Ramayana, Annie Besant, 1940, #1652 (Bab 4)

Judul
Sambungan
1. Ramayana, Annie Besant, 1940, #1652 (Bab 1). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
2. Ramayana, Annie Besant, 1940, #1652 (Bab 2). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
3. Ramayana, Annie Besant, 1940, #1652 (Bab 3). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
4. Ramayana, Annie Besant, 1940, #1652 (Bab 4). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
5. Ramayana, Annie Besant, 1940, #1652 (Bab 7). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
Citra
Terakhir diubah: 15-08-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Bab IV. Kasêtyanipun Sita.

Jêngandika saèstu botên kasupèn, bilih nalika Wisnu anamtokakên [a...]

--- 133 ---

[...namtokakên] badhe miyos dhatêng dunya, minăngka ganjaran dhatêng pujamantranipun para dewa. Ing ngriku para dewa kawajibakên amuja titah awujud wanara, tuwin baruwang, kangge srayanipun Rama salêbêtipun Rama kandhuhan prihatos. Para wanara tuwin baruwang wau sami kawasa mancala rupa sakajêng-kajêngipun, saha satêngah dewa, beda kalihan kêthèk tuwin baruwang limrah ing dunya, ananging kewan ingkang pangwasanipun angungkuli sasamining kewan. Inggih makatên punika alusing agami Hindhu anggènipun nyariyosakên watêsing kewan kalayan golonganing manungsa punika, sangêt sinamar, pikajêngipun manawi kewan punapadene manungsa, punika gumêlaripun para dewa, awit sanadyan têtuwuhan, kewan, punapadene manungsa, punika golongan ingkang pêpisahan, ananging gumêlaripun gêsang satunggal ingkang anglimputi sadaya. Dados sampun botên lêpat, manawi ing nglêbêtipun sadaya wujud punika kaanggêp sasananipun gêsang kang agung, mila kita kêdah tansah angurmati dhatêng sadaya dumados, sarta sampun angintên, manawi kita punika kapisah tuwin langkung kawasa tinimbang golongan sanèsipun. Èngêta bilih gêsang kita punika nunggil sagandhèng kalayan sanès-sanèsipun. [sanès-sanèsi...]

--- 134 ---

[...pun.] Ingkang mêsthi bantu-binantu kalayan sanès-sanèsipun wau. Pigunanipun tiyang priksa dhatêng kasunyatan, ingkang makatên wau, têmtu lajêng angajèni dhatêng sadaya dumados, awit kautamèn punika sampun saya suda wontên tanah Indhu jaman samangke, pramila kados kemawon manawi pangwasaning watak kamulyan ing Indhu kina lajêng sirna, sarta tiyang lajêng andugi, manawi tiyang punika langkung mulya sarta wênang nangsaya dhatêng golongan ingkang langkung asor, ingkang kamanah kenging winasesa sakarsa-karsa, măngka lêrêsipun kêdah kaayoman.

Ing nalika satriya kêkalih wau dumugi ing talaga Pampa, Sang Rama sangêt rudahing panggalih, lajêng ambruk ing siti, karantên asrining sêsawangan, kados ta: bêninging toya, gănda aruming sêsêkaran ing ngriku kadi angrêrujit panggalihipun. Sadaya wau angèngêtakên dhatêng dintên kamulyanipun ing nalika taksih kêmpal kalayan kalulutipun. Sang Laksmana botên kasamaran manawi kang raka sangêt kantu, mila enggal angrêrapu: Dhuh papêthinganing bawana, kadang kula sêpuh, èngêta, sanadyan ingkang sampun kalis ing dosa, ewadene kasamaran kadospundi ingkang kêdah dipun lampahi, manawi sawêk kalimputan ing prihatos, mila ingkang santosa, sampun anawung duka cipta. Sampun [Sa...]

--- 135 ---

[...mpun] tanpa karya kemawon sanadyan karosanipun pinunjul ing tri bawana, manawi sampun sirna èngêtipun. Dhuh musthikaning jagad, sampun kasupèn, manawi dêrênging sêdya punika kakiyatan ing dunya ingkang tanpa tandhing.

Sayêktosipun botên wontên ingkang botên kenging ginayuh dening tiyang ingkang kasinungan kakêncêngan. Sanalika wau Sang Ramacăndra inggih lajêng lêrêm amargi saking kadayan mênêping panggalihipun kang rayi, pramila angipatakên prihatosipun, lajêng èngêt dhatêng kawajibanipun ingkang kêdah sinambut. Rajaputra kêkalih ingkang sami sudira ing rana sampun anyêlaki kalayan wanci ingkang prayogi kangge nindakakên wajibing kasatriyanipun. Sugriwa sakalangkung ngênês manahipun, dene kabêbujêng dening Sang Wanara Bali, mila sasingidan ing wana sawadyabalanipun. Tinandhing kalayan wanara panunggilanipun, Sugriwa kapetang pancèn kirang kakêndêlan, mila tansah sumêlang manahipun, bokmanawi kasusul dening Sang Wanara Bali. Ananging Anoman, putranipun dewaning angin, ingkang sudira ing rananggana, sarta wicaksana, tansah anglêlipur ing gustinipun, sarta matur manawi piyambakipun sampun mirantos badhe manggihi dhatêng satriya kêkalih ingkang sami lêlana brata. Ing nalika wau [wa...]

--- 136 ---

[...u] Sang Anoman lajêng mindha-mindha pandhita, manggihi sang nararya kêkalih. Anoman lajêng mabukuh ing ngarsanipun Sang Ramacăndra, sarwi matur pitakèn, sintên ing sêsilihipun, tuwin punapa karsanipun, dene wontên ing wana. Sasampunipun lajêng matur, manawi piyambakipun punika nayakanipun Prabu Sugriwa, nama Anoman, satunggiling wanara ingkang dipun kèngkèn ing gustinipun pinanggih kalayan sang nararya. Sang Ramacăndra rêna ing galih aningali kasusilanipun sang duta, mila lajêng dhawuh dhatêng Laksmana, supados amahyakna lêganing panggalihipun aningali kalimpataning utusan, sarta muji karaharjanipun Prabu Sugriwa. Ing nalika wau Laksmana lajêng dhawah, manawi badhe anglêksanani sapamintanipun, sarta nyariyosakên saliring lêlampahanipun, punapadene anggènipun nêdya mintra sraya dhatêng Prabu Sugriwa, bab icalipun Dèwi Sita. Sarêng Anoman mirêng dhawuhipun Laksmana, sakalangkung bingah, awit andugi bilih satriya kêkalih punika badhe sagêd mitulungi, mangsulakên kapraboning gustinipun. Sanalika wau Sang Anoman lajêng wangsul awarni wanara, satriya kêkalih lajêng ginendhong dhatêng padununganipun Prabu Sugriwa, sarêng sampun pêpanggihan,

--- 137 ---

Anoman lajêng matur kalayan raringkêsan, kawontênaning ratunipun. Mila Sang Ramacăndra kalayan Prabu Sugriwa kêdah sami sraya-sinaraya. Rama sigra kêkanthèn kalihan Sugriwa, angubêngi latu, minăngka pratignyaning sadhèrèk sinarawèdi (Kiskêndhakandha § I-V).

Sugriwa matur cariyos dhatêng Sang Ramacăndra, manawi mêntas sumêrêp wanita ingkang manguwuh dhatêng Sang Rama tuwin Laksmana, salêbêtipun binêkta dening Rahwana, sarta ambucal waringipun jêne, tuwin raja kaputrènipun ingkang lajêng dipun pêndhêt. Ing ngriku Sugriwa lajêng mêndhêt sadaya wau, kapriksakakên Sang Ramacăndra, saèstu botên kasamaran, manawi punika pangagêmaning kang garwa, lajêng karuna sarwi asêsambat: Dulunên Laksmana iki panganggone yayi dèwi. Aturipun Laksmana minăngka pratăndha sapintên kaurmatanipun dhatêng Dèwi Sita. Kula botên priksa punapa binggêl tuwin sêngkang punika agêmipun kakangbok, amargi salami-laminipun sabên kula marêg ing ngarsanipun kakangbok, kula tamtu tumungkul, botên nate purun mandêng dhatêng sanginggiling tênggak. Ananging kula botên pandung dhatêng kroncongipun Dèwi Sita, amargi sabên kula marêg ingkang sagêd katingal kalihan patrap marikêlu,

--- 138 ---

Sugriwa ugi manglipur, mugi sampun dados prihatos, amargi piyambakipun sanggêm badhe manggihakên, Sang Ramacăndra gêntos amêmulih dhatêng Sang Prabu Sugriwa, saha sagah badhe amitulungi kasusahanipun.

Enjingipun Sugriwa ngaturakên, mila makatên, amargi saking pasulayan kalihan kadangipun, nalika sudarmanipun muksa amargi Bali punika putra pambajêng, mila gumantos narendra. Botên watawis dangu, Bali lajêng mamêngsahan kalihan asura, nama Manyawi, satunggiling dalu Prabu Subali katantang kalihan Manyawi.

Prabu Subali angêdali, kadhèrèkakên Sugriwa, ananging asura lajêng lumêbêt ing guwa. Bali dhawuh dhatêng piyambakipun (Sugriwa) supados rumêksa wontên wiwaraning guwa, awit Bali badhe anututi malêbêt, ing ngriku Sugriwa anjagi kalayan angatos-atos, dipun êntosi sampun watawis sataun, mila gadhah pangintên manawi kadangipun anêmahi bilai, langkung malih sarêng wontên rah ingkang mili saking salêbêting guwa, saya kêncêng pangintênipun, manawi Bali kaprawasa dening asura, mila kontêning guwa lajêng tinutup ing sela agêng, Sugriwa wangsul dhatêng Kiskêndha. Saking rêmbagipun para

--- 139 ---

nayaka, Sugriwa kajumênêngakên nata, anggêntosi kang raka. Kawuningana Sang Prabu Bali, sarêng mêngsahipun sampun pêjah, sakêlangkung nêpsu, dene kontêning guwa tinutup rapêt, sarta sangsaya sangêt nêpsunipun, sawêdalipun saking guwa mirêng manawi kang rayi jumênêng nata. Mila Sugriwa lajêng kabucal dhatêng wana, semahipun jinarah. Wiwit punika Sugriwa lajêng ngulondara turut wana sawadyabalanipun, ananging sarêng pinanggih kalihan Ramacăndra, Sugriwa agêng pangajêng-ajêngipun, andugi manawi Sang Ramacăndra badhe sagêd amitulungi kasusahanipun.

Saking pangatagipun Rama, Sugriwa kinèn manantang prang kalayan wanara Bali. Kalampahan manantang lajêng campuh pêrang, ananging Sugriwa anggung kasoran, Sang Ramacăndra ugi wontên ing ngriku kalihan angiwa gandhewa, ananging botên sagêd amitulungi. Mila sarêng dipun tanglêti dening Sugriwa Sang Ramacăndra mangsuli, manawi wujudipun Sugriwa kêmbar kalihan wanara Bali, dados botên sagêd anjêmparing, kuwatos bokbilih kenging mitranipun piyambak, mila Sugriwa kadhawuhan kalung oncèn-oncèn sêkar, sarta lajêng lumawana malih, supados sariranipun sagêd anjêmparing. Tanggap risang [ri...]

--- 140 ---

[...sang] sinung agnya Sugriwa lajêng mêsat mêre sarwi sumbar-sumbar. Wanara Bali solah ganggas sigra mêdal, sanadyan kados punapa ta anggènipun mambêngi, ananging botên rinungu, Tara cariyos, manawi Sugriwa botên pantês linawan ing jurit, amargi kirang kakêndêlan, mila manantang pêrang, amargi pitados dhatêng kasudiraning mitranipun, măngka Tara mirêng saking cariyosipun Anggada, sutanipun jalêr, manawi wontên satriya kêkalih, rajaputra ing Ngayodya, ingkang lêlana brata, asmanipun Rama kalihan Laksmana, bokmanawi punika ingkang pinèt sraya dening Sugriwa.

Aturipun Tara: Rukuna kalihan kêng rayi, Tara sangêt mangasih-asih dhatêng priyanipun, amargi sumêlang manawi kaparèng tiwas, ananging wanara Bali amangsuli, ingatasipun priya botên pantês manawi ajrih tinantang, piyambakipun botên nêdya mêngsah Rama tuwin Laksmana. Sanalika wau Bali lajêng manêmpuh dhatêng Sugriwa campuh pêrang, ulêng-ulêngan, rukêt rok asilih-ungkih, dangu-dangu Sugriwa kasoran malih, ananging Bali lajêng jinêmparing dening Sang Rama, kenging dhadhanipun tatas, lajêng dhawah ing siti. Nalika Rama anyêlaki, sarêng sampun cêlak, Bali pitakèn, punapa sababipun têka nalabung ing aprang, sarta anjêmparing [a...]

--- 141 ---

[...njêmparing] tiyang ingkang botên mêngsah kalihan piyambakipun, sarta purun mêjahi dhatêng tiyang ingkang sawêg pêrang kalihan mêngsahipun. Punapa satriya pantês tumindak ingkang makatên, măngka botên damêl piawon sarta nyênyamah ing piyambakipun, kadospundi satriya purun mêjahi wanara, ingkang sawêg pêrang kalihan bangsanipun. Tumrap badanipun piyambak, Bali botên pisan dipun raosakên, amargi Bali priksa, manawi sadaya dumados tamtu badhe anêmahi pêjah, ananging tumrap Rama piyambak kadospundi wangsulanipun, manawi dipun tanglêti ing tiyang bab pêjahipun Bali. Sang Ramacăndra aris pangandikanipun, manawi ing ngriku wawêngkoning kadangipun, wajibing narendra angadili dhatêng sadaya ingkang wontên ing nagarinipun. Bali sampun anglampahi dosa, amargi angrêbat semahing sadhèrèkipun, mila panjênênganipun punika dados wakilipun kang rayi Prabu Barata, anggènipun andhawahakên adil, angukum dhatêng tiyang dosa, dados botên pêrang kalihan mêngsah. Sarêng Bali èngêt dhatêng kalêpatanipun lajêng narimah dhatêng pêjahipun, ingkang minăngka paukumaning kalêpatanipun, wasana Bali anitipakên sutanipun dhatêng Ramacăndra. Kacariyos Tara sarêng mirêng pawartos kawontênanipun kang

--- 142 ---

jalêr, enggal ambêkta Anggada dhatêng pabaratan, sarta lajêng angurêpi priyanipun, kalayan nangis kalara-lara. Prabu Bali mêling Sugriwa, supados anggêntosana kaprabonipun, tuwin rumêksa dhatêng pangeran pati, ingkang samangke sampun tinilar ing rama, kaanggêpa kadi putranipun piyambak, sasampunipun mangsit dhatêng kang putra, lajêng palastra, Sugriwa ingkang samangke sampun kadumugèn sêdyanipun, ananging sinartan duhkita, awit kapêjahan sadhèrèk jalêr. Tara matur ing Sang Rama, supados kabelakna pêjahing semahipun, dados sagêd tumuntur ing priya lêbêtipun ing kamulyan. Rajaputra alon pangandikanipun, anglipur ing piyambakipun, saha mambêng sampun ngantos dipun tangisi, amargi badhe adamêl botên sakecanipun ingkang sampun lalis, Bali sampun lumêbêt ing kaswargan, minăngka ganjaran utamining pandamêlipun, mila sampun ngantos tinangisan, amung layonipun kemawon tumuntên karuktènana.

Saparipurnaning ambasmi kunarpanipun Bali ingkang kalayan pamiwahan agêng, Anoman nyuwun dhatêng Ramacăndra, supados anjumênêngakên Sugriwa, agêntosi[1] kaprabonipun Bali, punapadene Ramacăndra lajêng dhawah dhatêng para nayaka [naya...]

--- 143 ---

[...ka] wanara, manawi Anggada katêtêpakên dados pangeran dipati, kalampahanipun makatên wau wontên ing kitha Kiskêndha. Ananging Sang Ramacăndra botên karsa lumêbêt i[2] pura, awit katangsulan dening sêsanggêmanipun pribadi, sarta salêbêtipun măngsa badhidhing Prabu Sugriwa sawadyabalanipun kadhawahan sami anglêrêmakên sarira, dene panjênênganipun sakalihan kang rayi Laksmana badhe malêbêt ing guwa, ngantos saparipurnaning măngsa jawah sawêg badhe wiwit angupaya murcanipun kang garwa.

Sarêng sampun dumugi ing măngsa marèng, Anoman angèngêtakên sêsanggêmanipun Prabu Sugriwa, ingkang sawêg mangun suka, ngantos kasupèn ing patêmbayanipun dhatêng Sang Rama, mila Sugriwa lajêng dhawah angêmpalakên wadya wanara, botên badhe mangun yuda, amung badhe angupaya ing Sita Dèwi. Kacariyos kawan wulan salêbêting măngsa padhidhing sampun kados satus warsa wontên pangraosipun sang among gandrung, mila sarêng Sang Rama priksa, manawi sampun wiwit măngsa marèng, lajêng dhawuh dhatêng Laksmana angèngêtakên dhatêng Sugriwa, kalayan amambêng sêrênging panggalihipun, amargi Laksmana lajêng matur, bilih badhe anglunas Sugriwa, dene cidra ing jangji. Laksmana

--- 144 ---

pangkat dhatêng Kiskêndha, sarêng sampun dumugi sacêlaking kadhaton, Anggada kadhawahan paring priksa dhatêng Sugriwa, manawi panjênênganipun rawuh. Ing nalika Prabu Sugriwa mirêng, manawi rawuhipun Laksmana amêngku duka, sakêlangkung ajrihipun, mila lajêng osik ing manah, Anoman sampun angèngêtakên patêmbayanipun dhatêng Sang Rama, ingkang ngantos samangke dèrèng kalampahan, bokmanawi samangke sampun wiwit marèng, pramila sêdyanipun amung nêdya amasrahakên jiwanipun dhatêng Laksmana, sampun ngantos kalajêng duka, awit piyambakipun sampun anglênggana dhatêng kalêpatanipun, saha sampun mirantos badhe angupadosi.

Ing nalika Sang Laksmana sampun dumugi ing dhatulaya, Sugriwa priksa manawi sêmunipun Sang Laksmana têksih angêmu bêbêndu, saya kados punapa ajrihipun, mila lajêng ngatag Tara, supados marêg ing rajaputra, minta pangaksama, punapadene mitêrangakên, punapa darunaning bêndu. Sang Laksmana nyariyosakên, kados punapa sangsaraning panggalihipun kang raka, dene Sugriwa kasupèn dhatêng patêmbaya ingkang amargi kalimput ing kawibawan. Tara sangêt manutuh dhatêng priyanipun, sarta lajêng matur ing rajaputra, manawi sajatosipun Sugriwa [Su...]

--- 145 ---

[...griwa] sampun amêpak wadya wanara, sarta Laksmana kaaturan dhatêng dunungipun Sugriwa, ingkang rinămpa-rămpa dening sakathahing garwanipun. Aturipun, langkung prayogi Sang Laksmana wuninga dhatêng garwanipun Sugriwa sanès-sanèsipun.

Sasampunipun ingancaran dening Sugriwa, Sang Laksmana lajêng wêngis wêdaling pangandikanipun. Sugriwa têtela botên priksa dhatêng kasaenan, pramila saèstu badhe kapêjahan, kados pun Bali, manawi purun anyidrani. Tara lajêng nyungkêmi padanipun Sang Laksmana, kalayan manutuh dhatêng priyanipun, dene sangêt weya, saha atur pêpèngêt ing rajaputra, sampun ngantos anuruti lampahing kanêpson, amung para sudra ingkang kandhih dening kanêpson, mila angêgungna pangaksama tuwin sadu budi. Sang Laksmana ingkang pancèn gampil sangêt nêpsunipun, nanging dhasaripun sae, mila lajêng lêmpêr ing dukanipun. Punapadene Sugriwa sangêt mangasih-asih minta pangaksama, sarwi sanggêm lajêng badhe pangkat.

Sang Laksmana lajêng gêntos anglairakên piduwunging panggalihipun, dene sampun ngandika ingkang ngêmu bêbêndu. Sasampunipun sakalihan lajêng pangkat dhatêng palêrêmanipun Sang Ramacăndra kairing wadya wanara sakalangkung kathah. Sarêng sampun dumugi [dumu...]

--- 146 ---

[...gi] ngarsanipun Sang Ramacăndra, Sugriwa lajêng dhawuh supados wadya wanara kabage sakawan. Sagolongan lumampah mangidul, sagolongan ngalèr, sagolongan ngilèn, ingkang sagolongan malih mangetan, pêrlu angupaya Dèwi Sita. Dene têtindhihing wadya ingkang lumampah, ingkang mangidul Sang Anggada, kanthi Anoman tuwin Nila, sarta para pêpilihan sanès-sanèsipun. Manawi pangupayanipun wau sampun watawis sawulan, lajêng kadhawahan sami wangsul, pundi ingkang sagêd manggihakên ginantungan ganjaran agêng. Sang Ramacăndra puninga[3] kados punapa pitadosipun Prabu Sugriwa dhatêng Anoman, sarta Sang Rama wuninga dhatêng kawontênan saha kasaktènipun, mila lajêng katimbalan majêng, kaparingan sêsupenipun, supados kaparingakên dhatêng Dèwi Sita, minăngka tandhaning kapitadosan dhatêng kasêtyanipun. Mila sampuning winêling-wêling sampun ngantos kirang wêweka, para wanara lajêng abidhalan, samargi-margi tansah angingsêp-ingsêp ing pundi dunungipun Sang Sita Dèwi. Ananging sarêng sampun dumugi sawulan, ingkang tigang golongan sami wangsul, mantuk matur tiwasing dinuta.

Kacariyos Sang Anggada ingkang lumampah mangidul, sakalangkung [sakalang...]

--- 147 ---

[...kung] prihatos, dene sampun sakalangkung sayah, mêksa botên pinanggih ingkang sinêdya, mila lajêng sami rêrêmbagan. Anggada samangke lampahipun sampun pantog pasisir kidul, tur sampun sawulan dangunipun, mila lajêng andhawah ing siti kalayan tanpa daya, amargi piyambakipun ajrih mantuk manawi dèrèng kapanggih. Sang Anoman nêdya anyobi antêpipun Anggada, sinamun ing pamrayogi ngajak wangsul, ananging Anggada kêncêng botên purun, pinalaur pêjah kaluwèn, tuwin saking sangêting sayahipun, piyambakipun merang wangsul sumiwi ing ngarsanipun Sugriwa, manawi botên sagêd angrampungakên kawajiban, ingkang sampun sinangkulakên ing piyambakipun. Para nayaka tuwin wadyabala sami pating gulasah wontên ngarsanipun Anggada, kalayan sampun satêngah pêjah, amargi sami kaluwèn. Nalika samantên lajêng wontên pêksi agêng dhatêng, nama Sampati, sadhèrèkipun Jathayu kalayan ambêkta têtêdhan. Anggada lajêng bêbisik dhatêng Anoman, manawi pêksi punika bokmanawi pêksi ingkang badhe bela palastra dhatêng Sang Ramacăndra, kados lêlabêtanipun Jathayu. Sampati sarêng mirêng namining sadhèrèkipun kaucapakên, lajêng nungsung pawartos sarta pratela, manawi Jathayu punika sadhèrèkipun [sadhè...]

--- 148 ---

[...rèkipun] nèm, sumawana nyariyosakên sababipun mila têlas wulunipun punika, awit kasangsaya dhatêng bêntèring surya.

Anggada cariyos wigatosing lampahipun, sarta lajêng minta sraya, supados ambiyantua, ngupadosi murcanipun Sang Sita Dèwi. Sampati cariyos manawi priksa wanita, sakalangkung endah ing warni, kaboyong dening Rahwana, bokmanawi punika Dèwi Sita. Kadhatonipun Rahwana punika ing Ngalêngka, satunggiling kitha ingkang kalangan samodra, têbihipun watawis wolung atus pal saking pasisir ingkang sami dipun kèndêli punika. Paraupanipun pêksi lajêng katingal marbabak, saking sangêting anggènipun niyat ngupados têtêdhan, tanpantara sami sanalika wau paksi lajêng dados agêng, ngantos langkung wolung atus pal wiyaripun, ing ngriku priksa Sita ing karatonipun Rahwana.

Samangke sampun sami priksa dunungipun ingkang sami kaupaya, ananging sintên wadya wanara ingkang sagêd kuwawi nglangi ing ombaking sagantên ngantos wolung atus pal, sawênèh wontên ingkang cariyos, manawi piyambakipun amung sagêd malumpat wolung dasa pal têbihipun. Sawênèhipun malih sanjang manawi sagêd malumpat ngantos satus sawidak pal, ananging amung Sang

--- 149 ---

Anoman, putranipun Bathara Wayu[4] ingkang sakêlangkung kawasa, amung anjêngêr botên anyambungi wuwus, kawuningana Sang Jambawan, satunggaling baruwang ingkang sampun sêpuh, amarêpêki Sang Anoman, kalayan angèngêtakên, manawi piyambakipun punika putranipun dewaning angin, mila sampun tantu kawasa mahawan gêgana kados sudarmanipun, sanalika wau Anoman lajêng tiwikrama, dados sakalangkung agêng, sampun botên mutawatosi lumayang sanginggiling sagantên, cipta ginolongakên pinusthi ing batos kados lumêbêt ing praja Ngalêngka.

Ingkang katêmbungakên kapusthi punika patraping batos, ingkang makatên asring kacariyos wontên sêrat sukci sanès-sanèsipun, dayaning pangèsthi punika wêwadosing pangwasa ingkang sagêd aminangkani sadaya ingkang kinajêngakên, mila tiyang sami tanpa kêkiyatan amargi saking botên sagêd tumindak makatên wau, sarta saking pitunanipun pangwasaning ciptanipun, manawi cipta punika cêtha, bêning sarta santosa pangèsthinipun, punika sampun angrampungakên saperangan agêng, sadhengah ingkang kinajêngakên, badhe kalampahanipun sagêd dados gumêlar wontên ing dunya, manawi sampun sinamêktan lampah kaping [ka...]

--- 150 ---

[...ping] kalihipun, inggih punika ginarap, Anoman ingkang nglampahi pakartining jagad, lajêng wiwit sêdyanipun ginêlêngakên pinusthi ing dalêm cipta, sarêng kawawas sampun pramana, enggal linawanan ing tanduk, wujudipun enggal minggah ing rêdi saha asung urmat dhatêng srêngenge, sasampunipun lajêng anjêjak siti cumlorot kadi lêpasing jêmparing, sinăngga dening kang Rama binuncang ing maruta, sumusup ing mêndhung ga piyak ga tangkêp, kadi silêming jalanidhi, bêblês mangidul, Anoman anyumêrêpi ingkang sami lêlangên ing awang-awang, sarêng sampun andungkap dumugi ing praja Lêngka, wangsul wujudipun sakawit, sarta lajêng tumurun ing pasisiring nagari Lêngka. Ing ngriku Anoman ngêntosi suruping srêngenge, sarwi anggagas kadospundi prayogining lampah anggènipun ngupaya Dèwi Sita. Saking pamanggihipun Anoman, sampun ngantos kasumêrêpan dening para rasêksa, awit manawi ngantos kasumêrêpan, badhe botên sagêd kadumugèn sêdyanipun, sarêng surya sampun silêm ing jalanidhi, Anoman amancala rupa, awujud kucing, kalayan wujud makatên wau lumêbêtipun ing kitha, ingkang jinagi sakalangkung rêmpit, sawêg dumugi ing wiwaraning sakèthèng sampun kapapag mêngsah wujud kucing agêng, inggih punika ingkang ambaurêksa [ambau...]

--- 151 ---

[...rêksa] nagari, inggih punika rupa dewata, ingkang ngandhêg ing yambapikipun,[5] lajêng pinarwasa dening Anoman, sarêng sampun kasoran, Anoman dipun lilani lumêbêt.

Ing ngriku wiwitipun andalajah pura Ngalêngka, Anoman priksa wanodya pintên-pintên ingkang sami bingah-bingah tuwin garombolan, ananging Dèwi Sita dèrèng pinanggih, mila sangêt sêdhih sarta awrat ing manahipun. Sabên suyasa linêbêtan, ngantos dumugi ing suyasa ingkang sakalangkung adi, inggih punika suyasanipun Rahwana. Sadumuginipun ngriku Anoman priksa Rahwana tilêm kinêpung dening para garwanipun. Nalika Anoman priksa satunggaling wanita ingkang endah piyambak, andugi bokbilih punika Dèwi Sita, mila sakalangkung bingah ing manahipun, lajêng sêdhakêp sarwi angambungi buntut, sarta lajêng mancolot dhatêng sakaning kadhaton, minggah dhatêng ing payon, tuwin lajêng mlorot mangandhap malih, kados kodrating wanaranipun manawi karaos bingah.

Ananging botên watawis dangu lajêng tangi pangwasanipun kang luhur, têmah wuninga manawi pawèstri endah punika sanès Dèwi Sita kang sukci, garwanipun Rama ingkang dados dêlêging pangupaya, kaupadosan ing pundi-pundi botên pinanggih, ing ngriku têlasing

--- 152 ---

pangajêng-ajêngipun. Ciptanipun kasawijèkakên, sumungkêm ing ngarsaning dewa, miwah Sang Rama. Ingkang kaèsthi ing dalêm batos, nêdya lumêbêt ing wana Asoka, pinanggih kalihan Sita wontên ing ngriku, èsthinipun katumusan ing lair. Piyambakipun lajêng mancolot dhatêng mandira gung ingkang wontên ing wana Asoka. Ing ngriku sagêd aningali sawawêngkoning wana-wana, sakalangkung kagèting manah ingkang sinawung ing suka sukur, amargi Anoman miyat suyasa adi ingkang amêncil, Dèwi Sita wontên ing ngriku, pasuryanipun katingal alum, awit pangagêmanipun sarwa kusut, sarta rucat raja kaputrèn, lênggahipun andhingkluk, netranipun kabêndung ing waspa. Osiking manah, têtela Dèwi Sita, kang dadi têlênging pangupaya, botên manggèn ing pura kancana, tuwin botên wontên ing antawising kamulyan, ananging ngênês tur tanpa karêkat, ijèn amung kalayan raksasa ingkang anggêgirisi, inggih ingkang pinatah rumêksa. Sampun têtela Rama kasêmbadan sapangajêng-ajêngipun, dene kang garwa têtêp kasucianipun.

Manahipun Anoman amarwata suta, angèngêti luhuring pambêkanipun Sang Rama tuwin Dèwi Sita, ananging Sita sangêt ngunguning panggalih aningali anèhing kawujudanipun raksasa ingkang

--- 153 ---

rumêksa, dene paraupanipun kadidene kewan galak, utawi kawujudan sanès-sanèsipun ingkang sangêt anggêgilani, rambutipun gimbal, saranduning badan sarwa cacad, ombèn-ombènipun anggur, pacitanipun daginging kewan mêntah, sarta badanipun tansah binalonyo ing rah ingkang anggubrasi tanganipun. Wanci dalu dhatêngipun Rahwana, kadhèrèkakên para garwanipun ingkang endah-endah, mila Anoman lajêng sêsingidan, ing têngah panging kajêng ingkang dipun pènèki, murih sampun ngantos kasumêrêpan dening raksasa raja. Dèwi Sita sarêng aningali dhatêngipun Rahwana gumêtêr saliring angga, kadidene mênjangan èstri pinarpêkan ing sima.

Wêdaling pangandikanipun Rahwana tansah mangimur angarih-arih, Dèwi Sita sampun ngantos ajrih, sarta anglunturna sihipun: O, Matili, sawuse sira dumadi, dewa wus ora anitahake wanodya kang endah manèh, sira aja lênggana, sira bakal ingsun dadèkake garwaningsun, sarupaning pèni-pèni rajapèni, isining jagad têtêlu kang sun kalumpukake, apadene karaton ingsun, ingsun pasrahake marang sira, muga aja prihatin, mituruta sapamintaningsun. Sangêt pangasih-asihipun Rahwana dhatêng Sita, amargi piyambakipun sampun [sa...]

--- 154 ---

[...mpun] pinasthi ing dewa badhe anêmahi lena, manawi ngrudapaksa pawèstri ingkang botên purun. Pramila Rahwana botên kalampahan masesa.

Sampun dados lêsu amargi pinilut ing prihatos, kêra sarta pucêt. Dèwi Sita amangsuli kalayan aris, nanging patitis: Ciptanira katujokna marang garwanira dhewe, dene bojoku kang wajib andarbe ing aku. Sumurupa aku mêsthi ora gêlêm anglakoni dosa. Nalika ngandika makatên wau netranipun andik sarwi mingis, sarta lajêng angèngêtakên, supados Rahwana sampun nêrak kasusilan, sarta angèngêtana karaharjanipun piyambak: Aja magadhang aku sarana sarupaning kamulyan, miwah sêsotya nawarêtna, awit tumraping aku lan Rama iku kaya pêpadhang amor lan prabaning surya, hèh Rahwana, balèkna aku marang Rama. Mêmitrana lan panjênêngane, awit gustiku Sang Ramacăndra ambêke wêlasan lan utama. Sira ora lêstari raharja yèn kongsi angrêridhu Sang Rama musthikaning bawana. Samantên kasuranipun Dèwi Sita, sanadyan piyambakipun wontên rêgêmaning mêngsahipun.

Sang Rahwana sangêt anyênggara singa ing Dèwi Sita, wêkasan lajêng kaparingan sumêne kalih wulan. Manawi salêbêtipun kalih [ka...]

--- 155 ---

[...lih] wulan botên miturut, badhe winasesa sarta linunas, ewadene Sita botên surud kasudiranipun, malah tansah manantang. Sang Rahwana kondur, sapraptaning kadhaton animbali rasêksi, ingkang kagalih angêntasi kardi. Rasêksi wau pinarêngakên ngangge sarana saprayoginipun, sanadyan sarana agal tuwin alus, sak anggêr Dèwi Sita sagêd kalampahan miturut. Pangajêng-ajêngipun Rahwana saèstu botên kasêmbadan, amargi Dèwi Sita amung angèngêti dhatêng kasêtyan, sanadyan kasangsaranipun sampun tanpa upami, ewadene taksih luhur budinipun, sarta Dèwi Sita ingkang netranipun kadi sêkar tunjung biru tansah kaayoman dening kautamèning ambêkipun pribadi. Sampun sadasa wulan anggènipun wontên ing praja Ngalêngka anggung kagêgiro sarta kaancam-ancam, nanging tansah santosa kakêncênganipun, sarta botên surud kasudiranipun, amargi alusing pamicara punika sanès pratandhaning kalêmbekan, punapadene alusing budi punika ugi botên kenging kaanggêp titikaning kakirangan kakêndalan.[6] Sanadyan sarwa alus, ananging Dèwi Sita botên kirang kakêndêlan. Sanadyan agêng sihipun, nanging botên mingkêt kasêtyanipun.

--- 156 ---

Sapêngkêripun Rahwana, wontên rasêksi ingkang manggihi Dèwi Sita, kalayan mangancam badhe amêjahi, manawi lêstantun wangkalipun. Ananging Sita botên kengguh dening ingkang makatên wau. Wangsulanipun: Mara aku panganên, aku ora bakal miturut. Sanadyan bojoku iku dudu ratu, kawruhana iku guruku, dadi masthi kalawan bakti anggonku ngladosi panjênêngane. Rasêksi angathungakên dêdamêlipun kalayan wicantên, badhe karajang-rajang, ananging sanadyan sangêting kagèdipun, Sita kadidene kidang kinêpung ing sagawon ajag, ewadene taksih manantang: Mara age panganên aku saêntèke yèn kowe bisa. Aku ora gêlêm nurut. Sasampunipun ngandika makatên, Sita lajêng angesahi, sarwi arawat waspa kininthil dening rasêksi, ngantos dumugi sangandhaping kajêng pasingidanipun Anoman, ingkang tansah aningali dhatêng sadaya ingkang sampun kadadosan. Ing ngriku Dèwi Sita lajêng ambruk ing siti kalayan sangêt amêlasasih.

Ananging ing antawisipun sakathahing mêngsah, ing ngriku wontên pawèstri sêpuh tur wicaksana, ingkang sangêt sihipun dhatêng Sita, sinêbut ing nami Kèn Wara Trijatha, amambêngi dhatêng rasêksi wau, sampun ngantos kalajêng-lajêngakên, amargi piyambakipun [piya...]

--- 157 ---

[...mbakipun] supêna, ingkang sangêt anggêgirisi. Ingkang katingalan ing dalêm supênanipun, Rama kalayan Laksmana lênggah munggèng rata kaswargan, Dèwi Sita mangangge sarwa pêthak, amarpêki Rama, kadosdene padhang ngêmpal kalihan srêngenge tuwin sanès-sanèsipun malih ingkang dados ngalamating kamênanganipun rajaputra kêkalih. Rahwana katingal pagas jangganipun tumancêb wontên ing êmbagan, makatên ugi para kadang tuwin para putranipun, amung Sang Wibisana ingkang katingal lumampah mangidul dhatêng kahyanganipun Sang Hyang Yama, dewaning pêpêjah. Mila rasêksi kaprayogèkakên, ingkang alus tandukipun dhatêng Dèwi Sita, ingkang kawêca badhe manggih unggul.

Ing nalika punika Anoman taksih angunandika, kadospundi anggènipun badhe matur kalayan Dèwi Sita, ingkang rasêksi punika botên mangêrtos, wêkasan katuwuhan osik, kêdah matur sarana têmbung Sangsêkrita, nyariyosakên sangsaranipun Rama, samurcanipun kang garwa dhinustha dening Rahwana. Minăngka panutuping aturipun, pratela manawi para wanara angupaya, ingkang samangke sampun kalampahan pinanggih. Nalika Dèwi Sita midhangêt suwantênipun Anoman, sakalangkung kagawokan, mila lajêng aningali manginggil, ingkang

--- 158 ---

katingal satunggiling wanara, sakalangkung agêng, linggih wontên ing êpang. Sêsawangan wau botên adamêl têntrêming panggalihipun Dèwi Sita, malah sangsaya adamêl sangêting sumêlangipun, sarêng kêthèk wau mlorot mangandhap, lajêng linggih wontên ing ngarsanipun, patraping wanara sakalangkung susila, manêmbah lajêng umatur, panjênênganipun wau sintên, punapa darunaning prihatos, tuwin punapa sanès garwanipun Sang Ramacăndra. Sita sarêng mirêng asmanipun kang raka lajêng ngandika, manawi panjênênganipun wau Sita, sarta andangu kadospundi lêlampahanipun Rama. Ing nalika wau Anoman lajêng anyariyosakên karaharjanipun kang raka, mila adamêl enggaring panggalihipun. Ananging sarêng Anoman saya anyêlaki, Dèwi Sita katêwahan pandugi, manawi punika Rahwana amindha wanara, mila enggal angunduri, sarta dhawuh dhatêng Anoman, manawi pancèn sajatining mitra, sanès panjanmaning satru, amujia kaluhuranipun Rama. Ing ngriku Anoman lajêng angidung, ingkang sinawung ing kidungipun mêmuji kaluhuranipun Rama, sarta amratelakakên naminipun, wêkasan lajêng angaturakên sêsupe, agêmipun kang raka, mila lajêng sirna sêmang-sêmanging panggalihipun.

--- 159 ---

Dèwi Sita dhawuh supados enggal kabêktaa dhatêng padununganipun Rama, awit sampun sadasa wulan anggènipun kapisah kalayan kang raka, mila manawi ngantos sataun, sampun tamtu badhe katêmahan layon, Dèwi Sita kaaturan lênggah ing gigiripun Anoman, lajêng badhe ginendhong dhatêng palêrêmanipun Rama, ananging Sita botên karsa, ingkang sapisan sumêlang, kaping kalihipun angèngêti kasusilaning pawèstri. Dèwi Sita sampun prasêtya, botên badhe anggêpok tiyang jalêr kajawi Rama, langkung malih pangajêng-ajêngipun, sampun ngantos luwaripun saking prihatos punika amargi pitulunganipun tiyang sanès, Anoman sangêt mangalêmbana dhatêng Dèwi Sita, sarta matur manawi karsanipun ingkang makatên wau pantês dados pambêkaning garwanipun Rama, Anoman nyuwun tandhaning sih ingkang badhe kaunjukakên Sang Rama, murih gustinipun lajêng pitados, manawi nyata sampun pinanggih. Dèwi Sita lajêng nyariyosakên lêlampahanipun sarêng kapisah kalayan Sang Ramacăndra, punika kadhawahan nyariyosakên gêntos dhatêng gustinipun, sarta lajêng maringakên sasotya rêrêngganing busana ingkang Sang Rama mêsthi lajêng èngêt, manawi punika agêmipun, sasampunipun matur supados Dèwi Sita sampun ngantos [nganto...]

--- 160 ---

[...s] sungkawa, awit Sang Rama tamtu badhe enggal rawuh, Anoman lajêng pamit.

Ciptanipun Anoman botên niyat mantuk, manawi dèrèng anacak kaprawiranipun para rêksasa, inggih sakalangkung anèh ciptaning dewa ingkang kacampuran kodrating wanaranipun, sasampunipun anglocita makatên wau, Anoman tiwikrama, sariranipun dados sakalangkung agêng, lajêng wiwit angrisak padununganing para garwanipun Rahwana, punapadene wana Asoka, kajawi suyasanipun Sita, sadaya kaobrak-abrik. Prabu Rahwana sarêng kaaturan wuninga dening raksasa ingkang sami jagi, manawi wontên wanara ingkang sakalangkung agêng manggihi Dèwi Sita, saha lajêng angrisak Asoka, sakalangkung dukanipun. Mila lajêng dhawuh dhatêng raksasa panjagi karaton, supados amêjahi satru ingkang murang krama.

Anoman mêre sarwi sêsumbar, mratelakakên naminipun, sarta ambêngok sakalangkung sora ungêlipun, Sang Ramacăndra ingkang badhe manggih unggul. Sarêng raksasa sampun ajêng-ajêngan, lajêng campuh pêrang, botên watawis dangu para raksasa kathah ingkang sami katiwasan. Sasisaning pêjah, lajêng sami kapalajêng. Sarêng mêngsah sampun sami lumajêng, Anoman mêre

--- 161 ---

sarwi mancolot dhatêng pucaking panggung kalihan mêmuji: Luhura gustiku Sang Ramacăndra. Suwantênipun ngumandhang ing antariksa, têmah adamêl mirising para raksasa. Sarêng ingkang jagi panggung marêpêki, pilaring panggung jinêjak, Anoman mêsat, panggung pinancat rêbah, sarta ingkang jagi pinêjahan. Rêbahing panggung ingkang binarung panjêriting swaranipun Anoman ingkang anggêgirisi, kapiyarsa kadi swaraning samodra pasang, lajêng wontên sagêgêlênganing raksasa malih, ingkang badhe anyêpêng dhatêng Anoman, ananging ugi datan măngga pulih, pratingkahipun Anoman anggènipun pêrang kalayan sêmu angerang-erang, tansah mancolat-mancolot saking payoning suyasa dhatêng sanèsipun, panggung inggil-inggil karêbahakên, payoning suyasa kaorak-arik, ciptanipun botên badhe amêmêjahi, ananging amung badhe anyênyamah kumlungkunging ambêkipun Rahwana.

Pangandikanipun Rahwana: Iku dudu kêthèk, iku kawujudan kang dumadi saka pangwasaning yoga, kang kanggo mangrusak ing kita. Mila lajêng matah pêpêthinganing nayaka gangsal, nanging ugi kasoran. Sarêng Nayarya Aksa ingkang ambêk sudira mirêng, enggal atêtulung, lajêng pêrang sakalangkung rame, wêkasan [wêkasa...]

--- 162 ---

[...n] ugi kasoran dening Anoman. Pramila sang kyating rat Radèn Indrajit, narendra putra ing Lêngka, ingkang mandraguna sudira sakti, lajêng lumawan ing jurit, enggal tinêmpuh dening Sang Anoman, dêdrêg ulêng-ulêngan, sami prawiranipun, sami karosanipun, botên wontên ingkang kasoran, mila Sang Indrajit lajêng musthi sanjata pamungkas, pêparingipun Hyang Brahma (tiyang Jawi amastani nagapasa utawi panah rante) Anoman kacundhuk lajêng dhawah ing siti, kabalêbêd dening daya pangwasaning puja. Osikipun Anoman, kapara prayogi, manawi piyambakipun binănda kabêkta dhatêng ngarsanipun Rahwana, amargi piyambakipun kapengin sangêt ajêng-ajêngan kalihan Rahwana. Mila gadhah kapengin ingkang makatên wau, bokmanawi têwah wataking kadewanipun, osiking manahipun: Bêgja ingatase aku, yèn bisa sapocapan lan dhèwèke. Murih kalêksanan sêdyanipun ingkang makatên wau, mila Anoman lajêng nurut kemawon, saya kados punapa sênênging manahipun, sarêng mirêng suwantêning raksasa ingkang ambêngok nêdha tangsul, badhe kangge nangsuli piyambakipun, amargi ingkang makatên têwah saking kabodhoan, karantên gêgamaning para dewa badhe sirna kakiyatanipun, manawi

--- 163 ---

sinartan tangsuling kalairan, amargi Anoman priksa manawi piyambakipun badhe sagêd amêdhot, bilih sampun kadumugèn sêdyanipun. Adhuh, ucapipun Indrajit: Pagene dene raksasa padha mangrusak pangwasaningsun, dhèwèke padha ora wêruh marang dayaning mantram, măngka manawa gêgamaning dewa iku wus cabar, ora bisa agawe sirnane. Gêgaman apa manèh kang dianggo ngalahake. Têtela kita rinakêtan ing bêbaya gêdhe. Sang Indrajit pancèn wicaksana, sudira ing aprang, sarta pinunjul manawi nandukakên dêdamêling dewa.

Anoman ingkang katingalipun sêdhih sarta sangsara nalika kabêkta dhatêng ngarsanipun Rahwana, ananging batosipun sakalangkung bingah, Prabu Rahwana lajêng dhawuh dhatêng nayakanipun, supados kadangu, piyambakipun punika sintên, sarta sêdyanipun punapa. Wangsulanipun Anoman: Aku iki utusan, nayaka lajêng andangu malih. Pagene têka angrusak Asoka lan matèni kang jaga. Apa bênêr caraka mangkono patrape. Wangsulanipun Anoman: Anggonku angrusak taman iku amarga kapengin wêruh marang narendraning raksasa kang misuwur ing jagad, dene kalakone dadi pêrang

--- 164 ---

iku saka lupute raksasa, amarga dhèwèke niyat matèni ing aku, dadi mêsthine dak lawan, aku kautus dening Ragawa, supaya katêmu lan sang prabu. Aku kăndha mangkono raksasa ora mituruti.

Wicantênipun Anoman sêmu sêrêng, nanging patitis, piyambakipun matur ing Rahwana, supados Sita kawangsulna, saha nyariyosakên kasudiranipun Sang Rama, ingkang tanpa tandhing ing dunya, ananging Rahwana sarêng midhangêt aturipun Anoman, ingkang angluhurakên dhatêng Sang Ragawa, sakalangkung dukanipun. Mila lajêng dhawuh, supados Anoman pinêjahan, kacariyos kadangipun Rahwana, ingkang sêsilih Wibisana, sumambung ing atur pêpèngêt, manawi utusan botên kenging pinêjahan, sampun dados anggêring jagad ingkang botên kenging tinêrak, dene manawi wontên caraka ingkang kalèntu tindakipun, punika kenging kapatrapan paukuman, ananging botên wênang pinêjahan, sanadyan kados punapa kanêpsonipun Rahwana, ewadene mêksa miturut dhatêng anggêr-anggêr, Rahwana mituruti pamrayoginipun kang rayi, ananging lajêng ngandika, sarèhning wanara dosa, dados panyamahipun kêdah sarana buntutipun binasmi, minăngka paukumaning kalêpatanipun, [kalêpatani...]

--- 165 ---

[...pun,] mila lajêng dhawuh, supados buntutipun Anoman kablêbêda suwekan sinjang, ingkang kacêlup ing lingsah, lajêng kasumêt, sarta kaêlokna ing tiyang kathah, manawi punika têlik, lêlampahan punika kamirêngan Dèwi Sita, ingkang ambêkipun wêlasan, măngka kasangsaran wau anangsaya pun Anoman, pramila Sita lajêng angèsthi dewaning latu, awit Anoman anglampahi ayahaning Rama, supados sampun karaos bêntèr, Anoman sakalangkung gawoking manahipun, dene botên karaos bêntèr. Botên priksa punapa sababipun, têka buntutipun kabêsmi, nanging asrêp kemawon raosipun, Anoman lajêng triwikrama, tangsul ingkang ambalêbêd sami rantas, ingkang nyêpêng dipun pêjahi, kalayan anggagas punapa ingkang badhe dipun lampahi. Piyambakipun nêdya adamêl kurban latu, pangangkahipun botên sanès amung badhe adamêl kalingsêmanipun sang raksasa raja. Sarêng sampun kamanah prayogi, Anoman wiwit ambêsmi pura, tansah mancolot dhatêng sadhengahing suyasa, sarta pabitingan, gêdhong-gêdhong paseban, tuwin sanès-sanèsipun, griya ingkang sae-sae, tuwin adi-adi, ingkang sampun sarwa samêkta sapirantosipun, ingkang dèrèng kabêsmi, sadaya [sa...]

--- 166 ---

[...daya] sami kabasmaran, pancolotipun Anoman saking satunggiling panggenan dhatêng sanèsipun wau katingalan kadi cumloroting andaru, suwantêning latu gumalêgêr sinarêngan pamêrenipun Anoman, kapiyarsa kadi swaraning galudhug, sanagari dados samodra latu, sadaya ingkang pèni-pèni, endah-endah, sami kabasmaran, sawarnining suyasa sami dados latu sadaya, ing nalika wau Anoman lajêng anyêlupakên buntutipun dhatêng sagantên.

Ananging Anoman katêwahan sumêlanging manah, bokbilih Sita kabêsmi, saking adrênging kajêngipun, ngantos kasupèn dhatêng Dèwi Sita, osikipun: Apa Sita ora kobong. Ananging wontên dewa ingkang wêwarta, manawi Sang Janakatmaja rahayu, mila sasampunipun Anoman anuwèni sakêdhap dhatêng padununganipun Sita, lajêng manglayang wangsul, sarêng sampun kapanggih kalihan ingkang sami angêntosi, Anoman mêre sakalangkung sora awit saking bingahing manahipun, lajêng tinimbangan dening para wanara ingkang sami mancolot anyêlaki, sasampunipun Anoman anyariyosakên purwa madya wêkasaning lêlampahan, lajêng sami pangkat mantuk.

Sasampunipun tumindak sawênang-wênang, saha tansah agiyak-giyak [agiya...]

--- 167 ---

[...k-giyak] sadangunipun lumampah, tanpantara dumugi pakuwonipun Sugriwa, lajêng ngaturakên punapa ingkang sampun kalampahan, Sang Ramacăndra ingkang sangêt kêpenginipun badhe mirêngakên kadospundi kawontênanipun kang garwa, enggal animbali Anoman, ingkang lajêng ngaturakên saprêluning dinuta, purwa madya wasana, datan wontên kakirangan, punapa malih ingkang dipun sumêrêpi kawontênanipun ing wana Asoka, sarta ngaturakên wêlingipun Dèwi Sita. Sasampating cariyos, sang duta di sigra ngaturakên sêsotya rêrêngganing busananipun Sang Sita Dèwi. Ramacăndra sangêt kumêpyuring panggalihipun dupi ananggapi sêsotya ingkang salami-laminipun botên kapisah saking pangagêmanipun Sita. Mila Anoman lajêng karangkul, saking kasoking panarimah ingkang minăngka ganjaran anggènipun sampun anglampahi wajibing pamitran, sadaya sami suka sukur ing dewa, ingkang lajêng tinungka prihatos, awit angèngêti pakèwêding margi, ingkang badhe dipun langkungi, kados ta badhe panabrangipun sagantên, kadospundi sagêdipun dumugi ing praja Lêngka, ingkang samantên têbihipun, Sang Ramacăndra enggal dhawuh dhatêng Sugriwa, supados tumuntên ambidhalna wadyabalanipun, botên watawis dintên lampahing wadya agêng [a...]

--- 168 ---

[...gêng] dumugi pasisiring sagantên kidul, ing ngriku sami aningali gumlaring samodra ingkang angalangut tanpa têpi.

Botên kacariyos mênggah kalingsêman tuwin kasusahanipun Sang Rahwana sanayakanipun, ingkang saking karisakaning pura, ingkang mêntas kabêsmi dening dutaning Rêgawa. Pramila sasampuning pinulih sawatawis, sang prabu lajêng adhêdhawuh tata-tata saupakartining ayuda. Para wadya rêksasa ing Ngalêngka sangêt pitados dhatêng para senapatinipun, pramila sami ayêm kemawon manahipun, nanging wontên marasipun sawatawis, awit sampun sami mirêng kasudiranipun Sang Ramacăndra, amung Sang Wibisana ingkang tansah rangu-rangu, awit piyambakipun punika pancèn rahayu saha sukci ing budi. Kawujudanipun raksasa, nanging ambêkipun adil, mila botên kêndhat pêpèngêtipun dhatêng Rahwana, supados tumuntên amangsulna garwanipun Rama. Ananging Wibisana botên cocog kalayan pamanggihipun para nayaka tuwin para rêksasa sanès-sanèsipun, pramila aturipun botên dipun pituruti, malah dipun erang-erang dening Rahwana, dados Wibisana lajêng sumendhe ing pêpasthèn, anglindhung karsaning dewa, amilalu anilar sadhèrèkipun, nêdya suwita dhatêng Ramacăndra.

--- 169 ---

Nalika Wibisana dumugi pakuwonipun Sugriwa, kirang sae anggènipun sami anampèni. Sampun tamtu kemawon Sugriwa andugi, manawi punika têliking mêngsah. Sarêng sampun dangu anggènipun rêrêmbagan, Anoman lajêng amrayogèkakên, Wibisana tinampi panungkulipun, punapadene Sang Ramacăndra lajêng ngandika: Sanadyan mungsuh, manawa wus nungkul, iku wajib ingayoman. Tiyang wajib angurmati dhatêng tamu. Ananging Sugriwa lajêng matur, manawi tiyang ingkang purun nilar sadhèrèkipun, ingkang sawêg manggih pakèwêd, punika têtela botên wontên kasêtyanipun, dhawuh pangandikanipun Sang Ramacăndra kalayan sarèh, manawi panjênênganipun botên badhe amidana raksasa wau, amargi èsthining panggalih nêdya angayomi. Sanadyan mêngsah langkung malih mitra, ingkang têtela minta pangayoman, malah ngantosa Rahwana piyambak, manawi wontên panêmbungipun, panjênganipun badhe amangsuli: Rahayua pamitranira lan ingsun. Wibisana lajêng kinèn malêbêt ing pakuwon, sarta ginadhang badhe kajumênêngakên narendra wontên ing Ngalêngka, angratoni raksasa. Wibisana kapundhutan pamrayoga, kadospundi sagêdipun anyabrangakên para wadyabala. Aturipun, supados [supa...]

--- 170 ---

[...dos] Sang Ramacăndra awiraosan kalihan ingkang ambaurêksa samodra. Ngantos tigang dalu Rama anggènipun wontên gisiking samodra, mangèsthi ing dewaning samodra, ananging dewaning samodra botên purun ngatingali, mila Sang Rama lajêng sakalangkung runtik, ngandika manawi sagantên badhe kaêsat sarana jêmparing latu, enggal linêpasan, samodra umob mawalikan, isining samodra sami kasangsaya, asêsambat, mila dewaning sagantên lajêng marêg ing ngarsanipun Sang Ramacăndra, sarwi angrarêpa, sampun kalajêng-lajêng dukanipun, awit punapa sutanipun Bathara Wiswakarma têmtu sagêd angrêtêg sanginggiling toya, sagantên badhe botên mangombak, tuwin badhe atos kadosdene siti, manawi dipun langkungi dening wadya wanara.

Sagunging wanara lajêng ambêdhol sagunging wit-witan tuwin sela, ingkang lajêng kaurugakên samodra. Salêbêtipun gangsal dintên panambakipun sampun rampung, karêtêgipun sampun tumumpang pasisir Ngalêngka. Anoman anggendhong Sang Rama, dene Anggada anggendhong Laksmana. Sawênèhing wanara wontên ingkang nglangi, turut pinggiring sètu, wontên ingkang mancolot ing awang-awang, lumajêng, tuwin kathah solah tingkahing wanara anggènipun langkung sanginggiling samodra. Kados punapa [puna...]

--- 171 ---

[...pa] ta ramening suwantênipun surak sarta pangêriking wanara. Sarêng sampun anginggahi pasisiring praja dunungipun Sang Sita Dèwi, salêbêtipun sadasa wulan kalayan sakêlangkung prihatos, anggènipun angêntosi rawuhipun Rama.

 


anggêntosi. (kembali)
ing. (kembali)
wuninga. (kembali)
Bayu. (kembali)
piyambakipun. (kembali)
kakêndêlan. (kembali)