ingkang kêlimrah dados anggèn-anggènipun tiyang dosa. Kawontênan makatên punika kamênanganipun Dèwi Kekayi, nanging sangêt angrêrujit panggalihipun sang prabu. Sarêng sang prabu uninga Dèwi Sita ingkang sarwa susila ugi mangangge ingkang makatên wau, botên sagêd aningali, pramila dhawuh supados Dèwi Sita santuna ingkang sarwa sutra, sarta ngrasuka raja kaputrèn, kalampahan lajêng dipun pituruti. Sasampunipun Rama manguswa padanipun kang rama, tuwin ibunipun ingkang sampun kaladuk ing yuswa taksih kadugi nanggulang saliring pakèwêd, saha kawistara luhuring budi, nalika [na...]

--- 79 ---

[...lika] kataman kasusahan agêng dene kawisah[3] kalihan putranipun. Sasampunipun kaparingan pangèstu, enggal minggah ing rata kalihan kang garwa tuwin Laksmana, inggih punika rata ingkang tinitihan dhatêng papan pambucalan.

Ing gêgana kaèbêkan suwantêning tangis miwah sambat ingkang angaru-ara. Sang prabu miwah sori nata lajêng angêtutakên dharat wontên wingkinging rata. Sang prabu punapadene bêngoking tiyang kathah supados kusir anggènipun anglampahakên ratanipun sampun rikat-rikat. Ananging Rama dhawuh dhatêng kusir supados rata kaplajêngna, murih sampun ngantos adamêl ngêrêsing sêsawangan. Sanalika wau kuda kinêtap, pancoloting kapal sarêng lan sêraping surya, dhawahing pêtêng sêsarêngan kalayan oncatipun Sang Rama. Ubaling balêdug labêt katrajang turăngga pangiriding rata anglimputi margi. Ing ngriku ambrukipun sang prabu, ananging lajêng katampèn dening Kusalya, ingkang dahat sêtya ing kakung. Sang prabu lajêng ginosongan dhatêng dhatulaya. Kados punapa pangarih-arihipun Dèwi Kekayi, ananging sampun botên dados panglipuripun. Sang prabu mundhut supados kabêkta dhatêng têngganipun Dèwi Kusalya, amargi amung ing ngriku ingkang kagalih sagêd dados jalaraning têntrêm. [tê...]

--- 80 ---

[...ntrêm.] Sadumugining gêdhongipun Kusalya, sang prabu sangêt kantaka, dene Kusalya nangis wontên sacêlakipun. (§ XLII-XLIV).

 


anyungkêmi. (kembali)
ngracut. (kembali)
kapisah. (kembali)