Bab VII. Paprangan.[1]

Sarêng Sang Ramacăndra sampun ngancik praja Lêngka, lajêng dhawuh, supados pun Suka, têlik utusanipun Rahwana ingkang mindha wanara, kaluwarana. Suka enggal marêg ing ngarsanipun Prabu Rahwana, matur manawi Rama angirid wadya wanara, tuwin baruwang, ingkang tanpa petangan kathahipun, sampun angancik pasisiring nagari. Mila Rahwana kaaturan tumuntên angaturna Dèwi Sita. Manawi botên kaaturakên, têmtu Lêngka badhe tumpês tapis. Rahwana sakêlangkung duka, lajêng ngandika, sanadyan dewa, danawa, punapa sintên kemawon ingkang dhatêng, Rahwana botên badhe ngulungakên Sita. Sampun malih amung Ramacăndra, ingkang tamtu botên kadugi mêngsah Sang Hyang Endra, Waruna tuwin Yama.

Rahwana lajêng dhawuh, supados suka kalayan sarana sami mangintip dhatêng pakuwoning mêngsah, mila sasampunipun sami mancala [ma...]

--- 172 ---

[...ncala] wanara lajêng pangkat nêdya angintip. Sadumugining pakuwonipun Rama, priksa manawi kathahing mêngsahipun tanpa petangan, nanging kêkalihipun wau lajêng kacêpêng dening Wibisana, kaaturakên dhatêng ngarsanipun Sang Rama. Dhawuhipun Rama, supados kaêculna malih, dados sagêd amratelakakên punapa ingkang sampun dipun sumêrêpi. Têlik kêkalih enggal wangsul, matur ing Rahwana, supados sampun lumawan ing jurit. Aturipun, Sita kaaturna wangsul dhatêng Sang Dasarataputra, awit tamtu kasoran manawi ngantos linawad[2] ing yuda, Rahwana sangêt duka, dhawuhipun: Aku ora gêlêm masrahake Sita. Sapa bae ora ana kang agawe wêdiku.

Rahwana enggal minggah ing payoning kadhaton, saking ngriku katingalan kawontênaning mêngsahipun, ingkang ambalabar kadi robing jalanidhi. Suka kalihan Sarana ngaturakên kawontênanipun Sang Ramacăndra, sariranipun biru maya-maya, paningalipun anjait kadi sêkar tunjung, nanging Laksmana kulitipun jêne kadi parada, dhadhanipun wiyar, rikmanipun cêmêng muyêk angandhan-andhan, ananging sadaya ingkang katingalan punika, botên sagêd ngêndhakakên kawantêranipun Rahwana, malah lajêng [la...]

--- 173 ---

[...jêng] ngandika: Kabèh ora bisa agawe ulaping atiku, mulane Sita mêsthi ora dak ulungake.

Sanadyan kados punapa agênging bêbaya, ingkang mangancam badhe andhatêngi, ewadene Rahwana botên supe dhatêng ardaning cidranipun. Rahwana dhawuh dhatêng Wijujiwa, supados nandukna paracidra sarana pangwasaning panasaran, muja sirah ingkang sawarni sirahipun Rama, kalayan gandhewa agêng, adhawahan ambêkta andhèrèkakên Rahwana anggènipun manggihi Sita. Sarêng sampun wontên ngarsanipun Dèwi Sita, lajêng pratela, manawi wadyanipun sampun mangrurah ing Rama, sarta Rama sampun katiwasan, Rama pinanggih tilêm, mila lajêng pinagas jangganipun dening Prahasta, sakathahing wadyabala sami lena wontên samadyaning palagan, dene Laksmana lajêng lolos, sasampunipun cariyos makatên, Rahwana lajêng dhawuh: Wijujiwa, gawanên mrene êndhase Rama. Wijujiwa dhatêng, lajêng nyèlèhakên sirah tuwin gandhewa agêng ing ngarsanipun Dèwi Sita. Sapintên agênging rudatosipun Sita, ingkang sampun sinandhang, ewadene botên măntra-măntra mirib, manawi katandhing kalihan risaking panggalihipun sarêng aningali sirahipun Ramacăndra, ingkang galuprut rah tuwin [tuwi...]

--- 174 ---

[...n] balêdug, sanalika wau Dèwi Sita lajêng dhawah kantaka. Sarêng sampun èngêt malih, sirah kaasta karuna maaru-ara, sarwi sêsambat: Hèh Rahwana, enggal patènana aku, sawise tugêlên guluku, sirahku banjur morna lan sirahe guruku. Dene badanku êmorên lan sarirane Rama. Sarêng Rahwana mirêng tangis tuwin sambatipun Sita, ingkang sangêt kalara-lara, lajêng dhawuh, enggal kasingkirna sirah wau. Rahwana lajêng angadhaton. Sapêngkêripun Rahwana, sirah sarta gandhewa lajêng musna, botên kêtingal, sasirnaning wujud wau wontên rasêksi nama Sarama ingkang sangêt sih dhatêng Dèwi Sita, enggal marêpêki. Sawungunipun Sita saking kantaka lajêng matur, manawi sadaya ingkang dipun wuningani punika cidra, amung saking pangwasaning puja, amargi sadumugining dhatulaya, Prabu Rahwana lajêng animbali para nayaka, tuwin kondhanging adilaga, wigatos anggalih kadospundi anggènipun badhe mapagakên mêngsahipun, tuwin sagêdipun unggul. Makatên wau atur panglipuripun Sarama ing Dèwi Sita, pramila lajêng botên sungkawa malih.

Kathah tiyang ingkang sami andugi, manawi cariyos ingkang makatên wau botên nyata, amargi botên wontên tiyang ingkang sagêd [sagê...]

--- 175 ---

[...d] damêl sirah sarana makatên wau, măngka ing tanah Eropah sampun kalampahan wontên tiyang ingkang kacobi tinandukan Ibnu Tisir, wêkasan lajêng tinêdahan kawujudan ingkang sanyatanipun botên wontên, mila sapêngkêripun Rahwana, sirah tuwin gandhewa lajêng ical, sami sanalika. Ingkang makatên amung dados pratăndha, manawi Dèwi Sita kapandukan dayaning paracidra. Kita sampun anyipati tuwin anyobi piyambak anyatakakên, wêkasan sampun anêksèni, manawi cariyos kina punika pancèn nyata, sarta satunggal kalih ugi taksih wontên têtilaranipun, kamokalaning jaman kina ingkang taksih kenging dipun sumêrêpi.

Sêdhêngipun Rahwana rêrêmbagan kalayan para nayakanipun, kasaru dhatêngipun kang eyang saking ibu, kasêbut ing asma Sang Malyawan, ingkang wicaksana. Wigatosipun amrayogèkakên Rahwana supados nungkul dhatêng Ramacăndra, nanging Rahwana botên miturut pêpèngêting eyangipun, amargi Rama amung tiyang kemawon, kamanah botên kawawa lumawan dhatêng sariranipun, ingkang sampun sagêd nulukakên[3] para dewa. Atur wangsulanipun Rahwana: Sanadyan badan kula sampun sirna dados kêkalih, kula botên badhe nungkul. Rahwana lajêng dhawuh arakit gêlar, dene Rahwana jagi gapura salèring [salèr...]

--- 176 ---

[...ing] kadhaton, sarêng Sang Rama priksa, manawi barising mêngsah sampun arakit gêlar, Rama lajêng mapan wontên ngajênganing barising mêngsah, ingkang agêng piyambak.

Enjingipun sarêng Rama ingkang wontên ing rêdi Suwala, sampun dhawuh supados wadya sami angrampit kitha, kocapa Sugriwa, sarêng priksa Rahwana, sami sanalika madêg suraning driya. Sang wanara raja lajêng mancolot dhatêng gapura ingkang jinagi dening Rahwana. Sarêng sampun pêpanggihan, Sugriwa lajêng manguwuh, supados Rahwana anyèlèhna makuthaning kaprabon, Rahwana enggal mapag ing prang, campuh sami kasudiranipun, rangkus-rinangkus, ulêng-ulêngan, botên wontên ingkang kasoran, sarêng Sugriwa priksa, manawi Rahwana sampun kasayahan, Sugriwa lajêng angunduri, mancolot sarwi latah-latah.

Ramacăndra dhawuh dhatêng Anggada, supados ngantêb dhatêng Rahwana, punapa ngaturakên Dèwi Sita, punapa lumawan pêrang. Sarêng rajaputra lumêbêt ing kadhaton Lêngka, sarta mratelakakên dhawuhipun Rama, Rahwana sakêlangkung duka, dhawuh amêjahi Anggada. Sanalika wau wontên raksasa sakawan, ingkang nubruk Sang Baliputra, nanging lajêng sami dhawah, awit kontal dening tandangipun Anggada, ingkang mancolot dhatêng payoning suyasa [su...]

--- 177 ---

[...yasa] sarta lajêng manglayang wangsul dhatêng pabarisan. Sakala wau wadya wanara lajêng sami manêmpuh, gapura agêng-agêng ingkang rinêngga ing sêsotya nawarêtna, rinisak sarana kaudanan sela, tuwin pang sarta kêkajêngan. Wadyaning mêngsah miwah rowang têmpuh sami ulêng-ulêngan, ing pundi-pundi kamirêngan sakalangkung rame, ngantos sêraping surya para prajurit dèrèng sapih anggènipun abăndayuda, sadalu muput botên wontên kèndêlipun. Sang Anggada sarêng sampun pinanggih ijèn kalayan Indrajit, lajêng tibubruk rame prang banting-binanting, sêbrak-sinêbrak. Wêkasan sarana pangwasaning puja, Indrajit lajêng botên katingal, dening mêngsahipun ingkang taksih sangêt nèm, nanging langkung kakêndêlanipun wau. Salêbêtipun limunan Sang Indrajit angudani jêmparing paringing dewa dhatêng Sang Ramacăndra tuwin Laksmana, awujud sawêr latu, ingkang lajêng sami nyakot tuwin nêmbur sarta anggubêt, ngantos Sang Ramacăndra lajêng dhawah kantaka, makatên ugi Laksmana. Indrajid ingkang botên katingalan dening mêngsahipun sakalangkung bingah, sarta lajêng ambêngok, manawi sampun sagêd ngawonakên Dasarataputra, punapadene Jêmbawan ratuning baruwang, Anggada tuwin senapati sanès-sanèsipun sampun sami kasoran, sarta andugi

--- 178 ---

manawi Ramacăndra kalihan Laksmana sampun katêmahan layon, mila Indrajid lajêng lumêbêt kadhaton Ngalêngka, kalayan sinurak dening wadya rasêksa.

Adhuh, kados punapa bingahipun Rahwana, dene sampun kalampahan mênang, mila lajêng dhawuh, Dèwi Sita kabêktaa dhatêng papaning paprangan, murih nyumêrêpi piyambak dhatêng layoning priyanipun, ingkang sangêt dipun trisnani. Sita katumpakakên ratanipun, kang nama puspaka, rataning dewa, jarahan nalika Rahwana aprang kalihan Kubra dewaning kasugihan, lajêng kaubêngakên ing têgal paprangan, ingkang kaèbêkan bathanging mêngsah. Wiwit kapisahipun Sita, katilar ambujêng kidang kancana, sawêg dintên punika Sita priksa dhatêng Rama ingkang gumlundhung ing siti, sariranipun arang kranjang katancêpan jêmparing. Drawayaning êluh ingkang sakalangkung pêrih daleweran tanpa kêndhat, saking paningalipun ingkang sumorot, kadosdene latu, lajêng anjêrit sarwi sêsambat angaru-ara. Ing batos kaèngêtan dhatêng sagung lêlampahan ingkang sampun kapêngkêr sadaya, kagalih cipta sasmita nalika sariranipun kalihan Rama badhe kanugrahan, inggih punika nalika kajumênêngakên, wêkasan malah saya sangsara, dene lajêng dados răndha, samangke têtela [tê...]

--- 179 ---

[...tela] manawi cidra. Ananging saya kados punapa sangsaranipun sori nata Kusalya, ingkang tansah ngajêng-ajêng konduripun kang putra, ingkang kawlasarsa punika. Ananging Trijatha ingkang botên kasamaran dhatêng kadadosaning lêlampahan, matur, piyambakipun namtokakên, manawi musthikaning jagad Sang Ramacăndra botên badhe kalampahan sirna wontên ing paprangan, Wibisana botên mamak ing budi, mila sampun sumêlang ing galih. Piyambakipun priksa, manawi gustinipun botên palastra, mila mangatag dhatêng Sugriwa, supados katêngga ngantos saèngêtipun malih. Awit saking aturipun Trijatha makatên wau, Dèwi Sita kalampahan lipur, lajêng abêbisik dhatêng Trijatha: Muga mustajapa kaya aturira mau. Lajêng sami wangsul lumêbêt ing kadhaton.

Botên dangu Sang Ramacăndra lajêng kaèngêtan malih. Sarêng aningali manganan ngering kalayan paningalipun ingkang dèrèng pramana, priksa manawi Sang Laksmana ingkang sangêt dipun sihi punika katingal gumilang-gilang ing siti wontên sacêlakipun, sakalangkung rêmpu ing galih, ngantos kawijil sêsambatipun: Kapriye bisane angrêbut Sita. Apa aku kuwat tumitah ing dunya, yèn aku wêruh kadangku sirna ing paprangan. Yèn têmên [tê...]

--- 180 ---

[...mên] ngupaya, kaya-kaya bisa olèh wanodya kang kaya Sita. Nanging sadulur kang trêsna, kang kêndêl kaya Laksmana, layak ora bisa antuk. Kapriye aturku marang ibu Kusalya, Kekayi miwah Sumitra, kang bangêt angarêp-arêp ulihe putrane. Kapriye wangsulanku, yèn Satruna apadene sang minulya Barata takon kadange. Angkatku mênyang alas bêbarêngan lan dhèrèke, apa aku bisa bali ijèn, tur patine nglabuhi anggonku pêrang, o, Laksmana kang satuhu trêsna marang kadang tuwa, aku samêngko sajroning sangsara, măngka sira aninggal aku, gèk sapa manèh kang dadi panglipurku, kaya nalikane sira kinthil marang alas, mula mêsthi aku anututi êndi saparanira. Sasampunipun makatên, lajêng dhawuh angundurakên baris, awit karsanipun badhe muksa sêsarêngan kang rayi. Sang Ramacăndra ingkang panggalihipun kaèbêkan sih, sampun kuwur dening kasusahan, awit murcanipun kang garwa, sarta pêtêng jalaran sirnanipun Laksmana. Ing nalika wau lajêng kapiyarsa swaraning prahara, sinarêngan gêbyaring kilat thathit ingkang tanpa kèndêl, ing gêgana kadya kabasmaran, katingal cumlorot kadidene andaru, inggih punika dhatêngipun garudha titihanipun Sang Hyang Wisnu, ratuning paksi, inggih mêngsahipun sadaya

--- 181 ---

sawêr. Sadhatêngipun garudha, pangwasaning jêmparing naga lajêng sirna. Sasampunipun kaungkulan, sadaya ingkang kataton lajêng sami waluya jati, sarta wêwah karosanipun. Makatên ugi Sang Laksmana saya wêwah karosan miwah sulistyaning warninipun. Sang Rama sakalangkung kagawokan, puwara andangu: Sira iku sapa. Wangsulanipun paksi: Kula sumitra panduka, inggih sugêng panduka ingkang wontên sajawi panduka, kula pun garudha. Sasampunipun angosoti Sang Ragawa, paksi umatur malih: Dhuh sumitra kula Sang Ragawa, ingkang asih ing mêngsahipun, kaparênga kula mandhap, sampun kapengin priksa sababipun, mila kula mitulungi kasangsaran panduka. Ing têmbe badhe wuninga, manawi mêngsah panduka sampun sirna, sarta Sita sampun pinanggih. Amargi garudha priksa, manawi salêbêtipun kasasaban badan wadhag, Rama botên wuninga, manawi panjênênganipun wau Wisnu, ingkang sabên-sabên anitih piyambakipun samăngsa ngidêri bawana.

Nalika Rahwana mirêng bab sirnaning mêngsahipun, sakêlangkung bingah nanging sumêlang dene dèrèng wontên tandhaning kasoran, ingkang dahat kaajêng-ajêng sêsambatipun. Mila lajêng utusan mariksa, punapa sababipun, dene lajêng kapirêng swaraning kabingahan, [ka...]

--- 182 ---

[...bingahan,] sawangsuling caraka, Sang Rahwana sakêlangkung maras, awit caraka matur, manawi Sang Ramacăndra tuwin Sang Laksmana, ingkang sami kataman jêmparingipun Indrajit, samangke sampun waluya jatining nguni, sarta lajêng wiwit mangsah pêrang malih kadi gajah ingkang mêdhot saking wantilan, paraupanipun Rahwana katingal aclum, sarta mangêrtos manawi badhe karisakan, dene mêngsahipun samangke sampun sami sagêd uwal saking têtalining masi (pangwasa gaib) mila Dumraksa ingkang katatal sudira ing rananggana pinatah amapag ing ajurit, anyirnakakên Rama sawadyabalanipun.

Saya sakêlangkung ramening prang. Sarêng pangamukipun Dumraksa kapapagakên dening Anoman, dangu-dangu Dumraksa botên kuwawi, têmah kapisanan dening Sang Anoman. Wadya rêksasa sami lumajêng dhatêng Lêngka, kaoyak-oyak dening para wanara. Sang Wiradhastra, ingkang siyungipun sakêlang[4] panjang, enggal atêtulung ing ayuda, nêmpuh pabarisanipun Anggada, sigra campuh sami prawiranipun, rame abăndayuda, puwara raksasa Widhastra timpas[5] jangganipun dening Sang Taruna Anggada. Raksasa Akampana, ingkang rumiyin matur dhatêng Rahwana kawontênanipun ing Danastana, samangke sampun umangsah prang, nanging

--- 183 ---

lajêng pêjah dening Sang Pawanasuta, sarana pinupuh panging mandira. Sintên ta samangke ingkang katingal majêng wontên samadyaning paprangan, Rahwana ingkang sampun maras panggalihipun, saking para senapatinipun sampun kathah ingkang sirna ing palagan, mila ingkang minăngka agul-agul, tujuning panggalihipun amung kantun Prahasta, ing nguni sampun matur kathah-kathah, amangsulna Dèwi Sita, awit manawi Sita wontên ing ngriki, sampun têmtu dados prang rêrêmpon, salami-laminipun panduka botên pitados dhatêng atur sih tuwin parimarma kula, samangke kula amit badhe lumêbêt ing latu, pêrlu amung nglabêti panduka. Kadospundi têgêsipun gêsang tuwin anak semah kula, măngka sampun saèstu kula badhe anglêbêti latu kurbaning paprangan, awit saking katrêsnan kula ing panduka, sang ambêk sêtya mantrimuka ing Lêngka, ingkang tansah angèsthi lena, sigra angirit wadya rêksasa, gumulung manjing paprangan, sigra pinapagakên dening Sang Wisakarmatmaja, pinanggih sami prang tandhing, datan wontên ingkang kuciwa. Dangu-dangu Prahasta ingkang langkung prakosa, pinupuh ing tunggaking kajêng dening Anila, têmah kapisanan. Wadya raksasa enggal lumajêng manjing kadhaton, atur lêlayu mring Sang Rahwana.

--- 184 ---

Rahwana samangke botên angrèmèhakên malih dhatêng mêngsahipun, dene sampun sagêd anyirnakakên Prahasta, ingkang sampun nate angrisak wadyabalanipun Sang Bathara Endra. Piyambakipun piyambak, Rahwana ingkang tansah adigung pambêkanipun, inggih ingkang sangêt anyênyamah dhatêng wadya baruwang tuwin wanara, ingkang tinindhihan ing tiyang kêkalih, ugi badhe sirna dening mêngsahipun, sarêng kalihan wadyabala tuwin senapatinipun. Rahwana narendra ing Ngalêngkapura, pangkat dhatêng paprangan, kadhèrèkakên Indrajit, Bikamba, sarta senapati sanès-sanèsipun, ingkang sampun kasup kasudiranipun. Upacaraning kaprabon ingkang rinêngga ing sêsotya, adamêl sulaping paningalipun Sang Rama, wadyanipun kadhawahan wontên wingkingipun. Sarêng sampun ajêng-ajêngan kalayan mêngsah, sagunging wadyabala botên kaparêng mangsah prang, amung sariranipun pribadi ingkang badhe lumawan ing jurit. Rahwana agung mangamuk, ing paprangan lêbur abosah-basih, pêpêjah tanpa petangan, dening pangamukipun Rahwana, kadi triwikramanipun Bathara Yama. Sugriwa kantaka, sarêng arsa pinarwasa malih, Anoman lajêng angadhangi, sarwi sarosa amupuh, Rahwana ngandika: He monyèt, kowe mungsuh kang linuwih. Awit saking [sa...]

--- 185 ---

[...king] sêruning pamupuhipun Anoman, kontal dhumawah sajawining pabarisan, punapadene Anila, awit giris dening tandangipun sang raksasa raja, mila kanggêg panêmpuhipun, wêkasan ugi sangêt kataton, nanging botên pêjah. Laksmana enggal mangêmbuli, Rahwana sinikêp ngantos rêkaos panglawanipun, piyambakipun eram aningali kêkêndêlaning mêngsahipun, kalih-kalihipun sami kataton, ananging botên kèndêl anggèning dêdêr-dinêdêr tanting-tinanting. Laksmana amargi astanipun kandhêman jêmparing, sarta pinithing dening Rahwana, lajêng kalêmpêr. Ananging awit sampun tinimbul dening Himawan sarta Mèru, mila botên ngantos bilai. Punapadene salêbêtipun rêrêmpon, èngêt manawi saperanganing Wisnu, sampun saèstu Laksmana sinung kakiyatan, dening ingkang angupakara bawana.

Nalika Laksmana badhe binoyong, Anoman Sigra anlabung, sang raksasa raja tinêpak ngantos kalêngêr dhawah ing siti, Sang Laskmana lajêng rinêbat kabêkta lumajêng. Anoman matur dhatêng Sang Ramacăndra, ingkang sampun anglêpasi Sang Rahwana, supados lênggah wontên ing gigiripun, Sang Rama ugi mituruti, kadosdene Wisnu anitih garudha. Ing mangke wiwit campuhipun [ca...]

--- 186 ---

[...mpuhipun] Rama kalihan Rahwana, ratanipun suda pangirit tuwin saratinipun Rahwana, sami sirna dening jêmparingipun Rama, dhadhanipun Rahwana kataman jêmparing, suwantênipun jumêbrèt, kadi balêdhèg, Rahwana dhawah kalumah, sarta gandhewanipun dhawah, sarêng jêmparingipun Rama ingkang kaping kalihipun angênani makuthanipun Rahwana, ingkang tinarètès ing mutyara, ngantos sigar dados kalih, Rama angèndêli anggènipun anjêmparing, lajêng pêpèngêt: Hèh Rahwana, kêkêndêlan sarta tandangira ing prang wus anuwuhake kuncarane jênêngira, nganti ngasorake kêkêndêlan ingsun, mêsthine sira sayah bangêt, mula ingsun ora kolu nguntapake patinira. Sira sawadyanira lêrêma marang kadhaton, yèn sira wus anitih rata manèh, ing kono sira bakal anyipati dhewe marang kasêktèn ingsun, wêkdal Rama pêpèngêt makatên, sêmuning paningal kawistara têwah wêlasipun, amargi èngêt bilih Wisnu ajêng-ajêngan kalayan baktanipun (siswanipun ingkang sakalangkung bêkti), ingkang sumêdya ngangkah tumuntên sagêda manguswa padanipun malih. Nalika wau Rama angambali pangandika kalayan sêmu wêlas: Lêrêma marang kadhaton.

Ing nalika sang raksasa raja, ingkang kadidene singa amamăngsa [ama...]

--- 187 ---

[...măngsa] daging, punika kondur angadhaton, ing ngriku lajêng kaèngêtan dhatêng sawarnining sotipun sadaya ingkang sami kaaniaya, sanadyan sampun karaos sawatawis sumêlang, ewadene taksih kêncêng sêdyanipun badhe amungkasi pêrang. Panjênênganipun utusan amungu kang rayi Sang Kumbakarna, raksasa sinêkti ingkang sampun pintên-pintên wulan anggènipun tilêm kalayan pangwasaning masi, satanginipun ambêbayani sangêt tumraping bawana, manawi satanginipun punika karaos luwe. Mila pintên-pintên têtêdhan, ingkang kacawisakên sakubênging pasareyanipun, kados ta panggang kidang, maesa, baruwang, tuwin sanès-sanèsipun. Punapadene tumpukaning sêkul ngantos kados rêdi. Sang Kumbakarna sare sariranipun agêng kadidene rêdi, napasipun kadi prahara, angontalakên sintên ingkang wontên sakiwa têngênipun. Panggugahipun wau sarana angungêlakên tambur, bêdhug, tuwin salomprèt, ingkang sakalangkung rame, ginêbagan dening kajêng tuwin gada, ewadene botên wungu, ngantos sami kasayahan. Rame solahing wadya ingkang anggugah Sang Kumbakarna, sawênèh anyokot talinganipun, kaêsokan toya, tuwin dipun dêdamêli, ananging mêksa dèrèng tangi. Sarêng dipun idak-idak [idak-i...]

--- 188 ---

[...dak] ing gajah sèwu sawêg tangi, lajêng linggih sarwi angob, mêgêr-mêgêr wontên têngah tumpukaning têtêdhan, botên wontên ingkang purun wicantên, awit ajrih manawi dados runtikipun. Ing ngriku Kumbakarna lajêng nêdha cêcawisanipun.

Sarêng sampun tuwuk, lajêng andangu ingkang sami ngadhêp, kalayan sakêlangkung ajrih, punapa darunanipun dene piyambakipun dipun gugah. Aturipun, manawi awit saking karsanipun sang prabu, jalaran wontên bêbaya ingkang mangancam ing panjênênganipun. Wicantênipun Kumbakarna: Aku wus mêkas aja kongsi anggugah, yèn mung prakara kang rèmèh-rèmèh bae. Ing ngriku kaaturan, manawi Ngalêngka kinêpang ing mêngsah. Dene ingkang ngêpang sanès dewa, sanès ditya, tuwin sanès danawa, nanging manungsa limrah nami pun Rama, ewadene amalahi. Kados punapa panglawanipun sang raksasa raja, ewadene botên anggêmpil kakiyatanipun Rama. Nalika Kumbakarna mirêng ingkang makatên, lajêng ngandika, manawi badhe amêjahi Sang Rama, Laksmana, sawadyabalanipun. Sarêng utusanipun Rahwana dhatêng animbali Kumbakarna, lajêng pangkat, katingalan kadi rêdi lumampah satêmah anggênjotakên bawana.

Pisowanipun Kumbakarna dahat adamêl karênanipun Rahwana, [Rahwa...]

--- 189 ---

[...na,] lajêng nyariyosakên kasangsaranipun praja Lêngka, sirnanipun para rêksasa nayaka, punapadene tiwasipun Rêkyana Patih Prahasta, tuwin nyariyosakên kathahipun wanara ingkang sami ngrampit, Rahwana ngandika, manawi ingkang sampun-sampun panjênênganipun botên nate mundhut pitulungan, ananging sagêdhagan punika rumaos sakalangkung miris, Kumbakarna manêtah dhatêng kalèntuning pandamêlipun Rahwana. Ananging Rahwana lajêng angèngêtakên, manawi sadhèrèk ênèm wajibipun amung miturut, nanging botên angundhat-undhat, prayogi lajêng amitulungana kemawon, awit sadaya pandamêl ingkang sampun kapêngkêr punika sampun botên kenging dipun wangsuli. Kumbakarna lajêng nyakecani panggalihipun kang raka, sagah badhe nyirnakakên mêngsahipun, sadaya pakèwêd kapasrahna dhatêng piyambakipun, sarta angèngêtana karosanipun. Kumbakarna lajêng ngrasuk dêdamêling prang, ingkang rinêngga sarwa kancana, ngasta gada sarta limpung ingkang sakalangkung panjang, wêdalipun Kumbakarna ing paprangan, wadya wanara sami lumajêng asasaran, ajrih aningali wujudipun Kumbakarna.

Ananging kang sudira Risang Anggada, enggal angêmpalakên wadyanipun ingkang lumajêng, wangsulipun lajêng angêbyuki Kumbakarna, [Kumbakar...]

--- 190 ---

[...na,] ananging ugi kapalajêng malih, awit botên kawawa lumawan krodhanipun Sang Kumbakarna. Anggada anguwus-uwus dhatêng wadyanipun ingkang sami ngucira ing ayuda, pramila lajêng sami wangsul manêmpuh mêngsahipun malih kalayan sarosa. Anoman ingkang samangke sampun ajêng-ajêngan kalayan mêngsahipun, Kumbakarna anggung pinupuh ing panging kajêng agêng. Sarêng winalês, Anoman kataton dhadhanipun, kapêksa mundur kalayan galoyoran mêdal saking paprangan, Anggada manêmpuh malih, ngantos Kumbakarna riwut kinaroyok ing kathah, nanging Sang Anggada ugi lajêng kapêksa mundur. Sugriwa sarêng aningali risakipun wadya wanara, enggal atêtulung. Ing nalika Kumbakarna nyawatakên limpungipun dhatêng Sugriwa, limpung sinaut saking nginggil dening Anoman, lajêng dhinêngkul, limpung tugêl dados kalih, mila Kumbakarna enggal manaut panging kêkajêngan, kapupuhakên Sugriwa, dhawah ing siti, enggal pinondhong dening Kumbakarna, nêdya binoyong dhatêng Lêngka, pamanggihipun, samangke wanara sampun botên wontên ratunipun, ingkang mêsthi lajêng mawut-mawut, salêbêtipun lumampah, Sugriwa èngêt wontên ing êmbananipun Kumbakarna, pangangkahipun Sugriwa nêdya nyuwèk kuping tuwin grananipun Kumbakarna, [Ku...]

--- 191 ---

[...mbakarna,] nanging amung kados lêmut ingkang nyokot manungsa, mila badhe kinêplèkakên dening Kumbakarna, ananging mrucut, Sugriwa mêdal ing awang-awang lajêng wangsul ing antawisipun wadya wanara. Kumbakarna wangsul kalayan manginggit-inggit, mila lajêng ngamuk, Laksmana enggal mapagakên kalayan angudani jêmparing. Kumbakarna sangêt eram aningali kakêndêlanipun Laksmana, amargi Sang Hyang Endra ingkang nitih dipangganipun kalayan kaurung-urung para dewa, ewadene botên purun mapagakên krodhanipun, mila lajêng mingêr manêmpuh barisanipun Rama, ingkang ugi angudani jêmparing. Sanadyan pintên-pintên jêmparing ingkang tumancêb ing badanipun Kumbakarna, ewadene botên anyuda karosanipun, mila Rama enggal anglêpasi jêmparing pamungkas, kenging tanganipun Kumbakarna pêdhot kontal ing tawang taksih ngrêgêm gada, dhawah andhawahi wadya wanara kathah ingkang pêjah, jêmparing ingkang kaping kalih nugêl tanganipun kiwa, lajêng sukunipun kalih pisan ugi pêdhot jinêmparing, mila amung kantun gêmbung kalihan sirahipun, tutuk mangap kalayan anggêro-gêro, sangêt anggêgirisi. Ananging lajêng jinêmparing malih, kenging jangganipun tugêl, gumlundhung ing siti, gêmbungipun ingkang iring kiwa dhawah ngongkang [ngong...]

--- 192 ---

[...kang] sagantên, iringing gêmbung ingkang têngên dumugi wiwaraning kadhaton Lêngka. Dintên punika luwaring suksmanipun Kumbakarna saking bêbakalaning dunya, Rahwana lumajêng dhatêng panggenaning layonipun Kumbakarna, kalayan têlas pangajêng-ajêngipun, sarêng Rahwana dumugi sacêlaking layonipun Kumbakarna, lajêng kantaka. Sawungunipun saking kantaka, Rahwana tansah sambat-sambat: Dhuh senapati linuwih, pangrusaking satru sêkti. O, Kumbakarna, sadulurku, sira ninggal maringsun, sira lumêbu ing jamaning pati, ingsun ora gêlêm kari jumênêng nata. Sanadyan Sita miturut, nanging yèn Kumbakarna ora ana, ingsun ora bisa tumitah. Sanadyan ingsun bisa matèni Rama, kang matèni kadang ingsun, iku nugraha ingatase ingsun, ewadene rumăngsa wis tanpa guna tumitah ing dunya. Dina iki uga ingsun nêdya mangkat anututi ing ngêndi saparane kadang ingsun, Rahwana lajêng manangis malih kalayan sangêt prihatos.

Para putra ingkang taksih lajêng sami angrêrămpa, anglêlipur tuwin matur, manawi badhe lumawan ing jurit ngantos satêlasing mêngsahipun. Para rajaputra enggal angirid wadya, angrabasèng mêngsah. Rame malih kawontênaning paprangan, ing

--- 193 ---

ngriku katingal ing kakêndêlanipun para sudiraning mêngsah tuwin rowang, kados ta: kasudiranipun Sang Anggada, tuwin Anoman, ingkang botên beda kalihan Malodara Narantaka, tuwin raksasa sanès-sanèsipun, ananging raksasa gêntos-gêntos kasambut ing adilaga, dene mêngsahipun botên wontên ingkang cicir.

Sang Atikaya, putranipun sang raksasa raja, ingkang agêng piyambak, inggih ingkang sampun unggul kalihan para dewa, sarta sampun asring ambahak narendra, punapadene mangrurah danawa, sangêt murina dening sirnanipun para senapati, sigra nalabung ing prang. Enggal kapapagakên dening Laskmana. Sarêng sami ajêng-ajêngan, Atikaya pêpèngêt: Balia, awit sira isih kêbocahên, pagene sira mapagake aku, kang mangkono sira kaya nglampus dhiri. Wangsulanipun Laksmana: Bocah utawa kang wus tuwa wus ora beda, nanging sira mêsthi anêmahi pati ing paprangan iki. Sang Atikaya sakêlangkung nêpsu, enggal manrajang, lajêng prang rukêt, sang narpaputra kêkalih sami prawiranipun, sami karosanipun, sarta sami winasis nandukakên dêdamêling kaswargan, mila dangu datan wontên ingkang kasoran. Ananging dewaning angin kang aningali [aninga...]

--- 194 ---

[...li] ingkang sami mangun yuda, manguwuh saking awang-awang, supados Sang Laksmana anglêpasna jêmparing pêparingipun Bathara Brahma, amargi sampun têtela Atikaya botên tumama saliring dêdamêl, mila Laksmana lajêng anglêpasi jêmparing pêparinging dewa, lêpasing warastra nywara anggêrêng kadi swaraning angin agêng, Atikaya nêdya manulak, nanging tanpa daya. Jêmparing kenging gulunipun pagas, sasirnanipun Atikaya, raksasa sami lumajêng arêbat dhucung, lumêbêt kitha Lêngka kalayan sêsambat, ing gêgana kaèbêkan swaraning tangis, sarta sêsambating raksasa.

Samangke kantun sang prawira Indrajit, ingkang unggul kalayan Bathara Endra, ingkang minăngka piyandêling jurit, nalika Rahwana sakalangkung kèmêngan ing panggalih, angèngêti kathahipun ingkang sami lena ing payudan, lajêng animbali putra ingkang linangkung kasudiranipun, aturipun Indrajit: Dhuh Rama sasêmbahan kula, sampun sumêlang ing galih, manawi Indrajit taksih, Indrajit lajêng mangsah ing ayuda, ananging sadèrèngipun pangkat, Indrajit asêsaji warni sêkul tuwin sêkar kaêsok ing latu, sarta amuja jêmparing tuwin ratanipun sarana mantram, saparipurnaning puja, Indrajit lajêng bidhal dhatêng têgal paprangan, nanging pêlênging panggalihipun amung badhe mêrangi têtindhihipun, mila [mi...]

--- 195 ---

[...la] enggal anjêmparing Anggada tuwin Sugriwa, satêmah sami kantaka, sarta lajêng angical kalayan angudani jêmparing dhatêng mêngsahipun, mila Anoman, Jêmbawan, Nila tuwin senapati sanès-sanèsipun, sami kabranan, nalika wau Sang Rama, inggal marêpêki Laksmana kalayan ngandika: Mungsuh iki darbe gêgamaning Brahma, sarta panêmpuhe karo lêlemunan, kapriye panglawane mungsuh kang ora katon iki. Piyarsakna pitutur ingsun yayi, sanadyan dhèwèke angudani panah mênyang ngêndi-êndi, aja sira paelu, marga manawa wis wêruh yèn mungsuhe wus tanpa daya, mêsthi banjur malih. Makatên wau pangandikanipun Rama, ingkang mratandhani kamomotaning panggalihipun tanpa upami, sarta ingkang sampun sagêd mangrèh pribadinipun, manawi pinuju kasor yudanipun, utawi sabên manggih unggul, sarta pangandikanipun wau ugi lajêng kanyataan, sabab Sang Rama kalihan Laksmana sampun botên lumawan tuwin dhawah ing siti. Indrajit lajêng lumêbêt ing kadhaton, kalayan bingah amarwata suta, ngaturakên kawontênaning paprangan dhatêng sang raksasa raja, Wibisana kalayan angubêngi paprangan, badhe nyumêrêpi têtindhihing wadyabala ingkang taksih gêsang, lajêng manggihi Jêmbawan, ratuning baruwang, sangêt [sa...]

--- 196 ---

[...ngêt] lêmpe-lêmpe, nanging taksih gêsang. Jêmbawan ngatag Anoman, supados dhatêng rêdi Himawan, awit sacêlaking Kelasa wontên wukir Husada ingkang kêdah kapêndhêt, Anoman enggal mêsat kadi angin, botên dangu dumugi ing wukir Himawan, ing Kelasa katingalan, punapadene padunungan ingkang misuwur ing têngah-têngahipun parêdèn Kelasa, ing ngriku dunungipun wukir Husada. Anoman botên priksa pundi Husada ingkang minulya punika. Mila saking kasêsaning manahipun, rêdi lajêng kabêdhol katut sawit-witanipun, binakta mabur katingal kadi olêkaning prahara. Sadumuginipun ing Lêngka, para prajurit ingkang kabranan, sami pulih tatunipun, punapadene ingkang pêjah sami gêsang malih, sarta lajêng botên tumama dening wisayanipun Indrajit, dupi kapandukan gănda aruming têtuwuhan ing rêdi Husada. Sarêng sadaya sampun waluya jatining nguni, wukir Husada kawangsulakên dhatêng dunungipun lami, Anoman wangsul ing Lêngka kalayan suka sukur ing dewa.

Dalu punika Ngalêngka tinêmpuh wadya wanara. Rahwana matah Sang Kumba kalayan Nikumba, Kumbakarnatmaja, kadhawuhan ngundurakên pangrampiting mêngsah, sarêng sampun pêrang rame, Kumba sirna dening Sugriwa, dene Nikumba pêjah dening Anoman, ananging [a...]

--- 197 ---

[...nanging] Sugriwa sangêt kataton, sapêjahipun Kumba kalihan Nikumba, Mangkarak sasutanipun Kara lajêng têtulung jurit, ananging ugi katiwasan kados sudarmanipun, nalika wontên ing wana Dhandhaka dening jêmparingipun Sang Ramacăndra. Indrajit kadhawuhan angêdali malih dening Rahwana, Indrajit matêg puja miwah lajêng botên katingal dening mêngsahipun, Laksmana kalihan Rama, ugi anglêpasi jêmparing manut dhawahing jêmparingipun Indrajit, Sang Meganănda santun gêlaripun, muja wanita ingkang wujudipun kados Sita. Sarêng sampun katingal, Indrajit lajêng ngatingal malih, nyêpêng rambuting pujanipun wau, dipun agar-agari badhe katigas gulunipun, saking sangêting bingung, Anoman lajêng ambêngok: Uculna. Panguwuhipun botên kapaèlu. Indrajit sigra ngêthok utamangganing wanita pujan, panyananipun para wanara, Sita sampun sirna. Anoman enggal anarubakên wadya, nêdya mangungsir ing wadya raksasa, ananging sarèhning Sita sampun sirna, kamanah sampun tanpa damêl, mila lajêng wangsul ngaturi priksa dhatêng Ramacăndra, manawi Sita sampun palastra. Kadidene wit-witan ingkang sampun rinampas oyodipun dhawahipun Ramacăndra ing siti, lajêng kantaka. Panglipuripun Laksmana

--- 198 ---

ingkang kalayan sêsambat mêlasasih wontên sacêlakipun, sampun tanpa tuwas, kasaenan kados sampun botên wontên pigunanipun, manawi samantên agênging kasangsaran ingkang sinandhangakên, sêsambatipun: Kautamane Sang Ramacăndra wus lêbur dening kasangsaran. Nalika Laksmana sêsambat makatên wau Wibisana dhatêng, matur manawi pawartos wau dora, awit Rahwana têmtu botên badhe anyedani Dèwi Sita, malah budidaya kalampahanipun Sita miturut, ingkang katingalan wau cidra, amung saking pangrekanipun Indrajit piyambak, sarana pangwasaning puja. Samangke Indrajit sawêg manêkung. Manawi sagêd lêstantun panêkungipun, sampun tamtu lajêng botên katingalan malih, mila kêdah rinubeda murih badharing panêkungipun, Rama wungu pungun-pungun, lajêng dhawuh supados Laksmana, Jambawan, tuwin Anoman, tumuntên anyirnakakên raksasa ingkang sinakti wau. Laksmana ingkang bêkti ing kadang enggal mangkat anglampahi ayahaning kadang sêpuh. Sawarnining raksasa ingkang sami ngêpung Indrajit anggènipun manêkung kaudanan latu, mila lajêng angêsuk Indrajit, saking nêpsunipun, mila ngadêg saking panêkungipun, kalayan anyana bilai. Laksmana ginendhong dening Anoman, sadangunipun [sadanguni...]

--- 199 ---

[...pun] prang sakalangkung rame ratanipun Indrajit rêmuk ginada, lajêng santun rata ingkang ugi lajêng risak, amargi kêkalihipun sampun lêbda nandukakên jêmparing masi (pangwasa gaib) sarta sampun sami kengingipun, ngantos kèmêngan pangwasa pundi ingkang langkung prayogi, puwara Laksmana lajêng anglêpasakên jêmparing pêparingipun Sang Hyang Endra, sarwi sinangenan ing batos, manawi Ramacăndra sanyata adil tuwin minulya, mugi jêmparing punika sagêda dados sarana pêjahing sutanipun Rahwana, ingkang pinusthi jangganipun Indrajit, inggih ingkang sampun ngasorakên para dewa. Jêmparing linêpasakên, pêdhot gulunipun Indrajit, malah yitmaning (Schil) sudarmanipun ingkang kawasa punika ugi katut pagas, nalika sirahipun Indrajit gumlundhung ing siti dewa anugrahani, nyorotakên pêpadhang dhatêng ing dunya, angudanakên kêmbang, para dewa sami sêsanti. Wanara tuwin baruwang sami surak mawurahan, angêpung Sang Laksmana, sami angluhurakên kasudiranipun Dasarataputra. Ing nalika pawartos wau sampun kamirêngan Rahwana, sang raksasa raja sakalangkung sungkawa, ananging sampun suda sawatawis sêdyanipun badhe nandukakên wêwalês ingkang sangêt anggêgirisi.

--- 200 ---

Sarana cidra gone matèni putraningsun. Kiyanate si ngulăndara, iku têgês anglilahake Sita. Prakara kang pêrlu iki kudu dak garap dhewe. Sita kang bangêt sêtya marang mitraning băngsa satriya, mêsthi dak patèni. Sasampunipun ngandika makatên, Rahwana enggal ngasta căndrasa, lumajêng dhatêng taman Asoka, nêdya amêjahi Sita. Ananging Sang Suparwa, santananipun Rahwana ingkang sakalangkung kêndêl, enggal anyêgati ratunipun ingkang sawêg amêngku duka, saha angèngêtakên, sampun ngantos adamêl cêmêring asmanipun sarana amêjahi pawèstri kêra ingkang tanpa sraya punika. Tuwin matur, miturut anggêr-anggêr kautamèning ratu, bojonipun kasirnakna rumiyin, dados Sita têtêp dados boyongan. Rahwana botên anglajêngakên karsanipun, wangsul sakalangkung putêk abilulungan.

Salêbêtipun Rahwana lênggah sarwi sangêt prihatos, wontên gêgêlênganing wadya sinêlir, ingkang nyuwun palilah badhe ngêdali prang. Rahwana mitungkas supados amrawasa Sang Ramacăndra. Dene manawi kasoran, enjingipun Rahwana piyambak ingkang badhe mangrurah. Amung Ramacăndra ingkang sami sêdya kaupaya, nanging malah kosokwangsul, amargi ing pundi tujuning [tu...]

--- 201 ---

[...juning] pandêlêngipun sang raksasa wau, Rama katingalan wontên ing ngriku. Mila raksasa andugi, manawi Rama sagêd dados sèwu, ingkang sakêdhap katingal, sakêdhap lajêng musna. Ingkang makatên wau amung saking tanaganipun Rama ingkang rikat saha trangginasipun ngantos rêksasa sami kasamaran. Wêkdal punika salêbêting pura Ngalêngka kaèbêkan suwantên tangising rasêksi, ingkang sami anangisi kadang tuwin semahipun. Punapadene sami èngêt dhatêng wêca cêcawanganing praja, ingkang sampun kawartos, manawi ing têmbe badhe wontên pawèstri linairakên, ingkang dados jalaraning risakipun para raksasa. Sadaya sampun sami nêtêpakên, manawi pawèstri ingkang sinêbut ing wêca wau Sita. Ing nalika mirêng sêsambating rasêksi, ingkang angrêrujit manah wau, sakêlangkung putêk panggalihipun. Enggal dhawuh angrakiti ratanipun, sarta angêmpalakên dêdamêlipun. Sasampunipun samêkta, lajêng tinitihan bidhal, nêdya nandukakên wêwalês pêjahipun para nayaka, para putra, tuwin sadhèrèk, kadhèrèkakên wadya sawatawis sasisaning prang. Pintên-pintên cipta sasmita awon, ingkang katingalan nalika angkatipun sang raksasa raja. Jagad makêtêr dening sangêting kanêpsonipun, bumi gênjot agonjang-ganjing, langit kêlap-kêlap, [kê...]

--- 202 ---

[...lap-kêlap,] samodra kocak mawalikan, lindhu kaping pitu sadintên, amargi giris aningali badhe campuhipun pêpadhang kalihan pêpêtêng. Pêrang sapisan punika wêkas-wêkasaning pakaryanipun Rama kamiyosakên ing dunya, karantên turunipun awatara: Ramacăndra: pêrlu nyirnakakên ratuning piawon.

Anggêgirisi sangêt pangamukipun Wirudhaksa, kalayan Maudara, kapapagakên dening Sugriwa têmah sami kasambut ing adilaga. Supyarsa ingkang langkung prakosanipun sirna dening Sang Anggada. Senapati têtiga wêkasan punika ingkang angkatipun nunggil sarata kalihan Rahwana, mila sirnanipun amimbuhi kanêpsonipun Rahwana, enggal anglêpasi Ramacăndra. Kêkalihipun lajêng sami prang rame, sami mêdhar tiyasa, botên wontên ingkang nguciwani. Sami parigêl olah sanjata, botên kewran anjêmparing, sami prawiranipun tuwin sami trangginasipun, sarta sami wasis angêdalakên pangabaran. Salêbêtipun campuh, Sang Laksmana anglêpasi kusiripun Rahwana, dene Wibisana amêjahi rakitanipun, Rahwana malumpat nêdya mrawasa Wibisana, ananging Laksmana ingkang nanggulangi, mila kenging candrasanipun Rahwana, ingkang tinujokakên dhatêng Wibisana. Cabara: pangandikanipun Rama,

--- 203 ---

nalika priksa laraping căndrasa ingkang suwantênipun anggêrêng wontên ing awang-awang. Kanêpsonipun Rahwana langkung rosa tinimbang sihipun Rama, mila căndrasa anêdhasi dhatêng Laksmana, lajêng ambruk ing siti. Samêngko wus ora ana sêdhih: pangandikanipun Rama, nalika priksa dhawahipun Laksmana, amung nêdya anyêpêng Rahwana. Nanging sarêng Rama wuninga, manawi botên wontên wanara ingkang kuwawi ambêthot căndrasa ingkang tumancêp ing jajanipun Laksmana, Rama wangsul badhe amitulungi kang rayi, Rahwana lajêng ngudani jêmparing dhatêng Rama, ingkang sawêg mitulungi Laksmana. Sasampunipun căndrasa kadudut saking sariranipun kang rayi, Sang Ramacăndra lajêng marêpêki mêngsahipun malih, kalayan riwut tandangipun. Rahwana amargi sumêlang manawi kacêpêng, dados lajêng angoncati. Rama karuna, awit kagalih manawi sampun kalajêng seda: pedah apa aku urip, aku wus ora gêlêm pêrang manèh, samêngko Laksmana wus kadrawasan ing paprangan. Ing ngêndi bae wong bisa olèh wong wadon. Ing ngêndi-êndia iya ana mitra, nanging ing nagara ngêndi bisaku olèh sadulur. Dhuh sadulurku, papêthinganing manungsa, o, guruning para senapati, kang linuwih kakêndêlane, pagene sira aninggal kadangira kari anggana,

--- 204 ---

marga sira munggah marang kamulyan. Pagene sira ora mangsuli sambatku, tumuli ngadêga. Apa darunane sira gumuling ing lêmah, tulungana kadangira. Sang Rama taksih prihatos, sanadyan Susena matur, manawi ingkang rayi botên kaparèng tiwas. Anoman lajêng dinuta mêndhêt lata maosandi,[6] ingkang lajêng kapusus dening Susena, katèmpèlakên ing grananipun Laksmana. Sami sanalika Laksmana waluya jatining nguni, lajêng lênggah, sigra rinangkul dening Sang Ramacăndra sarwi ngandika: Dhuh senapati gêdhe, nugraha dene sira ora palastra. Sanadyan unggul gon ingsun pêrang, apadene Sita katêmu, yèn sira ora ana, iku wus tanpa aji kabèh. Ananging Laksmana ingkang salami-laminipun sangêt bêkti kadang sêpuh, sanadyan ingkang raka sangêt sih tuwin angêla-êla, ewadene dèrèng marêm raosing panggalihipun, manawi Rahwana dèrèng kasoran, mila Laksmana lajêng pamit, badhe anêtêpi prasêtyanipun, nêdya mangrurah ing raksasa raja.

Ramacăndra ugi lajêng tindak amapagakên Rahwana, ingkang wêkdal punika wangsul anitih rata malih, lajêng campuh ing ayuda. Supados sampun kuciwa ing sêmu, Sang Ragawa pinaringan rata titihanipun Sang Hyang Endra, ingkang kinusiran dening

--- 205 ---

Matili, sumawana jêmparing tuwin dêdamêl agêmipun Hyang Endra. Kêkalihipun sampun sami munggèng rata anggènipun prang tandhing. Rahwana angêdalakên pangabaran warni sawêr latu, Sang Rama enggal animbangi nyipta garudha, ingkang adamêl sirnaning sadaya naga pangabaranipun Rahwana. Para dewa sakalangkung maras, jagad mêmbat-mêmbat, sagara kocak, hyang pratănggapati surêm, maras mulat kasêktèning mêngsahipun Rama. Rahwana nyawatakên limpungipun cumlorot kadi kilat, malah jêmparingipun Rama botên sagêd angrisak, kadidene sulung ingkang kobar dening urubing dilah, andhawahi Rama kadi kabêsmi. Rama enggal anglêpasakên jêmparing paringipun Hyang Endra, candrasanipun Rahwana lêbur, dados Rahwana kajawahan jêmparing, têmah kathetheran tandangipun. Sanalika wau Ragawa kèndêl panglawanipun, amargi mêngsahipun kalêngêr, kusiripun priksa, rata lajêng kaplajêngakên mêdal saking paprangan. Ananging sarêng sampun èngêt, Rahwana sakêlangkung duka dhatêng kusir, dene rata kaplajêngakên mêdal. Sumêlanging manahipun, manawi dipun gêgujêng mêngsahipun, Rahwana ingkang sanyata sudira, enggal mangsulakên titihanipun, sarta mêling sampun ngantos kabêkta mêdal saking papan paprangan, kados [kado...]

--- 206 ---

[...s] ingkang sampun, sadèrènging mêngsahipun sirna. Kacariyos Risang Mahamuni Agaskiya, ingkang rawuh prêlu aningali ingkang sami andon yuda, dhawuh dhatêng Rama, supados minta tulunganipun kang misuwur Sang Adityahri. Daya, ingkang kasusra manêmbah ing surya. Rama miturut, lajêng anggolongakên ciptanipun, ingkang pinusthi prakawis wau. Sami sanalika rata paprangan kalih pisan lajêng têmpuh, suwantênipun kadi galudhug sèwu, gêbyaring dêdamêl kados kilat, kewan galak sami nambrung ing paprangan, sagawon ajag ambaung, punapadene lesus anggêrêng ing awang-awang pêtêng dhêdhêt alimêngan, ingkang pêrang lajêng sami kèndêl, badhe sami aningali campuhipun Rahwana kalihan Rama, ingkang sakalangkung anggêgirisi punika. Rataning prang ubêng-ubêngan, kusir sami ngangkah prayogining papan, dhawahing jêmparing kadi jawah, sirahipun Rahwana pêdhot satunggal, kadhawahan jêmparing, nanging sirah satunggalipun lajêng manggèn tilasipun ingkang pêdhot. Pêrangipun Rahwana kalihan Rama ngantos pitung dintên, pitung dalu muput botên mawi kèndêl, puwara Sang Rama lajêng mênthang jêmparing iyasanipun Brahma, ingkang pinaringakên dhatêng Bathara Endra, kadamêl saking sarining kawontênan, landhêpipun sami kalihan pralaya. Salêbêtipun [Salê...]

--- 207 ---

[...bêtipun] pinênthang wau Rama angucapakên mantraming Wedha, lajêng linêpasakên dhatêng mêngsahipun, kenging andhêmaning mêngsah, Rahwana ucul anggènipun nyêpêng dêdamêl, dhawahing rata lajêng gumlundhung ing siti, ratuning pêpêtêng angoncati sariranipun wadhag, dados sêdyanipun awatara sampun kadumugèn. Pangandikanipun Rama anggènipun manglipur Wibisana, ingkang manangisi pêjahing kadangipun punika, kaèbêkan suraos: Mungsuh ingsun samêngko wus sirna, dadi sêdyaningsun wus kasêmbadan. Bangêting trêsnaningsun marang dhèwèke ora beda kaya marang sira, mula layone kakangira enggal sampurnakna.

Saparipurnaning amiwaha layonipun Rahwana, sarta anjumênêngakên nata Sang Wibisana, Anoman kautus pinanggih Dèwi Sita, paring priksa kawontênanipun sadaya wau. Kados punapa bingahing manahipun pawèstri sêpuh, ingkang sêtya sarta sih dhatêng Dèwi Sita, sarta sampun priksa badhe kadadosanipun lêlampahan, piyambakipun gupuh dhatêng Asoka, matur ing Dèwi Sita: Rahwana sampun sirna ing palagan, ing mangke Karahayon paduka botên karubeda malih. Dèwi Sita ngandikakakên bingahing panggalihipun, sarta sangêt panarimahipun, angalêmbana dhatêng Anoman, [A...]

--- 208 ---

[...noman,] ananging sarêng Anoman nyuwun palilahipun badhe amêjahi dhatêng rasêksa ingkang sami tansah anyênyamah saha manganiaya ing panjênênganipun, Sita ngandika, manawi sadaya wau amung anglêksanani dhawuhing gustinipun. Sita lajêng paring pitêdah dhatêng Anoman, manawi kasangsaranipun punika witipun inggih saking pandamêlipun piyambak, dados sadaya ingkang dados panglanturing kasangsaranipun punika amung dados pirantos, mila kêdah dipun wêlasana, nanging sampun ngantos dipun walês. Anoman kadhawahan tumuntên wangsul, matur ing Sang Ramacăndra: Ingsun kapengin wêruh marang gustiningsun, kang bangêt sih marang abdine kang tuhu sêtya. Anoman wangsul sarta ngaturakên wêlingipun Sita.

Sang Ramacăndra lênggah samadi, manêgês ing dewa. Wibisana ngaturi, supados angrasuk raja kaputrèn, badhe kadhèrèkakên dhatêng pakuwonipun kang raka. Sang Wibisana ngaturakên sadaya lêlampahan kalayan bingahing panggalihipun, pangandikanipun Sita: Dhuh narendraning raksasa, sêdyaku ora adus sadurunge katêmu Sang Rama, mêsthine sira mung nglakoni dhawuhe gustinira Sang Rama. Yèn mangkono mêsthine dak èstokake. Mila sasampunipun Dèwi Sita siram, [si...]

--- 209 ---

[...ram,] tuwin angrasuk raja kaputrèn ingkang rinêngga sêsotya nawarêtna, lajêng lênggah ing jêmpana pinikul dhatêng pakuwonipun Rama. Sarêng Sang Rama sampun amudhar sêmadi, Wibisana dhawuh angirit Sita dhatêng ngarsanipun. Sawangsulipun Wibisana angundurakên tiyang ingkang sami wontên sakubêngipun. Rama lajêng dhawuh, supados sampun sami kasingkirakên: Wong iku kabèh kawulaningsun, mula yayi dèwi aturana mudhun saka ing jêmpana, supaya wong padha bisa wêruh patêmonku lan yayi dèwi. Saking kêdaling pangandikanipun, tiyang sami mangêrtos, manawi sêsawangan punika botên kados limrahing pêpanggihanipun priya kalihan semahipun, ingkang sampun kapisah dangu. Laksmana, Sugriwa, tuwin Anoman botên sakeca manahipun, sarêng priksa manawi Sita kadhawahan dharat pinanggihipun kalayan Rama. Ing ngriku Dèwi Sita katingalan angrasuk raja kaputrèn. Aningali kêraning sarira, sarta sêmuning pasuryan, taksih katingal labêting prihatosipun, kalayan alusing sêmu ingkang sinorotan dening sih tuwin kabingahan, sarta anawung pangajêng-ajêng pamandêngipun ing panjênênganipun ingkang nurunakên dhatêng dunya.

Pangandikanipun Sang Ramacăndra ingkang kalayan ririh tuwin cêtha: [cê...]

--- 210 ---

[...tha:] Dhuh kalulutku, sarana angasorake mungsuh gon ingsun angluwari sira saka mungsuhira, amarga saka pangataging kalingsêman, katêmahan ingsun amalês sarta amatèni mungsuh. Saha lajêng anyariyosakên kalayan raringkêsan kawontênaning lêlampahan, Sita botên mobah-mosik pamandêngipun dhatêng kang raka, netranipun nênggak waspa, amargi ing batos mosik, punapa ingkang makatên dados kamulyaning kakungipun, sarta nalika Sang Rama anyêlaki kang garwa, kalayan sangêt rudahing panggalih, amargi Rama priksa, karana sampun kadulu ing dalêm pamêlêngipun, manawi panjênênganipun anuruti sihing panggalihipun, sarta kasêsa anampèni Sita ingkang sampun sataun wontên karatoning Rahwana, măngka botên mawi angwontênakên pasêksèn, bilih botên kalepetan dosa, punika kagalih kados badhe anuladhani awon dhatêng sawiyah, ingkang nganggêp ing panjênênganipun punika ratunipun, sarta badhe winastan, manawi ardanipun Rama dhatêng garwanipun angungkuli anggènipun rumêksa karaharjaning prajanipun, sarta langkung saking kautamèning gêsang. Amila sangêt mambêng dhatêng dêrênging panggalihipun piyambak, lajêng ngandika kalayan sêmu landhêp: Piala kang wus tinindakake dening Rahwana wus kokum. [ko...]

--- 211 ---

[...kum.] Gon ingsun kalakon pêrang kang samene gêdhene iku kanggo pêrlunira. Ananging sira kang wus suwe dêdunung ing padunungane wong liya, sarta wus tau pinondhong dening Rahwana, lan pinandêng karosane kang bangêt lênglêng marang sira, lungaa marang ngêndi bae kang sira sênêngi.

Angèngêti rêsikipun ingkang botên kacipratan rêrêgêd, sarta têtêping kasêtyanipun, mila Sita botên sagêd wicantên satunggal punapa, nalika mirêng dhawahipun Rama ingkang makatên wau. Sanalika wau Dèwi Sita lajêng karuna, nanging lajêng tumuntên kèndêl, sarta matur: Dhuh, prajuriting bawana, kadospundi dene panduka anglairakên pangandika ingkang botên prayogi kawuwus, kados wicaranipun tiyang limrah ingkang angungêli dhatêng pawèstri limrah. Kula têbih saking panyana panduka punika. Kula prasêtya, paran, sanadyan jasat kula kagêpok dhatêng tiyang sanès, nanging punika botên saking kajêng kula, utawi botên saking panêmaha kula. Kasêtyan asung pangayoman ing kula, sarta cipta kula lêstantun sumungkêm ing panduka. Dene kalampahanipun badan kula dêdunung wontên padununganipun tiyang sanès, punika sanès pangangkah kula. Sampun dangu anggèn kula suwita ing panduka. Ewadene manawi panduka [pandu...]

--- 212 ---

[...ka] mêksa dèrèng pitados, saèstu kula badhe muksa. Punapa sababipun panduka botên karsa mêdhota tangsuling akrami (mêgat) ingkang tumrap dhatêng kula, sadèrèngipun panduka rawuh ing ngriki kalayan angêtohakên jiwa, tuwin asarana sirnanipun para mitra. Upami panduka botêna paring priksa ingkang lumantar Anoman, tamtu sampun dangu anggèn kula nilar gêsang kula, panduka ingkang botên kasamaran dhatêng samukawis, nanging kasamaran dhatêng kasêtyan tuwin sukcining manah kula. Sasampunipun matur makatên, Sita lajêng nolèh Sang Laksmana, kalayan ngandika: Dhuh yayi Sumitratmaja, têtulunga ing kawlasasih yayi, enggal angurubna gêni gadhe kanggo pambasmaraningsun, awit amung iku kang kêna kanggo sarananing karahayon ingatase bêbaya iki. Pandakwa ala kang tanpa pasaksèn, wus angênani maringsun, mula luwih bêcik sirna.

Kalayan sakalangkung putêk manahipun Laksmana, sarwi anyawang liring dhatêng Sang Ramacăndra, ingkang lajêng winangsulan kalayan sasmita, supados dipun laksanani. Sami sanalika rêdi pawaka sampun samêkta, botên wontên tiyang ingkang purun amandêng, utawi matur punapa-punapa dhatêng Sang Ramacăndra ingkang anjêngêr kadi [ka...]

--- 213 ---

[...di] kantaka. Ing ngriku Sita lajêng ngandika ing latu, sasampunipun pamit dhatêng sadaya ingkang sami wontên ing ngriku, sarta ing ngriku botên wontên tênaga tuwin wicantên ingkang suraos mambêngi, pangandikanipun Sita: Lah gêni kang kanggo pasaksèn marang wong sanagara, angayomana aku, amarga aku ora cidra marang Ragawa. Sanadyan aku têmên ora kalepetan rêrêgêding dosa, ewadene Ragawa ora pracaya, mula tulungana aku dimèn dadi pasaksèning bawana, yèn aku cidra, iya sirnakna dahana.

Sasampunipun ngandika upata ingkang makatên wau, Sita lajêng anggêbyur ing latu, ingkang murub angalad-alad, sundhul ing antariksa, nanging wiwit kasanglat ing latu, sariranipun Sita katingal sumorot kadi kancana sinangling. Sarêng Sita sampun silêm ing latu, lajêng kapirêng suwantêning sêsambat saking sawarnining keblat, sarta urubing latu jêjêg manginggil, Rama manêkung malih, sanalika Bathara Brahma, Bathara Siwa, kalayan dewaning angin, tuwin latu, katingal sakubêngipun Rama kalayan asêsanti: Dhuh Wisnu, pagene têka sănggarunggi, panduka kasupèn dhatêng sarira panduka pribadi. Dhuh tuwan, ratuning sadaya dewa, ingkang rumêksa ing sagunging dumadi, têtunggulipun [têtunggu...]

--- 214 ---

[...lipun] para wicaksana, kadospundi têka botên angayomi Sita, ingkang lumêbêt ing latu, sarta panduka anggalih Sita kados manungsa wantah. Aturipun Rama: Kula rumaos, kula punika manungsa, nama Rama, sutanipun Dasarata. Suwawi tuwan andhawuhna, kula punika sintên, sarta ing pundi pinăngka kula. Hyang Brahma lajêng ngandika, manawi Sang Rama punika Sang Narayana ingkang agêgaman cakra, sarta gêntha, inggih purusa kang luhur, Wisnu pangayomanipun para sukci, ingkang rumêksa sèsining bawana. Dene Sita punika Laksmi, panduka tumurun pêrlu angrurah Rahwana, pakaryan tuwan sampun rampung, kaswargan sami suka bingah. Satêlasing pangandikanipun Hyang Brahma, Bathara Agni katingal wontên têngahing latu, ingkang murub angalad-alad, sakala latu lajêng piyak wangsul kadi singangsananing kaprabon, Sita munggèng pangkonipun, kalayan ngandika: Dhuh Rama, punika garwa panduka ingkang satuhu sukci, Sita kinêpang têngahing raksasa, ananging manahipun amung tumuju dhatêng panduka. Sita sêtya tuhu ing panduka, sukci manahipun, botên keguh dening pangaru biruning dosa, mila suwawi katampènana.

Sasampunipun Rama manêkung malih lajêng matur: Sita kang sakalangkung [sakalang...]

--- 215 ---

[...kung] endah, sarta ambêkipun sih, sampun dangu wontên salêbêting kamaripun karaton ing Lêngka, mila pêrlu kêdah anêdahakên kasucianipun dhatêng sadaya, kados ingkang sampun kalampahan samangke punika. Manawi kula ngantos nampèni putranipun Prabu Janaka botên mawi sarana makatên, tiyang sanagari têmtu badhe angintên, manawi Rama putranipun Dasarata, sampun kawasesa dening indriyanipun lair, mila botên priksa suraosipun darma. Kula langkung priksa, manawi Matili inggih Sang Janakatmaja, batosipun botên tumolèh dhatêng sintên kemawon kajawi kula, kadidene têlênging samodra, saèstu botên sagêd jajag-jinajagan dening tiyang. Makatên kawontênanipun Rahwana, dêrênging pangangkahipun dhatêng Sita, saèstu botên sagêd kasêmbadan, amargi Sita rinaksa dening kasucianipun piyambak, pangrisak botên sagêd angèngingi dhatêng batosipun, kados kawontênanipun urub dhatêng latunipun, ciptanipun botên ewah, sanadyan piyambakipun kinurung ing puranipun Rahwana, amung kula ingkang wênang anggadhuh Sita, kadi pêpadhang kalayan srêngenge, putri Mantili putrinipun Prabu Janaka, mila kula mitambuhi sawatawis, amargi sampun kasaksèn ing tri bawana mênggah [mêng...]

--- 216 ---

[...gah] jujuring manahipun, ingkang makatên amung wajibipun tiyang sae. Sasampunipun makatên, Rama nampèni garwanipun.

Sasampunipun Manggih Unggul.

Sadèrèngipun para dewa wangsul dhabêng[7] kayanganipun, Bathara Iswara dhawuh dhatêng Rama, supados ngabêkti dhatêng ingkang rama Prabu Dasarata, ingkang ugi rawuh ing dintên kanugrahan punika, sêsarêngan para jawata. Nalika Dasarata angrangkul ing putranipun sarwi abêbisik, manawi ngantos ing kaswargan sami mêmuji dhatêng pakaryanipun Rama. Lajênging pangandikanipun: Watêsaning gonira kinendhangake samêngko wus rampung, sira wus anêtêpi sêsanggêmanira, mula enggal angrêngganana dhamparing kaprabon, lêstaria mulya karo kadang kadeyanira. Rama lajêng matur ing rama Sang Dasarata, supados sabdanipun ingkang rama ingkang suraos angêsotakên dhatêng Kekayi saputranipun, ingkang sampun kawijil nalika Prabu Dasarata duka, punika dipun berata. Kang rama marêngakên, sarta lajêng paring nugraha dhatêng Laksmana, dene sampun ngatingalakên kasêtyanipun dhatêng kang raka, miwah Sita, wêkasan lajêng tumolèh dhatêng Sita kalihan ngandika: Gèr, aywa sira rêngu marang lakinira, dene mitambuhi sira, awit sêdyane mung angangkah

--- 217 ---

karahayonira, saka saliring panyana-nyana. O, putraku, apa kang wus sira lakoni kanggo anelakake kasucianira iku pêrlu kautamanira samêngko wus angujwaa, têmah amrabani wanudya sajagad.

Ing nalika Dasarata sampun musna, Bathara Endra andangu dhatêng Rama, punapa ingkang dados panyuwunipun, ingkang kêdah dipun pituruti. Ingkang kasuwun, supados para wanara tuwin baruwang, ingkang sami pêjah wontên ing paprangan kagêsangna malih, sarta ing sapurug-purugipun manggiha wowohan, sêkar-sêkaran ingkang arum, tuwin ingkang adi-adi, punapadene toya ingkang bêning sarta asrêp. Sang Hyang Endra angidèni, sanalika para wanara tuwin baruwang ingkang kanin tuwin pêjah lajêng waluya kadi ing nguni-uni. Para dewa lajêng wangsul dhatêng kayanganipun, piyambak-piyambak, amung mitungkas enggal kondura dhatêng Ngayodya jumênêng narendra.

Enjingipun Rama kondur dhatêng Ngayodya, anitih rata ingkang sinêbut puspaka, (bilih Sêrat Rama ingkang mawi sêkar: Wimana) inggih punika rata jarahaning prangipun Rahwana nalika mêngsah kadangipun piyambak, Bathara Kubra dewaning kasugihan. Rata wau sakalangkung adi, kadamêl saking kancana, pinatik ing

--- 218 ---

sêsotya, sarta tinatah gêgambaran warni-warni, agêngipun kados rêdi, ngandhap tuwin nginggil wontên kamaripun, payonipun karadinan, mila kenging kangge palinggaran. Sadèrègipun pangkat, Rama dhawuh, supados Prabu Wibisana amandum ganjaran dhatêng para prajurit, ingkang sami katingal kasudiranipun ing paprangan. Sasampunipun lajêng nitih rata sakalihan ingkang rayi, tuwin Sang Laksmana. Dene Sugriwa tuwin Wibisana sawadyanipun sami andhèrèk saking kajêngipun piyambak. Rata lajêng anjumantara.

Samargi-margi Rama tansah anyariyosakên lêlampahan kawontênaning paprangan dhatêng Dèwi Sita, tuwin pasitèn ingkang dipun êbroki sawadyabalanipun. Sarêng sampun langkah samodra, rata kakèndêlakên sakêdhap. Makatên ugi sarêng dumugi ing Kiskêndha, kithanipun Sugriwa. Saking panyuwunipun Sita, semahing wanara têtindhihing aprang sami kadhawahan andhèrèk. Rata kadhawahan anglajêngakên lumampah malih. Rama anêdahakên Sita sadaya panggenan tuwin parêdèn miwah wana, ingkang sampun dipun langkungi, saha ingkang kangge băndayuda, sadangunipun pisah kalihan garwanipun, anggènipun angupaya, tuwin salêbêtipun kinendhangakên, wasana [wasa...]

--- 219 ---

[...na] dumugi wawêngkon Ngayodya rata kadhawahan ngèndêlakên sadaya, sami mandhap lajêng mampir ing dhepokipun Bagawan Baratwaja. Saking Ngalêngka dumugi padhepokanipun wau, lampahan gangsal dintên. Sasampunipun mirêng aturipun Bagawan Baratwaja, manawi sadaya sami karaharjan, Anoman kautus paring priksa dhatêng Prabu Guha tuwin Barata, manawi sariranipun sampun rawuh, punapadene Anoman kadhawahan mawas padhang pêtêngipun Sang Batara, salêbêtipun kaaturan priksa bab konduripun. Amargi sarèhning sampun dangu anggènipun jumênêng, bokbilih lajêng santun cipta. Mila manawi katingalipun Barata taksih rêmên jumênêng, Anoman lajêng kadhawahan matur, bilih badhe kadhawahan matur bilih badhe kalêstantunakên. Anoman pangkat sumêbut. Sang Bayutanaya lajêng pinanggih Prabu Guha, sasampunipun lajêng manggihi Barata, pinanggih wontên padhepokanipun, watawis kalih pal saking sapinggiring kitha Ngayodya. Sariranipun kêra angalêntrih, pangagêmanipun cara tiyang martapa, punapadene ngagêm tandhaning prihatos, amargi saking kendhangipun kang raka, sandhalipun kang raka sinèlèh ing dhampar, kinêpang para nayaka tuwin prajurit. Anoman lajêng linggih angapurancang wontên ngajêngipun Barata, sarta lajêng matur prêluning dinuta,

--- 220 ---

botên mawi kaarah-arah rumiyin, mila Sang Barata ingkang sampun sakalangkung lêsu, amargi saking danguning anggènipun botên dhahar, saking bingahipun lajêng kantaka. Sarêng sampun kèngêtan malih, Sang Barata ngandika: Andika ingkang andhatêngi punapa dewa, punapa manungsa. Sasampunipun andangu kathah-kathah, sarta ngandika kados punapa kapenginipun badhe pinanggih kang raka, Anoman ngaturakên purwa madya wasananing lêlampahan, Barata mirêngakên kalayan anggatosakên. Ing nalika cariyosipun Anoman dumugi konduripun Rama, sarta sampun dumugi watês Ngayodya, tanpa nyana Barata lajêng ambêngok: Samêngko pangarêp-arêpku wus kasêmbadan. Kados punapa ramening suwantên, sarêng Barata dhawuh, supados sadaya mirantos mapag rawuhipun sang prabu. Prajurit kapalan sèwu, tuwin dharat sèwu, lajêng angêmpal. Dèwi Kusalya, Kekayi tuwin Sumitra, sarta para wanita sanès-sanèsipun, sami dhatêng saking kadhaton. Sasampuning saput sampêt saupakartining lampah, Barata lajêng pangkat, kalayan amundhi sandhalipun kang raka, kados sabên-sabên manawi tindakan, lêstantun lampahipun ngantos puspaka katingalan wontên ing awang-awang, sarta mirêng loking para wadya: Iku Sang

--- 221 ---

Rama, iku gustiku. Botên kenging dipun cariyosakên sênênging pêpanggihanipun sadhèrèk kalihan kadangipun, ingkang mêntas kapisah dangu. Barata tumungkul ing ngarsanipun Rama, lajêng rinangkul, sadaya sami bage-binagèkakên. Prabu Sugriwa lajêng kaanggêp kadangipun Rama ingkang waruju. Sang Ramacăndra lajêng angurêbi padanipun kang ibu, sarta ngaturakên karaharjanipun Dèwi Kekayi tuwin Sumitra, sarwi manêmbah. Sasampunipun ngaras pada, Sang Barata lajêng ngagêmakên sandhal ing sampeyanipun kang raka sarwi matur: Suwawi katampènana kaprabon panduka ingkang kula ampil. Gêsang kula rumaos bêgja, dene pangajêng-ajêng kula sagêd kadumugèn, inggih punika kêpengin andulu panduka kondur dhatêng Ngayodya jumênêng nata. Karawuhana praja panduka, gêdhonging rajabrana, karaton, sumawana wadya panduka, awit kalèbèran pangèstu panduka, pangrêksa kula salêbêtipun kawan wêlas warsa botên kirang satunggal punapa. Sang Barata botên cidra dhatêng sêsanggêmanipun, amargi sampun kawêdhar, panjênênganipun rumaos langkung bêgja botên jumênêng narendra tinimbang kajumênêngakên, botên dangu anggènipun pêpanggihan ingkang linimputan ing kabingahan wau, sanadyan kathah para nata ingkang rawuh ing Ngayodya, ananging [a...]

--- 122[8] ---

[...nanging] bèntên sangêt manawi katandhing kalihan rawuhipun ingkang mêntas nilar prajanipun, ngantos kawan wêlas taun.

Para rajaputra sampun mangagêm busana satataning narendra siwi, Dèwi Sita punapadene semahipun para wanara sami angrasuk raja kaputrèn, ingkang ginêbyok ing kancana, tinarètès ing nawarêtna, sinalimut ing intên jumêrut, sinawur ing mutyara abra, pating pancurat pating karêthap ambalêrêngi, ananging sadaya wau surêm kèrêm kalindhih dening ujwalaning wadananipun Sri Ramacăndra, ingkang manawung kasok ing kabingahan, têmah sadaya sami suka sukur. Enjingipun Sri Ramacăndra sakalihan ingkang garwa kalênggahakên ing dhamparing kaprabon, ingkang pinatik ing sêsotya nawarêtna dening Bagawan Wasistha, sarta dipun agêmi makuthaning kaprabon, para dewa angudanakên kêmbang-kêmbang, para gandarwa sami kêkidungan, para apsara sami malenggot bawa, siti-siti sami ngêdalakên panenanipun, enggalipun tri bawana sami mangayubagya tuwin manadukara, dene Sang Ramacăndra putranipun Prabu Dasarata sampun kondur sarta lajêng ngasta pusaraning kaprabon, sasampunipun Dèwi Sita kajumênêngakên, lajêng pinaringan ganjaran, pèni-pèni rajapèni dening Sri Rama,

--- 123[9]---

dene ingkang adi piyambak warni sangsangan oncèn-oncèn mutyara, punika ingkang lajêng kacopot saking jangganipun, sarwi mandêng dhatêng Sri Rama, sarta lajêng tumolih aningali dhatêng pasebanipun para mukyaning wadya wanara. Sri Rama tanggap cipta sasmitaning garwa, mila lajêng ngandika: Dhuh mêmanising jagad, dununging katrêsnaningsun, prayoga sangsangan iku kaparingna marang kang dadi panujuning panggalihira. Sori nata lajêng animbali Anoman, sarêng sampun umarêg, sangsangan kaparingakên, mila pinaringan ganjaran sangsangan mutyara ingkang mêntas kumalung ing jăngga, amargi amung piyambakipun ingkang sagêd manggihakên dunungipun Dèwi Sita, nalika wontên salêbêting prihatos.

Ing nalika wau kêparênging panggalihipun Sri Rama, Sang Laksmana kaparingan sapalihing nagari Ngayodya, sarta pinarêng lênggah jajar, dados pusaraning kaprabon kaasta narendra kêkalih. Ananging Laksmana sangêt lênggana, amargi langkung bingah angladosi ingkang raka tinimbang jumênêng narendra, mila Sang Barata ingkang lajêng katêtêpakên mêngku nagari, jumênêngipun ngantos sadasa èwu warsa (ing dunya).

Dèrèng wontên nagari mulya kados Ngayodya ing jaman punika, amargi ing pundi-pundi tata raharja, tuwin têtiyangipun sami [sa...]

--- 224 ---

[...mi] bêgja. Ing Ngayodya botên wontên răndha, botên wontên lare pêjah, sadaya pêjah sêpuh, botên wontên pacêklik, sêsakit, tuwin kakirangan toya. Kadurjanan miwah rajapêjah botên wontên. Dhumawahing jawah tuwin bêntèr têtêp kalihan mangsanipun, siti êloh agêng pamêdalipun, botên wontên tiyang malarat, tiyang sumêlang, tuwin tiyang sakit, sumawana tiyang kêtaton ugi botên wontên, ing dunya wêdal samantên dados kaswargan, karantên Laksmi gustining kamulyan manjanma dados Sita, ngêmpal kalihan Rama, pramila sajagad kaèbêkan kanugrahan.

Sampun kasumêrêpan ing ngakathah, manawi Sêrat Ramayana punika anggitanipun Bagawan Walmiki, amargi wasananing sêrat wau mawi panutup pujian kangge rahayunipun sadaya dumadi, kados limrahipun sêrat-sêrat kina. Ananging Untarakandha, botên sadaya andugi manawi punika anggitanipun ingkang misuwur ing jagad Sang Bagawan Walmiki, ewadene kathah tiyang ingkang mastani, manawi punika ugi rinipta dening Sang Walmiki, amung katitik saking rêringkêsaning dongèng, ingkang kapacak ing purwakanipun Sêrat Ramayana, utawi saking angèngêti kaprihatosan ingkang kawursita ing wêkasaning sêrat wau,

--- 225 ---

inggih punika muksanipun kang sutrêsna Dèwi Sita tuwin Laksmana.

Ananging Untarakandha punika kaèbêkan piwulang luhur, awit ing ngriku nyariyosakên sakawiting lêlampahan, saha suka têtuladan lampahipun anggêring karma, anggêr wau kodrating Pangeran ingkang mêngkoni bawana, inggih anggêring jalaran miwah kadadosan, sanadyan para dewa, manungsa, kewan tuwin titah alit-alit, tuwin ingkang lêmbat-lêmbat, botên wontên mrojol saking wawêngkoning anggêr wau.

Warsitaning Untarakandha punika anggêring karma, tumraping sadaya, botên wontên titah gumêlar ingkang botên winêngku ing anggêr wau, para dewa tuwin manungsa, raksasa, tuwin asura, sadaya sami takluk dhatêng anggêr punika, lakar makatên kawontênanipun, sintên ingkang botên kawêngku ing anggêr wau, amargi punika gumêlaripun Pangeran, sarta inggih punika witing tumuwuhipun jagad saisènipun sadaya, dumados tuwin sirnanipun ing dalêm kalpa ingkang tumaruntun (jaman ingkang sontan-santun) agêgandhengan punika, tiyang sampun sami priksa, manawi saking anggêr-anggêring gusti sadaya gêsang tuwin sawarnining pandamêl ugi wontên ing dalêm wawêngkoning anggêr, [ang...]

--- 226 ---

[...gêr,] botên wontên tiyang ingkang sagêd angoncati. Untarakandha amarah dhatêng sadhengah, manawi Rama tuwin Sita kadi tiyang limrah miyos ing dunya, sanadyan Rama Wisnu, tuwin Sita Laksmi, ingkang botên sagêd pisah sadangunipun bawana punika gumêlar. Sintên ingkang gêsangipun sarosa nêdya lumawan dhatêng anggêr-anggêr wau, sadhengah ingkang rêmên adamêl kasangsaranipun sadaya tumitah, sarana anyêbar wijining piawon, tamtu badhe tansah thukul ing saliring jaman, sintên ingkang sagêd ambiyantu têtêpipun anggêr-anggêr wau, amung panjênênganipun ingkang batosipun sampun kadhasaran, awit kados saraosing anggêr-anggêr inggih punika nayakanipun ingkang sêtya amargi panjênênganipun punika anggêr.

Sarêng Rama sampun jumênêng nata wontên ing Ngayodya, Sang Maharsi Agastiya, tuwin para pandhita, sanès-sanèsipun sami têtinjo pêrlu mêmuji, dene sampun angasorakên Rahwana, tuwin Indrajit, ingkang kasaktènipun angungkuli sudarmanipun. Sarêng Rama pitakèn minăngka wangsulanipun ingkang mitêrangakên kadospundi jalaranipun, mila sariranipun kasinungan pangwasa ingkang samantên wau, Maharsi Agastiya lajêng cariyos, Sang Pulas putranipun Bathara Prajapati, nalika

--- 227 ---

nglampahi kawajibaning yogi, dipun ribêti dening para apsara, tuwin lara kênya, ing ngriku lajêng ngipat-ipati, sintêna pawèstri ingkang kamipurun anyêlak palêrêmanipun, tamtu badhe wawrat tanpa semah. Kacariyos wontên rara kênya, ingkang amargi botên priksa, piyambakipun angambah pasitèn ingkang kaawisan wau, lajêng anggarbini, tiyang sêpuhipun prawan wau lajêng nyuwun supados putranipun kagarwaa dening Sang Pulastya. Panyuwunipun dipun pituruti, sarta lajêng kawêngku kadidene satataning sêsemahan, sanadyan salêbêting gêsangipun sampun anêmaha sèlèh.

Amargi saking barkahipun sang tapa, pawèstri wau ambabar priya, sinung nama Wisrawa, kang suci tuwin wicaksana. Wisrawa dhaup kalayan putrinipun Sang Bagawan Baratwaja, apêputra sinêbut Wiswarana. Nalika Wisrawana rinawuhan ing Hyang Brahma, Wisrawana nyuwun dipun wênangna amitulungi tuwin angayomi sagunging manungsa, mila lajêng katêtêpakên minăngka pangayomaning sadaya gêsang ingkang ăngka sakawan[10] inggih dewaning kasugihan, [kasu...]

--- 228 ---

[...gihan,] sarta ginanjar rata nama puspaka, sarta kadhawahan ngadhaton ing Langka, ingkang wêkdal punika nagari suwung kayasakakên kadhaton dening Wiswakarma, dewa undhagi.

Kacariyos putrinipun Prabu Sumali, nama Kaèksi, kêpengin apêputra, mila lajêng marêk ing Bagawan Wisrawa, ingkang pinuju adamêl sêsaji agni hotra, kaidèn badhe apêputra, ananging amung wuragilipun ingkang awarni manungsa, tuwin wicaksana, dene sanès-sanèsipun warni raksasa, awit kasiku dene angrêsahi anggènipun sêsaji, kalampahan apêputra Dasanana sirah sadasa, Kumbakarna, Suparnaka, tuwin Sang Gunawan Wibisana.

Satunggaling dintên nalika Wisrawana langkung, Dèwi Kaèksi dhawuh dhatêng putranipun Sang Dasanana, manawi punika kadangipun sêpuh, sarta dhawuh supados Dasanana anggayuh pangwasa kados Wisrawana. Wiwit titimăngsa punika Rahwana kalihan Kumbakarna tuwin Wibisana, lajêng sami ambangun tapa. Dasanana anajèkakên sirahipun gêntos-gêntos. Sarêng badhe anigas sirahipun ingkang ăngka sadasa, Hyang Brahma tumurun matêdhakakên nugraha. Dasanana nyuwun sampun ngantos sirna,

--- 229 ---

Brahma botên marêngakên. Lajêng amung nyuwun sampun ngantos kasoran kalihan paksi, sawêr, dewa, yaksa, ditya, tuwin raksasa, amargi sanèsipun punika botên kinintên manawi sagêd mênang kalihan piyambakipun. Sadaya wau sampun pinarêngakên, sarta ginadhuhan pangwasa, sagêd amancala putra sadhengah ingkang kinajêngakên, punapadene sirahipun ingkang kinurbanakên lajêng kawangsulakên malih.

Ing nalika Wibisana dinangu, Wibisana nyuwun sagêda lêstantun rahayu budi, dipun parêngakên, saha kawênangakên botên sagêd sirna, manawi botên saking kajêngipun piyambak.

Kumbakarna ugi pinarêngakên anggadhahi panuwun, ananging Bathara Saraswati enggal manjing ing lambenipun, mila Kumbakarna gretholên anggènipun matur, nyuwun sagêda tilêm ngantos mataun-taun dangunipun, panyuwunipun kaidèn, kados ingkang sami kita sumêrêpi ing Sêrat Ramayana.

Sanadyan tanah Langka suwung, ananging rumiyinipun sampun dinunungan ing raksasa, mila saking pamrayoginipun êmbahipun Dasanana, ingkang sinêbut nama raksasa Sumali, Dasanana supados pinanggih Wisrawana, wigatos nyuwun praja Langka. Awit [A...]

--- 230 ---

[...wit] saking mirahing panggalihipun dewaning kasugihan, praja Langka pinaringakên dhatêng Dasanana. Panjênênganipun pindhah dhatêng tanah Kelasa. Dasanana dhaup angsal Dèwi Widhodhari, apêputra Sang Megananda, ing têmbe sinêbut Indrajit. Dasanana ingkang pinarêng ing dewa botên sagêd kasoran dening sadaya wau, lajêng alêlana andon yuda. Sang Wisrawana sarêng mirêng lêlampahanipun ingkang rayi, enggal anglampahakên caraka dhatêng praja Langka, pêrlu angèngêtakên supados sêdyanipun Dasanana ingkang makatên wau, sampun ngantos kalajêng-lajêngakên, nanging Dasanana lajêng malah sangêt nêpsunipun, caraka pinêjahan. Sasampunipun lajêng nêdya ngrabasèng praja Kelasa. Ing ngriku Dasanana sagêd nyirnakakên wadya yaksa, balanipun dewaning kasugihan, sarta Wisrawana panggah ing prang, têmah katiwasan, sarta ratanipun ingkang misuwur ing jagad, nama puspaka, lajêng jinarah. Sarêng sampun nitih puspaka, lajêng pangkat saking Kelasa. Botên watawis dangu rata lajêng kakèndêlakên, sarta sangêt kagawokan, dene Nandhi abdinipun Sri Sangkara, kamipurun anundhung, awit gustinipun sawêg ambêbêdhag wontên ing parêdèn ngriku. Awit sinurung dening kumlungkunging manah, Dasanana lajêng pitakèn sêmu anyênyamah:

--- 231 ---

Sankara, iku sapa. Wasana lajêng anyêlaki rêdi wau kalayan mangerang-erang dhatêng Nandhi, dene wujudipun wanara, Nandhi lajêng angêsotakên, manawi ing têmbe Dasanana badhe kacêcamah dening bangsanipun. Rêdi cinandhak dening Dasanana, nêdya jinugrug, Bathara Mahadewa nêdya damêl gêgujêngan dhatêng Dasanana, mila lajêng angglundhungakên sela ingkang lajêng anindhihi tanganipun Dasanana, piyambakipun sêsambat, angaru-ara, têmah kapêksa takluk dhatêng Sri Sankara, ingkang jangganipun mawa toh biru, lajêng dipun luwari sarta kadhawuhan santun nama Rahwana, têgêsipun tukang bêngok-bêngok, awit minăngka pèngêtan nalika piyambakipun sêsambat angaru-ara sakalangkung sora. Rahwana botên kêndhak dening kasoranipun wau, taksih anglajêngakên anggènipun badhe adamêl dahuruning jagad. Sarêng dumugi ing Himawan, piyambakipun priksa wontên pandhita èstri, ingkang sakalangkung endah. Sanadyan wanita wau sampun pratela manawi sampun prasêtya dhatêng Wisnu, ewadene winasesa purun, kapurih mituruti sêdyanipun ingkang kirang prayogi. Ananging pawèstri wau lajêng molah, kalampahan sagêd uwal, lajêng angurubakên latu kangge lêbu gêni, sarwi angêsotakên, manawi ing têmbe badhe manjanma [ma...]

--- 232 ---

[...njanma] dhatêng ing dunya, maujud wanodya ingkang dados jalaraning pêjahipun, lêlampahan punika wontên ing jaman satyayuga, manjanmanipun dados Dèwi Sita, ingkang kamiyosakên dados putrinipun Prabu Janaka.

Sasampunipun Rahwana anglajêngakên anggènipun anantang sarta amêrangi sakathahing para narendra ing dunya, ingkang botên purun lumawan kadhawahan ngaturakên tandhaning panungkul, ing antawisipun para narendra ingkang linurugan wau wontên satunggiling narendra têdhakipun Ikswaku, angadhaton ing Ngayodya, asmanipun Anaraniya, ingkang mapagakên jurit. Ananging wêkasanipun sirna dening Rahwana wontên ing paprangan, nalika badhe seda angêsotakên dhatêng Rahwana. Têdhake Prabu Ikswaku ing têmbe ana kang dadi prajuriting jagad, arane Rama, putrane Dasarata, yaiku kang bakal dadi pangrurahira. Makatên wau Rahwana panyêbaripun wijining pandamêl awon, ingkang dados jalaraning pêjahipun, thukulaning wiji wau ingkang dipun ênèni ing têmbe. Nalika Rahwana anglajêngakên pandamêlipun ingkang makatên wau kapapag kalihan Sang Bathara Naradha, ingkang lajêng dhawuh manawi sampun cêkap panganiayanipun dhatêng manusa, mila kakèndêlana. Nanging [Na...]

--- 233 ---

[...nging] samangke anacaka lumawan Bathara Yama, ingkang satuhu sinêkti. Pangandikanipun Naradha wau angebahakên sêdyanipun Rahwana, mila enggal amblês ing dhasaring bumi, sarta angawonakên wadyanipun Bathara Yama, ngantos Bathara Yama angêdali ing yuda anitih rata. Sadèrèngipun Bathara Yama musthi gadaning pêpasthèn, para wadya raksasa sami tilar gustinipun, Rahwana kantun piyambak, ewadene botên giris dening pangwasaning papasthèn, ingkang sadaya sami maras andulu. Anggènipun prang tandhing ngantos pitung dintên pitung dalu, nalika wau Bathara Yama sampun angundha gadaning pêpasthèn, nêdya amêjahi Rahwana, ing ngriku Hyang Brahma ngatingali dhatêng Batara Yama, sarwi andhawuhakên pangandika, sampun ngantos Yama anglajêngakên panggadanipun, amargi Hyang Brahma sampun marêngakên rahayunipun Rahwana, mila sampun ngantos botên nêtêpakên nugraha ingkang pinaringakên dhatêng Rahwana, karantên gadaning pêpasthèn punika dumados saking kawasanipun Brahma, ingkang kaisenan pangwasa sagêd damêl sirnanipun, dados manawi Rahwana kalampahan pêjah, pangandikanipun Hyang Brahma wau badhe botên kanyataan.

Manawi Rahwana pêjah saking pangwasaning gada punika, dhawahipun [dhawahipu...]

--- 234 ---

[...n] Brahma dhatêng Rahwana punika cidra. Dene manawi gada wau botên sagêd dados jalaran pêjahipun Rahwana, pangwasa ingkang kadèkèk ing gada punika ambalenjani. Aja sira ambanjurake panggadanira marang narendra ing Langka. Sira angèlingana karusakaning bawana. Angluhurna marang kasunyatan, mila Yama sande pamuwuhipun, lajêng oncat saking palagan, murih bubaripun ingkang sami băndayuda. Dene Rahwana ingkang nganggêp piyambakipun manggih unggul, anilar kayanganipun Bathara Yama, lajêng aprang kalihan aditya ngantos sataun, wêkasan bêdhami. Sabibaripun pêrang kalihan aditya, lajêng anglurug dhatêng kayanganipun Bathara Waruna. Panjênênganipun botên nyarirani ing ayuda, amung putranipun, wêkasan kasoran dening Rahwana.

Amargi Rahwana têksih nêdya nglajêngakên anggènipun mangun prang, mila lajêng dhatêng prajanipun wanara Bali, ingkang sawêk triwikrama dados sakalangkung agêng. Rahwana lumêbêt sarta badhe prang tandhing kalihan Bali, manawi sang prabu purun, Rahwana lumêbêt priksa Bali gumujêng, sarta lajêng kacêpêng. Rahwana tinumpangakên ing jêngkunipun, sarwi tinakenan, punapa kajêngipun, Rahwana ngicuk-icuk supados Bali anilar [ani...]

--- 235 ---

[...lar] pandamêlanipun ingkang saking dhawahipun Wisnu. Prabu Bali gumujêng malih sarta ngatag supados Rahwana amêndhêtakên trisulanipun Wisnu ingkang sumèlèh ing siti. Rahwana lajêng nyandhak trisula, kajunjung nanging botên kangkat, dipun ambali malih, ngantos sadaya wulunipun mêdal rahipun, lajêng dhawah kalêngêr. Sarêng Rahwana sampun èngêt malih, Bali cariyos dhatêng Rahwana, manawi lêluhuripun wontên ingkang sampun sirna dening antingipun Wisnu, inggih punika Sang Iranyasakipu, ingkang sampun pêjah dening Wisnu nalika asêsilih Narasinga, sarta lajêng pitakèn kadospundi sagêdipun lumawan Wisnu, ingkang piyambakipun anjunjung dhatêng trisulanipun kemawon botên kuwawi. Tuwin Wisnu sagêd amêjahi ditya amung sarana antingipun kemawon, ing ngriku Bali lajêng anudingi sarwi wicantên: Iku Wisnu katon jumênêng anèng gapura, iya Bathara Ari, Sang Narayana kang rumêksa ing jagad, Rahwana mêdal nêdya lumawan, ananging Sri Ari amargi tampi dhawuhipun Hyang Brahma, botên kêparêng amêjahi dhatêng Rahwana, lajêng musna dhatêng ing pundi ingkang dados sarananing rahayunipun.

Taksih kathah lêlampahanipun Rahwana anggènipun alêlana andon yuda. Jêngandika sagêd maos piyambak, pundi [pu...]

--- 236 ---

[...ndi] ingkang jêngandika kajêngakên, wontên lêlampahanipun ingkang sawatawis ingkang pêrlu dipun cariyosakên, ingkang dados pitulunganipun Sita. Ing satunggiling dintên Rahwana kapapagakên satunggiling pawèstri ingkang taksih nèm, sêdyanipun Rahwana pawèstri wau badhe winasesa, ananging pawèstri wau manêmbah angasih-asih, matur sampun ngantos dipun lajêngakên, amargi piyambakipun sampun prasêtya dhatêng putraning sadhèrèkipun Rahwana. Ewadene panêdhanipun botên pinaèlu dening Rahwana, mêksa badhe dipun pêksa, amila lajêng dipun sotakên dening putranipun Wisrawana, manawi Rahwana ngantos adamêl kalingsêmanipun pawèstri ingkang botên purun, Rahwana badhe anêmahi pêjah.

Nalika Rahwana mangun prang mêngsah dewa kadhèrèkakên dening Sang Meganănda, sakêlangkung anggêgirisi prangipun wadya raksasa, ingkang tinindhihan dening Rahwana, kundhangipun Meganănda, tandhing kalayan para dewa. Sabên para dewa katingal badhe unggul, Meganănda lajêng nyipta pêpêtêng, para dewa lajêng pinarwasa, punapadene têtindhihipun wadya ditya ingkang nami Pulosa, lajêng kadhawahan anyidra putranipun Bathara Endra. Bathara Endra lajêng nyarirani mapagakên krodhanipun [kro...]

--- 237 ---

[...dhanipun] Rahwana, ananging kapapagakên dening Meganănda. Sang Meganănda lajêng ngical botên katingalan, sarêng Hyang Endra sampun kasayahan, lajêng dipun bănda dening nagapasa, kabêkta dhatêng nagari Lêngka, kados limrahing boyongan, para dewa sami rawuh ing Lêngka, andhèrèk Hyang Brahma, mundhut supados ratuning dewa dipun luwarana. Meganănda lajêng sinung nama Sang Indrajit, dening Sang Bathara Endra, sarta dinangu gadhah panuwun punapa dhatêng Bathara Endra. Sarêng panyuwunipun botên sagêd pêjah botên kaparêngakên, Indrajit nyuwun, manawi anggènipun sêsaji ingkang dipun ladosakên sabên badhe mangun prang punika sampun rampung, lajêng wontêna rata sapangiritipun, punapadene salêbêtipun Indrajit numpak rata wau kinalisna saking pêjahipun, purun pêjah, manawi dèrèng rampung anggènipun sêsaji sampun angêdali pêrang, dados Indrajit ugi anyêbar wiji ingkang anguwoh pêjahipun piyambak, inggih punika nalika lumawan tuwin anawan Sang Hyang Endra, panyidranipun dhatêng Ahalya, semahipun Gutama, ingkang lajêng dipun ukum dening priyanipun, inggih punika jalaranipun wontên lêlampahan ingkang kacariyos ing Sêrat Ramayana, ingkang sami kita parsudi. Ing mangke kaparênging

--- 238 ---

kita anglajêngakên taturutaning cariyos.

Ing wanci sontên saparipurnaning anggènipun sami angwontênakên pamiwahan, awit saking pêrluning agami, Sita marêg ing Sri Rama, ingkang andangu punapa Dèwi Sita botên gadhah panuwun, Sri Rama kêparêng anglêksanani. Sita matur, manawi kapengin tinjo padhepokanipun para rêsi, ingkang martapa sacêlaking lèpèn Gangga. Sri Rama kêparêng, lajêng tata-tata. Enjingipun pangkat martuwi para pandhita, sarta lajêng sami abawa raos, botên watawis dangu kalihan anggènipun Dèwi Sita têtinjo dhatêng padhepokan, Sri Rama andangu dhatêng para nayaka, kadospundi ucapipun tiyang ing kitha-kitha, padhusunan tuwin parêdèn, tumrap para kadangipun Sri Rama, garwanipun, tuwin Sang Kekayi. Badara matur: tiyang sami mangalêmbana, langkung malih bab sirnanipun Rahwana. Ananging wontên sêmunipun Badara sawatawis, ingkang Sri Rama botên kakilapan, manawi wontên pawartos ingkang piyambakipun botên sagêd ngaturakên, pramila Sri Rama enggal andangu, kadospundi rêmbagipun tiyang ingkang sampun dipun mirêngi dening Badara, sanadyan awon punapa sae kadhawuhan ngaturakên sadaya. Pundi ingkang kuciwa, murih sariranipun [sariranipu...]

--- 239 ---

[...n] sagêd ambangun saprayoginipun, Badara lajêng ngaturakên pamirêngipun: Rêraosan kirang prayogi ingkang sabên-sabên karêmbag ing tiyang, inggih punika tiyang sami ngungun, dene Sri Rama sampun kawasa ngrêtêg samodra, sarta amêjahi Rahwana. Ananging tiyang sami ngungun, dene kêparêng nampèni Dèwi Sita, ingkang sampun dangu wontên rêgêmanipun Rahwana. Dèwi Sita sampun nate kapondhong dening Rahwana (inggih punika nalika saking Dhandhaka dhatêng Langka) sarta kinurung jinagi dening rasêksi, dados tiyang nganggêp manawi lampah ingkang kirang prayogi angrabi wanita ingkang makatên wau, măngka narendra punika tamtu badhe dados têtuladan. Kalayan rêmpuning panggalih Sri Rama andangu gêntos dhatêng ingkang sami sewaka, punapa lêrês makatên. Sadaya matur kalayan rudatos: Pancèn makatên rêmbagipun tiyang kathah, sabên angrêmbag kaprabonipun Sri Rama.

Sri Rama dhawuh animbali kang rayi Laksmana, ingkang lajêng rinangkul kalayan netra kêmbêng-kêmbêng anênggak waspa, pangandikanipun, mung sira kadang ingsun, kang kaya urip ingsun pribadi. Laksmana lajêng kadhawahan lênggah. Ing ngriku Ragawa ngandikakakên, kadospundi pamanggihipun tiyang bab pamêngkunipun dhatêng Dèwi

--- 240 ---

Sita, punika kirang prayogi tumrap kasusilan umum. Sri Rama èngêt dhatêng sêmang-sêmanging panggalihipun nalika wontên ing nagari Langka. Panjênênganipun ugi botên kasupèn dhatêng lêbêtipun Sita dhatêng latu, tuwin kasucianipun ingkang sampun sinêksèn ing latu tuwin para dewa. Panjênênganipun botên kasamaran, manawi panggalihipun Sita pancèn sukci tuwin sêtya, ananging luhuring asma punika langkung aji tinimbang kamulyan tuwin gêsang, mila panjênênganipun kapêksa pisah kalayan kang garwa.

Laksmana kadhawahan ambêkta Sita dhatêng dhepokipun Walmiki, amargi Sita gadhah sêdya badhe têtinjo. Sadumuginipun ngriku katilara piyambakan. Kalayan solah bawa ingkang ngawistarani bilih sangêt risak panggalihipun Laksmana, matur ing Sri Rama sampun ngandika sarta sampun dhawuh angêtêrna Sita.

Rama sampun sampurna yêktos anggènipun sèlèh gêsang. Kathah tiyang ingkang botên condhong dhatêng lampahipun Rama, sarta anênacad ing Dèwi Sita. Kathah tiyang ingkang sami mungêl, dene garwanipun sampun nate dhinustha dening raksasa kruraya. Sanadyan kados punapa sihing panggalihipun dhatêng kang

--- 241 ---

garwa, Sang Rama nêmaha ambirat panacading kathah sarana nyingkirakên garwanipun, amargi panjênênganipun punika narendra, dados kadidene semahipun tiyang sanagari, mila wajibipun ingkang pêrlu piyambak punika dhatêng tiyang sapraja. Dados wajib Sita tuwin Rama, ratu kalihan sorinipun, punika kêdah dados têtuladan kasusilanipun tiyang sanagari. Langkung prayogi Sita pisah kalihan Rama tinimbang têtunggilan ingkang anjalari risaking kasusilan, makatên panggalihipun Dèwi Sita tuwin Sri Rama, ingkang sampun anunggil panggayuh. Sita kangge kurbanipun Rama, ingkang sajatosipun sampun dados pangajêng-ajêngipun, sanadyan kados punapa awrating panggalihipun sakalihan wau. Suwawi kapirêngna pangandikanipun Sita dhatêng Laksmana, nalika Laksmana nyuwun pamit badhe wangsul, inggih punika sarêng sampun dumugi padhepokanipun Walmiki, cêkak ananging têtela sinurung dening papranganipun jiwa, ingkang lumawan dhatêng kasêdhihan, wêlingipun, matura marang narendra kang sukci, dhuh Rama, panduka wuninga, manawi Sita têtela sukci, sarta sakalangkung sêtya ing panduka, tuwin tansah ngèsthi karahayon panduka, piyambakipun sumêrêp, manawi kalampahanipun panduka pisah kalihan piyambakipun, [piyambaki...]

--- 242 ---

[...pun,] punika saking sumêlang manawi andadosakên kuciwaning asma panduka, ingkang punika sampun kawajibanipun Sita, rumêksa dhatêng kaluhuranipun asma panduka, murih anggèn panduka cinacad ing tiyang sampun kapanjang-panjang awit amung panduka pangayomanipun Sita ingkang luhur pribadi. Ananging sarêng Sang Laksmana pangkat wangsul, kabêkta saking wataking kawadhaganipun, Dèwi Sita lajêng dhawah ing siti sarwi karuna.

Putranipun Maharsi Walmiki sarêng mirêng panangisipun Dèwi Sita, lajêng matur ing Rama, mila Sang Walmiki agurawalan marêpêki Dèwi Sita, lajêng manglipur kalihan têmbung arum, matur supados padhepokanipun punika kaanggêpa padalêmanipun piyambak. Dèwi Sita kadhèrèkakên dhatêng antawisipun para pandhita èstri, ingkang wontênipun ing ngriku punika puruhita ing sang bagawan. Dhawahipun Maharsi Walmiki, supados para pandhita èstri wau sami rumêksa dhatêng Sang Sita Dèwi. Sita lêstantun wontên ing ngriku, sarêng sampun sawatawis wulan, lajêng ambabar putra kêkalih, sinung nama dening Walmiki, Sang Kusa tuwin Sang Lawa. Diwasaning satriya kêkalih wau saking pangruktining para pandhita.

Laksmana ingkang wangsul kalayan risaking panggalih, lajêng anglairakên [angla...]

--- 243 ---

[...irakên] dhatêng Sumantra kang susêtya. Ing ngriku Sumantra lajêng matur, manawi ing nguni Bagawan Druwasa sampun matur dhatêng Prabu Dasarata, manawi Rama ing têmbe badhe sèlèh garwa, miwah kadang. Ananging Bagawan Druwasa mêling, supados sang prabu madosi prakawis punika. Ing satunggiling dintên sang prabu tinjo ing padhepokanipun, sang prabu matur ing sang bagawan, kadospundi badhe kadadosanipun putranipun. Sang tapa lajêng andongèngakên papranganipun bangsaning Sura, kalihan Asura, wêkasanipun sêsingidan wontên ing padununganing garwanipun Brigu. Wisnu sakalangkung duka, dene pawèstri wau angayomi Asura, lajêng cinakra pêdhot utamangganipun, pramila Brigu lajêng ngêsotakên, manawi Wisnu badhe katurunakên dhatêng ngarcapada, sarta ngantos dangu pisah kalihan garwanipun. Wêkdal punika mangsuli, manawi badhe mêjahi Rahwana rumiyin, kangge rahayuning jagad. Sasampunipun sawêg badhe anglambapi sotipun Brigu wau. Aturipun Drumasa: Wisnu manjanma dados Sang Ramacăndra, tuwin manawi sampun sawêlas èwu taun anggènipun jumênêng nata, kaprabonipun lajêng ginêntosan dening putranipun kêkalih, ingkang mijil saking Dèwi Sita. Satêlasing aturipun Sumantra, Laksmana

--- 244 ---

pangkat kondur dhatêng Ngayodya. Sarêng dumugi ing kadhaton, kang raka katingal sakalangkung prihatos, lajêng kaaturan supados anêtêpi kuwajibaning kaprabonipun, awit botên wontên sarana sanèsipun, kangge rumêksa karaharjanipun tiyang sanagari, kajawi amung sariranipun pisah kalihan Dèwi Sita.

Botên dangu Satruna jumênêng nata ing praja Madu. Sakawitipun ing ngriku dipun ratoni dening Asura, sinêbut ing asma Prabu Lawana, lajêng linurugan dening Satruna, wasana kaprabonipun dipun êjègi. Nalika pangkat angirid wadyabala ngulurug dhatêng Madu, Satruna mampir ing dhepokipun Sang Walmiki, ngantos sawatawis dangu. Salêbêtipun Satruna wontên ing ngriku, Dèwi Sita ambabar putra mijil kêmbar. Sasampunipun Sang Satruna anglajêngakên pitung dintênipun, dumugi ing kithanipun nagari Madu, lajêng kaèngêtakên dhatêng pandhitanipun nagari wau, manawi Prabu Lawana amung sagêd sirna, manawi pisah kalihan jêmparingipun, jêmparing wau paringipun Bathara Siwa dhatêng sudarmanipun, lajêng tumurun dhatêng Prabu Lawana, botên wontên têtiyang ingkang sagêd ngawonakên, manawi Lawana angasta jêmparing wau, sarta mêngsahipun tamtu katiwasan.

--- 245 ---

Ing wanci enjing nalika Lawana bêbêdhag ngupaya mangsanipun, sawangsulipun lajêng kacêgat Satruna. Tinantang kaajak prang, Lawana nêdha sumêne badhe mêndhêt jamparingipun, ananging dipun cêgati dening Satruna, lajêng tinêmpuh worsuh ulêng-ulêngan, banting-binanting Satruna kapupu. Lawana lajêng lumajêng nêdya lumêbêt ing kadhaton, ananging lajêng tinututan jêmparing pêparingipun Wisnu.

Sasirnanipun Lawana, Sang Satruna jumênêng nata wontên ing praja Madu, paprentahanipun sakalangkung sae. Sarêng watawis sampun kalih wêlas taun, Sang Ramacăndra kalangkung onêng, mila lajêng dipun timbali. Prabu Satruna pangkat sowan dhatêng Ngayodya, pitung dintênipun dumugi dhepokipun Sang Walmiki, sarta sinambrama ing pudyastawa dening sang tapa. Sabibaring bujana wanci sontên, lajêng kasêgah ungêling găngsa (klênengan) binarung ing kidung, dene ingkang kinidungakên lêlampahanipun Sang Ramacăndra. Prabu Satruna sakêlangkung rêna ing panggalih, ananging botên matur punapa-punapa dhatêng sang tapa, amargi kapambêng dening raos lingsêm.

Sarêng sampun sawatawis dangu Sri Rama kagungan karsa badhe ngwontênakên Aswawedha. Bagawan Wasistha saha para tapa sanèsipun [sanèsi...]

--- 246 ---

[...pun] sami angèstrèni. Ing antawisipun para siswaning Sang Walmiki, ing ngriku wontên jêjaka kêkalih, ingkang sênêning netyanipun kawistara têdhaking awirya, ananging panganggenipun cara pandhita. Jêjanggan kêkalih wau matur badhe angidungakên Ramayana, inggih kidung ingkang sampun misuwur, suraosipun, nyariyosakên lêlampahanipun Sri Ramacăndra, kalayan botên kapengin brana tuwin ganjaran, piyambakipun pinarêngakên dening Sang Walmiki, kêkidungan wontên ing pundi kemawon, dene manawi sang prabu kêparêng nimbali, jêjaka kêkalih wau winêling sampun ngantos ajrih. Kusa kalayan Lawa lajêng wiwit angidung. Sarêng kamirêngan sang prabu, sang prabu sangêt kapengin badhe amirêngakên satamating kidungipun, mila lajêng angêmpalakên para luhur tuwin para nayaka, sarta para tapa. Lare kêkalih wau lajêng kadhawuhan wiwit ngidung. Sarêng sampun angsal kalih dasa pada pangidungipun, sadaya sami kagawokan, tuwin sami bisik-binisik, manawi sasipatanipun jêjaka kêkalih punika sampun botên siwah kalihan sang prabu, nanging kuciwa dene panganggenipun cara ambangun tapa. Sang prabu dhawuh dhatêng Laksmana, lare kêkalih punika kaganjara wolulas èwu arta mas, ananging lare matur: Griya kula

--- 247 ---

ing wana, jêne kangge punapa.

Sang prabu sakêlangkung ngungun, wêkasan andangu, sintên ingkang nganggit kidung wau. Wangsulanipun, ingkang nganggit Sang Walmiki, mila manawi kêparêng rawuh ing padhepokanipun sang pandhita. Sang prabu badhe mirêng satamatipun, sawatawis dintên saking anggènipun sang prabu amirêngakên pangidungipun lare, ingkang winastan kidung Ramayana, ingkang sang prabu lajêng têrang pamirêngipun, manawi lare kêkalih ingkang sami kêkidungan wau putranipun Sita, sang prabu utusan dhatêng dhepokipun Sang Walmiki, pêrlu paring priksa, manawi Sita nyata sukci, salêbêtipun wontên ing wana kêparêng kondur dhatêng pura, sarta kadhawuha damêl pasêksèn wontên sangajêngipun tiyang sanagari.

Sarêng Sang Walmiki tampi dhawuh timbalanipun sang prabu ingkang makatên wau, enggal angêmpalakên para cantrik, manguyu jêjanggan, kadhawahan andhèrèkakên tindakipun sang bagawan, andhèrèkakên Dèwi Sita dhatêng Ngayodya. Sanadyan Dèwi Sita sampun kaladuk ing yuswa, ewadene têksih adamêl onêngipun ingkang sami tumingal, ananging sakalangkung kêra, labêt saking dêrênging kasutapanipun, wontên ngajênganipun pasamuan agêng, Walmiki ngandika kalayan ngèngêti wajibing [waji...]

--- 248 ---

[...bing] kapandhitanipun, anêksèni manawi Dèwi Sita sanyata sukci, punapadene Sang Kusa tuwin Sang Lawa, punika satuhu putranipun Prabu Rama. Sri Rama mangsuli kalayan aris, dhatêng pangandikanipun sang maharsi, ingkang adamêl suka pirênaning panggalih wau: Manawi Janakatmaja piyambak sampun adamêl pasêksèn wontên ngajênganipun pasamuaning ngakathah, kula sawêg marêm, sanalika wau para dewa sami rawuh saking sawarnining keblat, dipun pangagêngi dening Hyang Brahma, pêrlu badhe angèstrèni ratuning widadari anggèning ngumbah dosaning kamanungsanipun, tuwin prasêtya manawi satuhu sukci, Rama priksa lajêng matur: Dhuh têtungguling sadaya muni, pangandikanipun ratuning rêsi ingkang agêng-agêng, saèstu botên cidra. Manawi panduka sampun andhawuhakên, ulun sawêg pitados, bilih lampahing gêsangipun Sita nyata sukci, sadaya samangke sampun sami ngêmpal ing ngriki, kapengin priksa pratandhanipun, manawi Sita saèstu sukci. Kados punapa bingahing manah kula, manawi Sita piyambak damêl pratăndha, kasukcianipun wontên ngajênging pasamuan.

Ing nalika wau Dèwi Sita, putrinipun Prabu Janaka wontên ing ngarsanipun para dewa angandika lirih, nanging cêtha, wontên [wo...]

--- 249 ---

[...ntên] pamirêngipun tiyang pintên-pintên, ingkang sakalangkung wêlas aningali, agênging kasangsaran ingkang kasandhangakên dhatêng Dèwi Sita, sarta dhatêng karsanipun ingkang sampun têtêp, badhe botên dangu malih wontên ing dunya. Cipta kula botên sanès amung dhatêng Rama, mila kalayan kakiyataning sêtya kula wau, kula nyuwun dhatêng Dèwi Sudara, widadari ingkang kayangan ing dhasaring pratiwi, mugi angalapa kula, cipta kula, badan kula, tuwin wicara kula, amung dadosa sêsaji karahayonipun Rama, mila mugi Dèwi Sudara tumuntên angalapa ing kula. Satêlasing pangandikanipun Sita, jagat bêngkah, saking ngriku miyosipun Dèwi Sudara, widadari ing dhasaring pratiwi, katingal lênggah wontên ing dhampar cahya, Dèwi Sita karangkul, lajêng kalênggahakên ing iringanipun, para dewa angudanakên sêkar-sêkar sarwi sêsanti: Hèh Sita wus têtêp karahayonira. Botên watawis dangu dhampar cahya mirut dhatêng ing pratiwi malih. Sita ingkang pinangkanipun saking pratiwi ugi lajêng wangsul dhatêng kamulanipun.

Sarêng Sita sampun botên katingalan, Sang Ramacăndra botên sagêd ngandika, sarta waspanipun daleweran ing pamidhanganipun. [pamidhang...]

--- 250 ---

[...anipun.] Sita anilar Rama. Ing nalika Rama sampun nêdya ngêmpal kalayan sariranipun, punapadene Sang Ramacăndra priksa sampun botên sagêd aningali kaendahanipun kang garwa wontên ing dunya malih, wêkasan manguwuh: Dhuh Sang Dèwi Sudara, Sita kaparingna ing kula. Kêpengin kula pinanggih Sita punika mêdal saking manah kula piyambak. Mila Sita kawangsulna. Ananging Dèwi Sita sampun minggah dhatêng ing dununging kamulyan. Suwantêning kadonyan sampun botên dumugi ing ngriku, awit sampun wontên sanginggilipun têbih.

Hyang Brahma ngandika: Lah Rama, sampun prihatos, èngêta manawi panduka Wisnu, sampun têtela Sita kang sukci tuwin sêtya punika kadarbe ing jêngandika. Ing kaswargan jêngandika badhe pinanggih kalayan Sita malih. Rama lajêng angadhaton kalayan rudahing panggalih.

Wiwit titimăngsa punika Sri Ramacăndra, pangastanipun pusaraning kaprabon kanthi risaking panggalihipun, botên karsa krama malih. Salêbêting prabayasa kadèkèkan rêcaning garwanipun, ingkang sampun muksa, kadamêl saking kancana, sarta sabên dintên tansah dipun sajèni. Sri Rama ugi sampun anyêlaki măngsa panilaripun dunya, mila sariranipun wiwit anggalih [ang...]

--- 251 ---

[...galih] karatonipun ing wuri, putranipun Sang Barata, tuwin putranipun Sang Laksmana, sami kajumênêngakên narendra wontên nagari sacêlakipun Ngayodya. Sawêg nêdhêngipun miwaha pulunan, kasaru dhatêngipun Sang Bathara Kala, inggih Sang Pêpêsthèn, amindha pandhita nyuwun dhatêng sang prabu, badhe matur piyambakan, kanthi prajanji, sintêna kemawon ingkang nyaruwe anggènipun pêpanggihan kalihan sang prabu, tiyang wau kêdah pinêjahan. Sang prabu kêparêng, mila Laksmana lajêng kadhawahan jagi wontên ing wiwaraning suyasa. Ing ngriku Sang Hyang Kala sajarwa, manawi sang prabu punika Wisnu, samangke sampun dumugi wangênaning măngsa dêdunungipun wontên ing dunya, panjênênganipun kenging lêstantun wontên ing dunya tuwin kondur dhatêng kayanganipun sawanci-wanci. Rama mèsêm sarwi ngandika, manawi ingkang makatên sampun kagalih, nalika lajêng katungka rawuhipun Bathara Kala wau, dene karsanipun sampun nêdya kondur dhatêng kayanganipun.

Salêbêtipun sami wiraosan, ing jawi wontên pandhita dhatêng, sinêbut Bagawan Drawasa, pratela dhatêng Laksmana, manawi badhe pinanggih sang prabu. Kaaturan ngêntosi sakêdhap, amargi Sri Rama sawêg angrêmbag prakawis pêrlu. Bagawan [Baga...]

--- 252 ---

[...wan] Druwasa ngandika sêmu runtik, manawi Sang Laksmana botên tumuntên ngaturi wuninga sang prabu, prakawis badhe pinanggihipun sang bagawan, Laksmana sakadangipun, punapadene tiyang sapraja badhe dipun sabdakakên. Ing nalika wau Sang Laksmana angunandika salêbêting wardaya: Luwih bêcik aku dhewe kang sirna tinimbang wong sapirang-pirang kang padha kasangsaran, mila enggal lumêbêt, matur ing sang prabu, ingkang salami-laminipun bingah manawi katamuan pandhita, ananging sakalangkung prihatos, karantên kaèngêtan dhatêng ubayanipun, Bathara Kala, Laksmana piyambak lajêng marêg ingkang raka, matur supados sang prabu anêtêpana ubayanipun. Ananging sang prabu lajêng nimbali para nayaka, tuwin para wicaksana. Sarêng sampun ngêmpal sadaya, sang prabu andhawahakên prakawis wau. Bagawan Wasistha matur ing nata, sampun ngantos panjênênganipun cidra ing janji, amargi sintêna ingkang cidra ubayanipun, badhe sirna kasaenanipun. Manawi kasaenan sampun botên wontên, bawana badhe sirna. Aturipun: angayomana bawana, sarana panduka pisah kalayan Laksmana, pêrlu kangge sêsaji raharjaning tri bawana. Sarêng ingkang sami wontên ngarsanipun wau sadaya sampun sayuk makatên aturipun, Sri Ramacăndra [Ramacă...]

--- 253 ---

[...ndra]] lajêng dhawuh dhatêng Laksmana, kadangipun kang sangêt dipun sihi: O, Laksmana, ora prayoga yèn kongsia anêrak kasusilan, mula aku kapêksa pisah lan sira, awit miturut pangandikane para wicaksana, sèlèh iku padha lan pati. Sasampunipun manguswa padaning raka, Laksmana lajêng madal pasilan, têrus dhatêng lèpèn Sêrayu, ingkang mili wontên sauruting talatah Ngayodya, anilar sariranipun wadhag, sarana pangwasaning puja, lajêng tinampi dening para jawata, kaanggêp saprapating Wisnu, wontênipun ing dunung katêntrêman, amargi saking sêtyanipun dhatêng Sang Ramacăndra, ingkang tansah kêkinthil sapurugipun. Mila ngrumiyini, pêrlu badhe amapagakên sarta mirantosi têmbe konduripun Rama ing kayanganipun.

Sapêngkêripun Laksmana, Sri Rama lajêng amasrahakên kaprabonipun dhatêng Barata, amargi panjênênganipun nêdya anusul Laksmana. Nanging Barata botên kadugi anampèni, amung nyuwun supados putra kêkalih, Sang Kusa tuwin Sang Lawa, kajumênêngna, sumulih kaprabonipun kang rama, sarta supados paring priksa dhatêng Satruna, manawi para sadhèrèkipun badhe tumuntur ing kamuksan. Sri Rama kaparêng ing panggalih,

--- 254 ---

putra kêkalih kalênggahakên ing dhampar, sarta lajêng anglampahakên caraka, paring priksa dhatêng Madu. Tiyang sa-Ngayodya ugi sami badhe sèlèh kadonyan, pêrlu badhe andhèrèkakên ratunipun dhatêng wana utawi tumuntur ing kamuksan. Sang Satruna sampun kêncêng sêdyanipun badhe andhèrèk ingkang raka, mila sasampunipun anjumênêngakên kang putra, lajêng pangkat dhatêng Ngayodya. Katingalan para wadya wanara tuwin raksasa ingkang sami dhatêng, amargi Prabu Sugriwa sasampating anjumêngakên Anggada, ugi lajêng sowan dhatêng Ngayodya, punapadene Sang Wibisana, Jambawan, tuwin Anoman.

Sugriwa kêparêng andhèrèkakên, manawi pancèn wontên pangangkahipun, ananging Wibisana miwah Anoman kêdah lêstantun wontên ing dunya sadangunipun jagad punika taksih. Dene Jêmbawan kalihan pangayapipun pitu kêdah lêstantun gêsang ngantos wasananing jaman Kaliyuga.

Wanara tuwin baruwang sanès-sanèsipun, ingkang sajatosipun dewa, nanging maujud wontên ing dunya, ingkang pakaryanipun sampun rampung, lajêng sami kadhawuhan: Mara padha mèlua maringsun.

Enjingipun sadaya sami bidhalan, Sang Bagawan Wasistha kalayan [kala...]

--- 255 ---

[...yan] titi anggènipun mirantosi saupakartining pamiwahanipun para ingkang sami muksa. Ing nalika Sri Ramacăndra mêdal saking Ngayodya, widadari Dèwi Laksmi, ingkang kamiyosakên dados Dèwi Sita, lajêng katingalan kinanthi wontên ing têngênipun, dene Dèwi Sudara wontên ing kiwa, kaapit dening para kadang, para abdi wontên ing wingking, sadaya sami suka sukur badhe tumuntur ing kamuksan.

Sadumuginipun ing lèpèn Sarayu, Hyang Brahma ngatingali kairing dening para jawata. Sarêng Sri Rama sampun mirantos badhe ambyur ing toya, Hyang Brahma sêsanti: Suwawi Wisnu pangayomanipun sadaya dumados, ingkang botên kenging kinintên-kintên, sapalih panduka ingkang sampun kapêngkêr, amung kasumêrêpan dening maya. Suwawi angrasuka kawujudan kang luhur, saka parênging panggalih panduka.

Sariranipun Rama, dalasan para sadhèrèk ingkang minăngka maujudipun Bathara Wisnu, lajêng sumorot agilang-gilang, sadaya sami tumungkul sarwi mêmuji, linimputan raos têntrêm, sarta kasorotan sih saking pundi-pundi. Wisnu aningali dhatêng sadaya ingkang sami andhèrèk muksa, sarta matur dhatêng Brahma supados sadaya sami kadunungna ing jagad kang mulya. Piyambakipun [Piyambaki...]

--- 256 ---

[...pun] sadaya sami angluhurakên ing kula, amargi sadaya punika sami bakti ing kula, sarta sampun kadugi nyèlèhakên kamanungsanipun, saking trêsna dhatêng kula.

Sampun mêsthi sadaya sami manjing ing kamulyan, sintêna ingkang sèlèh gêsang saking pangangkahipun piyambak, lajêng kados muksanipun Sri Ramacăndra, badhe priksa dhatêng gêsangipun, sarta angsal barkahing kamulyanipun.

__________

Rahayua sagunging dumadi.

[Grafik]

--- [0] ---

[2 halaman kosong]


Semestinya Bab V, teks asli tidak ada Bab V dan VI. (kembali)
Semestinya Bab V, teks asli tidak ada Bab V dan VI.
linawan (kembali)
linawan
nêlukakên (kembali)
nêlukakên
sakêlangkung (kembali)
sakêlangkung
tigas (kembali)
tigas
maosadi (kembali)
maosadi
dhatêng (kembali)
dhatêng
Seharusnya halaman 222. (kembali)
Seharusnya halaman 222.
Seharusnya halaman 223. (kembali)
Seharusnya halaman 223.
10 § Katranganipun ingkang anjawèkakên: ingkang angayomi sadaya gêsang punika têtiga, inggih punika: 1. Brahma, 2. Wisnu, 3. Siwah, mila sarêng Wisrawana pinarêng panuwunipun, lajêng sinêbut juru angayomi ingkang ăngka sakawan. (kembali)
§ Katranganipun ingkang anjawèkakên: ingkang angayomi sadaya gêsang punika têtiga, inggih punika: 1. Brahma, 2. Wisnu, 3. Siwah, mila sarêng Wisrawana pinarêng panuwunipun, lajêng sinêbut juru angayomi ingkang ăngka sakawan.